Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

23. Dhandhanggula

1. mangkya wontên dhadhakan nusuli | raka paduka Prabu Madura | rawuh sawadyabalane | kapraboning prang pupuh | rawuhipun nèng Dwarawati | bêkta pun Burisrawa [Bu...]

--- 64 ---

[...risrawa] | bala Kurawa gung | karsanya raka paduka | ing Madura kakang bok Banoncinawi | arsa pinanggihêna ||

2. lan pun Burisrawa rakanta Ji | tan miyarsa yèn mèh karyanira | lawan paduka dhaupe | wulan ngarsa pukulun | raka tuwan ing Dwarawati | kêkah Madura mêksa | dene wus katrucut | sagahnya lawan Kurawa | têmahipun kaka Prabu Dwarawati | akarya sayêmbara ||

3. kakang êmbok ing Banoncinawi | duk timurnya apan ta kinudang | mring swargi wa Madurane | yèn krama pinujyantuk | satriyanom ingkang apêkik | atampia sasrahan | kêbo danu satus | kang pancal panggung sêdaya | lan pêngantèn lanang pêngarakirèki | sampun nitih turăngga ||

4. anitiha rata kancana di | kang pangirit turăngga rasêksa | kusir dewa lan patahe | jawata ingkang bagus | lan gamêlan munyèng wiyati | mawia kêmbar mayang | kayu dewadaru | apan botên pilih jalma | sintên-sintên ingkang sagêt andhatêngi | sayêkti jatukrama ||

5. lan kusuma ing Banoncinawi | kaka prabu apan sampun sagah | andhatêngi sadayane | kudanganipun wau | pan paduka dipun bêbahi | ngupaya sêkar mayang | kajêng dewadaru | lan gamelan munyèng tawang | kusir dewa patah dewa myang pêngarih | dene raka paduka ||

6. ing Pamênang pan dipun bêbahi | angupaya

--- [64v] ---

kang rata kêncana | turăngga wil pangiride | putra tuwan pukulun | Pringgadani dipun bêbahi | pados maesa pancal | panggung inggih satus | satriya Andananjaya | duk miyarsa kaprêmpêng runtik tan sipi | garês jroning wardaya ||

7. nanging sinamun datan katawis | sinawung gujêng dènnya ngandika | yayi mas matura bae | sadukane ngong suwun | ayya dadi galihirèki | ingsun nora kaduga | ngupaya riningsun | pamundhute sri narendra | patah dewa myang sêrati dewa luwih | gamelan munyèng tawang ||

8. kêmbang kayu dewadaru swargi | sapa wonge kang bisa ngudhuna | lagia kusire bae | dewa kinèn mêmêcut | iku yayi namung kinardi | samudana kewala | pan ing batinipun | sri bupati ing Madura | miwah ingkang sinuwun ing Dwarawati | kaduwung galihira ||

9. gone arsa ngabdèkkên mring mami | yèn tinimbang lan putra Mandraka | sayêkti dudu timbange | dadya tyas ingsun mupus | pan angrasa lamun wong cilik | nêdya rabi kusuma | dudu bobot ingsun | namung abdine kewala | Si Sulastri iya kang sun suwun bali | kalawan kêris ingwang ||

10. Radyan Sămba wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang paman | sigra nungkêmi padane | ngrarêpa aturipun | adhuh paman wong tuwa mami | sampun paduka narka | ing galih pukulun | mring rakanta kangjêng rama | yèn gadhaha ing

--- 65 ---

pênggalih malih-malih | liya sangking paduka ||

11. pan kawula purun ananggêni | ing sor miwah upataning rama | mring kawula bêbisike | rakanta rama prabu | sangêt-sangêt dènira wêling | kulup yèn pamanira | dadya ing tyasipun | tan arsa anêkanana | mutung dening sayêmbara anusuli | warahên wus tan kêna ||

12. yèn lumuha kudu anêkani | kabèh ingkang kocap kakudangan | mring bibèkamu dhaupe | iya lan pamanamu | pan tinuta wêling ngong iki | nora ngèl pamanira | ing kudangan iku | nêkani sayêkti bisa | yèn suthika sasat maido ingkang wis | dadi karsaning dewa ||

13. Dananjaya gumujêng sarya ngling | iya radèn wis ingsun tarima | sih parimarmaniranggèr | bangêt tarimaningsun | ngrasa nora bisa mangsuli | nanging sun lakonana | karsanira iku | kang mêsthi măngsa bisaa | mundhak dadi gêguyoning wong sabumi | ingaran tanpa ngrasa ||

14. dene cebol mêksa gayuh langit | kêrangsangan pan măngsa tutuga | gayuh dudu sêsamane | tan wruh kanisthanipun | sudra papa anyipta putri | namung sira kewala | tutugna nak ingsun | gonira angaku bala | mring wong nistha Radyan Sămba duk miyarsi | asru dènnya karuna ||

15. Nangkula gya nêmbah matur aris | dhuh kakang mas sampun tan lumampah | ing kaka prabu dhawuhe | sangêt pêpacuhipun | lamun mopo dèn supatani | miwah raka paduka [padu...]

--- [65v] ---

[...ka] | ing Pamênang wau | lamun mopo tan lumampah | kaka prabu pamit seda lêbu gêni | marma sangêt tur amba ||

16. sampun tuwan tan botên lampahi | botên sande yèn lêbu dahana | kaka prabu ing samangke | punapa tuwan kantun | myang kawula alêbu gêni | satriya Dananjaya | tyasira kumênyut | myarsa ature Nangkula | pan kadaut pangrêsing tyas dènira jrih | mring raka sih bêktinya ||

17. lir sinapon runtikirèng galih | marang Prabu Baladewa lawan | wong Ngastina Mandrakane | miwah ing runtikipun | mring kang raka ing Dwarawati | galih ingkang timbalan | kang raka sang prabu | dadya alon angandika | iya yayi matura ing sri bupati | atur ingsun sandika ||

18. darma bae wak ingsun nglakoni | ing timbalan kangjêng sri narendra | mugyantuka pangèstune | miwah sira nak ingsun | umatura ramanirèki | yèn ingsun wis sandika | ing timbalanipun | ingkang rayi ing Ngamarta | ingkang mêsthi lakuningsun nora olih | sangking wêdi kewala ||

19. yèn mopoa ing karsa sang aji | Radyan Sămba myang Radyan Nangkula | kalangkung suka galihe | wus pamit kalihipun | mundur sangking ngarsa wotsari | satriya Dananjaya | ing saunduripun | Nangkula lan Radyan Sămba | animbali Sêmar Bagong kinèn sami | angobar dupanira ||

20. Sêmar Bagong sukanya tan sipi | dènnya arsa

--- 66 ---

minggah suralaya | sigra ingobar dupane | rahadyan nurut kukus | Sêmar Bagong pan datan kari | saparaning gustinya | wau lampahipun | Radyan Nangkula wus prapta | ngarsèng nata sêdaya wus katur sami | sasolahing dinuta ||

21. yèn kang raka sampun nyandikani | satimbalan lajêng lumaksana | mring suralaya lampahe | sang prabu sukèng kalbu | duk miyarsa ture kang rayi | wau ta kang winarna | nênggih lampahipun | satriya Paranggarudha | sampun prapta nêgari ing Dwarawati | ngarsane ingkang rama ||

22. matur solah-tingkahnya tinuding | mring Ngamarta miwah Madukara | ingkang paman wangsulane | sêdaya sampun katur | ingkang rama suka miyarsi | kunêng gênti winarna | nênggih lampahipun | sri bupati ing Madura | saundurnya sangking nagri Dwarawati | lan Kurawa Ngastina ||

23. praptèng marga sasimpangan sami | Prabu Baladewa sawadyanya | kundur marang nagarine | Kurawa lajêng mantuk | sapraptanya Ngastina nagri | sêdaya tinimbalan | manjing jro kadhatun | Drona sampun munggèng ngarsa | Arya Burisrawa nangis anungkêmi | ing pada sri narendra ||

24. Arya Sangkuni matur miwiti | duk praptane nagari Madura | sêrat dalêm ing kature | lajêng ing budhalipun | marang nagri ing Dwarawati | purwa madya wusana | sêdaya wus katur | solah-tingkahnya dinuta | myang dadining sayêmbara katur sami | gumuyu

--- [66v] ---

Rêsi Drona ||

25. yèn mêngkono hèh ta adhi patih | atur ingsun ing nguni lan sira | paekan lêlakon bae | nora nana kang luput | balinira iki pan sangking | Sumbadra lan Arjuna | iya wus katrucut | dhaupe ing sasi ngarsa | yèn ojoa yayi mangkono wus pêsthi | lakunirantuk karya ||

26. sri narendra angandika aris | hèh ta paman paran dayanira | amrih olèh ing banjure | nora bisa wakingsun | tinangisan sutanirèki | Rêsi Drona turira | pukulun sang prabu | kang kocap ing sayêmbara | pan sêdaya langkung elokipun sami | tan kenging binudia ||

27. ewadene rayi paduka ji | Nata Pandhawa mênawi bisa | andhatêngi sêdayane | dene bêbotohipun | inggih ingkang amêmundhuti | sayêmbara punika | ing wêwadosipun | Sri Maha Bathara Krêsna | botên kenging binudi samining jalmi | ananging padukendra ||

28. sapikantuk kêdah anganani | sawontêne nêgari Ngastina | anggèr rata kancanane | kagungan dalêm prabu | sinaputa dening mas adi | turangganipun yêksa | dipăngga kang tutut | kusir patah pêngarihnya | ngupadăsa endhang lan wiku kêkalih | ingkang pêkik taruna ||

29. kajêngipun dewadaru kardi | sêsotya di-adi kang kinarya | woh pêntil lawan kêmbange | kêncana godhongipun | winarnaa ing rajawrêdi | banthèng maesanira [ma...]

--- 67 ---

[...esanira] | găngsa munyèng luhur | inggahêna ing jêmpana | lan kang nabuh yèn sampun samêkta sami | aturna mring Madura ||

30. sri narendra angandika aris | iya paman nuli samêktaa | kang kadya turira kabèh | Burisrawa riningsun | sarèhêna brangtanirèki | antinên sasi ngarsa | anèng tamansantun | poma paman dèn samêkta | kudangane putri ing Banoncinawi | kang kocap sayêmbara ||

31. matur sandika rêkyana patih | lawan Dhanyang Drona wus umêdal | sangking jro pura kalihe | sang prabu angêdhatun | Burisrawa pinêrnah malih | anèng ing patamanan | sangsaya kalurung | siyang dalu sru karuna | sambat-sambat kusuma Banoncinawi | katon nèng wurinira ||

24. Pangkur

1. kunêng nêgari Ngastina | gantya ingkang winursita ing kawi | Wêrkudara lampahipun | praptèng pinggir samodra | kèndêl jêgrêg anjêngêr datanpa muwus | sidhakêp asta kalihnya | datan mobah datan mosik ||

2. sêmèdi jroning wardaya | kang pininta nênggih jroning sêmèdi | ing praptane gurunipun | tan dangu katingalan | Dewaruci lênggah ngudayaning alun | aminggir anut ing ombak | Wrêkudara aningali ||

3. langkung sukaning wardaya | mudhar asta luwar sangking sêmèdi | Dewaruci gya sumêbut | mêsat saingga kilat | tinadhahan marang [ma...]

--- [67v] ---

[...rang] Arya Sena sampun | lênggah èpèk-èpèk kanan | Wêrkudara anungkêmi ||

4. Dewaruci angandika | Wêrkudara apa karyanirèki | dene nyipta praptaningsun | Sena lon aturira | dhuh pukulun sadèrèng amba umatur | kang dados lampah kawula | sayêkti ingkang murbèng sih ||

5. saliring sêdya tan samar | sru gumujêng Dewaruci sarya ngling | lah iya lakunirèku | dinuta kadang tuwa | kaki Prabu Darmaputra ingkang ngutus | ngupaya rata kancana | bakal tungganganirèki ||

6. arinira kaki Parta | lamun ngarak marang ing Dwarawati | sasi ngarsa dhaupipun | kalawan Si Sumbadra | ayya maras Sena ingsun ingkang jurung | iya marang lakunira | lor bênêr samudra iki ||

7. ana ratu binathara | pan sinêmbah sasamining narpati | dene ta jêjulukipun | Sri Maha Bisawarna | angêdhaton ing Singgêla nêgara gung | trahing Prabu Wibisana | Ngalêngka ratu linuwih ||

8. yèku ingkang kagadhuhan | rata rugmi kang pangirit kuda wil | ing nguni titihanipun | Sang Sri Bathara Rama | nalikarsa amungkasi ing prang pupuh | mring yêksendra ing Ngalêngka | tanpa titihaning jurit ||

9. Dasamuka munggèng rata | Batharendra mulat sandeyèng galih | tinurunan rata gupuh | sarta Guwawijaya | hru pamungkas Rawana katiban rampung | Păncasona [Pănca...]

--- 68 ---

[...sona] tanpa dadya | dhas sapuluh tibèng siti ||

10. sirnane Bathara Rama | rata iku ing samêngko pan mêksih | Sri Bisawarna kang gadhuh | wus pêsthi lamun kêna | rata rugmi iya ing lakunirèku | myang lakune Si Janaka | gone marang suranadi ||

11. ngupaya sêrati dewa | patah dewa pêngarih widadari | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | antuk kabèh Si Janaka lakunipun | miwah ta Si Gathutkaca | gone lunga angulati ||

12. kêbo danu satus ingkang | pancal panggung yêkti kalamun olih | apa sapundhutanipun | Sang Prabu Padmanaba | antuk kabèh siji tan ana kang luput | ingkang kocap kêkudangan | kusuma Banoncinawi ||

13. lah payo sun atêr nyabrang | lor samudra Wêrkudara turnya ris | paran ta gèn kawula nut | lumampah ing samudra | sayêktine pêjah kêlêm dening ranu | Dewaruci angandika | yèn sira nut marang mami ||

14. sayêkti kaya dharatan | Wêrkudara gumuyu aturnya ris | inggih suwawi pukulun | anut ing lampah tuwan | wus mangkana sigra sarêng angkatipun | Dewaruci anglir kilat | lampahnya anèng jêladri ||

15. saingga ngambah dharatan | saparannya Wêrkudara tan kari | sakêdhap lampahira wus | prapta loring samudra | samya kèndêl Dewaruci ngandika rum | sun bali kene kewala | sira banjura pribadi ||

--- [68v] ---

16. ngalor bênêr aja nyimpang | ing Singgêla ratu agung linuwih | Sri Bisawarna dibya nung | sugih bala prawira | wêkasingsun sira dèn prayitnèng laku | besuk yèn bali kewala | sira ingsun papag malih ||

17. lah ta wis sira karia | wusira ngling musna Sang Dewaruci | mantuk mring kayanganipun | Rahadyan Wêrkudara | saungkurnya Dewaruci gya sumêbrung | sinêrang kras lampahira | saya drês kang angin-angin ||

18. prahara rèh magênturan | sindhung riwut bayu bajra gumêrit | wrêksa rug rêbah barubuh | sol sêmpal kapêrapal | murang marga ambêbênêr lampahipun | gègèr sagung kang kamargan | wau ta ingkang winarni ||

19. nênggih nêgari Singgêla | kacarita pêpatihing narpati | apan wus saingga ratu | sinêmbah pra dipatya | Kyana Patih Kartabăngsa sudibya nung | gagah prakosèng ayuda | măndraguna luwih sêkti ||

20. ing sabrang wus tanpa lawan | duk sêmana nuju rêkyana patih | sineba sakancanipun | sagunging pra dipatya | para mantri anèng panangkilan atup | gègèr katrajang prahara | sindhung riwut rèh gumêrit ||

21. têratag rambat suh sirna | mawur-mawur kabuncang dening angin | tan adangu gya kadulu | lampahnya Arya Sena | ambêbênêr mawa lesus lir pinusus | prapta jujug panangkilan | Kartabăngsa amanggihi ||

22. prasamya adêg-adêgan | pra dipati

--- 69 ---

atup rubung nèng ngarsi | kyana patih têtanya sru | hèh wong sing ngêndi sira | angakua sapa ta aranirèku | dahat wuta murang tata | praptanira gawa angin ||

23. jumujug ing panangkilan | dumarojog ngadêg datanpa kering | Wêrkudara sru sumaur | ingsun wong tanah Jawa | pan kinongkon dening kadang ingsun sêpuh | Sang Aprabu Darmaputra | Arya Sena aran mami ||

24. kinongkon anyilih rata | kancana kang pangirit turăngga wil | marang ingkang dadi ratu | iya nagri Singgêla | lah ta apa sira iku ratunipun | Singgêla Sri Bisawarna | ki patih asru nauri ||

25. lah ingsun dudu narendra | wruhanira pêpatih misesani | Singgêla wus sasat ratu | sinêmbah pra dipatya | aran ingsun Kartabăngsa sudibya nung | Wrêkudara lon lingira | yèn sira tuhu pêpatih ||

26. lah age ingsun aturna | lawan ratunira sun arsa panggih | dene kadang ingsun sêpuh | iya ratu Ngamarta | Patih Kartabăngsa sugal sauripun | balia sira tan kêna | seba marang ratu mami ||

27. dene sira iku wuta | tanpa krama Singgêla datan kêni | apa ing kana prajamu | tan ana bisa basa | lawan ora ana tatane wong lungguh | Wêrkudara saurira | iya mung ingsun pribadi ||

28. ingkang nora bisa basa | hèh ta patih yèn tan arsa sirèki | tur uninga mring ratumu | iya mung lilanana | ingsun dhewe banjur

--- [69v] ---

manjing jro kêdhatun | katêmu lan ratunira | kyana patih duk miyarsi ||

29. krodha sru ing wuwusira | babo-babo wong apa sira iki | ambêgmu bêrung dalurung | tan ana keringira | apa ta wus katon kucing raganingsun | miwah sagung pra dipatya | tan katon durmaning jurit ||

25. Durma

1. lamun mêksih urip Patih Kartabăngsa | lan sagung pra dipati | kaya nora bisa | sira banjur mring pura | buh ta ingsun yèn wus mati | lan pra dipatya | kabèh ajur wor siti ||

2. Wrêkudara nauri nadyan wak ingwang | iya pêlaur mati | kalamun balia | anèng kene kewala | myarsa krodhanya tan sipi | rêkyana patya | ngêjèpi pra dipati ||

3. wong sawiji paripêksa găndra pira | sarêng ambyuk ngêbyuki | marang Arya Sena | rumukêt mamrih bănda | rêkyana patih jêjêgi | ngadêg nèng ngarsa | sarwi angundha bindi ||

4. pan kalimput Sena dening pra dipatya | adêgira tan osik | pinarbutan kathah | astanira Sang Sena | katgadèng tyas mamrih budi | bayuning ăngga | prahara sarêng mijil ||

5. bayu bajra kumrusuk sangking sarira | sindhung riwut gumêrit | sagung pra dipatya | kapadal singsal kontal | katut tibane kabanting | rêkyana patya | krodha sigra ambindi ||

6. Arya Sena tiniban ing gada panggah | jajanya datan osik | pinindho tan obah | kyana patih cinandhak | gapyuk sarêng anadhahi [a...]

--- 70 ---

[...nadhahi] | rêkyana patya | prakosa gêng ainggil ||

7. tanah sabrang yèn aprang datanpa lawan | kuwat anglêliwati | lan Sang Arya Sena | mèh sami prakosanya | dêdêr-dinêdêr pra sami | sêndhal-sinêndhal | sigra kang pra dipati ||

8. sarêng tandang têtulung marang kya patya | mangêmbul angêmbuli | Sena pinarbutan | dhinêndha binêdhama | pinalu-palu piniling | cakra candrasa | bingung Arya Sena glis ||

9. milar marang kya patih lumumpat nyandhak | punggawarsa binanting | ki patih anggada | dadya was panyêkêlnya | nolèh mring patih ginitik | musala dhêndha | mring sagung pra dipati ||

10. sinasiwo sangking wuri sangking ngarsa | myang sangking kanan kering | pinarbutan dhêndha | binandhêm ing bêdhama | binabingung gada bindi | Sang Arya Sena | tan antuk amalêsi ||

11. krodha Radyan Wêrkudara gya lumumpat | nyandhak rêkyana patih | sru sinêndhal dhadhal | tiba kongsêb cinandhak | linarak dèn oncit-oncit | tiba jinêjak | pra dipati ngêbyuki ||

12. pinapag ing Sena kya patih kinarya | nyabêti pra dipati | rêbah kasulayah | kambah dadya jêrambah | patih kang kinarya gitik | kantakèng asta | wor lawan pra dipati ||

13. Wrêkudara tan arsa mrih patinira | mring sagung pra dipati | sawênèh cinandhak | sinawatakên marang | jro pura gègèr ningali | Sri Bisawarna | gugup ing tyas tan sipi ||

14. mijil jawi [ja...]

--- [70v] ---

[...wi] mulat marang Arya Sena | pangamukira maksih | mobat-mabit babat | mring sagung pra dipatya | patih kang kinarya gitik | kang wus cinandhak | sinawatkên jro puri ||

15. kang kantaka ing alun-alun gêlasah | punggawa para mantri | kang kantun tumingal | yèn gustinira têdhak | sarêng ambyuk angêbyuki | mring Arya Sena | pinapag kèh gulinting ||

16. duka Prabu Bisawarna ngayat kunta | mèh lumêpas ningali | cahyanya Sang Bima | anut sêrênging duka | kadya sunaring yyang rawi | munggèng wêdana | prabanya balêrêngi ||

17. Prabu Bisawarna ing tyas nora samar | lamun kusuma yêkti | trah ngandana tirta | wijiling maratapa | sèlèh cakra marêpêki | asru ngrarêpa | dhuh sang prakosèng jurit ||

18. sampun anggèr kadêrêng dhawuhkên duka | mring abdi tanpa kardi | lêburên sapraja | măngsa dadak gawêra | ananging paduka gusti | sasat angrusak | ing kagungan pribadi ||

19. pan kawula dêrmi atêngga kewala | nagri Singgêla ngriki | kagungan paduka | saisining jro pura | punapa kang dèn karsani | ulun sumăngga | branarta busana di ||

20. nadyan silih pêjah lan gêsang kawula | sakarsanta pan dadi | Radyan Wêrkudara | kèndêl pangamukira | ningali marang kang prapti | seje warnanya | mawa cahya tur pêkik ||

21. wus anarka yèn iku Ratu Singgêla | sinèlèhakên aglis | Patih Kartabăngsa | gumlinting nèng bantala | ngalumpruk sangêt tan eling | Sri

--- 71 ---

Bisawarna | ngrarêpa matur aris ||

22. lah sumăngga anggèr paduka pinarak | aso nèng păncaniti | mangke dhêdhawuha | punapa kang kinarsan | dene kongsi anêmahi | dhawuhkên duka | mring kang abdi ing ngriki ||

23. Wêrkudara nuruti sigra lumampah | marang ing păncaniti | wusnya tata lênggah | Sang Prabu Bisawarna | umatur angasih-asih | dhuh gustiningwang | kamipurun kang abdi ||

24. atêtanya ing nami miwah pinăngka | inggih nagari pundi | rawuh nèng Singgêla | punapa kang kinarsan | dene ngantos anêmahi | dhawuhkên duka | mring kang abdi pun patih ||

25. Radyan Wêrkudara aris saurira | tanah Jawa sun iki | panênggak Pandhawa | aranku Arya Sena | satriya ing Judhipati | dene kang dadya | natèng Ngamarta nagri ||

26. kadang ingsun tuwa Prabu Darmaputra | dene ta prapta mami | anèng prajanira | nora bêbara aprang | lan ora sikara budi | apan dinuta | marang ing kadang mami ||

27. kakang prabu nêdya ngambil pawong-mitra | mring sira sri bupati | miwah raganingwang | nêdya wanuh lan sira | prapta ngong nèng păncaniti | pêpatihira | lan sagung pra dipati ||

28. angadhangi nora wèh ingsun banjura | têtamu lan sirèki | atêmah sikara | maringsun mamrih pêjah | marma têmah dadya jurit | Sri Bisawarna | miyarsa ing tyas kingkin ||

26. Asmaradana

1. umatur angasih-asih | anggèr [ang...]

--- [71v] ---

[...gèr] lamun mêkatêna | kang lêpat abdine kene | namung apuntên paduka | hèh patih marenea | ngabêgtia mring gustimu | padha nyuwuna ngapura ||

2. ki patih lan pra dipati | èngête sangking kantaka | mêksih rêngkêng-rêngkêng kabèh | samya ngabêkti sadaya | marang Sang Arya Sena | sawusnya kinèn alungguh | aglar munggèng ngarsanira ||

3. Wêrkudara angling aris | hèh Sang Prabu Bisawarna | praptaningsun sayêktine | dinuta mring kadang ingwang | nyilih rata kêncana | kang bakal tungganganipun | ariningsun kang pamadya ||

4. rabi putri Dwarawati | pangarake anungganga | rata mas jêjalukane | pangirit turăngga yêksa | kusir sêrati dewa | timbalane kakang prabu | rata bisaa kagawa ||

5. barêng ing salaku mami | Bisawarna tur sumăngga | mundhut kagungane dhewe | wartine bapa kawula | inggih rata punika | ing nguni titihanipun | Bathara Ramawijaya ||

6. milanipun wontên ngriki | dhasar lêluhur kawula | kang darbe gadhuhan anggèr | marmamba jrih nitihana | laminya mung rinêksa | pun bapa pitungkasipun | sirnanya Bathara Rama ||

7. nuksmèng Ratu Dwarawati | mangkya arinta akrama | putri ing Dwarawatine | dhasare ingkang kagungan | inggih Bathara Krêsna | yêkti kawula tan kantun | anggèr kang rata kêncana ||

8. ulun dhèrèkkên pribadi | wus lami niyat kawula | sumêdya ngèstupadane | marang sang Bathara [Ba...]

--- 72 ---

[...thara] Krêsna | ing mangke kaparêngan | nanging antinên pukulun | ing wulan ngarsa kewala ||

9. paduka kawula turi | ngêdhaton sajroning pura | ngayêmêna sarirane | sêdhêng kawula samêkta | ing bala myang baita | mring Ngamarta nabrangipun | Wêrkudara èngêt ing tyas ||

10. wêlingira Dewaruci | kinèn nuruti kewala | Bisawarna sêmayane | dadya ris dènnya ngandika | lah ta ingsun tarima | sih marmanira maringsun | nanging ingsun nora kêna ||

11. yèn ngantia lami-lami | watir kang kari nèng praja | nanging poma wêkas ingong | sasi ngarsa aja cidra | praptanira Ngamarta | karana ing gawenipun | rata iya sasi ngarsa ||

12. lamun cidra sun balèni | Sang Aprabu Bisawarna | sarwi gumuyu ature | măngsa ta puruna cidra | anggèr dhatêng paduka | Wêrkudara lingira rum | lah wis kariya raharja ||

13. ingsun amit ing saiki | sumêbut Sang Arya Sena | saingga bênêr lumpate | wuri Prabu Bisawarna | parintah marang patya | samêkta ingkang wadya gung | myang baita pênyabrangan ||

14. sandika rahadyan patih | lajêng dènira parintah | marang sagung punggawane | siyaga wadya lan palwa | kunêng gênti winarna | Gathutkaca lampahipun | wus prapta Kêndhalisada ||

15. Senaputra angabêkti | mring uwa Kapi Anoman | dangu nungkêmi padane | Anoman alon têtanya | lah sira iki sapa | dhuwur tênggak [têngga...]

--- [72v] ---

[...k] ingsun dulu | kaya na èmpêre uga ||

16. ngêngrêng jarote ngêblêgi | iya lawan Wêrkudara | lah ngakua sapa kowe | Gathutkaca matur nêmbah | pasaja yèn putranya | anulnya rinangkul gapyuk | nora lidok tangguh ingwang ||

17. bok aja kabèh ngêblêgi | jarote myang swaranira | kang seje lan bapakane | Si Wrêkudara balèngah | sirèki bambang awak | prapta ing patapaningsun | apa ta sira dinuta ||

18. mring wong tuwanira kaki | Gathutkaca matur nêmbah | pukulun inggih kinèngkèn | mring uwa Prabu Ngamarta | angupaya maesa | danu satus pancal panggung | jêng paman ing Madukara ||

19. krama putri Dwarawati | kusuma Wara Sumbadra | ing wulan ngarsa dhaupe | mundhut sasrahan maesa | danu satus kang samya | pancal pangung sukunipun | milamba marêk jêng uwa ||

20. nyuwun têdah kang sayêkti | jêng uwa gèning maesa | Anoman suka gujênge | sun arani wong gêlathak | Sang Prabu Padmanaba | jaluk kêbodanu satus | kang pancal panggung sukunya ||

21. ubrêsên sajagat kaki | matura mring uwakira | kang kadya aturmu kuwe | kêbo mangkono rupanya | dhasare nora nana | kang duwe pênjaluk iku | golèka măngsa bisaa ||

22. lah ta wis muliha kaki | matura mring uwakira | yayi Prabu Ngamartane | yèn mangkono saur ingwang | Gathutkaca tur sêmbah |

--- 73 ---

yèn uwa tan arsa tuduh | nênggih ênggèning maesa ||

23. suka pêjah anèng ngriki | lingsêm mantuk mring Ngamarta | mendah jêng uwa dukane | miwah arinta jêng rama | Anoman duk miyarsa | kang putra rinangkul gapyuk | bocah iki wus kabapan ||

24. iya kulup sun tuturi | pan dudu ing marcapada | ênggone maesa kuwe | sayêktine ing kaendran | kagungane Hyang Endra | Bathara Gana kang gadhuh | satus pancal panggung samya ||

25. jujuga Sêmèru wukir | pucake ingkang lor wetan | pan ing kono panggonane | pêsthi kêna dening sira | sênadyan Si Janaka | lan lakune bapakamu | iya padha olèh karya ||

26. tan ana kang luput siji | pamundhute sri narendra | Dwarawati antuk kabèh | ujar wus pêsthi jodhonya | Parta lawan Sumbadra | lah ta wis mangkata kulup | ingsun jurung puja-măntra ||

27. nanging dèn prayitna kaki | andanu liwat bêbaya | satus galak-galak kabèh | suka Radyan Gathutkaca | dènnya wus antuk têdah | amit nêmbah lajêng mabur | kawuri Kêndhalisada ||

27. Pangkur

1. sinêrang kras ibêrira | Gathutkaca sakêdhap wus ngungkuli | luhuring wukir Sêmèru | pucak ingkang lor wetan | tiningalan jirap kang maesa danu | satus pancal panggung samya | Gathutkaca marêpêki ||

2. maesa satus tumingal | marang Gathutkaca [Gathutka...]

--- [73v] ---

[...ca] arsa anggiring | kêbo satus parêng nubruk | ingkang ngarsa cinandhak | tan bisobah ingkang sangking wuri nubruk | cinandhak kang sangking kanan | nubruk ingkang sangking kering ||

3. bingung Radyan Gathutkaca | kontal-kontal mèh sayah dèn bijigi | langkung èmêng jroning kalbu | Rahadyan Gathutkaca | de andanu siji nora kêna tutut | wontên maesa satunggal | bule gêngipun saèsthi ||

4. pan iku kêpalanira | langkung kuwat panumbuke nyakiti | panjang lungit sungunipun | radyan anggung dèn undha | kumbul tibanira tinadhahan sungu | kumêdut nanging tan pasah | kang kathah ngrubut numbuki ||

5. krodha Radyan Gathutkaca | mulat marang andanu bule siji | kuwate panumbukipun | kêrasa ing sarira | gya cinandhak tinêpak dhasnya malêdug | muncrat polone mêlapar | ingkang kantun aningali ||

6. pêjahe kêpalanira | sangang dasa sanga prasamya giris | gumrubyuk sarêng lumayu | kagyat Bathara Gana | prapta sarwi angundha gadanira gung | nguwuh asru asêsumbar | anjrit swaranya ngajrihi ||

7. hèh-hèh wong ing ngêndi sira | dene têka wani-wani matèni | kêpalane kêbo danu | kagungane Hyang Endra | nora wurung sira mêngko dadi bubuk | katiban ing gadaningwang | ngêndi pangungsènirèki ||

8. Gathutkaca duk tumingal |

--- 74 ---

osiking tyas iki kang bêbayani | ditya sirah dipangga gung | prayitna sru lingira | mêngko-mêngko ayya ge gada maringsun | iya antinên sadhela | rungunên wuwus ngong dhingin ||

9. ingsun iki Senaputra | praptaningsun ing kene pan tinuding | marang kangjêng uwa prabu | Ngamarta angupaya | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | arsa ginawe sasrahan | marang putri Dwarawati ||

10. jêng paman ing Madukara | ingkang bakal krama dèn jêjaluki | sasrahan andanu satus | mêngko kapasang yogya | sira prapta andanu satus kang gadhuh | dèn suka rila tyasira | kêbo ingsun silih dhingin ||

11. ing besuk yèn wis karyanya | ingsun balèkakên marang sirèki | Bathara Gana sru muwus | babo dene gumampang | pangucape lamun ingsun durung lampus | kaya lamun ora kêna | kêbo kagawa sirèki ||

12. luput-luput mêngko sira | ajur mumur katiban gada mami | awor lawan bangkenipun | kêpalane maesa | danu putih siji sira ingkang nglampus | Gathutkaca duk miyarsa | krodha sru dènnya nauri ||

13. hèh dewa kang êndhas gajah | nadyan ingsun iya pan isin mulih | kalamun kang kêbo satus | nora bisa kagawa | ing saiki iya sun pêlaur lampus | wirang mulih mring Ngamarta | lah payo tibakna aglis ||

14. krodha Sang Bathara Gana | mangsah gada tibane dèn tadhahi |

--- [74v] ---

cinandhak gadanira wus | rame sêndhal-sinêndhal | udrêg-dêdrêg rêrêjêngan gada dangu | krodha Arya Gathutkaca | panyêndhalira nguwati ||

15. wus karêbut gadanira | gya binuwang sumêbut tibèng siti | Bathara Gana gya nubruk | sarya gro lir rasêksa | tinadhahan panubruke parêng gapyuk | caruk rok candhak-cinandhak | rukêt samya silih-ungkih ||

16. kakahan pokah-pinokah | rame cêngkah-cinêngkah kih-ingungkih | gêlut pulêt pan apêluk | okol-okol ingongkal | rame dêdêl-dinêdêl dêkung-dinêkung | kuwêl kalih tan kêna wal | kagulung gênti kaguling ||

17. rug-ugrug agraning arga | ing Sêmèru kambah ramening jurit | wrêksa rubuh kabarubuh | bosah-basih bêlasah | Sang Bathara Gana astane malesuh | susah wus angrasa sayah | anggung kalindhih katindhih ||

18. dhas bundhas kabêntus padhas | rongkong rêngkêng-rêngkêng anggung kabanting | jongor-jongor kajêrungup | mrih singsal tan bisa wal | mamrih kiwul yun krodha-krodha kapêluk | têlake katikêl sela | kuping tuli mili gêtih ||

19. mangangên-angên ngupaya | amrih uwal dènnyarsa angoncati | mèh kêdhik kêna dinêkung | gulunira sru gronjal | sarwi mancal mancat ing jajanira sru | wal-singsal kalihe kontal | Gana tibane kabanting ||

20. gumulung angglundhung jurang |

--- 75 ---

satanginya lajêng lumayu gêndring | barêng lan maesanipun | andanu satus samya | ngungsi marang kaendran satus gumrubyug | samana Bathara Endra | sêdhêngnya lagya siniwi ||

21. dene kang para jawata | lênggah munggèng ing singangsana manik | aglar pra jawata ngayun | detya samya katunjang | pêlayune kang maesa danu satus | prapta lan Bathara Gana | pêlayune niba tangi ||

22. lajêng dheprok nèng ngayunan | mêmpis-mêmpis napase mêtu kuping | dinangu tan sagêt matur | pan mêksih mêgap-mêgap | babak bundhas ngangsur têlale ngalumpruk | prapta Radèn Gathutkaca | Bathara Gana mentar glis ||

23. dharadhasan ngungsi wuntat | sangêt kawus wau Sang Bimasiwi | wus narka yèn jawata gung | siniwi para dewa | lênggah munggèng singangsana rêtna murub | marêk ing ngarsa tur sêmbah | Batharendra ngandika ris ||

24. saingga kadi ngrarêpa | hèh ta kulup paran purwanirèki | dene nêmahi prang pupuh | iya lawan Si Gana | lawan apa sêdyanira kang satuhu | kongsi prapta ing kaendran | nora lawan sun timbali ||

25. sumêngka pêngawak braja | mring suwarga matura kang sayêkti | Gathutkaca nêmbah matur | dhuh sang maha bathara | nuwun duka prapta kawula Sêmèru | botên pisan sumêdya prang | lan pun dewa sirah èsthi ||

26. wus ingaturkên purwanya | lan Bathara Gana dadining jurit | miwah ing sasêdyanipun | yèn dinuta kang uwa | ing Ngamarta ngupaya [ngupa...]

--- [75v] ---

[...ya] maesa danu | mangkya paman Madukara | dènira badhe akrami ||

27. ingaturkên sêdayanya | pamundhute putri ing Dwarawati | Batharendra ngandika rum | kulup maune sira | têka nora anjujug ing ngarsaningsun | kêbo danu wruhanira | pan wis gadhanganirèki ||

28. ing kramane kaki Parta | sasrahane mring Putri Dwarawati | barang papundhutanipun | Sang Prabu Padmanaba | kabèh-kabèh ing mêngko mèh praptanipun | anèng nêgara Ngamarta | iya sasi ngarêp iki ||

29. Si Bima lan Si Arjuna | besuk barêng lan praptanira kaki | lah ta wis muliha kulup | mênèk kari ing karya | Radyan Arya Gathutkaca nêmbah matur | pukulun paran ing karsa | maesa sêdaya kêsit ||

30. botên kenging ginêrêgna | Hyang Endra ngling yèn sarta sabda mami | sayêktine kabèh tutut | payo nuli pangkata | kêbo dimèn kêkinthil wurinirèku | Gathutkaca mundur nêmbah | maesa danu kinanthi ||

28. Kinanthi

1. sêpalih bayak nèng ayun | sêpalih kêkinthil wuri | suka Radyan Gathutkaca | dene kêbo lir jajari | ngarsa rampak bayak-bayak | rêmpêk kang lumakyèng wuri ||

2. kunêng gênti kang winuwus | lampahnya Radèn Prêmadi | wus prapta ing Cakrakêmbang | Hyang Kamajaya marêngi | anèng Taman Cakragănda | lan kang garwa Dèwi Ratih ||

3. nganglang [ngang...]

--- 76 ---

[...lang] langêning kalangun | kêkanthèn astane kalih | angubêngi kêmbang-kêmbang | angalap kang sarwa sari | Sang Parta kèndêl lampahnya | Sêmar Bagong anèng wuri ||

4. mring kang rêrèntèng-rêruntung | sangking doh asru dhèhèmi | kagyat nolih kalihira | Dèwi Ratih aningali | yèn kang rayi Madukara | gupuh dènira mlajêngi ||

5. Sang Parta rinangkul gapyuk | pungkurane dèn gablogi | bok aja agawe gita | prapta dadak têka wuri | payo marêk kakangira | Dananjaya sampun kering ||

6. baune mêksih rinangkul | prapta ing ngarsa wotsari | mangaras pada kalihnya | kang raka angrangkul aris | sawusnya tumungkul lênggah | Dèwi Ratih angrakêti ||

7. dhumèpèl dènira lungguh | nèng kanan wêntisirèki | tumumpang pangkon Sang Parta | Bathara Kamajaya ngling | hèh yayi sira bageya | praptanira ngarsa mami ||

8. Sang Parta umatur nuwun | tumungkul sarwi wotsari | kang raka malih ngandika | apa na karsanta yayi | praptanta ing Cakrakêmbang | apa ta namung têtuwi ||

9. kangên marang raganingsun | miwah mring bakyunirèki | Dananjaya matur nêmbah | pukulun sang maha rêsi | praptamba ngarsa paduka | tinundhung sangking nêgari ||

10. mring arinta Sang Aprabu | Ngamarta yèn botên kêni | ngambah ing nêgarinira | pangandikannya tan sudi | angakên kadang wong tiwas | karya sangaring nêgari ||

11. kang raka ngandika arum | dunungêna sira yayi | panundhunge marang sira | apa ta tiwasirèki [tiwasi...]

--- [76v] ---

[...rèki] | Dananjaya matur nêmbah | purwane amba tinuding ||

12. ngupaya pundhutanipun | Sang Aprabu Dwarawati | sêkar dewadaru swarga | lan patah dewa kang pêkik | myang gamêlan munyèng tawang | pêngarihipun apsari ||

13. lan kusir dewa pukulun | amba mopo tan kadugi | marma sangêt dukanira | kang raka mèsêm dènnya ngling | dene nganggo patah dewa | lan pêpangarih widadari |[1]|

14. lawan kayu dewadaru | gamêlan munyèng wiyati | sapa ta kang arsa krama | Arjuna matur wotsari | pukulun kang badhe krama | Rajaputri Dwarawati ||

15. iya kang duwe pamundhut | kusuma Batacinawi | pêngantène lanang sapa | apa mung pêngantèn èstri | Sang Parta tumungkul nêmbah | Dewi Ratih duk miyarsi ||

16. Dananjaya gya rinangkul | ginablogan dèn ciwêli | kalingane yayi sira | marene ngulêm-ulêmi | lah ta iya besuk apa | gon ingsun ngêdêgi kardi ||

17. bok aja nganggo gumagus | marang ing kakangirèki | dinangu suwe tan jarwa | aling-aling dèn dukani | mring yayi Prabu Ngamarta | tinundhung têka nêgari ||

18. mendah dene luwih patut | bakale ipeku binjing | kusuma Wa Sumbadra |[2] anèng pangkonira yayi | ingsun lawan kakangira | sayêktine anunggoni ||

19. Kamajaya ngandika rum | iya payo age yayi | seba Sang Hyang Girinata | pêsthi pinaringkên yayi | kabèh sapanuwunira | ujar wus mangsanirèki ||

20. yayi ing dhaupirèku [dhaupi...]

--- 77 ---

[...rèku] | lawan Dyah Banoncinawi | ingkang marang ing kaendran | Si Gathutkaca pan uwis | andanu satus ginawa | miwah ta lakunirèki ||

21. Si Wêrkudara wus antuk | rata saratune ngiring | sêksana sarêng lumampah | katri lawan Dèwi Ratih | marêk Sang Hyang Girinata | tan dangu lampahnya prapti ||

22. ing ngarsanira Hyang Guru | Narada kang munggèng ngarsi | cingak jawata kang seba | mulat praptanira katri | satuhu warnanya kêmbar | Kamajaya lan Pêrmadi ||

23. mung kaot busananipun | jawata sanès lan jalmi | Narada latah agiyak | dene nuli padha prapti | Hyang Guru mêntas ngandika | sira ingkang dèn rasani ||

24. Dananjaya gya sumujud | nèng ngarsaning Hyang Pramèsthi | myang Bathara Kamajaya | tiga lawan Dèwi Ratih | kinèn samya lênggah jajar | anèng ngarsanira katri ||

25. Sêmar Bagong datan purun | nèng ngandhap dènira linggih | wangsul mring jawi kalihnya | jaga-jaga malang-kêrik | kang sewaka bubar-bubar | dewa sami dèn bêkêmi ||

26. wau ta Sang Parta sampun | dinangu lampahirèki | dènnya minggah suralaya | katur sasêdyanya sami | Hyang Guru aris ngandika | iya wis sêdhênge iki ||

27. mêkar sêkar dewadaru | wus sêdhêng dhaupirèki | lawan sira Si Sumbadra | nguni duk mêkar sawiji | rabine Si Baladewa | kêlawan Si Erawati ||

28. ing saiki dewadaru | kêmbange mêkar kêkalih | sayêktine rabinira | hèh Kamajaya sirèki |

--- [77v] ---

ing besuk kang dadya patah | pêngarake Si Pêrmadi ||

29. kakang Narada sirèku | ingkang ngusirana binjing | gamêlan Si Lokanănta | munia anèng wayati[3] | apsari Si Gagarmayang | iya lan Si Gagarwati ||

30. kang ngampila dewadaru | Si Ratih dadya pêngarih | dene kèh para jawata | ingkang jumurung umiring | pêngarake Si Janaka | marang nagri Dwarawati ||

31. luwihêna kaya kang wus | lêlangên isining margi | lawan duk Si Baladewa | mangkata sadina iki | kaki Prabu Darmaputra | dhayohe wus akèh prapti ||

32. sêdaya sinungan dhawuh | sandika wus samya mijil | samêkta lajêng angkatnya | widadara-widadari | tuwin kang para jawata | nom-anom ingkang umiring ||

29. Sinom

1. satriya Andananjaya | mêdhaknya sing suranadi | saingga binayangkarya | lampahnya anèng wiyati | kusuma Dèwi Ratih | wolulas parêkanipun | samya lumakyèng ngarsa | sêdaya angampil-ampil | pan tinata kalih-kalih lampahira ||

2. angampil-ampil sêdaya | upacara Dèwi Ratih | wênèh ngampil gănda-wida | lawêdan sangking swarga di | munggèng bêrsihan rugmi | gănda-wida jêbad arum | ana ngampil busana | raja kaputrèn apsari | ingkang badhe kagêm ing Wara Sumbadra ||

3. ing wurine kêmbar mayang | kang dewadaru sêrakit | widadari kang anggawa | Gagarmayang Gagarwati | samya ayu linuwih | rinênggèng

--- 78 ---

busana murub | wurinira Narada | samarga-marga sêsirig | anggung nolèh anyawang ing wingkingira ||

4. Kamajaya lan Sang Parta | tinêngahan Dèwi Ratih | katrinira kanthèn asta | Sêmar Bagong anèng wuri | cêcebolan samargi | datan pêgat asung guyu | gumyak samarga-marga | jawata kang ngiring-iring | ngarsa pisan gamêlan Si Lokanănta ||

5. tinabuh para jawata | munya raras angêrangin | dewa kang lumakyèng ngarsa | samya ngigêl urut margi | tan wus lamun winarni | srining lampah udhunipun | Sang Parta saking swarga | nênggih gênti kang winarni | ing Ngastina Sang Aprabu Druyudana ||

6. sêdaya sampun samêkta | pangrakitira ing nguni | kang kocap ing sayêmbara | kang minăngka rata rugmi | dèn byur pêrada kuning | dipăngga pangiritipun | măngka turăngga yaksa | banthèng satus kang kinardi | kêbo danu satus kang pancal sukunya ||

7. kusir dewa patah dewa | ngupayantuk wiku kalih | kinarya kusir satunggal | patah ingkang radi pêkik | kêmbar mayang sêrakit | kang minăngka dewadaru | kinarya wit suwasa | sêsotya kang adi-adi | kang kinarya woh pêntil miwah sêkarnya ||

8. godhong pêrdapa kêncana | winarna ing naja wrêdi | pêngarih endhang satunggal | radi endah warnanèki | Kurawa kang sêpalih | sakapraboning prang pupuh | pangarsa Drusasana | lan Patih Arya Sangkuni | gamêlan kang munyèng [mu...]

--- [78v] ---

[...nyèng] tawang nèng jêmpana ||

9. lan ingkang nabuh sêdaya | sawusnya samêkta sami | budhal sangking ing Ngastina | asri lampahirèng margi | Burisrawa anitih | rata pita pêrada byur | pangiride dipăngga | wiku patah indhang siji | ingkang măngka pêngarih nunggil nèng rata ||

10. srining lampah tan winarna | tuwin kèhe kang ningali | kang ngarak marang Madura | wus lêpas lampahirèki | kunêng gantya winarni | Gathutkaca lampahipun | ingkang bêkta maesa | andanu satus kêkinthil | alon-lonan kagyat dènira tumingal ||

11. gêgaman agêng lêlampah | lir ngarak rakiting margi | kèndêl Radyan Gathutkaca | dangu-dangu aningali | datan samar ing galih | yèn gêgaman kang lumaku | Kurawa ing ing Ngastina |[4] gya andanu satus sami | dhêdhêg munggèng wurining Dyan Gathutkaca ||

12. wus anduga lampahira | mèsêm salêbêting galih | mangkana gêgaman ngarsa | alok kang sami ningali | bêbungasing wanadri | jirap kang maesa danu | pancal panggung sadaya | sigra Ki Arya Sangkuni | marang ngarsa waspada ing paningalnya ||

13. lamun Radyan Gathutkaca | dhêdhêg maesa nèng wuri | andanu pancal sadaya | têbah jaja kyana patih | tingalana ta iki | Pandhawa ing gunanipun | ika Si Gathutkaca | lakune dinuta olih | kêbo danu satus pan pancal sêdaya ||

14. kumpul sagung pra sêntana | sêdaya sampun winisik |

--- 79 ---

karsanya Rêkyana Patya | Sangkuni sigra mêrpêki | dhuh babo putu mami | Gathutkaca wong abagus | sêmbada prakosanya | widigdaya sura sêkti | sining jagat kulup sapa kaya sira ||

15. wus prapta gyan Senaputra | Sangkuni angrangkul aglis | apan sarwi angêngudang | adhuh babo putu mami | jarote nêmbadani | măndra prakosa dibya nung | bisa antuk maesa | danu satus pancal putih | lah ing ngêndi kulup gonira ngupaya ||[5]

16. mèsêm ing tyas Senaputra | miyarsa lingnya Sangkuni | laku nyumbang mring Ngamarta | wruh lamun doranirèki | alon dènnya nauri | eyang kang andanu satus | pêparinge Hyang Endra | Sangkuni angrangkul malih | jarku apa luwih têmên putuningwang ||

17. bisa ngambah ing kaendran | sapa kang kaya sirèki | lah payo barêng kewala | kulup sira lawan mami | kêbo dimèn nèng ngarsi | awor lawan banthèng satus | kulup iki wakira | sêparo ingkang tinuding | angadêgi gawe marang ing Ngamarta ||

18. kinèn banjur ngiringêna | benjang pêngarakirèki | anak mas ing Madukara | marang nagri Dwarawati | akèh dènnya maringi | pasumbang kang bakal katur | marang nagri Ngamarta | kagawa ing laku mami | isèn-isèn sajroning pura Ngastina ||

19. ingkang rupa raja brana | pèni-pèni raja pèni | guru bakal guru dadya | myang kang rupa busana di | Gathutkaca nauri | eyang paduka rumuhun |

--- [79v] ---

kula wuri kewala | sêlot-sêlote lumaris | sampun pisah lawan maesa kawula ||

20. Sangkuni asru wuwusnya | ayya pugal putu mami | sun amrih rakiting lampah | kêbo danu munggêng ngarsi | awor lan banthèng bêcik | sira awor lawan ingsun | anèng têngah gêgaman | Sangkuni dènira angling | apan sarwi ngêjèpi mring Dursasana ||

21. tanggap Arya Dursasana | panubrukira dhingini | sigra Rahadyan Durmuka | Durmagati anututi | ing wuri angêbyuki | kanan kering parêng nubruk | Rahadyan Gathutkaca | kalimput datan kaèksi | pinarbutan dening Kurawa Ngastina ||

22. asta ingkang pinarbutan | maksih udrêg-dêdrêg sami | andanu satus graita | radyan rinêbut ngajurit | kang munggèng kanan kering | wuri parêng dènnya ngamuk | ingkang ngrubut wal singsal | ginudag miwah binijig | Gathutkaca gya mêsat marang gêgana ||

23. andanu lajêng manêngah | satus ngamuk ngobrak-abrik | gègèr kang bala Kurawa | kamuk ing maesa sami | akèh rêmuk binijig | Gathutkaca eca dulu | mayungi nèng gêgana | suka dènira ningali | dening kêbo danu satus pêngamuknya ||

24. sêdaya sami sudira | tan ana braja nêdhasi | sinosog ing ganjur watang | sawiji tan ana busik | yèn bijig bêbayani | singa kang tinubruk rêmuk | kang tan pasah kalumah | myang kontal [ko...]

--- 80 ---

[...ntal] tiba kabanting | ana ingkang dèn undha muluk nèng tawang ||

25. tibanira tinadhahan | tumuncêp nèng sungu kalih | kang têguh kumêdut tiba | lajêng kèlês anèng siti | lêmês dèn uli-uli | danu satus saya liwung | pangamuke lir yêksa | banthèng satus dèn gudagi | ucul sangking têtali ucul sêdaya ||

26. mawut kang bala Kurawa | pati-pati bêbêntusi | sar-saran angungsi wana | tan ana kang tolèh gusti | giris dènnya ningali | pamuking maesa danu | satus lir yêksa krura | nubruk gudag ngobrak-abrik | wah andaka ucul satus ngamuk samya ||

27. sagung kang para sêntana | kang panggah-panggah kabalik | sèkêt wus larut sêdaya | miwah ki rêkyana patih | Sangkuni andhingini | lumayu marang wana gung | Burisrawa wus tilar | ratane rêmuk binijig | dipanggane lumayu ngungsi srêngkara ||

30. Dhandhanggula

1. Gathutkaca suka aningali | dening Kurawa larut sêdaya | mung kamuk maesa bae | andanu satus kumpul | ngaso soring mandera sami | namung banthèng sêdaya | manjing ing wana gung | Gathutkaca sigra têdhak | sangking wiyat sapraptanira ing siti | andanu marêk samya ||

2. satus aglar anèng ngarsa sami | Gathutkaca sing Ganamudana | ingêlus sirahe kabèh | sungu myang gigiripun | sawusira radyan lumaris | andanu satus samya | kêkinthil nèng pungkur | kunêng kang lagya lumampah | Gathutkaca [Gathutka...]

--- [80v] ---

[...ca] wau gènti kang winarni | nênggih nagri Ngamarta ||

3. Prabu Yudhisthira duk ing nguni | wus winangsit mring Narendra Krêsna | sampun sumêlang galihe | katri ingkang kautus | Sena Parta myang Bimasiwi | wus pêsthi antuk karya | katri lampahipun | apan ta sarêng kewala | ing praptane satêngahing wulan ngarsi | Sang Prabu Yudhisthira ||

4. lajêng dènira ngatur-aturi | mring kang rama ing Cêmpalarêja | lan kang eyang Wirathane | mangkana kang winuwus | Wêrkudara kang prapta dhingin | lajêng tumamèng pura | panggih raka prabu | katur solahnya dinuta | angupaya rata kancana wus olih | ingkang pangirit yêksa ||

5. nanging sagah sinusulkên wuri | natèng Singgêla Sri Bisawarna | ngiringkên saha balane | kang raka sukèng kalbu | injingipun malih kang prapti | Rahadyan Gathutkaca | lan andanu satus | Sang Aprabu Darmaputra | angurmati praptane Sang Bimasiwi | mijil mring pagêlaran ||

6. Gathutkaca cundhuk angabêgti | mring kang uwa nungkêmi padanya | aris rinangkul janggane | sêdaya sampun katur | solah tingkahira tinuding | kongsi minggah kaendran | dènnyantuk andanu | miwah kalane binegal | marang Sata Kurawa anèng wanadri | sampun katur sêdaya ||

7. ingkang uwa ngungun duk miyarsi | Senaputra wus kinèn asoa | anèng ing pêsanggrahane | rahadyan nêmbah mundur | kêbo danu satus kêkinthil | sêdaya [sêda...]

--- 81 ---

[...ya] wus anjilma | mring Sang Bimasunu | injingnya malih kang prapta | Sang Aprabu Cêmpala sagarwa siwi | sagung wus manjing pura ||

8. sri narendra kalane umèksi | ing rawuhnya kang rama Cêmpala | lajêng manjing jro purane | saputra garwanipun | sawusira binojakrami | ingaturan lèrèha | pasanggrahanipun | wus mijil sangking jro pura | pasanggrahan Nangkula ingkang nyaosi | amot sabalanira ||

9. injingipun malih ingkang prapti | natèng Wiratha sagarwa putra | Radyan Seta Untarane | lan Warasangkanipun | Prabu Darmaputra ngurmati | miyos nèng pagêlaran | mring kang eyang tundhuk | sawusnya binojakrama | ingaturan asoa pakuwon sami | kamot sabalanira ||

10. injingipun malih ingkang prapti | natèng Singgêla Sri Bisawarna | lawan sawadyabalane | rata rugmi tan kantun | Prabu Yudhisthira ngurmati | mêthuk nèng pagêlaran | dhêku samya dhêku | mêndhak sarêng dènnya mêndhak | Prabu Bisawarna kêdah angabêkti | marang Sri Yudhisthira ||

11. nanging datan sinungan wotsari | kipa-kipa sarwi lon ngandika | yayi prabu mangke-mangke | andika ratu agung | binathara anyakrawati | nêgari ing Ngamarta | pintên kadaripun | katimbang lan ing Singgêla | ing Ngamarta sasat padhukuhannèki | măngka yayi narendra ||

12. arsa nêmbah marang awak mami | yêkti kenging sikuning jawata | sênadyan [sê...]

--- [81v] ---

[...nadyan] sami alite | wah agung samya agung | lamun ratu pan botên kêni | nêmbah samining raja | loking jagat saru | kajawi sampun kabawah | mila yayi prabu sampun awotsari | sami-sami kewala ||

13. Prabu Bisawarna matur aris | inggih lêrês pangandika tuwan | Singgêla gêng karatone | nanging amba pukulun | mila-mila trah ratu abdi | alit nagri Ngamarta | ing karatonipun | ananging jêng padukendra | mila-mila satuhu trah ratu gusti | têdhak Bathara Brama ||

14. campur lawan trah Wisnu sayêgti | pan kawula satuhu trah ditya | Hyang Brama nampèli bae | yêgti wajib wotsantun | trahing abdi lan trahing gusti | botên kenging selaka | paduka pukulun | nampèni sêmbah kawula | Prabu Yudhisthira mêksa angêkahi | tan arsa sinêmbaha ||

15. natèng Singgêla sigra tinarik | astanira pan mêksa binêkta | lênggah dhampar saosane | nuruti sampun lungguh | pan tumungkul sangêt dènnya jrih | mring Prabu Yudhisthira | gusti anggêpipun | sawusnya sinamudana | ing pambage têlasing pambojakrami | tinundhung mêsanggrahan ||

16. sigra mundur sangking păncaniti | natèng Singgêla wus sinaosan | pêsanggrahan sabalane | rinêngga tarub agung | kunêng dalunipun kawarni | sagung para jawata | sêdaya wus rawuh | jumujug sajroning pura | Dèwi Ratih sawusnya panggih Durpadi[6] | kinèn lajêng kewala ||

17. lampahira [la...]

--- 82 ---

[...mpahira] marang Dwarawati | rumêksaa mring Wara Sumbadra | wus mêsat sapawongane | mangkana jro kêdhatun | pra jawata sukanya ngênting | dene sampun sumêkta | sajroning kêdhatun | saupa-rêngganing karya | wêwangunan jaba jro samêkta sami | tan ana kakurangan ||

18. Prabu Yudhisthira angaturi | mring kang eyang Sang Nata Wiratha | lan kang rama Cêmpalane | myang Singgêla sang prabu | pra sêntana prapta jro puri | lajêng apirêmbagan | sêdaya samya nut | ing rèh Sang Rêsi Narada | pêngarake marang nagri Dwarawati | enjang badhe budhalnya ||

19. kang angreka rakiting lumaris | Rêsi Narada ingkang mêmatah | ing lampah pangkat-pangkate | Gathutkaca pênganjur | sawadyanya ing Pringgadani | ngiringakên sasrahan | kang andanu satus | kang badhe sumambung wuntat | miwah ingkang mungkasi anèng ing wuri | tundha-tundhaning lampah ||

20. wus pinatah sagunging para ji | pra sêntana miwah para putra | mêdal sangking pura kabèh | praptèng pakuwonipun | angundhangi wadyanya sami | kapraboning ayuda | samêktaning laku | ing dalu datan winarna | injingipun jaba jro samêkta sami | Rahadyan Gathutkaca ||

21. sawadyanya bala Pringgadani | wus têngara dhingini budhalnya | ditya pêpilihan kabèh | sakaprabon prang pupuh | kalih èwu nom-anom sami | sasrahan munggèng ngarsa | kang andanu satus | tata rampak bayak-bayak | lampahira rampak [rampa...]

--- [82v] ---

[...k] tan moncol sanyari | sangarsaning maesa ||

22. kawan dasa wil kêndhang saruni | bêndhe bèri salomprèt wurahan | gong gurnang puksur arame | ngigêl ingkang ngêtipung | pan anglètèr bêndhe lan bèri | sêsirig urut marga | sênggaknya gumuruh | sawurinirèng maesa | têlung atus ditya kang rinugmi-rugmi | sikêp kapraboning prang ||

23. sawurining ditya kang rinugmi | Radyan Gathutkaca nitih rata | gothaka sri pangiride | rinêngga ing mas murub | pêpilihan wil para mantri | ingkang garêbêg samya | ditya kawan atus | samya wahana turăngga | busana bra winarna ing sêsotya di | sadaya sikêp gada ||

24. sawurining wil kuda pan sami | lan ing ngarsa wolung atus ditya | busana ngêmasan kabèh | asri pating pêlancur | nêrawungi sonaring rawi | mawor lan larasing kang | nênggala myang limpung | bandera tunggul daludag | pan sêdaya aciri ditya gora ngrik | pinindha ngundha dhêndha ||

25. gêng karaton nagri Pringgadani | kêratonnya Sang Prabu Arimba | Gathutkaca rikalane | siniwèng prajanipun | mêksih lungguh karatonnèki | lênggah ngamparan rêtna | makutha bra murub | lamun seba mring Ngamarta | datan arsa ngagêm kaprabon narpati | gambuh kaputranira ||

31. Gambuh

1. ingkang binêkta namung | upacara ing kaputranipun | anêtêpi ing kasatriyanirèki [ka...]

--- 83 ---

[...satriyanirèki] | wuri nulya kang sumambung | Rajaputra Wiratha nom ||

2. Dyan Warasăngka ngayun | nitih rata jong pita binangun | ing sêsotya upacaranira asri | prajuritnya kang pinangku | dharat kalih atus golong ||

3. abra busananipun | sinasami ingkang doh kadulu | pindha sêkar pêlasa nêdhêng wanadri | kang garêbêg anèng pungkur | prajurit kuda nom-anom ||

4. satus busana murub | sangkêp kapraboning aprang pupuh | bandera myang daludage samya kuning | pan sêdaya cirinipun | mong krura mamrih măngsa gro ||

5. ing wuri kang sumambung | Arya Untara titihanipun | rata bangun rêta rinênggèng sotya di | srining upacaranipun | lir panjrahing puspita byor ||

6. wadyanya kang pinangku | munggèng ngarsa dharat kalih atus | anom-anom sangkêp sakaprabon jurit | bandera daludagipun | pan sêdaya pareanom ||

7. sri upacaranipun | munggèng ngarsa amarwata santun | Rajaputra Cêmpala prawira pêkik | inggih rata bangun biru | winarna ing sêsotya byor ||

8. ingkang garêbêg pungkur | samya wahana turăngga satus | anom-anom sangkêp sakaprabon jurit | sinambungan wadyanipun | ingkang rama sang akatong ||

9. dharate kawan atus | samya sangkêp kaprabon prang pupuh | Sri Drupada nitih rata bangun wilis | daludag têtunggulipun [tê...]

--- [83v] ---

[...tunggulipun] | myang bandera samya ijo ||

10. sêdaya cirinipun | wulan sêdhênge purnamanipun | upacara kêraton ngarsanira sri | prajurit kuda rong atus | garêbêg wuri sang katong ||

11. prajurit kalih atus | sangkêp sakapraboning prang pupuh | miwah para mantri ingkang magêrsari | ngapit kanan keringipun | busana bra asri tinon ||

12. satêlasnya wadya gung | ing Cêmpala wuri kang sumambung | wadyabala ing Ngamarta tinon asri | dharat kang pinangku ngayun | nêmatus lampahnya golong ||

13. Sri Yudhisthira Prabu | nitih rata manik bangun pingul | ingkang rayi Nangkula Sadewa nunggil | anèng jroning ratanipun | kinêmbar srining pênganggo ||

14. nèng ngarsa dènnya lungguh | ngampil gantèn pakêcohanipun | amuwuhi pantêsnya rahadyan kalih | warna kêmbar bagus-bagus | saingga Hyang Asmara wor ||

15. ingkang garêbêg pungkur | prajurit turăngga kawan atus | kawan dasa mantri ingkang magêrsari | ngapit kanan keringipun | upacaraning karaton ||

16. nèng ngarsa sri dinulu | prajurit kuda myang dharatipun | pan sadaya sangkêp sasikêping jurit | sarwa mas busananipun | nawung sonaring surya byor ||

17. asri daludagipun | samya seta myang banderanipun | pan sêdaya cinirèn wiku sêmadi | Arya Wêrkudara pungkur | lawan sri nata tan adoh ||

--- 84 ---

32. Sinom

1. dharat lan sawadyanira | wong agung ing Jodhipati | mandhi gada gêng malela | kadya parbata lumaris | sawadyanira sami | mandhi gada ting rêgunuk | wadyabala Pamênang | nêmatus pamuking jurit | busanane prasamya polèng sêdaya ||

2. sarèh lampahe lon-lonan | tan rêkasa bêkira ring | wêtune kang bayu kadya | mabut ing napasirangin | sumilir-silir kadi | ngêpêti ingkang wadya gung | ingkang samya lêlampah | ilang sayahirèng margi | kênèng angin bayunira Arya Sena ||

3. miwah wadya ing Pamênang | nêmatus amandhi bindi | tan kêrasa sayahira | kanginan bayuning gusti | marma samargi-margi | samya uncal gadanipun | surak agiyak-giyak | kêndhang gong bèri tinitir | ayêm bae tan mêtu karingêtira ||

4. tunggul myang banderanira | polèng bintulu prasami | kentar kadrês ing maruta | kumitir-kitir mawêrdi | gêtêre gêgêtêri | kêrbêting bandera riwut | têlasing wadyabala | Pamênang ingkang nambungi | pacaranya pramèswari ing Wiratha ||

5. kadya panjrahing puspita | asrining upacarèstri | narpadayinta Wiratha | nitih jêmpana rinugmi | parêkan para cèthi | anèng wuri munggèng tandhu | ulur sêlur lampahnya | prajurit ingkang jajari | wolung dasa sinami busananira ||

6. pramèswari ing Cêmpala | ingkang sumambung ing wuri | nitih jêmpana rinêngga | lan putra Dèwi Srikandhi | miwah Dèwi [Dè...]

--- [84v] ---

[...wi] Drupadi | nunggil sajêmpananipun | lan kang ibu Cêmpala | paworing upacara sri | tan kêna wor pangkat-pangkat lampahira ||

7. ing ngarsa pacaranira | kusuma Wara Srikandhi | nulya upacaranira | kusuma Dèwi Drupadi | ingkang mungkasi wuri | upacaranya kang ibu | lir wana kêmbang-kêmbang | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajuritirèng Cêmpala ||

8. wolung dasa ing Ngamarta | sangkêp sakaprabon jurit | binusanan sarwa rêtna | lir panjrahing puspita sri | tandhu lumakyèng wuri | gèn cèthi parêkanipun | têlasirèng wanudya | ing wuri ingkang nambungi | wadyanira satriya ing Madukara ||

9. kalih atus dharatira | sangkêp sakaprabon jurit | binusanan nawa rêtna | lir sêkar sêtaman asri | wadya pilihan sami | anom-anom bagus-bagus | pacara kasatriyan | tinata munggèng ngarsa sri | ingkang ngampil rare bagus-bagus samya ||

10. binusanan sarwa rêtna | myang mantri kang magêrsari | samya wahana turăngga | anom-anom pêkik-pêkik | samya trahing winani | miwah kang garêbêg pungkur | prajurit pêpilihan | satus wahana turanggi | bagus-bagus sêdaya ngiwa gandhewa ||

11. kêndhêng endhonge sinandhang | nêdhênge kasoran sami | têrahing andon sêdaya | Radyan Sucitra ing wuri | nitih turăngga putih | adhangah sarwi apayung | munggèng wurining [wuri...]

--- 85 ---

[...ning] rata | kancana kang binuka sri | ing sêsotya pangirit turăngga yêksa ||

12. wolu sinungan makutha | nawa rêtna binuka sri | badhong binandhung tinundha | binintang-bintang hèr gêni | binèji manik-manik | saingga baskara runtuh | wolu tibèng bantala | murup prabanya nêlahi | buntut lawan suri cinêmara ngêmas ||

13. rinawis-rawis sêsotya | saingga wintang mariris | siyunge turăngga yêksa | cinathok ing mas sinangling | lir pindah kilat thathit | sumêlap nèng tutuk mancur | nawung gilaping netra | muncar-muncar anêlahi | sênggani lan prabaning rata kêncana ||

14. singuping rata rinêngga | kinêmbang-kêmbang hèr thathit | rinumpakèng nawa rêtna | rinawis-rawis sotya di | mawor lawan tejaning | kêmbar mayang dewadaru | munggèng ngarsa Sang Parta | ingampil apsari kalih | kadya lintang sumêbar rêngganing rata ||

15. nawung sunaring baskara | rêngganing kang rata rugmi | linimput dening sêsotya | ting paluncar ting parêlik | sangking mandrawa kèksi | mawangkawa angênguwung | lir surya ngêmu teja | sinalimut kilat thathit | Risang Parta lan Bathara Kamajaya ||

16. munggèng jroning rata rêtna | dènnya lênggah jajar kalih | saèstu kêmbar kang warna | lir jambe nom pinra kalih | tanbuh ingkang pinilih | ing pêkiknya kalihipun | sami wênêsing cahya | paworing

--- [85v] ---

tejanya kalih | lir andaru lêng-ulêngan jroning rata ||

17. Bathara Rêsi Narada | nênggih ingkang angusiri | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | dharat awor lan wong ngampil | lêlewa ing samargi | tan pêgat asungsung guyu | gamêlan Lokanănta | munya nèng tawang ngêrangin | riyêm-riyêm luruh sunaring baskara ||

18. sangking kèhnya para dewa | lawan kèhing widadari | waranggana ing kaendran | ingkang samya angurmati | ngudankên wangi-wangi | sumawur riris rum-arum | anginnya sawêtara | sumilir mawa wêwangi | têdhuh gănda nênggih sauruting marga ||

19. inggar tyase wadyabala | wuwuh ayêming lumaris | kataman maruta gănda | tan ana sayahe sami | riris sêkar samargi | brêmara liwêran umung | yayah rumênggèng tawang | manungsung mamrih wêwangi | anutakên wadyabala kang lêlampah ||

20. kombang-kombang mamrih kêmbang | manawung sunaring rawi | muwuhi langêning mega | miwah ayêming lumaris | tuhu Radyan Pêrmadi | tanpa sama ing tumuwuh | kramanira Sang Parta | lawan Dyah Banoncinawi | ngobahakên kaendran myang suralaya ||

21. kabèh isining buwana | miwah saisining langit | sudama surya sêsongka | teja kilat lawan thathit | lêlidhah obar-abir | teja wangkawa kêkuwung | yayah tumutur suka | cahyanya sêdaya mijil | gunung-gunung miwah saisining wana ||

22. kêmbange sêdaya

--- 86 ---

sirna | katut kabuncang ing angin | tinibakakên nèng marga | kang marang ing Dwarawati | sangking Ngamarta nagri | kang kambah pêngarakipun | satriya Dananjaya | samarga riris wêwangi | manuk-manuk liwêran anèng gêgana ||

23. sêdaya muni wurahan | anèng sanginggiling baris | sênggani lan Lokanănta | munya nèng tawang ngêrangin | manuk singga nyênggaki | miwah têpining marga gung | kêkayone sêdaya | kêbak samya awoh pêksi | samya muni saingga anamudana ||

24. wusing wadya Madukara | ing wuri ingkang nambungi | wadya bala ing Singgêla | kadya yangyang wukir agni | sagunging pra dipati | pangkat-pangkat lampahipun | saupacaranira | tunggul banderanya ngapit | pra dipati kang samya nindhihi bala ||

25. samya wahana turăngga | sangkêp sakaprabon jurit | Sang Aprabu Bisawarna | ing lampah ingkang mungkasi | nitih rata rinugmi | makutha buka sri murub | kataman diwangkara | muncar-muncar anêlahi | apêsaja pêkik dêdêgnya pidêgsa ||

26. sagunging bala Singgêla | ing ngarsa lawan ing wuri | asrining busananeka | sênggani lawan laraping | nênggala palu piling | musala lori lan limpung | kunta cakra candrasa | kadya udan kilat thathit | wus kapungkur lampahnya nagri Ngamarta ||

33. Pangkur

1. saingga kadya pêpara | ingkang [ing...]

--- [86v] ---

[...kang] ngarak mring nagri Dwarawati | langkung sarèh lampahipun | nèng marga tan rêkasa | lamun lingsir kilèn kèndêl kang wadya gung | lajêng samya mêsanggrahan | wus kadya praja angalih ||

2. kunêng gênti kang winarna | Kurawa kang kawur ngungsi wanadri | kamuk ing maesa danu | wadya lit kathah pêjah | pra sêntana kathah ingkang nandhang tatu | kinumpulakên sêdaya | marang Ki Patih Sangkuni ||

3. pitung dalu anèng wana | kinumpulkên kang samya nandhang kanin | para sêntana sêpuluh | kang samya nandhang brana | datan pasah nanging ing jro sangêt rêmpu | para mantri kawan dasa | pitung dasa kang prajurit ||

4. tigang dasa sikêp rêmbat | alon angling Kyana Patih Sangkuni | kabèh anak-anak ingsun | paran rêmbuge padha | laku iki apa bali apa bacut | marang nêgara Madura | yèn muliha tanpa kardi ||

5. ing laku wus nyata tiwas | lah ta pira kèhe wong Ngastinèki | sakapraboning prang pupuh | durung prang lan Pandhawa | mung dèn amuk kêbo bae lêbur tumpur | golèk manèh yèn bisaa | mendah dukane sang aji ||

6. ingkang padha nandhang brana | anak-anak lamun padha ngrêmbugi | kabèh ingsun gawa banjur | marang nagri Madura | lah ta payo padha gawe-gawe atur | ing lakunira dinuta | ngaturkên sasrahan sami ||

7. kang kocap ing sayêmbara | pundhutane Putri Banoncinawi | kêbo

--- 87 ---

danu pancal satus | rata kêncana ingkang | kusir dewa pangirit turăngga diyu | gamêlan kang munyèng tawang | patah dewa kang apêkik ||

8. kabèh-kabèh wus sumêkta | lan pêngarih widadari kang luwih | kêmbar mayang dewadaru | praptèng wana binegal | mring Si Wêrkudara lan sabalanipun | myang Si Arya Gathutkaca | sabalane ngadhang margi ||

9. watak Prabu Baladewa | wong bambang pring kaya-kaya yèn kêni | mring paekan kang kadyèku | sagunging pra sêntana | prasamya nut mring Sangkuni gêlaripun | sigra parintah mring bala | sêdaya kang nandhang kanin ||

10. winot munggèng ing turăngga | pra sêntana binêktèng tandhu sami | lampahnya dinèkèk ngayun | myang Arya Burisrawa | tumut tatu kamuk ing maesa danu | babak-bunyak saliranya | dhasare wus agring lami ||

11. wadya gung lumakyèng wuntat | rêrendhonan randhat lampahing margi | dènnya kèh rêrepotipun | kang samya nandhang brana | kunêng marga lampahira mangkana wus | prapta sajawining kitha | karya warta ing samargi ||

12. orêk sapraja miyarsa | dening praptanira Patih Sangkuni | karusakan wadyanipun | binegal anèng marga | marang Arya Wêrkudara kang rinêbut | sasrahan kang katur marang | nêgari ing Dwarawati ||

13. katur ing Sri Baladewa | langkung kagyat ing tyas wus nyipta runtik [runti...]

--- [87v] ---

[...k] | mijil siniwèng wadya gung | sangkêp kapraboning prang | Kyana Patih Pragota wus kinèn mêthuk | nginggalakên praptanira | Rêkyana Patih Sangkuni ||

14. kapêthuk jawining kitha | wus kairit manjing jroning nêgari | sapraptaning alun-alun | kang samya nandhang brana | kinèndêlkên gêladhag mung kinèn laju | Radyan Arya Burisrawa | tinandhu marang ngarsa ji ||

15. samya tumungkul sadaya | Kyana Patih Sangkuni api nangis | srikutan ngusapi êluh | Sang Prabu Baladewa | aningali Kurawa ing risakipun | anglênggêr wus nyipta duka | jaja bang lir wora-wari ||

16. sumung-sumung mukanira | sru ngandika hèh ta Paman Sangkuni | umatura kang satuhu | paran margane padha | dene kongsi nêmahi rusak kadyèku | putranta kèh nandhang brana | sintên kang sikarèng margi ||

17. matura ingkang bêlaka | natambêganira Patih Sangkuni | pêgat-pêgat aturipun | pukulun sri narendra | inggih sangking tiwas kawula kautus | ing ari Sri Druyudana | dene kongsi anêmahi ||

18. karisakan wontên marga | botên pisan sagêt kiwul ing jurit | Sri Baladewa lingnya sru | botên paman matura | kang satuhu ingkang dados purwanipun | Sangkuni aris turira | ing lampah amba tinuding ||

19. ing ari Sri Druyudana | angaturkên pundhutan padukaji [pa...]

--- 88 ---

[...dukaji] | badhe sasrahan ingkang wus | kocap ing kêkudangan | rata rugmi pangirit turăngga diyu | patah dewa kusir dewa | myang pêngarih widadari ||

20. gamêlan kang munyèng tawang | kêbo danu satus kang pancal putih | sêkar mayang dewadaru | saksagête ngupaya | ri paduka sêdaya samêkta sampun | sarta lan pun Burisrawa | ingaturkên paduka ji ||

21. ing lampah botên prayitna | praptèng margi ginêtak sangking wuri | pun Wêrkudara pukulun | lawan pun Gathutkaca | sawadyanya begal nubruk sangking pukur[7] | marma sangêt karisakan | tan antuk kiwul ing jurit ||

22. gugup tinungkul sing wuntat | kathah pêjah lan kathah ingkang kanin | duk miyarsa sang aprabu | muntap ing krodhanira | datan mawi sinaringan dukanipun | nora lawan satuhunya | kabranang ing tyas ningali ||

23. dening rusaking Kurawa | sru ngandika paman ayya kuwatir | sadaya ing risakipun | kula kang mulihêna | hèh Pragota payo dandana dèn gupuh | sadina iki sun budhal | marang nagri Dwarawati ||

24. budhal sakêcandhakira | prajurite ingkang sarêngan gusti | têngara turut dêlanggung | prajurit ing Madura | ingkang kantun gugup ing siyaganipun | ting balêbêr nusul samya | sêdaya kasmaran jurit ||

34. Asmaradana

1. Kurawa mêksih umiring | tan têbih nèng wurinira | ingkang samya tatu kabèh | ingantukkên mring Ngastina [Ngasti...]

--- [88v] ---

[...na] | mung Radyan Burisrawa | kang mêksih binêkta laju | mring Dwarawati nêgara ||

2. sarta Ki Rêkyana patih | Sangkuni ngaturi sêrat | mring Prabu Druyudanane | ing sasolah-tingkahira | nèng marga nèng Madura | miwah lajêngira sampun | wus kawrat anèng nawala ||

3. dutane Patih Sangkuni | rêrikatan sampun prapta | nêgari Ngastina gègèr | dene kang prapta sêdaya | sami anandhang brana | anak rabine kang lampus | gumuruh samya karuna ||

4. sêrat wus katur sang aji | animbali Dhanyang Druna | ngungun langkung sungkawane | sakêdhik ing sukanira | dene Sri Baladewa | krodha têdhakipun laju | mring Dwarawati nêgara ||

5. kênèng gêlare Sangkuni | Dhanyang Druna aturira | dhuh pukulun botên wande | inggih ta lampah punika | rakanta ing Madura | nêmahi dados prang pupuh | lan ari Nata Pandhawa ||

6. wontên nagri Dwarawati | lamun ngamungna Kurawa | ingkang wus umiring kabèh | kalangkung sangking kuciwa | dene wus samya sayah | prayoga pinaring bantu | prajurit ingkang ungaran ||

7. anut prabu Kurupati | mring ature Dhanyang Druna | sigra matah ingkang kinèn | nusul marang Dwarawatya | Kurawa tigang dasa | sakapraboning prang pupuh | wus budhal sangking Ngastina ||

8. ginêlak lampahing margi | Kurawa kang bantu samya | kunêng ganti winiraos | kang ngarak mring Dwarawatya | nênggih Nata Pandhawa | duk kawit ing budhalipun | sangking nêgari Ngamarta ||

9. srining lampah dènnya dadi | tontonan samarga-marga | kongsi [kong...]

--- 89 ---

[...si] mèh prapta lampahe | Dwarawati jaban kitha | dènnya dadi tontonan | datan wontên pêdhotipun | jêjêl ing samarga-marga ||

10. ingkang samya nêningali | tan kêna yèn sinapiha | gêdhe cilik lanang wadon | ingkang sampun kaliwatan | lakon satêngah dina | kathah kang lajêng tut pungkur | sangking kêdah arsa wruha ||

11. panggihnya sang rajaputri | lan satriya Dananjaya | iki lagya ngarak bae | asrine kaliwat-liwat | sabuwana pan kadya | rinênggèng teja kêkuwung | mendah binjang yèn panggiha ||

12. mangkana lampahnya sami | wus prapta sajroning kitha | ubêkan sapraja kabèh | ingkang samya anêningal | orêg arêbut ngarsa | jêjêl satêpi marga gung | tan kêna yèn sinapiha ||

13. wong jro pura kathah mijil | kasusu kêdah uninga | badhe garwane gustine | ingkang ningali sêdaya | kèh pita ginupita | lam-lamên kasmaran dulu | mring satriya Dananjaya ||

14. kang sawênèh ana angling | iku Sang Hyang Kamajaya | dewa kang dadi patahe | ingkang kocap ing carita | suralaya tan ana | dewa ratuning binagus | mung Bathara Kamajaya ||

15. lawan pocapane malih | sabagusane manungsa | nora padha lan dewane | dene iku Dananjaya | nora kari satuma | pêkik miwah wingitipun | lan Bathara Kamajaya ||

16. nadyan cahyane tan kari | padha nuksmèng andakara | teja miwah kêkuwunge | ngasorkên [ngasor...]

--- [89v] ---

[...kên] langêning jagat | lah iya ngêndi ana | kang mirib satriya iku | bêjane kang duwe garwa ||

17. wong jro sandhinge ningali | miyarsa sêndhu ujarnya | buh ta ingkang bêja bae | buh gustiku sang lir rêtna | buh ta Sang Dananjaya | ujar sira durung wêruh | ing warnane gustiningwang ||

18. widadari Dêwi Ratih | pêngarihe sang lir rêtna | ya garwane dewa kuwe | kang dadi garwa Sang Parta | musthikèng waranggana | guruning ayu swarga gung | Dèwi Ratih warnanira ||

19. suprandene sandhing linggih | lawan gustiku sang rêtna | nora bisa ngasorake | ayune babag kewala | sêdhêp manise samya | lêlungit myang lungitipun | wênês ingkang cahya samya ||

20. lah ta tingalana benjing | yèn wis panggih sandhing lênggah | mênèk kasor gustiningong | pêsthi yèn pantês kewala | nora nana kuciwa | gustiku lamun pinangku | mring satriya Dananjaya ||

21. lir rêtna nawung hèr thathit | lir sitèngsu nawung wintang | baya wus pêsthi jodhone | gustiku lawan Sang Parta | bênêr nguni kang rama | dènnya macang sangking timur | tan wus lamun winuwusa ||

22. wuwuse kang aningali | dènira angalêmbana | ing rêspatine gustine | mangkana Sri Padmanaba | wus mijil magêlaran | lan kang rama sang aprabu | Kumbina lan Lesanpura ||

23. pra putra aglar ngarsa ji | tuwin kang para sêntana | pra dipati sêdayane | prasamya anata bala | prajurit tigang praja | rakit baris urung-urung | sarta sakapraboning prang ||

24. satunggul banderanya sri | daludag runtèk [ru...]

--- 90 ---

[...ntèk] lan kăndha | sangking mandrawa sri tinon | mangkana wau kang prapta | Rahadyan Gathutkaca | lan sawadyabalanipun | gong bèri ngarsa wurahan ||

25. kadya angsahing ajurit | ditya samya singa nabda | kabur kabèh kang nênonton | maesa bayak nèng ngarsa | eram ingkang tumingal | malêbêt ing alun-alun | wadya gung nisihi lampah ||

26. tata baris angrangkêpi | andanu sampun pinêrnah | satus jirap pasowan lor | Radyan Arya Gathutkaca | laju mring pagêlaran | mung lan upacaranipun | praptèng ngarsa ngaraspada ||

27. nulya kinèn lênggah nunggil | jajar lawan para putra | Gathutkaca tur sêmbahe | pukulun amba dinuta | ing ari padukendra | jêng uwa Ngamarta Prabu | ngaturkên ingkang sasrahan ||

28. maesa danu kang sami | pancal panggung sukunira | kirang satunggal satuse | gumujêng dènnya ngandika | Sang Prabu Padmanaba | ya bangêt tarimaningsun | hèh ta kulup sabab apa ||

29. dene isih kurang siji | pan satus pundhutaningwang | apa kang dadi kurange | Gathutkaca matur nêmbah | pêjah ingkang satunggal | wontên ing wukir Sêmèru | andanu kang ulês seta ||

30. wus ingaturakên sami | ing nguni salampahira | purwa madya wêkasane | ing têmah dadining aprang | lawan Bathara Gana | andanu sagêde tutut | kanthi sabda Batharendra ||

35. Kinanthi

1. miwah duk kabegalipun | mring Kurawa nèng wanadri | wus ngaturakên sêdaya | ngungun kang samya

--- [90v] ---

miyarsi | mangkana malih kang prapta | putra ing Wiratha katri ||

2. gantya-gantya praptanipun | sawadyabalani sri |[8] ngambah rêratan nêgara | salin rakiting lumaris | sagung pacara nèng ngarsa | prajurit lumakyèng wuri ||

3. sapraptaning alun-alun | lajêngnya mring păncaniti | mung lan upacaranira | prajurite samya nisih | mangetan tata barisnya | anut wadya Pringgadani ||

4. Radyan Warasăngka ngayun | nulya kang sumusul wuri | Rahadyan Arya Untara | saupacaranira sri | nulya Radyan Arya Sena | ingkang sumambung ing wuri ||

5. gumrêdêg barisnya barung | swaraning kêndhang gong bèri | sêsêg rêmpêg lampahira | sêrênge baris ngajrihi | pangarsa putra Wiratha | lajêngnya mring păncaniti ||

6. mung lan upacaranipun | nulya kang sumambung wuri | wadyanira ingkang rama | Sang Aprabu Masahpati | lajêng marang pagêlaran | saupacaranira sri ||

7. prajuritnya tata ngumpul | lan barising putra katri | mangkana ing pagêlaran | Sang Aprabu Harimurti | Kumbina lan Lesanpura | mudhun samya angurmati ||

8. mêthuk têpining têtarub | marang ing sang prabu kalih | têdhakira sangking rata | cinandhak astanira glis | kinanthi binêkta minggah | tata nèng bangsal pêngrawit ||

9. putra katri Wiratha wus | ngaturan lênggah ing nginggil | anèng wurine kang rama | Sang Aprabu Harimurti | langkung dènira mangrêpa | marang Prabu Masahpati ||

10. nulya wuri rawuhipun | ing Cêmpala Sri Bupati | lan putra Dhusthajumêna | saupacaranira sri | lajêng marang pagêlaran [pagê...]

--- 91 ---

[...laran] | prajurite samya baris ||

11. lan bala Wiratha ngumpul | ingkang sumundhul ing wuri | wadyabala ing Ngamarta | Nangkula Sadewa ngarsi | têngah Prabu Yudhisthira | Wêrkudara munggèng wuri ||

12. pangkat-pangkat lampahipun | saupacaranira sri | lajêng marang pagêlaran | prajuritnya tata baris | pinêrnah kilèn sêdaya | wau ta ing păncaniti ||

13. rawuhira Sang Aprabu | Drupada lawan Sang Aji | Ngamarta Sri Yudhisthira | sêdaya sami nêdhaki | jumênêng ngarsaning dhampar | tundhuk rêrangkulan sami ||

14. wusing panêmbramanipun | tata lênggahira kalih | nulya wuri ingkang prapta | sagunging upacarèstri | ulur sêlur lampahira | jêmpana tandhu lan joli ||

15. linajêngkên sêdaya wus | lumêbêt sajroning puri | ngurmati pamêthukira | pramèswari Dwarawati | Kumbina lan Lesanpura | anèng palataran sami ||

16. tundhuk ingaturan laju | lumêbêt ing dalêm puri | rinêngga sukaning driya | panggihe lan Dèwi Ratih | anèng gyan Wara Sumbadra | ing taman Banoncinawi ||

17. dènnya maripurnèng ngriku | ing busana pra apsari | marang ing Wara Sumbadra | busana sangking swarga di | miwah ingkang gănda wida | lawêdan para apsari ||

18. nahên ta jroning kadhatun | mangkana praptanirèki | gêgaman ing Madukara | parêng lan riris wêwangi | panangkilan udan kêmbang | gandanya kang sarwa sari ||

19. brêmara liwêran umung | nèng tawang amrih wêwangi | manuk [ma...]

--- [91v] ---

[...nuk] muni mawurahan | sanginggiling rata rugmi | sênggani lan Lokanănta | munya nèng tawang ngêrangin ||

20. dungkap têpining têtarub | kèndêlnya kang rata rugmi | jawata kalih wus têdhak | anganthi Radyan Prêmadi | piyak upacara ngarsa | samya mire nganan ngering ||

21. namung sêkar dewadaru | ingampil apsari kalih | lumampah ngarsa Sang Parta | Sêmar Bagong anèng wuri | wau Prabu Padmanaba | lan sagung ingkang para ji ||

22. gurawalan samya mêthuk | sungsung guyu-guyu sami | Bathara Rêsi Narada | nanduki sukaning galih | gumujêng alatah-latah | Dananjaya angabêkti ||

23. mring Sri Krêsna gya rinangkul | astanya nulya kinanthi | aris prasamya lumampah | sarawuhing păncaniti | samya wus atata lênggah | sêkar dewadaru ngapit ||

24. mring Sang Parta dènnya lungguh | jawata kalih tan têbih | banjêng ingkang para nata | munggèng ing dhêdhampar rugmi | para putra glar nèng ngarsa | Rêsi Narada lingnya ris ||

25. kabèh-kabèh samêkta wus | tan ana kurang sawiji | kang kalêbu kêkudangan | Sri Krêsna umatur aris | pukulun inggih sumăngga | sakarsa tuwan umiring ||

26. ing jro pura inggih sampun | pangrêngganya Dèwi Ratih | ingkang wayah pun Sumbadra | pangrakit sajroning puri | ulun pasrahkên sadaya | ing wayah ta Dèwi Ratih ||

27. sumêlang kawula namung | dèrèng ngaturi udani | mring wayah tuwan Madura | Rêsi Narada lingnya ris | aja sumêlang tyasira | mênawa tinutuh binjing ||

--- 92 ---

28. marang kakangira prabu | panggihe arinirèki | dumèh tininggal ing karya | yèn Baladewa ngruntiki | warahên lamun sangking wang | kang mêksa marang sirèki ||

29. sarta timbalan Hyang Agung | wus pinêsthi dina iki | têmune Parta Sumbadra | anut sagunging para ji | ing rèh Sang Rêsi Narada | mijil sangking păncaniti ||

 


Lebih satu suku kata: lan pêngarih widadari. (kembali)
Kurang satu suku kata: kusuma Wara Sumbadra. (kembali)
wiyati. (kembali)
Lebih satu suku kata: Kurawa ing Ngastina. (kembali)
§ Bokmênawi babonipun ingkang kirang sak pada, sabab sampun kula cocogakên kalihan babonipun inggih cocog. (kembali)
Drupadi (dan di tempat lain). (kembali)
pungkur. (kembali)
Kurang satu suku kata: sawadyabalanira sri. (kembali)