Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

48. Asmaradana

1. aja liya kang nampani | yèn dudu natèng Cêmpala | layang miwah gambar ingong | aja sira kaya bocah | dèn awas dèn prayitna | patih sandika gya mundur | sapraptanira ing jaba ||

2. lajêng anapak wiyati | satunggal tan mawi bala | kunêng gantya winiraos | Sri Narapati Cêmpala | enjang duk siniwaka | ing păncaniti supênuh | sagung ingkang pra dipatya ||

3. kang cakêt munggèng ngarsa ji | Rahadyan Dêsthajumêna | rahadyan patih jajare | sri naranata ngandika | marang rahadyan patya | hèh ta Patih Dhesthakètu | paran wartane ing jaba ||

4. ki patih matur wotsari | wontên narendra lêlana | sangking sabrang pinangkane | nagrinya Paranggubarja | Prabu Jungkungmardeya [Jungkungmarde...]

--- 118 ---

[...ya] | mahambêg ratu pinunjul | balane tanpa wilangan ||

5. kakuwu pinggir pasisir | ing warti maksih jêjaka | kêlangkung pêkik warnane | ratu bêbala bacingah | manungsa lawan ditya | pinggir samudra pukulun | pakuwon pindha kêdhatyan ||

6. jêjêl munggèng kanan kering | pakuwone pra dipatya | radin wiyar lun-alune | pinindha pura wangunan | miwah têratag rambat | nanging wadyabalanipun | tan wontên gêndhak sikara ||

7. dhatêng abdi dalêm siti | malah sami amrêsanak | kados yèn sae kajênge | Sang Prabu Jungkungmardeya | dhatêng paduka nata | alon ngandika sang prabu | ana èmpêre turira ||

8. wus karasa ing tyas mami | Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngêjawa marene | kêrig sawadyabalanya | lan sakapraboning prang | jumujug nêgaraningsun | sayêkti yèn duwe karsa ||

9. iya marang nini putri | sêmune yèn tinampika | ratu sabrang panglamare | sayêkti ngêrbasèng yuda | gêmpur Cêmpala arja | mangkono sêrapatipun | praptane nagaraningwang ||

10. ngandika dèrèng dumugi | sri bupati ing Cêmpala | kasaru wau praptane | Ki Patih Jayasundarga | anjog sangking awiyat | lajêng nunggil dènnya lungguh | awor sagung pra dipatya ||

11. sêratnya mêksih pinundhi | kawistarèng sri narendra | Dhêsthakètu mudhun kinèn | andangu ing karyanira | matur lamun dinuta | nênggih marang gustinipun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

12. kang

--- [118v] ---

kakuwu nèng pasisir | kinèn ngaturna nawala | sawusnya katur karyane | kinèn ngirid marang ngarsa | prapta byantara nata | sêratira sampun katur | winaos sinuksmèng driya ||

13. bêbukanya atur tulis | Sang Prabu Jungkungmardeya | ing sabrang ratu kinaot | kêkutha Paranggubarja | ingkang bala bacingah | ingkang wirutamèng kewuh | kang widigbya ing ayuda ||

14. ingkang prawiranom pêkik | sura sêkti măndraguna | katura paduka katong | Cêmpala ingkang pinudya | natambêg sêtya budya | martèng tyas lêgawèng wadu | wiyose prapta kawula ||

15. sangking sabrang angêjawi | kabêkta dening supêna | katarik ing tyas wirage | katingal sajroning nendra | putranta sang lir rêtna | Wara Srikandhi pukulun | prapta nèng Paranggubarja ||

16. tan mawi cèthi satunggil | jumujug tilam kawula | jro supêna wèlèh-wèlèh | lajêng kagarwèng kawula | milamba nuntên bidhal | sowan mring paduka prabu | nênuwun dèn abdèkêna ||

17. ing putranta sang rêtna di | jro pura Paranggubarja | katura lan saisine | sêdyamba sangking nagara | apan sampun pratignya | suka lêbur ing prang pupuh | yèn botên kalampahana ||

18. mondhong Dyah Wara Srikandhi | mantuka aran kewala | sawadya kawula kabèh | yèn mamang paduka nata | dene dèrèng tumingal | ing warna amba pukulun | pun Patih Jayasundarga ||

19. sampun kawula bêktani | lêpeyan gambar kawula | titi kang srat panuksmane | Ki Patih Jayasundarga | ningali

--- 119 ---

pamaosnya | ing nawala sampun putus | lajêng ngaturakên gambar ||

20. mèsêm dènira nampèni | Sri Narapati Cêmpala | lajêng binuka gambare | sang prabu ngalêmbanèng tyas | mring Sri Jungkungmardeya | tuhu pêkik warnanipun | sêmbada mêksih taruna ||

21. sang prabu ngandika aris | hèh Patih Jayasundarga | antinên sawêngi mangke | ingsun patih durung bisa | lamun angangsulana | marang layange gustimu | nini putri wus diwasa ||

22. sarate nganggo tinari | nampani kêlawan ora | mring gustimu pênglamare | sayêktine nora kêna | wong tuwa anggêgampang | hèh ta Patih Dhêsthakètu | Si Patih Jayasundarga ||

23. gawanên wismanirèki | aja kongsi kêkurangan | mung sawêngi pangêrsane | ki patih matur sandika | wusnya dhawuh sang nata | kundur tumamèng kêdhatun | bubar sagung kang sewaka ||

24. dutèng sabrang wus kinanthi | mring Dhêsthakètu binêkta | mantuk marang pakuwone | rinêngga sukaning driya | asrining pasunggatan | wau ta ingkang ngêdhatun | Sri Narapati Cêmpala ||

25. pinêthuk ing pramèswari | sawusnya atata lênggah | sang prabu ngandika alon | nutur lampahing caraka | ingkang angêmban surat | sarta lawan gambaripun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

26. ratu prawiranom pêkik | kuthane Paranggubarja | wus kakuwu sabalane | anèng pinggiring samudra | praptane pan anglamar | marang sutanira iku | patihe ingkang dinuta ||

27. lah ta iki ponang tulis | lawan gambare paringna | mring nini putri dèn age | lah pramèswari dèn bisa | mêrdi tyase sutanta | lamun [la...]

--- [119v] ---

[...mun] ingsun wus panuju | mring Prabu Jungkungmardeya ||

28. kapindhone yèn tinampik | nora wurung dadya ing prang | wong sabrang abot bobote | ratu sêkti măndraguna | abêbala bacingah | kang dadi panujuningsun | dene wus nora kuciwa ||

29. mêngkua mring nini putri | sanadyan silih anaa | ing tingkah dir digsurane | pan wus watake wong sabrang | adigung adiguna | dene warnane abagus | sun wêtara sutanira ||

30. samangsane aningali | gambare Jungkungmardeya | kaya yèn rêsêp atine | pramèswari matur nêmbah | lêrês paduka nata | kawula inggih panuju | tumingal ing gambarira ||

31. sang prabu ngandika malih | lah yayi sira dèn bisa | amaripih mrih kênane | marang tyase putranira | pramèswari gya mentar | lumampah mring tamansantun | gambar sri nata binêkta ||

49. Sinom

1. wau ta ingkang winarna | kusuma Wara Srikandhi | ing nguni sakundurira | sangking nagri Dwarawati | kêkuwu tamansari | anggung dènira mangun kung | mênuhi onêngira | kakênan kunjana kingkin | kêna onêng-onênging tyas mangunêngan ||

2. anggung wuyung-awuyungan | puyênging tyas poyang-paying | yayah kadi kaprêyangyang | kayungyun sruning wiyadi | marang Radyan Pêrmadi | satriya di ambêg sadu | widigbya priyêmbada | pamêrdinirèng kênya di | lir sad pada ngudi maduning kusuma ||

3. kusuma Putri Cêmpala | tan antuk dhahar myang guling | solahira anèng taman | lir kêna guna piranti |

--- 120 ---

ing tyas tan antuk aring | anggung rangu kapirangu | saparan karungrungan | awirangrong angranuhi | kambah-kambah ing tyas wimbuh-kawimbuhan ||

4. barubah kadya ginubah | tyasnya rantas rontang-ranting | katon ing sasolahira | duk anèng ing Dwarawati | ginagas ing tyas wingit | tan liyan pinaran dulu | namung Sang Dananjaya | gumantung tuntunging ati | pan cumanthèl anèng pêpadoning netra ||

5. dhuh lae-lae wong ika | baya ta nora ningali | marang ing dhêdhayohira | duk kêmbên lukar sêpalih | wonga-wonga mèh kengis | gêlung lukar tan kaetung | pijêr ngênglêng tumingal | dènira lingling-liniling | mendah baya nèng langêning pagulingan ||

6. sumangkeyan duwe garwa | pinunjul yangyanging bumi | ingayap ing pasamuan | tan ana dèn kalingsêmi | sanggone dènnya linggih | tansah munggèng pangkonipun | liling-liniling gantya | gantèn mulung sangking lathi | limang dina durung tumon gone bênggang ||

7. kaya mimi lan mintuna | konthal-kanthil akêkinthil | anggung kanthèn kêkanthètan | marang patirtan kinanthi | apa ta amêmengin | wong agung mring dhayohipun | pantês lamun emana | garwane lumakyèng siti | saparane anèng êmbanan kewala ||

8. mangkana sang rêtnaning dyah | duk lagya wungu aguling | uyanging sarira siram | lênggah mêksih ngore wèni | sinêratan mring cèthi | rema rawuh ing jêjêngku | mêmak cêmêng sinawang | muyêk ngendrawila wilis | sarirane

--- [120v] ---

alus risak sawêtara ||

9. labêtira tajin dhahar | rarasing sarira kadi | mardapa sore sinêmpal | anglalêntrih èsmu wingit | lir layoning apsari | tingal kocak èsmu balut | labête tajin nendra | liring galak èsmu lindri | cahya mancur pindha banguning kartika ||

10. pan sarwi anganggit sêkar | gambir sinawung mêlathi | darijyalus ngrayung raras | kênaka mêmêt amanis | jăngga manglung tan pati | tuhu lamun karya wuyung | ya ta Putri Cêmpala | dènira anganggit sari | anggung dènnya sinawang-sawang nèng asta ||

11. sarwi mèsêm angandika | sapa ta pantêse iki | biyang ingkang anganggoa | gon ingsun anganggit sari | gambir lawan mêlathi | rênyêp-rênyêp rayung-rayung | bok êmban matur nêmbah | pantês-pantêsipun gusti | rayi dalêm Rahadyan Dhêsthajumêna ||

12. wong agung pêkik sêmbada | sapolahnya ngrêspatèni | sang rêtna mèsêm ngandika | iya bênêr turirèki | nanging pangrasa mami | pan mêksih kuciwa biyung | ingkang pantês nganggoa | ing panganggit ingsun iki | iya namung pamadyanirèng Pandhawa ||

13. kinalungakên ing jăngga | mendah dènira rêspati | ni mbok êmban matur latah | inggih-inggih lêrês gusti | tuhu Radyan Pêrmadi | wong agung baguse nulus | sang dyah mèsêm ngandika | upama biyang kang nganggit | pinangkua apa pantês mring wong ika ||

14. ni mbok êmban matur nêmbah | kados lamun nyamlêng gusti | lir sotya mungging kancana | sudama sinawung sasi | gumujêng sang lir ratih | dhuh gêguyon bae biyung | măngsa dadak mikira | wong ika mring awak mami |

--- 121 ---

garwane wus ngasorkên langêning swarga ||

15. duk lagyeca gêgujêngan | lan nikèn ban sang lir ratih | kasaru kang ibu prapta | sang rêtna gupuh nêdhaki | mêthuk ibunirèki | rinangkul lungayanipun | sarya lon angandika | dhuh babo putrangong gusti | bangêt têmên rusake sariranira ||

16. apa ana kang karasa | angluh sariranirèki | cahyanira ingsun sawang | nglayung kaya gêrah gusti | sang rêtna matur aris | ibu tan wontên kang angluh | marma nglăngka watara | kawula sawêg nglampahi | asêsirih tajin dhahar lawan nendra ||

17. pan lagya angsal sawulan | sêdyamba lamun dumugi | jangkêpa ing tigang wulan | kang ibu dupi miyarsi | lah iya-iya nini | tutugna karsanirèku | sêsirih sawêtara | lamun kêparênga gusti | lan karsane jawata ingkang minulya ||

18. wus cêpak jatukramanta | praptaningsun pan tinuding | marang ing sudarmanira | maringi uninga gusti | ramanira sang aji | katêkan kongkonanipun | Prabu Jungkungmardeya | ratu sabrang sura sêkti | măndraguna kuthane Paranggubarja ||

19. angaturakên nawala | pêpatihe kang tinuding | praptane nèng Tanah Jawa | anglamar mring sira gusti | ramanira sang aji | ing galih ya wus panuju | marang Jungkungmardeya | dene ratu gung linuwih | bagus anom dhasare mêksih jêjaka ||

20. sêmbada prawirèng yuda | măndraguna luwih sêkti | pan ing mêngko sawadyanya | kakuwu pinggir pasisir | balane lir jaladri | lah ta iki layangipun | lawan gambare pisan | sira tingalana nini | natèng sabrang tuhu [tu...]

--- [121v] ---

[...hu] yèn bagus sêmbada ||

21. sang kusuma duk miyarsa | kumêpyur tyasira kadi | pinêcat tyasira mêsat | sangking ăngga tumiba ring | ngarsèng Radyan Prêmadi | ingkang pinaran ing dulu | aris nampèni sêrat | lan gambar sangking bunèki | namung sêratira kang sampun binuka ||

22. lajêng sinuksmèng wardaya | kadriya raosing tulis | panglamarnya natèng sabrang | praptane mring tanah Jawi | katarik dening ngimpi | kinarya sariranipun | praptèng Paranggubarja | jumujug tilamirèki | sawusira sang dyah ningali nawala ||

23. rêngu tanduking sasmita | ngatirah laraping liring | sumrambah marang sarira | jaja bang lir wora-wari | sang dyah rêngu turnèki | ibu matura dèn gupuh | mring jêng rama narendra | kawula sru nuwun runtik | mêksih rêmên momong sarira kewala ||

24. dahat dèrèng arsa krama | ngapuntên ibu ing binjing | yèn wus măngsa arsa krama | nadyan sampuna upami | kawula purun laki | yêkti botên numbuk-numbuk | nubruk mring ratu sabrang | nginggahi anyundêl anjing | ngandêlake lamun ratu sugih bala ||

25. bagus tur mêksih taruna | măndraguna sura sêkti | măngsa ta ngong anyandêra | iya raganingsun iki | ngènèl anyundêl anjing | ngunggahi mring tilamipun | lamun jêng rama mêksa | sangking wus parênging galih | inggih pintên ibu laraning palastra ||

26. sêrat gambare binuwang | mundur sarwi lara nangis | lajêng minggah yasakambang | kang ibu èbêg ing galih | mundur marang jro puri | umatur marang sang prabu | yèn kang putra rudatya | sasampuning maos tulis | sampun [sampu...]

--- 122 ---

[...n] katur saaturira sêdaya ||

27. kagyat tyasira narendra | miyarsa aturing sori | gupuh dènira tumêdhak | mring taman sri narapati | nusul minggah botrawi | Wara Srikandhi andulu | ingkang rama tumêdhak | gupuh dènira nungkêmi | anèng pangkon sang rêtna mêksih srêngkara ||

50. Dhandhanggula

1. sri narendra alon ngarih-arih | ngêlus-êlus sri nataning putra | sarwi ngusapi waspane | dhuh babo putraningsun | sarèhêna tyasira dhingin | ayya ge kabêranang | dene layangipun | Sang Prabu Jungkungmardeya | pangêmoting nawala dènira ngimpi | sangking wantah pasaja ||

2. dene ana digunge sathithik | wus watake ya wong tanah sabrang | rada kurang dêdugane | pan ing besuk lamun wus | panggih lawan ta sira nini | sun kang mulang muruka | ing pratingkahipun | lawan sanak-sanakira | paitane kang anggêr wus ana nini | bagus mêksih taruna ||

3. dhasar ratu agung sura sêkti | lamun sira gusti anampika | golèki wong apa manèh | rasane ing tyas ingsun | yèn mêngkua marang sirèki | pan wus nora kuciwa | loking jana patut | sira laki ratu sabrang | dèn pilala panglamare dèn awaki | prapta ing tanah Jawa ||

4. lawan kakangira Si Durpadi | kagarwa mring kakangmu Ngamarta | ing tyas ingsun padha bae | panujune tyas ingsun | kapindhone yèn sira nampik | nêgara ing Cêmpala | pêsthi rêmak-rêmpu | sira nini wus diwasa | yêkti bisa bobot nimbang-nimbang [nimbang-ni...]

--- [122v] ---

[...mbang] budi | wêlasa mring wong tuwa ||

5. sang kusuma wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | aris adrêng pamêksane | sangking sampun panuju | marang ratu sabrang kang prapti | mangên-angên ngupaya | sang dyah kèndêlipun | mangunêng mangunandika | baya ta wus karsaning dewa kang luwih | margane raganingwang ||

6. anêmpuh byat wirang lawan isin | ambyuk marang wong ing Madukara | nênuwun sihing wêlase | pangukupe maringsun | marga sangking wong sabrang iki | ingkang dadi jalaran | ing panglamaripun | ambêg digung adiguna | yèn tinampik nêdya masesa ing jurit | gêmpur nagri Cêmpala ||

7. dadi wis sêdhênge sun angungsi | mring wong ika lumuh yèn lakia | wong sabrang gurawambêke | kaya-kaya wong agung | yèn sun bruki bisa ngukuhi | bêcik sun samudana | marang rama prabu | amrih sarèhe wong sabrang | sêdhêng ingsun ing wuri pradandan budi | sawusnya ngartikèng tyas ||

8. nêmbah matur sang raja pinutri | dhuh pukulun ing karsa paduka | sampun pêsthi panujune | marang panglamaripun | natèng sabrang kang lagya prapti | paran ta gèn kawula | sagêda pukulun | suminggah ing rèh paduka | wirang isin sayêkti amba nglampahi | anyèthi ratu sabrang ||

9. pinisahkên mring yayah myang bibi | nanging rama ji panuwun kula | natèng sabrang ing karsane | wontêna sarèhipun | pan kawula sawêg nglampahi | sêsirih tarak brata | sêdyamba pukulun | dumugia tigang căndra | dene ingkang sampun kawula lampahi | sawêg angsal sacăndra ||

10. ingkang dèrèng kantun kalih sasi | lamun sampun [sa...]

--- 123 ---

[...mpun] dèrèng ing samăngsa | natèng sabrang pamundhute | marang sariraningsun | pan sumăngga ing siyang ratri | yèn dèrèng kalampahan | praptèng kalih tèngsu | kawula dahat lênggana | sri narendra langkung cumêplong ing galih | myarsa aturing putra ||

11. pan ginalih aturnya sang putri | yèn satuhu dènira sêmaya | tan wruh yèn ngecani bae | pangandikanira rum | ayya ingkang sarèh rong sasi | sênadyan patang căndra | sêmayanirèku | Sang Prabu Jungkungmardeya | sayêktine nini lamun angêntèni | marang sêmayanira ||

12. lawan sêdhêng ibunira nini | gone nata sarêngganing karya | wus sumêkta sêdayane | lah ta wis putraningsun | tutugêna sêdyanirèki | sêsirih tarak brăngta | sun karya sul-angsul | layang mring narpati sabrang | andhawuhkên mring sêmayanira nini | poma ta wêkas ingwang ||

13. sajroning rong sasi dèn abêcik | rumêksa marang sariranira | têlas kang rama wêlinge | nulya kundur sang prabu | praptèng pura ngandikèng sori | winartan yèn kang putra | ing mangkya tyasipun | wus manut ing sarèh ingwang | apan namung nyuwun sarèhing rong sasi | wus sêdhêng yayi sira ||

14. asaningga saliring kang kardi | kurang pira mung kari rong wulan | kang garwa sandika ture | ngling malih sang aprabu | kapindhone sutanirèki | natèng Paranggubarja | kadohên satuhu | makuwon pinggir samudra | yèn sêmbada iku yayi sun kon ngalih | marang ing Sawojajar ||

15. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kêlawan jro kitha | kaya kamot sabalane [sabala...]

--- [123v] ---

[...ne] | pramèswari jumurung | kunêng dalu wuwusên enjing | Patih Jayasundarga | lawan Căndrakètu | wus saos nèng panangkilan | pinaringan sêrat sul-angsul wus dadi | Patih Jayasundarga ||

16. sampun mundur sangking păncaniti | praptèng jawi lajêng dènnya mêsat | marga gêgana lampahe | Kya Patih Căndrakètu | dhinawuhan kinèn ngêrsiki | pakuwon Sawojajar | wêwangunanipun | kang wus risak rakitannya | kinèn mulih budhal ki rêkyana patih | lawan catur punggawa ||

17. ya ta wau lampahnya kya patih | Jayasundarga pan sampun prapta | pakuwonirèng gustine | lajêng tumamèng ngayun | matur solahira tinuding | miwah nuwalanira | wangsulan wus katur | kang sêrat lajêng binuka | sinuksmèng tyas kadriya raosing tulis | suka dènnya ngandika ||

18. iki bapa wus lêga tyas mami | wus tinampan ing panglamar ingwang | jêng rama ji wangsulane | kang muni suratipun | suka lila ing lair batin | putrane yèn kagarwa | marang jênêng ingsun | miwah ta sang rêtnaning dyah | apan namung nuwun sarèhing rong sasi | kapanggihe lan ingwang ||

19. pan kapalang lagya anglakoni | tarak brata ing sampurnanira | mung kurang rong sasi bae | yèn wus praptèng rong tèngsu | pan sumăngga ing karsa mami | rama ji ing Cêmpala | iki dhawuhipun | kadohan pakuwon ingwang | ingsun bapa apan kinèn nuli ngalih | marang ing Sawojajar ||

20. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kêlawan jro kitha | pan ing mêngko pêpatihe | iya Si Dhêsthakètu | wus dinuta kinèn ngêrsiki | pakuwon Sawojajar [Sawo...]

--- 124 ---

[...jajar] | ki patih umatur | pukulun tuwan anuta | ing sakarsanipun rama paduka ji | ngandika sri narendra ||

21. iya bapa budhalna tumuli | wadyaningsun ing Paranggubarja | kêbuta sadina kiye | ki patih nêmbah mundur | praptèng jawi sigra ngundhangi | ing sagung pra dipatya | têngara gumuruh | Sang Prabu Jungkungmardeya | sampun budhal sangking pakuwon pasisir | kêbut sabalanira ||

22. kunêng marga cinêndhak wus prapti | lampahira nênggih Sawojajar | mêsanggrahan sabalane | Ki Patih Dhêsthakètu | kang ambage pakuwonnèki | sagunging pra dipatya | bala ditya pungkur | ki patih makuwon ngarsa | pra dipati manungsa ing kanan kering | wadya jro tumut ngarsa ||

23. langkung sukanira sri bupati | dening pakuwon kêpanggih dadya | kamot sawadyabalane | ing têngah dalêm agung | tilamira sampun miranti | tulya sri pinapajang | gapurane munggul | ing paseban tinaruban | kanan kering sinungan bangsal pêngapit | alun-alun ing ngarsa ||

24. pasanggrahan Sawojajar nguni | dalêmira Radyan Găndamana | wus kadya praja rakite | radyan sasedanipun | padalêman winangun malih | kinarya mêng-amêngan | kalawan sang prabu | Rêkyana Patih Cêmpala | tinimbalan marang ing ngarsa nêrpati | lawan catur punggawa ||

25. samya ginanjar busana rukmi | pan sêdaya samya ngalêmbana | marang sang prabu pêkike | mung kêdhik solahipun | rongèh kirang anjêtmikani | ing tingkah kaduk ganggas | barang sarèhipun | wau

--- [124v] ---

Ki Patih Cêmpala | pamit mundur punggawa sêkawan mêksih | tinilar Sawojajar ||

26. anjagèni sêgahing nêgari | binage mring sagunging punggawa | mêntah matêng sunggatane | kang katur ing sang prabu | pêparingnya sang pramèswari | andina sangking pura | dhaharan lumintu | sêkar miwah gănda wida | Prabu Jungkungmardeya suka tan sipi | nyipta tuhu sihira ||

27. natèng Cêmpala lan pramèswari | dadya sagung ingkang rajabrana | sangking sabrang babêktane | pan kathah warninipun | guru-bakal myang guru-dadi | pirang-pirang gotongan | ingaturkên sampun | marang Sang Prabu Cêmpala | linajêngkên marang salêbêting puri | tinampèn ingkang garwa ||

28. sang kusuma tan arsa ningali | pasungsungnya Sri Jungkungmardeya | mung katur kang ibu bae | mangkana kang winuwus | nênggih Rêtna Wara Srikandhi | mêtêg wiyoganira | tan kêna sinayut | miyarsa lamun kang rama | miwah ibu sori langkung dènira sih | marang narpati sabrang ||

29. sabên ari dènira pêparing | miwah Sang Prabu Jungkungmardeya | wus kathah atur-ature | tinampèn mring kang ibu | guru-bakal myang guru-dadi | Rajaputri Cêmpala | tyasira wus tamtu | dènnyarsa tilar nêgara | mêgat trêsna ing rama myang ibu sori | nuju sawiji dina ||

30. angandika mring êmbanirèki | hèh ta biyang êmban ingsun arsa | pati gêni ing sakiye | sarta kêlawan bisu | pitung dina lan pitung bêngi | pan ora kêna mêdal | sangking tilam ingsun | poma biyang wêkas ingwang | lamun durung pitung dina pitung bêngi | kabèh parêkan ingwang ||

--- 125 ---

31. aja ana kang marêk mring mami | babu inya lan cèthi parêkan | sadaya sandika ture | nulya sang rêtnaning rum | minggah tilam atangkêp samir | sagung cèthi parêkan | anèng jawi tugur | mangkana sang rêtnaning dyah | praptèng dalu tyasira amêrêm mêlik | anggung angraras driya ||

51. Mijil

1. ngrasuk busana sang rajaputri | dènirarsa lolos | nulya têdhak angandhut patrême | tiningalan parêkan lan cèthi | wus samya aguling | lajêng lampahipun ||

2. têngah dalu kentarnya mangingkis | sira sang lir sinom | sangking taman miyos butulane | datan wontên cèthi kang udani | lampahnya rêspati | ngambah nèng marga gung ||

3. alêlana saingga nganglangi | langêning kalangon | padhang bulan gumilang langite | wulan kalangan sumilak wêning | duk lagya tumiling | dumêling kadulu ||

4. angênglêngi lêlangêning langit | wulan mèh mangulon | lir nganglangi buwana langêne | kalong kalangan golong tumingling | lir pendah sung peling | samar dalu-dalu ||

5. kèh kadulu lêlangêning ratri | yèn kang tranggana byor | ing gêgana angambar sêkare | lintang wuluh rênyêp-rênyêp kadi | rumêngga asrining | aksana nèng gêlung ||

6. gêtêr-patêr dhèdhèt erawati | kilat thathit mawor | obar-abir ambabar pinggire | kêlap-kêlap lêlamban belani | lêlidhah lumindhih | sang kusuma ngadhuh ||

7. dening lêlidhah lir dhudhah sêdhih | kêlape tan adoh | larasing kilat saingga ngawe |

--- [125v] ---

obar-abir ambabar ing pinggir | pan kadya ngobori | mring kang lampah dalu ||

8. kup-angkupan rame pinggir margi | lir sêbdaning kayon | rêp-rêp angrês barung lan walangkrèk | singga namudana kang lumaris | bêbêluk lan kolik | kadya cêluk-cêluk ||

9. kungkang ngungkung jroning jurang bambing | barung cênggèrètnong | lir mardăngga barungan arame | puyuh mêlung saingga nayuhi | pamêlung mêlingi | mulung lir anulung ||

10. lawa-lawa maliwêran kadi | ngawêri kang lolos | pêcruk katêrak lêmpêr ibêre | sangking wuri tumutur nglancangi | ing ngarsa sang dèwi | lir tuduh marga gung ||

11. dahat rangu-rangu sang lir ratih | pan sarwi amirong | rusa-rusa tumindak lampahe | kang kêdhasih muni ngasih-asih | pêngasahnya kadi | têngisirèng dalu ||

12. bambang wetan wayahnya kang wêngi | mêrbambang sumorot | mega malang sêmu bang pinggire | têturutan lir wastra majêthi | singga anyadhangi | kang pinaran iku ||

13. Risang Parta sêjati pisalin- | ira sang lir sinom | Yyang Baruna sêmana wijile | mêntas sangking wèni jalanidhi | mungup-mungup mungging | udayaning gunung ||

14. ngênthit-ênthit singga ngintip-intip | marang sang mimbalon | kathah kapidulur ing lampahe | wong sêpasar marang ing nêgari | nyimpang sang lir ratih | sangking ing marga gung ||

15. manjing wana tan etang pringganing | marga jurang sigrong | grênging ori-ori pêpinggire | nut ing èrèng-èrèng ngiring-iring | pêpèrènge maring | parang curi parung ||

16. jurang bambing pinggir anggaligir | ingkang repoh-repoh |

--- 126 ---

êmbês-êmbês rambas ing nginggile | nginggil bondhot bundhêt ri pênjalin | siluk-siluk sungil | mangap singup-singup ||

17. toya mijil sangking lambung wukir | gumrujug toyanjog | tibèng ing jro jurang gumêrènjèng | lir tinalang kêkalane[1] milir | têtilase limit | lêlumutên lunyu ||

18. kang bêbaya wus tan bêbayani | margi wuh tan ewuh |[2] sampun langkung sang rêtna lampahe | sangking jroning jurang sigrong aring | ngambah wana radin | tarataban ngayun ||

19. sata wana barungan munyanjrit | manyura nyangongo[3] | kadya nguwuh ngampirkên lampahe | kukilandon wohan rame mungging | manderanggênggêng lir | ngaturkên sêsuguh ||

20. singa warak andanu kang sami | kêpranggul kaprêgok | giwar ajrih angungas gandane | wruh kalamun wanudya yu luwih | trah kusuma yêkti | rumêmbêsing madu ||

21. buron agêng-agêng samya nêbih | lumakyèng ngarsa doh | ana ingkang rumêksa wurine | ana ingkang munggèng kanan kering | pan kadya jajari | ngiring urung-urung ||

22. sisir lumrang satêpining margi | sasêkaran abyor | neka warna sêdhêng duk panjrahe | argula manglung sêkarnya kadi | lumaku pinêthik | ming sang rêtnaning rum ||

23. tan wus lamun winuwus asrining | pan akèh katonton | saya manjat baskara lampahe | mêmanasi sayah sang lir ratih | lon-lonan anut ing | ngiring-iring gunung ||

24. aningali plah wenya mahaning | kang nagapuspa yom | găndapura tumurut pinggire | parijatha pêpanthan mêrapit | satêpining bèji | pirit [pi...]

--- [126v] ---

[...rit] lir pinatut ||

25. sang kusuma kacaryan ningali | lèrèn anèng kono | lunggyèng sela kumlasa sukune | ingkang kanan akêkobok warih | kang mina lit-alit | ngrubung sukunipun ||

26. măngsa klalar pan kadya ngabêkti | mring kang lagya rawoh | mina gêng-agêng molah solahe | lir nêmbrama marang sang rêtna di | puspita marnani | satêpining ranu ||

27. sêdhêng kèhe ingkang sarwa sari | bang putih pita byor | aliwêran bêrmara arame | wor maruta gumêr prasamya mrih | mangêrbasèng sari | sarinya sumawur ||

28. tibèng tirta antara ngarsaning | sang kênèng wirangrong | lir nyunggata brêmara isthane | atur gănda mring sang kadi Ratih | trênyuh tyasnya titis | sang juwitaning rum ||

29. paranbaya doning awak mami | dadining lêlakon | lamun prapta ing Madukarane | uga nora sinapa tumuli | tambuhira sangking | ering garwanipun ||

30. kêlakona mangkonoa yêkti | ingsun mati ngênggon | sang kusuma barêbêl waspane | putêk kapêtêk ing tyas nampêki | trênyuh lir rinujit | emutnya manaput ||

31. pêtêng dhêdhêt kadya têngah wêngi | udan adrês miyos | păncawora prakêmpa gora ngrèh | sindhung-riwut mawor bajrapati | prahara gumêrit | lesus lir pinusus ||

32. srênging ori-ori rampas tarik | wrêksa gêng pan êsol | sêmpal papal kaprapal êpange | abusêkan isining wanadri | buron alit-alit | puyêngan sumawur ||

33. bêburon agêng-agêng kaguling | gègèr ting galêmbor | bilulungan tambuh pangungsène [pangungsè...]

--- 127 ---

[...ne] | dene wana gênjot lir ginonjing | langu-langu miling | agraning arga rug ||

34. sang kusuma kêkêsing tyas mêksih | tan owah sangking gon | andhêkukul angrangkul jêngkune | suruping arka kang riris aris | samirana milir | awor arum-arum ||

35. rêm-rêming tyas sang raja pinutri | ngumbar asta karo | mingsêr sangking têlaga lênggahe | asêsèndhèn witing nagasari | yayah tanpa guling | dhandhang munya ngayun ||

52. Dhandhanggula

1. mangu-mangu anon kalangêning | tontang wetan katon sirat abang | pêtha pêpanthan rakite | kilat-kilat ambarung | lir sasmitanira ing ratri | matur yèn wus antara | enjang wayahipun | manuk muni mawurahan | lir amungu barungan sata wananjrit | kadya ngatak mangkata ||

2. byar raina baskara wus mijil | sang kusuma sêksana tumêdhak | sangking pinggir têlagane | nut iring-iring gunung | rangu-rangu sang kadi Ratih | lumampah ing satitah | madyaning wana gung | tan ana baya kaetang | sanggèn-ênggèn sang rêtna dènira guling | rinêksèng buron wana ||

3. tan winarna lamine nèng margi | sang kusuma gènnya nasak wana | miwah ngambah padesane | cinêndhak lampahipun | duk sêmana sang rêtna prapti | nêgari ing Ngamarta | kathah kapidulur | ngambah rêratan nêgara | namur momor marang wong mring pasar sami | tan ana kang graita ||

4. lamun iku putrining nêrpati | sang kusuma sayah lampahira | raryan pinggir dalan gêdhe | ngaup anèng wêwarung | ingkang darbe bango lon angling | ing ngriki dèn [dè...]

--- [127v] ---

[...n] sêkeca | bok ngantèn alungguh | ing pundi wisma andika | ayu anom têka lêlaku pribadi | pundi ingkang sinêdya ||

5. sang kusuma alon anauri | kula bibi wong sajaban kitha | padesan pinggir alase | angluru kadang sêpuh | nguni wontên ing Dwarawati | anyèthi sang lir rêtna | mangkya wartinipun | umiring mring Madukara | ing gustine kusuma Banoncinawi | anutakên ing priya ||

6. kula bibi pan dèrèng udani | Madukara pundi pêrnahira | kang darbe bango saure | pan wus cêlak nak ingsun | lurung ingkang mangidul niki | têrusan Madukara | marga gêng anjujug | inggih taman Madugănda | pan ing mangke kusuma Banoncinawi | sampun adarbe putra ||

7. miyos jalu warnanya apêkik | sampun yuswa kawan dasa dina | puniki lurung kang ngalèr | pan anjog dalêmipun | satriya gung ing Jodhipati | dene Sadewa wetan | sakilèn kêdhatun | dalême Radèn Nangkula | ari catur dalême ngêpung nêgari | madya pura Ngamarta ||

8. pan wong agung Madukara mangkin | salamine ingkang garwa babar | kundur lamun dalu bae | siyang nèng tamansantun | kêlangênan lesan jêmparing | mangkana sang kusuma | angandika arum | gih bibi liwat tarima | dika tuduh gèn karya dodolan laris | sang kusuma gya têdhak ||

9. sangking bango anurut ing margi | ingkang ngidul tan dangu lampahnya | katon munggul gapurane | pucak mutyara mancur | nawung sunaring surya kadi | sasmita anginggalna | marang lampahipun | wontên witing nagapuspa | ngapit kori pangira kanginan [kangi...]

--- 128 ---

[...nan] kadi | angawe sang lir rêtna ||

10. lampahira sang kusuma prapti | lajêng manjing salêbêting taman | pan mêksih minêp korine | sang dyah pan eram dulu | rarênggane kang tamansari | sêdaya sarwa rêtna | lir taman swarga gung | botrawi kinêmbang toya | sri kawuryan kêmbang-kêmbange ngubêngi | kang samya jinêmbangan ||

11. sêdhêng panjrah ingkang sarwa sari | kamurutan[4] gandanya mrik ngambar | sang dyah ayêm ing tyas rèrèh | kataman arum-arum | midêr mêthik kang sarwa sari | kang samya jinêmbangan | satêpining ranu | karsanya sang lir kusuma | marma dangu ngayêmkên sarira dhingin | nadyan mangke marêka ||

12. mring Sang Parta kêlamun wus aring | kalih wêlas sikêp ingkang taman | juru nyiram pêthetane | lawan ingkang angangsu | datan wontên ingkang ngaruhi | kinèndêlkên kewala | sang dyah solahipun | dènira angundhuh sêkar | juru taman anarka yèn Larasati | satuhune mèh kêmbar ||

13. marma datan purun angaruhi | ing sasolahira sang lir rêtna | dènnya angalap sêkare | wau ta kang winuwus | Dananjaya nuju marêngi | têdhak marang ing taman | kang umiring namung | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | pan gumrêdêg gêguyon samargi-margi | sang dyah kagyat miyarsa ||

14. gugup minggah marang ing botrawi | Dananjaya sakêdhap uninga | duk sang rêtna kumlebate | nanging pênyananipun | Dèwi Ratih nênggih kang prapti | sabên-sabên mangkana | yèn têtuwi jujug | pan anèng taman kewala | Dananjaya midêr sarya sru dènnya ngling | mirungu dèn têmaha ||

15. sapa ingkang angalapi [anga...]

--- [128v] ---

[...lapi] sari | kocar-kacir kaliwat mêjana | mèt nora nêmbung kang duwe | kaya pa warnanipun | katêmua punagi mami | pitung bêngi wongira | sun kungkung jinêm rum | hèh Sêmar Bagong kariya | anèng jaba sadhela sun arsa guling | sajroning yasakambang ||

16. sang kusuma têtela miyarsi | Dananjaya dènira ngandika | sang dyah tambuh ing solahe | arsa mêdal kabutuh | Dananjaya ngêngakkên kori | sang dyah dheprok karuna | anèng ngarsanipun | jungkêl nutupi wêdana | Dananjaya ningali dèrèng anggalih | lamun putri Cêmpala ||

17. mêksih nyana lamun Dèwi Ratih | sarwi gumujêng dènnya ngandika | hèh babo iki rupane | dene nora sêsiyung | wani ngrusak ing tamansari | liwat sangking mêjana | yêkti kênèng ukum | wus dadi punaginingwang | ingsun kungkung nèng paprêman pitung bêngi | sang dyah sinambut sigra ||

18. miwal asta rinangkul wus kêni | nèng êmbanan tansah ingarasan | sang dyah sumaput tingale | nèng êmbanan lir kantu | tan panon rat idhêpirèki | miyarsa linging Parta | yayah nguwus-uwus | sêmbranane parikêna | Dananjaya sêrambut dèrèng anggalih | lamun putri Cêmpala ||

19. mêksih ginalih yèn Dèwi Ratih | pan satuhu sang rêtna mèh kêmbar | lan Dèwi Ratih warnane | mangkana dangu-dangu | Dananjaya dènnya angliling | ing wêdana sang rêtna | winawas yèn dudu | kusuma ing Cakrakêmbang | wruh kalamun kusuma Wara Srikandhi | langkung pangungunira ||

20. dangu jêntung datan bisa angling | Dananjaya wusana ngrarêpa | anungkêmi [anungkê...]

--- 129 ---

[...mi] wêdanane | dhuh babo mirah ingsun | apuranên dasihe gusti | sumăngga ing dêduka | dènnya kamipurun | akarya atur sêmbrana | ing na anggèr sêrambut datan angimpi | yèn paduka kusuma ||

21. ingsun nyana lamun Dèwi Ratih | jêr si kadang wani saban-saban | lamun têtuwi adate | jujug ing tamansantun | tan wruh ratu-ratuning Ratih | sarining endraloka | sêkaring swarga gung | musthikaning jagat raya | kang nêdhaki ing dasih ingkang kaswasih | sun cipta pirang warsa ||

22. nalika nèng nagri Dwarawati | mèh-mèh bae sun ngêmohi garwa | mulat marang sarirane | prapta ing mangke durung | ilang cipta kawula gusti | mring sang liring kusuma | karsaning dèwa gung | kang asih ing kawlas-arsa | gustiningsun tinibakakên pribadi | anèng ing Madukara ||

23. dadya mangke abdine tur pati | sang kusuma lamat-lamat myarsa | Dananjaya ing wuwuse | dadyèngêt pungun-pungun | nèng êmbanan umatur aris | mangke dika udhuna | kawula rumuhun | amba matur liring sêbda | sangking praja Sang Parta suka miyarsi | ngaras sarwi ngandika ||

24. mangke dika dhawuhakên gusti | liring karsa wontên jro paprêman | botên kêkècèr karsane | sang dyah binêkta sampun | mring jinêm rum ingarih-arih | sêrênging tyas pan samya | putri lawan kakung | rarasing rèh karasikan | tan cinatur sawusnya luwar ing rêsmi | mijil lênggah kalihan ||

25. mêksih munggyèng pangkyan sang lir Ratih | Dananjaya alon angandika | sarwi ngaras sri natane | dhuh babo mirah ingsun [ing...]

--- [129v] ---

[...sun] | dene kesah sangking nêgari | jarwaa liring karsa | paran kang pinundhut | gusti marang dasihira | pati urip ingsun datan darbe karsi | sumăngga ing sang rêtna ||

26. sang kusuma pan umatur aris | milamba kesah sangking nêgara | ngungsi marang sarirane | sumêdya nuwun tulung | sangking susahing tyas tan sipi | linamar ratu sabrang | masesambêkipun | yèn tinampik ngêrbasèng prang | rama prabu ajrih têmah anampèni | kawula mrih pinêksa ||

27. nglampahana ing karsanirèki | marmanipun kawula glis kesah | sangking praja sayêktine | kawula lampu lampus | laki ratu sabrang tan sudi | tan lyan sêdya kawula | amung nuwun tulung | mring paduka lan anêdya | anggêgugu[5] pangawasaning jêmparing | marmamba kalampahan ||

28. anêmpuh byat wirang lawan isin | mring paduka sakêthi tan nyana | lamun makètên dadine | sang rêtna gya rinangkul | sah ingaras awanti-wanti | dhuh atma jiwaningwang | kang sawang jumêrut | intên-intêne pun kakang | dasihira gusti ingkang angukuhi | brantane ratu sabrang ||

53. Asmaradana

1. tumplêka ngêbêki bumi | ratu sabrang ingkang prapta | ing prang tan gumingsir tanggon | wuwuha sapuluh raja | dèn kêbak tanah Jawa | ditya rasêksa myang diyu | kang abdi datan suminggah ||

2. pangawasaning jêmparing | inggih gusti dasihira | ingkang mulang sasagêde | lesan rambut amrih pêgat | mrih sigar miwah lesan | dhoging pêking amrih rêmuk | mrih bolong [bo...]

--- 130 ---

[...long] kawula wulang ||

3. sang kusuma maleroki | andêlna yèn mêksih anyar | wong iki kèwês luwêse | yèn wus lawas-lawas luwas | sang dyah sigra ingaras | sêtyanana dasihipun | lamun cidra ing ubaya ||

4. Sêmar Bagong dangu ngintip | sangking Jawi wus waspada | kalih sarêng dènnya dhèhèm | Dananjaya sigra mêdal | Sêmar umatur latah | radèn sintên rowangipun | ting garênêng gagunêman ||

5. Dananjaya anauri | kakang ingsun cêcarita | Sêmar Bagong sru guyune | sintên rencange carita | tingal kula wanudya | warnanipun langkung ayu | munggèng pangkon pindha garwa ||

6. Dananjaya mèsêm angling | kakang aja wara-wara | sun jarwani sayêktine | rajaputri ing Cêmpala | wus tinutur sêdaya | ing tingkah myang sêdyanipun | praptane nèng Madukara ||

7. Sêmar ngungun matur aris | sinumpêt măngsa kenginga | lamining dina tan wande | dawaning catur kawarta | dhatêng garwa paduka | sayêktine sangêt mabuk | pênêt yèn jinarwanana ||

8. Dananjaya ngandika ris | iya kakang bênêr sira | ananging prakara kiye | lamun kongsia kapyarsa | mring sinuwun Ngamarta | mendah dukane maringsun | tuwin rama ji Cêmpala ||

9. miwah kangbok pramèswari | iba dukane maringwang | mulane sun sidhêm bae | dene lamun arinira | biyang kulup têtanya | mulane sun datan kundur | lawan nèng taman kewala ||

10. warahên yèn ingsun lagi | anglakoni

--- [130v] ---

tapa nendra | anèng botrawi wangêne | liya patang puluh dina | iku sira gumyahna | mring kabèh kănca-kancamu | ayya na seba maringwang ||

11. yèn wus patang puluh ari | ana manèh pikir kakang | iya kang enak linakon | rolas sikêp juru taman | wêtokna sangking taman | mungna sira dhewe kantun | iya lawan sutanira ||

12. anèng jroning tamansari | iya tunggua maringwang | lawange kuncinên bae | poma kakang wêkas ingwang | sapa kang jaluk lawang | nadyan silih biyang kulup | iya balèkna kewala ||

13. Sêmar sandika turnèki | mêdal panggih lan Sucitra | pan sampun ginumyahake | yèn gustine tapa nendra | wangsulira mring taman | lawange kalih tinutup | pinati kuncine samya ||

14. cinatur ing sabên ari | Dananjaya pamulangnya | jêmparing marang sang sinom | lesane ingkang kinarya | dhoging pêking lan rema | yèn dalu akaron lulut | anèng jroning madeyasa ||

15. gumyah pawartaning jawi | lamun lagya tapa nendra | langkung rêmpit pratingkahe | satriya Andananjaya | lawan putri Cêmpala | dènira nèng tamansantun | sagung wadya Madukara ||

16. tan ana kang graitani | ing tingkahe gustinira | nyana tapa sayêktine | namung Bagong lawan Sêmar | siyang dalu tan pisah | ngladosi sakarsanipun | anèng taman Madugănda ||

17. kunêng gantya kang winarni | nênggih nêgari Cêmpala [Cêmpa...]

--- 131 ---

[...la] | sapungkurira sang sinom | sapraptaning pitung dina | sagung para wanita | kang jaga jawining pintu | prasamya angarsa-arsa ||

18. têdhaknya gustinirèki | dene wus praptèng antara | dadya sêdaya rêmbage | sagunging cèthi parêkan | êmban babu lan inya | wus rêmbag samya amungu | sigra nikèn ban lan inya ||

19. lumêbèng jroning botrawi | minggah marang pasarean | mêrang kang miyak samire | gustine datan katingal | sajroning pasarean | binalengkrah sêdaya wus | suwung tan ana katingal ||

20. êmban inya sarêng anjrit | sagunging cèthi parêkan | sêdaya lara tangise | sampun katur mring sang nata | sigra têdhak mring taman | miwah pramèswarinipun | lara dènira karuna ||

21. langkung ribêng tyasira ji | wus pêsthi panyiptanira | lamun kang putra lolose | sangking dahat lumuhira | akrama ratu sabrang | sang nata nimbali gupuh | ing Radyan Dhêsthajumêna ||

22. miwah rêkyana apatih | wus prapta ngarsa narendra | rahadyan lara tangise | sang prabu alon ngandika | lah wis aja karuna | balikan padha sirèku | iya mikira ngupaya ||

23. sira patih ingsun tuding | mring anak prabu ing sabrang | paring uninga lungane | gustimu têka nêgara | murca sing pagulingan | ingsun bangêt jaluk tulung | mring anak prabu ing sabrang ||

24. ing lungane nini putri | dèn rewangana ngupaya | hèh ta kulup sira dhewe | lumakua mring Ngamarta | lêlancaran kewala | tur uninga anak [ana...]

--- [131v] ---

[...k] prabu | ing lungane kakangira ||

25. dene wadyanira sami | Cêmpala kang pra dipatya | sêbarên sadina kiye | kabèh padha ngulatana | ngosak-asik mring wana | miwah marang gunung-gunung | kalih umatur sandika ||

26. wus mundur sangking ngarsa ji | prapta ing jawi parentah | pra dipati kang sêparo | wus budhal sawadyanira | sinêbar angupaya | Kyana Patih Dhêsthakètu | mring Pakuwon Sawojajar ||

27. Radyan Dhêsthajumêna glis | lancaran marang Ngamarta | namung lan wadya sêlawe | wau lampahe ki patya | Dhèsthakètu wus prapta | pakuwon lajêng tumundhuk | ing ngarsa Jungkungmardeya ||

28. umatur saha wotsari | pukulun amba dinuta | ing rama paduka katong | kinèn maringi uninga | arinta sang lir rêtna | musna kalanirèng dalu | murca sangking pagulingan ||

29. tan wontên banon kang gigrig | icalnya sang lir kusuma | kadya pinundhut dewane | arinta sang narpa putra | lan sagung pra dipatya | Cêmpala sinêbar sampun | prasamya kinèn ngupaya ||

30. mring wana myang wukir-wukir | pukulun rama paduka | myang ibu pramèswarine | sangêt ing panangisira | dhatêng paduka nata | wadyanta sêdayanipun | pinundhut pitulungira ||

31. ngupayaa mring sang putri | yèn kapanggih ing samăngsa | ibunta myang rama katong | tumut ngèngèr mring paduka | Prabu Jungkungmardeya | myarsa ki patih turipun | wus nyipta yudakênaka ||

54. Pangkur

1. lah iya patih matura | mring jêng rama

--- 132 ---

myang ibu pramèswari | ayya sungkawa ing kalbu | ilange sang kusuma | lamun mêksih urip ngêndi paranipun | yèn mêksih ngambah bantala | sayêkti lamun kêpanggih ||

2. sênadyan silih ngungsia | Suralaya kêcandhak dening mami | Dhêsthakètu amit sampun | mundur sangking ngajêngan | Prabu Jungkungmardeya ngandika asru | mring Patih Jayasundarga | bapa mataha dèn aglis ||

3. sagunging bala rasêksa | budhalêna kabèh ayya na kari | ngupaya gustinirèku | lunga sêka nêgara | alas-alas guwa miwah gunung-gunung | ayya na kang kaliwatan | jurang pèrèng kali-kali ||

4. konên ngosak-asik samya | dalan-dalan anjabaning nêgari | kang sungil kang siluk-siluk | jaganana ing buta | pra dipati manusa patahên gupuh | kang sêparo budhalêna | sawadyabalanirèki ||

5. ngosak-asik jro nêgara | sira dhewe bapa ingsun bubuhi | ngosak-asik jro kêdhatun | sabên wêngi dèn samar | ayya kongsi kawruhan lakunirèku | kang sun jaga bokmênawa | pênggawene sri bupati ||

6. miguna mring jênêng ingwang | kyana patih sandika turirèki | mundur sangking ngarsa sampun | praptèng jawi parentah | marang sagung pra dipati ditya sampun | gumuruh nêmbang têngara | budhal sawadyanirèki ||

7. ingkang ngalèr sapunggawa | ingkang budhal mangetan sabupati | miwah sapunggawanipun | mangilèn sapunggawa | alas-alas guwa jurang gunung-gunung [gunung-...]

--- [132v] ---

[...gunung] | tan ana kang kaliwatan | sêdaya dèn osak-asik ||

8. dene kang bala rasêksa | sapunggawa pinatah anjagèni | sêdaya kang lurung-lurung | pra dipati manusa | sabalane sêpalih pinatah sampun | nêlasah sajroning kitha | anamur momor wong bumi ||

9. Ki Patih Jayasundarga | sabên dalu anjêjêp jroning puri | kunêng gênti kang winuwus | Radyan Dhêsthajumêna | lampahira praptèng nagri Ngamarta wus | tinimbalan marang ngarsa | umatur lamun tinuding ||

10. mring kang rama tur uninga | yèn kang rayi Rêtna Wara Srikandhi | kesah nalikaning dalu | murca sing pagulingan | purwa madya wusana pan sampun katur | yèn linamar ratu sabrang | pan dadya kesahirèki ||

11. Sang Aprabu Yudhisthira | duk miyarsa langkung ngunguning galih | pangandikanira arum | iya yayi matura | ing jêng rama mêngko sapungkurirèku | bocahira ing Ngamarta | ingsun sêbare ngulati ||

12. Rahadyan Dhêsthajumêna | amit nêmbah mundur sangking ngarsa ji | Prabu Yudhisthira sampun | parintah mring Nangkula | sigra ngatag pra mantri samya angruruh | mring Rajaputri Cêmpala | budhal sagung para mantri ||

13. Sang Aprabu Yudhisthira | sampun paring uninga marang sori | ingkang rayi praptanipun | Radyan Dhêsthajumêna | pan dinuta mring kang rama sang aprabu | kinèn maringi uninga | kesahe Wara Srikandhi ||

14. linamar ing ratu sabrang | ingkang dadya marganya dènira nis | sangking pagulingan dalu | de wadyabalanira | ing Ngamarta kang sêparo wus sun tuduh | ngubrês sagung alas-alas | jurang guwa wukir-wukir [wu...]

--- 133 ---

[...kir-wukir] ||

15. pramèswari duk miyarsa | langkung sangking sungkawanirèng galih | sigra nuduh êmbanipun | nukma mring Madukara | Rêtna Wara Durpadi graitanipun | mring satriya Dananjaya | ana têrkanirèng galih ||

16. dene lami tan sewaka | sang kusuma tan antuk dhahar guling | sangking sungkawaning kalbu | kunêng gênti winarna | Dananjaya ingkang tansah karon lulut | anèng taman Madugănda | lan Rêtna Wara Srikandhi ||

17. apan wus saingga garwa | yèn raina sang dyah lesan jêmparing | kang kinarya lesan rambut | sang kusuma wus wignya | miwah lesan dhoging kukila ginantung | sok wruha prênahe kêna | miwah yèn mêksih kaèksi ||

18. antara samadya căndra | dènira nèng Madukara sang putri | langkung rêmpit tingkahipun | sênadyan wadyanira | Madukara sêdaya apan dèrèng wruh | yèn Rajaputri Cêmpala | anèng jroning tamansari ||

19. pan namung pamyarsanira | yèn gustine nèng taman tapa guling | mangkana ingkang winuwus | Rêtna Wara Sumbadra | lagya lênggah sarwi mangku putranipun | Rahadyan Ăngkawijaya | Larasati myang Sulastri ||

20. ingkang tansah munggèng ngarsa | aglar sagung parêkan para cèthi | sang rêtna ngandika arum | paran wartaning jaba | dene gustinira suwe nora kundur | Larasati matur nêmbah | pukulun gumyahing jawi ||

21. raka paduka pangeran | anèng taman nglampahi tapa guling | winangênan laminipun | ing kawan dasa dina | nanging dènnya tapa nendra rencangipun | kalih putri ing Cêmpala |

--- [133v] ---

kusuma Wara Srikandhi ||

22. praptane mring Madukara | lêlingsène gusti guru jêmparing | kang kinarya lesan rambut | sipat katingal kêna | lamun dalu kang winuruk ganti muruk | Srikandhi kang dadya lesan | watgata ing sabên ratri ||

23. gumujêng Wara Sumbadra | gumêr sagung parêkan para cèthi | sang rêtna ngandika arum | apa sakarsanira | kangjêng paran dènira nèng tamansantun | lan Rajaputri Cêmpala | pan ingsun nora saksêrik ||

24. nadyan silih sawindua | anèng taman apa sakarsanèki | Larasati sira iku | ing batin dèn narima | padha momong bae mring sutanirèku | sokur banjura kagarwa | ana rewang ngong ngladèni ||

25. Larasati matur nêmbah | botên mikir kang sapunika gusti | nadyan akramaa sèwu | inggih sokur kewala | nanging dipun pasaja ing karsanipun | gusti dhumatêng paduka | sampun mawi ngêngilapi ||

26. kang dados ngungun kawula | inggih rayi tuwan Wara Srikandhi | dene ta putrining ratu | sêmbada yu utama | bok inggiha ngupados margi kang patut | sasêmbèr-sêmberan iya | dêstun anginggah-inggahi ||

27. bok sampun bêdhog kewala | ngadhag-adhag gumledhag nyundêl anjing | numbuk-numbuk nubruk-nubruk | ngandêlake warnanya | jêr si ayu dheweke lan gustiningsun | hèh Sulastri yèn anaa | iya pêngajaning gusti ||

28. padha samêngko kewala | ingsun larak tan etang praptèng pati | binêbak saingga bubuk | mring pangeran sun têmah | iya sangking panas-panase tyas ingsun [ing...]

--- 134 ---

[...sun] | kusuma Wa Sumbadra |[6] pangandikanira aris ||

29. sira iku bocah apa | lamun ngucap nora nganggo pakering | wuwus tan pantês kawuwus | bok wis padha narima | pan ing mêngko wus ana lêlirunipun | kang minăngka kangjêng paran | iya sutanira iki ||

30. aja na kang munasika | mring jêng paran kang lagya tapa guling | tutuga sakarsanipun | lawan putri Cêmpala | Larasati Sulastri myarsa tumungkul | wau ta cundakanira | kusuma Wara Durpadi ||

31. kang nukma nèng Madukara | dangu dènnya momor parêkan cèthi | têtela dènira ngrungu | Larasati turira | mring sang rêtna nikèn ban anulya mantuk | praptèng jro pura Ngamarta | ngarsane gustinirèki ||

32. katur solahing dinuta | dènnya nukma marang Wara Srikandhi | pan sampun samadya tèngsu | dènnya nèng Madukara | pan piningit wontên jroning tamansantun | mring satriya Dananjaya | sang dyah gêguru jêmparing ||

33. têtelamba angsal warta | pan ing dalu momor parêkan cèthi | mêningi dènira matur | Kèn Larasati marang | gustinipun rayi dalêm sampun tamtu | wontên taman Madugănda | kinêkêr angore wèni ||

55. Sinom

1. narpadayita Ngamarta | miyarsa aturing cèthi | tan sinipi dukanira | kagagas wiranging galih | mring solahe kang rayi | pramèswari têdhak gupuh | marang ing Madukara | mung lawan cèthi satunggil | ingkang mêntas nukma marang Madukara ||

2. miyos lawang bêbutulan | mring raka tan mawi pamit | nèng marga datan winarna [wi...]

--- [134v] ---

[...narna] | ing Madukara wus prapti | jumujug tamansari | asru dènnya dhodhog pintu | Sêmar kagyat miyarsa | sapa ta kang jaluk kori | dhodhog lawang liwat nora wruh dêduga ||

3. mokal yèn nora ngrungua | gustine atapa guling | age balia kewala | pramèswari anauri | Kakang Sêmar dèn aglis | ingsun ingkang jaluk pintu | pramèswari Ngamarta | ngrungu lamun Si Srikandhi | anèng kene ingsun arsa tatêmua ||

4. Ki Lurah Sêmar miyarsa | swaranya kang minta kori | yèn pramèswari Ngamarta | Sêmar lumayu angênthir | sêdya atur udani | pramèswari praptanipun | satriya Dananjaya | duk mijil sangking botrawi | Lurah Sêmar matur sarwi mêgap-mêgap ||

5. pukulun atur uninga | punika rakanta prapti | narpadayinta Ngamarta | asru dhodhog minta kori | kawula jrih mêngani | sampun uninga pukulun | lamun rayi paduka | Wara Srikandhi nèng ngriki | pan ing wau nglingnya arsa kapanggiha ||

6. Dananjaya duk miyarsa | langkung pangungunirèki | ciptaning tyas paranbaya | dadine lêlakon iki | dene kongsi kapyarsi | mring kangbok sapa kang matur | kakang paran rèhanta | bêcik êndi sun mêngani | lawan ora Sêmar alon aturira ||

7. èwêt lêlakon punika | upami tuwan wêngani | sayêkti yèn dados gêndra | tan wande ulêng sang putri | yèn botên dèn wêngani | pramèswari yêkti matur | mring raka sri narendra | mendah ta dukanirèki | kêdhatêngan putri tan atur uninga ||

--- 135 ---

8. Satriya Andananjaya | langkung ribêng jroning galih | alon dènira ngandika | payo kakang dèn wêngani | kapriye gone mikir | ing budi pan wus katutuh | Sêmar sigra wangsulnya | sinorog mênga kang kori | pramèswari sampun manjing jroning taman ||

9. tumundhuk Sang Dananjaya | mêndhak satêpining kori | pramèswari mèsêm lingnya | yayi dhayohan sirèki | rinira Si Srikandhi | nèng ngêndi sun arsa pangguh | Dananjaya turira | wontên sakilèn botrawi | kêlangênan jêmparing sampun sakenjang ||

10. lajêng sang narpadayita | Dananjaya mêdal jawi | Sêmar asru aturira | niku radèn dhatêng pundi | têka dadak ngesahi | lêrêse radèn têtulung | botên sande punika | ingkang rayi dèn gêbugi | Dananjaya gumujêng dènnya ngandika ||

11. ingsun ngêdoh bae kakang | mêrana kang rada dhêlik | aja kongsi amiyarsa | kakang bok dukanirèki | sira bae yya têbih | ngintipa sajaban pintu | lan Si Bagong ngawasna | paranta dadine mangkin | Sêmar Bagong wangsul ngintip anèng lawang ||

12. wau sang narpadayita | wus prapta kilèn botrawi | Wara Srikandhi tumingal | mring raka kagyat tan sipi | gupuh dènnya mlajêngi | tundhuk ngrangkul padanipun | sarwi lara karuna | kathah sêsambatirèki | pramèswari alon dènira ngandika ||

13. wis yayi aja karuna | dèn aris payo alinggih | sun arsa têtakon warta | kang dadi lunganirèki | liwat karya prihatin [prih...]

--- [135v] ---

[...atin] | sokur wus padha rahayu | kang rayi duk miyarsa | asrêping galih dinugi | ingkang raka rawuhe tan mawi duka ||

14. kèndêl dènira karuna | aris wus tata alinggih | Rêtna Srikandhi turira | milamba angingkis ratri | sangking praja tan mawi | pamit ing rama myang ibu | linamar ratu sabrang | jêng rama myang ibu sori | sampun parêng nampèni panglamarira ||

15. têmahan amba pinênsa[7] | mila nuntên angesahi | pan kawula lampu pêjah | laki sabrang botên sudi | prapta kawula ngriki | duk lagya samadya tèngsu | sampun lami sêdyamba | mariki guru jêmparing | inggih dhatêng rayi tuwan Madukara ||

16. kang raka mèsêm ngandika | apa ta wis pintêr yayi | gonira sinau manah | turnya pan sarwi sairib | lamun lesan dhog pêking | sagêt amba namung rêmuk | lamun rema mung pêgat | pramèswari ngandika ris | lah ta mara manaha sun arsa wikan ||

17. lesane sigra pinasang | rema lawan dhoging pêking | sang rêtna mênthang gandhewa | lumêpas ingkang jêmparing | dhoging kukila kêni | kacundhuk sênjata sumyur | nulya rema pinanah | pêdhot kataman jêmparing | pramèswari gumujêng dènnya ngandika ||

18. yayi wus pintêr têmênan | iya gonira jêmparing | mara ingsun wurukana | kapencut bisa jêmparing | kaya pa rakitnèki | nalikanira winuruk | marang ing kakangira | kang rayi umatur aris | gih sumăngga kakang bok kawula wulang ||

19. kang raka sampun ngaturan | gandhewa [gandhe...]

--- 136 ---

[...wa] lawan jêmparing | kêndhêngnya sampun pinasang | kang rayi lênggah nèng wuri | sarwi umatur aris | dhuh kakang bok kula nuwun | langkung sangking dêgsura | rakitnya mulang jêmparing | mara yayi ngarah apa wus sun sêdya ||

20. kang rayi sigra tur sêmbah | ngrakêti pungkurannèki | asta kanan sami kanan | nyêpêng jêmparingirèki | gandhewa asta kering | rakite kadya angrangkul | manglung jăngga tumumpang | anèng pamidhangannèki | pipi kering tumèmpèl nèng pipi kanan ||

21. rakite kadya angaras | iringing grana nèmpèli | pangarasan ingkang kanan | jaja karakêt ing gigir | jêngkunira kêkalih | mipit ing wêwangkongipun | astanya kering kanan | pangrangkule angapithing | Rêtna Wara Durpadi kêlangkung duka ||

22. nulya mingêr dènnya lênggah | angajêngakên kang rayi | saryyandik laraping netra | mawinga-winga mawêngis | paranta ari mami | dhuh ariningsun wong ayu | bêcik jaba kewala | ing jro ulêrên wus bacin | bêcik têmên mêngkono ing solahira ||

23. dudu solahing wong manah | solahe wong nyundêl anjing | jêjamahan kang wus lanyah | rênyuh nyunyur nyonyar-nyanyir | bok ya dèn idhêp ngisin | kapriye ta pangrasamu | dene-dene dhudhaa | têka dadak sira bruki | bojone wus satus kaya warnanira ||

24. pageneya kangjêng rama | pêputra têka mêtoni | de jêng ibu tanpa ramban | wèh kadang mangkene iki | sêmbèr lèwèr nyaluwir | anglonthe [anglo...]

--- [136v] ---

[...nthe] kongsi mêthunthung | ngadhag-adhag gumledhag | mêdhot amamah kêndhali | lumuh-lumuh wong lumuh kinèn jêjamah ||

25. dene ta tinari krama | kumayu aminggat wêngi | ingsun nyana tyase nyata | dènira lumuh akrami | praptaning don si anjing | têka nubruk numbuk-numbuk | ngêbruki kongsi babrak | bêdhog wong wus duwe rabi | angur oblo mêksih anduwèni wirang ||

26. sru angluh angala-ala | kusuma Wara Durpadi | mring kang rayi dukanira | saputing tyasnya tan sipi | anjrit jungkêl ing siti | tanpanon rat idhêpipun | myarsa dukaning raka | gumêrgêt Wara Durpadi | ingkang rayi gya ingukêl remanira ||

27. apan sarwi jinêjêgan | lah age minggata anjing | sênadyan sira nglonthea | golèka liyan nêgari | gêgawa marang mami | wus dangu pêmalanipun | inguculkên sêksana | kang rayi mundur anangis | minggah marang botrawi nganthi sênjata ||

56. Kinanthi

1. endhongnya sinandhang sampun | anèng gendhongan mathinthing | gandhewa nèng asta kiwa | pantês wanguning prajurit | rajaputri ing Cêmpala | acancut ramping tarincing ||

2. ingkang pinundhut puniku | marang sang raja pinutri | apan dudu panah lesan | sênjata agêming jurit | dènira Sang Dananjaya | aran sênjata dhêdhali ||

3. mijil sangking tamansantun | kusuma Wara Srikandhi | mêdal lawang bêbutulan [bêbutula...]

--- 137 ---

[...n] | wau ta ingkang winarni | narpadayinta Ngamarta | sawêdalnya ingkang rayi ||

4. ngandika mring êmbanipun | biyang timbalana aglis | ariningsun Si Sumbadra | niken ban sigra lumaris | manjing dalêm panggih lawan | kusuma Banoncinawi ||

5. sang dyah miyarsa kumêpyur | anggèr kawula tinuding | ing raka narpadayita | paduka dipun timbali | marang taman Madugănda | ing rakanta pramèswari ||

6. sang dyah miyarsa kumêpyur | apa ta wus suwe bibi | kangbok rawuhe nèng taman | nikèn ban umatur aris | gusti sawêg sapunika | sang kusuma gya lumaris ||

7. sarwi ngêmban putranipun | Sulastri lan Larasati | tan kantun kari nèng wuntat | samarga pating jêrawil | hèh Sulastri tingalana | gustimu gènnya lumaris ||

8. rêspati angêmban sunu | tindaknya nglêlêntrèh ririh | mêntas babar kasangsaya | blonyoh ing sarira mêksih | wênês ijo amêrdapa | liringnya luruh alindri ||

9. tejane wênês sumunu | kasor raras ruming sari | kaya rêmuka kanginan | lah ing ngêndi ana putri | ingkang kungkulan ngakasa | ingkang kasăngga ing bumi ||

10. tan ana mirib gustimu | Sulastri alon nauri | lagi pangeran kewala | wong agung dhatnyang sayêkti | karêm putri ing Cêmpala | yèn mungguh pangrasa mami ||

11. nêmbah amung patutipun | marang gustiku sang dèwi | kang bok lan [la...]

--- [137v] ---

[...n] sira kewala | warnane Wara Srikandhi | tanbuh ingkang piniliha | mêksih pantês jajar linggih ||

12. wau ta sang dyah wus rawuh | salêbêting tamansari | pramèswari ngawe sigra | kene linggih ari mami | lah ta êndi sutanira | bagus têmên sun tingali ||

13. kang putra ngaturkên sampun | anèng ing pangkon liniling | sang rêtna mèsêm ngandika | bagus têmên bocah iki | luruh sêmune jêtmika | lan bapakne wus tan kalih ||

14. pira yayi ngumuripun | sang rêtna umatur aris | kangbok sawêk kalih wulan | namung kirang pitung ari | narpadayita ngandika | bênêr mung kacèk sêsasi ||

15. sutanira ngumuripun | lan Si Păncawala yayi | kakang adhine mèh kêmbar | pasêmone mèh sairib | hèh ta yayi praptaningwang | marma jujug tamansari ||

16. sun ngrungu warta kalamun | arinira Si Srikandhi | anèng taman Madugănda | lawase wus madya sasi | gêguru mring lakinira | pangawasaning jêmparing ||

17. ingsun mau wus katêmu | lan rinira Si Srikandhi | mêningi lagi mêmanah | nulya gugup anêmoni | sun minta wruh patrapira | dènira mulang jêmparing ||

18. Srikandhi nulya sung tuduh | tingkahe mulang jêmparing | dupi sun wruh patrapira | tan taha-taha tyas mami | lonthene nuli sun pala | sun tundhung sing tamansari ||

19. buh ta mau paranipun | lungane mêksih anangis | buh mulih marang Cêmpala | buh banjur minggata yayi | kusuma Wara Sumbadra |

--- 138 ---

miyarsa ngungun tan sipi ||

20. nêmbah alon dènnya matur | punapaa dèn dukani | kangbok pangraos kawula | wontên Madukara ngriki | sênadyan kalih wulana | apan dalêmnya pribadi ||

21. datan wontên paenipun | lawan ing Cêmpala nagri | yèn kawula mêningana | kangbok gèn tuwan dukani | yêkti malang botên suka | kesahipun sangking ngriki ||

22. sêdya kawula pukulun | têtêpa dadosa kanthi | gumujêng narpadayita | iya sokur-sokur yayi | lamun tan dadi tyasira | liwat panarima mami ||

23. lah wis ingsun pamit mantuk | yayi nya sutanirèki | Wara Sumbadra tur sêmbah | bok inggih kèndêl rumiyin | aso nèng dalêm sakêdhap | pramèswari ngandika ris ||

24. mênawa dèn ayun-ayun | mring kakangira sang aji | gon ingsun mring Madukara | nyolong bae nora pamit | putra sampun tinampanan | lajêng kundur pramèswari ||

25. Ki Lurah Sêmar andulu | yèn pramèswari wus mijil | tur uninga mring Sang Parta | pangandikanira aris | lah ta priye mau kakang | ing dadine Si Srikandhi ||

26. apa nora nana mêtu | iya têka tamansari | Ki Lurah Sêmar turira | sayêktine lamun mêksih | yèn kesaha sangking taman | wêdalnya kula udani ||

27. mung pramèswari kang kundur | nanging kawula wêtawis | ing wau sangêt pinala | kapyarsa dènira nangis | paduka kang damêl dosa | têka botên dèn tulungi ||

--- [138v] ---

28. mendah sakite tyasipun | mring paduka sang suputri | lah ta dawêg dipun inggal | inggih paduka rih-arih | mumpung maksih anèng taman | Dananjaya ngandika ris ||

29. yèn age-agea ingsun | kakang nêmoni pribadi | mring rajaputri Cêmpala | mêksih kabêranang runtik | bêcik sira bae kakang | ingkang nêmonana dhingin ||

30. dimèn rèrèh ing tyasipun | têkakna prasêtya mami | dene ta padha wanudya | lawan kadange pribadi | ingkang prapta anèng taman | mulane ingsun lungani ||

31. yèn ta wonga liyanipun | utawa lanang kang prapti | ayya kang padha satunggal | sênadyan sri narapati | Cêmpala lawan Ngamarta | praptaa ing tamansari ||

32. gawaa bakale mantu | sawadyabalanirèki | Sang Prabu Jungkungmardeya | ditya diyu myang rasêksi | dèn kèbêkan Madukara | nora nêdya sun ginggangi ||

33. ajura dèn kumur-kumur | sêrambut datan gumingsir | dene lamun sang kusuma | kêmaron tyase ningali | iya marang Si Sumbadra | jinaluk lunganirèki ||

34. aja sumêlang ing kalbu | esok sore sun turuti | nora mada sangking wănda | satuhu ayu linuwih | ing warnane Si Sumbadra | nanging atine tan bêcik ||

35. bangêt lêngus wani kakung | kongsi duwe anak siji | lan ingsun apan papêksan | sangking puwase tyas mami | bêbutuhan durung ana | ing budi ingkang nyondhongi ||

36. Sêmar jêngèk dènnya matur | niku radèn kadipundi | têka

--- 139 ---

tombok gustiningwang | ingkang botên nika-niki | sêjagat măngsa wontêna | brăngta bêktine mring laki ||

57. Asmaradana

1. Dananjaya ngandika ris | ujar lamis mung kinarya | angenaki ati bae | satus putri ing Cêmpala | măngsa ta kêlakona | ambuwang ing biyang kulup | lah ta wis sira mangkata ||

2. Sêmar pinêksa nuruti | sampun lumêbêt ing taman | ing wayah surup srêngenge | lagya tanggal kaping tiga | Rêtna Wara Sumbadra | sêmana lagyarsa kundur | kèndêl ningali mring Sêmar ||

3. thumuk-thumuk lampahnèki | nguwuh mring putri Cêmpala | sang dyah anggarjita tyase | wus narka lamun dinuta | marang ing gustinira | mring Larasati lingnya rum | Si Sêmar ika kang prapta ||

4. angulati Si Srikandhi | apa ta ika dinuta | iya marang ing gustine | Larasati saurana | sira kang kêmbar swara | apa baya karêpipun | Nikèn Larasati sigra ||

5. ngadêg ing ngarsa sang dèwi | cumênthèng panguwuhira | kakang Sêmar kene-kene | baya ta sira dinuta | marang ing kanjêng paran | dene dadak cêluk-cêluk | Lurah Sêmar amiyarsa ||

6. mring swarane Larasati | dinuga putri Cêmpala | dene sami cumêngklinge | Lurah Sêmar sigra mara | sarya sru aturira | wontên jawi dalu-dalu | puniku mundhut punapa ||

7. kang mindha alon nauri | ninis ngisor nagapuspa | kang rada isis nèng kene | sariraningsun [sa...]

--- [139v] ---

[...riraningsun] grahuyang | Sêmar wus praptèng ngarsa | ngulap-ulap alon matur | dene ta wau karuna ||

8. dipun napakakên gusti | mring raka narpadayita | kang mindha alon saure | nora kinapakkên ingwang | pan namung dinukanan | kang dadi panangis ingsun | dene ta tininggal lunga ||

9. iya mring gustinirèki | Sêmar alon aturira | kawula niki kinèngkèn | ing rakanta jêng pangeran | maringkên prasêtyanya | milane rakanta wau | inggih ngesahi kewala ||

10. rawuhipun pramèswari | dening priyayi wanudya | sarta kadang tuwa dhewe | yèn priyaa ingkang prapta | sayêkti katandangan | sênadyan rakanta prabu | ing Ngamarta ingkang prapta ||

11. sayêktine dèn tanggoni | miwah ramanta Cêmpala | bêktaa badhe mantune | ing sabrang Jungkungmardeya | sabalane sadaya | ditya rêksasa myang diyu | dèn kèbêkan Madukara ||

12. botên nêdya dèn ginggangi | rangkêpa sayuta ngarsa | tan gumingsir ing prang tanggon | dene lamun tyas paduka | sungkawa dèrèng rêna | botên purun kinêmaru | lan Dèwi Wara Sumbadra ||

13. sampun sumêlang kang galih | pan inggih samăngsa-măngsa | rakanta ing pambucale | dhasare wus lami dènnya | puwas marang kang garwa | botên mada warninipun | tuhu yèn ayu utama ||

14. nanging winada kang galih | lêngus wani marang priya | kang dadon[8] botên condhonge | malah ingkang pangandika | dènnya ngantos pêputra [pêpu...]

--- 140 ---

[...tra] | satunggal ing dadosipun | papêksan ing galihira ||

15. laminya kantos sêmangkin | tinêksihakên kang garwa | pan inggih sangking dèrènge | antuk kang condhong ing karsa | ing mangke mung paduka | ingkang dados condhongipun | marma sih anrus ing driya ||

16. Larasati duk miyarsi | ingampêt tyasnya tan kêna | kadya sinêntak guyune | iku apa nyata kakang | mêngkono jêng pangeran | wus puwas mring garwanipun | condhonging tyas mung maringwang ||

17. sih trêsna ing lair batin | Sêmar umatur supata | botên watak gawe goroh | lah ta mangke têtakèna | yèn panggihan piyambak | mênawi dora turingsun | Larasati latah-latah ||

18. gya jinawil sangking wuri | mring Dèwi Wara Sumbadra | winisik ing sêsaure | Larasati saurira | winisik sigra ngucap | iya kakang yèn satuhu | mêngkono linge jêng paran ||

19. sih trêsna ing lair batin | nuli sira aturana | sun arsa miyarsa dhewe | pangandikane jêng paran | Sêmar umatur sagah | ing mangke pêsthi yèn rawuh | sampun dika kesah-kesah ||

20. kula turane tumuli | raka paduka pangeran | Larasati lon dêlinge | iya nuli aturana | kakang sira sun ganjar | iki ali-aliningsun | mirah rêga sèkêt reyal ||

21. Sêmar gupuh anampèni | mundur sarwi lênggak-lênggak | samarga-marga sasêndhon | kusuma Wara Sumbadra | alon dènnya ngandika |

--- [140v] ---

Larasati nya sutamu | gawanên ngiwa mênara[9] ||

22. ring-aringên ingkang bêcik | ing mêngko kêlamun prapta | ingsun têmonane dhewe | priyayi ing Madukara | kaya pa lamun prapta | kang putra tinampan sampun | mring Larasati ingêmban ||

23. lan Sulastri mundur aglis | ngiwa marang pojok bata | sang rêtna miranti gone | jumênêng sor nagapuspa | lagya tanggal ping tiga | sangandhaping nagasantun | ragi pêtêng tan pêrmana ||

24. andulu sawiji-wiji | nanging grêmênge katingal | wuwusên wau lampahe | Ki Lurah Sêmar wus prapta | ing ngarsanira radyan | wus katur saaturipun | solah-tingkahing dinuta ||

25. dènnya manggihi sang dèwi | rahadyan suka miyarsa | kaya pa mau dêlênge | rajaputri ing Cêmpala | apa nora sungkawa | Ki Lurah Sêmar umatur | tingale sae kewala ||

26. mila radyan dèn aturi | têdhak soring nagapuspa | kêdah miyarsakkên dhewe | kang dados janji paduka | mring kula tan anggêga | Dananjaya sukèng kalbu | sigra tumêdhak rahadyan ||

27. lumêbêt ing tamansari | jujug soring nagapuspa | tan taha-taha galihe | wus pêsthi putri Cêmpala | kang jumênêng katingal | anèng soring nagasantun | lajêng pinondhong kewala ||

28. rinungrum ingarih-arih | apan sarwi ingarasan | gusti mirah ingsun anggèr | intên-intêne pun kakang |

--- 141 ---

ingkang sawang kumala | apuranên dasihipun | dahat cidra ing ubaya ||

29. marmane ingsun lungani | rawuhe narpadayita | dene ta priyayi wadon | yèn lananga ingkang prapta | ayya ingkang satunggal | sênadyan satusa èwu | dèn kêbak ing Madukara ||

30. nora sêdya sun ginggangi | dhuh anggèr pan ora-ora | Si Sêmar mau ature | sayêkti lamun sangkingwang | ngaturakên prasêtya | mring kusuma jiwaningsun | anjalmaa kaping sapta ||

31. tan nêdya mulat dyah malih | ngamungna sang lir kusuma | kang asih marang dasihe | kusuma Wara Sumbadra | nalikanya miyarsa | yèn ingkang raka satuhu | dènnya ngungkurakên trêsna ||

58. Pangkur

1. murub kadya binêranang | datan kêna ingampêt tyasirèki | miyarsa lingirèng kakung | dahat anglêk ing driya | lir tinunjêl sela tinotog ing alu | pêdhês wêngis saurira | dhuh babo wong apa iki ||

2. jug-ujug prapta angêmban | singa katon tan nganggo dèn titèni | mondhong dudu bedhangipun | nora ngrasa sêmayan | rinarêpa mênawi mangke kaliru | kula dede lonthe dika | ngapithing kaya wong gêthing ||

3. angaras nora nganggo was | bok dèn awas wuwuse ngasih-asih | apa wuwus nguwus-uwus | age diku[10] udhuna | Dananjaya miyarsa kagyat kêlangkung | dene dadya ingkang garwa | gya tinurunakên aglis ||

4. satriya [sa...]

--- [141v] ---

[...triya] Andananjaya | pan anglênggêr meranging tyas tan sipi | lêngêr-lêngêr sèwu ngungun | sakêthi nora nyana | yèn kang garwa dhêlêg-dhêlêg joto jêtung | datan kêna angandika | sang kusuma bêkas-bêkis ||

5. lah age dawêg ulihna | awak kula mring nagri Dwarawati | prapta kawula pukulun | apan botên nênêka | mara dhewe soroh badan nubruk-nubruk | ngêbruki wong Madukara | margane dika parani ||

6. ing mangke dika wus puwas | inggih ulihêna kêlawan bêcik | sampun mawi nguwus-uwus | sayêkti tanpa tuwas | ngawètakên mring wong lawas bêngis lêngus | lêngus wani marang priya | marma ulihna dèn aglis ||

7. botên nyênyukêri tingal | yèn awèta kawula anèng ngriki | nyênyampuri mring wong agung | karya nisthaning praja | pantês dika kang timbang sayêkti namung | rajaputri ing Cêmpala | bapa raja ibu sori ||

8. botên wontên kang kuciwa | satriya di akrama putri adi | sêmbada bêkti ing kakung | beda lawan kawula | ala rupa têtampikan nora payu | lêngus wani marang priya | tan wruh kanisthanirèki ||

9. sumêngka angăngka-ăngka | nistha papa anyèthi mring wong singgih | kaniaya kakang prabu | têka sêsèlèh kadang | têmahane mung dèn anggêp raganingsun | bêbutuhan têtambêlan | aji wong anyundêl anjing ||

10. langkung garês wuwusira | sang kusuma sangking gêrusing galih |

--- 142 ---

ngoso-oso nguwus-uwus | mangundhat ngundhamana | Dananjaya èbêking tyasnya kêlangkung | miyarsa lingnya kang garwa | sèwu susah sèwu sêdhih ||

11. angrasa ing lêpatira | langkung sangking ngrarêpa ngasih-asih | apuranên biyang kulup | sakèhing luput ingwang | pan wus nyata lamun ingsun sèwu luput | nanging biyang kulup aja | sira trusakên ing galih ||

12. wuwus lamis mung sun karya | angenaki atine Si Srikandhi | sakêthia warnanipun | kaya putri Cêmpala | măngsa dadak kêlakona raganingsun | ambuwang kang wus sêsuta | rewang ngong sapati urip ||

13. apa kang sira tamakna | yèn nêdyaa cidra prasêtya mami | ing nguni marang sirèku | babênduning jawata | suralaya kabèh nampêka maringsun | mênawa duwea cipta | liya sangking sira gusti ||

14. rewang ngong salara-lapa | kongsi prapta ing ariloka binjing | têtêpa rèntèng-rêruntung | kusuma lawan sira | praptaning don ayya na kang nyandhing-nyandhung | gusti ngamungna lan sira | sang rêtna asru ambêkis ||

15. dhuh ewa têmên wak ingwang | amiyarsa wuwus kinarya lamis | lan ewa têmên wak ingsun | mring wong tuhu ngubaya | dene kaya lir wong ala raganingsun | têtêp mantêp ing prasêtya | mung nêdya utamèng laki ||

16. sênadyan rabia sasra | sukalila ing lair nrus ing batin | wus sun sêdya momong maru | narima dadi tuwa | wus sun sêdya anjalmaa kaping pitu | tulusa angèstupada [ang...]

--- [142v] ---

[...èstupada] | marang sariranirèki ||

17. tan wruh kinarya butuhan | Dananjaya ngrarêpa ngasih-asih | dadia dhêg amun-amun | lamun duwea cipta | kêlap-kêlap marang sira biyang kulup | utawa nganggêp butuhan | lêbura padha sakiki ||

18. sang dyah gabêr wuwusira | dhuh-dhuh adhuh mambu wong cidra janji | inggih sokur lae sokur | botên ngagêm butuhan | mring kawula sih trêsna anrusing kalbu | kula inggih tur prasêtya | sênadyan nèng Dwarawati ||

19. botên ginggang ing panyipta | gèn kawula marêkan anyênyèthi | marang paduka wong agung | pisah ngriki kewala | ing dêlahan têtêpa saliraningsun | angèstupada paduka | wus narima lair batin ||

20. amomong anak papêksan | nanging sampun tunggilan anèng ngriki | karya nisthaning wong agung | inggih binjang kewala | nèng dêlahan têksiha karsa maringsun | anganggêp cèthi butuhan | Dananjaya duk miyarsi ||

21. aturing garwa mangkana | ngêrês-êrês nanging garês tan sipi | sangsaya ribêng tyasipun | arum dènnya ngandika | dhuh bok aja mêngkono dhuh biyang kulup | yèn kongsia sira tinggal | baya wurung wong wak mami ||

22. marang ngêndi paranira | aja ingkang marang ing Dwarawati | lumêbua gêni murup | ambyur têlêng samudra | ingsun măngsa karia sayêkti milu | kusuma saparanira | marang ngêndi sun tut wuri ||

23. mati urip aja pisah | lawan sira Dananjaya [Dananja...]

--- 143 ---

[...ya] mêrpêki | kang garwa arsa sinambut | nanging sampun prayitna | pinêrpêkan mundur lajêng dènnya kundur | Sang Parta têksih tut wuntat | sang dyah nguwuh Larasati ||

24. hèh Larasati rènèkna | sutanira ingsun bane pribadi | putra ingaturkên sampun | ngêmban sarwi lumampah | pan ingoso-oso rahadyan sru muwun | Dananjaya angandika | kene kulup milu mami ||

25. lah biyang kulup rènèkna | ingsun bane dimèn mari anangis | sang dyah wêngis sauripun | lae anak papêksan | arsa dèn ban mring wong agung mênèk nguyuh | wontên ngêmbanan paduka | măngsa wandea binanting ||

26. lah ta dene iki bocah | nèng êmbanan dadak nganggo anangis | sun kapakakên sirèku | kaya wong dèn la-êla | ngadi-adi ngudi apan ngadu-adu | bayi dadi mung papêksan | bok iya dèn nglara ati ||

27. wus manjing dalêm sang rêtna | miwah Larasati lawan Sulastri | sang dyah sigra nutup pintu | ingantêp lir pêcaha | wus kinunci Dananjaya kèndêl mangu | myarsa tangise kang putra | cinêblèkan anjrit-anjrit ||

28. bingung tyasnya Risang Parta | sigra wangsul Sêmar tibaning runtik | Lurah Sêmar kang kawuwus | marang ing warung jajan | sêsupene mirah kang kinarya urup | sêkul lawan pêpanganan | Bagong agung[11] dèn pêpengin ||

29. dènnya linggih têngah lawang | amêrgagah sêgane dèn kakahi |

--- [143v] ---

ngiwit-iwit dènnya muluk | lamun wis sapulukan | nulya kèndêl nyawang pêpangananipun | kapundhung kuwèni năngka | Bagong dangu angrêrintih ||

30. dhuh ki rama bok iyaa | ingsun jaluk sêga iwak sathithik | măngsa ta êntèka iku | sêmono sira pangan | eman-eman dadi wadhang mêsthi mambu | baya angur sun pangana | Sêmar bêngis anauri ||

31. bok ambungên sikutira | mambu apa têka sae si anjing | jêgug sêga jaluk muluk | dudu sêga jalukan | sira jaluk dene têka enak-enuk | si punuk datanpa ngrasa | mundur aja ngrêregoni ||

 


kêkalène. (kembali)
Biasanya guru lagu o: margi wuh tan ewoh. (kembali)
nyangungong. (kembali)
kamarutan. (kembali)
anggêguru. (kembali)
Kurang satu suku kata: kusuma Wara Sumbadra. (kembali)
pinêksa. (kembali)
dados. (kembali)
mêrana. (kembali)
10 dika. (kembali)
11 anggung. (kembali)