Lampahanipun Sang Rêtna Suyati, Albert Rusche & Co., 1894, #1637 (Pupuh 01–12)

Judul
Sambungan
1. Lampahanipun Sang Rêtna Suyati, Albert Rusche & Co., 1894, #1637 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Lampahanipun Sang Rêtna Suyati, Albert Rusche & Co., 1894, #1637 (Pupuh 13–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SANG RETNO SOEJATI

Bagian 1

Sêrat Lampahanipun Sang Rêtna Suyati, ngantos jumênêngipun pramèswari ing Praja Yunani.

utawi

Katrêsnan ingkang amurugakên dhatêng kanugrahan

N.V. ALBERT RUSCHE & Co.

Soerakarta 1894

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

SANG RETNO SOEJATI

Bagian 1

Sêrat Lampahanipun Sang Rêtna Suyati, ngantos jumênêngipun pramèswari ing Praja Yunani.

utawi

Katrêsnan ingkang amurugakên dhatêng kanugrahan

N.V. ALBERT RUSCHE & Co.

Soerakarta 1894

--- 1 ---

SANG RETNO SOEJATI

1. Dhandhanggula

1. sambawèng tyas dera mrih mêmanis | mamrih runtut gancaring carita | sonya saniskaraning rèh | tuna ing susastra yu | dènirarda amardi budi | muhung mamrih kayatnan | laksitaning dangu | praja di tanah ing Bulgar | mamèt saking nukiling băngsa Arabi | jinarwan basa Jawa ||

2. mrih tumular wuryaning kintèki | pinapantês wahyaning ruwiya | rinakit saprayogane | măngka bêbantunipun | khabar Jawikandha kang mijil | sing nagri Surakarta | bêbukaning kidung | katrêsnan kenging winastan | lêlangêning manah pangimuring kingkin | nadyan kang wus kacêtha ||

3. datan sawastu sagêd manarik | mring kamulyan miwah kaluhuran | ewamangkana prandene | wontên ingkang amangguh | kaluhuran jalaran saking | katarik ing katrêsnan | yèku Kangjêng Ratu | Suyati pramèswaranta | Sri Narendra Sayid Kasan Abdul Majid | nata ing Yunan praja ||

4. ciptaning tyas kusuma Suyati | sadèrèngnya pinundhut ginarwa | Sri Abdul Majid sêdyane | unggyanira tumuwuh | anèng dunya ingkang kaèsthi | muhung amrih kamulyan | nugrahaning ratu | ruwiyanira duk kênya | Dyah Suyati kacêtha jro pemutaning | băngsa Rab ahlul kojah ||

5. yèn pinirit ananing taliti | Dyah Suyati têdhaking punapa | upami trahing pamase | pundi ta prajanipun | kang winêngku băngsa punapi | de arda

--- 2 ---

kumawirya | tansah ngayun-ayun | nugraha kagunganira | para putrining narendra paran dening | datan kêna kinira ||

6. nadyan risang kusuma Suyati | lèn trahing narendra miwah têbah | ing băngsa luhur têdhake | kabyaktan sêdyanipun | dadya sori natèng Yunani | katarik limpading tyas | myang suwarnanipun | tuhu musthikaning kênya | raras rume ing bawana tanpa siring | liya saking mangkana ||

7. kèh lêlakon ingkang anjalari | kapanujon dadya marganira | kasambadaning sêdyane | dene jumênêngipun | Abdul Majid anèng Yunani | sasêngkan mung kabêkta | sing pangwasanipun | para manggalaning praja | kang biyantu sarana wutahing gêtih | miwah kèhing sangsara ||

8. kalaksananira Dyah Suyati | dhaup lawan jêng sri naradipa | pantês yèn binasakake | andhayung antuk kêdhung | Abdul Majid adêgira ji | lulus dwi dasa warsa | yèku tandhanipun | manusa manawa lagya | jinurung ing anugrahanirèng[1] Widhi | nahên kang winursita ||

9. amêdharkên talitinirèki | Dyah Suyati mangkana purwanya | wontên Banija wastane | Ali Burham dêdunung | ing Malaka darbe wêkèstri | sinêbut Sayid Tibah | Jenal aranipun | nalikanta misih kênya | kang dèn èsthi amung kamulyaning dhiri | sumarmanira darwa ||

10. sasêbutan Sayid marga saking | kramantuk Sayid karana sang dyah | kasub endah suwarnane | sengoh sarira lurus | dêdêg sêdhêng sèdhêt mantêsi | gumêbyaring carmanta | apindha sitangsu | rema mêmak ngandhan-andhan | netra lindri ambalut sumorot kadi | sêsotya gilar-gilar ||

11. galak ulat tajêm ing pangliring | gandhang swara parigêl ing tingkah | gapyak lus parikramane | pantês sasolahipun | dhèmês luwês manis prak ati | têtêg tanpa kaciwa |[2] mawor băngsa luhur | miwah anèng pasamuwan | tanduk tanggapira [tanggapi ...]

--- 3 ---

[... ra] satata rêspati | tan măntra trahing sudra ||

12. tatas titis wasis atarampil | amêmangkat panujuning karsa | mrih lunturing sih wus lantèh | wignya akarya trênyuh | tyasing liyan widagdèng pamrih | kèh priya kang kasmaran | mèt mitra kawilut | lêkêt mrih kinalulutan | datan pêgat misungsung supadyantuk sih | nanging kang kasambadan ||

13. amung Sayid kang sagêd mêngkoni | Jenal Ngalim ing Tibah sanajan | kuciwa warna wancine | calaina wus sêpuh | soca juga tiwas wit kêni | pamblêdhosing sêndawa | duk tarunanipun | dadya lajêring pratiwa | bara mastra tur tan ketang janma sugih | suprandene kalakyan ||

14. dènnya brăngta linêgan ing galih | yèku tan lyan ciptanya sang rêtna | mung mamrih antuk drajade | kang ketang têmbe tan wun | kêkumpulan lan băngsa inggil | wontên ing pasamuwan | marmanta lêstantun | atut dènnya palakrama | tan antara lama linggar mring Bulgari | nèng ngriku saya kongas ||

15. limpading tyas ingkang anjalari | kayungyuning prayagung taruna | miwah sujanma liyane | kèh sarawunganipun | para luhur ingkang asung sih | katrêsnan miwah samya | lumintu misungsung | ardana kèh nganti dadya | saranane linggar marang ing Yunani | nèng ngriku sangsayarda ||

16. tindaknya luwih duk nèng Bulgari | tan antara lama kajuwara | limpat miwah suwarnane | akarya gêndranipun | para luhur myang pra taruni | akèh kang samya prapta | jor-joran misungsung | raja adi danardana | amêmalad miluta lumunturing sih- | ira sang pindha rêtna ||

17. liyan saking dènnyantuk kamuktin | Sayid Jenal Ngalim wimbuh suka | karana mangkya wus darbe | atmajèstri linuhung | warnanta Aminah wêwangi | Sayit Ngalim lalwarda | srêdanirèng kalbu | lèngkèt yatnaning jiwita | kasatmata anèng têlênging pangèksi | sarta sajatinira ||

18. Sayid Jenal Ngalim dahat asih | marang garwa nadyan wus kacihna [ka ...]

--- 4 ---

[... cihna] | nalisir sèdhèng tindake | kulina ing kalulut | singlar saking ugêring èstri | sêngsêm among asmara | nanging Sayid wau | tansah ing pangêmongira | lumuh marang tindak crah silaning krami | dhêdhasar paramarta ||

19. tan alami Sang Sayid ngêmasi | Sayit Siti Ngalim tan akrama | nêmah warăndha sênênge | sanadyan lagya ngumur | tri dasa sêdwarsa lumaris | mrih katona utama | kapati bratèku | laki lina tanpa krama | nanging jatinira muhung anjurungi | tyas arda ing asmara ||

20. tan kapalang pêpalanging laki | gung kalulut ing jalu mêmalat | kèh linglung lir kênèng pèlèt | kawilut ing mong lulut | lalu limut mêmêt ing pamrih | marwasa tan rêkasa | samya kusung-kusung | misungsung asung branarta | Siti Ngalim tan wangwang dènnya nanggapi | akanthi sukarêna ||

21. para priya kang samya asung sih | arta sotya rêtna myang lènira | sanadyan kèh pangajine | kanthi sênênging kalbu | amung antuk siringan liring | wênganing paremana | saking limpadipun | sang rêtna ing pamrihira | ingkang măngka sarana indahing warni | paradhah parikrama ||

22. pamulunya manis amrak ati | dhèmês tingkah luwês yèn micara | gapyak-gapyuk lus têmbunge | atuntung-tuntung guyu | tinandukan lungiding liring | anrus nêratas ing tyas | tumitis jêjantung | wasis mêmantês busana | lêlewane nênangi onênging ati | tuhu tanpa sambawa ||

23. bêbasane ngêsorkên apsari | ngendraloka tan ana tumimbang | parimênta sasolahe | mangkana pindhanipun | Siti Ngalim anèng Yunani | sarta nèng Bulgar praja | kondhang wartanipun | nadyan wus dadya warăndha | nanging misih ngirup raras ruming èstri | angasorakên pra kênya ||[3]

24. kawismayèng tyas kèh priya prapti | amartuwi kang tinujwèng tingal | dhèngkèlên larut bayune | lam-lamên driyanipun | apunagi lumuh nginggati | ya ta wontên sajuga | kalulutanipun [ka ...]

--- 5 ---

[... lulutanipun] | wong agung băngsa Pèrsika | nama Èmir Abdullah sugih tur singgih | bèr paradhah ing arta ||

25. tansah nguja sakayuning èstri | Siti Jenal Ngalim datan kirang | kasambadan saciptane | tata myang caranipun | kawibawanira pindha ji | karya suruding arta | saking têntrêmipun | miwah dènnya sih-sinihan | sang kusuma datan lami anggarbini | babar mijil wanudya ||

26. Èmir Abdullah dahat dènnya sih | mring atmaja wus sinungan nama | Suyati endah warnane | siwah wangunanipun | lan Aminah sang kusuma di | de wor băngsa Pèrsika | sanadyan samya yu | nging beda solahbawanya | rara kalih tuhu samyendah ing warni | dupi praptèng diwasa ||

27. Rêtna Aminah klawan Suyati | dadya ojat imbang yuning warna | tanbuh pinilih endahe | Aminah sêmu ruruh | antêng sumèh angrêspatèni | manising tyas susila | pasaja tan rêgu | jatmika arang wacana | wănda lurus kuning wênês sêmu wilis | mardapa maya-maya ||

28. dene risang kusuma Suyati | galak ulat pantês sasolahnya | amumpuni mêmanise | agandhang swaranya rum | sarira lir pratima rukmi | jênar amawa praba | cahyanya ngênguwung | sêdhêng sèdhêt dhangah-dhangah | netra jait liring tajêm masopati | kêsit ngusalèng kilat ||

29. Siti Jenal mring putra kêkalih | dèn anggêp kadya rajabarana | pinuja măntra ing têmbe | ginarwèng băngsa luhur | myang pamawangira mantêsi | samya kagarwèng nata | panyipta kadyèku | tuhu dahat andupara | bêbasane cebol pêksa gayuh langit | nadyan rara kalihnya ||

30. maksih sami trahing băngsa srênggi | nanging tan pantês yèn mangajapa | mring kamulyaning pamase | lawan upaminipun | sanggyaning kang pawèstri luwih | bangkit kagarwèng nata | ing pundi gènipun | dununging kaprajanira | nahên [na ...]

--- 6 ---

[... hên] Èmir Abdullah ciptanirèki | tuhu sih marang garwa ||

31. miwah trêsna mring putra kêkalih | datan măntra kuwalon wus kadya | mring Suyati katrêsnane | awit Aminah wau | duk lalise kanang ayadi | lagya umur dwi warsa | lawan arinipun | pan amung untab-untaban | rara kalih Aminah lawan Suyati | pantês wor yayah rena ||

32. Èmir Abdullah ciptaning galih | ingkang garwa animbangi trêsna | dera wus darbyatmajane | sampat barang kinayun | miwah darbe panti kêkalih | Bulgar lan Yunan praja | samya endahipun | suyasa kinaraistha | gêdhong-gêdhong tinon datan nguciwani | kinubêng kêmbang-kêmbang ||

33. karya lênglêng kang samya umèksi | lam-lamên tyas wasising pangrêngga | tuhu punjul sasamane | pantês lan kang dêdunung | wanudya tri pindha apsari | wimbuh sênêning wisma | rêsmining pandulu | Siti Jenal dupi darwa | wisma kalih tan jênak anèng Bulgari | miwah nèng Yunan praja ||

34. putra kalih myang priyanirèki | Èmir Abdullah tan kêna pisah | tumutur ing saparane | sihing tyas saya wimbuh | marang Siti Jenal Ngalimi | myang putra kalihira | ingêmong sakayun | nadyan wrin boros têrabas | mring branarta Èmir Abdullah tan wigih | saguh gagah paradhah ||

35. pan sinidhêp Siti Jenal Ngalim | mungkul tuhu sih katrêsnanira | amung marang pribadine | măngka sajatinipun | lênging cipta karêm bab lêthik | ngècèr-ècèr katrêsnan | ingkang mangkanèku | labêt saking candranira | dupyantara lama Sang Èmir udani | tingkahing garwanira ||

36. wus tatela lamun analisir | sirna susêtyanirèng wanudya | nusup nasabi sisipe | sinliringan ambêrung | kadalurung kulinèng rêsmi | tuhu tanpa watara | anggêrirèng kakung | sinadyan sinung katrêsnan | pêpalanging kalulut datan tiniling | kapilut ing asmara ||

2. Asmaradana

1. Sayid

--- 7 ---

Siti Jenal Ngalim | nadyan sring sêrêng mring priya | Èmir Abdullah prandene | tan sagêd miwal katrêsnan | dènnya sih palimirma | marang ing kalulutipun | mrih tulus manggih raharja ||

2. dening sru putêking galih | Èmir Abdullah wit dènnya | rinancanèng kalulute | wulang tan dadya pêpalang | rinasa tanpa deya | puwara dadya milalu | anguja lumuh anyêgah ||

3. kunêng gantya kang winarni | nênggih ing Bulgari praja | Sri Ibnu Ngandam lalise | tan adarbe putra priya | ing mangke kang gumantya | putra wanudya jêjuluk | Indiyah sang prabu kênya ||

4. kontab ing warna rêspati | pantês umadêg narendra | wadya sih lulut anggêpe | tan pae lan ramanira | dènnya amêngku praja | wit lusing pambêkanipun | limpad pasanging graita ||

5. tatela titi patitis | waskitha ing rèh widagda | mrih arjaning karatone | jêrnih jinajar saroja | jêjêging kang jajahan | ingêmbanan ibu wimbuh | bêbantu rumêksèng praja ||

6. sabarang gusthi kang rungsit | nata dèwi datan arsa | tilar marang ing renane | tinari pangrèh praja |[4] wangsuling kang carita | Èmir Abdullah dupi wus | kang putra nêdhêng diwasa ||

7. Aminah lawan Suyati | samya pinrih amawongan | ing prabu kênya kalihe | riwusira kalaksanan | anyèthi ing kadhatyan | wit saking pamardinipun | Èmir Abdullah kalawan ||

8. dening endahing suwarni | marêk driya anoraga | parigêl dhèmês tingkahe | kanggêp dènira suwita | rara kalih nèng pura | dadya ojating pra kakung | gêng alit kèh kang kasmaran ||

9. timbang endahing kang warni | kalawan sang prabu kênya | marma kang măngka sêkare | jro pura Bulgar mung tiga | nata dèwi sajuga | rara kalih undha-usuk | mangkana ucaping janma ||

10. yèn marêngi nata dèwi | miyos siniwi sanadyan [sanadya ...]

--- 8 ---

[... n] | kathah kênya ing kadhaton | pêpak para manggalèng prang | miwah para punggawa | parandene lamun durung | Suyati Aminah marak ||

11. ing ngabyantarendra yêkti | lir sotya tanpa êmbanan | lamun wus marêk kalihe | pantês tan ana kawingwang | yèn nuju pasamuwan | mijil sing pura sang prabu | parêkan kalih angayap ||

12. kadya kartika sumandhing | basănta katrangan mega | patingga lêbyar sorote | tanpa wus kang ngalêmbana | ing rara kalihira | Siti Jenal sukèng kalbu | de atmajanira samya ||

13. kanggêp dènira anyèthi | nanging kang lwih kinasihan | mring nata dewi kang anèm | Suyati tan kêna pisah | wit dhèmês barang tingkah | parigêl wignya manuju | barang rèh karsa narendra ||

14. sasat tunggil yayah bibi | siyang dalu datan têbah | bêbuka nunggal bêbudèn | ingandêl wadi durtama | de Suyati watêgnya | anulad labêting ibu | ngemba saombaking tingkah ||

15. singlar susilaning èstri | Sang Suyati kathukulan | kăntha-kanthaning renane | kulinèng rèh kang gumiwang | mring tindak salingkuhan | kulina ing among lulut | rara Aminah tan arsa ||

16. anilas tindaking bibi | nêtêpi tyas susilarja | kanisthan brastha pinêthès | pêpês rampas durtaning tyas | sêtyatuhu prasaja | kaonang-onang dumunung | êninging driya nirmala ||

17. titi tapsilaning èstri | rèh karoban ing pararda | sandi jumurung laire | Siti Jenal Ngalim rêna | dènnya miyat ing putra | kêkalih samya yu punjul | pantês ing saparibawa ||

18. dadya ojating nagari | miwah onênging pra priya | samêne rara kalihe | Aminah Suyati Rêtna | lir angganing puspita | argulo mèdêm dinulu | sumêr gănda dèrèng kongas ||

19. nanging yèn Rêtna Suyati | labêt sing gambiraning tyas | têmah wus ngambar gandane | wontên ing Bulgari

--- 9 ---

praja | sêkar ingkang mangkana | genjahing pamêkaripun | kongas madune warata ||

20. lêwih malih saupami | sang kusuma wus kapraban | prabawanirèng kaprabon | sangsayarda nir sugănda | sumarambah sapraja | agege birainipun | sêngsêm ing rèh karasikan ||

21. nahên gupitanirèki | warna myang kaananira | sang kusuma sakarone | amangsuli kang nalirah | nguni Sri Ibnu Ngamdam | darbe ari parabipun | Pangeran Abdullah Asbab ||

22. pêkik prawira ing jurit | sambada gagah prakosa | alus noraga têmbunge | wignya mèt manahing wadya | gung alit kinulitan | utama tatela putus | jujur tyas aparamarta ||

23. dhêndha krama miyatani | mangkana wursitanira | Pangran Dit Asbab sêdyane | sagêda amêngku praja | kaprabonirèng kakang | wit mangkana ciptanipun | karana Sri Ibnu Ngamdam ||

24. mung darbe putra pawèstri | datan apêputra priya | kang wajib darbe warise | nagri Bulgari datan lyan | muhung sira jêng pangran | surèng tyas murwèng prang pupuh | sawadya ngrabasèng praja ||

25. rame campuhing ajurit | rambah-rambah jêng pangeran | kasêsêr kasor yudane | nanging misih ingambalan | ngrampit Bulgari praja | tan yatna kadarmanipun | mring raka miwah pulunan ||

26. maha mikara mawêrdi | jurungi sudiraning tyas | yayah yun mamrih rarêmpon | tan ngetang kèhing sangsara | mangkana jroning praja | dupi wus kancikan ripu | orêg arda kagegeran ||

27. kadya gabah dèn intêri | gumuruh swaraning janma | sasaran[5] rêbut pangungsèn | ing kitha Bulgar puyêngan | kèh nandhang kamoitan | barusah tyasira giyuh | mangkana sang prabu kênya ||

28. dupi wus rêrêm prasami | wadya lit kang ngungsi kitha | karasa ribênging tyase | putêk kapêtêk tan mêndha | dènnyanggung yun-ayunan | lan kang paman rêbut unggul [ung ...]

--- 10 ---

[... gul] | ketang kawiryawanira ||

29. pinupus mêksa katawis | nata dèwi nulya linggar | wontên papan pinarantèn | ing ngriku gyan pasênêtan | lamun wontên bêbaya | bahyaning nata kang tamtu | ing ngriku gyannya manimpar ||

30. sêdhêng têbih cêlaknèki | lan ing Bulgar prabayasa | papan singlu pinirantèn | udyana lan pasanggrahan | minăngka kalangênan | samana sang narendra yu | anilapkên para wadya ||

31. muhung kusuma Suyati | kang jinarwan barang karsa | umiring marang prabune | saparan tan kêna pisah | kalih sarêng umentar | datan kawarna ing ênu | kanthi kanthaning udyana ||

3. Kinanthi

1. wau ta sang kataman kung | Indiyah Sang Nata Dèwi | linggare saking jro pura | lawan kusuma Suyati | sapraptanirèng udyana | jujug ing bale piranti ||

2. anon uparêngganipun | tuhu lamun ngascaryani | patut pantêsing panata | tan dhompo urut rêspati | mangkana sang prabu kênya | wungu onênging panggalih ||

3. kayatnan marang kalulut | Sèrpiyah lagya tinuding | munah ripu ing payudan | kadung tyas têmah wiyadi | wimbuh ardayaning driya | dera kabubuh ing jurit ||

4. soring prang wadya sang prabu | pangunandikaning galih | paranbaya raganingwang | tandrêman madêg narpati | tansah karya kamoitan | wadya lit kèh angêmasi ||

5. yèn tan antuka pitulung | lêhêng nêmahana lalis | kalamun datan widada | amêngku Bulgar nagari | suka nuli binanjuta | mangkana sang nata dèwi ||

6. rujit jêjêting jêjantung | katongton têlênging galih | Sèrpiah ingkang kawarta | ing yuda tansah katitih | têmah karya trênyuhing tyas | maras katrêsan matistis ||

7. sang prabu kênya marlêsu | surêm sênêning pangèksi | linimut mêksa amalad | lênglêng linglung kang kalingling | lêlangêning kalulutan | lalu labêting [labê ...]

--- 11 ---

[... ting] prihatin ||

8. Suyati tansah manayut | ribêngira nata dèwi | tan samar myat gustinira | kang dadya paraning galih | sinamun jrih amêdharna | prabu kênya ngandika ris ||

9. Suyati paran sirèku | sênêng tyasira mangaksi | rarêngganing pasanggrahan | myang rêsmining kang wadari | pêthetan lan kêmbang-kêmbang | Suyati matur wotsari ||

10. dhuh gusti sayaktosipun | amba dèrèng aningali | pantês rêngganing sasana | myang rarasing taru sari | kadi ing taman punika | sadaya amilangêni ||

11. sajuga kuciwanipun | Suyati kèndêl wotsari | lèjêming liring lalewa | wau ta sang nata dèwi | lêjaring tyas ris manabda | iya apa ta kang dadi ||

12. kurang sambadèng pamatut | Suyati jarwaa jati | nêmbah Suyati turira | pukulun jêng nata dèwi | muhung kang kirang sambada | dèntên tindak paduka ji ||

13. dadakan adrêng nyalamur | mawor maras tyas kagimir | wêwah sumuking swanita | marawaya maratani | nênangi onênging nala | punika kang nguciwani ||

14. prabu kênya sukèng kalbu | katuju aturing cèthi | mèsêm rum wahyaning sabda | dhuh Suyati wong rêspati | wuwusira nuju prana | prênah bisa narambahi ||

15. rumabasèng driya giyuh | dhuh rara kèwês Suyati | ing satuhu aturira | samêndhang datan nalisir | iba ta dining suyasa | myang raras rum-ruming sari ||

16. mawarna sangkêp sawêgung | udyana ngaran sayêkti | karya lam-lam kang tumingal | prandene tyas ingsun iki | kadyangganing wong lêlayar | ing samodra tanpa têpi ||

17. pratisthèng madya ngalangut | tangèh ywan praptaèng têpi | mung anut lakuning ombak | alun ingkang gêgirisi | tirta kang katon lumembak | yèn ambalabak niwasi ||

18. marma ta pangèsthiningsun | yèn ana sihing Hyang Widhi | lumastari lêrêming prang | ing têmbe ingsun punagi | amangun sukèng kadhatyan | karnapal [karnapa ...]

--- 12 ---

[... l] kaya kang uwis ||

19. Suyati nêmbah umatur | dhuh kados kemawon gusti | paduka dahat duhkita | ujêr kang kagungan wajib | rumêksa arjaning praja | ing Bulgari kang mandhiri ||

20. kang kados kawula namung | katarik trêsna ing gusti | wêlas miyat padukendra | mangkana Rêtna Suyati | dènnya matur ngêmu waspa | tumungkul rêntêng kaèksi ||

21. sang nata kèlu kapiluh | luluh lumunturing kang sih | Suyati tan kêna pisah | katrima dènnya andasih | tur woding tyas katuridan | Suyati paraning kingkin ||

22. tan liya muhung mring kakung | kalulutira kang kèsthi | kasusra wêwanginira | Alparus ing mangke lagi | mijil marang pabaratan | nanggulang ripu katitih ||

23. tansah sinambat ing kalbu | dhuh Alparus wong asigit | gagah sudira prawira | pagene anguciwani | nora bisa amrawasa | ing mungsuh swuh misesani ||

24. baya lali ing kalulut | kalunta-lunta ngulati | prapta ana ing udyana | sêpi tan ana nujoni | kang măngka usada brăngta | mangkana sang nata dèwi ||

25. Suyati dènnya rawat luh | dinalih lamun belani | dènira angêmu waspa | anulya sang nata dèwi | tindak kuliling ing taman | Suyati tansah kinanthi ||

26. ing wanci surya mèh surup | lumarap salinggèng ardi | prabaning kalandakara | sumorot ing awiyati | sumilak lawên jênarda | sumunar amaratani ||

27. têtanêman taru-taru | tumaruna ron mawilis | wênês apindha pinulas | woh kang pita rêta pipit | pêpêt samya dhadhompolan | umyung swaranirèng paksi ||

28. kadya sung sasmita tuhu | wangsula sang nata dèwi | kombang mrih maduning kêmbang | brêngêngêng pindha manangis | gandaning puspita kongas | nahan gantya kang winarni ||

29. nênggih wontên wadyanipun | Pangran Ngabdullah Asabi | panêngran Palil Burhanah | yèku bangsanya kirmani

--- 13 ---

| myang Burham mutrikah băngsa | Bulgari kanthinya malih ||

30. Abul Bahkri bangsanipun | Yunan katrinya prajurit | i[6] ganal alus tan kewran | marma jêng pangran dahat sih | mangkana katri manggala | prasamya saeka-kapti ||

31. wit miyarsa pawarta tuhu |[7] lolosira nata dèwi | kadarpaning tyas dènnyarsa | angiwat sarana sandi | ing lampah ywa kawadaka | samar panyamure rêmit ||

32. ing jêng pangran tanpa matur | dènirarsa lampah sandi | wadya prajurit tinilap | ciptaning tyas bokmanawi | kasambadan antuk karya | sasat ing Bulgar nagari ||

33. wus bêdhah amboyong ratu | sayêkti sami kapuji | sura prawira jayèng prang | antuk ganjaraning gusti | utama yèn kalunturan | katrêsnaning nata dèwi ||

34. dupi ing rêmbag wus kumpul | katri prawira nulya glis | samya angrasuk busana | wahana kuda miranti | tandya prasamya umangkat | mring udyana anrang wèsthi ||

35. tan kawarna lampahipun | gancanging carita prapti | ing udyana duk samana | ping sapta lèk sitarêsmi | suruping pradănggakara | ginantyan wimbaning sasi ||

36. rêmêng kalimput ing mêndhung | karya samaring pangaksi | pindha bantu ing panêdya | dènirarsa nglut natèstri | katri manggala riwusnya | mèt papan sami miranti ||

37. siluman munggèng lêlindhuk | cakêt nging datan kaèksi | solahnya lir Endrajala | kunêng kang winarna malih | Nata Dèwi Sri Indiyah | lawan kusuma Suyati ||

38. sami anglêlipur wuyung | rêrêm tumingal rêsmining | puspita maneka warna | gănda rum kentar ing angin | pindha nungsung manambrama | mring kalih kang nawung kingkin ||

39. onêng anon ing kalangun | kalunta dènnya kuliling | prapta têpining udyana | têtawing pinancak suji | ya ta nalika samana | basănta wus tan kaèksi ||

40. silêm pantoging pandulu | ing gêgana kang gumanti | tranggana abra

--- 14 ---

kawuryan | jalada sinrang ing angin | yayah budining pandhita | nirmala angraras ati ||

4. Mijil

1. kêdhaping lintang pating karêlik | kang agêng mancorong | kadya sêkar sataman panjrahe | prabu kênya lan Rêtna Suyati | non wiyat asrining | kartika dinulu ||

2. rangu-rangu rongèh tyas tan aris | kabyatan wirangrong | monang onêng kakênan gandane | kanang puspita rum-arum minging | ulêkan mawor ing | gandanya sang ayu ||

3. kayu-kayu yayah milayoni | tumangkul ingkang ron | karênan duk parêk ing tindake | nata dèwi kalawan Suyati | kanang taru rêsmi | katiyup ing bayu ||

4. sumilir miwir pradapaning jring | umirut tekang ron | kèngêl pindha asta ngawe-awe | mring kusuma kalih ingkang lagi | tuli nèng wadari | anglêlipur wuyung ||

5. prabu kênya andarung lumaris | têbih sing pakuwon | titi sunya wancinya ing mangke | nata dèwi ngandika ing cèthi | paran ta Suyati | mungguhing rêmbugmu ||

6. kang supaya bisa mitulungi | mring karaton ingong | ing Bulgari tulusa arjane | Dyah Suyati umatur wotsari | pukulun manawi | kaparêng tyas prabu ||

7. lumunturing sih amangun krami | punika supados | wontên ingkang kawogan ing têmbe | mamrih santosa sabarang gusthi | pakèwêding nagri | nanging jêng pukulun ||

8. pamujwamba ing Hyang Kang Linuwih | aparinga jodho | kang prawira santosa budine | pantês măngka timbanganing aji | botên nguciwani | saniskara nulus ||

9. alus lurus raras ngrêspatèni | nèng byantara katong | katongtoning wadya kotamane | nawung kridhaning kaprabon aji | sambada kapuji | trahing băngsa luhur ||

10. amêdharkên sabda nata dèwi | ya bênêr mangkono | ciptanira nanging sayêktine | ingsun iki bakal anglakoni | papêksaning krami | muhung rêbut [rê ...]

--- 15 ---

[... but] cukup ||

11. bakal dhaup lan Pangran Dan Usin | satuhu tyas ingong | tanpa trêsna tangèh mèngèh-mèngèh | yèn timbanga musthikèng Bulgari | nora angèmpêri | solahbawanipun ||

12. paran baya doning awak mami | dadining lêlakon | kasiwuhên angèsthi kanthine | Dyah Suyati umatur wotsari | dhuh sri nata dèwi | prayogi pinupus ||

13. nadyan têbih katrêsnaning galih | utami rumojong | anjurungi jêng pangran sarjune | bokmanawi ing têmbe nilasi | dene băngsa inggil | enggal manggih unggul ||

14. agul-agul gêgala gagahi | manggalèng palugon | nata dèwi duk myarsa ature | Rêtna Suyati dahat dènnya mrih | Jêng Pangeran Usin | dhaup lan sang prabu ||

15. pinaesan panggung gung tan wigih | rum nabda sang katong | dhuh Suyati ubayèngsun têmbe | yèn wus têntrêm ungguling prang iki | samarganirèki | jangjyantuk pitulung ||

16. sayêktine nuli sun luwari | ing punaginingong | mangun suka andrawina têmbe | mawa topèng kabèh wadya mami | myang tamu jalwèstri | sun purih mangrasuk ||

17. topèng apa sênênge kêni |[8] dènira marabot | nèng jro pura iba ta ing têmbe | yèn kalakon baya wèh rênaning | kabèh wong Bulgari | wau ta sang prabu ||

18. dènnya imbal sabda lan lumaris | tan yatna sang katong | kapalantrah têbih ing tindake | nèng udyana prapta gyan kang sêpi | doh wisma ing wanci | dungkap têngah dalu ||

19. kunêng nata kênya lan Suyati | gantya winiraos | prawira tri kang sandi lampahe | dupi myarsa swaraning pawèstri | amawa gănda mrik | kentar maruta rum ||

20. sumarambah rumasuk ing dhiri | gadgada mirantos | amarpêki udyana tawinge | sabiyantu nêlik ganti-ganti | ngungak sasêlaning | pancaksuji wau ||

21. datan samar

--- 16 ---

dyah kalih kang kèksi | satuhu sang katong | Sri Indiyah kanthi parêkane | Dyah Suyati kang nginte patitis | katăndha têmbunging | dènnya imbal wuwus ||

22. Palil Burhan Burham Mutrikah dwi | kang rêmbag manjing jro | de Sang Abul Bakri kantun maksèh | anèng sajawining pancaksuji | prayitna mawas ring | jroning taman santun ||

23. dangu ngungak-ungak nganan ngering | dènnya mrih waspaos | yitnaning tyas manawa wadyane | sri natèstri wontên mêmanuki | dupi tan akèksi | anulya umangsuk ||

24. Dyah Suyati saklebatan kadi | myat pangungaking wong | nèng jawining pancaksuji maksèh | duk winawas malih wus tan kèksi | kagyat tyas umiris | nêratab kumêpyur ||

25. sru makêtêr trênyuh datan aris | umatur ing katong | jêng sinuhun suwawi dèn age | lumaksana kang enggal supadi | sagêd anyinggahi | bahyanirèng dalu ||

26. nata dèwi miyarsa aturing | Suyati tyas gawok | datan nyipta bahya gêng praptane | myat parêkan gugup anggondhèli | asta sru tinarik | tan pêgat turipun ||

27. dhuh suwawi sinuhun suwawi | lumajêng kemawon | nata dèwi nglaksanani age | tandya lumajêng tan kongsi têbih | katungka kang prapti | prawira dwi mikut ||

28. siji sowang Palil Burhan olih | amondhong sang katong | de Sang Burham Mutrikah antuke | Dyah Suyati pinondhong sru anjrit | minta tulung nanging | tanna kang têtulung ||

29. sami kabêkta prapta cakêting | Abul Bakri ing don | ingkang ngaglah nèng jawi pagêre | prabu kênya dèn umbulkên aglis | katampèn Bul Bahkri | Suyati tan kantun ||

30. nata dèwi sanalika kadi | sumaput kang panon | tanpanon rat katrêsan driyane | cipta prapta bêbayaning lalis | dahad amlas-asih | sambat rama ibu ||

31. Rêtna Suyati tansah manangis | sêsambat [sêsamba ...]

--- 17 ---

[... t] sang katong | dhuh gustiku paran ta tingkahe | de sangsara kang sami pinanggih | tan tulus bawani | kawibawan mêngku ||

32. ing Bulgari anggung kataman ring | rubeda dènnyandon | nèng udyana susah wusanane | Abul Bahkri miyarsa dumêling | sambat mawor tangis | sru pamuwusipun ||

33. nata dèwi ing samangke yêkti | sidane kaboyong | ing Jêng Pangran Abdullah Asbabe | măngka kukupan ungguling jurit | kalih wus rinakit | ginoncèngkên sampun ||

34. ing turăngga wau nata dèwi | nunggil Burhanah wong | Dyah Suyati pinarnahkên goncèng | Burham Mutrikah kudanirèki | katrinya wus rakit | sarêng budhalipun ||

35. saking dahat suka tyasnya sami | tan ketang margewoh | pêtêng dhêdhêt sandêran kudane | rikating lampah pindha jêmparing | sawusira têbih | saking udyanèku ||

36. Dyah Suyati matur aminta sih | ing têmbung rum mawor | lêlèjêming liring noragane | dhuh wong agung mugi paringa sih | rèrèh sawatawis | amba dahat rapuh ||

37. kalêsahan gyan ulun manitih | ing kuda sru kasok | kalamun wus rêrêm paraning rèh | andugèkkên ing lampah supadi | kêkah nèng turanggi | enggal praptèng purug ||

38. Burham Mutrikah umyat liringing | Suyati sumêdhot | tyas kumêpyur kuwur kayatnane | katariking kawlasan nuruti | rêmbag prawira tri | kèndêl lampahipun ||

39. angasokkên baboyongan sami | sakêdhap mirantos | nata dèwi tinurunkên age | saking kuda miwah Dyah Suyati | wus tumurun sami | ngaso sêdyanipun ||

40. datan pae para prawira tri | samya alalêson | kasilir ing maruta lampahe | rêrêming swanita angayêmi | kadya dèn kêbuti | nèng jro tilam arum ||

41. rum-aruming gănda angayêmi | kayoman kêkayon | kadya [ka ...]

--- 18 ---

[... dya] payung kayungyun kayune | ya ta prabu kênya nulya guling | pra manggala kalih | anut sri nata yu ||

5. Sinom

1. Sang Abul Bahkri kalawan | Palil Burhanah janma dwi | dahat rapuh angganira | kataman angin sumilir | sumyah sranduning dhiri | angantuk pating tharêkluk | kalih sarêng anendra | kapulês dènira guling | muhung Sang Mutrikah lan Suyati Rêtna ||

2. tansah samya kalisikan | jroning tyas dèn osak-asik | kalêsêdan karya sêmang | nyablèk lêmut api-api | Mutrikah lan Suyati | priyèstri ciptanya jumbuh | juwêt mangajap-ajap | kêjêp layap-layap kalih | mung sêngadi jatinya mêmasang karna ||

3. nilingkên sabawèng rowang | yèn wontên kang dèrèng guling | Mutrikah kêkêbut dhaham | sêngadi rinubung mimik | sirêp rowangnya kalih | katri Indiyah Sang Prabu | samya kapati nendra | Mutrikah tyas widhak-widhik | cipta rudah kêkêtêgnya sumyar-sumyar ||

4. ngunjal napas têrataban | ênar-ênar sênig-sênig | kadya age lumêkasa | murwani rarasing rêsmi | mring Sang Rêtna Suyati | kang kaya[9] rudahing kalbu | katon manising netya | liringe kêsit lir thathit | swara rum gita lus mangalap jiwa ||[10]

5. Mutrikah osikirèng tyas | dhuh babo woding tyas mami | musthikaning jagad traya | ratuning ayu sabumi | nadyan para apsari | sor raras rêsmining wangun | pasiran ing narmada | parabe tidharsa pêksi | mung tulusa andasihkên ing kawula ||

6. riwusnya osik mangkana | ngalêsêt amarêpêki | sumandhing ing prênahira | sang kusuma dènnya guling | nanging Rêtna Suyati | satuhune maksih wungu | klisikan osiking tyas | dhuh babo satriya sigit | pangwasane para wijayèng ranangga ||

7. amboyong wong tanpa dosa | trênyuhing tyas mring kaswasih | tan mawa wêlas samatra | bobot [bo ...]

--- 19 ---

[... bot] ingkang datan siring | baya nora nimbangi | ardaning katrêsnan ingsun | lantipirèng turăngga | daya kang nglimputi dhiri | graitanên raosing cipta kawula ||

8. Rêtna Suyati dupi myat | Mutrikah amarêpêki | kumêpyur tyas tarataban | tab-tab kakêtêgirèki | sarang gondhangnya salit | wêdaling uswa sumruwung | gumrobyos kang swanita | jintêl api-api guling | ing batine linglung lir wong kalanglangan ||

9. kèlingan langêning tilam | lam-lamên manisirèki | Burham Mutrikah kacipta | mèh lungse dera manganti | ing mangkya marêpêki | kasindhèn pangajapipun | kêjêp mung măngka kijhap | Mutrikah ririh anjawil | Dyah Suyati api kagyat tangkis asta ||

10. pan wus medaning wanita | nadyan kadêrêng kapati | mring kakung lamun kasaman | rewa-rewa tan nuruti | mangkana Dyah Suyati | ambêkis ririh anyêndhu | hês iki anu apa | têka pijêr jowal-jawil | sumakehan kang unggul antuk boyongan ||

11. Mutrikah dupi tumingal | Suyati anyêndhal liring | anyêndhu datan pasaja | saya grêgêtên ing galih | sang dyah dèn arih-arih | ginunturan srênggara rum | dhuh babo mirah ingwang | ratuning manis sabumi | muhung sira musthikaning jagad traya ||

12. baya sida mati ngarang | yèn sira tan tulus asih | wrêcita kang mawa praba | tumandukirèng pangèksi | tan rêna non liyaning | wanudya muhung mas ingsun | pakaryaning sambita | nir sambawaning pakarti | mung kawula kang pantês ngêmong ing sira ||

13. Mutrikah tan daranèng tyas | kinayut Sang Dyah Suyati | liniling kinuswa-kuswa | tan kawawa miwal kapti | karoban ing pangrêmih | dhasar sang dyah kumacèlu | mring langêning asmara | kelut kulitèng karêsmin | kawasesa ing priya jurungi karsa ||

14. Mutrikah pindha andaka | barut amangrurah sari | riwut [riwu ...]

--- 20 ---

[... t] tan wrin pringgabaya | sang dyah kabyatan ing rêsmi | samya sukanya kalih | nutug dènnya among lulut | jênak apêpasihan | tan ana pinancak galih | kalihira samya wêgig ing asmara ||

15. papak tan ana kuciwa | nutug lêlangêning gati | lalu lam-lamên ing tilam | têmah angasèpkên wanci | lajunira lumaris | de prawira kalihipun | Palil Burhanah lawan | nata dyah myang Abul Bahkri | taksih nendra katungka ing praptanira ||

16. wadya wahana turăngga | saking Bulgari ngulati | nisira sang prabu kênya | dudi[11] para prawira tri | myarsa gugup tan sipi | tandya nitih kuda mamprung | bêkta boyonganira | Mutrikah bêkta Suyati | de Sang Palil Burhan bêkta Sri Indiyah ||

17. Abul Bahkri datan pisah | ya ta wau nata dèwi | minta tulung sru sêsambat | dupi wadyanya miyarsi | sambating nata dèwi | datan samar swaranipun | tandang wadya sumahab | angrêbut gustinirèki | dèn kêkalang prawira tri ananggulang ||

18. karoban lawan têmahan | tilar boyongane sami | muhung mrih ayuning badan | katri lolos angoncati | dahat sukaning galih | wadya Bulgari kang unggul | kapanggih gustinira | mangkana sri nata dèwi | lir supêna dènnya luwar ing bêbaya ||

19. ciptanira prabu kênya | yèn tan kanthi Dyah Suyati | kadaut nêmahi papa | kapupu ing ripu pasthi | mangkya palêsthèng wèsthi | kinăntha cèthi kang nyinthung | nganthêng-nganthêng ngalênthar | kathetheran têmah sami | katututan ing wadya ingkang ngupaya ||

20. marma gêng pamujinira | tinarima trusing batin | Suyati rinangkul tansah | waspanira drês umijil | mangkana dènira ngling | dhuh-dhuh Suyati wong ayu | katuju ana sira | gon ingsun nêmahi wèsthi | bisa karya marga luwaring sangsara ||

21. gêdhe pitulunganira | marang

--- 21 ---

panjênêngan mami | muga sira winalêsa | kaarsayan kang linuwih | ya ta Rêtna Suyati | andhêku nuhun turipun | sajatine jroning tyas | kadêrêng kabyatan ing sih | mring Burham Mutrikah tan pisan sêdyoncat ||

22. saking pakartining mêngsah | dènnya kaboyong ing ratri | muhung rêna karon jiwa | anutug rarasing rêsmi | ing tyas lêga kapati | samana sang kênya prabu | sampun kondur ngadhatyan | nahan kang winarna malih | Siti Ngalim kang anggung mukti wibawa ||

23. anèng Bulgari kasusra | atmajanira kêkalih | kathah bangsane ngawirya | sami kagiwang ing warni | mring Ami lan Suyati | patrap rumêngkuh ing ibu | pra priya amêmalat | kathah kawilut mamrih sih | ya ta wontên sajuga Pangeran Albah ||

24. kayungyun ayuning warna | yayah tan bisa nayuti | Siti Jenal Ngalim wikan | atmajanira kêkalih | samya dèn kilayoni | ing Pangran Albah sawastu | dadya sukanirèng tyas | cipta kalaksanan yêkti | pangèsthine atmaja narik kamulyan ||

25. katăndha ing solah-bawa | de jêng pangran krêp martuwi | ing wismanira mangkana | dènnya yun nindakkên pamrih | datan etang tilar ing | tindak ing kotaman muhung | sagêda kalampahan | kang putra salah satunggil | dadya garwanira risang Pangran Albah ||

26. ya ta nalika samana | jêng pangran nuju martuwi | ing wismanya Siti Jenal | Ngalimi wus tata sami | lalênggahan pribadi | Dyah Jenal bêbisik matur | yèn dènnya sarawungan | pangran lan putranirèki | kajuwara ing kathah dadya pocapan ||

27. manawa tan kalampahan | kagarwa salah satunggil | èstu karya kalingsêman | Pangran Albah duk miyarsi | Siti Jenal Ngalim mrih | angambil atmajanipun | dahat pangunguning tyas | siwuhên wahyaning budi | tansah jêngêr pindha tugu sinukarta ||

28. sapandurat tan [ta ...]

--- 22 ---

[... n] wacana | kapêksa anayogyani | têmah mituruti karsa | mundhut atmajanirèki | Aminah kang pinilih | katitik ing tindak-tanduk | susila tinalika | utama ugêring èstri | Siti Ngalim sukèng tyas manadukara ||

29. jumurung pangran karsanya | ya ta Sang Rêtna Suyati | sanajan tan darbe trêsna | ing Pangran Albah duk myarsi | kadangnya kang pinilih | Aminah kang badhe dhaup | lawan Jêng Pangran Albah | dahat ardayaning galih | karêrantan cipta ragane kasimpar ||

30. kawuri lan kadangira | de tinampik tan pinilih | kiniwakakên kaewan | karuna kawêlas-asih | anggung ngrarontog wèni | atêbah jaja angadhuh | mujung nèng pagulingan | trênyuh katrêsan tyas tistis | rontok rêntêng tansah dènira udrasa ||

31. marawa wijiling waspa | Siti Jenal Ngalim uning | kang dadya rêntênging putra | Suyati pamularnèki | tansah dèn arih-arih | rinapu supaya lipur | kinakudang ing benjang | pantês kagarwèng narpati | yèn ta muhung kagarwèng pangran kuciwa ||

32. tan pantês mêngku sang rêtna | dene warna yu rêspati | amunjuli ing bawana | mumpuni gunaning èstri | parigêl bisa ngabdi | yêkti narik rama ibu | mulya saking atmaja | pêpantêse Dyah Suyati | kagarwaa narendra gung kang sudibya ||

33. pinundhi para wanudya | dadya tungguling jro puri | wahyaning sabda minăngka | pangimur-imuring siwi | datan nyana sayêkti | ing don kalaksanan tuhu | Dyah Suyati punika | kagarwa natèng Yunani | anêtêpi ing bêbasan dumadakan ||

34. ampuh pangudanging biyang | ya ta kusuma Suyati | sadèrèng dhauping kadang | rara Aminah wus lilih | lipur saking kalindhih | kathah rêsmining kadhatun | dènira amawongan | kinasih ing nata dèwi | tan kacuwan sakayunnya kasambadan ||

35. nahan wontên [wontê ...]

--- 23 ---

[... n] kalulutnya | nênggih kusuma Suyati | Galibul Samad mangaran | dêdêg prakosa gêng inggil | berawa gêgirisi | ngêngrêng singêr ing pandulu | anung kaonang-onang | ing ayuda tanpa tandhing | pantês dadya manggalanirèng palagan ||

36. măngka tanggulanging praja | pamunahing satru sêkti | pakaryanira ngumbara | bêbarang adol kasêktin | lan andaka ngêmbari | ngadu santosaning balung | sabên Galibul Samad | campuh rok asilih-ungkih | lan andaka Suyati sêngsêm umiyat ||

37. yèn wus bubaran tumulya | karoron lawan Suyati | kang karing wahana rata | mubêng ing praja kuliling | mulat langên rêsmining | saniskara kamamungu | karênaning tyasira | sarêngan antukirèki | gya anjujuk ing wisma Suyati Rêtna ||

38. nutugi langêning tilam | mantuk yèn wus gagat enjing | nahan gantya winursita | wontên sasêkaring nagri | ing Bulgari wêwangi | Jêng Pangran Saphingi kasub | băngsa luhur supunya | kathah dyah kang nandhang brangti | myat jêng pangran pindha mudhaning kaluwak ||

6. Pocung

1. kèh para rum băngsa Bulgari kang gandrung | myat listyaning warna | solah-bawanya rêspati | dêdêg jajag gilig pasariranira ||

2. prakosa nung jaja ngêlar ing pamulu | srêng singêr kawuryan | karya ulap kang umèksi | yèn lumaris jaja mungal dhangah-dhangah ||

3. tuhu bagus manis rum wêdharing wuwus | alus anoraga | kasusilan anêtêpi | kawimbuhan tyasira lus wicaksana ||

4. marmanipun kidhunging para rum-arum | ing Bulgari praja | mêmalad lumuntur ing sih | ing jêng pangran mamrih samya sinarweya ||

5. tan kinayun sanadyan sang narendra yu | dahat karungrungan | dèrèng kalakyan karonsih | wit jêng pangran tan liya ingkang cinipta ||

6. tarlèn muhung Suyati paraning [pa ...]

--- 24 ---

[... raning] gandrung | katon sasolahnya | linali-lali tan lilih | tan kawawa miwal ardayaning brăngta ||

7. lalu limut kawilut mrih among lulut | lêlangên nèng tilam | lam-lamên endahing warni | gung kagagas amirangrong karungrungan ||

8. rangu-rangu rêringa dènnya mrih pagut | de gawat kaliwat | Suyati dahat kinasih | ing narendra saksat datan kêna pisah ||

9. siyang dalu munggèng ngabyantara prabu | marma jêng pangeran | siwuhên ing driya rujit | lir kasêsêr kèngsêr lêsah tanpa daya ||

10. dènnya wimbuh kabubuh kataman gandrung | mangkana purwanya | cinarita Dyah Suyati | sêngsêm marang rarasing rèh langên taya ||

11. ing prajèku wontên lagu kang kasumbung | Pandhanggo ranira | tan pantês lyan kang ngulêngi | wit cengkoking gêndhing kirang amardawa ||

12. yèn Dyah Ayu Suyati kang pulêng wimbuh | sambada araras | wit prigêl cancing tarincing | wasis mantês masang polataning bêksa ||

13. larapipun liring ing rama kang tinut | tarampiling pada | tinon lir tan napak siti | singa ingkang katuju tajêming netya ||

14. tyas kumêpyur gugup lir anon andaru | nadyan pra wanita | sêngsêm myat tingkahirèki | dhèmês luwês kèwês pantês tur sambada ||

15. ayu punjul marma dadya panjang kidung | sanadyan ing kina | Paus panata agami | băngsa Rumê nyêgah raras langên taya ||

16. yèn andulu Suyati pambêksanipun | Pandhanggo gêndhingnya | yêkti datan mêmalangi | malah marêm Paus karênan tumingal ||

17. ing masèku nêmbe bêksa nèng kadhatun | prabu kênya dahat | suka rêna aningali | riwusira Suyati ingalêmbana ||

18. para kakung kang sumewa ngarsa prabu | kayungyun ing polah | lir kêna ing guna dhêsthi | Jêng Pangeran Saphingi wimbuh tyasira ||

19. dahat wuyung yayah roga kênèng gandrung | adrêng ing wardaya | dènirarsa anindaki

--- 25 ---

| amêdharkên mring Suyati katrêsnannya ||

20. gungga-gunggu gumarit anèng pandulu | lumêkêting nala | anglulu muluhing dhiri | pan rinasa nalăngsa ngrasa rêkasa ||

21. mrih sranaktun sru mruna nrang saru-siku | sumungku byantara- | nira sang sri nata dèwi | mrih widada kasidanira parasdya ||

22. yèn pinuju tinangkil sang rêtna prabu | nèng bale sewakan | jro pura pêpak sumiwi | pra satriya miwah manggala dilaga ||

23. Sang Dyah Ayu Suyati marêk sang prabu | lir pendah sasăngka | lan sudama imbang warni | muhung kaot suprabaning naradipa ||

24. pangran dulu alus manising pamulu | Suyati Sang Rêtna | sinidhêp hyang-hyanging bumi | miwah suranggana ingaring bawana ||

25. gung sinamun mamèt sêlaning pandulu | anglirik iriban | tumungkul dènira linggih | marikêlu pindha konjêm ing bantala ||

26. lalu lumuh kawulat dènnya kawilut | ulat amêmalat | tanpa lêt tansah ngulati | titikaning katrêsnan katon nèng netya ||

27. srênging kalbu sabên ing sabibaripun | paseban bakita | panggya Suyati pribadi | anyalingkuh ngayunaning prabayasa ||

28. nanging kadung-kadung ing pangudinipun | kadayaning driya | daud anawu wiyadi | kadalurung linglung lir wong kang lang-langan ||

29. nglinging kalbu dhuh babo woding tyas ingsun | pandaming budaya | panduking cipta mring swami | kawruhana têlênging trêsna manira ||

30. tan lyan amung mring sira dewataning rum | wasanèng dumadya | widadaning among rêsmi | ing dêlahan tulusa nunggal atmaka ||

31. lêbur luluh ywa pisah kaananipun | wadakèng dupara | sudama marganing rawi | ciptaningsun yèku jatining nugraha ||

32. nahan wau katuju ing mangsanipun | sumiwèng pamasa | wanci sontên nata dèwi | miyos lênggah munggèng bale pasewakan ||

33. para agung kumpul ing byantara

--- 26 ---

prabu | anggosthi palastha | kawawas kang karya wèsthi | kang kinăntha kaèsthi manising praja ||

7. Dhandhanggula

1. sajêngkaring dènira tinangkil | nata dèwi kondur angadhatyan | Rêtna Suyati andhèrèk | tinuduh ing sang prabu | ngambilana pustaka taksih | kantun ing palênggahan | wit ing karsanipun | sakathahirèng wilapa | yun liniling ing sadèrèngira guling | lan ywa kapriksèng liyan ||

2. Dyah Suyati dupi anampèni | agnyaning nata matur sandika | cangkelak wangsul lampahe | kandhêg sajroning pintu | ing kadhatyan nganti têlasing | parêkan ingkang samya | angampil kaprabun | saupacaraning nata | kinondurkên manjing marang kênyapuri | riwusira mangkana ||

3. nulya mêdal Kusuma Suyati | saking korining prabasuyasa | cancing tarincing lampahe | prapta ing prênahipun | pasewakan gupuh angambil | sêrat sarwi lumampah | tarampil tinuduh | cekat-cèkêt tan kuciwa | gandês luwês kawawas saking kênyaring | pradipta trang sumilak ||

4. myang sênêning basănta mimbuhi | Dyah Suyati riwusnya mangkana | tan laju wangsul lampahe | non rêngganing kadhatun | saniskara karya wiyading | myang rêsmining awiyat | basănta sumunu | kartika mubyar lir pendah | puspita bra munggèng jro taman mênuhi | wèh ascaryaning driya ||

5. Dyah Suyati tansah milang-miling | kang kaliling langêning kalangwan | lam-lamên ing kalulute | non wangkawa kêkuwung | kang ngawêngi ing sitarêsmi | kawangwang pindha pulas | akasa pinatut | sang dyah yun laju lampahnya | wangsul manjing pura kasaru miyarsi | swarèng wong lumaksana ||

6. kagyat ing tyas Kusuma Suyati | myat praptanya Saphingi Jêng Pangran | nèng ngarsa nyandhak astane | ririh wêdharing wuwus | manuhara arum maripih | dhuh mirah [mi ...]

--- 27 ---

[... rah] jiwaningwang | ratuning wong ayu | ratu pathining musthika | ngupayaa ing dunya yêkti tan olih | kang mirib suwarnanta ||

7. ngrasa karasa kang datan sidi | baya sira mirah tan supêna | tangèh tukua wartane | gon ingsun nandhang gandrung | yayah roga anyarambahi | watêking kang baksana | trêp silaning tanduk | wus karasa raganingwang | talun puspa janma manginte durniti | kataman sambang brăngta ||

8. yèn tumrapa lara nandhang kanin | ngurêng mring balung sungsum maraman | saambanane tatune | yèn sira bangun turut | sarta wêlas aparing jampi | nadyan mung lirikira | yêkti karya tumtum | gèthèke măngsa anaa | tulang janur sujanma luhuring budi | saking usada tama ||

9. lamun sira kêsdu animbangi | mamrih tumindaking sukuningwang | Suyati wêkasna bae | sayêkti sun miturut | ya ta wau Rêtna Suyati | kagunturan ing sabda | rinoban pangungrum | ing Saphingi Jêng Pangeran | tyas naratab kumitir akêtir-kêtir | garangsang ăngga prungsang ||

10. putêg mêtêg kakênan lir kanin | trênyuh katrêsan rungkat kasrakat | lêsah sru kasok driyane | sasat jiwanira swuh | kapanduking gita pangrêmih | miluta amêmalad | lunturing sihipun | nadyan Suyati tan beda | nandhang brăngta ing pangeran sampun lami | sanalika mangkana ||

11. samudana srêng datan narjoni | dènnya matur hèh kangjêng pangeran | karana paran karsane | dene rawuh pukulun | ing ngriki nir tatakramaning | kotamaning satriya | kadêrêng dera yun | ngrurah sari dèrèng măngsa | sumawana lampah kawula sayêkti | tan niyat tan supêna ||

12. yèn ciptaa badhe apêpanggih | lan paduka sawastu karyamba | sing nata dèwi agnyane | tinuduh kinèn mundhut | pustaka kang kantun puniki | ya ta pangran miyarsa | Suyati anyêndhu | tan [ta ...]

--- 28 ---

[... n] lirip pangrêpanira | dhuh kusuma intên kumarèng apsari | ywa ge dhawuhkên duka ||

13. pindha warna panyimpanging pamrih | ing salwiring kaluputan ingwang | ari wandaning pamase | apuranta sun suwun | sêsotya kang tanpa piranti | muga paringa wêlas | sarjwèng tyas mangrêngkuh | pakathik patêbah tilam | wahyèng prana kalesanirèng jahnawi | sumarah sakarsanta ||

14. suka jurên ing liring kang manis | kunjaranên sajroning paprêman | marma kayaparan ing rèh | yèn sira datan ayun | anarwe mring dasih kaswasih | raning wrahas srawana | sujanma tuk unggul | puluh-puluh bêgjaningwang | narimasta drêdyaning cipta winrêdi | trêsnèngsun tan katampan ||

15. utamane tanduk nêmbe panggih | pangrêngkuhku yayi marang sira | mungguh kabêgjan lan manèh | ing kaluhuran ingsun | kabèh kasrah ing sira gusti | muhung lwih karsanira | sumarah sakayun | ya ta Suyati duk myarsa | ing wuwusnya jêng pangran tansah minta sih | tăndha satuhu trêsna ||

16. marma mangkya kusuma Suyati | sukaning tyas datanpa samepa | dene wus lami ciptane | dènnya kandhuhan wuyung | tan kasaman yayah punagi | yèn sampuna kayatnan | wanodya pinunjul | kadi angigêl-ngigêla | labêt taksih kênya kawistara saking | rongèhing solahira ||

17. angujiwat tumanduking liring | jêng pangeran kapanduk ing netya | gragapan gugup driyane | kadya anon andaru | marawungan lan kilat thathit | gumêtêr kêtêring tyas | katrêsaning bayu | yèn janma kang tan wantala | kasarèmpèt liringira Dyah Suyati | sirna tanpa kukupan ||

18. garjitèng tyas Kusuma Suyati | jêng pangeran kawistarèng netya | tumungkul gêng sumêlange | tan kawawa tyasipun | anayuti ardaning brangti | sang dyah osikirèng tyas | jêng pangran puniku | pinrih rumiyin umentar [u ...]

--- 29 ---

[... mentar] | nanging aywa kawastan lamun katampik | lagya dèn anam-anam ||

19. badhe atur wangsulanirèki | tan kawêdhar nut medanirèng dyah | lêlewa paribawane | jêng pangran duk andulu | Dyah Suyati tan sagêd nampik | malah karênaning tyas | kawistarèng sêmu | jêng pangran marpêki nulya | mriyêmbada kinuswa liniling-liling | dhuh jawataning tilam ||

20. pêpujanku wong kuning tarincing | kang pangawak kancana sanglingan | mèsêma sadhela bae | dulunên raganingsun | kang prasasat konjêm ing bumi | kablêrêngên ing netya | rêsmining pamulu | yèn sira tan parimarma | supayane ingsun wantala tumon ring | gêbyaring wadananta ||

21. yèn ta datan sarju tyasirèki | cukup siksanên ing liringira | kang pindha clèrèt gêbyare | miwah tibaning guntur | yèn tumraping dasih ta gusti | suka têmah palastra | kataman lara kung | kusuma prasêtyaningwang | trêsnaningsun ing sira trus lair batin | ywa sira sêngguh kadya ||

22. brêmara kang lagya ngingsêp sari | yèn wus katog anulya tininggal | kêmbang satiba-tibane | mungguh panduganingsun | ing bawana sakèh dumadi | kang padha sih-sinihan | tan timbang sih ingsun | iya kang marang ing sira | kang minăngka sêksi ing wuwus sun iki | isining dirgantara ||

23. suprabaning kartika lan sasi | ingkang nyoroti ingsun lan sira | mirah sanalika kiye | yêktènana wong ayu | lamun sira lumuh ing mami | yêkti sun lampu wadat | tanpa krama tuhu | nahan upami sang rêtna | kawawaa miwal pangungkihirèki | Saphingi Jêng Pangeran ||

24. sawastu tan lêlaksananing sih | karon-jiwa ing măngsa punika | dènnya tan yatna wit dene | lam-lamên ing pangungrum | nêmbe myarsa Rêtna Suyati | rupêk nala marlupa | limut sru kalimput | kapêtêg putêg tyasira | anglêgèyèh kapranan [kaprana ...]

--- 30 ---

[... n] kadya rinujit | kaprajayèng asmara ||

25. tanpa kawal pamiwaling gati | wit dayanirèng asmaragama | salwir tumitah yêktine | tan wantala sawastu | anyinggahi ing pulangrêsmi | lir pêcat jiwa kendhang | angga sru kasok swuh | lêsah sumèlèh ing kisma | sinungkêman sang dyah tansah kinuswa ring | Saphingi Jêng Pangeran ||

26. wadananya Kusuma Suyati | kasorotan prabaning basănta | saya yu wimbuh manise | paripurna ing lulut | ngunjal uswa wangwang nginggati | pisah lan jêng pangeran | netyanira suntrut | èsmu karêrantan ing tyas | wangsul marang kadhaton tan mawi nolih | lumampah tlacap-tlacap ||

27. kang kagagas sajroning lumaris | sadeyèng[12] tyas manawa kaciwa |[13] raras paguting karêsmèn | praptèng donira laju | mujung guling ing tilamsari | tanpa kêjêp alayap | lir laya satuhu | sadalu tanpa alihan | laksitaning jêng pangran lawan Suyati | mawa dadya pratăndha ||

28. bakal antuk kamulyan ing wuri | miwah pratăndha cupêting têrah | sang dyan tan dungkap ing mangke | muhung ing tyas miduhung | de kasaman brangtaning galih | ing Saphingi Jêng Pangran | têka mung jumurung | tan rewa-rewa mrih cuwa | amalangi kadunga tamaning gati | ywan tumrapa puspita ||

29. lagya mèdêm endah ingkang warni | nanging wus kaisêp ing brêmara | sajati sirna madune | marma pamujinipun | sajroning tyas Rêtna Suyati | muga pangran nyidhêpa | yèn kênya sawastu | nahan Saphingi Jêng Pangran | nadyan uwus lêbda ulahing karêsmin | tanpa wrat pangungkihnya ||

30. lir andaka lawung ing wanadri | krura riwut mangrurah puspita | tan mawang sari prandene | dahat rênaning kalbu | don asmara lawan Suyati | rarasing karasikan | kèh prabedanipun | nanging miduhung ing driya | dene sang dyah saluwaring pulangrêsmi | kesah tanpa nyabawa ||

--- 31 ---

31. kawistara ing netyasmu tistis | kadi datan tulus sih-sinihan | katimbang lan dyah liyane | sakèh kalulutipun | datan darbe tanduk kadyèki | ya ta Suyati Rêtna | tan nendra sadalu | tansah dènnya kalisikan | kang ginagas bakal dhaupe ing benjing | lan Saphingi Jêng Pangran ||

32. wong agung ing nagari Bulgari | dhasar listya ing warna sambada | kinăntha-kăntha rênggane | miwah busananipun | kang sinotya-sotya rêtna di | lan upacaranira | kang samya di luhung | miwah agênging bawahan | rumêsêpa sadaya ingkang jênêngi | mangkana pangrantamnya ||

33. nanging sang dyah sungkawa wit saking | sirnaning kênya ingkang kagagas | têmahan nandhang wirage | anglong jiwa pindha ngluh | amradapa wiwal saking wit | nglalêntrèh lum kawulad | angganya marlêsu | de sadaya kalulutnya | Dyah Suyati sami kewala mastani | icaling kênyanira ||

34. kunêng dalu kawuwusa enjing | sang kusuma sawungunya nendra | nulya ngrasuk busanane | sadaya pinapatut | tinon tuhu angasmarani | endahing warnanira | akarya kayungyun | riwusnya mangadi warna | Dyah Suyati umarêk ngabyantara ji | angaturkên pustaka ||

35. nata dèwi mèsêm ngandika ris | dhuh Suyati paran karananya | sira boya ngunjukake | wadhah srat kang sun pundhut | nalikanya ing mau ratri | Suyati matur nêmbah | pukulun sang prabu | milamba tan lajêng sowan | ing ngarsendra angaturakên kintèki | margi wangsul kawula ||

36. ing kadhaton kalungse ing wanci | jêng panduka pandugi kawula | bokmanawi sampun sare | ing măngsa sampun dalu | wit kadangon ulun pêpanggih | ing Saphingi Jêng pangran | nahan aturipun | Suyati ya ta sang nata | duk miyarsa dahat pangunguning galih | dangu datan ngandika ||

37. gung kagagas ing nala tan aris |

--- 32 ---

nata dèwi dènnya sampun lama | kasmaran datan katampèn | ing mangkya têmahipun | pangran ayun marang Suyati | marma akarya eram | ing driya sang prabu | wasana mêdharkên sabda | mring Suyati pasaja yèn nata dèwi | wus lami nandhang brăngta ||

38. malah mangkya dèrèng dèn langgati | ing jêng pangran Suyati duk myarsa | sang nata dèwi sabdane | miduhung sru anjêtung | cipta lamun kataman runtik | kawistara ing netya | yèn datan sarêju | ing tyasira Prabu Kênya | de Suyati matur kalamun manggihi | Saphingi Jêng Pangeran ||

39. nahan wusnya saantara ari | jêng pangeran dinutèng Narendra | Babiluni ayahane | mring kitha Rumi tumut | bawah Turki sawangsulnèki | Suyati kawistara | sihira lastantun | trêsna marang jêng pangeran | nanging patrapira kalis sami ugi | lawan kalulutira ||

40. ingkang akèh tanna prabedaning | patrap rumêngkuh ing kalulutan | nanging wus nir antarane | lamun darbea kayun | lan jêng pangran ajatukrami | sanajan nguni tansah | dènnya ngayun-ayun | kacipta têlênging nala | mangkya muhung kaanggêp lir kalulut ing | tambêl tumbaling bêtah ||

41. mung minăngka usadaning rêsmi | yèn pinuju onênging asmara | marma mangkana wit dene | duk jêng pangran tinuduh | marang kitha Rumi marêngi | prabu kênya karsanya | animbali nujum | pawèstri kinèn narbuka | laksitanya nata dèwi lan Suyati | kang samyasmarèng wêca ||

8. Asmaradana

1. ya ta juru nujum èstri | riwusnya matur narbuka | prabu kênya laksitane | nulya kinèn anarbuka | Suyati pêpêsthènnya | aturira juru nujum | têmbe Suyati punika ||

2. sampun karsanirèng Widhi | jumênêng ratu ing tanah | Arab tan lulus adêge | datan lami babrusahan | Suyati duk miyarsa | panarbuka kang kadyèku | tyasirarda anaratab ||

--- 33 ---

3. badan gumêtêr tan aris | swanitanira reweyan | labêt kaprabawa dene | gumbiraning manah kongas | nyat ngadêg sanalika | salin solahnya lumuhur | karya eram kang umiyat ||

4. ya ta wau nata dèwi | tumingal Suyati Rêtna | sami lawan sang pamase | Dyah Suyati tyas kayatnan | mring pangudanging rena | măngka panglipuring sunu | rêrêma dènnya wiyoga ||

5. nalika nandhang prihatin | dènira kawuri lawan | Rara Aminah pinilèh | kagarwa Pangeran Albah | rumasa yèn kaewan | Siti Jenal Ngalim muwus | pêpantêse anak ingwang ||

6. dadya tungguling nagari | sinêmbah pinundhi ing dyah | ana sajroning kadhaton | panglipur ingkang mangkana | ing mangkya tètès lawan | pamêcaning juru nujum | têmbe bakal kalaksanan ||

7. jumênêng ratu wus pasthi | karsaning Hyang Suksmanasa | malah kawêdhar wuwuse | wiwit mangkana ciptanya | Suyati tansah ngajap | dènira jumênêng ratu | de juru nujum amêca ||

8. tan widada dêgira ji | punika datan kaetang | ingkang kaèsthi driyane | sanajan namung sakêdhap | sok ugi kalampahan | mangkana purwakanipun | gonjinge katrêsnanira ||

9. tuhu jêng pangran têrahing | prayagung ananging datan | darbe naluri karaton | măngka pangajaping driya | Suyati mung sagêda | ngrênggani kawiryanipun | munggèng jroning dhatulaya ||

10. nahan ta sri nata dèwi | ri uwusira miyarsa | Dyah Suyati lampahane | lawan Saphingi Jêng Pangran | de sami katrêsnannya | nata dèwi atanya rum | Suyati sira matura ||

11. kang pasaja marang mami | Pangeran Saphingi apa | wus tau mêdhar rarase | sih-sinihan marang sira | dupi Suyati myarsa | pandangunira sang prabu | èsmu wagugên ing driya ||

12. tan dangu matur wotsari [wotsa ...]

--- 34 ---

[... ri] | dhuh pukulun bab punika | ngantos ing samangke dèrèng | jêng pangran mêdharkên karsa | ing sih katrêsnanira | punapadene pukulun | kawula sampun kawêca ||

13. ing juru nujum rumiyin | badhe tampi kanugrahan | saèstu paduka katong | tan galih kawula sêdya | purun ajatukrama | Pangran Saphingi puniku | tan darbe naluri nata ||

14. ya ta wau nata dèwi | miyarsa atur mangkana | mèsêm ewa jro driyane | prabu kênya angandika | e lah dalah samangkya | Suyati yun madêg ratu | nanging kaprabone tanpa ||

15. myang prajane durung dadi | nahan Suyati Sang Rêtna | kang tansah ngajap kaprabon | nugraha gêng kang dupara | tumraping jasatira | ewamangkana tanpa wus | dènnya nalisir ing tindak ||

16. nyimpang pêthinganing èstri | kasusilaning wanudya | nanging saking pamardine | ing rena dènnya karênan | marang rèh don asmara | kulina rarasing lulut | sinamar samuning lampah ||

17. kadya kang kawahyèng ngarsi | sabên wontên tatingalan | sujanma tandhing lan banthèng | Suyati wastu umiyat | karana liyanira | rêna myat dènirandulu | tambah arsayaning driya ||

18. non para priya kang sami | păncakara lan andaka | tandhing daya prawirane | samya lalita sambada | jajag gagah prakosa | yèn wontên ingkang katuju | ing driyanira sang rêtna ||

19. yêktyantuk sênênging galih | karanèstu kalunturan | Suyati Dyah katrêsnane | nahan malih kawursita | ing Bulgari nagara | wontên pasamuwan agung | karnapal kasubing nama ||

20. janma ing Bulgari sami | suka-suka samya nyamar | sadaya mangangge topèng | amarêngi mangsanira | nênggih sang prabu kênya | ngluwari punagipun | mangun suka andrawina ||

21. ngagêm topèng nata dèwi | măngka luwaring ubaya | duk kabêncana sang katong | nèng

--- 35 ---

taman sumarma mangkya | rêramèn jroning pura | angungkuli ingkang uwus | dènirarsa mangun suka ||

22. ing ratri pra kawula ji | miwah pra agung lènira | samya sumiwèng kadhaton | nyamar busana mawarna | sarwa sri tiningalan | adi aèng ing pangrasuk | mangkana kang cinarita ||

23. Kusuma Rêtna Suyati | mawa topèng dènnya nyamar | dhasar ayu suwarnane | karêngga dening busana | sêsotya nawa rêtna | tinon mubyar abra murup | wèh kayungyun kang umiyat ||

24. gandês solahe tarampil | nênangi onênging driya | samana lagya sêdhênge | ramenirèng pasamuwan | tandya katri prawira | prapta mawa topèng wuyung | kang sajuga anjêjawat ||

25. sêmbranan ngakên manawi | tan kilap marang sang rêtna | Suyati limud driyane | samêndhang datan kayatnan | nanging dupi kapêdhak | ciptaning tyasira kelut | sang praya malih manabda ||

26. yèn ing nguni wus pêpanggih | lan sang rêtna karon jiwa | wontên ing panggenan sanès | Suyati duk amiyarsa | ing sabda kang mangkana | kumênyut ing tyasiranggung | ngèngêt-èngêt wastanira ||

27. linalar ing nala nanging | mêksa datan kaèngêtan | sanadyan sang dyah ciptane | dèrèng nate sarawungan | sarjuning tyas karênan | têmah jumurung ing kayun | dèn jak singidan ing taman ||

28. sang dyah tanpa amangsuli | laju umiring kewala | kêkanthèn asta lampahe | lir kataman pangasihan | Suyati dupi prapta | ing don udyana kang samun | samudana jrih ing sunya ||

29. yèn wontên bahya ing ratri | sang priya wau manabda | sagah nanggulang pakewoh | labêt labuh saking trêsna | nadyan roga antaka | tan gumingsir marmanipun | sang rêtna aywa sandeya ||

30. nulya satata alinggih | munggèng sela sumayana | sang dyah rinungrum dangune | rinoban basa srênggara [srêngga ...]

--- 36 ---

[... ra] | ngrarêmih manuhara | pinêngkul pinêluk-pêluk | tan pêgat kinuswa-kuswa ||

31. mangkana tingkahirèki | nadyan kirang susilanya | datan mardawa basane | sang dyah anguja kewala | tan dadya pinggêding tyas | dènnya mêluk ta sihipun | risang prawira mangagnya ||

32. Sang Rêtna Suyati pinrih | ambukaa topèngira | Suyati wus ngracut topèng | Burham Mutrikah umiyat | kagyat tansah sinawang | ujwalanira sang ayu | wadana bang mangar-mangar ||

33. kapraban kênyaring sasi | wênês ngênguwung kawangwang | wimbuh endahe warnane | saking sruning pamidihnya | ngangrangan kang sumamar | ing wadananya umirut | kèksi mukaning wanita ||

34. lir sasăngka katawêng ring | ngima sinêrang maruta | sumilak wênês lawêne | têmahan kèksi awantah | pêthak asêmu jênar | yayah sarining rum-arum | kang pindha paputran dênta ||

35. sinidhêp musthikèng bumi | maya-maya kawistara | mêmalat ing tyas kang anon | nênangi onênging driya | mring langêning asmara | tan kawawa nahên gandrung | nging sang dyah taksih lênggana ||

36. tansah miwal-miwal kapti | kakung saya tan darana | têmahan rukêt kalihe | amêdhar rèh karasikan | ing solah tan kawarna | dènira akaron lulut | riwusnya andon asmara ||

37. Suyati dupi wus mijil | saking unggyanya singidan | arsa wangsul ing kadhaton | karana tyasnya sandeya | manawa dèn upaya | nanging cinêgah ing kakung | pinrih rèrèh sawatara ||

38. angrarêpa dènira ngling | dhuh mas mirah jiwaningwang | jajimatirèng kalangon | sari-sarining sêsotya | kapuja dadi sira | wong rêspati bangun turut | muga kang sarèh tyasira ||

39. aywa ge wangsul ing puri | dasih ta dèn wêlasana | dèrèng marêm myat rêsmine | mukanta pindha basănta | yungyunên solah-bawa | Dyah Suyati dupi ngrungu | wuwusing priya mangkana [mang ...]

--- 37 ---

[... kana] ||

40. sang rêtna angling bêbisik | sagah sarèh sawatara | dènnya wangsul ing kadhaton | sok ugi miturutana | ngracut sasaping muka | tan lênggana buka sampun | ngungkurkên sandeyèng driya ||

9. Pangkur

1. Rêtna Suyati duk miyat | mring kang buka kijab kagèt tan sipi | dahat kumêpyuring kalbu | sakêthi datan nyipta | yèn punika pribadi kalulutipun | Burham Mutrikah kang dhustha | anèng patamanan nguni ||

2. nalika kaboyongira | nata dèwi nèng udyana kawarni | Burham Mutrikah witipun | dènnya manjing puraya | amiyarsa yèn prabu kênya wastu yun | mangun suka ing kadhatyan | măngka ngluwari punagi ||

3. mangkana tri prawira |[14] andêling prang Pangran Abdul Asbabi | ngangkah yun ngiwat sang prabu | de golonging pirêmbag | ingkang gampil linakyan muhung manyamur | nadyan rungsit sru durgama | saking pangudinirèki ||

4. prawira katrinya angsal | pustaka mrih wênang manjing jro puri | dupi wus momor saambu | lawan sujanma kathah | sami ngangkah sagêda nuntên kapangguh | lan wanudya kang minăngka | têlênging tyas sru wiyadi ||

5. jurungi ardaning brăngta | nadyan kathah tamu miwah pra dasih | jro pura sami manyamur | nganggya topèng sadaya | Sang Mutrikah tan nyana lamun kapangguh | kang tansah dèn ajap-ajap | tan liya Rêtna Suyati ||

6. nahan ta ingkang singidan | ing udyana Mutrikah lan Suyati | gantya wau kang winuwus | gègère pasamuwan | ing jro pura janma kèh myang para tamu | orêg gumuruh puyêngan | pindha gabah dèn intêri ||

7. gumrubyug swaraning kathah | gadêbêging lampah kabarung dening | para prajurit kang nambut | sanjata samya mapan | ing pajagan anulya kinon angruruh | timbalaning prabu kênya | sagunging para prajurit ||

8. tinuduh

--- 38 ---

kinèn nyêpênga | ing sadhengah janma kang nyamur tuwin | kang singidan taman santun | awit katri prawira | dènnya namar kacêthikane kadhatun | Palil Burhanah wus mentar | oncat mijil saking puri ||

9. Sang Abul Bahkri kapisah | nyipta lamun badhe manggih bilai | yitnèng tyas tandya sumusul | Palil Burhan mring taman | awêwarah ing purwa wasananipun | ing mangkya kinèn ngupaya | dening kang para prajurit ||

10. tan wun amanggih sangsara | yèn tan sagêd oncat saking jro puri | Burham Mutrikah sru ngungun | ya ta Suyati Rêtna | cipta wêlas marang ing kalulutipun | dadya ngrêmbagi lolosa | supaya tulus basuki ||

11. Burham Mutrikah kalawan | Palil Burhan mangkana dènira ngling | dhuh ing pundi marganipun | mamrih sagêda oncat | dene kori-kori jinaga supênuh | aniti janma lumampah | sang dyah nauri bêbisik ||

12. dhuh sampun sami sandeya | kula ingkang têtulung asung margi | ing taman punika muhung | wontên kori sajuga | bêbutulan alit kang anjog marga gung | asring-asring brabu[15] kênya | siliban tindak ing ngriki ||

13. kula umiring priyăngga | marma sorogipun ulun kang ngampil | prawira dwi sukèng kalbu | tan lêngganèng pitêdah | nulya samya umentar têmah rahayu | luwar saking ing bêbaya | awit pitulungirèki ||

14. Rêtna Suyati sung marga | nanging sang dyah badhe nêmahi kingkin | amargi dènnya pitulung | amêngakkên butulan | nahan malih wontên kalulutanipun | Dyah Suyati kang sajuga | Abu Jalal kang wêwangi ||

15. najan sami karungrungan | nanging datan tulus ing sihirèki | wontên malih kang kawilut | sêngsêm marang sang rêtna | Jêng Pangeran Kasim ing pêparabipun | Dyah Suyati datan arsa | nimbangi ing sihirèki ||

16. ing nalika jêng pangeran | amêdharkên gêng

--- 39 ---

trêsnanirèng galih | nulya siniku kasêndhu | Dyah Suyati ciptanya | mring Jêng Pangran Kasim dahat datan sarju | yèn nuju rawuh jêng pangran | ing wismanira Suyati ||

17. kalampu sangadi mentar | saking lumuh manggihi Pangran Kasim | jêng pangran graitèng kalbu | kalamun inginggatan | tan katampèn tuhuning sih trêsnanipun | dahat rênguning wardaya | mangancam-acam[16] Suyati ||

18. yun umalês mring sang rêtna | dènnya nampik sih katrêsnanirèki | kunêng gantya kang winuwus | anuju ri sajuga | para agung sumewa ing ngarsanipun | sorindra Sri Ibnu Ngamdam | renanira nata dèwi ||

19. sang pramèswari ngandika | marang para manggala kang ginusthi | prawira tri kang manyamur | dènira bangkit oncat | sing kadhaton tan dungkap darunanipun | tuhu lamun karya eram | saking eloking pakarti ||

20. Pangran Kasim duk miyarsa | kang rinêmbag guguk gumujêng sarwi | manyiptantuk marginipun | dènnya mangancam-ancam | mring Suyati mangkana nambungi wuwus | pantês kewala sagêda | katrinya kang lampah sandi ||

21. oncat saking jro puraya | ujêr silih kabiyantonan dening | wanita julig linangkung | marma tan karya eram | sori nata kagyat ing driyèsmu rêngu | ngandika mring jêng pangeran | kinèn sajarwa jatining ||

22. sasmita ingkang têtela | jêng pangeran matur tuhu patitis | nanging wastanya sinamun | miwah kang angsung warta | mung sinamar wela ing aturipun |[17] sori nata malih nabda | hèh sira Pangeran Kasim ||

23. lamun tan matur sajarwa | yakti sira pribadi biyantoni | katri manggala kang nyamur | ngubungi laku durta | nora wurung nêmahi wêdananipun | laksitaning sandipaya | têtêp satruning nagari ||

24. Pangran Kasim duk miyarsa | srênging sabdanira risang mahisi | dahat jrihing driyanipun | têmah matur pasaja | ingkang angsung marga [mar ...]

--- 40 ---

[... ga] katri kang manyamur | tan liya Suyati Rêtna | ratu ibu duk miyarsi ||

25. dahat rênguning wardaya | mangah-mangah muka lir raup gêtih | parentah bubarkên sagung | ingkang samya sumewa | nyat jumênêng manjing marang jro kadhatun | yun panggih lan putranira | Indiyah sang nata dèwi ||

26. mangkana sang prabu kênya | kagyat miyat rawuhing pramèswari | gupuh urmat malih tundhuk | nulya satata lênggah | ratu ibu sawusnya mojar ing sunu | anggancarkên lêlampahan- | nira kang alampah sandi ||

27. ing purwa madya wasana | dènnya sagêd oncat saking jro puri | Suyati kinon anundhung | saking sajroning pura | prabu kênya ing tyas dahat dènnya ngungun | matur ibu maminta |[18] aksamanya mring Suyati ||

28. nanging wus datan linilan | prabu kênya ing rèh jumênêngnya ji | ingêmbanan dening ibu | jrih suwala ing karsa | têmah matur sandika nahan ing dalu | enjingira kawursita | Suyati manjing jro puri ||

29. umarêk ing byantarendra | sarwi rawat waspa dening gêng kingkin | kagagas kathah kagugu | ing driyanya sang rêtna | nulya pamit dènnya mêdal sing kadhatun | kang mulat samya ngrês ing tyas | Suyati amêlasasih ||

30. yayah abela sungkawa | nata dèwi samentarnya Suyati | tan nyipta ing têmbe lamun | Suyati madêg nata | sarta dadya pangaubanirèng prabu | mangkana kang winursita | sira Jêng Pangeran Kasim ||

31. miyarsa lamun sang rêtna | Suyati wus tinundhung sing jro puri | duka ciptanira uwus | sirna kalilipira | kang angganjêl ing netra jêlu ing kalbu | ing mangkya padhang trawangan | lir sêsotya ping sakêthi ||

32. ing bèji tirta pawitra | de kasmaran sang dyah datan nanggapi | punika wêwalêsipun | ing nalika mangkana | Suyati Dyah kenging kawastanan kojur | kêjujur kalantur lampah | saking bêbêging tyasnèki [tyasnè ...]

--- 41 ---

[... ki] ||

33. tan kawawa nyabilana | byating giyuh merang tyas datan aris | rinasa wus datan arus | rêsmining madyapada | pangikising driya muhung nganyut tuwuh | yèn sampuna kawênangan | ing Sayid Siti Ngalimi ||

34. sarana kapitulungan | dening juru usada ingkang bangkit | sayêkti nêmahi lampus | mangkya Suyati Rêtna | wus waluya wit saking pitulungipun | nanging lyan punika ana | kang dadya ardayèng galih ||

35. Èmir Abdullah kawahya | kang wus mentar saking kitha Bulgari | ngalih ing Pèrsi dêdunung | wit saking tan kawawa | anayuti rêntênging tyas dèniranggung | pinothah ing garwanira | pêgad jêjodhonirèki ||

36. saking kawêlasing driya | Siti Ngalim pinrih tulusa mukti | wibawa saputranipun | marma tansah sinungan | baranarta parandene datan tulus | mukti karana katungka | Èmir Abdullah ngêmasi ||

37. duk roganya dèrèng ngantya | amranata pusakanirèng wuri | Siti Ngalim marmanipun | datan antuk pusaka | têmah dadya sangsaraning dhirinipun | kalampahan papariman | mangkana sotaning galih ||

38. Siti Ngalimi lan putra | wus tan sarju wontên kitha Bulgari | ciptaning driya datan wun | enggal kajwarèng liyan | dènnya nandhang cingkrang dahat lingsêmipun | măngka nèng Bulgar wibawa | kamuktènnya pindha aji ||

39. ing mangkya nêmahi papa | nadyan mantunira ingkang wêwangi | Èmir Abdullah kalangkung | ing kasugihanira | Siti Ngalim tan arsa minta pitulung | cipta sinidhêm kewala | ywa wikan cingkrangirèki ||

40. marma ing samangke paksa | nandukakên budidaya supadi | antuk upajiwanipun | bangkita lumastawa | wit sotanya saèstu tan sagêd mantun | dènnya boros aparadhah | sumarma tansah kaèsthi ||

41. ingkang arsa linampahan | tinandukkên pratikêl kang binudi [binu ...]

--- 42 ---

[... di] | mamrih lêbda kang kinayun | nanging ingkang mangkana | ing Bulgari sêpi datan sagêd antuk | marma yun ngalih Pèrsika | mrih pêgad sangsarèng dhiri ||

10. Mêgatruh

1. Siti Ngalim tansah wagugên ing kalbu | dènirarsa ngalih panti | rangu-rangu kapirangu | sêmang ing tyas sănggarunggi | kathah kang karaos-raos ||

2. dèrèng gêlêng gumolong ingkang kinalbu | lagya kagulung giniling | liniling-liling ginilut | laksitane kang martani | titi tantara rumantos ||

3. kawursita ing kitha Pèrsi puniku | wastu ing jaman rumiyin | dadya padununganipun | narendra miwah liyaning | pra agung linggar saking don ||

4. kitha Pèrsi kang măngka pangungsènipun | dadya golongan unggyaning | pakêmpalaning janma dur | dupi Sayid Siti Ngalim | anèng Pèrsi dènirandon ||

5. miwah putra nèng ngriku sawastu jumbuh | lan prayagung băngsa Pèrsi | ingkang murih antuk untung | sarana nistha tan wigih | saru-siku tan rinaos ||

6. ugêr lêbda ing kaloban ciptanipun | Siti Ngalim dènnya ngalih | ing Pèrsi pangangkahipun | sagêda kadumanan waris |[19] Èmar[20] Abdullah kang layon ||

7. ingkang sampun kondhang kasugihanipun | amunjuli ing sasami | Siti Ngalim angkatipun | saking nagari Bulgari | dinulur ing prayagung nom ||

8. Pangran Husin kalawan Pangeran Makbud | kêkalih punika sami | Suyati kalulutipun | marma nguntapkên wit saking | Siti Ngalim ngojok-ojok ||

9. Dyah Suyati kinèn minta ing kalulut | sami angatêrna malih | mrih samuwa angkatipun | myang praptaning tanah Pèrsi | prayagung kalih romojong ||

10. saking limpat miwah kawasisanipun | Siti Ngalim dènnya ngalih | ing kitha Pèrsi tan surut | barang pasamuwannèki | datan nguciwani tinon [tino ...]

--- 43 ---

[... n] ||

11. kadya duk nèng Bulgari kang amartamu | pra ngawirya myang wong sugih | myang pra prawira lit agung | para taruna tan pilih | jor-jinoran mamrih katon ||

12. kasugihanira sarana pisungsung | baranarta sêsotya di | Siti Ngalim trusthèng kalbu | tan wangwang dènnya nampèni | pisungsunging kang mardhayoh ||

13. akèh para sugih ingkang têmahipun | anandhang papa kaswasih | de pra taruna kang sinung | pakaryan anyêpêng picis | angwasani pinitados ||

14. samya purun jor-joran suka pisungsung | têmah korub tyase sami | anandukkên pakarti dur | ngambil rarêksan pribadi | mangkana kang cinariyos ||

15. sintên prapta Siti Ngalim wismanipun | sarawungan lan Suyati | kadya kataman ing wuyung | lam-lamên rêsmining warni | baya wus karsèng Hyang Manon ||

16. sinung drajat bawani wibawanipun | ing bawana andarbèni | dene sagung kang martamu | gêng alit ciptanya sami | sagêda kapadhan condhong ||

17. kalunturan Suyati sih trêsnanipun | sarana samya asung sih | tan kanggêg dènnya misungsung | lamun dèrèng anêmahi | papa dhirinya barondhol ||

18. nanging Siti Ngalim wêwatêkanipun | dahad boros marang picis | yèn tan tulus bêgjanipun | enggal têlas datan kari | labêt kababat ing butoh ||

19. ing nalika Siti Ngalim kapisungsung | tansah suka tyasirèki | tan pangah kogêl andulu | para wirya kang nêmahi | papa kamlaratan ing don ||

20. muhung ngèsthi kasambadan sêdyanipun | nahan ing sawatara ri | Sang Pangeran Husin lampus | păncakara rêbat melik | mring Dyah Suyati sang sinom ||

21. Siti Ngalim myarsa Pangran Husin lampus | dahat trênuh[21] tyas matistis | karêrantan driyanipun | dening Kusuma Suyati | pinardi kadarman tamboh ||

22. wit nalika kang ibu kataman giyuh | Èmir Abdullah

--- 44 ---

ngêmasi | Suyati pinrih ing ibu | nampèni panglamarnèki | Pangeran Husin kemawon ||

23. Dyah Suyati dahad dènira alumuh | mring Pangeran Husin dening | dede têrahirèng ratu | Siti Ngalim mung katarik | [mring] sudananya kemawon ||

24. liya Pangran Husin wontên kang kawuwus | [su]janma[22] ingkang nêmahi | sangsara prapta ing lampus | wit kayungyun mring Suyati | [mang]kana purwanirèng don ||

25. wontên jaka sajuga Abib ranipun | ka[sma]ran marang Suyati | dene upajiwanipun | lumakyèng karya pun Abib | ing Bètul Mal kapitados ||

26. simpên arta Abib asring amartamu | wismanta Siti Ngalimi | bêktarta kathah pisungsung | supadi kajèn ing dhiri | katampèn rena kemawon ||

27. supayantuk sih katrêsnan kang lumuntur | saking Sang Rêtna Suyati | Siti Ngalim ciptanipun | tanpa kogêl marang Abib | miwah nir èsthining batos ||

28. liya arta ingkang kinarya pisungsung | Abib kasukan sring-asring | kawon kathah wontên[è]ku | muhung kabonggankên dening | Siti Ngalimi pitamboh ||

29. de mu[...][23] dhuh pribadi ing sêdyanipun | kadarpaning tyasnya Abib | kayungyun [dèn]nyarsa mêngku | marang Kusuma Suyati | anggampilakên pakewoh ||

30. datan lirip sruning wiyoga agandrung | kasmaran marang Suyati | tan [...] dhak milut kawilut | srana ruba barana di | mring Siti Ngalim sang sinom ||

31. dene antukira arta Abib wau | saking dènnya anggêgampil | ing Bètul Mal rêksanipun | upami kaetang saking | balanjanipun kemawon ||

32. ponang arta ye kang kinarya misungsung | balănja [ingkang] sayêkti | muhung cukup pitung dalu | Abib tan antuk usadi | dè[nira] kasmaran anon ||

32. ing Suyati tansah nênangi nahên kung | mar[ma da]tan angêndhati | mrih suka rênaning kalbu- | nira Siti Ngalim tuwin | Suyati [Su ...]

--- 45 ---

[... yati] ywa kongsi kagol ||

33. myang kacuwan sabarang ingkang kinayun | dene ciptanira Abib | ywan wus kalêksanan dhaup | jatukrama lan Suyati | pangudinya kang supados ||

34. tulus mukti wibawa sênênging kalbu | mamèt kauntungan saking | sarana kasukan tan wun | sagêd mangsulakên malih | rarêksannya kang dèn êlong ||

35. ciptaning tyas Abib lan pratingkahipun | mangkana kang mandar dadi | karya tiwas dhirinipun | nanging Siti Ngalim saking | boros arta kêrêp towong ||

36. anjagakkên mring Abib pisungsungipun | datan prabeda pun Abib | rênèng tyas lamun têtulung | arta sagêd anyampêti | cingkranging rena sang sinom ||

38. ywan kairit Abib kawontênanipun | pisungsungira munjuli | parandene tumrapipun | Siti Ngalim mung nambêli | tumbaling bêtah kemawon ||

39. lalu limut tyasnya Abib wit kalimput | muput papa kang pinanggih | tan wi[lang] labêt ginunggung | ginadhang kamantu nanging | jêlomprongan basa linyok ||

40. wit parigêl gapyak parikramanipun | luwês dhèmês adu manis | Siti Ngalim wasisipun | karya ngrêsing têmbung lamis | al[...]b tan karaos ||

41. kang rinasa mung nuli sagêda dhaup | lawan [Sang Rêtna] Suyati | marma sabên myarsa lamun | Siti Ngalim kirang picas |[24] Abib [asung] arta gupoh ||

42. têmah korup Abib dunyane kairup | ta[n an]ntuk urup dyah adi | Abib malih sagêd tantuk | prayagung kathah samya[...] | tan wignya nganthi kalangon ||

11. Kinanthi

1. na[ha]n para băngsa luhur | ingkang kasup awêwangi | kang kasêbut Sarib miwah | Sayid kang kabyatan ing sih | Dyah Suyati datan pisan | maèlu dènnya [mi]nta sih ||

2. kathah pangeran kang rawuh | myang arya nglamar tinampik | ci[pta]nya Suyati Rêtna | yèn kang nglamar dèn tampèni | saèstu tan kalaksanan [kalaksana ...]

--- 46 ---

[... n] | nujum pamêcane nguni ||

3. dene sakèhing para gung | kang bangkit kalunturan sih | sayêkti mawa pratăndha | saking lêlèjêming liring | miwah laju ingacaran | kasukan catur sarimbit ||

4. manjing gêdhong lit ing ngriku | papan mung cêkap janma dwi | ywan mirid ingkang mangkana | laksitanya Dyah Suyati | nadyan Abib sring sinungan | rênèng tyas de Siti Ngalim ||

4. nanging yêkti dèrèng tamtu | kasaman èsthining galih | wit Suyati dahad ewa | lamun tumingal mring Abib | tan sarju langgatan sabda | nyaruwe sangsaya têbih ||

5. nging tyasnya Abib kumudu | mila ta sih ngasih-asih | minta sih kinasihana | nahan sajuganing ratri | Siti Ngalim wismanira | pasamuwan kèh kang prapti ||

6. Abib tumutur martamu | sêmuning netya kaèksi | ing driya sêmu sungkawa | Siti Ngalim duk umèksi | tan kilap miwah waskitha | mrih lipur măngka usadi ||

7. ya ta ing sakèndêlipun | boja andrawina nuli | Siti Ngalim nuduh putra | nênggih Kusuma Suyati | bêbisik kinèn angajak | kasukan catur pun Abib ||

8. supadya măngka pangrapu | rêmpuning tyasira Abib | sintên-sintêna umulat | marang Kusuma Suyati | dera badhe lumastawa | nglampahi têdahing wibi ||

9. tyasira tansah margiyuh | riwusnya jinarwan mangkin | kang dadya gatining karya | miduhung ngungun sang dèwi | dahat tan sarju kapaksa | ing driya anglaksanani ||

10. dupi sagung para tamu | amapan kasukan sami | sasukannya sowang-sowang | mawa toh kathah arta di | nadyan Suyati kapaksa | milya nanging gya murugi ||

11. ing unggyanya Abib lungguh | langên catur dèn acari | pribadi lawan sang rêtna | ya ta mangkana pun Abib | sanalika kawistara | berat sagunging prihatin ||

12. nyat ngadêg sing kursi laju [la ...]

--- 47 ---

[... ju] | tut wuri ing dyah umanjing | ing sasana lit punika | pancèn unggyan sabên main | catur pinanci mung cêkap | lênggah priyantun kêkalih ||

13. sarwa di rarêngganipun | sasana ngebat-ebati | para gung kang ingacaran | kasukan catur ing panti | punika muhung warana | jatine upaya sandi ||

14. de ta mênggah tandukipun | wantah dhumatêng pun Abib | datan mawi papingitan | ya ta mangkana pun Abib | sapraptanirèng sasana | sami pêpanggih pribadi ||

15. tan akêdah main catur | kang kèsthi ing tyasirabib | yun mêdhar sotaning driya | amasrahkên jiwa ragi | gumantung kapitajênga | dening Kusuma Suyati ||

16. dera bêbêging tyas jujul | amêdhar sabda pun Abib | mêmêla mangêla-êla | lukita pilêt malat-sih | pratignya yèn tan kalakyan | amêngku nikèn Suyati ||

17. suka pêjah nganyut tuwuh | anulya jèngkèng pun Abib | nguswa padanya sang rêtna | angrarêpa dènira ngling | Suyati duk amiyarsa | jêngêr datan anauri ||

18. sawatara dangunipun | nulya gumujêng Suyati | kêkêl kapingkêl ing suka | tan pisan wêlas mring Abib | nanging Abib tan garjita | yèn raganira tinampik ||

19. sayandadra kumacèlu | arda cumipta malat-sih | amratelakkên dènira | bantu ing ibu sang dèwi | katarik sing gênging trêsna | marang Kusuma Suyati ||

20. anêmah ring pakaryan dur | druhaka papèng dumadi | ing mangkya nandhang malarat | tan wun dènnya lampah juti | kacêthik karya rubeda | antuk pidananing nagri ||

21. ya ta pun Abib andulu | lêlèjêmira Suyati | yèn wontên sarjunirèng tyas | ayun animbangi ing sih | nanging sang dyah kawistara | tan rêna lèjêming liring ||

22. mandar gumujêng sang ayu | ing sêmu amêmoyoki | ing mangkya Abib graita | lamun satuhu tinampik |

--- 48 ---

ngambil sing kanthong rasukan | pistul anulya kapusthi ||

23. sang rêtna jêngêr andulu | kagyat tyas dahat umiris | kamitênggêngên tan ngucap | Abib wus limut tan wigih | mung nyipta praptèng antaka | riwusnya suka pamuji ||

24. ring sang dyah raharjèng kantun | pistul pinêsat ngênani | ing jaja kang kawatgata | pêjah ing ênggèn pun Abib | mangkana gêdêring warta | bab Abib dènnya ngêmasi ||

25. karyawon pocapanipun | Siti Ngalim kang upami | sasat juru taragnyana | masang durgamèng dumadi | sawiyah janma kang prapta | wismanya yêkti bilai ||

26. duk Pangeran Husin lampus | wit păncakara myang Abib | pêjah dening suduk jiwa | wit mamrih kalunturan sih- | ira Suyati Sang Rêtna | nuwuhkên yitna kang wajib ||

27. rumêksa mrih têntrêmipun | ing praja pra among nagri | ngulatakên solahbawa- | nira Sang Siti Ngalimi | yèn pra tamu ingkang prapta | nginum wuru miwah main ||

28. akathah totohanipun | dene tan antara lami | wontên janma kang antaka | gêpok Siti Ngalim sami | samantara karuhira | wontên kang asung pêpeling ||

29. mamrih rahayu pinangguh | Siti Ngalimi pinurih | tumuli linggar sing praja | ing Pèrsi angalih panti | Siti Ngalim duk miyarsa | ing tyas dahad nawung runtik ||

30. nadyan kawuwus tan arus | kridhaning tyas olah sandi | Siti Ngalim tingkahira | sinamun sumuci-suci | nanging maksa karya camah | suda ajinirèng dhiri ||

31. tatacara katalêtuh | kaewan samining èstri | kang jumbuh sêdyaning driya | Siti Ngalim gya rumanti | dènirarsa ngalih wisma | linggar saking tanah Pèrsi ||

32. ya ta Suyati sang ayu | myarsa kang ibu samangkin | sing tanah Pèrsi yun mentar | nadyan nora dèn jarwani | ing ibu karananira | dahat suka rênèng galih ||

33. wit sang dyah datan sarêju |

--- 49 ---

dêdunung nèng tanah Pèrsi | tan condhong watêking janma | băngsa Pèrsi amêm sami | marma cumondhong ing karsa | kang ibu derarsa ngalih ||

34. Siti Ngalim sêdyanipun | ngalih marang Yunan nagri | paran karasèng tyasira | yun putra Rêtna Suyati | badhe antuk kanugrahan | kagarwa ing narapati ||

35. lir wêcaning juru nujum | kang mangkono iku yêkti | tan kenging kinirèng janma | elok karsaning Hyang Widhi | nanging jatining sêdyanya | Siti Ngalimi wus lami ||

36. pangayam-ayaming kalbu | adrêng cipta nglaksanani | nandukkên tingkah durgama | kang rungsit anèng Yunani | ciptanira sang kusuma | lamun nagari Yunani ||

37. ngèmpêri lan prajanipun | unggyan wutah rahe nguni | ing Bulgari tan prabeda | janma jênjêm apêpanti | lèn mangkana băngsa Bulgar | watak paradhah bèrbudi ||

38. băngsa Pèrsi watakipun | maratah akèh kang gêmi | dene dènirarsa linggar | Siti Ngalim mring Bulgari | tan dadya karantaning tyas | sira Kusuma Suyati ||

39. miwah tan pisan mangrungu | nguni wèh garjitèng galih | yèn Abib salalisira | Siti Ngalim asring-asring | kacingkrangan butuh arta | karana Siti Ngalimi ||

40. datan sajarwa mring sunu | tan lyan amung kang dèn èsthi | têmbe yèn wus kalaksanan | dumunung ing Yunan nagri | yêktyantuk tuking kabêgyan | sampat panggêsangannèki ||

41. kang kaduk kèh tadhahipun | riwusnya wignya ngungkuli | blanjaning prayagung miwah | sarêman danardana di | sayuta kang lumaksana | marmanya ye kang upami ||

42. prayagung miwah lyanipun | kang kerut ing Dyah Suyati | nguja kayuning renanya | Siti Ngalim tan nêmahi | papa anandhang malarat | yakti kenging dèn wastani ||

43. darbe kasugihanipun | kadya kang kasub wêwangi | Suleman Parus sajuga | Wahabi Yaman ing nguni | yèn ta tan kadi punika | singa kang

--- 50 ---

nguja bilai ||

44. de Siti Ngalimi wau | nadyan tan kaetang sugih | ananging kalêbêt bêgja | kasambadan barang kapti | boros arta wit paradhah | mangkana ingkang upami ||

45. pintên dènirantuk untung | rajarta têlas saari | ing tingkah sadaya-daya | têlasa tan yatnèng wuri | ngandêlkên pisungsungira | pra agung kang nambadèng sih ||

46. wit katarik trêsnanipun | marang Kusuma Suyati | sumarma nalikanira | taksih enggal dènnya ngalih | nèng Pèrsi kawêkèn ing tyas | mrih antuk baranarta di ||

47. dupyantuk pambudi luhung | wêdharing tyas mikantuki | saking wignya limpatira | mêmalat lumunturing sih | ring sagung para ngawirya | kawiryawan ngrarasati ||

12. Mijil

1. Sayid Siti Ngalim datan lami | nèng Pèrsi umanggon | pan wus antuk pangudinirèng rèh | kang mrih cukup panggêsangannèki | kathah dènnya tampi | raja di pisungsung ||

2. gêgubahan puspita ing jawi | kèh hartawan ing jro | wênèh sotya akathah ajine | pancèn marang Kusuma Suyati | Siti Ngalim tampi | sidhêman tan sung wruh ||

3. mring atmaja marma kang asung sih | ing tyas samya gawok | dene sang dyah têka tan nyaruwe | miwah nganggêp tan pae pra tami | dènnya ngrêngkuh sami | lan kang tan misungsung ||

4. Dyah Suyati sadèrèngnya ngalih | renanya sang sinom | dahat onêng marang kalulute | Burham Mutrikah kasub ing nami | nguni kang jalari | gêndra têmahipun ||

5. Dyah Suyati tinundhung umijil | sing Bulgar kadhaton | anêmahi prihatin driyane | nahan kitha Bulgari marêngi | wontên janma mardi | langên swarèstri rum ||

6. kang bêbarang băngsa ing Kirmani | swaranya rum mawor | manis wilêt karyèng ram rarase | anganyut ing driya kang miyarsi | lir swaraning êjin | marmanya misuwur ||

7. ing praja lyan sadangunya main | nèng Pèrsi dènnya

--- 51 ---

don | Siti Ngalim lawan atmajane | datan kêndhat anon sabên ratri | ring unggyaning main | langêning swara rum ||

8. priya wanudya akèh kang prapti | nèng pintu samya non | mring Suyati pra kakung ciptane | kasmaran myat rêsmining kang warni | sadaya parèstri | cêngêng non ing sêmu ||

9. solahbawanira milangêni | lam-lamên pra wadon | de Suyati gandês parigêle | bisèng tingkah lêlewa mrak ati | sambada rêspati | paribawanipun ||

10. tlacap talacap lamun lumaris | masang jaja sengoh | anyèplêsi endahing warnane | di-adining dyah băngsa ing Pèrsi | pantês lamun dadi | ojating pra kakung ||

11. Burham Mutrikah ing sajuga ri | nuju lêlanandon | marang Pèrsi myat kang barang sindhèn | wanci sontên wus prapta ing panti | kang sidhèn[25] alinggih | cêlak prênahipun ||

12. lan Suyati duk samya umèksi | kalihnya waspaos | datan samar Burham Mutrikah ge | sung sasmita arjaning pêpanggih | nging Sang Dyah Suyati | ing tyas ngayun-ayun ||

13. de Burham Mutrikah tan murugi | ring unggyannya lunggoh | Dyah Suyati gagas darunane | pan mangkana osikirèng galih | baya ta wong iki | tan mirib tyasipun ||

14. dhuh wong bagus baya nora ngimpi | myang kulak pawartos | yèn trêsnèngsun gêng mring sarirane | Sang Mutrikah waskithèng pangèsthi- | nira Dyah Suyati | osike kacakup ||

15. Burham Mutrikah nadyan wrin gênging | sihira sang sinom | miwah datan singlar pratingkahe | kang jalari lingsêmnya sang dèwi | kèngsêr sing Bulgari | de kogêling kalbu ||

16. muhung yatna tata laksitaning | Sang Siti Ngalimon | miwah putra durta kridhaning rèh | karya sandeya dènnyarsa panggih | nèng pasamuwaning | srawungan tan sarju ||

17. Sang Mutrikah prapta sabibaring | dènira samya non

--- 52 ---

| janma ingkang ambarang sindhèn |[26] maksa datan arsa marêpêki | ing Rêtna Suyati | ya ta kusuma yu ||

18. tansah ngudi dènirarsa panggih | Mutrikah sang anom | nulya antuk upaya sandine | Dyah Suyati duk lagya lumaris | yun mijil sing panti | unggyannya andulu ||

19. Sang Mutrikah lumampah wurining | Dyah Suyati gupoh | ngrucat sotya sangsangan kang kangge | nulya rinêntahkên tibèng siti | sang dyah laju nitih | rata dènnya kondur ||

20. dumadakan sêsotya nèng siti | kasampar sang anom | gya dèn ambil kawangwang warnane | datan samar ing driya anon ring | sotya kang pinanggih | kang darwa sang ayu ||

21. sangsanganira Rêtna Suyati | ciptanirèng batos | yun sumusul ring sang dyah antuke | angasungkên wangsul sêsotya di | pinrih aywa nganti | sang rêtna tyas giyuh ||

22. tan sakeca dènira aguling | jalaran mangraos | kepyaning rèh icale sotyane | nahan tan kawarna lampahnèki | Sang Mutrikah prapti | ing sasananipun ||

23. Siti Ngalim gupuh dyah Suyati | umêthuk kang rawoh | sinambrama pambagya praptane | wêdharing sabda winoran liring | dhèmês arum manis | amêmalat kalbu ||

24. sru kumênyut kadaut tyas rujid | Mutrikah duk anon | liringing dyah miwah ing sabdane | onênging tyas mrih nungku ing rêsmi | tan kawawa byatning | anahêni gandrung ||

25. amarpêki astanya kinanthi | samya sih karongron | yayah pindha mimi mintunane | nulya manjing sasana sarimbit | nèng bale alinggih | sang dyah mêdhar wuwus ||

26. dhuh paduka dahat tan tumulih | sih katrêsnan ingong | gung sikara nglêlaga karême | sasat sirna datan anglabêti | dènira samya sih | nahan kusuma yu ||

27. datan mêdhar icaling sotya di | sêmu tan rumaos | ciptaning tyas ywa katon pamrihe | mring Mutrikah sagêda pêpanggih |

--- 53 ---

kaèksia saking | Mutrikah kang kayun ||

28. apêpanggih lan Rêtna Suyati | sang dyah api gawok | yèn praptanya nêdya mangsulake | sêsotya di sangsangan sang dèwi | kang murcitèng siti | kasampar sinambut ||

29. Dyah Suyati dènnya mulas dhiri | datan măntra katon | mandar dènira amahyakake | sotaning tyas kang manutuh dhiri | nyênyês amlas-asih | nganti arawat luh ||

30. trênyuhing tyas sarira marinding | swanita gumrobyos | Sang Mutrikah dupi myarsakake | mamêlaning têmbung rum amanis | tyasnya lir rinujid | jêjêting jêjantung ||

31. anglêlipur rêmpuning panggalih- | ira sang lir sinom | manuhara mawor rum sabdane | dhuh mas mirah paran darunaning | de agung prihatin | tansah akapiluh ||

32. lamun luput ing pratingkah mami | marang sira dhenok | aksamanta sun èsthi èstune | nahan ngunjal uswa Dyah Suyati | mangkana dènnya ngling | Mutrikah sirèku ||

33. ngong wèh upata kalawan kanthi | saksire Hyang Manon | pandugèngsun sira datan darbe | karana angêndhani mring mami | sajarwaa jati | paran sira limut ||

34. nalikanya kaiwat ing nguni | Indiyah sang katong | nèng udyana miwah nalikane | pasamuwan nyamar nèng Bulgari | Mutrikah nauri | dhuh dewaning arum ||

35. ingsun datan kalepyan sakèhing | kang uwus kalakon | marma dahat panrimèngsun anggèr | pitulung ta pamurunging pati | atêmah basuki | dasih ta wong ayu ||

36. sang dyah rawat waspa dènira ngling | ya nadyan mangkono | têka tega nora martakake | tangèh nimbangi sih trêsna mami | tanpa wlas samênir | sirna labêtipun ||

37. Dyah Suyati sajati byutning sih | mring Sang Mutrikah nom | têmah datan kawawa driyane | anayuti ardanirèng kingkin | solahbawa kèksi |

--- 54 ---

dènira mrih pagut ||

38. sih-sinihan Mutrikah anuli | anyandhak sang sinom | gya rinangkul-rangkul lungayane | kinuswanan wadana liniling | sang dyah amarinding | tyasira kumênyut ||

39. napas slêkak gêgondhangnya salit | angga angêlentroh | lêsah kadya nir bayu otote | tan sawala amêngani kori | parewana kèksi | liyêp layapipun ||

39. yayah gege paworing karêsmin | Mutrikah tyas kasok | tansah ngrapu rêmpuning driyane | Dyah Suyati kunêng tan kawarni | nèng jro jinêm wangi | dènira mong lulut ||

40. saluware dènnya murwèng rêsmi | Mutrikah sang anom | nguswa jăngga myang paya-payane | sang dyah miwal karsa wacana ris | dhuh paran kang dadi | sêdyanta kang tuhu ||

41. Sang Mutrikah ngling sun yun matrap ring | jangganira dhenok | sangsanganta kang sun têmu anggèr | nèng udyana panontonan nguni | supaya mimbuhi | ayu manis arum ||

42. sang dyah nabda dhuh kakang ing mangkin | yèku sasotyèng ngong | sun rilakkên ing sira tumrape | muhung dadia pangeling-eling | barang laksitaning | sira lawan ingsun ||

43. lan ywa limut lêlakon kang uwis | Mutrikah lingnya lon | dhuh mas mirah pêparing ta mangke | ngong tampani lir jimat kapundhi | sumrambah mimbuhi | bawa laksana yu ||

44. bisa tulus mong karsanta yayi | Mutrikah sang anom | duk manabda anguswa dangune | wusnya têntrêm ing tyasira sami | kusuma Suyati | amuwus asung wruh ||

45. lamun dungkap angalih sang dèwi | sing Pèrsi karaton | mring Yunani kalawan ibune | Sang Mutrikah dahat suka myarsi | dènirarsa ngalih | Siti Ngalim wau ||

46. têmbe yèn wus dêdunung Yunani | ubayenggal tinjo | amrih bangkit jurungi sêdyane | nadyan sarana wutahing gêtih | tan etang ngêmasi | labuh mring sang ayu ||

--- 55 ---

47. Sang Mutrikah pamitan amulih | wau ta sang sinom | tan antara lama nut renane | ngalih wisma marang ing Yunani | nahên laksitaning | sang kusumaning rum ||

48. sadèrèngnya mêdharkên gancaring | Siti Ngalim manggon | anèng Yunan ngalih sasanane | mangkya gantya pinurwa ing kawi | wong agung kang dadi | jêjêr gancaripun ||

49. prajèng Yunan kang sagêd manarik | Suyati sang sinom | antuk drajat nêtêpi wulange | juru nujum kang narbuka nguni | Kusuma Suyati | têmbe madêg ratu ||

50. marma ingkang satata kaèsthi | ing sajroning batos | tan lyan namung drajating pamase | wiwit duk mangkat ngalih Yunani | têlênging panggalih | mung dènnya mrih madu ||

 


kanugrahanirèng. (kembali)
kuciwa. (kembali)
Lebih satu suku kata: angasorkên pra kênya. (kembali)
Kurang satu suku kata: tinari amangrèh praja. (kembali)
sar-saran. (kembali)
ing. (kembali)
Lebih satu suku kata: wit myarsa pawarta tuhu. (kembali)
Kurang satu suku kata: topèng apa sasênênge kêni. (kembali)
karya. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: swara arum gita lus mangalap jiwa. (kembali)
11 dupi. (kembali)
12 sandeyèng. (kembali)
13 kuciwa. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: mangkana katri prawira. (kembali)
15 prabu. (kembali)
16 mangancam-ancam. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: mung sinamar kewala ing aturipun. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: matur mring ibu maminta. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: sagêda kaduman waris. (kembali)
20 Èmir. (kembali)
21 trênyuh. (kembali)
22 Naskah terpotong. (dan di tempat lain). (kembali)
23 Naskah terpotong (dan di tempat lain). (kembali)
24 Guru lagu seharusnya: 8i, Siti Ngalim kirang picis. (kembali)
25 sindhèn. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: janma ingkang ambarang sêsindhèn. (kembali)