Sêrat Partakrama, Srikandhi Maguru Jêmparing dumugi Sêmbadra Larung

--- [1] ---

1. Asmaradana

1. Dahat kasmaraning kapti | anêdhak kanang pustaka | jaman purwa caritane | duk satriya Dananjaya | krama dhaup kalawan | Dyah Bratajaya Sang Ayu | arining Sri Padmanaba ||

2. babone sêrat puniki | sangking ing karaton Jawa | Ngayugyakarta di kaot | kagungan dalêm sang nata | kang Sinuhun Jêng Sultan | kang Hamêngkubuwana gung | Senapati ing Ngalaga ||

3. Sayidin Panatagami | Kalipatullah ping Sapta | arja bintang kumandhure | ordhêsên leyo Nèdêrlan | grut opsiring oranya | nasao ingkang sarta grut | kri- // s[1] ordhê krun prajèng Siyam ||

4. wah jendral mayor wadyaning | sri maharaja wanudya | pranyata kangjêng sang katong | ratyagung maha sudibya | asih marang kawula | măncapraja kathah suyut | kaprabawèng kalokèng rat ||

5. nujyari Rêspati Manis | kirdhaning kalam panurat | ping nêm likur wimbaning lèk | Dulkangidah ing warsa Dal | sangkalannya tinêngran | trustha tri ngèsthi sang prabu |[2] mangkana gitaning kata ||

6. ingkang jinêjêr kariyin | praja di ing Dwarawatya | Sang Basudewa putrane | nama Prabu Danardana | ya Prabu Padmanaba | Sang Harimurti pinunjul // | pêparab Bathara Krêsna ||

7. marmanira sri bupati | titahing jawata wênang | sinêbut bathara dene | jawata angejawantah | sayêkti Narayana | titising Bathara Wisnu | marma pêparab Sri Krêsna ||

8. sanyata yèn sri bupati | irêng mulus sariranya | trus gêtih myang bêbalunge | marmanira apêparab | Sang Prabu Padmanaba | dènira wênang gêgadhuh | kang Padma Wijayamulya ||

9. panguripe wong sabumi | marma parab Danardana | dènnya andina danane | tan kêndhat pêparingira | boga arta busana | saengga tibaning jawuh | marmanira apêparab ||

10. Sang Aprabu Harimurti | dènnya wruh durung winarah | sidik têrus paningale | nora kêna kasamaran | sasolah obahing lyan | wus sasat hyang jawata gung | dadi barang kang cinipta ||

11. alit nagri Dwarawati | nanging tan kêna ing corah | dènnya kêlangkung wingite | manuk mibêr nora bisa | ngungkuli jroning pura | tibèng siti nulya lampus | nadyan kang para jawata ||

12. ing suralaya samya jrih | angungkuli sri narendra | dening kaendran wus dene | samya mangastuti nêmbah | nadyan samia dewa | Sang Harimurti pinunjul | sangking jawata sadaya ||

13. marmane sagung para

--- 2 ---

ji | ing tanah Jawa sadaya | samyambathara anggêpe | marang Sri Narendra Krêsna | mila ingêla-êla | tinut ing satuduhipun | pinindha-pindha jawata ||

14. tuwin kang para dipati | tanah sabrang sampun kathah | ingkang madhêp karatone | pamrihe angèstupada | sasat sampun kabala | mung pinrada na marta yu | jrih asih pangidhêpira ||

15. miwah asrining jro puri | sasat pura Batharendra | kadhaton uparênggane | sadaya samya kancana | sêsotya nawa rêtna | kasor srining suwarga gung | katon resmining riloka ||

16. sabawaning pramèswari | garwanira sri narendra | têtiga endah warnane | ingkang sêpuh garwanira | Endhang Gadamadana | sutèng wre Jêmbawan Wiku | patutira lan Trijatha ||

17. nama Dèwi Jêmbawati | warnanira lir Supraba | ruruh wingit pasêmone | pasaja tan alêlewa | cahya nuksmèng sasăngka | kang pamadya garwanipun | rajaputri ing Kumbina ||

18. pêparab Dèwi Rukmini | gandhang tur raga karana | rêspati salêlewane | sasat rarasati swarga | sêdhêp ing pasang cipta | cahyane sumunu mancur | kadya banguning kartika ||

19. garwa ingkang nèm pribadi | Rajaputri Nglesanpura | sêdhêng a- // ntêng jêtmikane | nama Dèwi Sêtyaboma | sumunu cahyanira | kadya Wilutama nurun | sêdhêp manise sêmbada ||

20. cinatur Sang Rajaputri | Kumbina lan Lesanpura | krama nak-sanak kalihe | dèrèng wontên kang pêputra | amung kusumèng arga | Rêtna Jêmbawati sampun | patutan kêkalih priya ||

21. kang sêpuh putrane nênggih | nama Bambang Gunadewa | pêkik nanging sarirane | samya wulu lir wanara | marma duk lairira | binêkta mring eyangipun | mring Wukir Gadamadana ||

22. diwasanira tan sipi | subrata amati raga | anut tapa ing eyange | wus sasat maharsi tama | gung ulah puja-măntra | kang rayi pêkik kalangkung | anama Rahadèn Sămba ||

23. lir canthik baita milir | ambêranyak kasêmbadan | rêspati ing sasolahe | sarira wingwing ajênar | kadi prada binabar | dadya sêkaring praja gung | ginadhang jumênêng nata ||

24. dadya sambating akingkin | la-êlaning rara kênya | sinung dalêm kadipatèn | nênggih ing Paranggarudha | ananging dèrèng krama | ya ta wau kang winuwus | Sri Maha Narendra Krêsna ||

25. ri sêdhêngira siniwi | munggèng dalêm prabayasa | dene kang para garwane | aglar parêk anèng ngarsa | nimbali

--- 3 ---

ingkang putra | Radèn Sămba lagya rawuh | saking nagri Madukara ||

26. wus prapta sajroning puri | ing ngabyantara narendra | nêmbah angraup padane | gantya kang ibu katiga | sawusnya kinèn lênggah | mungguh ing ngarsa tumungkul | sang prabu mèsêm ngandika ||

27. bagea kang lagya prapti | atêtinjo wong alara | dene kongsi lawas radèn | gonira mring Madukara | kongsi samadya căndra | apa baya kang rinêmbug | dene liwat karya gita ||

28. pangundange mring sirèki | nora pisan nganggo mring wang | mung sira kapiji dhewe | pan ing mêngko kayaparan | larane pamanira | kang putra nêmbah umatur | gêrahipun ri paduka ||

29. sayêkti sangêt nglangkungi | pan sampun sawang kunarpa | risaking pasarirane | gêrah sawêg tigang căndra | saengga wus sawarsa | prapta kawula pukulun | mêningi taksih kantaka ||

30. rinubung dipun tangisi | mring pun Bagong lawan Sêmar | nèng taman Madugandane | lan rare èstri satunggal | ingkang binêktèng taman | putri boyongan pukulun | arine Patih Sucitra ||

31. anama Dèwi Sulastri | dene kang kalap pun Sêmar | pun Kanastrè- // n pambajênge | salamine nandhang gêrah | kang kuthah gulawênthah | namung punika pukulun | tiga pun Bagong lan Sêmar ||

32. datan wontên malih-malih | dene sagung balanira | Madukara sadayane | jalu èstri tan linilan | sumiwi maring taman | lawanging taman tinutup | langkung anèh karsanira ||

33. gêrah mèh antara pati | datan arsa tininjoa | mring kadang kulawargane | rayi tuwan ing Ngamarta | ping kalih dènnya têdhak | lan ari sadayanipun | dhumatêng ing Madukara ||

34. karsanipun dèn boyongi | dhumatêng nagri Ngamarta | dènnya wus sangêt gêrahe | kangjêng paman Madukara | tan arsa manggihana | kang raka tinulak wangsul | marmanya mutung sadaya ||

35. praptèng mangke dèn tambuhi | jêng paman Prabu Ngamarta | lawan ari sadayane | tan wontên kang têtinjoa | langkung kawêlas-arsa | gêrahe kadya anglalu | andhandhang gea palastra ||

2. Dhandhanggula

1. sri narendra angandika aris | têlanjêre kulup lara apa | dene mangkono karêpe | kang putra nêmbah matur | kados lamun kagodhèng pêri | utawi pêrayangan | ngandika sang prabu | antarane kaya ngapa | dene sira ngarani kagodhèng [ka ...]

--- 4 ---

[... godhèng] pêri | kang putra matur nêmbah ||

2. milanipun kawula wastani | yèn kagodha dene tanpa masa | nalika dhatêng gêrahe | kantaka sanggènipun | sarirane kadya ngêmasi | mung kantun prêmananya | kêkêtêg sadumuk | wungune sangking kantaka | lajêng ngame saenggga angarih-arih | sarwi ngungrum ngrêrêpa ||

3. kang sinambat mung kusumèng wukir | Rara Irêng sapa ingkang nyana | lamun mangkono dadine | dene duk larenipun | irêng kusi rada basisik | rambute arang abang | sasolahe kidhung | karême sok matun gaga | wus tumrêcêp bae dadya rara wukir | dhoso wagu tênaga ||

4. ingkang ana labête sathithik | yèn rêmbêsing madu trah kusuma | amung kocaking tingale | kalawan sênênipun | lawas-lawas saya manglingi | rambute arang abang | têka dadi bang cuk | wagune dadi wiraga | irêng kusi têka dadi irêng manis | ing mêngko diwasanya ||

5. irêng manis malèh dadi kuning | sêmu ijo mêrada binabar | ingkang dhoso pasêmone | dadi jêtmika ruruh | liring lindri jait alungit | jêtmikane sêmbada | cahyane sumunu | rema bang cuk têmah dadya | mêmêk i- // rêng muyêk ngendrawila wilis | lah iya ngêndi ana ||

6. soring wiyat kang kasonggèng bumi | bisa salin warna kaping tiga | amung Rara Irêng kae | ing sabên sasi wuwuh | rêspatine têka sathithik | ing pêndhak sasi mundhak | sêdhêp manisipun | kèndêle dènnya ngrêrêpa | mangu jêtung sarta waspanya drês mijil | lajêng niba kantaka ||

7. sri narendra angandika aris | sapa baya ing panduganira | pamanamu kang dèn ame | rahadyan nêmbah matur | kados inggih pêri lan êjim | utawi pêrayangan | kang kayangan gunung | gumujêng sri naranata | kang anggodha iku jim Banoncinawi | pêri Wara Sumbadra ||

8. ingkang putra kalane miyarsi | pangandikanira ingkang rama | cundhuk lawan graitane | matur sarwi gumuyu | kados lêrês pangandika ji | rayi dalêm jêng paman | gêrah anahên kung | kandhuan lara wigêna | ing jêng bibi pukulun lamun suwawi | lawan karsa paduka ||

9. sampun ngantos kapara ing têbih | luhung lajêng pinanggihna pisan | wêlasa kalih-kalihe | manawi sami purun | anjurungi lajune panggih | rayi dalêm jêng paman | ing watawis ulun | yèn botên kalampahana | dhaup lawan jêng bibi Banoncinawi | kadya têmah antaka [a ...]

--- 5 ---

[... ntaka] 10. nadyan inggih botêna ngêmasi | yêkti lajêng lênglêng karungrungan | linglung salami-lamine | inggih sintên wongipun | kang tumingal marang jêng bibi | yèn botên karungrungan | tyasipun kadarung | sri bupati duk miyarsa | turing putra miwah ingkang ibu katri | samya gumujêng suka ||

11. Putri Kumbina angrangkul aglis | mring kang putra sarwi angandika | ginablogan pungkurane | pintêr têmên nak ingsun | dadi congkog andhêdhalangi | ing wong lara asmara | sasuwene matur | kalintêre wus anduga | lamun duta ngêmu rasa ngandhut wadi | wangsiting Madukara ||

12. sri narendra mèsêm ngandika ris | satêmêne apa ta wis ana | pamanamu pasajane | yèn jaluk bibèkamu | ingkang putra matur wotsari | inggih dèrèng kawêdal | ing pasajanipun | amung liringe kewala | srapatipun pangandika kang katawis | nalikane kawula ||

13. nuwun pamit pan dipun tangisi | sarwi ngrêrêpa dènnya ngandika | ya kulup sêmbah ngong bae | lan gala-gangsul[3] ingsun | aturêna ing sri bupati | yèn dangu laraningwang | umatura lamun | lara wong lara kasandhang | liring lara kasandhang anrusing a-// ti | larane nora pira ||

14. nanging lara kêkêmbanging pati | papantaka kang sakêthi niksa | larane sajagat kabèh | sinandhangkên maringsun | sinung urip prasasat mati | utawa tinimbanga | lan rubuhing gunung | misih abot laraning wang | ing sapraptanira kaki mêngko iki | ana ing Madukara ||

15. kaya-kaya rasane tyas mami | duwe cipta lamun bisa gêsang | iya praptanira radèn | kang dadi marganipun | ing mulyane lara ngong iki | waras nora kalawan | tatămba dhêdhukun | iya namung praptanira | ingkang dadi usada pamurung pati | maosadi upama ||

16. sadurunge kulup sira prapti | rina wêngi rasane tyas ingwang | mung anyipta pati bae | iya sangking botipun | paran ingong mangkene iki | ing mêngko sira prapta | rasane tyas ingsun | têka anduwèni cipta | lamun urip dadi laraningsun iki | ing batin wus palastra ||

17. bisa urip yèn sangking sirèki | yêkti urip sida praptèng pêjah | kalamun sira kang gawe | ing pati yêkti lampus | wus mangkono cipta ngong kaki | sakarsanira dadya | angrèh raganingsun | dhuh muga kulup tulusna | gonira sih têtulung wong kawlas asih | lamun sira wus prapta [pr ...]

--- 6 ---

[... apta] 18. ing nagarantara pitung ari | nuli sira balia kewala | têtinjo maringsun manèh | dadya panancang umur | lamun sira kulup tan prapti | antara pitung dina | yêkti ingsun lampus | sang nata mèsêm ngandika | sag-sêg bae dene kêrêp têmên mati | lah iku lara apa ||

19. ingkang putra umatur wotsari | yèn tan wontên karsa padukendra | anggalih nuntên dhaupe | lan jêng bibi pukulun | kados botên wande ngêmasi | jêng paman Madukara | praptèng sedanipun | apan nyalingkêr kawula | dèrèng têbih miyarsa swaraning tangis | kados lajêng kantaka ||

20. pantês bae mangkonoa kaki | pamanamu yèn kapati brăngta | ora mung saiki bae | dhasare bibèkamu | pan ing mêngko saya kaèksi | rupane bangêt bêsat | lan duk larenipun | ingsun iya nora nyana | tuwa-tuwa iya dadi ayu luwih | jêtmikane sêmbada ||

21. bênêr ingkang kongsi têmah agring | pamanamu iku apa nyata | kang sinambat pangamene | Rara Irêng ing gunung | irêng kusi dadi rêng manis | rambute arang abang | têka dadi bang cuk | duk anèng Widarakandhang | dhasar nyata awake irêng basisik | saking saba nèng // têgal ||

22. malah kongsi gêdhe durung mari | dènnya pêpanas anèng têgalan | palayon lan bocah akèh | nanging pawakanipun | cilik mula dhasare ramping | bawane anèng desa | mung solahe kidhung | sangking durunge umulat | pasamuan nagara solahing putri | dadi kurang tênaga ||

23. dènnya bisa alêmês sathithik | milu wakamu marang Madura | ginawa mring patapane | ya maksih irêngipun | nanging mêlês kari sathithik | rambute bangêt abang | dadi rada bang cuk | wagune dadi wiraga | dene pamanamu gone ngalintêri | lawas-lawas diwasa ||

24. mung gunane angindhik-indhiki | mêndhak-mêndhak kadi dingkik landhak | sangking wuri pangrundhuke | mundhuk-mundhuk lir unthuk | lamun papak pundhak tan wani | wanine mung anamar | anamur nyalimur | lagi samêngko kewala | pamanamu gone mangarahi kaki | salin gêlar kewala ||

25. dene karêpira iku kaki | luwih bêcik lamun kalakona | pamanamu ing dhaupe | sayêkti bibèkamu | wus pinacang sangkaning alit | lawan Si Dananjaya | dene ing eyangmu | ingsun kalawan wakira | iya uwis padha rujuk anjurungi | sakarsane yangira ||

26. kalunta kèh pakewuh

--- 7 ---

ngalangi | pan katutuh eyangira seda | kalantur kongsi samangke | dhasare bibèkamu | bocah mula gone tan kêni | rinèhkên mring wong tuwa | yèn dudu tyasipun | sok banjur angèsthi pêjah | bocah mula winongwong ing jawata di | nora kêna sêmbrana ||

27. lamun kongsi luhe tibèng siti | pan sakala karya gara-gara | dewa ing kaendran gègèr | apsari kèh tumurun | mung emane mijil pawèstri | santosane tyasira | luwih sangking kakung | sêtya-tuhu ing wacana | sinêmbadan lêgawa tega ing pati | apantês dyah utama ||

28. duk kramane wakamu ing nguni | pamanamu amalih wanudya | Si Pragota ingkang olèh | ingsun antuk ibumu | ingsun andhêg ing păncaniti | karana Si Pragota | lakune wus antuk | wanudya saka ing arga | luwih endah aran Dewi Wrêdiningsih | wakamu liwat suka ||

29. dene endhang warnane yu luwih | nora wêruh yen endhang gadhungan | marma binanjurkên bae | marang ing bibèkamu | busanane kinèn nyalini | bibèkmu rêsêp ing tyas | mulat warnanipun | tan wruh // yèn endhang gadhungan | mangan turu tinunggil tilamirèki | tan nganggo walang-driya ||

30. praptèng wêngi masane aguling | Si Sumbadra wus kapati nendra | endhang maksih lungguh bae | kabadharan tyasipun | mulat warnanira kang guling | anusul milu nendra | dharêsêl ing kêmul | pulih warnanira lanang | bibèkamu yèn turu têngèn kêpati | pinucung nora kêna ||

3. Pocung

1. nadyan amung kencokan lalêr myang lêmut | tangi denya nendra | têmahan dèn dharêsêli | bangêt kagèt tangi jumbul guragapan ||

2. tinon wau kang dharêsêl ing kêkêmul | kalamun wong lanang | bibèkmu gundam sru angling | sru lumayu gègèr sagunging pawongan ||

3. ting bilulung nora wêruh purwanipun | wakamu Madura | kagyat wungu dènnya guling | lagi mudhun Si Sumbadra sêlak prapta ||

4. gya sumujud nèng padane sarwi matur | yèn endhang gadhungan | bakal patah buwang tapih | dadi lanang dharusul milu anendra ||

5. nêdya dèn jur ingkang dharêsêl ing kêmul | ing alugoranya | sruning krodhanya wus pasthi | sapraptane [saprapta ...]

--- 8 ---

[... ne] ing tilame Si Sumbadra ||

6. duk andulu tinon kang anèng jinêm rum | lamun Si Janaka | dhêlog-dhêlog maksih linggih | têbah jaja wakamu mundur kewala ||

7. ingsun tulung ing pura agupuh-gupuh | kapapag ing pura | arsa banjur dèn adhangi | tuhu lamun endhange dadi Janaka ||

8. andharusul ing kêmul anuli tutur | marang Si Sumbadra | sun api krodha tan sipi | mati awor ing kono barêng lan ingwang ||

9. maju mundur kinukuhan mring wakamu | ingsun api mêksa | wakamu mêksa ngukuhi | wus sajêge wakamu ngono adatnya ||

10. samya luluh dukane tan ana tutug | marang Si Janaka | lamun wêruh warnanèki | kaya kêna cinthunge wong Madukara ||

11. sang aprabu lir carita dènnya muwus | manising wacana | kaduk cucut ngrêspatèni | samya suka sagunging cèthi parêkan ||

12. Sang Rêtna Yu Kumbina mèsêm angêmpus | bok aja ngandika | karya ewa kang miyarsi | buh ta kakang prabu buh ta kang sarira ||

13. kang kapanduk pêpèlèt lênga dhêdhuyung | cinthung Madukara | gumujêng sri narapati | saya suka sagunging cèthi parêkan ||

14. dènnya // ngrungu pêpurune aturipun | putri ing Kumbina | sêdhêp manis ngrêspatèni | sri narendra mèsêm dènira ngandika ||

15. banjuripun kulup tutur ingsun mau | duk anèng Kumbina | kramane ibunirèki | arsa dhaup kalawan Pandhita Drona ||

16. yayi prabu Ngamarta lan raganingsun | padha tinimbalan | kulup ing eyangirèki | kabèh prapta pasanggrahan ing Kumbina ||

17. mung wakamu Madura ingkang tan rawuh | kaya wus graita | yèn bakal ingsun rusuhi | duk lêbune pangantèn maring jro pura ||

18. sun têtakut tiwikrama kagum-kagum | bali mêtu jaba | palayune niba tangi | dadya gugat Korawa nora tarima ||

19. pan sinêngguh panggawene paman prabu | kang nyandi upaya | anane ditya jro puri | paman prabu anulak padu tan bisa ||

20. dadi amung pasrah sajroning kêdhatun | marang wong Ngastina | lila rusaking jro puri | dèn sirnakna ditya kang asaba pura ||

21. dadya sagung Korawa manjing kadhatun | sakapraboning prang | nêdya nyêkêl marang mami | siji nora wani pêrak lawan ingwang ||

22. yayi prabu Ngamarta ingkang têtulung | marang wong Ngastina |

--- 9 ---

nanging nora graitani | lamun ingsun ditya kang angrêksa pura ||

23. nalikèku Si Janaka nora milu | marang ing Kumbina | tininggal tunggu nêgari | tinimbalan mring raka Prabu Ngamarta ||

24. kinèn mikut kang ngrusuhi jro kadhatun | watak Si Janaka | lamun pinasrahan kardi | marang kadang tuwa merang yèn luputa ||

25. tandangipun lir kucing amburu tikus | wus tan etung sanak | sanggon ingsun dèn palêcit | ingsun nuksma ing sabarang wruh kewala ||

26. malih lêmut ingsun Si Janana[4] nusul | rupa lawa kêmbang | ing kono kacandhak mami | tanpa bisa lêmut mungsuh lawan lawa ||

27. tinalikung tan sumanak dènnya mikut | pinadha lan kumpra | kêna ora dèn talèni | pinasrahkên bêbandan mring wong Ngastina ||

28. sun merang sru yogya banjura linampus | yya kongsi binănda | saure wus nora kêni | kêna ora dèn aturake bêbandan ||

29. dumèh kang wus parentahe paman prabu | mung kinèn nyêkêla | nora kinèn amatèni | bangêt wêdi yèn dhinginana ing karsa ||

30. sun radewuh kewuhan asalah gumun | tumindaking karya // | pamanamu lawan mami | têka dadak dèn plaur Pandhita Drona ||

31. ingsun emut Si Janaka tandhingipun | mung lan Si Sumbadra | sajêg-jêge gone tobil | kawit bocah sapolah-polahe kalah ||

32. nalikèku bibèkmu milu maringsun | anèng pasanggrahan | Kumbina margane kêni | Si Janaka gêlêm matèni maringwang ||

33. ingsun amung pasrah marang bibèkamu | kari pasanggrahan | dèn rêksaa kang abêcik | aja kongsi kajarah mring wong Ngastina ||

34. Udawèku kang dèn kon ngaturi wêruh | marang ing Madura | lamun ingsun wus ngêmasi | marga sangking ngrusak sri nataning pura ||

4. Sinom

1. dhasare ingsun têmaha | pan ingsun arsa udani | kuwanène Si Janaka | marang bibèkamu kaki | marmane sun pasrahi | manawa wani anubruk | ing sawuse sampurna | kunarpaningsun binasmi | pamanamu sigra mênyang pasanggrahan ||

2. ciptane kaya iyaa | ing mêngko lamun pinanggih | dene wus padha suwungan | dhasare ingsun pasrahi | marma nginggit tan sipi |

--- 10 ---

kuwanène pamanamu | praptaning don wus samya | padha katêmu pribadi | nubruk manèh pamanamu yèn wania ||

3. binănda nurut kewala | dhêlêg-dhêlêg tanpa budi | dosane kênèng patrapan | luput dènnya angukumi | marang wong lambang sari | mung lanange kang linampus | ginawa mring Kumbina | bandanira dèn lakoni | Si Janaka pamrihe amung sapala ||

4. gêlême cinara kumpra | panjaluke dèn turuti | kêkêmbêne Si Sumbadra | ingkang kinarya nalèni | olèh gêpok sathithik | dèn lakoni tinalikung | sagung ingkang parêkan | gumêr gujêngira sami | amiyarsa pangandikane sang nata ||

5. dènnya ngandika mring putra | lêlampahanira nguni | satriya Andananjaya | dènira anahên brangti | mring Dyah Banoncinawi | miwah kang putra turipun | gêrahe ingkang paman | pangamene mêlasasih | nganggo Rara Irêng wagu pangamenya ||

6. rajaputri ing Kumbina | gumujêng dènnya nambungi | ingsun biyèn sasêmbranan | guyon parikêna kaki | rada gunggung sathithik | aluse bêbudènipun | satriya Dananjaya | durung tutug gon sun angling | bibèkamu kalepat anu- // li lunga ||

7. gêgêtun kaya matia | dèn nêngake malah mangkin | saenakane lungguhan | samangsane ngong prêpêki | nuli ngadêg nglungani | ngong uwah nora sumaur | kapapag dalan nyimpang | sri narendra ngandika ris | cilik mula gone tan arsa sêmbranan ||

8. ewa mangkono manawa | ing samêngko tyase kêni | gampang dening sutanira | hèh kulup bêcik sirèki | banjura tamansari | seba marang bibèkamu | iya pêpucukana | kaya turira mring mami | malah-malah caritamu wuwuhana ||

9. lêlakoning Madukara | nalarên sabarang liring | larasên lara asmara | lurusên kang mêlas asih | ngêse dèn rada mingis | nanging aja kongsi konus | manawa kaputungan | pamlimpingira dèn ramping | jroning atur wawasên ingkang waspada ||

10. sêsungute netyanira | padhang pêtênge ing liring | lamun pêtêng undurana | pangarahira dèn ririh | lamun liringe kêni | iku dhêsêkên ing atur | osonên sawêtara | nora dadi tyasirèki | kêkênyêre atine ujêr mung sira ||

11. rahadyan matur sandika | wus têlas wêling narpati | kang putra tur sêmbah [sê ...]

--- 11 ---

[... mbah] mentar | sangking ngarsane sang aji | laju mring tamansari | marmanira pan anjujug | saking sajroning pura | cakêt gupit măndragini | bêbutulan gapura lit sri rinêngga ||

12. pan kaputrèn patamanan | nênggih ing Banoncinawi | prênah sakilèning pura | namung lêt banon sakêlir | rinêngga anglangkungi | sasat taman ing swarga gung | pêthetan warna-warna | myang kêmbang-kêmbang mêpêki | pêthetane samya pêthetan ing swarga ||

13. myang kêmbang-kêmbange samya | sêsêkaraning swarga di | têngah sinung balekambang | akik cêmêng kang kinardi | rinêngga ing sotya di | apan ing kono gonipun | Rêtna Wara Sumbadra | sinungan sanggar panêpin | pan pinindha candhi cêpuri rinêngga ||

14. akik ijo kang kinarya | ingukir cinawi ngrawit | ing sêsotya nawa rêtna | jumêrut nila widuri | têmpur lawan prabaning | botrawi muncar ngênguwung | lir mega ngêmu teja | wor wintang-wintang mariris | sakubênging balekambang kêmbang-kêmbang ||

15. cinatur pêthetanira | myang kêmbang-kêmbange sami | rone sawiji tan ana | kang garing tumibèng siti | tan kêna tuwa sami | tumruna salaminipun | myang saliring wowohan | sa- // lamine angêmohi | kêmbang pêntil nyadham matêng sabên dina ||

16. tan wus lamun winuwusa | asrine ing tamansari | jatine taman pêpujan | nênggih ing Banoncinawi | tamanan Sriwêdari | kagungan Sri Sasrabau | cinipta ing Sri Krêsna | tibèng nagri Dwarawati | nyata lamun Danardana Wisnubrata ||

17. mangkana Wara Sumbadra | duk lagya siniwèng cèthi | munggèng nataring paningrat | paningrate kang botrawi | ngarsèng sanggar panêpin | Nikèn Larasati ngayun | yèku paliyanira | kusuma Banoncinawi | pan arine dening Ki Patih Udawa ||

18. warnanira yu utama | tan măntra lamun wong cilik | sêmbada dêdêg pidêksa | pawakan luruh aramping | pamulu lancap kuning | gandhang manis lus ing têmbung | wasis ing pasang cipta | limpat ing graita lantip | nora wingwang dadya putrining narendra ||

19. sajatine apan nyata | Udawa lan Larasati | dudu sutèng Ăntagopa | apan trah kusuma yêkti | Udawa kang ngancuri | sêjatinira sang prabu | Basudewa Madura | Larasati kang ngancuri | Sang Aprabu Bismaka natèng Kumbina ||

20. duk maksih Arya Prabunya | caritanira ing nguni | Ăntagopa juru sawah | apan ta nora nganaki |

--- 12 ---

rabinira yu luwih | tariman sangking sang prabu | Basudewa Madura | sabên-sabên sri bupati | amêng-amêng inggih mring Widarakandhang ||

21. rabinira Ăntagopa | siyang dalu angladosi | wus kadya cèthi parêkan | apan maksih dèn karsani | marang sri narapati | anèng pasanggrahan agung | salaminya mangkana | kongsi patutan satunggil | mijil priya inggih Ki Patih Udawa ||

22. wusnya patutan satunggal | mantun karsa sri bupati | mring rabinya Ăntagopa | wruh ginanti mring kang rayi | nênggih ingkang ngarsani | sira Radyan Arya Prabu | punika purwanira | dadi Nikèn Larasati | pan satuhu putrine natèng Kumbina ||

23. marmanya Wara Sumbadra | sihira nrus lair batin | paliyan pinundhut kadang | miwah Nikèn Larasati | lair batin kêpati | sungkême mring gustinipun | sang dyah alon ngandika | paran wartane ing jawi | ing lungane gustimu Paranggarudha ||

24. dene wus samadya căndra | ki putra tan ana prapti | mêng-amêng mring ngêndi baya | têka amalang-atèni | tan gawa wadya siji | Larasati nêmbah matur | gusti putra paduka | kawula miyarsa warti | ing samangke wontên nagri Madukara ||

25. inggih wus samadya căndra | mila la- // mi anênggani | gêrahe Sang Dananjaya | sang dyah angandika aris | sapa ta kang awarti | yèn anèng kana gustimu | Larasati tur sêmbah | pukulun ingkang awarti | abdi dalêm pun kakang Patih Udawa ||

26. tamuan Radèn Sucitra | Patih Madukara gusti | anèng wismane pun kakang | ngantos sipêng tigang ratri | punika kang awarti | sang rêtna ngandika arum | pêpatih Madukara | kongsi nginêp têlung bêngi | apa mambu sanak lawan Si Udawa ||

27. kalawan lakune apa | matur Nikèn Larasati | gusti botên saking sanak | namung sampun sae lami | pun kakang sanjangnèki | Radèn Sucitra pukulun | nguni putraning nata | ing Pulo Pêthi putrèstri | pan kêkalih kaboyong mring Madukara ||

28. Sang Prabu Darmawicitra | wartine ingkang sêsiwi | pambajêngipun wanudya | Dèwi Kanastrèn karabi | dhatêng pun Sêmar gusti | Sucitra panênggakipun | bagus maksih taruna | sêmbada prawirèng jurit | pan kinarya pêpatih nèng Madukara ||

29. warujunipun wanudya | kang nama Dèwi Sulastri | wartine ingkang wus wikan | warnine ayu linuwih | ing nguni maksih alit | nalika kaboyongipun | mangkya sampun diwasa | sêdhêng mêpêg ing birai | wartinipun [war ...]

--- 13 ---

[... tinipun] pantês lamun kagarwaa ||

30. mring satriya Dananjaya | kusuma Dèwi Sulastri | sêdhêng dêdêge pidêgsa | sarira gilig aramping | liringipun amanis | gandês luwês ing pamuwus | kaduk raga karana | sasolahe ngrêspatèni | nanging mangke dèrèng kainggahkên garwa ||

31. maksih parêkan kewala | anging dènnya angladosi | wus araga-raga garwa | pêpurunipun Sulastri | marang gustinirèki | purune kaparèng purun | dene Radèn Sucitra | gènipun prapta mariki | angupados usadane gustinira ||

32. satriya ing Madukara | gêrahe nungsung jêjampi | pan sampun samadya căndra | dènnya kesah sangking nagri | Radèn Sucitra gusti | nasak wana minggah gunung | nginggahi pra pandhita | tan wontên ingkang kadugi | mulyakakên gêrahe Sang Dananjaya ||

33. wontên pandhita satunggal | punika kang asung wangsit | gêrahe Radèn Arjuna | tămba salumahing bumi | tinamakna prasami | malah dadya sangêtipun | nadyan para jawata | paringa usada sami | tan amulya tambane amung satunggal ||

34. sarate kinèn ngupaya | layon sêkar ingkang saking | ukêle putri utama // | putri adi ingkang lair | dintên Anggara Kasih | kang nungsang kêkalung usus | mila Radèn Sucitra | inggal anjujug mariki | kados-kados sampun miyarsa ing warta ||

35. gusti wiyosan paduka | wingi pun kakang Apatih | Udawa ingkang amêksa | kawula kinèn bêktani | layon sêkar sakêdhik | punika purune mantuk | sang dyah rêngu ngandika | iku tatane wong ngêndi | nora lumrah wong lara tambane kêmbang ||

36. mung akale Si Sucitra | anuruti wong dalêming | kalamun ingsun wêruha | yêkti sira sun dukani | dèrèng tutug dènnya ngling | kasaru kang putra rawuh | sang dyah suka ngandika | dene lagi sun rasani | nuli katon bêcik kang tinêmu baya ||

37. ing kene kulup banjura | rahadyan mangsah ngabêkti | rinangkul lungayanira | sang dyah sarya ngandika ris | sira kulup mring ngêndi | mèh luwih samadya tèngsu | lunga tan nganggo warta | gawe sumêlanging ati | tanpa wadya kang putra alon turira ||

38. kula dhatêng Madukara | mila botên mawi pamit | bibi dhumatêng paduka | miwah ing kangjêng rama ji | sangking gugup tan sipi | dènnya dalu praptanipun | caraka Madukara | amung kalawan turanggi | animbali sarta aparing

--- 14 ---

uninga ||

39. lamun sangêt gêrahira | aturing duta mênawi | kawula ngêntosi injang | dinugi botên mêningi | milane kawula glis | gugup mangkat dalu-dalu | tan ngantos bêkta bala | mung lan duta kang nimbali | sêsandêran injang prapta Madukara ||

40. sayêktos aturing duta | prapta kawula mêningi | jêng paman maksih kantaka | rinubung dipun tangisi | mring panakawan kalih | pun Sêmar Bagong puniku | nèng taman Madugănda | langkung dènnya kawlas-asih | salamine gêrah nèng taman kewala ||

41. dene sagung wadyanira | ing Madukara jalwèstri | sadaya datan linilan | sumiwi mring tamansari | tilare dalêm sami | lawange taman tinutup | langkung anèh karsanya | gêrah mèh antara pati | datan arsa tininjo mring kadang tuwa ||

42. paman prabu ing Ngamarta | dènnya têdhak kaping kalih | sumêdya amboyongana | lawan sagung kang para ri | nanging tan dèn panggihi | kang raka tinulak wangsul | marma mutung sadaya | tulak kundur mring nagari | paman Prabu Ngamarta angraras driya ||

5. Mijil

1. praptèng mangke tan wontên têtuwi | para kadang tamboh | èngêtipun sangking kantakane | pan kawula pêtik wali-wali // | talingane kalih | wungu pungun-pungun ||

2. animbali dhatêng kawula glis | lênggah ngrangkul alon | sarwi ngrêrêpa pangandikane | yèn ajaa kulup sira prapti | ing sadina iki | kulup ingsun lampus ||

3. nora nganti dina sesuk sangking | bote laraningong | lara ing sajagat iki kabèh | sinandhangkên maring awak mami | misih sinung urip | nanging sasat lampus ||

4. tinimbanga lan rubuhing wukir | bote yèn binobot | maksih abot lara ngong yêktine | soring wiyat tan ana nimbangi | mêngko sira prapti | rasane tyas ingsun ||

5. kaya-kaya lamun bisa urip | wurung praptèng layon | iya sangking praptanira radèn | ingkang sasat dadya maosadi | pamurunging pati | panancanging umur ||

6. dadya mêngko raganingsun iki | kasrah anak ingong | mati urip sangking sira radèn | bisa urip yèn sira nguripi | tulus praptèng pati | yèn sira kang nglampus ||

7. wus mangkono rasaning tyas mami | sakarsanta dados | angrèh raganingsun ing samangke | abang biru wus anèng sirèki | dèrèng ngantos dugi | ing pangrêpanipun ||

--- 15 ---

8. nuntên jêtung dhêlêg-dhêlêg sarwi | waspanya drês miyos | dangu-dangu salin andikane | sigra ngrêrêpa angarih-arih | kang sinambat naming | Rara Irêng gunung ||

9. adoh têmên lan larene nguni | warnane samêngko | sapa nyana mangkono dadine | soring wiyat sun durung miyarsi | wong kang bisa salin | rupa kaping têlu ||

10. iya amung Rara Irêng wukir | duk maksih nèng dhukoh | bangêt wagu dhoso pasêmone | irêng mangkak tur rada bêsisik | rambut abang kusi | kanginan marucut ||

11. nuli ingsun apêpanggih malih | nalika nèng dhukoh | wiwit rada manglingi warnane | irêng kusi dadi irêng manis | remane kang abrit | dadi rada bang cuk ||

12. solah wagu mèh rada rêspati | sêmune kang dhoso | dadi ruruh jêtmika sêmune | dèrèng dugi rahadèn turnèki | sang dyah duk miyarsi | langkung dènnya rêngu ||

13. sira iku apa andalêming | anèng ngarsaningong | lagi prapta dadak angêtèprès | barang kăndha sapa kang ngopahi | lagi dèn kangêni | têka anggêdêbul ||

14. ingsun nora nanggap mring sirèki | minggata dèn adoh | Radyan Sămba uninga sêmune | lamun ingkang bibi èsmu runtik | ature // sinambi | sêmbrana gumuyu ||

15. inggih sampun yèn botên marêngi | gèn kawula ngobrol | mung paringa lêlorodan bae | kula bibi sayêgtine ngêlih | sadintên tan bukti | mêntas lampah dalu ||

16. lagya prapta lajêng dèn timbali | ing rama sang katong | mundur sangking pura lajêng bae | marêk dhatêng paduka puniki | mila sangêt ngêlih | sang dyah ngandika rum ||

17. iya padha kulup lawan mami | samadya pancorong | salawase sira lunga radèn | ingsun atajin dhahar lan guling | mêngko sira prapti | riaya wak ingsun ||

18. Larasati ladènana aglis | sêsaosan ingong | ingsun dhahar lan gustimu kene | Larasati angladoskên aglis | dhaharan sang dèwi | kuluban sarwa rum ||

19. mênur gambir kênănga mêlathi | cêpaka rêgulo | kang rinawis kinulup bumbune | anggi-anggi ingkang wangi-wangi | kongas gandanya mrik | radèn ngandika rum ||

20. apa iku dhahare jêng bibi | rupane mêngkono | ting kalênyit awangi gandane | matur nêmbah Nikèn Larasati | sagung wangi-wangi | gusti kang kinulup ||

21. Radèn Sămba sêdhakêp sarya ngling | yèn kaya mêngkono | kang dhinahar jêng bibi sakèhe | watarèngsun [watarèngsu ...]

--- 16 ---

[... n] wong Batacinawi | barang lara kalis | mulês miwah ngêlu ||

22. lara wêtêng rumap myang panastis | dèngkèk lara encok | lamun ana kang lara wong kene | binêkêma bae mring jêng bibi | sayêktine mari | tan susah dhêdhukun ||

23. gumêr gujênge parêkan cèthi | sang rêtna malerok | sarwi balang sadak mring putrane | bangêt têmên lonyone ki mantri | mèmpêr sri bupati | duk ing ênèmipun ||

24. rada kaduk cucut ngrêspatèni | ngangêni kang tumon | Larasati nambungi ature | malah tutuk putra dalêm gusti | cucut tuntung manis | rakanta sang prabu ||

25. cucutipun tinandukan liring | nyênyêt sakgon-ênggon | Radèn Sămba dangu ngawasake | ingkang bibi liringipun bêning | sêsungute runtik | sinawang asamun ||

26. dukanipun nora trus ing galih | kèndêlnya sang anom | ngangên-angên ing rèh upayane | wusirantuk nêmbah matur aris | sowan kula bibi | jatine ingutus ||

27. mring paduka maringi udani | jêng rama sang katong | kala wau tamian dutane | ratu sabrang pan kalih nagari | samya mawi tulis | katur ing sang prabu ||

28. kang satunggal wong Parangnêgari | Sang Aprabu Barong | gêng aluhur ngajrihi dhapure | yèn siyunga // wus kadya rasêksi | godhèg ajenggot bris | rambute angêduk ||

29. brêngos kokop netra bidho mati | alise mêngkorog | langkung sangking dêksura surate | pan anglamar mring paduka bibi | têmbunging kintèki | anrang karsanipun ||

30. yèn paduka tan arsa nampèni | saèstu rêrêmpon | Prabu Bajobarong botên wande | sawadyane nêkani ngajurit | Nagri Dwarawati | dinadèkkên awu ||

31. sipat lanang kabèh dèn patèni | èstrine binoyong | dene ingkang satunggal surate | Ratu Paranggănda atur putri | kawula kang pinrih | praptèng prajanipun ||

32. nontonana ing putrinirèki | yèn panuju jodho | ingaturkên samasa-masane | mring kawula marêkan anyèthi | Dèwi Găndawati | ing jagat pinunjul ||

33. kaduk raga karana sang putri | tan wontên winaon | dêdêg pidêgsa sêdhêng dêdêge | sarirane gilig rurus ramping | pamulune manis | sêdhêp ingkang têmbung ||

34. dene raka paduka rama ji | ing galih wus condhong | ulun kinèn ningalana age | ing warnane Dèwi Găndawati | kang kalokèng bumi | yèn kawula sampun ||

--- 17 ---

35. sênênging tyas kinèn lajêng panggih | lawan sang lir sinom | anèng nagri Paranggănda mangke | lamun sampun ing kawan dasa ri | jêng rama nimbali | ngundhuh mantunipun ||

36. karsanipun gih binayangkari | kawula sru mopo | nêmah lamun manggiha dukane | yèn ngantosa ulun ngrumiyini | mring paduka bibi | mendah ta lokipun ||

37. gupuh-gupuh arsa mondhong putri | wong tuwane wadon | maksih kênya tan wontên cacade | mulus nora anduwèni ciri | têka dèn dhisiki | krama numbuk-numbuk ||

38. nora nganggo tataning ngaurip | wong laku mangkono | paranbaya kang tinêmu têmbe | yêkti makatên ucaping bumi | milamba samangkin | dahat kamipurun ||

39. gadhah atur ing paduka bibi | nênuwun sayêktos | Prabu Bajobarong panglamare | mugi-mugi paduka tampèni | wontêna sakêdhik | asor warnanipun ||

40. nanging datan kuciwa ing bumi | mêngkua praptèng don | ing paduka dene ratu gêdhe | awibawa sinêmbah para ji | sang dyah duk miyarsi | ature kang sunu ||

41. langkung sangking kumêpyuring galih | lir sinênggrang ing mong | têrataban muriring wulune | lir sinasag gu- // mêtêr dènnya ngling | pageneya kaki | sira dadak lumuh ||

42. ing karsane ramanta sang aji | aja sira mopo | kinèn akrama pan wus sêdhênge | tampanana Dèwi Găndawati | kang nêdya kêpati | anganthi sirèku ||

6. Kinanthi

1. aja sumêlang ing kalbu | krama dumèh anglangkahi | iya mring sariraningwang | wêdi bokmanawa kêni | sêkêl sikuning jawata | nora dadi ngapa kaki ||

2. yèn wus lila raganingsun | malah tinêmune bêcik | walêr sangkêre tan ana | miwah pocapaning bumi | dene kulup raganing wang | sasat wus prasêtyèng bumi ||

3. sarambut pinara sèwu | durung arsa nambut krami | ing lair batin narima | momong sira bae kaki | age nuli tampanana | Rêtna Dèwi Găndawati ||

4. ingsun age arsa wêruh | mring bakale mantu mami | putrine wong Paranggănda | ingkang kaloka ing bumi | ayu tur raga karana | age pêputraa kaki ||

5. sun sinau momong putu | mendah sukane tyas mami | kang putra bêkuh turira | witning tyas kawula bibi | ing siyang dalu kadyaa | mondhong sang Dyah Găndawati|| [Gănda ...]

--- 18 ---

[... wati||] 6. mangun langêning lulut kung | mangun rarasing karêsmin | yèn ta sampuna kapalang | sumêlang raosing galih | maksih jrih sikuning dewa | miwah pocapaning bumi ||

7. dene gêng-gênging pakewuh | bêbaya kang bêbayani | upaminipun kawula | nêmpuh byat purun nampèni | marang Putri Paranggănda | măngka paduka anampik ||

8. marang Bajobarong Prabu | punapa ecane bibi | gèn kawula pêngantenan | lawan Dèwi Găndawati | sêdhêng lagya sih-sinihan | yêkti lajêng pothar-pathir ||

9. gègèr kabur dening mungsuh | Bajobarong anêkani | krodhane sawadyanira | gêpuk nagri Dwarawati | paduka ingkang rinêbat | pinrih samadyaning jurit ||

10. măngsa wandea kacakup | pintên nagri Dwarawati | têtênggulanging ayuda | andêlipun mung sawiji | paman Arya Wrêsniwira | mung pupuh rosaning jurit ||

11. ngandêlkên tosing bêbalung | kêncênging ototirèki | lawan têguhe kewala | tanpa guna tanpa sêkti | nadyan sungsuma gêgala | otot kawat balung wêsi ||

12. botên wande rêmak rêmpu | pintên kuwate wong siji | nadyan silih dè- // n abêna | ing prang tandhing sami siji | lan Bajobarong Jongparang | atandhinga dede tandhing ||

13. nadyan sami rosanipun | kantun gagah gêng ainggil | samiya bêtah kuwatnya | kantun têguh tosing jurit | pan sami têguh wêntala | kantun guna kantun sêkti ||

14. lawan kantun sagêt mabur | pangandikane rama ji | Bajobarong kyating jagat | ratu sakurêbing langit | manusa diyu rêksasa | tan wontên ingkang kuwawi ||

15. anadhahi krodhanipun | tandhinge namung sawiji | jêng paman ing Madukara | kapalang gêrah ing mangkin | mila sangêt tur kawula | mugi paduka tampèni ||

16. Bajobarong ratu punjul | sang rêtna dangu dènnya ngling | lamun Bajobarong mêksa | sikarane anêkani | misesa mring wong tan arsa | kudu ngrabasèng ajurit ||

17. aja sira milu-milu | ingsun dhewe kang nglabuhi | dadi bantêning nagara | mamrih pati lêbu gêni | miwah pati suduk jiwa | mung sira tulusa mukti ||

18. lawan ramanta sang prabu | kang putra anjrit duk myarsi | sarwi anungkêmi pada | bênêr jêng rama dènnya jrih | tan arsa anari krama | mangkene tyase jêng bibi ||

19. idhêpe mung nganyut [nganyu ...]

--- 19 ---

[... t] tuwuh | nora măntra-măntra galih | angeman ing kadang warga | miwah rusaking nagari | tangèh kalamun galiha | wêlas marang awak mami ||

20. kaya dhèk biyèn ingkang wus | kocap kudangan ing nguni | jêng eyang swargi Madura | wus pinacang jodho yêkti | lan jêng paman Madukara | tan linakon praptèng mangkin ||

21. ana pindhanira lumuh | mênèk tan kolune sangking | akrama kadang nak-sanak | mêngko ana manèh prapti | ratu agung ing Jongparang | mêksa tan arsa nglakoni ||

22. paranta ing karsanipun | dhuh bibi lamun wus pasthi | makatên karsa paduka | kapati mung amrih pati | kawula măngsa kantuna | sayêktine anglabuhi ||

23. bela wong sapraja lêbur | ayya na kari sawiji | katuwone raganingwang | lagyana sênênging ati | putri adi Paranggănda | kapalang belani pati ||

24. dhuh bibi kula pukulun | nyuwun pamit sapuniki | pêjah nèng ngarsa paduka | gêsang tan sagêt ningali | lêbur rusak kang nagara | luhung pêjaha dhingini ||

25. rahadèn wusira matur | narik curiganira glis | wus pinusthi pucukira | binênêr ing pulung ati | kantun gêcose kewala | sang dyah kumêpyur ing galih // ||

26. kang putra sigra rinangkul | sarwi dhêg-dhêgan dènnya ngling | dhuh-dhuh adhuh aja-aja | tyasira mangkono kaki | nganyut pati tan sayogya | siniku ing bathara di ||

27. dene ta karêpmu iku | padha pinikir kang bêcik | ingkang putra amiyarsa | pangandikane kang bibi | langkung sukaning wardaya | satata lênggahe malih ||

28. nanging sang kusuma sampun | uninga sajroning batin | marang sêmune kang putra | yèn gutuk lor kidul pinrih | gutuk kulon mamrih wetan | mring Bajobarong ing lair ||

29. mring Sang Parta batinipun | sang dyah ngunandikèng galih | apa wus karsaning dewa | yèn wong ika pasthi adi | pangajapaningsun tawang | marma saka bocah iki ||

30. apa baya êbangipun | wong ika mring anak mami | duk ana ing Madukara | kinungkung samadya sasi | mulih têmah gawe beka | tan kêna dèn tênggulangi ||

31. dènnya ngrubuhkên maringsun | kapati-pati toh pati | sun cobane apa nyata | mring Bajobarong narpati | bok aja agawe gêlar | wong tuwa sok dèn kilapi ||

32. dèn kêlamarana rambut | calorote sun udani | dadya ris dènnya ngandika | iya

--- 20 ---

kulup yèn wus pasti | mring Bajobarong Jongparang | brangtane tyasira kaki ||

7. Asmaradana

1. sayêktine sun lakoni | wit sangking pamêksanira | miwah Sang Prabu Krêsnane | paran gon ingsun lumuha | kang putra duk miyarsa | malênggong tyase manjêlut | ririh kêmba aturira ||

2. yèn pangraos kula bibi | bêbêtahan wus prayoga | mêngkua mring sarirane | dene ratu gung prakosa | sakêdhik manah kula | radi sumêlang pukulun | mring jêng paman Madukara ||

3. manawi galihe mêksih | èngêt darbe pêpacangan | têmah kalap liyaning wong | sayêkti wungu pugalnya | inggih masa dangua | amrih pêjah gêsangipun | mring Bajobarong Jongparang ||

4. sakêdhap kewala dadi | sanadyan silih sampuna | mupus yèn dèrèng jinodho | nanging watawis kawula | samangsanipun mulat | ing cahya pindha sitèngsu | kadi yèn sami sakala ||

5. saputing tyas ambêg pati | ketang kang pindha sêsăngka | Bajobarong botên wande | janggane pêdhot tinigas | paduka kantun răndha | amung punika pukulun | mêlange manah kawula ||

6. sang kusuma duk miyarsi | marang ature kang putra | lathinira cinawowo | pan sarwi jinêngkang-jêngkang | sirèku bocah apa | têka calêbang-calêbung | nora kêna ginugua ||

7. mau sumêlang ing a- // ti | mring Bajobarong Jongparang | mêngko ngalih mring kênyêre | masa dadak sun tan wikan | kang dadi sir tyasira | condhong lawan sang aprabu | tan liya marang wong ika ||

8. lah ta wis matura kaki | ing ramanira sang nata | kalamun pasthi karsane | ingsun kinèn amawongan | marang wong Madukara | ing saiki ingsun turut | kalawan sira matura ||

9. sun nyuwun patiba sampir | kris wasiyat Madukara | Si Pulanggêni arane | lan ing kana duwe bocah | wartane bêboyongan | ing nguni putrining ratu | maksih rare yu utama ||

10. arane Dèwi Sulastri | iku besuk kang gawaa | kêris praptane ing kene | dèn suka lila trusing tyas | apa sakarêpingwang | aja garantês ing kalbu | karana kêris wus dadya ||

11. sasrahan patiba sampir | miwah bocahe boyongan | sayêkti wus duwèkingong | ing samasa-masa têka | Dwarawati nagara | kêrise lan bocahipun | esuk sore ngong sumăngga ||

12. ing karsane sri bupati | dene yèn ora katêkan | ya iku panuwun ingong | yêkti wadat tanpa krama | upamane pinêksa [pi ...]

--- 21 ---

[... nêksa] | pira larane wong lampus | sang dyah sawusnya ngandika ||

13. lumêbèng dalêm botrawi | Radèn Sămba duk miyarsa | ingkang bibi timbalane | langkung cumêplong tyasira | suka matur ngrêrêpa | dhuh bibi wong tuwaningsun | sampun sumêlang ing driya ||

14. kawula ingkang nyagahi | bibi pamundhut paduka | dadi samangsa-mangsane | dhuwung lan lare praptanya | Dwarawati nagara | sang rêtna ngandika rêngu | sangking jroning madeyasa ||

15. lah ta wis aja cariwis | dèn age sira minggata | aja kasuwèn nèng kene | yèn akèh-akèh lingira | sun jabêl wuwus ingwang | ingkang wus kawuwus mau | sida wadat tanpa krama ||

16. ingkang putra miyarsa jrih | mundur sarwi latah-latah | sangking botrawi wus miyos | wangsul marang jroning pura | marêk ing sri narendra | maksih lênggah sang aprabu | lan pramèswari katiga ||

17. duk katingal kang putra glis | ingawe majêng tur sêmbah | sang prabu ngandika alon | kulup dèn kaparèng ngarsa | paranta lakunira | sun tingali dene gupuh | apa baya olèh karya ||

18. ingsun lan ibumu nganti | kang putra umatur nêmbah | pukulun dede wadose | galihe rayi pa- // duka | gawat kaliwat-liwat | tan kenging kacênthok ngatur | mantêp tur tega palastra ||

19. ngantos anêlaskên gêndhing | gèn kawula karya gêlar | ing ngajêng anjêjêrake | jêng paman ing Madukara | sangêt ing gêrahira | saliring pangamenipun | myang dènnya kawêlas arsa ||

20. dupi pun bibi miyarsi | ing atur ulun punika | botên dados ing karsane | mandar asru dukanira | kawula sru sinêngap | winastan dalêming ulun | sarta sru tinundhung kesah ||

21. anuntên kawula kardi | gêlar barang bêbarongan | ing Jongparang Bajobarong | anglamar ingkang sarira | pamrih ulun gilaa | ing galih sagêda ambruk | mring jêng paman Madukara ||

22. inggih gila inggih ajrih | mring Bajobarong Jongparang | nanging galih pangungsène | mung suduk jiwa kewala | nuntên kawula karya | ratu ing sabrang pukulun | nagrine ing Paranggănda ||

23. ngaturkên putrinirèki | diwasa dèrèng akrama | ingkang mungêl jro surate | jinodho lawan kawula | putri ing Paranggănda | kasub ing jagat pinunjul | ayu tur raga karana ||

24. jêng paduka wus marêngi | nanging kawula lênggana | ngrumiyini sarirane | ajrih sikuning jawata | pukulun [pu ...]

--- 22 ---

[... kulun] mring kawula | wêlasa dènira dulu | sangking pamothah kawula ||

25. diwasa dèrèng akrami | jêng bibi nuntên galiha | inggih dhatêng pacangane | kamandaka Paranggănda | sadaya tanpa dadya | panuju sagêtira nut | kawularsa suduk jiwa ||

26. kadya carita turnèki | wus ingaturkên sadaya | purwa madya wasanane | lan wus ingaturkên uga | kang bibi panuwunnya | suka gumujêng sang prabu | myang pramèswari katiga ||

27. kusuma Dèwi Rukmini | latah dènira ngandika | mendah ta baya opahe | pamanamu Madukara | besuk marang ing sira | jaluka rabi rongpuluh | sanadyan patang puluha ||

28. putri kang ayu linuwih | sayêkti lamun katêkan | anjaluka upamane | isine ngendrabawana | kaya lamun tinêkan | wus prasasat utang umur | pamanamu marang sira ||

29. sri narendra ngandika ris | kulup sira pa wus duga | bibèkamu ing karêpe | jaluk paningsêt wanudya | lawan kêris pusaka | rahadyan nêmbah umatur | jêng bibi kados miyarsa ||

30. yèn jêng paman darbe abdi | pawèstri ayu utama | putri boyongan asale | sutèng Sri Darmawicitra | tinunggil wontên taman | jêng // bibi panggalihipun | masa wandeya kagarwa ||

31. binjang praptèng Dwarawati | kados lajêng pinêjahan | sang prabu ngandika alon | ya mangkono pantêsira | ananging kulup ora | yèn atine bibèkamu | adoh saking budi siya ||

32. iku nyatane linuwih | bibèkamu sangking para | putri sabuwana kabèh | iku winangsit ing dewa | hèh kulup wruhanira | kang dijaluk bibèkamu | kêris pusakaning dewa ||

33. jangjine apan wus pasthi | sapa kuwasa nganggoa | kris Si Pulanggêni kuwe | nurunakên para raja | kang mêngku tanah Jawa | dene ênggone anjaluk | mring bocah wadon boyongan ||

34. sêmune ing dalêm batin | amrih utamaning krama | kapindho iku karêpe | katêmua jaka rara | kalawan Si Janaka | hèh pramèswari katêlu | padha sira sadhiyaa ||

35. sauparêngganing kardi | aja nganti kêkurangan | kaya-kaya lamun gêdhe | yayi dhayohira binjang | dhaupe arinira | sanak-sanak wong tuwamu | sayêktine kabèh prapta ||

36. Ngamarta tan beda yayi | tuwa anom santananya | masthi ngiringake [ngiringa ...]

--- 23 ---

[... ke] kabèh | malah ing wataraning wang | dhaupe Si Sumbadra | lan Si Dananjaya iku | sira kongsi kadhayohan ||

37. dewa miwah widadari | yèn salamêt ingsun arah | besuk sasi ngarêp kiye | sêdhêng wus samya samêkta | ing kene lan Ngamarta | hèh kulup Sămba sirèku | lawan Si Patih Udawa ||

38. iya dèn samêktèng kardi | garwa tri miwah kang putra | samya sandika ature | sang prabu nimbali sigra | mring Arya Wrêsniwira | wus prapta jroning kadhatun | angaras pada srinata ||

8. Sinom

1. sang prabu alon ngandika | hèh yayi dandana aglis | ingsun duta mring Ngamarta | ngaturake layang mami | marang ing yayi aji | sêrat pinaringkên sampun | sinung wrin liring karsa | kang dados lampahirèki | Wrêsniwira langkung sukaning wardaya ||

2. wus têlas wêling narendra | tur sêmbah satriya kalih | sarêng mijil sangking pura | sapraptaning păncaniti | Radèn Arya Sêtyaki | wus samêkta wadyanipun | budhal sangking nagara | tan ana kang dharat siji | upacara sami sanginggil turăngga ||

3. kunêng datan winursita | ingkang lêlampah nèng margi | Radên Arya Wrêsniwira | gantya mangke kang winarni | nênggih Ngamarta // nagri | Pandhu Dewanata Sunu | ratu amardikèng rat | ambêg pinandhita luwih | Pandhuputra jumênêng Nata Pandhawa ||

4. pêkik pindha Hyang Asmara | pêparabira narpati | Prabu Guna Talikrama | iya Sang Yudhisthira ji | Darmaputra lan malih | Sri Darmawăngsa pinunjul | pêparab Puntadewa | liring Puntadewa dening | ratu madyapadaning rat tanpa sama ||

5. myang ing puja mantranira | luwih saking pra maharsi | marma nama Yudhisthira | ambêg wiyar lir jaladri | amot momot ing budi | ala bêcik pan winêngku | marmanira pêparab | Prabu Darmaputra nênggih | pan pinundhut putra mring Bathara Darma ||

6. mila nama Darmawăngsa | dening pamêksaning ari | purune sangking pinêksa | dènira darma dadya ji | gêmah rusaking nagri | obah-osiking wadya gung | wus dening ari samya | sang prabu datan ngrawuhi | marmanira nama Guna Talikrama ||

7. guna ingugêran krama | lêmbah manah lus ing budi | pangandika mung sapisan | sêtya tuhu marang jangji | nêrus gêtihe putih | êninging tyas suci marum | suka lila ing dunya | lêgawa tega ing pati | yèn lumraha patine kinarya dana ||

8. lirira nata Pandhawa | kadang gasal[5] priya sami | tan ana [a ...]

--- 24 ---

[... na] sulayèng karsa | sabiyantu nunggal budi | ing galih dadi siji | rêmak rêmpu sarêng lêbur | janji sabaya pêjah | yèn tiwas salah sawiji | ingkang kantun sakawan bela palastra ||

9. panênggakira Pandhawa | wong agung ing Judhipati | nama Radèn Wêrkudara | pikukuh suhing nagari | gêdhug manggalèng jurit | Ngamarta minăngka pamuk | ugêr ngasmarèng laga | têtênggulanging praja di | apêparab Sang Arya Bima ya Sena ||

10. dêdêg gung rowa berawa | bêbalung balengah kuning | bêbau rosa parosa | ngêngrêng srêngira ngajrihi | sirung srompot kang rawis | mangkorog angulêr taun | godhèg piyak nglar badhak | gumêlêng jenggot mêlingi | jaja papak simbar jaja palawangan ||

11. rema bakung ngandhan-andhan | wuluning asta angisi | imba têpung ngapurancang | jênggurêng pêtêng netyandik | singa pinandêng liring | kêkês bayunira larut | waja blah yèn ngandika | garap gumêrgêt ngajrihi | ing nama pan anut ing budi sêmbada ||

12. liring nama Wêrkudara | kadang kang panênggak nênggih | Bima gêng inggil têgêsnya | ngungkuli kadange sami | Bayusuta ingambil | putra sang Bathara Bayu | têgêse Bratasena | mêngku ing lampahirèki | liring abirawa luwih sangking jêmbar // ||

13. ambêg lêgawa pasaja | iya lair iya batin | awantah nora karenah | yèn wêdi ya padha wêdi | yèn wani padha wani | padha mêngko gothak-gathuk | nya dhadha êndi dhadha | yèn nêdya la dèn alani | lamun nêdya bêcik ya padha raharja ||

14. êndi iku iki ênya | dhêdhasar rahayu budi | marma sagung wadyabala | Ngamarta samya jrih asih | yèn ing murka sirnanting | mêmala dursila lêbur | dening Sang Arya Sena | pangrèhing rat mrajayani | bakuh kukuh ajêg tindaking nagara ||

15. adining kadang sadaya | pamadya Radèn Prêmadi | satriya Andananjaya | wong agung Madukara di | Arya Parta lan malih | Arjuna jêjulukipun | nênggih Radèn Janaka | pêparab Prabu Kalithi | abêbisik Rahadèn Endratanaya ||

16. têgêse Endratanaya | dènira pinundhut dening | putra mring Bathara Endra | têgêse Prabu Kalithi | sugih gêlaring jurit | myang gêlar marang para rum | widagdèng priyêmbada | pangudinirèng kênya di | lamun ana sinêdya pilih tan kêna ||

17. marma parap Dananjaya | guna kasêktènirèki | prasasat kinarya dana | yèn ana para narpati | sinikara ing jurit | lamun arsa minta tulung [tu ...]

--- 25 ---

[... lung] | tuwin para pandhita | yêkti aglis dèn tulungi | nadyan dewa kathah samya minta sraya ||

18. mila pêparab Sang Parta | Parta srêp têgêsirèki | angadhêmi sabuwana | martanira maratani | wèh ayêm ing sabumi | mêmayu yuning tumuwuh | marmanya apêparab | Rahadèn Janaka dening | agung dadya pangungsène duka cipta ||

19. kèh luwar sangking Sang Parta | kang samya nandhang prihatin | marma pêparab Arjuna | têgêsira banyu mungging | wêwadhah wene wêning | Arjuna bêbudènipun | kêdhung kêna jinajag | dhêdasar rahayu budi | pan gumawang katon nèng langit kasapta ||

20. kakêjêr nèng antariksa | katon nèng ngisoring bumi | atambuh nanging wêweka | lawan prayitna ing batin | sêsak mring wiyar nanging | bisa logro ing aciyut | muluk kalokèng jana | tan kêna cinidrèng budi | wêwadine pamadyanirèng Pandhawa ||

21. abagus datanpa sama | aruruh alus ing budi | ambêgnya lir mênyan kobar | jatmika sih ing kaswasih | wadya Ngamarta nagri | gêng alit samya sih lulut | marang Sang Dananjaya | dadya kêmbanging nagari | măngka teja kêkuwunging jagat raya ||

22. pambajêng panênggakira | pamadya patutan sangking | rajaputri // ing Madura | nênggih Rêtna Dèwi Kunthi | sumêndhi lan wuragil | mijil kêmbar patutipun | Rajaputri Mandraka | Sang Rêtna Yu Dèwi Madrim | sumundhule anama Radèn Nangkula ||

23. waruju Radèn Sadewa | warnanira pêkik-pêkik | Nangkula ing têgêsira | kawula Sadewa gusti | apan nama sawiji | dèn anggo wong roro iku | Nangkula lan Sadewa | ing laire katon kalih | ing batine pan namung wujut satunggal ||

24. warnanya kêmbar wus samya | budine dadi sawiji | laire sarêng kewala | marmanya nama sawiji | dèn anggo wong kêkalih | namung siji têgêsipun | Nangkula myang Sadewa | mungguh mring kawula gusti | kêmbar rupa kêmbar solah kêmbar swara ||

25. radèn kalih datan arsa | darbea budi pribadi | mung manut sakarsanira | nênggih ingkang raka katri | siyang pantara ratri | sabarang rèhira manut | têtêp Nata Pandhawa | gangsal tyase dadya siji | lara pati ing pratingkah datan ginggang ||

26. marmanya sinung nugraha | dening Sang Hyang Udipati | Pustaka Kalimasada | Sri Yudhisthira narpati | têgêse mawa sandi | Kalimasada puniku | tambane wong lêlima | yèn ana ingkang ngêmasi | dèn ungkuli Pustaka [Pusta ...]

--- 26 ---

[... ka] Kalimasada ||

27. sayêkti sakala mulya | nahanta ingkang winarni | samana Sri Yudhisthira | sêdhêngnya lagya siniwi | ari têtiga ngarsi | Radèn Wêrkudara ngayun | Nangkula myang Sadewa | sri bupati ngandika ris | Wêrkudara paran mêngko kanthinira ||

9. Kinanthi

1. Si Janaka wartanipun | larane saya ngranuhi | anggung dènira kantaka | apa ta nora pinikir | ngupaya wong guna bisa | kang sayogya ngusadani ||

2. nora kêna sira tambuh | larane arinirèki | nuli sira ngupayaa | usada ingkang sayêkti | takona para pandhita | kang mandhita anèng wukir ||

3. kang rayi sumaur sêndhu | bonggan gawe kang amikir | ing larane Si Janaka | tămba salumahing bumi | sayêkti măngsa warasa | lara ginawe pribadi ||

4. bature ana kang tutur | larane nganggo dalêming | kang dèn ame nora liya | namung Rara Irêng wukir | gawene sok matun gaga | diwasa têka manglingi ||

5. lah ta lara apa iku | mêngkono gone dalêming | kajaba kaworan gêlar | pasthi yèn larane kêni | sambang brăngta mring Sumbadra | têluhing Banoncinawi ||

6. yèn si- // ra ge arsa wêruh | warase arinirèki | sarate gampang kewala | kajaba sira tambani | ing uyuhe Si Sumbadra | sayêktine nuli mari ||

7. sajêg ingsun durung ngrungu | wong lara satêngah mati | datan arsa tininjoa | mring kadang wargane sami | amung lagi Si Janaka | lara ngewakakên ati ||

8. sri narendra ngandika rum | witne mangkonoa yayi | nora kêna yèn nêngêna | kadawa-dawa sayêkti | larane tanpa wêkasan | Wêrkudara anauri ||

9. yèn sira bobot maringsun | pan amung pikir sawiji | tinêmbung marang Sri Krêsna | pasaja nora kêkêlir | awèha ora awèha | sayêkti sun jaluk nuli ||

10. Si Sumbadra dhaupipun | lawan Si Janaka iki | apan wis pacangan lama | dadi bithèn sun lakoni | lan Si Krêsna Baladewa | sang prabu ngandika aris ||

11. bênêr pikirira iku | nanging kêkasarên yayi | ingsun yèn nusu-nusua | ing panuwun bangêt wêdi | marang kaka Prabu Krêsna | dene sun wêruh pribadi ||

12. nalikane kakang prabu | jumênêng nèng Dwarawati | nari mring Wara Sumbadra | wanti-wanti durung apti | tan liya mung Dananjaya | ing galihe sri bupati ||

13. ing samêngko

--- 27 ---

lagi durung | ana karsaning dewa di | wau sang prabu kang lagya | agunêm lawan kang rayi | dèrèng dugi angandika | kasaru obahing jawi ||

14. Nangkula nêmbah gya mundur | mariksa dyan wangsul aglis | matur yèn wontên caraka | saking nagri Dwarawati | yayi mas ing Lesanpura | praptanipun mundhi tulis ||

15. kagyat ngandika sang prabu | Nangkula iridên aglis | aja kasuwèn nèng jaba | Nangkula tur sêmbah mijil | praptèng jawi panggih lawan | Sêtyaki wus dèn dhawuhi ||

16. lajêng kèrit lêbêtipun | praptèng byantara narpati | nêmbah matur yèn dinuta | ing raka Sri Dwarawati | ngaturkên ingkang nawala | sang prabu gupuh nampèni ||

17. nawala binuka sampun | winaos sinuksmèng galih | putusing pamaosira | mèsêm ngandika sang aji | hèh ta yayi Wrêsniwira | baya-baya wus kaèksi ||

18. ing saobah-osikipun | mring Sang Prabu Harimurti | nora kêna kasamaran | wau lagi sun rasani | ing larane kakangira | lagi mingkêm sira prapti ||

19. Nangkula sira sun utus | mring Madukara dèn aglis | dhawuhana kakangira | kêrise Si Pulanggêni | lawan bocahe boyongan | sangking Pulo Raja- // pêthi ||

20. Dèwi Sulastri ranipun | pinundhut kangjêng kaka ji | sarta lan pamundhut ingwang | dadia patiba sampir | mring Rêtna Wara Sumbadra | poma dèn kagawa yayi ||

21. barênga ing salakumu | hèh yayi Arya Sêtyaki | bêcike sira milua | ngiras pantês atêtilik | mring kakangmu Madukara | hèh Nangkula layang iki ||

22. paringna kakangirèku | wruha ing karsa narpati | dimène lêga tyasira | dene kang patiba sampir | Pulanggêni kris pusaka | Sulastri putraning aji ||

23. sêrat pinaringkên sampun | sandika sarêng wotsari | mundur sangking ngarsanira | sapraptaning jawi kalih | budhalan sawadyanira | bubaran sagung kang nangkil ||

24. sri narendra wus ngadhatun | pinêthuk ing pramèswari | rajaputri ing Cêmpala | kusuma Dèwi Drupadi | apan sawêg kalih căndra | panggihe lan sri bupati ||

25. wusnya tata lênggahipun | pramèswari nungsung warti | praptanipun Wrêsniwira | dènira amundhi tulis | jinarwan lamun dinuta | ing Sang Prabu Harimurti ||

26. myang saliring karsanipun | kang kawrat sajroning tulis | kang garwa wus jinarwanan | badhe karyane kang rayi | Madukara lan Sumbadra [Sumba ...]

--- 28 ---

[... dra] | ing wulan ngarsane malih ||

27. wus sêdhêng yayi sirèku | ngati-atia saiki | sanengga beyaning karya | myang uparêngganing puri | pramèswari duk miyarsa | suka sandika turnèki ||

28. nahênta jroning kadhatun | kang gunêm lan pramèswari | gantya ingkang winursita | kang anggung kunjana kingkin | satriya ing Madukara | gêrahe saya ngranuhi ||

29. gêrah manungku gung wuyung | wuyungan nawung wiyadi | kang dadi woding wiyoga | tan lyan Dyah Banoncinawi | ingkang dadi êla-êla | linali-lali tan lali ||

30. linipur-lipur tan lipur | tinandhing-tandhing tan pandhing | sabuwana ora ana | ingkang mirib angiribi | pinindha-pindha tan pindha | linilih-lilih tan lilih ||

31. marmanggung among mirangu | wirangrong ngarang ngranuhi | rangu-rangu karungrungan | mirong anggung ringik-ringik | sambat ing Wara Sumbadra | ingkang datan mijil-mijil ||

10. Mijil

1. dhuh kusuma niyakaning manis | musthikaning wadon | kumaraning dyah sajagat kabèh | sêsotyaning wanita sabumi | rêtnaning kênya di | guruning para rum ||

2. bisa têmê- // n akarya wiyadi | woding driyaningong | sun dhèdhèki sangkaning timure | praptaning don têmah mitambuhi | tan măntra yèn asih | sikara wèh wuyung ||

3. wêlasana dasihira gusti | gung ame anglamong | kalanglangan ngênglênging siranggèr | sanggon-ênggon gumuling tan eling | linglung andalêming | kalurung andarung ||

4. durung tumon wong têmên atani | tan kêna tinêmon | kaya Rara Irêng duk timure | wangun tutut liringe aririh | tyase têka kêsit | tan kêna kinaruh ||

5. yèn sinawang wong ika aringkih | nora pati bakoh | têka bakuh kukuh piyangkuhe | kawit bocah gon ingsun angungkih | nora măntra kongkih | rangkahe akukuh ||

6. yèn sinawang sêrênge bêg pati | yèn sinamar wêroh | nora kêna sinandi wadine | kaya duk nèng Madura ing nguni | sun mindha kênya di | têka mêksa jaruh ||

7. busuk-busuk têka ambisani | bisaningsun gêpok | sagêpokan tombok èpèk-èpèk | tangan nganggo tinêngêran tali | nèng Kumbina nguni | sikara kêlangkung ||

8. apa baya wong ika duwèni | japa ji panglêson | pangêkêsing wong brăngta wirage | panglêsuning

--- 29 ---

wong kunjana kingkin | pangapêsing budi | pangracuting bayu ||

9. wus ping pira goningsun mrih sandi | wus bisa patêmon | anèng sêpi wus kari gapyuke | ciptaningsun wus nêdyambêg pati | pêpagêra wêsi | tan wurung sun têmpuh ||

10. pan wus pasthi mangkono tyas mami | tan mundur sing ênggon | ing wasana mung kinipatake | saryambêkis sarta tingalnyandik | dadi tanpa budi | ngalumpruk lir kapuk ||

11. balung ingsun kadya dèn lolosi | otot gung ngalokro | mendah baya ginawe anjêlèh | amung bêkis têka angêkêsi | pêpês tanpa budi | bayuningsun larut ||

12. paranbaya babo awak mami | dadining lêlakon | mati ngênês awèta mangkene | wus tan kêlar ngong nandhang wiyadi | andina mimbuhi | wiyoga gung gandrung ||

13. sasat siksa siksaning sabumi | sinandhangkên mring ngong | sêsiningrat[6] anangsaya kabèh | kang kapyarsa tanapi kaèksi | mung katon sawiji | kang akarya wuyung ||

14. ora ana kang dadya mêndhani | lara gêng wirangrong | kabèh-kabèh amimbuhi bae | ing wiyoga asrining sabumi | myang asrining langit | sangsaya mawèh kung ||

15. babo sapa ingkang ngusa- // dani | mirah laraningong | liya sangking gusti nahing anggèr | nora dadi usadaning wingit | wanudya sabumi | sawange wus suwung ||

16. ingsun lawas angalaya bumi | jajah nagarandon | durung manggih kang irib-iribe | sagung putrine kang pra narpati | kang samya yu luwih | anyèthia patut ||

17. mring sêsotya ing Banoncinawi | pantêse wotsinom | buh ing endrabawana isine | manawa na kang ngirib-iribi | yên bumi wus tapis | amawongan patut ||

18. baya-baya nguni kang kinardi | sang rêsmining sinom | sêsotya di adining rat kabèh | teja lintang lan rêsmining sasi | kilat lawan thathit | wangkawa kêkuwung ||

19. marma kêkuwunge anêlahi | sajêg durung tumon | wong mangkana sênêning cahyane | kasor surêm raras ruming sasi | baya saisining | suwarga para rum ||

20. kabèh-kabèh padha amimbuhi | manising pasêmon | wiragane miwah sari kabèh | Ratih-ratih tuwin Rarasati | adining apsari | pantêse wotsantun ||

21. mring sêsotya ing Banoncinawi | sagung para sinom | saisine ing ngawiyat kabèh | pantês mawongan marêk anyèthi [a ...]

--- 30 ---

[... nyèthi] | dhuh mas jiwa mami | kang sawang sitèngsu ||

22. pacêt agung ingkang sabèng sabin | nora bêtah ingong | wulung langking anandhang wirage | puspa biru ingkang munggèng têgil | gulêlêng tan eling | kabyatan larakung ||

23. jarwa rimba atmajèng narpati | puspa irêng kang ron | wêlasana dhuh gusti dasihe | dhandhang wiring ingkang sirah putih | yèn tan dèn tulungi | mring kang karya gandrung ||

24. pêkên alit ingkang pêgat margi | nora wurung layon | walang kayu ingkang ijo lare | mênyan seta paseban jro puri | lawase sun anti | praptaning don tambuh ||

25. wêlut wana ingkang wisa mandi | pamasanganing mong | angkuh têmên marang kawulane | jênu tawa tinungkul tan kêni | bibis munggèng tasik | yèn kapêngkok mundur ||

26. gêndèr kayu ingkang tabuh kalih | jangkrik gung nèng kêbon | datan gingsir tan timbang galihe | godhong anèng jogan makewuhi | sambêr-lilèn sabin | bisane mung bêndu ||

27. surya muka minitra tan kêni | ron pisang lêsah gon | ancur gêdhah sun rasa-rasane | sela panglawêding gănda gusti | nora pisan galih | mring wong kawlas ayun ||

28. toya miji- // l sangking awiyati | awèh edan ingong | waru jêne dèn têmaha bae | gudhe rambat nyikara mring abdi | barat gung jêladri | kawit timuripun ||

29. wulung wido măngsa sarpa mandi | wus pinacang jodho | marang ingsun praptèng diwasane | wowohan kang sumêdhêng matêng wit | têmên angêmohi | marang dasihipun ||

30. lah ta dene ika si mbok sêlir | têka milu angkoh | marang ingsun gone jumputake | layoning kêmbang gustinirèki | têka mung sajimpit | kênèse kêlangkung ||

31. apan ika wong cilik sayêkti | mung tunggal pasuson | lan gustine têka na èmpêre | pawakane alurus aramping | pamulune lungit | lan pasêmonipun ||

32. lan Sulastri apan wus sairib | manising pasêmon | nanging ladak bok sêlir liringe | karo-karone wus pantês dadi | garwèng ngong paminggir | nêmbah mring rêtnèng rum ||

33. kayaparan si kulup ing nguni | apa baya goroh | mulih saka ing kene sanggupe | banjur marêk marang tamansari | maripih kang bibi | arsa duduk atur ||

11. Mêgatruh

1. dhuh kusuma ingkang dadi jiwaningsun [ji ...]

--- 31 ---

[... waningsun] | kang sawang mênur rinujit | tanapi intên jumêrut | mirah sela myang widuri | musthikaning sagung wadon ||

2. lir hèr kêmbang hèr surya miwah hèr laut | sêsotya Banoncinawi | gusti jiraka jumêrut | nèng taman Banoncinawi | kabèh dunya darbèkingong ||

3. Madukara aja kari raganingsun | tawunên saengga warih | sajong sakoci saprau | pirus lan akik widuri | gusti agêmên jirak wok ||

4. nèng plataran ing Banoncinawi masku | wayahe kang surya lingsir | nèng ngandhaping nagasantun | kalawan kang para cèthi | pun Sulastri laras batos ||

5. ingkang mugi gusti darbea pamundhut | pun kakang yêkti ngaturi | sangking madegănda masku | yèn kirang mundhuta malih | sun rewangi prang rêrêmpon ||

6. bêdhah praja mundhuta kang sarwa luhung | gathènga barleyan gusti | anèng kêbon langênsantun | jroning gupit măndragini | kalawan dasih sang sinom ||

7. pun Sulastri Larasati sampun kantun | pun kakang trima ningali | anèng jroning tamansantun | dhakona êmas cinawi | hèr diwangkara mancorong ||

8. myang hèr laut kang minăngka kêcikipun | gathènga êmas cinawi | pun kakang ingkang tur-atur | kir- // ukiran kang angrawit | mirah akik wungu ijo ||

9. amundhuta mring dasih kang kawlas-ayun | pun kakang ingkang ngaturi | ya ta wau sang binagus | gêrahe saya ngranuhi | karuna kantakèng ênggon ||

10. Rara Irêng kang dadya sêsambatipun | Arjuna tansah dalêming | tiningalan abdinipun | nandhang papa kawlas-asih | anggung tansah awirangrong ||

11. ing satêmah bosah-basih driyaningsun | sumrambah dhumatêng dhiri | sasat siksaning tumuwuh | anangsayèng jiwa mami | tan wus sambatirèng lamong ||

12. awuyungan anèng jroning tamansantun | satriya Madukara di | puyêngan ing tyas margiyuh | angungrum barang kaèksi | sabarang ingkang katonton ||

13. pan pinindha dhumatêng kang karya gandrung | angungrum barang kaèksi | anèng jroning tamansantun | madegănda rowangnèki | Sulastri Sêmar lan Bagong ||

14. anggung dènnya samya nangis wong tatêlu | nangisi kang agring kingkin | Lurah Sêmar aturipun | dhuh radèn andika eling | lamun satriya kinaot ||

15. anrang brăngta mring wanudya kongsi limut | têmahan ngame dalêming | kadya mèh antara linglung | dènira kandhuhan brangti | angungrum sabarang [sa ...]

--- 32 ---

[... barang] katon || 16. langkung sangking nisthaning nistha satuhu | rina wêngi andalêming | tanpa wêkasan brongtèngkung | mung rinewang datan eling | masa kiranga wong wadon ||

17. putrèng nata warnane kang ayu punjul | kang dados panglipur brangti | putrine kang para ratu | masa ta lêpata gusti | karsa paduka sang anom ||

18. nadyan silih ngarsakna kang pra apsantun | widadari ing swarga di | sayêkti yèn botên luput | lah punika pun Sulastri | apan inggih ayu anom ||

19. tanpa ciri warnanira ayu mulus | sêdhêng-sêdhênge samangkin | pinurwa langêning lulut | dadak pijêr rina wêngi | dèn êlus-êlus kemawon ||

20. botên nuntên binêdhah kêkuthanipun | Dananjaya lon nauri | kakang arinta puniku | tan bisa dadi jêjampi | iya marang brangtaningong ||

21. Si Sulastri iku kakang pantêsipun | mung dadi garwa paminggir | sabuwana pan wus suwung | tan ana ingkang ngiribi | marang kang karya wirangrong ||

22. mung kusuma ing Batacinawi iku | Sêmar jêlèh aturnèki | andika sapuluh-puluh | kapati-pati gung brangti | ngrika tan sudi ginêpok ||

23. botên sêja botên niyat badhe wanuh | lamu- // n botên dèn lampahi | dadak prapta mundhuk-mundhuk | tiwas lêsah susah agring | sadina-dina anglamong ||

24. lamun botên andika karsa anyuwun | ing raka Sang Harimurti | suwawi linampah pandung | dhatêng ing Banoncinawi | paduka wus wignya andon ||

25. nyidrèng rêsmi Sang Parta ngadhuh kakang buh | rasaning tyas ingsun mangkin | marang wong sawiji iku | bangêt wêdi bangêt kanji | nyidra asmara wak ingong ||

26. sun wêwani atiningsun mêksa takut | Ki Lurah Sêmar tanapi | Bagong sarêng sru gumuyu | kadingarèn mangke gusti | kasoran lawan wong wadon ||

27. mung pinêcok ngucir mlayu lajêng kawus | mendah kinabruka yêkti | baya lajêng sru lumayu | botên ngangge nolih wuri | èstu sambat keyog-keyog ||

28. Bagong ngucap ki rama bêndara iku | wanine lawan pawèstri | mung yèn ana wadon tutut | nora nganggo anyalênthik | manut saobahing jêmpol ||

29. pan kasaru ing jawi swara gumuruh | praptane radèn kêkalih | Nangkula Wrêsniwirèku | dhêdhêg kèndêl anèng jawi | Sêmar mlajêng lawan Bagong ||

30. sangking jêro anjêlih anguwuh-uwuh | sapa ingkang prapta iki | akarya kagèting

--- 33 ---

kalbu | jêng gusti lagi aguling | apa tan miyarsa wartos ||

31. salawase gêrah apan ora ayun | tininjo kadangirèki | Radèn Nangkula sumaur | ingsun kakang ingkang prapti | dene iki rowang ingong ||

32. ya yayi mas ing Lesanpura puniku | matura lamun tinuding | ring Ngamarta kakang prabu | lan Sang Prabu Harimurti | Sêmar sigra wangsul gupoh ||

33. praptèng ngarsa ya ta alon aturipun | punika arinta kalih | prapta dinuta sang prabu | rakanta Sri Harimurti | tuwin Ngamarta sang katong ||

34. Dananjaya samana ngandika arum | kakang wênganana kori | iridên mring ngarsaningsun | iyèku yayi mas kalih | dinuta marang sang katong ||

35. Lurah Sêmar wangsul sinorog kang pintu | radèn kalih dèn dhawuhi | lamun tinimbalan laju | wus kèrit satriya kalih | praptèng ngarsa awotsinom ||

36. samya ngungun aningali gêrahipun | kang raka risak nglangkungi | wus alami dènnya angluh | sumungkêm pada dyan kalih | rinangkul jangganya karo ||

37. wus linggiha sira karo ariningsun | Nangkula matur ngabêkti | kakang mas ulun ingutus | rakanta Ngamarta Aji | lan Dwarawati sang katong ||

38. mundhut ing kagungan dalêm punang // dhuwung | pusaka Ki Pulanggêni | lan abdi paduka wau | boyongan Nikèn Sulastri | punika sêrat sang katong ||

39. ingkang sangking ing Dwarawati pukulun | paduka kinèn mirsani | kang raka nampèni gupuh | binuka ingkang kintèki | winaos sinuksmèng batos ||

40. kang nawala pamaosira wus putus | Sang Parta nglênggêr tan eling | dangu-dangu pungun-pungun | mangunêng dening Sulastri | Nangkula malih turnya lon ||

41. kang timbalan raka paduka sang prabu | sampun kantos pun Sulastri | lan Pulanggêni pukulun | botên katur ing samangkin | sayêkti tuwan binêndon ||

42. ingkang raka pangandikanira arum | sumăngga yayi kris mami | sakarsanira sang prabu | anging ta bocah puniki | lamun kongsia kalakon ||

43. nêmu dudu bênêre bocah puniku | luwih bangêt mêlasasih | nêmu dosa batin ingsun | duk rare panggawa mami | sangking Rajapêthi Pulo ||

44. kongsi mêngko mèh diwasa bocah iku | ya gêlêm sinumpah mami | yèn uwis praptèng salulut | sayêktine Si Sulastri | salawase mung sun êmong ||

45. nora pisan-pisan amriha katèngsun | marang iku Si Sulastri | dhasar [dha ...]

--- 34 ---

[... sar] dudu niat ingsun | mung nêdya sun ambil siwi | sangking bangêt wêlas ingong ||

46. dene iku anglakoni kawlas ayun | gêlême tutut mring mami | cêdhak kadang karonipun | kang lanang sun karya patih | kalap Sêmar ingkang wadon ||

47. yèn tan dadi kaparênge karsanipun | bocah iku anèng mami | sun ulihkên bae iku | marang Pulo Rajapêthi | Darmawicitra sang katong ||

48. iya yayi Sulastri ingkang sêsunu | Radèn Nangkula turnya ris | mendah rakanta Sang Prabu | Ngamarta dènira runtik | pun Sulastri lamun kantos ||

49. tan dhèrèkkên tiba sampir lampahipun | kinèn nglajêngakên linggih | sangking ngriki angkatipun | malah timbalannya nênggih | kinèn ngrêngga kang rumantos ||

50. kinèn sarêng lan curiga katuripun | dhatêng nagri Dwarawati | inggih samangke pukulun | timbalan rakanta aji | kula pribadi kang kinon ||

51. kang jajaran ing lampah wontên ing ênu | wau ta Radyan Sêtyaki | wrin kang raka sêmunipun | kuwatos dhatêng Sulastri | sangêt brangtane ing batos ||


Tanda: //, merupakan tanda pergantian halaman tetapi tidak ada nomor halamannya. (kembali)
Tanda: //, merupakan tanda pergantian halaman tetapi tidak ada nomor halamannya.
Sengkalan: trustha tri ngèsthi sang prabu (Kêmis Lêgi, 26 Dulkangidah 1839 A.J., Jum'at, 10 Desember 1909 A.D.). (kembali)
Sengkalan: trustha tri ngèsthi sang prabu (Kêmis Lêgi, 26 Dulkangidah 1839 A.J., Jum'at, 10 Desember 1909 A.D.).
galap-gangsul. (kembali)
galap-gangsul.
Janaka. (kembali)
Janaka.
gangsal. (kembali)
gangsal.
sèsiningrat. (kembali)
sèsiningrat.