Bôngsacara-Ragapadmi, Balai Pustaka, 1933, #1818

Serie No. 1110

Bôngsacara - Ragapadmi

Cariyos asal saking Madura.

Bale Pustaka - 1933 - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

1. Bôngsacara Ragapadmi[1]

1. Asmaradana

1. ing Pacangan kang winarni | praja ing nuswa Madura | duk jaman kuna-kunane | wontên kang jumênêng nata | asugih wadyabala | tanah kanan keringipun | kaêrèh mring Sang Bidarba ||

2. mangkana julukira ji | ingkang môngka pêpatihnya | Bôngsapati pêparabe | wontên abdi panakawan | Bôngsacara namanya | anaking warôndha dhusun | juru kunci pasarean ||

3. sangêt sihira narpati | wau mring Ki Bôngsacara | andina tan na pisahe | sabarang dhawuh narendra | lumantar Bôngsacara | mring ngêndi tindak sang prabu | Bôngsacara atut wuntat ||

4. garwanira sri bupati | padmi sakawan kathahnya | putri putra ratu kabèh | sulistya punjul ing warna | de ampeyaning nata | tan cinatur kathahipun | wau ta ingkang winarna ||

5. wontên juga garwa aji | Ragapadmi pêparabnya | wus lami ing antarane | katrapên kagila-gila | kêbak saluruh angga | datan wontên sêlanipun | balarongan gandanira ||

6. satêmah sri narapati | ing galih datan kuwawa | nglastarèkakên karsane | anggarwa mring sang lir rêtna | dhawuh asêmu duka | marang kêkasih sang prabu | hèh Bôngsacara [Bông ...]

--- 4 ---

[... sacara] wruhanta ||

7. rèhne putri Ragapadmi | wus madal pangrekadaya | pambudi murih warase | ing samêngko karsaningwang | ambilên mring wismanta | dadia jatukramamu | ing donya praptèng dêlahan ||

8. Bôngsacara matur aris | gusti kalamun mangkana | kang dados karsèng pamase | yêkti amba tan suwala | dhèrèk karsaning nata | mangkana timbalan prabu | mring garwa kang nandhang roga ||

9. marenggal kêkasih mami | èstokna dhawuh manira | mèlu Bôngsacara bae | Ragapadmi matur nêmbah | lamun wus karsèng nata | sayêkti ulun mung manut | ngêtutkên mring panakawan ||

10. nulya amit Ragapadmi | anêmbah pada narendra | wus lèngsèr sing ngarsa katong | ingiring Ki Bôngsacara | karuna kawlas-arsa | ing driya tansah anutuh | ing apêse badanira ||

11. kaningaya awak mami | tanpa aji tanpa daya | wong lara kaya mangkene | tinambuhan mring kèh janma | dalah sri naranata | tega têmên mring ragèngsun | kalamun mèngêt mangkana ||

12. paran gon ingsun tan nangis | Bôngsacara trêsing driya | mirêng sang putri sambate | aris wijiling kang sabda | yayi dèwi mênênga | ywa muwun urut dêlanggung | tan pantês dinulu kathah ||

13. sang dèwi wacana aris | iya kakang Bôngsacara | amung sira iku bae | tuhokna dhawuhing nata | wêlasa mring ragèngwang | urip atanapi lampus | sun nêdya ngawulèng sira ||

14. datan kawarna ing margi |

--- 5 ---

lampahe Ki Bôngsacara | sarimbit lawan rabine | duk samana sampun prapta | dhusun ingkang sinêdya | ing wismane nini sêpuh | pawèstri jaga astana ||

15. dupi wau nini-nini | umiyat suta praptanya | gita-gita mêthukake | angrangkul asung pambagya | kalawan atêtanya | sapa rowangira kulup | de angga kêbak mêmala ||

16. katrapên anggêgilani | Bôngsacara tanggap sabda | pêpajar marang biyunge | bênêr ing pandakwanira | katrap kang anèng angga | dene pawèstri puniku | garwa ampiling sang nata ||

17. parab Dèwi Ragapadmi | tinundhung saking jro pura | maringsun pinaringake | môngka jatukramaningwang | nging sun dahat lênggana | upama ngèstokna dhawuh | wit rumôngsa tan kaduga ||

18. enak pira rabi putri | tan lumrah samining janma | luwung lêgan salamine | wau ta Ki Bôngsacara | enggal nawurkên kisma | sarwi amêdalkên wuwus | prasêtya yèn sun ngalapa ||

19. marang Dèwi Ragapadmi | lêga lila dadi lêmah | lir kang sun sawurkên kiye | mangkana wau ni rôndha | myarsa wuwusing wêka | enggal-enggal asung pemut | hèh anggèr aja mangkana ||

20. lamun sira datan apti | ywa susah mawi prasêtya | tan yogya tinêmu têmbe | cukup datan linakonan | nora nêrak larangan | kasiku Hyang Maha Agung | samêngko prayoganira ||

21. rajaputri Ragapadmi | pasrahêna marang ingwang | tinggalên kari nèng kene | dimène

--- 6 ---

sun pulasara | wit sira datan arsa | ingsun kang nêdya amupu | Bôngsacara ngayubagya ||

22. mring biyung anuli pamit | yun wangsul sowan sang nata | datan cinatur lampahe | ing praja pan sampun prapta | sigra manjing jro pura | marêk ngabyantarèng prabu | sri nata atanggap sabda ||

23. dene têka nganti lami | Bôngsacara praptanira | paran kang dadi sababe | sun lama angantya-antya | marasing tyas manira | bok ing marga na pakewuh | Bôngsacara matur nêmbah ||

24. dhuh gusti sang maha aji | patikbra atadhah duka | wangsul amba ngantos lungse | wit mawi pinanggih rena | masrahkên sang lir rêtna | dimèn ingêmong pun biyung | pinulasara malanya ||

25. sri nata ngandika aris | sukur kalamun mangkana | wus datan ana cacade | sun dahat mangayubagya | iya mring krenahira | gênti wau kang winuwus | kang among sêlir sri nata ||

2. Ragapadmi wontên griyanipun nini-nini

2. Sinom

1. ni sêpuh jaga astana | wusira tan samar malih | mring malane pulonira | wanci umun-umun enjing | bidhal mring pêkên aglis | ingkang sinêdya ing kayun | ayun amèt usada | malane Sang Ragapadmi | praptèng pêkên anjujug mring padhasaran ||

2. unggyan bakul pon-êmponan [pon-ê ...]

--- 7 ---

[... mponan] | kang ugi angadhêp prusi | ni rôndha alon têtanya | asta mawi tudang-tuding | ngacung ngêcungi prusi | sasirah setan gumluntung | sanak kula yun wikan | pintên rêgine puniki | kang tinanyan anjomblong dangu tan nabda ||

3. sinêngguh namung gêguywan | patanyanira puniki | bok rôndha datan darana | ponang prusi gya ingawis | apa entuk saringgit | nyi bakul suka amanthuk | wusira dhinuwitan | tumbasan ginawa mulih | praptèng wisma prusi dhinêplok ing lumpang ||

4. wusnyalus gya winadhahan | ing tampah jinèrèng wradin | ingêpe nèng anjang-anjang | gênti anyandhak sang putri | winawèng kêbon nuli | siniraman gêbyar-gêbyur | sawusira palastha | prusi tinamakkên nuli | dèn wur-wurkên ing angga kang kêbak mala ||

5. prusi satampah wus têlas | mangkana Sang Ragapadmi | kênèng dayanirèng tômba | sumaput wus datan eling | sariratri tan mosik | datan muwus pindha lampus | enjing plêthèking surya | sawêg pulih èngêt maning | nging sarira dèrèng kuwat anggulawat ||

6. antarane têlung dina | mêmala wus tan katawis | gandanira sampun sirna | sawusnya antara ari | kulit wiwit glodhogi | duk waktu punika wau | rupa katon tan pakra | lir gombalan pating sluwir | nging sirnaning sluwiran mijil rêmbulan ||

7. kang nglongok ing imbang wetan | purnama nêdhêng dadari | mêlok-mêlok lir kancana | sumilak kuning arêsik | warata [wa ...]

--- 8 ---

[... rata] anyrambahi | marang ing badan sakojur | nulya ingupakara | linulur ing borèh wangi | dina-dina datan wontên kêndhatira ||

8. têmah lumêr pamulunya | wangkawa jumêdhul kèksi | anglimputi maring angga | sinawang sru anglam-lami | kocap wau sang putri | Ragapadmi pulih sampun | kadi mula-mulanya | duk maksih anèng jro puri | sambènira nèng wisma sadina-dina ||

9. bathik nyamping kasêmêkan | anênun limar katangi | kampuh sinulam toya mas | songketan mawarni-warni | datan lali anyandhing | jungkat kalawan pangilun | wangi-wangi tan têbah | borèh atanapi mangir | sêkar wungu cumundhuk nèng ukêlira ||

10. lan ugi ngadhêp pucangan | kancana ingkang kinardi | mangkana wau ni rôndha | kulina ing sabên ari | sawuse nambut kardi | datansah sandhing sang ayu | sing kascaryan tumingal | ring citranira sang dèwi | lamun mandêng adongong wit kagumunan ||

11. wau ta gênti amarna | punakawane sang aji | Bôngsacara kang nèng praja | nyut kemutan arsa tuwi | mring kang tinilar nguni | pinrasahkên[2] maring biyung | mangsah ngabyantarendra | mabukuh atur wotsari | dhuh pukulun lamun kapadhan ing karsa ||

12. patikbra ayun lumampah | mring dhusun prêlu martuwi | inggih dhatêng rena amba | rèhning wus lami tan uning | dahat onêng pun patik | sakêdhap kawula wangsul | wau andika nata | Bôngsacara sun lilani | nanging poma dèn enggal bali mring praja ||

--- 9 ---

13. Bôngsacara tur sandika | manêmbah anyuwun pamit | wus lèngsèr sing ngarsa nata | kêbat dènira lumaris | datan kawarnèng margi | sakêdhap prapta ing dhusun | wismane renanira | sigra tumamèng pandhapi | nyai rôndha duk wêruh sutanya prapta ||

14. nyêblèk wêntis gita-gita | mlayoni kang nêmbe prapti | sarwi anyuwara sora | he-he dene kowe kaki | Bôngsacara nak mami | apa ginanjar rahayu | lakumu anèng marga | Bôngsacara anauri | iya slamêt biyung sing brêkahing nata ||

15. nyi rôndha gya manjing wisma | pêpajar Sang Ragapadmi | enggal wong ayu mêtua | kae kakangamu prapti | Bôngsacara sing nagri | enggal bagèkna nak ingsun | lan pamucanganira | ywa lali anggawa nini | Ragapadmi tan lênggana ing sapakyan ||

16. sarèh asantun busana | anyamping limar katangi | ngagêm kasêmêkan jingga | tinêpi wungu mantêsi | larapan dèn paèsi | borèh jênar sêling wungu | sarwi ngagêm gamparan | bungkul êmas kang kinardi | pamucangan gya tinata ing tadhahan ||

17. sawusnya samêkta mêdal | pucangan sinôngga kering | wau ta Ki Bôngsacara | duk miyat kang nêmbe prapi |[3] dongong dènnya ningali | ingacaran mring sang ayu | wawi kakang gantèna | suruh tangis sata Smawis | dene apu wêton saking Surabaya ||

18. Bôngsacara tan nglêgewa | saking gawoke kang ati | pangrasa kadya supêna | karawuhan widadari | gragapan amandêlik [a ...]

--- 10 ---

[... mandêlik] | sakala badannya kaku | supe purwa duksina | galedhag ambruk ing siti | nyai rôndha gupuh nyandhak lawan nabda ||

19. Ragapadmi tulungana | age kakangamu iki | sang putri alon ngandika | biyung kula datan wani | tumut-tumut nulungi | masih èngêt duk ing dangu | pun kakang Bôngsacara | kalangkung datan kadugi | dhatêng tiyang kang kadi jasat kawula ||

20. môngsa kasamaran dika | kang kalakyan duk ing nguni | saking tan kaduginira | prasêtya ngantos kawijil | mawi nawurkên siti | paran gèn ulun têtulung | ajrih yèn kalêpatan | kasiku ing têmbe wingking | kenging dakwa mêmurung sabda prasêtya ||

21. nyi rôndha gya angrêrêpa | aja mangkono ta nini | wêlasa mring kakangira | enggal paringa usadi | kêcohana sing têbih | ngèlingana marang ingsun | yèn kabacut palastra | kapriye polahku nini | baya edan kalambrangan turut dalan ||

22. yèn Bôngsacara tan trima | wit sira inganggêp sisip | iya têmpuhna maringwang | aku kang bakal dhadhagi | Ragapadmi lingnya ris | inggih yèn makatên biyung | kula namung sadrêma | wau putri Ragapadmi | gya angracik gantenan arsa amucang ||

23. sêmbari mamah gantenan | sang putri mingsêr angalih | mapan prênah ulonira | Bôngsacara kang tan eling | têbihnya winatawis | sagadugira wong idu | Bôngsacara ngidonan | mandi sabdanira nini | dubang dhawah Bôngsacara katon obah ||

--- 11 ---

24. netra mêlèk palindêran | nging dèrèng kuwawi tangi | wau ni rôndha gya ngatag | maring putri Ragapadmi | age malih ta nini | pindhonên kadi kang sampun | sang putri tan suwala | dhawahing dubang ping kalih | mak garegah Bôngsacara nyandhak asta ||

25. sang putri kagyat anjingkat | astanya rosa tinarik | nging tangèh lamun ucula | wit Bôngsacara ngukuhi | panyangkêrême kadi | wulung anyêkêthêm kuthuk | wau Ki Bôngsacara | lon-lonan bari nyêdhaki | Ragapadmi sinikêp pamadyanira ||

26. binopong ginawa lênggah | ing salu pinangku nuli | wau duk pinotha-potha | sang putri anglês kapati | kumêsarirèng galih | satêmah guwaya aclum | sumrêpêt panonira | Ragapadmi datan eling | angalumpruk nèng pangkone Bôngsacara ||

27. wau ta Ki Bôngsacara | umiyat Sang Ragapadmi | sumaput nèng pangkonira | ing batin akêtir-kêtir | dhuh-dhuh adhuh mas yayi | wêlasa mring raganingsun | kajaba sira sapa | kang asih marang ing dasih | lah tulihên Ragapadmi kakangira ||

28. pijêr katungkul anendra | gapenên dasihmu iki | wèhana usada rimang | tulungên ati ngong yayi | mau sira uripi | samêngko têka atambuh | tanggung-tanggung tan yogya | mula dang wungua yayi | lamun têmên asih marang raganingwang ||

29. sang putri kinuswa-kuswa | sinrênggara têmbung manis | ingêlus-êlus kang rikma | ingêmban ingolah-ngalih [i ...]

--- 12 ---

[... ngolah-ngalih] | saking kanan mring kering | sing kering mring kanan wangsul | datan pêgat kinuswa | lathi tansah dèn cêcêpi | pamrihira mijila ingkang wacana ||

3. Jailipun Patih Bôngsapati

3. Mijil

1. wusnyantara putri Ragapadmi | pungun-pungun alon | wiwit mèngêt marang ing dhirine | nabda aris kawoworan tangis | kakang uwis-uwis | dang udhunna ingsun ||

2. pikir mami kalimput kapati | dahat ngondhok-ondhok | Bôngsacara wau lon wuwuse | apa baya darunanya yayi | bok dipun pajari | pun kakang ayun wruh ||

3. Ragapadmi amangsuli aris | milane mangkono | wit sun maksih èngêt wèntèh-wèntèh | andikannya kakang duk ing nguni | kapati ngêmohi | maring jasat ulun ||

4. môngka mangke datan anêtêpi | tumindak salah don | prasêtyanta ingkang biyèn-biyèn | bok-bok bakal numusi sayêkti | apa kang kawijil | ing wuwus rumuhun ||

5. Bôngsacara amangsuli aris | yayi ywa mangkono | ingkang gêdhe apuranta bae | culing upata kang wus kawijil | mêngko sun andhêmi | ngrasa apiduwung ||

6. ing samangke pun dasih nyadhang sih | pêparing sang sinom | kang minôngka panglipur atine | pamurunging pati saking brangti | wau ta sang putri | tan sawalèng kayun ||

--- 13 ---

7. kunêng ingkang lagya akaron sih | gantya winiraos | ing Pacangan wau sang pamase | Sri Bidarba anêdhêng tinangkil | pêpak pra dipati | andhèr anèng ngayun ||

8. ingkang parêk ing ngarsa sang aji | mantrimuka katong | Bôngsapati sumungkêm linggihe | Raja Bidarba ngandika aris | hèh sira apatih | ingsun paring wêruh ||

9. Bôngsacara wus antara lami | datan ana katon | praptèng mangko tri côndra lawase | nyuwun pamit marang jênêng mami | sêngadi atilik | mring wismaning biyung ||

10. duk pangkate ingsun wanti-wanti | ywa kongsi kadangon | uga uwis kawêtu saguhe | ora lawas nuli arêp bali | mulih mring nagari | sowan jênêng ingsun ||

11. titaning don datan ana prapti | galih sun kuwatos | ambok-ambok ana ing desane | nandhang sakit utawa nèng margi | sinikarèng janmi | têmah praptèng lampus ||

12. mula patih karsèngsun samangkin | larahên maring don | takyinêna priye kaanane | Bôngsapati sandika wotsari | amit dèn lilani | paglaran kapungkur ||

13. rowangira datan ana kari | samya tumut bodhol | gêgancangan kya patih lampahe | tan cinatur ananirèng margi | samana wus prapti | ing don kang tinuju ||

14. Bôngsapati manjing wisma nuli | tan mawi asung wroh | amit-amit ki sanak ywa kagèt | iya ingsun ingkang praptèng ngriki | dutane narpati [narpa ...]

--- 14 ---

[... ti] | aywa sira tambuh ||

15. Bôngsacara gragapan mlayoni | mring kang nêmbe rawoh | tyas kumêsar aclum guwayane | kyana patih gya dèn acarani | sumôngga kiyai | katuran alungguh ||

16. Bôngsapati dhangan anuruti | punapa sapakon | kawuwusa kang nèng jro wismane | Ragapadmi wau duk miyarsi | lamun wontên tami | gya nata pasuguh ||

17. pamucangan isi dèn pêpaki | punapa kang kalong | winuwuhan pinurih pantêse | sawusira nuli salin nyamping | kasmêkan aganti | mawi plisir dadu ||

18. mundhut kain kang limar kêtangi | ingagêm rêrimong | tipis lamat-lamat tasikane | gamparannya bungkul kancana di | kêcohannya mungging | baki êmas murub ||

19. nulya mijil putri Ragapadmi | saking wisma jêro | pasugatan gya sinèlèhake | ngarsèng tamu mawi ngaracani | sumôngga kiyai | angêdhapi suruh ||

20. kyana patih wau duk umèksi | citrane sang sinom | sumarêpêt byar-byaran panone | wola-wali tansah dèn usapi | ing batin nambuhi | maring kang dinulu ||

21. sawusira gya mandêng sang putri | kalawan andomblong | lalêr mlêbêt tan kinaruhake | mung katungkul ngunguni kang kèksi | èngêt dèn carani | groyok têmbungipun ||

22. karsanira ayun amangsuli | mring wau sang sinom | nging sru kuwur ki patih pikire | galihira kumêsar tan sipi | lidhah anambuhi [ana ...]

--- 15 ---

[... mbuhi] | satêmah mung hak-huk ||

23. sarwi mênyat wau Bôngsapati | saking gènnya lunggoh | asêmparèt mijil age-age | mring sajaban panti datan pamit | gancangan lumaris | pra abdi tut pungkur ||

24. sêdyanira wangsul mring nagari | marga tan kacriyos | manjing pura ngadhêp sang pamase | duk samana wau sri bupati | nêdhêngnya siniwi | anèng dalêm agung ||

25. Bôngsapati dumrojog nungkêmi | ing pada sang katong | mênggah-mênggah wau ta unjuke | adhuh gusti sêsêmbahan patik | amba atur uning | ing paduka prabu ||

26. Bôngsacara panakawan aji | tumindak tan yêktos | ngeca-eca wontên ing wismane | dintên-dintên pasihan lan rabi | tega mring narpati | tan mèngêt ing sanggup ||

27. rabinira pindha widadari | amba dèrèng tumon | èstri ingkang mimba ing dhèwèke | citranira tuhu yu linuwih | mung paduka aji | kang pantês anggadhuh ||

28. Bôngsacara tan wajib darbèni | saking sanès bobot | pindha toya lan lisah isthane | manah ulun sangêt tan kadugi | wit namung sang aji | têtimbanganipun ||

29. sang aprabu angandika aris | patih sun paring wroh | garwaningsun Ragapadmi biyèn | nandhang katrap luwih gêgilani | sun paringkên nuli | marang dhèwèkipun ||

30. Bôngsapati nyundhul unjuk malih | sanadyan sang katong | makatêna amba datan dhèrèk | lamun sang putri wau lêstari | kawêngkua dening | Bôngsacara punggung ||

--- 16 ---

31. datan lêga raosing panggalih | yèn sanès sang katong | kang minôngka dados timbangane | wit kalamun kinèndêlna gusti | abdi rabi putri | pêpacangan prabu ||

32. tan prayogi têmbe kang pinanggih | amba matur yêktos | Sri Bidarba wau lon dêlinge | yèn mangkono unjukira patih | lêlakon puniki | paran pênêtipun ||

33. kaya priye dènira nyangkani | bisane kalakon | nglimpèkake wadon sing lakine | banjur kunjuk marang ngarsa mami | kajaba mung ngudi | nyingkirkên kang jalu ||

34. apa ana pratikêlmu patih | bisane mangkono | lamun ana unjukêna age | sun kêpengin arsa nguningani | yèn kapara yêkti | sun dhahar aturmu ||

35. Bôngsapati umatur wotsari | ming wau sang katong | amêmêla mrih dhahar ature | lamun wontên dhawuh paduka ji | amborongkên patik | ical èwêdipun ||

36. iya patih sun borong sirèki | nging pamundhut ingong | aja ora sira ngunjukake | ingkang wadon calon garwa mami | yèn makatên gusti | kawula pan sampun ||

37. sangkêp srana môngka pangapusing | punakawan katong | kalêrêsan Bôngsacara darbe | sona kalih kiyat miyatani | sangsam dèn mamahi | wau namanipun ||

38. juga Caplok Tandhuk liyanèki | punika pirantos | amba angge ngangkah mring pêjahe | Bôngsacara arsa amba prêdi | atas dhawuh aji | kesah ambêburu [ambê ...]

--- 17 ---

[... buru] ||

39. inggih maring ing nuswa Mandhangin | kalamun wus bodhol | enggal ulun anungka lampahe | sang aprabu myarsa turing patih | iya-iya patih | mung bae kalamun ||

40. tuging êndon sira tan nganani | kang dadi patukon | iya Bôngsacara ing patine | sira pasthi sun ilokkên mati | môngka pamalêsing | nyumpêt munggêl umur ||

41. kyana patih noraga wotsari | dhuh gusti sang katong | lamun sampun makatên karsane | amba amung sumarah ing gusti | urip lawan pati | kagungan sang prabu ||

42. yèn mangkono sira Bôngsapati | sun lilani bodhol | datan ana dhawuh sun liyane | kyana patih majêng awotsari | mentar sing ngarsa ji | ing praja kapungkur ||

4. Wontên ing pulo Mandhangin

4. Pangkur

1. ing marga datan winarna | lampahira wau rêkyana patih | dalah sapandhèrèkipun | prapta ing wismanira | Bôngsacara dumrojog sigra alungguh | sêngadi ngêmban timbalan- | ira jêng sri narapati ||

2. Bôngsacara wruhanira | karsèng nata sira dipun pundhuti | nganakkên sangsam tri atus | wit nata amiyarsa | lamun sira darbe srênggala linangkung | loro tur sarwa sambada | buru sangsam miyatani ||

3. mungguh kang dadya karsendra | dèn ta buru marang nuswa Mandhangin | wit ing kono [ko ...]

--- 18 ---

[... no] ênggènipun | sangsam tanpa wilangan | wis mangkata ingsun nuli arsa wangsul | mring praja munjuk sang nata | poma aywa tan nglakoni ||

4. kya patih umentar sigra | para abdi datan wontên kang kari | wau ta datan winuwus | Bôngsapati lampahnya | gênti kocap Bôngsacara ingkang kantun | pêpajar marang rabinya | Ragapadmi wruhanèki ||

5. ingsun amit arsa kesah | buru sangsam maring pulo Mandhangin | saking dhawuhe sang prabu | sira gusti karia | amung bae suwene ingsun nèng purug | nglakoni ayahan nata | ywa sah anyipta mring mami ||

6. Ragapadmi alon nabda | kakang ingsun êmoh kotinggal kari | nêdya anut salakumu | sakit lawan palastra | yun tut buri ing sira anut sapurug | drênging sih ingsun lan sira | sun tan kuwawa nayuti ||

7. ing dunya praptèng dêlahan | amung sira kang nêdya sun ngèngèri | tan saguh bênggang sarambut | iya nadyan priyea | ingsun mêsthi anut pungkur salakumu | lara sun anêdya bela | mati nêdya sun tututi ||

8. anamu ana ing paran | ingsun kudu tansah arsa nungkuli | sang putri sigra sinambut | ginawa ing paprêman | datan pêgat kinuswa ingêlus-êlus | lathi manggung cinêcêpan | pinurih aring ing galih ||

9. wau tan antara lama | Ragapadmi layap-layap aguling | Bôngsacara duk andulu | rabinya sampun nendra | alon-lonan mandhap saking tilam arum | tata-tata nulya pangkat | marang ing pulo [pu ...]

--- 19 ---

[... lo] Mandhangin ||

10. sêgawon kalih binêkta | gêgancangan Bôngsacara lumaris | nèng marga datan cinatur | tan lama age prapta | Batoputèh wau namane kang dhusun | kaprênah pinggir samodra | Bôngsacara lingira ris ||

11. Cêplok Tandhuk payo enggal | sun cêkêlan buntutira kêkalih | gawanên nglangi ing banyu | ingsun arsa angambang | Cêplok Tandhuk gya cinandhak buntutipun | sarêng anggêbyur samodra | wau sang sona kêkalih ||

12. cinêndhak ingkang carita | datan kocap anèng têngah jaladri | Bôngsacara prapta sampun | lawan kalih sonanya | pasisiring nuswa môngka nêring laku | ing kono katiganira | ngaso angilangkên lêtih ||

13. wusing pulih kang sasira |[4] Bôngsacara lawan sonanya kalih | nglajêngakên lampahipun | nuswa dèn sasak-sasak | apan nyata ngriku kathah sangsamipun | Bôngsacara aprayitna | ngoyahakên sonanèki ||

14. Cêplok Tandhuk myarsa aba | anjanggirat tangginas mlumpat aglis | kêplasnya dènira mamprung | pindha lêmbu kêrapan | parêng junjung parêng ngangkat sukunipun | jajar jangkahira padha | dhasar tunggal kang kinapti ||

15. nêdya labuh ing bêndara | sangsam ingkang kaprênggok anèng margi | kinêrah sarêng kinrubut | sakêdhap anggulimpang | nèng bantala kêmpis-kêmpis nulya lampus | Bôngsacara atut wuntat | lampahnya sagawon kalih ||

16. sangsam kang pating gulimpang | pinragatan kinumpulakên [ki ...]

--- 20 ---

[... numpulakên] sami | wau ta Cêplok lan Tandhuk | saya drêng pangamuknya | sabên wontên sangsam ngaliwêr pinikut | jinagal parêng kalihnya | tan kobêr ngungsèkkên dhiri ||

17. Bôngsacara kuwalahan | anggènira nampèni anèng wuri | maragad miwah sung-usung | mangkana datan lama | sangsam ingkang kapikut wus ngundhung-undhung | andhap inggiling tumpukan | sawisma apasthi luwih ||

18. wau ta Ki Bôngsacara | duk winical angsalira pêpati | sampun jangkêp tigang atus | sona ingatag sigra | angèndêli wau ing pambujungipun | hèh Cêplok Tandhuk lèrèna | wus cukup sangsam puniki ||

19. sêgawon datan suwala | pambujungnya nulya dipun uwisi | wangsul mlampah runtung-runtung | mring unggyaning bandara | sapraptanya ngalosod nèng sukunipun | Bôngsacara ingkang lagya | kèndêl sarwi mamah gantin ||

20. Cêplok Tandhuk tansah nyawang | ilat mèlèt sarwi gêgudras gêtih | napas maksih ngangsur-angsur | swaranya karênggosan | badan oyag datan pêgat maju mundur | cinêndhak wau kang kôndha | kang lagya ngasokkên dhiri ||

21. gênti wau cinarita | kyana patih kang nêdya ngarah pati | wus bidhal lan wadyanipun | gumrêdêg lampahira | turut marga swaranya anggung gumrunggung | praptèng têpining samodra | nitih palwa lan pangiring ||

22. palwa linampahkên sigra | kalih dasa janma ingkang mêlahi | tan kocap nèng têngah laut | tan dangu sampun prapta | ing Mandhangin kang palwa sigra alabuh | kya

--- 21 ---

patih nuli aminggah | manjing wana angulati ||

23. unggyanira Bôngsacara | datan dangu tiningalan sing têbih | Bôngsacara katon lungguh | ingadhêp rowangira | ngungkurakên wangke sangsam tumpuk-tumpuk | Bôngsapati undang-undang | hèh Bôngsacara dèn aglis ||

24. maraka ing ngarsaningwang | Bôngsacara kagyat nulya mlajêngi | marang ingkang nêmbe rawuh | têtanya anoraga | wontên paran kya patih nimbali ulun | ing sêmu katawis duka | sumôngga dipun priksani ||

25. sangsam tri atus wus kêna | anyêkapi pamundhutipun kyai | ewadèntên dèrèng cukup | amba anuwun dhawah | Cêplok Tandhuk pan maksih sami sumaguh | lamun wontên pakèn amba | ngrêsiki wana kadugi ||

26. kya patih mung kantun dhawah | Bôngsapati mojar asêmu wêngis | mula sira ingsun uwuh | ana dhawuh narendra | marang ingsun dikakke jabut nyawamu | Bôngsacara tanggap sabda | lamun makatên suwawi ||

27. amba tan nêdya sawala | awit sampun dados karsa narpati | lawan takdiring Hyang Agung | amba namung sumarah | madhêp ngèdhêp datan sumêdya amingkuh | nadyan kawula tan dosa | samêndhang tan ngrasa sisip ||

28. wa dene walahualam | mung Hyang Widi ingkang angudanèni | lamun wontên sisip ulun | nadyan amba tan ngrasa | sampun dugi manawi ing wancinipun | dhawahnya kang kalamôngsa | amundhut ingkang prajangji ||

29. Bôngsapati datan sabar | kene [ke ...]

--- 22 ---

[... ne] menggal pêdhaka ngarsa mami | wangkingan tinarik sampun | tinunjêm walikatnya | ingkang kiwa tumêka ing jaja butul | Bôngsacara nambat garwa | yayi karia basuki ||

30. pun kakang amit palastra | inguntapkên dening kiyana patih | karia mukti êmasku | kya patih muwus sugal | tanpa guna sira asambat anêbut | iya maring garwanira | môngsa wurunga ngêmasi ||

31. cinatur sona kalihnya | duk umiyat bandaranira lalis | kêbat anggêbyur ing laut | sumêdya awêwarta | mring sang putri ingkang tinilar ing dhusun | kocap wau kyana patya | aba wangsul mring nagari ||

32. Bôngsapati mêdal dharat | ingiringkên wadya ingkang sapalih | kang sapalih liyanipun | ngatag mêtu samodra | kunêng wau kyana patih lampahipun | cinatur playuning sona | ingkang kapêgatan ing sih ||

5. Radhapadmi nusul dhatêng pulo Mandhangin

5. Mêgatruh

1. sampun prapta ing wismanira ing dhusun | kapanggih sang rajaputri | Ragapadmi nêdhêng nênun | kain limar nèng jro panti | wau duk miyat sêgawon ||

2. kusuma yu gupuh mênyat sarwa dangu | bandaramu anèng ngêndi | dene datan katon wangsul | baya kari anèng ngêndi | wau polahnya sagawon ||

3. abyang-byangan kadi tandangnya wong bingung | galibêd Sang Ragapadmi | sarwi nyakot talinipun | sang putri

--- 23 ---

angatag linggih | nging sona tan mèlu pakon ||

4. dadya nabda wau kusumaning ayu | pagene asu puniki | polahe agawe gumun | bêndaranya datan mulih | sêmu tan jênjêm ing batos ||

5. he srênggala sun datan dungkap karêpmu | sang putri mijil sing panti | ngangsêg-angsêg bari muwun | kakang kowe anèng ngêndi | tan bali barêng sagawon ||

6. baya kowe cinidra nêmahi lampus | anilapkên maring mami | mau ingsun arêp mèlu | kowe amung tansah suthik | sun kok gawa mring paturon ||

7. ingsun sêngguh kowe banjur mèlu turu | datan nyana nuli anis | dhuh kang kakang kêkasihku | kang undhagi amikat sih | karya brôngta maring uwong ||

8. tega têmên kakang kowe mring awakku | nilapkên wong lagi guling | hèh Cêplok kalawan Tandhuk | antènana sawatawis | sakêdhap sun arsa dandos ||

9. arsa ngambil sinjang sêking myang patrêmku | sang putri gya manjing panti | kalawan tansah amuwun | datan dangu sampun mijil | sangkêp sarwa amirantos ||

10. sinjangira sinampirkên anèng pungkur | sêkingnya tan awèh kèksi | dhinêlikkên anèng gêlung | wacana mring sona kalih | Tandhuk kalawan pun Cêplok ||

11. mara ayo sun tut buri ing lakumu | ing ngêndi parane nguni | bandaramu duk bêburu | sona kalih jranthal aglis | sang putri tininggal adoh ||

12. nguwuh-uwuh aywa ta sira kasusu |

--- 24 ---

êntènana laku mami | sang putri èmêng ing kalbu | wit dèrèng nate manoni | salaminya nèng kadhaton ||

13. lampahira Bôngsacara yèn bêburu | lawan rowangnya kêkalih | satêmah amung tut pungkur | kêdhap-kêdhap jêlih-jêlih | bok iya kang rada alon ||

14. karo ngêndi panggonane bêndaramu | wau dangunya lumaris | sang putri sambat amuwun | o kakang kêkasih mami | kok kowe nilapke ingong ||

15. sun prasêtya kakang lamun sira lampus | amasthi ingsun belani | sira apan lakiningsun | aja guru muksa gusti | ingsun durung praptèng ngênggon ||

16. ngêndi baya iya kakang panggonamu | mung sira panutan mami | yogya ingsun tutkên lampus | he sira asu kêkalih | dikapara rada alon ||

17. krêkat urip uwus datan darbe ingsun | kapengin sêlak manoni | priye polahe lakiku | ing ngêndi baya gonnèki | ingsun sumêdya nut layon ||

18. sang srênggala palajêngnya wongsal-wangsul | lamun tan èngêt anggêndring | yèn eling cangkelak wangsul | makatên abola-bali | katawis manah angongsrong ||

19. Ragapadmi uninga sona kasusu | sambat-sambat mêlas asih | he sona rasèng atiku | wus datanpa urip malih | wau ta lampah sang sinom ||

20. praptèng wana nanging wus tan mèngêt dunung | sona andhisiki têbih | jêgagig cangkelak wangsul | wit kaprêgok kyana

--- 25 ---

patih | uwus bali saking pulo ||

21. sapraptanya Ragapadmi unggyanipun | sona anggèndèng sang putri | gênaha yun saos atur | môngga enggal-enggal gusti | singidan ngupados ênggon ||

22. Ragapadmi anyandhak karêping asu | têmah awacana aris | ana apa kana mau | iya payo padha dhêlik | tan dangu pikantuk ênggon ||

23. prênahira anèng salèring dêlanggung | wit pule dèn ge ping-amping | siningidan kilènipun | dene lampahe ki patih | saking wetan amangulon ||

24. ginarêbêg ing para kawulanipun | lampahnya tinata baris | gar-gêr sadangune mlaku | wit wus kadumugèn kapti | nglunasi kêkasih katong ||

25. kyana patih anggêpnya uwus saratu | yun ngadhêp sri narapati | tur uning jurite unggul | ngangkut brana boyong putri | swarane wus kadi lampor ||

26. ngancik gunung Bôngsapati lampahipun | sing wetan gumrêdêg prapti | wau sona lan sang ayu | anjapiping amping-amping | nèng sor wit pule bing kulon ||

27. dupi baris lampahnya wus praptèng kidul | sang putri nyalingkêr nuli | mring saloring wrêksa agung | sona kalih atut buri | kaprayitnan datan anggop ||

28. saking kidul kya patih mangilèn laju | Ragapadmi mingsêt ngalih | nèng wetaning wrêksa agung | baris lampahe tan nolih | bablas angênêr mangulon ||

29. ya ta wau kocap kusumaning ayu |

--- 26 ---

duk barisan wus tan kèksi | mring sona anuli dhawuh | sona mara dipun aglis | Bôngsapati wus tan katon ||

30. katiganya nulya ambacutkên laku | srênggala mangkat rumiyin | rajaputri anèng pungkur | tan dangu sona tan kèksi | Ragapadmi bêngok-bêngok ||

31. o lah sona angantènana lakuku | bêndaramu anèng ngêndi | tan dangu sang putri rawuh | ing dhusun kang wasta Janti | sang putri laju kemawon ||

32. nyampingira malah kinarya kêkudhung | têmahane sabên janmi | datan awon datan luhung | tan wontên ingkang udani | mring citrane sang lir sinom ||

33. Ragapadmi rintên dalu trus lumaku | wus ngungkurkên dhusun Janti | angancik padesan agung | padhukuhan tanpa wilis | nèng ngriku tan cinariyos ||

34. datan dangu Bato Potèh prapta sampun | anèng têpining jaladri | kanggêg lampahe sang ayu | awit kapêdhotan margi | tyas kumambang sru sumêdhot ||

6. Ragapadmi ambelani lakinipun

6. Maskumambang

1. datan wontên baita katon sawiji | putêg ing wardaya | wau putri Ragapadmi | kapriye rekane baya ||

2. gêtun-gêtun mriksakkên sonanya kalih | jajar parêng mlajar | sang putri kantun anangis | hèh sona sun êntènana ||

3. sun tan bisa anglangi balia dhingin | ingsun tuturana [tutur ...]

--- 27 ---

[... ana] | priye lakuku puniki | awit datan ana palwa ||

4. nadyan nglangi aku iya datan bangkit | mula ge balia | gèrèdên bae sun iki | sun cêkêlan buntutira ||

5. sona èngêt ing gusti cangkelak bali | masang buntutira | sang putri anyandhak nuli | ginèrèd nabrang ing toya ||

6. solahira Cêplok lawan rowangnèki | anèng jroning toya | lir kuda ingabên tandhing | angadu kêbating lampah ||

7. Ragapadmi cumlorot nèng dhuwur warih | lir kêplasing panah | sarwi kêncêng anyêkêli | buntuting sona kalihnya ||

8. datan dangu katiga anuli prapti | têpining samodra | pasisir nuswa Mandhangin | sang putri dangu mring sona ||

9. Cêplok Tandhuk daramu ênggone ngêndi | mara sun tuduhna | brabat wau kang sinung ling | upami bisaa nabda ||

10. môngga gusti paduka atuta wuri | ing salampah amba | mangke paduka dumugi | unggyannya tuwan kawula ||

11. Ragapadmi kaponthal-ponthal nututi | tan kêndhat asambat | êndi Cêplok Tandhuk êndi | kalawan amênggah-mênggah ||

12. datan dangu atas tingalnya sang putri | sona kêkalihnya | praptèng têngah nuswa nuli | ambruk angglinting ing kisma ||

13. anaratab galihnya sang rajaputri | apa pêthèk ingwang | si kakang mêsthi ngêmasi | brabat plajêngnya sinêngka ||

14. praptèng ênggon wangkenya sang gurulaki | ingapit sang sona | siji kanan siji kering | Ragapadmi tan panon [pa ...]

--- 28 ---

[... non] rat ||

15. pêt sumaput brêg ambruk ngrungkêbi laki | kagyatirèng nala | angga datan nyambadani | kêkêtêg sakala sirna ||

16. ngantos dangu sang putri apindha lalis | wusing sauntara | dhêg-dhêg-dhêg kumêdut malih | sumrambah mratani angga ||

17. anuntumkên otot bayu sing sakêdhik | têmah wiwit ebah | pungun-pungun èngêt malih | nging angga dèrèng kuwawa ||

18. amung tangisnya wiwit kapyarsa lirih | sambat kakang-kakang | ingsun arsa mèlu mati | tan bêtah yèn sira tinggal ||

19. durung tutug gon ingsun ngrewangi mukti | suthik yèn karia | êmoh-êmoh kakang mami | yun mèlu kowe palastra ||

20. pan mangkana sambatnya Sang Ragapadmi | ôngga pêksa polah | angliling mukaning laki | tan pêgat kinuswa-kuswa ||

21. waspa adrês tumètès nibani rai | bikut ingusapan | wus ilang kinuswa malih | ngalih-ngalih kang panggonan ||

22. waringutên galihnya sang rajaputri | sing sangêting arda | panon sumarêpêt malih | tan mèngêt purwa duksina ||

23. sawusira pungun-pungun èngêt malih | ngrangkul layonira | kinuswa dipun tangisi | cinêcêp-cêcêp lathinya ||

24. kakang-kakang atiku datan kuwawi | umiyat warnanta | saking sru kabotan ing sih | luwung sun mèlu palastra ||

25. ing sakala pêtêng panonnya sang putri | patrêm ing ukêlnya | ginrayangan wus ingambil | cinublêskên jajanira ||

--- 29 ---

26. rah sumêmprot kalênggak sang rajaputri | maksih sambat-sambat | êntènana kakang mami | sun anut saparanira ||

27. tanpantara sang putri sampun ngêmasi | layon gilang-gilang | sumandhing wangkening laki | patrêm tumancêb ing jaja ||

28. sona kalih umiyat gustinya lalis | bela kakungira | gêdabigan polahnèki | tambuh paraning kang sêdya ||

29. kalengkengan wola-wali angubêngi | layoning bandara | êluh daleweran mijil | amuwun pindha manungsa ||

30. gya malumpat wau sona kang sawiji | ing jaja sang rêtna | suku pinêrangkên aglis | ing patrêm kang munggèng jaja ||

31. sing ampuhing patrêm sona gya ngêmasi | kancanya umiyat | trangginas yun bela pati | suku pinêrangkên sigra ||

32. gulayaran ambruk tan mindho gawèni | gumlinting ing kisma | awor lawan rowangnèki | mantêp tan mundur ing sêdya ||

7. Patih Bôngsapati angsal wêwalês

7. Durma ||

1. kawuwusa wau kang bali mring praja | Kya Patih Bôngsapati | samana wus prapta | ngabyantarèng narendra | sang nata lagya tinangkil | nèng pasowanan | kya patih awotsari ||

2. sarwi matur gusti kawula kang sowan | wêngis andika aji | paran wartanira | Bôngsapati matura | iya marang jênêng mami | sun arsa myarsa | kang wus sira lakoni ||

3. adhu[5]

--- 30 ---

gusti sinuhun pêpundhèn kula | mundhi pangèstu aji | bagya lampah amba | sagêd pikantuk karya | Bôngsacara sampun kalis |[6] patik prajaya | wontên pulo Mandhangin ||

4. sangsam ingkang pinurak pun Bôngsacara | cacah tri atus iji | ugi katur nata | kaêmotkên ing palwa | mêdal têngahing jaladri | de lampah amba | dharat angrumiyini ||

5. Bôngsacara kantun bathang wontên nuswa | wau sri narapati | miyarsa aturnya | patih saklangkung duka | dadya dangu sarwi wêngis | wusnya mangkana | rabine anèng ngêndi ||

6. Bôngsapati ngrêrêpa munjuk ing nata | sèwu dêduka aji | maksih amba tilar | wontên ing wismanira | Bôngsacara kang wus lalis | lamun mangkana | paranana tumuli ||

7. aywa lali poma gawaa jêmpana | saupacaranèki | ywa nganti kuciwa | miliha wadyabala | pêpakên kaprabon jurit | môngka pangarak | lakunira sang putri ||

8. turut marga ywa kêndhat anabuh gôngsa | prajurit kang sapalih | tinggalên ing praja | môngka pamapagira | praptane sang rajaputri | sarwa têngara | êdrèl ngunèkkên bêdhil ||

9. kyana patih wusing têlas kang timbalan | nêmbah lèngsèr umijil | wus prapta ing jaba | sigra nêmbang têngara | ngumpulkên para prajurit | pinatah-patah | têlas nulya lumaris ||

10. tan cinatur lampahira anèng marga | barisira wus prapti | wismanirèng rôndha | jujug malbèng pandhapa | nging tan wontên janma kèksi |

--- 31 ---

wau kya patya | micarèng jroning galih ||

11. Ragapadmi baya nèng wisma pêngkêran | nulya mrêpêki kori | nguwuh anoraga | dhuh gusti sang lir rêtna | suwawi kundur ing puri | nitih jêmpana | joli pinatik rukmi ||

12. ingkang istha dwipôngga umangsah yuda | upacara mêpêki | pantês yèn kagêma | gusti kula sang rêtna | ywa kadangon wontên ngriki | ajrih kawula | dukanira narpati ||

13. wola-wali Bôngsapati panguwuhnya | nging tan ana mangsuli | sing gêmpunging nala | kori binêdhat nulya | panti sigra dèn lêbêti | sang putri arsa | ingambil lawan wani ||

14. nanging sangêt pangungunirèng wardaya | duk ingulatan sêpi | ingubrês tan ana | sêpên sang lir kusuma | kya patih mijil aririh | saking jro wisma | lawan putêking galih ||

15. sawusira inganam-anam kang driya | cangkelak gya lumaris | wangsul maring praja | datan kawarnèng marga | lampahira sampun prapti | sakèthèng kitha | prajurit ingkang jagi ||

16. datan gita wau duk miyat kya patya | bêdhil tan ana muni | mung tansah anyawang | maring kang nêmbe prapta | wit tan nêtêpi ubanggi | kang wus kawahya | wau Ki Bôngsapati ||

17. duk umiyat palênggonging pra punggawa | aclum guwaya kèksi | laju lampahira | jujug byantarèng nata | kang tansah anganti-anti | rawuhing garwa | kagyat dhatênging patih ||

18. tan sabawa tan mawi bêkta sang rêtna | dangu asêmu wêngis | patih kadiparan |

--- 32 ---

| bêdhil tan ana munya | gamêlan datan kapyarsi | kya patih nêmbah | ngunjukkên tiwas gusti ||

19. rayi dalêm sang rêtna pinanggih musna | ingubrês tan pinanggih | sigra wau nata | dhawuh mring pra dipatya | wong iku cêkêlên aglis | patih kaparat | anggung ngêgungkên mèri ||

20. ingkang tampi dhawuh nata tanggap sigra | patih tinubruk aglis | binlênggu saksana | wau narpati nabda | wêngis marang kyana patih | wus jangjiningwang | yèn sira tan nguwisi ||

21. sira iya bakal ingsun belakêna | Bôngsacara kang lalis | wit cidrèng ubaya | ing jangji kalah sira | umur patukoning pati | sun pundhut mangkya | kudu sira anani ||

22. sri narendra dhawuh maring pra dipatya | gawanên uwong iki | mêtu marang jaba | tindakna dhawuh ingwang | gantungên ing pang waringin | gawenên lesan | kinarocok ing bêdhil ||

23. kang supadya dadia pangewan-ewan | miwah pangeling-eling | mring sadhengah janma | kang ambêk kamerenan | lir klakuane si patih | amèrèkêna | punakawan kang tuk sih ||

24. pra dipatya wau duk tampi dhêdhawah | parêng tumandang aglis | kya patih binêkta | mring alun-alun mêdal | ginantung nèng pang waringin | kinarya lesan | binêdhil gênti-gênti ||

25. daging rantas pating sluwir sami dhawah | balungira nututi | wau lama-lama | anggota tut sajuga | saking gêmbung amrithili | tandya gêmbungnya | ambyar kenging ing bêdhil ||

26. usus muncrat [muncra ...]

--- 33 ---

[... t] iganya pating palêsat | la-ula angêlawir | binendrong ing kathah | ajur sawalang-walang | kasingsal dhawah ing têbih | kari murdanya | ngêdrèl sapisan ênting ||

27. kunêng wau kang lagya asuka-suka | lesan rêkyana patih | gênti kawuwusa | tanah sabrang bang wetan | Sumênêp namaning nagri | kèh among dagang | mêmanise kaèksi ||

8. Prabu Bidarba utusan dagang dhatêng ing Palembang

8. Dhandhanggula

1. wontên juga nakoda sru miskin | katêlasan bôndha myang barana | karêp grêgêt wus tan duwe | nging pinracayèng prabu | ingandikan kesah gêgrami | nata paring dagangan | ingêmot ing prau | wus samêkta sung têngara | bêdhol jangkar babar layar gya lumaris | gancang lampahing palwa ||

2. sakidulnya Mandhangin wus prapti | ki nakoda tumêngèng ngakasa | nginggil Mandhangin prênahe | wontên ingkang kadulu | gya angatag mring juru mudhi | anggêgulung kang layar | ambuwang kang sauh | kene labuh sawatara | kancanira datan suwala ing kapti | wusnya nuli têtanya ||

3. kyai lurah paran kang kinapti | labuh jangkar ing ênggèn punika | nakoda alon jawabe | sun miyat akèh manuk | angrêgêmêng gamêng kaèksi | mabur mubêng kalangan | nèng saluhuripun | pulo Mandhangin [Ma ...]

--- 34 ---

[... ndhangin] punika | apa baya kang sami dipun ulati | mara padha nyatakna ||

4. lawan malih kabênêran iki | sun tingali sangunira toya | tan cukup ginawe ngombe | sadangune nèng laut | baya kana ênggoning warih | mula enggal mêntasa | lawan gawa êjun | awak-awaking baita | gya tumandang palwa pininggirkên aglis | jungkung maring dharatan ||

5. kônca papat mêntas saking warih | angèstokkên pakèning nakoda | gawa êjun datan supe | sadangunya lumaku | ngênêr maring unggyaning pêksi | batin sami anarka | badhe manggih umbul | tan dangu lampahnya prapta | têngah nuswa kagyatan andulu warih | wangke ingkang katingal ||

6. janma kalih jalêr lawan èstri | sandhingira layoning srênggala | ugi kêkalih cacahe | kapat sarêng amuwus | astapirlah hirobil alim | uwong apa punika | de barêng alampus | dalah sasona-sonanya | pantês bae ing dhuwur sinaba pêksi | iku kang yun dèn môngsa ||

7. ayo kônca dipun pêtak nuli | wit ujare wiwit kuna-kuna | yèn uwong anêmu wangke | dipun ingu gumluntung | ila-ila bakal nêkani | kancanya ngayubagya | gya tumandang bikut | luwangan tiga samêkta | jisim kalih pinisah tan dadi siji | sona kinubur kêmpal ||

8. sawusira kuburan rinukti | kônca papat sigra lumaksana | yun wangsul marang praune |

--- 35 ---

dèrèng têbih lumaku | sapambêngok watawisnèki | nulya na gagak seta | sing wiyat tumurun | mlangkring mencok ing maesan | sarwi ngucap swaranya saengga janmi | mangkana ta lingira ||

9. singa-singa kang amêndhêm mayit | pralambange apan iya ana | kêmbang asêm upamane | swara makatên wau | kapiyarsa de kang lumaris | kagyat anolih samya | nging gagak wus mamprung | wong papat nglajêngkên lampah | praptèng gyannya jungkung ing pinggir pasisir | numpak gya winêlahan ||

10. praptèng palwa nakoda udani | lamun kônca datan bêkta toya | sêrêng sêru pamuwuse | pokalnya wong kêpaung | kongsi suwe sun anti-anti | apa karyamu baya | salami nèng purug | prapta datan bêkta toya | kang sinabdan mêndhak-mêndhak anauri | sampun kasêsa duka ||

11. kula matur dhumatêng kiyai | milanira kula ngantos lama | nèng pulo mrangguli wangke | sakawan cacahipun | ingkang kalih layoning janmi | priya lawan wanodya | dene kalihipun | pan inggih bangke srênggala | ting gulimpang nèng siti datan rinukti | lajêng kawula pêtak ||

12. janma kalih pinisah tan nunggil | ponang sona dadya saluwangan | sawusnya angubur wangke | kawula sami wangsul | dèrèng têbih amba lumaris | watawis sapangundang | wontên kang karungu | sing wingking lir janma nabda | amba tolih kang katingal gagak putih | mlangkring anèng maesan ||

13. liring

--- 36 ---

swara kapyarsa dumêling | ling-elingên hèh sakèhing janma | sapa gêlêm ngubur wangke | gêdhe ganjaranipun | kêmbang asêm pêpindhannèki | wusnya nywara kadyeka | gagak nuntên mamprung | sakêdhap datan katingal | kintên kula pun gagak puniku kyai | êjim amindha-mindha ||

14. ki nakoda sawusnya miyarsi | ing kojahe kapat kancanira | prentah ambêdhol jangkare | sanak-sanak sadarum | wêcanira si gagak putih | prayoga ingyaktosan | bênêr luputipun | kancanya nambungi sabda | mugi-mugi katêmahan mawon kyai | palwa anulya bidhal ||

15. layar mlêndhung tinêmpuh ing angin | angin timur kêncêng lampahira | palwa lir sinawatake | alun tinrajang purun | laminira anèng jaladri | wus datan cinarita | samana kadulu | têtêngêring kang dharatan | gunung Plembang wus katon saking ing têbih | lampah nulya ginêlak ||

16. datan dangu palwa sampun manjing | ing muaranira kali Plembang | kèh sudagar mêthukake | samya anitih jungkung | lêlancaran rêbut rumiyin | sawusnya minggah palwa | yêl-uyêlan ngrubung | dagangan saking Madura | pamêndhêtnya datan mawi ngawis-awis | lung barang lung ardana ||

17. êmas ore kang minôngka picis | ingêbrukkên lir ambayar wingka | dadya kêbak paraune | dagangan maksih ngumbruk | ki nakoda eram ing galih | dungkap ing têlung dina | sampun ngajak wangsul | kadospundi kyai lurah | barang taksih nangkoda [nang ...]

--- 37 ---

[... koda] amuwus aris | binuwanga kewala ||

18. kancanira tan sawalèng kapti | sakantune dagangan binuwang | marang ing lautan kabèh | jangkar binêdhol sampun | layar-layar uwus rinakit | bidhal wau saksana | ngetan purugipun | nèng samodra tan winarna | ing plabuhan Madura sampun dumugi | minggah maring dharatan ||

19. ki nakoda têrus manjing puri | yun umatur marang gustinira | angunjukkên lêlakone | wau ta sang aprabu | duk umiyat nakoda prapti | ingawe maring ngarsa | saksana andangu | hèh nakoda dene sira | enggal bali baya tiwas anèng margi | rinampas parangmuka ||

20. ki nakoda matur awotsari | adhuh gusti sêsêmbahan kula | amba munjuk sayêktose | lampah ulun nèng laut | mundhi barkah dalêm sang aji | tan wontên kara-kara | parangmuka samun | dagangan wontên Palembang | kumarubut ingkang samya angajêngi | tri ari sampun dhadhal ||

21. pra sudagar kang minôngka picis | êmas ore rupi balebekan | agêngnya satumbasane | kadi kenging ing dhuyung | pamêndhêtnya tan mawi ngawis | lung barang lung kancana | wingka paminipun | amba êwratkên ing palwa | palwa pênuh munjung-munjung pindha rêdi | swawi kapariksaa ||

22. sri narendra sru ngungun ing galih | sêmu suka dangu mring nakoda | saratira apa bae | dene nganti kadyèku | nora kaya kang uwis-uwis | nakoda [na ...]

--- 38 ---

[... koda] matur nêmbah | makatên witipun | nalika kawula pangkat | ing ruhuring Mandhangin ulun umèksi | pêksi akêkalangan ||

23. kathahira tan kêna winilis | kadi wontên kang sami sinêdya | pêthèk amba yun ngambil we | rèhning duk wêdal wau | toya sangu sampun anipis | amba asung parentah | mring prikônca ulun | supados ambucal jangkar | sawusira jangkar inguncalkên warih | amba angatag kônca ||

24. kônca catur lun kinèn lumaris | mring dharatan unggyanirèng kaga | tumuta amèt toyane | kônca samya tumurun | ngênêr maring panggenan pêksi | kagyat wau duk miyat | toya sêpên samun | kang pinanggih wangke janma | kathahira kalih jalêr lawan èstri | wangke nulya pinêtak ||

25. sasampunnya mêtak wangke kalih | kônca kapat yun wangsul mring palwa | katungka mirêng swantêne | gagak awulu pingul | ingkang ngucap apindha janmi | mlangkring wontên maesan | liripun panguwuh | janma kang lêga lêgawa | gêlêm mêtak layoning sasami-sami | kêmbang asêm pamanya ||

26. pan makatên gusti swarèng pêksi | tuhu lamun sanès sabaenya | panjalmèng êjim yêktine | ingkang atunggu kubur | sung sasmita mring kula sami | punika mulanira | gusti lampah ulun | manggih bêgja tumpa-tumpa | sang aprabu wau duk myarsa aturing | nakoda mèngêt wuntat ||

--- 39 ---

9. Raja Bidarba tindak dhatêng pulo Mandhangin

9. Pangkur

1. hèh nakoda glis balia | maring palwa ingsun kasêlak uning | kancana gêgawanamu | mêngko na karsaningwang | ki nakoda nêmbah lèngsèr saking ngayun | êmas kang ngêmot nèng palwa | ginotongan manjing puri ||

2. sri nata lêgêg umiyat | mring kancana antukira gêgramin | sangêt ascaryaning kalbu | dhawuh mring mantrimuka | sira patih ngumpulna sakèh kancamu | prêdinên anambut karya | yasa cungkup kang prayogi ||

3. kang amawa payon sirap | datan dangu cungkup sampun cumawis | nulya ngrukti sanèsipun | ubarampening karya | para wadya parêng tumandang abikut | mragad lêmbu myang maesa | kambangan tanapi pitik ||

4. wosira akêkoyanan | kang minôngka jadah jênang myang wajik | sampun rinukti rumuhun | nuntên nata dhêdhawah | ngumpulakên ngulama lan para miknun | dimèn ngiring lakuningwang | iya mring pulo Mandhangin ||

5. sun arsa amulyakêna | patilasaning wong ambêk utami | mantêp têtêp sêtyèng kalbu | nganti praptèng dêlahan | uwus dadi kaparênging galih ingsun | nêdya paring pangayoman | marang kang wus padha lalis ||

6. pra wadya mangayubagya | mring karsane gusti sri narapati | bêbêktan samya ingusung | tinata nèng jro palwa | sang aprabu angantuni wiyosipun | ginarêbêg [ginarê ...]

--- 40 ---

[... bêg] pra punggawa | ampilan tan ana kari ||

7. praptane ing palabuhan | orêg janma kang samya nêningali | tuwin wak-awaking prau | sawusira sang nata | nitih palwa lan pra sêliran sadarum | kya patih amatah-matah | papannya sawiji-wiji ||

8. dados pintên-pintên palwa | agêng alit datan kêna winilis | plabuhan jêjêl apênuh | nulya munya têngara | kalamênta bêdhil ingêdrèl abarung | jangkar-jangkar binêdholan | babaring layar gumêrit ||

9. binarung ungêling gôngsa | wèh gambira mring kang andon lumaris | palwa binidhalkên sampun | titihannya sang nata | anèng têngah minôngka dadya têtunggul | ngarsa wuri rantap-rantap | jêjêl riyêl kanan kering ||

10. palwa kang ngêmot punggawa | sing dharatan dinulu anglamlami | lêpas wau lampahipun | sang nata lan pra wadya | tan cinatur wontên satêngahing laut | ing Mandhangin sampun prapta | jangkar binuwangan sami ||

11. wadya kumpul nèng dharatan | angêntosi mandhapira sang aji | tan dangu nata tumurun | sigra sarêng abidhal | mring unggyannya kuburan cinitrèng ngayun | sapraptanira ing kana | parêng sami nambut kardi ||

12. cungkup tan dangu palastha | payon sirap brunjung angrêspatèni | êpyan putih sarwa mungguh | pinagêr kir-ukiran | jêron pagêr linangse mubêng atêpung | pra wadya ingatag sigra | jèjèr urut pindha baris ||

13. katungka ungêling gôngsa | para wadya

--- 41 ---

anulya sami ngibing | sigrak apasêmon patut | binarung ing sanjata | ingêdrèlkên datan wontên towongipun | sang nata suka amulat | gambiraning para abdi ||

14. gya mrêpêki kang kuburan | ginarêbêg para santanèng aji | praptèng ngayun sigra tundhuk | môngka aparing kurmat | palarapan nèmpèl siti engga gathuk | sawusnya sang nata jêngkar | pra santana gya pinardi ||

15. atundhuk agantya-gantya | datan wontên ingkang sawalèng kapti | têlasing santanèng prabu | nulya para dipatya | wadya alit ugi datan purun kantun | ngatingalkên kurmatira | marang kang wus padha lalis ||

16. wau ing sadangunira | sang aprabu anèng pulo Mandhangin | rintên dalu among wadu | pinurih suka-suka | mangan nginum datan wontên kêndhatipun | duk antuk sadasa dina | wontên dhawuhing narpati ||

17. wadya kinèn tata-tata | yun budhalan wangsul maring nagari | wit prêlu sampun kacakup | sigra wau sang nata | dhinèrèkkên santana têdhak mring cungkup | sung kurmat môngka pamitan | atundhuk kadya ing nguni ||

18. pra dipatya lan punggawa | datan wontên satunggal ingkang kari | dhèrèk ngastuti ring kubur | nulya munya têngara | êgong bèri arame sarêng tinabuh | sang nata anulya bidhal | ginarêbêg mring pra abdi ||

19. ing palwa tan dangu prapta | tan cinatur ramenirèng pasisir | Mandhangin sampun kapungkur | palwa sri tiningalan | nèng

--- 42 ---

têngahing samodra lamun dinulu | pindha sata mong kuthuknya | wau titihan narpati ||

20. rinubung ing palwa wadya | saking dharat datan pêdhot kapyarsi | swaraning gôngsa tinabuh | bêdhil sakêdhap munya | sinêlanan suraking wadya gumuruh | nutugkên gènnyandon suka | anèng têngahing jaladri ||

21. wênèh wontên bing-ibingan | wênèh wontên ingkang lêlangên ringgit | cinêndhak ingkang winuwus | lêpas lampahing palwa | duk samana laut Pacangan kadulu | palwa pininggirkên samya | anulya wontên kapyarsi ||

22. swaraning sanjata munya | pra pandhèrèk tumurun ngrumiyini | tan dangu nulya sang prabu | minggah maring dharatan | upacara pil-ampilan datan kantun | sigra tumamèng jro pura | ginarêbêg para abdi ||

23. sangêt trusthaning wardaya | kalêksanan saèsthinirèng galih | rajabrana muwah-muwuh | wau ingkang saduman | binabage wradin kawula sadarum | wong alit asuka bungah | dadakan satêmah sugih ||

24. kabèh mau mulanira | datan liya sing kuburaning janmi | kang tan dosa nandhang lampus | têmah mêtu kramatnya | praptèng mangke dadya panyadranan agung | janma kang kesah layaran | tan lali mampir Mandhangin ||

25. basmi dupa asung sêkar | wênèh ana dêdagan sariratri | ngastuti kang uwus lampus | angêningakên cipta | kang kaèsthi sadangunira nèng ngriku | antuka sawab barêkah | kadya nakoda duk nguni ||

--- [0] ---

Isinipun.

... Kaca

1. Bôngsacara, Ragapadmi... 3 | 2. Ragapadmi wontên ing griyanipun nini-nini... 6 | 3. Jailipun patih Pôngsapati... 12 | 4. Wontên ing pulo Mandhangin... ... 17 | 5. Ragapadmi nusul dhatêng puo[7] Mandhangin... 22 | 6. Ragapadmi ambelani lakinipun... 26 | 7. Patih Bôngsapati angsal wêwalês... 29 | 8. Prabu Bidarba utusan dagang dhatêng ing Palembang... 33 | 9. Raja Bidarba tindak dhatêng pulo Mandhangin... 39

Catatan kaki:

1. Anjawèkakên saking basa Walandi, prêtalanipun Tuwan Dr. Th. Pigeaud kawrat ing kalawarti Djawa no. 4/5 taun ingkang kaping 12. (kembali)
2. pinasrahkên. (kembali)
3. prapti. (kembali)
4. sarira. (kembali)
5. adhuh. (kembali)
6. lalis. (kembali)
7. pulo. (kembali)