Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 133–181)

Judul
Sambungan
1. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 001–044). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 044–089). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 090–133). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 133–181). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 13-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ing satunggiling dintên wanci sontên, Jaka Mulyana dipun cariyosi [cari ...]

--- 134 ---

[... yosi] dhatêng Mas Ciptalêgawa bab anggènipun sakolah Walandi, têmbungipun: Mulyana, gonmu sakolah Walănda iku parsudinên kang nganti mangêrti, sanadyan partikêlir lowung tinimbang ora mangêrti babarpisan, karodene mèstêrmu tuwan Pan dhêr Kah iku wong tilas juru basa, yèn kotalatèni ênggonmu sinau mêsthi akèh piwulange. Jaman saiki kang akèh rêgane wong kang mangêrti têmbung Walănda, kasusastran Jawa wis mèh ora pati kanggo, apadene layang wacan kang nganggo têmbang, bokmênawa suwe-suwe ora kanggo babarpisan, amarga nitik bocah saiki kang padha mêtu saka sakolah Walănda, nonton layang-layang Jawa apadene kang ditêmbangake, wis êmoh andêlêng babarpisan, nanging mungguh aku sanadyan pintêra marang têmbung Walănda, layang-layang Jawa kok iya isih dhêmên, apa manèh Kangjêng Guprêmèn ênggone ngimpun layang-layang Jawa kongsi saprene iya durung kêndhat, iku tandhane yèn isih kanggo, malah paring sirkulèr, sapa kang ngaturake karangan bab kawruh Jawa, yèn akèh paedahe tumrap jaman saiki, diparingi ganjaran kang kalayan murwat.

J.M. Inggih, mênawi kula inggih andhèrèk kados kaparêng panjênêngan, bab sêrat-sêrat Jawi inggih taksih

--- 135 ---

rêmên, amargi piwulangipun inggih taksih kathah ingkang kangge, kados ta: Sêrat Panitisastra, Panitisruti, Wulang Rèh, Sanasunu, Wedharaga, piwulangipun inggih taksih kathah ingkang kangge tumrap jaman sapunika. Punapadene kula inggih rêmên sangêt mênawi sagêda ngarang-ngarang sêrat ingkang kasêkarakên kados panjênêngan punika.

M.C.L. Iya bênêr kowe, amarga satêmêne băngsa Jawa kang ora sakolah Walănda, yèn maca layang-layang kang ora ditêmbangake iku gêlis kêmba, lan ora tumuli apal, barêng kang nganggo têmbang sok gêlis apal, amarga ênggone ngunèkake kanthi lagu kanthi laras iku anarik marang sênêng, dadi surasane gêlis cumithak, karodene manèh ênggone para nata para pujăngga ing jaman kuna apa-apa ditêmbangake, iku pêrlune apa sasurasane aja nganti owah gingsir, amarga wis kapathok dening watoning pada-pada, dadi ora ana kang gêlêm ngowahi. Kaya ta layang kidungan, anggitane Sunan Kalijaga: wontên Kidung rumêksa ing wêngi, têguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabèh, enz. Baya nganti bujading jagad unine ora bisa owah, dening [de ...]

--- 136 ---

[... ning] wis kapathok ing pada mau.

J.M. Ingkang nganggit sêkar-sêkar punika ing ngajêng sintên: bapak.

M.C.L. Yèn têmbang gêdhe iku caritane kang nganggit para Jawata, dene kang akèh dhewe anggitane iku Bathara Panyarikan, iya Sang Hyang Sitra, amarga Sang Hyang Sitra mau pujangganing jaman kadewatan, banjur para nata utawa para êmpu ing jaman kuna padha nganggit dhewe-dhewe, mulane caritaning sarjana kang lêbda marang têmbang gêdhe, cacahe têmbang gêdhe iku luwih têlung atus têmbang. Barêng jamane Prabu Brawijaya ing Majapait kang wêkasan, ambarêngi thukule agama Islam ana ing tanah Jawa, para wali banjur padha nganggit têmbang macapat, kanggo nganti saprene iki, dadi umure têmbang macapat iku saprene lagi limang atusan taun.

Dene caritane kang padha kagungan anggitan iya iku: têmbang Asmarandana, 2 Sinom, 3 Magatruh, kang nganggit Kangjêng Sunan Giri. Têmbang Durma, Kangjêng Sunan Bonang. Pucung: Sunan Gunungjati. Mijil: Sunan Gêsêng. Kinanthi: Kangjêng Sultan Pajang. Pangkur: Sunan Muryapada, Dhandhanggula: [Dhandhang ...]

--- 137 ---

[... gula:] Sunan Kalijaga. Mung Maskumambang aku ora têrang kang nganggit, têmbang Gambuh iku kalêbu têmbang gêdhe.[1]

J.M. Tiyang nyêkarakên punika punapa wontên pathokanipun.

M.C.L. Iya ana, nanging pathokane têmbang macapat, dhèk biyèn durung dikumpulake, saiki wis diimpun marang sadulurku nak-sanak: Kang Bèi Mangunwijaya, dijênêngake layang Purwakanthi, dalah pathokane têmbang Gêdhe utawa pathokane masang sandiasma, iya wis kasêbut ana ing Layang Purwakanthi kabèh. Dadi yèn arêp nêmbangake andêlêng Layang Purwakanthi wis ora kawêkèn, malah dhèk samana kandhane Kang Bèi Mangunwijaya arêp dicithakake, upama sida dicithakake prayoga bangêt, awit anguripake kawruh karawitan Jawa kang wis [wi ...]

--- 138 ---

[... s] mèh sirna, kodholane diwènèhake aku, sesuk dakgolèkane: dêlêngên.

J.M. Inggih sandika. Bapak mênawi kaparêng kula badhe ajar main selat.

M.C.L. Sing mulang sapa.

J.M. Ingkang mulang tiyang Surabaya, namanipun Pak Amad, wiwitipun sabên jam 8 sontên, dumugi jam 11 dalu, bayaranipun sawulan f 2.50.

M.C.L. Iya, iya bêcik selat iku, amarga kajaba gawe têtêging ati kanggo rumêksa ing pakewuh, tandange prigêl, sarta iya gawe kawarasan lan kuwat, ora beda karo gemnastik, utawa main bal.

J.M. Inggih makatên kasinggihan dhawuhipun bapak, mila inggih rêmên ajar main.

M.C.L. Nanging kuciwane bocah nonoman iku yèn bisa main selat banjur akèh kang kurang ajar, ngandêlake ênggone bisa main, ora kêna kêcênthèk[2] basa sathithik, banjur ngajak kêrêngan, iku aku ora mathuk.

J.M. Kasinggihan dhawuhipun bapak, nanging saupami kula sampun sagêd main, inggih badhe kula atos-atos, botên badhe ngangge angsaripun ingkang awon punika, [pu ...]

--- 139 ---

[... nika,] namung sagêda ngangge dayanipun ingkang sae, dhatêng katêtêgan, kasarasan kados dhawuhipun bapak wau.

M.C.L. Iya ta: yèn kowe bisa nglakoni mêngkono iya bêcik: ajara.

J.M. Inggih.

Bapak, mênawi kaparêng benjing malêm Jumungah ngajêng punika, kula nyuwun pamit badhe tirakat dhatêng pasarean Bayat.

M.C.L. Arêp anjaluk apa tirakat mênyang Bayat.

J.M. Inggih badhe nyuwun barkahipun Kiyai Pandhanaran ingkang sumare ing Bayat, supados sagêda tumuntên dados priyantun.

M.C.L. Yèn aku tirakat-tirèkèt iku kok ora mathuk, amarga panêmuku mangkene: nyênyuwun marang priyayi kang wis seda maatus-atus taun, apa ora luwih utama nyuwun kawêlasan marang priyayi luhur kang isih sugêng, iya iku ngantêpana ênggonmu magang iku, janji srêgêp lan têmên-têmên, mêsthi katêkan apa kang dadi sêdyamu, puluh kowe dhêmên tirakat mênyang pasarean-pasarean, nanging kowe ora magang, utawa kêsèd malincur pamagangmu, layak ora bisa dadi priyayi. Karodene manèh wong dhêmên tirakat iku, amêsthi gawe kapitunan, amarga kang sapisan, nalika mangkat tirakat [tira ...]

--- 140 ---

[... kat] mêsthi nganggo sangu, apês-apêse loro utawa têlung rupiyah, kaping pindho sasuwene lêlungan iku kêpêksa ngêdhagake marang kawajibane, kang kaping têlu awake kêsêl, mripate karipan, kang kaping pat atine banjur jubriya kibir, ngandêlake bakal olèh brêkahe kang sumare, wêkasan weya marang kawajibane. Mulane yèn aku ora cocog, karodene kang mêngkono iku kalêbu gugon-tuhon, mungguh nalare ora olèh, wong urip anjaluk pitulung marang wong mati, kêpriye margane bisa mitulungi. Padhane wong dhêmên madhukun, lan wong mangeran ipèn, iku wong gugon-tuhon kang ora kêtêmu nalare, ora bêcik, nandhakake wong bodho, durung lêpas budine, yèn wong kang ahli budi ora mêngkono, sabarang kang ora olèh karo nalare mêsthi ora gêlêm anglakoni, awit ora ngandêl, kang dilakoni kang diandêl iya kang olèh karo nalare, kaya ta: yèn wong arêp anggayuh darajad, iya kudu ngudi kapintêran dhisik, yèn wis pintêr banjur magang, dilakoni sungkêm lan tumêmên, kaya kandhaku mau, amêsthi enggal lawas iya bisa dadi priyayi. Yèn anggayuh kasugihan, iya kudu nyambut gawe, apa among dagang, apa kriya, [kriy ...]

--- 141 ---

[... a,] apa têtanèn, dilakoni tabêri, gêmi, nastiti lan ngati-ati, amêsthi suwe-suwe iya bisa cukup, samono iku iya kudu nganggo kapintêran, amarga yèn dilakoni kalawan bodho: iya ora kadadeyan. Yèn wong arêp nêdya kawarasan, iya kudu ngèlingi ênggone mêmangan aja rusuh, lan kang rêsikan, tuwin kang akas dhangan, mêsthi adoh lêlarane.

Jaka Mulyana sadangunipun mirêngakên piwulangipun Mas Ciptalêgawa, dipun raosakên sangêt, wusana pinanggihipun ing manah anglêrêsakên dhatêng piwulang wau, lajêng matur: Bapak, kasinggihan sangêt dhawuh panjênêngan wau, kula têpang-têpangakên sadaya lêrês botên wontên ingkang nalisir.

M.C.L. Iya sokur yèn kowe wis tămpa kaya kandhaku mau. Wis wêngi Mulyana: wis jam siji turua.

J.M. Inggih.

Mas Ciptalêgawa lajêng mênyat malêbêt ing griya badhe tilêm, kalayan pitakèn: E, Mulyana.

J.M. Kula.

M.C.L. Dwang sêkrip kang kêtlisut dhèk wingi apa wis kêtêmu.

J.M. Sampun.

M.C.L. Sesuk sorogên mênyang kantor Landrad kaya adate [a ...]

--- 142 ---

[... date] kae, kanthi dhuwit sapuluh rupiyah, wis dienggalake kok.

J.M. Inggih, sandika.

Kacariyos sarêng Jaka Mulyana anggènipun tumut Mas Ciptalêgawa sampun andungkap sataun, kasagêdanipun Jaka Mulyana saya wêwah-wêwah, pancèn lare majêng, kasêmbuh dipun pardi dipun wêlêg ing piwulang, dados sadaya ingkang kawulangakên inggih lajêng enggal sagêd, dhatêng têmbung Walandi ing sanadyan botên sampurna, nanging sampun sagêd maos buku basa Walandi, sarta mangrêtos suraosipun.

Anuju satunggiling dintên, wanci sontên, Mas Ciptalêgawa sowan ing kabupatèn, amargi pinuju malêm tingalan, sadaya priyantun salêbêting kitha inggih kathah ingkang sowan saos bêkti, awit sampun dados padatanipun, mênawi pinuju malêm tingalan lêlênggahan mawi lêlangên kalênengan tuwin dipun sindhèni ing ringgit talèdhèk, Jaka Mulyana inggih andhèrèk sowan angladosi. Wanci jam 9 Radèn Tumênggung Kartipraja sampun lênggah ing pandhapa, lesehan dipun adhêp para priyantun, gamêlan lajêng kaungêlakên gêndhing Gambir Sawit, wusana calêmpungipun botên mungêl. Radèn Tumênggung andangu sababipun botên [bo ...]

--- 143 ---

[... tên] mawi calêmpung, wontên ingkang matur bilih abdi panylêmpung nyuwun pamit botên sowan, amargi sawêg sakit panas. Mas Ciptalêgawa lajêng ngêjèpi Jaka Mulyana kapurih nylêmpung, Jaka Mulyana tanggap lajêng nyalêmpung. Radèn Tumênggung mirêng bilih calêmpungipun mungêl, lajêng andangu: lo sapa sing nylêmpung, jare Wignyamlaya lara. Mas Ciptalêgawa matur: Kulu nun, ingkang nylêmpung abdi dalêm pamagang pun Mulyana.

R.T. Mulyana sapa, timbalana mrene.

Jaka Mulyana lajêng ngadhêp.

R.T. E, kowe, bocah iki rak kaponakamu ta: Lêgawa.

M.C.L. Nun inggih.

R.T. Kok baud nyalêmpung, malah bêcik calêmpungane Mulyana karo Wignyamlaya, rak iya ta jaksa.

J. Nun inggih, kaluhuran dhawuh dalêm, sae abdi dalêm pun Mulyana.

R.T. Wis balia Mulyana, tutugna nylêmpunga manèh.

J.M. Nun inggih.

R.T. Aku kok dhêmên kaponakamu iku: Lêgawa, bocah kok èthès, prigêl, bèn ana kabupatèn bae: Lêgawa.

--- 144 ---

M.C.L. Nun inggih.

R.T. Wiwit sesuk konên malêbu.

M.C.L. Nun inggih sandika.

Botên kacariyos rêrêngganing among langên, sarêng wanci jam 4 enjing, lajêng bibaran, Mas Cintalêgawa[3] mantuk, Jaka Mulyana inggih tumut mantuk, sarêng dumugi ing griya, Jaka Mulyana dipun dhawuhi Mas Ciptalêgawa, têmbungipun: Mulyana, kowe dipundhut dara mênggung didhawuhi andhèrèk ana ing kabupatèn, wiwit sesuk sebaa.

J.M. Inggih.

M.C.L. Nanging andhèrèk ana ing kabupatèn sing ngati-ati, kumpulan sêntana utawa panakawan akèh, sing rukun, sing kêpara ngalah, dene panggalihe dara mênggung iku: lêgawa bangêt, ora tau duka, yèn ora dadi panggalihe banjur sok kèndêl bae, yèn ana sêntana utawa abdi kaluputan, ora karsa andukani, dadi malah angèl, luwung banjur duka, bisa wêruh kaluputane, mulane sing prayitna, aja sêmbrana. Karodene yèn wis seba matura, kaparênga isih nutugake sakolahmu Walănda partikêlir.

J.M. Inggih sandika.

--- 145 ---

Sarêng enjing, Jaka Mulyana lajêng sowan ing kabupatèn, sarèhning kalihan para sêntana tuwin panakawan sampun kulina sadaya mila inggih lajêng manggèn kemawon, sangsaya kalihan Radèn Ardaka tuwin kalihan Jakamadyana, dhasar kancanipun nyambut damêl tunggil sameja, inggih sangsaya botên subasita.

Dados cêkakipun lêlampahanipun lare têtiga, Radèn Ardaka kasêbut bab I, lêlampahanipun Jaka Madyana kasêbut bab II, lajêng gathuk kalihan lêlampahanipun Jaka Mulyana, dados tunggil pasuwitan, sami andhèrèk Radèn Tumênggung Kartipraja, bupati ing Madyapura. Sarta dhatêngipun inggih tunggil taun kemawon, namung cariyosipun kadamêl gêntos.

Dene lare têtiga wau, sadangunipun sami suwita, kulinanipun sampun kados sadhèrèk, namung Radèn Ardaka, sanadyan kalihan lare kêkalih wau tanpa subasita, nanging taksih ngêgungakên yèn putraning bupati, dhasar putra kaponakanipun Radèn Tumênggung Kartipraja, dados padamêlan kasar alus namung prentah sarta ngêbuhakên dhatêng Jaka Madyana tuwin Jaka Mulyana kemawon, sanadyan padamêla[4] sêrat-sêrat ing kantor, inggih makatên, wêkasanipun lajêng bodho piyambak.

--- 146 ---

Sadangunipun lare têtiga wau kêmpal wontên ing pasuwitan, inggih dèrèng nate pasulayan, sanadyan tandukipun Radèn Ardaka dhatêng Jaka Madyana tuwin dhatêng Jaka Mulyana rumakêtipun taksih sêmu angêgung-êgungakên, ewadene Jaka Mulyana tuwin Jaka Madyana inggih sami ngêmong kemawon, namung sêdhihipun lare kêkalih wau mênawi sumêrêp anggènipun Radèn Ardaka asring gadhah pratingkah ingkang mokal-mokal, kados ta: asring dhatêng ngêpakan mawi dora sêmbada kautus ingkang rama radèn tumênggung mundhut arta: f 50, utawi: f 40, lajêng kadamêl royal plêsir utawi ngèstri. Punapadene asring dhatêng toko ngêbon barang punapa ingkang dipun sênêngi, mawi tèkênipun ingkang rama, inggih kêrêp dipun pambêngi, dipun èngêtakên, nanging Radèn Ardaka botên keguh, mêksa taksih makatên kemawon.

Ing satunggiling dintên pinuju mêntas balanjan, radèn tumênggung sawêg lênggah wontên ing pandhapa, ingkang ngadhêp Jaka Madyana kalihan Jaka Mulyana, namung lare kêkalih munika,[5] wontên Cina sowan, ngaturakên rèkêning ngantos 5 lêmbar, isi ăngka arta f 75, radèn tumênggung kagèt, lajêng andangu sintên ingkang dhatêng ing toko ambêkta bon punika, Cina matur bilih ingkang dhatêng Radèn Ardaka. Sarèhning [Sa ...]

--- 147 ---

[... rèhning] priyagung bèrbudi paramarta, inggih lajêng dipun paringi kemawon jangkêp f 75, namung Cina kawêling, mênawi Radèn Ardaka dhatêng ing toko ambêkta bon malih: sampun ngantos dipun sukani. Cina nyandikani, sarta sampun tampi sasmitanipun Radèn Tumênggung wau, Cina lajêng pamit mantuk.

Sapêngkêripun Cina wau Radèn Ardaka dipun timbali, sowan, lajêng dipun dhawuhi: Ardaka, iki bon dalah rèkêning saka toko Cina simpênana: wis dakbayar. Besuk manèh aja kaya mêngkono, mundhak ora bêcik dadine tumrap marang awakmu dhewe.

Radèn Ardaka kèndêl tumungkul rumaos ing kalêpatanipun, lajêng nyuwun ngapuntên kathah-kathah. Inggih dipun ngapuntên sarta dipun dhawuhi pawêling, sampun ngantos ngambali malih. Radèn Ardaka nyandikani. Radèn Tumênggung lajêng malêbêt ing dalêm.

Ewadene Radèn Ardaka botên kêndhak, malah katingal bingah rumaos mênawi dipun trêsnani.

Ing satunggiling dintên, Radèn Tumênggung Kartipraja lelang kapal bêlo sandêl, kalayan rêgi f 300, inggilipun 4 kaki 3 dim, sampun ngumur 3 taun, dados sampun wancinipun mênêgarakên. Jaka Mulyana kadhawuhan nimbali [nimba ...]

--- 148 ---

[... li] panêgar, aturipun mênawi kaparêng badhe dipun têgari piyambak. Radèn Tumênggung kagèt, lajêng andangu: apa kowe bisa ngajari jaran. Aturipun sagêd, amargi bapa angkatipun panêgar, sarta sampun dipun wulang kawruhipun panêgar. Radèn Tumênggung marêngakên, mila sabên sontên Jaka Mulyana tansah numpaki kapal wau, watawis tigang wulan sampun tutut sarta lampahipun sampun kenging, Radèn Tumênggung lajêng nyoba nitihi, lampahipun sampun sae, sarta condhong kalihan kaparêngipun, mila radèn tumênggung saya asih dhatêng Jaka Mulyana.

Sadangunipun radèn tumênggung dipun suwitani lare têtiga, Radèn Ardaka, Jaka Madyana, Jaka Mulyana, radèn tumênggung botên kakilapan dhatêng bêbudènipun lare têtiga wau.

Radèn Ardaka labuhanipun awon, nanging dipun wêngku sarta dipun êmong kemawon, dening ngèngêti swargi ingkang rama tumut maragadi dhatêng saliranipun, dados tansah dipun lêgawani, ananging ing galih sêmu êmar, mriksani lêkasipun Radèn Ardaka ingkang botên prayogi wau, ewadene inggih kagalih sagêdipun cumanthèl dados priyantun, sarta badhe dipun wulang, bokmênawi sagêd mantuni watêkipun ingkang kirang prayogi wau, amargi [a ...]

--- 149 ---

[... margi] radèn tumênggung botên kagungan putra.

Jaka Madyana kirang kasagêdan, nanging sêratanipun sae, dhatêng padamêlan satiti, sarta tumêmên, ajrih dhatêng kalêpatan, mila radèn tumênggung inggih asih sêmu wêlas, sarta ngèngêti kasaenanipun Mas Wadana Gunasaraya.

Namung dhatêng Jaka Mulyana sanadyan botên wontên tarikanipun punapa-punapa, nanging radèn tumênggung sangêt trêsnanipun, dening Jaka Mulyana sugih kasagêdan, sarta tansah adamêl pirênaning galihipun.

Sarêng lare têtiga wau pasuwitanipun sampun tigang taun laminipun, wontên lowongan carik wadana kalih panggenan, inggih punika carik wadana kitha Madyapura, tuwin carik wadana ing Giripurna, sami minggah dados asistèn wadana, Radèn Ardaka dipun purstèl dados carik wadana ing Giripurna, Jaka Madyana dipun purstèl carik wadana kitha, kalih pisan sami dados, lajêng sami dipun ngandikani, kadhawuhan satiti ngati-ati anggènipun sami nindakakên kawajibanipun, sarta ingkang suci manahipun. Sadaya sami nyandikani, sarta sami ngabêkti nyuwun pangèstu, lajêng sami nyuwun pamit nampèni kawajibanipun, kalilan. Sigêg.

Watawis tigang wulan carik kabupatèn Madyapura, inggih mingga[6]

--- 150 ---

dados asistèn wadana, Jaka Mulyana dipun pursêtèl anggêntosi dados carik kabupatèn, dados, lajêng nindakakên botên wontên pakèwêdipun, amargi sampun garapanipun sabên dintên.

Kacariyos malih Radèn Ardaka, sadangunipun dados carik wadana, lurahipun radèn wadana ing Giripurna, tansah sêdhih manahipun, dening Radèn Ardaka botên sagêd nindakakên padamêlan wajibipun, dados tansah dados damêl, amargi namung tansah main royal kemawon, ewadene inggih namung dipun êmong kemawon, dening sêntananipun ingkang bupati. Sarêng anggènipun dados carik wadana sampun sataun laminipun, kalêrêsan wontên lowongan asistèn wadana, tur dede bawah dhistrik Giripurna, inggih punika asistèn wadana ing ondhêr dhistrik Cintakarda. Radèn wadana ing Giripurna gadhah cipta, Radèn Ardaka dipun suwunakên minggah dados asistèn wadana ing Ciptakarda, mawi dipun alêmbana: sagêd, sarta tumêmên tuwin nyêkapi dhatêng kawajibanipun, kathah-kathah pangalêmbananipun, kaangkah sampun ngantos botên kaparêngakên, anggènipun makatên wau namung supados tumuntêna angsal lintu carik ingkang mangrêtos sarta tumêmên dhatêng kawajibanipun.

--- 151 ---

Dilalah namung watawis satêngah wulan kalihan lampahipun sêrat panuwunan, Radèn Ardaka sampun tampi bêslit dados asistèn wadana ing Ciptakarda, sanalika lajêng mangkat nampèni padamêlan asistèn wadana ing Ciptakarda. Radèn wadana ing Giripurna sangêt bingahipun, botên antawis dangu gantosipun carik wadana dhatêng, magangan kantor asistenan, wêdalan, oplèidhêng sêkul, dhasar dede sêntananipun ingkang bupati, radèn wadana sangsaya bingah sangêt, rumaos botên tansah dados momongan kados Radèn Ardaka.

Kacariyos sarêng sawatawis wulan, asistèn wadana ing Ngantararja: pêjah, Jaka Madyana carik wadana kitha Madyapura, dipun purstèl, dados, sanalika lajêng nampèni padamêlan asistèn wadana ing Ngantararja.

Anuju ing satunggiling dintên, wanci sontên, malêm Ngahad, Mas Ciptalêgawa mantri kabupatèn, tuwin Jaka Mulyana carik kabupatèn, sami sowan ing kawadanan, namung nglangke botên nindakakên padamêlan dhinês. Kintên wanci jam 11 dalu, nêdhêngipun sami ngandikan among sênêng, mirêng swaraning titir têngara ambujêng durjana pandung, radèn wadana sarta Mas Ciptalêgawa tuwin Jaka Mulyana punapadene upas dhistrik, sami gugup, lajêng bidhal tandang, radèn [radè ...]

--- 152 ---

[... n] wadana tuwin upas kalih sami sagêd mirantos damêl, namung Mas Ciptalêgawa sarta Jaka Mulyana botên mirantos amargi kesahipun namung sumêdya ngenggar-enggar manah, sarèhning malêm Ngahad. Sadaya wau lampahipun angênêr pakampungan panggènaning têngara, radèn wadana wontên ngajêng, sarêng dumugi ing margi pakampungan kêpêthuk durjananipun amêkta buntêlan, lajêng kaandhêg, sarta dipun soroti êting, durjana inggih mandhêg, nanging sarêng sumêrêp pulisi kathah durjana mêdal kanêpsonipun, lajêng mêndhêt pangotipun, upas ingkang nyandhak buntêlanipun katojoh ing pangot kenging dhadhanipun lajêng dhawah, sarêng badhe ngancari radèn wadana, sawêg kumlawe, botên talompe Jaka Mulyana lajêng anjangkah nyarêngi nyêpêng ugêl-ugêling durjana ingkang kadamêl nyêpêngi pangot, lajêng dipun têkuk, tanganipun tugêl bêt, durjana lajêng andheprok, lajêng dipun rut dening upas ingkang botên kêtaton. Botên dangu tiyang tandang saking kilèn, alok-alok ambujung durjana satunggalipun, Jaka Mulyana lajêng tumut ambujung, Jaka Mulyana wontên ing ngajêng, sarêng sampun cêlak kalihan pandungipun watawis salandheyan, Jaka Mulyana lajêng malumpat dumugi ngiringaning durjana, durjananipun dipun kawil sukunipun dhawah karungkêb, lajêng dipun tubruk dipun tumpaki [tumpa ...]

--- 153 ---

[... ki] gêgêripun, durjana botên sagêd ebah, lajêng dipun cêpêng ing tiyang kathah, sadaya lajêng kabêkta dhatêng kawadanan kaurusakên papriksanipun, dados pandung kêkalih wau, kêcêpêngipun dening Jaka Mulyana sadaya, awit saking kaprigêlanipun anggèning sagêd main selat. Wiwit kala samantên Jaka Mulyana lajêng misuwur kawantêranipun (makatên pikantukipun tiyang sagêd main).

Ing satunggiling dintên, Mas Ciptalêgawa ing wanci sontên, dipun timbali dhatêng kabupatèn, sarêng sowan dipun pangandikani dhatêng Radèn Tumênggung Kartipraja, bilih Jaka Mulyana badhe kapundhut mantu, kaangsalakên putranipun kaponakan ingkang sampun lola, mila supados kadhawuhakên dhatêng Jaka Mulyana. Aturipun Mas Ciptalêgawa sandika, saha amrayogèkakên dhawuhipun radèn tumênggung wau, Mas Ciptalêgawa lajêng kalilan mantuk. Sanès dintên Jaka Mulyana kaundang dhatêng griyanipun Mas Ciptalêgawa, dipun cariyosi kados dhawuhipun radèn tumênggung wau, wangsulanipun Jaka Mulyana mopo, amargi sampun kêlajêng nêmbung anakipun Mas Lêbda Turăngga, sêdyanipun minăngka malês ing kasaenan, ngèngêti anggènipun rumaos sampun dipun opèni, ngantos dipun titipakên dhatêng Mas Ciptalêgawa, kalampahan ngantos sagêd dados priyantun, Mas [Ma ...]

--- 154 ---

[... s] Ciptalêgawa botên sagêd nginggahi, dados inggih namung badhe matur ing radèn tumênggung, punapa atur wangsulanipun Jaka Mulyana.

Sanès dintên Mas Ciptalêgawa inggih lajêng matur dhatêng radèn tumênggung, kados aturipun Jaka Mulyana wau. Radèn tumênggung botên runtik galihipun, malah ngalêm sangêt dhatêng pambêkanipun Jaka Mulyana, nelakakên mênawi èngêt dhatêng kasaenan, sarta anandhakakên sêtyanipun nêtêpi wiraosipun ingkang sampun kawêdal, inggih punika anggènipun sampun gadhah panêmbung dhatêng Lêbda Turăngga, mila malah badhe dipun kêncêngakên, sarta dhaupipun badhe dipun pundhut wontên ing kabupatèn.

Kacariyos, kaparêngipun Radèn Tumênggung Kartipraja badhe andhaupakên Jaka Mulyana kalihan anakipun èstri Mas Lêbda Turăngga wau sampun kalampahan, sarta mawi karêngga sawatawis, andadosakên bingahipun Mas Lêbda Turăngga. Sigêg.

Tunggil wulan kalihan anggènipun Jaka Mulyana dados pangantèn, wontên lowongan asistèn wadana, inggih punika asistèn wadana ing Karangwaluya, kèndêl kalayan urmat jalaran sampun sêpuh. Jaka Mulyana kasuwunakên anggêntosi, inggih dados, sanalika lajêng

--- 155 ---

nampèni padamêlan asistèn wadana ing Karangwaluya, ngalih nama Mas Mangun Mulyana, sigêg.

Bab IV.

Anyariyosakên lêlampahanipun Radèn Ardaka, inggih Radèn Mangun Ardaka, kalih Jaka Madyana, inggih Mas Mangun Madyana, tiga Jaka Mulyana, inggih Mas Mangun Mulyana, sadangunipun sami dados asistèn wadana, gancaripun kados ing ngandhap punika.

Kacariyos, Radèn Mangun Ardaka, sarêng dados asistèn wadana: royalipun saya andados, minum, main kêrtu tuwin madon (maling, madat dèrèng) dèrèng purun rabi, namung sêliripun sakawan ayu-ayu, rêmênanipun talèdhèk nagari kalih, mênawi dalu kêrêp dhatêng nagari nyipêng ing tledhekan, kalihan sangu konyak, tarkadhang plêsir numpak kareta mubêng ing Pacinan kalihan rêmênanipun talèdhèk, panakawanipun ngampil rangsêl isi arta, srutu, lisah wangi, ingkang satunggal ngampil botol konyak utawi bètêran, mênawi wontên ing griya ngundang botoh, dipun ajak kasukan cêki, utawi sêtotêr, tarkadhang inggih kalihan kalênengan unjuk-unjukan, rêmên ngêbon barang-barang ing toko, inggih [ing ...]

--- 156 ---

[... gih] punika mêndhêt bêtahipun, kados ta: uwos, lisah, gêndhis tèh, martega, panganan, srutu, minuman, lisah wangi, tuwin badhe-badhe rasukan, nanging kêrêp cidra botên dipun bayar, rêmên lelang, bêkakas griya meja, kursi, sapanunggilanipun, mila griyanipun inggih lajêng brêgas, kêbak bêkakas, siyasipun komplit dalah rakitanipun sandêl rêgi f 400, mila wujudipun inggih brêgas sangêt, nanging sambutan sadaya. Punapadene rêmên nyambut arta dhatêng Cina, tuwin dhatêng kapala ing bawahipun, mênawi dipun suruhi anjagong ing griyaning kapala dhusun ing bawahipun, sêliripun sakawan dipun ajak sadaya, panganggenipun sami, mirantos para nyainipun sakawan, inggih ayu-ayu, panakawanipun sakawan, mirantos ngampil sabêt, sênjata, songsong, rangsêl, slimut tuwin mantol. Asistèn wadana sarêsidhènsi Madyapura, botên wontên ingkang ngungkuli brêgasipun kados Radèn Mangun Ardaka. Namung kauningana, dhatêng kawajibanipun sampun botên manah babarpisan, namung pasrah dhatêng carikipun tuwin dhatêng upasipun kemawon, tujunipun carik tuwin upasipun sami mangrêtos, sarta sami rumêksa, inggih saking sasat putranipun ingkang bupati wau punika. Ewadene sadaya [sada ...]

--- 157 ---

[... ya] mêksa sami sumêlang, amargi ngraosakên tindaking lurahipun ingkang kados makatên wau. Wadananipun inggih taksih sanakipun kalêrês misanan, ananging tansah pêgêl manahipun ningali tingkahing Radèn Mangun Ardaka ingkang ngaji pupung punika, ngantos asring matur dhatêng ingkang bupati kalayan ijêman, ngandharakên patrapipun Radèn Mangun Ardaka. Dhawuhipun radèn tumênggung, panjênênganipun sampun mangrêtos sadaya mênggah lêlampahanipun Radèn Mangun Ardaka, sarta sampun kêrêp dipun dukani, ngantos dipun dhawuhi mênawi botên purun mantuni anggènipun royal, umpak-umpakan, badhe dipun suwunakên pocot, mila radèn wadana dipun dhawuhi supados nyarantosna sawatawis, sarta kadhawuhan mêmiringi, mênawi salêbêtipun tigang wulan dèrèng wontên antawisipun èngêt dhatêng kawajibanipun, utawi royalipun dèrèng dipun mantuni, inggih saèstu dipun suwunakên pocot. Kacariyos, Radèn Mangun Ardaka anggènipun dados asistèn wadana laminipun sawêg sataun, sambutanipun sampun langkung f 2000, sarta sampun dipun gugat ing Cina, dening sambutanipun botên nicil, mênawi blanjan ribut kadamêl nyaur bon, nyaur lelangan, mila mênawi blanjan tambahipun botên kirang f 40, dèrèng manah bêtahipun griya,

--- 158 ---

mila manahipun sampun karaos susah, dhatêng padamêlan saya botên dipun manah babarpisan, saya botên mangrêtos, dening manahipun saya bingung saya risak. Anuju satunggiling dintên, tampi palapuran saking bawahipun, bilih tiyang nama Sura Nangkoda, sudagar sugih ing dhusun Kêdhung Kancana, kapandungan, kenging barangipun ringkês warni: sêngkang kalih pasang, timang, sêsupe, dhuwung mawi sêlut sami mripat barleyan sadaya, rêgi f 3000 sanalika Radèn Mangun Ardaka dhatêng mriksa piyadbak,[7] kanthi carik tuwin upas, sasampunipun kapriksa, lajêng andhawuhakên ngudi katrangan dhatêng kapalanipun, sarampunging pêrlu lajêng mantuk, botên marsudi pados katrangan piyambak.

Sawatawis dintên wontên sêpiyun sowan ing asistenan, mratelakakên yèn tiyang nama Cakra Katarka, ing dhusun Sidanyana, kanggenan barang kadurjanan, warni sêngkang tuwin dhuwung sêlut, sami mripat barleyan. Sanalika upas kalih kadhawuhan anggaledhah ing griyanipun, botên dangu wangsul ambêkta barang warni sêngkang sarta dhuwung sêlut sami mripat barleyan, kintên pangaos f 1000, cocog kados aturipun sêpiyun, sarta wujudipun mèmpêr kalihan barangipun Sura Nangkoda, mila dalah ingkang gadhah barang kabêkta pisan, sanalika Sura Nangkoda

--- 159 ---

dipun timbali, dhatêng, lajêng dipun timbali malêbêt ing kamar piyambakan, kadhawuhan nitik barang kalih warni kasêbut ing nginggil, punapa têmên gadhahanipun ingkang ical kabêkta durjana. Aturipun Sura Nangkoda dede gadhahanipun, Sura Nangkoda lajêng kadhawuhan mantuk.

Radèn Mangun Ardaka mêdal saking kamar, lajêng andhawuhakên dhatêng Cakra Katarka, bilih Sura Nangkoda anggènipun nitik barangipun wau gajêg-gajêg, kados inggih, kados sanès, amargi barang punika panganggening anakipun, dados Sura Nangkoda botên patos angyaktosi, sawatawis dintên badhe nyowanakên anakipun, mila Cakra Katarka kadhawuhan mantuk rumiyin. Cakra Katarka sarêng tampi dhawuh makatên inggih lajêng mantuk.

Saantukipun Cakra Katarka, carik sakancanipun upas kadhawuhan bibaran.

Sarêng wontên ing margi, upas rêraosan kalihan carik.

Op. Mas Carik, punika wau kadospundi, Sura Nangkoda kalihan Cakra Katarka wau kok lajêng dipun dhawuhi mantuk kemawon, barangipun wau kaakên punapa botên, kalihan kok botên andhawuhi ngugêri barang, sarta kula botên dipun dhawuhi macak prosès [prosè ...]

--- 160 ---

[... s] pêrbal.

Cr. Duka sampeyan mas upas, kula inggih botên mangrêtos karsanipun, sampeyan dipun dhawuhi macak prosès pêrbal punika rak yèn barangipun kaakên ingkang kapandungan, yèn botên kaakên rak inggih botên susah damêl prosès pêrbal.

Op. La inggih, katranganipun dipun akên punapa botên.

Cr. Inggih duka sampeyan, tiyang anggènipun andangu wontên kamar ijèn makatên, ingkang mangrêtos sintên, sarêng Sura Nangkoda mêdal inggih lajêng têrus mantuk kemawon.

Op. Inggih, la kok kodhêng kula, karsanipun dara sêtèn punika kadospundi, nindakakên padamêlan pêrlu kok kados makatên.

Cr. Măngsa boronga mas upas, kula sampeyan makatên tiyang wontên ngandhap, namung sadêrmi.

Op. Anu mas carik, kula mirêng kabar nalika dara sêtèn katarik dhatêng yustisi, bab gugatipun Cina: Tyo Wang Kèh, ingkang prajanjian notaris, punika namung dipun wangêni salêbêtipun sawulan, mênawi botên sagêd bayar kropyok, badhe dipun suwun kunjaranipun.

--- 161 ---

Cr. Kabaripun inggih makatên.

Op. Măngka pintên punika.

Cr. Kabaripun f 500.

Op. Wah rêkaos dara sêtèn punika inggih mas carik, măngka nalika sowan yustisi punika sapriki rak sampun mèh sawulan.

Cr. Inggih sampun, tiyang sampun dipun jarag piyambak mas upas, măngsa boronga.

Lajêng simpangan mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak.

Sapêngkêripun carik kalihan upas, Radèn Mangun Ardaka lajêng dandos, numpak siyas badhe dhatêng Madyapura, kalayan ambêkta sêngkang tuwin dhuwung gantungan gadhahanipun Cakra Katarka, pêrlunipun badhe kagantosakên. Sadumuginipun ing Madyapura, barang inggih lajêng kagantosakên pajêng f 600, wontên ing Madyapura nyipêng sadalu, enjingipun mantuk dhatêng Cintakarda.

Botên antawis dintên, wontên dhurwardhêr dhatêng ing Cintakarda, kapanggih Radèn Mangun Ardaka, cariyos bilih kautus kangjêng tuwan presidhèn, Radèn Mangun Ardaka katimbalan dhatêng kantor landrad. Sarèhning Radèn Mangun Ardaka sampun mangrêtos, inggih lajêng tumut sarta sampun mirantos.

--- 162 ---

Sadumuginipun ing kantor landrad, Radèn Mangun Ardaka dipun dhawuhi ing Kangjêng Tuwan Presidhèn, bilih piyambakipun nampèni ponis saking yustisi, bab gugatipun Cina Tyo Wang Kèh, mênawi piyambakipun botên bayar sambutanipun, gunggung kalêbêt waragad f 575, badhe kalêbêtakên kunjara. Sarèhraning[8] Radèn Mangun Ardaka sampun ambêkta arta, sanalika lajêng kabayar kropyok f 575, Radèn Mangun Ardaka kalilan mantuk, wilujêng botên saèstu kalêbêtakên ing kunjara.

Sanès dintên kadhatêngan dhurwardhêr malih, nyiwêr barang gadhahanipun, bab gugatipun Cina ingkang karampungan ing pangadilan landrad, ngantos dumugi kalampahan kalelangakên, barangipun têlas, namung griya botên kalelang, amargi griya sewan.

Kocapa Cakra Katarka, ingkang barangipun sêngkang tuwin dhuwung kagantung wontên kaondêran, sarèhning sampun mèh kalih wulan botên wontên katranganipun, lajêng sowan nyuwun katrangan, nanging dipun dhawuhi bilih sawêg kaurusakên, mênawi sampun rêsik têrang dede barang pêtêng inggih badhe kaparingakên wangsul, Cakra Katarka inggih lajêng mantuk. Sabên lêt 8 utawi 10 dintên, nyadhong malih, nanging inggih tansah dipun dhawuhi kados ingkang kasêbut [kasêbu ...]

--- 163 ---

[... t] ing nginggil wau. Sarèhning sampun tita anggèning nyarantosakên, tansah dipun ubêng-ubêng kemawon, măngka mirêng têrang yèn barangipun botên kaakên dhatêng tiyang ingkang kapandungan, dhasar inggih barang sae, Cakra Katarka rumaos yèn badhe dipun pakèwêd, Cakra Katarka lajêng gadhah atur rêkès dhatêng karesidhenan, rêkès lajêng kaparingakên dhatêng kangjêng tuwan asistèn residhèn kadhawuhan ngurusakên. Sanalika kangjêng tuwan asistèn lajêng utusan mantri pulisi, nimbali Radèn Mangun Ardaka botên kalilan pamit ingandikakakên ngajak sarêng, anjujug ing kantor asistenan, Radèn Mangun Ardaka gugup sêmu kuwatos, lajêng sowan kairid mantri pulisi, sadumuginipun ing kantor asistenan, dèrèng kadangu, kangjêng tuwan lajêng nimbali jaksa, rêkès kaparingakên jaksa ingandikakakên mriksa, jaksa lajêng maos rêkès wau katawèkakên dhatêng Radèn Mangun Ardaka, sanalika Radèn Mangun Ardaka botên sagêd jawab, guwayanipun pucêt, botên gadhah bayu, kangjêng tuwan asistèn lajêng andangu piyambak, kalayan dipun têtêr-têtêr, dangu-dangu lajêng matur prasaja, inggih têmên anggantung barangipun Cakra Katarka warni sêngkang tuwin dhuwung kados ingkang kasêbut ing rêkès, nanging lajêng kasambut kagantosakên pajêng f 600,

--- 164 ---

arta lajêng kadamêl nyaur sambutanipun dhatêng Cina Tyo Wang Kèh ingkang sampun karampungan yustisi, mênawi kaparêng nyuwun pamit badhe nyuwun arta dhatêng ingkang rama Radèn Tumênggung Kartipraja kadamêl nêbus, kangjêng tuwan botên marêngakên panyuwunipun pamit wau, malah lajêng kadhawuhan anglêbêtakên ing kunjara, sampun kalampahan Radèn Mangun Ardaka katahan ing kunjara. Dumugi sapriki dèrèng wontên karampunganipun.

Têlas lêlampahanipun Radèn Ardaka. Makatên punika lêlampahan ingkang dhawah nistha.

___

Ing mangke anyariyosakên lêlampahanipun Jaka Madyana, inggih Mas Mangun Madyana, sadangunipun dados asistèn wadana, panindakipun dathêng kawajiban: madya, têgêsipun botên kêndho botên kêncêng, manahipun ayêm botên kagetan, mênawi wontên dhawuh ingkang kasêsa, kados ta: dipun timbali pangagêng, ingkang sanalika kêdah sowan, inggih lajêng sowan, nanging botên kasêsa. Mênawi wontên bêncana, kados ta: mirêng têngara wontên griya kabêsmèn, wontên durjana koyok, pandung kacêpêng, tuwin sanès-sanèsipun, inggih lajêng tandang, nanging kalayan sarèh, botên gugup. Mênawi wontên tiyang ingkang kalêpatan [kalêpa ...]

--- 165 ---

[... tan] prakawis palanggaran, botên nate dipun sêrêg ing prakawis, namung dipun sêrêp-sêrêpakên kalayan sarèh, dipun dunung-dunungakên, sampun ngantos purun nêrak pêpacuh tuwin awisaning nagari, lajêng kawaosakên règêlmèn pulisi, dipun rêsêpakên badhe patrapanipun.

Cêkakipun sadaya padamêlan namung dipun lampahi kalayan sabar, ewadene bawahipun têntrêm wilujêng, botên nate wontên prakawis agêng. Măngka lêrêsipun padamêlan pulisi makatên botên kenging katindakakên kalayan sabar, dene anggènipun Mas Mangun Madyana pamanahanipun makatên wau, saking katarik rêmên dhatêng agama, dados kathah pasrahipun dhatêng Gusti Allah.

Sabên malêm Jumungah ngundang para santri sarta têtiyang ingkang cêlak-cêlak ing asistenan, lajêng kawaosakên kadis, para santri kapurih nyêrêp-nyêrêpakên suraosipun kadis wau, supados tiyang-tiyang wau sami mangrêtos, lajêng wilujêngan rasulan.

Sabên kêmpalan kapala dhusun, sasampunipun andhawuhakên dhêdhawuhan nagari, tuwin sanès-sanèsipun padamêlan ingkang pêrlu, lajêng andongèng lêlampahanipun para nabi, miturut dalil Koran, wusananipun lajêng

--- 166 ---

mardi sadaya kănca kapala sakarerehanipun sami nglampahana ngibadah (sêmbahyang).

Sabên wulan Siyam ngadêgakên darusan wontên ing pandhapa.

Ing sacêlakipun griya asistenan ngriku wontên mêsjid kina sampun risak, lajêng dipun mulyakakên, kangge sêmbahyang, tiyang ingkang sampun sêmbahyang sabên sontên kapurih sêmbahyang wontên ing masjid ngriku, tarkadhang dipun imami piyambak.

Kacariyos, saya dangu Mas Mangun Madyana sangsaya rêmên dhatêng tindaking agama Islam, sêmbahyangipun kêncêng sangêt, sanadyan sawêg pêrlu punapa kemawon, mênawi sampun dumugi wêkdalipun sêmbahyang, inggih kèndêl sêmbahyang.

Ing satunggiling dintên pinuju komprènsi wontên ing kabupatèn, ngantos dumugi luhur dèrèng bibaran, Mas Mangun Madyana inggih lajêng pamit sêmbahyang luhur. Sawangsulipun sêmbahyang dipun dukani dhatêng ingkang bupati, bilih anggènipun nindakakên agama kêncêng sangêt makatên, tamtu angêndhokakên tumindaking kapulisèn, ingkang sayogi sarèhning taksih rêmên dados priyantun B.B. sanadyan rêmêna dhatêng agama, kadamêla sawatawis kemawon, kaangkaha sami pikantukipun, radèn tumênggung inggih botên maoni tiyang rêmên agama, dhasar sampun dados [da ...]

--- 167 ---

[... dos] wajibipun tiyang agama Islam, inggih kêdah anglampahi rukuning Islam, nanging sarèhning taksih rêmên dados pulisi, tamtu botên sagêd cancut dhatêng tindaking kapulisèn. Mas Mangun Madyana namung tumungkul botên mangsuli. Sarêng wanci jam 3 lajêng bibaran.

Kacariyos, sarêng Mas Mangun Madyana sampun dumugi ing griya, lajêng anggagas dukanipun ingkang bupati, pinanggihing nalar inggih lêrês dukanipun ingkang bupati wau, ananging kadospundi, sarèhning sami wajibipun, pamanggihipun Mas Mangun Madyana, mênawi karangkêp amêsthi badhe cèwèt salah satunggal, utawi bibrah kalih pisan. Kêkêncênganing cipta padamêlanipun ingkang badhe kasèlèhakên, sarèhning pêpuntonipun sampun mantêp, mila lajêng damêl sêrat paturan nyuwun kèndêl saking padamêlanipun asistèn wadana.

Watawis sawulan, Mas Mangun Madyana tampi bêslit kèndêl kalayan urmat, saking panyuwunipun piyambak.

Sasampunipun kèndêl, Mas Mangun Madyana saya nêmên anggènipun anglampahi ngibadah, sarta lajêng dados guru mulang ngaos kitab Kuran, ngantos dumugi sapunika wilujêng ing gêsangipun botên kirang satunggal punapa, malah mênawi sampun samêkta lajêng badhe minggah kaji.

--- 168 ---

Têlas lêlampahanipun Jaka Madyana.

Inggih punika ingkang dipun wastani lêlampahan dhawah madya.

___

Dene lêlampahanipun Mas Mangun Mulyana, sarêng dados asistèn wadana, anggènipun nindakakên kawajiban sangsaya majêng, saya kêncêng saya srêgêp, mèh botên wontên kèndêlipun, botên ngetang sayah botên ngetang arip tuwin luwe, anggènipun nêdha namung saèngêtipun kemawon, botên tilêm mênawi botên arip sangêt, panindakipun padamêlan tuwin sanès-sanèsipun, mênawi botên wontên sabab ingkang pêrlu kadamêl ajêg, kados ta: mênawi tangi jam 4.30 enjing, lajêng mlampah-mlampah, mila kêrêp nyêpêng palanggaran, kados ta: tiyang ambêkta kajêng jati pêtêng, ambêkta kopi, ambêkta ciyu, tarkadhang nyêpêng durjana. Jam 7 mantuk lajêng dandan, jam 8 papriksa ing dhusun-dhusun, numpak kapal utawi malampah, jam 12 mantuk, ningali sêrat-sêrat garapanipun carik, lajêng kacocogakên kalihan kupi sêratanipun piyambak, mênawi sampun cocog lajêng dipun tandhani, kupi lajêng kapurih nginggahakên buku regèstêr kalayan plêk, têdhak sungging: lajêng kacocogakên malih, mênawi sampun [sampu ...]

--- 169 ---

[... n] cocog, buku regèstêr inggih lajêng dipun tèkên, lajêng kapurih nginggahakên buku èksêpidhisi, katur kawadanan, tuwin ingkang kadhawuhakên dhatêng kapala dhusun, ugi kacocogakên piyambak, mênawi sampun cocog, sawêg kaparingakên upas utawi palayangan ingkang kalêrês anglampahakên sêrat-sêrat wau, mila inggih botên wontên sêrat ingkang cèwèt, sadaya rêsik, rajin, jam 2 sawêg bibaran, sabibaring kantoran, botên tamtu lajêng nêdha, nanging lajêng malêbêt ing kamar lênggah kursi malês cêlak jandhela, lajêng maos sêrat-sêrat ingkang sampun kasadhiyakakên, kados ta: buku anggêr ukum, pênuntun, kandhungan sapanunggilanipun, punapadene wurdhênbuk, tuwin sêrat-sêrat kabar. Mênawi siyang botên nate tilêm, botên nate cucul, ngantos dumugi jam 4.30, anggènipun maos sêrat-sêrat sawêg kèndêl, lajêng adus dandan jam 7 sontên lênggah ing kantoran, ningali sêrat-sêrat dhinês, ingkang mêntas kaparingakên saking kawadanan. Ingkang sanalika kenging dipun wangsuli inggih lajêng dipun ngèngrèng pisan, ingkang kêdah taksih anjangkêp-jangkêpakên namung dipun cirèni punapa sapêrlunipun, lajêng katampèkakên ing carik. Jam 11 utawi jam 12 dalu sawêg mapan tilêm,

--- 170 ---

jam 5 sampun tangi. Samantên punika manawi botên rundha awit piyambakipun kêrêp sangêt rundha. Bidhal saking griya jam 10 utawi jam 11 mantuk jam 2 utawi jam 3 dalu.

Mênawi wontên kapala lapur kadurjanan, agênga alita, sawanci-wanci lajêng dipun priksa piyambak kalayan salêsih, sarta lajêng mangkat ngupados katrangan, ngantos kalih utawi tigang dintên sawêg mantuk, kêrêp kemawon mantuk sampun ambêkta sakitan dalah cihnanipun, sarta lajêng dipun priksa piyambak, dipun ngèngrèng piyambak, carik kantun ngênèt macak ing dhaptar, utawi papriksan landrad kemawon, sadaya padamêlan botên ngêbuhakên dhatêng carik kemawon, ingkang sakintên angèl dipun tandangi piyambak.

Wontên malih lampahipun ingkang mêgahakên ing tiyang sanès, inggih punika mênawi winuju[9] pêtêngan, jam 11 dalu: nata tiyang rundha, wontên ingkang kapurih mubêng, nganglang, wontên ingkang kaprênahakên panggenan ingkang gawat-gawat, tindhihipun kapala utawi upas, sasampunipun mangkat, Mas Mangun Mulyana lajêng cucul, mangangge cara kuli, nanging ambêkta repolpêr, lajêng kesah ijèn, nyangking walêsan pancing, lajêng mancing wontên ing lèpèn-lèpèn, manggèn ing panggenan ingkang gawat-gawat ingkang [ing ...]

--- 171 ---

[... kang] sakintên kangge langkung durjana. Têrkadhang asring tilêm wontên ing gêrdhu, mila inggih kêrêp nyêpêng durjana sacihnanipun, kalayan ijèn kemawon, amargi kêrêp kêpêthuk durjana ambêkta barang, kêrêp tarung kalihan durjana, nanging tamtu mênang, awit saking sapisan baud main selat, tuwin parigêl, kaping kalih botên pisah repolpêr, dados durjana ajrih wêkasan nutut.

Ing satunggiling dintên nuju pêtêngan, wanci jam 10 dalu, Mas Mangun Mulyana sasampunipun nata tiyang rundha kados adat, lajêng nglugas mangkat mancing wontên ing krêtêg alit watawis têbihipun sapal saking griya asistenan, botên dangu katingal wontên tiyang kalih saking kidul, ingkang satunggal ambêkta kênthès, satunggalipun ambêkta sabêt, Mas Mangun Mulyana lajêng andhêlik mèpèt ing ngadhap krêtêg, tiyang kêkalih wau sarêng dumugi ing krêtêg lajêng kèndêl, wontên ing ngriku sami rêraosan, ingkang satunggal wicantên, têmbungipun: Kêpriye kang Satika, wakne Iradrana kok durung têka.

Têka pisan, apa edan ora têka, kuwi rak mampir mênyang kêdhung maling, ngampiri kang Tadăngsa.

Botên dangu wontên tiyang kalih dhatêng, lajêng dipun sapa dhatêng Satika: sapa kuwi, kang Tadăngsa.

--- 172 ---

Hê êh.

Karo sapa.

Karo kang Iradrana. Kowe karo sapa.

Karo Tamita. Thik nganti yah mene.

Iya, la wong andadak mampir mênyang Karangbajing, ngampiri Si Bêgog, dhèk wingènane ora kêtêmu.

La priye: gêlêm ora.

Iya gêlêm, nanging arêp mampir mênyang Têgal Kampak, ngampiri wakne Tănggala, amarga awake gêla yèn ora karo wakne Tănggala, banjur arêp anjujug ana ing kuburan bae, karo arêp anggolèk kănca manèh loro.

Dadi kănca pira.

Iki papat, karo loro dadi nênêm, nanging Bêgog saguh anggolèk kănca loro manèh, dadi wolu.

Yèn kănca wolu, apa wani ngrodapêksa.

Ora wani geneya, wong bêkêle Blorong saiki wis ora duwe bêdhil.

La bêdhile dhèk biyèn kae.

Wis rusak didandakake durung dadi-dadi.

Yèn sirku, mêngko yèn kancane ora pitaya, utawa [u ...]

--- 173 ---

[... tawa] kurang, arêp dakmalingi bae. Amarga aku jinja kaya dhèk mênyang Kêdhungwuni kae.

Ora, yèn sing wis mêsthi nênêm, sukur bisa wolu, orane nênêm iki bae rak iya wani ngrodapêksa, marga wong Blorong kuwe jirih-jirih, saya sing duwe omah, padhane wong wedok, jirihe ngêthêr, mêngko aku sing mlêbu, karo wakne Tănggala, tak sênggarane macan, măngsa duwea bayu: ora. Wis ayo mangkat.

Lajêng sami mangkat. Sarêng durjana sampun botên katingal, sarèhning ginêmipun durjana wau sampun dipun mirêngakên dhatêng Mas Mangun Mulyana kalayan têrang, têtela ingkang badhe katêmpuh griyanipun bêkêl ing Blorong, Mas Mangun Mulyana lajêng mêdal saking ngandhap krêtêg, lajêng minggah dhatêng margi têrus mantuk kalihan anggagas, kadospundi sakecaning lampah, punapa lajêng nungka dhatêng Blorong andhêdhêp, lajêng narungi durjana mênawi sampun nêmpuh: punapa nyêgat ing margi. Badhe ngabari bêkêl ing Blorong sampun kaslêpêg amargi griyanipun têbih. Dèrèng ngantos dumugi ing griya kêpêthuk kancanipun upas nganglang sakancanipun rundha tiyang wolu, lajêng dipun ajak mantuk, sadumugining griya, upas lajêng dipun dhawuhi punapa sasêrêpanipun kasêbut [ka ...]

--- 174 ---

[... sêbut] ing nginggil kalihan bisik-bisik, sarta dipun têdhani timbangan kados pamanggihipun wau, inggih lajêng karêmbag kalihan kapala ingkang tumut rundha, kênthêling rêmbag, sarèhning ginêmipun durjana wau dèrèng tamtu malêbêt ngècu, utawi mandung, dados prayogi kasrantosakên kemawon, mênawi sampun wontên têngara: têngara kècu punapa pandung, mênawi kècu, botên pêrlu anjujug ing Blorong, amargi tamtu sampun kêpêngkêr, prayogi lajêng nyêgat ing margi ingkang sakintên dipun langkungi, mênawi botên kêpêthuk, inggih lajêng têrusan dhatêng griyaning durjana, ing dhusun-dhusun kados ingkang kadhawuhakên wau. Mila inggih lajêng angêntosi kalihan anglêmpakakên kănca, tuwin nata badhe panyêgatipun, salajêngipun mênawi botên kêpêthuk inggih lajêng anggaledhah dhatêng griyanipun.

Sarêng wanci jam 1 dalu, mirêng titir têngara kècu, lajêng brêng mangkat andum damêl kados ingkang sampun karêmbag, namung carik kadhawuhan kumisi ing griyanipun bêkêl Balorong kanthi mantri pulisi tuwin upas.

Sarêng jam 12 siyang, Mas Mangun Mulyana sakancanipun sampun mantuk, kalihan ambêkta pasakitan dalah cihnanipun barang mas intên, pangaos f 3000, jangkêp bontê[10] wontên

--- 175 ---

ingkang cicir, sarta dipun akên sadaya dhatêng bêkêl ing Blorong.

Dene panyêpêngipun pasakitan wau sarana kacêgat ing griyanipun piyambak-piyambak, amargi botên sagêd kêpêthuk ing margi, gunggung pasakitan wolu sampun kacêpêng sadaya. Lajêng katindakakên punapa mêsthinipun.

Enggalipun pasakitan sampun kapriksa ing ngarsa pangadilan landrad, karampunganipun sadaya namung kaukum bucal anggangsal taun, amargi malêbêtipun botên sarana ngrisak, namung kalayan nêdha kontên kemawon, tuwin botên natoni, punapadene papriksanipun gampil, amargi sami gumlèdhèg ngakên sadaya.

Watawis sataun bawahipun Mas Mangun Mulyana têntrêm botên wontên durjana, amargi para durjana sami ajrih tintrim, dhatêng kakêndêlan tuwin kaprigêlanipun Mas Mangun Mulyana.

Botên antawis dangu kalihan anggènipun nyêpêng kècu Mas Mangun Mulyana, wadana kitha tilar dunya, Mas Mangun Mulyana lajêng kaangkat dados wadana kitha Madyapura.

Sanadyan sampun dados wadana, ewadene kasrêgêpanipun dhatêng kawajiban kasar alus botên suda, sarta botên ngêgungakên salira kados wadana sanès-sanèsipun, patrapipun dhatêng kănca sangandhapipun malah sangsaya [sang ...]

--- 176 ---

[... saya] taklim, nanging dhatêng padamêlan kêncêng, mênawi wontên kalèrèhanipun ingkang kêsèd kêndho anggènipun nindakakên kawajiban, gêthing sangêt, tansah dipun srêngêni, tansah dipun ancam badhe kalapurakên ing parentah, mênawi sampun dipun srêngêni ngantos kaping tiga mêksa botên nêtêpi, inggih dipun lapurakên sayêktos, dipun suwunakên patrapan, rès utawi kalorod, kosokwangsulipun mênawi kalèrèhanipun wontên ingkang srêgêp tabêri dhatêng padamêlan, inggih lajêng kasuwunakên minggah pangkat, botên sampun-sampun mênawi dèrèng kalampahan minggah. Dhasar sarêng dados wadana pambêkanipun saya sêntosa, saya kêndêl, têtêg, tatag, suci, mila bawahipun ajrih asih, panginggilanipun inggih sami trêsna, sêmu ering, dening lêrês sarta kêndêlipun wau.

Sarêng anggènipun dados wadana sampun tigang taun, patih kitha pansiun, jalaran sampun sêpuh. Mas Mangun Mulyana lajêng jinunjung dados patih kitha, ngrangkêp dados wadana, amargi pranatan enggal, wadana kitha kasuwak, lajêng kasampirakên dhatêng patih, dados Mas Mangun Mulyana dados patih wadana.

Sarêng Mas Mangun Mulyana dados patih wadana, pambêkanipun [pambêkanipu ...]

--- 177 ---

[... n] ingkang botên talatosan, têgêsipun: sadaya padamêlan kasar alus ingkang kêdah dipun tandangi piyambak, punika sampun suda, amargi ngèngêti mênawi pangkatipun luhur, mênawi brubat-brubut saru, dados kêdah santun salaga. Inggih punika solah-bawanipun lajêng sarèh, polatanipun tajêm, jêbjêm,[11] nanging botên kumaluhur, dhatêng kalèrèhanipun inggih taklim inggih ngajèni, namung paprentahanipun taksih kêncêng.

Kacariyos, salêbêtipun Mas Mangun Mulyana dados patih wadana, salêbêtipun kitha rêsik rajin, jalaran saking srêgêp sarta tabêri, pagêr-pagêring pemahan katata racak sae sadaya, margi-margi tuwin pakêbonan rêsik gumrining, kalèn-kalèn sapinggiring margi agêng, tuwin salêbêting pakampungan botên wontên ingkang mambêg mili sadaya. Gêrdhu-gêrdhu pajagèn inggih sae, sabên dalu isi tiyang jagi sadaya. Ting-ting ing margi agêng tuwin ing pakampungan sae, mênawi dalu botên wontên ingkang pêjah. Salêbêting kitha kathah têtingalan ingkang wêwah sae, kados ta: pêkên-pêkên, wande-wande, griya-griya kongsèn, gudhang-gudhang kagunganipun nagari sadaya rêsik angrêsêpakên. Sanadyan ing dhusun-dhusun inggih makatên, sadaya katingal rêsik rajin, tata têntrêm.

--- 178 ---

Lèpèn-lèpèn alit ing dhusun-dhusun, ingkang sakintên kirang paedahipun, kathah ingkang dipun pindhah, dipun ilèkakên ing pasabinan ingkang kêkirangan toya, ing wusana sami sagêd panèn tikêl angsal-angsalanipun katimbang kalihan nalika dèrèng angsal toya, andadosakên bingahipun têtiyang alit, sanadyan paosipun lajêng mindhak, ewadene têtiyang alit malah sênêng ayêm-ayêm, jalaran botên kirang nêdha.

Kathah karanganipun dhêdhawuhan, ikang[12] ngajêngakên dhatêng kasrêgêpan tuwin katabêrènipun tiyang alit, supados samia nyambut damêl, têtanèn, dêdagangan, kriya sasaminipun, sampun ngantos sami kakirangan sandhang pangan.

Tuwin kathah piwulangipun dhatêng para priyantun sakalèrèhanipun, ingkang lèrègipun anênuntun dhatêng katêntrêman, kasarasan, supados wilujêng sênênga ing gêsangipun. Punapadene grètèh sangêt dhatêng para priyantun ingkang sami gadhah anak alit, jalêr èstri sampun ngantos kasèp, tumuntên sami kalêbêtna sakolah, supados ing têmbe sampun ngantos manggih sangsara dening kacupêtan budi, saking cubluk balilunipun, sami sagêda angsal panggêsangan ingkang nyêkapi, amargi sadaya darajad, sugih, singgih, mênawi botên kanthi pintêr, tamtu kuciwa, sisip sêmbiripun [sêmbir ...]

--- 179 ---

[... ipun] kasugihan tuwin kasinggihanipun sagêd sirna tanpa tilas. Punapadene kêrêp anggêlarakên lêlampahanipun nalika timur, ingkang saru ingkang nistha tuwin rêkaosipun kawêdharakên sadaya, botên mawi lingsêm, amargi saking karsanipun namung supados dadosa têtuladan, dhatêng para anèm, ingkang sami anggayuh kapriyantunan, sampun ngantos wêgah dhatêng rêkaos tuwin kangelaning badan, supados dumugia ingkang sinêdya kados sariranipun.

Kacariyos, salêbêtipun Mas Mangun Mulyana dados patih wadana ing Madyapura, tansah dados pangalêman, dados têtuladan. Kangjêng tuwan residhèn, kangjêng tuwan asistèn residhèn asih sangêt, para tuwan-tuwan salêbêting kitha, tuwin para tuwan, ondêrnèmêng inggih sami asih sadaya, punapadene Radèn Tumênggung Kartipraja, saya kasok trêsnanipun, salêbêtipun Mas Mangun Mulyana dados patih wadana, padamêlan kabupatèn, tuwin pêpikiraning bupati, sampun kasrah dhatêng Mas Mangun Mulyana sadaya, sêrat-sêrat ingkang kalêrês dipun tandhani ingkang bupati, radèn tumênggung namung kantun tèkên kemawon, dening sampun pitados sangêt dhatêng Mas Patih Mangun Mulyana. Mila inggih dipun bangbang malah inggih sampun canthèl atur dhatêng kangjêng

--- 180 ---

tuwan residhèn, ing têmbe kasuwunakên sagêda dados bupati ing Madyapura, amargi Radèn Tumênggung Kartipraja botên kagungan putra.

Mila sadaya karèrèhanipun priyantun, sami suyut ajrih asih dhatêng Mas Patih Mangun Mulyana, panganggêpipun botên beda kalihan dhatêng ingkang bupati.

Sarêng Mas Mangun Mulyana anggènipun dados patih wadana wontên ing Madyapura sampun gangsal taun laminipun, Radèn Tumênggung Kartipraja gêrah sêpuh kalajêng seda. Mas Patih Mangun Mulyana kawakilakên, dados ing nalika punika Mas Mangun Mulyana ngrangkêp padamêlan tiga, inggih punika kawajibaning bupati, kawajibaning patih, tuwin kawajibaning wadana, ewadene botên kawêkèn, sadaya padamêlan rampung kalayan sae.

Dene anggènipun makili padamêlan bupati laminipun ngantos tigang wulan, wilujêng botên kirang satunggal punapa, lajêng tampi bêslit têtêp dados bupati ing Madyapura, saha santun nama Radèn Tumênggung Mulyanagara.

Botên kacariyos pasamuwanipun nalika têtêp dados bupati. Enggalipun sarêng Radèn Tumênggung Mulyanagara sampun ngasta panguwasaning bupati, ing Kabupatèn Madyapura saya wêwah raharja, dening bupatinipun wicaksana ambêk [ambê ...]

--- 181 ---

[... k] adil paramarta, lêstantun dados pandam pangayomanipun tiyang sanagari.

Makatên punika lêlampahan ingkang dhawah utama.

Dados êliding dongèng, budi angkara ingkang kados lêlampahanipun Radèn Ardaka kasêbut bab I, punika ing wêkasanipun manggih sangsara. Nistha.

Watêk ingkang botên awon, kados lêlampahanipun Jaka Madyana kasêbut bab II, punika ing wêkasanipun manggih wilujêng. Madya.

Ambêk sae sêntosa, kados lêlampahanipun Jaka Mulyana kasêbut bab III, punika ing wêkasanipun manggih mulya. Utama.

Ananging lêlampahan nistha madya utama kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, namung dumunung nistha madya utamaning tiyang anggayuh kadrajatan.

Dene nistha madya utamaning tiyang anggayuh kasugihan, utawi kapintêran, bokmênawi êmpanipun wontên piyambak.

Ing wusana kula sumăngga.

Tamat.

 


§ Sawênèhing tiyang cêcariyos, manawi sêkar Gambuh punika bukanipun saking gandarwo, gancaripun makatên: Anuju satunggiling dintên, Kangjêng Sultan Agung, Nata Mataram, tindak basiyar. Wontên ing margi uninga gandarwo pinuju ngênêng-ênêngi anakipun ingkang sawêg nangis, sarwi karêngêng-rêngêngakên makatên: Lela-lela lêlegung | cêp mênênga anakku si kuncung | kuncung balung biyungmu lunga mring kali | ngumbah popok nyangking bêruk | cêp mênênga ana uwong || Kangjêng Sultan andangu: Gandarwo, kuwe têmbang apa. Gandarwo mangsuli: êmbuh. Wiwit kala samantên kaparênging karsa dalêm Kangjêng Sultan wau, cacahing sêkar macapat kawêwahan satunggil malih, inggih punika sêkar Gambuh. (kembali)
kêcênthok. (kembali)
Ciptalêgawa. (kembali)
padamêlan. (kembali)
punika. (kembali)
minggah. (kembali)
piyambak. (kembali)
sarèhning. (kembali)
pinuju. (kembali)
10 botên. (kembali)
11 jênjêm. (kembali)
12 ingkang. (kembali)