Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 001–011). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 012–022). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 023–035). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 036–047). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 048–058). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 059–071). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 072–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 084–097). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Parta Krama, Prawirowalgito, 1909, #1838 (Pupuh 098–110). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

84. Pangkur

1. ditya gêng-agêng sêdaya | ting galidrah ngagar bêdhama sami | ana ingkang ngayat limpung | wênèh ngagagi gada | Burisrawa dhêkukul anglêsing kalbu | mêrêm ing nala wus pasrah | tan mèngèng praptaning pati ||

2. bêkasakan kang anggodha | pan kawêlèh kaku tyasira sami | sêdaya ngêlu dhasipun | mambu trahing kusuma | giris ajrih gumrubyug samya lumayu | Radyan Arya Burisrawa | buka netranira kalih ||

3. bêkasakan wus tan ana | lawan salin paningalira mangkin | waunya anèng wana gung | gurda gêng-agêng kathah | mangkya têmah anèng sajroning kêdhatun | tur kêdhaton nawa rêtna | lawan wontên kang siniwi ||

4. munggèng palăngka mutyara | rêksasèstri cahyanira nêlahi | sonaring wêdana mancur | lir wimbaning basănta | Burisrawa ulap balêrêngên dulu | ingayap sagung pawongan | sêdaya ayu linuwih ||

5. Burisrawa osiking tyas | ingsun duga iki ingkang ngratoni | bêkasakan duk ing dalu | kang gêgodha maringwang | Sang Bathari Durga ngawe asru nguwuh |

--- 200 ---

hèh ta babo yoganingwang | putra Mandraka sirèki ||

6. hèh Ki Arya Burisrawa | marenea aja ko wêdi-wêdi | marêka mring ngarsaningsun | Rahadyan Burisrawa | duk miyarsa kumêlap ajrih tyasipun | dènnya wruh dèrèng winarah | nama myang prajanirèki ||

7. sigra marêk marang ngarsa | nêmbah matur sintên ta sang siniwi | dene uninga pukulun | ing nama myang prajamba | Sang Bathari Durga sru dènnya gumuyu | Burisrawa wruhanira | ingsun iki Yya[1] Pêrmoni ||

8. iya Sang Bathari Durga | garwaning Yyang Girinata wak mami | ingsun tanya mring sirèku | dene kongsi prapta |[2] ing kayangan ingsun Setragăndamayu | apa ingkang sira sêdya | umatura kang sayêkti ||

9. Radyan Arya Burisrawa | matur nêmbah marmanta kesah sangking | praja tilar rama ibu | miwah ing kadang warga | sangking dahat tan kawawa nahên wuyung | mring Rêtna Wara Sumbadra | putri kadang Dwarawati ||

10. sangking timur gèn kawula | angantosi ing Dyah Banoncinawi | praptèng don diwasanipun | rinêbat ing Pêndhawa | pinanggihkên lan pun Janaka pukulun | dahat sikara mêjana | mring kawula pun Prêmadi ||

11. milamba sakêthi merang | lajêng gêblas manjing madyèng wanadri | anut saparaning suku | sapurug tanpa sêdya | sampun lami kalunta-lunta anglalu | nasak wana anrang baya | mudhun jurang minggah wukir ||

12. tan wus raosing wardaya | lamun dèrèng ulun sagêt malêsi | ing sakit wirang pukulun [pu...]

--- [200v] ---

[...kulun] | dhatêng pun Dananjaya | gantya mondhong kang dadya paraning wuyung | kusuma Wara Sumbadra | suka pêjah nèng wanadri ||

13. merang mantuk marang praja | Sang Bathari Durga gumujêng myarsi | pangandikanira arum | hèh babo Burisrawa | sun tuturi aja andarungkên wuyung | marang Si Wara Sumbadra | tan kêna liya mêngkoni ||

14. iya namung Si Janaka | kang pinêsthi dening dewa linuwih | Si Sumbadra jodhonipun | bêcik sira muliha | nora kurang wanudya kang ayu punjul | putrine kang para raja | kang padha ayu linuwih ||

15. dadak lara brăngta marang | Si Sumbadra iya wus duwe laki | nora bêcik kang tinêmu | Rahadyan Burisrawa | duk miyarsa Bathari Durga lingipun | umatur sarwi karuna | dhuh pukulun Yyang Pêrmoni ||

16. kawula sampun pratignya | yèn tan wontên sihing dewa linuwih | anjurungi ing sakayun | mondhong Wara Sumbadra | lêng pêjaha anèng Setragăndamayu | dadosa mangsaning bala | bêkasakan duk ing ratri ||

17. mantuk asile punapa | amêmirang lêng pêjah anèng ngriki | Bathari Durga lingnya rum | lah iya Burisrawa | lamun mêksa bêrgundung bêrung dalurung | brantanira mring Sumbadra | kêpati-pati bêk pati ||

18. iya sun jurungi sira | pan ing mêngko sêdhênge Si Pêrmadi | karêm babêdhag wana gung | myang misaya kukila | pan kinarya dolanane Si Bimanyu | ingsun kone anggêgodha | supaya ja nuli mulih ||

19. lawas tugur

--- 201 ---

anèng wana | sira nuli lumakua ing ratri | marang Madukara nutug | apa sakarêpira | amalinga marang Sumbadra wus suwung | pisah adoh lan kang lanang | sathithik watirirèki ||

20. lawan sun kanthèni sira | iya panakawan ingsun kêkalih | kang wus wignya andon dalu | Si Togog Saraita | Burisrawa tandya gupuh aturipun | lêbura awor lan kisma | ing satuduh tan gumingsir ||

21. Bathari Durga gya matah | mêng-amênganira ditya kêkalih | Jarameya namanipun | lawan pun Jurumeya | lêlurahing wil Bajobarat puniku | kinèn godha mring Sang Parta | dènnya babêdhag wanadri ||

22. wus winêling pratingkahnya | ing panggodha pangkat didya[3] kêkalih | nyiluman datan kadulu | antara tigang dina | Radyan Burisrawa kinèn mangkat sampun | lawan Togog Saraita | langkung prayitnaning margi ||

23. lampah ing dalu kewala | lamun siyang samya kèndêl wanadri | kunêng wau tan winuwus | kang nêdya lampah dhustha | marang Madukara gênti kang winuwus | lampahe ditya kalihnya | nyiluman datan kaèksi ||

24. rikat awor lan maruta | pan sakêdhap lampahira wus prapti | wana pambujênganipun | satriya Dananjaya | dènnya karya pagrogolan dadya sampun | duk lagya buntu kewala | ditya kalih lajêng giring ||

25. sato saisining wana | pan binêrêg sêdaya samya manjing | jroning pagrogolan dalu | bayak arak-arakan [arak-a...]

--- [201v] ---

[...rakan] | singa warak andaka èsthi andanu | mênjangan tanpa wilangan | andhapan kidang myang kancil ||

26. injang mantri juru wana | ingkang jaga kagyat dènnya ningali | dene pagrogolanipun | duk lagya anyar dadya | tan pitungan isining buron wana gung | amung sêdalu kewala | mantri juru wana aglis ||

27. lumajêng atur uninga | marang Madukara lampahnya prapti | ing ngarsane gustinipun | tuwa buru tur sêmbah | ingkang abdi atur uninga pukulun | pagrogolan sampun dadya | sawêg buntu kalawingi ||

28. nanging gusti sampun kathah | isinipun nênggih buron wanadri | tanpa wilangan puniku | gêng alit warna-warna | lêbêtipun pagrogolan wau dalu | gumrubyuk asalang-tunjang | kadya wontên ingkang giring ||

29. satriya Andananjaya | duk miyarsa tuwa buru turnèki | langkung sukanya ing kalbu | sigra dènnya tumêdhak | tanpa wadya mung Sêmar Bagong kang tumut | katri lawan juru wana | ing marga datan winarni ||

30. cinêndhak pan sampun prapta | lampahira pan sampun dèn ubêngi | jawi pagrogolanipun | langkung sukaning driya | awor ngungun mulat kang buron wana gung | de grogolan lagya dadya | isine wus tanpa wilis ||

31. buron gêng-agêng gumêrah | pan kumêrsêk sato ingkang lit-alit | andaka liman andanu | warak arak-arakan | kidang kancil [kanci...]

--- 202 ---

[...l] kandhih ing buron gung-agung | sumawur tanpa wilangan | tuwa buru kinèn aglis ||

32. nutup lawang pagrogolan | wus binuntu bêthèke dèn rangkêpi | Dananjaya nulya kundur | marang ing pasanggrahan | Sêmar Bagong juru wana datan kantun | mangkana ditya kalihnya | ing dalu samya ngunduri ||

85. Durma

1. grogol ingkang kidul binêdhah ing têngah | enjang ingkang ngubêngi | tuwa buru mulat | grogol kang kidul bêdhah | sigra wangsul tur udani | mring gustinira | Sang Parta têdhak aglis ||

2. amriksani grogol ingkang kidul bêdhah | ngungun têrkaning galih | bêdhahe tinunjang | ing buron gêng kewala | kang bêdhah wus kinèn mulih | mring juru wana | nulya dalunya malih ||

3. grogol ingkang wetan gênti kang binêdhah | injang wus kinèn mulih | dalunipun gantya | ingkang êlèr binêdhah | Dananjaya têdhak aglis | ngungun tumingal | nanging têrkanya mêksih ||

4. bêdhah sangking tinunjang buron kewala | injang wus kinèn mulih | marang juru wana | rinangkêp kinukuhan | nulya dalunipun malih | kang kilèn gantya | binêdhah dèn wiyari ||

5. buron wana kang nèng jroning pagrogolan | sêdaya pan giniring | mring ditya kalihnya | gumrubyuk samya mêdal | sangking pagrogolan sami | tunjang-tinunjang | mawur sato lit-alit ||

6. akèh pêjah kèdêking [kèdê...]

--- [202v] ---

[...king] buron gêng samya | kajêjêl sangking wuri | ana kang lumumpat | warak wuru anêrak | ing garogol barak-barik | binêdhah gajah | Dananjaya ningali ||

7. palajênge sagung ingkang sato wana | tunjang-tinunjang sami | numbuk pagrogolan | ting balêbêr lumumpat | kadya na kang dèn ajrihi | wong juru wana | sêdaya kinèn nitik ||

8. kalih dasa nêlasak jro pagrogolan | jinajah dèn ubêngi | pinggir miwah têngah | suwung mamring sêdaya | burone tan kantun siji | matur gustinya | Dananjaya miyarsi ||

9. langkung ngungun tan kêpanggih graitanya | èbêking tyas tan sipi | dangu tan ngandika | sigra matak pênggandan | mambêt gandaning rasêksi | garjita ing tyas | mundhut lisahira glis ||

10. jayèngkatong sinipatakên ing netra | sakala byar kaèksi | ditya kalihira | dhodhok soring mandera | ngungun Sang Parta ningali | pan nora samar | mara ditya kêkalih ||

11. lamun ditya Setragăndamayu samya | amêng-amêngirèki | Sang Bathari Durga | lurahing Bajobarat | Dananjaya marêpêki | sarwi têtanya | hèh ta sirèku dening ||

12. ya Si Jurumeya lan Si Jarameya | apa sêdyanirèki | dene salah karya | culika laku dhustha | bêdhah pagrogolan mami | liwat sikara | ngakua kang sayêkti ||

13. ditya kalih sarêng sami ngadêgira | de Sang Parta udani | sarya sru

--- 203 ---

saurnya | lah iya pan dinuta | ingsun marang Yyang Pêrmoni | nyêkêl ing sira | karsane pan kinardi ||

14. pakanane sagunging wil Bajobarat | de sira kumawani | masang pagrogolan | anèng alas larangan | saisine alas iki | kabèh sêngkêran- | nira Sang Yyang Pêrmoni ||

15. Dananjaya mèsêm aris saurira | pagene dèn larangi | ingsun nora karya | garogol alas Setra- | găndamayu alas iki | milu Ngamarta | angapa dèn larangi ||

16. Jurumeya angatag mring Jarameya | aja kakehan angling | tubrukên kewala | măngsa dadak luputa | găndra pira wong sawiji | wil Jarameya | gya nubruk dèn oncati ||

17. pan malumpat tinututan Jurumeya | tinubruk sangking kering | malumpat anganan | tinubruk sangking kanan | Sang Parta malumpat ngering | kêbat lir kilat | sumripit kadya thathit ||

18. binalêjog ing têngah nyepak andhupak | napuk jambak anjênggit | ditya kalihira | anggro lamun kêlaran | Sêmar Bagong aningali | mring gustinira | anarka yèn kalindhih ||

19. kasurupan ditya kang rumêksèng wana | mobat-mabit pribadi | anggro lir rasêksa | sêsumbar tanpa mêngsah | malumpat anganan ngering | dhupak anyepak | kadya solahing jurit ||

20. Sêmar Bagong prasamya lara karuna | nora bisa mêrpêki | marang gustinira | miwah wong juru wana | tanbuh solahira [solah...]

--- [203v] ---

[...ira] sami | lara karuna | Lurah Sêmar nulya glis ||

21. pan lumajêng marang nêgari Ngamarta | nêdya atur udani | Bagong kang tinilar | lawan wong juru wana | kinèn ngawasêna sami | mring gustinira | kunêng gênti winarni ||

22. ing Ngamarta Sang Aprabu Darmaputra | duk lagya animbali | Radyan Wêrkudara | wus munggèng ngarsanira | Nangkula Sadewa sami | jajar kalawan | satriya Pringgadani ||

23. nuju sowan kang rama nulya binêkta | sumiwi ing ngarsa ji | sang prabu ngandika | Wêrkudara kaya pa | samêngko arinirèki | Si Dananjaya | dènnya karêm tan sipi ||

24. sabèng wana kongsi lali marang wisma | anggung nginêp wanadri | tyas ingsun sumêlang | sênadyan kang kinarya | garogol alase mêksih | milu Ngamarta | ananging cêlak yayi ||

25. lan ing Setragăndamayu gon drubiksa | kayangan Yyang Pêrmoni | alas Pêngalapan | mênawa kèh bekanya | marma tyas ingsun kuwatir | susulên inggal | pêksanên barêng mulih ||

26. Wêrkudara bêkuh sêndhu saurira | Janaka ari mami | turu anèng wana | dadi sumêlanging tyas | bok uwis aja pinikir | kuwatir apa | wong turu nèng wanadri ||

27. akèh uwong padha trêsna marang kadang | ora kaya sirèki | mung lunga sacêngkang | anggung gawe sumêlang | yèn matia binadhog ing | setaning Durga | wus biyèn-biyèn mati ||

28. Si Janaka nora saiki kewala | ping pat ping lima uwis | ngambah alas Setra [Se...]

--- 204 ---

[...tra] | găndamayu gon Durga | kongsi sasèn-sasèn nguni | dene ta nora | modar pinangan bêlis ||

29. sun susula dhewe marang pagrogolan | măngsa gêlêma mulih | wong lagya mrih suka | dènnyandon anèng wana | yèn durung tutug kang ati | Si Dananjaya | măngsa tolèha wuri ||

86. Pangkur

1. kasaru ing praptanira | Lurah Sêmar sarwi lara anangis | sumungkêm pada sang prabu | saryanjrit aturira | dhuh sinuhun atur tiwas abdinipun | umiring rayi paduka | sipêng pagrogolan gusti ||

2. manggih sikuning jawata | rayi dalêm galihipun kalindhih | purwane dènnya karidhu | pun juru wana prapta | tur uninga lamun pagrogolan sampun | dadya duk lagya sadina | sagunging buron wanadri ||

3. ing dalu lumêbêt wana | pagrogolan kadya wonten kang giring | arinta tumêdhak gupuh | dharat tan mawi bala | mung kawula lan pun Bagong ingkang tumut | tiga lan pun juru wana | sapraptanirèng wanadri ||

4. lajêng ngubêngi grogolan | rayi dalêm langkung sukaning galih | mulat ing buron wana gung | bayak arak-arakan | singa warak andakèsthi lan andanu | mênjangan tanpa wilangan | ewon kidang lawan kancil ||

5. lawanging kang pagrogolan | kinèn nutup bêthèke dèn rangkêpi | suruping arka pukulun | kundur mring pasanggrahan | pan ing dalu [da...]

--- [204v] ---

[...lu] bêdhah grogolan kang kidul | pinulih mring juru wana | nuntên dalunipun malih ||

6. gantya ingkang wetan bêdhah | wus pinulih mring juru wana gênti | ingkang lèr bêdhah ing dalu | pênggalihe arinta | bêdhah sangking tinunjang buron wana gung | nuntên jroning pagrogolan | burone sêdaya mijil ||

7. sangking jroning pagrogolan | salang-tunjang tan kenging dèn adhangi | sato lit-alit sumawur | jêjêl tan antuk marga | kathah pêjah kèdêk ing buron wana gung | ting balêbêr kang lumumpat | kadya wontên kang dèn jrihi ||

8. gajah bêdhah grogol rêbah | warak nêrak bêthèke bosak-basik | mênjangan anunjang purun | bubrah kang pagrogolan | pan jinajah ing têngah sêdaya suwung | myang pinggir mamring kewala | burone tan kantun siji ||

9. myarsa turing juru wana | rayi dalêm dhêlêg-dhêlêg tan angling | sasampuning jêntung ngungun | mara mring pagrogolan | angandika botên wontên rowangipun | lajêng sumêbut manculat | sarta gro kadya rasêksi ||

10. kados lamun kasurupan | ing drubiksa kang rumêksèng wanadri | mobat-mabit solahipun | tan kenging pinêrpêkan | mêndhak-mêndhak anyepak dhupak anapuk | malumpat angering nganan | kadya indhaning ajurit ||

11. marma glis kawula tilar | tur uninga ing gusti sri bupati | pun Bago[4] kang meksih kantun | lan sagung juru wana | ngawasêna [nga...]

--- 205 ---

[...wasêna] sasolahe gustinipun | nutakên saparanira | sang pabu dupi miyarsi ||

12. ing ature Lurah Sêmar | langkung sangking kumêpyuring kang galih | hèh Sena kaya pa iku | tuture Kakang Sêmar | nora linyok sumêlange ing tyas ingsun | iya marang arinira | dene ta mêngko nêmahi ||

13. mêngkono iku rinira | lamun ora age sira tututi | kêlantur datanpa tutur | karidhu ing drubiksa | pênggawene Sang Bathari Durga iku | dèn age sira nusula | lan sutanira yya kari ||

14. gêlêma nora gêlêma | arinira pêksanên bae mulih | Wêrkudara gya sumêbut | tan kantun ingkang putra | praptèng jawi Arya Sena ngandika sru | hèh Gathutkaca dhingina | lumakua ing wiyati ||

15. antêpên ing ibêrira | glisa prapta yèn pamanamu mêksih | katog gila solahipun | karidhu ing drubiksa | lah dèn age tubrukên sangking ing pungkur | gawanên mring antariksa | aja ngantèni mring mami ||

16. kang putra matur sandika | mundur nêmbah sangking ngarsa nulya glis | mêsat gêgana sumêbut | umyang kang bayu bajra | krasing ibêrira ngajrihi dinulu | mega pyak angering nganan | drêsing pawana lumindhih ||

17. mangkana kang lampah dharat | Radyan Wêrkudara umangkat aglis | saingga mêsat sumêbrung | ingantêp lumpatira | salumpatan rong onjotan têbihipun | tinut dening bayu bajra | sindhung riwut angin-angin [a...]

--- [205v] ---

[...ngin-angin] ||

18. prahara rèh magênturan | ambêbênêr lampahnya murang margi | lèsus mêsês lir pinusus | wrêksa sol kapêrapal | sêmpal punggêl myang pokah rug kabarubuh | lampahe Sang Arya Sena | lir naga krura ngajrihi ||

19. mangkanarya Senaputra | ingkang margèng gêgana sampun prapti | Dananjaya duk andulu | nglêpasakên sênjata | Jurumeya kacundhuk jajanira sru | niba gro sangêt kêlaran | Jarameya nandêr aglis ||

20. tinadhahan sinanjata | jajanira trus anggro nibèng siti | sêdaya wil balanipun | nênggih Bathari Durga | kênèng lara nanging nora kênèng lampus | Jurumeya Jarameya | tangi barêng nandêr angrik ||

21. nubruk sangking kering kanan | Dananjaya datan kewran ing galih | ngiwa nêngên lumpatipun | tinubruk sangking kanan | endha ngering anêpak nyepak anapuk | malumpat kanan andhupak | kaledhon dènnya ngendhani ||

22. cinandhak mring Jurumeya | gya binuwang manglayang tibèng têbih | Gathutkaca duk andulu | solahe ingkang paman | ngiwa nêngên solahira sêbrang-sêbrung | indha mêndhak dhupak nyepak | mundur nglêpasi jêmparing ||

87. Durma

1. tanpa mungsuh araga solahing aprang | sarta gro lir rasêksi | Radyan Gathutkaca | gugup paniyupira | anjlog ing ngarsanira glis | nungkêmi pada | umatur ngasih-asih ||

--- 206 ---

2. dhuh-dhuh adhuh jêng paman wong tuwaningwang | sampun asalah galih | molah tanpa mêngsah | jêmparing tawang-towang | sumăngga kundur dèn aglis | tuwan ngandikan | ing rakanta wa aji ||

3. sangêt-sangêt dhawuhipun mring kawula | sampun tan botên kenging | ing salampah amba | pelingipun jêng uwa | mring tuwan alas puniki | parêk gèn Durga | Pêngalapan sayêkti ||

4. Dananjaya mèsêm aris angandika | ya pantês bae kaki | sira ngaranana | yèn gila solah ingwang | tanpa mungsuh anjêmparing | anggro lir ditya | jêr sira tan udani ||

5. mungsuh ingsun karone ditya nyiluman | ing kene sun sipati | kulup netranira | supayane wêruha | mring mungsuh ingsun kêkalih | Sang Parta sigra | mundhut lisahirèki ||

6. jayèngkatong sinipatkên ingkang putra | sêkala byar kaèksi | ditya kalihira | Rahadyan Gathutkaca | krodha sru aturirèki | sampun katingal | punika ditya kalih ||

7. samya gundhul kêkuciran anggêgila | tuwan aso rumiyin | ulun kang tumandang | kang paman angandika | ya kulup dèn ngati-ati | mungsuh siluman | sêkti tan kênèng pati ||

8. Gathutkaca nêmbah mundur sangking ngarsa | mêrpêki dènira ngling | hèh wil palawija | drubiksa karo padha | ru-biru wong tuwa mami | sandhangên uga | mêngko pamalês mami ||

9. ditya kalih kagyat langkung krodhanira | dènnya kabèh udani | parêng anêrajang | sangking ing kering kanan | barêng [ba...]

--- [206v] ---

[...rêng] nubruk dèn barêngi | kalih cinandhak | duk lagyarsa binanting ||

10. pan marucut lunyu ucul sangking asta | lir wêlut dèn lêngani | tangi mara rampak | Jurumeya tinêpak | mukanya jungkêl ing siti | anggro kalaran | Jarameya nulya glis ||

11. nubruk sangking kering sinampe ing asta | kaplêsat tiba têbih | tangi kalihira | nyênyiwo kering kanan | cinandhak marucut têbih | giwar anyakar | dharusul jêbul wuri ||

12. nyokot kempol pinengkal kasingsal kontal | wangsul gundhule bijig | bingung Senaputra | kinaro kering kanan | sinasiwo kanan kering | ditya kalihnya | wêntala bola-bali ||

13. datan kêna cinandhak lunyu kewala | ya ta wau kang prapti | Radyan Wêrkudara | mulat marang kang putra | anèng wana mobat-mabit | angering nganan | kadya solahing jurit ||

14. dhupak tawang-towang mungsuhe tan ana | sarta gro lir rasêksi | Radyan Wêrkudara | kêlangkung dukanira | lumumpat ingkang putra glis | asru jinambak | sinêndhal sangking wuri ||

15. pan kalênggak lagyarsa nolih dhinupak | kongsêp kadya pinuntir | kuwalik tibanya | pinêtêl mukanira | sinungkêmakên ing wêntis | asru ngandika | sirèki apa baring ||

16. katularan Si Janaka gone edan | mobat-mabit pribadi | lah ta katon apa | mêngkono solahira | baring nora tulus baring | anggro lir

--- 207 ---

ditya | têka tan idhêp ngisin ||

17. wus tumêrcêp sira bêthut trahing ditya | mendah guyune sami | Kurawa Ngastina | yèn ngrungu solahira | kang putra umatur aris | dene kawula | ingkang gro pan rasêksi ||

18. ingkang ngridhu jêng paman buta siluman | punika inggih mêksih | ngadêg sor mandera | gundhul kakucir samya | Wêrkudara sru ambêkis | tan ana buta | apa picak sun iki ||

19. ora ana wong duwe mata mung sira | kang putra matur aris | rumiyin kawula | inggih kados paduka | duk prapta botên udani | ing wil kalihnya | anuntên dèn sipati ||

20. ing jêng paman lisah jayèngkatong nulya | katingal wil kêkalih | bêkis Wêrkudara | dangu diya-diniya | Dananjaya nulya prapti | alon turira | sampun tuwan wêstani ||

21. ing putranta salah cipta solahira | lamun arsa udani | suwawi ngagêma | inggih sipat kawula | Wêrkudara sru dènnya ngling | lah iya mara | apa rupane mangkin ||

22. Dananjaya sigra nêmbah ingkang raka | netranya dèn sipati | nula[5] byar katingal | nênggih ditya kalihnya | krodharya Sena sru angling | hèh Dananjaya | bênêr ika wus kèksi ||

23. buta loro gundhul kêkuciran padha | Gathutkaca dèn aglis | payo parêng tandang | ing aprang siji sewang | sandika ingkang putra glis | parêng dènira | mêrpêki [mêrpê...]

--- [207v] ---

[...ki] ditya kalih ||

24. Jurumeya Jarameya wus prayitna | tinubruk anguncati | giwar ngering nganan | tinut ubêng-ubêngan | Jurumeya asru angling | hèh Jarameya | aja panggah ing jurit ||

25. rewangana ing aprang lèrèp kewala | Si Bungkus mêmêdèni | bidhungên ing aprang | ditya kalih gya pisah | Gathutkaca gya nututi | myang Arya Sena | prayitna wil kêkalih ||

26. tinêrajang buta kêkalih gya mêsat | mubêng anganan ngering | jêbul wuri ngarsa | tinubruk datan kêna | marucut sumripit kêsit | lunyu kewala | lir wêlut dèn lêngani ||

27. kapitêmên Wêrkudara myang kang putra | ing aprang dènnya mamrih | ditya kalihira | nanging tan ana bisa | marêk rukêt ing ajurit | dènnya linawan | lèrèp ing aprang kêsit ||

28. yèn sinandêr palayunira lir kilat | tinilar nulya bali | bêbidhung nèng ngarsa | nyênyiwo ngering nganan | nglêlèdhèk angiwi-iwi | dhinupak endha | dhêrusul tiba wuri ||

29. jegal nyakot sinepak giwar anyakar | tinolih angunduri | Radyan Wêrkudara | langkung kaku tyasira | riwut krodhanirèng jurit | miwah kang putra | ing prang tan antuk kingkin ||

88. Asmaradana

1. duk sêmana dèn bantoni | dening Sang Bathari Durga | ditya Bajobarat kabèh | kinèn bêbidhung ing aprang | marang Bima Arjuna | kumrusuk saingga jawuh |

--- 208 ---

praptaning wil bajobarat ||

2. arèngès ringis gumriwis | angrubung bêbingung ing prang | sangsaya riwut krodhane | Wêrkudara lan kang putra | bêdhol wit gora rupa | wil Bajobarat sumawur | tan dangu bali gêgila ||

3. sangking ngarsa sangking wuri | miwah sangking kering kanan | anggêgila anglêlèdhèk | sinapu rêbah bêlasah | nanging wil Bajobarat | sêdaya tan kêna lampus | mung kênèng lara kewala ||

4. kunêng kang lagya ajurit | Arya Sena lan kang putra | sinasiwo ing dityakèh | anèng samadyaning wana | gantya ingkang winarna | Burisrawa lampahipun | Togog lawan Saraita ||

5. ing Madukara wus prapti | kang sumêdya lampah dhustha | sayêkti yèn sarêng bae | lan praptane wil kalihnya | dènnya godha Sang Parta | miwah praptaning bêbantu | sagunging wil Bajobarat ||

6. ananging gênti winarni | èwêt lamun sinarênga | mangkana wau lampahe | Radyan Arya Burisrawa | Togog lan Saraita | jujug pêpungkuranipun | nênggih taman Madugănda ||

7. lawang butulan wus kunci | têngah dalu wayahira | Togog alon ing ature | lah radèn kados punapa | gèn paduka mrih marga | lawang butulan wus tutup | punapa babah kewala ||

8. bagêr[6] bata langkung inggil | èwêt lamun pinènèka | Burisrawa lon saure | lamun sêmene kewala | dhuwure pagêr

--- [208v] ---

bata | isih kaduga wak ingsun | iya lamun lumumpata ||

9. yèn nora bisa sirèki | lumumpat ing pagêr bata | padha karia nèng kene | aja sira lunga-lunga | yèn ingsun durung prapta | Togog gumuyu turipun | lumumpat galêng kewala ||

10. kawula botên kadugi | kantun nèng ngriki kewala | nanging dèn prayitna radèn | ing mangke lêbêt paduka | ing dalêm Madukara | sampun dumèh lamun suwung | namung kantun para garwa ||

11. kawula midhangêt warti | garwane Radèn Janaka | putri Cêmpala kang anèm | wantêr prawira ngayuda | wasis ulah sênjata | lawan wontên sêliripun | satunggal ingkang prawira ||

12. măndraguna sura sêkti | tan wontên braja tumama | marma dèn angatos-atos | Radyan Arya Burisrawa | gumujêng saurira | ingsun uwis ya angrungu | nanging aja walang-driya ||

13. bisa amibêr mring langit | wong wadon tan dadi karya | malah yèn lêga galihe | Togog gustimu Bok Badra | ayya ta kêtanggungan | marune kang roro iku | iya ingsun gawa pisan ||

14. gustimu wong bêkti nglaki | sayêkti parêng kewala | lah ta wis karia karo | nèng kene aja anendra | Togog lan Saraita | kalih sandika turipun | sigra Radyan Burisrawa ||

15. pagêr bata dèn lumpati | wus prapta sajroning taman | kapiyarsa mêksih rame | kang saos anèng [a...]

--- 209 ---

[...nèng] pandhapa | Rahadyan Burisrawa | kèndêl ing tyasira mangu | miranti sor nagapuspa ||

16. sinambêran ing kêkolik | bênce tuhu lawan têkak | sigra matak sêsirêpe | sêkala rêbah bêlasah | kênèng pangaribawa | kang saos wus samya turu | tuwin sagung para garwa ||

17. sêdaya wus samya guling | mung kantun Wara Sumbadra | angêloni mring putrane | lingsir dalu dèrèng nendra | cinatur radèn putra | langkung agêng budinipun | sapêngkêre ingkang rama ||

18. tigang dintên tigang ratri | karuna tan arsa nendra | gêgêndhil marang ibune | anèng êmbanan karuna | takèn marang kang rama | ingêmban marang kang ibu | Cêmpala radyan tan arsa ||

19. myang Sulastri Larasati | gênti ngêmban datan arsa | mung marang ibune dhewe | sarta tan kèndêl karuna | sagung cèthi pawongan | samya wlas marang kang ibu | dènnya ginanti tan kêna ||

20. nèng êmbanan mêksih budi | tigang dalu tigang dina | dadya sayah sadayane | sartarip mangkya katêtah | kênèng pangaribawa | Burisrawa sirêpipun | sarêng sare radèn putra ||

21. sêdaya belani guling | sagunging cèthi parêkan | anggêlasah nèng dagane | rajaputri ing Cêmpala | nèng keringe kang putra | munggèng kanan ingkang ibu | ningali marang kang putra ||

22. wus kêpati dènnya guling | kusuma Wara Sumbadra | alon angunus astane | ingkang tinindhihan [tini...]

--- [209v] ---

[...ndhihan] putra | wusing kunus astanya | lênggah sarta nyandhak kêbut | langkung uyang kang sarira ||

23. aris mungu mring kang rayi | kagyat putri ing Cêmpala | sigra dènnya anjênggèlèk | lênggah dagane kang putra | kang raka angandika | yayi ingsun arsa adus | tunggunên atmajanira ||

24. pira ta lawase yayi | gon ingsun tan kobêr siram | ngêmban sutanira bae | marmane agêrahuyang | ingsun arsa ngayêmna | sarirangong adus kungkum | nèng botrawi Madugănda ||

25. kang rayi umatur aris | inggih kakang bok sumăngga | mangke kawula gugahe | pun Larasati punika | dhèrèkna marang taman | kang raka ngandika arum | yayi aja sira gugah ||

26. yaiku Si Larasati | ora beda lawan sira | bangêt sayah lan aripe | dimèn tutug gone nendra | lah iya ngarah apa | pira suwene wong adus | lamun tangi sutanira ||

27. budi takon marang mami | dèn age sira susulna | iya marang taman bae | kang rayi alon turira | inggih sakarsa tuwan | nanging sampun dangu-dangu | siram taman maskumambang ||

89. Maskumambang

1. sang kusuma sigra nyumêt damar lilin | têdhak marang taman | ya ta wau kang winarni | Radyan Arya Burisrawa ||

2. mêksih dènnya miranti sor nagasari | satêpining marga | kagyat dènira

--- 210 ---

ningali | wanudya mijil mring taman ||

3. tanpa rowang sarwi bêkta damar lilin | sangsaya mèh pêrak | Burisrawa datan pangling | kalamun Wara Sumbadra ||

4. Burisrawa tanbuh sukanirèng galih | ngreyap remanira | dêngkèng ngulèt ngêluk gigir | mrêkungkung mêtêl kang jăngga ||

5. nyipta sangki[7] sêbdanira Yyang Prêmoni | dènnya dumadakan | sang rêtna mara pribadi | munyuk-munyuk marang taman ||

6. tanpa rowang ciptaning driyanira wis | sênadyan mopoa | winasesa yêkti kêni | pira kuwating wanudya ||

7. dhasar sêpi Arjuna anèng wanadri | paran yèn luputa | wus panggih sami pribadi | ing wêngi nadyan anjrita ||

8. sapa tulung sawusnya ngartikèng ati | mingsêr sangking gènnya | dhodhok ngadhang têngah margi | wau ta sang lir kusuma ||

9. lampahira mèh pêrak dèrèng udani | marang Burisrawa | sulap dening damar lilin | wus praptèng sor nagapuspa ||

10. sang dyah kèndêl kagyat dènira ningali | jêrbobog ngarsanya | ngapêndul wiyar netra brit | gusi nyêrngèngès lir ditya ||

11. sang kusuma tan măntra tyasira ajrih | mulat warnanira | cinipta lamun mêmêdi | alon dènira ngandika ||

12. hèh sirèku apa ta setan mêmêdi | dèn age lungaa | sun ar siram botrawi |[8] aja ngadhangi nèng marga ||

13. mêmêdèni sun ora wêdi mêmêdi | nora wêdi setan | Burisrawa duk miyarsi | lingira Wara Sumbadra ||

--- [210v] ---

14. saurnya ris lêmbah-manah ngasih-asih | dhuh sang rêtnaning dyah | kusuma dewaning èstri | kawula pun Burisrawa ||

15. têbih-têbih raka andika pribadi | putra ing Mandraka | punapa na[9] anggèr pangling | sang rêtna dupi miyarsa ||

16. lamun tuhu Burisrawa ingkang prapti | kêpyuring tyas kadya | sinênggrang ing mong sakêthi | rumaras rumiring ringas ||

17. sru gumêtêring tyas gêtêr wus andugi | sêdyane kang prapta | sang dyah wus anyipta pati | arsa nyingkiri tan bisa ||

18. pan dhèngkèlên dhêrodhog dheprok ing siti | kabutuh kinarya | ling-aling dêkungirèki | saurnya mring Burisrawa ||

19. kang satuhu rahadèn kawula pangling | sangking tan waspada | sulap dening damar lilin | nyana mêmêdi kewala ||

20. dalu-dalu dhodhok soring nagasari | sêrambut tan nyipta | lamun paduka kang prapti | dene tan mawi sêbawa ||

21. mung aksama paduka mring awak mami | dene katambuan | mastani lamun mêmêdi | sangking dalu tan waspada ||

22. gih punapa kang dados karsanirèki | dalu-dalu prapta | anjujug ing tamansari | kalamun arsa pêpanggya ||

23. lawan rayi paduka jêng paran sêpi | mêng-amêng mring wana | prayogi ing binjing-injing | kewala tuwan wangsula ||

24. Radyan Arya Burisrawa duk miyarsi | lingira sang rêtna | pangrêpanirèsmu ajrih | trênyuhing wardaya lupa ||

25. dhuh kusuma botên anêdya pêpanggih | lan pun Dananjaya | satru trusing lair batin |

--- 211 ---

kêpanggih asil punapa ||

26. nguni-uni kongsi prapta ing sêmangkin | datan lyan cinipta | mung nêdya marêk angabdi | ing gusti sang rêtnaning dyah ||

27. ngaturakên prasêtya lan pati urip | saundur kawula | sangking nagri Dwarawati | merang mantuk mring Ngastina ||

28. lajêng gêlap ngilang manjing mring wanadri | Setramayugănda | ngupaya marmaning pati | sangking tan kuwawa brăngta ||

29. mamrih pati nèng wana tan antuk pati | sato galak nulak | mamăngsa prasamya ajrih | drubiksa malah angrêksa ||

30. kang tansaya mêtak wiyoganing galih | tan lyan kang katingal | namung sang dewaning èstri | cumanthèl padoning netra ||

31. lan gumantung ing jantung tuntunging ati | marma glis nêmpuh byat | mring paduka ambêk pati | mrih dhustha ing sang lir rêtna ||

32. nadyan silih kawênangana ing latri | mring Si Dananjaya | wus sun sêdya dhasar wani | ing aprang takêr ludira ||

33. pan ing mangke jawata sung marga gampil | pinanggihkên ingwang | lan sang dyah sami pribadi | nèng ngriki tan ana wikan ||

34. dadya abdinira kusuma tur pati | mring sang liring sêkar | asiha mring kawlasasih | anggèr ing dalu punika ||

35. pan kawula bêkta mring Ngastina nagri | pundi kang kinarsan | kusuma nagri kêkalih | Ngastina lan ing Mandraka ||

36. kawulanggèr ngèstupada angêmbani | jalma ngêla-êla | ing gusti sang kadi ratih | sang kusuma duk miyarsa ||

37. linge Burisrawa èstune ing kapti | marang sariranya | dènnyamrih dhustha [dhu...]

--- [211v] ---

[...stha] ing latri | wus tan nêdya yèn mundura ||

90. Durma

1. sang kusuma mêksih sarèh sasabira | nanging sêndhu aririh | dhuh radèn emuta | bok sampun drêng ing karsa | mring èstri wus darbe laki | măngsa kiranga | putrining kang para ji ||

2. ingkang ayu luwih sangking ing kawula | radèn putra nêrpati | sampun nrak kanisthan | pan ing mangke kawula | radèn sampun asêsiwi | bêkuh rahadyan | Burisrawa sru angling ||

3. nadyan sampun pêputra pêngraos kula | kasangsayèmbêg manis | tan kenging lumuha | sang dyah dalu punika | purun tan puruna yêkti | kawula bêkta | marang Ngastina nagri ||

4. lah kantunipun punapa lan Janaka | kula putra nrêpati | dhakon asêsotya | intên mirah mutyara | jumêrut nila widuri | măngsa kiranga | nagri Ngastina gusti ||

5. lêng anuta kewala sang lir kusuma | sukarja mukti sari | samăngsa lumuha | yêkti kula wasesa | sintên ingkang angukuhi | sariranira | tiwas rusak mas yayi ||

6. Rêtna Wara Sumbadra dupi miyarsa | Burisrawa dènnya ngling | saputing tyasira | nora saya ajriha | malah sangsaya awani | sariranira | ingkang gumêtêr mari ||

7. myang mêmarasing tyas kuwatire sirna | dènnya wus ngèsthi pati | pêdhês saurira | hèh Radèn Burisrawa | ujare putra nrêpati | Narendra Salya | kasup ratu linuwih ||

8. ing Mandraka sarjana [sarja...]

--- 212 ---

[...na] tur parikrama | pageneya sirèki | nganggo ati kumpra | mêksa wong datan arsa | culika alaku maling | sakêthi nistha | nguthuh ngrêgêdi bumi ||

9. mara bêngi jujug wuri tan ubaya | kang darbe wisma sêpi | kaya nora bisa | sira gawa uripan | buh ta yèn ingsun wus mati | mênawa bisa | sira gêpok ing kami ||

10. aja ngenak-enak gumampang tyasira | wis ubaya sun iki | liyane jêng paran | Madukara tan bisa | mêngku ing sarira mami | praptèng don pisan | lah ta jajalên mangkin ||

11. kulit ingsun yèn kongsi kagêpok sira | sayêkti ingsun sêbit | sawusnya ngandika | Rêtna Wara Sumbadra | anarik patrêmira glis | pinusthi ngasta | karsanira sang dèwi ||

12. samangsane tinubruk mring Burisrawa | matrêm jajanira glis | dadya kagêpoka | lamun sampun palastra | Burisrawa duk miyarsi | lingnya sang rêtna | pêdhês mandhês tan sipi ||

13. sru nênacat anglulu angala-ala | nyênyorèk ngorak-arik | ngundhat ngundhamana | mêmongor tan rêringa | watak priyayi bambang pring | kadya tinêpak | muka karna lir sêbit ||

14. pan sêkala lilih ing subrangtanira | sruning kurdhanirèki | Radyan Burisrawa | wruh lamun sang kusuma | narik patrêmnya pinusthi | nanging cinipta | patrêmira sang putri ||

15. badhe tinamakkên marang sariranya | Burisrawa nulya glis | narik curiganya | sarya sru angandika [anga...]

--- [212v] ---

[...ndika] | hèh-hèh si bêlèk kumini | Putra Mandraka | andadak dèn wêdèni ||

16. mung sacêngkang patrêmmu payo tamakna | pilihana kang tipis | kêlamun sirarsa | matrêm age matrêma | ingsun lèkne kang macicil | balik yèn sira | mêksa lumuh ing mami ||

17. pêsthi pêdhot gulumu dening curiga | pan sarwi angagagi | marang ing sang rêtna | ananging karsanira | mung kinarya mêmêdèni | supaya nuta | sang dyah binêktèng latri ||

18. duk kumlawe angagagi ing curiga | sang rêtna ambarêngi | dhuwung tinêrajang | sarwi amatrêm jaja | tumancêp tuntunging ati | curiganira | sangandhap susu kering ||

19. trusing gigir kagyat Radèn Burisrawa | nyêndhal astanira ris | pêcating curiga | sang dyah kadya cinuthat | kaplêsat tibanya têbih | ludira muncar | tibanira sang putri ||

20. pêcat patrêm mêksih cinêpêng nèng asta | datan sambat sang putri | lajêng dènnya seda | gumuling nèng bantala | Burisrawa aningali | marang sang rêtna | ngungun jêtung tan sipi ||

21. wusing nrajang curiga glis patrêm jaja | dahat teganing pati | jomblong Burisrawa | kaduwung solahira | dhêlêg-dhêlêg datan angling | curiganira | ngacung nèng asta mêksih ||

22. damar lilin kaplêsat tiba tan pêjah | sumendhe nagasari | kunêng kang winarna | wau ing dalêm pura | kusuma Wara Srikandhi | kang têngga putra | rahadèn mêksih

--- 213 ---

guling ||

23. Rajaputri Cêmpala tyase tan eca | dangu dènira nganti | marang ingkang raka | dènnya siram mring taman | wus dangu tan ana prapti | lawan miyarsa | swaraning pêksi kolik ||

24. lan têtuhu bênce têkak abarungan | pêrnahnya tamansari | sangsaya sumêlang | tyasnya Putri Cêmpala | gugah marang Larasati | tangi gumregah | sang rêtna ngandika ris ||

25. lah ta yayi tunggunên atmajanira | kêbutana kang aris | sun arsa nusula | mring kangbok dènnya siram | mring taman suwe tan prapti | putri Cêmpala | nyandhak patrêmira glis ||

26. nusul marang ing taman kagyat tumingal | dene kang damar lilin | nèng siti kewala | sumendhe nagapuspa | balêrêt urube mêksih | ingulap-ulap | kang raka tan kaèksi ||

27. marasing tyas nanging mêksih darbe nyana | ingkang raka dinugi | wande dènnya siram | pijêr angalap sêkar | kang wus tumiba ing siti | putri Cêmpala | sêksana marêpêki ||

28. sarwi nguwuh kangbok ing pundi gèn tuwan | ambucal damar lilin | têka botên siram | punapa ngambil sêkar | Burisrawa duk ningali | kagyat tan samar | lamun Wara Srikandhi ||

29. osiking tyas angur aja uman ingwang | iya lan Si Prêmadi | sun tumpêse pisan | bojone dimèn bela | sayêkti kabèh belani | Nata Pandhawa | ilang kalilip mami ||

--- [213v] ---

30. Burisrawa sigra miranti gonira | alingan nagasari | putri ing Cêmpala | praptèng sor nagapuspa | arsa nyandhak damar lilin | Putra Mandraka | wus datan tolih wuri ||

91. Pangkur

1. Burisrawa sigra jangkah | ing sang rêtna sulap datan udani | ginoco jajanira sru | sangking ngarsa tan pasah | sangêt kuntal sang dyah kantêp tibanipun | tangi dhêrakalan sarta | narik patrêm dèn dhingini ||

2. ginoco jajanya kontal | wangsul nulya sinuduk kontal malih | kari corok dhuwungipun | tinêtêr kuntal-kuntal | datan busik nanging malêsi tan antuk | giris Radyan Burisrawa | lumayu sang dyah nututi ||

3. sarwi nguwuh hèh mandhêga | hèh ta maling babo aja nguncati | dene liwat tambuh laku | maling ing ngêndi sira | angakua sapa ta aranirèku | jampêng nora kulak warta | adol parungon si anjing ||

4. yèn satriya Madukara | duwe garwa kang anom sura sêkti | putri Cêmpala pinunjul | sumbaga măndraguna | Rêtna Wara Srikandhi ing prang dibya nung | si maling liwat mêjana | dumèh kangjêng paran sêpi ||

5. aja nguncati hèh dhustha | tadhahana maling wêwalês mami | dene ta dadak lumayu | eman ing lakunira | lamun durung wruh rasane patrêm ingsun | Burisrawa duk miyarsa | maras tyasira nulya glis ||

6. lumumpat ing pagêr bata [ba...]

--- 214 ---

[...ta] | angêjlogi ingkang têngga nèng jawi | Togog Saraita jumbul | lajêng nututi samya | sampun lajêng têtiga palajêngipun | putri Cêmpala myat raka | gumuling anèng ing siti ||

7. sarira kuthah ludira | tatu kalih patrêm nèng asta mêksih | putri Cêmpala sigrambruk | nungkêmi ingkang raka | pan saryanjrit saputing tyasira kantu | sajroning dalêm miyarsa | Sulastri lan Larasati ||

8. gugup ngêmban radèn putra | kalihira nusul mring tamansari | pawongan sêdaya sampun | tangi miwah pandhapa | ingkang saos sêdaya miyarsa gugup | Rahadyan Patih Sucitra | matah sagunging prajurit ||

9. ngêpung sajawining taman | para mantri ingkang binêkta sami | manjing jroning tamansantun | obor kadi raina | Larasati lawan Sulastri andulu | ing gustine kalihira | gumuling anèng ing siti ||

10. sarira kuthah ludira | Larasati Sulastri parêng anjrit | angrungkêbi gustinipun | kalih samya kantaka | radèn putra karuna ingêmban gupuh | marang Rahadyan Sucitra | jinajah jro tamansari ||

11. miwah ing jawi kinêpang | tanpa gawe Burisrawa wus nêbih | gêblas manjing ing wana gung | wau ta jroning taman | Radèn Arya Sucitra langkung margiyuh | dènnya tan wruh purwanira | sedane sang rajaputri ||

12. putri Cêmpala kantaka | Larasati lan Sulastri nututi | kalihira [kalih...]

--- [214v] ---

[...ira] datan emut | tan na kang tinakonan | babu inya parêkan nangis gumuruh | Rahadyan Patih Sucitra | ribêt tyasira tan sipi ||

13. mulat marang gustinira | akuthah rah gumuling anèng siti | tambuh-tambuh solahipun | matag sagung pawongan | kang palastra miwah kang kantaka sampun | binayang mring dalêm pura | sinarèkakên sang putri ||

14. ing sangarsaning pajangan | kang kantaka katri wus èngêt sami | pungun-pungun sèwu ngungun | Rajaputri Cêmpala | nutur purwa ing madya wusananipun | sedanira ingkang raka | lamun cinidra ing maling ||

15. sapraptaningsun ing taman | apan isih malinge angadhêpi | alingan wit nagasantun | banjur nuduk maringwang | wali-wali arsa sun walês lumayu | lumumpat ing pagêr bata | duk isih ingsun takoni ||

16. jênênge myang pinangkanya | pijêr nuduk nêtêr tan angakoni | purwane ingsun nora wruh | kangbok ing sedanira | wus katêmu gumuling sor nagasantun | isih ngasta patrêmira | hèh Sulastri Larasati ||

17. karone padha karia | tunggu gustinira ingkang wus lalis | lan among sutanirèku | padha ring-aringana | hèh Sucitra poma dèn prayitnèng pungkur | sun arsa atur uninga | iya marang ing jro puri ||

18. Sang Aprabu Yudhisthira | lagya wungu kagyat dènnya ningali | ingkang rayi praptanipun | sarwi lara karuna | sang dyah lajêng tumundhuk ngarsa sang prabu |

--- 215 ---

sru anjrit nungkêmi pada | sang prabu ngandika aris ||

19. hèh yayi dèwi matura | apa ingkang dadi tangisirèki | sang rêtna sigra umatur | sedanya ingkang raka | cinidra ing duratmaka duk ing dalu | ing purwa madya wusana | wus ingaturakên sami ||

20. Sang Aprabu Yudhisthira | duk miyarsa langkung sungkawèng galih | kang rayi ngandikan gupuh | Nangkula lan Sadewa | praptèng ngarsa winartanan sedanipun | kang raka Wara Sumbadra | langkung sungkawane sami ||

21. Radyan Nangkula Sadewa | dhinawuhan kalihira tinuding | Radyan Nangkula tinuduh | nusul mring pagrogolan | ingkang rayi Radyan Sadewa tinuduh | tur uninga mring kang raka | sinuwun ing Dwarawati ||

22. wus mêdal sangking jro pura | radèn kalih sapraptanirèng jawi | sarêng nitih kudanipun | sandêran tanpa wadya | pan ing wuri Prabu Darmaputra sampun | budhalan mring Madukara | saha garwa pramèswari ||

23. kunêng gênti kang winarna | pagrogolan kang mêksih rame jurit | Sena lawan putranipun | mêngsah ditya nyiluman | langkung susah mêngsahe tan kêna lampus | lêsah wus angrasa sayah | Dananja aningali |[10]|

24. ing yudane ingkang raka | myang kang putra susah wus sayah sami | langkung marmanirèng kalbu | ing raka lan kang putra | Dananjaya sigra mênthang langkapipun | nguculkên kang sarutama | sênjata pamungkas luwih ||

25. muntap sangking gandhewanya | pan sêdaya mawi

--- [215v] ---

lar kadya pêksi | kumêbul tumamèng mungsuh | lamun wil Bajobarat | apan satus jêmparinge iya satus | lamun sèwu dityanira | iya sèwu kang jêmparing ||

26. tumamèng wil Bajobarat | kanin panah iya tan kêna pati | nanging sangêt sakitipun | ampuhing sarutama | ting galêmbor tambuh solahira bingung | kaparêng lawan praptanya | dutanira Yyang Prêmoni ||

27. ngundurakên ditya ingkang | samya kinèn godha Radyan Prêmadi | dènira wus karyanipun | dupi tampi parintah | dhasar ditya sèwu pan wus samya kawus | kawur lumayu sar-saran | mantuk mring kayangan sami ||

28. wau ta Sang Arya Sena | myang kang putra suka dènnya ningali | palayune mungsuhipun | sar-saran ting balêsar | Wêrkudara lan kang putra aris mundur | ngumpul anèng gèn Sang Parta | Wêrkudara sru dènnya ngling ||

29. lah ta wis payo dèn inggal | padha mulih pan sira dèn timbali | mring pêmbarêp kakangamu | aja lawas nèng alas | kèh bekane lah bok kapok ingkang uwus | kang kari anèng nêgara | bangêt gone walang-ati ||

30. kang rayi alon turira | inggih kangmas tuwan kundur rumiyin | yèn binjing kawula sampun | gèn kawula ngulihna | pagrogolan kathah bêdhah duk ing dalu | risak tinêrak ing warak | ing binjang lamun wus pulih ||

31. tumuntên mantuk kawula | Wêrkudara asru

--- 216 ---

dènira angling | lah ta gawe apa iku | ingkang sira gantèkna | tuwa buru bae anèng grogol iku | wong dèn undang kadang tuwa | bok akarya kingkin |[11]|

92. Asmaradana

1. dèrèng dugi dènira ngling | Radèn Arya Wrêkudara | kasaru wau praptane | nênggih Rahadyan Nangkula | jumujug gèn Sang Parta | lajêng anungkêmi suku | ature èsmu karuna ||

2. dhuh kangmas kula tinuding | ing rakanta sri narendra | animbali salirane | kang sarta paring uninga | lamun garwa paduka | kang kantun dalêm pukulun | kakang bok Wara Sumbadra ||

3. tiwas cinidra ing maling | wontên Taman Madugănda | tatu kêkalih jajane | kakang bok putri Cêmpala | kang nusul marang taman | lawan duratmaka campuh | caruk patrêm lan curiga ||

4. pandunge sêlak ngoncati | lumumpat ing pagêr bata | marma kangmas dipun age | raka paduka Ngamarta | apan sampun bidhalan | tan kantun sagarwanipun | dhumatêng ing Madukara ||

5. Sang Parta sarêng miyarsi | ing ature arinira | tambuh-tambuh ing ciptane | sêkala datan panon rat | sigra Sang Arya Sena | ngandika mring putranipun | hèh ta kulup Gathutkaca ||

6. gawanên margèng wiyati | kang putra matur sandika | kang paman sigra binopong | binêkta mêsat gêgana | Arya Sena sêksana | nututi [nu...]

--- [216v] ---

[...tuti] mangkat sumêbrung | saingga mêsat lumpatnya ||

7. dharat lan wiyat tan têbih | kantune lawan kang putra | Radyan Nangkula nulya ge | pinati sandêring kuda | nututi ingkang raka | nanging mêksa kantunipun | myang Sêmar Bagong dènira ||

8. kantune dènnya nututi | samarga-marga karuna | ya ta ingkang winiraos | Sang Aprabu Yudhisthira | wus praptèng Madukara | lajêng manjing dalêm agung | pramèswari sru karuna ||

9. angrangkul marang kang lalis | Srikandhi mêksih dènira | ambantoni ing tangise | Nikèn Larasati miwah | Sulastri dèrèng pisah | sangking pada kalihipun | nungkêmi sarwi karuna ||

10. wau ta praptanirèki | Radyan Arya Gathutkaca | dharat wiyat sarêng bae | lawan praptane kang rama | satriya Dananjaya | aris tinurunkên sampun | èngêt dènira kantaka ||

11. mulat marang ing raka ji | tur sêmbah lajêng lampahnya | mrêpêki marang garwane | kang sami ngrubung karuna | piyak angering nganan | Dananjaya mangu jêtung | anèng dagane kang garwa ||

12. wusing jêtung angrungkêbi | ing layon lajêng kantaka | sumungkêm anèng jajane | anjrit putri ing Cêmpala | miwah sagung pawongan | sêdaya nangis gumuruh | jêtung Prabu Yudhisthira ||

13. dahat pêtêngirèng galih | tumingal ing ari ingkang | kantaka myang ingkang layon | Wêrkudara lan kang putra | tan sagêt ningalana | dhêleg-dhêlêg samya [sa...]

--- 217 ---

[...mya] jêtung | wau ta ingkang kantaka ||

14. wungu pungun-pungun aris | èngêtnya sangking kantaka | kadya pinêtik karnane | myarsa swaraning karuna | anjriting para garwa | mênggah-mênggah sarwi ngadhuh | pan sarwi atêbah jaja ||

15. angrangkul marang kang lalis | apan sarwi ingarasan | adhuh jiwaningsun anggèr | mirah intêne pun kakang | sapanên dasihira | lagi prapta kusung-kusung | sangking wana pagrogolan ||

16. kangên manising pangliring | luruh aruming wêcana | ngênani ing tyas onênge | mung sapta ri anèng wana | pisah lawan andika | ciptamba wus pitung tèngsu | malah-malah pitung warsa ||

17. kang katingal siyang latri | cumanthèl padoning netra | tan lyan namung sarirane | gumantung tuntunging driya | miwah jroning supêna | marma kawula glis mantuk | kusung-kusung ing kusuma ||

18. têmahan dèn pitambuhi | kusuma mung mrih sumewa | suwe ingewan dasihe | nora sinatmata agya | pijêr tinilar nendra | apa dumèh dasihipun | alami kulinèng wana ||

19. nora antuk ingkang dadi | dolanane putranira | pan lagi ana bekane | pagrogolan gung binêdhah | dening ditya siluman | buta Setragăndamayu | balane Bathari Durga ||

20. ngaru-biru ngrêrusuhi | sagunging wil Bajobarat | ing mêngko wus sirna kabèh | sun tibani sarutama | gusti binjang kewala | samăngsa dasihe wangsul [wang...]

--- [217v] ---

[...sul] | marang wana pagrogolan ||

21. sayêkti sang kadi Ratih | lan ki putra kula bêkta | mendah ta baya sukane | kêlangênan anèng wana | sato mawarna-warna | kêlangênan mirah ingsun | satirah-tirahing marga ||

22. akathah kang sarwa sari | tan ilang tinanyakêna | sakarsanta ana kabèh | sirama anèng têlaga | pancuran sri kawuryan | wusing siram lawan ingsun | angundhuh kang kêmbang-kêmbang ||

23. cêpaka gambir mêlathi | anggitên lan sumarsana | mendah ta baya asrine | sumêkaring ukêlira | wilising rema pindha | cêmênging wiyat manawung | tranggana kesisan ima ||

24. marmane wungua yayi | payo pangkat marang wana | nitiha turăngga bae | sarutama siragêma | graita anglir jalma | sato miwah manuk-manuk | mrih kêna urip pan bisa ||

25. hèh Srikandhi paran iki | bakayumu gone nendra | ingsun wungu mèndêl bae | saka bangêting dukanya | apa ta luput ingwang | yayi rewangana mungu | lawan suwuna ngapura ||

26. kusuma Wara Srikandhi | myarsa dènira ngandika | sigra anyandhak astane | umatur sarwi karuna | paran dika emuta | yèn titahing jawata gung | sampun salah ing panyipta ||

27. kakang êmbok sampun lalis | dahat rinungrum rinêpa | ginalih yèn sare bae | luhung paduka matura | ing raka sri narendra | paran ta ing karsanipun | layone [layo...]

--- 218 ---

[...ne] kangbok punika ||

28. Dananjaya duk miyarsi | ature putri Cêmpala | rêmêking driya nglêgèyèh | niba nèng pangkon kantaka | anjrit putri Cêmpala | tangis sangsaya gumuruh | wus tan kêna sinapiha ||

29. Sri Yudhisthira ningali | marang kang manggung kantaka | langkung wimbuh ing galihe | miwah Radyan Wêrkudara | tan sagêt ningalana | mêdal marang jawi gupuh | tilar ing raka srinata ||

93. Sinom

1. Sang Aprabu Yudhisthira | pangandikanira aris | hèh yayi sira elinga | yèn titahing jawata di | aja kêpati-pati | kêlantur datanpa tutur | pijêr-pijêr kantaka | kaya nora duwe budi | pan kasiku dening Yyang Jagat Pratingkah ||

2. iya wis pantês kewala | kêpatèn garwa kêkasih | sêmono ing susahira | ananging sawise yayi | sayêkti nuli mikir | nolèh mring kang kari pungkur | garwa suta myang bala | miwah mring kadangirèki | aja kongsi lali kasatriyanira ||

3. ing patine garwanira | pupusên lamun wus pêsthi | karsaning maha bathara | măngsa wisa dèn tangisi | gung rinewang tan eling | ngênglêng binglêng pijêr linglung | apa nora mikira | layone garwanirèki | gilang-gilang sarira kuthah ludira ||

4. yayi dèwi ing Cêmpala | wadon-wadon duwe pikir | ngupakara kang palastra | sirèku kang duwe wajib | têka tan nganggo mikir | angurmati layonipun |

--- [218v] ---

tumuli siramana | apa sarêngganing lalis | adat kuna unggahe marang pancaka ||

5. pinaripurnèng busana | kaya duk pêngantèn nguni | satriya Andananjaya | lamat-lamat amiyarsi | andikaning raka ji | èngêtira sangking kantu | lajêng nungkêmi pada | umatur angasih-asih | dhuh pukulun saèstu kang pangandika ||

6. kawula nuwun aksama | dene dahat kumawani | supe nèng ngarsa paduka | sangking tan sagêt ningali | warnane ingkang lalis | dhuh pukulun sang aprabu | kawula nyuwun lilah | mring kang lena ambelani | tumut minggah pancaka manjing dahana ||

7. sangking sami wus ubaya | pundi ingkang ngrumiyini | bela tan sêlaya dina | sang prabu dupi miyarsi | aturnya ingkang rayi | mèsêm ing tyas ngandika rum | iya sakarsanira | pan ingsun nora malangi | wajib bae belani patining garwa ||

8. lan ila-ila tan kêna | satriya cidra ing jangji | ananging sira ngantia | iya sarawuhirèki | Sang Prabu Harimurti | kaya-kaya nuli rawuh | lamun wis linilanan | belanira marang rabi | ingsun lawan sakadangira sêdaya ||

9. sayêkti măngsa karia | kabèh bela lêbu gêni | pan wus jangjine Pandhawa | yèn matia salah siji | nora antara ari | kang kari bela tumutur | lah wis sira mikira | rêsike garwanirèki | lah sirèku ya milu kuthah ludira ||

10. kabèh

--- 219 ---

kang sumêdya bela | padha rêrêsika sami | satriya Andananjaya | miyarsa pangandika ji | anglêsing tyasnya dening | Pêndhawa ing jangjènipun | datan kenging sêlaya | sarêng sapati saurip | sigra matur marang sang narpadayita ||

11. dhuh kangbok kula sumăngga | pênggalihnya mring kang rayi | punapa kang pangandika | rakanta sri narapati | kangbok kang nyamêktani | sauparêngganing lampus | sang prabu nambung sêbda | sira yayi pramèswari | amikira mring layone arinira ||

12. iya pa adat kang dadya | sauparêngganing lalis | pramèswari tur sandika | nolèh mring Wara Srikandhi | parentah marang cèthi | sêdaya samêkta sampun | lăndha kalawan toya | layon sampun dèn sirami | pinaèsan kadi duk pêngantènira ||

13. ukêl sinêkar dinupan | rinêngga ing busana di | binlonyo ing gănda-wida | rêratus jêbat kasturi | sinarèkakên mungging | sangarsèng pajanganipun | satriya Dananjaya | lan garwa Wara Srikandhi | wusing siram gêgănda sarya busana ||

14. sêdaya kang arsa bela | Sulastri lan Larasati | pêpitu êmban lan inya | kang nêdya bela ing gusti | sêdaya arêrêsik | apan ta wus wantunipun | duk alam jaman buda | putra putri lamun lalis | pinaèsan kadi duk pêngantènira ||

15. rinêngga dening busana | sawusnya sampurna sami | dènnya gêgănda busana | kang nêdya bela sang putri | marêk ngarsa nrêpati | sèwu [sè...]

--- [219v] ---

[...wu] ngungun sami jêtung | tumingal layonira | kusuma Banoncinawi | sinarèkkên anèng ngarsa pêpajangan ||

16. pêpaès ukêl sinêkar | wus nora măntra yèn lalis | saingga sare kewala | liyêping netra maringin | pan mèh kadya angliring | alindri-lindri aruruh | wajanya sawêtara | kengis mingis-mingis kadi | nglaring kombang pinatut tètèsing toya ||

17. myang wênêsnya ingkang cahya | sumunu saya nêlahi | kadi banguning kartika | malah-malah anêlahi | lwih duk pêngantèn nguni | cahya myang kêkuwungipun | Rêtna Wara Sumbadra | satuhu panugmaning sri | linuwihkên sangking wanudya sêdaya ||

18. ing warna myang ingkang cahya | dêlasan palastra mêksih | kêkuwunge kang wêdana | ngasorkên rêsmining sasi | Dananjaya ningali | mring garwa tyasnya suh rêmpu | supe sami sêkala | yèn garwanira wus lalis | pan cinipta yèn lagi sare kewala ||

19. mrêpêki aris ngrarêpa | dhuh sang niyakaning èstri | kusuma age wungua | apan nêdha sihing gusti | lalu sangking pênganti | dènnya sare wungunipun | lirna gusti kang dadya | dêdukanira ing dasih | dasihira sumewa atadhah duka ||

20. apa baya dosaningwang | dumèh datan angladosi | dènnya maharjèng busana | lawan botên anyaosi | sêkaring tamansari | kang kagêm ukêlirèku | marma tinilar nendra | sumiwi datan sinung ngling | mung puniku lêpate dasih andika [andi...]

--- 220 ---

[...ka] ||

21. anggèr mung apuranira | antinên sakêdhap gusti | Dananjaya sigra kesah | mring taman angundhuh sari | gambir lawan mêlathi | sêpasang cêpakanipun | taluki sumarsana | saruni sami nyêrakit | rêgulo bang myang putih sami nyêpasang ||

22. wangsul marang gèning garwa | nèng ngiringan lingira ris | dhuh gusti puniki sêkar | gon ingsun ngundhuh pribadi | marang ing tamansari | gambir mêlathi lan mênur | warsiki sumarsana | cêpaka sami nyêrakit | sêkar ingkang sampun kagêm ukêlira ||

23. wus lungse alum sêdaya | padha salinana gusti | puniki sêkar kang anyar | mêntas gèn kawula mêthik | abdine kang nyêkari | kang garwa nulya pinangku | ukêlira tinata | sêkarnya dipun salini | kang tumingal sami matêbah sêdaya ||

24. dènira wus datan kena | sakarsanya dèn palangi | apan wus antara gila | marang garwa dènira sih | gung gumuling tan eling | wungunya lajêng angrangkul | rinungrum rinarêpa | paès luntur dèn arasi | gêlung lukar rema kang rusak tinata ||

25. kasaru ing praptanira | Sang Aprabu Harimurti | tan kantun Radèn Sêdewa | Radyan Sămba lan Sêtyaki | ingkang wus anèng jawi | Sena lan Nangkula tumut | wangsul marang jro pura | ya ta Sang Yudhisthira Ji | angurmati têdhak sangking dènnya lênggah ||

26. ngacarani ingkang raka | sawusnya atata linggih | Radyan Sămba sru karuna | nungkêmi layoning [layo...]

--- [220v] ---

[...ning] bibi | Dananjaya nungkêmi | marang padane kang rawuh | Rajaputri Cêmpala | Sulastri lan Larasati | ngaras pada nganthi ban inya kang bela ||

94. Kinanthi

1. Narendra Krêsna gumuyu | sarwi angandika aris | lah iki karane apa | padha nganggo busana di | sarta padha agêgănda | dadak kaya ingkang lalis ||

2. kang arsa dèn obong iku | Sri Yudhisthira turnya ris | punika pun Dananjaya | kêdah bela ingkang lalis | arinta putri Cêmpala | Sulastri lan Larasati ||

3. belane belani kakung | sami tumut lêbu gêni | ban inya sapta punika | bela ing gustinirèki | gumujêng Narendra Krêsna | sarwi angandika aris ||

4. lah kaipe ayya wuyung | patine garwanirèki | pupusên karsaning dewa | ing pêpancèn pan wus pêsthi | yèn sira drêng arsa bela | sayêktine nora kêni ||

5. satus luput sèwu luput | duraka gung kang pinanggih | naraka sira gêgawa | ing pêpati akèh yayi | garwanta putri Cêmpala | lan loro sêlirirèki ||

6. miwah ban inya pêpitu | kabèh bela lêbu gêni | patine katut ing sira | kêjaba kang iku yayi | yêkti kabèh kadangira | măngsa karia sawiji ||

7. sira yèn sida pratunu | yêkti kabèh lêbu gêni | pan wus jangjining Pandhawa | lamun mati salah siji [si...]

--- 221 ---

[...ji] | kang papat măngsa karia | yêkti kabèh ambelani ||

8. Dananjaya nêmbah matur | pukulun langkung kapundhi | pangandika sri narendra | tan wontên kang salah nanging | kawula sampun ubaya | lan arinta kang wus lalis ||

9. pundi kang pêjah rumuhun | kang kantun tan sêlaya ri | sayêkti anuntên bela | wus sêksi ing bumi langit | punapa wontên satriya | ingkang cidra marang jangji ||

10. Narendra Krêsna lingnya sru | wus nora maido mami | ubayanira ing garwa | ananging pikirên yayi | timbangên kèhing asuka | kêlawan kèhing prihatin ||

11. kèhing bênêr lawan luput | timbang-timbangên ing budi | kaya iku belanira | namung marang sih sawiji | kongsi buwang sih kang marang | garwa kadang kang padha sih ||

12. mring sira bela pratunu | lah êndi bênêre yayi | belanira marang garwa | namung buru sih sawiji | tangèh lamun tumulèha | mring sanak-sanak kang kari ||

13. iba ta durakanipun | ingkang kaya sira yayi | lamun kongsi gêbanjura | gonira bela ing rabi | lah wis yayi aja-aja | agawe kèhing pêpati ||

14. belani datanpa urus | kabèh kadangira yayi | apa ta tan tumulèha | sutanira mêksih cilik | Dananjaya matur nêmbah | dhuh duraka ingkang pundi ||

15. punapa ta lêpatipun | ing wong tuhu marang jangji | yèn ing ubaya kawula | lan kang layon tanpa dadi | Pandhawa inggih

--- [221v] ---

tan dadya | jangjine sêdaya pati ||

16. pan kawula botên nyuwun | belane sêdaya sami | lêrês lêpate belamba | ulun andhêmi pribadi | rayi paduka sêdaya | kantuna amukti sari ||

17. Prabu Padmanaba jêtung | sidhakêp astanya kalih | Wêrkudara nambung sêbda | sun iki wong kakon ati | kakehan pikir tan bisa | kasuwèn ngêsêli kuping ||

18. yèn wis dhasar mikir lampus | lah ta payo lêbu gêni | padha samêngko kewala | aja na kakehan pikir | ya payo mati kewala | lamun padha mikir urip ||

19. iya nuli gathak-gathuk | kapriye pikire sami | Krêsna jare duwe sira | panguripe wong sabumi | kêmbang wijayakusuma | bok iya tamakna aglis ||

20. marang ingkang modar iku | aran kadangmu pribadi | patine arsa gêgawa | mring kang akèh-akèh iki | yèn sira nora ngakua | mêngko sun jupuk pribadi ||

21. anèng ing topongirèku | Wêrkudara ngadêg aglis | arsa nyandhak makuthanya | Narendra Krêsna nginggati | pan sarwi gumujêng latah | arêp apa sira iki ||

22. makutha arsa jinabut | kaya ta êndhas têrasi | bok aja bangêt nêranyak | Wêrkudara anauri | pêsthi nèng kono gonira | iya kêmbangmu pangurip ||

23. Narendra Krêsna lingnya sru | măngsa ngantia sirèki | yèn ajaa Si Sumbadra | patine wus praptèng pêsthi |

--- 222 ---

lamun nora ngandêl sira | lah dêlêngên iya mangkin ||

24. hèh ban tuwa siji iku | majua ing ngarsa mami | iya ingkang arsa bela | kinèn marêg ing ngarsa glis | gya kinatga jajanira | trus bêncah anrus ing gigir ||

25. nibèng siti nulya lampus | pinrênah daganirèki | ing layon sang rêtnaning dyah | têdhak Prabu Harimurti | mundhut kang wijayamulya | nèng ulonira sang putri ||

26. ingungkulan layonipun | ing sêkar sarya lon angling | hèh Sumbadra ge tangia | ing patimu durung pêsthi | nanging sadalêming driya | aja sira urip dhingin ||

27. apan durung wêktunipun | nulya êmban dèn ungkuli | hèh êmban age tangia | yèn patimu durung pêsthi | nikèn ban tangi gumrêgah | layone sang rêtna mêksih ||

28. kang mulat sadaya ngungun | wangsul lênggah sri bupati | sarya lon dènnya ngandika | aja maido ri mami | yayi Prabu Yudhisthira | myang kaipe Ki Pêrmadi ||

29. lan Wêrkudara riningsun | Nangkula Sadewa sami | pikire ingkang wus dadya | pêsthi bela lêbu gêni | sêbab kaipe tan kêna | kudu bela marang rabi ||

30. ananging ta layon iku | nora sun obong saiki | ingkang dadi karsaningwang | sun karya sarat ngulati | malinge kang nganiaya | arsa ingsun larung dhingin ||

31. yèn ajupuk layonipun | yèku kang nyidra ing latri | karana panyidranira | sun duga wit [wi...]

--- [222v] ---

[...t] lara brangti | sangking tan kapadhan karsa | marma têmah mêmatèni ||

32. sun wangêni larungipun | lawase samadya sasi | kêcandhak kêlawan ora | malinge kang nyidrèng latri | lamun wus samadya căndra | sêdhêng antarane yayi ||

33. luluse ing patinipun | kang linarung gya binêsmi | pan ingsun măngsa karia | yêkti milu lêbu gêni | sêdaya nut ing sakarsa- | nira Prabu Harimurti ||

34. parentah samêkta sampun | jêmpanane ingkang lalis | layon wus pinaripurna | kainggahakên mring joli | narpadayita Ngamarta | lan ari Wara Srikandhi ||

35. tumut nèng jêmpana sampun | sapawongane umiring | kang kantun dalêm pinatah | Sulastri lan Larasati | jalêrnya Patih Sucitra | sakancane para mantri ||

36. rumêksa mring radèn sunu | sawusnya samêkta sami | bidhal sangking Madukara | tangis tan kêna sinapih | kang samya sih ing gustinya | jêmpana lumakyèng ngarsi ||

37. pawongan lumakyèng ngayun | ngapit upacara sami | pacarèng narpadayita | lan Rêtna Wara Srikandhi | miwah upacaranira | kusumèng dyah kang wus lalis ||

38. dene upacaranipun | nênggih sang aprabu kalih | munggèng wurining jempana | sri narendra dharat sami | myang para ri para putra | sêdaya tan wontên nitih ||

39. langkung asri lampahipun | ananging rêmbên tan sipi | dene ta Sang Dananjaya | kantaka samargi-margi [samargi-...]

--- 223 ---

[...margi] | pinêksa kantun tan kêna | kêdah tumut angurmati ||

40. pênglarunge garwanipun | marma sang prabu nuruti | Radyan Arya Gathutkaca | mring kang paman anjagani | lan putra Rahadèn Sămba | samarga-marga anangis ||

41. sang aprabu kalihipun | langkung wlasira ningali | marang sang manggung kantaka | myang para putra para ri | langkung angrêsing wardaya | sagung sawadyanya sami ||

42. sêdaya samya kapiluh | sarya randhating lumaris | kang kantun nèng Madukara | ing sapraja kari tistis | kadya koncatan sêsotya | dhandhang ngalup lir nangisi ||

95. Dhandhanggula

1. sirêm-sirêm baskara matistis | katawêngan dening ima gănda | kumilat-kilat thathite | teja wangkawa nawung | kuwung-kuwung kadya ngawêngi | saluhuring jêmpana | liwêran andaru | riris kamarutan gănda | arum-arum apsari samya ngurmati | ngudan kêmbang-kêmbang |[12]|

2. tan wus lamun winuwus ing tulis | widadara-widadari ingkang | angurmati ing layone | mangkana lampahipun | ingkang layon pan sampun prapti | nênggih ing Silugăngga | pan bêngawan agung | sang prabu amêsanggrahan | saha bala palwanya sampun rinakit | sinungan pêsarean ||

3. pan pinajang pajangan tulya sri | linungsir-lungsir sinêkar-sêkar | layon wus sinarèkake | jroning tilam pêlarung | kankan[13] kering sinaji-saji | ing sêkar gănda wida |

--- [223v] ---

miwah burat arum | sajawining pasarean | padupan gêng mênyan madu sakêrambil | wus ingobar sêdaya ||

4. kayu-kayu ingkang wangi-wangi | kêmbang-kêmbang winor lawan dupa | angalat-alat urube | canthik kêkalih sinung | lan ing têngah bandera putih | têtiga cinirenan | maharsi manêkung | wusing murub dupanira | linorogkên manêngah kang palwa kèli | anut bantêring toya ||

5. prabu kalih jumênêng têpining | ing bêngawan lan ari sêdaya | kadya nutakên tingale | salampahing pêrau | lamun mulêg lir mandhêg nolih | kêlabe ing bandera | lir pêngawenipun | satriya Andananjaya | gudandapan sêkala salah pangèsthi | cinipta ingkang garwa ||

6. kang jagani datan kêna têbih | ingkang putra ing Paranggarudha | Dananjaya lon dêlinge | lah ika bibèkamu | kulup ngawe-awe ing mami | ngadêg satêngah palwa | baya jaluk tulung | Dananjaya duk lagyarsa | anggêbyuri ingkang putra angêkahi | Dananjaya kantaka ||

7. kinèn nginggahakên jêmpana glis | nunggil lawan sang narpadayita | Srikandhi munggèng keringe | Rahadèn Sămba tumut | nèng jêmpana ingkang jagani | Sang Prabu Padmanaba | angandika arum | hèh ta kulup Gathutkaca | dèn prayitna sira kaki ingsun tuding | angêtutakên palwa ||

8. wayangana sangking ing wiyati | saparaning

--- 224 ---

palwa sira tutna | yèn ana mêrpêki gone | larunge bibèkamu | ngambil layon iyèku kaki | malinge ingkang nyidra | nèng taman ing dalu | dèn aglis sira cêkêla | lamun băngga iya patènana kaki | radyan matur sandika ||

9. nêmbah lajêng mêsat ngawiyati | ngêtutakên saparaning palwa | sang prabu kalih nulya ge | budhal sawadyanipun | datan kundur marang nêgari | wangsul mring Madukara | saha bala tugur | angantosi praptanira | Radèn Gathutkaca nênggih kang dinuding | angêtutakên palwa ||

10. lawan sangêt sumêlanging galih | yèn tilara kang kapatèn garwa | dènnya mêksih ing nginglunge | kantaka sanggènipun | lamun eling lajêng kulingling | nèng taman Madugănda | saparane gandrung | kadya mèh antara gila | Sêmar Bagong kang jagani siyang latri | lan putra Radèn Sămba ||

11. liyan sangking punika tan apti | ingkang garwa tan kêna parêka | Wara Srikandhi wus dene | garwa paminggiripun | Larasati lawan Sulastri | katri mung karyanira | among radèn sunu | nahên ta ing Madukara | ingkang lagya kêpatèn garwa kêkasih | satriya Dananjaya ||

12. anggung wayang-wuyungan prasami | wadyabala Pêndhawa sêdaya | dènnya wus pêsthi gustine | obong sêdayanipun | dhawuhira Sri Harimurti | mung nganti praptanira | Radyan Bimasunu | winangên samadya căndra | kunêng gantya ingkang

--- [224v] ---

winurcitèng kawi | nênggih dhasar pratala ||

13. dewa ingkang anyăngga ing bumi | warni naga Sang Yyang Ăntaboga | lagya sungkawèng galihe | ginubêl wayahipun | pan amothah ing siyang latri | takèn sudarmanira | tan kêna rinapu | nênggih Radèn Ăntarêja | adrêng ture yèn kang eyang tan jarwani | suka lamun pêjaha ||

14. ingkang eyang kewran joning[14] galih | dadya ingkang wayah sinung têdah | dhuh babo wayah ngong radèn | pae duk mêksih timur | lamun budi ingsun nêng-nêngi | gêdhang saulêr trima | mari dènnya muwun | pan ing mêngko wis diwasa | apan iya nora kêna sun gorohi | ya kaki sun pêsaja ||

15. kang ayoga marang sira kaki | apan dudu wong kumbah kêrakah | cekelan nglungani gawe | trahing kusuma tuhu | pan têdhaking andana-warih | wijiling maratapa | rumêmbêsing madu | trahing Sang Yyang Jagatnata | turun kaping têlulas praptèng sirèki | Yyang Guru apêputra ||

16. kang panênggak Sang Yyang Brama kaki | apêputra Sang Bramasadhara | Bramasatapa putrane | Tritrustha julukipun | Sang Tritrustha putranirèki | Bêgawan Parikanan | nulya putranipun | Bêgawan Manumanasa | apêputra Sakutrêm pêputra Sakri | pêputra Palasara ||

17. amurwani Ngastina Nêgari | apêputra Bêgawan Biyasa | iku tatêlu putrane | Dhêstharata kang sêpuh | apan ina netrane kalih |

--- 225 ---

putra ingkang pamadya | aran Radèn Pandhu | waruju Yamawidura | iya apus ina sukune sawiji | sedane Palasara ||

18. Radèn Pandhu ingkang gumantya ji | juluk Prabu Pandhudewanata | apan lêlima putrane | Puntadewa kang sêpuh | madêg nata Ngamarta nagri | jêjuluk Yudhisthira | Darmaputra Prabu | parap Gunatalikrama | ambêg arja pinandhita sadu budi | ratu mahardikèng rat ||

19. rila donya lêgawa ing pati | sêtyèng jangji tuhu ing wacana | tyas anrus putih gêtihe | putra panênggakipun | anyatriya ing Jodhipati | ran Arya Wêrkudara | gagah gung aluhur | pêparab Sang Arya Sena | Bayusuta prakosa prawirèng jurit | putra ingkang pamadya ||

20. apêparab Rahadèn Pêrmadi | iya satriya Andananjaya | ing Madukara dalême | satriya ambêg sadu | măndra guna prawira sêkti | waruju mijil kêmbar | karo bagus-bagus | Radèn Nangkula Sêdewa | dene sira kaki ingkang asêsiwi | kadang ingkang panênggak ||

21. ing dhapuran wus nora kêkalih | lawan sira kêkêring wêdana | myang jarot ngêngrêng sêrênge | dene ta purwanipun | dhaul[15] lawan ibunirèki | nalikane Pandhawa | mêksih larenipun | nyêntana anèng Ngastina | jêr sedane Prabu Pandhudewa kaki | putra datan gumantya ||

22. marga sangking masih lare sami | dadya Dhêstharata kang gumantya | ing Ngastina [Nga...]

--- [225v] ---

[...stina] kêratone | ananging jangjinipun | Dhêstharata amung ngêmbani | samăngsa wus diwasa | putra Prabu Pandhu | karaton sinrahkên marang | Puntadewa putra kang tuwa pribadi | ingadêgakên nata ||

23. nanging Dhêstharata cidrèng jangji | lêgi-lêgine wong ngêmut gula | Pêndhawa ing diwasane | pan kabèh pinrih lampus | rêmbug lawan Patih Sêngkuni | sêngadi srah nêgara | dènnyarsa angapus | sêparo mring Puntadewa | kang sêparo marang anake pribadi | Radèn Jakapitana ||

24. dene dènnya akarya piranti | nèng alas Bale Sêgala-gala | karya pêsanggrahan gêdhe | kinarya mangan nginum | dènnya bakal mangun pêrjangji | nibakakên prasêtya | lulusira rukun | Kurawa lawan Pandhawa | tarimane nagri Ngastina sêpalih | nanging kang pêsanggrahan ||

25. sêsakane pangêrête sami | dudu kayu jati kang kinarya | apan ta pring pêtung kabèh | blandar myang usukipun | nora nana liya sangking pring | gêdhe cilik wutuhan | sajoning[16] pring pêtung | kabèh ingisenan obat | saubênging pêsanggrahan dèn ubêngi | miwah pakuwonira ||

26. pra sêntana punggawa myang mantri | angubêngi jaban pêsanggrahan | têpung tan ana lungkange | iya kabèh pring pêtung | ingisènan obat prasami | dene pirantinira | ing panyulêdipun | têkan jaban pêsanggrahan | kêlamare pinêndhêm [pinêndhê...]

--- 226 ---

[...m] sajroning bumi | sinung loro marganya ||

27. nanging sinamar ingkang sawiji | marga ingkang pancèn pêlayunya | ingkang siji pan lêbune | gone panyumêdipun | sawusira samêkta sami | Kurawa lan Pandhawa | sarêng praptanipun | nèng Bale Sêgala-gala | duk sêdhênge rampung dèni prajangji |[17] mungkur sagung Kurawa ||

96. Pangkur

1. sumbune sinulêt sigra | sangking jaban lawang kang dèn pêndhêmi | swarane pating jarêblug | saubêng parêng mubal | gugup sagung Kurawa wus samya mêtu | sangking marga kang sinamar | Jaka Pitana mèh lali ||

2. ing wangsit dadya wêtunya | pan ginèrèt dening Patih Sêngkuni | mung Pêndhawa kabèh kantun | tanbuh kang dèn ungsia | kidul wetan lor kulon pan sarêng murub | dupi nyandhak pêsanggrahan | jumêglug Arya Sena glis ||

3. ngrangkut kadangira papat | pan ginawa malumpat dhuwur gêni | praptèng jaba gêni murub | tuk pitulunging dewa | kinèn ngêtutakên ing garangan pingul | nora suwe antaranya | katon kang garangan putih ||

4. Sena ngêtutakên sigra | saparane Sang Sena datan kari | amblês ing bantala milu | Sena lumêbèng kisma | pan ing kono anuju ibunirèku | marêk anèng ngarsaningwang | ngaturkên dènira ngimpi ||

5. kramantuk lawan Pêndhawa | kang panênggak [panêngga...]

--- [226v] ---

[...k] nora suwe gya prapti | Sena lan sakadangipun | lah iku purwanira | Wêrkudara dhaupe lawan ibumu | sêdhêng ngêtêngake sira | Sena sakadangnya pamit ||

6. mulih marang mêrcapada | wong tuwamu nuli akrama malih | pan antuk putrining diyu | kadang Prabu Arimba | Pringgadani ratuning rasêksa agung | Dèwi Arimbi arannya | iya patutan sawiji ||

7. lanang jarot kaya sira | lan sêrênging netya ulat padhandik | miwah ing karosanipun | wus padha lawan sira | tinrajua pan ora kacèk sêrambut | aran Radèn Gathutkaca | gumantya nèng Pringgadani ||

8. Radyan Arya Ăntarêja | duk miyarsa langkung sukaning galih | dene ta sudarmanipun | manungsa tur kusuma | nêmbah matur lamun mêkatên pukulun | mugi tuwan lilanana | kawula anuwun pamit ||

9. sowan putranta jêng rama | lamun sampun tuwuk amba ngabêkti | ing sudarma nuntên wangsul | mantuk dhasar pratala | ingkang eyang suka dènira gumuyu | adhuh babo putuningwang | gugup tyase sun tuturi ||

10. iya sun lilani sira | nanging poma kulup dèn ngati-ati | watakane wong tuwamu | tan age ngaku putra | lamun durung katăndha karosanipun | lawan sun gawani sira | iya tirta maosadi ||

11. sira anèng marcapada | sêrawungan lawan ing

--- 227 ---

ngakèh kaki | sanak-sanak wong tuwamu | yèn ana ingkang tiwas | praptèng pati nuli tètèsana gupuh | ingkang maosadi tirta | sayêktine nuli urip ||

12. tinampan cupu pinêrnah | kancing gêlung nêmbah Ăntarêja glis | mêsat sangking bumi sampun | ngambah ing marcapada | pan kalangan bêngawan Silugăngga gung | larunge Wara Sumbadra | kandhas kèndêl anèng pinggir ||

13. radèn munggèng sabrang wetan | anèng sabrang kulon larung sang putri | radyan ciptanirèng kalbu | narka palwa tambangan | sru inguwuh sanak nambangi dèn gupuh | sabrangêna awak ingwang | marang sakuloning kali ||

14. inguwuh kongsi ping tiga | ping sêkawan datan wontên nauri | rahadyan lumumput[18] gupuh | praptèng kulon bêngawan | minggah palwa kagyat dènira andulu | jro palwa wontên tilamnya | pinajang linungsir-lungsir ||

15. rahadyan ngungun ing driya | lah ta apa ingkang mangkene iki | tilam anèng jro pêrau | asri pinajang-pajang | sêpi bae tan ana sêbawanipun | ingkang tunggu nora nana | apa ta isine iki ||

16. langsenya aris winiyak | katon ingkang sumare kasur sari | cahyanya wênês sumunu | kêkuwunge wêdana | anêlahi kadi kartika mabangun | saengga sare kewala | nora măntra lamun lalis ||

17. rahadyan sandeyaning tyas | nulya [nu...]

--- [227v] ---

[...lya] mundur langse tinangkêp malih | pan sinêngguh isinipun | iya pawèstri nendra | tanpa rowang luwih endah warnanipun | apa ta wadine baya | nora duga ing tyas mami ||

18. rahadyan gêdhog baita | kaping kalih malah kongsi kaping tri | karsane pinriha wungu | sumêdya tinakonan | wus antara tan ana sêbawanipun | rahadyan kaku tyasira | langsene winiyak malih ||

19. mêrpêki sarta amawas | ingkang pindha ingkang sampun ngêmasi | tatu kalih jajanipun | langkung pangungunira | hèh ta dene iki wanudya wus lampus | sun sidhêp turu kewala | cahyane isih nêlahi ||

20. baya ta pêngantèn anyar | anglakoni tindak culikèng laki | mangkene ing patinipun | apa kinaniaya | sun wêtara iki garwane wong agung | măngsa dadak mangkenea | lamun dudu putri adi ||

21. pangrênggane ing palastra | miwah luwih têmêne kang matèni | têka nora duwe masgul | mulat indahing warna | eman mati angur sun uripna iku | yèn kaparêng karsèng dewa | ora ala gawe bêcik ||

22. sawusnya ngartikèng driya | sigra mundhut ingkang tirta pangurip | tinètèskên tatunipun | pulih sami sêkala | nora nana ing labête gèthèkipun | tinetesan kang wêdana | Kusuma Banoncinawi ||

23. sampun

--- 228 ---

gêsang paripurna | kadyangganing wungu sajroning guling | pungun-pungun langkung ngungun | dene anèng jro palwa | sarta ngangge busana sarwa di luhung | kanan kering gănda-wida | rêratus jêbat kasturi ||

24. dadyèngêt lamun palastra | sasolahe anèng ing tamansari | sawusira lênggah dulu | mring Radyan Ăntarêja | kêtiring tyas sangêt ing pandêkungipun | lah wong iki ingsun duga | kang nguripakên ing mami ||

25. nora wurung pindho papa | awakingsun dening wong prapta iki | Radyan Ăntarêja wêruh | yèn sang dyah salah cipta | glis dènnya ngling hèh priyayi kang nèng prau | sampun andarbèni cipta | yèn sêdya ala tyas mami ||

26. gèn kula glis nguripêna | mring andika mung nêdya gawe bêcik | dene nêmahi kadyèku | inggih pêjah andika | mawa tatu linarung anèng pêrau | punapa kinaniaya | lawan andika puniki ||

27. somahan punapa lamban | yèn somahan sintên ingkang darbèni | lan ing pundi wijilipun | sang rêtna duk miyarsa | asrêp ing tyas anyipta lamun satuhu | tyasnya ingkang atêtanya | dadya ris dènnya nauri ||

28. radèn pêsaja kawula | apan putri kadang ing Dwarawati | dene ta ingkang amêngku | wong agung Madukara | pamadyaning Pandhawa ingkang jêjuluk | satriya Andananjaya | sampun patutan sawiji [sa...]

--- [228v] ---

[...wiji] ||

29. wus tinutur sêdayanya | sasolahe duk anèng tamansari | ing purwa panyidranipun | Rajaputra Mandraka | duk miyarsa rahadyan kêlangkung ngungun | èngêt wêlinge kang eyang | satriya Madukara di ||

30. pamadyanirèng Pandhawa | pan arine ingkang rama tumuli | dadya rahadyan tumurun | lumungsur lênggahira | sarwi matur lamun mêkatên pukulun | inggih paduka punika | apan jêng bibi pribadi ||

31. sang rêtna alon ngandika | lah ta sintên ingkang yoga sirèki | Radyan Ăntarêja matur | dhawuhipun jêng eyang | panênggaking Pandhawa ingkang jêjuluk | Radyan Arya Wrêkudara | satriya ing Jodhipati ||

32. wus ingaturkên sêdaya | purwanira ingkang ibu ing nguni | lan kang rama dhaupipun | sang rêtna duk miyarsa | angrês ing tyas cinipta lamun satuhu | sinawang ukiranira | luhur tênggak pan wus sami ||

33. lawan Radyan Gathutkaca | ngêngrêng jarotira wus datan kalih | sang dyah angandika arum | dhuh babo putraningwang | utang urip kaki ingsun mring sirèku | apa ta kang sun walêsna | kulup marang sira benjing ||

34. lah ing mêngko kayaparan | karsanira kulup mring awak mami | kang putra nêmbah umatur | inggih tuwan kundura | dhatêng Madukara yêkti ingkang kantun | sami barusah sadaya | sasedanipun jêng bibi ||

35. iya kulup kaya

--- 229 ---

paran | ing tyas ingsun iki kaya wong kanji | kaya pa mêngko marga gung | kang putra matur nêmbah | bibi sampun paduka sumêlang kalbu | kawula kang umiringa | mêmanuki sangking têbih ||

36. iya kulup yèn wus prapta | Madukara sun sebakkên sirèki | iya marang wong tuwamu | sang dyah wusnya ngandika | mêsat sangking palwa lajêng lampahipun | wuri Radyan Ăntarêja | mundur sangking ing palwa glis ||

97. Durma

1. ya ta wau Radyan Arya Gathutkaca | kang jangkung nèng wiyati | sapuruging palwa | duk wau wêdalira | sangking palwa ingkang bibi | datan uninga | namung wêdalirèki ||

2. Radèn Ăntarêja nênggih kauningan | kagyatira tan sipi | Radyan Gathutkaca | krodha sru ngunandika | kapan lêbune wong iki | têka ing palwa | dene sun tan udani ||

3. tuhu nora linyok Sri Narendra Krêsna | măngsa dudua iki | wonge kang anyidra | mring jêng bibi nèng taman | bêcik dhapure si maling | gagah prakosa | pantês duwea wani ||

4. ngambah Madukara bêngi laku dhustha | iya sandhangên mangkin | ing pamalês ingwang | tibaning takanira | Gathutkaca niyup aglis | sangking gêgana | mudhun asru ngêjlogi ||

5. ing pundhake Ăntarêja kering kanan | pinancat suku kalih | mukanya [mu...]

--- [229v] ---

[...kanya] tinêpak | kalênggak sru dhinupak | sumaput jungkêl ing siti | kantu sêkala | tan dangu nulya tangi ||

6. ngunggut-unggut jênggilêng tumêngèng wiyat | Gathutkaca tan kèksi | pêtêng wor ing ima | ngungun Dyan Ăntarêja | apa ta kang nyambêr iki | lamun gêlapa | dene katiga mêksih ||

7. yèn aja antuk êndhase Ăntarêja | sayêkti bilaèni | wau ing gêgana | Rahadyan Gathutkaca | eram dènira ningali | dene mungsuhnya | wêntala mêksih urip ||

8. nguwuh-uwuh Gathutkaca munggèng ima | si maling mêksih urip | kaliwat wêntala | lah dèn age nusula | mring ngawiyat sun antèni | padha prawira | rok băndawala pati ||

9. yèn tan bisa maling dèn panggah kewala | iyèngsun kang ngudhuni | kagyat duk miyarsa | Rahadyan Ăntarêja | tumênga mungsuhe kèksi | awor ing ima | krodhanira tan sipi ||

10. hèh dene ki dudu gêlap nanging jalma | kang nyambêr marang mami | apa baya dewa | dene gêndhak sikara | marang ingsun mamrih pati | sandhangên uga | mêngko pamalês mami ||

11. aja nacat kewala prang ing gêgana | sun susul mring wiyati | Radyan Ăntarêja | sigra mêsat gêgana | Gathutkaca aningali | yèn mungsuhira | sumusul mring wiyati ||

12. Gathutkaca sigra niyup mrih mrawasa | mring mungsuh sangking nginggil | lumarap cinandhak | gapyuk candhak-cinandhak [candhak-cinandha...]

--- 230 ---

[...k] | rok rukêt anèng wiyati | kuwêling aprang | dêdêl dinêdêl sami ||

13. sarêng tibèng bantala parêng dèrèng wal | kuwêl walik-winalik | gêlut pêpulêtan | tumpang dugang-dinugang | gumulung gênti gumuling | bênggang gulimpang | tangi banting-binanting ||

14. rame dêkung-dinêkung dugang-dinugang | rok cêngkah silih-ungkih | ting barêkuh ngangkah | pêluk pokah-pinokah | bakuh tan ana kang kungkih | kakah-kakahan | kukuh samya ngukuhi ||

15. kuwatira kinumpulakên ing asta | wal singsal samya ngambil | kang palu-palu tal | wangsulnya parêng tandang | papag prang gênti ginitik | papag-pinapag | pur pupug palu salin ||

16. ujung dhêndha gênti tadhah gênti indha | kobèt babit-binabit | mundur dêr-idêran | dêdêr-dinêdêr gantya | pêpalu salin-sinalin | gêmpang suh sirna | tan ana kang nêdhasi ||

17. nêlasakên gêlar solahing ayuda | Sang Senaputra kalih | sami prakosanya | kuwat rikate samya | myang warnanira mèh sami | saingga kêmbar | prasamya ulat andik ||

18. ingkang kambah wana ing prang lir binabat | wrêksa ingkang kababit | ing dhêndha rug rêbah | kambah dadi jêrambah | ambêlasah bosah-basih | sato busêkan | Ăntarêja sru angling ||

19. hèh sirèku dewa apa ta manungsa | sapa aranirèki | dhapurmu sêmbada | têka nambuh ing aprang | Gathutkaca anauri |

--- [230v] ---

ingsun manungsa | satriya Pringgadani ||

20. Senaputra iya Sang Rimbi atmaja | balik ta sira maling | dhapurmu sêmbada | têka duwèni tingkah | laku dhustha amatèni | datanpa dosa | marang wong tuwa mami ||

21. wus linarung layone ana ing palwa | têka arsa sirambil | sapa aranira | lan ngêndi pinangkannya | angakua mumpung mêksih | urip ya dhustha | Ăntarêja miyarsi ||

22. èngêt tyase ing wêlingira kang eyang | nalika mangkat nguni | lamun darbe kadang | arannya Gathutkaca | satriya ing Pringgadani | patutanira | lawan Dèwi Arimbi ||

23. Radyan Ăntarêja dadya ris saurnya | mêngko-mêngko dèn ririh | aja sira narka | yèn ingsun iki dhustha | anyidra marang jêng bibi | sayêkti nora | gon ingsun gawe bêcik ||

24. nguripakên jêng bibi tan wruh purwanya | yèn wong tuwa pribadi | sayêkti mung nêdya | agawe kabêcikan | hèh Gathutkaca sun iki | yèn sirakua | kadangira pribadi ||

25. patut sangking apsari dhasar pratala | Ăntarêja ran mami | Radyan Gathutkaca | amiyarsa lingira | nauri sarwi anggitik | nora rumăngsa | yèn duwe kadang mami ||

26. tinadhahan pêpukule samya êtal | sinaur radèn kalih | sadangune dènnya | têtakon-tinakonan | datan kèndêl dènnya jurit | ujungan dhêndha | pur pupug papag sami ||

27. ya ta wau

--- 231 ---

kusuma Wara Sumbadra | kagyat dènnya miyarsi | gurnitaning swara | nalika têmpuhing prang | sêdhêngnya gitik-ginitik | têmpuhing dhêndha | karya rêging wanadri ||

28. prabawa wor gurnitanirèng ampuhan | sindhung-riwut gumêrit | prahara ruhara | wor udan păncawora | sato kabêrasat gusis | mawur sar-saran | ngungsi ing jurang têrbis ||

29. dadya wangsul lampahira sang lir rêtna | prapta gène kang jurit | sêdhêngnya duk lagya | rame ujungan dhêndha | sang rêtna giris ningali | dangu dènira | ngawasakên kang jurit ||

30. nora samar lamun kang putra kalihnya | satriya Pringgadani | Radyan Gathutkaca | lan Radyan Ăntarêja | sang rêtna ngungun tan sipi | arsa napiha | nanging ajrih mêrpêki ||

31. bokmênawa kasiwo ing pukulira | dènnya babit-binabit | dadya sang lir rêtna | nguwuh-uwuh kewala | sarwi ngawe sangking têbih | dhuh putraningwang | lèrèna aja jurit ||

32. dene kongsi nêmahi prang padha kadang | durung na kang nuturi | nanging tan kapyarsa | sang dyah panguwuhira | dènnya wus riwut ing jurit | sadangunira | ing prang gitik-ginitik ||

33. ngawasakên kang jumênêng sor mandera | ngawe astanirèki | Radèn Ăntarêja | apan sampun anduga | pangawene ingkang bibi | ing sêmunira | nyapih dènira jurit ||

34. yèn mêngkono mungsuh iki apan nyata | kadang ingsun pribadi | ya Si

--- [231v] ---

Gathutkaca | ananging kaya ngapa | dènnya sru tan arsèng kami | dene rahadyan | Gathutkaca ing batin ||

35. mêksih kaya-kaya ing pandulunira | upamane jêng bibi | kaliwat dupara | wus seda yèn gêsanga | ananging yèn sun tingali | wênêsing cahya | wanudya ing sabumi ||

36. nora nana wong duwe cahya mangkana | liyane kangjêng bibi | ingsun duga nyata | si mungsuh pêngakunya | anguripakên kang lalis | saya waspada | nulya mucung ing jurit ||

 


Yyang. (kembali)
Kurang satu suku kata: dene kongsia prapta. (kembali)
ditya. (kembali)
Bagong. (kembali)
nulya. (kembali)
pagêr. (kembali)
sangking. (kembali)
Kurang satu suku kata: sun arsa siram botrawi. (kembali)
nak. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: Dananjaya aningali. (kembali)
11 Kurang dua suku kata: bok aja akarya kingkin. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: ngudankên kêmbang-kêmbang. (kembali)
13 kanan. (kembali)
14 jroning. (kembali)
15 dhaup. (kembali)
16 sajroning. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: duk sêdhênge rampung dènira prajangji. (kembali)
18 lumumpat. (kembali)