Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 20–25)

Judul
Sambungan
1. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 10–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 16–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Ajisaka, Salamun, 1873, #1502 (Pupuh 20–25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

20. Mijil

1. Banjaransari arsa miyosi | swandana sumaos | sukănthasena iku ulêse | têdhakira pun palwanagati | Pangran Răngga Manik | ingkang darbe turun ||

2. puspakênaka kang ulês kuning | kambilira kaot | pambangarsa kang tinuntun bae | ulês abang lan pun tambangwarih | jêragêm kang warni | yèku pancal panggung ||

3. wijayacapa dèn gèn-anggèni | rinukmi mas abyor | larap bludru ijo palisire | pathola wilis sêkare sami | tinon amantêsi | sancaya lês [lê...]

--- 316 ---

[...s] dhawuk ||

4. kinalungan badhong sungsun kalih | wangkong intên abyor | acarang mas patut lan èbège | sukănthasena dèn gèn-anggèni | larap bludru kuning | giwang kapanipun ||

5. pinatik nayaka warni-warni | wangkong intên abyor | ting samburat tinon ujyalane | tinitihan sang nata sêsirig | waduaji ngiring | kapalan sadarum ||

6. ki apatih anindhihi abdi | sakancane kang wong | sri bupati anèng ing wurine | wong jro miwah wadya magêr sari | angayap sang aji | ampilan nèng ngayun ||

7. sri narpa baguse tanpa tandhing | lir Yyang Asmara nom | kêmbar lan Ratu Galuh citrane | lênglênging tyas kang samya ningali | kèh para pawèstri | priyane kadaud ||

8. Suradewati ngawe

--- 317 ---

prajurit | nyirig kuda anon | ginarêbêg dening punggawane | Nata Banuwati matur aris | punika sang aji | Sri Banjaransantun ||

9. majêng sawadyane wus miranti | ngandika sang katong | mêngko yayi ingsun miyos dhewe | agumagus si bungkêr sêsirig | panase kang ati | lir nora na jalu ||

10. yayi payo barêng lawan mami | titihan sumaos | kang tinuntun pêpitu kathahe | gamêlira pan padha pawèstri | nitih nata dèwi | kapal ijo mungguh ||

11. panganggone mubyar angron sari | wisrawala miyos | ajana jaran sêmbrani kalihe |[1] ulês dhawuk dipun gèn-anggèni | rêtna kumala di | tinon muncar-mancur ||

12. kang ulês abang duk sinang gêni | sira wulan kaot |

--- 318 ---

ulês kuning lan irêng ta mangke | wisnumurti ingkang ulês putih | megantara singgih | prasamya tinunu ||

13. ingkang jragêm ludira rannèki | manglar monga kang wong | pan kapitu ing ngarsa ênggène | nora kêna têbih lan sang aji | agême ngajurit | andêle sang prabu ||

14. Ratu Banuwati munggèng wajik | busana bra tinon | cipta wlaha ijo titihane | sami têdhake kuda sêmbrani | surèngrana putih | samirana dhawuk ||

15. Banuwati nindhihi prajurit | busana di kaot | pan kalangkung atata lampahe | wadana kalih nindhihi wingking | Marawati kering | miwah kananipun ||

16. Kanakawati dadya pangirid | wus cêlak punang wong | nèng ngayunan karsane sang rajèng | aprang buru atandhing prajurit | Sri

--- 319 ---

Banjaransari | barisnya kadulu ||

17. ambêlabar sêsêg wancak suji | kang kidul sang katong | Nata Dèwi Galuh sabalane | jêjêl pênuh ambèr wancak suji | dohe sapabêdhil[2] | mung lêt wringin kurung ||

18. prang jro kurungan tandhing kasêktin | kang wadya pan awor | sarêng mêrak ri sêdhêng mangsahe | Suradewati mojog sêsirig | onclang waos nuli | tadhah jaja mumbul ||

19. gya cinandhak ing asta tumuli | sêsumbar sang sinom | mêtonana êndi ta rupane | Banjaransari kang pêksa luwih | tan bisa miyarsi | dipati wus maju ||

20. nitih kuda wau kyana patih | gêng inggil apaos | tanahkuningan iku kudane | amêndhapan ginêrbêg ing mantri | tumênggung bupati | sami rêbat ngayun ||

--- 320 ---

21. Suradewati panas kang galih | ngêmbat-êmbat waos | lah majua dipêrak marene | kêmbulana ingsun ing ajurit | punggawanya ngiring | angêntrag sadarum ||

22. apapagan sami apêpanggih | arame akaron | samya wicaksana dibyangêne | ora nana kuciwa ing jurit | kalih sami sêkti | amutêr kang lawung ||

23. tumbak-tinumbak tan anêdhasi | prang tandhing tan asor | punggawèstri bupati mungsuhe | ijèn-ijèn sami silih-ukih | tan ana kang kanin | sami têguhipun ||

24. Suradewati lawan ki patih | tan ana kang asor | samya ngêtèkakên tênagane | nanging nora na bêsèr satunggil | Sri Banjaransari | ngantêp juritipun ||

25. sri narendra mangsah marêpêki | ngandika sang katong [ka...]

--- 321 ---

[...tong] | bapa patih asoa dèn age | sira sayah ingsun kang ngêmbari | prajurit kang sêkti | ingsun sêsinau ||

26. nuhun gusti kawula dèrèng jrih | sang rêtna duk anon | giwanging tyas asmara tingkahe | Sri Banjaransari nora kalih | lawan nata dèwi | lir surya sitèngsu ||

27. baya iku panunggal panitis | lawan gustiningong | narpa kêmbar miwah pasêmone | sri nata majêng sarya sêsirig | onclang wus tinampi | ngêmbat lawung mêntul ||

28. panasing galih Suradewati | sigra amiraos | pan gumagus manthelang polahe | sumbaga bêsus anglêlanangi | parêka dèn aglis | ya dipangan ngantu ||

29. mèsêm ngandika pa pangling gusti | mring abdine ingong | dene sira pandung nahing anggèr | duk kapanggih apan durung [du...]

--- 322 ---

[...rung] lami | kapanggih ing ngriki | marêk sang dewa rum ||

30. ajrih cidra anggèr ingkang abdi | angucap sang sinom | lulus si bungkêr ênggone ngame | mung lèmèse nora dèn marèni | sarwi asêsirig | majêng ngêmbat lawung ||

31. mêngko mati wurung dadi aji | ingatag sang katong | alah payo tibakêna age | pratandhane yèn asih kang abdi | ya dèn ngati-ati | măngsa wurung lampus ||

32. angêmbat lawung Suradewati | tadhahana katong | gêgarute wong ing Galuh kiye | tadhahana dhongkah angêmasi | winaos sang aji | malèsêt alunyu ||

33. kaya panjang sinosok ron pari | gumujêng sang katong | gusti sangêt nuhun kawulane | aparinga jêjampining agring | mari brăngta kingkin [king...]

--- 323 ---

[...kin] | sihira kadulu ||

34. sumaruwe iya wong puniki | sumêngguh kumaroh | ya si dhongkah amalêsa age | sang nata ngling aja runtik yayi | Sang Suradewati | nulya bucal lawung ||

35. Banjaransari nulya binêdhil | mimise mas abyor | apan kadi rinêngga jajane | kadi lintang wêwah bagusnèki | dipun tutul pêtis | kadya burat santun ||

36. buwang bêdhil pêdhange tinarik | ya bilai katong | sarêng ngêntrak asarêng kalihe | aliru gèn pinêdhang awanti | dipun titir-titir | amêksa malurut ||

37. angandika Sri Banjaransari | adhuh gustiningong | apan baya maria runtike | sakarsanira ingsun ladèni | Ni Suradewati | wicarane sêndhu ||

--- 324 ---

38. sajêg ingsun durung aningali | kaya si mêngkono | anging ngajak prang angêngudang bae |[3] amalêsa băndawala pati | ngadu pucuking kris | jamake wong pupuh ||

39. alah payo arêbut kasêktin | ja mingsêr saking gon | padha prawira sudibya ngêne | milang tatu gumujêng sang aji | besuk jroning guling | payo milang tatu ||

40. kantar bau ngadu pucuking kris | mirah mingsêr ing gon | sang dyah rêtna nangis kaku tyase | sang prabu èstri angandika glis | yayi Banuwati | arimu kalimput ||

41. tulungana yayi rimu nangis | kaku tyase anon | nuwun sandika mit nêmbah age | dharat ginarêbêg punggawèstri | swandana ing wuri | kang tansah tinuntun ||

--- 325 ---

42. kang ngampil kuda gamêl pawèstri | sakèh para sinom | angiwakkên dhadhap lan rangine | nyothe suduk Nata Banuwati | jibêng kang cinangking | anêngênkên suduk ||

43. kang ngampil gaman sami pawèstri | kunêng sang lir sinom | Suradewati asru dukane | nyandhak karbin pan sinipat malih | kadi lalêr mampir | mimisnya alunyu ||

44. bucal karbin sang dyah nyandhak bindi | pinupuh sang katong | wanti-wanti sang dyah pagitike[4] | gumujêng suka katurunan sih | pratăndha mijêti | kusumaning ayu ||

45. kakuning tyas sang dyah nangis malih | si ditumbak ing wong | kaya wêsi si bungkêr kulite | sigra prapta Ratu Banuwati | mundura mas yayi | mungsuhe lan ingsun ||

46. Banuwati

--- 326 ---

nyandhak jêbêng aglis | payoa dèn tanggon | milang tatu arêbut kasêktèn | singa mati sêdhêng padha siji | sri bupati uning | mêndhêt jêbêngipun ||

47. gustiningsun ngajak aprang tandhing | bupati wus kinon | dharat kabèh prang buru karsane | samya cinirèn kang dhadhap rangin | nyothe suduk sami | sang dyah kang winuwus ||

48. ngirab jêbêng gya abêksa rangin | apelag sang katong | putri Galuh sang dyah wignya dhewe | tur ginuron sakèh para putri | ingkang muruk dhingin | Sang Aprabu Galuh ||

49. wus cinirèn cawêt ginda rêsmi | ulate acêlor | rinênggèng rukmintên satuwêke | dhadhap rinênggèng rukmintên adi | ulate amanis | bêksanipun mungguh ||

50. yèn amburu pan luwih [lu...]

--- 327 ---

[...wih] pramèsthi | titir rinajap wong | satus gêmpang tan kongkih polahe | yèn narajang mungsuh sirna gusis | tan wani nanggoni | sang dyah bêksa maju ||

51. sang nata mêksa kadi pinêtik | nyandhak jêbêng katong | dhadhap rinênggèng lungit tuwêke | acacirèn cawêt pita rêsmi | polahe mantêsi | anêngênkên suduk ||

52. akirap rema Banjaransari | sarya ngandika lon | angladosi gusti kawulane | ngirab jêbêng tuwêke pinusthi | sakathahing putri | kamanisên dulu ||

53. baya Dèwi Ratih kang anitis | umangsah sang katong | bêksa rangin acêlor ulate | nolèh ngiwa angêmak sêsumping | ingkang bêksa sami | tanbuh kang pinupu ||

--- 328 ---

54. angoyog lambung angirab rangin | Sri Banjaransinom | atap angayam alas tindake | samya cingak wau kang ningali | witning nata dèwi | andulu brăngta gung ||

55. têtunggalan gènnya aprang tandhing | arame loking wong | dene tamèng patitis karone | datan tiwas pasêmone sami | tan ana gumingsir | karo jayèng satru ||

56. nora na sor sami wignya luwih | asumbaga karo | apan sami ngun-angun ta mangke | liru tuwêk suduk gênti kêris | samya amatitis | rame gênti suduk ||

57. kalih utama prawirèng jurit | ingkang buru katong | awor liru ing dhadhap polahe | apan ramya dènnya silih-ukih | wani tur dèn ungkih | gènnya

--- 329 ---

amèt sêmu ||

58. prajurit Galuh tulung ngêbyuki | bupati atanggon | sakalangkung ramene yudane | samya bêksa sakduginerèki | ana bêksa rangin | pinusthi kang suduk ||

59. wontên bêksa tamèng towok singgih | panah lawan sodor | datan ana kuciwa yudane | gênti waos suduk lawan kêris | nora nana kanin | sami digdaya gung ||

60. Nata Banuwati angling aris | iki tan padudon | hèh payo prang luhur turanggane | inggih gusti kawula ngladosi | Nata Banuwati | nèng kuda linuhung ||

61. ngêmbat lawung majêng asêsirig | payo padha tanggon | rêbut sêkti asêdhêng tandhinge | Sri Banjaransari asêsirig | onclang lawung angling | payo [pa...]

--- 330 ---

[...yo] gustiningsun ||

62. kawulane anggèr angladosi | ngandika sang katong | dhinginana ingsun tadhahane | dudu wantu ingsun andhingini | anumbaka gusti | sun tadhah wong ayu ||

63. yèn bêcik bêgja kalamun urip | winaos sang katong | liru ênggon amingêr kudane | anèng rana Nata Banuwati | yèn tan malês yêkti | sira dudu jalu ||

64. dèn padhakkên tinjaya lan èstri | Sri Banjaran Katong | angandika dèn prayitna anggèr | lah malêsa aja ngungkak kapti | têmên dèn patitis | tinumbak sang ayu ||

65. sêmene bae Banjaransari | ya durung karaos | nulya gêbang-ginêbang arame | tan ana sor liru waos aglis | samya aliru kris | pan [pa...]

--- 331 ---

[...n] aliru suduk ||

66. sampun têlas tênaganing jurit | kang aprang tan asor | Ratu Banuwati sru dukane | nyandhak gada wawrat sèwu kati | hèh Banjaransari | dèn prayitna lampus ||

67. tadhahana dèn bêcik kang tangkis | amutêr kuda wor | gya ginada atangkis astane | têmpuhing gada lir bumi gonjing | ping tiga kudanjrit | suku ngajêng dhêku ||

68. gumujêng Sri Nata Banuwati | hèh atêmah layon | Banjaransari cilik atine | amalêsa gonên gada mami | ngling Banjaransari | durung gingsir tèngsun ||

69. lamun sira kang akon malêsi | kawula lumados | iya dhongkah amalêsa age | salin kuda sang nata sêsirig | gadanya sang dèwi | wus [wu...]

--- 332 ---

[...s] kêna rinêbut ||

70. dèn prayitna yayi sun malêsi | anglakoni pakon | Banuwati atangkis astane | têmpuhing gada maendra miring | kudanya sang dèwi | jrit sukunya ambruk ||

71. prakatha wor ngêlokakên mati | dukane sang katong | sigra tandang munggèswandanane | yayi lêbur barênga lan mami | mimis mas nyêkathi | dyah tatu kang jêngku ||

72. orêg wong Bojong angati-ati | akumpul punang wong | dadi siji sarênga gustine | ki apatih sampun ambêg pati | ngalumpuk akêdhik | wasana kinêpung ||

73. ingkang aprang gênti tik-ginitik | tan wontên kang asor | kadi undhi gênti gada bae | wilmana prasamya ramya sêkti | timbalan raka ji | dukanya kalangkung ||

74. ngawang-awang Raja

--- 333 ---

Banuwati | kang samya nèng ngisor | kang angêpung angarêpi kabèh | wadana papat tindhih sang aji | garimis jêmparing | mimis mas lir jawuh ||

75. tan ngobêri kang saking wiyati | kang kinêpang tanggon | tan tumama warastra tibane | Sri Banjaransari datan kêni | tumênggung bupati | mantri samya têguh ||

76. nora pasah mring jatining mimis | angêntrag sang katong | wringin kêmbar kinitêr umbênge | kang jêmparing mimis lir garimis | tan kewran anyirig | sang dyah samya dulu ||

77. ewon lêksan ayutan makêthi | tan tumamèng katong | payo malêsa sun icipane | iya yayi dèn prayitnèng wèsthi | tega têmên sami | durung mari rêngu ||

78. sigra tandang warastra pinusthi | sinidikara wor | wus lumêpas wau jêmparinge |

--- 334 ---

sakathahe wau para putri | warastranya sami | sadaya pan katut ||

79. kawirangan ingkang para putri | katut panah awor | topong ilang awudhar gêlunge | gêlang kana pan kari sasisih | wênèh lukar rêsik | wênèh kari pinjung ||

80. Suradewati Rêtnadewati | Kanakawatyanom | Asmarawati pan bêrsih kabèh | alara-lara dènira nangis | kadi dipun bêsmi | sami amêmisuh ||

81. sosotira pan kadi gulamit | si ditumbak nguwong | lêbur tumpura bajang sawane | ana dhadha wastra dèn sèsèti | patènana mami | diparag wong ayu ||

82. nata dèwi wau aningali | dukane sang katong | langkung wirang rusake wadyane | salamine nora kadi mangkin | sakèh kang prajurit [praju...]

--- 335 ---

[...rit] | tangise gumuruh ||

83. ana andhêku kumurêb siti | ana ingkang dhodhok | kang pambayun tinutupan bae | wênèh rema kang kinarya tapih | langkung dening isin | ana minthal-minthul ||

84. wastranira kabêkta jêmparing | akêbut punang wong | salamine manggih mungsuh gêdhe | gagêdhugan tan kadi puniki | dipun balojodi | ana kari pinjung ||

85. prabu kênya wau aningali | sangêt bêndu kang wong | sakèh para putri wirang kabèh | dukanira lir yayah sinipi | Sri Banjaransari | si disambêr kupu ||

86. bisa têmên gawe wirang isin | marang bocah wadon | prabu rara angandika age | saosêna ya titihan mami | ingsun arsa nitih | manglar monga mungsuh ||

87. angakak

--- 336 ---

manglar monga wruh janmi | sang nata lêlajon | manglar monga wruh ing karsa rajèng | ngambara wiyat sri narapati | wus panggih sang aji | ing awiyat prabu ||

88. wijayacapa sêdhêng pinusthi | mawèh dewa kaot | Banuwati pan kănta agême | ingkang wadya samya ngati-ati | dening prabu èstri | ngambara datan wruh ||

89. samya maras tumênggung bupati | sri bupati wiboh | ki apatih langkung sandeyane | ngandika ris sira nata dèwi | êndi ta kang warni | Sri Banjaransantun ||

90. ingkang pêksa anung wignya sêkti | kang prajurit kaot | aja age amondhong putrine | yèn sun durung yayi karo mati | ya Banjaransari | aja girang guyu ||

91. payo padha atandhing kasêktin |

--- 337 ---

padha rêbut bobot | sang nata non sri nata karsane | Sri Banjaransari amrih silip | ngêntrag asêsirig | nganyutakên wuyung ||

92. Natèng Galuh têdhak sing wiyati | tan kantun sang sinom | dene kêmbar sang nata warnane | lir Bratayuda kala prang tandhing | Karna lan Jênawi | akathah kaliru ||

93. sri kalawan Banuwati angling | pêrak lawan katong | icipana iki pêpanggile | Ratu Galuh karubêdên tapih | mênawa mênawi | bisa malês ukum ||

94. matur Sang Nata Banjaransari | sumăngga sumaos | atur pralaya gusti abdine | inggih kawula angraos sisip | mila asrah pati | gusti sang dewa yu ||

95. yèn sira sih tan angrasa mati | ngandika sang katong | aja adoh [a...]

--- 338 ---

[...doh] pêraka marene | yèn sira tan pasah sun guroni | dèn prayitna ugi | nora wurung lampus ||

96. sigra wijayacapa pinusthi | marang prabu wadon | Bathara Wisnu iki kang awèh | nora nana wong bujana kulit | dyan lumarap nuli | wuwusên kang rawuh ||

97. Prabu Sindhula duk aningali | ingkang wayah karo | yun-ayunan kumêpyur galihe | gya pinisah pinêgatan ngarsi | adhuh putu mami | arsa amêgatruh ||

21. Mêgatruh

1. arêp apa sira nini wayah ingsun | dadi apa ta yèn mati | kang kelangan sira putu | yèku kang sirajap dhingin | patêmbayaning têtanggon ||

2. pangajapanira tawang ni mas putu | sira pandênga netrèki | apa iya apa dudu | duk sira muja

--- 339 ---

sêmèdi | kang mindha dewata kaot ||

3. nata dèwi amicarèng jroning kalbu | bênêr tan enak ti mami | si dhongkah têka nyalamur | kalangkung wiranging galih | mendah sukaning kang guyon ||

4. angandika ni mas putu tutur ingsun | ujaring dewa tan sisip | andoradasih impènmu | ingawe Banjaransari | lumayu sumungkêm pangkon ||

5. pyuh tanpa jamuga pan sarêng andulu | sang dyah mengo èsmu isin | anukmèng sajroning kalbu | si bungkêr cidra ing jangji | iku si dibyuk wong wadon ||

6. ingsun anti alawas kaku tyas ingsun | iya dudu wonge iki | kang sun anti ingkang mancur | manthêr têlênging netrèki | ya Mas Tanpauna kang wong ||

7. gya pinangku mring kang

--- 340 ---

eyang kalihipun | kang têngên Banjaransari | kang kiwa Sang Ratu Galuh | dhinêsêk-dhêsêk ngoncati | dhuh disambêr ing tok-erok ||

8. ya wong apa ta iki nindhihi pupu | si bungkêr dipangan sugih | gumujêng suka sang wiku | nora kalong apa nini | asêndhu ture sang katong ||

9. wong kabalik sura dèn ajani iku | wuwuh angkuh ngingkrik-ingkrik | si diparaga wong ayu | jêr paduka yyang ngajani | mila dadra si dipongkrong ||

10. apuranên nini siguge mas putu | lah payo manjinga puri | nging kalihan kang kadulu | prajurit èstri kang ngiring | wus prapta jroning kadhaton ||

11. sakalangkung trusthaning kang para arum | anadene waduaji | malatar nèng

--- 341 ---

alun-alun | durung enak atinèki | tan antuk warta kang yêktos ||

12. samya gupit-ginupita sawadya gung | kapriye tur durung dugi | unggul pra gusti kang nungkul | kang sawiji anauri | măngsa-boronga sang katong ||

13. kunêng ingkang winarna wau sang prabu | lan eyang myang nata dèwi | raja pandhita amuwus | wus nini prapta ing jangji | wus pasthining dewa kaot ||

14. asèlèha karaton mring kaki prabu | jêr pêcaning Galuh iki | yèn nagrine wus kadulu | wus têka kang anduwèni | ngrênggani Galuh kadhaton ||

15. kèringan rad pan abala sami ratu | ratu sabrang pan sumiwi | trus tingal sidik pamuwus | kèdhêp saliring kumêlip | lêlêmbut seba sang katong ||

16. krama widadari [widada...]

--- 342 ---

[...ri] dhomas ayu-ayu | tan kasêlan nungsa Jawi | kang anurunakên ratu | iya besuk sira nini | turunira dadi katong ||

17. praptèng jaman akir nagri ing Matarum | dene putu Banuwati | wus pinasthi ing dewa gung | saturune dadi kanthi | ngiring kang jumênêng katong ||

18. nanging sinung kamuktèn dening dewa gung | putuningsun Banuwati | anurunakên lalêmbut | dening Ni Suradewati | lawan Rêtnawati kang wong ||

19. Ni Kanakawati Asmarawatiku | wong papat turunirèki | dadi prajurit pinunjul | miwah turun para putri | padha mung gawa sang katong ||

20. lah ta uwis sun panggihkên Nini Galuh | lawan rakanta sang aji | lan Banuwati mas putu | lan wadana papat iki | miwah kabèh para sinom ||

--- 343 ---

21. ratu bagus krama widadari ayu | padha guna srana sêkti | tur wignya sumbaga anung | têguh rosa warna adi | sura yuda tur kinaot ||

22. mrojol kêrêp iya ing papak pinunjul | turunira nini aji | panêngran kang dadi ratu | anênggih kawan prakawis | bagus gêdhe luhur katong ||

23. jayèng wèsthi kinawasa rosa têguh | yèn tan ana salah siji | asêkti kang dadi ratu | pasthi ana salah siji | iku ingkang dadi katong ||

24. lamun bagus angluwihi saking bagus | yèn gêng inggil luwih janmi | yèn nora sumbaga anung | yèn têguh-têguh trus pasthi | nora winuruk dening wong ||

25. pasthi salah sawiji kang dadi ratu | utamane anglinggihi | iku kang kocap sadarum [sada...]

--- 344 ---

[...rum] | dene kang sru tapanèki | dadya prajurit kinaot ||

26. pasthining sang wisesa kang dadi ratu | langkung trustha prabu èstri | miwah Sri Banjaransantun | mirsa pituturing kaki | wus pinanggihkên sang katong ||

27. wus kapanggih putra lan putri apatut | pinangku Banjaransari | pupu têngên Ratu Galuh | pinangku ing pupu kering | pan èsmu isin sang sinom ||

28. kang kagagas dening musuh aprang pupuh | pan dadya mungsuh ngaguling | dadya tunggal bukti iku | anulya kinèn ngabêkti | kapêksa jrih eyang katong ||

29. wus ngabêkti ing laki Sang Ratu Galuh | Sri Banuwati gumanti | bêkti marang sang aprabu | Suradewati ngabêkti | dènnya nguswa sarwi nyêthot ||

30. nulya mèsêm sri naranata ing Galuh | gumujêng [gumu...]

--- 345 ---

[...jêng] sakèhing putri | mèsêm mengo Ratu Galuh | Banuwati tukup lathi | Rêtnawati ngujung gupoh ||

31. nulya Sang Dyah Kanakawati angujung | gumanti Asmarawati | turun sih pan sampun ngujung | miwah Rêtna Turunsari | nulya majêng loro-loro ||

32. para putri kumaroyok samya ngujung | kalih-kalih gênti-gênti | sakèh putri kalih atus | angujung marang sang aji | andhèr ingkang para sinom ||

33. langkung trustha suka galihe sang wiku | wis nini ngabdia yêkti | miwah sakèh para arum | ingsun nini arsa mijil | anulya sri nata miyos ||

34. ginarêbêg pawongan kalawan manggung | putri kawan dasa sisih | kang eyang nora kadulu | miyos orêg kang anangkil | datan kaliru ing ênggon [ênggo...]

--- 346 ---

[...n] ||

35. panthan-panthan sagunging kang juru-juru | paglaran pêpak kang nangkil | anggandhèk sitinggil kumpul | mantri anom kang nambungi | prapta paglaran punang wong ||

36. ingkang nangkil obah mingsêr ênggènipun | sadaya atilar lampit | pinarak dhampar sang prabu | pinatik ingintên bumi | ujyalanya pan mancorong ||

37. atap andhèr ki apatih munggèng ngayun | jajare lan warga aji | punang niyaka sumambung | sak-êsap para bupati | êsap malih warga katong ||

38. pra prameya arya jêksa pra tumênggung | rêsi kamantri ing wuri | jêjêl paglaran supênuh | aswara tan katon angling | hèh ya wong kawulaningong ||

39. sêksènana yèn wayah sun kaki prabu | karatone sun wuwuhi | dhingin wus jumênêng ratu [ra...]

--- 347 ---

[...tu] | mêngko krama widadari | titi rêngganing kadhaton ||

40. Ratu Galuh sudibya sarana agung | guna prawira sinêkti | pra wignya among bala gung | kya patih myang waduaji | sami nêksèni punang wong ||

41. saur-pêksi ingkang sewaka sadarum | ngandika sang wiku aji | sun juluki wayah ingsun | Sri Bathara Darma Aji | wêwangi mahraja katong ||

42. mring Sang Nata Prabu Sindhula puniku | hèh iya sira apatih | sun ganjar kêkasih iku | namaa Raja Puadi | bang-bang alum-alum mêngko ||

43. Raja Puadi Nata Ki Patih nuhun | abukuh sumungkêm siti | rabimu sun wèhi juluk | juluka Ratu Dipati | Amongpraja namaning wong ||

44. anakira patih sun paring jêjuluk |

--- 348 ---

Raja Linggaerang singgih | nakira nom julukipun | Prabu Sangkan arinèki | Raja Mantri rane kang wong ||

45. wuragile Arya Wijamantri iku | anuhun nêmbah ki patih | Sri Banjaransari muwus | bapa patih bocah mami | sun junjung lungguhe karo ||

46. ingsun karya kabayan nagara iku | Si Sangulara sun paring | nama Arya Dutaprabu | Si Sangupati sun paring | aran arya iku kang wong ||

47. Arya Surawêcana asura prabu | nuwun nêmbah ki apatih | sri nata anulya kondur | lan eyang malêbèng puri | ginarêbêg para sinom ||

48. praptèng palataran garwa sami mêthuk | asta kinanthi ing rabi | prapta prabayasa lungguh | katiga sira

--- 349 ---

Sang Aji | Sindhula angandika lon ||

49. Banuwati garwanira kaki prabu | dadya silihe ni aji | anggrèh sakèh para arum | lawan sun paringi nami | ajêjuluka sang sinom ||

50. ya Sang Ratu Prabu Intên Apsariku | pinasthi marang dewa di | Banuwati turunipun | băngsa seluman lan maning | băngsa manungsa saparo ||

51. mapan padha ya kalawan nini prabu | dene Ni Suradewati | Ratu Kêncana ranipun | asumbaga guna sèkti | anduduk maring pamiyos ||

22. Mijil

1. Rêtnadewati ingsun arani | Ratu Sarisinom | Asmarawati iku namane | Ratu Mayangrawat Rêtnawati | Ratu Mayangsari | pra garwa sadarum ||

2. sakarsanira kaki mêstani [mê...]

--- 350 ---

[...stani] | karia putrèngong | ingsun pamit wus musna sang rajèng | sri narendra lênggah lan kang rayi | lèngsèr nata dèwi | mring dalêm pura rum ||

3. manjing kênyapuri sri bupati | jrih bilih wirangrong | bilih runtik jumênêng sang rajèng | arsa tut wingking Suradewati | angrangkul bêbisik | paran sampun nusul ||

4. garwa paduka arsa rarêsik | isin lamun katon | arsa ngliga kusuma sang rajèng | lagyadus kula pun dika purugi |[5] kangmas bilih runtik | awêsana sêndhu ||

5. sae paduka kèndêla ngriki | yèn sampun sang sinom | kula turi lah maraka age | mèsêm sang nata ngaras ing rabi | dhuh dewa dyah ari | landhêp pintêr masku ||

6. lawan kawêlèh sun wirang isin | sun ganjar mas ingong | sira [si...]

--- 351 ---

[...ra] anggèr kang dadi lirune | Rêtna Dèwi Sang Kênakawati | Asmarawati ngling | wong iku kajujur ||

7. babo payo padha ngati-ati | manawa salah ton | para putri gumayu[6] arame | Rêtnadewati cinandhak angling | mêngkarag wak mami | ngungsi putri agung ||

8. samya bubar gumujêng sang aji | wus wangsul sang katong | ingkang ana kênyapuri paès | ingayap pawongan kadya ringgit | wuryaning asisig | agantèn ping têlu ||

9. sumorot waja lagya gumadhing | kumênyar yèn tinon | lathi kumênyar nyênyêp manise | asêmbada ya kaduking liring | wus tan olèh tandhing | dene lagya ngusud ||

10. sasolahira dene arêsmi | amothah kalangon | yayah puspita kapat sawange | gêrah măndra akaworan [akawora...]

--- 352 ---

[...n] riris | pangataging rabi | ngungrume sang ayu ||

11. sri bupati tan darana prapti | paèse kaprabon | midêr ing rat tan ana baguse | Yyang Asmara asor ingkang warni | sotya munggèng singsim | kumêdhap sumunu ||

12. cahya ujyalane amadhangi | amratani tinon | amangun laraning dyah solahe | de lulut manis solahe asri | tuhu amimbuhi | wiraganing kakung ||

13. èsmu guyune sang dyah ing rabi | dene alêlangon | lagya tumurun Ratih nèng kene | pan mèh pangling ingsun yayi uning | ngaras wanti-wanti | sang narpa amuwus ||

14. adhuh mirah yèn nyata sira sih | jumênêng kang kinon | lumampah alol[7] prapta ngarsane | matur punapa sampun sêsinggih | mêngsah dalêm prapti | kang arsa amukul ||

--- 353 ---

15. pratignyaa gusti sang lir Ratih | wrat mungsuh sang sinom | sang dyah ayu mèsêm lan liringe | iya ingsun nora ananggapi | mênawa ing mangkin | Bok Intên Apsantun ||

16. ingkang sanggup kuwat anadhahi | iku ingkang tanggon | matur gumuyu alon ature | kawula malih puruna tandhing | yèn mêngsah nangguhi | kados botên purun ||

17. tan cinatur dènnya pulang rêsmi | lan sang prabu anom | miwah sakèh para putri kabèh | putri para karsane sang aji | dèn asmaragami | kawratan sadarum ||

18. nyata ratu lanang kang sajati | tan kêna winaon | bagus anom baud ngasmarane | samya siram sakèh para putri | sinjang sami salin | lir rinatus juruh ||

--- 354 ---

23. Dhandhanggula

1. tata tita wus krama sang aji | ngadêg Ratu Galuh awibawa | nuwuki garwa sang rajèng | jumênêng ratu agung | ngadêgakên kukum lan adil | sakèhe wadyabala | sadaya sumuyut | pinuja minulya-mulya | kalokèng rat kèdhêp sawarna kumêlip | ing Jawa dèrèng rata ||

2. kang wetan nagri măncanagari | nora seba sang natarsa duta | arsa mijil sewakane | wus angagêm kaprabun | Yyang Asmara lagya manitis | sakèhe para garwa | lênglêng dènnya dulu | barang kang dèn gêpok rêntah | wus sumaos upaca kang ingampil |[8] kênya yu-ayu raras ||

3. wus angrasuk kaprabon sang aji | ngagêm lisah jayèngkatong ngambar | wus têdhak saking purane | ginarêbêg sang prabu | orêg [orê...]

--- 355 ---

[...g] ingkang sami anangkil | janma ora kuwasa | umiyat sang prabu | kasorotan ing ujyala | wadya aji tumungkul konjêm ing siti | samya mangrêp manêmbah ||

4. ki apatih ingkang munggèng ngarsi | atap bupati tumênggung arya | pratiwa pra mantri kabèh | suku jaja sumungku | balatăntra lan warga aji | sirêp jrih ingkang munya | mandera pêksi kuk | kalawan gêndhing kêmasan | gêdhong wetan ri sêdhêng sang nata angling | hèh patih raja purwa ||

5. apa sira wus kongkonan nêlik | wong bang witan banggane lan nora | tan wruh mring jênêngong mangke | sandeya marang ulun | ngadêg nata tan ana ajrih | durung rata ing Jawa | putêk atiningsun | tanggung ngur ingsun madhêpa | ing kamuksan ki patih raja purwa di |

--- 356 ---

nata sigra manêmbah ||

6. inggih sampun kawula utusi | ing bang wetan gusti kang lumampah | abdi dalêm Banyakwidhe | kesah sakancanipun | nêlukakên lajêng nuguri | wontên ing jagabaya | pacakbarisipun | di dalêm wingking wus rata | ing tangkilan apan botên dados kardi | sampun radin sadaya ||

7. nagri sabrang ingkang dèrèng radin | ya wis bapa dudu pandumira | sun dhewe iku mungsuhe | Si Banyakwidhe iku | iya sêdhêng yèn padha cilik | lawan Sêcanaraga | dudu bobotipun | bêcike sira dutaa | mring bang wetan gawaa nawala mami | bupati kang prayoga ||

8. anakira kang anom su[9] tuding | akanthia Si Banyaksupatra | lancaran jaranan bae | mundhi [mu...]

--- 357 ---

[...ndhi] nawalaningsun | lah apatih angkatna nuli | ingsun ge rêp wêruha | ature maringsun | ala bêcike kawruhan | nuwun nêmbah sandika aturing patih | kondur sri naranata ||

9. ingkang jawi sami dandan jurit | Prabu Sangkan gawa wong sanambang | padha jêjaranan kabèh | Banyaksupatra sampun | kinintunan sêrat ki patih | wus bubar Raja Sangkan | kang nangkil wus mundur | sigêgên ingkang lumampah | gênti kocap wontên pandhita linuwih | gêntur sutapanira ||

10. kapanggungan gunung Lanang singgih | dhepokira wau sang pandhita | anadene kêkasihe | wau ta sang awiku | Panêmbahan Suwignyasidik | ciptanên kang kawiryan | adi pănca barus | ambabar wayah sakawan | ingkang sêpuh

--- 358 ---

Radèn Kuda Jayèngsari | Kuda Jayèngasmara ||

11. arènira Kuda Jayèngrêsmi | wuragile Radèn Jayèngtilam | kapat wus gêntur tapane | sapakène sang wiku | dèn lampahi wus guna sêkti | apunjul ing apapak | mrojol ing krêp iku | sumbaga sudibyèng yuda | anèng arga amuthah siyang lan latri | nèng ngarsane kang eyang ||

12. nuwun sabda mring kang eyang singgih | sakalangkung yun panggih kang raka | tinimbalan nèng ngarsane | kapat lênggah abukuh | angandika hèh putu mami | iya iki wus măngsa | jangjine wus tutug | sirarsa panggih rakanta | putu papat yya sira kulinèng ardi | mapan sira wus dibya ||

13. sumbaga guna sarana sêkti | ambêg sadu dudu pandumira | nèng gunung pandummu ngare [nga...]

--- 359 ---

[...re] | lamun sirarsa pangguh | sira putu maringa nagri | tigas kawuryan aran | nagara ing Galuh | widadari ratunira | mêngko krama olèh ratu sura sêkti | iku sira jujuga ||

14. wis mangkata nuwun nêmbah amit | ngaraspada pan sampun kalilan | sang wiku pangandikane | wus dèn prayitna putu | gya wisata dhepok tan kèksi | tan kocap marga prapta | têpis-iring Galuh | sang nata nuju sineba | pêpêk andhèr bupati satriya mantri | ki patih matur nêmbah ||

15. ulun inggih pan atur upêksi | wontên duta saking pabarisan | carakanya Banyakwidhe | ngandika sang aprabu | timbalana ing ngarsa mami | duta majêng wotsêkar | ing byantara rawuh | umatur lamun dinuta | abdi dalêm Banyakwidhe tur upaksi |

--- 360 ---

gusti jêng sri narendra ||

16. gusti mêngsah dalêm sampun prapti | pirêmbagan kumpul pra dipatya | kang wetan iyêk rêmbage | karsa ngrêbat ing Galuh | têrkanira botên sayêkti | ulun jumênêng nata | sumăngga sang prabu | abdi dalêm nuwun karsa | iya duta sun nganti kang gawa tulis | têmêne lawan nora ||

17. yèn sayêkti sira kapirsèki | wadyaningsun aja mèlu aprang | mundura prang lèrès bae | dimèn galak kang mungsuh | anêrkaa tèningsun wêdi | dimèn têka nagara | lêgane tyas ingsun | wus duta poma pacuan | duta nêmbah mêntas saking ngarsa aji | bapa patih sayoga ||

18. bantonana wong kang bêcik-bêcik | Si Banyakwidhe ja kongsi tiwas | kya patih sandika ture | pra dipati ing

--- 361 ---

gunung | tindhihing prang Si Raja Palih | ngirit baris ing Mandhang | têtindhihing laku | wus bubar kunêng kocapa | sang gupita gègèr otêring paminggir | orêg swaraning janma ||

19. kerut wontên tiyang bagus prapti | papat abagus-bagus sadaya | cantrik kalih nèng wurine | èstri nom samya kerut | tuwa anom pasar gêng sêpi | sajêge durung mulat | wong bagus kadyèku | kagyat sang nata ngandika | bapa patih ana apa pasar sêpi | rame swaraning janma ||

20. pariksanên dhewe bapa patih | manawa na sandi upaya |[10] lah priksanên pracihnane | nêmbah mêsat sing ngayun | ki apatih sigra umijil | piyak kang sami seba | ki patih kapangguh | kang dadi gègèring pasar | pan anjêngêr tigang pandurat tan angling | ki patih

--- 362 ---

dèrèng mulat ||

21. bagus warnane kêmbar lan aji | kantun sêpuh kalawan taruna | emut ki patih dêlinge | pun Bapa Ngawu-awu | nilakrami wong bagus pundi | dening tigas kawuryan | rahadèn sumaur | kawula kiyai bapa | saking ardi Lanang pratapan wak mami | kaki Êmbah Suwignya ||

22. sudibya nung ciptanira sidik | punapa anggèr praptèng nagara | kang sinêdya ing karsane | paman lamun sarêju | kula arsa ngabdi sang aji | anglêbu ing suku sang | sampeyan sang prabu | sinau tapa nèng praja | pan anêdha ngapura de murang niti | tan tumamèng ing wisma ||

23. gih sokur gèr pan kapasang yogi | sri narendra lagya siniwaka | marêngi kala-mangsane | gèr mangke kula matur | sapa sintên sinambat ing sih |

--- 363 ---

bok inggih dinangua | gèr sadayanipun | sumaur radèn manira | ingkang sudi kula Kuda Jayèngsari | punika arèningwang ||

24. Jayèngasmara lan Jayèngrêsmi | kang wuragil paman wastanira | Ki Kuda Jayèngtilame | dene wong kalih iku | panakawan wasta pun cantrik | Sarakosa satunggal | Sarawisa iku | sampun gèr dika kantuna | kula matur ki patih sampun wawêling | tumamèng ngarsa nata ||

25. matur nêmbah wau kyana patih | sampun kapirsa kang karya gita | tiyang sing ardi angsale | nêm kalih rencangipun | arsa ngabdi ing paduka ji | sampun katur sadaya | purwa wêkasipun | malah tumêkèng wasana | nata ing tyas kadya carma munggèng kêlir | Prabu Galuh ngandika ||

26. bokmanawa

--- 363 ---

iku paya sandi | gunaning mungsuh katur kya patya | pandugi ulun pan dede | yèn pracaya sirèku | timbalana ing ngarsa mami | janma arsa suwita | ingsun arsa wêruh | sun priksane pracihnanya | atur sêmbah ki patih awangsul aglis | kapangguh ngling ki patya ||

27. suwawi gèr ngandikan narpati | sampun kerid rahadyan sakawan | kanêm kalawan cantrike | praptèng byantara prabu | sri nata non ya ari mami | nora doh ciptaningwang | ya dêduganingsun | ing Jênggala gunung Lanang | bokmanawa ana janma madha warni | kumêmbêng sri narendra ||

28. radyan sakawan miyat sang aji | kadya panjang putra tibèng sela | suh rêmak-rêmpu galihe | ya uga sang aprabu | ingkang raka kang dèn ulati |

--- 365 ---

kapalang ajrih radyan | bokmanawa dudu | ana ratu warna kêmbar | lawan adoh Manawa lawan Manawi | ing Galuh lan Jênggala ||

29. lan kang raka ing Jênggala dhingin | tilar kawiryan madhêp kamuksan | mokal jumênênga rajèng | sapa ingkang anjunjung | duk kesahe ya tanpa dasih | kêmba pangakênira | rahadyan tumungkul | wontên wurine ki patya | sri narendra tan pandung marang kang rayi | kèhnya pangampêt trêsna ||

30. aming miring panjênêngan aji | angandika amrih pracihnanya | hèh satriya sira kabèh | tinuduhna ing laku | kabèh sapa sinambat ing sih | yèn sira parikêdah | ngawula maringsun | tur sêmbah atap saurnya | ulun ngardi Lanang têdahe pun kaki | suwita padukendra ||

--- 366 ---

31. purwa amba saking ing nagari | ing Jênggala kesah murang marga | tumamèng panêmbahane | dhepok nuwun sang wiku | ulun nuwun wêjang kang wêning | dhumatêng panêmbahan | dening purwanipun | kawula kecalan wăngsa | wasta ulun dêlape ingkang mêstani | pun Kuda Jayèngsêkar ||

32. dèrèng tutug ature sang aji | pan kasêlak kawratan ing trêsna | wus pasthi lamun arine | papat prasamya nusul | sri bupati sakala lali | panjênêngan narendra | katon onêngipun | têdhak saking ing dhêdhampar | gya rinangkul kang rayi aganti-ganti | dhuh arèningsun êmas ||

33. nora nyana sira nusul mami | duganingsun sira bali dalan | emut karaton sang rajèng | kinanthi arinipun | sampun [sampu...]

--- 367 ---

[...n] lênggah dhampar mas malih | ingkang rayi karuna | sumungkêm ing suku | karuna kadi wanodya | sambat-sambat tan anyana tan angimpi | kapanggih jêng paduka ||

34. nusup-nusup manjing wana sungil | ngambah rêdi baya tan katingal | pan manjing jêro jurange | mung paduka kadulu | ajar-ajar ulun lampahi | wus nyana mring kamuksan | de tita tan pangguh | lamun kalilan Hyang Suksma | arsa nusul ing kamuksan tuwêk ragi | mangke kapanggih wirya ||

35. salaminya tadhah dhahar guling | dêlap ulun kapanggih paduka | nulya rinangkul arine | kapat samya anuhun | sri bupati waspa drês mijil | tumibèng salang-salang | alantaran kampuh | dhuh yayi nora anyana | lamun panggih kang rayi ngusap luh bêkti | ulun [ul...]

--- 368 ---

[...un] datan supêna ||

36. ulun ngulati anglaya bumi | ngeja pêjah baya tan katingal | sarya sumungkêm ature | wis aja sira muwus | yèn kadriya angrundah ati | pinupus karsèng dewa | lakone wak ingsun | tan dêrman lawan riningwang | ting salênggruk anèng soring dhampar uni | sakyèhning wadyabala ||

37. samya kenyut pan sami anangis | ting salênggruk lir grah măngsa kapat | wong pasar anangis kabèh | wusing kèndêl sadarum | sakathahe kang sami nangis | wus pracaya ing manah | kang wadyabala gung | mriksa yèn Gusti Jênggala | nora uwas sungkême dènnya ngabêkti | ngandika sri narendra ||

38. bapa patih iki nakirèki | ariningsun [ariningsu...]

--- 369 ---

[...n] kang kari nèng praja | padha nusul têka kene | ki patih nêmbah nuwun | panakrama tur bage gusti | nauri ya tarima | sih mulènirèku | sampun kundur sri narendra | angadhatyan upacara wus rumiyin | kinanthi arènira ||

24. Kinanthi

1. kang rayi anuwun kantun | sri bupati manjing puri | kang garwa mêthuk sadaya | ingêmban sang prabu èstri | praptèng prabayasa lênggah | lan kang garwa ngandika ris ||

2. hèh anggèr ingsun angsung wruh | arinira padha prapti | kang kari prajèng Jênggala | nusul munggah gunung wêrit | mlas-asih sapanên mirah | krusakan panganggonèki ||

3. yèn sira sudia ngaku | mring wong papa dama miskin | sang rêtnaning dyah ngandika [ngandi...]

--- 370 ---

[...ka] | asêndhu dènira angling | sumakeyan wong awirya | yèn ngandika dulêk ati ||

4. yayi mas nora kadulu | arinira anèng jawi | ratu ayu rêngu ngucap | sumakeyan dadi aji | nora emut kadang prapta | kapi brăngta tan dèn tolih ||

5. kaparak jawi kèn mêtu | animbali ingkang rayi | gusti paduka ngandikan | dening raka nata dèwi | radèn kerid papat pisan | umanjing marang jro puri ||

6. ingupasuba kalangkung | cantrik kalih warêk bukti | anèng gunung sami kirang | nèng praja tuwuk abukti | kunêng dyan kapat winarna | wong dalêm samya ningali ||

7. kasmaran alênguk-lênguk | baguse dyan kapat sami | tanbuh ingkang

--- 371 ---

dèn piliha | apan sami lawan gusti | adoh ingawe rahadyan | ratu papat mêthuk sami ||

8. tan măntra lagya katêmu | sanak ipe tan kaèksi | lir sadulur tunggal yayah | Ratu Kancana anganthi | èsmu jrih rahadyan kapat | ratu-ratu maksa sami ||

9. doh angawe ratu ayu | yayi mas dèn pêrak mami | aja taha-taha padha | yèn sêla-sêlaa kami | yèn kêna cintraka ika | rèh aduwe sadulur ing ||

10. sira dadi ipeningsun | ya sira sadulur mami | sun aku dulur tunggal rah | andhêku nêmbah alinggih | marcapada ing dêlahan | dadia sadulur mami ||

11. konjêm ing siti tumungkul | èsmu jrih isin raka ji | pinarak kalawan garwa | munggaha [munggah...]

--- 372 ---

[...a] bêbatur yayi | aja jrih yayi munggaha | apa nganti sun udhuni ||

12. angandika Prabu Galuh | ya yayi munggaha sami | ja buwang trêsnaning raka | Ratu Kêncana wus lantip | ing sasmita wus tumêdhak | mungguh arèningsun sami ||

13. bêcik apa arèningsun | yèn kongsia dèn turuni | marang ing bok ayunira | ing Galuh Sang Nata Dèwi | radèn kapat lajêng minggah | tumungkul konjêm ing siti ||

14. langkung trusthaning sang prabu | rinangkul-rangkul kang rayi | kêmayangan yayi sira | ngulari kadang kapanggih | awirya jumênêng nata | angandika prabu èstri ||

15. yayi rèningsun sadarum | wis lawas gènnya ngulati | kampuhe wis padha rusak | padha pisalinên yayi | ratusên iku sadaya | nulya patadhahan mijil ||

--- 373 ---

16. radèn pinaringan kampuh | sabuk calana di-adi | raja kaputran apêpak | lumèngsèr dènira salin | dhatêng gêdhong ingkang wetan | awêwah baguse sami ||

17. wus salin sowan sang prabu | tan kawarna solahnèki | wong dalêm sami amarak | tanbuh-tanbuh solahnèki | gancanging crita winarna | tan kêna pisah sang aji ||

18. tanapi sang ratu-ratu | kalangkung sihe mring yayi | miwah sakathahing garwa | ratu-ratu samya asih | lir sudara tunggil yayah | ki patih wus kinèn kardi ||

19. padalêman papat sampun | dadya sakalangkung asri | pêthetan banjêng banjaran | radèn nulya samya mijil | wus samya pinaring garwa | radèn kang sêpuh pinaring ||

20. Putri Bantên langkung ayu | radèn panênggak pinaring [pi...]

--- 374 ---

[...naring] | Putri Jakarta yu endah | radèn sumêndhi pinaring | Putri Carêbon yu pelag | radèn wuragil pinaring ||

21. Putri Pajajaran ayu | parêkan sami pinaring | miwah ingkang rajabrana | tanapi pangangge adi | raja kaputrèn-kaputran | gajah swandana pinaring ||

22. putri pêpingitan agung | barana rukmi sotya di | pêpak ingkang upacara | waos dhuwung lawan bêdhil | sakalangkung dene kathah | radèn sakawan wus mijil ||

23. ginarêbêg para arum | lir pangantèn lagya mijil | sang nata lan para garwa | sami wangsul anèng kori | sang nata lajêng pinarak | prabayasa lan kang rayi ||

24. sigêgên ingkang winuwus | dyan sakawan kang wus mijil | bupati dhèrèk sadaya | tundha jajaran nèng margi | sêgahan [sêgah...]

--- 375 ---

[...an] samarga-marga | pênuh janma aningali ||

25. samya takèn ingkang tan wruh | pa iki gusti sang aji | nauri ingkang wus wikan | dudu iki ingkang rayi | tigas kawuryanan kang prapta |[11] nusul saking nagri Kêling ||

26. ing nguni brăngta awuyung | datan winarna ing margi | wus prapta padalêmannya | pra dipati samya kêmit | tan winarna sampun lama | gêntia ingkang winarni ||

27. kang lagya matêngkên rêmbuk | nèng Lumajang gunêm kawis | ingkang dadya gêgunungan | dipati kalokèng nagri | sêkti digdaya jayèng prang | dêdêgira gêng ainggil ||

28. sura wiguna dibya nung | bang wetan tan ana wani | nging Dipati Balambangan | Pasuruan dèn kèringi | liya punika jrih samya | Dewata Suksma kang wangi ||

29. wastane Dipati Bandhung |

--- 376 ---

Raja Kardha ingkang nami | Gêlengsong Sang Dewa Munah | dewa tan taha nguwati | wasis pikir luwih lêmbat | Dewatara Sokawati ||

30. Karangasêm Sang Dewa Gung | ing Bandhung Sang Raja Gusti | Dewa Musika rinira | kalima Sang Raja Bali | sami têdhak ing Jênggala | yaiku tinari pikir ||

31. Raja Balambangan anung | wicaksana wignya sêkti | sumbaga guna sarana | Sang Jayadiningrat Panji | Dhadhari Jayèngasmara | Carangwaspa eyangnèki ||

32. ing Nungsabarong ranipun | Dipati Kudamèngjurit | ing Panolan Dipatinya | Kudasrêngga Adipati | ing Malang Ki Adipatya | Suraraja ingkang nami ||

33. ing Ngantang Dipati Umbul | Surayuda ingkang nami | Balêdhug Menak Sukrama | ing Manggada Adipati | aran Suraadiningrat [Su...]

--- 377 ---

[...raadiningrat] | ing Sarêngat Adipati ||

34. Panji Asmarayudèku | Sêkarkuning kang wêwangi | Dyan Panji Kudaasmara | Purwagănda Adipati | mapan iku namanira | Radèn Panji Purbaningsih ||

35. Prangunan Bupatinipun | anama Dyan Panji Wilis | ing Balebang Dipatinya | Dyan Panji Cêlolang singgih | sami têdhaking Jênggala | kang rayi Panji Dhadhari ||

36. minăngka bupatinipun | aran Panji Tambangtulis | Waja Panji Suralaga | ing Ponah ingka[12] Ngabèi | Surajaya aranira | ing Trusan Dêmang Pamipil ||

37. Pabeyan Dêmang Pamupu | Dipati Gêdhong kang nami | aran Panji Tunjungpura | ya ta na bupati malih | ing Ngujungawang nagrinya | Panji Jayawisesèki ||

38. Adipati Singasantun [Singasantu...]

--- 378 ---

[...n] | Radèn Panji Banyaksani | Trênggalèk Panji Supadma | dipati ing Panaragi | Dyan Panji Jayakusuma | Jayadewa Banyuurip ||

39. ing Wajak Panji Pamutung | Bantul Padhomasan singgih | Dyan Panji Panamur rannya | Adipati Gêdhong singgih | ran Panji Surapraceka | Pasuruan Adipati ||

40. Panji Wiryanagarèku | Kudus lawan Sêkarkuning | Mataun Windunagara | Madhêndha Bupatinèki | ran Kuda Pamulukjapan | awasta Kuda Pamlipir ||

41. Bupati Kartasanèku | Mirmayuda kang wêwangi | Pace Dêmang Patratmaja | Srêngat Surasudirèki | Balitar Surawikăngka | Pringgalaya nagri Ngrawi ||

42. ing Kalangbrèt wastanipun | Tăndha Minangsraya singgih | Caruban Bupatinira | aran Panji

--- 379 ---

Balaruci | wus kumpul mangilèn pisan | Jagaraga Yudapati ||

43. bang wetan wadya pangayun | ing Lumajang Adipati | ngirit bupati ing têngah | gêdhig manggala anênggih | Adipati Pajêmbangan | gêgêdhene ki dipati ||

44. bang kilèn mênggalanipun | panggêdhene ki dipati | prawira adi manggala | Panji Tirtanagarèki | bang wetan bang kulon pêpak | kabèh têdhak saking Kêling ||

45. mojar Dipati Kalungkung | hèh sakèhe sanak mami | pra dipati kulon wetan | kayaparan Adipati | Lungseningrat kang nagara | lok rawuh kang duwe nagri ||

46. Gusti Sri Banjaransantun | wartane pan uwis lalis | pasthi wus têkèng kamuksan | wartane pan sampun bêning | mulane sun kramakêna | Ratu Galuh widadari [wida...]

--- 380 ---

[...dari] ||

47. kang sumbaga sudibya nung | digdaya têguh asêkti | apan punjul ing apapak | prajurite padha èstri | samya digdaya ngayuda | asêkti bujana kulit ||

48. dhomas tur putri sadarum | besuk arabia putri | sanakku padha wayuha | ing sakèhe dhomas putri | pan rong puluh awayuha | karine ingsun pribadi ||

49. yèn apanggih Ratu Galuh | ing sasênèn sawêngining | sun êmban bae sawarsa | sun kutugi sakarsaning | nguyuh ngising nèng êmbanan | uyuh wangi tai wangi ||

50. sun karya kuramas adus | dimèn katularan wangi | simbara intên kumala | dhakona mirah widuri | borèha mas jur-êjuran | canthènga kumala adi ||

51. tapiha êmas kang luru | ginèpèng kang luwih adi | besuk ingsun luwih

--- 381 ---

karsa | pêpanggile tumbak bêdhil | pèpèra durèn cewoka | santên kanil sun têkani ||

52. Sang Raja Ningrat amuwus | Ratu Galuh sampun krami | satriya Banjaransêkar | sumbaga sêkti tur sigit | datan kêna rinaosan | têguh rosa surèng jurit ||

53. tur kinasihan dewa gung | punjul papak jayèng jurit | Raja Kalungkung ngandika | punika panasing galih | ratu agung lèh wong papa | tan karuan tambangnèki ||

54. kalamun olèha ingsun | padha têrahing narpati | iku ta baya atimbang | krama aran Banjarsari | tan patut dadi narendra | sun ulihne ajalnèki ||

55. ngandêlakên rosa têguh | guna sêkti srana wani | măngsa anusula ingwang | kadigdayan myang kasêktin | ing Galuh larang

--- 382 ---

wong lanang | amupu têtiyang dèsi ||

56. akedanan wruh maringsun | binuwang bojone miskin | yèn padha rêmbug sadaya | ing Galuh ingsun lurugi | wong kulon anggăndra pira | tan liwat kanggo salingsir ||

57. para bupati amungsuh | wong desa ajrih punapi | jitus tandhinging ayuda | tandhing jitus apit mantri | tan bêdholkên dulu lanang | buwang kêris dimèn bêrsih ||

58. măngsa enjuha wong dhusun | apan datan tuhu jurit | angling Dipati Janingrat | sampun makotên sang aji | janma tan kenging ingina | măngsa kiranga pawèstri ||

59. dadya ngrusak pagêr ayu | sabrang jawi jêmbar bumi | linamara putri samya | tan angrusak ing sasami | apênêd lolohaning rat | sampun nglamar kang wus krami ||

60. apan

--- 383 ---

iya ya kalangkung | Dyan Panji Wiryanagra ngling | lêrês dhimas Jayaningrat | ora dhi yèn padha wêdi | amungsuh prang wong arahan | mungsuh wong andhudhuk gangsir ||

61. têdhaking wong garu mluku | bupatine têdhak dèsi | ratuning wong punuk desa | lawan adhi karsa mami | ingsun upamakkên ika | anênggih kang punang gêni ||

62. yèn tan siniram ing banyu | ngămbra-ămbra têmahnèki | Dyan Wiryanagara ngucap | ratunipun dibya sêkti | nagari kilèn wus rata | pasisir anungkul sami ||

63. tan susah sang prabu nglurug | amasthi dipun lurugi | tanah Jawi pan karata | kantun ngriki dèrèng bêkti | sang prabu sru angandika | mila arsa sun dhingini ||

64. adhi panas atiningsun | angaku ratuning Jawi | apêksa lananging yuda |

--- 384 ---

Dipati Jagaraga ngling | Bagêlèn Kêdhu wus seba | bang wetan arsa rinadin ||

65. ing mangke pangajêngipun | Jagaraga pacakbaris | Kêdhu Pagêlèn wus rata | Prabu Kalungkung sigra ngling | pagut amungsuh wong desa | măngsa tandhing lan sirèki ||

66. wruha bae pan lumayu | sadaya kang ngrêmbag sami | akalangan kang gupita | kasaru gègèr ing jawi | ingkang sura janma kathah | yèn wontên gêgaman prapti ||

67. caraka saking ing Galuh | ambêkta nawala aji | sami munggèng ing turăngga | kagyat kang samya ningali | anulya kinèn amriksa | ki tumênggung saos ragi ||

68. kănca pundi ingkang rawuh | dene angagèt-agèti | sumaur sing luhur kuda | aku dutane sang aji | Sri Natèng Galuh Diningrat | matura

--- 385 ---

mring sang dipati ||

69. wong Jagaraga wus wangsul | matur mring Dipati Bali | punika duta kang prapta | caraka Galuh nagari | Panji Wirnagri lingnya |[13] nora linyok ujar mami ||

70. tan dangu anulya rawuh | anginanga durung abrit | nora kêna rinasanan | Prabu Kalungkung sigra ngling | dhuh kaya bocah adhimas | undangên duta kang prapti ||

71. wong Jagaraga wus mêtu | angundang duta kang prapti | wus panggih lawan caraka | nulya ngling wong saos ragi | suwawi dika ngandikan | sang duta mudhun sing wajik ||

72. pinilihan kang tut pungkur | prawira nung bêcik-bêcik | bêkta sagêgamanira | kèhe kawan dasa sisih | ingkang kathah kari jaba | samyatus wong wani mati ||

73. kang malêbu wus kapangguh | lan Kalungkung Sang Dipati |

--- 386 ---

ngadêg kewala tan lênggah | samya ebat kang ningali | sarwa mundhi kang nuwala | nèng ngarsane sang dipati ||

74. mojar duta kalihipun | dipati sun duta aji | amundhi nawala nata | dhawuh ing sira dipati | lumraha sakancanira | bang wetan sakèh bupati ||

75. sang duta kalih amuwus | pa mulane ratu mami | kacatur dalu lan siyang | ya padha sira rasani | potang kasêngitan apa | yèn sira arsa ngayoni ||

76. aja na kakehan rêmbug | angluruga sun tadhahi | Raja Kalungkung kacipta | ja emuta duta iki | nawala sampun katampan | pêcattăndha maos tulis ||

77. ukara-kara kang têmbung | kapencut ingkang ningali | pèngêt iki layang ingwang | Prabu Galuh

--- 387 ---

sumbaga di | Jêng Bathara Dewa Nata | mraja Katong Senapati ||

78. Ngalaga Mangkubumiku | dhawuha sira dipati | ing Bali Klungkung Dipatya | lumraha kancanerèki | wusing dhawuh layang ingwang | wiyosira sun timbali ||

79. sakancanira sadarum | tanah ing bang wetan sami | apa sira nora pirsa | yèn ingsun kinarya aji | ngrèh sa-Jawa tanah sabrang | yèn kraton Jênggala ngalih ||

80. sun ngranggoni nagri Galuh | karsèng Yyang Wasesa Luwih | angrèh sakèh lêmbut ingwang | miwah kang sarwa kumêlip | yèn maido yêktènana | sebaa mring ngarsa mami ||

81. sira cacada ta ingsun | ratu wignya nom apêkik | sun ngadêgkên kukum dilnya | dana siasat sun dadi | abagus tanpa sikara [sika...]

--- 388 ---

[...ra] | tanpa japa dibya sêkti ||

82. aguna tan saranèku | wicaksana pramèng kawi | rosa têguh tanpa japa | alah ta sira rasani | rina wêngi rêrêmbugan | prandene nora yêktèni ||

83. yèn sira tan seba mringsun | sagêndhingmu sun tadhahi | apa ingsun kang anglagar | apa sira kang nêkani | nanging aja kalayatan | poma pănca sura tandhing ||

84. saèsthi sabda sang prabu | wus kawrat wontên jro tulis | Prabu Klungkung langkung duka | wadana lir mêtu gêni | jaja bang mawinga-winga | kumêdut padoning lathi ||

85. witing pêcattăndha iku | duka lir yayah sinipi | wêdana lir raup êrah | jajanya lir wora-wari | ujyalanya anglir surya | ki pêcattăndha kurda mrih ||

86. arsa kasuwèk [ka...]

--- 389 ---

[...suwèk] sratipun | gacar Prabu Sangkan uning | malumpat sêrat rinêbat | wus kêna asru dènnya ngling | sun rewangi tatu jaja | rusake nuwala aji ||

87. ngur sêbita kulit ingsun | yèn durung sah murda mami | iya nora awèh ingwang | sasat ngrusak gusti mami | yèn lanang mara ngrêbuta | karêbutên ing ajurit ||

88. pêcattăndha duka asru | angadêg dipun cêpêngi | dening kancanira kathah | ki lurah andika eling | puniku nama utusan | nistha jênênging narpati ||

89. yèn matini[14] duta iku | Prabu Sangkan dyan cêpêngi | dening Dyan Banyaksupatra | kang dipati dika eling | lamun dinuta narendra | pêcattăndha asru angling ||

90. hèh wong sapa ranirèku | kang tinaya anauri [anaur...]

--- 390 ---

[...i] | ingsun putrane apatya | pan winênang sabèng puri | ingsun andêling ayuda | mêdanani pra dipati ||

91. Prabu Sangkan aran ingsun | aciri wanara putih | sira panêngêran yuda | ki pêcattăndha nauri | bandera ciri wilmana | tumpêr ringas gaman mami ||

92. aja lyan katrajang iku | ngantèkna dènira jurit | sampun mundur Prabu Sangkan | tan pamit sarewangnèki | tanapi Banyaksupatra | samarga angati-ati ||

93. kocapa kang sami kantun | atêngara ing ajurit | pinrih babarpisanira | bodhol dalu tan na kari | bêndhe gong maguru găngsa | umyang lir ombak jaladri ||

94. kagiri-giri gêngipun | kang wana katrajang gusis | wadya bang wetan sadaya | langkung rusuh ngrayah [ngra...]

--- 391 ---

[...yah] margi | barang kacandhak pangannya | sangking gêng gêgamannèki ||

95. wus mondhok kang anèng ngayun | durung mangkat kang nèng wuri | Prabu Sangkan lampahira | kacandhak anèng ing margi | sadina-dina apêrang | sarya lumampah ajurit ||

96. prang lèrès dènira tarung | lampahira sampun têbih | sawulan anèng ing marga | gancanging carita prapti | jajahan Galuh nagara | kagegeran wadya alit ||

97. Dipati Sang Mêdhang iku | Banyakwidhe atur uning | duta mêsat wus apanggya | lan ki patih atur uning | purwa madya ing wasana | wus katur sri narapati ||

98. duta winangsulan wau | prapta barisan wus panggih | lan Ki Banyakwidhe ika | lan Ki Patih Sumêdhangi | sakathahe kang dipatya | duta matur

--- 392 ---

lir wong ngringgit ||

99. kula dipun utus rawuh | wus katur marang sang aji | purwa madya lan wêkasan | wadya ji kinèn ngunduri | dimèn galak ingkang mêngsah | anêrkaa lamun ajrih ||

100. dèn burua marang mungsuh | prang alèrès dipun ririh | wus tata mundur undhang prang | Prabu Sangkan rêrêb prapti | lajêng angumpul kewala | Banyaksupatra tut wingking ||

101. prajurit anèng ing pungkur | pikulan dinèkèk ngarsi | antara dhatêng kang mêngsah | sadaya sami ningali | amburu ingkang pangarsa | sumahab nyabrang ing kali ||

102. kang kari rong duman mungsuh | kang amburu rêbut dhingin | kang binuru nora gancang | durung tarung padha wani | pratiwa anèng ing wuntat | pikulan kang anèng ngarsi ||

--- 393 ---

103. prajurit bêcik nèng pungkur | kacandhak kilèning kali | arame gènira aprang | bêrêk-binêrêk aganti | wong wetan padha jaranan | wong kulon adharat sami ||

104. kapale sami tinuntun | tan apêgad ngati-ati | sangking dènnya ngrêksa wadya | mêngsah langkung dènira mrih | tan pêgat kinandhang-kandhang | mêngsahira anèng wuri ||

25. Pangkur

1. prang lèrès bari lumampah | wong bang wetan datan wani nyêlaki | kinalang kinêpung-kêpung | towok mimis lir udan | yèn pasaha wong kulon kathah kang tatu | nora na pasah ing braja | wêwurukane ki patih ||

2. kasawaban gustinira | pan sumbaga [sumba...]

--- 394 ---

[...ga] kawula samya sêkti | wong wetan anyandêr purun | tinujahkên turăngga | tinadhahan wong wetan kathah kang lampus | pan kaloloh pamburunya | marmanya kathah kang mati ||

3. wong Galuh nyandhak turăngga | dipun bujung wong wetan kathah mati | kang aprang kasaput dalu | samya rêrêb ing wana | enjingipun rame prang bari lumaku | dalunya mondhok ing wana | pirang dina pirang ratri ||

4. gancanging crita wus prapta | ing nagari kang buru samya bali | kang wong pêrak kitha wau | tinitik jroning kitha | wong kang têbih ngungsi kutha jroning gunung | kang prapta katur lampahnya | purwa madya wêkasaning ||

5. wus katur dhatêng sang nata | enjing miyos pinarak [pina...]

--- 395 ---

[...rak] ing sitinggil | ki patih sowan ing ngayun | kalawan Prabu Sangkan | Banyakwidhe lan Banyaksupatra pungkur | lawan Dipati Sumêdhang | wontên keringe ki patih ||

6. ngandika sri naranata | Prabu Sangkan priye lakunirèki | Prabu Sangkan nêmbah matur | sampun kula dinuta | nêdhakakên nuwala mring pun Kalungkung | kapanggih ing pamondhokan | ing Lumajang pêpak baris ||

7. abdi dalêm ing bang wetan | kang ginunêm arsa nampik sang aji | sangêt pamaibênipun | ing panjênêngan nata | nuntên ulun dhawuhkên nawala prabu | kang maos pun pêcattăndha | sakalangkung dènnya runtik ||

8. nawala arsa rinisak | ulun rêbat [rê...]

--- 396 ---

[...bat] mangke kabêkta malih | pun pêcattăndha anêsu | pun Panji Jayaningrat | ingkang ngrapu ulun tan pamit gya mundur | wingking amêpak gêgaman | ulun kacandhak ing margi ||

9. prang lèrès kalih lumampah | lampah ulun lajêng dipun tut wingking | anuntên kawula kumpul | barising Jagabaya | sarêng mundur mêngsah wetan sami nusul | sami bali ing marganya | langkung trustha sri bupati ||

10. amiyarsa aturira | Prabu Sangkan mêngko mungsuhna ngêndi | kawula tilar ing ênu | lajêng kados kiwala | bapa patih dhêdhêpa aja na mêtu | dimèn agalak kang mêngsah | anêrkaa lamun ajrih ||

11. sampun kundur sri narendra | ingkang sowan bubar angati-ati | dhêdhêp tanpa [ta...]

--- 397 ---

[...npa] sabawèku | kunêng ingkang winarna | wong bang wetan nêmbang têngaranya umyung | sadaya manahe suka | anêrka kalamun ajrih ||

12. wus budhal wau sadaya | langkung agêng gaman bang wetan nênggih | cucuking prang sampun rawuh | wawêngkone nagara | nulya bodhol Ki Adipati Kalungkung | pan lajêng tata pondhokan | karya pasanggrahan sami ||

13. nagara Galuh kinipang[15] | kang nèng wetan ngalumpuk wong ing Bali | wong ing Balambangan kidul | kang lor wong Pasuruan | ingkang anèng kulon wong Surabayèku | sakancanira sadaya | ing jro dhêdhêp tan amusik ||

14. panêrkane kang nèng jaba | ing jro suwung tan wontên bawanèki |

--- 398 ---

Ki Adipati Kalungkung | nimbali pra dipatya | sampun pêpak gunêman sakancanipun | nanging Raja Balambangan | tan prapta dipati sakit ||

15. kagugu supênanira | kaya nora supêna wantahnèki | katingal kang madêg ratu | Galuh Narpa Jênggala | Sri Narendra Banjaransari tan pandung | mirong Rajèng Balambangan | pan arsa amalik kapti ||

16. arêmbag wong Pasuruan | langkung dhêmit dawêk ngupados margi | pan sami supênanipun | sakèh para dipatya | samya ngimpi tinêkanan sabên dalu | angakên putra Jênggala | kang ngadêg Galuh nagari ||

17. sakalangkung susahira | sabên dalu katingal dèn bandani | ngimpi

--- 399 ---

kalah ngantos têluk | kang cilaka mêngkana | sami cilik angimpi dipun wayungyun | lawan pinarag ing sarat | kadhêmên lawan panastis ||

 


Lebih satu suku kata: ja na jaran sêmbrani kalihe. (kembali)
sapambêdhil. (kembali)
Lebih satu suku kata: anging ngajak prang angudang bae. (kembali)
panggitike. (kembali)
Lebih satu suku kata: lagyadus kula pun dipurugi. (kembali)
gumuyu. (kembali)
alon. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus sumaos upacara kang ingampil. (kembali)
sun. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: manawa ana sandi upaya. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: tigas kawuryan kang prapta. (kembali)
12 ingkang. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: Panji Wiryanagri lingnya. (kembali)
14 langkung. (kembali)
15 kinêpang. (kembali)