Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 16–19)

Judul
Sambungan
1. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 10–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 16–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 20–25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

16. Dhandhanggula

1. babadan anyar pigiring[1] mrêgi | gudhe gadhung gêdhang cinêngkraman | agung anggênggêng gagane | sêlisir têbu wulung | rinangkêpan uwi gêmbili | katak suda wi alas | ilês-ilês wilus | atêbêng têbu tinêmbang | sinawuran otèk gandum lawan jali | kacang kara karandhang ||

2. kang rumambat kêkara kacipir | ajajar

--- 211 ---

jarak bang jarak kêpyar | ana katon pidikane | bêbanjaran bêbanjur | nurut marga kang sarwa sari | mêkar danguning lirang | alangên dinulu | kangên langên marga padha | sêkar ngungrum ing marga gandanya wangi | ngungrum aglar kanginan ||

3. godhong gêdhang sêdhênge gumadhing | gudhe gadhung gêdhang sarêng wohnya | agêng anggênggêng gêdhange | iring-iring rung-urung | pinggir jurang-jurang tarêbis | rêmbês rêdi kèh toya | toya tuk tusipun | patrèjo kathah kawuryan | tirta ngapit marga mancur lumut-limit | tinalangan pring dênta ||

4. ana kang tinalangan pring tulis | adrês anjog ing sela gêgilang | kasongan kayu tejane | pandhan surat atêpung | pêpinggiran ngidêri warih | pakis andong banjêngan | wraksari sêkar rum | nyu gadhing lan [la...]

--- 212 ---

[...n] pucang dênta | andhap-andhap andadi ambêbêt ing wit | langkung asri kawuryan ||

5. rêsêp andulu wau kang prapti | sarêsmine kang wukir rahadyan | kapat sayah padha sare | lami nora aturu | nora dhahar sarira anglih | wus wungu padha siram | puthut roro mêtu | wasta Sang Jagawasita | lan Saraka arsa angrêsiki darmi | kagyat mulat dhatêngan ||

6. Sang Jagawasita Sarakang angling |[2] mring rahadyan pan paran ing ngandhap | pukulun pundi sêdyane | tuwin sinêdya kayun | anauri rahadyan mami | wong Mêdhangparamêsan | ingsun tanpa kuwu | kawlasarsa alit mila | kita kampir kentar ngulari sudarmi | nut salembaking manah ||

7. balik sanak pratamanan iki | sintên pilênggah ingkang kawiryawan [kawiryawa...]

--- 213 ---

[...n] |[3] sapa sintên panêngrane | nauri kang pilungguh | Panêmbahan Suwignyasidik | panêngran ing Pataman | ing Dipandutêrus | gununge ing ardi Lanang | lah matura inggih kantuna ing ngriki | ngong matur panêmbahan ||

8. puthut matur yèn wontên têtami | anglêlana ambêke nyatriya | Sang Jatiwara dêlinge | alah konên tumanduk | puthut kalih sampun abali | anggèr dika ngandikan | dyan kapat tumanduk | kapranan Sang Jatiwara | purwa madya wasanane sampun uning | salakuning rahadyan ||

9. nging sinamur samar ingkang pinrih | ja cawêngah rahadèn karsanta | dimèn wutaha ature | linggiha putuningsun | radèn kapat samyangênjali | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nyawa

--- 214 ---

Sang Adikusuma | amlasakên sira iku putu sami | ngênjali samya nêmbah ||

10. Sang Jatiwara ris dènirangling | putu ngong kapat tigas kawuryan | ngêndi têdah pinangkane | nihan sinêdya kayun | sapa sira sinambat wangi | umatur saha sêmbah | ing yyangya pukulun | sidik sumbaga tan kilap | nguningani sapolah tingkahe kingkin | gumuyu sang atapa ||

11. eling-eling kusuma di luwih | lantip sasmita lantip panêngran | iya rame-rame bae | ing pajagongan putu | ing kaluwihan sun tapi |[4] yèn tan wruha ing purwa | duksina mas putu | satindak-tanduk mas sira | ingsun wêruh sira ngulari sudarmi | sang prabu ing Jênggala ||

12. wisata dalu nora awarti | alah apa kaki kalêrêsan [kalêrêsa...]

--- 215 ---

[...n] | anêmbah tumungkul radèn | antuk sabda sang wiku | ulun minta êsih tuduhning | saiki putuningwang | tan winênang ingsun | lagi ginaib ing dewa | nora mati prasasat kaki ngêmasi | rakanira narendra ||

13. dèn jambul wanên nyakêthi warih | tumêka jaba samangan jangan | lumbu ucap-ucapane | saiki tan katêmu | dene besuk têmu pribadi | balik anastapaa | têdhanên dewa gung | kaki aja lunga brăngta | apan ana apa karêpira kaki | panabda mring kamuksan ||

14. apa maring kadigdayan kaki | dene besuk amituhu sabda | ingsun têdah sira radèn | apan nêmbah anuhun | amituhu sabda sang tapi | nèng kono mangun tapa | sampun manjing guru | winuruk kang aji darma |

--- 216 ---

kasantikan kanuragan kang wus sêkti | pinêtik mring kamuksan ||

15. sampun lami gêntur tapanèki | tata tita anunggil kang kăndha | nging ginanti panulise | nênggih wêktu puniku | tanah Jawa nora na aji | bopati dhawak-dhawak | nyatriya sadarum | para umbul langkung kathah | luwih rêsah nora nana kukum adil | pèk-pinèk dhing arosa ||

16. patining wong nora dèn ajèni | langkung rusuh arêbat-rinêbat | kalungguhan ing jangkane | para ngulama Ngêrum | ingkang muni sajroning tulis- | ipun Kitab Musarar | na jalma dibya nung | sarta sugih tur kèringan | tur ginuron akèh anak putunèki | wus samya pêncar rosa ||

17. tăngga desa gêguru jrih bêkti | lakon sapasar satêngah [satê...]

--- 217 ---

[...ngah] wulan | aseba tur bêkti kabèh | langkung murka kèh dhusun | wus kamelik tur ulu bêkti | ing Bojong wismanira | anama Ki Buyut | Bojong gêng buyut satata | rosa aprakosa tur bujana kulit | sumbaga sêkti guna ||

18. têguh timbul prawirèng ajurit | anglangkungi sangking tăngga desa | dadi paguron wong akèh | digdaya prawira nung | kailangan sampun matitis | purusa dêdêgira | awor wong nom bagus | dadya tunggul garwanira | ayu luwih Ni Sêtomi arannèki | langkung bêkti ing priya ||

19. nak Êmpu Jatijajar wismèki | langkung wignya asêkti sumbaga | dadi yogya saciptane | yèn pandhe paron dhêngkul | pukul asta supit dariji | ububanipun grana | gêni

--- 218 ---

saking tutuk | sasêpuhe idunira | kacarita têdhake Êmpu Ramadi | ran Klana Jatisura ||

20. yèn karya gaman dèn nyêd dariji | barang ginawe cinipta ana | yèku ta para tuwane | Buyut Satoma iku | têdhakira Sang Raja Patih | Jugulmudha ing Mêdhang- | paramêsan iku | nanging mangke lagya nglana | karantêne dene datan duwe aji | iku kang dadya manah ||

21. iya kaya ratu muktinèki | nging tan eca ajrih sarik tulah | dene dede têdhak rajèng | sangêt nêdhèng dewa gung | duk asare ika naritis | bantal banon sarimbag | lèmèk ron sajujung | matêk aji ana swara | hèh Satoma èngêt-èngêt ayya lali | mêngko wus ana nata ||

22. yèn ta ngupaya [ngu...]

--- 219 ---

[...paya] sirèku kaki | nanging samêngko dèrèng katingal | maksih ginaib Hyang mangke | ratwagung sudibya nung | kèringan ngrat dibya asêkti | byar wungu dènnya nendra | pêpungun gêgêtun | arsa tilar kawibawan | manjing pura garwane dèn pituturi | karia sun ngupaya ||

23. ing ratu kang jinarwa ing wêngi | sun matitis pirabara gêsang | yèn tan kêpanggih ing impèn | nyai sun nora mantuk | suka pêjah ing Wanagiri | garwa kagyat karuna | kyai kula tumut | pêjah gêsang ayun wikan | marcapada dêlahan gawanên mati | kyai aja apisah ||

24. ingkang garwa rinangkul dhuh yayi | asih têmên dènnya krama sêtya | milu aja wartèng akèh | cinarita wus sunu | pan têtiga wau putrèki |

--- 220 ---

kêkalih ingkang lanang | Kapalih ranipun | ingkang taruna wanodya | Ni Sukèli Ki Sukana kakangnèki | pasusone tinilar ||

25. tisnaning putra nora kaèsthi | ingkang ketang bêktinirèng priya | wus kentar wong roro bae | abonglot tan ana wruh | kang akêmit samya aguling | wus têbih saking pura | manjing wana agung | niba tangi Ni Sutoma[5] | dènnya nangis alara samargi-margi | Sutoma nglipur garwa ||

26. lah mênênga aja sira nangis | lumakua dèn lirih kewala | manawa kawêntar ngakèh | dadya Sutoma wurung | atêmahan nora kêpanggih | sri nata dadi apa | yèn kaya wak ingsun | dadya janma cacah-cucah | jaban ngrangkah lah mênênga payo yayi | dèn alirih kewala ||

--- 221 ---

27. dadya gègèr kang ngulat-ulati | anak putu sinêmbar[6] sadaya | tanapi têpis-wiringe | tan na wong jalêr kantun | kang ngulati nging tan kapanggih | nak putu langkung susah | ical babonipun | kocapa ki buyut lawan | rabinira raryan têngahing wanadri | angucap jroning driya ||

28. kaya priye gon ingsun ngulati | subalinga ki măngsa panggiha | tuwas kangelan têmahe | tanpa wêkas yèn wangsul | ya bathara titah puniki | anuhun katulunga | têmah-têmahipun | pitêkur nulya na swara | sira iku Sutoma ngulari aji | subaling tan kapanggya ||

29. yèn nora sira rowang prihatin | cêgah turu mangan lawan tapa | sira manjinga guwa ge | ing Têrusan kapangguh | mêngko lagya sêmèdi [sêmè...]

--- 222 ---

[...di] êning | anêgês karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | iku tunggunên laminya | iya iku kang ngêpêl nagari Jawi | tumurun tan kasêlan ||

30. wisataa mupung tan na uning | byara wungu garwane ginugah | tangia nyai dèn age | payo padha lumaku | wus wisata amurang margi | kalunta manjing wana | ngambah jurang têrjung | byar raina manjing guwa | ing Têrusan sinung padhang ing dewa sih | nèng manguntur gènira ||

31. ingulatan sang nata tan panggih | nora nyana yèn guwa atundha | ing pamêrit minêp kabèh | wus lama anèng ngriku | awakira dipun pêpati | anêkung nêgês karsa | na swara karungu | sarta mamlasakên sira | ya Satoma sirèku ingsun tuduhi | prênahe bakal nata ||

32. iku pratăndha

--- 223 ---

gusti yèn asih | krana murah mring kawulanira | nora siya-siya mangke | ya mring kawulanipun | papa mukti kang gawe pasthi | iya awake dhawak | dudu Yyang Kang Agung | kagunganira Yyang Suksma | amung kukum puniku kalawan adil | salawase tan owah ||

33. sapa têmên ya dipun têmêni | iku Ki Satoma kapir Buda | têmên-têmên panêdhane | dening Yyang ku tinulung | hèh Satoma karsèng Yyang Widi | ratuku kang mong sira | yèn sirarsa pangguh | Satoma manjinga taman | ratunira nèng jro guwa tapa guling | anèng kathil kancana ||

34. nging sira dèn wêdi ngati-ati | taman gêdhong iku anyeluman | tan kêna sabarang wonge | mring gêdhong taman iku | ya padusaning widadari | mung sira kang kalilan [kali...]

--- 224 ---

[...lan] | manjing tamansantun | ngadhêpa ing ratunira | iku pratandhaning kawula lan gusti | ilapat ing Pangeran ||

35. ratu kalipahira Yyang Widi | gusti ilapat Banjaransêkar | Ki Satoma kawulane | tan kêna pisah tuhu | tan kêna sah kawula gusti | kapriye yèn pisaha | sapa kang anêbut | pundi ta ingkang sinêmbah | tan pratela kêraton sapa ngarani | yèn tan ana kawula ||

36. kawula yèn datan ana gusti | tan jumênêng ananing kawula | iku tan kêna pisahe | sasmita ananipun | iya iku pan dudu iki | minăngka pasênêtan | wus ja miyak panggung | Satoma wus manjing taman | anèng jawi gêdhong ya ta sampun manjing | yèn dudu trah kusuma ||

37. sarta wijiling atapa [a...]

--- 225 ---

[...tapa] iki | Ki Satama anèng kambang nêmbah | bêktine dhatêng sang rajèng | Nyai Satami[7] sujud | gêdhong katon mancur nêlahi | sêca lawan cahya- |[8] nira ya sang prabu | awor ujyalèng raditya | campur lawan banyu sumingêb nêlahi | Satami Ki Satama[9] ||

38. bêkti tumungkul sila nèng jawi | nora obah kadya wong mêmuja | sang tapa katingal bae | nèng kathil gadhing mujung | panakawan nèng dagan guling | dulu ing gustinira | tingkahe sang prabu | mênga astane kang kiwa | amêpêti babahan pranajanèki | asta kanan tumumpang ||

39. ing wêntise suku ingkang kering | sidêkung sukunira kang kanan | nora obah ing lungguhe | tan mosik laminipun | tigang căndra dènnya ngastuti [ngastu...]

--- 226 ---

[...ti] | ing manah trus ing tingal | jajah alam catur | wus kumpul dewane papat | kêkayangan purwa warnanira putih | ran Sa[10] Hyang Maèswara ||

40. pramawane ngucap bayunèki | iya ingkang maring păncadriya | Maèswara bubuhane | lan kêkayangan kidul | Sang Hyang Brama abang warnèki | namane lan napsunya | pracima kang lungguh | Sang Bathara Maha Dewa | warna kuning kuthanipun kancana di | bubuhanipun bucal ||

41. angên-angên ilang wontên dening | kang kayangan Nuriti warnanya | irêng Sang Hyang Wisnu rane | bucal landhêp karyèku | sampun nunggil sadaya mulih | mring bawah dhawak-dhawak | jangkêp limanipun | ingkang kayangan ing madya | ajêjuluk Bathara Siwah wus nunggil |

--- 227 ---

ngilangkên arda murka ||

42. jail goroh culika wus êning | ingulapan dening Sang Hyang Siwah | wus sêpi păncadriyane | mapan ta sampun kumpul | păncadriya wus dadi siji | dyan katur Hyang Wasesa | katri aturipun | dadi tan kêna bêncana | luput godha myang rêncana nora kêni | alam papat dèn jajah ||

43. sarta dèn kawruhi wus anunggil | ngraga suksma sarira wus nunggal | lawan Suksma sajatine | angambah alam catur | kinawruhan kamuksannèki | ingkang putih kamuksan | dalane linarung | kang muksa mring kasucian | ingkang rata dêlanggungira binasmi | muksa mring kailangan ||

44. ingkang kuning sing netrasanèki | hawaning [ha...]

--- 228 ---

[...waning] sampurna kèh kang măngsa | dadi papat dalanggunge | singa kambah rahayu | manggih swarga kurang sawiji | marga irêng karêpnya | lamun dipun turut | cinandhi lawan pinêtak | iya irêng langgênge kamuksannèki | lungguhe wor lan kisma ||

45. mantuk ajalipun duk rumiyin | sampurna luluh awor lan kisma | mulya mantuk duk dadine | sal nora mulih suwung | angsal ana mulih namaning | iku kawignyan dibya | kang sumbaga anung | padha dèn pikira rèhnya | marga catur êndi kang bênêr sayêkti | ingkang atapa nendra ||

46. pan gumawang nora na kang uning | aming Ni Satami Ki Satama | ingkang wikan pratandhane | janma sumbaga anung | wus alama ngadhêp sang tapi | tan mèngèng idhêpira [idhê...]

--- 229 ---

[...pira] | wus muksa sang wiku | nuli na swara kapirsa | kang tumurun lêluhurira kang dhingin | Sri Galuh Sang Sindhula ||

47. awungua putuningsun kaki | tapanira wus katrimèng dewa | tan wungu eca asare | mèsêm mojar sang wiku | lembon têmên trus sabda sidik | trus tingal kaserenan | Dyan Banjaransantun | wêruh sadurung winarah | lawan sampun wêruh sadurung dumadi | angsal sabdaning eyang ||

48. awungua putuningsun kaki | ingsun dhewe kang gugah mring sira | lir pinêtik talingane | Dyan Banjransari wungu | wus anêmbah suku sang tapi | ingaras êmbunira | sidik putu ulun | mangênjali barkah tuwan | sang dewa ji luhur ulun sri narpa ji | Galuh Raja Sindhula ||

49. suka gumuyu Sang Wikujati [Wiku...]

--- 230 ---

[...jati] | hong ywang-ywang masidhêm siwah buja | ya tarima sokur bae | wus pinasthi Yyang Luhur | dadya ratu sumbaga sidik | sugih garwa myang bala | sugih dunya agung | kèringan ngrat pramudita | Jawa sabrang sumiwi samya tur putri | padmine waranggana ||

50. pan ing Galuh nagrinira benjing | mêngko wus ana nging tan katingal | kurang saêmèh mangsane | maksih katon wana gung | ratu estri tur widadari | balane ya wanodya | prajurit nung-anung | dhomas putri waranggana | pêpatihe sudibya prang ayu luwih | tur ratu ing seluman ||

51. ratune digdaya guna sêkti | kinawasa prajurit sudigbya | sumbaga pilih tandhinge | kèringan ing lalêmbut | jim prayangan ing tanah Jawi | tur putri kumawula | mring sang prabu ayu |

--- 231 ---

prajurit èstri prawira | dhomas pisan tate ambêdhah nagari | jêjuluk Prabu Rara ||

52. Dewa Lêngkara Suprabawati | wus pinasthi iku dhaupira | besuk nagri katingale | besuk yèn madêg ratu | sira kaki mung kirang kêdhik | besuk pêpatihira | Ki Satama iku | Ni Satami bojonira | apan dadi pikukuh ugêring nagri | run-tumurun wasiyat ||

53. saiki ta ana beka kaki | tan ngapaa mung sira tan kêlar | tadhah mara ing bekane | dèn prayitna mas putu | wus winuruk jijaya ngèstri | asmaragama tăntra | ewuh putuningsun | medaning sawung gènana | lan winuruk kawignyan kang sura sêkti | tanapi pangawasan ||

54. kanuragan kaluwihan sêkti | kadigdayan karosan têguhan [tê...]

--- 232 ---

[...guhan] | têlas kalbune eyange | kawigya dibya punjul | kanuragan lawan kasêktin | kadigdayan wus wignya | dibya ambêg sadu | miwah kang maring kamuksan | panitisan myang panjing suruping pati | anom tan kêna tuwa ||

55. miwah kang bisa ngambah wiyati | nora têlês lamun manjing toya | bisa manjing ajur-ajèr | yèn pinêndhêm tan bawuk | nora gosong lumêbèng gêni | myang ngèlmu dadi nata | winêjang sadarum | kèringan jim lan manungsa | miwah sakèh isining we lan wanadri | tuwin ing kasutapan ||

56. pan sampurna Sri Banjaransari | dadya ratu wasis ing dibyanta | lah uwis putu dèn age | payo manjing kadhatun | aja karêm ing taman kaki | angkêr akèh rêncana | lan Satama

--- 233 ---

iku | Satami kaki wus lama | amlas-asih sira sapaa tumuli | angling Banjaransêkar ||

57. wong ngêndi sira ngadhêp sun lami | Ki Satama kagyat amiyarsa | tan katingal swara bae | julalat ulatipun | janma kalih ngawur ngastuti | hong yyang-yyang siwah buja | masidhêm manuhun | katura para bathara | sapa sintên ulun ingkang andhawahi | ngandika sri narendra ||

58. yyèngsun kang sirajap rina wêngi | ya wus sun tarima bêktinira | mara nglawang jaba kene | pintu rêsmi kang kidul | nuwun amba bêkti lumaris | kalawan rabinira | nèng bangsalit dhêku | Banjaransari lan eyang | sampun prapta kadhaton sampun winisik | wisiking aji darma ||

59. putuningsun kala-măngsa iki | madêga ratu [ra...]

--- 234 ---

[...tu] tanggal sapisan | bênêri Sura sasine | warsalip Watugunung | sirah tunggal besuk yèn uwis | Gara Kasih Galungan | parêkên rabimu | tan kawatir sagêndhingnya | mapan sira wus sumbaga wignya sêkti | ratuku kang mong ingwang ||

60. wus putu kang eyang tan kaèksi | Raja Banjaransari wus mêdal | kalawan panakawane | nanging nora kadulu | pan jumênêng nèng ngarsanèki | Ni Satami Satama | dahat nora wêruh | mung gănda mlêk amrik sumyar | angandika Sri Nata Banjaransari | ya wong sapa ranira ||

61. kagyat jumbul Satama Satami | samya mudhun karo bêrangkangan | gumujêng panakawane | rinacut warnanipun | ing pangèksi Banjaransari | wus katingal gumawang | sumorot [sumo...]

--- 235 ---

[...rot] umancur | Satama Satami datan | kuwat dulu baguse sinom pangrawit | lagya wuryan punika ||

17. Sinom

1. Satama Satami nêmbah | ngujung sukune sang aji | ngusapi suku kang kanan | Ni Satami suku kering | Ki Satama Satami | anjêngêr dènira dulu | satuwuh dèrèng wikan | baguse tan na tumandhing | angandika Sang Narpa Banjaransêkar ||

2. apa karêpira padha | manjing guwa ăndra pati | lan ing ngêndi wismanira | matur Satama Satami | kawula arsa ngabdi | ngèstupada sang aulun | ulun tan darbe nata | kuwur ingkang janma alit | langkung rêsah tan wontên lêrês katingal ||

3. wondene sana kawula | dhusun Bojonglopang [Bojonglo...]

--- 236 ---

[...pang] gusti | kawula turi sampeyan | gusti jumênênga aji | ngandika sri bupati | ya sun tarima aturmu | samêngko durung măngsa | benjang yèn wus Gara Kasih | apan ingsun jumênêng aja kadhangdhang ||

4. yèn marêngi karsaning Yyang | ingsun arsa mangun jurit | angrêbut nagara Jawa | amungsuh ratu linuwih | yèn sira tan udani | ngalas Galuh ana ratu | kuthane tan katingal | karsaning Yyang maksih gaib | ratu wadon widadari kamanungsan ||

5. bala prajurit wanodya | dhomas para sêkti-sêkti | iku lamun marêngana | prabu wadon widadari | sun jaluk kratonnèki | arsa sun rêbut prang pupuh | dadya sira muliha | pradandanana prajurit | alas Galuh lah kêpungên lurugana ||

--- 237 ---

6. dene sun anuli prapta | kadhaton masthi kaèksi | nuwun amit Ki Satama | Satami sing guwa mijil | langku[11] trustha ing galih | dene sampun darbe ratu | kunêng ingkang winarna | kang kari sru nêru brangti | kunêng kocap ing Galuh wana seluman ||

7. Ratu Ayu Prabu Kênya | Rêtnayu Suprabawati | juluk Dewata Lêngkara | ayu manis kaduk lindri | warnane salin-salin | pêpitu sadinanipun | nora bisa anyăndra | lir intên rineka janmi | kang kayangan Sagara Kidul kuciwa ||

8. patut nurunakên nata | prajurit dhomas samyèstri | wadananipun sakawan | pêpatihipun satunggil | Sri Nata Gênawati | kang angrèh putri sadarum | wadana kang satunggal |

--- 238 ---

Suradiwati sinêkti | punggawanya rongatus putri sadaya ||

9. yèn aprang samya kapalan | sadaya ngagêm jêmparing | sami nitih kuda pancal | ulêse jêragêm adi | sisih Rêtnadewati | punggawane kalih atus | ngrawit rêtna sadaya | sikêp lawung yèn ajurit | sabalane sami nitih kuda pêthak ||

10. lurah panêgar wastanya | Rêtna Dèwi Nagawati | kalih atus punggawanya | jêjuluk Minăngkawati | anitih kuda kuning | nênggih jangkêpipun catur | Asmarawati nama | kalih atus kang prajurit | sikêp towok nitih kudyèrêng sadaya ||

11. anyothe tamsir ginilap | Rêtna Dèwi Nakawati | sakancane nyothe pêdhang | kang anumbak nyothe cundrik [cundri...]

--- 239 ---

[...k] | dene kang ngagêm sami | panah anyuriga suduk | supênuh ing paglaran | nora na jalêr sawiji | nagri Galuh agêmah langkung raharja ||

12. karta-karti kang nagara | musuh nora nana wani | jêjêl pêpêt tuwin desa | nora na alas dumadi | gaga têgil lan sabin | ingkang kawêngku ing Galuh | anging durung katingal | ya ta wau prabu èstri | sawusira busana gya siniwaka ||

13. andhèr kang prajurit kênya | ingkang sowan sri bupati | prabu ing wana seluman | Raja Patih Gênawati | prajurit tanpa tandhing | wêdana papat ing pungkur | punggawandhèr atarap | jajar tata kadya ringgit | prabu rara suka aris angandika ||

14. ingsun ing dalu supêna | lan ana swara [swa...]

--- 240 ---

[...ra] kapyarsi | èngêt-èngêt aywa lupa | mêngko uwis ulih tandhing | kang duwe nagri prapti | karsa jumênêng ing Galuh | sira wus kamanungsan | acamah kang widadari | kang jumênêng satriya Andaniswara ||

15. lan sun gugu impèn ingwang | wong bagus kawuryan prapti | ingsun takoni sêmbrana | nyalunthange amranani | ika baya wong ngêndi | sumêngguh kumaruh-aruh | sêmbrana tanpa krama | anjêngêr tan arsa linggih | manthelange si dhungkah wadhuke bêdhah ||

16. rumêsêp angaku sanak | angkuhe kaya bupati | tan rumăngsa yèn anêka | sêmune aladak batin | cumêrcêp basa adhi | iya iku ngaku ratu | yayi ing tanah Jawa | anjaluk karaton mami | kutha Galuh basane arsa ngênggenan ||

--- 241 ---

17. iku kaya tan supêna | sawantahe kala prapti | tanpa sangkan nèng ngarsèngwang | anjêjêr norarsa linggih | jaluk kêraton mami | ingsun wèhi basa saru | lungane tan pamitan | sun tantang nora nauri | besuk wangsul arsa jumênêng narendra ||

18. gumuyu matur pranata | Raja Dèwi Gênawati | jamak wong nendra supêna | măngsa nuntên daradasih | sapa sintên kang wani | ing panjênêngan sang prabu | yayi aja mêngkana | kawasaning dewa luwih | yèn têmêna dene noraa kayaa ||

19. kang dadi raosing manah | gumampang arsa dadya ji | karo wisiking bathara | iku ingkang nguwatiri | dene kang misik mami | apêngawak eyang prabu | ingkang ngadhaton taman | sabên-sabên eyang aji [a...]

--- 242 ---

[...ji] | nora goroh yèn ngandika pasthi nyata ||

20. apa kang kèpi deningwang | kang cinêtha dadi aji | yèn nyataa durung ngalap | aja ge jumênêng aji | yèn durung sun ngêmasi | Gênawati nêmbah matur | sampun sinuhun aprang | yèn kula dèrèng ngêmasi | Gênawati pantêse dadi sawulan ||

21. putri papat matur nêmbah | dhuh sampun dinawa gusti | mindhak angrêrundah manah | sanadyan yêktosa benjing | măngsa jriha prang tandhing | ngabên pragolaning pupuh | kantar bau amilang | tatu gênti pêdhang kêris | iya bênêr yayi nanging aja lena ||

22. suwaraa wadyabala | barisa pêndhêm prasami | manawa têmên wirayat | ana jugul angênèni | kalawan sira sami | kapat [ka...]

--- 243 ---

[...pat] padha ingsun utus | anêlika ing taman | mênawa têmên kang kèpi | lamun ana ing taman ya ciwisêna ||

23. matura ing eyang nata | dora têmên impèn mami | lingsène padha adusa | nêmbah matur sang dewa ji | botên tindak pribadi | ora amung bêktiningsun | aturna eyang nata | anging aja lami-lami | ingsun yayi watir ujaring wirayat ||

24. asamar yayi manawa | kapanggih janma kang kèpi | gumuyu Suradiwatya | măngsa jriha padha siji | inggih ulun kapati | wong siji pasthi kacakup | wus amit asiyaga | mumbul ngambah ing wiyati | kadya thathit ngungkuli guwa anglayang ||

25. aniyup manjing ing guwa | anuju nora marêngi [ma...]

--- 244 ---

[...rêngi] | Ki Satama sampun mêdal | ing ênu nora kawarni | desa Bojong kawarni | mêpak kulawangsanipun | saha gêgamanira | sakalangkung gênging baris | gaman babad pêpak wadung kudhi kampak ||

26. linggis pacul lan kalewang | pecok pêthèl tunggar arit | nênggih ki buyut wus bubar | Nyai Satami tan kari | samya nusul kang kari | rikating carita rawuh | alas Galuh kinêpang | têpung kikis langkung janmi | samya mondhok dandan-dandan pasanggrahan ||

27. pasang rakit lir kadhatyan | nak putu nora na dugi | gantya wau kang kocapa | Sri Nata Banjaransari | kang lagya nungku brangti | ingkang atapa aturu | panakawan nèng dagan | wus têlasan dèrèng mijil [mi...]

--- 245 ---

[...jil] | kang winarna kusuma yu arsa siram ||

28. ngadêg têpining kang toya | cucul sampur lan kulambi | atanapi kasêmêkan | sinèlèh gêgilang uning | prasamya ngirap wèni | amung kantun kalih pinjung | samya ngasta pasatan | wus salin Suradiwati | patêlêsan cawêni pupus alaras ||

29. Rêtnadewati anyandhak | patêlêsan gih cawêni | Nakawati cucul sinjang | rangrangan têlêsannèki | Asmarawati salin | srasah patêlêsanipun | wus samya gêbyur toya | aganti kosokan sami | acêciblon pinatut kadya gamêlan ||

30. imbal samya sêsiratan | asuka-suka nglangkungi | nora nana dipun taha | janma măngsa na awani | nora nyana angimpi | lamun kalêbêtan pandung | wêntis [wê...]

--- 246 ---

[...ntis] kengis katingal | pambayun tan dèn rawati | sang dyah kapat samya tandhing wonga-wonga ||

31. Sri Nata Banjaransêkar | adangu dènira ngintip | gumyur-gumyur manahira | ningali pambayun kuning | bundêr kadya nyu gadhing | kaya dèn cêkêla gapyuk | jomblong kang panakawan | kumêdhèp têsmak ningali | wêntis kengis gumêbyar kadya parada ||

32. Sri Nata Banjaransêkar | ing driya kasmaran kingkin | dhasar wong agung jêjaka | kalawan jinarwan ngilmi | dene kang eyang nguni | binuka waranèng kalbu | panakawan tan ngucap | satuwuk dèrèng ningali | ing wanodya ayune mendahaneya ||

33. uningaa prabu kênya | lawan Ratu Gênawati | sang nata ngunadikèng tyas | baya iki

--- 247 ---

widadari | durung ingsun ningali | amatèni rarasing rum | ingsun maksiha wirya | nora ketang lara pati | ingkang siram wus tutug dènnya gosokan ||

34. adangu angum ing toya | cawêni karakêt wêntis | kaya nora patêlêsan | tela-tela dèn tingali | anut lembaking warih | katon mêndhukul amênthul | radèn tanpa jamuga | kadya pêjah tanpa kanin | ingkang siram wus mêntas samya asinjang ||

35. Suradiwati sinjangnya | pathola di dhasar wilis | jingga tinêpi samirnya | sêkar kangkung kampuhnèki | Rêtnadiwati salin | sinjange pathola wungu | samire udaraga | kampuhe gadhung mêlati | Nakawati sinjange pathola rêkta ||

36. samir gadhung pinèrêm [pinè...]

--- 248 ---

[...rêm] mas | podhang-podhang kampuhnèki | Ni Asmarawati sinjang | pathola di dhasar wilis | samir sinidhang pinggir | dodol sinantênan patut | kampuhe bangun tulak | samya gănda wida wangi | ngore rema dyah ayu samya sasêkar ||

37. samya cundhuk jungkat rêtna | ngeca-eca mêthik sari | tan nyana ana manungsa | rahadèn ngintip ngindhiki | Dèwi Suradewati | ginêtak saking ing pungkur | lah padha ngrusak taman | sêkar rusak dèn uruti | sang dyah kagyat lir gulamit sosotira ||

38. kaya anggêtak ing bocah | si anu ngêgèt-êgèti | kumêpyur manah kumêsar | têrataban kêtir-kêtir | dèn têbasa sakêthi | bungkêr ingsun durung lipur | apa kabalik sura | si disambêr ing tok-iyik [tok-i...]

--- 249 ---

[...yik] | si diranjam ing gantal kêmbang wong papat ||

39. si disarap nganggang-anggang | si dituwêk kuku jênthik | si dikêkêthok ing asta | dibungis sukan ngarani | dirampoga wong èstri | kang anom padha yu-ayu | dijarata papêrman | dipêndhêm kasur gêguling | dèn kirima layon sêkar gănda wida ||

40. anganggo malang-sumirang | angkuhe kaduli-duli | ingsun dèn gawe dêdolan | kaya maring garwanèki | baya sira wong ngêndi | gawe solah lala lucu | tan pakèring ta sira | dene têka wani-wani | saba taman ngandêlakên yèn prawira ||

41. taman tan kêna ingambah | padusaning widadari | kang duwe prabu wanodya | Sri Galuh prabu linuwih | emane tan marêngi | prabu [pra...]

--- 250 ---

[...bu] kênya ingkang adus | pasthi yèn sira pêjah | kabêjan tiba ing mami | sun dhèdhèli kalêbu olèh ngapura ||

42. sri nata mèsêm ngandika | lir madu rinatus gêndhis | iki priye walik sumpah | wong nglarangi dèn larangi | taman têtunggon mami | parentahe eyang prabu | dadya baul kewala | pangguh padha angawisi | panakawan nauri lêrês ki lurah ||

43. dadya jangêt kinatigan | Suradewati ambêngis | hèh bungkêr padu wong apa | sabasanira wong isin | têka kêkiwul angling | sun pundhut sadandanamu | asruwalana kewala |[12] angur êndi sira mati | anauri gusti sumăngga ing karsa ||

44. kênaa nora kênaa | apuranira mas gusti | sumaur sun tan ngapura | katur sarirèngsun [sa...]

--- 251 ---

[...rirèngsun] yayi | tanggung sira dhèdhèli | luhung ngawulakna mringsun | nyêraba monakawan | gèr sintên sinambat ing sih | kapat pisan kusuma aja ge duka ||

45. dèn gêng pariksa ngaksama | dèn asih wong kawlasasih | sang dyah kapat sarêng ngucap | crèwèt kakehan paracis | saya manasbarani | si angrintih adol lucu | enggal payo lungaa | bagusmu eman yèn mati | saparanmu bagus ngêndi umahira ||

46. dene sugih wani sira | asaba ing tamansari | rumakêt angaku sanak | sun dudu wong sundêl anjing | angrarêpa sira mrih | luputa baya si anu | bok sampun sangêt duka | sira takon wisma mami | iya taman samêngko tatunggon ingwang ||

47. sang

--- 252 ---

dyah kapat sru angucap | basakêna iki janmi | dene têka ardalepa | tinakonan amalêsi | nora jrih tan dhêp ngisin | angathiwul amrih kiwul | rumakêt kumasanak | sae janggol angêntèni | saparanmu aja tambuh sumaura ||

48. măngsa ta ingsun undanga | gêgêki angaku rabi | iku akale si jênat | panakawan ro nambungi | bok inggih dèn turuti | pan paduka sami wêruh | sang dyah sami angucap | si jênat mêmanas ati | nanging sajroning tyas panggraitanira ||

49. ya iki kang kasupêna | dènira sri narapati | adoradasih si jênat | nyata abagus wong iki | aprabu sêmunèki | wong abagus ngêgus-êgus | si dhongkah larah-la-rah [larah-la...]

--- 253 ---

[...-rah] | emane wong iki dadi | musuh dalêm sang dyah kapat padhasmara ||

50. nanging sinamun ing duka | akarsa dipun ayoni | wis bungkêr age lungaa | tinggala dodod lan kêris | yèn kenging sang lir Ratih | apuranipun dèn agung | dodod kêris satunggal | tan wontên kinarya salin | ing saduka-dukane kawula têdha ||

51. aja kakehan wicara | mupung ingsun durung runtik | sira kalêbèng larangan | angur êndi sun patèni | angling Banjaransari | sakarsanira ngong turut | ingsun banjur ngawula | atur pêjah gêsang mami | marma praptèng kene wus sun sêdya pêjah ||

52. sang dyah kapat narik pêdhang | dèn prayitna sira mati | alah payo tibakêna | angur aja tèki-tèki [tèki-...]

--- 254 ---

[...tèki] | wutah ludira mami | mas ayu nora sun dulu | mung kang katon sihira | bramantya Suradewati | dipun pêdhang Banjaransari kajêngkang ||

53. tinundha sangking ing wuntat | dene Ni Rêtnadewati | Kênakawati sing kanan | Asmarawati sing kering | mêdhang awanti-wanti | mèsêm ngandika sang prabu | lah yayi eman rêngat | tuwêkkên kincanging alis | lurubana sampurira ing asmara ||

54. kunjaranên ing paprêman | bêlokên kasur gêguling | bandanên ing kasêmêkan | nora sêdya sun unduri | bêndhilin[13] gantèn wangi | ni masku jamasana luh | sang dyah kapat bramantya | sarêng dènnya amêdhangi | tan tumama pêdhange tikêl sadaya ||

55. samya narik sudukira | sarêng nuduk nitir-nitir [nitir-...]

--- 255 ---

[...nitir] | ngandika Banjaransêkar | wis yayi mas aja runtik | eman sotya alindri | sênêning wadana mancur | dhuh babo mirah ingwang | sang dyah kapat sarêng angling | amalêsa lah payo padha prawira ||

56. sêdhêng ingsun lawan sira | ngadu têguh rêbut sêkti | Banjaransari wuwusnya | besuk malês jroning guling | iku yèn dèn lilani | mring kang mindha ruming santun | yèn wus anèng jro pura | ing kene tan sun ladèni | besuk nèng jroning tilam takêr ludira ||

57. samya akaku tyasira | wasana anjrit anangis | amungsuh prang lan wong edan | iya sun turkên hyang kaki | dimèn dèn upatani | sang dyah kapat samya matur | Nata Banjaransêkar | nyarêngi nora kaèksi | sapraptane [saprapta...]

--- 256 ---

[...ne] ing ngarsane eyangira ||

58. nangis sumungkêm ing pada | têka ngêndi sira nini | dene padha akaruna | alon umatur sang dèwi | kula mring tamansari | wontên tiyang jalêr bagus | ulun tundhung tan lunga | pradata wasana jurit | lir wong edan sinudukan angêngudang ||

59. gumujêng raja pandhita | aja sira wani-wani | ika kêkasihing dewa | ingsun nini nora wani | balik muliha aglis | nagara Galuh kinêpung | wong kang ana taman |[14] ing besuk nini kapanggih | yèn makotên nuwun amit arsa durma ||

18. Durma

1. wus ngabêkti sang dyah samya angêmbara | kunêng ingkang winarni | Sri Banjaransêkar | wus praptèng pabarisan | anging tan ana udani | ingkang angêpang | sêdhih dening gagêring [gagê...]

--- 257 ---

[...ring] ||

2. wong amêngsah lalêmbut masthi tan wikan | siniram toya atis | sakit samya rumab | ting galêrêng swaranya | ingkang tinêkak gumigil | jubur tinulak | dumadya lara ngising ||

3. lara panastis kathah salah paningal | angamuk dèn bandani | akathah kang edan | ki buyut langkung susah | dèn tumbali dèn tulaki | adhèng sakêdhap | anuli gagat malih ||

4. marmanya mangkana sagunging wit-witan | wismanirèng dhadhêmit | dèn obong dèn bubrah | samya dèn ical-ical | alun-alun dèn isingi | miwah paseban | bangsal dèn obrak-abrik ||

5. kawuwusa para putri kang ngumbara | kang saking tamansari | arsa umarêka | marang sang prabu kênya | lamun prangira kajodhi | putri sakawan [sa...]

--- 258 ---

[...kawan] | wus prapta jroning puri ||

6. prabu rara pinarak lan patihira | Sri Nata Gênawati | ingayap putri dhomas |[15] tuwin wadana papat | angandika sri bupati | paran rêmbugnya | mungsuh ngêpung nagari ||

7. Gênawati matur lan putri sakawan | gusti botên kuwatir | amungsuh manungsa | măngsa ugi wikana | ingkang kawula watiri | pun yayi warta | ing taman wontên janmi ||

8. anèng gêdhong dalêm kathil tinilêman | kula botên andugi | sintên kang puruna | matur putri sakawan | mila ulun lan pun yayi | eca asiram | têlêsan sutra wilis ||

9. payudara wêntis kengis pan katingal | dhuh lae wirang isin | samya amiyarsa | sakèhe putri dhomas | mendahe gone ningali | si dhongkah [dhong...]

--- 259 ---

[...kah] bêdhah | suwe dènira ngintip ||

10. yêkti wikan waspada lungiding prana | dangu kula nèng warih | nulya ulun mêntas | prasamya mêndhêt sêkar | eca-eca lan pun yayi | botên anyana | kula dèn parêpêki ||

11. samya kagyat kawula jumbul sadaya | kêsar-kêsar kang ati | langkung tri pandurat | gumêtêr anêratap | tyas amba marase misih | kringêt reweyan | gumêtêr awak mami ||

12. panas ingkang manah dene dipun gêtak | mèsêm sri narapati | samya sumyak-sumyak | ngandika sri narendra | iku yayi wong ing ngêndi | nuhun punika | supêna doradasih ||

13. botên sisip supêna dalêm punika | wontên ing tamansari | ngakên ingkang wayah | maring jêng panêmbahan [panêmbah...]

--- 260 ---

[...an] | wastane Banjaransari | wêwah apanjang | botên sagêd mêstani ||

14. sang nata ris ngandika saparanira | eling-elingên sami | matur putri kapat | wiwit Banjaransêkar | sumbaga Panji Rêrangin | sri murtining prang | sang andon jayèng jurit ||

15. têtunggule ngalaga mayu arjèng rat | sang nata tukup lathi | Gênawati suka | gumyak kang putri dhomas | parêkan suka kêpati | agulasahan | kêpoyuh-poyuh sami ||

16. ana padha kaku atine sadaya | kang sangêt nora eling | samya pinijêtan | ana kang niba-niba | wus katur sapolahnèki | purwa wasana | atata kadya ringgit ||

17. raja dèwi ana karasa ing manah | yèn mangkono ta sami | sira dhinginana | anêmbanga [anê...]

--- 261 ---

[...mbanga] têngara | yayi Rêtna Gênawati | anindhihana | munah kang ngêpung iki ||

18. dèn prayitna sirnakna ta babarpisan | nuhun nêmbah wus mijil | sawadya punggawa | putri dhomas siyaga | sadandananing ajurit | samya kapalan | gêgaman amiranti ||

19. wus anêmbang têngara umyang gumêrah | bêndhe tambur lan bèri | wong ing Galuh obah | dhasar sampun siyaga | ambrubul kadya jêladri | ambèr balabar | sumahab angêbêki ||

20. ngalun-alun kèbêkan dening gêgaman | dhoyong kang pancak suji | lêlêmbut seluman | jim pêri pêrayangan | ngêndi-êndi padha prapti | samya ngandikan | wiyat kèbêkan baris ||

21. ingka[16] angkêr-angkêr rat Jawi sadaya | kang têngga sami prapti [pra...]

--- 262 ---

[...pti] | munya gantya-gantya | Raja Ngin-angin prapta | Nglinglung Tunggulwulung prapti | sagêgamannya | jim toya dharat ardi ||

22. Prabu Gênawati angrasuk busana | makutha binuka sri | mubyaring sêsotya | grudha ngarêp ing wuntat | mas sungsun tiga warna sri | kêbak sotya bra | jumêrut lan hèr gêni ||

23. asumping mas nayaka jumantên muncar | gêlang kana ting-anting | kilat bau arja | akalung sungsun sapta | abinggêl naga rinukmi | akêbo mênggah | bênting hèr mas sotya di ||

24. arasukan walungsung Hyang Ăntaboga | sisik mas kumala di | akancing musthika | alancingan sap tiga | endhonge kêbak jêmparing | musthi gandhewa | wilmana dèn titihi ||

25. kêmbar lawan Sang Nata

--- 263 ---

Galuh warnanya | sadaya para putri | sampun asiyaga | ngagêm kaprajuritan | tandangira angajrihi | prigêling solah | lir kakung tan ngèstrèni ||

26. minulya ring busana bra warna-warna | wus pêpak samya mijil | têtêg baris bubar | orêk jim pêrayangan | jim kuning ijo bang putih | nora antara | kang angkêr samya muni ||

27. saput wiyat kang swara gumêr-gumêrah | têngara muni ganti | pênuh nginggil ngandhap | dening jim pêrayangan | kang ngêpung garjita sami | gya undhang marang | wadya têngara nuli ||

28. sampun obah kang baris tan ana wikan | samya angawur sami | wiyat miwah dharat | dening jim pêrayangan | kayu watu dèn gêbuki | myang tinumbakan | dyan campuh punang jurit ||

--- 264 ---

29. mungsuh swara wonge pan ora katingal | kang wêruh mung kya patih | obah kang awiyat | ingkang swara ibêkan | obah bumi jroning jurit | kang pracalita | kêtug dhèdhèt rawati ||

30. sindhung aliwawar tarik păncawora | dyan udan angin prapti | watu lan karakal | tanbuh musuh lan rowang | nanging mêksa dèn bêdhili | rame kang yuda | acaruk dènnya jurit ||

31. yèn katona langkung rame lêt-ulêtan | tinindhihan pribadi | dening Ki Satama | mung puniku kang wikan | jim prayangan dhêmit ajrih | mring Ki Satama | dene wikan pribadi ||

32. lawan sêkti jim dharat kaburu samya | kang dhuwur tan ngobêri | angudani sela | tan gumingsir manungsa |

--- 265 ---

tate ngantêban sela writ | ya wurukira | Ki Satama linuwih ||

33. anging sela kang nginggil asru tibanya | wong Bojong bingung sami | akaku tyasira | mungsuh nora katingal | lumayu binêrêk sami | dening jim nulya | Ki Satama dèn ungsi ||

34. angamuka bêrêk bali Ki Satama | nênga tawang jim wêdi | kang angrêksa taman | nora nana kodanan | pratăndha janma linuwih | ingkang katiban | watu prasamya ngungsi ||

35. mring ki buyut abingung dènira ngrêksa | kang jurit sampe wêngi | ingkang mênang aprang | para jim sukan-sukan | paticangrêngkung[17] gong muni | dharat ngawiyat | manungsa dhêdhêp sami ||

36. Ki Satama pitêkur lan rabinira | angajap-ajap gusti- |

--- 266 ---

nira nora prapta | kuwat pira sun dhawak | lan sun dudu trahing aji | mati uripa | tinindhihana gusti ||

37. mungsuh iki lagya jim kang bandarakan | prajurit durung mijil | kang padha prawira | putri dhomas sumbaga | byar raina kèh para jim | nêmbang têngara | manungsa animbangi ||

38. wus ayun-ayunan jim lawan manungsa | manah jrih de tan uning | anak putunira | Ki Satama kang wikan | mring jim mila padha wêdi | kalangkung suka | Raja Banjaransari ||

39. aningali polahing abdi katingal | tanpa sangkan gya prapti | Satami Satama | kalih nungkêmi pada | kalihe samya anangis | ngunjuki tiwas | risak di dalêm alit ||

40. iya uwis sapolahira [sapolah...]

--- 267 ---

[...ira] sun wikan | nulya dipun sipati | pan sampun katingal | lalêmbut kadya janma | wong sadaya dèn sipati | pinaring toya | wadyalit samya uning ||

41. dhatêng brakasakan samya bungah-bungah | payo ngamuk ja wêdi | sampun atêngara | bêndhe bèri gumêrah | jim manungsa watang sami | kadya rob ingkang | samodra andhatêngi ||

42. prangira mor silih-ukih maputêran | yayah paguting ardi | madhudhat-dhinudhat | mamrêp maprang myang nyakra | lamun ta kêna amati | lêmbut kèh pêjah | brakasakan kèh kanin ||

43. iya janma akèh kanin sagêndhingnya | lêmbut kawon ing janmi | jim anèng awiyat | asru swara tri gora | pracăndha gêng ingkang prapti | naput limunan [limu...]

--- 268 ---

[...nan] | mêndhung dhèdhèt rawati ||

44. pêtêng anglir têngah wêngi tan wruh mêngsah | patya gagap-gagapi | buh mungsuh lan rowang | tan karuan gyanira | watu padhas lan karikil | tiba lir udan | ting sulayah janmalit ||

45. ratuning jim sigra angabani bala | bingung manungsa sami | ing nginggil ing dharat | Raja Banjaransêkar | langkung wlas ningali abdi | asuku tunggal | nêkung amatêk aji ||

46. êjim panjênêngan kèdhêp brakasakan | parayangan lan dhêmit | lawan sato kewan | pasthi ajrih sadaya | atari sêdhêng sang aji | tumêngèng tawang | wus katarimèng Widi ||

47. sakèhing jim nginggil kalawan ing dharat | lir pinêtik pan ajrih | sadaya uninga | wau ing gustinira | jim kang

--- 269 ---

wontên ing wiyati | samya aniba | kèh lumayu angungsi ||

48. jro sagara gunung guwa sor pratala | ing dharat samya tangi | ngrasa tinumbakan | binêdhil binalangan | ginitikan dèn pêdhangi | miwah binănda | kèh lumpuh dheprok siti ||

49. sirna gêmpang lêmbut têrgana gumawang | katingal sang yyang rawi | tur jim datan kilap | yèn ana panjênêngan | tanggal panjênêngan aji | lami ngulatan | sakèhing ratuning jim ||

50. sarêng tumingal cahya mancêr ing jaja | sumuk ing ngandhap nginggil | nyamadi buwana | sadaya nora kilap | lamun gustinira lami | nulya asoan | sakèhing ratuning jim ||

51. angrarêpa makidhupuh suku jaja | tan kawasa ningali | kalangkung jrihira | ri sêdhêng angandika |

--- 270 ---

Sri Nata Banjaransari | iya tan samar | sakèhing ratuning jim ||

52. kita iki lamun panjênênganingrat | eyang kang dhingin-dhingin | tumamèng ing kita | sun rêngganaku tăndha | samya matur saha bêkti | èstu tan kilap | sang narpa gusti lami ||

53. panjênêngan dalêm Sri Nata Sindhula | ing Galuh kang nagari | kang nurunkên nata | siluman lan manungsa | tumama ulun ngratoni | pratăndha eyang | kita nora atêbih ||

54. tuhu ulun panjênêngan Nata Jawa | botên wontên nyamèni | pan têdhak-tumêdhak | dhatêng ing akir jaman | tumêka Pajang Matawis | satêdhak-têdhak | gih tuwan kang darbèni ||

55. ulun sama angawula dhatêng tuwan | kita nut sakarsa ji | ing wêktu punika | manungsa wruh sadaya | mring

--- 271 ---

jim setan lan dhadhêmit | sampunnya têlas | turing jim wus ginaib ||

56. sampun katon nagari Galuh kuthanya | jêmbar kalangkung radin | wongira akathah | sami pacak barisan | manungsa mati tan mati | salin panggonan | ngalih Galuh nagari ||

57. mila gêmah wong kiwa têngên kang kalap | ginawa raganèki | kang pacak barisan | măngka senapatinya | Ratu Ayu Gênawati | panganjuring prang | Rêtna Suradewati ||

58. lawan Rêtnawati panumping kang kanan | Ni Dèwi Nakawati | panumping kang kiwa | Rêtnasmarawatika | Raja Dèwi Gênawati | minăngka dhadha | kasmaran kang ningali ||

19. Asmaradana

1. tata tita kang winarni | Sri Nata Banjaransêkar | sineba wadyabalandhèr [wadyabala...]

--- 272 ---

[...ndhèr] | lagya anata balanya | lan jumênêng narendra | Satama pêpatihipun | kinarya gêdhig manggala ||

2. nakira aran Dipati | Raja Palih Bojonglopang | dipati sami arine | lan Dipati Pajajaran | tumênggung ing Samêdhang | Cipai nama tumênggung | ingkang nama Jigjawara ||

3. ing Taruju ran dipati | ing Timbangantêk ki răngga | ing nagari dipatine | Răngga Karadora măngka | Arya Paragni Gambar | Kanandhangwasi Tumênggung | adipati ing Pamênang ||

4. Răngga Taman Ki Ngabèi | Pangkalan Dipati Nglaga | Dipati Carêbon mangke | Timbangantêk ran ki răngga | ki ngabèi ing Maja | ing gunung Lincin Tumênggung | Jigjawaraja sudira ||

5. Pangeran Sumêdhang tuwin | Kêndhuruan Mêdhanglarang | ki adipati ing Bogor |

--- 273 ---

miwah Dipati Limbangan | arya ing Batulayang | ing Batuwangi Tumênggung | adipati ing Pakuan ||

6. ing Pugêran Ki Dipati | ki arya ing Suci muwah | Tumênggung Sedapadhange | Dipati Mandayasuksma | ing Sumampir Ki Răngga | Dêmang Mêtu Răngga Kèlu | Ngabèi Jaksa Gantungan ||

7. Dipati Kancana tuwin | Ki Tumênggung Ngêrên Ngurat | Karang Senapati rane | Dipati Mudhig Bathara | arya ing Kurumaka | ki adipati ing Ngukur | Kandhuruan Wanasraya ||

8. Sokawiyana Dipati | ing Piyambang ran ki răngga | Ki Arya Cipaku rane | Ki Dipati Raja Polah | lan Dipati Sumêdhang | ing Sedapadhang Tumênggung | Pangran Dipati Mamênang ||

9. ing Mandhala Ki Dipati | miwah Dipati Kuningan | Ki Dêmang Pasir wismane [wi...]

--- 274 ---

[...smane] | ngabèi saha Gantungan | Babakan Kandhuruan | miwah Ki Răngga Panjalu | Adipati Raja Polah ||

10. Ajibarang ran ngabèi | ing Kapanggon ran ki răngga | Ngabèi Babakan rane | myang Dipati Mêdhanglarang | Lopasir aran răngga | Ipanyarang ran tumênggung | Pangran Sumêdhang Keyangan ||

11. Ki Dipati Mêdhang Ngawi | ing Ciamis Ki Dipatya | Dipati Sokapurane | miwah Ki Dêmang Ciyancang | Ciguling ran ki răngga | Ki Tumênggung Sumur Bandhung | sang raja mantri ing Tingkas ||

12. ing Karadang Ki Dipati | Tumênggung Parakan Muncang | Demang Sagalih ranggane | Cikao Sang Jigjajawara |[18] ing Têgal Kapanasan | Dêmang Parasi Tumênggung | nênggih Têgal Kahuripan ||

13. Pangran Jakarta pratuwin | Pangran Bantên [Ba...]

--- 275 ---

[...ntên] Adipatya | kang kulon wus pêpak kabèh | wus sinung gêdhig manggala | kang minăngka wadana | sakèh bupati ing gunung | putranira ki dipatya ||

14. têngahan kang mêdanani | ing Cianjur Ki Dipatya | ing pasisir wadanane | Ki Adipati Karawang | pasisir wetan pindhah | Carêbon wadananipun | miji Pangeran Jakarta ||

15. angrèh wadana pasisir | kang dadya gêdhig manggala | ing pasisir pangetane | kilèn gêdhig manggalanya | Pangeran Bantên ika | angrèh gunung watês têpung | kalawan ing Pajajaran ||

16. pasisir atêpang kikis | lawan watês ing Jakarta | pan sami wadana gêdhe | putranira ki dipatya | lawan Pangran Jakarta | Pangran Bantên tiganipun | gunung Wetan wadananya [wadana...]

--- 276 ---

[...nya] ||

17. ya putrane ki dipati | kang pilênggah Bojonglopang | Sang Raja Palih wastane | Dipati Tirtakancana | wadana ing bang wetan | Banyakwidhe wastanipun | wignya tur gêdhig manggala ||

18. Arya Pasir Ki Ngabèi | Mardèn Ki Tumênggung Ngayah | lawan Ki Dipati Ronje | ing Pringtulis Ki Dipatya | wus pêpak sapangetan | miwah Adipati Ngukur | myang ngabèi dêmang răngga ||

19. pandêlêgan arya nangkil | ăndhamoi ing Salinga | panggêlèn lêdhog remane | Kêdhu wus seba sadaya | sakèh mantri prameya | kapengin darbea ratu | Sri Nata Banjaransêkar ||

20. upacara ing narpati | pêpak paringe kang eyang | binarkatan makuthane | miwah agêm panjênêngang[19] |

--- 277 ---

pêpak upacaranya | andhêndhêng barisanipun | kunêng wau kang kocapa ||

21. Prabu Galuh Raja Dèwi | tansah amanggung sungkawa | sukaning tyas kathah lire | dene yudanipun kandhap | bala jim padha kalah | sumawita padha nungkul | pratăndha yèn panjênêngan ||

22. karsanira ngantêp jurit | karsa ngawaki ngayuda | pêpak kang prajurit wadon | ingkang asaos ngayunan | kang rayi patih raja | Gênawati Ratu ayu | lurah wadana sakawan ||

23. prajurit dhomas ing wingking | Sri Narpa Galuh ngandika | yayi prabu kaya priye | mungsuh iki saya ngrêbda | bala jim padha kalah | sumawita padha nungkul | Banjaransari sumbaga ||

24. yayi mas kang dadi ati |

--- 278 ---

impèn têrus lan wirayat | yyang ratu pangandikane | nagara Galuh mèh têka | yayi kang duwe jaman | ingsun iki darma tunggu | manawa iki si dhongkah ||

25. kalbu wirayat hyang kaki | panase yayi tiningwang | nora na krama têmbunge | ingsun arsa ngayonana | angadu kaprawiran | bêcik êndi lawan têluk | gugoni wirayat eyang ||

26. matur Ratu Gênawati | yèn suwawi kakang nata | ingayonan kasêktène | ingkang paksa dadya raja | kasatmataèng kathah | ingayonan aprang pupuh | pratela ijèn-ijenan ||

27. age têluk wirang isin | mendah èsêming nata lyan | Ratu Galuh pawartane | nata sêkti mahabara | kaloka ing rat jagad | durung

--- 279 ---

kalah age têluk | ulun wirang lampu pêjah ||

28. dene wus karuan benjing | bobote guna sêktinya | inggih ta saprayogine | yèn marêngi karsaning Yyang | lawan karsane eyang | lamun nyata ratu punjul | yèn jayèng asmaragama ||

29. ya rêmbag pikirmu yayi | nanging dèn padha prayitna | mungsuh iki bot sanggane | sira yayi-yayi papat | apa ta padha rêmbag | kaya bok ayumu iku | nuwun inggih langkung rêmbak ||

30. iya mung dèn ngati-ati | dudu mungsuh bara-bara | wruhanira mungsuh kiye | sudibya sumbaga wignya | nuwun inggih sandika | wus mijil nêmbah sadarum | lajêng anêmbang têngara ||

31. wus pêpak nèng păncaniti | angrasuk kaprajuritan | samya sikêp gêgamane |

--- 280 ---

nora na wruh yèn wanodya | bala ing jaba pêpak | pêpak pênuh ngalun-alun | wadyabala Galuh tata ||

32. wus pasang lakuning jurit | măngka panganjuring lampah | Suradewati kalihe | Rêtnadewati sumbaga | samya sikêp sanjata | Suradewati ing pungkur | sikêp lawung sakancanya ||

33. Rêtna Dèwi Nakawati | dadya panumping kang kanan | Asmarawati keringe | asikêp bêdhil sadaya | samya nyothe kalewang | kang kering pêdhang sadarum | jaga ngamuk rarukêtan ||

34. sapunggawa gendhong kêrbin | wus tata mijil barisnya | kang ngêpung gègèr barise | dandan samêkta gêgaman | têngara mapag yuda | lir laron mêtu ambubul | pirang atus èwu lêksa ||

35. prameya mantri winarni | rasika [ra...]

--- 281 ---

[...sika] para bupatya | manindhihi dharat kabèh | nora na arsa mundura | tur padha pêpilihan | bupati mantri tumênggung | padha wignya sudirèng prang ||

36. arosa bujana kulit | padha tate tatu tatal | Ki Buyut Bojong wuruke | satuwukira agêsang | durung wruh gêtih wutah | jêr akèh jinara murub | winadung putung sangkalnya ||

37. tinumbak latah binêdhil | tan pasah mèsêm kewala | akèh tan muni bêdhile | yèn muni kari mimisnya | akèh ricik kang bujad | tumbak kêris ajur lêbur | yèn ingaban dadi toya ||

38. punika dadya bupati | tumênggung arya lan răngga | kandhuruan lan mantrine | sagunging mantri prameya | karan ta samya sura | atata dharat sadarum | wus samya [sa...]

--- 282 ---

[...mya] ayun-ayunan ||

39. măngka panganjuring jurit | putra Patih Raja Polah | sakănca têngahan kabèh | ki patih kang dadi padha | panumping ingkang kanan | bupati wetan sadarum | Dipati Tirtakêncana ||

40. atanapi Dêmang Pasir | Pamêrdèn aran Ki Arya | Banyakpatra bisikane | Tumênggung Parakan Muncang | Tumênggung Sukapura | Ki Ngabèi Dhayaluhur | Pringtulis Ki Adipatya ||

41. Banyakbakung kang wêwangi | Ki Dêmang Cipaku muwah | Ki Răngga Pamulungane | myang mantri para prameya | pandêlêgan lan răngga | panumping kanas[20] wus kumpul | pra bopati sapangetan ||

42. kang dadya panumping kering | bopati kilèn sadaya | pagunungan sapangilèn | Adipati [A...]

--- 283 ---

[...dipati] Bojonglopang | Raja Mudhik Bathara | urut pasisir sadarum | Pangran Bantên tindhihira ||

43. pagunungan kang nindhihi | Adipati Pajajaran | sapangetan sapangilèn | abarêng ingkang têngara | lir bubul maetala | gêgaman gêng kadya mêndhung | mungsuh rowang samya sura ||

44. gêrgut tandange ngajrihi | swaranya datanpa rungyan | lir bêlah buntala amor | anglir gonjing kang himawan | atarung pêpadhanya | rug campuh prajurit Galuh | anêmpuh munggèng swandana ||

45. arukêt dènnya ajurit | acampuh samya bopatya | padha bujana kulite | prajurit Galuh sumbaga | bêdhil tumbak tan kêna | anglir wêwayangan luput | kiniwa têngên tan kêna ||

46. myang turanggane [tu...]

--- 284 ---

[...ranggane] tan kêni | witning wong Bojong sudibya | padha têguh rosa kabèh | tanbuh mungsuh tanbuh rowang | wong cilik lêt-ulêtan | rante kang gajah sapuluh | kêthèn ewon yutan lêksan ||

47. satru prameya kèh mati | pirang-pirang ganti pêjah | langkung arame yudane | tanbuh mungsuh tanbuh rowang | anulya ingoncatan | kang dharat kaburu bingung | pan ginawe dêdolanan ||

48. dipun dohi dèn sipati | kontap kontaling tumara | atanapi jêmparinge | drês tibane kadya wrêksa | yèn têdhas akèh pêjah | bupati para tumênggung | bingung kaku manahira ||

49. nyêrot ngarsa dèn oncati | panumping kering lan kanan | anyabêt arame prange |

--- 285 ---

kang dharat maksih akêkah | anyêrot ingoncatan | kang dhadha nêmpuh sadarum | dharat bingung samya sayah ||

50. Sri Ngajandhu anadhahi | tinêbihan sinipatan | sampun kinarya lesane | kang sura nangis kewala | tatane dharat bubrah | prajurit samya ngalumpuk | bupati dadya satunggal ||

51. èwu lêksan pirang kêthi | ngalumpuk ringkês tingalnya | isin dèn gêguyu bae | kang kêdhik dadya angêpang | nulya tinujah kuda | arame malih prangipun | rok campuh ulêt-ulêtan ||

52. larut sakèhing wong cili | atandhing uwong sadaya | samya ijèn-ijèn bae | aramya tumbak-tinumbak | gênti kris liru pêdhang | yèn pasaha padha [pa...]

--- 286 ---

[...dha] lampus | nanging asayah kewala ||

53. kapisah kasaput wêngi | langkung prihatin ki patya | angraos tiwas pêrange | dhêdhêp kang wong ing barisan | ki patih ingandikan | atap samya munggèng ngayun | samyajrih konjêm bantala ||

54. mukanya sagung bupati | sangking jrih tiwasing karya | angandika sang akatong | bapa patih kaya ngapa | mau ing aprangira | ki apatih nêmbah matur | mêngsah kalangkung sumbaga ||

55. langkung rame dènnya jurit | di dalêm èsmu kuciwa | miwah abdi sadayane | kang mawi sami prawira | di dalêm dharat sayah | munggèng kuda mêngsah sampun | angamuk botên kacandhak ||

56. katur madya wasananting | purwa duksina [duksi...]

--- 287 ---

[...na] wus têlas | atata tita ature | mèsêm mojar sri narendra | pan dudu mungsuhira | bapa mungsuhe lan ingsun | wus luwaran sri narendra ||

57. tata tita kang winarni | kang mênang prang sukan-sukan | pradăngga ngrangin swarane | balesawo aranira | nora tinabuh janma | mungêl piyambak karungu | lamat-lamat lir kaswargan ||

58. angandika raja dèwi | priye boboting ayuda | ingkang pêksa dadya katong | yèn nora sumbagèng jagad | aja jumênêng nata | ya enak wong dadi ratu | dhèwèke bok nora kêlar ||

59. yèn tan pinunjul ing bumi | kèdhêp sawarna dumadya | sidik sabda trus tingale | sudibya nèng marcapada | lan limut margèng mukya [mu...]

--- 288 ---

[...kya] | panitisan tan kasurup | iku sun arsa ngawula ||

60. umatur Suradewati | yèn ta mênggah wadyabala | dèrèng ulap sagêndhinge | yêktos yèn samya prawira | samya têguh arosa | nging kotbuta pongah pêngung | angkate sênggoring macan ||

61. kilap Sri Banjaransari | si dhongkah wadhuke bêdhah | si diparak putri akèh | salaka ginawa jola | arsa ngêmban kewala | ngêntèkkên gêndhing si anu | katon têmên anèng taman ||

62. gumapyuk lir rabinèki | kang toya mijil ing grana | si bungkêr anggubêl bae | pamomonging putra nata | arsa ngêmban kewala | wêdhus bangkang saba gunung | arsa ngêngudang maringwang ||

63. ika silih wong abênthing | nora nana

--- 289 ---

winaonan | yèn aja bangêt nyêngite | si bungkêr kang dadi mêngsah | patut mutêr nagara | kramaa banjur gumuyu | raja dèwi mèsêm mojar ||

64. toya saking ing wiyati | sira iku yèn sun rasa | kedanan marang mungsuhe | gumujêng mandahaneya | nging katon sapolahnya | witning gêthing tandhês balung | si diparak rara kênya ||

65. botên kasmaran ta gusti | sêkul wuduk kinuniran | manah ênar-ênar bae | gumujêng putra sadaya | mèsêm sang prabu rara | Rêtna Gênawati muwus | iya uga kagrimisan ||

66. dhuh apa rupaning janmi | besuk sun arsa uninga | sakèh para putri kiye | yèn wruha kang dadi mêngsah | botên kobêr anumbak | kang dadi lan alaningsun [a...]

--- 290 ---

[...laningsun] | yèn wruha alah kang arsa ||

67. mêngko anggêguyu mami | sun badhe alah kang arsa | măngsa dayaa sun kiye | kakehan gludhug kewala | seje kang muktyasmara | sadaya suka gumuyu | raja dèwi balang sêpah ||

68. nguntap Raja Gênawati | wong iku amrangwadana | luwih jêro pasêmone | gumuyu Suradewatya | bok ayu mêndahneya | puruna nyêmoni prabu | mung ta mênawi mênawa ||

69. angandika raja dèwi | wus sêdhêng wong gêgonjakan | enjing ingsun arsa miyos | yayi angantêp ing yuda | prang buru tandhing wignya | sampun kondur sang aprabu | lajêng mring sanggar langgatan ||

70. akarsa muja sêmèdi | Gênawati atut wuntat |

--- 291 ---

kang tinêdha ing dewane | têkaa kang duwe jaman | nangis sajroning nala | angraos tan bisa tunggu | sarira wus kamanungsan ||

71. mring kamuksan tingal êning | ing manah tan kawoworan | mancaka munggèng ngarsane | kumukus marang awiyat | pancaka panggil woran | rasa mala-kumala rum | lan kang wêwangi sadaya ||

72. nrus gandanya mrik awangi | kaèbêkan jro kadhatyan | kongas mabên nrus gandane | ngambar marang madya gantang | mèsêm Banjaransêkar | wus wruh kang dèrèng winuwus | raja dèwi wus katingal ||

73. sapolah karsane uning | nulya wisata sang nata | ingiring panakawane | sakêdhap prapta ing sanggar | nuruni mindha dewa | gandanya nrus ing

--- 292 ---

kadhatun | gănda jayèng katong kongas ||

74. kagyating tyas raja dèwi | wus karsaning ing bathara | sang dyah binawur tingale | widadari kenging kilap | pratondhèstri lan priya | tan wênang ngungkuli kakung | yèn wong jalêr sajatinya ||

75. Sri Nata Banjaransari | lênggah pracima palangkakan |[21] kang mindha dewa ujare | hèh nini apa karanta | kita muja sêmadya | paran kang pininta putu | yèn arsa di warnanira ||

76. nini wus punjul sabumi | aminta mukti wus dadya | ratu gêng punjul rat kabèh | amutêr nagara Jawa | kèdhêp sawarnanira | kumêlip sakèh lalêmbut | kabèh wus ngidhêp ing sira ||

77. sugih bala bèr donyèki | kadigdayan wis sumbaga | guna sêkti punjul ngakèh | ngrat [ngra...]

--- 293 ---

[...t] jagad tan ana madha | wus punjul ing apapak | bisa manjing ajèr-ajur | amung sawiji wadanya ||

78. ratu agung durung krami | mas mirah eman alămba | intên jumantên widure | jumênêng ratu sêngara | dadya sangar nagara | akramaa wayah ingsun | yèn arsa ngarjakkên praja ||

79. umatur sang raja dèwi | hong i Yyang-yyang Siwahbuja | sêmbah ulun katur mangke | kang dadya sukaning driya | kilap punapa eyang | wruh osik jagad sadarum | wênang akarya baksana ||

80. iya bênêr sira nini | ramening wong jêjagongan | anging kramaa mas ingong | eyang datan arsa krama | dimène dadi sangar | luhung ngabêna prang pupuh | datan gumingsir kawula ||

81. yèku ywa mêngkono nini | turutên pitutur [pi...]

--- 294 ---

[...tutur] ingwang | prabu rara lon ature | sintên kang tumurun eyang | ingsun Hyang Daniswara | nora na dewa kang bagus | Yyang Asmara bagus ingwang ||

82. sang prabu mèsêm ing galih | masthi lamun dewa anyar | de ulun dèrèng wruh mangke | dewa aran Daniswara | gumuyu angandika | ingsun sêngkan anyar putu | sun iki kalane kuna ||

83. ratu brata mangun tèki | ing Kêling nagaraningwang | ya Mêdhangpramêsan rane | sun subrata nêdha pêjah | katarima Ywang Siwah | sinêndhal mayang wak ingsun | kinarya gênêping dewa ||

84. ingsun anuruni nini | kang akon Hyang Girinata | raja dèwi lon ature | tuwan ngatingal sakêdhap | amba arsa uninga | nora kêna putuningsun | pan kita wus kamanungsan [kamanung...]

--- 295 ---

[...san] ||

85. dadya anyênyamah nini | balik apa sira sêdya | pukulun kang dadya galèh | prakawis awak kawula | gih eyang tanpa wêkas | wus lami têngga kadhatun | wasana têmbung kapiran ||

86. lami têmên botên prapti | ingkang aduwe nagara | mangke kamanungsan ingong | jangjinya karya pracihna | Galuh lamun katingal | gih punika praptanipun | eyang kang darbe nagara ||

87. mangke sampun anglampahi | kang darbe nagri tan prapta | si dhongkah cidra ujare | wicantên kalih lan songa | baya nora wlas mana | tuwas apa mundhak ulun | dipun mêjanani janma ||

88. panggiha kang darbe nagri | mung kawularsa pamitan | angupados wêkasane | arsa manjangakên [manjang...]

--- 296 ---

[...akên] têdhak | tan kêdah dadi nata | sok ecaa manah ulun | dyan angsal wong Daniswara ||

89. kang mindha dewa sru angling | iku nini aja lunga | eman tinggal karatone | kaku-kakune kang manah | bênang panyandhêt kuda | têka ngapusi si anu | kang toya mijil ing grana ||

90. sun gubêle benjang prapti | nuli sun pasrah nagara | ulun eyang arsa mulèh | kapengin dadya dewata | mukti anèng kayangan | marma amba purun-purun | marang ika ingkang nama ||

91. Sang Nata Banjaransari | lêngguk kumênthus nyalunthang | angkuhe lir lanang dhewe | arsa jumênêng narendra | si dipangana buta | punika kang dados napsu | mila ulun ananêdha ||

92. pangajapan tawang mami | atandhinga [atandhing...]

--- 297 ---

[...a] padha lanang | padha dene padha dene | si bungkêr cidra ngubaya | nuli nusul sagupnya[22] | lami sun anti tan rawuh | apa ta dikêrah ngrăndha ||

93. yèn tan arsa krama mami | măngsa kuranga wong lanang | kang mindha dewa dêlinge | kang sira anti ku sapa | sêndhu sang prabu rara | măngsa ngantia sirèku | anganti lakiku dhawak ||

94. Mas Tanpauna rannèki | badhe tandhing aprang kêmbang | iki priye wus bêjane | têmên-têmên ananêdha | katurunan dewa jawal |[23] măngsa malatana iku | balere dhêmên gonjakan ||

95. wus rikat muliha kaki | măngsa uga malatana | sasêngkan anyar dewane | nini sira basakêna | tinurunan tan trima | ingsun sira tundhung-tundhung | sun badhe măngsa têkaa ||

96. kang sira jap-ajap [ja...]

--- 298 ---

[...p-ajap] nini | wus sun mulih mring kayangan | anuruni bonggan gawe | Ratu Gênawati mojar | brikên têmên ki dewa | nganggo mutung arsa mantuk | nora wus jamak wanodya ||

97. acêkak cupêting budi | nora nana kaki dewa | apa iya sida mulèh | anulya angobong mênyan | kang mindha dewa prapta | ana apa putuningsun | wus mulih sun sira undang ||

98. mila tuwan sun kèn bali | sampun ta sêmbrana tuwan | dèn têtela andikane | ora nini ingsun wirang | cinacad dewa jawal | wus amit karia putu | yyang kaki sampun agahan ||

99. sun sosotkên dika kaki | gumuyu kang mindha dewa | basakêna iki priye | seje basa tunggal makna | buh ingkang dèn ungsia | gih eyang kula kang ngukup [nguku...]

--- 299 ---

[...p] | ulun pajara sawêtca ||

100. ya gêlêm sun tutur nini | sira karo aja duka | lan dèn pêpak sêsajène | yèn goroh tagihên ingwang | putu benjang dêlahan | inggih dawêg dika tutur | iya nini aja susah ||

101. kang sira ajap wus prapti | samăngsa benjang katona | nagara iki kang duwe | Ki Banjaransari prapta | wis tan kêna dèn ucap | pundi eyang ênggènipun | angucap kang mindha dewa ||

102. samêngko wus ana puri | nging ginaip tan katingal | benjang punapa katone | putu angèl katingala | nging mêjanine ana | punapa mêjaninipun | nini iku supenira ||

103. bok sampun supe sun kaki | mundhuta raja-bêrana | nora kêna wus jangjine | yèn têmên sira kapanggya [kapang...]

--- 300 ---

[...gya] | lan kang badhe narendra | yèn tan suka nini mutung | masthi nora têka-têka ||

104. gih ulun sumăngga kaki | kapengin dêlap kapanggya | lan kang darbe nagri mangke | apa angluwihi janma | dene angadya-adya | supe tinampanan sampun | sira Nini Gênawatya ||

105. mêjani supemu kering | yyang kula wus kêmum nata | tondhèku yèn nora awèh | dhuh eyang inggih sumăngga | katur wus tinampanan | kang mindha dewa angguguk | manah bungah olèh karya ||

106. kadipundi gon sun panggih | besuk nini mêtonana | ngiring-iringa sang katong | sirajap nuli prapta |[24] nini jlêg tanpa sangkan | sayêktine enggal pangguh | pinocot supe tinampan ||

107. sarta amijêd jariji [jari...]

--- 301 ---

[...ji] | sang dyah jrit nyêdhal[25] angucap | nyata dewa jawal kiye | mijêt jariji alara | dewa dipangan buta | kang mindha dewa gumuyu | aja dadi atinira ||

108. kaliru gon sun nampani | dhuh punapa dika mamak | apa têka mêrêm bae | gumuyu sun gêgonjakan | wus ta padha karia | apuranên putuningsun | pun eyang mulih kayangan ||

109. panakawane kêkalih | sangu lara sangu brăngta | manungsa sêsajèn kuwe | sun gawa age ulungna | sumaur pra parêkan | sintên dewa kang amuwus | aku sang hyang babongkokan ||

110. sang yyang thowok rewang mami | gumuyu para pawongan | nini thowok botên wadon | bongkokan inggih wanodya | ya lanangane ingwang | sajèn binêkta sadarum [sa...]

--- 302 ---

[...darum] | gumuyu para pawongan ||

111. dewa dêlap sun arani | dèn lila sira manungsa | sarwa larang swarga mangke | ingsun bacut wus karia | aja ngrasani ingwang | mêngko sun bacut sun larut | dewa mêdal wus minggata ||

112. ingkang kèri raja dèwi | gêgêtun tyas kaya-kaya | de dèn pijêd darijine | sadalu nora anendra | enjang sampun sawara | arsa mêdali prang pupuh | prajurit sampun siyaga ||

113. samêkta gêgamannèki | sumaos ana ing jaba | sang nata lan sawadyane | angrasuk kaprajuritan | rumasuk kinêmasan | samya barkatan kang rukuh | padha pawèwèhing dewa ||

114. amakutha binuka sri | panunggule intên muncar | ana sakênari gênge | linut niyaka

--- 303 ---

sêsotya | tinarètès sêlanya | yakut jumêrut hèr laut | hèr bumi lan hèr wewehan ||

115. mirah jumantên widuri | rêtna di samya kumala | murub muncar-mancur muncèr | surêm ujyalaning surya | tan ana latri siyang | padhang sajroning kadhatun | sri garudha ngarêp ngarsa ||

116. sambung jamang sungsun kalih | murub kêbaking nayaka | sungsun tiga kêkalunge | anting-anting gêlang kana | aêmêr kêbo mênggah | ujyalane ting palancur | rasukan ăntakusuma ||

117. sêkar atulis warnèki | kadya êlaring bramara | kancinge kumala kabèh | kang minăngka bêntingira | sisik Hyang Ăntaboga | amăncawarna dinulu | amênggala asumping mas ||

118. nora akăntha [a...]

--- 304 ---

[...kăntha] wong èstri | kadya satuhuning priya | pada kacrêma tlumpahe | baguse lir Hyang Asmara | lir Arjunawijaya | kang kêmbar panganggonipun | Raja Patih Gênawatya ||

119. barang kang dèn agêm sami | dinulu lir ratu kêmbar | maha sinamur karsane | yèn tan tinitèn tan wikan | anyana mung satunggal | saking sami warnanipun | mangkana sri naradipa ||

120. wusnya ngrasuk busana di | rukuh rabuk kinêmasan | ambaranang ujyalane | kadya himawan kawlagar | merang maring ujyala | kawawas lir pendah gunung | kabasmaran ambaranang ||

121. rèhnya katon busana di | murub madhangi kadhatyan | surêm kang parang ngrêm kabèh | wus palasta ri sêdhêngnya | mijil sri naradipa | Ratu Gênawati pungkur | ginarêbêg ing prawira ||

--- 305 ---

122. pinarak anèng sitinggil | Ratu Gênawati ngarsa | lir ringgit atapsilane | niyaka pat anèng ngarsa | ngandika prabu rara | sira yayi ja na mêtu | sun prih galaka kang mêngsah ||

123. anarkaa yèn sira jrih | ing alun-alun praptaa | sun arsa mapag jurite | sun kêmbarane si dhongkah | angadu kaprawiran | gantya suduk kantar bau | rêbut sêkti padha wignya ||

124. angadu bujana kulit | tosing tulang wulêding kang | ngotot padha sudibyane | Suradewati sawara | mring sakèh putri seba | aja na kănca atulung | mring sang prabu ing paprêman ||

125. aku dhewe anadhahi | wêwayone lêlorodan | wirang karia wignyane | gumuyu putri sadaya | rame apagonjakan [apa...]

--- 306 ---

[...gonjakan] | aprang pupuh dhasar purun | sampun age sri narendra ||

126. yèn dèrèng kawula mati | kapat tinigas murdanya | ya ingsun tarima kabèh | kunêng ta ingkang winarna | wau ta ingkang ngêpang | Sri Nata Banjaransantun | arsa miyosi ngayuda ||

127. kampit rusaking abdi |[26] arsa malês lara wirang | pêpak wadyabala andhèr | tumênggung para bupatya | răngga dêmang lan arya | samêkta gêgamanipun | pra mantri prameya mapag ||

128. kapengin apulih gêtih | mangkana sri naradipa | ri sêdhêng ngrasuk pangangge | barkatan ngagêm sadaya | saking eyang Sindhula | jimat têdhak run-tumurun | saking Sri Nata Ngastina ||

129. mila sami sêkti-sêkti | mawane ing babêrkatan | pêparinging

--- 307 ---

dewa kabèh | kala Arjuna ginanjar | mêjahi Sang Newata | kang ganjar Bathara Guru | punika kagêm sadaya ||

130. amakutha binuka sri | panungkul kumala muncar | pan sakênari gêdhene | linut niyaka sêsotya | jumantên mirah sela | rêtna pakaja jumêrut | tanapi sakèh musthika ||

131. jamang sungsun tiga asri | acêcaya lan niyaka | mulya murub ujyalane | grudha mungkur grudha ngarsa | mawi intên kumala | surêm baskara kasêndhu | marang gêbyaring ujyala ||

132. muncar-mancur kang ningali | nora na kuwasa mulat | saênggone padhang kabèh | ujyalanya abra sinang | manuluhi himawan | lir wana katunu murub | saparannya ambaranang ||

133. wastane makuthanèki | tropong karna dewangkara |

--- 308 ---

Bathara Guru paringe | jamang saking Batharendra | kalunge catur warna | warna kuning muncar-mancur | tinuwang mardawa luncar ||

134. ingkang putih maring suci | sing Bathara Maèswara | sêktine kuwat bayune | maring nêpsu ingkang abang | saking Bathara Brama | kasiyate ana napsu | kang kuning marang ing cahya ||

135. maring angên-angên iki | sri bathara maha dewa | mardawa langgêng karêpe | mulane na idhêp ika | Krêsna ingkang asuka | sangking Yyang Bathara Wisnu | jangkêp kang keblat sakawan ||

136. raja kaputran winangking | saking bathara sadaya | ngagêm rasukan wastane | anênggah ăntakusuma | saking Bathara Siwah | cinarita warnanipun | lir lar sambêr-lilèn mubyar ||

137. gêlang kana anting-anting | saking ing Dèwi Supraba | sing wilutama binggêle |

--- 309 ---

kêlat bau drêsanala | pênding sing gagar mayang | badhong sing lênglêng mandanu | sêkar saking sang sulendra ||

138. kabèh saking widadari | garwa padmining Arjuna | sami mawi sawab kabèh | walungsungan Ăntaboga | sangking Yyang Nagaraja | măncawarna sisikipun | mubyar murub mancur-muncar ||

139. sipat sulajana sidik | atlumpah pada kacrêma | amawi pikantuk kabèh | endhong barkatan wus kanggya | warastra babêrkatan | Banjaransari abagus | kadi Sang Parta duk jaya ||

140. wus ngrasuk busana mijil | akèn anêmbang têngara | gong bèri umyang swarane | têtêg pisan budhal ngarsa | ping pindho nulya bubar | kaping tiga sang aprabu | budhal saha wadyabala ||

141. lampahnya kagiri-giri |

--- 310 ---

kumrincing rante swaranya | ewon lêksan kêthèn kèhe | sumrêg lampahing gêgaman | surak kadya ampuhan | lir rob sagara gumuruh | kang wuri dhêdhêg kewala ||

142. kang ngarsa gumuruh atri | ing alun-alun kèbêkan | aglar gêgaman barise | lèr kilèn wetan kèbêkan | kidul kilèn gêng mêngsah | anantang prakatha umung | kapinta Suradewatya ||

143. datan bêtah amiyarsi | nuwun pamit sampun mêdal | sakancane dharat kabèh | wadana papat adharat | samya mudhun sing kuda | nyangking jêbêng nyothe suduk | gamêl wanodya nut wuntat ||

144. anulya Suradewati | nitih kuda sakancanya | kapal dhawuk titihane | sikêp lawung gendhong panah | lan sarerehanira | samya nitih

--- 311 ---

kuda dhawuk | Suradewati sêsumbar ||

145. hèh satriya kaya mami | prajurit suradikara | wignya sudibya angêne | saparêp mati papagna | aja na gênti mara | barênga têka lir jawuh | rêbutên kadi bayangan ||

146. dèn kaya manjangan mati | angsanên dèn kaya buja | aja sarênti ajune | rug kabèh măngsa nănggaa | payo padha sudira | ampyakkên lir pring sadhapur | tubên lir tawon mamăngsa ||

147. sigra mangsah amit mijil | Dipati Tirtakancana | wasta Arya Banyakwidhe | lan rine Banyaksupatra | Tumênggung Sokapura | lawan tumênggung ing Bandhung | sarêng mara nitih kuda ||

148. lah payo padha prajurit | gênti lawung sêlang katga | Suradewati wuwuse | prajurit saparanira | tungkak payo numbaka |

--- 312 ---

tinumbak sing kering asru | Banyakwidhe dipun gêbang ||

149. maos malih nora ulih | Banyaksupatra anumbak | sing kanan ginêbang age | tumênggung ing Sokapura | anumbak dipun gêbang | ya ta Ki Tumênggung Bandhung | anumban[27] datan rinasa ||

150. sang rêtna dipun kapati | tan kêna ingungkih lawan | gêbang-ginêbang arame | kinapatan nora kêna | karingêt maraweyan | Suradewati gumuyu | dèn akèh panumbakira ||

151. dèn patitis sun tadhahi | iki gatêl lambung kanan | kukurên wong pat kuwe |[28] Banyakwidhe asru numbak | Banyaksupatra numbak | wong papat sarêng anglawung | ting barêkuh tandangira ||

152. gumuyu Suradewati | panumbake nitir samya | miliha kang tipis bae | samyadu

--- 313 ---

kalah malêsa | ya pathak dèn atadhah | Banyakwidhe dipun lawung | arame gêbang-ginêbang ||

153. Banyaksupatra numbaki | anitir nora dèn rasa | tulung Rêtnadewatine | apanggah wong Sokapura | sang rêtna kinalihan | asarêng dènira nglawung | arame gênti anumbak ||

154. kêkalih numbak tan olih | Suradewati winarna | lawunge Ki Banyakwidhe | ginêbang dadi têtiga | kapranggul gya tinumbak | malês tiba datan emut | tan pasah rinêbat wadya ||

155. Banyaksupatra angungkih | waos ginêbang marapat | binuntar kuda pathake | anumbak kang nunggang tiba | surak ambal-ambalan | dadya dharat kapal ucul | tinrajangakên turăngga ||

156. dhadha binuntar tan eling | ginosongan ing

--- 314 ---

punggawa | Suradewati kudane | sinirigakên sêsumbar | lah payo mêtona |[29] kang arsa jumênêng ratu | Sang Dèwi Rêtnadewatya ||

157. arame ungkih-ingungkih | sami têguh nora pasah | tinumbak kuda lambunge | kudanira laju bandhang | arame sinurakan | kapal mubêng alun-alun | wasana kang nunggang tiba ||

158. wong Bandhung numbak tanpolih | tinumbak tiba sing kuda | gya tinujah ing wajike | rinêbat ing wadyanira | surak kadya ampuhan | Suradewati amuwus | Banjaransari mêtua ||

159. aja ngadu para mantri | eman wong cilik kèh pêjah | payo atandhing lan ingong | kyana patih duk miyarsa | nêmbah nuwun umangsah | ngandika Banjaransantun | lah bapa barênga ingwang ||

160. kya patih matur wotsari [wotsa...]

--- 315 ---

[...ri] | sinuhun sampun ayuda | yèn dèrèng pêjah abdine | iya bapa sun tarima | bok sira nora năngga | sun kêmbarane prang pupuh | yèn mijil sang prabu rara ||

 


pinggiring. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sang Jagawasita Saraka ngling. (kembali)
Lebih satu suku kata: sintên pilênggah kang kawiryawan. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing kaluwihan sun atapi. (kembali)
Satoma (dan di tempat lain). (kembali)
sinêbar. (kembali)
Satomi (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: sêca kalawan cahya-. (kembali)
Satoma (dan di tempat lain). (kembali)
10 Sang. (kembali)
11 langkung. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: sruwalana kewala. (kembali)
13 bêdhilên. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: wong kang ana ing taman. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: ingayap kang dhomas. (kembali)
16 ingkang. (kembali)
17 pating carêngkung. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: Cikao Jigjajawara. (kembali)
19 panjênêngan. (kembali)
20 kanan. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: lênggah pracima palangkan. (kembali)
22 sanggupnya. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: turunan dewa jawal. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: sira ajap nuli prapta. (kembali)
25 nyêndhal. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: kampit rusaking kang abdi. (kembali)
27 anumbak. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: kukurên wong papat kuwe. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: lah payo mêtonana. (kembali)