Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126)

Judul
Sambungan
1. Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 001–061). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 14-05-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

22. Paprentahan.

Guru rumăngsa bungah, pinuju wulangan pagunêman, olèh bab sing dadi rêmbug. Sawise nyathêti bocah sing mlêbu lan ora mlêbu, banjur wiwit.

--- 62 ---

Guru: Katrangane maling ing omahe Salamun iku loro. Mlêbune ing omah ambabah. O, lah iya Mun, babahane ana sisih ngêndi.

Salamun: Wontên kilèn kontên.

Guru: Sing siji mlêbu ngomah, sijine anjaga ing jaba.

Saupama malinge kuwi akèh, rudapaksa andhodhog lawang arêp ngrêbut bandhane Salamun, jênênge apa, Slamêt.

Slamêt: Kècu, utawi kampak.

Guru: Ngècu, ngampak, ambegal, ngutil, nyêbrot, kowe wis padha ngrêti têgêse. Coba padha digagas. Dhèk biyèn sadurunge ana praja, uripe wong-wong desa saiba rêkasane. Lire, wong-wong padha srêgêp nyambutgawe, turahe sing dipangan, digêmèni dicèlèngi, diênggo nyandhang, dianggo tuku barang sing disênêngi. Barêng wis nglumpuk, banjur dirêbut wong liya, êmbuh sarana dikècu, dibegal sapiturute, gèk sing nulungi sapa.

Si begal utawa si kècu, lagi bungah-bungah sugih barang olèhe ngrêbut, liya dina dirêbut gêntèn karo wong seje sing luwih akèh lan kuwasa, yèn sakira timbang banjur pêpêrangan.

Slamêt banjur nyandhak, calathune: Wah, manawi makatên inggih rêsah sangêt. Bêgjanipun ingkang rosa, cilakanipun [cilaka ...]

--- 63 ---

[... nipun] ingkang ringkih. Ingkang rosa lajêng siya-siya, sawênang-wênang lan botên adil.

Guru: Lah, mulane praja banjur gawe paprentahan. Awujud pirang-pirang golongan, sing baku golongan: pangrèh praja.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 1 dari 17
Dalêm kabupatèn ing Wanagiri.

Sabawah Wanagiri panggêdhening pangrèh praja priyayi apangkat bupati, biyèn dikanthèni priyayi Walănda, apangkat kontrolir utawa asistèn residhèn.

Kabupatèn kuwi dibage dadi limang kawadanan, yaiku kawadanan Wanagiri dhewe, Wuryantara, Baturêtna, Jatisrana lan Purwantara, panggêdhene apangkat wadana pangrèh praja.

--- 64 ---

Sabên kawadanan dibage-bage dadi kapanewon, kaya ta kapanewon Nguntaranadi, panggêdhene apangkat panèwu pangrèh praja.

Panèwu pangrèh praja ambawahake para lurah kapala desa.

Iya priyayi pangrèh praja kuwi sing nata, ngrêksa uripe kănca padesan, padha srêgêpa nyambutgawe, têntrêma uripe aja ana sing agru-agru. Ing desa-desa digawekake dalan, kali-kali dikrêtêg, bocah-bocah diprêdi sakolah. Mulane iya gawe undhang lan anggêr-anggêr, aja ana wong colong jupuk, tukar padu, ngrusuhi uripe wong liya. Yèn ana sing padha nrajang pêpacak, digantungi paukuman. Wose para pangrèh praja iku prasasat dadi bapa babune wong padesan kabèh.

Rèhne priyayi pangrèh praja iku akèh bangêt kawajibane, samăngsa ana palanggaran, tukar padu, maling sapêpadhane, panguruse dipasrahake marang golongan pulisi.

Manawa panguruse pulisi wis cêtha, ukumane wong sing dosa, tumrap tukar padu êndi sing bênêr, êndi sing luput, putusane disrahake marang pangadilan.

Ing sisih iki gambar kantor landrad ing Wanagiri, panggonan ngadili prakara, nibakake paukuman dhêndha utawa kunjara. [kunja ...]

--- 65 ---

[... ra.] Panggêdhene apangkat presidhèn landrad, sor-sorane priyayi Jawa apangkat jaksa.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 2 dari 17
Kantor landrad ing Wanagiri.

23. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

Sapungkure Radèn Mas Ngabèi Arja Putraka, Pak Răngga ambanjurake critane marang Marija, Kadar lan Sudarka. Têmbunge:

Kangjêng gusti ping VI kuwi rayi tumuli karo kangjêng gusti ping V. Dadi iya putra kaping IV lan iya wayah kaping III.

Jumênêng ngasta pusaraning praja wiwit ing taun Walănda 1896 têkan 1916.

--- 66 ---

Sadurunge jumênêng, misuwur wong agung sing wêkêl ing damêl, gêmi nastiti ngati-ati, mêngkêrake kabèh kabingahan. Mulane barêng wiwit ngasta pusaraning praja, iya banjur damêl tatanan anggêmèni bandhaning nagara. Kangjêng guprêmèn iya banjur pasrah bab panyêpênging arta.

Tanduran kopi sing wis kêrèt lêmahe, dirombab[1] digawe bumi pamajêgan.

Ambucal kabèh tindak kaborosan.

Wêtuning dhuwit diirid mawa kawicaksanan.

Cêkake jumênêng pitung taun, praja wis duwe simpênan băndha sawêlas yuta rupiyah, lan andhungan panjaganing pakewuh, rong yuta rupiyah.

Wiwit nalika iku kangjêng gusti kaparêng ngundhaki blanjane para narapraja. Cacahing prajurit disuda, nanging ditata cara kaprajuritan têmênan. Blanjane iya padha diundhaki, ana sing nganti dadi tikêl loro uta[2] têlu. Kangjêng gusti damêl tatanan balanjane para santana.

Wong-wong ing Mangkunagaran, gêdhe cilik, padha bungah atine, padha ngrêti marang karsane kangjêng gusti. Maune padha kêkês, praja Mangkunagaran katon nyênyêt. Prasasat ora ana sabawane wong sopyan-sopyan, kajaba mung pambrêngkuting wong nyambutgawe, paprentahane kangjêng gusti: kêncêng, têtêp, bêbasan nganti ora kêna wong mèngèng. Nanging adil. [a ...]

--- 67 ---

[... dil.] Bapang bandhaning praja wis akèh, sing jumênêng ora owêl ngêdalake kanggo kabutuhaning ngakèh. Mula wêkasane iya mung dadi pangalêman.

Kabèh tataning praja, diowahi manut obahing jaman, kaya ta: rèhne ing ngêndi-êndi wis akèh bocah wadon dhêmên sakolah, Mangkunagaran iya banjur ngêdêgake pamulangan Siswarini. Pamulangan-pamulangan Jawa ăngka I wiwit mawa wulangan cara Lănda, pamulangan siswa ing Mangkunagaran iya banjur didakeke[3] H.I.S.

Malah bab tatacara lan tatakrama, kangjêng gusti iya kaparêng ngowahi, dilarasake karo obahing jaman, malah mungguh sing lumrahe diarani jaman kamajuan, tatanan Mangkunagaran kêpara andhisiki. Kaya ta:

Wiwit anane priyayi-priyayi padha gundhul. Kangjêng gusti dhewe ngrumiyini paras.

Tanduking kaurmatan marang para panggêdhe, ditata aja nganti gawe rêkasane kănca ngisor bangêt-bangêt. Nyêmbah mung kari ping pindho. Kêpêthuk priyagung luhur ana ing dêdalan, ora susah andhodhok. Cara ngadhêp ngalesod, ilang. Priyayi-priyayi sing nyambutgawe ana kantoran, padha kursèn.

Wêkasaning critaku, bocah-bocah saking pamindênge kangjêng gusti ngasta pusaraning praja, yuswa 61 taun rumao-

--- 68 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 3 dari 17
H.I.S. Mangkunagaran.

--- 69 ---

s sayah, banjur sèlèh kaprabon, adêdalêm ana Surabaya, seda ing taun 1928, disarèkake ana astana Utara, saêlor kutha Surakarta cakêt.

24. Pamulangan.

Kadar: Ja, Ja, Marija, kowe kuwi wêton pamulangan ăngka 2, 9. Saiki sakolahanmu kuwi kok jênênge pamulangan sambungan utawa pêrpolêh.

Marija: Iya mangkono. Biyèn pamulangan ăngka 2, kuwi limang klas. Satamatku saka pamulangan desa, mlêbu mênyang pamulangan ăngka 2, anjujug pangkat papat, sinau rong taun banjur tamat.

Kadar: Nèk tak gagas, pamulangan sambungan kuwi anèh, klase mung loro, kok jênênge pangkat 4, pangkat 5, ora pangkat 1, pangkat 2.

Marija: Rak iya wis turut, ta, wong nyatane sing mlêbu mrono kuwi tilas bocah pangkat 3.

Kadar: Dèn pambantu juru tulis kae jare wêton H.I.S.

Marija: Mulane bisa cara Lănda.

Kadar: Saiki kok akèh têmên warna-warnaning pamulangan, [pamulang ...]

--- 70 ---

[... an,] nganti aku sok ora ngrêti. Kabèh kuwi sing mragadi sapa, ya.

Marija: Lah mangkene, biyèn-biyène dhèk kangjêng guprêmèn karsa ngajokake wong Jawa, sabên kawadanan lan kapanewon padha diêdêgi pamulangan ăngka 2, kutha sing gêdhe diêdêgi H.I.S.

Wiwit kangjêng gusti kaping IV, praja Mangkunagaran iya mèlu ngêdêgake pamulangan. Anane pamulangan desa kuwi wiwit sajumênêng dalêm kaping VII iki.

Kajaba iku kangjêng guprêmèn iya yasa pamulangan calon guru, pamulangan patukangan, pamulangan têtanèn sapanunggalane.

Kadar: Sing prêlu tak takokake, aku iki besuk playuku mênyang êndi, têgêse yèn aku wis tamat saka pamulangan desa, bisa sakolah mênyang ngêndi manèh.

Marija: Sing adhakan iya mênyang pamulangan sambungan. Saka kono mênyang pamulangan patukangan, pasinaon calon guru desa...

Kowe kuwi jare bocah pintêr, wah bapakmu cukup, bok iya mlêbu sakolah sêkakêl bae. Ing kono nganggo pangajaran basa Walănda, suwene limang taun. Wêton sakolah sêkakêl kuwi padha bae karo

--- 71 ---

wêton H.I.S., besuk bisa ambanjurake mlêbu Milo, lan sakolahan liyane manèh.

Bêcike wiwit saiki bapakmu konên rêmbugan karo mas guru, kapriye kêpenake sakolahmu ing besuk.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 4 dari 17
Pamulangan desa.

Kadar: Lah kowe dhewe kapriye, Ja.

Marija: Pancène aku biyèn kêpengin malêbu sakolah patukangan ing Tasikmadu, malah aku wis tau mrana, dhêmên aku nonton murid-murid ênggone sinau anggarap barang wêsi lan barang kayu.

Nanging sarèhne bapak wis tuwa, anake lanang mung aku dhewe bakyu-bakyu wis padha mêntas, ana sing laki carik, mandhor, dagang sapi. Karêpe si êmbok, aku dikon ana ngomah bae, ngrewang-ngrewangi bapak.

Kadar: O, dadi kowe trima dadi tani bae, ta.

--- 72 ---

Marija: Ngapaa ora trima. Nanging aku kowe padha bocah sakolahan, gampang golèk sambèn, apa bêbakulan, gêgawean. Măngsa kuranga, anggêre padha gêlêm tumandang ing gawe. Nanging kowe wêruh dhewe, sambènku besuk apa, hara.

Kadar: O, dadi dhalang, dhalang.

Marija: Ora kok kudu dhalang bae mangkono, iya mèlu-mèlu nabuh dadi niyaga. Aku wis olèh rêmbug, Besuk nèk gaplèkku kae payu, aku arêp ditukokake gambang karo bapak.

25. Gêsang Sadintên-dintên.

Wanci têngange Bok Wăngsa dhatêng griyanipun Bok Jaya, nêmbung nyambut uwos kalihan ambrêbês mili.

Bok Jaya: Kapriye, ta, kowe kuwi, bubar panèn galethak, jêbul nrètèg golèk utangan bêras. Iya bênêr kowe ora tau anggawa mulih pari ing sawahmu, mung wae parimu bawon rak isih.

Bok Wăngsa: Bok ayu, bawon sakêdhik kalih kêdhik, diklêmpakake, êmpun disade kangge bayar paos.

--- 73 ---

Bok Jaya: Lah bojomu kêrêp nyambutgawe ana pacinan, kuwi dhuwite mênyang êndi.

Bok Wăngsa: Bapake gêndhuk niku êmpun kêcêmplung gantosan. Sambutane dhèk gadhah damêl siyin nika botên wagêd nyaur, dadose nyaur bau.

Bok Jaya: Jênèh, wong duwe gawe wae ora duga-duga, ora ditakêr karo awake.

Nanging ora nutuh, dhing. Aku dhewe iya wis tau nglakoni rêkasa, yakuwi sawise ngadêg omah iki. Wah, lah kuwi, dhi, nganti têlung taun ênggonku nandhang kacingkrangan, sawahku disewakake kakangmu rong oyod, kanggo tuku balungan. Nanging iya ana bêcike, olèhku ajar gêmi, iya sajrone aku nglakoni kêkurangan mau.

Kakangmu srêgêp ngopèni pakarangan. Pangan ing sadina-dina sasat mung saka pamêtuning pakarangan. Sabên pasaran aku bisa adol krambil, kluwih, sok grèsèk-grèsèk adol godhong gêdhang. Iya ora kurang rêkasa, pêpayone mung cukup kanggo mangan bae, ora sêdhêng kanggo kalumrahan, iya tak rewangi mêmpên. Têkaning măngsa anakmu bayar sakolah, sok grobyagan nganti kasèp bisane nganakake.

Bok Wăngsa: Nèk bayaran sakolah ngotên, radi [ra ...]

--- 74 ---

[... di] kenging disêmadosi. Sarêng tarikan paos, bakyu. Nèk pakne gêndhuk êmpun tampi timbalan saking kapanèwon, pêngkêrad-pêngkêrêd saking ajrihe.

Bok Jaya: Nèk ngèlingi kèhing pajêg, kajaba pajêg bumi, imbuh pajêg kêpala rong rupiyah, ambayar kropyok pancèn rêkasa, nanging nagara iya wis paring palimarma, kêna nicil. Karodene manèh kèhing pajêg kuwi rak wis nganggo petungan. Wong sing pamêtune samene, kudu ngèngèhake sabagean cilik kanggo pajêg, wis jênêng murah lan adil, witikna wragad adêging praja kapriye.

Mulane sajrone sawahe kakangmu disewakake, kakangmu kêrêp mèlu glidhig nyambutgawe ana ratan. Buruhane dicèlèngi sadhiyan pajêt.[4]

Bok Wăngsa: Sak niki sêmune bakyu êmpun ayêm.

Bok Jaya: Iya saayêm-ayême, nanging ora pêdhot pangati-atiku. Kaya ta:

Panèn anyar iki pariku tak êdoli, sadhiyan pajêg lan bayaran sakolah. Malah aku duwe turahan arêp kanggo tuku sandhangan, dandan-dandan sapêpadhane.

Ngèngèhake pari sathithik kanggo sêlingan gaplèk, dipangan.

Hlah panèn pohung dhèk kêtiga kêpungkur iki, tak gaplèk kanggo tandhon pangan. Upama pari ora mêtu, aja nganti [nga ...]

--- 75 ---

[... nti] ora ana sing dipangan, ta, dhi. Lah kae, lho, gaplèkku isih akèh.

Mulane olèhmu nêmbung nyilih bêras mau, aku mung bisa mènèhi sapisan iki. Sesuk-sesuk nèk ora ana sing kok pangan, aku rila bae kok silihi, ning iya mung gaplèk.

Bok Wăngsa: Ênggih, nuwun bakyu. Witikna nèk botên ontên sing ditêdha, ajêng napa.

Êmpun ênggih, bakyu, kêsêlak bêthak. Mêngke nèk pakne gêndhuk dhatêng, botên ontên sing dipangan, mêsakake.

Bok Jaya: Iya, dhi. E iki mau aku ngundhuh gêdhang tundhunane gêdhe. Ênya, tak wènèhi salirang.

26. Panjaganing Kawarasan.

Marija: Saka ngêndi, Dar.

Kadar: Saka kalurahan.

Marija: Êlo, lah kok adhimu prêmbah-prêmbah.

Kadar: Mêntas dicacar, yakuwi, ana-ana bae. Anggêr dèn dêmang cacar rawuh, wong-wong padha digiringi mênyang kalurahan, prêlune dicacari. Ana wong waras-waras têka padha ditatoni.

--- 76 ---

Marija: Êlo, aku gumun, kowe kăndha kaya ngono, durung ngrêti paedahe cacaran, nèk mêngkono, kowe dhewe rak iya dicacar, ta.

Kadar katon kagèt, ing batin rada isin, diarani ora ngrêti bab cacaran sing wis ngêmbra ing padesan. Ewadene sarèhne lawanane gunêman bocah wêton pamulangan ăngka 2, isine banjur ora katon, malah niyat arêp takon. Têmbunge: Kandhane bapak, aku wis dicacar ping pindho. Sing dhisik aku ora kèlingan, sing kèri dhèk aku pangkat siji. Lah kok nganti bola-bali kuwi, sing aku ora ngrêti, dalah simbok bapak, wis padha tuwa, kok mêksa dicacar manèh.

Marija: Kowe rak ngrêti, dicacar kuwi dilêboni wiji cacar, prêlune dadi panulake lara cacar. Wong lara cacarên kuwi rêkasa bangêt, awake panas, badan sakojur mêtu pating parêntul ngêmu nanah, banjur mêcah. Tilase tatu, nèk ana rai, marakake burik. Yèn cêdhak mripat, bi[5] marakake picak. Lah wiji cacar mau nèk wis nêm taun, ilang dayane, mula pancène mono wong-wong kuwi pêndhak nêm taun, kudu dicacar.

Kadar: Tur tanpa ambayar, rak iya ta, Marija. Andèkna wong-wong kuwi sok padha ngrêsula.

Marija: Kuwi rak mung saka durung ngrêti bae. Besuk yèn [yè ...]

--- 77 ---

[... n] wong-wong kuwi wis mratah padha sakolah kaya aku kowe, bêbasan ora susah dipêcut, masdhi[6] padha ngandhang dhewe.

Satêmêne pancèn ora kêndhat panjaganing praja marang kawulane, amrih padha bagas kawarasan, kaya ta:

Padha dicacari kaya sing wis dicritakake mau.

Diserum aja nganti kêtrajang lara kolerah, tipus sapadhane.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 5 dari 17
Poliklinik ing kutha Mangkunagaran.

Ênggone wong-wong padha omah-omah diprêdi rêsikane: sabên pomahan kudu ana kakuse. Wuwuh digawèkake luwangan, sabên-sabên diobong, ngiras kanggo [kang ...]

--- 78 ---

[... go] rabuk. Pacêrèn-pacêrèn digawèkake ilèn-ilèn.

Mèh sabên kapanewon ana poliklinike, yaiku papan kanggo nambani wong sing padha lara. Sabên-sabên dhoktêr nêkani mrono.

Kadar: Si Darwa kae lara pathèkên, diserum sapisan bae, bablas.

Marija: Kowe wêruha, ing kutha Surakarta, poliklinike gêdhe, sabên dina ana dhoktêre, malah nganti loro utawa têlu. Kèhe wong têtămba, aja takon, akèh bangêt.

27. Radèn Wrêkudara.

Marija pancèn dhêmên wayang, ênggone kêklumpuk wayang dluwang, rada pêpak, diwadhahi kothakan. sore-sore Marija linggih sila tumpang ngadhêpake gêdhèg ing pandhapa, kaya caraning dhalang ngadhêpake kêlir. Tangane kiwa nyêmpala kothakan, tangane têngên nancêpake wayang: Radèn Wrêkudara, cangkême andrêmimil nirokake pocapaning dhalang.

Wau ta, satriya ing Jodhipati mundur saking ngarsanipun ingkang raka Maha Prabu Puntadewa, enggal ngrasuk busana. Apa busanane: [bu ...]

--- 79 ---

[... sanane:] gêlung winangkara, èndhèk ngarêp, dhuwur buri. Pupuk mas ciri ing bathuk, sumping kancana pinindha jaroting asêm, tinumpangan sêngkar[7] pudhak putih, kalung nagabănda, anting rineka manggis, ginubah katut kêndhagane, binggêl că-

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 6 dari 17
Radèn Wrêkudara.

--- 80 ---

ndra kirana, kuku păncanaka salancur sisih, cawêt wastra polèng bang bintulu lêlima, paningsêt cindhe binara, binêlah numpang wêntis kanan kering, porong wastra, kroncong pindha awak sarpa amamăngsa, kancana ingkang kinarya.

Ciptaning driya Radèn Bratasena, sadaya busanane kinarya pasêmon. Pêngèngêt-èngêt wêjanging guru, tuwin kinarya pikukuhing pambêkane.

Gêlung winangkara, èndhèk ngarêp, dhuwur buri, kenging dipun wastani jalma patrap, kang bêcik dibêciki, kang ala diwanèni.

Mila ngangge pupuk mas ciri ing bathuk, nora nana kang winawas namung cahya salêbêting manjing ing garbane Hyang Dewaruci.

Sumping kancana pinindha jaroting asêm, Bratasena budine ngrawit kaya jaroting asêm, pintêr api balilu.

Mila sumping sêkar pudhak putih, yèn wangi jaba, iya wangi jêrone.

Mila anting kêlatbau rineka manggis, ginubah katut têkan kandhagane, ing têmbe praptaning wêkasan, Bratasena tan ana ingkang kari.

Mila kalung nagabănda, naga ratuning sarpa, bănda têtalining sarira, Bratasena karosane nimbangi kruraning naga, punagi yèn băndayuda datan watak kalah, kalahe mati.

Babinggêl căndrakirana, căndra wulan, kirana tulis.

--- 81 ---

Bratasena dènnya anggêguru tanpa papan tulis, trang kadya wulan purnama.

Kuku păncanaka salancur sisih, kuku lêlandhêp, pănca lima, Bratasena angungkabi kabisan, tuwin minăngka pikukuhe kadang gangsal.

Mila cawêt polèng bang bintulu lêlima, sumingkir ing nêpsune gangsal.

Mila paningsêt cindhe bara binêlah numpang wêntis kanan kering, bisa ambedakake dununging panêmbah marang dewane.

Porong wastra, Bratasena wus amot sajêmbaring jagade.

Kakroncong naga mulêd pada, kinarya pangèngêt sagêde manjing samodra sasirnaning naga ingkang anggubêd angganing Bratasena.

Mangkana satriya ing Munggulpawênang yèn arsa lumampah datanpa wadya amung bajra sindhung riwut, ambabênêr karya marga, Bratasena yèn lumaku tanpa menggok, sanajan anjujur arga tinênggêl, yèn lumampah mung malumpat.

Wau ta Bratasena arsa lumampah amatêk aji jalasêngara, wungkalbênêr tuwin aji bandung băndawasa, mijil prabawa maruta, kumpul bayu sami lumampah, bayu ingkang kuning ingkang andarbèni Bagawan Maenaka, lêlima anunggal bayu, dene bayu ingkang ijo ingkang andarbèni liman Satubănda, [Satu ...]

--- 82 ---

[... bănda,] bayu kang abang ingkang andarbèni wil Jajahwrêka, bayu ingkang irêng ingkang andarbèni satriya ing Munggulpawênang, bayu ingkang pêthak ingkang andarbèni Bagawan Kapiwara, lêlima sami nunggal bayu, sampun ngumpul dadya sawiji, sangsaya agêng wêdale prabawa maruta, sindhung aliwawar, lesus anarajang kayu, ingkang jêro pancêre pokah, ingkang cêthèk pancêre samya rungkat, padhang dadya marga padha sanalika, inggal lumumpat Radèn Bratasena, kêbat kadya kilat, kêsit kaya thathit.

Dhrodhug, ...

Têkan samono, Marija nolih, wêruh bocah: Kadar lan Sudarka, wis andhodhok ing burine.

Marija: O, iya, sêmayan arêp sowan Pak Răngga, mèh lali, rak sida, ta.

Kadar: Sida. Lah iki wis diparani Sudarka. Tutugêna olèhmu andhalang dhisik, ta. Aku sênêng ngrungokake crita watakaning Wrêkudara. Kuwi lho, sing kok unèkake: sing bêcik dibêciki, sing ala diwanèni.

Marija: Patut, wong kowe arêp dadi prajurit. Patut duwea atèn-atèn kaya mangkono. Nèk aku dhêmên olèhe santosa budine. Yèn duwe karêp ora uwis-uwis nèk durung klakon. Aku tau [ta ...]

--- 83 ---

[... u] nonton lakon Dewaruci. Radèn Wrêkudara niyat golèk banyu suci. Têkade: aja sing mung rêkasa, têkan ing pati, dilakoni.

Sudarka: Mulane iya mêmpêng olèhmu ajar andhalang. Anggêr krungu gamêlan, adoh-adoh kok parani, prêlune mung bisa amèlu nabuh. Aku anjurung puji, kêlakona ênggonmu arêp dadi dhalang.

Marija: Iya ora mung tumrap aku bae, kowe kabèh iya sing santosa budimu, cikbèn banjur tamat sinaumu.

Wis ayo, padha mangkat mênyang Kranggan omahe Sudarka. Aku kêpengin nyuwun pirsa Pak Răngga, critanane kangjêng gusti sing jumênêng saiki.

28. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.

Sampeyan dalêm kangjêng gusti sing jumênêng saiki kuwi putra kangjêng gusti kaping V, dadi putra kapenakan karo kangjêng gusti kaping VI.

Wiwit timur wis katitik limpad ing budi. Sawise dewasa lan tamat saka pamulangan Walănda, karsa sinau pakaryan praja, sarana suwita ing kangjêng guprêmèn, sumusup ana kabupatèn Dêmak. Ing sawatara taun banjur kondur mênyang Sala, ngasta [nga ...]

--- 84 ---

[... sta] juru basa. Kangjêng gusti saya mungkul pamarsudine marang kawruh lan kagunan. Saking mêmpênge, nganti sèlèh anggone dadi juru basa, ditilar anjêmbarake kawruh mênyang nagara Walănda. Nalika samana ing tanah Eropah ana pêrang gêdhe, kangjêng gusti lêbu dadi prajurite sri maharaja putri, nganti apangkat litnan.

Sakondure saka nagara Walănda, karsa dadi narapraja, bagean pajêg bumi.

Salèrèhe ingkang rama paman kangjêng gusti kaping VI, saka kaparênge kangjêng guprêmèn, Bandara Radèn Mas Arya Surya Suparta, yakuwi asmane kangjêng gusti dhèk biyèn, dipilih katêtêpake anggêntèni kapraboning rama, ajêjuluk: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, panuju ing surya kaping 3 Marêt 1916 utawa tanggal kaping 27 Rabingulakir taun Je 1846. Nalika kuwi lagi yuswa 31 taun. Barêng wis yuswa 40 taun iya banjur ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.

Ingkang garwa, putri dalêm ingkang Sinuwun Sultan Hamêngkubuwana VI ing Ngayogyakarta, yaiku Gusti Kangjêng Ratu Timur.

Sajumênêng dalêm ngasta pusaraning praja, akèh bangêt owah-owahan lan wuwuhing tatanan praja, tumuju gawe majune kabèh para kawula, tata raharjaning nagara.

Aku ora arêp anggrejah siji-sijine. Sing wis padha

--- 85 ---

kok waca sajrone layang wacan iki, akèh bab-bab adan-adanan dalêm sing jumênêng saiki. Malah sajumênêng dalên[8] gênêp 10 taun, layang kabar Pandji Poestaka wêton Bale Pustaka, ana siji sing mêtune mligi ngêmot pèngêtan, sabarang sing ditindakake kangjêng gusti sajrone sapuluh taun mau. Grêbanane bae mangkene:

Minăngka anggampangake laku lan rêjane desa ngadesa, akèh bangêt undhaking krêtêg ing bangawan lan kali cilik-cilik. Dalan-dalan pating srèwèh turut padesan.

Kanggo ngundhakake pamêtuning lêmah, diyasakake wadhuk tandhon banyu. Sing gêdhe têkan saiki yakuwi ing Kêdhung Nguling lan Plumbon bawah Ngeramaka. Wadhuk Tirtamarta ing Dêlingan bawah Karanganyar. Wadhuk ing Thêngklik bawah Calamadu.

Minăngka panjaganing kawarasane para kawula, ing sabên kawadanan didokoki poliklinik.

Bocah-bocah diprêdi padha duwea kapintêran, sarana ing desa-desa diêdêgi pamulangan. Malah ora mung pamulangan bae, kabèh ada-ada sing niyat gawe bêciking bocah, mungguh kawarasan lan kaprigêlan, iya diparingi biyantu, kaya ta anane padpindêr, pakumpulan bal-balan sapêpadhane.

Paprentahan disantosani lan dibêcikake: para wadana lan panèwu diyasakake omah. Kangjêng guprêmèn muwuhi anane pèl pulisi, supaya ing desa-desa aja ana rêrusuh, [rêru ...]

--- 86 ---

[... suh,] wong-wonge padha têntrêma uripe, mungkul ênggone nyambutgawe, aja sumêlang diagru-agru ing durjana: maling, begal, kècu sapêpadhane.

Ing kutha-kutha akèh bangêt undhaking yêyasan, dalan-dalan diambakake lan diaspal. Ing saênggon-ênggon ana patamanane, muwuh ana asrining sêsawangan. Sing prêlu tak kandhakake mungguhing yêyasan sing kanggo ing umum kaya ta: anane kamar bolah (sus), panggonan maca lan nyilih buku sing jênêng Sanapustaka, kêbon sing jênêng Partini, kaya mangkono sapêpadhane.

29. Salêbêting Kitha Mangkunagaran.

Sinom

1. têtêp utamèng sri nata | dènira tansah marsudi | pranatan pasrèning praja | mrih jêjêg arjaning nagri | rêsik rêsêping margi | rêgêng rêrêngganing ênu |[9] pantêsing balewisma | winangun tinata sami | tap antara katon kamulyaning praja ||

2. bawera kang marga-marga | warata aspalan sami | nadyan dalan pakampungan | ingêlar linarik-larik | mrih kobète lumaris |[10] gampang anjujug marga gung | kabèh dalan [dala ...]

--- 87 ---

[... n] kang enggal | trajangan ajune miring | totogane sinung taman parumputan ||

3. wangunira maju tiga | wênèh maju pat pasagi | trêkadhang sok maju lima | dene kang dadya wigati | dimèn gampang katawis | têtumpakan madyèng ênu | kang seje sangkanira | nunggal sêdya ing lumaris | mrih lastari tan ana bêbayèng marga ||

4. kanan keringirèng marga | tinatan sela têtamping | măngka watêsing trotoar | dene sadhuwuring margi | pinayungan roning wit | angayomi pra lumaku | kasêngsêm lumaksana | mulat lêlangêning margi | têmah lali kêsêl kalêsoning lampah ||

5. griya-griya gagrag ênggal | rêgêng amaripit margi | pantês tataning suyasa |[11] wèh sêngsêm ingkang umèksi | lamun dalu lwih asrih | soroting dilah sumuluh | pating kêrlip sumirat | dinulu angêlam-lami |[12] wela-wela sênên[13] sèsisining sasana ||[14]

6. ratan urut pakampungan | rinata rêsik gumrining | titiking panti katara | ginêmatèn dèn opèni | dening pra nara margi | sabên prapatan kadulu | sinung pêpajar dilah | èlèktris mimbuhi asri | sumawana karya ecaning lumampah ||

7. kikis têpinirèng marga | kinalèn ilining warih | yèn [yè ...]

--- 88 ---

[... n] kalêban banyu udan | dimèn enggal tuntas rêsik | tuhu tan nguciwani | labêt tan kêndhat tinuntun | kang ngêmudhèni praja | Jêng Gusti Pangran Dipati | kaping sapta Nararya Mangkunagara ||

8. sabên ri Dite[15] lan Sukra |[16] nitih turăngga mriksani | niti tataning kampungan | paring wêwarah wong cilik | pinrih yogyaning panti | pasang rakitirèng dunung | puwara tan pantara | sirna saruning pangrakit | kang katara nirmala mulyaning praja ||

9. kali kalèn jroning kutha | lumintu banyune mili | mring kalèn lit lan sidhatan | anjog ing têlèh angalih | rinèh ing pintu warih | gumolong lakuning uwuh | katut kentaring tirta | sanggyaning[17] rêrêgês[18] gusis | dadi rêsik sirna mêmalaning praja ||

10. sabên dalan nyabrang tirta | sinung krêtêg amantêsi | linepa banon tinata | sinantosan mitayani | tan wangwang kèhing warih | banjir bandhang robing ranu | tan ngetung kèhing arta | beaning manambut kardi | dadi têtêp santosa adêging praja ||

11. ingkang nguni-uni mluwa | bêra sinirik ing janmi | samangke dadya rêbutan | sok wonga arsa ngênggèni | nadyan nglimang sukoni | ewadene dipun têmpuh | kèlu asrining papan | kang mangkana mratandhani | bangkitira kang ngasta ubêting praja ||

--- 89 ---

30. Tugu Pêpundhèn ing Nglaroh.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 7 dari 17
Tugu pèngêtan jumênênge Kangjêng Gusti Sambêrnyawa.

Layange Marija marang Sudarka:

Layang kanthi salamku marang adhi Sudarka.

Wiyose, dhi, sasi iki aku bisa mrêlokake nonton pasar malêm mênyang Selagiri. Anane pasar malêm iku lagi ping pindho iki, bibit sakawite mangkene.

Sabên taun ing sasi Sapar, akèh wong padha mêmule mênyang gunung Wijil pasareyane Radèn Ayu Matahati. Banjur ana priyayi pangrèh praja sing duwe ada, bab mêmule mau digêdhèkake, nganggo dianakake pasar malêm, papane ana ngarêp kapanèwon Selagiri. Ada mangkono

--- 90 ---

iku andadèkake kêparênge nagara. Malah para panggêdhe kaparêng yasa têtêngêr pisan, dhapur tugu pêpundhèn, minăngka pangeling-eling jumênênge Kangjêng Gusti Sambêrnyawa. Dhèk taun kêpungkur lagi dipasang pandhêmène, saiki wis dadi, pambukake diasta dhewe marang Kangjêng Gusti kaping VII sing jumênêng saiki, mula pasar malême nganggo karamean gêdhèn. Coba, tak critakne kaanane pasar malêm lan karamean mau.

Bango-bango pasar, kanggo panggonan mitongtonake barang gêgawean, woh-wohan lan pamêtuning lêmah liyane:

Barang-barang padhas saka Wuryancara,[19] kaya ta: pot, rêca, kijing, malah ana wong sing panuju anggarap barang padhas mau. Mangkono uga wayang, ana wong sing lagi natah lan nyungging.

Jarik bathik lan êcap saka Matesih. Lurik saka Betal lan Tasikmadu.

Barang wêsi lan kayu, kaya ta: kathil, pancak suji, meja kursi, gaweane murid patukangan ing Calamadu.

Isih akèh manèh barang-barang gawean. Nganti wong-wong padha kêpengin tuku. Karsane sing gawe tontonan: wong-wong padha kêtarika atine duwe katabêrèn bisa gawe kaya ngono.

Ana manèh tontonan kewan. Sing padha duwe turunan saka sapi pamacêk, didhawuhi anggawa mênyang pasar malêm,

--- 91 ---

sing apik dhewe, tămpa ganjaran, mulane sapi-sapi sing ditontonake mau iya apik-apik kabèh.

Ana papan jêmbar, dikothak-kothak ditanduri sawarnane tanduran, panggarape dituntuni dêmang tani lan priyayi sing luwih mangrêti manèh, mula tanduran mau kabèh andêmênakake.

Lah, karameane: ana gambar idhup, wayang, kêthoprak, dhogèr sapêpadhane.

Saiki pasamuan rawuh dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur.

Dina Ngahat surya kaping 3 Mèi 1936, wayah jam pitu esuk, para priyayi kakung putri wis andhèr ana ngarêp tugu pêpundhèn. Prajurit Mangkunagaran samusike, kyai pangulu saandhahane para ngulama, ing dalan saubênge papan sing diêdêgi tugu, kêbak barisan kridha mudha lan padpindêr.

Rawuh dalêm kangjêng gusti nitih oto, têkane Selagiri dijajari para satriya nunggang jaran tèji.

Sawise kangjêng gusti ambikak tugu, banjur lênggah ing panggung sajroning pasar malêm. Wah, la kuwi, dhi, karameane apik bangêt. Para satriya mitongtonake kaprigêlane nunggang jaran. Para padpindêr, kridha mudha, padha manêmbrama, baris, ulahraga warna-warna. Ana manèh balapan lumayu saka gunung Tenongan. Nonton kaya mangkono

--- 92 ---

iku, aku mung gumun thok. Besuk yèn padha kêtêmu bae, tak critakake siji-sijine.

Wayah jam rolas awan, lagi bubaran. Aku banjur mèlu pak cilik mênyang Sala. Kiraku rada lawas ênggonku ana Surakarta.

Wasana padha puji-pinuji bae, sajrone pisahan padha nêmua slamêt.

Surakarta surya kaping 7 Mèi 1936,

Mitramu: Marija.

31. Kawontênan ing Pêkên.

Dintên Sabtu ngajêngakên jam satunggal, lurah guru ing Jatisrana wicantên dhatêng murid-murid, têmbungipun: Dhèk Wage kêpungkur kowe padha tairid mênyang pasar, maspadakake wong sing padha bêbakulan. Sesuk dina Ngahat Wage, pasaran manèh. Coba, kowe Saridin, wiwit esuk nunggonana wong blantik pitik. Yèn prêlu nganggoa takon-takon, besuk Sênèn aku anjaluk plapuranamu, kapriye tindake blantik, kauntungane pira.

Kowe, Darma. Nunggonana wong bakul woh-wohan. Kêbênêran saiki usum jêruk lan pêlêm, ...

--- 93 ---

Kados makatên pakènipun lurah guru dhatêng lare sawatawis. Kalampahan dintênipun Sênèn panuju wulangan ginêman, murid ingkang kapatah wau sami lapur miturut cathêtanipun piyambak-piyambak, kawontênanipun kados ing ngandhap punika:

Palapuranipun Saridin bab blantik ayam.

Enjing umun-umun Pak Suta, blantik, kalihan ingkang èstri, sampun wontên pêkên.

Wontên tiyang èstri dhatêng ambêkta dhara cêmêng. Bok Suta trampil nyêpêng ayam wau, nacad dhara kêra, badhe pêjah. Lajêng ngawis rêrikatan: limalas sèn - nêmbêlas sèn - pitulas sèn kèndêl sakêdhap. Ingkang gadhah botên suka. Lajêng 2 kêthip, dipun sukakakên.

Tiyang sadean wiwit kathah. Pak Suta, Bok Suta, ribut anggènipun numbasi. Watawis jam wolu, angsal ayam tigang dasa. Wontên sawungipun rêgi 4 kêthip, ayam kumanggang 12 sèn. Kula petang têlas f 3.50.

Wontên priyantun putri pados ayam. Bok Suta nêdahakên dhara cêmêng, punika ayam cêmani, priyantun, sae, kenging kangge sarat. Kula aturi mundhut mirah kemawon. Lajêng dipun tumbas 3 kêthip.

Pak Carik Sumbêrêja dhatêng, nyêpêng saha ngêlus-êlus sawung. Tawinipun Pak Suta f 2.-. Kula badhe criyos bilih kilaka-

--- 94 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 8 dari 17
Blantik ayam.

nipun namung 4 kêthip. Dipun panthêlêngi Pak Suta, lajêng kèndêl kemawon. Sawung lajêng dipun tumbas pak carik 3 tangsul.

Radi siang wontên tiya[20] nawèkakên dhara kalih, sajakipun [sajakipu ...]

--- 95 ---

[... n] kêsêsa. Bok Suta ngawis sak sakecanipun: pitikku wis akèh. Nèk olèh sêtali, prènèkna. Inggih lajêng dipun sukakakên, dhara kalih namung sêtangsul.

Jam sadasa pêkên mèh bibar. Ayamipun Pak Suta taksih jangkêp 30. Wontên bakul saking Wanagiri. Punika rêmbagipun radi dangu. Ayam 30 lajêng dipun gêbag radin katumbas f 5.-.

Petangan bathinipun Pak Suta:

pajêngan: f 0.30 + f 0.75 + f 5.-= f 6.05

kilakan: f 3.50 + f 0.25 = f 3.75

dados bathi : f 2.30

Saridin mundur linggih ing bangku.

Lurah guru: Kajaba Pak Suta, apa ora ana blantik liyane.

Saridin: Botên wontên.

Lurah guru: Bêgjane Pak Suta. Adate anggêr akèh blantik, ênggone nganyang jor-joran, dadi sing adol pitik rada payu.

Saridin: Sagêdhagan punika kok ayam botên patos kathah.

Lurah guru: Lah wong bubar panèn. Kănca padesan ora kakurangan, eman-eman ngêdol pitike.

Wis, Saridin, plapuranmu tak anggêp cukup, tak bijèni 7.

--- 96 ---

Têkan samene dhisik ênggone anggunêm bab kaanan ing pasar, liya dina dirêmbug manèh. Ewadene aku takon Si Darma. Ana ngêndi olèhmu nunggoni wong bakul woh-wohan.

Darma: Wontên ing bangonipun bok cilik Iratika.

Lurah guru: Êlo, Bok Iratika kuwi rak sing bukak toko wetan pasar kae, ta.

Darma: Manawi ngatên punika inggih nyambi bakul woh-wohan, ngilaki jêram kêprok saking Bulukêrta, pêlêm sêngir saking Slagaima. Ngastos[21] pintên-pintên kranjang.

Lurah guru: lah pira bathine.

Darma: Dèrèng sagêd matur, amargi jêram saha pêlêm wau sawêg badhe kakintunakên dhatêng Sala.

32. Kawontênan ing Kitha Surakarta Sawatawis.

Layange Marija marang Pak Răngga.

Sêrat saha ingkang pangabêkti, katur panjênênganipun Bapak Mas Răngga ..., pangagêng dhusun ing ...

Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun: kados bapak sampun pirsa saking adhi Sudarka, bilih sabibaripun [sabi ...]

--- 97 ---

[... baripun] karamean ambikak tugu pêpundhèn ing Nglaroh, kala surya kaping 2 Mèi 1936 punika, kula lajêng dhatêng Surakarta, wontên ing griyanipun uwa dêmang.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 9 dari 17
Jam pèngêtan jumênêng dalêm Kangjêng Gusti ingkang kaping VII.

Mèh sabên enjing utawi sontên, kula masthi mlampah-mlampah ningali kawontênanipun kitha Surakarta. Katranganipun ingkang wontên têtêngêr kados ing Nglaroh punika, ing kitha kathah sangêt upaminipun ing bawah Mangkunagaran kemawon :

--- 98 ---

Ing ngajêng sus, wontên jam kapasang ing tugu agêng, punika cariyosipun tatêngêr minăngka pèngêtan jumênêng dalêm ingkang kaping VII têtêp ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.

Ing sakiwa-têngênipun tugu kadamêlakên patamanan sakalangkung asri, wontên rêcanipun marmêr, pêpêthanipun putri dalêm patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Timur, mila patamanan wau dipun namakakên: Taman Kusuma Wardani. Punika dadosipun sawêg salêbêtipun taun 1936 punika.

Ing saêlèr papan balapan kapal, wontên patamanan wiyar, namanipun mêndhêt asmanipun putri dalêm ingkang sêpuh piyambak, patutan saking garwa ampeyan, inggih punika Bandara Radèn Ajêng Partini, kagarwa Kangjêng Radèn Mas Arya Husèin Jayadiningrat, èdêlir ing nagari Batawi, priyagung luhur ing kasagêdan, ngrangkêp dados guru agêng, mila kagungan sêsêbutan propesor saha doktor.

Ing salêbêtipun taman Partini wontên tanêman waringin, pinagêran tembok nêstha wolu, wontên sêratanipun, ungêlipun makatên:

Kajêng mandira, tanêmanipun pakêmpalan darah, nalika ing dintên Rêbo Kliwon, 23 Sapar Ehe 1853, utawi surya kaping 26/10 - 1921, amèngêti [amèngê ...]

--- 99 ---

[... ti] yuswa 40 dintên, miyosipun Gusti Bandara Radèn Ajêng Siti Nurul Kamaril Ngasarati (Kusuma Wardani), putri dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, ingkang jumênêng kaping 7, miyos saking garwa dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Timur. Mawi kasêksèn pakêmpalan Narpawandawa, Muhamadiyah, Budi Utama, Mardiguna, Yong Yava, P.G.H.B., Sêdya Trêsna, Trêsna Sudara, saha abdi dalêm, tuwin padpindêr.

Ingkang prêlu kula aturakên malih, ing taman Partini punika wontên balumbangipun wiyar sangêt, gambar dalah uran-uran cacriyosanipun kula aturakên sarêng punika.

Dumugi samantên rumiyin, bapak, sanès dintên kula ngaturi pawartos dhatêng sanèsipun, dhatêng panjênênganipun Pak Răngga, utawi dhi Darka.

Wasana kula ginanjar wilujêng, pamuji kula Pak Răngga dalah kulawarga sadaya ugi sampun kirang satunggal punapa.

Surakarta surya kaping 14 Mèi 1936.

Ingkang putra: Marija.

--- 100 ---

33. Balumbang ing Patamanan Partini.

Mêgatruh

1. mangu-mangu pinêgat langêning dalu | andulu gêlaring wêngi | ngalela[22] nir mala[23] mulus | pêpulas ulêsing langit | ngalangut asri tinonton ||

2. mung emane kabèh gumêlar ing dalu | malah wèh sangsayèng galih | mula ngalaya[24] ing purug | ngalor ngulon anggolèki | panglipuring tyas rudatos ||

3. datan têbih katon lumembak ing banyu | lembak-lembak angêlêbi | lubèring warih sinambut | têtambak winangun sabin | ingingonan ulam êloh ||

4. kulonipun ana balumbang binatur | tinembok banon ing pinggir | pasagi bata kang wangun | bawera têbaning warih | lerab-lerab sri katongton ||

5. madyèng ranu sinung pancuran mandhuwur | mancurat tumibèng warih | iring kilèn ngongkang ranu | papan ingkang amriksani | jroning wisma[25] winangun los ||

6. saka kono ngalela lamun dinulu | kumêlap polahing warih | nirmala wêning sumuluh | jumbuh lan warnaning langit | lintang-lintang tinon abyor ||

7. madyèng tawang gawang-gawang sri kadulu | ngalangut kuwunging langit [la ...]

--- 101 ---

[... ngit] | lintang wulan lir tumiyung | ngilo nèng luhuring warih | lam-lamên lamun tumonton ||

8. kawistara wêwarnan sênêning ranu | jroning warih pating krêlip | liru prabawa sumuluh | lawan pêpulasing wêngi | kêkuwunge wus anggolong ||

9. lir lêlumban jroning balumbang tumimbul | kumambang gambaring wêngi | ngancik wimbaning[26] marbangun |[27] imbang purwa[28] sêmu abrit | diwangkara[29] babar sorot ||

10. ramyang-ramyang sumamar cahyanya mumbul | têkèng wiyat têmah balik | manjing jro banyu sumurup | lir kênyaring[30] lintang ngalih | rêbut sumêbaring sorot ||

11. katon cêtha găntha wujuding wêwangun | wit-witan maneka warni | wênèh nêdhêng wèh tumiyung | ana lagi babarsari |[31] sumêbar kêmbange amrok ||

12. jêruk jirak rambutan lawan kêpundhung | pakèl pêlêm lan kuwèni | năngka klèngkèng tela gantung | jambu pijêtan wor manggis | kudhu dhuwêt wit kêdhondhong ||

13. ingeyuban cêmara wringin lan waru | arèn kênari trêmbêsi | dhadhap sengon lawan mundhu | kênanga kêtapang kluwih | gêbang krambil wit trêmbalo ||

14. pating prênca ngungkuli kang tanêm tuwuh | lombok terong

--- 102 ---

kang nèng pinggir | gaga jagung tela pohung | cêdhak sêlat lan sêlèdri | lumbu talês waluh bokor ||

15. wetan blumbang sinung wisma sri kadulu | dununging panglipur sêdhih | wayang wong kêthoprak umyung | muwuhi langêning wêngi | mawèh gambiraning batos ||

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 10 dari 17
Balumbang ing Partini Tin.

16. lir sinapon gêla panggrantêsing kalbu | lamun ngambah Partini Tin | Kêbon Tirtayasa kasub | Balekambang binotrawi | wadhuk wadhah banyu tandhon ||

17. kang minăngka panjaganing jro praja gung | dimèn ajêg kilèn warih | pinrih rêsik rêgêd larut | kalis sakèhing sêsakit | pinayungan karahayon ||

--- 103 ---

34. Padpindêr.

Sing uwis-uwis yèn Marija kirim layang mung dititipake sanak sadulure sing pinuju mênyang desa. Saiki wis wêruh kantor pos, ngrêti carane wong kirim layang mêtu pos. Arêp anyoba. Sawise rampung panulise, krêtas dilêbokake ing amplop, diisèni gambar loro. Amplope dingalamati, banjur ditèmplèki prangko rêga 12½ sèn, nuli dicêmplungake dhewe ing bis kantor pos.

Mungguh layang lan gambare mau kaya ing ngisor iki:

Wiyose adhi Sudarka, wis pirang-pirang esuk aku dolan mênyang pamedan nonton ajar-ajarane para prajurit Mangkunagaran. Dina Ngahat wingi seje sing tak sawang, jêbulane para padpindêr, wiwit jam pitu esuk katon pating balêbêr saka kidul, wetan, kulon. Ana sing mlaku, ana sing nunggang pit, malah ana sing nunggang pit motor gêgoncengan. Têkane padha nglumpuk ana pamedan. Padpindêr wadon ana plataran pandhapa gêdhe. Mungguh ing sawangan, beda bangêt karo para prajurit, ana bocahe cilik-cilik, umur-umuran pitu wolung taun. Ana sing sabaraanamu, ana sing wis jaka-jaka, lan ana sawatara sing wis tuwa. Mung panganggone mèh kabèh padha: kathok irêng

--- 104 ---

cêkak, blus kuning, ana sing nganggo sêpatu, ana sing ora, topine kabèh: êpring. Gumunku dene kabèh katon bingar polatane, srigak tandange, sajak kêduga marang sabarang gawe.

Klumpuke para padpindêr, gêdhe cilik watara ana rong atus. Ayake kae panuntune, bocah ngarani leidêr, iku ngunèkake sêmpritan. Sanalika padpindêr-padpindêr padha mlayu agita-gita nglumpuk sagolongan-sagolongan. Leidêre lagi arêp kăndha apa-apa, sampeyan dalêm kangjêng gusti katon miyos saka plataran, nitih jaran tèji, didhèrèkake priyayi watara ana rong puluh, kabèh iya padha jaranan. Jare yèn ngono kuwi sampeyan dalêm kangjêng gusti têdhak têgar ngiras mriksa-mriksa pakampungan. Leidêr padpindêr banjur aba. Padpindêr-padpindêr padha mapan, srêg-srêg, angurmati sampeyan dalêm. Sampeyan dalêm kangjêng gusti iya gênti paring urmat, astane kumlawe.

Sapêngkêre kangjêng gusti, para padpindêr banjur padha ajar. Sing cilik-cilik ajar baris, ana sing lumpat-lumpatan kaya dolanan. Ana sing ancik-ancik anglebat, nglebatake bandera, jare kuwi ana unine. Dêlêngên gambar iki. Ana manèh sing ajar mrêban tatu, ana sagrombol sing ajar

--- 105 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 11.1 dari 17
Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 11.2 dari 17
Para padpindêr ing Mangkunagaran.

mênyanyi, cêkakane warna-warna pangajarane. Sing katon ing akèh lan tak sênêngi iku ênggone padpindêr jaka-jaka padha ajar lumpatan, ana sing adoh-adohan, ana sing dhuwur-dhuwuran, rame bangêt, sabên-sabên disurak lan dikêploki sing padha nonton. Ana sing tiba mak kringkêl. Atiku lap-lapan, tak arani ana apa-apa, nanging jêbul [jêbu ...]

--- 106 ---

[... l] tangine karo mèsêm bae. Dadi têtela santosa awake.

Ana manèh padpindêr sagrombol, ajar baris bola-bali liwat ngarêpku. Aku tumon Mas Kandar, ponakane dara bèi panèwu, jêbul iya dadi padpindêr, ana pabarisan kono. Bola-bali Mas Kandar ngingêtake aku, nanging mênêng bae ora aruh-aruh. Tak sêngguh anggêp, isin duwe kawanuhan aku bocah desa. Nyatane ora. Barêng padpindêr ngaso, Mas Kandar marani aku. Lagi omong-omongan sadhela, diundang leidêre. Êmbuh dikandhani apa, nanging Mas Kandar banjur bali marani aku manèh. Aku diajak mubêng-mubêng nonton Pura Mangkunagaran: pandhapa gêdhe, kantor-kantor, gêdhong-gêdhong, palênggahan dalêm, nganti têkan patamanan ujung puri. Nuli mêtu saka pura, nonton masjid lan munggah ing manara. Banjur mênyang ngarêp sus. Ing kono ana omah padpindêr. Ing ngarêpe ana leidêr padpindêr pirang-pirang, jare arêp parêpatan, ing sisih iki gambare.

O, dhi Darka, atiku kêpranan bangêt mêruhi tandang tanduke para padpindêr, ênggone padha sumanak. Sajrone padha mlaku nênonton mau, ora pêdhot kojahe Mas Kandar, nyritakake pamardine para padpindêr, sing cumanthèl ana ngatiku mangkene :

--- 107 ---

Para padpindêr iku dipardi ulah kawarasan lan santosaning awake. Diajar baris, supaya wêruh tatanan lan ngestokake prentahing panuntune. Lumpatan, nglangi sapêpadhane, supaya waras lan kuwat awake.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 12 dari 17
Para leidêring padpindêr.

Para padpindêr dituntuni nindakake pagawean warna-warna, supaya pêcah nalare, wêruh ing bênêr, wêruh tatakrama, lan patrap warna-warna kanggo sarana têtulung wong liya.

Para padpindêr tansah diprêdi bêciking kalakuane. Iku ora mung mandhêg ana ing pitutur bae, kudu ngêcakake têmênan. Akèh bangêt kêtatalane, kaya ta: wis tau jam siji awan ana omah kobong, rame swarane titir. Para padpindêr lagi bae budhal saka pamulangan, lali luwene, padha mlayu tandang panggonan sing kobongan, ngrewangi golèk banyu sapêpadhane.

--- 108 ---

Ana padpindêr esuk-esuk mangkat sakolah. Nalika kuwi mêntas udan, blumbang-blumbang kêbak banyu. Padpindêr mau wêruh bocah kêcêmplung, glagêpan ana blumbang, gèk kalêlêb, gèk mancungul. Ora sarănta padpindêr mau banjur anggêbyur ing blumbang nglangèni bocah mau. Klakon bocahe slamêt, andadèkake bungahe wong tuwane. Cêkake akèh bangêt tindake padpindêr atêtulung ing liyan. Ngajèni bangêt marang titah sing luwih ringkih, kaya ta: kewan cilik-cilik. Kêpêthuk wong wadon utawa kaki-kaki, enggal nyimpangi. Trêkadhang nuntun wong picak. Saya yèn mung ditakoni ngêndi omahe si anu, dalane mêtu ngêndi. Dhangan bangêt anuduhake, malah yèn prêlu banjur ngêtêrake.

Wose bae, dhi Darka, aku kêpengin bangêt dadi padpindêr. Bab mangkono kuwi jare andadèkake kaparênge sing jumênêng, malah paring dhawuh supaya tuntunan padpindêr iku diwratakake mênyang desa ngadesa.

Mulane wêkasku mênyang kowe, samăngsa ing desa kene ana ada-ada ngêdêgake padpindêr, kowe enggal malêbua, dadi samăngsa aku kêtêmu kowe, wis padha dadi padpindêr.

--- 109 ---

Wis, ya, dhi, têkan samene dhisik. Bêcike kowe mênyanga Sala, besuk tak tuduh-tuduhake.

Wasana kabèh padha slamêt.

Mangkunagaran surya kaping 17 Mèi 1936.

Mitramu: Marija.

35. Wayang.

Sore-sore Sukir lan Sukarman dolan mênyang omahe gurune, padha omong-omongan bab ênggone mêntas nonton wayang.

Têmbunge gurune: Olèhmu nonton apa padha nutug sawêngi.

Sukir: Wujudipun inggih sadalu, dhatêng wiwit jam wolu sontên, mantuk byar enbing.[32] Nanging kula wontên wingking kothak, janji kraos ngantuk, inggih lajêng angglethak. Nglilir: tangi mêlèk malih. Agèn[33] kula tilêm ambal kaping tiga.

Guru: Apa kowe iya ngono, Karman.

Angglethak tilêm, botên. Amargi kathah tamu, kula rumaos langkung agêng katimba[34] Sukir, dados ragi rikuh. Tilêma inggih kalihan linggih kemawon, athêklak-thêkluk. Kajawi punika kula pancèn rêmên lampahanipun.

--- 110 ---

Apa, ta, lakone.

Bale Sagala-gala.

Sukir: Kula kathah botên ngrêtos kula. Ingkang kula rêmêni namung nalika Radèn Bratasena ngêtutakên garangan pêthak, lajêng kêpanggih raja pandhita.

Ora ngrêti kapriye, ta. Bale Sagala-gala kuwi rak lakon baku, critane Kurawa arêp nyirnakake Pandhawa.

Kadospundi, pak guru, kok wontên lampahan baku punapa.

Kowe ngrêtia, anane wayang purwa kuwi bakune nyritakake lêlakone para Kurawa lan Pandhawa. Mara, tak critani sawatara, supaya yèn kowe nonton wayang, bisaa dhamang:

Tak wiwiti saka Prabu Krêsna Dipayana, nata ing Ngastina. Putrane sing prêlu tak kandhakake 2. Sing sêpuh aran Radèn Dêstharata, duwe cacad wuta. Sing ênèm Radèn Pandhu, yaiku sing dijumênêngake nata ana Ngastina, anggêntèni Prabu Krêsna Dipayana. Dene sang prabu banjur magawan, apêparab Bagawan Abiyasa, ing wukir Ratawu.

Prabu Pandhu apêputra lima: Radèn Puntadewa, Wrêkudara, Janaka, Radèn Nakula lan Sadewa. Yaiku sing aran Pandhawa lima.

Radèn Dhêstharata putrane saka padmi, têlu: Druyudana, Drusasana lan Drusilawati, kagarwa Radèn Jayadrata. Nanging sa-

--- 111 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 13 dari 17
Radèn Dhêstharata.
Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 14 dari 17
Radèn Pandhu.

--- 112 ---

ka sêlir akèh bangêt, kaya ta: Kartamarma, Citraksa, Citraksi sapiturute, nganti putrane Radèn Dhêstharata iku ganêp satus. Yaiku sing diarani Kurawa satus.

Jumênênge Prabu Pandhu ora lêstari. Putra isih cilik-cilik, tinilar seda.

Radèn Dhêstharata banjur jumênêng ratu, diêmbani Patih Arya Sangkuni. Karsane: ing besuk samăngsa putra-putra wis diwasa, nagara Ngastina arêp diparo. Sing saparo dadia darbèke Druyudana lan para Kurawa, sing saparo diratonana Puntadewa, utawa dadia wêwênange Pandhawa lima.

Lah ing kono, wiwit banjur ana rekadaya. Para Kurawa arêp nyirnakake Pandhawa. Iya lakon Bale Sagala-gala iku kêna diarani rekadaya sing êntèk-êntèkan. Pandhawa diajak ăndrawina para Kurawa, manggon ing Bale Sagala-gala. Barêng para Pandhawa wis katon wuru lan lali, banjur ditinggal, bale utawa omahe diobong. Pangerane Kurawa, pasthi para Pandhawa sirna dadi awu. Nyatane ora, olèh parmaning dewa, Wrêkudara ambopong sadulur-sadulure, sumingkir ngêtutake lakune garangan putih kaya sing kok kandhakake mau.

Candhake lakon Bale Sagala-gala iku lakon Babad Wanamarta. Pandhawa olèh pitulungane nata ing Wiratha. Puntadewa dadi ratu ana Ngamarta.

--- 113 ---

Para Kurawa ora ngrêti babarpisan, wêruh-wêruh nagara Ngamarta wis santosa, lan para Pandhawa wiwit bêbranahan, yaiku anane lakon warna-warna, kaya ta: Laire Radèn Gathutkaca, putrane Wrêkudara. Lakon Parta Krama, kramane Janaka olèh Wara Sumbadra, ingkang rayi Prabu Krêsna, ratu ing Dwarawati. Sapiturute.

Wêkasane lakon wayang purwa: barêng Pandhawa wis santosa, lan diêmbani Prabu Krêsna, banjur anjaluk saparoning nagara Ngastina. Prabu Duryudana ngukuhi, dadi prang Bratayuda. Wasana Kurawa sirna, sing jumênêng ratu ana Ngastina, turun Pandhawa.

Sukarman: Pandhawa namung gangsal, têka sagêd mênang mêngsah Kurawa satus.

Sukir: Rak wis mêsthine, ta. Satusa kae, lha wong Kurawa kuwi nakal.

36. Bal-balan.

Dina Minggu ngarêpake jam papat sore Si Bêsi marani Gabèr: Ayo, Bèr, nonton bal-balan mênyang Jatisrana.

Gabèr: Bal-balan apa, ta. Rak iya ajar-ajaran kaya adate kae, ta.

Bêsi: Êlo, kapriye, ta, iki tandhingan gêdhèn. Dhèk Jumuwah pamain bal saka Girimarta tandhing karo Jatisrana. [Jatisra ...]

--- 114 ---

[... na.] Sabtu wingi Jatirata tandhing karo Sidaarja, mênang Jatirata. Cara wayangane Bratayuda êntèk-êntèkan, êndi sing mênang, tămpa ganjaran saka sing jumênêng.

Gabèr: Ganjarane apa.

Jênênge bèkêr, sing digawe slaka. Wis ayo, enggal mangkat, mêngko sêlak kêpancal.

Ya ayo. Nanging satêmêne aku durung ngrêti, bal-balan kuwi sing mênang sing kapriye.

Iya, gampang yèn wis ana kana, mêngko tak kandhani.

Bocah loro mlaku rêrikatan mênyang Jatisrana.

Ing Jatisrana wis katon rame. Bocah lanang wadon, tuwa anom, sêlur mlaku ing dalan, parane ngênêr papan bal-balan sawetan pasar. Gamêlan reyog bêndhene mungkung, sadhela-sadhela krungu swaraning motor têka ngunèkake têngara, amuwuhi rêgênging kutha Jatisrana.

Ana ing papan bal-balan, Bêsi lan Gabèr mênangi rawuhe ingkang bupati ing Wanagiri, digrubyug wadanane lan panèwu-panèwu bawah Jatisrana, dijajari bocah-bocah padpindêr. Ana manèh utusan saka Sala, yaiku pangarsa pakumpulan ulahraga sabawah Mangkunagaran kabèh. Pamain bal ing Jatisrana lan Jatirata tata andhèr ana ngarêp panggung palênggahane para priyayi. Panganggone pamain bal ing Jatisrana: biru, dene Jatirata: kaos lèrèk-lèrèk. Sawise [Sawi ...]

--- 115 ---

[... se] ingkang bupati lênggah, para pamain bal banjur tata baris.

Bêsi calathu marang Gabèr: Dêlêngên, Bèr, sing sisih lor iku kănca Jatisrana, sing kidul: Jatirata. Siji-sijining golongan wonge: 11. Wong siji sing jaga gul kae jênênge kipêr. Ngarêpe wong loro kae: bèk. Ngarêpe bèk, wong têlu, jênênge alêp bèk. Wong lima sing baris ana ngarêp dhewe, jênênge pangoyak utawa purwa rês.

Dene wong siji panganggone seje dhewe kae: juru pamisah, nyêkêl sêmpritan minăngka aba. Sing arêp wiwit nêndhang bal, golongan kidul (Jatirata). Sing jênêng mênang iku yèn bisa nglêbokake bal mênyang gul sisih lor, golongan Jatisrana. Nanging masthine golongan Jatisrana anjaga bangêt aja nganti klakon kalêbon, malah ngudi bisane bal bali mangidul, sukur bisa klêbu gul kidul. ... lah sêmpritane wis muni. Lah, wiwit ... hut, bale ditampani bèk Jatisrana, ditêndhang, bul. Bal bali mangidul. Hara ta, hara ta, pangoyak Jatisrana rêbutan karo Jatirata ....

Kaya mangkono tandange wong bal-balan, oyok-oyokan, bantêr-bantêran lumayu rêbutan bal, gênti asor, gênti unggul. Loking wong nonton aja takon ramene.

--- 116 ---

Ing sawatara măngsa, bèk Jatisrana olèh bal, lagi arêp dirêbut Jatirata, ditepang lirih ditampakake pangoyak Jatisrana. Bale digiring pangoyak Jatisrana loro. Golongan Jatirata gita nututi, malah ana sing nyêgat. Pangoyak Jatisrana mulat, lagi bae arêp kêna dirêbut, tur wis cêdhak karo gul kidul, sing siji prigêl banjur nêndhang bal sakayange. Dhêl, lakuning bal bantêr kaya mimis, blêng, mlêbu gul Jatirata. Suraking wong mawurahan, Jatisrana mênang siji.

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 15 dari 17
... bantêr-bantêran lumayu rêbutan bal ...

Bal didokok têngah, tapuk manèh. Kaya mangkono sabanjure. Barêng pamaine wis saêjam, juru pamisah ngunèkake sêmpritan dawa, tăndha bubaran. Jatisrana [Jati ...]

--- 117 ---

[... srana] bisa nglêbokake bal ping têlu. Jatirata ora apa-apa, dadi petungane tandhingan bal-balan Jatisrana karo Jatirata iku: 3 - 0, mênang Jatisrana.

Sing padha bal-balan padha ditimbali mênyang ngarêp panggung palênggahan. Wong-wong nonton padha mèlu mara angrubung. Bêsi lan Gabèr ora kari.

Ingkang bupati maringake bèkêr marang golongan pamain bal ing Jatisrana. Ditampani kanthi bungah lan gêdhening ati, rame swaraning surak lan kêplok.

Pangarsa pakumpulan ulahraga banjur sêsorah, nêrangake paedahe bal-balan, iku sawijining sarana ulahraga, supaya wong-wong padha waras lan kuwat awake.

Wong sing waras lan kuwat iku ora wêgah anyambutgawe, ora wêdi marang pagawean abot, wêkasan ênggone ngupajiwa bisa nêtêpi wajibe. Sampeyan dalêm ingkang jumênêng kêparêng maringi ganjaran iki mau, karsane supaya kabèh wong padha dhêmêna ulahraga, iya ulahraga apa bae, apa bal-balan kaya mau, apa bandhilan, apa playon, langèn sapêpadhane.

Wêkasaning sêsorah, pangarsa duwe pangarêp-arêp, supaya kabèh padha marsudi ulahraga. Saupama kalakon kaya mangkono, amasthi muwuhi kaslamêtan lan majuning para kawula, têmahan gawe raharja lan santosaning praja.

--- 118 ---

37. Sana Pustaka.

Sawise Sudarka tămpa layange Marija katitimangsan surya kaping 17 Mèi 1936, kalakon mênyang Sala têmênan.

Ana Surakarta têlung dina, banjur kirim layang marang bapakne kaya ngisor iki:

Sêrat saha pangabêkti kula, mugi katur bapak sakalihan.

Nuwun wiyosipun bapak, kula ngaturi pirsa, dintên Minggu kala wingi wiwit jam pitu enjing, kula sampun dipun ajak dolan Marija, dhatêng alun-alun lèr ningali kagungan dalêm Masjid Agêng saha pagêlaran. Dhatêng pêkên Harjanagara. Jam sanga wangsul dumugi pamedas[35] Mangkunagaran. Sêmunipun Marija sampun sêmadosan kalihan padpindêr Mas Sumarja.

Kula têtiga lajêng mlampah sarêngan, kathah sangêt ingkang kula tingali, mawi dipun têrang-têrangakên Mas Sumarja. Kula gumun sangêt dhatêng Mas Sumarja punika, anggènipun jajah. Pitêpanganipun kathah, sakêdhap-sakêdhap kêpêthuk lare, punika têka masthi wanuh, anggènipun sami aruh-aruh, sampun sajak kulina. Tandukipun dhatêng kula rumakêt sangêt. Sadaya punika punapa dupèh Mas Sumarja sampun dados padpindêr punika.

Ingkang badhe kula aturakên ing sêrat punika, bapak, bab anggèn kula ningali Sana Pustaka.

--- 119 ---

Kula têtiga mandhêg wontên sangajêng griya sae, wontên sêratanipun, kula ungêlakên: Sana Pustaka. Botên ngêntosi pitakèn, Mas Sumarja sampun wicantên: sana: omah. Pustaka: layang utawa buku. Dadi Sana Pustaka kêna dijarwani: omah pasimpênan buku-buku.

Sawêg dumugi samantên, wontên priyantun mêdal saking Sana Pustaka, kacriyos punika pangagêngipun para padpindêr Mangkunagaran, mila Sumarja lajêng ngadêg jêjêg angurmati cara padpindêr. Kula lajêng kèngêtan, bilih priyantun punika sampun mriksa pamulangan dhusun Pulutan kaping kalih, pancèn punika ingkang madanani para guru pamulangan dhusun sadaya.

Priyantun wau lajêng andangu dhatêng Mas Sumarja: Kancamu kuwi sapa, Ja.

Sadhèrèk saking dhusun. Punika Marija, saking pêrpolêh sêkul Wuryantara. Satunggalipun Sudarka, murid pamulangan dhusun Pulutan Wetan.

Pangkat pira, Darka.

Pangkat 3, tamat wulan punika.

Kula têtiga lajêng dipun dhawuhi mlêbêt ing Sana Pustaka, dipun têdah-têdahakên warni-warnining buku. Wah, lah punika bapak, lêmantun samantên kathahipun punika kêbak buku sadaya. Ing têngahing griya wontên mejanipun wiyar, kinubênga-

--- 120 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 16 dari 17
Griya Sana Pustaka ing Mangkunagaran.

--- 121 ---

n kursi. Ingkang tumumpang ing meja sêrat kabar warni-warni, kathah ingkang mawi rinêngga ing gambar.

Kula lare tiga dipun jak lênggahan, malah dipun paringi es sêtrop. Dipun têdahi gambar ing sêrat kabar, mawi dipun têrangakên cariyosanipun, lajêng dongènganipun. Manah kula sênêng sangêt, ngantos mèh bêdhug botên kraos.

Wêkasan lajêng ngandikakên paedahipun rêmên maos. Minggu-minggu sariranipun dhatêng Sana Pustaka punika inggih prêlu ngantukakên lan nyambut buku, kalihan maos sêrat-sêrat kabar, sagêda pirsa ebah-ebahaning donya. Dhawuhipun ingkang kula cathêt, makatên: Kowe wis padha bisa maca, kuwi prasasat wis nyêkêl kunci kanggo ambukak gêdhonging kawruh. Wêlingku mênyang kowe: sing srêgêp maca buku-buku. Satêmêne buku-buku ing Sana Pustaka kene iki kangelan kanggo kowe, apa manèh akèh sing buku cara Lănda. Ing pêrpolêh sêkul Wuryantara, rak ana taman pustaka, iku pancèn disadhiyakake kanggo kowe lan sanak-sanakmu, akèh bukune wêton Bale Pustaka. Têmênan, besuk wacanana. Wis, ya. Besuk yèn kowe mulih, aku nyangoni slamêt.

--- 122 ---

Bocah Mangkunagaran, Yasawidagda, 1937, #1535 (Hlm. 061–126): Citra 17 dari 17
Gambar dalêm Kangjêng Gusti ingkang kaping II dumugi VII.

--- 123 ---

Dumugi samantên rumiyin, bapak. Benjing ngaturi sêrat malih.

Wasana kula wilujêng.

Surakarta surya kaping ... Juli 1936.

Ingkang putra Sudarka.

38. Kang Padha Jumênêng ing Mangkunagaran.

Ing sisih iki gambar dalêm kangjêng gusti, wiwit sing jumênêng II têkan VII.

Mungguh asmane sing ngasta pêpatih ing Mangkunagaran: Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma.

Panindaking paprentahan, diawat-awati lan dibantu panggêdhe Walănda. Panggêdhe Jawa sing prêlu dikandhakake yaiku pênggêdhe pangrèh praja, apangkat bupati. Iku ana loro:

1. Radèn Mas Tumênggung Partana Andayanata, ambawahake kabupatèn kutha Mangkunagaran.

2. Radèn Mas Tumênggung Arjawiratma, ambawahake kabupatèn Wanagiri.

--- [124] ---

Isine.

... Kaca:

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang kaping VII, ing Surakarta ... 3
2. Kănca padesan ... 5
3. Mênyang pasarean Mangadêg ... 7
4. Pasarean Mangadêg ... 9
5. Brêsih desa ... 12
6. Patilasan-patilasan ing Nglaroh ... 15
7. Dalan ...18
8. Lêlampahane Radèn Mas Sait ... 20
9. Bacute ing dhuwur ... 22
10. Banyu ing sawah ... 23
11. Wadhuk Tirtamarta ing Dêlingan ... 25
12. Dèwi Sri ... 28
13. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara II, sarta prajurit Mangkunagaran ... 32
14. Bumi ing Mangkunagaran ... 35

--- [125] ---

... Kaca:

15. Pablêngan ... 38
16. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping III lan kaping IV ... 41
17. Bacute ing dhuwur ... 45
18. Wilujêngan Măndhasiya ... 47
19. Pangupajiwa ... 50
20. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V ... 54
21. Maling ... 58
22. Paprentahan ... 61
23. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI ... 65
24. Pamulangan ... 69
25. Gêsang sadintên-dintên ... 72
26. Panjaganing kawarasan ... 75
27. Radèn Wrêkudara ... 78
28. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ... 83
29. Salêbêting kitha Mangkunagaran ... 86
30. Tugu pêpundhèn ing Nglaroh ... 89

--- [126] ---

... Kaca:

31. Kawontênan ing pêkên ... 92
32. Kawontênan ing kitha Surakarta sawatawis ... 96
33. Balumbang ing patamanan Partini ... 100
34. Padpindêr ... 103
35. Wayang ... 109
36. Bal-balan ... 113
37. Sana Pustaka ... 118
38. Kang padha jumênêng ing Mangkunagaran ... 123
Bab panganggenipun aksara murda kalugokakên kopi.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

 


dirombak. (kembali)
utawa. (kembali)
didadèkake. (kembali)
pajêg. (kembali)
bisa. (kembali)
masthi. (kembali)
sêkar. (kembali)
dalêm. (kembali)
§ dalan. (kembali)
10 § lumaksana, lumaku. (kembali)
11 § yêyasan, omah. (kembali)
12 § nêngsêmake. (kembali)
13 § sorot. (kembali)
14 § ênggon [Lebih satu suku kata: wela-wela sênên sèsining sasana]. (kembali)
15 § Ngahat. (kembali)
16 § Jumuwah. (kembali)
17 § kabèh. (kembali)
18 rêrêgêd. (kembali)
19 Wuryantara. (kembali)
20 tiyang. (kembali)
21 Ngantos. (kembali)
22 § cêtha. (kembali)
23 § ilang mêmalane. (kembali)
24 § ngumbara. (kembali)
25 § omah. (kembali)
26 § wêtu. (kembali)
27 § bangun esuk. (kembali)
28 § wetan. (kembali)
29 § srêngenge. (kembali)
30 § gêbyar. (kembali)
31 § kêmbang. (kembali)
32 enjing. (kembali)
33 Anggèn. (kembali)
34 katimbang. (kembali)
35 pamedan. (kembali)