Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63

Judul
Sambungan
1. Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 25-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 1 dari 35

Sêrat Wedhasatya

Nyariyosakên lêlampahanipun Bathara Paswa akalihan ingkang garwa Bathari Dharani apadudon bab katrêsnaning jalêr lan èstri, ngantos kalampahan kanyatakakên sami manjanma dhatêng ing ngarcapada, Bathara Paswa nitis dhatêng ulam kutuk, Bathari Dharani nitis dhatêng manusa, wasana sagêd kalampahan dhaup.

Kapêthik saking Sêrat Pustakaraja sinawung ing sêkar dening Radèn Ngabèi Rănggawarsita Pujăngga agêng ing karaton dalêm Surakarta.

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama - Surakarta, taun 1842–1912.

--- [0] ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 2 dari 35

Sêrat Wedhasatya

Nyariyosakên lêlampahanipun Bathara Paswa akalihan ingkang garwa Bathari Dharani apadudon bab katrêsnaning jalêr lan èstri, ngantos kalampahan kanyatakakên sami manjanma dhatêng ing ngarcapada, Bathara Paswa nitis dhatêng ulam kutuk, Bathari Dharani nitis dhatêng manusa, wasana sagêd kalampahan dhaup.

Kapêthik saking Sêrat Pustakaraja sinawung ing sêkar dening Radèn Ngabèi Rănggawarsita Pujăngga agêng ing karaton dalêm Surakarta.

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama - Surakarta, taun 1842–1912.

--- I ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 3 dari 35

Ringkêsan pathokaning panyêrat tapak astanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita ing Sêrat Wedhasatya punika gagap-gagapan kados ing ngandhap punika:

1. Yèn aksara purwaning lingga utawi ngajêng, karakêtan sandhangan panyigêging swara aksara wêkasaning lingga utawi ing wingking kêdah karangkêp kalihan pasanganipun, kados ta:

w/nN [warna] (botên kasêrat: w/! [warna])
a/cC [arca]
a/fF [arda]

k/# [karta]k/# [karta] botên kenging kasêrat k/t± [karta], makatên ugi k}ti± [krêti] botên kenging kasêrat k}#i [krêti].
k}ti± [krêti]

k/$ [karsa] (lintunipun: k/sS [karsa])
s/% [sarpa] (lintunipun: s/pP [sarpa])
a/jJ [arja]
a/y- [arya]
n/mMf [narmada]
w/gG [warga]

nanginga/k [arka]botên kasêrata/kK [arka]
nangingpu/w [purwa]"pu/wW [purwa]
nangingb/l [barla]"b/lL [barla]
nangingpu/b [purba]"pu/bB [purba]

--- II ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 4 dari 35

2. Aksara irung botên luluh, nanging mêsthi luluh, kados ta:

ai=zulmÑ|tuk\tum[m=zlm\k=zw/nNi [Ing ulam kutuk, tumamèng alam, kang awarni], sapanunggilanipun.

3. Sigêg aksara: Ù  [sa] murda, yèn wêkasaning lingga wêkasaning aksara: [ta], [ma], [tha], kados ta: aÙT [asta], wiÙM [wisma], peÙQi [pêsthi].

4. Yèn aksara ngajêng: [ra], [wa], [ma], aksara wingking: [sa], punika kêdah ngangge Ù  [sa] murda kados ta: [rasa], t}ÙN [trêsna], k}ÙN [krêsna], kuwÙ [kuwasa], wÙit [wasita], [masa] sapanunggilanipun, nanging w=sit\ [wangsit] botên kasêrat w=Ùit\ [wangsit] sabab sampun kaêlêtan .

5. [sa] talawya kangge ing têmbung: $u [su], $]i [sri], $= [sang], $Wr [swara], kados ta:

$usil [susila]punika namaning têmbung sarta: $u [sa], anggadhahi têgês piyambak, nanging sut [suta] têmbung aran, suf [suda] têmbung kaanan sarta su  [su], botên anggadhahi têgês piyambak, punika botên kenging kasêrat $ut [suta], $uf [suda].
$uf/Ù! [sudarsana]
$]i*u%#i [sri bupati]nanging: as]i [asri], s]igk\ [srigak], botên kenging kasêrat a$]i [asri], $]igk\ [srigak], awit s]i  botên anggadhahi têgês piyambak.
[fwi$]i [dèwi sri]
$=%]*u [sang prabu]nanging s=kl\ [sangkal], k¼s=s= [kêsangsang] botên kasêrat [kasêra...]
$=ku$um [sang kusuma]

--- III ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 5 dari 35

[...t] $=kl\ [sangkal], k¼$=$= [kêsangsang] awit s= [sang] botên anggadhahi têgês piyambak.

I$Wr [iswara]nanging sWrnNi=tiy= [swaraning tiyang], pekSisWri [pêksi swari] botên kasêrat $WrnNi=tiy= [swaraning tiyang], pekSi$Wri [pêksi swari].
p][m$Wri [pramèswari]

6. Aksara: [nga], dados lintuning yèn wêkasananing lingga aksara, [ha], [ka], [sa], [ga], kados ta: sizÜ [singha], mnuzÑr [manungkara], mnuz° [manungsa], gzG [gangga].

a[n= [anèng] luluh ing têmbung: anai= [ana ing].

anNzi= [ananging]botên kasêrat anzi= [ananging], anm [anama].
anNm [anama]

snlik [sanalika], botên kasêrat snNlik [sanalika].

wÙ! [wasana]saking warga sastra
kr! [karana]
*uÙ! [busana]
*qr [bathara]
[wfD [weddha]

Juru paniti sastra
Ki Padmasusastra.

--- 1 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 6 dari 35

1. Gambuh

1. tyas mirong murwèng gambuh | yayah roga tanposada tuhu | tangèh luwar saking maskating panyakit | malah kongsi sarwa kusut | kasat mata dadining don ||

2. dènira karya pemut | limuting tyas rare kang kalimput | lacut maring rèh sumirang murang niti | tan tan tuman amêmatuh | têmah lumaku ginuron ||

3. mangkana yogyanipun | tumulara sudarsana luhung | duk ing zaman kabudan kang dadya misil | kasusilaning tumuwuh | mèt saking rèh karahayon ||

4. lêlakon alok tuhu | caritaning nguni ana kutuk | rabi kênya winiwahèng narapati | purwakanira kasêbut | ing Sastra Wedha kinaot ||

5. Pustakaraja iku | nyaritakkên lêlakoning kutuk | zaman prajèng Wiratha kang madêg aji | Sang Basukeswara Prabu | kasub ing rat widagdèng don ||

6. andina-dina muhung | mèt martèng tyas anggung anênamur | kanthi wadya sawatara kang kinapti | samaptaning anênungku | pitêr pudya murwèng layon ||

7. samana duk anuju | anênamur maring lor praja gung | amung Arya Manungkara kang umiring | lan parpat ro kanthinipun | angampil tepak têmbako ||

8. praptèng marga lit iku | sêsimpangan kang maring desa gung | karajaning Wandasingha duk ing nguni | kahyanganira Hyang Wisnu | nalika warna harimo ||

9. prabu raryan ing ngriku | mulat ana wong papat lumaku | gêgancangan sarya tawan-tawan [ta...]

--- 2 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 7 dari 35

[...wan-tawan] tangis | ingandhêg samya dinangu | karananing rèh mangkono ||

10. ana ingkang sumaur | dhuh priyantun sampun arubiru | kang sayêkti lampah kawula puniki | gêgancangan arsa pangguh | kalawan lêlurah ingong ||

11. sêdya nuwun pitulung | pamingkaraning baya pakewuh | dyan dinangu sapa lurahira yêkti | winangsulan kang kasêbut | Manungkara punggawèng jro ||

12. mangkya jinatèn sampun | lamun Arya Manungkara iku | kang têtanya marmanira padha nangis | kapat sarêng makidhupuh | dènnya lungguh tan rinaos ||

13. mung marêp saryandulu | maring Arya Manungkara iku | tan wruh lamun anèng ngarsaning narpati | panakawan ro gumuyu | kinira wong lara panon ||

14. jinawil kinèn mungkur | angarêpna ing pasilan prabu | parêng kagyat kapat wus samya udani | adan mingsêg sru mabukuh | anèng ngabyantara katong ||

15. dupi wus mari ngangsur | napasira wong papat puniku | dinangu kang dadya darunèng anangis | kang sawiji alon matur | pukulun jêng sang akatong ||

16. inggih sajatosipun | abdi dalêm punika lêlungguh | umbul dhusun ing Kasidan awêwangi | pun Sarwa mangkya kasêbut | karan saking anak wadon ||

17. Pak Saruwi puniku | ingkang wontên kiwaning bokipun | dene tiyang èstri kalih kang sumandhing | biyang lawan bibèkipun | dhumatêng sutamba wadon ||

18. milanipun pukulun | kapat [ka...]

--- 3 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 8 dari 35

[...pat] sami kêkapang kapiluh | sêdya sowan dhumatêng lurah nagari | Arya Manungkara patut | paring pitulung wirangrong ||

19. makatên purwanipun | wontên tamu èstri saking dhusun | ing pahoman awasta Nyai Gandhori | punika semahing Buyut | Gandhowara kasub ing wong ||

20. dènira amartamu | dhatêng wisma kawula mitêmbung | anjêjawah sontên ngêbun-êbun enjing | ing sutamba èstri wau | pun Saruwi lamun jodho ||

21. sumêdya kambil mantu | antuk sutanipun warni kutuk | wasta Jaka Dêlêh punika sayêkti | dahat anduparèng têmbung | măngsa sagêda kalakon ||

22. dene ta ulam kutuk | badhe ngangkah rabi wanudya yu | sanalika semah amba Nyai Kèsi | nugal[1] wêwangsulanipun | nirbaya wikarèng batos ||

23. ah têka soroh saru | sarêrasan andika bok ayu | anjêjadha jaja anjêjangkung aris | pundi wontên ulam kutuk | badhe dhaup lan wong wadon ||

24. sèwu botên pakantuk | pêpantêse lamun ulam kutuk | amung jagi pes-pesan lan urip-urip | makotên ing lumrahipun | kang êmpun kaprah dening wong ||

25. Nyai Gandhori napsu | nanging tansah kawula rêrapu | dupi sarèh nuntên amba apêpanggil | minta têngran rêtna luhung | maniking toya sajodho ||

26. kang agêng sabiluluk[2] | lamun sagêd tumuntên awujud | mila karya pêpanggil makatên gusti | amung dadosa [da...]

--- 4 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 9 dari 35

[...dosa] têtanggul | manawi nampika awon ||

27. narendra mèsêm muwus | lah ta paran wangsulane iku | Si Gandhori apa banjur anyaguhi | Umbul Sarwa aturipun | sakêdhap kèndêl kemawon ||

28. antawis dangu muwus | sagah dèrèng kantênan liripun | kula niki muhung darmi anglampahi | pakèning sutamba kutuk | wontên pêpanggil kang abot ||

29. tinantun saratipun | sagêd botên yêkti kula wangsul | pamit mantuk ing antawis dintên prapti | mamardawa wuwusipun | baya êmpun pasthi jodho ||

30. suta andika niku | lawan anak kula warni kutuk | nadyan mina ujêr langkung dibya sakti | sagêd muja rêtna luhung | sami sakêdhap kemawon ||

31. puniki warninipun | manik warih agêng sabiluluk | tanggapana rêtna sakêmbaran mangkin | tanpa kuciwèng wêwangun | tupiksanên dèn waspaos ||

32. kawula mulat mangu | mangunêngan ngungun pungun-pungun | ngunandika paran kasidaning wuri | wuryaning tyas arsa lumuh | tan purun tampi sayêktos ||

33. singlar ubayèng dangu | nanging tăngga têpalih sauyun | samya ngemutakên duk amba pêpanggil | mangkya kadhatêngan sampun | pantês tinampèn kemawon ||

34. manawi maksa lumuh | yêkti badhe awrat sangginipun | amba dahat putêk tyas mêtêk kapati | wêkasan kawula muwus | minta inah dèn sarantos ||

35. ing pêndhak Soma èstu | kalampahan [ka...]

--- 5 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 10 dari 35

[...lampahan] wiwahaning sunu | manik warih kabêktaa wangsul malih | gampil katanggapanipun | benjang Soma Pon kemawon ||

36. Gandhori datan purun | kêdah badhe tinilar puniku | rêtna maniking toya mulung katampik | diya-diniya adangu | sinapih tăngga têparo ||

37. ing rêmbag kang pakantuk | saking ing pamrayogi pirukun | tinurutan inah pêndhak Soma mangkin | kang manik warih gumantung | anèng brahmana kemawon ||

38. dupi bibaran sampun | amba lawan anak rabi èstu | dahat giyuh yayah tan miyat wiyati | cipta tumamèng pakewuh | ngêsah tan wrin dayaning don ||

39. marsudi tyas tarwilun | anggung ngrêmbag kadadosanipun | miruda nglès ing dalu saanak rabi | sêdya tumamèng praja gung | nuwun pariksaning katong ||

40. wontêna wêlasipun | anguwukkên prakawising dhaup | sampun ngantos anak kawula pawèstri | kalampahan laki kutuk | mindhak dados ojat awon ||

41. têlasing aturipun | Umbul Sarwa wêkasan wotsantun | sri narendra angungun tumanduk liring | Arya Manungkara sampun | tumanggap sasmitèng katong ||

42. kadhawuhakên niku | maring Umbul Sarwa kinèn laju | dènirarsa tumamèng praja tumuli | anjujuga wismanipun | Arya Manungkara ing jro ||

43. wotsari mangkat sampun | Umbul Sarwa anak rabi tumut | praptèng praja marêm andulu sarwa [sar...]

--- 6 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 11 dari 35

[...wa] sri | ya ta lampahira prabu | laju anjog marga kang lor ||

44. rêrasanira muhung | Buyut Gandhowara kang dhêdhukuh | ing pahoman têka kaelokan yêkti | janma anak-anak kutuk | anglêngkara yèn rinaos ||

45. wasana karsa prabu | dinadèkkên pamiwahanipun | iwak kutuk lan kênya Rara Saruwi | bokmanawa kang tinêmu | karya eloking lêlakon ||

46. ananging saratipun | arsa mariksa bêbukanipun | Buyut Gandhowara dènira sêsiwi | warna iwak kutuk iku | dinangu yêktining pandon ||

47. manadukarèng prabu | Arya Manungkara aturipun | karsa nata punika langkung utami | bokmanawi babaripun | dados suka sakaroron ||

48. samana laju kondur | sri narendra praptèng praja sampun | animbali Kya Patih Wasita mangkin | winartosan langkung ngungun | dene têka sèwu elok ||

49. wêkasan kang rinêmbug | kyana patih dhinawuhan gupuh | anuduha punggawa kinèn nimbali | Buyut Gandhowara iku | dèn prapta padha samêngko ||

50. patih sampun anuduh | ingkang maring pahoman katêmu | lawan Buyut Gandhowara dèn dhawuhi | sandika kerid salaku | praptèng ngabyantara katong ||

2. Sinom

1. enggar kang tyas tumaruna | ki buyut anèng ngarsa ji | dènirantuk panambrama | kabagyaning anak rabi | saksana kyana patih | tinuduh kinèn andangu |

--- 7 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 12 dari 35

sangkaning asêsuta | warna kutuk têmah kongsi | angrasani rabi wanitèng Kasidan ||

2. wus dinangu aturira | pukulun sang misudhèng sih | mangkya kawula sajarwa | bêbukanipun ing nguni | kados sampun antawis | langkung kalih wêlas taun | samantên semah amba | kang awasta pun Gandhori | wawrat sêpuh mèh andungkap lèking masa ||

3. duk kapati dènnya nendra | ing dalu supêna kèksi | lairing wawratanira | warni kutuk asmu wilis | kang cahya anêlahi | mawi makutha bra murub | jamang mas kinatipa | dening rêtna mutyara di | salêbêting supêna semah kawula ||

4. sangêt dènnya kamigilan | sarwi angêmu prihatin | kang kutuk lajêng binucal | dhatêng lèpèn tan atêbih | dupi ing wanci enjing | kawistara wêtêngipun | kimpès tanpa karana | kadi duk dèrèng garbini | semah amba kampitèng tyas sanalika ||

5. dhatêng gèn dhukun mêmalar | kinèn dumuk sampun yakin | musnanipun kang wêtêngan | tan kenging dèn usadani | ing ngriku pun Gandhori | gupuh-gupuh antukipun | karuna amlas-arsa | amba takèn paran marmi | jinatosan ing purwa madya wasana ||

6. amba dahat gêgêtun tyas | sanityasa asmu tistis | tansah monêng analăngsa | mintaksamèng bathara di | praptaning ratri malih | pun Gandhori tilêmipun | sawêg anglês kewala | kadi wontên kang amangsit | wuwusipun angêngimur manuhara [ma...]

--- 8 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 13 dari 35

[...nuhara] ||

7. lah ta biyung ing samangkya | luwarên tyas kang rudatin | mupusa pandoning dewa | manawantuk bagya yêkti | anêmu suta pêkik | antarakna têmbenipun | yèn wus tumêkèng masa | babaring manungsa jati | kanirmalan anèng ngabyantara nata ||

8. lah ta mara yêktèkêna | sesuk mênyanga ing kali | sidhataning Wandasingha | manawa ana kaèksi | kutuk mawa buka sri | jêjamang rinênggèng tatur | pinatik sarwa rêtna | ujwalanira nêlahi | iya iku sajatine awak ingwang ||

9. ayya sandeya ing driya | dènira angaku siwi | sèsèrên gampang kewala | tan rêkasa kang kinardi | mèt pamrihing pakolih | yèn wus kêna kutuk iku | ingunên ing pabongan | ayya nganggo dèn pakani | amung sabên têngah wêngi dupanana ||

10. saubênging kang pabongan | dupa ratus widha sari | saantara umênênga | sêbutên ing dalêm batin | dhuh kulup suta mami | Jaka Dêlêh ayya limut | kapienakên nendra | anggèr tangia tumuli | nêkanana kang dadi pamintaningwang ||

11. jroning cipta aranana | apa pamintanirèki | yêkti sun turut kewala | pasthi sanalika prapti | katêmu wus sumandhing | anèng sakiwatêngênmu | sangkêp tanpa kuciwa | nanging ana wêkas mami | sesuk esuk manawa maring narmada ||

12. ayya kongsi nganggo rowang | lawan ayya kapiyarsi | maring liyan poma-poma | kabèh wangsit ingsun iki | simpênên dèn arêpit [arêpi...]

--- 9 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 14 dari 35

[...t] | yèn kalakon nora kasub | sayêkti katarima | dadi kabêgyan ing wuri | dupi wanci bangun ingkang sayêm praba ||

13. semah amba kaèngêtan | saliring kang dados wangsit | tangi tilêm sanalika | dhumatêng lèpèn pribadi | mantuk wanci byar enjing | sampun antuk ulam kutuk | mawa praba tumeja | ngangge makutha buka sri | jêjamang mas pinatik ing nawa rêtna ||

14. lajêng kaingu punika | wontên pabongan ing wuri | kala samantên kawula | mêntas tangi amarêngi | arsadus aningali | ing pabongan wontên kutuk | tumeja makutha mas | ajêjamang sarwa rukmi | kampitasmu makêtêr tyas sanalika ||

15. angênguwuh semah amba | dhatêngipun pun Gandhori | apingungun kalairan | muwus tumut amastani | manawi elok yêkti | samantara ulam kutuk | manthongol saking toya | mung sirah kewala kèksi | sarya muwus mamardawèng basa krama ||

16. lah ta bapa Gandhowara | ampun pisan andarbèni | kampitèng tyas was sumêlang | wruhanta kula puniki | sutandika pribadi | ingkang mijil saking biyung | Gandhori yêktinira | nalika ing dalu wingi | biyung kula Gandhori tilêm supêna ||

17. wawratanipun ambabar | mijil kutuk mawandari | supraba sri dumipèng rat | laju binucal ing kali | duk tangi bangun enjing | wêtêngan kimpès kadulu | wêwarti ing andika | dhinukunkên sampun yêkti | musnaning

--- 10 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 15 dari 35

kang wawratan tanpa karana ||

18. samantên samya nalăngsa | minta marmaning dewadi | ing dalu malih punika | biyung tilêm antuk wangsit | manawi tangi enjing | dhatênga ing lèpèn gupuh | pribadi tanpa rowang | ayya kongsi kapiyarsi | maring liyan dèn awadi tingkahira ||

19. lamun ontên kang katingal | kutuk mawa praba asri | kinèn angangkah dèn kêna | pun biyung jinatèng yêkti | yèn sutane pribadi | kang amijil warni kutuk | laju kaprênahêna | anèng pabongan ing wuri | tanpa pakan agêsang saking kawasa ||

20. mung dinupan gănda widha | sabên wanci têngah ratri | mubêng têpining pabongan | anguwuh ing dalêm batin | mintaa kang kinapti | tinurutan dening kutuk | Jaka Dêlêh panêngran | pun biyung nalika tangi | laju dhatêng narmada amung priyăngga ||

21. wau sampun kalêksanan | sawasitaning wêwangsit | praptèng mangke duk andika | arsadus kagyat ningali | ing kula dènnya kèksi | mawa praba angênguwung | makutha jêjamang mas | lêrês andika kagèti | ujêr elok akarya makêtêring tyas ||

22. ananging yèn praptèng masa | sampun antuk jarwa jati | yêkti mantun tyas sandeya | amung mangkya dèn anggati | saliring kang wêwêling | pituhunên jroning kalbu | kang sarta dipun sasab | ampun kongsi awêwarti | ing wong liyan mindhak murungkên parasdya ||

23. kenging têmbe sajarwaa | anèng ngarsaning narpati | yèn wahyaning [wah...]

--- 11 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 16 dari 35

[...yaning] masakala | badhe kangge barang kardi | makatên kang wêwêling | pun kutuk kala rumuhun | kèndêl ing wuwusira | ulam kutuk silêm malih | amba lajêng angrêsiki ing pabongan ||

24. nguni sampun kalampahan | amituhu ing wêwêling | amba lawan nyai somah | sabên wanci madya ratri | dêdupa angubêngi | têpining pabongan kêmput | sinawuran puspita | sirat sugănda widha sri | sarya nguwuh amêminta ing samurwat ||

25. kadhatêngan sanalika | sèsthining tyas tanpa wèsthi | dumugi ing sapunika | kacêkapan sawatawis | labêt saking nglampahi | sapakèning ulam kutuk | ing mangke kaparêngan | sutamba sampun birahi | andarbèni paminta dhatêng kawula ||

26. kêdah arsa palakrama | nanging aèng kang kinapti | rara ayu ing Kasidan | kang awasta Kèn Saruwi | kasub ing rat sayêkti | nirkên sarwa sri raras rum | punika kang sêsuta | Umbul Sarwa Biyung Kèsi | wuwusipun sutamba mèt manuhara ||

27. lah ta bapa kaparênga | mangkya pun biyung Gandhori | kula wawrati ing karya | têmbung ngêbun-êbun enjing | anjangkunga wiyati | sontên nawur riris arum | dhatêng dhusun Kasidan | ontên kênya kang wêwangi | Kèn Saruwi atmajaning Umbul Sarwa ||

28. lamun sami kasêmbadan | badhe kula angkah rabi | nanging têmbung bêbaresan | ampun mawi sasab sandi | kawula amangsuli | jumurung ing lairipun [lairi...]

--- 12 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 17 dari 35

[...pun] | sèwu mangayubagya | angungun ing dalêm batin | andupara kutuk paksantuk manungsa ||

29. rèhning dahat ing kajrihan | semah amba pun Gandhori | kalampahan sanalika | dhatêng Kasidan kapanggih | Umbul Sarwa lan Kèsi | anandukkên mardawa rum | rumêsêp mèt pamrihan | manuharèng ukara ris | lamun sami sambada ing sakalihan ||

30. Kèn Saruwi kaparênga | badhe dipun mong pribadi | kang minăngka sêsambitan | suta jalu awêwangi | pun Jaka Dêlêh warni | ulam kutuk nanging bagus | mawa praba tumeja | makutha rukmi rêspati | wignya liring rarasati basa krama ||

3. Mijil

1. Umbul Sarwa nalika miyarsi | tanpa amiraos | asmu dahat awrat kewraning rèh | ing wasana akarya pêpanggil | minta suratnadi | musthikaning ranu ||

2. sakêmbaran kang tan ninang warni | wangun gana tinon | sabiluluk gêngnya maniking we | măngka têngraning patibasampir | lamun andhatêngi | yêkti sagêd dhaup ||

3. pun Gandhori amangsuli miring | amèt tyas kemawon | sagah dèrèng kantênan ing têmbe | pamit mantuk sapraptaning panti | lajêng awêwarti | dhatêng ulam kutuk ||

4. lamun Umbul Sarwa apêpanggil | langkung awrat elok | minta têngran rêtna maniking we | sakêmbaran wangun gana sami | kang tan siwah warni | gêngnya sabiluluk ||

5. ulam kutuk botên amangsuli | murdanipun tinon | lir sêmadi [sêma...]

--- 13 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 18 dari 35

[...di] pasangrakiting rèh | tan adangu manthongol saryangling | mangkya wus antuk sih | parmaning dewa gung ||

6. lah ambilên rêtna manik warih | sakêmbaran tinon | kadi gana iku wêwangune | dumipèng jro pabongan nêlahi | saisining panti | padha mubyar murub ||

7. pun Gandhori tumuntên angambil | manik we sajodho | duk pinusthi munggwing èpèk-èpèk | amba lawan semah pun Gandhori | mulat mangu sami | lêng-lêng tyas kayungyun ||

8. dènnya prabaning kang manik warih | tuhu yèn kinaot | yayah nirkên srining rat ing mangke | winadhahan sangku kancana di | tumuntên angrukti | wêwahing manguyu ||

9. uparêngganing ambêkta manik | pantêsipun tinon | sampun wontên kang kuciwa ing rèh | laju matah kang sami umiring | dupi sarwa sarwi | samakta sadarum ||

10. enjing mangkat mawi dèn kurmati | murwating janma sor | têtabuhan amung kêndhang bêndhe | trêbang angklung ing samargi-margi | kathah kang ningali | lajêng samya tumut ||

11. praptèng dhusun Kasidan kapanggih | lan umbul karoron | jalu èstri wontên ing jro bale | pun Gandhori mèt maniking warih | sarya muwus aris | mamardawèng têmbung ||

12. rayi kula sakalihan sami | minta têngran elok | inggih sampun kadhatêngan mangke | lah suwawi andika tampèni | kang rêtna puniki | kêmbar warnanipun ||

13. kalih pisan ing wangunan sami | kadi gana

--- 14 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 19 dari 35

tinon | sabiluluk puniki agênge | praba nirkên raras ruming bumi | umbul jalu èstri | kèndêl tanpa muwus ||

14. badhe botên purun anampèni | pinêksa dening wong | kang tumingal samya mrih katampèn | lamun mêksa tan purun atampi | sayêkti ing wingking | awrat sangginipun ||

15. botên wande katur ing nagari | kawisesa yêktos | ing punika umbul ragi mèlèd | minta inah pêndhak dintên mangkin | dènnya anampèni | rêtna manik ranu ||

16. tiyang prapat sami angrêmbagi | mèt rukun kemawon | amba dèn prih sarantosa sarèh | pêndhak dintên ing ngriku upami | cidra ing ubanggi | yêkti sampun kokum ||

17. kajibahna ing tăngga têpalih | makatên kemawon | dene maniking toya ing mangke | gumantunga wontên brahmanarsi | Sang Sodha wêwangi | mangkya sampun rampung ||

18. têlas aturing buyut wotsari | wau ta sang katong | duk miyarsa dahat pangungune | ing wêkasan angandika aris | saka ing pamikir | elok têmên iku ||

19. baya bêcik kalakon apanggih | dhaup sakaroron | kutuk lawan parawan dadine | kayaparan babare ing wuri | apa iku yêkti | sajatining kutuk ||

20. apa baya mêmalihan janmi | mangkya yèn kalakon | bokmanawa elok babarane | nanging kang sun èsthi ing pambudi | têmua pribadi | ingsun lawan kutuk ||

21. lan

--- 15 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 20 dari 35

bisaa imbal wuwus yêkti | kêna yèn tinakon | kyana patih dahat jumurunge | Buyut Gandhowara matur aris | ing karsa dewaji | gampil dadosipun ||

22. inggih amba mangkya kang kadugi | karya prasidèng don | ulam kutuk amba sowanake | dhatêng ngabyantara narapati | saking pamatawis | kenging yèn dinangu ||

23. kados-kados sagêd amangsuli | saliring wiraos | sri narendra kasêmbadan tyase | angandika yèn mangkana bêcik | gawanên tumuli | maring ngarsaningsun ||

24. dèn asamun ayya na udani | ing rèh kang mangkono | ingsun arsa atêtakon dhewe | mangkya lamun wus sajarwa jati | gampang ing pamikir | dènnya mrih rahayu ||

25. buyut nêmbah wus kalilan mulih | asmu suka tinon | sapraptaning wisma age-age | somahira winartan kang dadi | karsaning narpati | dènnya mèt pakantuk ||

26. nyai buyut sukèng driya kadi | manggih mas sagêdhong | tan antara mangkya sakarone | samya maring pabongan wêwarti | maring kutuk sarwi | amèt tyas mamardu ||

27. muwus manuhara mêmalad sih | adhuh sutaningong | kaparênga kulup mêngko sore | tinimbalan ing sri narapati | kadarpaning galih | amung arsa wanuh ||

28. prayogane kulup dèn turuti | marêk ing sang katong | bokmanawa dadi jalarane | bisa dhaup lawan Kèn Saruwi | kalakona yêkti | dahat suka sukur ||

--- 16 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 21 dari 35

29. Jaka Dêlêh dupi amiyarsi | kang murda manthongol | sarya manis arum pamuwuse | yèn mangkana bêcik dèn lakoni | mungguh kang kinardi | wadhah awak ingsun ||

30. mêngko ana lancang mas kang prapti | wangun kumba tinon | ing jro mèsi tirta pawitramèn | saking swarga parmaning dewadi | iku bae bêcik | karyanên angusung ||

31. kutuk kèndêl samantara kèksi | lancang mas kinaot | tuhu kadi kumba wêwangune | mèsi tirta saking suranadi | kongas gandanya mrik | wilêt marbuk arum ||

32. tan pantara kang kutuk kaèksi | wus manggon anèng jro | surup surya mangkya pangusunge | tanpa rowang amung lawan rabi | praptaning nagari | patih kang jinujug ||

33. laju kerid marêk ing ngarsa ji | datan kawruhan wong | prabu mulat kacaryan ing tyase | yayah tumon para warapsari | anambrama ririh | dènnya mandana yu ||

34. duk miyarsa kutuk murda kèksi | aturira alon | dhuh dewaji karsa anyaruwe | ing dasih kang dahat kawlas asih | sawêg anêmahi | soting bathara gung ||

35. manggih bagya kamahyangan mangkin | panambrama katong | sakalangkung anuhun dasihe | kapirênan tyas sri narapati | anggung amêmuji | nirmalaning kutuk ||

36. ing wêkasan angandika aris | adhuh mitraningong | muga jatènana ingsun kiye | karananta kutuk arsa rabi | manungsa sajati | paran wadinipun [wadini...]

--- 17 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 22 dari 35

[...pun] ||

37. kutuk matur sajarwa ing nguni | purwaning lêlakon | dhuh pukulun kalilana mangke | ulun sumbung wontên ing ngarsa ji | lêpata saliring | sarik sarusiku ||

38. nguni wontên dewa kang wêwangi | Hyang Paswa kinaot | putraning Hyang Purusa wiyose | swaminipun inggih widhadari | Bathari Dharani | nguni namanipun ||

39. atmajaning Hyang Mèstri sajati | mangkya kacariyos | kala taksih pasihan kalihe | Sang Hyang Paswa lan Dèwi Dharani | samya wawan dalih | ing sih trêsnanipun ||

40. pan dalihing Hyang Paswa mastani | trêsnaning karongron | èstri datan nimbangi priyane | Sang Bathari Dharani mangsuli | lêpat kang pandalih | inggih yêktinipun ||

41. jalu datan nimbangi pawèstri | sihing sakaroron | Sang Bathara Paswa atêtakèn | paran ingkang dadya tăndha yêkti | Bathari Dharani | alon aturipun ||

42. tiyang jalu manawi udani | ing dyah ayu anom | anglangkungi kang garwa warnane | yêkti dahat kayungyun ing galih | laju kambil sori | sabab wênang wayuh ||

43. pae èstri lamun aningali | priya bagus anom | anglangkungi kang jalu warnane | botên pisan darbea tyas melik | dènnya sangêting sih | dhatêng priyanipun ||

44. Sang Hyang Paswa gumujêng saryangling | adhuh jiwaningong | amrang tatal iku bêbasane | yèn wanudya wêwênanga sami | lawan priya yêkti | tan beda ing kayun ||

45. Sang Bathari Dharani [Dhara...]

--- 18 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 23 dari 35

[...ni] mangsuli | anglêngkara yêktos | bok darbea wêwênang èstune | dèrèng wontên èstri laki kalih | anjawi manawi | kang irung sapucung ||

4. Pocung

1. mèsêm muwus Hyang Paswa lamun satuhu | kaya pikirira | kudu nganggo tăndha yêkti | ingsun arsa wruh kang dadi kanyataan ||

2. lire lamun ingsun manjanma ing pungkur | maring ngarcapada | apa ta sira tut wuri | apa kari ana ing swarga kewala ||

3. wuwusipun Dèwi Dharani ing kakung | lamun makatêna | kawula yêkti tut wuri | sampun ingkang dhumatêng manuswa pada ||

4. nadyan nyêmplung yamani upaminipun | botên nêdya pisah | lêstantuna dados cèthi | ing wêkasan Dèwi Dharani prasêtya ||

5. lamun limut ila-ila kang tinêmu | nguni kasauran | gêtêr patêr asênggani | dhèdhèt erawati asrang sêsauran ||

6. duk puniku nuju pêparênganipun | antuk kala desa | wontên kambêt saking swargi | gandanipun tiyang sawêg pêpasihan ||

7. wor salulut panrênggasmaraning kakung | dhatêng semahira | Hyang Paswa mèt minang krêti | mrih katungkul ing garwa sami sakala ||

8. drênging kayun Hyang Paswa laju tumurun | dhatêng ngarcapada | angupadi gandaning sih | duk tinurut praptèng dhusun ing pahoman ||

9. lajêngipun anuksma ing ulam kutuk | sampun katêmahan | dènira mrih minang krêti | dados kutuk tumamèng alam limunan ||

10. masilurup munggwing

--- 19 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 24 dari 35

guwa garbanipun | èstri ing pahoman | kang wasta Nyai Gandhori | inggih semahipun Buyut Gandhowara ||

11. milanipun Hyang Paswa dumunung ngriku | saking dènirarsa | angyêktoskên sihing rabi | punapèstu angantêpi kang prasêtya ||

12. inggih lamun taksih trêsnèng priyanipun | warnia punapa | kang saèstu botên pangling | kalampahan panggih malih dados semah ||

13. dupi sampun antawis satêngah taun | wontên kayêktosan | kèksi saking rahsa jati | kawistara ing pramana dados tăndha ||

14. lamun tuhu Dèwi Dharani puniku | nêtêpi prasêtya | lajêng tumutur majanmi | babaripun wontên dhusun ing Kasidan ||

15. mangkya sampun dados sutanipun tuhu | umbul ing Kasidan | sinung têngran Kèn Saruwi | biyung Nyai Kèsi bapa Umbul Sarwa ||

16. babaripun Hyang Paswa awarni kutuk | botên kasamaran | dhatêng pun Rara Saruwi | yèn satuhu Dèwi Dharani punika ||

17. mila kutuk bangun kadarpaning kayun | paksa amêngkua | ing Kèn Saruwi manawi | kalampahan saèstu dados pratăndha ||

18. yèn satuhu prasêtyanira ing dangu | samantarèng masa | Nyai Gandhori tinuding | anjêjawah sontên dhumatêng Kasidan ||

19. amung antuk wangsulan minta têtangsul | panggiling kudangan | têngran rêtna manik warih | sakêmbaran sabiluluk agêngira ||

20. inggih sampun kadhatêngan panggilipun [panggilipu...]

--- 20 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 25 dari 35

[...n] | mangkya ing wêkasan | minta inah pêndhak ari | tinurutan sumêne samantên dina ||

21. lajêngipun kang manik tirta gumantung | wontên ing brahmana | wasta Sang Sodha Maharsi | pangagênging karajan ing Wandasingha ||

22. benjang lamun praptaning ubangginipun | pêndhak dintên Soma | sang brahmana yêkti wajib | angluluskên kasidaning lêlampahan ||

23. mangkya sampun têlas aturaning kutuk | prabu duk miyarsa | angungun tyas asmu tistis | dènnya wikan yèn niku jatining dewa ||

24. silarjayu manadokarèng pamuwus | lah ta mitraningwang | andika puniku yêkti | sajatining dewa Sang Bathara Paswa ||

25. kula sampun sumêrêp èsthining kalbu | marma yèn sambada | mênggah prakawis puniki | lêstantuna sagêdipun kalampahan ||

26. kutuk manggut tăndha yèn dahat jumurung | nulya sri narendra | angandika ing pêpatih | lah ta adhi wasita baya prayoga ||

27. karsaningsun kutuk lêstaria dhaup | lawan kèn Kasidan | mangkya rumatana dhingin | dèn tarêtib ayya kongsi kawanguran ||

28. apa kang wus dadi adat kutuk iku | Buyut Gandhowara | ayya kongsi angowahi | panuturing dupa ratus gănda wida ||

29. yèn wus rampung pamêtrinira ing kutuk | nuli anuduha | punggawa kang animbali | Sang Brahmana Sodha wiprèng Wandasingha ||

30. têlas dhawuhing nata patih wotsantun | wus kalilan mêdal | Gandhowara [Gandho...]

--- 21 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 26 dari 35

[...wara] myang Gandhori | kang anggawa kutuk parêng undurira ||

31. praptanipun ing wisma kya patih sampun | nimbali brahmana | kerid dening duta nuli | marêk parêng maring ngabyantara nata ||

32. wus dinangu prakaraning mina kutuk | aturing brahmana | saking purwa amêkasi | kadi aturing wong pahoman Kasidan ||

33. ngandika rum Sang Basukeswara Prabu | lah bapa brahmana | mungguhing prakara iki | ingkang dadi kadêrênging karsaningwang ||

34. yogya lamun kalakona dhaupipun | nanging ingsun karya | kaelokan dimèn dadi | kacaryaning wong andulu pamiwahan ||

35. dene kutuk iya rinuwat karuhun | dadia manungsa | mungguh kang ingsun bubuhi | pangruwating kutuk Arya Manungkara ||

36. manawa wus mangkono ing karsaningsun | karya sêsintrenan | iwak kutuk kang sajati | iku bakal kauparênggèng bawahan ||

37. ing wêwangun cinara pangantèn dhaup | anèng dhatulaya | kutuk kang wus dadya janmi | sun prênahkên dhingin ing gêdhong pangantyan ||

38. mangkya yèn wus pangantèn wadon lumêbu | maring pagêdhongan | paran wahananing dadi | Kèn Saruwi apa ta maksih kèlingan ||

39. lamun iku sajatining priyanipun | ingkang apanêngran | Bathara Paswa ing nguni | duk maksihe padha ana ing kahyangan ||

40. apa limut boya kèlingan salêmut | maring priyanira | dènnya pisah wus alami | marma ingsun adarbe karsa mangkana ||

--- 22 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 27 dari 35

41. wruhanamu bapa iwak kutuk iku | sajatining dewa | kang kasêbut awêwangi | Sang Hyang Paswa atmajaning Hyang Purusa ||

42. dene iku Si Saruwi wruhanamu | tuhu waranggana | anama Dèwi Dharani | dadi somahira Sang Bathara Paswa ||

43. karo iku duk maksih anèng swarga gung | padha wawan sabda | rêbut tarka ing pandalih | amintonkên sih trêsnanira priyăngga ||

44. têmahipun padha prasêtya ing dangu | nuli Sang Hyang Paswa | samana mèt minang krêti | dadi kutuk tumêdhak maring pahoman ||

45. somahipun Dèwi Dharani tumutur | nanging salisiban | tanbuh kasidaning laki | dadya nuksma maring desa ing Kasidan ||

46. kang tinuju măngka yayah-renanipun | iku Umbul Sarwa | lan somahe Nyai Kèsi | sabanjure kongsi dadining prakara ||

47. duk angrungu Brahmana Sodha wotsantun | dahat pangungunnya | ing wasana matur aris | yèn kaparêng saking karsa padukendra ||

48. ulam kutuk punika prayoginipun | mawi kadhawahan | sagêda ruwat pribadi | rèhning dewa bokmanawi kalampahan ||

49. milanipun makatên ingkang saèstu | wêwah kaelokan | sri narendra nayogyani | Kyana Patih Wasita kang dhinawuhan ||

50. panggya Buyut Gandhowara pantêsipun | kinèn prasabêna | maring suta kang awarni | iwak kutuk yèn mangkana karsa nata ||

51. patih sampun tumanggap [tumang...]

--- 23 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 28 dari 35

[...gap] kang dadya dhawuh | ya ta sang brahmana | amèt rêtna manik warih | sakêmbaran katur laju tinupiksa ||

52. sang aprabu angungun sadangunipun | tanpa angandika | dene ana manik warih | sabiluluk kang praba andiwangkara ||

53. dupi sampun sampeka sinungkên wangsul | maring sang brahmana | sarya paring pamrayogi | lamun prapta ing ubaya pêndhak Soma ||

54. wajibipun kang rêtna maniking ranu | iku ulungêna | maring Umbul Sarwa yêkti | wus bênêre minta pêpanggil tinêkan ||

55. awotsantun brahmana kalilan mundur | lawan kyana patya | praptaning wisma tumuli | andhawahkên ingkang dadya karsa nata ||

56. ya ta Buyut Gandhowara gupuh-gupuh | wêwarahing suta | kutuk mangkya amangsuli | maring Patih Wasita saryasmu suka ||

57. inggih lamun makatên ing karsa prabu | langkung kasêmbadan | sawatawis aprayogi | witning dados kasmaran ingkang tumingal ||

5. Asmaradana

1. kang saèstu sagêd ugi | kula rumuwat priyăngga | dene kang măngka sêsintrèn | dados kutuk sanalika | agampil traping karya | Dèwi Dharani rumuhun | duk wontên ing suralaya ||

2. darbe mêng-amêngan adi | warni kucing căndramawa | jalu ruruh kang pasêmon | abusana cara dewa | punika yèn cinipta | tumuruna dados kutuk | prapta sami sanalika ||

3. sarta ruwatipun malih | amêwahi kabingahan | wontên ingkang dados [dado...]

--- 24 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 29 dari 35

[...s] elok | sajatosipun punika | sampurnaning manungsa | kang dèrèng widagdèng kawruh | kamulyaning sangkanparan ||

4. arinipun Nyai Kèsi | kang awasta Êmpu Prastha | prênah ipe dados ipe | dènira Sang Umbul Sarwa | makatên atur amba | pawèstri wasta pun Rêmbun | semahipun Êmpu Prastha ||

5. arining sang sarwa yêkti | ruwatipun kang wêkasan | dhaupa malih ing têmbe | kang supados sami suka | makatên têgêsira | ruwat pisan saking kutuk | dados kucing căndramawa ||

6. bokmanawi Kèn Saruwi | kèngêtan ing patêmbayan | dènira katêmbèn tumon | lêlangênipun ing kina | kang kucing căndramawa | ruwat malih kang saèstu | waluya jatining janma ||

7. sumanggèng karsa narpati | atur kawula sadaya | darmi lumampah kemawon | botên ta yèn kabêktaa | kaduk tyas kumawawa | makatên ingkang saèstu | kados rare taksih mudha ||

8. măngka luwang kang utami | bêbasaning kasujanan | wignya punika yogyane | rinawatan munggwing wuntat | dados tan kawistara | tiningalna bodhonipun | botên kasêbut kuciwa ||

9. kya patih mèsêm saryangling | yèn mangkana aturira | bêcik ingsun saosake | maring kangjêng sri narendra | supaya kauningan | barang pangrehan ta iku | samana praptaning masa ||

10. kya patih tumamèng puri | angaturkên pamrayoga | saking kutuk kang

--- 25 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 30 dari 35

wiraos | bokmanawi kasêmbadan | mêwahi kaelokan | kaparêngan ing tyas prabu | angandika maring garwa ||

11. yayi ingsun awêwarti | bakal ana kaelokan | dene babaring lêlakon | yèn wus ana dhêdhaupan | parawan antuk mina | warna kutuk bisa muwus | iku yayi yèn sambada ||

12. mangkya padha dèn yêktèni | amêmaton ing jro pura | yayi mangkua kang wadon | Kèn Saruwi aranira | sutaning Umbul Sarwa | dene ingsun kang amangku | pangantèn jalu prayoga ||

13. warna kutuk awêwangi | Jaka Dêlêh ing pahoman | kang sêsuta sajatine | iku Buyut Gandhowara | wardaning wong pahoman | duk miyarsa Dèwi Wastu | gumujêng matur sandika ||

14. dènnya kaelokan yêkti | kayaparan purwanira | ing têtika kang mangkono | sri narendra wus sajarwa | saliring lêlampahan | Dèwi Wastu suka ngungun | kadarpèng tyas daya-daya ||

15. mangkana sri narapati | rêmbag lawan kyana patya | kang dadya kasidaning rèh | kyana patih aturira | pukulun yèn sêmbada | mangke dalu ulam kutuk | kinèn ruwat dados janma ||

16. ing antawis sampun kèksi | samaptaning kang busana | kaprênahkên kinèn manggèn | dhatêng gêdhong padhaupan | makatên ing pratingkah | dipun awadi satuhu | sampun ngantos kawadaka ||

17. tumuntên Rara Saruwi | kapundhut malêbêtira | sangadinipun [sanga...]

--- 26 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 31 dari 35

[...dinipun] ing mangke | siningidakên punika | wontên ing dhatulaya | kasambadaning tyas prabu | kawistarèng pangandika ||

18. patih kinèn andhawuhi | maring kutuk dèn atanggap | ingkang dadya karsa katong | nulya Arya Manungkara | kang kinèn andhawahna | maring Umbul Sarwa iku | lêbuning suta wanudya ||

19. samana parêng wotsari | wus sami kalilan mêdal | sowang-sowangan undure | gancang ingkang winursita | ing ratri kalêksanan | samantara kutuk sampun | nirmala ruwat priyăngga ||

20. dadya manungsa sajati | manungku tyas sanalika | jroning lancang ana katon | kutuk mêmalihanira | kang kucing căndramawa | mangkana kya patih sampun | angirid kang wus rumuwat ||

21. dupi praptaning ngarsa ji | datan kongsi sinambrama | kinèn tumamèng jro gêdhong | badhe panggenan pangantyan | gantya kang kawuwusa | Kèn Saruwi lêbêtipun | sarêng sadalu punika ||

22. kaprênahkên kang arêpit | lan sayayah-renanira | amiranti panggonane | wus mangkana sri narendra | ing wayah titi sunya | amanggihi karsanipun | maring sang nirmalèng warna ||

23. amung kanthi kyana patih | lawan Arya Manungkara | manambrama wuryaning rèh | kadya mudyastawèng dewa | sang jaka kipa-kipa | manuhara aturipun | pukulun sri naranata ||

24. tanpa karya pudyastuti | rèhning amba ing samangkya | dèrèng ruwat sajatine [sajati...]

--- 27 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 32 dari 35

[...ne] | taksih sawêg kamanungsan | ing benjang yèn waluya | dados dewa kang saèstu | sumanggèng karsa narendra ||

25. malah mangkya ing pangèsthi | kaparênga sumawita | kasêmbadan ing tyas katong | Jaka Dêlêh kinèn lênggah | satata lawan patya | tansah samya mèt martayu | rêmbug kasidaning karya ||

26. Jaka Dêlêh matur aris | pukulun yèn kaparênga | benjang enjang kang pangantèn | mangkat saking kapatihan | mawia jinajaran | manik warih kang gumantung | wontên Sang Brahmana Sodha ||

27. măngka tăndha dhawah sampir | kang saking pangantèn priya | salajêngipun ing têmbe | sumanggèng karsa dhumawah | manawi praptèng masa | nuntên pawèstri pun Rêmbun | binusanan adi warna ||

28. kêmbar lawan Kèn Saruwi | dhaupipun sakalihan | kutuk ruwat warni sato | dados kucing căndramawa | manawi kalampahan | samya gawok kang andulu | amêwahi sukaning tyas ||

29. bokmanawi Kèn Saruwi | èngêt darbe mêng-amêngan | èstunipun botên supe | kang prasêtya duk ing kina | yèn sampun samantara | kucing ruwat dadosipun | jatining janma Sang Prastha ||

30. lajêng kadhaupna malih | lawan pun Rêmbun punika | kados ugi wêwah sae | kèndêl sang jaka wotsêkar | mangkana sri narendra | mangayubagya ing rêmbug | enjang samaptèng wiwaha ||

31. praptaning sore miranti | pangantèn pangarakira | wus kalakon [ka...]

--- 28 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 33 dari 35

[...lakon] patraping rèh | dadya suka pirênèng tyas | samana karsa nata | sampurnaning karya laju | kabèh kinulawisudha ||

32. dadi wadya punggawa ji | Jaka Dêlêh wus ingangkat | Arya Paswa panêngrane | Sang Prastha Arya Minarda | Umbul Sarwa anama | Arya Srawana puniku | pinaringan manik tirta ||

33. Buyut Gandhowara mangkin | anama Arya Kesrawa | lancang mas pinaringake | kang aisi toya marta | Brahmana Sodha dadya | kamituwa ulu-ulu | angrèh para purohita ||

34. parêng dènira wotsari | ingkang kinulawisudha | samya suka sukur kabèh | amêmuji raharjendra | samana wus kalilan | sêsowangan antukipun | lulus kongsi praptèng wisma ||

Mirit cariyos ing nginggil punika ngèlmi panitisan: wontên, sarta sagêd èngêt dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr, punika amènginakên sayêktos, măngka mênggahing dewa-dèwi kalêbêt prakawis gampil sarta rèmèh, manuksma sakarsa-karsanipun dados, sanadyan dhatêng ulam kutuk botên sumêlang ruwatipun dados manungsa, dening amêngku

--- 29 ---

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 34 dari 35

kasêktèn, wangsul mênggahing têtiyang walaka saupami gadhah gêgendholan ngèlmi panitisan, ingkang kaèsthi salêbêting manah bilih mancad badhe puput ngumuripun, angèsthi kêplasing nyawa lêrêsing panitisipun, dhatêng ingkang dipun siri, ananging lêpat-lêpat sêmbiripun pamancadipun nitis kalintu dhatêng ulam kutuk, sarta botên sakti kados Sang Hyang Paswa botên sande kalêbêt ing wajan dipun urip-urip, nyawanipun kalêpêran malih.

Ki Padmasusastra.

Weddhasatya, Padmasusastra, 1912, #63: Citra 35 dari 35

 


sugal. (kembali)
sabêluluk (dan di tempat lain). (kembali)