Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047)
1. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
6. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
7. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
8. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
9. | Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
36. Mijil
1. pangkat-pangkat sagunging para ji | prasamya jêjodhon | para putra nèng ngarsa kêkanthèn | Dhusthajumêna Sămba kang nganthi | Rugma lan Sêtyaki | nulya wurinipun ||
2. Arya Sena lawan Bimasiwi | putra Wiratha nom | Warasăngka Untara kanthine | nulya Rêsi Narada kang nganthi | Prabu Harimurti | nulya wurinipun ||
3. Gagarmayang Gagarwati ngapit | dewadaru karo | munggèng ngarsaning sang pinêngantèn | Rêsi Kamajaya kang anganthi | nulya sri bupati | ing Wiratha sêpuh ||
4. natèng Cêmpala ingkang anganthi | anulya sang katong | ing Kumbina lan Lesanpurane | nulya Prabu Darmaputra nganthi | Singgêla narpati | Wêrkudara pungkur ||
5. nulya sagung upacara asri | pangkat-pangkat golong | punakawan kang angampil kabèh | nula[1] pêpatihe kang para ji | ajêjodhon sami | Udawa ing ngayun ||
6. pra dipati mêksih păncaniti | têngara gumuroh | parêng munya kêndhang gong arame | myang gamêlan Lokanănta mêksih | munya angrêrangin | anèng luhuripun ||
7. sang pêngantèn lêbêting jro puri | ambyuk kang nênonton [nêno...]
--- [92v] ---
[...nton] | jalu èstri tan kêna sinapèh | uyêl jêjêl atindhih-tinindhih | pêpêt pit-pinipit | kanan kering timbun ||
8. ya ta wau risang pramèswari | myang dewaning sinom | dènnya sami maharjèng pêngangge | myang paèsing Dyah Banoncinawi | wus sampurna sami | katuwon dinulu ||
9. rema mêmak ngendrawila wilis | sinêkaran abyor | singga wiyat rinênggèng lintange | pêpaès wilis tinêpi kuning | pinatut malipit | lan cacênthungipun ||
10. kadya mega sinalimut thathit | gêbyar-gêbyar tinon | têturutan wungu sasrêbênge | anut ngimba pinatut jalirit | lir teja ngawêngi | nèng larapanipun ||
11. kêkancingnya gêlung cundha manik | winarnèng sotya byor | pinipit ing pêthat tanggalane | tinarètès hèr kilat hèr thathit | papêthannya kadi | asrining sutèngsu ||
12. duk kaping tri nawung wintang riris | papêntulira byor | amêwahi asrining gêlunge | sêngkang bapang ginumyur hèr gêni | obah ting parêlik | nèng wêdananipun ||
13. sarawungan lan netranya kalih | pêncorat-pêncorot | lir sasăngka winud ing wintange | pamêrakan bêburon sêsiring | anèng wêdana sri | kuwung rêbut dhucung ||
14. jaja awlar awijang rinêngging | asrining bêbadhong | tiba wangkong wong atundha trine | singga tanggal ping catur nawêngi | payudara kalih | kang pindha andaru ||
15. darijyalus angudayaning ri | kalpikanira byor | asta lurus gandhewa gadhinge | bêbinggêl mas winarna ting-anting | sumêkar [su...]
--- 93 ---
[...mêkar] rurusing | astra sri dinulu ||
16. madya pamêkak gara ta panglih | turut sapangisor | pada ramping rêmpêg darijine | kênaka mêmêt pinacar kadi | mirah bang tumraping | kêncana binubut ||
17. linênggahkên sang dyah samadyaning | ngarsane kang kobong | para pramèswari nèng ngarsane | namung Dèwi Ratih kang sumandhing | pan saingga sasi | sêsaman sitèngsu ||
18. Wara Sumbadra lan Dèwi Ratih | mèh kêmbar sayêktos | apan namung seje lêlewane | Dêwi Ratih bêranyak tan wigih | Dyah Banoncinawi | jêtmikantêng luruh ||
19. galak ulat Rêtna Dêwi Ratih | sang rêtnaning sinom | tingal jait alindri liringe | namung putri Cêmpala kang mirip | ing Sang Dèwi Ratih | salêlewanipun ||
20. sami raga karana mantêsi | sang kusuma karo | ya ta wau katingal rawuhe | sang pêngantèn kakung ginarbêg ing | sagunging para ji | Dèwi Ratih gupuh ||
21. Rêtna Wara Sumbadra kinanthi | ginarbêg pra sinom | para cèthi atup nèng wurine | sang kusuma pinêthukkên mungging | samadyaning kori | paringgitanipun ||
22. sêkar dewadaru nganan ngering | sinami tan karo | parêng bêbalangan ing gantale | sawusira sigra Dèwi Ratih | sang pêngantèn putri | sinêmbahkên kakung ||
23. gya cinandhak sang lêsmining puri | mring kakung pinondhong | para ratu samya wangsul kabèh | mring pandhapa tata lênggah sami | myang sang dewa kalih | para putra ngayun ||
24. sagung upacaraning para ji | nèng wuri mirantos | pra dipati tinimbalan kabèh | angladosi kêramèn [kêramè...]
--- [93v] ---
[...n] jro puri | lan sagung para ji | banjêng lênggahipun ||
25. ya ta wau salêbêting puri | sang pêngantèn karo | linênggahkên ngarsèng pajangane | Dèwi Ratih ingkang anêngahi | dewadaru ngapit | kanan keringipun ||
26. katri pramèswari Dwarawati | lawan Kumbina wor | Nglesanpura nèng kulon lênggahe | pramèswarinira Wiratha ji | lawan pramèswari | ing Cêmpala Prabu ||
27. anèng wetan lan kang pramèswari | ing Ngamarta awor | Rêtna Wara Srikandhi banjênge | sagunging parêkan para cèthi | jibêg munggèng wuri | jro kadhaton pênuh ||
28. para ratu sami dèn aturi | marang ing kadhaton | kinabêktèn mring sang pinêngantèn | banjêng para ratu munggèng ngarsi | lan sang dewa kalih | Dananjaya gupuh ||
29. lan kang garwa mangsah angabêgti | marang para katong | miwah marang jawata kalihe | sagung ingkang para pramèswari | katuwon ningali | marang kalihipun ||
30. sagung ingkang pra parêkan cèthi | andongong malompong | dènnya mulat mring sang pinêngantèn | dening rêspatinira kêkalih | pantêsing sinandhing | sri nataning arum ||
37. Sinom
1. Sang Aprabu Padmanaba | dahat êntyarsaning galih | myang pramèswari katiga | tumingal marang kang rayi | dene pugalnya nguni | wus panggih têmah miturut | samya muji sêdaya | ing wignyane Dêwi Ratih | dènnya karya rapêting patêmunira ||
2. Bathara Rêsi Narada | agung[2] anyawang angliring | apan ta sarwi ngêngudang | marang ingkang wayah kalih | lêlewa nglêluconi [nglê...]
--- 94 ---
[...luconi] | tan pêgat asungsung guyu | suka kang para raja | miwah sagung pramèswari | para cèthi guyune ambata rêbah ||
3. mulat ing Rêsi Narada | pan amung Wara Srikandhi | mèsêm bae apan ora | malah rongèh dènnya linggih | mulat mring Dyan Prêmadi | ngênglênging tyas mangu-mangu | kandhuhaning kung rimang | gêlung lukar tan tinolih | kang sumêkan sêpalih akuleweran ||
4. karingêtnya kadya siram | nanging tan ana udani | katawur ing gêgujêngan | Narada kang bêbanyoli | lan Prabu Harimurti | kang nanduki asung guyu | hèh Sumbadra riningwang | sapèku kang sandhing linggih | marang sira wong lanang anyar katingal ||
5. yèn aja kaêlêtana | marang Rêtna Dèwi Ratih | dêlênge nora pasaja | gone nglirik mring sirèki | mênawa mêngko bêngi | nêmêni panglirikipun | paran ta solahira | yèn wis pisah kang nêngahi | hèh Sumbadra sawêngi mêngko dèn yitna ||
6. sangsaya ambata rêbah | gujênge parêkan cèthi | tumungkul Wara Sumbadra | miwah Rahadyan Prêmadi | kusuma Dèwi Ratih | nambungi sarwi gumuyu | kula măngsa sukaa | ginanggu-ganggu ri mami | yèn ginanggu sun gawa mring suralaya ||
7. gumujêng Narendra Krêsna | Sumbadra na kang ngukuhi | dèn bêcik ing sungkêmira | iya marang Dèwi Ratih | nanging dèn ngati-ati | bokmênawa kêna bujuk | tyas ingsun tan pêrcaya | iya marang kang nêngahi | lamun sira yèn lena sayêkti kêna ||
8. kadya sinêntak gujêngnya | sêdaya ingkang miyarsi | angling Sang Narendra Krêsna [Krê...]
--- [94v] ---
[...sna] | sêmbranane amranani | praptèng antara wêngi | sagung ingkang para ratu | wangsul lênggah pandhapa | miwah sang jawata kalih | akaramèn samya pyaboga drawina ||
9. sagung ingkang pra dipatya | sadaya samya ngladosi | miwah salêbêting pura | sagung ingkang para putri | dhaharan ngiras sami | agujêngan suka nutug | sawusnya linorodan | mring sagung parêkan cèthi | Dèwi Ratih sigra ngêjèpi Sang Parta ||
10. garjita nampani cipta | kang garwa pinondhong aglis | binêkta minggah paprêman | wus tumangkêp ingkang samir | sagunging pramèswari | wus ngumpul ing lênggahipun | nêbihi sawatara | anut marang Dèwi Ratih | pan sêdalu tan wontên kang antuk nendra ||
11. suka sami pagujêngan | tuwin kang para narpati | satriya kang para putra | anut ing jata kalih |[3] nutug kasukan sami | samadyaning pandhapa gung | Rêsi Nrada kang dadya | panutan sukaning galih | angrêsêbi Sri Maha Narendra Krêsna ||
12. Ki Lurah Bagong lan Sêmar | sêdalu anglêluconi | tan ana mingkêm kang mulat | sagung ingkang pra dipati | gumêr gujêngnya sami | myang kang anèng alun-alun | para mantri sêdaya | myang sagung para prajurit | mêksih pajêg barise kêramèn samya ||
13. saênggèn-ênggèn gumêrah | kalasăngka angrêrangin | kêndhang gong munya sauran | mangkana sajroning puri | ingkang munggèng jinêm mrik | sang pêngantyan kalihipun | satriya Dananjaya | kang tansah angarih-arih | marang garwa dèrèng kapadhan ing karsa ||
--- 95 ---
14. sang rêtna sangêt susela | ingkang kagagas ing galih | dene ta kadang taruna | mangkya têmah dadya laki | kèngêtan nguni-uni | mring Sang Parta purunipun | akarya cacah-cucah | kongsi nibani têtali | nèng Kumbina binănda pinindha kumpra ||
15. marma tyasira wiyoga | dahat merangnya mring laki | satriya Andananjaya | dènnya mrih luntur ingkang sih | mêksih angarih-arih | ing tyasira maju mundur | manawa kaputungan | kadya kang wus nguni-uni | lamun mêdal runtike mung suduk jiwa ||
16. marma têlasing pangrêpa | pangungrumnya ngarih-arih | ginunturan ing srênggara | dènnya mrih luntur ingkang sih | lir sadpada ngingsêp ing | puspita di mêksih kuncup | tangèh wêdharing sêkar | brêmara dènnya mrih sari | mêksih ering sêrênging sari rinêksa ||
17. dhuh kusuma mirah ingwang | kang sawang sêkar warsiki | satmatanên dasihira | sumiwi tur pati urip | sakarsa ngrèh ing dasih | dèn atêmah luluh luntur | awora lan bantala | datan nyipta mring dyah malih | ing dêlahan tulusa angèstupada ||
18. mring sang adining kusuma | kang sawang mênur rinujit | anjalmaa kaping sapta | ayya liyan kang ngêmbani | among ing sang rêtna di | gusti mungna dasihipun | jalma kang ngêla-êla | marang sang dewaning èstri | cinuthata abdi pindhaa warcita ||
19. sun kudu angèstupada | marang sang dewaning sari | sarining endrabawana | Ratih-ratih Rarasati | nora ngundha-usuki | anyèthia kabèh patut | sapa prak nora papak | singa sandhing nora tandhing | sangking
--- [95v] ---
timur gon ingsun bidhung bêbeka ||
20. tangèh wruha gujêngira | èsême durung udani | lah ta iya ngêndi ana | wong antêng tumêkèng ati | namung gustiku iki | dhuh kusuma jiwaningsun | wlasana dasihira | pintên lamine samangkin | gèn kawula nyandhang sêsiku dêduka ||
21. purwa nèng Gadamadana | dènira dêduka gusti | sasat yèn sakêthi siksa | sinangsayèngakên dasih | ginusah kawlas-asih | kesah manglaya margiyuh | sayah susah mèh lêsah | suhing tyas wus bosah-basih | saparane apan tan ana kang nglarah ||
22. saingga bintaro kentar | ing tirta kentaring warih | anggung măndra kalênglêngan | sanggèn gumuling tan eling | kalanglangan nganglangi | nginglung tan ana kang nulung | saparan karungrungan | wirangrong saya ngranuhi | rangu-rangu angrêrangu sih andika ||
23. tan măntra yèn tumulèha | malah katula-katali | ing solah-salah kawula | mèh nglalu sangking pênganti | namung anyipta pati | datan kuwawa nahên kung | nandhang brăngta subrăngta | wigêna anawung wingit | anggung kambah ing wigêna kawimbuhan ||
24. mangkya gusti wus ngapura | karsa anampar ing dasih | kawulane linilanan | sumiwi jroning jinêm mrik | abdine atur pati | maring ratuning rum-arum | rujitên jro paprêman | dèn atêmah runtang-ranting | tan lênggana amung gusti ngandikaa ||
25. yèn dèrèng karsa ngandika | amung tingalana gusti | dasihe sakêdhap netra | dadya pamurunging pati | Sang Dyah Banoncinawi | miyarsa lingirèng [lingi...]
--- 96 ---
[...rèng] kakung | driyanira sumêlang | èngêt wulanging raka ji | nadyan silih akrama kadang taruna ||
26. sayêkti kalamun dadya | guru nadi kang sayêkti | apa sapangrèhing priya | pawèstri pasthi nglakoni | kapungkur yayah bibi | atas karsèng jawata gung | ing wanudya wus kasrah | marang ing priyanirèki | sinung wênang kakung masesa ing garwa ||
27. puniku ingkang ginagas | kusuma Banoncinawi | sumêdya anêtêpana | kautamaning pawèstri | ayya kabanjur kardi | sungkawa ing tyasing kakung | sadangunya ngrêrêpa | dahat ngasor mêlasasih | dènira mrih lunturing sari srêngkara ||
38. Dhandhanggula
1. sang kusuma ing Banoncinawi | yayah kadi ngêmu ingkang waspa | dènnya nauri kakunge | apan sarwi tumungkul | radi sêrêt ririh dènnya ngling | dhuh rahadyan mèndêla | sampun ta pukulun | angarih-arih ngrêrêpa | marang dasih ngasih-asih mêlasasih | mamêla lir kawula ||
2. pan kawula dede lare alit | suka rêna rinungrum rumpaka | wuwus lamis tanpa gawe | karya ewa kang ngrungu | tur ta masa anrus ing galih | pundi wontên wanudya | angabdèkkên kakung | mindah si dene duraka | ing sakêcap dhuh bêndara adhuh gusti | kawula ngèstupada ||
3. nadyan silih tan anrus ing galih | namung pangandika samudana | wèh duraka ing dasihe | apan ing mangke sampun | ing karsane dewa linuwih | lan sangking rilanira | kadang kula sêpuh | sinêksèn para jawata | myang apsari pinanggihakên wak mami | lawan ingkang sarira [sari...]
--- [96v] ---
[...ra] ||
4. para ratu samya anêksèni | sêpuh anom ngluluskên sêdaya | rama swargi kudangane | lawan pamundhutipun | inggih kakang prabu kêkalih | pan sadaya paduka | andhatêngi sampun | tan wontên kirang satunggal | lair batin badan kawula wus dadi | tatêbusan paduka ||
5. ing sakarsa paduka pan dadi | paran ta gèn kawula suminggah | wus kabutuh anèng kene | pintên ta kuwatipun | ing wanudya kêlamun pinrih | winisesa ing priya | dêstun kawula mung | nênuwun sarèh kewala | sampun ngantos darbe karsa sapuniki | kawula sru lênggana ||
6. dènnya sangêt sangking tikbrèng galih | benjang kawula sintên darbeya | Dananjaya ris dêlinge | dhuh babo mirah ingsun | awêcaa paran kang dadi | têlênge ing wardaya | mênawabdinipun | gusti bisa ngluwarana | sang rêtna ngling kang dados tikbraning galih | dene kadang taruna ||
7. mangkya têmah èstu dadya laki | mila sadangunipun ngandika | samudana pangrêpane | kawula kamipurun | kèndêl dangu botên nauri | ngungun sakipun kathah | kalêpatan ulun | tingkah kang wus kêlampahan | mring paduka sabên-sabên kumawani | tur ujar cacah-cucah ||
8. malah kongsi nêngêri têtali | inggih sangking sakêthi tan nyana | lamun makètên jêbule | dadya laki satuhu | lah ta pintên dosamba benjing | yèn tan wontên aksama | paduka pukulun | yêkti anawung duraka | sadangune Dananjaya duk miyarsi | aturnya ingkang garwa ||
9. kadya rêntah tyasnya tibèng siti | sru kakênan manising wêcana |
--- 97 ---
Sang Parta mijil waspane | kang garwa gya sinambut | linut dening pêngarih-arih | dhuh mirah jiwaningwang | kang sawang sitèngsu | ratu-ratuning sêsotya | kusuma di intêning Banoncinawi | sapa duwe bêndara ||
10. baya namung Rahadyan Prêmadi | lah ing ngêndi antuk angupaya | ingkang mirib sairibe | kang kadya mirah ingsun | wus kaanan para apsari | Ratih-ratih ing swarga | sêsandhingan lungguh | kucêm datanpa ujyala | pira kèhe iyèki kang para putri | kang anèng jroning pura ||
11. lir sudama sinangsayèng sasi | kabèh kucêm apan tanpa cahya | namung nyèthi pêpantêse | mring mirah jiwaningsun | Gagarmayang lan Gagarwati | anggawa gantènira | mung pêpantêsipun | dhuh gusti sampun anyipta | yèn abdine akarya samudana ngling | nora nrus ing wardaya ||
12. worên upata ingkang amandi | yèn darbea liyan ing panyipta | sangking gusti salamine | dèn têmah luluh luntur | datan nyipta-nyipta dyah malih | ngamungna sang kusuma | ngabdèkkên maringsun | ing dunya praptèng dêlahan | sun sumiwi ngabyantarèng sang suputri | lumadi ing sakarsa ||
13. dene solah kang wus nguni-uni | gustiningsun amundhut apura | rumăngsa akèh lupute | marang ing dasihipun | sadurunge sawise gusti | luwih sakêthi yuta | ing apuraningsun | karananggèr dudu sira | ingkang luput sayêktine sangking mami | kang bangêt kaluputan ||
14. anggung ngarubiru marang gusti | gege măngsa sadurunge măngsa | mung apuranira [a...]
--- [97v] ---
[...puranira] anggèr | marang ing dasihipun | lah ukumên jroning jinêm mrik | siksanên ing paprêman | dèn atêmah lêbur | bêndunên ing gănda wida | balênggunên ing tilam manising liring | kang abdi tan suminggah ||
15. lah tuwêkên ing kênaka lungit | lan cancangên kincanging imbanta | bandanên ing kasmêkane | cêngkalakên ing gêlung | tabêlanên ing kasur sari | lurubana paprêman | candhinên jinêm rum | siramên layoning sêkar | Dananjaya pangungrumnya mrih nêkani | pamurwaning asmara ||
16. ingkang garwa sinarèkkên aglis | maras-maras tyasira wus rantas | tata têrus panitise | rêtnaning dyah kalangkung | ananggulang mêksa tan olih | kakung tan kêna ginggang | pangudining kakung | sayah lêsah anggung ngêsah | panyêngkahnya tan pasah amêlasasih | kakung nêkakkên karsa ||
17. rara kênya pinurwa ing rêsmi | yayah murcita jroning asmara | kawratan ing pangrêmbate | tinêmbe marang kakung | Dananjaya awlas ningali | kang garwa sinungkêman | wonga-wonganipun | wêdana ris ingusapan | gung ingaras cinêcêp-cêcêp kang lathi | pan sarwi rinarêpa ||
18. dhuh kusuma niyakaning èstri | putri musthikaning jagat raya | sotyaning wanita kabèh | kêkayanganing ayu | anguyuni ayu sabumi | ing jagat tanpa sama | samaning dyah ayu | yu ayuning suralaya | pan sêdaya kayuyun amêlayoni | tumon ing ayunira ||
19. sampun age anggèr nêmah lalis | paran dasihe ingkang tinilar | tan kêlar nahên wirage [wira...]
--- 98 ---
[...ge] | dhuh wungua riningsun | sampun karya marasing dasih | sang dyah datan gulawat | katrêsing bêbayu | swanita drês kadi siram | Dananjaya kang garwa sinambut aglis | pinondhong mring patirtan ||
20. Larasati lan Nikèn Sulastri | angladosi anggènira siram | sarta lawan pasaline | busana adi luhung | pan sêdaya sangking swarga di | Dèwi Ratih kang bêkta | wusing siram nutug | kalihnya santun busana | Dèwi Ratih kang maharjèng busana di | marang sang pinêngantyan ||
21. linênggahkên nèng pajangan malih | para putri lan para parêkan | mulat tan wontên tuwuke | lam-lamên ing pandulu | marang ing sang pêngantèn kalih | rucat paès sangsaya | wuwuh ayunipun | jro supêna ora nana | ingkang mirib kusuma Banoncinawi | tuhu musthikaning dyah ||
22. ing puniku salêbêting puri | kadya pinukul teja wangkawa | rinênggèng kilat thathite | winarnèng kuwung-kuwung | myang sêsăngka winita riris | rarênggan jroning pura | sêdaya mas murub | sêsotya myang nawa rêtna | pan anawung ing cahyaning para putri | lir andaru liwêran ||
23. ulur sêlur kang para apsari | suralaya miwah ing kaendran | pan sabên dalu praptane | pêrlu samya dêdulu | nunggil marang Sang Dèwi Ratih | idung-idungên samya | sagunging para rum | mulat mring sang pinêngantyan | tribuwana sapa ta ingkang duwèni | ing cahya kang mangkana ||
24. ngasorakên rêsmining kang sasi | Sang Hyang Guru bisa têmên karya | jodho marang ing titahe | kaya kakunge iku | lah ing ngêndi isining bumi | mimba Sang Dananjaya | iya
--- [98v] ---
pêkikipun | pantês lamun rinênggaa | katêmune dening jawata linuwih | ngobahkên suralaya ||
25. baya kabagusan ing sabumi | lawan kabagusan suralaya | iya mung pinaro bae | ingkang sêparo namung | sinungakên mring wong kêkalih | Parta lan Kamajaya | kang sêparon dinum | marang manungsa sajagat | miwah marang dewa kabèh suranadi | yèn mungguhing wanudya ||
26. iya ayu-ayuning sabumi | ayu-ayuning endrabawana | iya mung pinaro bae | ingkang sêparo namung | sinungakên mring Dèwi Ratih | lawan Wara Sumbadra | kang sêparo dinum | para pawèstri sajagat | lawan marang sagunging para apsari | kaendran suralaya ||
27. tan wus lamun winuwus ing tulis | ingkang samya pita-ginupita | pra apsari sêdayane | cinatur sabên dalu | akêramèn sajroning puri | para putri sêdaya | miwah para ratu | nutug suka-parisuka | jawi lêbêt antara ing sabên ratri | dewa kêkalih brăngta ||
39. Asmaradana
1. lawan Rêtna Dèwi Ratih | Gagarwati Gagarwayang[4] | pamit mantuk kayangane | tan antara laminira | sagunging para raja | lan saputra garwanipun | pamit kundur sowang-sowang ||
2. ing sapraja kari tistis | miwah salêbêting pura | namung Nata Pêndhawane | Sang Aprabu Darmaputra | lan kang rayi sêdaya | lan sawadya mêksih tugur | nèng Dwarawati nêgara ||
3. sagung kêramèn jro puri | nanging Prabu Padmanaba | gung mêlang-mêlang galihe | gènnya tan atur uninga | mring kang raka Madura [Madu...]
--- 99 ---
[...ra] | jroning suka rangu-rangu | ananging datan kawêdal ||
4. mangkana dina sawiji | mantri tampingan tur priksa | yèn Sang Prabu Madurane | rawuh malih saha bala | sakapraboning yuda | Kurawa mêksih tut pungkur | inggih sakapraboning prang ||
5. sêrêng lampahira aris | Sang Aprabu Padmanaba | kumêpyur sungkawèng tyase | miyarsa ing aturira | mantri juru tampingan | de kang raka rawuhipun | miwah sakapraboning prang ||
6. pan Kurawa tumut malih | wus mêsthi yèn mawa duka | dadya alon andikane | mring kang rayi ing Ngamarta | yayi prabu rakanta | ing Madura mangke rawuh | sakapraboning ayuda ||
7. Kurawa binêkta malih | saèstu ngêmu dêduka | raka paduka rawuhe | kawula tilar ing karya | hèh sira Wêrkudara | sawadyanira dèn tambuh | nanging batin dèn prayitna ||
8. watake kakangira ji | Madura kalumuhana | kagetan cêpak nêpsune | ananging galihe malam | yèn ora linawanan | gêlis lilih nuli luluh | nêpsune nora tumêka ||
9. ingsun wêtara wus kêni | kamandakaning Kurawa | sirung sêrênging lakune | gawa sakapraboning prang | mung sira bae Bima | dèn bisa ngunjara nêpsu | sapira gone dêduka ||
10. aja pisan kok piyarsi | têka guyunên kewala | sayêkti wurung nêpsune | miwah sira Gathutkaca | dèn eling wêkas ingwang | Wêrkudara sru gumuyu | iya aja walang-driya ||
11. sun karyane kuping tuli | măngsa ta kakilapana | Si
--- [99v] ---
Baladewa watake | sang prabu malih ngandika | kulup Sămba dèn inggal | mapaga mring uwakamu | marang sajawining kitha ||
12. lawan Si Arya Sêtyaki | laku lancaran kewala | hèh Udawa jaba kowe | dèn bisa rapêt lan rênggang | wong Madura Ngastina | ing sasolah-solahipun | têka nêngêna kewala ||
13. padha dèn tambuh dèn aris | wong Dwarawati Ngamarta | aja na kang karya kagèt | kagetan dhewe ya aja | mênawa wong Madura | lan Ngastina gawe saru | jarag dadining prakara ||
14. aja na sira langgati | lungguhan padha misaha | lungguhan kancamu kabèh | wong Dwarawati Ngamarta | dadia siji wetan | aja kongsi wowor sambu | kulon gone wong Madura ||
15. lan Ngastina dadi siji | katri sandika wus mêdal | Sămba Wrêsniwira age | budhal datan mawi bala | mung lawan upacara | Udawa parentah sampun | marang sagung pra dipatya ||
16. miwah sagunging prajurit | Dwarawati lan Ngamarta | ngumpul ngetan sêdayane | kilèn badhe panggenannya | wadyabala Madura | lan Kurawa lamun rawuh | wau Radyan Gathutkaca ||
17. sampun utusan amangsit | mring wadyabala Ngamarta | Pamênang Pringgadanine | sêdaya kinèn prayitna | Sang Prabu Padmanaba | wus mijil sangking kêdhatun | lawan Prabu Darmaputra ||
18. tan mawi parêkan cèthi | lênggah anèng sitibêntar | tan mawi upacarane | mung punakawan kewala | Wêrkudara tan têbah | nèng keringanira lungguh | Nangkula Sadewa ngarsa ||
19. satriya ing Pringgadani | munggèng wurine [wuri...]
--- 100 ---
[...ne] kang rama | gya mangkana pamêthuke | Radyan Sămba Wrêsniwira | prapta jawining kitha | lan kang uwa sampun tundhuk | nêmbah alon aturira ||
20. panduka ngaturan aglis | manjing salêbêting kitha | rayi paduka kalihe | ngêntosi nèng sitibêntar | sigra Si Baladewa | ngatag ing balanira wus | gumuruh manjing jro kitha ||
21. kang munggèng ngarsanira ji | wadya Madura sêdaya | Kurawa nèng wuri kabèh | ing alun-alun wus prapta | Sang Prabu Padmanaba | mudhun sangking sitiluhur | miwah Prabu Yudhisthira ||
22. mêthuk munggèng păncaniti | Sang Aprabu Baladewa | dipangganira kèndêle | munggèng têpining têratag | têdhaknya tinampanan | mring kang rayi kalihipun | Krêsna lawan Yudhisthira ||
23. nyandhak asta kanan kering | sarwi mèsêm aturira | narpa ri kalih ature | suwawi tuwan lajênga | tumamèng jroning pura | ipe paduka pukulun | katri ngajêng-ajêng samya ||
24. Sri Baladewa lingnya ris | ya yayi mêngko kewala | lumêbu jroning kêdhaton | sun arsa aso sadhela | linggihan anèng jaba | kang rayi alon umatur | sumăngga ing sitibêntar ||
25. palênggahan wus miranti | nulya ris sami lumampah | sarwi kinanthi astane | minggah marang sitibêntar | wau bala Madura | lan Kurawa sêdaya wus | nisih ngilèn barisira ||
26. dene sagung pra dipati | Madura lan pra sêntana | ing Ngastina sêdayane | aglar munggèng pagêlaran | nisih datan woworan | sêdaya winangsit sampun | marang Prabu Baladewa ||
--- [100v] ---
27. yèn ana rame jro puri | pra sêntana pra dipatya | kabèh aja na têlangke | numpês ing bala Pandhawa | marma sagung prawira | Ngastina Madura sampun | prayitna sêdayanira ||
28. nyandhing gêgamane sami | mangkana ing sitibêntar | sawusnya tata lênggahe | Sang Aprabu Padmanaba | matur sarwi ngrarêpa | dhuh pukulun kakang prabu | dèn agung kang pangaksama ||
29. de kawula kumawani | anilar ing sasêmbahan | rayi paduka panggihe | sangking sruning pamêksanya | jawata kalihira | sarta timbalan Hyang Guru | datan kenging pinopoa ||
30. dene sampun anêtêpi | nalika dintên punika | wulan tahun myang tanggale | panggihe Parta Sumbadra | ing janji sampun măngsa | tăndha sangking dewadaru | wus mêkar kalih sêkarnya ||
31. mila kawula turuti | pamêksane Hyang Narada | Hyang Kamajaya adrênge | sêdyamba yèn wus sampurna | panggihe ri paduka | kawula lan yayi prabu | Ngamarta lajêng kewala ||
32. mring Madura bayangkari | ngaturkên rayi paduka | sakarsa amrih kêramèn | lawan para ri sêdaya | wontên nagri Madura | botên sumêdya pukulun | yèn ngungkurna kadang tuwa ||
40. Pangkur
1. Sang Aprabu Baladewa | sru ngandika yayi ayya kuwatir | pan ora dadi tyas ingsun | sira tinggal ing karya | ing kêramèn panggihe arinirèku | sok wisa padha raharja | dene praptaningsun iki ||
2. pan arsa angluwarana | kêkudangan ingsun kari sawiji | marang ing arinirèku | kang durung kalampahan | pan kêlalèn [kê...]
--- 101 ---
[...lalèn] marma nguni tan kawuwus | duk ingsun anèng pratapan | mangkene pangucap mami ||
3. ariningsun Si Sumbadra | nora laki dèn têmah nini-nini | yèn tan antuk satriya nung | ingkang kuwasa năngga | ing tibane nênggala lugoraningsun | lah mara age wêtokna | Si Janaka ngarsa mami ||
4. sun tibanane nênggala | lan lugora lamun kêlar nadhahi | sayêkti yèn nyata jatu- | krama lan ariningwang | lamun luluh katiban lugoraningsun | myang tugêl dening nênggala | sayêkti tan jatukrami ||
5. lan arinta Si Sumbadra | lah ta payo yayi wêtokna aglis | Si Janaka ngarsaningsun | Sang Prabu Patmanaba | duk miyarsa angrarêpa aturipun | dhuh prabuku kadang ingwang | dununge sêmbah ngong yêkti ||
6. nadyan silih kakudangan | yèn tan pantês pukulun dèn lampahi | bok sampun paduka wuwus | apan dede pabênan | ingkang kadya karsa paduka pukulun | tinibanan alugora | kawula arsa udani ||
7. manusa diyu rasêksa | tribuwana ingkang kêlar nadhahi | alugora tibanipun | sampun ingkang manusa | nadyan dewa nadhahana yêkti lêbur | ing nênggala alugora | pamunahing wong sabumi ||
8. lah punapa lêpatira | pun Janaka gènipun angladosi | ing karsa tuwan pukulun | myang ari Yudhisthira | iba-iba angèle myang awratipun | inggih pamundhut paduka | kang wus dhinawuhkên nguni ||
9. amundhut rata kêncana [kênca...]
--- [101v] ---
[...na] | ingkang pangirit turăngga rasêksi | sêkar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | kusir dewa patah dewa | myang pêngarih widadari ||
10. apan dede marcapada | panggenane sêdaya suranadi | sangking têmên-têmênipun | arinata Pandhawa | gènnya sami nglampahi karyanta prabu | jinurung dening jawata | sêdaya sagêt dhatêngi ||
11. tan wontên kirang satunggal | ingkang angèl satêmah dados gampil | dhuh pukulun kakang prabu | sampun tuwan kakehan | andadoskên ing dêduka ingkang dudu | dhahar atur kamandaka | mênawi botên sayêkti ||
12. Sang Aprabu Baladewa | sru ngandika yayi prabu tan kêni | pan wis kakudangan ingsun | sênadyan silih dewa | angundurna ingsun nora kêna mundur | lamun ora nuli prapta | Si Janaka ngarsa mami ||
13. iya namung lilanana | ingsun jujul lumêbu jroning puri | lamun ana kadangipun | marina[5] nora rila | anglabuhi aja sira milu-milu | padha samêngko kewala | sabudine sun kêmbari ||
14. Wêrkudara duk miyarsa | sumung-sumung sêndhu dènnya nauri | lah apa ta lingirèku | Baladewa bok aja | sanggon-ênggon angucap kang nora patut | sira ratu pinituwa | măngsa wania wak mami ||
15. sun lawan mêksih satriya | dene praptaningsun mring Dwarawati | sarta lawan sukanipun | ingkang duwe nêgara | amrih suka rukune sêsanak patut | ngumpulkên balung apisah | kabèhing sakadang mami ||
--- 102 ---
16. nora bêbara kêrêngan | mêngko sira nguthik-uthik miwiti | angoyog-oyog wong ngantuk | gugah wong lagi nendra | prapta nêdya ambarang sêsoroh amuk | lah iya sakarêpira | sapêkolèh sun ladèni ||
17. Sang Aprabu Baladewa | duk miyarsa krodhanira tan sipi | kalih sarêng ngadêgipun | gapyuk candhak-cinandhak | corok-caruk rukêt kang ngadhêpi mawut | Sang Aprabu Yudhisthira | lawan Prabu Harimurti ||
18. gendholi sami ngrarêpa | kinipatkên kontal malêsat têbih | kang aprang kalih wus riwut | tan kêna pinarpêkan | okol-ukêl gêlut apêluk-pinêluk | wus kuwêl datan kêna wal | angkah angungkih-ingungkih ||
19. udrêg-dêdrêg drêg-udrêgan | kagulimpang gulung gênti kaguling | bangsal palênggahan rubuh | kambah ramening aprang | para putra pra sêntana sêdhih dulu | Sămba Nangkula Sadewa | nangis samya kontrang-kantring ||
20. ya ta wau pagêlaran | pra dipati kagyat dènnya miyarsi | gumêrah ing sitiluhur | sarta lawan karuna | anggarjita Kurawa parêng dènnyambyuk | miwah wadya ing Madura | bala Pandhawa nadhahi ||
21. gugup datan antuk papan | kasalêpêg tumpuk tindhih-tinindhih | kang para prawira caruk | rukêt sêbrak-sinêbrak | samya tandhing lawan sandhingira lungguh | asrang sêdhètnya warastra | kadya udan kilat thathit ||
22. rame kang samya prang-pinrang | kang sawênèh samya jênggit-jinênggit | saênggèn-ênggèn gumuruh | tumpuk [tumpu...]
--- [102v] ---
[...k] têpak-tinêpak | pra dipati pra sêntana samya riwut | uyêl ingkang rêbut papan | apêpêt pipit-pinipit ||
23. prajurit wus kathah pêjah | pra dipati kathah kang nandhang kanin | mangkana ing sitiluhur | ingkang aprang sangsaya | rukêt kalih aguling gantya gumulung | kalangan ulêng-ulêngan | putêran untir-inguntir ||
24. kadya cakraning gilingan | rame dêdêr-dinêdêr angidêri | wrêksa ruk rêbah kabrubuh | bosah-basih bêlasah | Sang Aprabu Padmanaba susah dulu | mring kang aprang kalihira | mêrpêki sru turirèki ||
25. dhuh kakang prabu èngêta | ing ayuda wus tan kêna sinapih | sakarsa tuwan pukulun | ing alun-alun jêmbar | amrih tutug băndayuda liru pupuh | kêlawan pun Wêrkudara | singa tiwas angêmasi ||
26. tingkah paduka ing aprang | langkung nistha kadya dede nrêpati | ulêng lir maesa tumbuk | punika pagêlaran | pra dipati ing tingkah paduka anut | wor suh patêmpuh ing aprang | wadya lit kathah ngêmasi ||
27. sangking prang tan antuk papan | kathah pêjah sami rowang pribadi | pra dipati kathah tatu | Sang Prabu Baladewa | lawan Wêrkudara lamat-lamat ngrungu | nglingnya Prabu Padmanaba | èngêt ing tyas angunduri ||
41. Durma
1. uwal parêng sumêbut kalih lumumpat | marang ing păncaniti | nguwuh marang bala | mêksih arame aprang | miwah Prabu Harimurti | sampun utusan | anapih kang ajurit ||
2. Sămba Wrêsniwira Nangkula Sadewa | miwah
--- 103 ---
Sang Bimasiwi | mudhun pagêlaran | anapih marang bala | piyak kadya dèn saringi | bala Pandhawa | ngumpul mangetan sami ||
3. wadyabala Madura lawan Kurawa | ngumpul mangilèn malih | ingkang nandhang brana | kinumpulakên samya | miwah ingkang angêmasi | wus ginotongan | mring wadya Dwarawati ||
4. ingkang samya kanin miwah ingkang pêjah | kinumpulakên sami | mring Patih Udawa | paseban kilèn wetan | sêdaya wus dèn tarubi | kang pra dipatya | tata barise malih ||
5. tan kêna wor ing sajuru-jurunira | sagung kang pra dipati | kidul wringin kêmbar | badhe papaning aprang | sêdaya wus dèn rêsiki | Sri Baladewa | pan sampun dèn saosi ||
6. palênggahan ngêdhangkrang munggèng dhêdhampar | aglar kang pra dipati | tuwin pra sêntana | Kurawa munggèng ngarsa | alugora datan têbih | Patih Pragota | kang ngampil munggèng kering ||
7. Wêrkudara ngadêgakên gadanira | Gathutkaca tan têbih | munggèng ngarsa lawan | sagunging pra dipatya | wadyabala Dwarawati | wus kinèn misah | baris nèng păncaniti ||
8. sitibêntar Sang Aprabu Yudhisthira | lan Prabu Harimurti | Nangkula Sadewa | Sămba lan Wrêsniwira | tan têbih munggèng ngarsa ji | samya prayitna | wau ta kang winarni ||
9. Prabu Baladewa lawan Wêrkudara | wusnya ngaso kêkalih | parêng dènnya nyandhak | ing gada alugora | mangsah manêngah wus panggih | ayun-ayunan | sêdhêng kang lagya tandhing ||
10. samya dêdêg arosa rowa birawa | kalih
--- [103v] ---
balengah kuning | sakêdhik kapara | agêng inggil Sang Bima | sêrêng gumriyêng netrandik | Sri Baladewa | ganggas ing solah kêsit ||
11. ulat galak nanging kêncêngira samya | tandang parêng dènnya mrih | ngabên-abên gada | kalawan alugora | têmpuhira mubal gêni | kumantar-kantar | mumbul marang wiyati ||
12. gurnitaning swara kadya gêlap sasra | kapilêng kang miyarsi | ilanging dahana | Sang Prabu Baladewa | nibani alugora glis | Bima gya indha | malumpat anguncati ||
13. alugora tuna tumibèng bantala | rug dhungkar bumi gonjing | Wêrkudara sigra | jangkah nibani gada | Sri Baladewa ngoncati | kêbat malumpat | gada tumibèng siti ||
14. kadya bêlah bantala angambak-ambak | Wêrkudara anggitik | Baladewa indha | mingêr malês andhêndha | Wêrkudara angoncati | jangkah-jinangkah | ing dhêndha silih-ungkih ||
15. rame dêdêr-dinêdêr idêr-idêran | bobot babit-binabit | tan ana kang cidra | kuwat awase samya | gênti jangkah anibani | samya indhanya | tan ana kang kasilip ||
16. ukêl tindak panduk ingkang alugora | lan gada dènira mrih | mubêng liru papan | pur pupuk parêng papak | papak-pinapak nutugi | kalih kuwatnya | ngêtog karosan sami ||
17. maras-maras bala gung ingkang tumingal | solah-bawaning jurit | Prabu Baladewa | lan Arya Wêrkudara | kalihnya prawirèng jurit | pan kadya bêlah | orêg lindhu [li...]
--- 104 ---
[...ndhu] kang bumi ||
18. gonjang-ganjing jinjang Si Sri Ăntagopa | re gung kang turănggèsthi | sajêg durung mulat | ing aprang kang mangkana | ngalun-alun Dwarawati | lêdhok anjurang | kambah ramening jurit ||
19. lir dhinudhuk katiban gada lugora | rug dhungkar ingkang bumi | lêbu mawalikan | balêdug ngampak-ampak | sinrêg drêsing angin-angin | bayu Sang Bima | sindhung-riwut gumêrit ||
20. dewa-dewa prasamya manadukara | ngudankên wangi-wangi | kumbang lumrèng tawang | liwêran mamrih kêmbang | gumêr lir pindah angarih | ngrapu ngrarêpa | mring kalih kang ajurit ||
21. cinarita apan kongsi tigang dina | ing sabên ari jurit | Prabu Baladewa | lan Arya Wêrkudara | lamun sayah mundur sami | marang têratag | aso mangidul kalih ||
22. lamun sampun nginum parêng kalih tandang | gêgaman datan salin | mung lugora gada | gantya nibani dhêndha | samya malumpat ngoncati | tan ana tadhah | mangkana kang winarni ||
23. sapraptaning prang wêkasan tigang dina | sèlèh gêgaman sami | Prabu Baladewa | lan Arya Wrêkudara | gapyuk rukêt ing prang sami | candhak-cinandhak | dhupak-dhinupak sami ||
24. rame cêngkah-cinêngkah pokah-pinokah | kakahan silih-ungkih | Prabu Baladewa | asring kasingsal kontal | apan kantun gêng ainggil | nanging kapara | kaduk wantêring jurit ||
25. duk sêmana sêdhêngnya dugang-dinugang | Sri Baladewa kêni | dinugang bruk rêbah | tangi nêdya angrangsang | cinandhak sigra binanting [bina...]
--- [104v] ---
[...nting] | lajêng binuwang | kantêp tibanya têbih ||
26. sigra tangi ngunggut-unggut krodhanira | ingkang amrih mungkasi | nyandhak nênggalanya | pinundhi anèng asta | murub laraping jêmparing | asru sêsumbar | Bima mêngko dèn eling ||
27. tadhahana tibane nênggalaningwang | pamunahing sabumi | linêpaskên sigra | lumarap kadya kilat | Wêrkudara anadhahi | kantêp jajanya | niba gumuling siti ||
28. Baladewa mulat marang Bima niba | nyandhak alugora glis | karsanya Sang Bima | yun dèn jur ing lugora | sumêngkut mangsah mrih gitik | sêdhêng mèh prapta | gènnya Bima gumuling ||
29. Gathutkaca nyambêr sangking dirgantara | anjog asru ngêjlogi | jajanya kang uwa | dhinupak sru kalênggak | kapagut ing suku kalih | dhawah kantaka | Gathutkaca nulya glis ||
30. ingkang rama binêkta mring antariksa | Pragota aningali | gustine kantaka | musuhe wus tan ana | sigra dènnya mêlajêngi | sagunging bala | arsa umangsah jurit ||
31. pan kasaru wungu Prabu Baladewa | lawan kasaput wêngi | dadya mundur samya | kang arsa mangsah yuda | miwah kasaput ing wêngi | kocapa ingkang | anèng wiyat lir pêksi ||
42. Dhandhanggula
1. Gathutkaca niyup mring sitinggil | ingkang rama pan mêksih kantaka | sinèlèhakên ngarsane | Sri Padmanaba dulu | gupuh ngrangkul sarwi ngusapi | sêkar wijayamulya | gumregah gya wungu | bêkuh takon mungsuhira | Prabu Padmanaba gumujêng sarya ngling | lah ta wis aja-aja [a...]
--- 105 ---
[...ja-aja] ||
2. ambanjurkên krodhanirèng jurit | wruhanira rakanta Madura | lamun wus mêtu budine | tan ana mungsuhipun | tribuwana sayêkti tapis | măngsa na kêlar năngga | krodhaning prang pupuh | miwah ta Si Gathutkaca | nora kêlar nadhahi wakira kaki | lamun mêksih nênggala ||
3. ingsun dhewe kang golèkkên tandhing | kabèh kariya nèng sitibêntar | sarwi gumujêng dêlinge | mêksih duwe wak ingsun | sasimpênan prajurit luwih | mung iku kêlar năngga | boboting prang pupuh | kakangira ing Madura | kang para ri tan ana kang graitani | linge Narendra Krêsna ||
4. tan nyana yèn kang badhe tinandhing | ing prang lawan Prabu Baladewa | yèn Arjuna sagarwane | nyana lamun satuhu | anyimpêni prajurit luwih | Sang Prabu Padmanaba | wus manjing kadhatun | mangkana ingkang winarna | kang kêkuwu nèng taman Banoncinawi | satriya Dananjaya ||
5. anutugi pamanguning kang sih | kasok ing tyas sangking laminira | dènnya anahên wirage | dèrèng pinadhan kayun | kèh pakewuh ngalang-alangi | lami saya kalingan | kapalang lumintu | kalunta katula-tula | Dananjaya mèh nglalu sangking pênganti | panggihnya lan kang garwa ||
6. marma ing tyas lir kadya punagi | marang garwa dahat ngêla-êla | kadya tan kêna sumèlèh | katali ing sih lulut | kumalata amagêrsari | maniwèng kêmbang-kêmbang | panjrahing jinêm rum | pangudining gănda wida | pangrurahing rêratus jêbat kasturi | rarasing
--- [105v] ---
karasikan ||
7. datan wênèh saya angrahuni | pamilutanirèng jroning tilam | pamuluting sih lulute | tan lilih malah luluh | ing pamunahirèng mêmanis | mangkana sakalihan | kang lagya sih lulut | lênggah madyaning paningrat | Sêmar Bagong Larasati lan Sulastri | tan têbih munggèng ngarsa ||
8. aglar parêkan lan para cèthi | pan andangu ramening ayuda | Larasati tur sêmbahe | tigang ari pukulun | dèrèng wontên kasor ing jurit | mêksih rame kewala | dènnya silih pupuh | enjang kawula tumingal | ingkang aprang sèlèh gêgamannya sami | gada lan alugora ||
9. pan amangun ing prang rukêt malih | rame samya rok silih prabawa | kalih samya prakosane | raka paduka prabu | ing Ngamarta lan Dwarawati | sungkawa dènnya mulat | solahing prang pupuh | para putra pra sêntana | myang wadya gung sêdaya prasamya sêdhih | nyapih datan kaduga ||
10. dènnya sampun riwut ing ajurit | Dananjaya mèsêm angandika | apa kang dadi purwane | dadine ing prang pupuh | Larasati matur wotsari | kawula amiyarsa | rawuhnya pukulun | raka paduka Madura | anèng Dwarawati arsa angluwari | nênggih punaginira ||
11. kakudanganira duk ing nguni | nênggih dhumatêng rayi paduka | satunggal ingkang kasupèn | sintên-sintên pukulun | nênggih ingkang kêlar nadhahi | ing alugoranira | myang nênggalanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih lawan rayi paduka jêng
--- 106 ---
gusti | ing wau karsanira ||
12. paduka kang pinundhut tumuli | praptanipun wontên sitibêntar | nêdya dinadar lèlère | ing alugoranipun | myang nênggala tibanirèki | adrêng ing karsanira | tan kenging rinapu | raka paduka Pamênang | ingkang malang dadya kabêranang kalih | gapyuk candhak-cinandhak ||
13. udrêg-dêdrêg wontên ing sitinggil | bangsal taratag rambat suh sirna | kambah ing aprang rukête | raka paduka prabu | ing Ngamarta lan Dwarawati | gendholi tan kuwawa | nyapih karsanipun | kinipatakên kaplêsat | ngalun-alun sagung ingkang pra dipati | Madura lan Kurawa ||
14. pan sêdaya sampun tampi wangsit | amiyarsa rame sitibêntar | wus duga ing prang dadine | ambyuk parêng anubruk | marang bala Pandhawa sami | gugup para prawira | tan antuk gon tumpuk | wor suh mungsuh lawan rowang | kathah pêjah miwah ingkang nandhang kanin | dene sagêtnya piyak ||
15. kandhih ingkang rukêt nèng sitinggil | mudhun marang alun-alun samya | wadya gung sapih yudane | punika purwanipun | Dananjaya dupi miyarsi | ngungun runtiking driya | mring kang raka Prabu | Madura ing karsanira | sangêt ewa ing budi nganyar-anyari | anut ing Kurawendra ||
16. ambêgnya kang tuhu nguni-uni | budining kang watak tan karenah | mangkya tan ana labête | nanging mêksih sinamun | rêngunira ing dalêm batin | tan kawastarèng netra | kang garwa tumungkul | merang salêbêting
--- [106v] ---
driya | marang kakung miyarsa karsanirèki | ingkang raka Madura ||
17. Dananjaya waspada ing wadi | yèn kang garwa sungkawa ing driya | myarsa kang raka karsane | kang garwa gya rinangkul | sah ingaras mawanti-wanti | dhuh nimas jiwaningwang | kang sawang sitèngsu | ayya sira rasa-rasa | ing karsane kang saru rakanira ji | Sri Bupati Madura ||
18. payo nimas padha dèn lakoni | lah ing ngêndi gon ingsun suminggah | lamun wus dadya karsane | mung sira mirah ingsun | ayya kongsi sungkawèng galih | lêbura wor lan kisma | dèn atêmah bubuk | sêrambut datan suminggah | ing karsane rakanira sri bupati | sun lakoni kewala ||
19. sang kusuma sêrêt turirèki | yèn makatên ing karsa paduka | suwawi mêthukna age | yudane kakang prabu | lamun tuhu asih ing dasih | dene lamun paduka | kasambut prang pupuh | ulun bela tan sêlaya | mring paduka sayêkti sami tumuli | kawula suduk jiwa ||
20. prasêtyamba mring paduka yêkti | datan asih ing kadang sikara | yèn paduka nutugake | namung ngêsahkên lampus | botên purun lumawan jurit | kawula lilanana | dhingini pukulun | ing sêmangke suduk jiwa | Dananjaya miyarsèng tyas lir jinait | sinambut ingkang garwa ||
21. linênggahkên nèng pangkonirèki | sarya liniling-liling ingaras | dhuh mirah jiwa ngong anggèr | sampun age anglampus | paranbaya solah ngong kari | suka andhinginana | mirah dasihipun | ayya ta
--- 107 ---
dadi tyasira | yèn sun timbang kusuma warnanirèki | lan bote alugora ||
22. mung sak sada larasing tyas mami | nanging ingsun mirah tan anêdya | yèn ngladenana yudane | rakanira sang prabu | sakarsane mring awak mami | sagung cèthi parêkan | suka dènnya dulu | mring gustine kalihira | pasamuan siniwi ing para cèthi | dènira sih-sinisihan |[6]|
23. wus tan ana kang dèn kalingsêmi | anggung ngaras marang ingkang garwa | liniling munggèng pangkone | Sêmar Bagong gumuyu | mring Sulastri dènira angling | sakiki[7] ingsun duga | yèn ana wong agung | giyuh ing galih kewuhan | buwang kadang ngukup ipe nora bêcik | arsa angukup kadang ||
24. buwang ipe iya nora bêcik | pupusane têka marang garwa | iya kênthêle galihe | karo ingkang prang pupuh | iya nora nganggo pinikir | gumêr sagung pawongan | mangkana kasaru | rawuhnya Narendra Krêsna | Dananjaya lan garwa kagyat ningali | sigra dènnya tumêdhak ||
25. pan amêthuk rawuhnya raka ji | sampun tundhuk mêndhak munggèng ngarsa | nêmbah cinandhak astane | kinanthi kalihipun | binêkta mring madyèng botrawi | wus tata dènnya lênggah | Sang Parta tumungkul | lan kang garwa munggèng ngarsa | Nata Krêsna suka dènira ningali | mring kang rayi kalihnya ||
26. sarwi gumujêng dènira angling | hèh ki ipe kayaparan sira | têka pijêr dhuwêl bae | apa ta nora ngrungu | ramening prang ing
--- [107v] ---
tigang ari | ngalun-alun gêmpuran | têka nora mungup | pan ing mêngko kakangira | ing Pamênang pan wus kasoran ing jurit | tinibanan nênggala ||
27. nora pasah ing jro bangêt kanin | pan mèh bae pinindho lugora | Si Gathutkaca kêbate | sangking wiyat mangêrbut | pan ginawa mring ngarsa mami | mêksih bangêt kantaka | anèng sitiluhur | kakang prabu ing Madura | ing krodhane wus tan kêna dèn sayuti | kaya-kaya wus tega ||
28. iya marang patinira yayi | kêna kamandakaning Kurawa | Patih Sangkuni basane | dènnya karya piadu | pan ing mêngko kakangirèki | Madura datan liyan | iya kang jinaluk | yayi namung praptanira | nèng ngarsane pan kinarya pasanggiri | ngluwari kakudangan ||
29. lamun sira kêlar anadhahi | ing tibane nênggala lugora | sayêkti tulus karongron | lawan garwanirèku | lamun ora kêlar nadhahi | sayêkti wurung krama | sida dadi bubuk | lah iku sira piliha | apa pasrah garwa apa anadhahi | ing nênggala lugora ||
30. Dananjaya umatur wotsari | pan kawula pukulun sumăngga | ing sakarsa paduka ngrèh | nadyan tumêkèng lampus | ing sakarsa paduka aji | sêrambut tan suminggah | dèn atêmah lêbur | gumujêng Narendra Krêsna | lah wis yayi aja nanggulang ing jurit | bêcik padha mêtua ||
43. Mijil
1. lumakua ing sawêngi iki | marêka karongron | marang kakangira [ka...]
--- 108 ---
[...kangira] Madurane | ngêsrahêna ing pati lan urip | lan garwanirèki | ngrungkêbana suku ||
2. ayya sira age mêntas sangking | padanira karo | lamun durung lilih ing dukane | tangisana lan garwanirèki | kakangira aji | Madura yèn dulu ||
3. iya marang ing sira pribadi | mariksa karongron | miwah lamun amariksa dhewe | mring tangise ing garwanirèki | sapiraa yayi | ing dêdukanipun ||
4. sayêktine lamun tanpa dadi | larut ing tyas lorot | marang sira kabèh dêdukane | apa sira yayi dadak pangling | mring kakangira ji | wêwatakanipun ||
5. lah ta mara mangkata dèn aglis | ayya ta kadangon | langkung awrat sang dyah ing batine | nging kapêksa ajrih ing raka ji | dadya nut ing laki | nêmbah sarêng mundur ||
6. mung Sulastri lawan Larasati | papat Sêmar Bagong | kang umiring marang ing gustine | pêjah gêsang datan arsa kari | parêkan myang cèthi | sêdaya pan kantun ||
7. sapraptaning jawi tamansari | kang garwa pinăndhong | manjing pabarisan Madurane | datan ana wadya kang udani | wau kang winarni | nênggih sang aprabu ||
8. ing Madura duk lagi alinggih | madyaning pakuwon | Kya Patih Pragota sawadyane | ingkang tansah munggèng ing ngarsa ji | aglar para mantri | sandhaping têtarup ||
9. miwah sagunging para prajurit | samya amirantos | datan têbih lawan gêgamane | mulat lamun gustinira mêksih | krodhaning ajurit | muka
--- [108v] ---
sumung-sumung ||
10. jajanira bang lir wora-wari | riwenya dêrodos | netra andik galak ing tingale | agung kumêjot padoning lathi | alugora mêksih | sinandhing alungguh ||
11. sri bupati angandika wêngis | Pragota sira non | sapa ngêrbut Si Bima rubuhe | nêdya sun jur alugora mami | nulyana jog sangking | gêgana mangrêbut ||
12. sarya dhupak sru ing jaja mami | sumaput mring panon | sapiraa tyas ingsun cuwane | dene dahat nambuh ing ajurit | Pragota turnya ris | sangking doh kadulu ||
13. inggih putra tuwan Pringgadani | sangking wiyat anjog | Prabu Baladewa sru dêlinge | lah iya tontonên binjing-injing | rasaning tyas mami | ing prang sok anambuh ||
14. padha mulata ing binjing-injing | lamun ana katon | nadyan luhur mega panggonane | sun tibanane nênggala mami | pêpèdhêp si anjing | têkèng antakamu ||
15. besuk esuk Pragota yèn mêksih | yayi prabu wangkot | Si Janaka sun jaluk tan awèh | sun êntêbi alugora mami | mêksa dèn kukuhi | Pragota yya tanggung ||
16. ênggon ingsun ngarêpakên jurit | tan wruh kadang anom | kudu asih marang Pandhawane | kabèh wadyabala Dwarawati | yèn kontap ing jurit | gêmpurên ing besuk ||
17. Kurawa dèn samêkta ing binjing | sun nêdya rêrêmpon | kyana patih sandika ature | dhuh pukulun [puku...]
--- 108a ---
[...lun] amba tur udani | duk ing nguni ratri | abdinta pukulun ||
18. pun Udawa utusan anjawil | mangsit ing wêwados | yèn Kurawa tan tuhu ature | ngakên binegal wontên wanadri | mring wong Judhipati | ngrêbat mesa danu ||
19. miwah putranta ing Pringgadani | Kurawa pan goroh | sayêktosnya kang begal dhèwèke | ngêrbat maesa wontên wanadri | sang prabu ngling wêngis | buh aja kawuwus ||
20. durung lêga tyas ingsun ta iki | suka matia wor | lan Pandhawa ing sawêngi kiye | yèn ajaa sun eman ningali | marang wadya mami | prang wêngi yèn wor suh ||
21. sayêktine yèn sawêngi iki | sun jur jro kêdhaton | nora ketung mring kadang rusake | Patih Pragota tumungkul ajrih | myat dukaning gusti | tingalnya kumukus ||
22. dèrèng dugi ngandika sang aji | kagyat kang dumrojog | Dananjaya kalawan garwane | lajêng sumungkêm nèng pada kalih | kagyat ingkang sami | munggèng ngarsanipun ||
23. Pragota lan Prabawa ningali | malompong andongong | mulat mring sang karongron tingkahe | dene mêntas samya dèn rasani | ingajap sayêkti | marang gustinipun ||
24. mangkya têmah amara pribadi | sarta sakarongron | ragi maras Pragota batine | bokmênawa gustinira mêksih | mring Radyan Pêrmadi | nênggih dukanipun ||
25. ya ta wau [wa...]
--- [108av] ---
[...u] kang nungkêmi kalih | waspanya drês miyos | sang kusuma wor tangis ature | adhuh kaka ji sri narapati | pêjahana mami | yèn paduka sampun ||
26. bosên miyat marang kadang èstri | gung dadi lêlakon | dahat papa druhaka lawase | urip datan samining dumadi | andina gung dadi | dêdalaning dudu ||
27. lare praptèng diwasa tan mari | lêng tumêkèng layon | pangêluke nguni sabên mêlèk | mêksih cilik gung dèn ulak-ulik | suthik dèn thik-ithik | mathok gung thinuthuk ||
28. durung panggih gung dèn ungkah-ungkih | datan kêna bakoh | yèn ajaa kukuh pan wus kongkèh | praptaning don wus kêlakon panggih | têmahan amanggih | bêbaya binubuh ||
29. ubayane dahat bêbayani | pakewuhe wuwoh | sapa bisa nglakoni karsane | lêhêng cupêt pêpêtên tumuli | raganingsun iki | ayya wèt tumuwuh ||
30. sang aprabu tyasnya lir jinait | myarsa tur sang sinom | sirna kadya sinapon dukane | duk kalane maksih papa nguni | Rahadyan Pêrmadi | kathah dananipun ||
44. Asmaradana
1. lawan aturnya ki patih | Pragota ingkang ginagas | Kurawa pantês cidrane | nora tuhu aturira | rumăngsa kang sarira | kaganasên krodhanipun | mring ari Nata Pandhawa ||
2. nora nganggo dèn saringi | wêwadulirèng Kurawa | pantês dora lan tuhune | nanging mêgsih
--- 109 ---
netranira | sinamun tan katara | yèn wus lilih krodhanipun | kadya mêksih dukanira ||
3. kasirung sêrêng dènnya ngling | garap sarwi gigit waja | iki katêkan tyas ingong | dene wus sun ajap-ajap | Janaka praptanira | nora susah raganingsun | angrurah sajroning pura ||
4. amrih luwaring punagi | lugora tibaning sira | munyuk-munyuk prapta dhewe | Pragota kene cêdhakna | yèku lugoraningwang | iki sun dadèkne bubuk | aja wèt andêlêng netra ||
5. sang kusuma miyarsanjrit | gapyuk angrangkul ing priya | sinungkêman pungkurane | sarya sru dènnya karuna | dawêg kakang dèn inggal | jurên parêng lawan ingsun | yya kongsi sêlaya dina ||
6. dene ta kêpati-pati | kakang prabu duka dika | wong iki apa dosane | arsa dèn jur alugora | dene pamundhut dika | sêdaya tinêkan sampun | tan wontên kirang satunggal ||
7. punapa dukane naming | dumèh panggih lan kawula | dèn patènana bênêre | inggih kawula kewala | ingkang adamêl dosa | dene kula dadak purun | nglakoni karsa paduka ||
8. miwah kudangane nguni | jêng rama ibu kang swarga | pinacang sangkaning lare | kongsi prapta ing diwasa | dhèwèke sok amêksa | dèn lakoni dadi luput | lah dawêg ge patènana ||
9. kula andhêmi pribadi | jurên ing alugoranta | sampun babêkta [ba...]
--- [109v] ---
[...bêkta] ing akèh | puniki tan tumut dosa | kakang prabu mring dika | jurên dèn atêmah bubuk | inggih kawula kewala ||
10. Larasati lan Sulastri | nèng ngarsa tumut karuna | Sêmar Bagong anggêlolo | Pragota lawan Prabawa | samya tumut karuna | kadya sinêndhal tyasipun | Sang Aprabu Baladewa ||
11. miyarsa sambating ari | kalihe sinambut sigra | linênggahkên nèng pangkone | Arjuna nèng pupu kanan | Sumbadra pupu kiwa | ingarasan kalihipun | saryaris dènnya ngandika ||
12. dadi sira dhêmên yayi | iya marang Si Janaka | dene kêpati tan awèh | ingsun jur lan alugora | matura kang bêlaka | sang rêtna matur pukulun | botên rêmên nanging trêsna ||
13. sang prabu gumujêng bêlik | sarya sru dènnya ngandika | hèh Janaka sira priye | apa asih mring riningwang | Arjuna matur nêmbah | pan inggih têmên pukulun | inggih asih inggih trêsna ||
14. latah-latah sri bupati | lah ta Pragota Prabawa | sawangên gustimu kiye | apa pantês apa ora | gustimu karo pisan | lungguh anèng pangkon ingsun | Pragota matur anêmbah ||
15. sarwi gumuyu turnèki | gusti langkung pantêsira | rayi paduka kalihe | linênggahakên ing pangkyan | lir lintang wor ing wulan | tuhu kalihnya piturun | sangking endra ariloka ||
16. Larasati myang Sulastri | tumungkul gumujêng samya | mulat marang ing gustine | Sêmar
--- 110 ---
Bagong cikrak-cikrak | dene sèwu tan nyana | dukanira sang aprabu | yèn mangkono dadinira ||
17. suka ngandika sang aji | Pragota ingsun tan nyana | mring gustimu duk larene | rupane kaya wong desa | irêng wagu tênaga | pan ora bisa cêlathu | nangis bae nora bisa ||
18. praptèng diwasane maksih | antêng tan pati wêcana | ing mêngko kaya cêthèthèt | gone nênutuh maringwang | baya sangking sihira | mring lakine ariningsun | arsa sun jur alugora ||
19. sambate kaya gulamit | lah ta wis yayi muliha | matura mring yayi karo | yèn wus lilih krodhaningwang | yèn suwe nora prapta | sayèktine yayi prabu | bangêt gone ngarsa-arsa ||
20. gawe sumêlanging galih | sun nusul injang kewala | sang rêtna alon ature | kawula sangêt lênggana | yèn tan sarêng paduka | suka gumujêng sang prabu | bocah iki mêksih maras ||
21. ya payo barêng lan mami | hèh Pragota budhalêna | kancanmu sawêngi kiye | ngumpula bala Pandhawa | aja sira wêwarta | marang wong Ngastina iku | dimène kagèt kewala ||
22. patih sandika turnèki | sang prabu sigra tumêdhak | kang rayi kalih pinăndhong | datan sinungan lumampah | suka kang samya mulat | Ki Patih Pragota sampun | budhalakên barisira ||
23. ngumpul ngetan dadya siji | sagunging bala Kurawa | dupi amiyarsa gègèr | gugup samya kuthetheran | budhal tunjang-tinunjang | lumayu arêbut dhucung | nanging lêstari kewala ||
--- [110v] ---
24. tan ana ingkang dahwèni | mangkana Sri Padmanaba | lan kang rayi Ngamartane | mêthuk têpining têratag | lan sagung para putra | Prabu Baladewa dulu | sigra kang anèng êmbanan ||
25. sinèlèhakên aririh | kinanthi astane samya | suka kang tumingal kabèh | Sang Aprabu Padmanaba | lan Prabu Yudhisthira | samya mèsêm tundhukipun | ngrarêpa ngaturi samya ||
26. lajêng tumamèng jro puri | sigra sarêng lampahira | manjing sajroning kêdhaton | pramèswari mêthuk samya | mring kang raka Madura | katrinira ngraup suku | langkung sami sukanira ||
27. rinêngga sukaning galih | Sang Aprabu Baladewa | mring kang rayi sêdayane | kêramèn sajroning pura | siyang dalu drawina | ingkang raka datan sinung | sare nèng pakuwonira ||
28. saingga kadya punagi | kang para ri sêdayanya | miwah ing jawi gumuroh | sagung ingkang pra dipatya | ngladosi sakarsanya | sêdaya asungsung guyu | mring kang raka ing Madura ||
29. Ngamarta ing Dwarawati | myang punggawa ing Pamênang | para mantri prajurite | suka samya nutug suka | anèng ing pagêlaran | Ki Patih Udawa bikut | sakancane pra dipatya ||
30. dènnya sami angladosi | ing tamu amrih sukanya | lumintu pasunggatane | kunêng wau kang winarna | mantri tampingan prapta | sangking lor myang saking kidul | samya ngaturi uninga ||
31. yèn wontên dêdamêl prapti | kang sangking kidul barisnya | yaksendra Garbarucine | nama Prabu Sindhunggarba | gung luhur lir prabata | tanpa wilis wadyanipun | baris sakiduling [sa...]
--- 111 ---
[...kiduling] kitha ||
32. ingkang baris lèr nêgari | narpati ing Ngambarmuka | kadya samudra balane | Sang Aprabu Kaladênta | gagah prakosa ing prang | wus katur marang sang prabu | ature mantri tampingan ||
33. Sang Aprabu Harimurti | tur uninga mring kang raka | Sri Bupati Madurane | animbali para putra | myang sagung pra sêntana | pra dipati sêdaya wus | manjing jro pura andurma ||
45. Durma
1. Prabu Padmanaba Prabu Baladewa | myang Yudhisthira Aji | Arya Wêrkudara | munggèng wurining raka | Nangkula Sadewa ngarsi | Sêtyaki Sămba | miwah Sang Bimasiwi ||
2. Pragota lan Prabawa miwah Udawa | sampun munggèng ngarsa ji | myang Andakawana | pêpatih ing Ngamarta | pêpatih ing Jodhipati | Baratkatiga | aglar munggèng ngarsa ji ||
3. Madukara Sucitra lan Prabakesa | sêntana Pringgadani | Prabu Baladewa | asru dènnya ngandika | yayi Prabu Harimurti | paran karsanta | warna ro mungsuh iki ||
4. ingkang kidul ditya kang êlor manungsa | Sang Prabu Harimurti | alon aturira | sumăngga ing paduka | Sri Baladewa sru angling | hèh Wêrkudara | sira ingsun bubuhi ||
5. mungsuh ditya iya lan Si Gathutkaca | mungsuh ingkang lor mami | lan Si Wrêsniwira | yayi prabu kalihnya | dèn eca anèng jro puri | lan pêngantènnya | aja milu ajurit ||
6. ingsun dhewe lan Wêrkudara kang mapag | kaya-kaya nguwisi | Nangkula Sêdewa | Sămba padha kariya | tunggua mring yayi aji | anèng jro pura | Wêrkudara
--- [111v] ---
sru angling ||
7. yèn mangkono payo aja kêlayatan | budhal sadina iki | Prabu Baladewa | akèn nêmbang têngara | Pragota Prabawa aglis | myang Wrêsniwira | lan sagung pra dipati ||
8. mijil jawi prasamya anata bala | miwah Sang Bimasiwi | wus samya samêkta | Sang Prabu Baladewa | lan Wêrkudara gya mijil | sangking jro pura | obah sagunging baris ||
9. sarêng nêmbang têngara sigra budhalnya | wong agung Jodhipati | lawan Gathutkaca | mangidul sabalanya | gumêrgut lampahing baris | Sri Baladewa | lawan Arya Sêtyaki ||
10. budhal ngalor lan sawadyabalanira | wau ta kang winarni | Radyan Wêrkudara | mangidul sawadyanya | lan kang putra Pringgadani | lampahnya prapta | baris ing Garbaruci ||
11. gunging wadya saingga samudra bêna | bêlabar tanpa têpi | Arya Wêrkudara | sru ngandika mring putra | hèh Gathutkaca dèn aglis | sabalanira | ing prang nacaka dhingin ||
12. padha buta sun tontone yudanira | akèh mungsuhirèki | lawan balanira | tikêl sapuluh ana | dèn prayitna ing ajurit | mêngko yèn sayah | kulup ingsun tulungi ||
13. Gathutkaca tur sêmbah sigra umangsah | sawadyanya tan kari | nunjang ing ayuda | gustine munggèng ngarsa | tadhah ditya Garbaruci | kuwêl ing aprang | rame rok silih-ungkih ||
14. sami ditya caruk cakra lan candrasa | nênggala palu piling | musala trisula | limpung lori lugora | dhêndha gandhi gada bindi | têpung ubêkan | wil bala Pringgadani ||
15. kalih èwu nanging ditya papilihan [papiliha...]
--- 112 ---
[...n] | gêgalan wus ingulig | marang gustinira | samya têguh wêntala | tandhing jitus datan bali | rampak angidak | mungsuh ambyuk ngêbyuki ||
16. Gathutkaca pamuknya tinut ing bala | gumulung gêgilani | rong èwu gêgalan | tan kêna tinanggulang | kadya ladhu banjir wukir | angrok rumujak | jujur banjuring jurit ||
17. lir bêngawan anjog sungapan samudra | kras bantêr ingkang warih | nusup ing ayuda | wil Garbaruci pindha | samudra rob angêrobi | rinêbut ing prang | nangkêbi kanan kering ||
18. Wêrkudara mulat yudane kang putra | langkung sukaning galih | mung rong èwu ditya | mungsuhe lir samudra | kinêmbulan ing ajurit | datan rinasa | ngamuk nêngah mangungkih ||
19. ingkang panggah-panggah kabarubuh rêbah | bêlasah bosah-basih | mungsuh kang kaarsa | pirang atus suh sirna | tan rinasa wuri maksih | timbun matambah | ing prang ngambul-ngêmbuli ||
20. Wêrkudara langkung guguk gujêngira | têkên gadanirèki | lan sawadyanira | sêdaya têkên gada | dhêdhêg dèrèng dèn lilani | têtulung ing prang | wusnya dangu sru angling ||
21. hèh ta payo iki wus sêdhênge bocah | têtulung ing ajurit | ika gustinira | sawadyane mèh sayah | wus akèh dènnya matèni | kaya yèn ora | katawur ing ajurit ||
22. ditya Pringgadani rong èwu katara | busana sarwa rukmi | sêdaya pinadha | saparane katara | sandika sèwu nulya glis | parêng umangsah | nunjang ing prang mangungkih ||
23. Wêrkudara mangambul panggadanira | sawadyanira sami | kadya mong sayuta | krura galak [gala...]
--- [112v] ---
[...k] mrih măngsa | kang kaarsa tumpês tapis | dening Sang Sena | sabala golong pipit ||
24. tanpa rungyan panggroning ditya kabranan | bruk tibane kang bindi | gapyuking lugora | lir giri gara-gara | gorangrèh kagiri-giri | goraning swara | gumuruh gêgirisi ||
25. tan wus lamun winuwus ramening aprang | malah mèh praptèng wêngi | Prabu Sindhunggarba | wus pêjah ing ayuda | ingkang amarwasèng bindi | Sang Arya Sena | luluh bangke wor siti ||
26. miwah Patih Amănggarba wus palastra | pêdhot gulu pinuntir | mring Sang Bimaputra | pra diyu têtumpêsan | kang kantun giris ningali | mawur sar-saran | lumayu rêbut urip ||
27. tuhu lamun winongwong dening jawata | Wêrkudara ing jurit | miwah ingkang putra | Rahadyan Gathutkaca | rinêbut prang pirang kêthi | padha sêdina | mungsuhe tumpês tapis ||
28. wadya Pringgadani lawan ing Pamênang | siji tan ana mati | mung kathah kabranan | nanging tan ana prana | kang tatu sêdaya mêksih | kuwawi bêkta | gêgamaning ajurit ||
29. mundur sangking pabaratan saha bala | wong agung Judhipati | lawan ingkang putra | lumirig manjing kitha | sarêng lan praptanirèki | bala Madura | kang sangking lor nagari ||
30. Prabu Baladewa lawan Wrêsniwira | sampun unggul kang jurit | mungsuhe tumpêsan | Sang Prabu Kaladênta | pagas janggane ngêmasi | dening nênggala- | nira Sri Madura Ji ||
31. Kaladaru pêjah dening Wrêsniwira | luluh katiban bindi | balane tumpêsan | mangkana jroning pura | Sri Padmanaba lan ari | Sri Darmaputra |
--- 113 ---
mêthuk pasowan manis ||
46. Dhandhanggula
1. sêkalihan mêthuk păncaniti | mring kang raka tundhuk ingaturan | laju marang jro purane | Wêrkudara tan kantun | Gathutkaca lawan Sêtyaki | wadya gung mêsanggrahan | wau ta kêdhatun | narpadayita Ngamarta | miwah katri pramèswari Dwarawati | Sang Parta lan kang garwa ||
2. mêthuk munggèng palataran sami | ingkang raka Prabu Baladewa | samya ngraup ing padane | cinandhak kalihipun | astanira samya kinanthi | wus tata dènnya lênggah | munggèng pandhapa gung | Prabu Baladewa lawan | Wrêkudara nutur sasolahing jurit | dènnya marwasèng mêngsah ||
3. langkung suka kang sami miyarsi | lajêng samya drawina jro pura | ing siyang dalu kêramèn | narpa ri kalihipun | ing Ngamarta lan Dwarawati | sagarwa putranira | tansah siyang dalu | dènnya mrih sukaning raka | ing Madura rinêngga arjaning galih | sinungsung sasukanya ||
4. wus mangkana praptèng ngantara ri | catur dina dènnya mrih kasukan | Sang Prabu Darmaputrane | pamit angundhuh mantu | ingkang putra ing Pringgadani | Nangkula lan Sêdewa | kang kinèn rumuhun | lan sawadyabalanira | wus samêkta budhal sangking Dwarawati | antara tigang dina ||
5. wuri budhal Sang Yudhisthira Ji | lawan ingkang raka ing Madura | Sri Padmanaba wus dene | saputra-garwanipun | saha bala abayangkari | maring sang pinêngantyan | wau kang winuwus | kang dhingini antukira | Gathutkaca Nangkula Sêdewa [Sê...]
--- [113v] ---
[...dewa] prapti | nêgari ing Ngamarta ||
6. gya sumêkta sarêngganing kardi | ing jro pura miwah pênangkilan | wus sampurna sadayane | pasowan ngalun-alun | pan sêdaya wus dèn tarubi | antara catur dina | nênggih rawuhipun | pêngantèn sajroning kitha | tan pae lan kala anèng Dwarawati | ing lampah srining bala ||
7. para garwa ingkang ngrumiyini | manjing pura mring sang pinêngantyan | nulya sang prabu katrine | lajêng manjing kadhatun | para putra sêdaya sami | kang tumut manjing pura | dene kang wadya gung | tata samya mêsanggrahan | pra dipati aglar anèng păncaniti | mangkana jroning pura ||
8. pan cinêndhak ramene kang kardi | dènira mrih suka-parisuka | Sang Prabu Darmaputrane | sakadang garwanipun | marang raka sang prabu kalih | pangrêngganing sakarsa | karsanya tinutug | anèng jro pura Ngamarta | tan pae lan kala anèng Dwarawati | suka anutug suka ||
9. miwah sagung ingkang pra dipati | Dwarawati Madura Ngamarta | sawadyabalane kabèh | kasukan siyang dalu | ciptaning tyas wus dadi siji | tan ana sinantaha | tri nêgara kumpul | wus praptèng antara dina | ing sapta ri sang prabu ing Dwarawati | lan raka Sri Madura ||
10. pamit kundur sagarwanirèki | sampun budhal sangking ing Ngamarta | lawan sawadyabalane | Sang Yudhisthira Prabu | lawan sagung kang para ari | wangsul nèng jawi kitha | ing pangatêripun | antara samadya căndra | Dananjaya lan kang garwa nuwun pamit | kundur mring Madukara ||
--- 114 ---
11. miwah wong agung ing Jodhipati | tuwin Radèn Arya Gathutkaca | linilan parêng budhale | sawadyabalanipun | Radyan Gathutkaca umiring | marang ing Madukara | namung kalih dalu | kèndêle nèng Madukara | nulya budhal kundur marang Pringgadani | mangkana Risang Parta ||
12. kang wus kundur mring dalêmirèki | tulus dènnya sami sih-sinihan | kang garwa lajêng wawrate | abdi kêkalih sampun | inginggahkên garwa paminggir | Kèn Larasati lawan | Kèn Sulastrinipun | runtut dènnya sih-sinihan | miwah sungkêmira mring gustinirèki | samya nrus ing wardaya ||
13. kunêng Madukara kang winarni | sakabure Kurawa Ngastina | sangking ing Dwarawatine | sayah sipêng wana gung | Burisrawa kesah ing wêngi | merang lamun mantuka | marang prajanipun | Ngastina miwah Mandraka | nêmah nglampus suka matiyèng wanadri | Rahadyan Burisrawa ||
14. mêksih tan wus raosing kang galih | marang kusuma Wara Sumbadra | dènira nahên wirage | Kurawa injingipun | samya kagyat dènnya ningali | Burisrawa tan ana | musna nèng wana gung | anêlasah wanawasa | nulya prapta bêbantu sangking nêgari | Kurawa tigang dasa ||
15. sampun panggih lan Patih Sangkuni | lamun dinuta bantu turira | mring Dwarawati lampahe | Sangkuni gênti tutur | ing sasolah-tingkahirèki | Kurawa tigang dasa | langkung dènnya ngungun | lajêng tumut angupaya | Burisrawa wus tita nora kêpanggih | lajêng mantuk sêdaya ||
16. sampun [sa...]
--- [114v] ---
[...mpun] prapta ing Ngastina nagri | lajêng sami ngandikan mring pura | Arya Sangkuni ature | ginalur purwanipun | amiwiti malah mêkasi | tiwasing lampahira | mring Madura laju | mring Dwarawati dadya prang | kuwanguran ing tingkah dènira kardi | dora tur kamandaka ||
17. têmah balik ngumpul dadi siji | Prabu Baladewa mring Pandhawa | nèng nagri Dwarawatine | marma Kurawa gugup | lolos budhal sarêng sawêngi | pothar-pathir nèng marga | sipêng nèng wana gung | sayah prasamya anendra | tan uninga pun Burisrawa ing wêngi | kesah tan mawi rowang ||
18. injingipun kawula sak-asik | madyèng wana mêksa tan kêpanggya | têlas ki patih ature | Sang Druyudana Prabu | amiyarsa aturing patih | myang pramèswarinira | sungkawa kêlangkung | orêm sapraja Ngastina | dene prabu lawan garwa pramèswari | dahat sukawèng[8] driya ||
19. kunêng Ngastina gênti winarni | nênggih wontên gêmpalan carita | kadya yèn sarêng lampahe | nanging gênti cinatur | nênggih wontên ratu linuwih | nagrinya tanah sabrang | gung kêratonipun | kêkutha Paranggubarja | kasub ing rat bisikanira nêrpati | Prabu Jungkungmardeya ||
20. măndraguna ing prang sura sêkti | têksih taruna pêkik warnanya | sêmbada kaprawirane | bacingah balanipun | kang rong duman manungsa yêkti | ingkang saduman ditya | punggawanira gung | sami prawira ngayuda | kang tinêtêpakên kinarya pêpatih | ratunira kang kuna ||
21. Prabu Jayasukendra linuwih | kasoring prang mring Jungkungmardeya | angabên guna
--- 115 ---
kasêktèn | nungkul sabalanipun | tinêtêpkên dadya pêpatih | Prabu Jungkung Mardeya | apan trahing wiku | sabrang sang bramana tapa | marma guna sêktine anglêluwihi | Prabu Jungkungmardeya ||
22. pinardyèng tapa sangkaning alit | diwasane lêlana andon prang | bêdhah praja amung dhewe | Paranggubarja gêmpur | sabalane lajêng angabdi | Prabu Jayasukendra | sapunggawanipun | sêdaya sinalin nama | ratunipun sinalinan namanèki | Patih Jayasundarga ||
23. saya wuwuh gunaning ajurit | Rêkyana Patih Jayasundarga | mèh sami lawan gustine | ing aprang têguh timbul | bisa ngambah ing awiyati | sêmbada dhapurira | birawa abagus | agagah dêdêg parosa | kang kinarya sosoranira kya patih | sami sêntananira ||
24. bupati jro sêkawan pinilih | Supanajaya Jayasumana | Jayaprayaka katrine | lan Jayatakanipun | bupati jro ingkang pinilih | sêkawan kang kinarya | punggawa gagêdhug | Jayasêngara lan Jaya- | sukăntha lan Jayasuwela lan malih | Arya Jayasudarma ||
25. dene têlukan bala rasêksi | ratunira kinarya pangarsa | Kalapramuka namane | ingkang sumosor catur | wil Prakêmpa ingkang sawiji | kêlawan wil Pradêgsa | kaping tiganipun | anama ditya Pragăngsa | sêkawannya ditya Prakênca prajurit | kapat prakosèng yuda ||
26. sabên-sabên bupati sawiji | manungsa ditya nyèwu balanya | namung kyana patih dhewe [dhe...]
--- [115v] ---
[...we] | ingkang bala rong èwu | lan prajuritirèng nêrpati | mantri jro kang kapêrak | marang sang aprabu | sèwu samya pêpilihan | kang sumêdhêng ing karya wayahirèki | ingkang dhapur sêmbada ||
27. duk sêmana cinatur Sang Aji | Jungkungmardeya dalu supêna | kang katingal jroning sare | sang prabu krama antuk | Rêtna Dèwi Wara Srikandhi | putri adi Cêmpala | warnanya pinunjul | cahyanya nuksmèng sêsăngka | galak ulat liringe saingga thathit | gandhang raga kêrana ||
28. pan kêlangkung kacaryaning galih | duk lagyarsa pinurwèng asmara | kagyat wungu dènnya sare | sang prabu langkung ngungun | supênanya ingkang kaèksi | tan antuk dhahar nendra | anggung kapirangu | ngênglêng ing supênanira | dhasaripun nata dèrèng darbe sori | mung jamahan kewala ||
29. sang prabu gya mijil marang jawi | animbali ing pêpatihira | tan dangu praptèng ngarsane | ngandika sang aprabu | hèh ta bapa sira miyarsi | aran nagri Cêmpala | bisikaning prabu | iya sang Prabu Drupada | duwe putri pinunjul yangyanging bumi | pucunge lir Supraba ||
Srikandhi Maguru Jêmparing[9]
47. Pocung
1. Patih Jayasundarga nêmbah umatur | kawula miyarsa | pukulun ing tanah Jawi | wontên nagri anama Cêmpalarêja ||
2. inggih Prabu Drupada narendranipun | darbe lan botênnya | Drupada putri linuwih | nuwun duka pun bapa dèrèng miyarsa ||
3. dhuh na[10] anggèr punapa karsa pukulun | dangu ing Cêmpala | gumujêng sri narapati | sêjatine bapa pan ingsun supêna ||
4. mau [ma...]
--- 116 ---
[...u] bêngi katon katêkan wak ingsun | wanudya yu endah | cahyane anuksmèng sasi | anginggahi bapa marang tilam ingwang ||
5. dhasar nêdya mawongan mring jênêng ingsun | samêngko anaa | wonge ingsun nora pangling | pawakane sêdhêng dêdêge pidêgsa ||
6. sarwa lurus ramping têkan badanipun | rada galak ulat | liringe kêsit lir thathit | kaduk raga karana salêlewanya ||
7. gonas-ganès nènès salewanya patut | madyanya sapêkak | winanting pamulu wingit | lathi rêngat sêdhêp manis yèn wêcana ||
8. myang cahyane sumunar ngartika mancur | sajroning supênan | ingsun kacaryan tan sipi | duk lagyarsa ingsun purwa ing asmara ||
9. durung kongsi ingsun kagyat sêlak wungu | rasaning tyas ingwang | bapa prapta mêngko mêksih | warnanira cumanthèl nèng netraningwang ||
10. pan gumantug anèng tuntunging jêjantung | yèn tan kalakona | mondhong mring Wara Srikandhi | nora wurung ingsun wayang awuyungan ||
11. mati ngarang karungrungan kadêlurung | ngênglêng kalênglêngan | ngênglêng binglêng tanpa guling | bapa nuli parentaha pra dipatya ||
12. dèn samêkta sakapraboning prang pupuh | bapa karsaningwang | ingsun nindaki pribadi | panglamar ngong marang putri ing Cêmpala ||
13. Patih Jayasundarga nêmbah umatur | anggèr yèn kenginga | sampun nindaki pribadi | namung nglamar putrine natèng Cêmpala ||
14. ing karaton agêng paduka pukulun | lawan ing Cêmpala | nglamar nindaki pribadi | langkung nistha ngasorkên [ngasorkê...]
--- [116v] ---
[...n] sariranira ||
15. dene lampah anggèr sêdhêng-sêdhêngipun | kawula kewala | gusti anuwun tinuding | anglamar kang sarta bêkta srat paduka ||
16. mring Cêmpala kados yèn lajêng pukulun | nampèni kewala | măngsa sagêda anampik | yèn nampika ngupados mantu punapa ||
17. pan paduka gusti narendra pinunjul | ing prang tanpa lawan | măndraguna sura sêkti | băndha-bandhu sugih bala rajabrana ||
18. dhasar pêkik mêksih taruna pinunjul | prasasat jêjaka | anggèr dèrèng darbe sori | dene lamun mêksa nampik mring paduka ||
19. pan kawula kewala kadugi gêmpur | Nagari Cempala | putrine Dèwi Srikandhi | kaatura boyongan mring padukendra ||
20. sri narendra gumujêng ngandika arum | iya bênêr bapa | yèn nampika marang mami | Sri Cêmpala golèn[11] mantu kaya ngapa ||
21. suwadine bapa wêruha sirèku | marang karsaningwang | marma nindaki pribadi | ayya tanggung praptèng ngong nèng tanah Jawa ||
22. ngiras banjur lêlana andon prang pupuh | nêlukakên marang | para ratu tanah Jawi | sapa ingkang duwe putri yu utama ||
23. ingsun pundhut dadia parêkaningsun | kusumèng Cêmpala | kang dadi garwèng ngong padmi | putri kabèh dadi paminggir kewala ||
24. lan ratune banjur ngabdia maringsun | lah ta iku bapa | suwadine karsa mami | sapa ratu saisining tanah Jawa ||
25. kabèh padha nêmbaha mring sukuningsun | lah ta wis mêtua | samêkta kêprabon jurit | ingsun nuli anyabrang mring tanah [ta...]
--- 117 ---
[...nah] Jawa ||
26. kyana patih sandika tur nêmbah mundur | sapraptaning jaba | parintah mring pra dipati | asanengga sakapraboning ayuda ||
27. myang baita kang badhe amot wadya gung | wus samya samêkta | atusan palwa pasisir | sagung ingkang pra dipati sêdayanya ||
28. ing sadina-dina swaranya gumuruh | kang samya siyaga | sakapraboning ajurit | bala ditya miwah kang bala manungsa ||
29. pan sadaya sampun kamot ing pêrau | sagêgamanira | nulya têdhak sri bupati | nitih rata ginarêbêg pra dipatya ||
30. sapraptaning pasisir minggah pêrau | sakwahananira | miwah kapraboning jurit | sigra mancal sangking ing Paranggubarja ||
31. tan winarna laminira anèng laut | cinêndhak wus prapta | muara ing tanah Jawi | labuh jangkar mêntas Sri Jungkungmardeya ||
32. minggah marang dharatan sawadyanipun | sampun antuk warta | yèn wontên Cêmpala Nagri | Sri Drupada darbe putri yu utama ||
33. wus diwasa dèrèng wontên kramanipun | warnanya lir wulan | pêparab Dèwi Srikandhi | langkung suka Sang Prabu Jungkungmardeya ||
34. lajêng sami karya pêsanggrahanipun | nêgarèng Cêmpala | lan ingkang dèn pakuwoni | kira-kira antuk lampahan sadina ||
35. pan ambanjêng pinggir pasisir lir mêndhung | sangking gunging bala | pakuwone pra dipati | gèn gustine pinindha pura wangunan ||
36. pan ing ngarsa sinungan têtarub agung | gèn pasebanira | ngarsa alun-alun radin | Prabu Jungkungmardeya wus karya surat ||
37. lawan akèn anggambar sariranipun [sa...]
--- [117v] ---
[...riranipun] | bêkta sangking sabrang | wadyane kang tukang sungging | wus kacithak warnanya sri naranata ||
38. nèng lêpeyan tan mawi siwah sêrambut | miwah pasêmonnya | wus ngêblêgi sri bupati | wusnya dadya sinungkên marang ki patya ||
39. lawan sêrat panglamarira sang prabu | iku surat ingwang | sira aturêna dhingin | marang bakal maratuwa Sri Drupada ||
40. yèn wus putus pamaose layang ingsun | nuli gambar ingwang | aturêna dipun aglis | supayane rama prabu ing Cêmpala ||
41. ayya mamang ing galih mring warnaningsun | măngsa ta wurunga | gambar ingsun iku patih | pinaringkên mring putrane sang lir rêtna ||
42. sayêktine sang kusuma lamun dulu | marang gambar ingwang | mêksih taruna tur pêkik | kaya-kaya tyase banjur lara brăngta ||
1 | nuli. (kembali) |
2 | anggung. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: anut ing jawata kalih. (kembali) |
4 | Gagarmayang. (kembali) |
5 | murina. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: dènira sih-sinihan. (kembali) |
7 | saiki. (kembali) |
8 | sungkawèng. (kembali) |
9 | Judul ini tambahan dari redaksi. Kisah dari judul Srikandhi Maguru Jêmparing yang disebut di awal naskah di mulai dari pupuh Pocung berikut. (kembali) |
10 | nak. (kembali) |
11 | golèk. (kembali) |