Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061)

Judul
Sambungan
1. Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 14-05-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

f 0.50

Bocah Mangkunagaran

Bale Pustaka

Batawi

--- [1] ---

Serie No. 1253

Bocah Mangkunagaran

Sing nganggit:

Radèn Ngabèi Yasa Widagda, kabantu: Radèn Mas Panji Prawira Padmaya, Radèn Sastradiharja, Mas Teja Susastra.

Gambaran corèk saka: Abdulmanan.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 1 dari 13
Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII, sakalihan kangjêng ratu.

--- 3 ---

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang Kaping VII, ing Surakarta.

Kadar lan Sunaka padha bocah pangkat 3.

Kadar takon marang Sunaka: Naka, dhèk wingi sore kowe kathung-kathung anggawa layang kae mênyang êndi.

Sunaka: Mênyang kalurahan. Simbah lara rada rêkasa, bapak pamit, esuk iki mau mênyang Dlêpih niliki simbah.

Kadar: E, nèk ngono kuwi kudu pamit, barang.

Sunaka: Lah, priye, wong nyambutgawe, nèk ana prêlu, iya kudu pamit mênyang dhêdhuwurane.

Kadar: Lah nèk pak lurah pamit, dhêdhuwurane sapa.

Sunaka: Panèwu pangrèh praja.

Kadar: Lah nèk panèwune dhewe.

Sunaka: Wadana.

Kadar: Dhêdhuwurane wadana.

Sunaka: Bupati.

Kadar: Sadhuwure bupati.

Sunaka: Kangjêng Bupati Patih Mangkunagaran.

Kadar: Sadhuwure manèh.

Sunaka: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.

-------

Wis dimupakati dening pangarsane pakumpulan darahing Mangkunagaran: Radèn Mas Ngabèi Sumahatmaka.

--- 4 ---

Ya kuwi sing mrentah sapraja Mangkunagaran kabèh. Hara, Dar, kowe tak takoni, wiyosane kangjêng gusti kuwi tanggal pira, sasi apa.

Kadar: Ora wêruh, takon kok tanggal sasi barang.

Sunaka: O, kuwi saka kurang gagasanamu bae. Lah sabên-sabên sakolahan libur, mas guru rak crita dhisik apa sababe libur.

Kadar: O, iya, dhing. Sasi Sapar, Sapar. Tanggale ping pat.

Sunaka: Bênêr. Lah taune, apa kowe wêruh.

Kadar: Êmbuh, gajêge mas guru iya sok kăndha, nanging aku lali.

Sunaka: Aku iya lali. Ayo padha ambukak almênak. Lah iki lho, wacanên.

Wiyosan dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII, ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 4 Sapar Dal 1815. Utawi surya kaping 12 Nopèmbêr 1885.

Kadar: Dadi nèk ngono, têkan sasi Januari 1936 iki yuswa dalêm kangjêng gusti wis 51 taunan.

Sunaka: Iya. Kandhane mas guru, sing ngasta praja Mangkunagaran kuwi, nèk durung yuswa 40 taun, durung asma Mangkunagara, isih jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana.

--- 5 ---

2. Kănca Padesan.

Bapakne Daliya dadi blantik pitik. Pak Marta dadi jagal. Bapakne Mariman dadi pandhe. Bokne Jayus gawene dodol ratêngan.

Pak Dullah dadi modin. Bapakne Tarka dadi narakarya, sawahe saprapat bau. Sawahe lurahe akèh, nêm bau.

Dhèk panèn kêpungkur rada kêmêton akèh tur parine landhung-landhung wulène. Ênggone ngupakara pari mau disambatake wong watara rongpuluhan. Kaya mangkono iku wis dadi tatacara kalumrahaning padesan, samăngsa ana gawe parigawe, padha digarap kroyokan.

Kartataruna ora uwis-uwis ngalêm parine lurahe, calathune: Lurah, ambok kula dipun tulari bêgja, sagêd panèn pantun lêma-lêma. Lurah: Ditulari bêgja, priye kowe kuwi. Lêmuning pari iku ora saka kabêgjan, gumantung saka bêciking lêmah lan pangolahe. Ambok nyuwuna pratikêl marang mas dêmang tani.

Karta: Kula punika manawi botên dipun jak ngandikan, ajrih matur dhatêng mas dêmang, mangke dipun wastani murangtata.

Kapriye, ta, kowe kuwi. Nagara nganakake priyayi [pri ...]

--- 6 ---

[... yayi] dêmang tani kuwi, prêlune supaya nuntuni kănca tani, dadi yèn disuwuni rêmbug, masthi luwih dhangan.

Inggih, samantêna kula ajrih.

O, alah dene wis tau sakolah ane. Kêpenake mangkene bae, yèn mas dêmang tani pinuju tindak mrene, kowe ngadhêpa. Paturanmu bakal tak lantarake.

Manawi makatên, kula inggih sandika.

Kabèh-kabèh mau pancèn saka lupute dhewe, arang kănca tani sing gêlêm ngrabuk lêmahe.

Botên gadhah wragad, lurah.

Kok ragad, lah wong kari ngusungi obong-obongan uwuh, tlethong... apa kuwi nganggo tuku.

Inggih. Manawi kula manah, kănca-kănca kula tani punika kirang tabêrinipun. Dalah matun kemawon tarkadhang kapintên.

Lah iya kuwi sababe sok kurang pamêtune, malah nganti sok kêtrajang pacêklik. Rak wis bola-bali ta, sabên-sabên kumpulan, lurah panèwu, lurah wadana, tarkadhang bêndara mênggung dhewe, ora lèrèn-lèrèn anggrètèhi kănca-kănca, padha tabêria ing gawe.

Kula inggih sampun nate mirêng. Nanging tiyang kula punika kijènên.

Kijènên kêpriye. Lah bok nyawang Tadrana kae.

--- 7 ---

Inggih, manawi punika pancèn cêkap, sabinipun kathah, griyanipun agêng-agêng, sugih menda, lêmbunipun pitu.

Lah kok mung disawang kacukupane. Tabêrine satitèkna, saya dhèk isih ênom, sasat ora ana lèrène nyambutgawe, bubar anggarap sawah, ngopèni pakêbonane. Sambène nganam-anam, gawe kurungan. Sing wadon ngingu pitik, sabên pasaran bisa adol êndhog sasênik, cangkingane adol kêmbang kanthil pamêtuning kêbonne. Mulane suwe-suwe bisa tuku sawah, saiki patut dadia têtuladan.

3. Mênyang Pasarean Mangadêg.

Kar, Kar, Sukarman, dhèk Ruwah kêpungkur kowe nyadran mênyang êndi.

Mênyang êndi, Kir, lha wong kuburane kaki nini mung ana lor desa, dadi aku iya mung mrono, sasat ora lunga-lunga.

Sukir: Lah bok mênyang pasareane para luhur, ngiras sujarah. Apa kowe durung tau mênyang Mangadêg.

Sukarman: Durung, apa adoh, ta.

Sukir: Ora sapiraa. Dalane nèk wis têkan Matesih, [Mate ...]

--- 8 ---

[... sih,] mêtu Koripan bisa, mêtu desa Karanganyar iya bisa. Ayo ta, besuk Ruwah padha mrana.

Sukarman: Iya. Sing sumare ana Magadêg kuwi sapa, ta.

Sukir: E, lah, kêbangêtên kowe kuwi. Sing sumare kono kuwi kangjêng gusti sing cikal-bakal praja Mangkunagaran.

Sukarman: Lho, kapriye, kok nganggo sing cikal-bakal barang.

Sukir: Kene, ta, padha linggihan ngisor wit kene. Mangkene babade.

Kangjêng gusti kapisan iku timure asma Radèn Mas Said, putrane Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura.

Sapêngkêre ingkang rama, Radèn Mas Said suwita Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, pangkat mantri, diparingi lungguh bumi ing Ngawèn.

Nalika samana ing Kartasura ana dahuru, akèh para pangeran lan para luhur sing jêngkar saka nagara, wose padha kurang panrimane marang sing jumênêng ratu, mangkono uga Radèn Mas Said, jêngkare anjujug ing tanah Nglaroh. Ana ing kono olèh pambiyantune Kyai Tumênggung Kudanawarsa, Răngga Panambangan, lan liya-liyane manèh, aku ora pati cêtha, besuk bae rak dicritani pak guru.

Cêkake Radèn Mas Said utawa kangjêng gusti kapisan iku pêpêrangan [pê ...]

--- 9 ---

[... pêrangan] ngêlar jajahan têkan tanah Sêmbuyan, Kêduwang, nglanjak mangalor têkan tanah Sukawati sisih kidul.

Suwene ênggone pêpêrangan nganti 16 taun. Wêkasan banjur padha dirukun, Radèn Mas Said dijumênêngake dadi Kangjêng Adipati Arya Mangkunagara, karan Kangjêng Gusti Sambêrnyawa, mrentah tanah Ngawèn, Nglaroh, Sêmbuyan, Kêduwang, Matesih, Sukawati sisih kidul. Dêdalêm ana kutha Mangkunagaran têkan saprene kuwi.

Sedane kangjêng gusti, disarèkake ana Mangadêg. Malah Kangjêng Gusti II lan III iya sumare ana kono.

Wah, lah kuwi, Kir, pasareane apik lan wingit bangêt.

Sukarman: Ngèlingi critamu kuwi, aku kowe rak padha patut mundhi-mundhia pasarean kuwi.

Sukir: Iya mangkono. Wis ta, besuk yèn wis cêdhak sasine bae, padha sêmayan kapan mangkate.

4. Pasarean Mangadêg.

Dhandhanggula

1. kanggo peling amrih ora lali | marang laku labuhan utama | tumrap marang sira kabèh | ngèlingana lêluhur | kang ninggali sêsuluh wêning | tan olih mring salira | nalăngsa nèng gunung | ngupaya dalan kamulyan | linakonan lara-lapa kawlasasih | nganti nêmbêlas warsa ||

--- 10 ---

2. kasangsara tan kurang prihatin | tinalatèn pangèsthining cipta | kapati ing pamintane | tan pantara tumurun | wahyuningrat[1] bisa ngrênggani | praja Mangkunagaran | lêstari tumurun | trah tumêrah kawaratan | putra wayah winantu muktining urip | tinunggon katêntrêman ||

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 2 dari 13
Pasarean Mangadêg ana ing Punthuk, têngêr (+) ing sikile gunung Lawu sisih kidul kulon.

3. kang saiki wis murwèng don adi |[2] kang sumare Mangadêg aldaka |[3] katut Matesih ondêre | dene wadananipun | Karangpandhan kang ngêmudhèni | rèh kabupatèn kutha | prênahirèng dunung | dumunung wetaning praja | nora têbih lan manèh bisa nênitih | mung dharat sawatara ||

--- 11 ---

4. sing kadohan sinawang katawis | gawang-gawang wujude katingal | mawa prabawa langêne | ngalela angênguwung | katon gawat wingit kapati | titiking wêwangunan | kumilat malatkung |[4] kasorotan diwangkara |[5] katon putih tataning kang balowarti | nèng luhuring prabata ||

5. saya cêdhak lan pèrènging ardi | wus katara wênganing gapura | madhêp mangetan prênahe | tan pantara lumêbu | jroning bangsal kanggo ngêntèni | kabèh kang nêdya sowan | ngabêkti nyênyuwun | mrih wuwuhing pangèstawa |[6] kasawaban barkahe kang amurwani |[7] jiwaning kawibawan ||

6. loring bangsal talundhag manginggil | mlêbu jroning capuri wangunan | ing kono pasareane | jêng gusti kang ambangun | praja Mangkunagaran iki | yèku kang ping sajuga | dene wetanipun | kang ping kalih lan ping tiga | jroning cungkup jinèjèr nunggal sapanti | tinata sri kawuryan ||[8]

7. kiwa têngên ngarêping kang panti |[9] pêpêt pipit papane kèbêkan | pra santana kang sumare | pininta-pinta patut | gawe gawat muwuhi wingit | tumingal mring kaanan | ing driya ngalangut | lambung pèrènging kang arga | katon rêgêng rinêngga rungkuding uwit | wêrit singub katingal ||

8. sêkar wungu angongkang nèng pikir | argulo bang ing lambung keyuban | sêmboja sumêbar gone | girang arèn wowaru [wo ...]

--- 12 ---

[... waru] | wora-wari kadya ngidêri | srikatan nêdhêng sêkar | kalikadhêp kudhup | srigadhing mèdêm angambar | wor gandaning arumdalu babar sari | nèng ngisor nagapuspa ||

9. roning andong ngrêmbaka andadi | dlima sêkar sarine sumêbar | dlingsêm kasêngsêm sêmune | nagasari tinurus | kanigara kênanga kanthil | jinitri kêndhayakan | pakèl pakis wor suh | sengon sligi lawan salam | pala klèngkèng kayoman wringin lan êprih | pêpak kabèh wit-witan ||

10. sakukuban kubêngirèng ardi | desa-desa wangune ngalela | kali kalèn pating srèwèh | wangan susukan wadhuk | angilèni sawah lan têgil | galêngan lan gêgulan | tanggul katon munggul | ting janggêlêg kèhing arga | lir anjaga palênggahanirèng gusti | nèng jagad katêntrêman ||

5. Brêsih Desa.

Bubar panèn kănca tani padha ayêm, sugih pari, ora kêkurangan pangan. Nuju dina Sêtu wayah esuk, Dimin karo Dama wis padha ana pamulangan, ngasap grip karo omong-omongan.

Dimin: Wah mau bêngi pandhapa kalurahan kêbak, ya, Ma. Ora mung wong tuwa-tuwa bae, bocah sadesa mèh

--- 13 ---

têka kabèh, mèlu kondangan, aku kowe katon mêmangan. Ambênganmu apa, Ma.

Dama: Iya lumrah sêga lêmbaran, sêga wuduk lan sêga golong, uba-rampene krowodan lan woh-wohan pamêtuning desa.

Dimin: Iwake apa.

Dama: Iwak sapi, lah wong gênah sing diênggo kurban, sasi[10] mangkono. Panggonanmu rak iya iwak sapi, ta.

Dimin: Karêpku, diolah apa.

Dama: O, diragi.

Dimin: Panggonanku ditêrik.

Dama: Apa kowe ngrungokake sadurunge pak modin andonga, ujube pak lurah kapriye.

Dimin: Ujube iya caos dhahar marang sing cikal-bakal sing sêmara bumi, dhanyang sing rumêksa rina wêngi.

Dama: Sing cikal-bakal desa kene iki jarene Kyai Rêngkak, sumare ana ngisor ringin wetan kae.

Dimin: Mula, wis pirang-pirang dina iki kana dirêsiki, pagêre dianyarake. Lah aku liwat kana mau, sajène isih pêpak.

Dama: Nèk desane Samin, sing dipêpêtri kok padhanyangan watu gêdhe ngisor gayam kae.

Dimin: Pancèn beda-beda.

--- 14 ---

Dama: Dhèk wingi aku rada kojur, Min. Barênganku ngêpung ambêngan Si Dalil. Wong iya Dalil, ta, wiwit linggih sing diingêtake panggang pitik karo êndhog bae. Malah pak modin durung rampung ênggone andonga, wis anjupuk êndhog siji, banjur nyêkêl panggang, cêk, dipokah-pokah, dhèwèkne milih dhadha mênthok. Aku karo barênganku mlompong bae. Lah wong Dalil bocah sing gêdhe dhewe.

Dimin: Pancène ora kêna, bocah gêdhe dundum iya kudu sing adil, saru kuwi .... o, kae lho, Kadis lagi têka, matane suthup, ayake mau bêngi nonton wayang dikatog-katogake.

Dama: Iya, Dis, kowe mau bêngi nonton wayang.

Kadis: Lah wong dikon rewang pak lurah, sasat sawêngi muput, mau olèhku turu mung salêran.

Dama: Mêngko nèk ngantuk, priye, Dis.

Kadis: Iya matur barès marang pak guru, ta. Pak guru iya pirsa, we, nèk aku ladèn barang.

Dimin: Lakone apa, Dis.

Kadis: Wayangan brêsih desa, lakone apa, iya Sri Sadana, ngono.

Dama, Dimin: Aku critanana, Dis.

Kadis: Wis mèh klinthing ngene, kok. Sesuk-sesuk bae.

--- 15 ---

6. Patilasan-patilasan ing Nglaroh.

Radèn Mas Said, iya Radèn Mas Suryakusuma, kang wêkasane jumênêng Kangjêng Gusti Mangkunêgara I, iku jêngkare saka Kartasura anjujug ing Nglaroh saka rêmbuge.

Siji, Radèn Sutawijaya, anak bupati ing Kartasura, ora bisa anggêntèni dadi bupati, nanging olèh tinggalan băndha, sugih dhuwit.

Loro, Kyai Wiradiwăngsa, pamane Radèn Mas Suryakusuma dhewe saka tanah Nglaroh.

Dununge tanah Nglaroh iku salore larikan gunung saka Wanagiri mangulon.

Akèh anak-anake priyayi ing Kartasura sing andhèrèkake Radèn Mas Said utawa Radèn Mas Suryakusuma mau. Kajaba iku Kyai Wiradiwăngsa iya nglumpukake santana ing Nglaroh, mulane Radèn Mas Suryakusuma banjur sugih bala. Yèn awan padha digladhi pêrang, yèn bêngi padha nyênyuwun. Ana sing sarana kungkum ing sêndhang Trètès ing gunung Gajahmungkur, sêndhang Pancuran, sêndhang Siwani sacêdhake punthuk Tenongan. Sing disêsuwun, bisaa kalakon sêdyane Dèn Mas Suryakusuma mau.

Barêng bala wis katon santosa, Radèn Sutawijaya banjur ditêtêpake dadi panggêdhening punggawa, salin jênêng aran [ara ...]

--- 16 ---

[... n] Kyai Ngabèi Răngga Panambangan. Dene Kyai Wiradiwăngsa diangkat dadi pêpatih, aran Kyai Ngabèi Kudanawarsa. Têkaning jaman têntrêm diangkat dadi tumênggung.

Sarèhne Kyai Tumênggung Kudanawarsa iku asli Nglaroh, mulane barêng seda, iya disarèkake ana tanah Nglaroh, ing desa Mantênan. Malah ing kono ana watu tilas palênggahane Radèn Suryakusuma.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 3 dari 13
Pasareane Kyai Tumênggung Kudanawarsa.

Kajaba iku Radèn Mas Suryakusuma iya nyêdhakake wong-wong tuwa, kêna diguroni lan ditakon-takoni, kaya upamane Kyai Kasanuriman. Iku pasareane ana ing desa Karangtêngah, iya ing tanah Nglaroh.

--- 17 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 4 dari 13
Pasareane Kyai Kasanuriman.
Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 5 dari 13
Pasareane Radèn Ayu Matahati.

--- 18 ---

Malah jaman samana Radèn Mas Suryakusuma mundhut ampeyan anake Kyai Kasan Nuriman, wêkas-wêkasane diangkat dadi garwa, pêparab Radèn Ayu Matahati, sumare ana ing Gunungwijil, iya tanah Nglaroh.

7. Dalan.

Din, Jumuwah-jumuwah ngene bapakmu kok ora mrene ngrêsiki kêbon sêkolahan.

O, inggih pak guru, kula wau dipun wêling bapak, makatên, le, matura karo mas guru, ngalang sapisan aku ora mênyang sakolahan, lagi gugur gunung kroyokan ngrampungake dalan kidul desa kae, sêlak ana rawuhan.

Iya uwis, padha bae, sêkolahan kene dadi kabutuhane kănca desa, dalan kana iya dadi kaprêluane wong pirang-pirang.

Inggih prêlu sakolahanipun ngatên, pak guru.

Padha bae, kandhaku. Kowe kuwi rak mung saka kurang ngrêtimu marang paedahe dalan.

Sapisan, mayarake aku lan kowe kabèh. Hara coba, upamane mênyang pamulangan kene iki ora ana dalane bêcik, kiraku akèh sing kêglundhung kalèn.

--- 19 ---

Kaping pindho, anggampangake lakune wong saka desa siji, mênyang desa liyane. Dadi nèk ana desa ana apa-apa, gampang ditêkani wong liya desa.

Kaping têlu, yèn kănca desa arêp mênyang pasar, utawa arêp adol pamêtuning lêmah mrana-mrana, kapenak lan ora nguwatiri. Kosokbaline wong ngêndi-êndi, yèn arêp dodolan mênyang padesan, iya gampang. Mulane ing êndi panggonan sing ana dalane, masthi mundhak rame lan rêja.

Kajaba iku ngèlingana, dhèk padha dolan mênyang Sala biyèn kae, ajaa ana dalan gêdhe gumladhag, kêna diambah grobag, kreta, bis, apa bisa tulak, mangkat esuk, mulih sore.

Wah, kèngêtan nalika dhatêng Sala rumiyin, kula rumaos bingung, kajawi uyêl-uyêlan tiyang lumampah turut margi, sakêdhap-sakêdhap sriwingan tiyang numpak sêpedhah, andhong. Ingkang ngêdhêg-êdhêgi punika manawi wontên montor langkung, kula ajrih manawi kêsrèmpèt.

Mulane mlaku ing dalan gêdhe iku nganggo tatanan, apa manèh sing jênêng tunggangan, lakune kudu nisih mangiwa.

Kabaripun ing kitha kêrêp wontên tiyang kêtlindhês montor.

Malah kêrêp ing desa, sabab wong-wong kutha wis padha kulina ngambah dalan rame. Balik kănca desa, nèk krungu swaraning montor, banjur ambingungi, wis ana pinggir wetan, mlayu mangulon, [mangu ...]

--- 20 ---

[... lon,] ora bisa ngira-ira bantêring montor, lah banjur kêtumbuk.

Lah montor sami montor kok tumbukan piyambak.

Iku saka ciyuting dalan, lakune sok kêrikatên. Sing akèh ana enggok-enggokan, kasompok ing pandêlêng, padha ora wêruhe dadi tabrakan. Mulane sabên prapatan lan enggok-enggokan, pojoke dalan-dalan ing kutha iku padha dikêprasi, prêlune saka kadohan sawisa wêruh yèn arêp pêthukan.

8. Lêlampahane Radèn Mas Sait.

Ana tanah Nglaroh, Radèn Mas Suryakusuma bisa katog anggone kêklêmpak wadyabala, ingkang rayi loro diangkat, kajaba iku iya ngangkat punggawa cacah 22, padha diparingi jênêng jaya-jaya, kaya ta: Jaya Prawira, Jaya Panantang, Jaya Pamênang sapiturute.

Para punggawa lan wadyabala wis katon santosa lan prigêl ulah gêgaman, padha kêpengin diajokake pêrang. Dhèk samono ing Kartasura pinuju ana gègèr. Kacêluke diarani gègèr pacina. Băngsa Cina padha ngraman, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan nganti linggar mênyang Panaraga, kraton [krato ...]

--- 21 ---

[... n] Kartasura dijègi Cina, sing banjur ngangkat Radèn Mas Garêndi, jumênêng ratu asma Sunan Kuning. Nanging Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan banjur olèh pambiyantune Kumpêni Walănda, bisa wangsul manèh jumênêng ana Kartasura. Dene Sunan Kuning kèngsêr, alihan ana desa Randhulawang.

Lah, nalika iku karsane Radèn Mas Suryakusuma, arêp ngumpul Sunan Kuning, ngiras nètèr kêkêndêlane wadyabala. Sunan Kuning bungah, malah Radèn Mas Suryakusuma banjur diangkat dadi senapati, jêjuluk: Pangeran Prangwadana.

Pangeran Prangwadana katon bangêt kêkêndêlane. Nanging balane Sunan Kuning ora kuwat nanggulangi bala Kartasura lan Kumpêni, nganti Sunan Kuning kèngsêr manèh saka Randhulawang. Pangeran Prangwadana banjur kondur mênyang Nglaroh.

Ana ing Nglaroh diêlud karo bala Kartasura lan Kumpêni. Banjur nusul Sunan Kuning mênyang Kaduwang, malah banjur andhèrèkake têkan Panaraga, Madiun lan Caruban.

Ana ing Caruban, pêpisahan. Sunan Kuning mangetan mênyang Pasuruan, Pangeran Prangwadana mangulon mênyang tanah Sukawati, yasa padalêman ana Jatirata. Ditêmpuh bala Kartasura lan Kumpêni, kèngsêr mênyang tanah Matesih, lêrêm ana desa Sigawe.

Anuli utusan yasa padalêman ana Panambangan, dadi bali mênyang tanah Nglaroh manèh. Padalêmane dirakit kaya kraton, [kra ...]

--- 22 ---

[... ton,] nganggo alun-alun kanggo ajar-ajaran pêrang.

Nalika iku Kangjêng Pangeran Prangwadana wis salin jêjuluk Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, mangkono uga Kyai Ngabèi Kudanawarsa diangkat dadi tumênggung. Sarta Kyai Ngabèi Roga Panambangan salin jênêng Tumênggung Surawijaya.

9. Bacute ing Dhuwur.

Ana ing Panambangan kangjêng gusti bisa jênjêm sawatara, ora tau kêtêkan mungsuh, jajahane mundhak têkan tanah Sêmbuyan.

Kocap ing Kartasura. Sabubare gègèr pacina, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan karsa pidhah kraton ing Surakarta. Dadine kraton ing taun Walănda 1744, sing jumênêng Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II, kaprênah rama paman karo Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara I ing Panambangan.

Ngalih kraton anyar-anyaran, ing Surakarta ana dahuru manèh. Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, kalêrês rayi karo Ingkang Sinuhun Pakubuwana II, miyos saka nagara, awit lênggahing bumi rongèwu karya, disuda.

Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi banjur pacakbaris ana tanah Sukawati. Ing kono Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara banjur ngumpul karo ingkang paman Kangjêng Pangeran Mangkubumi,

--- 23 ---

nanging ditêmpuh dhisik karo bala Surakarta lan Kumpêni. Nganti kêplajêng têkan gunung Gambar ing tanah Ngawèn. Banjur prang lèrès, ngambah tanah Sêmbuyan, Wiraka, Kaduwang, Matesih, wêkasan bisa gathuk karo Kangjêng Pangeran Mangkubumi ana Sukawati.

Nêngah-nêngahi pêrang ingkang Sinuhun Pakubuwana II seda, kagantos ing putra ajêjuluk Ingkang Sinuhun Pakubuwana III.

Pêrange ditêrusake, nganti rolas taun, gênti unggul, gênti asor. Wasana banjur ana rêmbuge Kumpêni, bêcik padha dirukun. Kalakon, Ingkang Sinuhun Pakubuwana, Kangjêng Pangeran Mangkubumi sarta Kangjêng Gusti Mangkunagara, padha rawuh ing Salatiga, mirêngake rêmbuge utusaning Kumpêni.

Kangjêng Pangeran Mangkubumi têtêp jumênêng Sultan ing Ngayogyakarta, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III lastari jumênêng ana Surakarta, sarta kaparêng maringi lungguh bumi marang Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I.

10. Banyu ing Sawah.

Pak, pak, sami-sami lèpèn, kok lèpèn ngriki niki beda dhewe kalih lèpèn-lèpèn nika.

Bedane kapriye.

--- 24 ---

Lèpèn-lèpèn nika pating brongkal, menggak-menggok, ontên jurang pèrènge. Hlah ngriki niki sasat radin, pinggire alus ditanggul.

Kok anèh kowe kuwi. Kali-kali kae dadi karêpe dhewe, balik kali kene, gawean uwong.

Sintên sing damêl.

Rukun desa, malah akèh sing têrang saka karsane parentah. Kali dibêndung, banyune munggah, digawekake wangan, dibage-bage diênggo ngilèni sawah nganggo didokoki tètèg, ajaa ngono, apa sawahmu iki kêna digadhu.

Panjaga tirta nika kula kêrêp wêruh gawene nênggani tètèg.

Pakmu jagatirta kuwi jênênge sapa, ta.

Inggih Jagatirta.

Dudu, jênênge Karyadrana. Jagatirta kuwi pagaweane. Jaga têgêse iya anjaga, tirta: banyu. Dadi jagatirta têgêse anjaga banyu. Ora mung tètèg bae, iya ambage-bage banyu barang, anjaga manawa ana rusake wangan sapiturute. Manawa ana bêndungan dhadhal, tanggul rusak, enggal lapur marang nagara. Ing kono nagara banjur dhawuh andandani.

Kok ênggih sae, gih pak.

--- 25 ---

Lah apa, witikna nèk kowe wêruh wadhuk yasan nagara.

Wadhuk napa, pak.

Wadhuk kuwi tandhon banyu, ing măngsa rêndhêng banyu turah-turah. Panggonan sing akèh ilèn-ilène, dibêndung dawa lan santosa, nganti banyune mandhêg jêro lan ămba bangêt, kaya sagaran. Ing măngsa katiga banyu kuwi diênggo ngilèni sawah.

Pundi sing ontên wadhuk, pak.

Ing bawah kabupatèn kutha Mangkunagaran kaya ta: ing Thêngklik (Calamadu). Ing Dêlingan (Karanganyar). Bawah kabupatèn Wanagiri ing Plumbon lan ing Kêdhunguling (Eramaka).

Kula kok kêpengin ajêng ningali wadhuk, pak.

Sasi ngarêp aku arêp tilik wakmu mênyang Majagêdhang, kowe mèlua, mêngko mampir nonton wadhuk ing Dêlingan, sing dijênêngake wadhuk Tirtamarta.

11. Wadhuk Tirtamarta ing Dêlingan.

Mijil

1. wijiling kang pangriptaning kapti |[11] kapita[12] tumonton | tandhon tirta Tirtamarta rane | anèng desa Dêlingan kang nami | minăngka ngoncori | kukubaning dunung ||

2. rolas èwu bau kèhing sabin | kawratan binanyon [bina ...]

--- 26 ---

[... nyon] | ingkang bêra subur têmahane | tiga rêndhêng bangkit dèn tanduri | wêtune nyukupi | têtrêm kadêdunung ||

3. timbang lawan beya kèhing dhuwit | ingkang ewon-ewon | patang taun rampung panggarape | kamot tirta patang yuta kibik | jêroning kang warih |[13] wolung mètêr langkung ||

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 6 dari 13
Wadhuk Tirtamarta ing Dêlingan.

4. duk miwiti anggarap marêngi | slapan dina klakon | krama dalêm jêng gusti samangke | dhaupira lawan pramèswari | kasub[14] ing rat gusti | Kangjêng Ratu Timur ||

5. pambabare yasan wadhuk warih | marêngi lêlakon | têtêp Mangkunagara asmane | tanggal kaping papat ambênêri | Sèptèmbêr kang sasi | angkanirèng taun ||

--- 27 ---

6. sèwu sangang atus isih luwih | patlikur linakon | lêganing tyas kawula sanggyane |[15] myat yêyasan ingkang maedahi | bisa murakabi | wong tani kang butuh ||

7. sawah-sawah bisa olèh warih | warata gumolong | kali kalèn lumintu iline | lêbak inggil pangêdume adil | sênêng kawula lit | sêtyaning tyas katur ||

8. marang gusti tanapi[16] praja di | kang wèh karahayon | mrih kamulyan adêging uripe | ayêm têntrêm marême katitik | santosa jalari | arjaning tumuwuh ||

9. dêlêng wujud wanguning yasan di | tuhu gawe gawok | luwih ămba bawera têbane | nèng lêlêmbah binêndung ing pinggir | tinanggul galigir | iring lèr linajur ||

10. wetan kulon kidul urut têpi | watêse katongton | gumuk punthuk padesan urute | ting jalarèh kalèn alit-alit | sing lêngkèh angalih | ngilèni jro wadhuk ||

11. wênèhana pêpongol ngalingi | nèng têngah anglojok | mangun sunglon samodra pindhane | kang pêpèrèng tumurune miring | mayat nut wiyaring | kikise kang wadhuk ||

12. wêtunira banyu têkèng sabin | mawa pintu bêton | sinantosan tètègan korine | saking tosan putêran prêmati | bukak nutup gampil | tan sangsayèng tanduk ||

--- 28 ---

13. tanggul kilèn sinung panti asri | ngongkang lambe tembok | palênggahan priyagung pênêde |[17] ingkang têdhak lêlangên mriksani | salumahing warih | pendah samodra gung ||

14. wela-wela kumêlaping warih | mawa lun gumolong | lir giliran alirih lakune | lerab-lerab ombake nawêngi | warata nyrambahi | lir gambar winangun ||

15. kèh kadulu wayanganing langit | tumiyung angayom | kawistara mawêlu[18] cahyane | jroning warih dumilah nêlahi | mèh diwasèng ari | tilar candhik ayu ||

16. yayah wimbuh lêlangêning langit | sumamburat abyor | bayak-bayak sumêbar prabane |[19] mega mêndhung lir pendah sinungging | jumbuh lan gêbyaring | arka duk mèh surup ||

17. tan pantara buyar nuksmèng warih | lir merang wirangrong |[20] rêp-rêp sirêp sirna mêmanise | ingkang kari mung pêtênging ratri | têntrêm tintrim sêpi | papan goning wadhuk ||

12. Dèwi Sri.

Adate anggêr brêsih desa, nganggo wayangan, iku lakone Sri Sadhana. Sing prêlu nyritakake lêlakone Dèwi Sri, awit Dèwi Sri iku biyèn dadi pangayoman gurune para among tani, bisa anjalari sêmpuluring rêjêki. Mulane saprene isih dipundhi-pundhi lan dilêluri, sarana dituju [di ...]

--- 29 ---

[... tuju] apa sing dadi krêsanane lan kasênêngane, kaya ta: kothekan. Sabên bubar panèn, wong-wong tani padha kothekan. Yèn slamêtan, ambêngane sêga bêras wangèn, pêcêl pitik, jangan mênir. Kajaba iku saprene isih akèh wong sêsaji warna-warna, kaya ta: ing kobongan ditatani bantalan guling ngundhung-undhung, ing kono dianggêp palêrêmane Dèwi Sri. Nganggo dicawisi pangilon, kêndhi isi banyu, kêmbang borèh, suruh ayu, gêdhang ayu, sabên malêm Jumuwah dikutugi dupa. Yèn wong arêp mêthik pari, ing sawah iya digawèkake sajèn lan pari pangantenan. Wong ngunggahake pari ing lumbung nganggo sarat didokoki kêmbang tlasih, padaringan disajèni sêga golong, saka dhawuhe Dèwi Sri marakake kalis ing ama.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 7 dari 13
Dèwi Sri.

Mungguh wayangan lakon: Sri Sadhana, iku critane cêkakan mangkene,

--- 30 ---

Sang Prabu Sri Mahapunggung ing nagara Purwacarita, kagungan putra asma Radèn Sadhana. Didhawuhi krama ora krêsa, nuli ditundhung marang kang rama.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 8 dari 13
Radèn Sadhana.

Dèwi Sri, ingkang bok ayu Radèn Sadhana, ngraos wêlas marang kang rayi, mulane ing wayah bêngi lolos saka kadhaton, nglacak tindake Radèn Sadhana.

Kacarita, tindake Dèwi Sri tansah dikodhol ing ditya Kalandaru, utusane ratu buta Prabu Pulaswa ing alas Roban. Sarèhne dèwi iku putri kang luhur ing budi, bêcik kalakuane, dadi disuyudi ing wong padesan, mulane ing sadalan-dalan tansah angsal pitulungan, ngalang-alangi lakune buta Kalandaru.

--- 31 ---

Kèn Patani ing Mêdhang Wangi tansah andhèrèkake satindake Dèwi Sri, dadi pamomong. Katêlah kongsi saprene panggonan cawisan lan sêsaji marang Dèwi Sri, kaaranan: patanèn. Wong kang pagaweane ngolah lêmah sarta miturut pituture Dèwi Sri, kaaranan: juru among tani.

Saka gêdhening lêlabêtane Ki Buyut Wangkêng, yaiku ulu-ulune wong padesan, tansah mêrangi lan ngalang-alangi lakuning buta, Sang Dèwi bisa slamêt pinanggih ingkang rayi Radèn Sadhana ana ing desa Mêdhang Gowong. Radèn Sadhana sagêd angentasi gawe, ambalèkake kurdane Kalandaru sabalane, sarana dipanah angin. Sabanjure Dèwi Sri dhawuh ingkang rayi yasa padhukuhan ana ing Sriyawanti, nuntuni marang wong ing desa-desa ulah têtanèn.

Sarèhne sang dèwi mantêp ing tekad, labuh marang para among tani, mulane bola-bali ditimbali kondur marang praja, iya mogok. Ingkang rama sang prabu saya duka, Dèwi Sri disabdakake dadi ula sawa, Radèn Sadhana dadi manuk sriti. Suwe-suwe antuk parmaning dewa linuwih, kapulung dadi widadara lan widadari, lêstari dadi dewa-dèwining rijêki. Cuthêl.

--- 32 ---

13. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II, sarta Prajurit Mangkunagaran.

Pak, wingi kula dipun dhawuhi pak guru, dintên punika pamulangn[21] libur, amargi griya pamulangan kangge pondhokan prajurit.

Iya, têkane prajurit dhèk wingi jam lima sore, malah aku mèlu tata-tata nampani têkane mau.

Wontên punapa ta, pak, kok prajurit sami dhatêng mriki punika.

Mung lêrêb ngaso, mêngko arêp ambajurake laku mênyang Pracimantara.

Ngrika wontên punapa.

Kowe rak ngrêti, ta, nèk saiki larang pangan. Prajurit-prajurit mau padha arêp anjaga watês, aja nganti kang rupa pangan: gaplèk, bêras, jagung, padha diêdol diusungi mênyang bawah liya, supaya wong-wong kene ora kêbacut kêkurangan pangan.

Kala wau enjing kula nginguk dhatêng pamulangan. Wah, pak, tiyangipun gagah-gagah, saya pangajêngipun, linggih kursinipun pak guru wontên latar. Kula ajrih, lajêng mantuk kemawon.

--- 33 ---

Ajrih kapriye, ta, wong kuwi sing anjaga katêntrêmaning praja. Sing padha dadi prajurit kuwi iya wong lumrah kaya aku kowe iki. Apa kowe durung tau tak kandhani, nalika Kangjêng Gusti I andon pêrang, kuwi prajurite iya anjupuki wong desa sing gothot-gothot. Lah kakèk-kakèkmu biyèn iya dadi prajurit, kêtrima banjur didadèkake dêmang ana kene iki. Bisaku dadi răngga kuwi, iya saka nagara ngèlingi lêlabêtane kakèk-kakèkmu biyèn. Dadi kowe kuwi iya turun prajurit, besuk dadia prajurit iya patut, wong awakmu gothot, dêdêg pangadêgmu olèh.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 9 dari 13
Prajurit lesiyun Mangkunagaran.

--- 34 ---

Sapunika sampun botên wontên pêrang, kok Mangkunagaran taksih ngingah prajurti.

Prajurit iku gadhuhan saka kangjêng guprêmèn, wiwit jaman kangjêng gusti ping pindho. Hara kangjêng gusti ping pindho kuwi apane kangjêng gusti sapisan.

Putra.

Dudu. Mêngko tak critani. Kae, bokmu, bakyumu konên mrene, cikbèn ngrêti pisan. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara I, iku besanan karo ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III, putrane pambajêng kangjêng gusti, patutan saka Radèn Ayu Matahati ing Nglaroh, kapundhut mantu ingkang sinuhun, sarta dipangkat pangeran, asma Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya I.

Kangjêng Pangeran Arya Prabuwijaya mau pêputra Radèn Mas Slamêt, miyose ing taun walănda 1767.

Barêng Kangjêng Gusti I surud, kuwi nalika taun walănda 1795, sing anggêntèni dadi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II iya Radè Mas Slamêt kuwi, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, wong durung yuswa patang puluh taun.

Dadi, Kangjêng Gusti II iku wayah Kangjêng Gusti I.

Ambalèni crita bab prajurit, Kangjêng Gusti II iku kêtrima karo kangjêng guprêmèn, amarga kêrêp ambiyantu pêrang,

--- 35 ---

lan bisa nyirêp kraman-kraman ing bang kulon. Saking kêtrimane cêkake banjur diwênangake ngingu prajurit lesiyun, cacah 1275, praboting pêrang: bêdhil, karbin, diparingi guprêmèn. Wujude saiki sandhang panganggone padha bae karo saradhadhu (prajurit) Walănda, mung kacèk ing gulon didèkèki têngêr M.N.

Kula kok lajêng kêpengin dados prajurit, pak.

Besuk liburan kowe mênyanga Sala, tak titipake pakmu Dêmang Măndrapura. Yèn esuk mênyang Pamedan, nontona prajurit padha ajar baris, ulahraga, ulah gêgaman.

Saora-orane wong dadi prajurit kuwi waras awake, tatag, tanggon, wêruh pranatan. Lah kae, pakmu Răngga Sêndhang kae, tilas kopral. Maune desa Sêndhang kuwi rusuh. Barêng dicêkêl pakmu Răngga banjur têntrêm, wong ala padha wêdi. Saiki wong-wong bawahe padha wêdi asih marang pakmu Răngga.

14. Bumi ing Mangkunagaran.

Tak crita kaanane bumi Mangkunagaran. Iki lho, aku duwe gambar kar. Coba kar iki tumpangna meja, nanging kowe padha marêpa ngalor, supaya ora bingung.

--- 36 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 10 dari 13
Dumukên dhisik, êndi Wuryantara.

Dalane mangalor têkan ngêndi (Wanagiri).

Têrus mangetan têkan ngêndi. (Jatisrana, Purwantara).

Saka Wanagiri mangalor têkan ngêndi. (Surakarta).

--- 37 ---

Bali, saka Wanagiri mangidul têkan ngêndi. (Baturêtna).

Lah kulon kuwi ana bumi kêslêmpit ana bawah Ngayogya, jênênge ngêndi. (Ngawèn).

Selagiri sapangulon kuwi sing jênêng Nglaroh. Wuryantara mangidul têkan Baturêtna, kuwi tanah Sêmbuyan. Lor Baturêtna sapangetan têkan Tirtamaya kuwi, tanah Wiraka. Wanagiri sapangetan, tanah Kaduwang. Kaliyasa mangetan kalêbu Matesih, iku Sukawati sisih kidul. Sakidul Matesih, kuwi Ănggabayan, kawadanane saiki ing Jumapala.

Bawah Mangkunagaran iku mung kabage dadi kabupatèn loro, sisih lor kabupatèn kutha Mangkunagaran, sisih kidul kabupatèn Wanagiri.

Bab kaananing bumi-bumi ing bawah Mangkunagaran.

Ing Wuryantara. Akèh padhase putih, bêcik, kêna digawe jobin, pot, kijing sapêpadhane.

Ing Baturêtna. Sisih kidul: pagunungan gamping, padha didhudhuki diusung mênyang Baturêtna, dikirimake marang liya panggonan mêtu sêpur. Sisih wetan: watune warna-warna, mulane ana kapanewon aran, Batuwarna. Watu mau sing cilik-cilik kêna digosok kanggo kalung, mata ali-ali, bênik, warnane ana sing biru, kuning, abang, wungu, kaya akik. Malah ing bawah Tirtamaya ana gunung sing isi têmbaga, tau dipêlik băngsa Jêpang.

--- 38 ---

Satêmêne bumi ing bawah Wanagiri akèh sing cêngkar, kênane ditanduri mung sabên rêndhêng. Ing pagunungan, alase ditanduri jati.

Beda karo bawah kabupatèn kutha Mangkunagaran: ana pabrike gula têbu ing Calamadu lan ing Tasikmadu. Sisih wetan ana pabrik kopi lan sêrat nanas, yaiku ing Majagêdhang. Ing Matesih bêcik bangêt tandurane pari.

Pangupajiwane wong-wong desa kajaba têtanèn, iya sok nyambutgawe manut bakal kaananing bumine kono. Kaya ta wong Wuryantara dhewe banjur anggarap barang padhas. Wong Manyaran gawe topèng saka kayu waru, malah akèh sing bisa gawe wayang. Wong bawah Tirtamaya bisa anggosok watu. Wong Jatisrana gawe barang pring: kurungan, caping sapêpadhane. Wong Matesih kulina ambathik, sapiturute.

15. Pablêngan.

Ing Pablêngan ana tuk mêtu saka sikiling gunung. Sing siji awujud banyu blêng, kêna dianggo ngadoni gawe gêndar. Sijine mêtu uwabe bisa mêmatèni. Sing gêdhe dhewe kuwi banyune asin lan angêt, diênggo adus dadi tămba lêlara warna-warna. Mulane ing kono banjur diyasani kulahan sawatara, kanggo adus. Malah saiki diêdêgi omah

--- 39 ---

pondhokan, sadhiyan wong têtămba sing prêlu nginêp.

Iki lho, urun-urun dalah gambare Pablêngan, anggitane Mas Tejasastra. Wacanên, têmbange kinanthi. Coba, kowe ngrêti apa ora.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 11 dari 13
Panginêpan ing Pablêngan.

Kinanthi

1. katêtangi tyas tumutur | tumingal tataning panti | rêspati papan patirtan | hotèl padusan sarwa sri | kang tirta angêt warata | wênèh ana ingkang asin ||

2. marmanta[22] pantês sinêbut | Pablêngan ubaling warih | nèng pèrèng tilasa arga | rèh kaondêran Matesih | kawadanan Karangpandhan | Mangkunagaran nagari ||

3. wêtuning tirta saking tuk | tinalang ing pipa wêsi | têkèng

--- 40 ---

kulah pasiraman | jroning kamar sarwa pèni | dene dayaning kang tirta | mêmulih lêsuning dhiri ||

4. sirna kang mêmala larut | linu pêgêl ngêrês pêrih | nirmala ilang sakala | kang kari mulyaning dhiri | siniram sarining tirta | tan beda usada jati ||

5. iring lèr têngêning gunung | ana tuk banyune asin | tinampan ing pipa tosan | tinutupan kran prêmati | wêtu tètèsing kang tirta | ngêntèni kang butuh prapti ||

6. têmbing keringing kang umbul | wisma winangun pandhapi | papaning kang arsa siram | lukar lan ngrasuk pisalin | dene sawurining wisma | ana tuk mawa gas kulsir ||

7. umob kang tirta mawantu | gandane sêngak kêpati | mambu walirang sêndawa | tan têbih jèjèr salarik | ana tuk kang tirta gêsang | mawa gas sirsêtop warih ||

8. manèh ana tuk tumimbul | mawa sodhah ingkang warih | sêgêr sumyah rasanira | kabèh iku jroning pêthi | wangun bênèt banon sela | tinembok jobin pasagi ||

9. iring lèr wetan nèng luhur | ana wisma sarwa asri | pasiraman jroning wisma | kagêm lamun Kangjêng Gusti | Mangkunagara ping sapta | cangkrama siram nêdhaki ||

10. tinon têpining marga gung | hotèl pasanggrahan asri | ngarêp wuri patamanan | pêpak ingkang sari-sari | rêsêp karênan tumingal | mring tata rakiting panti ||

--- 41 ---

16. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Kaping III lan Kaping IV.

Ana ing lincak èmpèring pandhapane, Sudarka andongèng karo Kadar mangkene:

Kangjêng gusti ping III kuwi iya wayah ping II, kayadene kangjêng gusti II wayah I.

Wiwit jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, taun 1834. Nalika iku yuswane 33 taun. Seda ing taun 1852.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 12 dari 13
Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma. Bupati patih ing Mangkunagaran taun 1936.

Critane sing prêlu-prêlu ora pati ana, jalaran nalika samana jaman têntrêm, ora ana gègèr. Kangjêng gusti mêmpêng ênggone ngasta pusaraning praja, anênangi marang para wirapraja, kudu ambangun watak kasudiran utawa kêkêndêlan. Kudu baud ulah gêgaman, bisa nunggang lan ngêrèh jaran. Bab pangrèhing praja, akèh owah-owahan anyar. Iya jaman kangjêng gusti kaping III kuwi anane pêpatih ing Mangkunagaran, ngêmudhèni paprentahan samasthine.

--- 42 ---

Têkan samono ênggone omong-omongan Kadar lan Sudarka, kêsaru têkane Marija, bocah wêton pamulangan ăngka 2, rêngêng-rêngêng karo nyangking dluwang cathêtan.

Kadar: Iki apa, nèh, Marija kok sajak mat-matan.

Marija: Wong lagi ngapalake gerongan. Sesuk sore ing kawadanan rak kalênengan, ta. Aku sakancaku rolas didhawuhi anggerong, gêndhinge Tarupala. Sing bawa dèn dêmang juru tulis.

Sudarka: Iya, iki bapak ora ana ngomah, rewang tata-tata ana kawadanan.

Kadar: Coba, Ja, munia, tak rungokna.

Marija: Ah, wong aku durung pati apal. Iki lho, cathêtane. Ayo ta, padha muni barêng.

Bawa: Pranasmara.

1. nèng Karangdhêmpêl lêledhang | Kyai Lurah Sêmar sapranakane | miyat kêbon-kêbon têgalan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwyanjogèd gênti-gênti ||

--- 43 ---

Katampèn gêndhing tarupala.

2. pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita ginawe langên | bêku bala madugănda | katon cêcangkokanira | lir podhang ingkang busana | golèkana sira-sira duwa | kapopoh wani toh jiwa ||

3. jêruk-jêruk kinalumpuk | ...

Kadar: Sing dhuwur kuwi apane.

Marija: Kuwi bawane. Bakale sadurunge gamêlan muni, dèn dêmang juru tulis bawa dhisik, banjur ditampani gêndhing Tarupala. Aku lan kănca-kănca banjur anggerong, unèn-unène kaya sing ngisore kuwi.

Sudarka: Kok apik. Apa kuwi anggitane dèn dêmang.

Marija: Dudu, iki pêthikan layang sêkar-sêkaran, anggitan dalêm kangjêng gusti Mangkunagara kaping IV.

Darka: Êlo, aku iya duwe apalan, têmbange Dhandhanggula, jare kuwi iya anggitan dalêm kaping IV, mangkene:

Kumbakarna kinèn mangsah jurit | mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane |

--- 44 ---

ing tekad datan purun | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||

Marija: Bênêr, kuwi pêthikan saka Tripama, iya anggitan dalêm kangjêng gusti kaping IV.

Kadar ora gêlêm kèri, calathune: Aku iya duwe apalan, ning êmbuh, anggitane sapa.

siswa prasamya langên ing jaba | padhang bulan ri sêdhêngirèng purnama | iku yogya mangenggar-enggaring driya ||

Marija: O, Kuwi sêndhon langênswara, gêndhinge Langêngita. Kuwi iya anggitan dalêm kangjêng gusti kaping IV.

Nalika kuwi ngiringaning pandhapa akèh wong lanang wadon padha ngrungokake ênggone bocah têlu mau padha têtêmbangan, nanging padha ora gêlêm ngetok, mundhak bocahe padha isin. Malah nalika Darka wiwit nêmbang Dhandhanggula, Pak Răngga iya wis têka mandhêg ngadêg ngrungokake.

Barêng Pak Răngga jumêdhul, bocahe padha pating jêgigik.

Pak Răngga: Wis bacutna, aja padha rikuhan.

--- 45 ---

17. Bacute ing Dhuwur.

Nalika samana wis bubar bêdhug awan, mangsane mangan. Bocah têlu padha diundangi mênyang pandhapa, diêjak mangan barêng karo Pak Răngga.

Sajrone mangan, disambi omong-omongan.

Pak Răngga: Kowe kok padha sugih apalan uran-uran, le.

Marija: Inggih, punika wau kok sami anggitan dalêm kangjêng gusti kaping IV.

Pak Răngga: Pancèn, kangjêng gusti kaping IV iku kêna diarani ratu pujăngga. Dhasare limpad ing budi, rêmên marsudi lan anggêgêsang kasusastran, lagon, gêndhing.

Kadar: Kangjêng gusti ingkang kaping IV punika jumênêngipun punapa dangu, Pak Răngga.

Pak Răngga: Jumênênge 28 taun. Wiwit têtêp Prangwadana taun 1853, seda ing taun Walănda 1881. Kangjêng gusti ping IV kuwi wayah kaping II. Saka putra-putri panggulu, sing didhaupake olèh Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya I. Wêkas-wêkasane kangjêng gusti ping IV kuwi anggarwa putrine pambajêng kangjêng gusti ping III. Dadi kajaba wayah, iya mantu.

Kadar: Cacriyosanipun malih punapa, Pak Răngga.

Pak Răngga: Wah akèh, kangjêng gusti ping IV iku iya ngudi

--- 46 ---

bangêt marang pamêtuning praja. Mulane karsa angadani panggaotan. Dhawuh nandur kopi. Ambarêngi măngsa kalane, kopi payu bangêt. Kaskayaning praja nganti kêna diarani ambaludag. Saka kaprayitnan dalêm kangjêng gusti, bokmanawa ana mêndhaning kopi, anaa pamêtu sing dijagakake manèh, banjur dhawuh nandur têbu. Ya kuwi wiwit anane pabrik gula ing Calamadu lan Tasikmadu. Malah sing kari dhewe, kangjêng gusti mundhut bumi yasan ing Samarang, aran pendrikan, kanggo tambak ngingu bandêng. (Ing saiki kari awujud loji-loji sewan).

Barêng bandhaning praja wiwit akèh, kangjêng gusti banjur ambangun tataning praja, kaya ta:

1. Bab kaprajuritan, muwuhi cacahing prajurit dharatan (inpantri=infanterie).

Prajurit jaranan (kapalêri = cavalerie).

Prajurit asikêp mariyêm (artilêri = artillerie).

Prajurit asikêp tumbak.

Kajaba kuwi uga andhawuhake pranatan, para sing arêp dadi narapraja, kudu nglakoni dadi prajurit dhisik.

2. Para narapraja utawa para priyayi sing nindakake pagawean nagara, dibage-bage dadi pirang-pirang golongan, kaya ta: golongan karta usaha, kuwi sing nyêkêl babagan dhuwit lan pangasilan. Sing prêlu tak kandhakake golongan panêkar, priyayine apangkat [a ...]

--- 47 ---

[... pangkat] mantri gunung, saiki disalini panèwu pangrèh praja. Panèwu gunung, saiki salin wadana pangrèh praja. Wadana gunung, saiki bupati anom utawa bupati.

3. Ambangun asrining praja. Ambêcikake dalan-dalan lan krêtêg-krêtêg. Akèh bangêt yêyasan anyar, kaya ta: muwuhi lan ambêcikake Pura Mangkunagaran, kantor-kantor. Ing desa-desa akèh sing diêdêgi pasanggrahan.

4. Anênangi kagunan, kasustran, mardawa lagu, gêndhing, kaya sing wis tak kandhakake mau. Yasa gamêlan, wayang madya. Tata-krama lan kasusilan iya diprêdi.

5. Putrane para santana lan anak-anake para priyayi, diyasakake pamulangan, dijênêngake pamulangan siswa.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, anggène jumênêng suwene 28 taun. Sedane disarèkake ing Girilayu.

18. Wilujêngan Măndhasiya.

Ing saantawisipun rêdi Cêmpurung kalihan rêdi Pringgadani, sami ing èrèng-èrèngipun rêdi Lawu, wontên dhusun nama Pancot. Kalêbêt ing jajahan kapanewon Tawangmangu.

--- 48 ---

Tatacara brêsih dhusun ing ngriku beda kalihan dhusun sanès. Ingkang dipun lêluri asmanipun ingkang martapa ing Pringgadani, sarta patilasanipun Prabu Baka ing Pancot. Dintên ingkang kangge wilujêngan inggih Anggara Kasih, milih dhumawah ing wuku Măndhasiya. Punika mêndhêt wukunipun sang tapa.

Ambênganipun awujud sêkul jagung, kalihan sawarnining têtêdhan ingkang asalipun jagung. Ubarampenipun mawi nyanggarakên brambang tuwin bawang pamêdaling dhusun ngriku, sarta nyiramakên badhèg wontên ing sela gilang. Menda sarta ayam ingkang kangge kurban, karayahakên dhatêng tiyang kathah, gêsang-gêsangan botên kapragat rumiyin. Mênggah dêdongèngipun kados ing ngandhap punika.

Kala ing jaman kina ing Pringgadani wontên tiyang linangkung anggêntur tapa, jêjuluk Puthut Têtuka. Sang tapa sinuyudan ing akathah, dados pandam pangauban. Nênuntun dhatêng pratikêlipun ngolah siti ing parêdèn, ngantos kalampahan dados loh. Têtiyang ngriku sami mungkul atêtanèn, têntrêm gêsangipun.

Kacariyos, ratu rasêksa ingkang nama Baka, ing sabên dintên tansah măngsa tiyang, damêl gègèripun têtiyang ing parêdèn. Aturipun têtiyang ingkang sami ngungsi dhatêng sang tapa, sang bagawan, mugi aparinga wêlas dhatêng karisakanipun têtiyang ing padhusunan. Pun Baka ingkang maambêk candhala, tansah damêl pêpêjah.

--- 49 ---

Yèn kowe suthik dadi mêmangsane buta, bêcik lumayua nyingkir, andhêlik.

Kula mlajêng dipun plêcit, umpêtan inggih dipun oncit-oncit.

Yèn mangkono, nyata buta golèk dhadhakan anjaluk ruwat. Wis padha sumingkira, dak sirnakne.

Kacariyos, Prabu Baka kalampahan manggih tiwas, prang tandhing kalihan sang tapa. Dhadhanipun kapancad, dipun pothol sirahipun, lajêng kabanting dhatêng ing sela gilang, sumyur dados sawalang-walang. Sasirnanipun Prabu Baka, wontên swara ingkang kapirêng: He, sakèhe wong pagunungan, dhèk uripku, mung tansah gawe piala marang kowe. Saiki aku mati, awèh warisan sing dadi pancêring pangupajiwamu. Siyungku dadi wiji bawang, untuku dadi wiji brambang. Mung bae sabên taun aku anjaluk kurban rupa kewan urip-uripan, lan ulu pamêtuning lêmah. Lan aja lali nyawisake ombèn-ombènku kang arupa badhèg.

Katêlah dumugi sapriki, têtiyang ing ngriku damêl sêdhêkah măndhasiyan, punika kangge mulyakakên tingalanipun wuku sang tapa. Panggenan pêjahipun Baka, kalantur nama dhusun Pancot. Mêndhêt saking: pangêncotipun sang tapa nalika mothol sirahipun Baka.

--- 50 ---

19. Pangupajiwa.

Kadar, Sudarka, Radèn Mas Timbul, Surip lan murid liya-liyane ana pamulangan panuju wulang gunêman, gurune takon: Bocah-bocah kuwi besuk padha kêpengin nyambutgawe apa.

Sudarka cukat amangsuli: Dados prajurit Mangkunagaran.

Guru: Patut, awakmu gothot, dêdêg pangadêgmu sêmbada. Mas Răngga, bapakmu, sugih sanak ana Sala. Sajrone kowe isih magang prajurit, gampang olèhmu pondhokan. Bocah liyane kapriye.

Barêng suwe ora olèh wangsulan, gurune tutur: Saka olèhmu durung anggagas bae, kêtlêtuh tansah diingoni wong tuwa. Rak iya digagas, besuk kowe kabèh kuwi rak iya kudu ngupajiwa, nyambutgawe golèk pangan.

Warna-warnaning pangupajiwa, satitèkna nèk kowe padha mênyang pasar. Ana wong sing adol pamêtuning têtanèn. Ana sing kulakan, didol manèh golèk bathi, bêbathène dadi tuking pangupajiwa, kêna dianggo nyampêdi uripe. Ana sing dadi jagal adol iwak. Ana sing dadi blantik pitik. Ana sing dadi bakul gêrèh, lurik, sêmbagi sapêpadhane. Ing pasar ana jinêman sing jaga katêntrêman, olèh blănja saka nagara. Ana sing dadi tukang nyapu. Ana sing dadi

--- 51 ---

buruh anggawakake barang dagangan, trêkadhang nganggo anggawa jaran momotan, grobag, andhong sapiturute.

Kabèh pagawean sing kaya mangkono kuwi pilihên. Êndi sing kok sênêngi, satitèkna lan sinaunên, nganti ing têmbe kowe bisa nyambutgawe kaya mangkono.

Ana pagawean sing bêcike kudu lantaran wêton pamulangan anu, anu. Aku rak ngrewangi mèlu mikir, satamatmu saka pamulangan kene, prayogane banjur mlêbu sakolah ngêndi.

Pangarêp-arêpku, kabèh bocah wêton pamulangan kene iki, padha ambacutna mlêbu pamulangan, pêrpolêh.

Nanging iya ana sing ora susah sakolah mrono, kaya ta Dèn Mas Timbul kuwi. Wiwit malêbu sakolah kene, aku wis rêmbugan karo kêng ramane: bêndara bèi panèwu. Satamate saka kene, banjur mênyang pamulangan sêkakêl, diwulang cara Walănda. Nuli mlêbu Milo, A.M.S. Nganti têkan pamulangan luhur.

Hara, saiki aku takon Si Bêsi. Jênênge bae: Bêsi, patute anak pandhe. Rak iya, ta.

Bêsi: Inggih.

Kadar nyambungi, garapanipun sae. Laris. Bapakipun dados tiyang cêkap.

Guru: Iya, Bêsi.

--- 52 ---

Bêsi: Inggih, nanging rumiyin. Sapunika botên patos pajêng. Damêlanipun bapak dipun wada kawon sae kalihan damêlanipun Mas Marta kilèn lèpèn.

Guru: Marta kulon kali kuwi iya bocah wêton pamulangan desa bae, nanging dhèwèke wis tau nyambutgawe ana kartisana. Lah saiki kowe: Bêsi, rasanana karo bapakmu. Tamat saka kene, kowe tak lêbokake pamulangan pêrpolêh. Besuk bisaa klêbu pamulangan patukangan (ambah sêkul) ing Calamadu, apa ing Tasikmadu, apa ambah sêkul guprêmèn ing Surakarta. Satamatmu saka kono, banjur ngrewangana bapakmu dadi pandhe, masthi pangupajiwamu bakal mumbul manèh. Tutura bapakmu, ya, Bêsi.

Bêsi: Matur nuwun, pak guru. Bokmanawi bapak rujuk sangêt.

Guru: Saiki kowe, Gabèr, bapakmu nyambutgawe apa.

Gabèr: Dados narakarya.

Kadar nyambungi: Sambènipun ngingah kambangan. Kala wau Gabèr ambêktakakên tigan satompo, badhe dipun sade êmbokipun dhatêng pêkên, Gabèr punika damêlipun ngulêg-ulêg mêri kemawon.

Guru: Iya, Bèr. Kowe dhêmên bèbèk.

Gabèr: Rêmên.

--- 53 ---

Guru: Wujudmu wis gêdhe, yèn prêlu kêna ora susah ambanjurake sakolah, bacutna ngingu bèbèk bae. Kuwi iya dadi pangupajiwa bêcik.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061): Citra 13 dari 13
Bèbèk sing kopèn.

Coba, tak petungake grambyangan pamêtune wong ngingu bèbèk. Kowe kuwat angon bèbèk 60. Watake bèbèk kuwi sêsasi têrus ngêndhog, sêsasi ora, dadi racake kowe sadina olèh êndhog 30. Êndhog siji tak gawe rêga 2 sèn, dadi 30 rêga 6 kêthip. Kanggo ragad ingon jagung, dhêdhak, 1 kêthip. Dadi kowe sadina rak duwe pamêtu satêngah rupiyah, sêsasi 15 rupiyah, mèh padha karo blanjaku.

Yèn kowe bisa nata uripmu, bisa ngingu bèbèk akèh, [a ...]

--- 54 ---

[... kèh,] duwe pangon pirang-pirang. Banjur ajar ngamal, mindhang. Golèk langganan sing tuku mênyang nagara. Nèk ngirimake nganggo prahoto. Hlah, rak kowe sasat duwe pabrik êndhog.

Kadar nyaut: Iya, Bèr. Kowe besuk dadia tuwan bêsar, aku trima dadi mandhormu.

Bocah-bocah padha gumuyu, sarta padha kêpranan ngrungokake tuture gurune.

Guru: Wis, cah, cêkake padha nyêtitèkna mênyang pasar, warna-warnaning pangupajiwa gagasên, êndi sing kok dhêmêni. Banjur padha dirêmbug bisane kalakon, nanging pamilihmu iya nganggoa nglaras karo panguripane wong tuwamu saiki.

20. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V.

Sore-sore Marija lan Kadar padha dolan mênyang omahe Sudarka, anake Pak Răngga kapala desa. Karêpe arêp ngrungokake cacritane sing jumênêng kaping V.

Bocah têlu padha dikon linggih ana ing lincak êpring ngisor kêtapang. Pak Răngga anjupuk dhingklik, dilinggihi ngadhêpake bocah-bocah kuwi.

--- 55 ---

Dhasar nalika samana wayah jam lima sore panuju têrangan, kapenak bangêt linggih ana ing latar, angine midit, gawe sêgêring awak.

Lagi gunêman sawatara, Radèn Mas Ngabèi Arjaputraka, panèwu pangrèh praja sing ambawahake kono: rawuh, mung mangagêm jas-jasan. Pak Rănggagita amêthukake , nyrêpèpèh-nyrêpèpèh katon bangêt angurmati, awit kajaba tamune iku panggêdhe, iya darah Mangkunagaran. Nitik sêsêbutane, apêse santana buyut. Dene bocah têlu mau iya banjur padha ngadêg ngapurancang, mire saka lincak palinggihane.

Pak Răngga: Kadingarèn dara bèi, sontên-sontên rawuh mriki.

Dara bèi: Mlaku-mlaku, Pak Răngga, wêruh latarmu rêsik gumrining, kêpengin mampir. Lah kuwi bocah-bocah apa. Lho, kae Si Marija, sing mèlu anggerong ana kawadanan dhèk kalênengan kae.

Marija: Nuwun inggih.

Pak Răngga: Ingkang satunggal punika pun Kadar, anakipun carik. Satunggalipun anakipun adalêm, pun Sudarka.

Dara bèi: Wis padha mêtu saka pamulangan.

Pak dêmang: Nuwun dèrèng, sawêg sami pangkat 3.

Dara bèi: Êlo, lah kok wis gêdhe-gêdhe têmên.

--- 56 ---

Pak Răngga: Nuwun, mlêbêtipun radi kasèp. Kajawi punika lare mlêbêt sakolah umur nêm taun punika, pamanggihipun adalêm taksih kêlêmbatên. Punapa malih manawi ngèngêti dhatêngipun pamulangan dadak malampah tiga kawan pal, wah minggah mandhap, punika mêsakakên larenipun.

Dara bèi: Pancèn, mungguhing pamulangan desa, prakara umur durung pati dikêncêngi. Beda karo pamulangan Walănda. Ora, Pak Răngga, bocah-bocah iki padha mung dolan bae, apa duwe prêlu.

Pak Răngga: Nuwun sami kêpengin mirêng kêkojahan jumênêngipun kangjêng gusti ingkang kaping V.

Dara bèi: We, lah, kêbênêran, aku tak mèlu ngrungokake.

Pak Răngga: Ah, panjênêngan dalêm kêkirangan punapa.

Anggone matur kaya mangkono kuwi, Pak Răngga karo anjupuk kursi, kanggo palênggahane dara bèi.

Dara bèi: Wis linggiha, Pak Răngga. Karo kowe, le, padha linggiha ing lincak sakêpenake bae. Bênêr, le, Sok takon-takona marang Pak Răngga. Pak Răngga kuwi ahli carita, saya yèn ngandhakake sarasilah, aku nganti gumun apile.

Pak Răngga: Wa, iyah, inggih botên dara bèi. Wontênipun adalêm sagêd cariyos punika, angsal tilaran [tilar ...]

--- 57 ---

[... an] cathêtan saking Dara Bèi Arjapadmaya, nalika ngasta wadana wontên Wuryantara rumiyin. Punika kalêrês raka punapa rayi kalihan panjênêngan dalêm.

Dara bèi: Bapa paman. Dhèk dadi kaptin biyèn asmane Radèn Mas Panji Prawirapadmaya. Wis, Pak Răngga, apa sing arêp kocritakake.

Pak Răngga: Nuwun, kangjêng gusti ingkang jumênêng kaping V. Nanging namung mêndhêt saprêlunipun kemawon, supados gampil cumanthèlipun dhatêng lare-lare punika.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V punika ngasta pusaraning praja ing taun Walandi 1881 dumugi taun 1896. Putra kaping IV pambajêng sugêng, patutan saking garwa, putri kaping III, dados kangjêng gusti kaping V punika inggih wayah kaping III.

Panggalihanipun Kangjêng Gusti V punika sarwa lila lêgawa, asih trêsna dhatêng para wadu wandawa, nglubèrakên kasênêngan dhatêng sadhengaha. Mila tansah mangun suka parisuka, karsanipun anggêgêsang kabudayan Jawi, babagan mardawalagu, gêndhing saha jogèd, mila inggih angadani ringgit tiyang, langêndriyan.

Dara bèi: Kae le, langêndriyan critane Menakjingga, Damarwulan, Dayun. Nèk wayang uwong, kowe wis kêrêp wêruh, saiki kanggo tontonan barangan.

Pak Răngga: Nyarêngi kalamasanipun, tanêman kopi sami risak, amargi sitinipun kêrèt, sawêg jumênêng sadasa taun, [ta ...]

--- 58 ---

[... un,] bandhaning praja têlas, ngantos kangjêng guprêmèn lajêng tumut campur, damêl pangiridan, kathah para narapraja ingkang dipun kèndêli, utawi kasuda blanjanipun. Ing sawatawis măngsa, lêbêt wêdaling arta nagari, sumampir wontên ing kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Pangastaning praja dumugi 15 taun, kangjêng gusti kaping V murud dhatêng jaman kalanggêngan, kasarèkakên wontên ing Girilayu.

Têkan samono, ana abdi ing kapanewon, têka, ditêmoni Pak Răngga banjur matur: Panjênêngan dalêm dipun aturi kondur rayi dalêm, wontên tamu saking Sala.

Dara bèi: We, lah, ya uwis Pak Răngga, tak mulih, tutugna gonmu padha linggihan.

21. Maling.

Si Salamun, murid ing pamulangan Sêndhang, bawah Wanagiri, mlêbu sakolah katon pêtêng ulate, tăndha yèn sêdhih. Kănca-kancane padha nyawang, ora ana sing wani aruh-aruh, sêmune bela mèlu prihatin. Gurune mêtu ing èmpèr, nakoni Si Salamun. Bocah-bocah banjur padha mara angrubung.

Guru: Kapriye bapakmu, Mun.

--- 59 ---

Salamun: Punika wau dipun tandhu, kabêkta dhatêng Wanagiri.

Guru: Sing tatu apane.

Salamun: Pundhakipun.

Guru: Aku mau bêngi barêng krungu ramening kênthongan, iya banjur tandang. Wêruh-wêruh ngomahmu wis akèh uwong. Malinge isih anjrêbabah ana nglatar. Bapakmu dirompa-rompa dilinggihake ana ngambèn, sêmune ora eling. Kapriye, ta, mau-maune.

Salamun: Anggèn kula tilêm nunggil saambèn kalihan bapak. Wanci têngah dalu kula nglilir, mirêng gumêrèting pêthi ing sênthong kados kabikak ing tiyang. Bapak kula gigah alon-alon. Mêlèk anilingakên swara. Ing jawi kêpirêng swara kêthêmêk-kêthêmêk. Bapak ambisiki kula kapurih kèndêl kemawon. Bapak tangi mêndhêt galih asêm. Mêjahi dilah lajêng ngêngakakên kontên, sêblak, sanalika dipun ancarani pênthung pandung ingkang andhêdhêp pipining kori.

Rèhne ing griya pêtêng, mila wênganing kontên, bapak sagêd pramana ningali ing jawi. Dhawahing pênthung, bapak wangsul mundur sakêdhik. Pênthung ngengingi kontên gumrobyag.

Sanalika bapak cukat mlumpat, nubruk pandungipun, dipun rukêt coplok udhêngipun. Jêbul salêbêting griya sampun wontên pandung satunggalipun. Punika mêdal ngancap bapak [ba ...]

--- 60 ---

[... pak] saking wingking, pundhakipun kenging pangot ngantos godrès êrah. Nanging bapak inggih nyabêtakên galihipun asêm mawingking. Pandung kenging garêsipun andheprok. Angkahipun bapak badhe dipun sikêp saha kabănda, nanging pun pandung kêmlawe taksih badhe namakakên pangotipun, dipun sabêt kalihan galih asêm. Pangotipun mancêlat, galih asêm kêlajêng ngengingi pilingan, sanalika pandungipun anjungkêl tanpa sambat.

Guru: Lah maling sijine kapriye.

Salamun: Rahayunipun lajêng mlajêng anggêndring. Amargi wiwit gumrobyaging kori kadhawahan pênthung, pun êmbok lajêng anjêrit tulung-tulung. Adhi kula ingkang taksih sêsêpan saha ingkang sapihan, inggih sami jêrit-jêrit, ramenipun botên kantênan, bokmanawi kajawi kagèt, inggih sami ajrih dilahipun pêjah.

Slamêt nyêlani takon: Lah kowe kapriye, Mun.

Salamun: Rumangsaku ora wêdi, ning ya êmbuh, ta, sirku mèlu tulung-tulung, nanging kok swaraku kaya ora mêtu.

Kula lajêng nyumêd dilah. Nalika punika tăngga têpalih, sampun kathah ingkang dhatêng. Wontên swara blag-blêg, punapa bapak taksih campuh kalihan pandung, punapa pandungipun dipun kroyok tiyang kathah, kula ribut ngaring-aringi adhi ingkang sami nangis.

--- 61 ---

Bapak dipun lêbêtakên ing griya, sêmaput jalaran kathah wêdaling êrah, nanging enjing punika wau sampun botên punapa-punapa, malah tatunipun sampun dipun balêbêd pèl pulisi.

Dene pandungipun sapriki dèrèng èngêt, sampun kados pêjah, kantun ambêkanipun taksih.

Slamêt: Malinge sijine kapriye, ya.

Guru: Kira-kira gampang kêcêkêle. Samăngsa maling sing mèh mati kuwi wis bisa caturan, rak kêna ditakoni sapa kancane. Orane ikête sing kari kuwi rak dadi titik. Ikête rak isih, ta, Mun.

Salamun: Kala wau kok dipun bêkta dèn bèi mantri pulisi.

Guru: Lah iya, kuwi dadi bukti anggampangake pulisi golèk katrangan.

Slamêt: Ngatên punika ingkang pados katrangan kok pulisi, dede panèwu utawi wadana.

Guru: Hlah kuwi... Mêngko dhisik, ta, iki wis jam, padha mlêbua, mêngko tak kandhani.

 


§ ing rat, jagad. (kembali)
§ seda. (kembali)
§ gunung. (kembali)
§ nêngsêmake. (kembali)
§ srêngenge. (kembali)
§ pangèstu. (kembali)
§ miwiti. (kembali)
§ katon. (kembali)
§ omah. (kembali)
10 sapi. (kembali)
11 § panganggiting ati. (kembali)
12 § kagèt. (kembali)
13 § banyu. (kembali)
14 § misuwur. (kembali)
15 § kabèh. (kembali)
16 § lan. (kembali)
17 § pantês. (kembali)
18 § alum. (kembali)
19 § sorot. (kembali)
20 § susah. (kembali)
21 pamulangan. (kembali)
22 § mulane. (kembali)