Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022)
1. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
6. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
7. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
8. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
9. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
12. Asmaradana
1. Sêtyaki matur wotsari | kakang mas sampun sumêlang | pun Sulastri ing têmbene [tê...]
--- [34v] ---
[...mbene] | yèn manggiha siya-siya | wontên ingkang bok binjang | kawula purun ananggung | malah manggiha raharja ||
2. Dananjaya amiyarsi | ing ature Wrêsniwira | ngunadika jro driyane | yèn sun rasa kaya-kaya | pêpantêse wong ika | adoh sangking laku dudu | niaya pasthi tan arsa ||
3. wasana ngandika aris | lah iya yayi sumăngga | sun manut mring sira bae | Sêmar mêtua ing jaba | dhawuhna mring Sucitra | kinèn sumêkta ing laku | lawan saosa jêmpana ||
4. tunggangane Si Sulastri | yayi ngantia ing jaba | sun angkatkên dina kiye | radèn kalih nêmbah mêdal | tiga Ki Lurah Sêmar | praptèng jawi sigra dhawuh | Patih Sucitra siyaga ||
5. lawan sagung para mantri | anyaosakên jêmpana | samêkta saprajurite | satriya Andananjaya | lumêbèng madeyasa | Sulastri ngandikan sampun | prapta munggèng ngarsanira ||
6. Dananjaya ngandika ris | yayah kadya angrarêpa | sarwi ngêlus sri natane | dhuh woding tyas ingsun nyawa | age sira dandana | tinimbalan mring gustimu | kusuma Wara Sumbadra ||
7. sun karya patiba sampir | iya lawan kêris ingwang | ing besuk aturna [atur...]
--- 35 ---
[...na] dhewe | marang kusumaning pura | poma sira dèn bisa | ngawula mèt galihipun | yèn salamêt wusing karya ||
8. dhaup ingsun lan sang putri | pan gêdhe ganjaraningwang | sira ingsun unggahake | garwa paminggir kang sarta | ingsun sih ngêla-êla | Sulastri nêmbah umatur | pukulun inggih sandika ||
9. sampun kang dhumatêng sakit | sanadyan praptaning pêjah | anglampahi ayahane | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | wus kasêdya siyang dalu | ngawula angèstupada ||
10. marang Dyah Banoncinawi | Sang Parta alon ngandika | sarwi ngaras sri natane | iya dèn bisa kewala | payo sun atêr jaba | curiga tinampèn sampun | mêdal sangking madeyasa ||
11. sapraptanira ing jawi | sampun anitih jêmpana | têngara sigra budhale | para mantri Madukara | ingkang grêbêg jêmpana | Sucitra ing wurinipun | dhangah anitih turăngga ||
12. kang tinilar kari tis-tis | satriya ing Madukara | kadya ngoncatan sotyane | jumênêng têngah wiwara | katon asrining lampah | Sang Parta mangu anjêtung | akambuh wiyoganira ||
13. kundur lumêbèng botrawi | anggung măndra kalênglêngan | nèng jinêm madeyasane | mung yang-yanging pagulingan | langên-langêning [la...]
--- [35v] ---
[...ngên-langêning] tilam | sari-sarining jinêm rum | kusumaning pagulingan ||
14. sêsotya Banoncinawi | apa ta anêmu duka | gusti marang ing dasihe | dene amundhut pusaka | lan abdine boyongan | paranta ing wadinipun | apa ta duwèni cipta ||
15. maring sun yèn Si Sulastri | bakal ngong unggahkên garwa | ingkang botên-botên anggèr | dêstun paminggir kewala | punika yèn sêmbada | sarta parêng karsanipun | ing gusti sang lir kusuma ||
16. nêngna kang anggung wiyadi | satriya ing Madukara | mangkana wau lampahe | Radèn Arya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | myang Sucitra sawadya gung | kang ngiringakên jêmpana ||
17. praptèng nagri Dwarawati | kèbêkan wadya sapraja | ingkang samya ananonton | mring putri boyongan ingkang | pinundhut mring sang rêtna | jêjêl têpining marga gung | dupi wau tiningalan ||
18. kang ana sajroning joli | sadaya angalêm samya | tuhu yèn endah warnane | mangkanarya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | ing sawadyabalanipun | prapta kèndêl pagêlaran ||
19. lajêng satriya kêkalih | tinimbalan manjing pura | Sulastri linajêngake | marang ing Wara Sumbadra | pinêthuk praptanira | sawusnya curiga katur | Sulastri nungkêmi
--- 36 ---
pada ||
20. sang rêtna rêsêp ningali | dene wus prasasat kêmbar | lan Larasati warnane | èsêm manising wacana | kaduk raga karana | rêspati sasolahipun | samya galak liringira ||
21. kusuma Banoncinawi | cipta nêrus ing wardaya | mring Larasati trêsnane | panganggêpira sinamya | sihe mring kalihira | pinundhut kadang satuhu | Sulastri iya mangkana ||
22. sumungkêm trus lair batin | mulat marang gustinira | suka lêburèng padane | Larasati ya mangkana | mring Sulastri tyasira | sakala rêsêp ing kalbu | angarang tunggil sayayah ||
23. kunêng ing Banoncinawi | mangkanarya Wrêsniwira | sampun katur saature | sasolahira dinuta | miwah Radèn Nangkula | saaturipun wus katur | dènnya dinutèng sang nata ||
24. ngaturkên patiba sampir | Sri Maha Narendra Krêsna | kalangkung suka galihe | wau Rahadèn Nangkula | mung sadalu kèndêlnya | nèng Dwarawatinjangipun | nyuwun pamit wus linilan ||
25. budhal sangking Dwarawati | ing marga datan winarna | kalih wus prapta lampahe | Ngamarta Radèn Nangkula | wus katur aturira | sasolahira ingutus | mring Dwarawati
--- [36v] ---
nagara ||
26. kang raka suka miyarsi | miwah Ki Patih Sucitra | sampun katur saature | mring satriya Dananjaya | lampahira dinuta | Sulastri sapraptanipun | linajêngakên kewala ||
27. mring taman Banoncinawi | angaturakên curiga | apan tinampenan dhewe | dhatêng kusumaning pura | dene abdi paduka | lajêng sinihan kalangkung | prasasat pinundhut kadang ||
28. sinami lan Larasati | siyang dalu tan kenging sah | kêkalih munggèng ngarsane | satriya Andananjaya | langkung sukaning driya | dene Sulastri wus antuk | mêmanisira sang rêtna ||
13. Dhandhanggula
1. Risang Parta sangsaya wiyadi | amiyarsa aturing Sucitra | kagagas gênging wirage | nahanta kang cinatur | solahira kang nandhang kingkin | satriya Madukara | gantya kang winuwus | nênggih nagri ing Ngastina | apan sarêng lampahe lan Dwarawati | miwah nagri Ngamarta ||
2. nanging carita kinarya gênti | yêkti èwêt lamun sinarêngna | mung pinêndhêt ing pantêse | mila kocap rumuhun | Dwarawati awit kang dadi | parbutan putrinira | wau kang winuwus | narpati ing Gajahoya [Gajaho...]
--- 37 ---
[...ya] | abêbisik Maha Prabu Kurupati | pêparab Duryudana ||
3. angadhaton Ngastina praja di | nagara gung loh jinawi arja | pasir wukir rata rame | tulus sabarang punjul | barang ingkang tinandur dadi | sandhang tanapi boga | murahe kêlangkung | tur ajêjêg praja arja | wus jinêjêr punjul saminirèng aji | praja ing arjanira ||
4. marma parab Prabu Kurupati | dènnya ngratoni sagung Kurawa | Jayadipana juluke | digdaya kawit timur | marma parab Duryudana Ji | tan pilih dananira | mring wadyabala gung | ala bêcik pan ginanjar | agung alit siyang dalu dèn kawruhi | tanna kang kêkurangan ||
5. suka tuwuk wadya sanagari | arta busana Sri Duryudana | datan pêgat sadinane | marmanira jêjuluk | Suyudana têgêsirèki | gung angsung kabêcikan | samining tumuwuh | miwah asung kaluwihan | marma kulawarga mitra lulut asih | sadaya sih rumêksa ||
6. kasub ing rat ing sanuswa Jawi | nagri Ngastina datanpa timbang | băndha-bandhu karatone | bala santananipun | kadang satus priya prasami | tunggil saibu rama | kang wanudya amung | wuragil sampun [sa...]
--- [37v] ---
[...mpun] akrama | kagarwa ring Adipati Banakêling | Rahadèn Jayadrata ||
7. iya Radèn Arya Sindupati | santanane putra kang minăngka | nagri Ngastina banthènge | nanggulang ing prang pupuh | pan kinudang ing raka aji | ing benjang bratayuda | pan kinarya pamuk | sinung angrèh amisesa | sagung ingkang punggawa para narpati | dene para santana ||
8. kadang satus Korawa prasami | ngiras kinarya punggawèng praja | sinung kêbon dhewe-dhewe | satriya Banjarjungut | gunungane kang para ari | kadang ingkang panênggak | lungguh punggawa gung | nama Arya Dursasana | sasolahe ingugung dening raka ji | măngka sardulèng praja ||
9. kinarya gul-agul ing ajurit | kaduk gêcul dhugal kuwarisan | sêmbada lawan dhapure | ronggah-ronggah gêng ruhur | brêngos capang naga anglangi | godhèg wok simbar jaja | netranira pêndul | lathi crawak yèn ngandika | groyok brabah kang rayi namanirèki | Durjaya lan Durmuka ||
10. Radèn Surtiyuda Dêrmagati | Radèn Duryasa lawan Durcapa | Durdarma Darmagalane[1] | Surăngga Sugathèku | Sudarta lan Sudarti nênggih | Sudarma lan Suwignya | Susena rinipun | kalawan Sang Karamuka [Kara...]
--- 38 ---
[...muka] | Dyan Sukarna Yudagala lawan malih | Utara Yutarabra ||
11. rining ibu Rahadèn Sangkuni | putra Adipati Plasajênar | wêgig limpat graitane | wignya karya pisandu | wicaksana ing têmbung ririh | putus yèn ngamandaka | marma sang aprabu | Duryudana wus srah-pasrah | marang patih kang paman Arya Sangkuni | Prabu Darmasewaka ||
12. mila kathah kang para narpati | angidhêp mring prabu ing Ngastina | sangking ing patih gunane | patih lan pundhènipun | ingkang dadya guruning aji | sangking Atasmaruta | pandhita dibya nung | nama Rêsi Dhanyang Drona | pan pinindha pêpundhèn pinundhi-pundhi | ing sapraja Ngastina ||
13. sinung dhukuhan sri narapati | nênggih padhukuhan Sokalima | wus kadya praja arjane | sajuga putranipun | jalu warnanira apêkik | ran Bambang Aswatama | putra patutipun | lawan Dèwi Wilutama | pan kinadang-kadang mring sri narapati | kinondhang wèsthi brata ||
14. dene asrine sajroning puri | kasor purasta ing giriloka | kadhaton uparênggane | sarwa kancana murub | myang sêsotra[2] kang adi-adi | dene samadyapada | para ratu-ratu | tan ana mirib Ngastina | sêmbadane pramèswarining narpati | putri adi Mandraka ||
--- [38v] ---
15. apêparab Rêtna Banuwati | amuwuhi kuwunge jro pura | rêspati salêlewane | wus kawêtu ing kidung | Ratih-ratih lan Larasati | kasor wiraganira | lawan sang rêtna yu | kabèh sasoring awiyat | yèn ing madyapada sagung para putri | tan ana kang miriba ||
16. duk puniku Prabu Kurupati | apan lagya sungkawa ing driya | ginubêl ing ari ipe | mothah ing siyang dalu | nyuwun krama ingkang kinapti | Rêtna Wara Sumbadra | nanging sang aprabu | tan arsa anurutana | dene sampun pinacang sangkaning alit | Sumbadra lan Arjuna ||
17. nanging Burisrawa datan kêni | sinayutan ing subrangtanira | pan wus lami antarane | dènira nahên wuyung | mring kusuma Banoncinawi | kauningan kang rama | langkung dukanipun | Risang Narapati Salya | Burisrawa tinundhung sangking nêgari | ngungsi maring Ngastina ||
18. ingkang raka wêlase tan sipi | dene sangêt dukane kang rama | dadya pinrênah ênggène | awisma tamansantun | anggung dènnya ngame dalêming | sambat Wara Sumbadra | tyase wus kalurung | kadya wong edan kageyan | gung karuna angungrum barang kaèksi | kinudang rinarêpa ||
19. sri narendra miwah pramèswari | langkung sangking wimbuhing
--- 39 ---
wardaya | mulat marang ing solahe | samana sang aprabu | ari Soma siniwèng puri | lênggah munggèng pandhapa | Dhanyang Durna sampun | tinimbalan manjing pura | sarêng lawan rêkyana Patih Sangkuni | sang prabu angandika ||
20. mila paman sami ngong timbali | aprakawis paman putrandika | pun Burisrawa sakite | kêlantur tanpa tutur | lir wong kênèng guna piranti | kula kurung nèng taman | nangis siyang dalu | apan wus antara gila | anggung dènnya angame-ame dalêming | mring Sang Wara Sumbadra ||
21. wali-wali paman kula tari | akramaa lyan putri kewala | pundi kang dadi sênênge | tan owah aturipun | praptèng pati tan arsa krami | namung Wara Sumbadra | kang dadya tyasipun | lamun botên kalampahan | yêkti pamit kesah sangking praja ngriki | suka matiyèng wana ||
22. mila paman sami dika pikir | botên kenging lamun kinèndêlna | pun Burisrawa sakite | kadya yèn têmah lampus | badanipun wus kuru aking | inggih kantun ragangan | Rêsi Durna matur | pukulun yèn makatêna | sakitipun sampun tan kêna pinikir | ing tămba japa-măntra ||
23. kados sakit rumab lan panastis | kêni binudi
--- [39v] ---
ing japa-măntra | pun Burisrawa sakite | wus anrus balung sungsum | têkèng jantung kulunging ati | tambane sakit brăngta | pan amung tinurut | sang prabu alon ngandika | kadipundi paman gènipun margèni | dene ta pun Sumbadra ||
24. wus pinacang sangkane ing alit | jatukrama lawan pun Janaka | mung kari têmune bae | têka dadak jinaluk | kula ingkang kocap ing bumi | ngowah-owahi tata | Rêsi Durna matur | inggih yèn sampun pinacang | nanging kantos samangke dèrèng kapanggih | yêkti singa bêkjaa ||
25. ngrêbut putri lan ngrêbut nêgari | datan beda sami wajibira | toh pati mutahkên gêtèh | kula sèwu jumurung | rayi tuwan dènnya kêpati | brăngta dhatêng Sumbadra | gung pakantukipun | kajawi endah ing warna | pun Sumbadra saèstu punjul ing bumi | pantês dèn tohi pêjah ||
26. dene pikantukira sayêkti | rayi tuwan yèn kalampahana | pun Burisrawa kaipe | mring Danardana Prabu | jêng paduka yêktosing batin | èstu Narendra Krêsna | suda wawratipun | sihipun dhatêng Pandhawa | awrat dhatêng paduka kabêkta dening | ipe pun Burisrawa ||
--- 40 ---
27. miwah raka paduka sang aji | Prabu Baladewa saya wêwah | inggih ta wau antêpe | dhatêng paduka prabu | paripeyan winuwung dadi | ipe mring Burisrawa | wuwuh bakuh kukuh | ipe rangkêp kaping sawlas | dhasar sampun salamine nunggil budi | sampun tan kenging bênggang ||
28. rayi tuwan dènnya drêng kêpati | jinodhoa lawan pun Sumbadra | kados jinawil dewane | panjênêngan sang prabu | dèrèng eca ing dalêm batin | mêngku nagri Ngastina | lamun dèrèng lêbur | arinta nata Pandhawa | apan taksih mêmangun tyas sănggarunggi | satru munggèng cangklakan ||
29. dene wawrat-wawratane jurit | yèn Pandhawa pisah lan Sri Krêsna | yêkti wrat mêrang sêgèdhèng | wau kawula matur | paduka kang untung ing batin | yèn Baladewa Krêsna | mring Ngastina sampun | andhawa tan dados karya | lah ing kono kayaparan adhi Suni | bok luput aturing wang ||
30. Arya Sangkuni nambungi aris | Nata Pandhawa pisah lan Krêsna | jago tininggal botohe | măngsa sagêda ngabruk | mêranggala botên nyakiti | wuwuh banyune têlas | sayêkti ngalumpruk | Bimarjuna [Bi...]
--- [40v] ---
[...marjuna] tanpa guna | Yudhisthira Nangkula Sadewa malih | kantun gêtak kewala ||
31. Duryudana mèsêm ngandika ris | inggih lêrês rêmbagipun samya | lamun gampila rêmbage | paman panduganingsun | mring Pandhawa Nata Rimurti | wus tan kêna binênggang | sangêt wrating kalbu | ing tyasingsun wus tan arsa | anglamara sayêktinipun tinampik | Rêsi Durna turira ||
32. inggih lamun paduka margèni | sangking nata Krêsna tamtu lêpat | punika inggih margine | gampil pamanah ulun | ing Madura turana tulis | têmbung ingkang ngrêrêpa | milutamèng kalbu | arinta pun Burisrawa | tangisipun utawi sambatirèki | mungêla jroning sêrat ||
33. lamun botên kalampahan panggih | lan Sumbadra suka yèn pêjaha | nèng wana saênggèn-ênggèn | lawan ramanta prabu | ing Mandraka myang ibu sori | mungêla jroning sêrat | mênggah pasrahipun | miwah garwa padukendra | putra kula bok ratu mas Banuwati | tangisipun mungêla ||
34. jroning sêrat pasrahipun sami | kang supados Prabu Baladewa | kadaut-daut ing tyase | mring rama marasêpuh |
--- 41 ---
paripeyan myang ibu sami | supados anuntêna | mêdal sagahipun | amundhut Wara Sumbadra | pan rumaos kadang kang sêpuh pribadi | wajib darbe wisesa ||
35. nadyan silih palangana wêsi | sayêktine yèn tugêl tinunjang | lamun wus mêdal sanggupe | raka paduka Prabu | Dwarawati sayêkti ajrih | malangana ing karsa | rumaos nèmipun | anggèr pambatang kawula | jro sêmèdi gumawang nêrawang wêning | rakanta kinanthiya ||
14. Kinanthi
1. kadi-kadi pinasthi wus | lan Sumbadra jodhonèki | botên wontên sulayanya | ing lampah prayogi nanging | nawala jêng padukendra | kadhèrèkna ing prajurit ||
2. sakapraboning prang pupuh | santana ingkang sapalih | sami andhèrèkna sêrat | èwêt-aya anèng margi | tiyang ngrunjang pêpacangan | Pandhawa manawi runtik ||
3. sok sampuna kang wadya gung | samya samêktèng ajurit | sang prabu aris lingira | inggih paman wus prayogi | makatên pratikêlira | ing lampah langkung prayogi ||
4. sapa prayoganing laku | angaturna layang mami | Drona alon aturira | tan lyan paman padukaji [paduka...]
--- [41v] ---
[...ji] | pun adhi Rêkyana Patya | Arya Sangkuni puniki ||
5. pantês lumampah wong sêpuh | tan kirang wêwekanèki | kirange têmbunging sêrat | inggih sagêt angewahi | ing têmbung prayoginira | miguna milutèng galih ||
6. Arya Sangkuni sumambung | lêrês aturipun inggih | ananging kirang utama | atur kula yèn marêngi | sampun tanggêl ingkang lampah | yèn mawi wadya prajurit ||
7. Burisrawa saenipun | kula dhèrèkkên pribadi | dhatêng nagari Madura | ngêsrahakên pati urip | marang Prabu Baladewa | angrungkêba padanèki ||
8. dèn kathah sêsambatipun | tangise dèn wêlas asih | sri bupati ing Madura | lamun miyarsa pribadi | mring sambate Burisrawa | kaping kalihe udani ||
9. ing risake badanipun | labêt sangking sangêt brangti | kula ingkang bantonana | ing atur mrih rapêtnèki | ing ngriki sadaya pasrah | sangking tan wontên kadugi ||
10. anggalih panuwunipun | pun Burisrawa puniki | judhêging manah apasrah | mring Madura Sri Bupati | ing kapti mrih kalaksanan | sri narendra duk miyarsi ||
11. Patih Sangkuni turipun | saksana ngandika ririh | inggih-inggih lêrês paman [pa...]
--- 42 ---
[...man] | lampah kang sêmbadèng jurit | sakapraboning ayuda | yèn lêrês lampah puniki ||
12. kadăs kalaksanan lamun | ing Madura Sri Bupati | wus mêdal sêsanggupira | gathak-gathuk wataknèki | sayêkti sami sakala | bidhal dhatêng Dwarawati ||
13. bêkta Burisrawa tamtu | nglamar ngiras ngarak ugi | krodhane Nata Pandhawa | gih botên dipun praduli | yèn wus mêdal bêdhatira | Baladewa Sri Bupati ||
14. măngsa kanggea sakesuk | yudane Bimarjunèki | ujêr wus pisah lan Krêsna | yèn mungsuh Sri Madura Ji | Drona suka amiyarsa | gapyuk rinangkul Sangkuni ||
15. bênêr adhi aturipun | pukulun sri narapati | kalangkung sangking sakeca | rêmbage adhi Sangkuni | ri tuwan pun Burisrawa | nitiha jêmpana nênggih ||
16. mrih sakeca lampahipun | dene sawêg nandhang sakit | ngiras pantês sinatmata | dadya pasêmoning kingkin | ing batin pasêmonira | sêg mring rakanta nêrpati ||
17. titihan putri amêthuk | ing lairipun sayêkti | lagya sakit Burisrawa | kontrag yèn nitih turanggi | sri bupati duk miyarsa | rêmbage kang paman kalih ||
18. langkung sukanirèng kalbu |
--- [42v] ---
pangandikanira aris | inggih paman wus prayoga | ing pirêmbagira sami | tumuntên karyaa sêrat | kang dadya tur dika kalih ||
19. paman patih besuk-esuk | putranta Dursasanèki | saparo kadang Korawa | dhawuhna sumêktèng jurit | sakapraboning ayuda | kang badhe binêkta sami ||
20. maring nagri Madurèku | ngiringna lampahirèki | sutanta pun Burisrawa | Dhanyang Drona anambungi | inggih sae binjang-injang | tanggale sarêng lan ari ||
21. wusnya dhawuh sang aprabu | kundur lumêbêt ing puri | Ki Arya Sangkuni wusnya | mêdal ing jawi rumanti | sapalih Sata Korawa | Dursasana kang pangarsi ||
22. wus samêkta balanipun | sakapraboning ajurit | marang ing nagri Madura | ngirid lampahira nênggih | risang Arya Burisrawa | samya sandika turnèki ||
23. ing dalu siyaga sampun | sakapraboning ajurit | sapalih Sata Korawa | miwah wadyanira patih | sadalu atata-tata | kunêng kang malêbèng puri ||
24. Duryodana Sang Aprabu | pinêthuk ing pramèswari | munggèng satundhaning pindha | cinandhak astanya nuli | kinanthi binêkta lênggah | wus tata lawan sang aji ||
--- 43 ---
25. aglar parêkan nèng pungkur | pra biyada tan atêbih | miwah ngarsa kering kanan | tinăn Prabu Kurupati | lir sirna kamanungsannya | kadi Batharendra swargi ||
26. siniwèng endraloka nung | ingayap para apsari | munggèng madya prabayasa | narpadayita wotsari | sarya mèsêm aturira | dene dangu dènnya mijil ||
27. jêng sinuhun sang aprabu | beda lawan sabannèki | kadi wontên kang kinarsan | ing paduka sri bupati | lênggah madyaning pandhapa | nimbali Drona Sang Rêsi ||
28. lan paman patih pukulun | punapa ingkang kagalih | sri narendra angandika | nora liya yayi dèwi | kang sun rêmbug sasuwenya | mung larane rininèki[3] ||
29. Si Burisrawa puniku | paman Drona aturnèki | kinon nuruti kewala | ya paman Arya Sangkuni | kang sun tuduh angiringna | lakune arinirèki ||
30. ngiras gawa layang ingsun | mring Madura kakang aji | santana Sata Korawa | milu Dursasana ngiring | sakapraboning ayuda | sun kon mangkat binjing-injing ||
31. dina barêng tanggalipun | Burisrawa rinirèki | tumuli ta dhawuhana | dimèn mêndha dènnya kingkin | pramèswari duk miyarsa | mangu ing tyas matur aris ||
32. punapa [pu...]
--- [43v] ---
[...napa] supe pukulun | lamun pun Sumbadra inggih | pan sampun dados ubaya | pinacang sangkaning alit | dening swargi wa paduka | jinodho lawan Prêmadi ||
33. nguni paduka sang prabu | asring ngandika mring mami | angajêng-ajêng panggihnya | măngka mangke padukapti | utusan dhatêng Madura | masrahkên arinirèki ||
34. pun Burisrawa pukulun | tuwan nurut wong dalêming | măngsa dadak tinampana | dêstun datan wrin ing dhiri | kapanggih pintên prakara | lamuna dipun tampèni ||
35. binobot têrajunipun | lan arinta pun Prêmadi | mindhak amêwahi wirang | tyang kang gêthing paduka ji | wong angrunjang pêpacangan | nunjang-nunjang tanpa budi ||
36. wong bingung bêrung dêlarung | tinurut angsal punapi | dhuh pukulun sri narendra | rinta Pandhawa sayêkti | mendah rêngkênge galihnya | tan wande gêndra ing binjing ||
37. jêng paduka ingkang luput | dhuh pukulun sri bupati | dhaharên atur kawula | lampahipun paman patih | prayogi lamun wandeya | bonggan gawe pados kardi ||
38. galih Burisrawa gêmblung | wong edan kaworan baring | pêjah brăngta kajêngira | măngsa kenginga kinanthi | punika pun Burisrawa | pamucungira [pa...]
--- 44 ---
[...mucungira] ing kapti ||
15. Pocung
1. sang aprabu pangandikanira arum | yayi yya mangkana | yèn ingsun datan nuruti | pamothahe arinta Sri Burisrawa ||
2. rinirèku pasthi lunga sing praja gung | mring marganing pêjah | maring alas jurang curi | gunung-gunung trêbis-trêbis myang wulusan ||
3. sing botipun tan kêlar anandhang wuyung | iku yèn kongsia | nèng saênggon-ênggon mati | sapa baya yayi ingkang kaelangan ||
4. tarlèn wastu sira yayi lawan ingsun | ibu ratu lawan | Mandraka kangjêng rama Ji | iba-iba panutuhe marang ingwang ||
5. duwe mantu ratu gung prakosa punjul | dèn tutakên kadang | mung siji tur nora olih | mring ipene Madura miwah Ngawăngga ||
6. ipenipun Ngastina ingkang kadulu | têmah lara brăngta | têka tan bisa nêkani | tiwas têmên iya kaya raganingwang ||
7. mring sang prabu jêng rama mèt mantu mringsun | nadyan padha-padha | mung manira kang pinilih | jêr prakosa sugih bala kasub ing rat ||
8. kadang ingsun Korawa yêg sabiyantu | satu nora ana | kang padha sulayèng budi | kabèh iku padha prawira ayuda ||
9. praptaning nu angrabèkakên [angrabèka...]
--- [44v] ---
[...kên] sadulur | dadak nora bisa | mring ipene kang tut wuri | kongsi lunga ngalompra mring wanawasa ||
10. pasthi lamun mangkono panggalihipun | marma wani ingwang | ngrunjang pacangan Prêmadi | dene uwis iya titahing antara ||
11. durung pangguh kongsi mêngko mangsanipun | pira lawasira | ing gunêm iku ta yayi | sayêktine singa-singa ingkang bêkja ||
12. aran rêbut putri lan rêbut praja gung | padha wajibira | toh pati mutahkên gêtih | paman Drona ature pambatangira ||
13. jro pamêsu padhang narawang wus tamtu | lamun arinira | pinasthi jodhonirèki | iya yayi kalawan Wara Sumbadra ||
14. nora luput arinta dènnya brongtèng kung | baya dewanira | puniku ingkang anjawil | pra mulane sirèku aja sumêlang ||
15. mring arimu kongsia tinampik besuk | krodhane Pandhawa | iku nora dadi kudhis | kudu ngajak prang pêpucuk Bratayuda ||
16. kang dèn jaluk iya ing saajangipun | wus pacangan yuda | Pandhawa lan Harimurti | apa manèh yayi ingkang pinikira ||
17. waninipun iya mung kalawan ingsun | lah ta wis mênyanga | mring
--- 45 ---
taman tutura yayi | mring rinira sun angkatkên benjang-injang ||
18. sang rêtna yu samana nêmbah gya mundur | budhal marang taman | gumrêdêg pawongan ngiring | ya ta wau gantia ingkang winarna ||
19. kang kinurung nèng tamansantun gung wuyung | putra ji Mandraka | ing siyang dalu anangis | kang sinambat pan amung Wara Sumbadra ||
20. apan uwus antara gila satuhu | angungrum sabarang | kang katon kêkayon tuwin | pagêr bata dèn rungrum dipun rêrêpa ||
21. tur ta iku sinung èstri panglipur kung | mring raka narendra | kalih dasa kèhirèki | ayu luwih naracak raga karana ||
22. sadayèku kinèn ngladosi sakayun | supaya dadia | panglipuring gung wiyadi | dene sangêt dènira anandhang brăngta ||
23. mring rêtna yu Wara Sumbadra mrih lipur | marma pinaringan | pawèstri dening sang aji | kalih dasa kang wus wignya mikat trêsna ||
24. dhasaripun satriya ambêke mêncul | imbuh nandhang brăngta | sinung kalih dasa èstri | sadayane wignya amèt ing asmara ||
25. sangsaya sru dadine pamênculipun | dènnya gal-ugalan | yèn kèndêl dènira nangis | pra pawèstri kalih dasa kinèn wuda ||
26. samya mingkuh
--- [45v] ---
gya cinandhak tapihipun | kêmbêne binuwang | ting parincul anèng ngarsi | Burisrawa kapati asuka-suka ||
27. sru gumuyu satunggal rinangkul gapyuk | sawênèh ingêmban | wontên ingkang dipun sunggi | bokongira dèn ambungi wuri ngarsa ||
28. kang prêmbayun ingarasan wantu-wantu | wênèh kinanthilan | rêgulo pênthilirèki | pating kranthil rêgulo nèng payudara ||
29. nulya wau jinajar roro têtêlu | kinèn ambêrangkang | Burisrawa anèng wuri | sru kaduga ing manah asuka-suka ||
30. dangu-dangu pawèstri samya lumayu | sigra tinututan | bêng-ubêngan tamansari | saparane tinut wuri Burisrawa ||
31. wus kapikut parèstri winawa ambyur | gêbyur anèng toya | bêburon anèng jro warih | masih sami balêjêt wuda sadaya ||
32. kang kapikut gya bebekan anèng ranu | tan liya karyanya | yèn kèndêl dènira nangis | dalajahi jinamah ginantya-gantya ||
33. kang panglipur parèstri kalih dasèku | kawratan sadaya | ginarap sakapti-kapti | dadya wau parèstri samya sungkawa ||
34. nanging takut kapêksa dening sang prabu | ing sakarsanira | kang rayi
--- 46 ---
kinèn nuruti | kunêng wau gantia ingkang winarna ||
35. pan kasaru pramèswari rawuhipun | gumrah kang parêkan | wus manjing ing tamansari | ya ta kagyat tangi Arya Burisrawa ||
36. duk andulu ingkang raka rawuhipun | asru gurawalan | dènira amalajêngi | praptèng ngarsa angrungkêb nyungkêmi pada ||
37. angglolo sru Burisrawa dènnya muwus | dhuh kangbok pundi ta | Bok Badra botên kaèksi | têka botên dhèrèk ing tindak paduka ||
38. adhuh-adhuh ipe paduka sang ayu | kangbok dipun inggal | mugi paduka timbali | ngong sunggine wontên ing gundhul kawula ||
39. munggèng êmbun nyambia metani masku | cik-ancika pundhak | nguyuha nèng sirah mami | măngsa dadak pêsinga uyuh taruna ||
16. Sinom
1. sang rêtna rêngu ngandika | sirèku apa dalêming | kayata dudu satriya | bok rada dèn idhêp ngisin | elinga yèn putraning | Natèng Mandraka pinunjul | sarjana parikrama | pêputra têka mêtoni | dhêdhugalan pêpocolan gêgêculan ||
2. sanadyan dudu satriya | măngsa ta kaya sirèki [si...]
--- [46v] ---
[...rèki] | brăngta nora tulus brăngta | ngame tan tulus dalêming | gobag jêndhulan èstri | lacutmu kabacut-bacut | sun iki liwat merang | yèn ngrungu solahirèki | ujarira lara brăngta mring Sumbadra ||
3. dene pijêr jêg-ujêgan | gojèg buron rina wêngi | lan èstri panglipur rolas | sanadyan silih wong cilik | pêkathik tan duwèni | solah tingkah lir sirèku | prandene kudu brăngta | marang Dyah Banoncinawi | putri adi kaloka ing tri bawana ||
4. ayu jêtmika sêmbada | pasang limpading lêlungit | iku kang dadya tyasira | kêjaba ana ron aking | kêlêma anèng warih | lan watu itêm tumimbul | lah iku bokmênawa | katêkan sêdyanirèki | sun wêtara baya ta pêlaur pêjah ||
5. aja manèh Si Sumbadra | putri punjuling sabumi | putri sawiyah kewala | baya dèn pêlaur mati | kalapa mring sirèki | yèn ngrungu solahirèku | kajaba yèn wong ala | kang wus lènjèh nyundêl anjing | jêjaragan gêlêm kawêngku ing sira ||
6. Burisrawa duk miyarsa | saya sru dènira nangis | dhuh kangbok sampun dêduka | luhung pêjahana [pêjaha...]
--- 47 ---
[...na] mami | tuwêkên sapuniki | urip tan samèng tumuwuh | tumuwuh tan kuwawa | nandhang brăngta lami-lami | barang ingkang katingalan ing kawula ||
7. mung katon Wara Sumbadra | paran ta gene anglali | wus cumanthèl anèng netra | gumantung tuntunging ati | linggih kadya sumandhing | lumaku kadya tut pungkur | barang kang sun ucapna | kalintu wêdaling lathi | andalêming sambat mring Wara Sumbadra ||
8. dhuh kangbok sintên kuwawa | kadya raganingsun iki | nandhang lara sèwu brăngta | ing siyang dalu kaèksi | sotya Banoncinawi | wus gumantung nèng jêjantung | dhuh kangbok yèn paduka | miwah kakang sri bupati | botên kolu nguntapkên pêjah kawula ||
9. namung tuwan lilanana | kangbok kula nuwun pamit | kesah manjing wanapringga | ngupaya marganing pati | sang rêtna duk miyarsi | angrês ing tyas ngandika rum | mulane marènana | solah tingkahira yayi | dhêdhugalan pêpocolan gêgêculan ||
10. kakangira sri narendra | ing mêngko wus anuruti | marang ing panuwunira | karsane sadina binjing | dèn aturakên yayi | sira marang kakang prabu | Madura pan ing kana |
--- [47v] ---
kadang kang tuwa pribadi | ingkang wajib duwèni purba wasesa ||
11. marang kadange wanudya | dene ta ingkang umiring | mring sira para sêntana | sêparo kaprabon jurit | pangirit paman patih | sarta lawan layangipun | kakangira sang nata | masrahkên mring sira yayi | dèrèng dugi sang rêtna dènnya ngandika ||
12. Radyan Arya Burisrawa | miyarsa sêkala lali | anèng ngarsane kang raka | sangking sukanya miyarsi | èstri panglipur siji | cinandhak pinondhong gupuh | kinudang nèng êmbanan | rinungrum ingarih-arih | pan pinindha kusuma Wara Sumbadra ||
13. pramèswari duk miyarsa | merang sungkawa tan sipi | pêlarasan undurira | saparêkannya tan kari | wus praptèng dalêm puri | ing ngarsanira sang prabu | sampun katur sadaya | solah tingkahnya kang rayi | sri narendra gumujêng dènnya ngandika ||
14. yayi aja sira duka | marang ing arinirèki | lah iya nêngna kewala | besuk pan mari pribadi | yèn wus kalakon panggih | lan kang dadi brangtanipun | balik sira mikira | gêgawane rinirèki | ingkang pantês kanggo marang Si Sumbadra ||
15. ingkang rupa rajabrana | myang raja kaputrèn yayi | aja kongsi kêkurangan [kêkurang...]
--- 48 ---
[...an] | pèni-pèni raja-pèni | sak anane jro puri | sang dyah sandika turipun | kunêng sajroning pura | ing dalu datan winarni | injingipun ing jawi sampun sumêkta ||
16. kang samya siyaga wadya | Kurawa ingkang sêpalih | sakapraboning ayuda | miwah ki rêkyana patih | sampun sumêkta sami | aglar anèng alun-alun | sagunging pra sêntana | myang patih Arya Sangkuni | anèng srimênganti asaos jêmpana ||
17. Dhanyang Drona wus sumêkta | wau ta sajroning puri | Radyan Arya Burisrawa | apan sampun dèn timbali | praptèng ngarsa sang aji | nangis anungkêmi suku | sang nata angandika | lah ta wis mênênga yayi | nora bêcik satriya iku karuna ||
18. ila-ilaning wong kuna | adoh dewanira yayi | sinuda lêksananira | ilang yuwananing jurit | gonyèh kulite pêsthi | lan gêtas bêbalungipun | lah ta payo dandana | yayi ing sadina iki | sun aturkên marang kaka ji Mandura ||
19. dene yayi kadangira | Kurawa ingkang sêpalih | ingsun kon ngiringkên sira | pangiride paman patih | anggawa layang mami | kang katur mring kakang prabu | Madura poma-poma | mung dèn bisa [bi...]
--- [48v] ---
[...sa] sira yayi | mèt galihe kakangira ing Madura ||
20. kana kang duwe wasesa | kadang kang tuwa pribadi | marang sadulur wanudya | ing besuk sira yèn prapti | nèng Madura ngarsa ji | age ngrungkêbana suku | tangisira dèn bisa | sambata kang mêlasasih | lamun durung mêtu ing sêsanggupira ||
21. mundhut ing Wara Sumbadra | marang nagri Dwarawati | aywa sira lunga-lunga | têka padane kêkalih | ngasrahna pati urip | paman Drona aturipun | wus padhang têrawangan | panêgêse jro sêmadi | pêsthi kêna Si Sumbadra marang sira ||
22. sira nitiha jêmpana | aywa nitih kuda yayi | badanira bangêt rusak | manawa kontrag nèng margi | payo sun atêr jawi | gya kinanthi astanipun | kanan sri naranata | pramèswari nganthi kering | prapta kèndêl srimanganti sri narendra ||
23. jêmpana sumaos ngarsa | Dhanyang Drona ngrangkul aglis | marang Radyan Burisrawa | dhuh-dhuh sutaningsun gusti | dene kêpati-pati | rusake angganirèku | kulup aja sumêlang | ing salakunira iki | pan wus pêsthi kêna Si Wara Sumbadra ||
24. sun sawang padhang trawangan | tan [ta...]
--- 49 ---
[...n] ana ngalang-alangi | kulup ing salakunira | mung dèn bisa sira kaki | amèt galihirèki | rakanta Madura Prabu | angrungkêbana pada | dèn bangêt tangisirèki | sambatira dèn akèh dèn mêlasarsa ||
25. ingsun jurung pujamăntra | wus têlas wêlingirèki | miwah wêlingnya sang nata | marang sang rêkyana patih | prasamya wanti-wanti | Burisrawa nêmbah sampun | minggah marang jêmpana | budhal saking sripênganti | sri narendra kundur lumêbèng jro pura ||
26. lawan pramèswarinira | wauta rêkyana patih | nèng alun-alun têngara | tinata lampahing baris | Rahadyan Darmagati | lawan Durmuka pênganjur | sêlawe pra sêntana | kang pinatah mênganjuri | senapati Radyan Arya Dursasana ||
27. munggèng ngarsaning jêmpana | ing wuri Arya Sangkuni | lan sêlawe pra sêntana | saingga binayangkari | Burisrawa munggèstri | jêmpana titihanipun | kakunge Dursasana | nèng ngarsa munggèng turanggi | kadya ngarak pêngantèn yudakênaka ||
17. Pangkur
1. kunêng kang lagya lumampah | wontên kocap ratu kalih nêgari | apan sarêng lampahipun | lan Ngamarta Ngastina | myang ing Dwarawati nging gênti winuwus | paran ta gènnya [gè...]
--- [49v] ---
[...nnya] nyarêngna | carita gangsal nêgari ||
2. sayêkti kinarya gantya | dene ingkang kocap ratu kêkalih | kang satunggal prajanipun | nênggih ing Ngambarmuka | Prabu Kaladênta sudira dibya nung | ing aprang têguh wêntala | tan ana braja nêdhasi ||
3. sêmbadane sugih bala | kang satunggal nêgari Garbaruci | rêksasa raja pinunjul | Sang Prabu Sindhunggarba | gung aluhur gagah prakosa dibya nung | bala wil tanpa wilangan | kèh punggawa sura sêkti ||
4. cinatur kalih narendra | Ngambarmuka kalawan Garbaruci | supêna sarêng sêdalu | sami supênanira | jroning nendra katingal samya kramantuk | kusuma Wara Sumbadra | putri kadang Dwarawati ||
5. sawungunira anendra | ratu kalih samya nandhang wiyadi | brăngta ing supênanipun | tan antuk dhahar nendra | siyang dalu wuyungan gênging wulangun | tan ana malih kacipta | namung supênaning wêngi ||
6. pêpatih punggawanira | samya sêdhih mulat ratunirèki | ngênglêng binglêng tanpa tutur | dadya samya mamêrta | marang nagri liyan sêmana wus antuk | pawarta sangking wong dagang | lamun nagri tanah Jawi ||
7. wontên ratu binathara | angêdhaton praja di Dwarawati | Narendra Krêsna pinunjul | darbe kadang wanudya | maksih kênya Sumbadra pêparabipun | diwasa tan arsa krama | pinarbutan ing para ji ||
8. wusnyantuk warta mangkana | patih kalih matur ratune sami |
--- 50 ---
langkung sami sukanipun | sang prabu kalihira | de wus nyata ênggèning supênanipun | sigra sami suka surat | pêpatihnya kang tinuding ||
9. kang ngaturakên nawala | marang Nata Krêsna ing Dwarawati | anglamar ngêbun-bun esuk | marang Wara Sumbadra | muni lamun tinampan panglamaripun | saisining prajanira | pèni-pèni rajapèni ||
10. guru bakal guru dadya | ingaturkên mring Nagri Dwarawati | dèn angsua kadi banyu | rajabrana rong praja | dèn angsua sak jong miwah sak pêrau | lamun kirang mêmundhuta | sasrahan pitung nagari ||
11. sayêkti lamun tinêkan | dene lamun pênglamarnya tinampik | ratu kalih nora wurung | nêkani saha bala | nagri Dwarawati dinadèkkên bubuk | sipat lanang tinumpêsan | pawèstrinya dèn boyongi ||
12. kadya wus karsaning dewa | pan kêlangkung têbih nagri kêkalih | Garbaruci prênahipun | kidul wetan Ngamarta | Ngambarmuka êlor wetan prênahipun | seje jinis ratunira | manusa lawan rasêksi ||
13. sajêg datan sêrawungan | nagrinira sami êlêt jaladri | wus karsaning jawata gung | kinarya lêlampahan | dene dènnya supêna sarêng sêdalu | lawan supênane samya | krama putri Dwarawati ||
14. wungune sarêng kewala | antuk warta prasamya antuk warti | sarêng sadina dènnyantuk | miwah dènnya utusan | apan sami pêpatih ingkang dèn utus | angkate sarêng sadina | sangking prajanira sami ||
--- [50v] ---
15. pan wus saingga sêmayan | sarêng praptanira ing tanah Jawi | mangkana ingkang winuwus | Ki Patih Amonggarba | pan kaparêng anèng ing marga kapêthuk | lawan dêdamêl Ngastina | ditya bala Garbaruci ||
16. ambênêr ngênu kewala | kagyat bala Ngastina aningali | tinunjang ditya malêdug | pangarsane sasaran | ngungsi wuri Arya Dursasana dulu | lan para ari sêdaya | krodha katganya tinarik ||
17. angimpun laruting bala | maras mulat Patih Arya Sangkuni | marang ngarsa gupuh-gupuh | mambêngi para putra | mêngko-mêngko aja na rêbut dêlanggung | si buta agawe beka | panggahana tanpa kardi ||
18. ngrêregoni wong lumampah | lah ta payo padha nyimpang wanadri | wusnya ngling ki patih gupuh | dhingini saha bala | nyimpang wana kang kari mawur malêdug | nututi rêkyana patya | samya nyimpang mring wanadri ||
19. ditya wus lajêng lampahnya | ambêbênêr tan ana ingkang ngusir | Kurawa Ngastina dulu | ditya lajêng kewala | ingkang pisah Kurawa wus samya ngumpul | wangsul malih ngambah marga | ginêlak lampahing baris ||
20. ing marga datan winarna | pan cinêndhak lampahira wus prapti | jro kitha Madura katur | mring Prabu Baladewa | lamun wontên dêdamêl Ngastina rawuh | kang dadya pangirit lampah | Rêkyana Patih Sangkuni ||
21. lampahnya mundhi nawala | kathah para sêntana kang umiring | sakapraboning prang pupuh | lan bêkta rajaputra | ing Mandraka jêmpana titihanipun |
--- 51 ---
Radyan Arya Burisrawa | ing pawarti nandhang sakit ||
22. sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat sigra dènnya nimbali | Patih Pragota prapta wus | kinèn lajêng mêthuka | marang duta Patih Ngastina kang rawuh | Rêkyana Patih Pragota | budhal sawadyanirèki ||
23. ing wuri Sri Baladewa | wus busana mijil ing păncaniti | putra kêkalih nèng ngayun | Wilmuka lan Wisatha | pra dipati Madura jêjêl supênuh | wau lampahnya Pragota | wus panggih Arya Sangkuni ||
24. dhinawuhan lajêng budhal | manjing kitha ngalun-alun wus prapti | swaraning bala gumuruh | sagunging pra sêntana | myang ki patih mudhun sing turăngga sampun | Radyan Arya Burisrawa | kanan kering dèn jagani ||
25. sangking risaking sarira | sêngkoyongan kadya rubuh nèng margi | Arya Sangkuni tumundhuk | ing ngarsa sri narendra | ngaturakên sêrat tinampanan sampun | sri bupati ing Madura | sêkala ngadêg ngurmati ||
26. dènira nampèni sêrat | sawusira lênggah ing dhampar malih | Sangkuni wus kinèn lungguh | mèh jajar lan sang nata | pra sêntana Ngastina bêkti kumrubut | ing pada Sri Baladewa | sawusira kinèn linggih ||
27. tata munggèng ngarsa aglar | namung Arya Burisrawa kang maksih | nangis anungkêmi suku | kinèn lênggah tan arsa | Prabu Baladewa anggarjitèng kalbu | sigra dènnya buka sêrat | sinuksmèng tyas nawung brangti ||
18. Asmaradana
1. wus putus pamaosnèki [pamao...]
--- [51v] ---
[...snèki] | Sang Aprabu Baladewa | kadya jinait driyane | miyarsa raosing sêrat | sangking pangrêpanira | jroning nawala kêlangkung | Sang Aprabu Druyudana[4] ||
2. miwah Rêtna Banuwati | lawan kang ibu Mandraka | pramèswari panangise | sagêde Rêkyana Patya | Sangkuni lawan Durna | mêmangun langêning têmbung | pangrampung tambanging driya ||
3. panglimpinge langkung ramping | panglarasirèng ukara | pangasih-asih asihe | pamêla pamêlasarsa | pamulut pamiluta | pangêla-êla pangêlus | pangêrês-êrês pangrêpa ||
4. kadya rêntah tibèng siti | tyasnya Prabu Baladewa | mangu ing sêkala supe | mring kang rayi Madukara | wus dadya kudangannya | karsanya wus pêsthi dhaup | lawan kang rayi sang rêtna ||
5. lan wus kapotangan kardi | karyane mring kang sarira | lan wus dadya kudangane | kang rama Parta Sumbadra | pinacang alit mila | kawratan sihing ramèbu | ipe miwah paripeyan ||
6. kênèng mêmanising tulis | gumujêng sarwi ngandika | Burisrawa kalingane | sira iki lara brăngta | ya marang ariningwang | Si Sumbadra sira jaluk | dene ta nora kayaa ||
7. warnanira kongsi salin | wus sasat sawang kunarpa | lara sawarsa padhane | mung kari gagra-usika[5] | rusake angganira | lah wis lungguha riningsun | sarèhna subrangtanira ||
8. ingsun pikire kang bêcik | luwih-luwih bêjanira | lamun wus pêsthi jodhone | sira lawan Si
--- 52 ---
Sumbadra | yêkti gampang kewala | yèn ana pakewuhipun | sira yayi narimaa ||
9. karana arinirèki | Si Sumbadra wis diwasa | nganggo tinari sarate | duk larene wus pinacang | lawan Si Dananjaya | kongsi mêngko durung dhaup | iya sangking Si Sumbadra ||
10. kang durung gêlêm nglakoni | wus liwat sangking antara | kaliwat-liwat wangkote | wus nora kêna pinêksa | iya marang wong tuwa | dene yayi luputipun | aja sumêlang ing driya ||
11. ingsun kang saguh nglironi | iya sira pilihana | putri tanah Jawa kene | tuwin ratu tanah sabrang | iya măngsa kuranga | kang duwe putri pinunjul | yèn kurange beyanira ||
12. bakyumu Si Erawati | gawenên tukon sasrahan | ingsun kang dhodhog lawange | Burisrawa duk miyarsa | pangandikaning raka | saya sru panangisipun | dhuh kakang prabu kawula ||
13. lintunên para apsari | isining Endrabuwana | Ratih lan Larasatine | yèn dede Wara Sumbadra | wadat tan arsa krama | dhuh pukulun kakang prabu | sêksinên atur kawula ||
14. yèn tuwan tan sagêt galih | dhaup kawula kêlawan | kang dadya subrangtaningong | kusuma Wara Sumbadra | gêsang asil punapa | pan kawula amit lampus | kasêksèna ing paduka ||
15. suduk jiwa sapuniki | Sangkuni aris aturnya | puniku sampun adate | sabên yèn tinari krama | wontên nagri Ngastina | mêkatên [mêka...]
--- [52v] ---
[...tên] sêsauripun | mila rayi padukendra ||
16. langkung pêgêl ingkang galih | Dursasana nambung sabda | sarwi anampèl wêntise | anèng kene anèng kana | wong iku nora beda | mêngkono sêsauripun | yèn ingsun aja wêdia ||
17. mring kakang bok Banuwati | wong iku wus kêlampahan | sun odhèt-odhèt wadhuke | Burisrawa sru karuna | dawêg kakang sumăngga | sokur patènana ingsun | sang prabu mênggah ngandika ||
18. dalanane awak mami | yèn ora kèrêm kandhêma | mulat marang sira kuwe | lan miyarsa sambatira | hèh paman putra dika | Kurawa ayya na kantun | sadaya kawula bêkta ||
19. lajêng marang Dwarawati | kula paman mangkat injang | pun Burisrawa badhene | kula brukakên kewala | mring yayi Prabu Krêsna | Kurawa parêng umatur | pukulun inggih sandika ||
20. sang prabu ngandika malih | hèh Pragota wong Madura | kang sun gawa mung sêparo | prajurit lan pra dipatya | sêparo tunggu praja | sira kang milu maringsun | Si Prabawa kang karia ||
21. lawan gustinira kalih | Si Wilmuka lan Wisatha | tunggua marang ibune | kabèh padha dèn prayitna | kang kari anèng praja | padha asaosa tugur | karana ing lakuningwang ||
22. iya wus nora kuwatir | kanthi lawan gustinira | ing Ngastina sêdayane | wus padha samêktèng yuda | yèn nêmonana
--- 53 ---
karya | kaya-kaya wus barukut | kang rumêksa raganingwang ||
23. hèh paman Arya Sangkuni | lamun krodhaning Pandhawa | pan botên kawula raos | pan amung putra andika | ing Dwarawati paman | lêgaa ing galihipun | kula têtêdha ing dewa ||
24. anuta ing pikir mami | myang putranta pun Sumbadra | lamun mêksih ing wangkote | kenginga kawula pêksa | Sangkuni alon turnya | wêlingnya arinta prabu | ing Ngastina mring kawula ||
25. miwah mring arine sami | yèn paduka manggih karya | kinèn labuh sêdayane | tumpêsa ngarsa paduka | Dursasana tur sêmbah | dhuh pukulun kakang prabu | lamun krodhaning Pandhawa ||
26. sampun sumêlang ing galih | ari panduka sêdaya | panggahêna nèng ngarsane | lêbura awor lan kisma | wontên ngarsa paduka | ajura dèn kumur-kumur | sêrambut datan suminggah ||
27. sang prabu ngandika aris | iya yayi sun tarima | kabèh-kabèh prasêtyane | lah paman dika asoa | saputranta sêdaya | paseban ing alun-alun | sêdaya wus tinaruban ||
28. enjang dèn samêkta sami | putranta pun Burisrawa | dimèn panggih lan bakyune | kawula bêkta mring pura | sêdaya tur sandika | sang prabu kundur ngêdhatun | bubar sagung kang sewaka ||
29. Kurawa makuwon sami | pasowan kang tinaruban | kamot sawadya balane | lubèr marang pagêlaran | gunging bala Kurawa | wau [wa...]
--- [53v] ---
[...u] ta ingkang ngêdhatun | sri bupati ing Madura ||
30. Rêtna Dèwi Erawati | mêthuk rawuhnya kang raka | sigra kinanthi astane | sapraptaning dalêm pura | wus tata dènnya lênggah | Radyan Burisrawa gupuh | nungkêmi pada karuna ||
31. ing raka Dyah Erawati | rinangkul lungayanira | Burisrawa ariningong | dene rusak angganira | lara apa sungkawa | sri narendra ngandika rum | yayi dêwi arinira ||
32. larane pan nandhang brangti | mring kadange Si Sumbadra | kongsi mangkono rusake | lah ta iki layangira | yayi Prabu Ngastina | wacanên dăngeyahipun | mêmanise kang ukara ||
19. Dhandhanggula
1. pramèswari sigra anampèni | kang nawala pan lajêng binuka | sinuksmèng jroning galihe | putus pamaosipun | mèsêm sarwi matur wotsari | ing mangkya kadyaparan | inggih lajêngipun | arinta pun Burisrawa | karsa tuwan sang prabu ngandika aris | ingsun ing binjang-injang ||
2. budhal marang nagri Dwarawati | arinta Si Burisrawa lawan | Kurawa sun gawa kabèh | dene ta karsanipun | yayi prabu ing Dwarawati | tămpa nora tămpaa | mring arinirèku | ingsun brukakên kewala | kaya-kaya yayi Prabu Harimurti | kalamun ingsun pêksa ||
3. ngrasa nome sayêkti tan wani | nênggulangi ing pamêksaningwang | kang garwa alon ature | pun Janaka
--- 54 ---
pukulun | paran dadosipun samangkin | kalawan pun Sumbadra | dene nguni sampun | paduka angarsa-arsa | ing panggihe tuwan wusana samangkin | kalih pun Burisrawa ||
4. sri narendra angandika aris | baya yayi wus karsaning dewa | pinasthi dudu jodhone | pan ora kurang bagus | Si Janaka warnane yayi | ping pira gonku mêksa | myang pamêksanipun | yayi Prabu Padmanaba | Si Sumbadra nora măntra keguh mêksih | tyase lumuh kewala ||
5. sabên-sabên arsa sun angkati | ing têmune têka nuli ana | ingkang dadi pangkalane | nora pindho ping têlu | sasi ngarsa iki tyas mami | duwe kalêthêg arsa | mikir dhaupipun | dene wus dadya ubaya | têka nuli arinira iki prapti | panangise maringwang ||
6. lamun ora kalakona panggih | lawan arinira Si Sumbadra | pratignya suka patine | nora kêna linipur | lah paranta gon ingsun suthik | nyatane pan kawogan | katêmpuh ing sêpuh | sun timbang bote tyas ingwang | Si Janaka lan Si Burisrawa yayi | abot Si Burisrawa ||
7. lah wis aja akèh sira pikir | namung rewangana anênêdha | iya marang dewa kabèh | muga arinirèku | jinurungna inggale panggih | lawan Si Bratajaya | ing salakuningsun | bisaa banjur kewala | ing dhaupe yayi
--- [54v] ---
Prabu Dwarawati | manuta sarèh ingwang ||
8. aywa na kang ewuh-makewuhi | pramèswari iku arinira | Si Burisrawa awake | kaliwat rusakipun | sangking bangêt anandhang brangti | blonyonên gănda wida | lawan jêbat arum | lan rambute kramasana | kongsi gimbal dimène rêsik sathithik | aja kaya drubiksa ||
9. pramèswari gumujêng wotsari | Burisrawa pan sampun binêkta | mring dalêm puri kaputrèn | binlonyo ing jêbat rum | rema gimbal dèn kêramasi | ing dalu tan winarna | injingira sampun | samêkta kang pra dipatya | ing Madura sakapraboning ajurit | tuwin sagung punggawa ||
10. andhingini dènnya tata baris | mawong suka sagung pra sêntana | dènira nata balane | jêjêl nèng alun-alun | tan kêna wor sagunging baris | lubèr marang pamedan | miwah lurung-lurung | sêdaya jêjêl gêgaman | pra dipati sêdaya nindhihi baris | myang sagung pra sêntana ||
11. ya ta wau salêbêting puri | Prabu Baladewa wus siyaga | sakapraboning pra kabèh | makutha abra murub | Burisrawa pan wus kinanthi | binêktèng pagêlaran | orêk[6] kang wadya gung | sang prabu lênggah dhêdhampar | pan anganti budhale sagunging baris | Kyana Patih Pragota ||
12. dhinawuhan têngara nulya glis | budhal wadyabala ing Madura | pra dipati sêdayane | ingkang wadya pênganjur | rikat sêsêg lampahing baris | kêras bala pangarsa | sri narendra gupuh | angawe titihanira | agêming prang dipăngga ulêse putih | nama pun Puspadênta [Puspa...]
--- 55 ---
[...dênta] ||
13. sri narendra têdhak sigra nitih | nênggala lugora agêming prang | kamot ing dipăngga kabèh | sumrêg pangayapipun | mantri jro kang samya kinapti | trahing adon sêdaya | gumulung kadya lun | tumundhung matundha-tundha | sagung bala Kurawa sumundhul wuri | kadya robing samudra ||
14. Radyan Arya Burisrawa maksih | anitihi ing jêmpananira | Arya Sangkuni rêmbage | kinubêng ing wadya gung | para mantri kang anjajari | wus prapta jawi kitha | bala gung gumuruh | cinêndhak lampahing marga | sampun prapta jajahaning Dwarawati | gègèr paminggir desa ||
15. mantri tampingan wus nupiksani | têtela yèn Sang Prabu Madura | sarta Kurawa rawuhe | mantri tampingan gupuh | nandêr samya atur udani | marang Patih Udawa | nulya katuripun | marang Sri Bathara Krêsna | lamun badhe katamuan ing raka ji | Madura saha bala ||
16. rawuhipun sakaprabon jurit | sarta bêkta Kurawa Ngastina | pra sêntana kang andhèrèk | kapraboning prang pupuh | pangiride Arya Sangkuni | lan Arya Dursasana | Burisrawa tumut | rajaputra ing Mandraka | tinitihkên jêmpana anandhang sakit | sang prabu duk miyarsa ||
17. langkung saking kumêpyuring galih | wus anduga wadine kang karsa | ingkang raka ing rawuhe | kang dadya lampahipun | sri narendra sigra nimbali | putra Rahadyan Sămba | prapta ing ngarsa wus | lawan Arya Wrêsniwira | dhinawuhan mêthukkên rawuhirèki | sang prabu ing Madura ||
18. tur sandika satriya kêkalih | nêmbah mundur praptèng jawi
--- [55v] ---
sigra | budhal sawadyabalane | mangkana sang aprabu | sampun dhawuh ing pramèswari | sanengga ing sunggata | badhe rawuhipun | ingkang raka ing Madura | pramèswari katiga sudhiya sami | miwah Patih Udawa ||
19. tuwin sagunging para dipati | nyamêktani pasanggrahanira | kunêng ing dalu injinge | Sri Padmanaba sampun | miyos munggèng ing păncaniti | nganti rawuhing raka | wau kang winuwus | Radèn Sămba Wrêsniwira | pamêthuke wus panggih lan sri bupati | samya angraup pada ||
20. sawusira matur yèn tinuding | angaturi manjing jroning kitha | ari nata pangantine | wontên paglaran dangu | sri narendra sigra ngundhangi | ing bala atêngara | lajêng budhalipun | lumiring manjing jro kitha | tan adangu ing alun-alun wus prapti | gumuruh gunging bala ||
21. Prabu Padmanaba têdhak aglis | pan jumênêng têpining têratag | Sri Baladewa nulya ge | sangking èsthi tumurun | marêpêki marang kang rayi | sarêng paran-pinaran | tundhuk kalihipun | gapyuk samya rêrangkulan | sawusira kanthèn asta prabu kalih | aris samya lumampah ||
22. gya wangsul lênggah bangsal pêngrawit | ingkang raka apan sinaosan | palênggahan dhampar dhewe | pra sêntana kumrutug | ing Ngastina samya ngabêgti | mring Prabu Padmanaba | wusnya tata lungguh | munggèng ngarsa nata aglar | Dursasana kaparèng ngarsa pribadi | lan Radyan Burisrawa ||
23. apan namung Ki Arya Sangkuni | nginggiling batur dènira lênggah | Sang Sri Krêsna sasampune | nêmbramèng raka prabu | gantya
--- 56 ---
marang Patih Sangkuni | myang sagung pra sêntana | ing Ngastina sampun | sêdaya sinamudana | Sri Bupati Madura ngandika aris | hèh yayi Padmanaba ||
24. praptaningsun nagri Dwarawati | pan dinuta arinta Ngastina | ngaturakên prasêtyane | mring sira yayi prabu | myang arinta bok pramèswari | lan ramanta Mandraka | miwah kanjêng ibu | sêdene bak ayunira | prasêtyane lah iya Si Erawati | katur ing yayi nata ||
25. kapindhone pan dinuta yayi | kinèn masrahkên Si Burisrawa | katura mring sarirane | myang pati uripipun | ingaturkên yayi mêkathik | marang ing jênêngira | yèn sami panuju | arinira Si Sumbadra | kang dèn suwun mring Si Burisrawa yayi | nora cipta akrama ||
26. apan namung ngêmong angêmbani | ngêdhatona jro pura Ngastina | kasraha ing saisine | dadya têtalinipun | ing Mandraka lan Dwarawati | Ngastina lan Madura | saya kukuh bakuh | dadya jangêt kinatigan | nagri papat lair batin dadi siji | yêkti tan kêna bênggang ||
27. marma ingsun kaliwat jurungi | pan mangkono yayi pamrih ingwang | yèn sêmbada lan karsane | wau ta sang aprabu | Padmanaba dupi miyarsi | pangandikaning raka | sungkawa kêlangkung | dangu lêgêg tan ngandika | pan kasaru gumêrah gègèr ing jawi | prapta duta sri nata ||
20. Sinom
1. Kyana Patih Amonggarba | lan Kaladaru kang prapti | mulat ngalun-alun aglar | gêgaman kaprabon jurit | dhêdhêg anèng ing jawi | lan sawadyabalanipun | Udawa gupuh mêsat [mê...]
--- [56v] ---
[...sat] | sangking ngarsaning narpati | praptèng jawi panggih lan duta kalihnya ||
2. wus têtela têtakènnya | nama myang karyanirèki | ratu miwah prajanira | Udawa wangsul ngarsa ji | matur saha wotsari | dhuh pukulun sang aprabu | wontên caraka prapta | kêkalih samya duta ji | Garbaruci kalawan ing Ngambarmuka ||
3. pêpatihnya kang dinuta | prasami amundhi tulis | ing Ngambarmuka manungsa | ing Garbaruci rasêksi | sami kaprabon jurit | duta kalih praptanipun | milabdi padukendra | orêg prayitnèng ajurit | Dwarawati Madura lawan Ngastina ||
4. sang prabu mèsêm ngandika | Udawa iridên aglis | duta kalih ngarsaningwang | balane karia jawi | Udawa nêmbah mijil | praptèng jawi panggih sampun | lawan duta kalihnya | dhinawuhan lajêng kèrit | lampahira tinêngahan lan Udawa ||
5. wus prapta ngarsa sang nata | cingak sagung kang ningali | warnanya duta rasêksa | Amonggarba angajrihi | miwah dhapurirèki | Kyana Patih Kaladaru | wus tan kalih lan ditya | gagah prakosa gêng inggil | duta kalih wus prapta kinèn alênggah ||
6. tinêngahan mring Udawa | kalih parêng awotsari | umatur lamun dinuta | marang ing ratunirèki | angaturakên tulis | Narpaputra Sămba gupuh | nampèni sêratira | lajêng katur mring sang aji | kalih pisan sêrate lajêng binuka ||
7. winaos sinuksmèng driya | raosing sratira sami | anglamar Wara Sumbadra | sang prabu mèsêm [mè...]
--- 57 ---
[...sêm] ing galih | sêrat ngaturkên aglis | mring kang raka sang aprabu | lajêng samya binuka | winaos sinuksmèng galih | wus kadriya surasane kang nawala ||
8. gumujêng Sri Baladewa | sêsumuk kang gujêng runtik | asru dènira ngandika | yayi Prabu Harimurti | ingsun ingkang mangsuli | marang duta karo iku | hèh-hèh duta matura | marang ing ratunirèki | lamun arsa mondhong aringong Sumbadra ||
9. pan wus sun karya ubaya | aja tinuku mas picis | sapa bisa anyêmpala | bauku kanan lan kering | sayêkti lamun dadi | jatukramane riningsun | yèn takon ratunira | kadange tuwa wak mami | Prabu Baladewa praja ing Madura ||
10. duta kalih duk miyarsa | pangandikannya sang aji | madêg suranirèng driya | supe yèn dinutèng gusti | gangsul aturnya sami | sarwi mandêng mring sang prabu | hèh ratu ing Madura | kula ingkang amakili | ing gustingong nadhahi kang sayêmbara ||
11. sami samangke kewala | sakarsanta angladosi | sri bupati duk miyarsa | aturnya duta kêkalih | krodhanira tan sipi | ngadêg sangking dhamparipun | mung kantun udhunira | cinandhak marang kang rayi | duta kalih sarêng kagyat adêgira ||
12. cinandhak marang Udawa | pinêksa èngêt tyasnèki | wus samya wangsul lungguhnya | Sang Prabu Madura mêksih | rinapu mring kang rayi | dhuh pukulun kakang prabu | sampun-sampun mangkana | dene krodharsa nêkani | marang duta punapa ta kasupèna ||
13. lampah ingkang
--- [57v] ---
kina-kina | botên wontên adat nguni | dutèng nata manggih duka | kang tamtu angsal pisalin | kang raka duk miyarsi | lênggah aris krodhanipun | eram sagung Kurawa | mulat ing duta kêkalih | dene nêdya purun mring Sri Baladewa ||
14. kumawani krodhanira | Arya Sangkuni tan pangling | marang ditya Amonggarba | yèn ingkang kapêthuk nguni | nunjang anèng wanadri | ambêbênêr lampahipun | wau Sri Padmanaba | pangandikanira aris | marang patih duta nata kalihira ||
15. hèh duta pagene sira | mangkono nèng ngarsa mami | padha ngrusak tata krama | pan sira iku pêpatih | yêkti wruh sêsikuning | karaton tindak kang dudu | duta kalih miyarsa | ngrasa kadudonirèki | nêmbah-nêmbah umatur nuwun apura ||
16. sang prabu malih ngandika | lah ta wis mundura sami | matura ing ratunira | pan ingsun nora mangsuli | layang dene sirèki | prapta dhewe ngarsaningsun | dinuta ratunira | sayêkti luwih utami | sira iku sangking pira-pira layang ||
17. wus prasasat ratunira | katêmu dhewe lan mami | dene karo ratunira | iya padha awèh tulis | anglamar kadang mami | Si Sumbadra wis katrucut | apan mèh karyanira | lawan pacangane lami | sasi ngarêp iki mèh pangarakira ||
18. lamun ratunira mêksa | dènnya mrih ing kadang mami | dèn barêngana kewala | iya sasi ngarêp iki | mring nagri Dwarawati | pêngantèn pêngarakipun | lah wis padha mundura | mangkono wangsulan mami | duta kalih nêmbah sarêng undurira [unduri...]
--- 58 ---
[...ra] ||
19. praptèng jawi lajêng budhal | sawadyanya patih kalih | ginêlak lampahing marga | wauta ing păncaniti | Sang Prabu Harimurti | mring raka alon turipun | pukulun sri narendra | paduka kula aturi | manjing pura angayêmakên sarira ||
20. mangke wontên jroning pura | amba matur kang sayêkti | lan malih tuwan panggiha | lan ipe paduka katri | kang raka ngandika ris | iya bangêt oning[7] ingsun | lan bok ipe katiga | hèh paman Arya Sangkuni | dika ngaso paman lan putra sêdaya ||
21. pan sami mêsanggrahana | sandika rêkyana patih | sang prabu jêngkar ngêdhatyan | akêkanthèn asta kalih | kang wontên păncaniti | bibar sadaya dumunung | pan samya mêsanggrahan | makuwon wismèng dipati | wadyabala Madura lawan Kurawa ||
22. namung Arya Burisrawa | lawan Ki Arya Sangkuni | binêktèng Patih Udawa | wau kang kundur mring puri | nênggih sang prabu kalih | pramèswari tiga mêthuk | munggèng tundhaning pindha | katiga samya ngabêkti | mring kang raka Sri Bupati Baladewa ||
23. wus samya satata lênggah | aglar parêkan lan cèthi | Sang Aprabu Padmanaba | mring raka umatur aris | wau wontên ing jawi | kawula tan sagêt matur | mangsuli pangandika | wontên ing kathah lan malih | pan kasaru praptaning duta kalihnya ||
24. rayi tuwan pun Sumbadra | samangke sampun nglampahi | pukulun ing rèh kawula | dhaupe lawan Prêmadi | kawula wus ubanggi [u...]
--- [58v] ---
[...banggi] | lan ari Ngamarta prabu | wulan ngajêng punika | pêngarakipun mariki | pun Janaka dhaupe lawan Sumbadra ||
25. pan kawula sampun dhawah | mring pun Udawa ngaturi | pukulun dhatêng paduka | badhe pangkat binjing-injing | lan pun Arya Sêtyaki | tumuntên paduka rawuh | Sri Bupati Madura | miyarsa nglênggêr tan sipi | dangu jêtung sidhakêp asta kalihnya ||
26. wusana aris ngadika | paranta rèhira yayi | iya mring sariraningwang | kaya pa gone balèni | dene ta wus nyaguhi | ingsun marang yayi prabu | Ngastina myang jêng rama | Mandraka sun gawe pêsthi | ing dhaupe arinira Si Sumbadra ||
27. iya lan Si Burisrawa | pangrasane ing tyas mami | wus ora ana kuciwa | putra jodho lawan putri | binobot kang sayêkti | wus timbang têrajunipun | iya Si Burisrawa | mêngku Si Sumbadra yayi | lair batin nora nistha pan utama ||
28. Sang Aprabu Padmanaba | gumujêng dènnya nauri | lêrês pangandika tuwan | punapa kang dèn ulati | ananging kadospundi | wus dadya kudanganipun | swargi jêng rama nata | praptèng sedanya mamêling | pun Sumbadra sampun liya jodhonira ||
29. inggih namung pun Janaka | paduka sami winêling | kang raka aris ngandika | iya wus pinacang yayi | marang jêng rama swargi | nanging ta pangrasaningsun | wus pêsthi arinira | karsaning dewa kang luwih | iya nora jinodho lawan Janaka ||
30. pira ta antaranira | lawase nganti samangkin | samangsane pinikira | dhaupe lawan Prêmadi | nuli kèh kang ngalangi | pakewuhe wuwuh-wuwuh [wuwuh-...]
--- 59 ---
[...wuwuh] | kaya iki wus dadya | iya karsanira yayi | ing dhaupe sira pêsthi sasi ngarsa ||
31. têka nuli ingsun prapta | gawa Burisrawa iki | wus katrucut saguh ingwang | dhaupe sun gawe pêsthi | lan Si Sumbadra yayi | ing samăngsa-mangsanipun | iku sira pikira | mênawa durung pinêsthi | Si Janaka jodho lawan Si Sumbadra ||
32. yayi prabu yèn sumêlang | mênawa na krodhanèki | arinta Nata Pandhawa | ingsun dhewe kang nglabuhi | dadya lamaking jurit | aja sira milu-milu | Sang Prabu Padmanaba | radi sêndhu turirèki | pan kawula botên brăngta mring Pandhawa ||
21. Asmaradana
1. kawula botên andugi | pukulun karsa paduka | dene ta kêpati supe | mring arinta pun Sumbadra | ka prabu yya mangkana | de wus kathah pênêdipun | pun Janaka lan paduka ||
2. kala maksih papa sami | tuwan tapa tumut tapa | anggung runtung rèntèng-rèntèng | lêlana tumut lêlana | luhung dhatêng kawula | kêdhik kapênêdanipun | akathah dhatêng paduka ||
3. kala kangbok Erawati | dhinusthèng rêksasa raja | sintên kanthi tuwan dene | lumêbèng dhasar samudra | mangrurah ripu ditya | pamirêng kawula amung | kanthi lawan pun Janaka ||
4. lan malihe kang nglampahi | rayi tuwan pun Sumbadra | sampun miturut manahe | panêdhane wus tinêkan | patiba sampira |[8] pun Janaka dhuwungipun | sampun wontên pun Sumbadra ||
5. măngka paduka lintoni | jodho lawan Burisrawa | yêkti dèn pêlaur [pê...]
--- [59v] ---
[...laur] layon | măngsa paduka kilapa | watake pun Sumbadra | lamun dede manahipun | pinêksa suka matia ||
6. Sri Baladewa miyarsi | anglês ing wardayanira | angrasa luput karsane | alon dènira ngandika | yayi ya bênêr sira | ingsun ingkang bangêt luput | ananging sira kapakna ||
7. sira ingsun tutuh yayi | bok iya nganggo rêmbugan | apa sira jabakake | sun iki kadange tuwa | ing mêngko kayaparan | sanggup ingsun wis katrucut | marang Kurawa Ngastina ||
8. kang rayi umatur aris | marma tan ngangge rêmbagan | pan namung nglêstantunake | kudanganipun jêng rama | ingkang wau paduka | pan sangêt dènnya jumurung | Sumbadra jodho Arjuna ||
9. wus tan darbe tingal kalih | lair batin mung Arjuna | sok mèh sêsoroh kadange | durung măngsa sok pinêksa | samêngkone wus măngsa | bocahe lagi miturut | têka mring Si Burisrawa ||
10. kang raka sêndhu nauri | ya wis bênêr wuwusira | nanging kaya priyogane | pangrèhira mring ragèngwang | pan ingsun nora bisa | balèni wuwus ingkang wus | angur ingsun patènana ||
11. Sang Aprabu Harimurti | dangu kèndêl tan ngandika | de kang raka kadêrênge | dènnya galih Burisrawa | wus anrus ing wardaya | kadya datan kêna mundur | sangking wus kalajêngira ||
12. dangu-dangu sri bupati | èngêt kakudanganira | mring kang rayi duk timure | dadya lon matur ing raka | pukulun yèn sêmbada | ing nguni kawula emut | inggih darbe kêkudangan ||
--- 60 ---
13. pun Sumbadra lamun laki | mugi angsala satriya | kang langkung pêkik warnane | kang prawira măndraguna | ingkang trahing kusuma | kang alus babudènipun | sabar bisa mong ing garwa ||
14. lan sasrahane ri mami | kêbo danu satus ingkang | suku pancal panggung kabèh | lawan pêngaraknya binjang | pêngantène kang lanang | nitiha rata mas murub | pangirit turăngga yêksa ||
15. patahe dewa kang pêkik | sêrati kusire dewa | ingkang dados pêngarihe | widadari ingkang endah | punika yèn sêmbada | dadosa pêpanggilipun | rayi tuwan pun Sumbadra ||
16. sintên kang sagêt dhatêngi | kudangan amba punika | pêsthi yèn dadya jodhone | ari tuwan pun Sumbadra | kang raka duk miyarsa | èngêt ing tyasira jumbul | gumujêng sarwi ngandika ||
17. ingsun yayi iya eling | lamun duwe kêkudangan | duk ingsun dadi pêngantèn | kinarerêngga ing dewa | suralaya sêdaya | kêmbang mayang dewadaru | gamêlan munya ing tawang ||
18. dadya cêlathu wak mami | yèn lakia Si Sumbadra | bisaa kaya wak ingong | wis yayi iku prayoga | kinarya sayêmbara | ingsun kang duwe pênjaluk | mring yayi Prabu Ngamarta ||
19. sira yayi kang duwèni | pênjaluk marang Ngastina | lah wis yayi pamit ingong | padha karia raharja | ingsun mêtu ing jaba | banjur budhalan wak ingsun | kang rayi lon aturira ||
20. miwah pramèswari katri | bok inggih ing benjang-enjang | pan dèrèng asat riwene [ri...]
--- [60v] ---
[...wene] | sêdalu sarea pura | ingkang raka ngandika | wis bangêt tarimaningsun | bok ipe sih marmanira ||
21. Sri Baladewa gya mijil | sapraptanira ing jaba | Sangkuni ngandikan age | lawan Radyan Dursasana | myang Arya Burisrawa | Kurawa sêdaya sampun | prapta glar ing ngarsanira ||
22. Sri Baladewa lingnya ris | hèh paman lampah kawula | wangsul sangêt pakewuhe | putra dika pun Sumbadra | katrucut mèh karyanya | wulan ngarsa badhenipun | panggihe lan pun Arjuna ||
23. dene dadosipun mangkin | pun Sumbadra pan kinarya | sayêmbara kudangane | swargi jêng rama Madura | paman sintên kang bisa | nêkani sêdayanipun | kudanganira jêng rama ||
24. pasthi lamun jatukrami | lawan pun Wara Sumbadra | binjang dika aturake | mring yayi Prabu Ngastina | Sangkuni wus jinarwan | kang dadya kudanganipun | ki patih ngungun miyarsa ||
25. wus têlas pangandika ji | sasmitèng Patih Pragota | têngara sigra budhale | wau prabu Padmanaba | nimbali ingkang putra | Radyan Sămba kang ingutus | marang nêgari Ngamarta ||
26. wus têlas wêling narpati | ing putra Rahadèn Sămba | sigra budhal sawadyane | rêrikatan lampahira | kunêng gênti winarna | nagri Ngamarta winuwus | Sang Aprabu Yudhisthira ||
27. ri sêdhêngira siniwi | mring ari Sang Arya Sena | myang Nangkula Sadewane | wus munggèng ngarsaning raka | Sang Prabu Yudhisthira | pangandikanira arum | hèh Wêrkudara kaya
--- 61 ---
pa ||
28. sudhiyanira ing kardi | apa wis padha samêkta | ingkang rayi lon ature | iya kabèh wus samêkta | tan ana kêkurangan | yèn mêngkono sêdhêngipun | sira ngatur-aturana ||
29. mring jêng rama Cêmpala Ji | lawan jêng eyang Wiratha | saputra garwane kabèh | kapindhone arinira | iya Si Dananjaya | bêcik timbalana iku | rêsanên anèng Ngamarta ||
30. iya kurang pira yayi | karyane ing sasi ngarsa | bêcik rêsanên nèng kene | Wêrkudara lon turira | ya wus sêdhêng rinêksa | pêngantèn wus adatipun | dèrèng dugi angandika ||
31. kasaru praptanirèki | satriya Paranggarudha | katur tinimbalan age | kèrid ing Radyan Nangkula | sapraptanirèng ngarsa | rahadyan nêmbah umatur | sarwi nolih wurinira ||
22. Pangkur
1. pukulun amba dinuta | dening raka panduka jêng rama ji | maringkên pangèstunipun | kaping kalih dinuta | angundurkên mring jêng paman karyanipun | ubaya ing wulan ngarsa | wontên dhadhakan nusuli ||
2. jêng uwa Prabu Madura | saha bala rawuh nèng Dwarawati | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Burisrawa | pra sêntana Ngastina sêdaya tumut | rawuhipun saha bala | amundhut marang jêng bibi ||
3. pan arsa pinanggihêna | lan pun Burisrawa rêmbag wus dadi | lan raka paduka prabu | paman Aji Ngastina | marma kadya angarak ing
--- [61v] ---
praptanipun | jêng uwa Prabu Madura | supe kalamun jêng bibi ||
4. wus pinacang lan jêng paman | Madukara lawan dèrèng miyarsi | lamun wus mèh dhaupipun | ubaya wulan ngarsa | lan paduka pêngantèn pangarakipun | marma rakanta jêng rama | langkung tikbranirèng galih ||
5. dening uwa Ji Madura | wus katrucut dènira anyagahi | cêgah panjênêngan ratu | kalamun mangsulana | pangandika sagah ingkang wus kawuwus | marang sasamining raja | siniku ing jawata di ||
6. kinêbat dêrajadira | jêng rama ji sangking kewraning galih | kangjêng bibi dadosipun | kinarya sayêmbara | kêkudanganira jêng eyang winangun | jêng bibi duk timurira | kinudang lamun akrami ||
7. tampia tukon sasrahan | kêbo danu satus kang pancal putih | lan malih pangarakipun | pêngantèn anitiha | rata rugmi pangirit turăngga diyu | kusir sêratinya dewa | patahe dewa kang pêkik ||
8. lan gamêlan munyèng tawang | kêmbar mayang dewadaru sêrakit | apsari pêngarihipun | pundi ta kang sagêda | andhatêngi kudangan sêdayanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih kalawan jêng bibi ||
9. pukulun kang pangandika | kangjêng rama sangêt dènira wêling | panduka sampun pakewuh | dumèh lăngka sêdaya | kakudanganipun jêng eyang pukulun | yèn sampun pêsthi jêng paman | jinodho lawan jêng bibi ||
--- 62 ---
10. sayêkti gampil sêdaya | singa-singa ingkang paduka tuding | angupaya yêkti antuk | Sang Prabu Yudhisthira | duk miyarsa mangunêng ing tyas mangun kung | dangu kèndêl tan ngandika | ing galih dèrèng pinanggih ||
11. dènirarsa mangsulana | Wrêkudara sru turnya mring raka ji | hèh pêmbarêp kadang ingsun | aja mangsuli sira | ingsun ingkang mangsuli prakara iku | durung tutug wong Ngastina | gone ngajak nora bêcik ||
12. têkan Si Bule Madura | wiwit milu-milu atine bêlis | Jlithênge têka anurut | yèn parêng karsanira | Si Janaka ingsun arak sesuk-esuk | sarta sun payungi gada | jajaran kaprabon jurit ||
13. pêngantène wadon kana | ya Si Bule kon mayungana bindi | wuwuha Kurawanipun | kang jajari gêgaman | mring pangantèn sun tunjange ganjur ingsun | singa tiwasa ngayuda | kang raka datan nauri ||
14. ngandika mring Radyan Sămba | iya kulup aturna sêmbah mami | mring ramanira sang prabu | ingsun darma kewala | anglakoni iya satimbalanipun | muga ta ingsun antuka | pangèstune sri bupati ||
15. Radyan Sămba matur nêmbah | kang timbalan pukulun jêng rama ji | pan kawula kinèn tumut | mring utusan paduka | ingkang badhe paring uninga pukulun | mring jêng paman Madukara | undure karyanirèki ||
16. sang prabu mèsêm ngandika | yèn mangkono kulup ya luwih bêcik | Wêrkudara sakêlangkung | èbêg wardayanira |
--- [62v] ---
bêkuh lajêng mêdal morod unduripun | marang pasanggrahanira | wau Sang Yudhisthira Ji ||
17. ngawe Radyan Gathutkaca | praptèng ngarsa kang uwa ngandika ris | sira kulup ingsun tuduh | ngupayaa sasrahan | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | lan mampira pêsanggrahan | bapakmu ingsun bubuhi ||
18. ngupaya rata kancana | kang pangirit turăngga yêksa kaki | lamun takon pêrnahipun | gone rata kancana | tuturana nèng kêncênge kalbunipun | lamun mopo tan lumampah | ingsun dhewe kang lumaris ||
19. ngupaya rata kancana | sun ulati satêlênging jêladri | utawa ing gêni murub | wusnya ngandikèng putra | mring Nangkula hèh yayi sira sun utus | dhawuhana kakangira | Si Janaka sun bubuhi ||
20. ngupaya sêrati dewa | lawan patah dewa ingkang apêkik | lawan kêmbang dewadaru | gamelan munyèng tawang | lan pêngarih widadari ingkang ayu | sadina iki mangkata | yèn mopo sun upatani ||
21. Nangkula lan Gathutkaca | Radyan Sămba sarêng tur sêmbah mijil | wau ta ingkang winuwus | Rahadyan Wêrkudara | sapraptanya pasanggrahan lagya lungguh | lan garwa miyat kang putra | ingawe marang ngarsa glis ||
22. sira nusul ana apa | mring paseban kang putra awotsari | ingutus jêng uwa prabu | dhawuhkên kang timbalan | mring paduka kinèn angupaya gupuh | nênggih kang rata kancana | pangirit kuda rasêksi ||
23. pêrnahe rata kancana | mangke wontên kakêncênganing [kakê...]
--- 63 ---
[...ncênganing] galih | kawula inggih ingutus | ngupaya kang maesa | danu satus ingkang sami pancal panggung | jêng paman ing Madukara | wau ingkang dèn dhawuhi ||
24. ngupaya sêrati dewa | lawan patah dewa ingkang apêkik | lawan kajêng dewadaru | găngsa kang munyèng tawang | Wêrkudara duk miyarsa sru ambêkuh | balia sira matura | marang wakamu dèn aglis ||
25. ingsun tan bisa ngupaya | ingkang rata kancana dhasar suthik | mulane morot wak ingsun | iya măngsa wurunga | sun dinuta angur kinongkona ngamuk | marang Kurawa Ngastina | ing samăngsa sun saguhi ||
26. kang putra matur manêmbah | yèn paduka mopo datan lumaris | yêkti lamun uwa prabu | nyarirani ngupaya | kang rata mas salêbêting gêni murub | utawi jroning dahana | miwah têlênging jêladri ||
27. jêng paman ing Madukara | lamun mopo wau dèn upatani | Wêrkudara sru gumuyu | jêlèh bosên wak ingwang | pan wus adat yèn pinopo karêpipun | nuli mrih pati kewala | lamun ora nyupatani ||
28. sirèku kinèn ngupaya | kêbo danu kang pancal gone ngêndi | takona marang wakamu | iya kadangku tuwa | kêthèk putih atêtapa karyanipun | nèng Gunung Kêndhalisada | Anoman namane kaki ||
29. sak tuduhe lakonana | ingsun iya ngulati guru mami | mênawa bisa katêmu | gone têlêng samudra | payo mangkat ingsun ngisor
--- [63v] ---
sira dhuwur | Radyan Arya Wêrkudara | lagya gêrgêt tyas lumaris ||
30. bayuning ăngga wus mêdal | sindhung riwut adrês kang angin-angin | Arya Sena gya sumêbut | mêsat saingga kilat | salumpatan rong onjotan tibanipun | lampahnya Sang Arya Sena | lir naga krura ngajrihi ||
31. ambêbênêr murang marga | bayunira sangsaya drês mawêrdi | prahara gora gumuntur | wrêksa sol kapêrapal | papal punggêl dening lesus lir pinusus | bajrapati mawalikan | sindhung riwut rèh gumêrit ||
32. wuri Radyan Gathutkaca | sigra mangkat dêdêl ngayuh wiyati | dhèdhèt erawati pagyut | gêtêr-patêr walikan | lir kruraning kagendra kêras bêripun | wuwusên Arya Nangkula | ing Madukara wus prapti ||
33. lan kang putra Radyan Sămba | tinimbalan laju mring tamansari | praptèng ngarsa kalihipun | samya angraup pada | Radyan Sămba rinangkul lungayanipun | wus samya kinèn alênggah | anèng ngarsanira kalih ||
34. Radyan Nangkula tur sêmbah | dhuh kakang mas lampah ulun tinuding | ing rakanta sang aprabu | kinèn paring uninga | damêl tuwan ing mangke kinarya mundur | lampahe putra paduka | dinuta andhandhanggêndhis ||
1 | Durmanggalane. (kembali) |
2 | sêsotya. (kembali) |
3 | rinirèki. (kembali) |
4 | Duryudana. (kembali) |
5 | gagra-kusika. (kembali) |
6 | orêg. (kembali) |
7 | onêng. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: patiba sampirira. (kembali) |