Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

59. Durma

1. Bagong mêksa ngrarêpa pênjalukira | Sêmar mêksih mêmengin | Dananjaya prapta | ngadêg nèng wurinira | sinêndhal kuncungira glis | tiba kalumah | lajêng dèn oncit-oncit ||

2. ginitikan gupuh angrungkêbi pada | sêgane kocar-kacir | panganane wutah | Bagong suka abungah | panganane dèn kukupi | sêga wus wutah | kèlês awor lan siti ||

3. cikrak-cikrak Bagong sarwi amêmangan | impènku mau bêngi | tinêmune baya | katone mangan tinja | năngka madu baya iki | lêgi lir gula | Sêmar nangis manglirik ||

4. Bagong ngèngèhana nangkane kewala | Bagong gumuyu bêlik | iki pêlêm gănda | lêgi wangi kalintang | Sêmar jêlih dènnya angling | pêlême

--- 144 ---

gănda | ngèngèhana sathithik ||

5. Bagong nyêntak dene kobêre si gêrang | nangis akon ngèngèhi | pêlêm lawan năngka | gusti niku si murka | sudhètên wêtênge aglis | atine ala | kumêde nglêliwati ||

6. iya Bagong patine mêngko kewala | sun laranane dhingin | dosane wus katrap | gawe sakêthi wirang | iya marang awak mami | urip karya pa | wus sêdhêng dèn patèni ||

7. Sêmar myarsa kèndêl dènira karuna | ngrarêpa matur aris | gih mangke bêndara | sênadyan patènana | dika tuduhake dhingin | dosa kawula | Dananjaya ngling wêngis ||

8. pageneya sira ngloropakên ingwang | mau tuturirèki | putri ing Cêmpala | anèng sor nagapuspa | iya gone angêntèni | banjur sun êmban | ngandêl marang sirèki ||

9. dene têka jêbul biyang kulup ika | nêpsune nglêliwati | si kulup dipala | malah arsa alunga | mulih marang Dwarawati | margane sira | kang gawe dosèng kami ||

10. liwat karya sêdhih karya sèwu wirang | Sêmar duk amiyarsi | linge gustinira | matur sarwi karuna | yèn puniku dosa mami | amung tinarka | ngloropakên ing gusti ||

11. wong wus tuwa cadhok duwe lara mata | wus pêtêng wayahnèki | pantês kalirua | sangking nora waspada | balikan paduka gusti | kaya wong tuwa | andadak tumut pangling ||

12. nadyan silih nora awas sangking wuta | sangking pêtêng wus wêngi | dene wus dèn êmban [ê...]

--- [144v] ---

[...mban] | têka botên angrasa | grayange pêsthi kêtawis | măngsa panglinga | mring garwane pribadi ||

13. Dananjaya mèsêm aris angandika | kakang Sêmar ya uwis | bênêr sangking sira | ingsun kang kaluputan | Sêmar anjrit nibèng siti | agêgulungan | sarya sru dènnya nangis ||

14. sarwi ngundhat-undhat ngundhamana ingkang | wus seda nguni-uni | adhuh gustiningwang | ya Sang Manumanăngsa | Bagawan Sakutrêm Sakri | Sang Parikanan[1] | Rêsi Palasara Ji ||

15. gustiningsun Prabu Pandhu Dewanata | kang asih marang dasih | gusti tingalana | dasihe kawlas-arsa | sabên dina dèn gêbugi | mring putra dika | kula tan sagêt kari ||

16. inggih pintên turunan pamomong kula | dèrèng nate nglampahi | katibanan sada | ingugung dèn la-êla | lamun turu dèn kêbuti | lamun lêlungan | saparan dèn payungi ||

17. pêpanganan apa sadoyanan ingwang | tinêkan dèn tutugi | ing mangke tinilar | kinèn momong kang putra | kêrênge anglêliwati | agung pinala | age gawanên mami ||

18. botên bisa momong marang putra dika | Sang Parta ngrês kang galih | wis kakang mênênga | nya iki tampanana | sêsupeningsun hèr thathit | satus rêganya | sun paringkên sirèki ||

19. Lurah Sêmar nampèni mêksih karuna | măngsa mênênga mami | yèn panganan ingwang | durung bali maringwang | Dananjaya ngandika ris | Bagong balèkna | besuk ingsun lironi ||

20. Bagong matur [ma...]

--- 145 ---

[...tur] sampun têlas kula pangan | Sêmar matur saryanjrit | têksih kula ninga | kinandhut kantun năngka | Bagong wuwuse macicil | edan si picak | têka misih udani ||

21. năngka kari sathithik anèng kandhutan | binalangakên aglis | Sêmar lênggak-lênggak | sarwi amangan năngka | Dananjaya ngandika ris | lah payo kakang | sira dandana aglis ||

22. anututi marang putri ing Cêmpala | kakang panduga mami | wus suwe dènira | lunga sêka ing taman | putri lumaku pribadi | watir mênawa | nêmu ewuh nèng margi ||

23. Sêmar Bagong matur dawêg dipun inggal | Dananjaya nulya glis | minggah yasakambang | ningali sênjatanya | dhêdhali datan kaèksi | sampun anduga | yèn binêkta sang putri ||

24. dadya mundhut sênjatanya sarutama | sampun binêkta mijil | lajêng lampahira | satriya Dananjaya | Sêmar Bagong kang umiring | radyan amatak | pênggandan wruh ing margi ||

25. ingkang kambah marang putri ing Cêmpala | gandanya pan kêtawis | kunêng kang winarna | Rajaputri Cêmpala | kusuma Wara Srikandhi | byar rina prapta | samadyaning wanadri ||

26. anêrajang pabarisaning rasêksa | barisan sabupati | wil Kala Pradêgsa | ditya Paranggubarja | kagyat anèstri lumaris | datanpa rowang | warnanira lir sasi ||

27. wus anduga lamun putri ing Cêmpala [Cêmpa...]

--- [145v] ---

[...la] | ngatag wadyanira glis | ngêpung alang-alang | ditya Pradêgsa sigra | mêrpêki marang sang putri | arsa têtanya | sang dyah mênthang jêmparing ||

28. wil Pradêgsa kèndêl mangu lampahira | têtanya sangking têbih | hèh sintên paduka | lumampah tanpa rowang | wanudya kaliwat luwih | tan wruh ing samar | lêlaku nèng wanadri ||

29. Rêtna Wara Srikandhi aris saurnya | aja tambuh sirèki | sun Putri Cêmpala | wil Pradêgsa miyarsa | sukèng tyas asru turnèki | dhuh gustiningwang | bêja têmên sun iki ||

30. pan kawula abdine raka paduka | Paranggubarja Gusti | Sri Jungkungmardeya | dinuta angupaya | ing gusti sang rajaputri | mangke kêpanggya | samadyaning wanadri ||

31. lah suwawi paduka kawula bêkta | mring Sawojajar Gusti | nitiha jêmpana | sang dyah rêngu ngandika | apa ta abanirèki | arsa anggawa | marang sarira mami ||

32. dene enak-enak wuwusmu gumampang | basakakên raka ji | hèh buta lungaa | aja nèng ngarsaningwang | yèn sira nora lunga glis | yêkti sun panah | wil Pradêgsa miyarsi ||

33. latah-latah sarwi ngungalakên jaja | dawêg gusti dèn aglis | paduka tibakna | abdine nate tatal | dinadar ing rakanta ji | gêrèt lumêpas | dhêdhali kadya thathit ||

34. wil Pradêgsa kacundhuk janggane pêgat | gumêbrug tibèng siti | wadyanya tumingal | yèn punggawane pêjah | gumuruh sarêng [sa...]

--- 146 ---

[...rêng] dènnya ngrik | mara kumêrab | sêdyambyuk angêbyuki ||

35. kang nèng ngarsa akèh rampal kapêrapal | ing sênjata dhêdhali | kaparêng praptanya | satriya Dananjaya | kagyat miyat mring sang putri | rinêbut ing prang | ditya lawan ing jurit ||

36. sang kusuma tan owah sangking gènira | têtêg tatag têrampil | pêsating sênjata | dhêdhali nêngên ngiwa | mangarsa sungsun ngênèni | ditya kèh pêjah | tuhu putri prajurit ||

37. Dananjaya nguculakên sarutama | mêtu muntap ngèbêki | kèh ditya suh sirna | sang dyah ngungun tumingal | sirnane mungsuhirèki | sangking sênjata | nyambêri kadya pêksi ||

60. Dhandhanggula

1. sang kusuma nolih marang wuri | aningali yèn Sang Dananjaya | ingkang nglêpasi panahe | mawi lar kadya manuk | sang kusuma ewa ningali | kagagas meranging tyas | lajêng lampahipun | Sang Parta mêksih tut wuntat | sangking têbih datan purun marêpêki | lamun cêlak lampahnya ||

2. sang kusuma gya mênthang jêmparing | dadya Sang Parta têbih kewala | ngêtutakên saparane | cinêndhak lampahipun | sang kusuma pan sampun prapti | nêgari ing Cêmpala | Dananjaya wangsul | anèng sajawining kitha | de sang rêtna wus manjing jroning nêgari | ilang kuwatirira ||

3. tan winarna solahirèng margi | Dananjaya cinatur wus prapta | ing Madukara lampahe [lampah...]

--- [146v] ---

[...e] | ningali garwanipun | mêksih sangêt rênguning galih | tan kêna pinarpêkan | dadya siyang dalu | anèng pêndhapa kewala | pan anganti lilihe garwanirèki | kunêng gênti winarna ||

4. sakundure kusuma Durpadi | sangking Madukara sru sungkawa | anggung ginagas galihe | kang rayi solahipun | dahat merangira ing galih | datan arsa matura | mring raka sang prabu | antara ing catur dina | Prabu Yudhisthira anggarjitèng galih | ingkang garwa sungkawa ||

5. dadya nikèn ban dipun timbali | pan dinangu kang dadya purwanya | ingkang garwa sungkawane | nikèn ban aturipun | amiwiti malah mêkasi | rayi dalêm sang rêtna | kala nilip laku | mring Madukara dêduka | mring kang rayi kusuma Wara Srikandhi | anèng taman pinala ||

6. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | turing êmban langkung dukanira | sang prabu nimbali age | Radyan Nangkula sampun | praptèng ngabyantara nrêpati | asru dènnya ngandika | Nangkula dèn gupuh | timbalana kakangira | Madukara sabojone aja kari | lan sabocahe pisan ||

7. wangkit lurah sapandhuwur yayi | aja kari kabèh timbalana | Nangkula sandika ture | mijil sangking kêdhatun | radyan laju lampahirèki | lêlancaran kewala | kang umiring namung | kêkapalan kalih wêlas | tan winarna ing marga lampahirèki | wus prapta Madukara ||

8. manjing regol Nangkula ningali | mring kang raka lênggah nèng pandhapa | sarwi angrangkul jêngkune | Sêmar

--- 147 ---

Bagong nèng ngayun | lan Sucitra kang datan têbih | sigra Radyan Nangkula | mring raka tumundhuk | Sang Parta kagyat tumingal | mudhar asta kang rayi wus kinèn linggih | Nangkula matur nêmbah ||

9. dhuh kakang mas punapa prihatin | lênguk-lênguk lênggah ing pandhapa | sarwi angrangkul jêngkune | punapa grah pukulun | lir gagêtun tingalirèki | Dananjaya ngandika | yayi nora angluh | prihatin gêtun ya ora | namung rada kêrkês-kêrkês awak mami | mau bêngi kawitnya ||

10. Radyan Nangkula umatur aris | dhuh kakang mas kawula dinuta | paduka ngandikan age | ing raka sang aprabu | lan saputra garwa myang abdi | lurah mantri sêdaya | ayya na kang kantun | kang raka alon ngandika | ingsun tanya dene ge-age nimbali | sarta lan bakyunira ||

11. bocah tuwin lurah lawan mantri | iya yayi ingkang tinimbalan | apa kang dadi karsane | Radyan Nangkula matur | pan kawula botên andugi | kang dadya karsanira | rakanta sang prabu | nanging dènira dhêdhawah | mring kawula tingalnya langkung agati | Dananjaya ngandika ||

12. iya sandika bae wak mami | nanging bakyumu măngsa-bodhoa | sira têmonana dhewe | Radyan Nangkula matur | dene kangmas têka nyelaki | mring kangbok paran ingkang | dados wadosipun | kang raka mèsêm ngandika | satêmêne ingsun lagi padu yayi | iya lan bakyunira ||

13. pan samangke isih muring-muring | mulane sun wêdi pêpanggihan | Nangkula latah ature | wau kumbi kêlangkung [kêlang...]

--- [147v] ---

[...kung] | botên ngakên lamun prihatin | mangke têmah bêlaka | lamun lagya padu | inggih kawula piyambak | mring kakang bok ingkang dhawuh animbali | paduka siyagaa ||

14. iya yayi têmua dèn aglis | lan bakyumu kene sun sudhia | Nangkula tur sêmbah age | lumêbèng dalêm agung | panggih lawan sang rajaputri | wus samya tata lênggah | Nangkula umatur | kakang bok lampah kawula | pan dinuta ing rakanta sri bupati | paduka tinimbalan ||

15. kinèn sarêng lan salampah mami | sang kusuma alon angandika | yayi apa ingsun dhewe | tinimbalan sang prabu | Dyan Nangkula umatur aris | raka paduka kangmas | inggih botên kantun | saabdine tinimbalan | ingkang nama lurah miwah para mantri | dhuh kangbok ulun tanya ||

16. dene kangmas sangêt dènira jrih | andhawuhi dhumatêng paduka | kula kinèn panggih dhewe | punapa wadosipun | sang kusuma mèsêm nauri | kangmasmu lagi duka | marang raganingsun | buh kang dadi luput ingwang | wus sêpasar dènnya tan sudi pêpanggih | iya lan raganingwang ||

17. latah-latah Nangkula dènnyangling | padha bae jaba ya mangkana | kakang êmas pêngakune | lagi sinêrêng rêngu | mring kakang bok wêdine panggih | gumêr sagung pawongan | sang dyah ngandika rum | lah iya yayi sandika | ingsun dandan antènana jaba dhingin | Nangkula sigra mêdal ||

18. Dananjaya sampun marentahi | mring Sucitra saosa jêmpana [jêmpa...]

--- 148 ---

[...na] | sarta lawan jajarane | sêdaya samêkta wus | kawan dasa kang para mantri | sêlawe lurahira | andhèr ngarsanipun | kusuma Wara Sumbadra | nulya mijil ginarbêg parêkan cèthi | lajêng nitih jêmpana ||

19. Larasati kêlawan Sulastri | ingkang nunggil anèng jro jêmpana | radyan putra sêkawane | binudhalkên rumuhun | kawan dasa ingkang jajari | wong kaputrèn sêdaya | upacara ngayun | nunggil cèthi lan parêkan | Dananjaya dharat lumampah nèng wuri | tan arsa nitih kuda ||

20. kawan dasa ingkang para mantri | lurah sêlawe dharat sêdaya | amêmêlas ing lampahe | song-songnya mêksih mingkup | miwah upacara tan mawi | dadya Radyan Nangkula | lan sawadyanipun | belani dharat sêdaya | sampun prapta Ngamarta sang rajaputri | linajêngkên mring pura ||

21. Dananjaya kèndêl sripênganti | pan ingingêr lan sawadyanira | pinundhut kêrise kabèh | orêg sapraja ngrungu | ing dukane sri narapati | mring kang rayi tan ana | wruh ing wadènipun | Wêrkudara datan kêna | umatura miyat dukaning raka ji | dadya kèndêl kewala ||

22. Radyan Gathutkaca sampun prapti | ing Ngamarta lan sabalanira | langkung sami sungkawane | datan kenging pêpangguh | mring kang paman dipun awêri | sêntana para putra | sêdaya tan sinung | pêpanggih lawan Sang Parta | sanêgara dadya wuyungan ing batin | kunêng gênti winarna ||

23. Dwarawati Prabu Harimurti | dahat onêng mring ari Pandhawa | wus budhal sangking prajane | nitih

--- [148v] ---

rata sang prabu | Wresniwira ingkang umiring | Radyan Sămba pinatah | lan Udawa kantun | ing marga datan winarna | lampahira Sang Aprabu Harimurti | praptèng nagri Ngamarta ||

24. Prabu Darmaputra sigra mijil | sangking pura mêthuk ingkang raka | lan para ri sêdayane | garwa tanapi sunu | ingkang raka alon nauri | prasami rêrangkulan | sawusira laju | prasamya kêkanthèn asta | Prabu Padmanaba mèsêm aningali | marang Sang Dananjaya ||

25. sawadyane anèng sripênganti | kinênthêngan tan ana dhuwungan | sampun kaduga galihe | sapraptaning kêdhatun | tata lênggah sang prabu kalih | Wêrkudara tan têbah | nèng kering alungguh | Nangkula Sadewa ngarsa | Wrêsniwira ajajar lan Bimasiwi | Sang Prabu Darmaputra ||

26. langkung saking mangrêpa turnèki | dhuh pukulun punapa raharja | ingkang tinilar sêdene | garwa tanapi sunu | ingkang raka alon nauri | yayi sapêngkêr kawula |[2] raharja sêdarum | ingkang wontên ing Ngamarta | kadang kula punapa sami basuki | tan wontên manggih brăngta ||

61. Asmaradana

1. Sri Yudhisthira turnya ris | pan inggih sami raharja | rayi tuwan sêdayane | Sang Aprabu Padmanaba | alon dènnya ngandika | tingal kula yayi prabu | puniki kirang satunggal ||

2. kaipe botên kaèksi | Sri Yudhisthira turira | pan sawêg kawula êrès | punika nèng sripêngantya | samantrine sêdaya | Narendra Krêsna gumuyu | lah punapa dosanira ||

--- 149 ---

3. dene ta ngantos amanggih | dêdukane yayi nata | Sri Yudhisthira lon ture | dosanipun katamuan | rayi tuwan Cêmpala | pun Srikandhi dhatêngipun | pan sampun samadya căndra ||

4. botên mawi tur udani | inggih dhumatêng kawula | pun Srikandhi ing praptane | rama prabu ing Cêmpala | sampun paring uninga | pun Srikandhi kesahipun | ing dalu nis sangking pura ||

5. kang dados purwanirèki | linamar ing ratu sabrang | pinêksa sangêt lumuhe | têmah kesah sangking pura | ing dalu tan wêwarta | ngantos samangke pukulun | narendra ing tanah sabrang ||

6. sawadyane tugur sami | mêsanggrahan Sawojajar | angantosi pinanggihe | balane samya sinêbar | miwah wadya Cêmpala | sêdaya samya angruruh | tan wruh anèng Madukara ||

7. ing warti guru jêmparing | mring arinta pun Janaka | ingkang ginumyahkên ngakèh | anglampahi tapa nendra | nèng taman Madugănda | mila kawula sru bêndu | sagêtipun kauningan ||

8. rayi tuwan pun Durpadi | anglampahakên panukma | wusnya ta tinêkan rèhe | marang taman Madugănda | pun Srikandhi pinala | mangke tanbuh purugipun | sangking taman sampun kesah ||

9. Sang Aprabu Harimurti | kapingungun jêntungira | sarwi sidhakêp astane | dangu-dangu angandika | inggih sêdhêng kewala | dêdukane yayi prabu | sêmantên ing lêpatira ||

10. karya susah karya sêdhih | mring rama ji

--- [149v] ---

ing Cêmpala | mring yayi prabu yêktine | akarya sakêthi tiwas | rama ji ing Cêmpala | ing batin panutuhipun | inggih dhatêng yayi nata ||

11. lah ing mangke kadospundi | lajêngipun ing rès-resan | yayi prabu patrapane | Wêrkudara nambung sabda | iku patrapan apa | yèn mungguhing pikir ingsun | tinêmokakên kewala ||

12. lanang wadone wis dadi | sênênge atine padha | pinikira tanpa gawe | dene lamun ana gugat | kudu nora tarima | aja na kang milu-milu | ingsun dhewe wis kaduga ||

13. mangsuli gugatirèki | lanangane nora ngundang | wadonane têka dhewe | lah ta patrapane apa | liyane tinêmokna | lamun kudu jaluk ukum | ya wadone dèn ukuma ||

14. gumujêng Sri Harimurti | bênêr lamun pikir jaba | kaya padunira kuwe | yèn yayi Prabu Ngamarta | lan rama Ji Cêmpala | sayêktine nora patut | padu amasang drigama ||

15. Sri Yudhisthira turnya ris | sumăngga karsa paduka | pun Janaka patrapane | ukum pêjah lawan gêsang | kawula nut ing karsa | Narendra Krêsna lingnya rum | yayi prabu yèn kawula ||

16. sae aturna tumuli | pun Janaka mring Cêmpala | sumanggakna ing karsane | pinêjahan inguripan | sumanggakna kewala | ing ramanta sang aprabu | katingal taklim paduka ||

17. mring wong tuwa tur samya ji | kawula purun dinuta |

--- 150 ---

mring Cêmpala ngaturake | Sang Aprabu Yudhisthira | andhêku lon turira | kawula manut ing tuduh | sih parimarma paduka ||

18. mring ari sèwu kapundhi | Narendra Krêsna ngandika | hèh ta Wêrkudara kowe | ingsun gawa mring Cêmpala | lawan Si Gathutkaca | rada dèn samêktèng laku | karana nagri Cêmpala ||

19. ana isine samangkin | ratu sêka tanah sabrang | aja gêmampang pênggawe | ewuh aya dudu băngsa | Wêrkudara saurnya | wus pêsthi yèn ingsun milu | iya lan Si Gathutkaca ||

20. kudu-kudu wruh pribadi | patrapane Si Janaka | Sri Krêsna ngandika alon | lah wis padha siyagaa | sun budhal binjang-injang | Wêrkudara mijil sampun | sangking salêbêting pura ||

21. lan kang putra Pringgadani | prasamya siyaga bala | nyèwu pêpilihan kabèh | Satriya Andananjaya | pan sampun dhinawuhan | ingaturkên badhenipun | marang nêgari Cêmpala ||

22. kalilan ambêkta dasih | sakapraboning ayuda | namung babêcike bae | gangsal atus kathahira | prajurit Madukara | kajawi pra mantrinipun | lawan para lurahira ||

23. kunêng ing jaba kang lagi | siyaga praboning aprang | warnanên jroning kêdhaton | sang aprabu kalihira | wus samya tata lênggah | samadyaning dalêm agung | narpadayita Ngamarta ||

24. kusuma Wara Durpadi | ngabêkti mring Nata Krêsna | Wara Sumbadra wus dene |

--- [150v] ---

ngaras padane kang raka | sarwi gumujêng lingnya | lah puniki yayi prabu | rabine wong adêdosan ||

25. punapa gawe mring ngriki | lakine kênèng patrapan | wajib lawan saanake | tumuta dados boyongan | mèsêm Sri Yudhisthira | pan kawula kaka prabu | ingkang nyuwun pangaksama ||

26. sawêg rencang lare alit | kathah susahnya nèng marga | sayêkti repot lampahe | gumujêng Narendra Krêsna | panujune Sumbadra | dèn maklumi yayi prabu | yèn kongsia milu sira ||

27. boyongan wajib kinardi | padang nutu sabên dina | sayêkti pêdhot broyonge | gumêr kang samya miyarsa | angling Narendra Krêsna | Wara Sumbadra tumungkul | ngling malih Sri Padmanaba ||

28. puniku pun Larasati | pênêt-pênête tumuta | inggih dhatêng bêndarane | angladosi wontên paran | kaping kalih kinarya | acungan boyongan patut | ingkang rayi tur sumăngga ||

29. kunêng salêbêting puri | ingkang samya pagujêngan | sêdalu tan wontên sare | ing jawi sampun samêkta | ingkang siyaga bala | sakapraboning prang pupuh | tan pisah golonganira ||

62. Kinanthi

1. budhal kang dadya pênganjur | satriya ing Pringgadani | lan sawadyabalanira | sangkêp sakaprabon jurit | sèwu ditya pêpilihan | gumuruh lampahing margi ||

2. ing wuri ingkang sumambung | wadyabala Jodhipati | sèwu pamuking ayuda | dharat samya mandhi bindi | siji datanpa wahana | gustine

--- 151 ---

munggèng ing wuri ||

3. dharat amandhi gada gung | singga parbata lumaris | lumaku sajroning jurang | pèrèng gunung myang wanadri | sukanya dharat kewala | wong agung ing Jodhipati ||

4. lampahing bala agêrgut | ingkang sumambung ing wuri | wadyabala Madukara | gangsal atus busana sri | sakapraboning ayuda | kawan dasa para mantri ||

5. anom-anom bagus-bagus | sêdaya trahing winani | prasamya wahana kuda | ngiwa gandhewane sami | gadhing endhonge sinandhang | Arya Sucitra nindhihi ||

6. adhangah sarwi pêpayung | nitih kuda busana sri | ingkang sumambung ing wuntat | wadyabala Dwarawati | sèwu sakapraboning prang | têtindhih Arya Sêtyaki ||

7. Prabu Padmanaba pungkur | nitih rata manik putih | gumilap maniking toya | Prabu Yudhisthira nunggil | lan satriya Dananjaya | kapat Nikèn Larasati ||

8. ngampil pakêcoanipun | sumrêg lampahe kang baris | prapta sajawining kitha | wangsul Sang Yudhisthira Ji | pangatêrira mring raka | wus ungkur-ungkuran sami ||

9. kunêng marga lampahipun | cinêndhak pan sampun prapti | nênggih nêgari Cêmpala | orêg sapraja miyarsi | Rahadyan Dhêsthajumêna | kang tinuduh ing rama ji ||

10. mêthuk marang rawuhipun | Sang Aprabu Harimurti | tundhuk sajawining kitha | ingaturan lajêng aglis | manjing salêbêting kitha | lumiring sagunging baris ||

11. Sang Prabu Durpada sampun | mijil marang păncaniti | Sang Aprabu Patmanaba | sawadyabalanirèki |

--- [151v] ---

ing alun-alun wus prapta | têdhak sangking rata manik ||

12. lan ingkang paman wus tundhuk | cinandhak astanirèki | binêkta lênggah satata | munggèng ing dhêdhampar rugmi | putra sêntana glar ngarsa | Wêrkudara munggèng kering ||

13. Sri Durpada ngandika rum | kawula botên angimpi | inggih lamun katêdhakan | anak Prabu Dwarawati | gugupe manah kawula | marwata suta tan sipi ||

14. cipta kawula satuhu | sasat Sang Yyang Utipati | kang tumêdhak mring Cêmpala | mring pun bapa nugrahani | punapa sami raharja | ingkang tinilar ing wuri ||

15. Narendra Krêsna andhêku | pan inggih sami basuki | paman aji prapta kula | saèstu lamun tinuding | mring putranta ing Ngamarta | ngaturkên lêpatirèki ||

16. miwah pêjah gêsangipun | putra tuwan pun Prêmadi | kurêbêna ing abahan | dadya tontoning nagri |[3] putra tuwan ing Ngamarta | sumăngga ing asta kalih ||

17. botên gêrantês sarambut | suka-lila lair batin | sangking sangêt merangira | putra tuwan yayi aji | Ngamarta dhatêng paduka | mèh sakêdhik ingkang rayi ||

18. pun Dananjaya pukulun | inguntapakên kang pati | dene sangêt dènnya karya | saru-saruning nêgari | pocapan kang tan sayogya | kapyarsa liyaning nagri ||

19. mèh langkung samadya tèngsu | kadhatêngan pun Srikandhi | tan măntra duwe pangrasa | sênadyan kadang jêr èstri | sêmbadane mêksih kênya | tunggil lan samadya sasi ||

20. ngeca-eca manahipun | tan mawi

--- 152 ---

atur udani | sênadyan silih wontêna | karyane guru jêmparing | bok inggih darbe pangrasa | yèn saru tinon ing nagri ||

21. mila sangêt dukanipun | wus supe kadang sayêkti | kawula kang sangêt ngampah | sênadyan prapta ing pati | wajibnya sangking jêng paman | inggih ingkang amatrapi ||

22. yèn wontên karsanta nglampus | sampun sumêlang ing galih | putranta pun Wêrkudara | ingkang nguntapna ing pati | mring arine pun Janaka | nèng ngarsanya paman aji ||

23. Sang Prabu Durpada jêntung | miyarsa aturirèki | Sang Aprabu Padmanaba | tyasira kadya jinait | ngrarêpa dènnya ngandika | dhuh sutèngong Dwarawati ||

24. sakêthi panuwun ingsun | ing sêtyane putra mami | Ngamarta Sri Yudhisthira | yèn pangraos kula ngriki | apan dede pun Janaka | awit sangking pun Srikandhi ||

25. ingkang lêpat solahipun | ananging ta kadospundi | lamun botên pinupusa | sayêktosipun sêmangkin | sampun wontên ing Cêmpala | rayi tuwan pun Srikandhi ||

26. anèng taman siyang dalu | dènira lesan jêmparing | kawula dèrèng kêpanggya | mung ibune kang wus panggih | ing mangke karsa kawula | yèn anak prabu jurungi ||

27. pun Dananjaya puniku | lan arine pun Srikandhi | lajênga ing dhaupira | Sang Aprabu Harimurti | miyarsa lingnya kang paman | langkung cumêplonging galih ||

28. kawula sèwu jumurung | ing karsanya paman aji | lajênge ing panggihira | aran ta jalu lan [la...]

--- [152v] ---

[...n] èstri | wus dadya sênênge samya | Sri Durpada ngandika ris ||

29. yèn paduka wus jumurung | balik ta sri narapati | ing sabrang Jungkungmardeya | paran karsanta sêmangkin | punika măngsa wandea | gitik ing prang sangking wuri ||

63. Pangkur

1. Wêrkudara duk miyarsa | langkung suka asru dènira angling | yèn iku bubuhan ingsun | dadine ing ayuda | lan wong sabrang aja na kang milu-milu | bakal pêngantèn lan sira | Krêsna aja milu jurit ||

2. karia sabalanira | nèng jro kitha sun dhewe kang nandangi | mungsuh sabrang krodhanipun | namung Si Wrêsniwira | lan Si Gathutkaca iku ingsun jaluk | wis kabèh padha karia | sun mêtu sadina iki ||

3. Sri Narapati Cêmpala | lon ngandika kulup asoa dhingin | isih sayah sabalamu | besuk-esuk kewala | Arya Wêrkudara alon dènnya muwus | ing tyas ingsun nora kêna | kudu ing sadina iki ||

4. Narendra Krêsna ngandika | lah ta iya dèn padha ngati-ati | luwih abot mungsuh iku | Wêrkudara lingira | iya amung pangèstunira sun jaluk | wis kabèh padha karia | Wêrkudara mundur aglis ||

5. miwah Arya Wrêsniwira | Gathutkaca sawadyanira sami | têngara budhal gumuruh | kundur natèng Cêmpala | manjing pura Prabu Padmanaba sampun | ingaturan mêsanggrahan | lan sawadyanira sami ||

6. myang satriya Madukara | sabalanya sampun [sampu...]

--- 153 ---

[...n] makuwon sami | kunêng gênti kang winuwus | Prabu Jungkungmardeya | kang kêkuwu lan sawadyabalanipun | sampun amiyarsa warta | kusuma Wara Srikandhi ||

7. sangking ki patih turira | lamun putri Cêmpala sampun prapti | Wara Srikandhi pukulun | inguni kesahira | dhatêng Madukara sang dyah anggêguru | mring satriya Dananjaya | pêngawasaning jêmparing ||

8. ing mangke rama paduka | katamuan Sang Prabu Dwarawati | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Dananjaya | Rêtna Wara Srikandhi ingkang dèn suwun | sagah mêngsah ing samăngsa | ing prang lawan paduka ji ||

9. Sang Prabu Jungkungmardeya | sru gumujêng bapa ayya kuwatir | dhêdhasare niyat ingsun | nglamar putri Cêmpala | maro gawe lêlana andon prang pupuh | ingkang aran Si Janaka | miwah Ratu Dwarawati ||

10. apa baya gunaning prang | dene saguh ngayoni marang mami | lagya ngandika sang prabu | kagyat ing praptanira | bala ditya ing nguni ingkang dèn utus | angupaya mring sang rêtna | prapta mung patang bupati ||

11. ingkang sapunggawa pêjah | sabalane tumpês tan ana kari | aprang madyaning wana gung | lawan Radyan Janaka | Rajaputri Cêmpala ingkang rinêbut | wontên malih tur uninga | wadya kang pacalang baris ||

12. yèn wontên dêdamêl prapta | arsa gitik ing prang paduka gusti | apan ta sarayanipun | sang prabu ing Cêmpala | sangking nagri Ngamarta pinangkanipun | nama Arya Wêrkudara | satriya [sa...]

--- [153v] ---

[...triya] ing Jodhipati ||

13. lawan Radyan Gathutkaca | mawi bala ditya lir paduka ji | sang prabu ngandika asru | payo bala papagna | ing ayuda sun tontone sangking pungkur | prajurit ing tanah Jawa | apa gunane ing jurit ||

14. ki patih matur sandika | nêmbah mundur sapraptanirè[4] jawi | nêmbang têngara gumuruh | sagung ing pra dipatya | gad-gadèng prang sawadyanira anggêrgut | bala ditya kang kinarya | manggala panganjur jurit ||

15. budhal wil catur manggala | saha bala gumuruh gêgirisi | ing wuri budhal sumusul | sagung bala manungsa | pra dipati sagolong-golonganipun | tumundhung tumundha-tundha | asrining kaprabon jurit ||

16. nawung sunaring baskara | sênggani lan kèhing busana rugmi | yèn dinulu abra murub | Prabu Jungkungmardeya | nitih rata nawa rêtna munggèng pungkur | ginarbêg prajuritira | ya ta wau kang winarni ||

17. pangarsa bala rasêksa | kèndêl dening mêngsah sampun kaèksi | sangking jroning kitha bubul | dadya atur uninga | mring ki patih yèn mêngsah sampun kadulu | datan pae lawan rowang | ditya pênganjuring jurit ||

18. ki patih sigra parintah | marang byuha sagung para rasêksi | tinêtêpakên nèng patuk | ditya patang punggawa | pra dipati manungsa pinatah sampun | nèng tênggak patang punggawa | pangawak kanan myang kering ||

19. bupati catur kinarya | ingkang munggèng dhadha rêkyana patih | lan sawadyabalanipun | nganthi

--- 154 ---

tigang punggawa | Prabu Jungkungmardeya munggèng bêbuntut | kinubêng prajuritira | miwah sagung para ari ||

20. ngapit kanan kering rata | kèndêl tata wil bala Pringgadani | dene mêngsahira sampun | pasang gêlaring aprang | Radyan Gathutkaca krodha dènnya dulu | asru ngandika mring bala | hèh apa sira andhêgi ||

21. dumèh mungsuh lir samudra | ing prang lamun tan nêdya derah pati | yêkti tan tumamèng mungsuh | têmbe kuwayon padha | gêlaring prang payo padha soroh amuk | aja ngetung kèhing mêngsah | ing aprang tunjangên wani ||

22. hèh Paman Brajawikalpa | jêjêgana wadyanira ing jurit | ingsun jangkung sangking luhur | Gathutkaca gya mêsat | mring gêgana Arya Brajawikalpa wus | nglancangi sagunging bala | wil sèwu parêng dènnya ngrik ||

23. anut ing Brajawikalpa | ditya sèwu kumrutug rêbut dhingin | jujur banjur ing prang numbuk | ditya Paranggubarja | angêrobi ing ayuda pêngkuh bakuh | tinunjang gagah apanggah | parêng têmpuh gada bindi ||

24. caruk rok cakra căndrasa | tundhung dhêndha tandhing bêdhama gandhi | silih piling palu-palu | nênggala alugora | ulêng latri musala lori myang limpung | mangkana praptaning wuntat | Wêrkudara lan Sêtyaki ||

25. sawadyabalanya mulat | kang pangarsa wil bala Pringgadani | wus campuh ing aprang pupuh | kuwêl samya rasêksa | Wêrkudara suka dènira sru muwus | hèh Sêtyaki sutanira | ika [i...]

--- [154v] ---

[...ka] wus campuh ing jurit ||

26. olèh tandhing padha ditya | lah ta payo sira ingsun bubuhi | sawadyabalanirèku | nêmpuh pêngawak kanan | kang pêngarak kering bubuhêna ingsun | Sêtyaki matur sandika | mangsah sawadyanirèki ||

27. nêmpuh kang pêngawak kanan | Wêrkudara nêmpuh pêngawak kering | lan sawadyabalanipun | wadya Paranggubarja | angêrobi ing aprang angrok anggêrgut | kanan kering wuri ngarsa | ambyuk parêng angêbyuki ||

28. wadyabala ing Pamênang | ing prang kadya andaka nandhang kanin | sakêthi parêng angamuk | tan kêna tinanggulang | wadyabala Dwarawati pamukipun | kadya sardula mêmăngsa | sayuta tan angunduri ||

64. Durma

1. Gathutkaca mulat lamun ingkang rama | sampun ngawaki jurit | ngamuk sawadyanya | mêngsah kèh kasulayah | kambah kababad ing bindi | kabrubuh rêbah | bêlasah bosah-basih ||

2. myang kang paman Lesanpura pamukira | sawadya ambêg pati | kadya mong sayuta | krura amrih mêmăngsa | kang kaarsa tumpês tapis | rampas kaparas | dening Arya Sêtyaki ||

3. Gathutkaca sigra anjlog udhunira | praptèng dharat ngêmori | pamuking balanya | mulat yèn gustinira | wus mudhun ngawaki jurit | ngantêp pamuknya | gustine angawaki ||

4. anut Arya Brajawikalpa nèng ngarsa | kadya

--- 155 ---

lun anggulungi | golong pamukira | tan kêna tinanggulang | gumulung anggêgilani | gêgalanira | wil bala Pringgadani ||

5. saparane pan kadya kinarerêngga | rinêbut kanan kering | ing wuri myang ngarsa | tan kewran pamukira | kang kaparag sirna gusis | rêbah bêlasah | atusan kang ngêmasi ||

6. dening pamuking Arya Brajawikalpa | kang munggèng turănggèsthi | binabad ing gada | luluh lawan kang nunggang | saparane mobat-mabit | tinut ing bala | miwah pamukirèki ||

7. Radyan Gathutkaca mung kalawan asta | dêkung-dinêkung banting | nyandhak ngadu kumba | nyêndhal dhadhal anyêmpal | andêdêl cêngêl pinuntir | sirah kèh parah | dening Sang Bimasiwi ||

8. bubrah gêlaring prang wus wor suh liwêran | wil bala Pringgadani | sangsaya manêngah | bala Pamênang nunjang | tuwin wadya Dwarawati | wus samya nêngah | pamuknya ngobrak-abrik ||

9. pan sêdaya wus samya nilar wahana | anut wong Judhipati | samya ngamuk dharat | mangkana kawistara | dening risang raja patih | Jayasundarga | eram dènnya ningali ||

10. dene mungsuh mung sakêdhik balanira | kadya tan kênèng pati | wutuh saparannya | wadya Paranggubarja | kang kaparag tumpês tapis | ewon kang pêjah | tanpa kiwul ing jurit ||

11. krodha Patih Jayasundarga mangatag | mring sagung pra dipati | têtulung mring bala | pêpulih mamrih pêjah | tandang sagung pra dipati | ngawaki ing prang | miwah radèn apatih [apa...]

--- [155v] ---

[...tih] ||

12. wus tan ketung sênjata guna prabawa | sangking ramening jurit | sanggèn-gèn ubêkan | kuwêl aliru papan | sêdaya wus wuru gêtih | mungsuh lan rowang | wus samya ambêg pati ||

13. wadya sabrang kaduk sura ing ayuda | dhasare angêrobi | tan etung kang pêjah | pan dèn idak kewala | tumpês ngarsa tangkêp wuri | kering myang kanan | ambyuk parêng ngêbyuki ||

14. tanpa rungyan swaraning bala kabranan | panggroning ditya kanin | brug tibaning gada | kêpruking alugora | myang panjriting turănggèsthi | rêkatak ingkang | ditya lêlayu sêbit ||

15. pra dipati Paranggubarja kèh samya | dharat ngawaki jurit | samya ngundha gada | ana ngikal bêdhama | têtulung marang bala mrih | marwasèng mêngsah | mêmalu milih tandhing ||

16. Arya Brajawikalpa lan wil Pradêgsa | pagut ing aprang kalih | sami prakosanya | dangu ujungan dhêndha | ditya Pradêgsa wor titih | tiniban dhêndha | luluh ajur wor siti ||

17. duk tumingal krodha wil Kalaprakêmpa | nêlambung sangking kering | nrêgakên dipăngga | Arya Brajawikalpa | tinunjangakên ing èsthi | binarêng dènnya | muwung nibani bindi ||

18. pan kalênggak pinagut bindi mukanya | rêbah tinumbuk ngèsthi | mèh linut ing gada | krodharya Gathutkaca | lumumpat cinandhak aglis | ditya Prakêmpa | sinêndhal sangking èsthi ||

19. gya dinêdêl kèngêr cêngêlira kêna | pêdhot gulu [gu...]

--- 156 ---

[...lu] pinuntir | dipăngga cinandhak | marang Brajawikalpa | rinangkul sukune kalih | gumêbrug rêbah | ajur linud ing bindi ||

20. ditya Kalapragăngsa langkung krodhanya | mangsah angundha bindi | pinapag ing Sena- | putra wus katandangan | Ditya Pragăngsa ngêmasi | rêmuk mukanya | tinêpak Bimasiwi ||

21. sapêjahe punggawa tri balanira | giris lumayu ngisis | ngungsi wurinira | ditya Kalapramuka | tilas ratunya ing nguni | dadya pangarsa | ing prang kang nglêlajêri ||

22. krodha mangsah sarwi angundha bêdhama | sêsumbar nguwuh tandhing | hèh sapa ranira | sêrayaning Cêmpala | ambêgmu ing prang ngluwihi | matèni ditya | kaya ngrêmêt cêmindhil ||

23. lah ta iki bongkotane patènana | hèh mêngko sira mati | dening tangan ingwang | lah iki tadhahana | tibane bêdhama mami | sumêbut mêsat | Gathutkaca nadhahi ||

24. pan gumadhug bêdhama suh tibèng jaja | murub tan anêdhasi | Radyan Gathutkaca | asru ing wuwusira | buta sapa ranirèki | rupamu beda | lan kabèh kang wus mati ||

25. anauri ran ingsun Kalapramuka | ditya raja ing nguni | soring Prangkabala | ing Sri Paranggubarja | misih kinèn masesani | mring balaningwang | kinaryandêling jurit ||

26. hèh prajurit ngakua sapa ranira | dene kêlar nadhahi | ing bêdhamaningwang | apan ing saban-saban | ya bêdhamaningsun iki | liwat bêbaya | Gathutkaca nauri ||

27. kalingane sira tilas ratu buta | pantês [pantê...]

--- [156v] ---

[...s] dhapurirèki | lan kang akèh beda | aja tambuh ya ingwang | satriya ing Pringgadani | ingran Sang Arya | Gathutkaca ran mami ||

28. Senaputra măndra prakosèng ayuda | dèn padha ngungsi pati | wil Kalapramuka | krodha angundha dhêndha | mangsah galak sigra gitik | Sang Senaputra | panggah datan gumingsir ||

29. binarêngan tibaning dhêndha sinăngga | rinêbut sampun kêni | dhêndhanya binuwang | sigra candhak-cinandhak | rukêt rok tarik-tinarik | Sang Senaputra | panyêndhalnya nguwati ||

30. karungkêb ing siti wil Kalapramuka | kèdêg ing Bimasiwi | mukanya dhinupak | rêmuk sirah kaparah | wadyanya giris ningali | mawur sar-saran | sakarine kang mati ||

31. ngungsi tênggak sapunggawa sampun dhadhal | ngêlun marang ing wuri | ngungsi dhadhaning prang | Patih Jayasundarga | myang pêngawak kanan kering | wus samya sêmpal | kamuk Arya Sêtyaki ||

32. miwah kamuk marang Arya Wêrkudara | catur punggawa mati | Jayapramana lan | Jayapralaya pêjah | dening Rahadyan Sêtyaki | Jayasudarma | Jayakantaka mati ||

33. tiniban ing gada dening Wrêkudara | mawur wadyane ngungsi | marang gustinira | Prabu Jungkungmardeya | krodha ratanira gumrit | ngêmbat gandhewa | majêng tan tolih wuri ||

65. Pangkur

1. kyana patih duk tumingal | yèn gustine ngawaki ing ajurit | samantri sêliranipun | gumêrdêg rêbut ngarsa | kyana

--- 157 ---

patih gugup sigra unduripun | nilar mungsuh sawadyanya | ngungsi mring gustinirèki ||

2. tata malih rakiting prang | kyana patih munggèng ngarsa tan têbih | wadya gung pinêrnah pungkur | mung mantri sasêliran | sèwu ingkang munggèng kananira prabu | prajurit jro sasêliran | ingkang ngapit munggèng kering ||

3. bupati sêkawan ingkang | amêngawat nèng kanan kering têbih | Sri Jungkungmardeya sampun | nglêpasakên sênjata | narawantah sangking gandhewa kumrusuk | mawa prahara ruhara | ngiring cule kang jêmparing ||

4. Ki Patih Jayasundarga | anusuli sênjatanira mijil | sangking gandhewa gumludhug | mawa bajra ruhara | gumalêdhêg nênggala parasu limpung | kunta cakra myang candrasa | bêdhama dhêndha myang bindi ||

5. wêtunya sangking gandhewa | gada gandhi lir ladhu-ladhu mili | mawa lesus lir pinusus | myang mantri sasêliran | sèwu sarêng nglêpaskên sênjatanipun | myang prajurit sasêliran | parêng dènira nglêpasi ||

6. kumrusuk ngayuh gêgana | myang punggawa sêkawan sarêng sami | sênjatanira sumusul | mêtu matumpa-tumpa | samya mawa prahara sênjatanipun | Wêrkudara Gathutkaca | miwah Rahadyan Sêtyaki ||

7. kanggêg kadung pamukira | katampêk ing sênjata kang mawangin | gêgrêg lan sawadyanipun | dhasar wus sangêt sayah | dhêdhêg kandhêg samya têkên kadanipun[5] | katêmpuh gunging sênjata | katampêg drêsing kang angin ||

8. tan ana bisa majua | sênjata gung tan kêna dèn susupi | prajurit kang

--- [157v] ---

tigang èwu | samya têguh wêntala | datan pasah katiban sênjata timbul | nanging kathah galundhungan | myang kuntal tiba kabanting ||

9. amung kantun Wêrkudara | Gathutkaca lawan Radyan Sêtyaki | adêging kang mêksih kukuh | gêgêr madyaning rana | pirang-pirang hru prabawa tibanipun | ngurugi sariranira | katri datan măntra busik ||

10. balêdug sumyur nèng angga | nanging maju-maju mêksa kabalik | dening lisus lir pinusus | kontal katampêg kunta | kandhih dening nênggala parasu limpung | trisula dhêndha bêdhama | kras tibanira mawangin ||

11. Radyan Arya Wrêkudara | kapitêmên krodhanirèng ajurit | dènnya mrih parêk lan mungsuh | bayuning kang sarira | mêtu kabèh têmpuh lan angining mungsuh | mulêg madyaning ranangga | lêbu malêtuk nglimputi ||

12. marma bayune Sang Sena | datan bisa nulaki kang jêmparing | têmpuh lan angining mungsuh | wor suh bajra putêran | mulêg mêlêg muwêr lèsus lir pinusus | Sang Prabu Jungkungmardeya | mulat sukanya tan sipi ||

13. mungsuhe kèh galundhungan | tibèng têbih kontal tiba kabanting | mungsuh tiba mêksih kukuh | gêgêr madyaning rana | katêmpuh ing sênjata kèh mêksih kukuh | mêksa maju nora bisa | sinurakan sangking têbih ||

14. Radyan Arya Wêrkudara | pratignyèng tyas nêmah matiyèng jurit | merang yèn kongsia mundur | myang Radyan Gathutkaca | Wrêsniwira samya pratignya [pra...]

--- 158 ---

[...tignya] ing kalbu | kasaput surya diwasa | esthane kadya anapih ||

15. Sang Prabu Jungkungmardeya | saha bala kundurira dhingini | tata makuwon gumuruh | dalu samya bujana | suka-suka tan lyan kang ginunêm namung | prakosane mungsuhira | dene sawadyanirèki ||

16. tan ana braja tumama | rewang ewon ingkang mati ing jurit | mungsuh sabalane wutuh | tatu bae pan ora | yèn ojoa bapa mungsuh lawan ingsun | prajurit ing tanah Jawa | pilih ingkang anadhahi ||

17. lah bapa sakancanira | pra dipati ingkang mati ing jurit | kyana patih nêmbah matur | gusti punggawa ditya | pan sêkawan pisan pêjah ing prang pupuh | mêngsahipun samya ditya | wadyane kantun sêpalih ||

18. dene punggawa manungsa | ingkang munggèng pêngawat kanan kering | sêkawan pisan pukulun | pêjah kasambut ing prang | têtumpêsan wadyane kêdhik kang kantun | mêngsah mêksih wêtah ayam | eram kawula ningali ||

19. gumujêng nêrpati sabrang | iya apa ngeramakên ing jurit | yèn aja mungsuh lan ingsun | sapa lawaning aprang | ngêndi bae ratu kang kuwawa mungsuh | besuk-esuk aja owah | rakitira ing ajurit ||

20. kang prawira munggèng ngarsa | pra dipati padha mêtokna sêkti | kang luwih kaya duk mau | guna santikaning prang | besuk-esuk sun panahe gunung watu | mungsuh kang têguh wêntala | yèn mêksih kêlar nadhahi ||

21. besuk [be...]

--- [158v] ---

[...suk] manèh têmpuh ing prang | ingsun tibanane sênjata gêni | ingkang luwih panasipun | yèn tan gêsêng pinangan | dening gêni têmpuh manèh ing prang pupuh | panah ingsun kang pamungkas | ingsun tibanane jurit ||

22. kunêng ingkang lagya suka | natèng sabrang sawadyanira sami | gunêm tingkahing prang pupuh | gênti ingkang winarna | Arya Wrêkudara ing saunduripun | Gathutkaca Wrêsniwira | sawadyanya samya sêdhih ||

23. Radyan Arya Wrêkudara | jêjêr jêntung dhêlêg-dhêlêg tan angling | sarwi têkên gadanipun | myang Arya Gathutkaca | sungkawèng tyas dhêdhêp lan sawadyanipun | Radyan Arya Wrêsniwira | marêg ngarsa matur aris ||

24. pukulun paraning karsa | lamun têmpuh prang malih binjing-injing | lamun mêksih kadya wau | tan wande karisakan | paduka mung aprang wantah botên baut | pupuh rosa ngadu gada | botên kundhang guna sêkti ||

25. Narpati Paranggubarja | lamun mêdal prang malih binjing-injing | yêkti luwih sangking wau | dènnya mêtokkên guna | hru prabawa ing prang kasantikanipun | tan wande lamun kinarya | dolanan kadya duk wingi ||

26. prayogi atur uninga | mring rakanta Sinuwun Dwarawati | rayi paduka pukulun | kakang mas Madukara | tuwan suwun têtulunga ing prang pupuh | nadhahi sêktining mêngsah | paduka ingkang nadhahi ||

27. prangipun agal kewala | sagêndhinge botên kuciwa tandhing | Radyan Wêrkudara bêkuh | apa

--- 159 ---

kang sira ucap | ingsun wirang yèn kongsia jaluk tulung | sênadyan silih bisaa | mungsuh angrubuhkên langit ||

28. măngsa ta ingsun mirisa | lamun sira padha wêdia mati | lah wis minggata dèn gupuh | pan wis wiyahing aprang | rêbut bêja kalah sirna mênang ngukup | nyênyambat asile apa | aku dhewe isih wani ||

29. Radyan Arya Wrêsniwira | dhêku ajrih miyat kang raka runtik | kunêng gênti kang winuwus | nênggih nagri Cêmpala | Prabu Padmanaba sumêlang ing kalbu | ingkang samya magut yuda | bokmênawa karya kingkin ||

66. Asmaradana

1. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | Dhêsthajumêna sarênge | dalu manjing jroning pura | panggih natèng Cêmpala | wus tata ing lênggahipun | lingnya lon Prabu Durpada ||

2. anak Prabu Dwarawati | dalu-dalu manjing pura | wontên karsanya kang gatos | matur Prabu Padmanaba | paman kawula arsa | têtinjo ing aprang pupuh | mangkat ing dalu punika ||

3. sangêt sumêlanging galih | mring putra tuwan pun Bima | pun Wrêsniwira sêdene | tuwin ta pun Gathutkaca | katri mung aprang wantah | pupuh rosa mara bau | Nrêpati Paranggubarja ||

4. măndraguna sura sêkti | nèng sabrang datanpa lawan | prakosa sapunggawane | ing tandhing yêgti kuciwa | suka natèng Cêmpala | kawula sèwu jumurung | anak prabu darbe karsa ||

5. têtulung ingkang ajurit [a...]

--- [159v] ---

[...jurit] | arinta Dhêsthajumêna | sampun kantun salampahe | tumuta umagut yuda | kulup Dhêsthajumêna | prajurit Cêmpala sèwu | gawanên bêbantu ing prang ||

6. poma sajroning ajurit | manuta ing kakangira | Dwarawati barang rèhe | kang putra matur sandika | têtiga sarêng mêdal | sangking sajroning kadhatun | prapta ing jawi sanega ||

7. sakapraboning ajurit | sèwu wadya ing Cêmpala | prajurit pêpilihane | sêdaya sampun samêkta | myang wadya Madukara | gangsal atus samêkta wus | para mantri kawan dasa ||

8. wadyabala Dwarawati | mung kantun kang upacara | ingkang sèwu prajurite | sêdaya sampun sumêkta | kang tumut Wrêsniwira | prajurit budhalnya dalu | sangking nêgari Cêmpala ||

9. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | kalih dhingini lampahe | samya mahawan gêgana | mung kantun ratanira | kang ginarbêg ing wadya gung | lan Radyan Dhêsthajumêna ||

10. ingkang nindhihi ing wuri | ngarsa Rahadyan Sucitra | namung matah mantri bae | kang rumêksèng pasanggrahan | mangkana kang gêgana | Prabu Padmanaba sampun | lan satri Dananjaya |[6]|

11. rawuh pakuwonirèki | Radyan Arya Wêrkudara | tan ana wruh ing lêbête | Radyan Arya Wêrkudara | mêksih jêjêr kewala | sarwi têkên gadanipun | gêrêng-gêrêng tan ngandika ||

12. Gathutkaca munggèng ngarsi |

--- 160 ---

miwah Arya Wrêsniwira | dhêdhêg sawadyabalane | siji tan ana sêbawa | mèsêm Sri Padmanaba | winêdalan sangking pungkur | kagyat Radyan Wêrkudara ||

13. mulat ingkang raka prapti | lan kang rayi Madukara | sigra nyèlèhkên gadane | wus samya atata lênggah | Sêtyaki Senaputra | samya asrêp manahipun | Wêrkudara lon lingira ||

14. dene prapta bêngi-bêngi | apa na karyane padha | liwat sangking karya kagèt | gumujêng Narendra Krêsna | yayi tinjo kewala | paran wartane prang pupuh | Wêrkudara saurira ||

15. dene têmpuhing ajurit | ya sangking pangèstunira | mungsuh tumpês sêkabèhe | rewang siji datan ana | ingkang mati ing aprang | nanging sun lawan sutamu | myang Si Arya Wrêsniwira ||

16. tan ana bisa mêrpêki | marang gone ratunira | kadhangan dening panahe | mawa prahara ruhara | kèbêkan ing paprangan | gumlêdhêg dhêdhêg tumêmpuh | bature kèh galundhungan ||

17. katut ing panah mawangin | kaya gunturing prabata | lah iya ing sesuk bae | sun susupane kewala | panahe lamun kêna | bisa cêdhak ratunipun | age kêmbulana gada ||

18. singa tiwasa ngêmasi | sang prabu alon ngandika | iya yayi sun tontone | sesuk tingkahira ing prang | Wrêkudara lingira | iya sakarsanirèku | yèn nêdya nonton kewala ||

19. yèn nedya tulung ing jurit | sayêkti ingsun tan arsa | pan isih wani

--- [160v] ---

wak ingong | lan Ratu Paranggubarja | yèn sira nêdya aprang | iya pranga dhewe sesuk | arane kèh musuh sabrang ||

20. sasukanira mrih tandhing | yêkti ora kêkurangan | aja têtulung maringong | lamun durung asêsambat | gumujêng sri narendra | lah iya ora têtulung | ingsun prang dhewe ing binjang ||

21. gumujêng ingkang miyarsi | ing dalu datan winarna | bangun injang ing praptane | Rahadyan Dhêsthajumêna | sawadyabalanira | lajêng tata barisipun | miwah wadya Madukara ||

22. Sang Aprabu Harimurti | lan satriya Dananjaya | sampun munggèng ing ratane | kinubêng prajuritira | Wêrkudara kalawan | Sêtyaki Gathutkaca wus | sabalane tata ngarsa ||

23. ing prang kang badhe dhingini | nêmpuh marang mungsuhira | pêpulih wingi yudane | sasat kinarya dêdolan | mangkana ratu sabrang | sabalanya mijil sampun | aglar anèng pabaratan ||

24. tata baris kadya wingi | kang para prawira ngarsa | samya ngiwa gandhewane | bala gung pinêrnah wuntat | kagyat dènnya tumingal | dene mungsuhira rawuh | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

25. krodha sru dènira angling | hèh Bapa Jayasundarga | mungsuh têka bêbantune | baya Narpati Cêmpala | ika kang munggèng rata | payo kabèh wadyaningsun | ing aprang aja pêpeka ||

26. dèn ngeja sadina iki | pêpungkasane [pêpungka...]

--- 161 ---

[...sane] ngayuda | sagunging guna kasêktèn | lah payo padha wêtokna | wus ngatag ingkang bala | mangsah gumrit ratanipun | ing prang tan nêdya mundura ||

67. Durma

1. ngêmbat langkap Sang Prabu Jungkungmardeya | ginêdhêg-gêdhêg mijil | ingkang hru prabawa | sela wor lan prahara | kadya ladhu-ladhu mili | sangking gandhewa | gumlêdhêg gêgilani ||

2. sawusira wêtune prahara sela | gêdhêg gandhewa malih | mijil neka warna | muntap sangking gandhewa | nênggala palu myang piling | cakra candrasa | dhêndha bêdhama gandhi ||

3. gada bindi salukun lan alugora | samoga pugar lori | musala trisula | limpung parasu kunta | kumrusuk mangangin-angin | bajra ruhara | miwah rêkyana patih ||

4. sênjatane mêtu pirang-pirang yuta | panthan makêthi-kêthi | myang catur punggawa | prajurit jro sêdaya | lan sèwu mantri sinêlir | parêng dènira | anglêpasi jêmparing ||

5. kadya têdhuh gêgana kèhing sênjata | dhêdhêt ngampak-ampaki | sela lêng-ulêngan | wor jêmparing arakan | kumêrsêk sêsêk nêsêki | mara kumêrab | kumêrut gêgirisi ||

6. Prabu Padmanaba sigra dènnya ngatag | mring Parta kinèn aglis | mêthuk ing Panulak | miwah Dhêsthajumêna | gupuh ngêmbat langkap kalih | sarêng dènira | nglêpasakên panangkis ||

7. apan samya hru prabawane kawarna | sela wor angin-angin | têmpuh nèng gêgana | kèbêkan dirgantara | papaworing [pa...]

--- [161v] ---

[...paworing] sêktinya kalih |[7] goraning swara | lir guntur manêngkêri ||

8. kêpruk ingkang sela têmpuh sami sela | bindi prasamya bindi | gada samya gada | kunta prasamya kunta | piling ulêng samya piling | dhêndha lan dhêndha | gandhi prasamya gandhi ||

9. Wrêkudara Wrêsniwira Gathutkaca | giyuh ing tyas tan sipi | gêgrêg sawadyanya | tan antuk mêngsah ing prang | kadhangan gunging jêmparing | kang têmpuh ing prang | jêjêl tan kêna pinrih ||

10. sela-sela lêng-ulêngan lêlumbungan | kang jêmparing lir siring | tan kêna pinêrak | nulya Sucitra prapta | mêndhak nèng ngarsanirèki | matur tur sêmbah | gusti ulun tinuding ||

11. ing rakanta Sang Aprabu Padmanaba | paduka dèn timbali | mundur saha bala | sampun umangsah yuda | kinèn asoa rumiyin | raka paduka | karsanya anuruti ||

12. ing krodhane Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngabên kasêktin | lan rayi paduka | satriya Madukara | ing mangke yèn wus dumugi | tuwan linilan | mangsaha ing ajurit ||

13. Wrêkudara miyarsa turing Sucitra | kêju krodhanira ris | ajrih yèn ningkirna | ingrèh Narendra Krêsna | mundur sawadyanirèki | Sang Arya Sena | Gathutkaca Sêtyaki ||

14. sampun nunggil ing gèn baris Madukara | Sang Prabu Harimurti | ngatag mring Sang Parta | miwah Dhêsthajumêna | kinèn sami anampuni | sênjatanira | kang samya têmpuh jurit ||

15. Dyan Sang Parta musthi sênjata prawira [prawi...]

--- 162 ---

[...ra] | angin ratuning angin | linêpaskên sigra | gêlapira kumupak | wêdaling sang bajrapati | sangking gêgana | nyapu sagung jêmparing ||

16. sêdhêng lamun kaojat ing bumintara | matur rahadyan patih | lêrês padukendra | sampun kirang prayitna | ing aprang dèn ngati-ati | mêngsah paduka | botên kewran ing tandhing ||

17. prangnya kasap prakosa prang lêmbut guna | gumujêng sri bupati | iya bênêr sira | prawirane sêmbada | yèn ajaa lawan mami | sapa kuwawa | nanggulang ing ajurit ||

18. iya mengko prajurit ing tanah Jawa | ingsun balang ing tulis | sun jake prang rupak | tandhing ijèn lan ingwang | ngadu panah kang sayêkti | singa tiwasa | yèn mêksih ngadu sêkti ||

19. măngsantèka tanpa wêkasaning yuda | sira bae dèn eling | gêlar sabên ing prang | yèn wus panah-pinanah | ingsun lan mungsuh dèn aglis | sira nyiliba | nyidra sangking wiyati ||

20. Patih Jayasundarga matur sandika | natèng sabrang nulya glis | nênurat wus dadya | tinrap anèng sênjata | lumêpas ingkang jêmparing | ingarah-arah | tibanira bênêri ||

21. nèng ngarsane satriya Andananjaya | kagyat dènnya ningali | jêmparing cinandhak | pinundhut sêratira | winaos sinukmè[8] galih | mungêl pênantang | ing aprang tata wuri ||

68. Pangkur

1. pèngêt iki layang ingwang | natèng sabrang kang prawiranom pêkik | măndra prakosa dibya nung | lêlana andon yuda | marang tanah Jawa

--- [162v] ---

ingkang ajêjuluk | Sang Prabu Jungkungmardeya | Paranggubarja Nrêpati ||

2. ingkang abala bacingah | kang wus kasup tanpa lawan ing jurit | têkaa marang sirèku | prajurit tanah Jawa | ingkang bisa nulak ing kasêktèn ingsun | lah ta sapa aranira | lan apa lungguhirèki ||

3. ratu utawa satriya | aja mati tanpa aran ing jurit | angakua mumpung durung | payo nuli prang rupak | ngadu wulêding kulit atosing balung | padha nganggo panah wantah | singa tiwas ing ajurit ||

4. yèn isih ngadu prabawa | măngsantèka tanpa wêkasing jurit | iya sun puji satuhu | ing guna sêktinira | anèng tanah Jawa ing prang tau wudhu | ananging ta mêngko sira | antuk tandhing ing ajurit ||

5. ingkang padha gêgangsingan | ingya[9] ingkang lêlanandon prang iki | wus titi pamaosipun | satriya Dananjaya | mèsêm ing tyas sêrat ingaturkên gupuh | marang Prabu Padmanaba | winaos sinuksmèng galih ||

6. wus titi pamaosira | sru gumujêng Sang Prabu Harimurti | yayi wangsulana gupuh | layange natèng sabrang | kudu ngajak mungkasi ing aprang pupuh | iya sarahên kewala | satriya Dananjaya glis ||

7. karya sêrat sampun dadya | angsul-angsul tinangsulkên jêmparing | sênjata agêming pupuh | graita anglir jalma | sarutama suwiwi lar kadya manuk | linêpasakên saksana | lumarap lir kilat [ki...]

--- 163 ---

[...lat] thathit ||

8. ngarsane Jungkungmardeya | sarutama kêkêjêr kadya pêksi | natèng sabrang kagyat dulu | jêmparing lir kukila | bêkta sêrat wus duga lamun sul-angsul | sêratnya wus tinampanan | sarutama wangsul malih ||

9. natèng sabrang eram mulat | wus binuka sêrat sinuksmèng galih | pèngêt iki layang ingsun | satriya Madukara | pamadyaning Pandhawa ingkang jêjuluk | satriya Andananjaya | pêparab Prabu Kalithi ||

10. iya Rahadyan Arjuna | iya Radyan Janaka Dyan Prêmadi | Pandhuputra kang jêjuluk | Radyan Endratanaya | kang ingambil sraya tur binakal mantu | mring Sri Bupati Cêmpala | têkaa marang sirèki ||

11. Sang Prabu Jungkungmardeya | natèng sabrang kang lêlanandon jurit | kang ambêg narendra punjul | amrih putri masesa | lire sira wèh layang mring raganingsun | iya wus praptèng maringwang | sarta wus sun tupiksani ||

12. surasaning layangira | sira ngajak mungkasi ing ajurit | aprang tandhing lawan ingsun | nganggo panah pamungkas | ngadu wulêding kulit tosing bêbalung | lah iya sakarêpira | ing aprang ingsun ladèni ||

13. wus titi pamaosira | natèng sabrang gumujêng sarya angling | babo dene ngumbuk-umbuk | jênêng saijab-ijab | dèn dheweki sumangkeyan yèn pinunjul | prajurit ing tanah Jawa | durung tau olèh tandhing ||

14. ingkang padha gêgangsingan |

--- [163v] ---

hèh ta bapa kabèh prajurit mami | mêngko têmpuhing prang pupuh | gèn pajêg baris padha | aja owah mung sun pundhut surakipun | sira bae dèn waspada | patih sandika turnèki ||

15. sang prabu ngêtap ratanya | gumrit nêngah gêbyar-gêbyar tulya sri | rêngganing rata mas murub | kataman giwangkara | wor prabaning makutha muncar ngênguwung | sarwi angiwa gandhewa | endhong pamungkas sinandhing ||

16. pantês wanguning prawira | asêmbada pêkiknya sri bupati | Sri Krêsna mulat lingnya rum | hèh yayi mungsuhira | sida ngajak mungkasi ing aprang pupuh | wus anêngahakên rata | poma dèn angati-ati ||

17. ing prang aja kurang yitna | natèng sabrang anak bêrmana sêkti | luwih matêng tapanipun | tan kêna ginagampang | Gathutkaca sira dèn prayitnèng luhur | miwah sira Wrêkudara | ing dharat dèn ngati-ati ||

18. têrombolan jaganana | wusnya mangsit Sang Prabu Harimurti | gumrit nêngah ratanipun | nawung sunaring surya | gêbyar-gêbyar sunaring rata mas murub | kadya paguting baskara | timbangan ratanirèki ||

19. lan ratanya natèng sabrang | dohnya sêdhêng satibaning jêmparing | kalih kèndêl ratanipun | dangu wangwang-winawang | samya ngiwa gandhewa pamungkasipun | dèrèng cul ingkang sênjata | mrih papan pantêsing jurit ||

20. sigra mêmolahkên rata | natèng sabrang ratane ngiring-iring | Dananjaya ratanipun | mingêr ngering anganan |

--- 164 ---

adu arsa adu iring adu pungkur | tan owah têbihing rata | mêksih satiban jêmparing ||

21. wusnya mubêng kaping tiga | rata kèndêl parêng dènnya nglêpasi | jêmparing tikêl pinêthuk | têmpuh sami sênjata | parêng salin parêng larap lêpasipun | laraping warastra padha | sêsiringe kilat thathit ||

22. pur pupug papag-pinapag | têmpuhing prang jêmparing pating crêngkling | arame tuju-tinuju | sênjata parêng sirna | dangu dènnya silih laras liru têmbung | tan ana ingkang kacidra | rikat myang awase sami ||

23. wadya gung surak gumêrah | mawor maras-maras suraknya sami | mar kumêsar dènnya dulu | solah-bawaning aprang | Dananjaya lan Jungkungmardeya Prabu | yayah wus caruk warastra | rukêting ratanya kalih ||

24. rêkyana patih tumingal | yèn gustine wus campuh ing ajurit | panah-pinanah lan mungsuh | sigra mêsat gêgana | ngikal limpung arsa nyidra sangking luhur | Gathutkaca awas mulat | garjita awas nulya glis ||

25. mêsat ngayuh ing gêgana | wus ngungkuli marang radyan apatih | ngawaskên sasolahipun | kya patih tan graita | yèn mungsuhe wus ana ing luhuripun | dupi niyup arsa nyidra | gya sinambêr sangking nginggil ||

26. limpunge rinêbat kêna | wus binuwang kya patih kagyat nolih | dhinupak mukani sru |[10] kuntal tibèng bantala | sajabaning baris sangêt dènnya kantu | kasilir ing samirana | tangi tan mundur

--- [164v] ---

ing jurit ||

69. Durma

1. Kyana Patih Jayasundarga sru krodha | nyandhak kuntanira glis | mêsat ing gêgana | nguwuh asru sêsumbar | hèh sapa aranirèki | mungsuh kang nyidra | nungkul prang têka wuri ||

2. angakua mumpung mêksih duwe nyawa | dupèh apa sirèki | prakosa birawa | bisa ngambah gêgana | lan apa lungguhirèki | anèng Cêmpala | Gathutkaca nauri ||

3. hèh wruhanta ingsun dudu wong Cêmpala | wong srayan ingsun iki | prajurit Ngamarta | umiring kangjêng rama | lan jêng paman ing ajurit | ingambil sraya | mring eyang Cêmpala Ji ||

4. iya ingsun Senaputra Bimatmaja | Gathutkaca ran mami | Rahadyan Guritna | parap Prabu Têtuka | satriya sasat narpati | kratoning uwa | prabu kang sun ênggoni ||

5. Pringgadani waris sangking ibuningwang | lah ta sapa sirèki | dhapurmu sêmbada | gagah rowa birawa | lan apa lungguhirèki | anèng ing sabrang | satriya pa bupati ||

6. ninggal dhapur nêdya culika ing yuda | nyidra sangking wiyati | marang kanjêng paman | nyolong nênungkul ing prang | marmane ingsun dhingini | sirarsa nyidra | kyana patih nauri ||

7. ayya tambuh iyèngsun pêpatih sabrang | Paranggubarja nagri | pêpatih misesa | aran Jayasundarga | hèh Gathutkaca sirèki | sêdhêng wus timbang | ing prang tandhing lan mami ||

8. sira iku satriya pêrsasat raja | ingsun iki

--- 165 ---

pêpatih | nanging tilas raja | Ratu Paranggubarja | soring prang mêksih kinardi | patih masesa | kinaryandêling jurit ||

9. aja ngajak prang tata panah-pinanah | ngadu wulêding kulit | apa pupuh rosa | prang rupak bindi gada | apa ingsun kang dhingini | apa ta sira | dhingini marang mami ||

10. Arya Senaputra sugal wuwusira | ya wus sêdhêng sirèki | tandhinga lan ingwang | pêpatih tilas raja | pantês prakosa ngajurit | aja ngucira | dèn padha ngungsi pati ||

11. lah ta payo apa ingkang anèng sira | tibakna sun tadhahi | krodha ngikal dhêndha | Patih Jayasundarga | mangsah dhêndha dèn tadhahi | gapyuk cinandhak | dhêndhanya kyana patih ||

12. rame sêndhal-sinêndhal anèng gêgana | Gathutkaca nguwati | nyêndhal sarwi dhupak | jajanya kyana patya | kuntal dhêndhanya wus kêni | sêbut binuwang | krodha rêkyana patih ||

13. anêrajang tinadhahan sarêng tandang | caruk rukêt ing jurit | kuwêl nèng gêgana | sami prakosanira | sarêng dènnya tibèng siti | wal singsal kontal | gapyuk rok rukêt malih ||

14. anèng dharat angadu sudiranira | dêdêr-dinêdêr sami | udrêg drêg-udrêgan | silih gon liru papan | kumitir untir-inguntir | pêluk pulêtan | kêkêt banting-binanting ||

15. sarêng dugang-dinugang sarêng kaglimpang | rame rok silih-ungkih | ulêng lêng-ulêngan | lir cakraning gilingan | rêkyana patih

--- [165v] ---

sor titih | kadêgung ing prang | dinêdêl wus katindhih ||

16. cêngêl kèngêl jajanira wus jinêjak | pêjah rêkyana patih | sarêng lan praptanya | nênggih brêmana tapa | sangking sabrang amiyarsi | lamun budhalnya | dènira mamrih putri ||

17. marang tanah Jawa ing têmah dadya prang | marma sang brêmana glis | sumusul ing putra | prapta nagri Cêmpala | mêningi ramening jurit | anèng gêgana | ngungun dènnya ningali ||

18. ing patine Ki Patih Jayasundarga | mung mungsuh padha siji | duk anèng ing sabrang | wus wudhu tanpa lawan | ing mangkya nèng tanah Jawi | luwih apêsnya | ing prang tan angudhili ||

19. mung tinangan kewala lan mungsuhira | pêdhot gulu pinuntir | lan malih tumingal | putranya sri narendra | wus campuh ing aprang tandhing | lan mungsuhira | samya nèng rata manik ||

20. sami tuju-tinuju panah-pinanah | dèrèng wontên kapilis | sami wasisira | rikat awase samya | myang pêkikira mèh sami | brêmana tapa | krura sru dèniranjrit ||

21. swaranira kadi grah ingkang kasapta | gumuruh gêgirisi | kèbêkan gêgana | parêng pêpêtêng prapta | sumaput pêthut[11] nglimputi | madyèng payudan | dhêdhêt lir têngah wêngi ||

22. dadya kèndêl ingkang aprang kalihira | dening pêdhut nglimputi | Sri Jungkungmardeya | langkung sukaning driya | wruh lamun kang rama prapti | têtulung ing prang |

--- 166 ---

karya pêtêng nglimputi ||

23. dadya mundur Sang Prabu Jungkungmardeya | ngingêran ratanya ris | bêngganging mungsuhnya | sampun awor ing bala | ciptanira pan wus pêsthi | yèn mungsuhira | padha sadina bêsmi ||

24. yèn kang rama wus mêtu krodhaning aprang | wuwuha satru sêkti | sayuta suh sirna | pinusus ing ayuda | wadyabala Dwarawati | Cêmpala lawan | Pamênang Pringgadani ||

25. samya sêdhih tan bisa umangsah yuda | dening pêtêng nglimputi | lan swara lir gêrah | kèbêkan dirgantara | kang darbe swara tan kèksi | kêkês tyasira | tan wruh sawiji-wiji ||

26. Wêrkudara Sêtyaki lan Gathutkaca | samya prayitnèng batin | dhêdhêg sawadyanya | miwah putra Cêmpala | amung Prabu Harimurti | kang nora samar | Arjuna wus winangsit ||

27. hèh ta yayi iki si bêrmana tapa | praptarsa nyidrèng jurit | iya marang sira | angrik anèng gêgana | karya pêtêng anglimputi | aja papeka | ing prang dèn ngati-ati ||

28. bapakane Sang Prabu Jungkungmardeya | brêmana luwih sêkti | wus matêng tapanya | ing ajur-ajèr wignya | lah payo yayi dèn aglis | sira nglêpasna | bramastra mring wiyati ||

29. yèn wus katon pasopati tamakêna | marang brêmana luwih | kalamun wus pagas | dhase sira pisaha | lawan gêmbunge dèn têbih | dhase tibakna | anèng ratanirèki ||

--- [166v] ---

30. ing ngarêpe Sang Prabu Jungkungmardeya | gêmbung buwangên ngangin | lamun mêksih pêrak | lan dhase yêkti bisa | atrap dhewe urip maning | marma dohêna | lah ta payo dèn aglis ||

31. nora nistha andhingini mungsuhira | Parta wusnya winangsit | ngêmbat langkapira | lumêpas kang bramastra | murub nungsung mring wiyati | brêmana tapa | kênèng padhanging gêni ||

32. gugup tyase sigra anarik candrasa | niyub sangking wiyati | arsa tumigasa | ing tênggak Sang Arjuna | pinapag ing pasopati | pagas jangganya | dhas arsa tatrap malih ||

33. mring gêmbunge tinadhahan sarutama | tinibakakên aglis | anèng ratanira | Prabu Jungkungmardeya | gêmbung binuwang ing angin | kabuncang sirna | tibèng doh ing jêladri ||

34. tulus pêjah sira sang brêmana tapa | dhase pinisah têbih | kalawan gêmbungnya | parêng lan ilangira | pêpêtêng ingkang nglimputi | katut maruta | padhang kasmarèng jurit ||

70. Asmaradana

1. sang prabu kagyat tan sipi | duk sirah wau tibanya | gumêbrug anèng ngarsane | tiningalan nora samar | yèn sirahe kang rama | mustaka nulya sinambut | sinungkêman anèng ngarsa ||

2. sarya sru dènnya nangisi | sasampunira karuna | sang prabu èngêt ing tyase | sigra dènira parentah | mring sagung pra dipatya | sêdaya

--- 167 ---

kinèn angruruh | marang jisime kang rama ||

3. miwah sagung para mantri | sêdaya sami ngupaya | brêmana tapa jisime | sajawining pabarisan | mubêng datan kêpanggya | wus katur marang sang prabu | langkung ngunguning wêrdaya ||

4. dene mungsuhe udani | pêjah gêsange kang rama | liwat guna waspadane | sirah tinibakkên rata | gêmbungira binuwang | sajawining baris agung | tan karuan tibanira ||

5. anglêsing tyas sri bupati | têlas ing pangarsa-arsa | ingkang rama katigase | mring mungsuh datanpa bisa | miwah pêpatihira | mati ing prang tanpa kiwul | miwah sagung pra dipatya ||

6. wus ngrasa kasor ing jurit | Sang Prabu Jungkungmardeya | nanging wus pratignya tyase | tan arsa yèn ngoncatana | ing prang miwah nungkula | suka lêbura wor mungsuh | sadina mêngko kewala ||

7. sawadyabalanirèki | ayya na kari satunggal | ing prang parênga sirnane | ambelani ingkang rama | miwah pêpatihira | wusnya pratignya ing kalbu | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

8. madêg krodhaning ajurit | ngêtap rata gumrit nêngah | sarwi angawe balane | sasmita garêbuh ing prang | garjita pra dipatya | ing karsane gustinipun | nêdya mungkasi ngayuda ||

9. ngantêb karubuh ing jurit | wadya ing Paranggubarja | samya sêtya ing gustine | sawiji bala tan ana | kang nêdya lumayua | miwah nungkula mring mungsuh | nadyan sikêpe [si...]

--- [167v] ---

[...kêpe] sêdaya ||

10. suka matia ngajurit | lêbura wor mungsuhira | anèng ngarsane gustine | sigra parêng dènnya mangsah | kumêrut rêbut ngarsa | nêdyamuk ing aprang pupuh | sigra Radyan Wêrkudara ||

11. Gathutkaca myang Sêtyaki | miwah putra ing Cêmpala | anadhahi sabalane | têmpuh ing prang abusêkan | wadya Paranggubarja | wus mêrêm ing pamukipun | tan etang kèhing palastra ||

12. ingkang mara-mara mati | kababad gada Sang Sena | myang Gathutkaca pamuke | miwah Arya Wrêsniwira | lawan putra Cêmpala | mungsuh kang kaparag lêbur | ing wuri ngidak kewala ||

13. tumpês ngarsa tangkêp wuri | Narendra Krêsna tumingal | garjita sru ing wuwuse | lah kaipe tingalana | mungsuhira ing aprang | wadya Paranggubarjèku | ing prang wus derah palastra ||

14. sapunên ing sênjatangin | tibakna Paranggubarja | ayya kari sabalane | yèn wus ilang sêrênging prang | yêkti duwe pangrasa | ing prang datan bisa kiwul | lah payo nuli lêpasna ||

15. Dananjaya anulya glis | musthi astra pawanendra | ratuning angin têgêse | umyang ingkang bayu bajra | mêntas saking gandhewa | prahara gora gumuntur | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

16. katut dening sênjatangin | kabuncang sabalanira | sirna lawan sabangkene | sêdayanira tumiba | nagri Paranggubarja | kunêng wau kang winuwus | kang mêksih anèng payudan ||

--- 168 ---

17. Sang Aprabu Harimurti | miwah kang rayi sêdaya | wus budhalakên barise | tinata lampahing marga | lumirig manjing pura | swaraning bala gumuruh | wus katur natèng Cêmpala ||

18. yèn unggul kang magut jurit | sigra mijil pagêlaran | angurmati ing praptane | kang mêntas unggul ing aprang | datan dangu katingal | pangarsane lampahipun | manjing alun-alun samya ||

19. wil bala ing Pringgadani | surak-surak giyak-giyak | bêngkilung rame gêndhinge | nulya piyak ngering nganan | baris angapit marga | wadya Cêmpala sumundhul | nulya wadya Madukara ||

20. nulya wadya Dwarawati | kang mungkasi wuri pisan | wadya Jodhipati kabèh | anut bala kang pangarsa | piyak angering nganan | rakit baris urung-urung | wong agungira sêdaya ||

21. lajêng marang păncaniti | Sri Maha Narendra Krêsna | têdhake sangking ratane | munggèng têpining têratag | Sri Bupati Cêmpala | nyandhak astanira gupuh | kinanthi binêkta minggah ||

22. atata nèng păncaniti | para putra pa[12] sêntana | aglar munggèng ing ngarsane | sri bupati ing Cêmpala | mèsêm dènnya ngandika | pan kawula mèh sumusul | anak prabu mring payudan ||

23. sangking sumêlang tan sipi | ing warti Jungkungmardeya | langkung awrat sêsanggane | umatur Narendra Krêsna | saèstu lamun awrat | marma tilar prajanipun | mring tanah Jawandon [Jawando...]

--- [168v] ---

[...n] aprang ||

24. sangking wus tan angsal tandhing | anèng sabrang gunaning prang | nêracak sapunggawane | samya prawirèng ayuda | wadyanipun sêdaya | sêtya marang gustinipun | marmanipun wrat sinăngga ||

25. sajroning prang tigang ari | wadyanipun têtumpêsan | tanpa kiwul ing yudane | tan wontên kang lumayua | mantêp kuwanènira | mêrêm ing prang soroh amuk | nèng ngarsane ratunira ||

26. marmanya glis anglêpasi | ing sênjata pawanendra | nênggih pun Dananjaya ge | awlas kathahing papêjah | Prabu Jungkungmardeya | kabuncang sawadyanipun | tiba ing Paranggubarja ||

27. miwiti malah mungkasi | solah-tingkahing ayuda | sampun katur sêdayane | sri bupati ing Cêmpala | langkung suka duk myarsa | yèn mêkatên anak prabu | tumuntên kalampahana ||

28. rayi tuwan pun Srikandhi | dhaupe lawan Arjuna | ing Soma ngarsa pênêde | sêdhêng ngaso ingkang wadya | matur Narendra Krêsna | inggih kawula jumurung | paman ing karsa paduka ||

29. punapa dèn antos malih | ing rèh wus dadi ubaya | prayogi nuntên panggihe | ngling malih natèng Cêmpala | kulup Dhêsthajumêna | lan Si Patih Dhêsthakètu | besuk ari Soma ngarsa ||

30. padha dèn samêktèng kardi | ing dhaupe kakangira | kang putra sandika ture | nulya kundur sri narendra | lumêbèng dhatulaya | Prabu Padmanaba sampun | masanggrahan saha bala ||

31. bubar [bu...]

--- 169 ---

[...bar] sagung kang anangkil | wau Sang Prabu Durpada | sarawuhirèng kadhaton | pinêthuk marang kang garwa | sawusnya tata lênggah | alon ngandika sang prabu | hèh ta yayi mungsuhira ||

32. samêngko wus tumpês tapis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sirna lêbur sabalane | sutanira Si Arjuna | ingkang marwasèng mêngsah | wus dadya ubayaningsun | yèn kalakon mungsuh sirna ||

33. sutanira Si Srikandhi | kang ingsun karya ganjaran | mau wus sun dhawuhake | besuk ari Soma ngarsa | dhaupe sutanira | samêngko wus sêdhêngipun | kanthinên nèng jroning pura ||

71. Kinanthi

1. watir anèng tamansantun | becik rêsanên nèng puri | kang garwa matur sandika | wus mundur sangking ngarsa ji | laju marang patamanan | kunêng gênti kang winarni ||

2. kang kêkuwu tamansantun | kusuma Wara Srikandhi | rawuhnya sing Madukara | laju jujug tamansari | dèrèng marêg mring kang rama | miwah dèrèng dèn timbali ||

3. wira-wiri mung kang ibu | nênggih ingkang atêtuwi | cinatur sang rêtnaning dyah | ing galihira wus têbih | mring satriya Dananjaya | tan ana labêtirèki ||

4. brangtanira duk rumuhun | wus supe tyasira sangking | sru kèrêm mring kaprawiran | supe dhahar lawan guling | tan lyan amung kang kacipta | dadia putri prajurit ||

5. Sang

--- [169v] ---

Parta wawulangipun | marang sang raja pinutri | wus kacakêp sêdayanya | panglêpasaning jêmparing | pratingkah ngadoni yuda | ing jaya-kawijayanting ||

6. kang dadya sêngsêming kalbu | nalika kabegal maring | ing ditya Paranggubarja | tan rêkasa ing ajurit | pirang-pirang wil kang sirna | dening sênjata dhêdhali ||

7. sêmana sang rêtnaning rum | duk lagya siniwèng cèthi | lênggah soring nagapuspa | andangu wartaning jurit | nikèn êmban matur nêmbah | wau praptanipun gusti ||

8. kang sangking magut prang pupuh | pinêthuk nèng păncaniti | ing ramanta sri narendra | ing warti mêngsah wus gusis | Sang Prabu Jungkungmardeya | sawadyane tumpês tapis ||

9. sakantunnya ingkang lampus | sinapu ing sênjatangin | mring satriya Dananjaya | tan wontên kantun satunggil | nadyan rama padukendra | kênèng ing sayêmbarèki ||

10. janjinipun sang aprabu | marang Prabu Harimurti | sintên kang sagêt nyirnakna | ing mungsuh ginanjar putri | ingkang kinarya ganjaran | inggih jêng paduka gusti ||

11. sang dyah mèsêm ngandika rum | gumampang kangjêng rama ji | ingsun kinarya ganjaran | mring wong ika tan tinari | apa ta dumèh wak ingwang | wus nunggal samadya sasi ||

12. nèng Madukara gêguru | pangawasaning jêmparing | măngsa ta nora uwisa | karo-karone wus dadi | sênênge atine padha | marma tan nganggo tinari ||

--- 170 ---

13. baya madhêdhêg sagunung | atine kang mênang jurit | wus mêsthi tămpa ganjaran | dhasar wus guru jêmparing | sayêktine nora bakal | ukur jinawil sumrinthil ||

14. babo aja gupuh-gupuh | mondhong mring Wara Srikandhi | samêngko yèn nora kêlar | pêpanggile ing akrami | putrine natèng Cêmpala | ayu prawirèng ajurit ||

15. lah adene rama prabu | girisan têmên kang galih | ukur mungsuh ratu sabrang | nyambat wong liyan nêgari | yèn ing nguni ngandikaa | sadina ingsun saguhi ||

16. iya sirnane kang mungsuh | ngandika dèrèng dumugi | kasaru ing rawuhira | ingkang ibu pramèswari | gupuh mêthuk sang lir rêtna | mêndhak nèng ngarsa wotsari ||

17. rinangkul lungayanipun | wusnya tata lênggah sami | munggèng soring nagapuspa | kang ibu ngandika aris | babo nini putraningwang | lakuningsun pan tinuding ||

18. mring ramanira sang prabu | kinon maringi udani | yèn mêngsah sabrang wus sirna | sawadyane tumpês tapis | kakangira Si Arjuna | ingkang amarwasèng jurit ||

19. wus dadya punaginipun | ramanira sri bupati | sira nini kang kinarya | ganjarane ing ajurit | mring kakangira Si Parta | mau anèng păncaniti ||

20. ramanira pan wus dhawuh | marang Prabu Harimurti | besuk ari Soma ngarsa | karsane ginawe pêsthi | iya nini dhaupira | lan kakangira Prêmadi ||

21. timbalane wong tuwamu | sira yya

--- [170v] ---

nèng tamansari | kurang pira Soma ngarsa | bêcik rinêksa nèng puri | ila-ilane wong kuna | sang rêtna umatur aris ||

22. dhuh ibu paduka matur | mring jêng rama sri bupati | karsanya kang sapunika | kawula tur pati urip | nuwun dukanya jêng rama | dèrèng arsa nambut krami ||

23. sawêg kasêngsêm tyas ulun | kaprawiraning ajurit | kang ibu dupi miyarsa | kang putra rinangkul aglis | dhuh-dhuh nini kayaparan | dene mêngkono sirèki ||

24. mendah silih sang aprabu | sungkawanira ing galih | ratu iku nora kêna | cidra sêsamaning aji | dene wus dadya jangjinya | marang Prabu Harimurti ||

25. ing têmahan nora wurung | pindho dadining ajurit | ala mungsuh ratu sabrang | dene mêmungsuhan nini | iya lan nata Pandhawa | apa kang kinarya wani ||

26. sang rêtna nêmbah umatur | yèn kêdah masesèng jurit | satriya ing Madukara | kawula ingkang ngêmbari | sagêndhinge ing ayuda | ewadene ing rama ji ||

27. kapidêrêng galihipun | ibu dènirarsa ngambil | mantu mring wong Madukara | awit jangjine wus kêni | marang Prabu Padmanaba | inggih kawula lampahi ||

28. ananging paduka matur | ibu dhumatêng rama ji | apan ing nguni kawula | inggih gadhah pasanggiri | salami tan arsa krama | yèn tan wontên satriya di ||

29. kang sagêt dhatêngi kayun | gèn kawula pasanggiri | lamun krama atampia | patiba sampir pawèstri | ingkang wasis [wasi...]

--- 171 ---

[...s] ing sênjata | awase ingkang ngungkuli ||

30. gèn jêmparing kula ibu | lamun tan sagêt dhatêngi | panêdha amba punika | nadyan praptèng nini-nini | yêkti wadad tanpa krama | dipun dhawuhna dèn aglis ||

31. marang kang binakal mantu | yèn botên sagêt dhatêngi | sampun malih kang ginarwa | wanuh kewala tan sudi | wah dadosa mêngsah pisan | purun sanggène pinanggih ||

32. upami jêng rama prabu | dêdukanipun dhatêngi | paripêksa mring kawula | pintên larane wong mati | kang ibu langkung sungkawa | miyarsa aturing siwi ||

33. ngandika mring êmbanipun | lah ta kaya ngapa bibi | dene mangkono tyasira | iya ingsun matur gusti | marang ing wong tuwanira | nulya kundur pramèswari ||

34. sapraptanirèng kêdhatun | ing ngarsa sri narapati | matur solahing dinuta | miwiti malah mêkasi | dènnya dhawuh mring kang putra | miwah wangsulanirèki ||

35. kang putra panuwunipun | sêdaya wus katur sami | sang prabu dupi miyarsa | anglênggêr kagyat tan sipi | cipta duka mring kang putra | mèh têdhak angore wèni ||

 


Parikênan. (kembali)
Lebih satu suku kata: yayi sapêngkêr kula. (kembali)
Kurang satu suku kata: dadya tontonaning nagri. (kembali)
sapraptanirèng. (kembali)
gadanipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: lan satriya Dananjaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: paworing sêktinya kalih. (kembali)
sinukmèng. (kembali)
iya. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: dhinupak mukanira sru. (kembali)
11 pêdhut. (kembali)
12 pra. (kembali)