Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 01–12)

Judul
Sambungan
1. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 13–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

PARIKESIT GROGOL

Punika Sêrat: Prabu Parikêsit Grogol

Kasêkarakên, utawi dipun urut dening Radèn Panji Purwasudirja

Jilid: ăngka: 1

Kaêcap saha kawêdalakên ing kantor pangêcapanipun Babah Si Dyan Ho Surakarta 1903

--- 1: [0] ---

Punika Sêrat: Prabu Parikêsit Grogol

Kasêkarakên, utawi dipun urut dening Radèn Panji Purwasudirja

Kaêcap saha kawêdalakên ing kantor pangêcapanipun Babah Si Dyan Ho Surakarta 1902

--- 1: [2] ---

Sêdaya sêrat waosan ingkang sami ungêlipun kalih sêrat punika, manawi botên wontên tăndha namanipun ingkang angêcap saha angêdalakên, punika têrang bilih tiron lan malih botên sah kawontênanipun.

Ingkang angêdalakên.

--- 1: 3 ---

1. Dhandhanggula

1. raras rume wardayèng artati | amardawa ruweyadi kuna | dènnya nulat sujanane | pan saking drênging kayun | jinurungna puja basuki | purnamaning pangripta | wawêngkoning tutur | supatra Pustakaraja | diraning tyas wilapa dèn sangkalani | jaksu tri ngèsthi tunggal |[1]|

2. amarna ring jamanira nguni | jêng sang ulun Prabu Dipayana | Dipasarana parabe | yeka ingkang jêjuluk | Mahaprabu Sri Parikêsit | jumênêng ing Ngastina | rat Jawa kawêngku | Hindhu Sumantrah Jênggala | kang agama Jawata Budha liyaning | sumungkêm mring sang nata ||

3. dene ingkang iyasa rumiyin | Sang Aprabu Aji Jayabaya | ing Kadhiri kadhatone | binathara satuhu | makêtêring isining bumi | mring Aji Jayabaya | panganggêpe guru | kang kinèn ngapus carita | Êmpu Tapa Wangkêng nuju amarêngi | taun surywasangkala ||

4. pan tri tata daksaka malêtik |[2] wolung atus sèkêt langkung tiga | utawi taun candrane | sangkalanirèng dangu | wiwarane kuda angèsthi |[3] astha tus pitung dasa | songa langkungipun | sinawung têmbang mancêpat | mrih cêpête adhangan ingkang miyarsi | asung sêngsêming driya ||

5. jinêjêr duk Prabu Parikêsit | arsa miyos tinangkil ing wadya | ngrasuk busananing ngrojèng | makutha rukmi mancur | ngagêm jamang lawan sêsumping | wangun garudha krura | kêlat bau murup | bêbinggêl karoncong êmas | sami wangun daksaka[4] krodha makikik | pinatik sêsotya bra ||

6. purba kalung kudhuping sitèngsi | rinêngga ing mêmanik [mêmani...]

--- 1: 4 ---

[...k] maneka | ing madya kumala gêdhe | panêtêp săngga gêlung | grudha ngoling kikrawistha[5] di | bante-bante kancana | nèng jaja ngênguwung | tumumpang ing badhong êmas | praptèng ngandhap sumimping mring kanan cêthik | bangkol lir sarpa raja ||

7. walantaka kampuh cindhe adi | kang paningsêt cawêni pathola | clana kêtangi limare | canela abra murup | sinawung ing sagung hèr gêni | măngka wangkinganira | mancorong sinêlut | kinatah kinaturêngga | kêkandêlan suwasa sinung hèr gêni | obra tumejangkara ||

8. suwarnane tuhu langkung pêkik | kèh kasmaran sagunge para dyah | lir Hyang Asmara jatine | sigra têdhak sang prabu | ginarêbêg para rum sami | ampilan banyakdhalang | sawunggalingipun | kalawan ardawalika | êlar badhak sami ngêbut kanan kering | tamèng towok lan pêdhang ||

9. dirganing kang rèh gandhewa gadhing | panah agêm rong indhong kêmbaran | kêcohan ing ngarsa dhewe | nèng keringe sang prabu | beda lawan sumbul kapering | kang ngampil upacara | kênya prawan tuhu | pinaesan binuratan | boya pae ing swarga para apsari | dhèrèk palinggot bawa ||

10. jajarane rêmpêk ngrumiyini | songsong êmas munggul sungsun tiga | agêmira sang pamase | wus praptèng sitiluhur | lênggah munggèng ing dhampar manik | obah kang para wadya | lungguh marikêlu | kadya konjêm ing kisma |[6] kang pradăngga tinêmbang asri ngêrangin | ngrênggani pasewakan ||

11. ingkang găngsa Kodhokngorèk muni | mawèh sêsêk kumênyuting manah | datan [da...]

--- 1: 5 ---

[...tan] ana upamane | dene manguntur iku | pêparinge Hyang Udipati | Sang Prabu Yudhisthira | ginanjar rumuhun | măngka warnane kang bangsal | jêjiglagan traju mas binatur jinggring | balungane kancana ||

12. kang ginatra ngulunging pakis |[7] kudhup sêkar pêntil lan uwohnya | akik mirah kang dèn angge | salaka uwitipun | pan suwasa gêgêling pêntil | uwoh lan sêkarira | sotya bang bintulu | măngka umpak ingkang bangsal | sirah naga kadya mangrêksa sang aji | makatên isthanira ||

13. nyêrandune naga angajrihi | netra andik siyung putih gilap | ngêringih obah ilate | kadya gapyuk anêmbur | sangêt ajrih ingkang udani | mangkana cinarita | kang sewokèng ratu | nèng kering kaporèng ngarsa | ingkang eyang lênggah anèng dhampar alit | Bagawan Baladewa ||

14. karêngèng ing tawang amumpuni | Baladewa dadya pamong nata | kèringan wit nênggalane | senapati nung-anung | anèng ngandhap dènira linggih | Dyan Arya Suhbrastha |[8] sêkti tur binagus | watak krêras kabrangasan | netra andik nanging rahayu ing budi | kadya Dyan Wrêkudara ||

15. raga agêng inggil blengah kuning | lamun aprang kinrubut ing mêngsah | tan sarănta panggalihe | mungsuh sigra cinakup | sinuwèk brèk cinuwil-cuwil | kadya nyuwèk kukila | gampang patrapipun | ing kering sisihanira | ajêjuluk Rahadyan Suhsirna sigit | yayah kêmbar kang warna ||

16. kêndhit mimang senapati kalih | sakêmbaran kang prawiranira | sumambung patih lungguhwe[9] [lungguh...]

--- 1: 6 ---

[...we] | patih jêro dibyanung | Arya Dwara ingkang wêwangi | warni lan sêktènira | tan silir sarambut | lawan Arya Gathutkaca | patih jaba nèng kiwa dènira linggih | nama Dyan Danurwendha ||

17. sêktènira lan warnane sami | ing rumuhun Radyan Ăntasena | mila Ngastina prajane | makêtêr para ripu | wit patihye[10] sri narapati | lan senapatènira | prasami linuhung | sumawana tinindhihan | Sri Bagawan Baladewa angluwihi | mila têntrêm kang praja ||

18. rat tan ana tumandhinga jurit | ingkang nangkil anèng wurènira | pra nayaka pêpak andhèr | mbagêlaran supênuh | ngalun-alun kêbêk waradin | têkyèng ing pangurakan | jêjêl para wadu | mantri răngga lawan dêmang | pra nararya pêcantăndha[11] ăndhamoi | kalawan ulubalang ||

19. prameyane jajar rêmpêk sami | datan ana sabawa paseban | nyênyêt tan ana swarane | mung swara pêksi êngkuk | nèng karoya lan abdi gêndhing | mêmalu badhe găngsa | nèng pasebanipun | carêngklènging mawèh raras | nahên ta Sang Mahaprabu Parikêsit | miyat kang para wadya ||

20. ting prêngangah kadya wukir sari | angandika sajroning wardaya | yèn tulus kaya mangkene | sapa kang wani ingsun | wadyabala kabèh sinêkti | ririh dènnya ngandika | marang patihipun | hèh kakang Dwara wruhanta | ingsun iki arsa têdhak ing wanadri | anggrit kidang manjangan ||

21. buntas arum dhawuh panduka sri | Patih Dwara nêmbah aturira | dhuh pukulun sang pamase | karsa paduka prabu | arsa numpu buron wanadri |

--- 1: 7 ---

ing wana Sarahita | langkung agêngipun | waradin tur lèpèn kathah | toya wêning măngka sitinipun pasir | kadya tilas nagara ||

22. papan sae kuciwa sakêdhik | katêbihên gusti saking praja | wontên malih ingkang sae | Palasara wana gung | sakilèning patapan wukir | ing Srênggawa Kiswara | kidul lêrêsipun | tan têbih saking nagara | datan wontên mutawatosi ing galih | bagawan nambung sabda ||

23. Risang Baladewa matur aris | inggih lêrês wana Palasara | kagêma pacangkramane | Syuhbrastha nêmbah matur | inggih lêrês gusti prayogi | sèbêtan saking praja | mèsêm sang aprabu | hèh-hèh kakang Patih Dwara | sira dhewe mangkata marang wanadri | lawan nayaka papat ||

24. agawea grogolan kang bêcik | pêpindhanên grogole jêng eyang | kang wus swarga kayangane | kawarti luwih bagus | pêpanggunge rinêngga adi | watês Krêndhawahana | Setragăndamayu | pakartine Yang Arjuna | lêlurinên supaya sawabe bêcik | nêmbah Dyan Patih Dwara ||

25. sida mangkata ing ari Kêmis | tumênggung anon-anon mèlua | kalang gowong jakên kabèh | têlas dhawuh sang prabu | sigra jêngkar sri narapati | ginrêbêg upacara | wus praptèng kêdhatun | kang nangkil sami bubaran | tata-tata catur tumênggung miranti | kang badhe nambut karya ||

26. grombolane dêmang lawan mantri | mantri kalang gowong wus saningga | rumanti upakartine | ngumpul wadananipun | sigra budhal sowan kya patih | kêbak ing kapatihan | dyan patih cinatur | ririh angrasuk busana [busa...]

--- 1: 8 ---

[...na] | sawarnine wasiyat dèn agêm sami | kadya caraning aprang ||

27. golong gilik sarekane kabti | miyos saking dalêm Patih Dwara | ingayap ing pawongane | yayah mirib sang prabu | wibawane rêkyana patih | têngara lajêng budhal | bêndhene angungkung | lir pindah amangun yuda | wadyabala busêkan datanpa wilis | asri lir sinoming dyah ||

2. Sinom

1. andhangak Sang Patih Dwara | nitih kuda janjan kuning | sinongsongan lar manyura | ing wingking para bupati | abra busana adi | ting pancurat ting palancur | kataman diwangkara | wèh sêngsêming kang ningali | tan cinatur solahira anèng marga ||

2. praptèng wana Palasara | tata pamondhokan sami | anglêrêmkên wadyanira | nèng pondhok lan ngaring-aring | wus antara kang ari | rèrèh rêrêming wadya gung | Rahadyan Patih Dwara | mintar jajah ing wanadri | anênitik ênggone kang buron wana ||

3. bopati catur manggala | sami dhèrèk radyan patih | tan antara lampahira | mriksa gunung alit-alit | majupat gunung Wujil | kalima têngah kang munggul | kêkayon angrêmbaka | ayom angayêmi ardi | kanan kering ing gunung kilenan toya ||

4. wêning pasir sitènira | sigra mulat radèn patih | sanggyaning kang buron rimba | kidang manjangan lan kancil | banthèng kalawan jawi | gumarang lan kêbo danu | warak arak-arakan | kathah satone mêpêki | ting sarênggut sukêt ijo kang pinangan ||

5. kewan kalangkung akathah | ebat kang sami ningali | lir ratu amangun [a...]

--- 1: 9 ---

[...mangun] yuda | dyan patih suka tan sipi | mèsêm ngandika aris | adhi Arya Saksonèku | gunung Wijil lêlima | kinarya têngah prayogi | awit iku têlênge kang buron rimba ||

6. kupêngên pagêr santosa | gawenên dhapur pasagi | ana tri pandêlêng gajah | pagêrana kang maripit | aywa barojol kancil | sajabane pagêr iku | mubêng sungana dalan | lan pondhoke para mantri | răngga dêmang buyut umbul ngubêngana ||

7. Arya Saksana sandika | panêkare dèn undhangi | watês sadaya cinêngkal | nêgor kayu amagêri | rame kang nambut kardi | swaranira gung gumuruh | yèn dalu padhang bulan | nglêmbur sami angrajêgi | bubar karya sami ngibing jêjanggrungan ||

8. pratikêl Arya Saksana | kabèh ingkang nambut kardi | mangan ping têlu sadina | esuk lawan têngah ari | asar bubaring kardi | têngara gêntha sru umyung | kang nambut karya nadhah | rampung mring pondhokan sami | surup surya kang mudha mring taledhekan ||

9. mila datan krasa sayah | sabên sore tămpa picis | wong siji sêlawe arta | mula tan ana prihatin | sigêg kang nambut kardi | dyan patih milih gènipun | pasanggrahan panggungan | badhe agême sang aji | antuk papan bawera langkung prayoga ||

10. milih malih ingkang papan | badhe pondhokane patih | lan pondhokan pra santana | pondhoke para bupati | Rahadyan Dwara Patih | nimbali radèn tumênggung | adhi Arya Indriya | lan Arya Satmata adhi | sun bubuhi padha karya pasanggrahan ||

--- 1: 10 ---

11. arya kalih tur sandika | dyan patih ngandi malih |[12] marang Arya Kèstudhêndha | adhi sira sun wajibi | gawea dalan bêcik | kang kêncêng lurung puniku | praja gung ing Ngastina | têkan grogolan wanadri | aywa mèncèng sarambut praptèng ing praja ||

12. desa têgal pakarangan | kabèh ingkang darbe melik | yèn katrajang dalan anyar | padha lironana adhi | tikêlên kang pêngaji | aywa na kang rawat êluh | gêdhong sun rajabrana | bukakên kang têlung iji | karya wragat kabèh iyasan ing wana ||

13. aywa na ingkang kuciwa | dene têpining kang margi | pasangana ruji rancang | binuntalan janur kuning | lan rontèk siji-siji | sabên tri dhêpa dohipun | antara tri pangundang | sinungana wisma yayi | panjêrana payung agung lan daludag ||

14. umbul-umbul lan tuwuhan | plisir wastra kang warna tri | iku samaning pradăngga | pelok slendro kang mantêsi | yèn lakon wus saari | pasangana wisma agung | piranti panginêpan | jêng ulun sri narapati | kang andhèrèk kabèh padha kacaryana ||

15. rarênggane wisma-wisma | aja nganti nguciwani | rakite kang patamanan | kabèh kêmbang ingkang adi | pasiraman kang bêcik | karyanên pating palancur | yèn arsa angun toya | kulah karyanên kang adi | sakabèhe pondhokan kaya mangkana ||

16. para bupati sakawan | matur sandika wotsari | lajêng dhawuh undhang-undhang | mring panêkare pribadi | andum pakaryan sami | swarane gora gumuruh | kang nyipat dalan-dalan | rampung lajêng dèn babadi | sinung tanggul lawan tinanêman [tinanêma...]

--- 1: 11 ---

[...n] wrêksa ||

17. rurung dèn uruk warata | wangun anggêgiring sapi | inguruk watu lan padhas | dhuwur watu alit-alit | tumuli krikil wêdhi | warata saurutipun | kêncêng bênêr sing praja | têkyan grogolan wanadri | rêrênggane tan siwah dhawuh dyan patya ||

18. wong desa ingkang katrajang | dalan yasane dyan patih | omah pakaranganira | binayar tikêl kêkalih | lawan rêga prayogi | sami suka-suka nutug | mingsêr angalih wisma | turut marga marik-marik | ana ingkang omah ngiras karya dhasar ||

19. kacarita pra santana | utawi suta bupati | sabên sore nitih kuda | têgar sami aningali | lurung anyar gumrining | atusan kang para bagus | sawênèh lampah dharat | yèn wus suruping Hyang Rawi | sami kundur gêgerongan urut marga ||

20. cinêndhak panggubahira | kang sami suka ningali | wau ta Dyan Patih Dwara | pasanggrahan dèn priksani | sampun tan nguciwani | têngahing dalêm winuwus | rinêngga sarwa endah | pandhapa joglo gumrining | tumpang sanga saka ginănja sêkaran ||

21. plataran wiyar warata | wontên bangsale kêkalih | kiwa têngêning pandhapa | sinung griya panjang sami | mubêng dumugi wingking | kampung bali wangunipun | tamanan ing pêngkêran | umbule mancurat inggil | iku dadi kêkêmbange pasanggrahan ||

22. lajêng mriksa pêpanggungan | rêrênggane wus mantêsi | agêng inggile sèbêtan | kamot upacara sang sri | yèn ana karsanya ji | santana kêkasihipun | kinèn minggah panggungan | ênggène wus dèn cawisi | tan kuciwa

--- 1: 12 ---

pangarange dyan kya patya ||

23. lajêng mriksa pagrogolan | ing jawi dipun ubêngi | pinggir pagêr pagrogolan | sinung margi langkung radin | wiyare ingkang margi | catur dhêpa nora langkung | winêdhi tinanggulan | waradin rêsik gumrining | nora adoh bênggange omah pondhokan ||

24. umbul buyut para dêmang | răngga desa para mantri | ngubêngi pinggir grogolan | wus rampung dènnya mriksani | kundur rêkyana patih | marang ing pondhokanipun | dalu sami rêmbagan | lan catur para bopati | wus pinatah kang ngrêksa ing pasanggrahan ||

25. injing budhal Patih Dwara | kalawan para bopati | nitih kuda sinongsongan | abagus rêkyana patih | lir pindah narapati | wibawane patih agung | sigêg ing lampahira | kadi barêngan sayêkti | ing carita prayoga kinarya gantya ||

26. ing nagari Trajutiksna | gêmah raharja sayêkti | datan ana tumimbanga | ayêm têntrême wong cilik | kabèh tinandur dadi | desa alas gunung-gunung | murah barang tinumbas | sumawana pra dipati | kawibawan winangun asmaradana ||

3. Asmaradana

1. dèn ta mangke sri bopati | kang jumênêng Trajutiksna | jêjulukira sang katong | Sri Mahaprabu Kismaka | putranira Sang Nata | Bomanarakaswarèku | nuju miyos siniwaka ||

2. lênggahan nèng dhampar gadhing | ginêrbêg para pawongan | kang ngampil upacarane | dhêdhêg anèng wuri nata | manguntur kaèbêgan | măngka kang nèng ngarsa prabu | warangkanira narendra ||

3. godhèk wok [wo...]

--- 1: 13 ---

[...k] brès angajrihi | anama Patih Bantana | sêti[13] măndraguna kalok | ing praja liyan nagara | kêkês kang sami mulat | ki patih pangwasanipun | angrèh kang bala bacingah ||

4. warna ro balaning aji | jawa kalawan danawa | mila kuntap karatone | kang nangkil wingkinging patya | kapara kananira | bupatine para diyu | bêlabar ngêbaki papan ||

5. ing wingking keringe patih | para anung-anung jawa | mila katêngên butane | sangking ta kaparêngira | nata marang rêksasa | dèn ugung sasolahipun | agêng manahe danawa ||

6. baranang kang busana di | kasorot ing diwangkara | lir gunung gêni isthane | mila karsane sang nata | wadyabala kang jawa | dinèkèk ing keringipun | supaya angungkulana ||

7. marang boboting rasêksi | mila samangke pra wadya | tan ana gèsèh driyane | tan pae prawiranira | sami sudirèng laga | manungsa kalawan diyu | rikat rosane tan beda ||

8. mangkana sang iswara ji | dangu marang mantrimuka | hèh kayaparan wartane | samuksane eyang nata | Sang Sri Bathara Krêsna | ratwagêng luwih pinunjul | sapa ingkang gumantia ||

9. tur sêmbah rêkyana patih | dhuh pukulun sang pamasa | kang gumanti sang akatong | Maha Prabu Dwarawatya | putra wuragilira | Dyan Satyaka duk rumuhun | paman paduka pribadya ||

10. jêjulukira samangkin | nama Prabu Dipaswara | inggih Satyaka parabe | kang minăngka wrangkanira | angrèh kang para wadya | Udakarya namanipun | sutanipun pun Udawa ||

11. Sang Prabu Kismaka angling | bungah rasane tyas ingwang | pasthi karsaku kêlakon [kê...]

--- 1: 14 ---

[...lakon] | èngêt duk seda jêng rama | pinatèn kangjêng eyang | mêngko arsa malês ukum | ngudhi tuwuh nglêbur centhang ||

12. samêngko karsa ngong patih | Dwarawati purantara | sun pukule pêrang popor | Jêng Paman Aji Sêtyaka | sun karya ewan-ewan | bakal ingsun êjur-êjur | minăngka pamalês ingwang ||

13. nadyan sanakku pribadi | têtêp satru buyut canggah | kang wajib malês mung ingong | marang sêsatruning bapa | ki patih matur nêmbah | dhuh dewa ji sampun-sampun | tan sae prang sami kadang ||

14. bilai ingkang miwiti | kados kirang kang dèn mêngsah | sampun wontên têtondhene | eyang panduka Pandhawa | lawan sata Kurawa | dèrèng alum labêtipun | Kurawa miwiti aprang ||

15. Ngastina praja gêng yêkti | dadak melik ing Ngamarta | nagri padhukuhan mawon | kinitêr kinalang-kalang | wasana dados aprang | Ngastina èstu kapupu | seda Prabu Duryudana ||

16. karaton dipun êjègi | lawan eyang padukendra | Sri Yudhisthira bêgjane | upami rukun kêkadang | ing jagat pramudita | saèstu sadaya nungkul | saking ampuh tandanging prang ||

17. sang prabu ngandika wêngis | ingsun tan melik nagara | kaya eyang jêng sang katong | Sri Nata Prabu Ngastina | rèhning wajib manungsa | inganakkên madêg ratu | gêdhe kawajiban ingwang ||

18. apa pamalêsku patih | marang kang sinung nugraha | sanadyan băngsa mancore | pinatenan wong tuwanya | anak mêsthi murina | ki patih nêmbah andhêku | ajrih dukane sang nata ||

19. nglocita rêkyana patih | kadingarèn [kadingarè...]

--- 1: 15 ---

[...n] sang pamasa | atur bêcik tan dèn anggo | yèn ingsun amalangana | tinigas murdaningwang | nyêgah mati nurut lampus | utama manut sang nata ||

20. majêng nêmbah kyana patih | dhuh gusti nuwun apura | kang abdi manah kaledhon | amba winêling pun bapa | mêkatên kang pitungkas | hèh kaki wruha sirèku | poma aja lali sira ||

21. kulup ywa sira kêpengin | bêbesanan jêjodhoan | mêmitranan tanpa gawe | marang wong ing Dwarawatya | ing satêdhak-tumêdhak | bêcik sira nganggêp satru | yèn katêmu patènana ||

22. gumujêng sri narapati | sarwi èdhèk kang sampeyan | hèh bapa patih samêngko | wadyaningsun undhangana | padha samêktèng yuda | purnamane kang sitèngsu | budhaling sun mangun yuda ||

23. kabèh wadya ngong sun kêrig | tinggalên saparatusan | Dwarawati nora gêdhe | ananging sugih saraya | kèngsêre yudanira | mêsthi mring Ngastina ngeyup | marang yayi Dipayana ||

24. yayidra yêkti mrinani | kang mangkono ora wêgah | wit yayi Sri misih jèdhèng | pupuke pan durung ilang | patih matur sandika | sigra dhinawuhkên gupuh | warata mring wadyabala ||

25. sandika kang dèn dhawuhi | obah orêk panangkilan | pra rêksasa surak bêkos | samya onclang kang bêdhama | siring gada candrasa | bupati jawa nung-anung | sarêng mirêng karsa nata ||

26. bungah sêdhèt narik kêris | sinudukkên jajanira | ting kalêmprang suwarane | sri pramodèng langkung suka | ginanjar para wadya | gêgaman pamunah satru | kalawan arta busana ||

27. sigra jêngkar

--- 1: 16 ---

sri bupati | wus kundur angênyapura | para bala bungah kabèh | kang samya tămpa ganjaran | mantuk asowang-sowang | ngrakit sikêping apupuh | kang badhe kangge ngayuda ||

28. wus prapta dina winanci | purnama wulan Palguna | Patih Bantana undhange | kinèn anggoyang gathita | sigra mantri kabayan | minggah marang panggung luhur | anggoyang ponang gathita ||

29. swarane gêntha mêlingi | karêngèng lakon tri dina | ing ngriku goyang êjame | tinundha para bupatya | sami goyang gundhala | têkyan praja liyanipun | warata lakon sawarsa ||

30. orêg sagung kang miyarsi | pranatan ing kuna-kuna | yèn goyang gathita katong | sigra dandan sikêp ing prang | nglumpuk mring lurahira | yèn wus sanengga ing pupuh | lajêng budhal mring nagara ||

31. mila nagara lit-alit | tan suwe ngumpul kang bala | lajêng budhal sadayane | gêgancangan lakonira | têkan ing Trajutiksna | gili praptane wadya gung | wus antara pirang dina ||

32. gumuruh swaraning dasih | jêjêl atap sanagara | amung para panggêdhene | kang bisa mring pasewakan | andhèr ing pagêlaran | kêbêg jêjêl ngalun-alun | kang kèri mung anèng jaba ||

33. Bantana Rêkyana Patih | pêpak sakănca nayaka | miranti sagêgamane | mangkana jêng maiswara | miyos ing sitibêntar | sikêp kapraboning pupuh | lênggah bangsal marcukundha ||

34. dhawuh mring Bantana Patih | bapa saiki budhalna | sandika patih ature | inggal sasmita mring wadya | bala panganjur budhal | kêbat sanalika kêbut | tan [ta...]

--- 1: 17 ---

[...n] kantun samya umangkat ||

35. titihan rata sang aji | kang pangirit kuda sasra | wus majêng ririh tan rongèh | nata minggah mring rata |[14] rata mangkat sumrapat | dêrês lampahe rata gung | lir pindah yudakênaka ||

4. Pangkur

1. untape kang wadyabala | Trajutiksna kadya hèrnawa banjir | angêlêbi dhusun-dhusun | tuhu tan kênèng ngetang | tan cinatur lampahe anèng marga gung | wus ngancik ampeyan praja | ing nagara Dwarawati ||

2. padesan jinarah-rayah | kêbo sapi rajabarana picis | lan bêras pari rinêbut | wong lanang pinatenan | wong wadon ênom pinotha rinungrum |[15] desa paminggir gegeran | wong padesan kawlas-asih ||

3. lumayu dhêlik mring jurang | ana mlayu guwa kang dèn dhêliki | sanggèn-ênggèn ting bêlulung | ngungsèkkên anak rayat | panggêdhene bopati tamping lumayu | wruh bala musuh bêlabar | tuhu tan kêna winilis ||

4. lumayu marang nagara | bêbarêngan pangungsine wong cilik | mila swarane gumrubyug | dadi kagèt sapraja | tan cinatur solahe kang sami mlayu | kacarita sri narendra | nuju miyos păncaniti ||

5. ki patih kang munggèng ngarsa | pra nayaka pêpak sumewa sami | bêlabar lir sabênipun | Mahaprabu Sêtyaka | mèsêm angandika aris sumèh sêmu | kayaparan Udakarya | samuksane rama aji ||

6. wong cilik apa na beda | pakaryane sêdagar lawan tani | kyana patih nêmbah matur | dhuh gusti sri narendra | abdi tuwan sami eca manahipun | ngardi lêbak ngare

--- 1: 18 ---

wana | suka sênêng tan prihatin ||

7. ngungkuli duk rama nata | wana-wana samangke dados sabin | datan wontên dhusun suwung | gêmah sami raharja | mirah boga busana sasamènipun | gampil pangangkahing arta | saking sawab paduka ji ||

8. sang nata kalangkung bingah | mring ature Udakarya Apatih | kasaru ing dhatêngipun | bopati panampingan | tan sarănta miyat kang sowan sang prabu | nèng wingkinge mantrimuka | napas ngangsur tata linggih ||

9. karya cingak kang sewaka | sami narka kalamun ana kardi | tumênggung tamping umatur | mring Patih Udakarya | sampêt-samput tan kècèr saaturipun | ki patih alon anêmbah | dhuh jêng ulun sri bopati ||

10. pukulun atur wuninga | saking aturipun wadana tamping | wontên mêngsah langkung agung | saking Tarajutiksna | sêti măndra prakosa jêjulukipun | Sri Naranata Kismaka | kalangkung saking sinêkti ||

11. kawarti pulunan tuwan | kang pêputra raka paduka aji | Bomanarakaswarèku | arsa murinanana | sedanipun kang rama jaman rumuhun | rama Prabu Sang Sri Krêsna | arsa malês ukum gusti ||

12. ngudhi tuwuh nglêbur centhang | mila wadyabalanipun kinêrik | kalangkung ing rêsahipun | angrisak padhusunan | sipat jalêr agêng alit pinrih lampus | Sang Nata Prabu Sêtyaka | mèsêm angandika aris ||

13. bapa sira siyogoa | ingsun dhewe kang arsa mêthuk jurit | patih sandika turipun | sigra undhang mring kănca | obah sagung kang sewaka sang aprabu | arsa jêngkar sri pamasa | jujuk mring sanggar sêmadi ||

--- 1: 19 ---

14. kang nangkil samya bubaran | sowang-sowang tata gamaning jurit | enjing têngara gumuruh | gong bèri asauran | sang iswara miyos mungging sitiluhur | lawan upacara pêpak | kang nèng ngarsa kyai patih ||

15. mèsêm ngandika sang nata | bapa patih ayo budhal saiki | nuwun sandika turipun | patih sasmitèng wadya | sigra budhal lampahe wadya gumrêgut | gut-gutên sakancanira | lami tan mangsah ing jurit ||

16. watara lakon tri dina | masanggrahan angayêmakên dasih | kacarita sang aprabu | Risang Maha Kismaka | gyanirèstu angadoni mapag ripu | mung nganti warta sanyata | kang badhe pamêthuk jurit ||

17. samana Prabu Kismaka | mirêng lamun kang paman mêthuk jurit | sakalangkung bingahipun | gumujêng cêkakakan | ngêntrok wêntis amaluntir rawisipun | ngandika santak sarosa | kapasang-yoga sayêkti ||

18. kaya kaparêng ing dewa | gonku arsa malês agawe pati | patih sêksènana ingsun | tan arsa kundur ingwang | lamun durung nacah-nacah paman prabu | ususe ginawe blabar | pinggir pasar dèn ubêngi ||

19. patih nêmbah dhêku mulat | amicorèng jro wardaya sru bêkis | kadingarèn sang aprabu | ngagêm manah jubriya | mêsthèkakên sabarang kang durung têmtu | baya wahanane apa | nanging sabarang puniki ||

20. kawula iku nirdaya | sasolahe jawata ingkang kardi | manungsa drêma lumaku | sapuluh kapakêna | lamun lagi nglakoni ing kodratipun | mati ya nêmu suwarga | yèn mênang olèh kamuktin ||

21. tumênga matur anêmbah | inggih lêrês [lêrê...]

--- 1: 20 ---

[...s] sabda panduka gusti | sang prabu mèsêm lingnya rum | bapa iki wis măngsa | budhalêna wadyaningsun kang panganjur | sandika rêkyana patya | dhawuh ngangkatakên baris ||

22. budhal wadya kang pangarsa | sri narendra nitih kang rata manik | gêlar sapit-urang mungguh | sang nata anèng sirah | kiwa sapit nayaka jawa nung-anung | kang munggèng ing sapit kanan | bopati rêksasa sami ||

23. kang nèng sungut mantrimuka | angalingi marang sri narapati | kang nèng gigir pra tumênggung | tumêka pêthit pisan | langkung pêngkuh gêlar sapit-urang iku | lampahe samarga-marga | kadya buta măngsa daging ||

24. mangkana Prabu Satyaka | mangun gêlar grudha-nglayang rêspati | kang nèng sirah sang aprabu | cucuk rêkyana patya | kang panjawak[16] kiwa rahadyan tumênggung | krêtarta Arya Grêdaka | pênjawat têngên dèn goni ||

25. Bopati Arya Sambada | kang nèng gigir Arya Kaskaya bangkit | kang nèng buntut ki tumênggung | nama Arya Pangruwat | jajar lawan Ki Arya Wasesanipun | kang ngidêri pabarisan | Radyan Arya Saralathi ||

26. lakune kang gêlar grudha | gêgirisi kadya arsa nambêri | manglayang niyup ing mungsuh | kapapag mêngsahira | sami mandhêg sawang-sinawang adangu | kang panganjur lajêng aprang | caruk kèkèt silih-ungkih ||

27. sami surane ing driya | kuwêl gulung glimpang barêng gumuling | jambak jinênggit binêkuk | ana pêdhang-pinêdhang | ting kalêmprang swarane gêgaman putung | bêngok kataman warastra | ana ingkang jêrit-jêrit ||

28. sêrêg-sinêrêg sarosa | amrih titih tatag-tatag tan polih | kasurung sami lumayu | wadya Tarajutiksna | dhadhal larut [la...]

--- 1: 21 ---

[...rut] wadyabala kang panganjur | ngungsi mring wadya rêksasa | Maodara duk udani ||

29. yèn kancanya karepotan | sru bramantya mangkrak krudha tan sipi | gêro ababe kumêbul | ababe mawa wisa | mingkis klambi cincing cawête cinancut | mlajêng anyakot angêrah | kang tinrajang bubar sami ||

30. giris-giras gundam-gundam | lumayune ngungsi panjawat kering | sapit kiwa dunungipun | upama sapit-urang | kang dèn ungsi Arya Grêdaka pikukuh | mulat kancane rinusak | marang rêksasa sawiji ||

31. dyan arya ngawêt lathinya | sigra mlumpat praptèng gèning rasêksi | Pancatnyana kagyat jumbul | dhinupak sru kalênggak | arsa tangi ginoco sirah gumapruk | tangi-tangi tinêndhangan | glundhung tansah dèn tututi ||

32. lajêng reka-reka pêjah | sêjatine ngaso supaya aring | kalimpe gregah anubruk | binarêngan dhinêndha | ing dhadhane lir dhinudhah wadhukipun | Pancatnyana kapisanan | Ancakogra tandang aglis ||

33. sinaut saking ngiringan | êndhas klêbu gulunira ginigit | kurang sathithik mèh arampung |[17] dhinupak kang plandhungan | tiba kantêp anèng siti sangêt kantu | tangi ngrangkus sikilira | rame ulêng andurmani ||

5. Durma

1. jinjit mumbul sira Dyan Arya Grêdaka | dinêkung anguwati | kinipat kaplêsat | kantêp kantu kantaka | tangi nyandhak samoga di | ingikal-ikal | pinantran sinêmadi ||

2. ginêdhugkên barubul samoga wêdran | bilêg anèng wiyati | nibani ing bala | bubar gundam-gundam |[18] Arya Grêdaka

--- 1: 22 ---

udani | nyandhak gandhewa | pan nulak anglêpasi ||

3. mêtu blêk pirang èwu-èwu yuta |[19] samoga lan jêmparing | rame tarungira | anèng ing dirgantara | surak bala Dwarawati | rame swaranya | surak-sinurak gênti ||

4. bala Trajutiksna surak bata rêbah | jêmparing dèn surungi | yèn jêmparing mênang | gênti panyurakira | ing wanci wus surup rawi | têtêk gya tinêmbang |[20] têngara bubar baris ||

5. arya kalih sinèlèhkên kang gandhewa | krindha rinacut sami | mulih kang warastra | marang gandhewanira | kundur masanggrahan kalih | dalu bujana | gunêm masalah jurit ||

6. enjing muni têngarane kang ayuda | gong bêndhe lawan bèri | baris sami tandang | têpung kupêng kalangan | sang nata ing Dwarawati | Prabu Sêtyaka | Dipa Iswara aji ||

7. nitih rata manik ginarbêg ing wadya | kang cêlak kyana patih | mungsuh sampun tata | Risang Prabu Kismaka | patih santana tan têbih | para dipatya | nèng wurine dyan patih ||

8. angandika Mahaprabu Trajutiksna | Si Ancakagra wingi | duk prang nora beda | kalawan mungsuhira | durung ana nguciwani | ki patih nêmbah | matur marang sang aji ||

9. dhuh pukulun mêngsah panduka punika | yèn amung toging gêndhing | makatên kewala | kados Arya Grêdaka | ulun piyambak ngrampungi | tan mawi kănca | sanès kabar rumiyin ||

10. băngsa jawi botên kenging sinuwawa | ampuh boboting jurit | ing wartos punika | nging amba tan kumêdhap | samêndhang dados sakrambil | ing wasananira |[21] kados botên amatosi |[22]|

--- 1: 23 ---

11. sang aprabu alon pangandikanira | bênêr karêpmu patih | hèh ta Maudara | majua ing ayuda | sandika kang sinung angling | majêng manêngah | sumbar abêkik-bêkik ||

12. hèh wong jawa yèn sira arsa palastra | papagna krodha mami | aja siji mara | barênga anêrajang | suka dèn but ing ajurit | katon prawira | iki prajurit sêkti ||

13. Sang Samboda nêmbah nuwun idi nata | mêdhuk dênawa juti | kaparêng narendra | nêmbah lajêng manêngah | Arya Sambada sru angling | hèh buta sira | ngakua mupung urip ||

14. apa sira kang aran Prabu Kismaka | sêdhêng tandhing lan mami | yèn dudu balia | gumuyu Maudara | durung sira angrasani | mring ratuningwang | aku iki bopati ||

15. wara wira Maudara aran ingwang | gêdhêk manggolèng jurit | aku bae năngga | nadhahi bobotira | apa kowe kang dhingini | ingsun kang tadhah | apa aku dhingini ||

16. Sang Samboda sarêng majêng kalihira | candhak-cinandhak sami | udrêg kalihira | dêdêr-dinêdêr rosa | padha kuwating ajurit | sami pêngkuhnya | dhupak-dhinupak gênti ||

17. katalendho Maudara angalênggak | binuwang tibèng têbih | kantêp dhawahira | gulinting anèng kisma | tangi kasilir ing angin | krodha manêngah | limpung tinarik aglis ||

18. Maudara lajêng ngundha limpungira | dèn ikal mobat-mabit | trêngginas sang arya | pêdhang tinarik sigra | Maudara andhingini | limpung lumarap | sinampe lawan tangkis ||

19. krodha mêngkab limpung pinusus ing asta | mubêng langkung girisi | linimpung Dyan Arya | Samboda

--- 1: 24 ---

nora têdhas | gumadhug anglimpung kadi | dhodhoging răndha | butêng Maudara glis ||

20. wanti-wanti panglimpunge Maudara | nanging nora ngudhili | Dyan Arya Samboda | limpung cinandhak inggal | Maudara glis binanting | lajêng binuwang | tinuju sang narpati ||

21. Maudara tiba anèng ngarsa nata | kantêp kantakèng siti | lajêng ginosongan | Arya Nirsraya nêmbah | dhuh pukulun sang dewaji | mugi parênga | ulun ingkang ngayoni ||

22. sami jawi prajurit ing Darawatya | amba badhe ngicipi | kasudiranira | mèsêm Prabu Kismaka | majua dèn ngati-ati | nuwun tur sêmbah | Nirsraba majêng aglis ||

23. Sang Samboda sêrêng wijiling kang sabda | sapa kang maju iki | bagus warnanira | apa sira Kismaka | ratu mamak ing ajurit | tanpa ukara | mukul tan kirim tulis ||

24. bopatine baya tan wruh pramaswara | katara tindak nisthip | liwat murang tata | ninggal cara narendra | ya ingsun andêling jurit | Arya Samboda | inggal krubutên mami ||

25. kowe manèh bathangmu wêruha cara | sapa aranmu bêlis | sumaur sang arya | bupati lungguh ingwang | Trajutiksna sri bupati | Nirsraya ran ingwang |[23] gêgambèn ing ajurit ||

26. sêdhêng singa atandhing kalawan ingwang | singa tiwas ngajurit | tur padha prawira | ywa pijêr girang-girang | gumuyu ngujar-ujari | apa sabudinya |[24] ing kene padha jurit ||

27. ngikal gada krodha Sang Arya Samboda | ngandika asru wêngis | ywa oncata sira | tadhahan[25] gadaningwang | gapyuk kuwêl git-jinênggit | tangi bramantya | nyandhak gadanira

--- 1: 25 ---

glis ||

28. ngundha gada mangsah kadya wikridita | duk arsa badhog daging | wus ayun-ayunan | ginada Sang Nirsraya | endha malumpat mangering | malês andhêndha | sami rigêne kalih ||

29. ujung dhêndha sami surane driya |[26] bala samya nyuraki | rame ingkang yuda | swarane ting kalêmprang | yèn nuju dipun endhani | kêna ing kisma | grag-grêg kang bumi gonjing ||

30. Sang Samboda kêna binabit ing dhêndha | tiba gumuling siti | cinandhak binuwang | tiba kantêp kantaka | ginosongan para dasih | Arya Nirsraya | sumbarira angajrihi ||[27]

31. iki Arya Nirsraya ing Trajutiksna | andêl-andêling ajurit |[28] abarênga mara | aja ingkang apêsan | kaya Samboda ringkih |[29] kajawil dhêndha | tan wani maju maning ||

32. Sang Kaskaya pamit ingidèn umangsah | kapanggih padha siji | Nirsraya angakak | gumuyu latah-latah | ana maju luwih ringkih | apa wis mratah | wong Dwarawati ringkih ||

33. sapa ranmu satriya apa bopatya | patutmu blantik kêris | tan majat suwita | kaparêk ngarsa nata | sêtun yèn ana pawèstri | pangincihira | lali yèn sipat pyayi ||

34. dêlok anggris patutmu melik kalintang | karêm kasil kawuri | Saralathi nyêntak | brêduli kaya sira | aranku Dyan Saralathi | kêkasih nata | cangkêmmu kok cariwis ||

35. padu apa sira tan kinasih nata | mula sira amaoni |[30] katara ing tingkah | têmbungmu luwih kasar | coba sira yèn antuk sih | ngungkuli ingwang | dhêmênmu marang silib ||

36. sapa ranmu mungsuh dhêmên salah ujar | nauri [naur...]

--- 1: 26 ---

[...i] ingsun iki | aranku Nirsraya | andêling parangmuka | mara nibanana dhingin | ingsun tan wêgah | pukule wong kang ringkih ||

37. yèn sun gada rêmuk nora dadi ampyang | bojomu ngolang-ngaling | dèn alap wong liya | amal kabèh ginawa | kinarya gawane laki | gonmu gauta | tanpa karya sajati ||

38. yèn bêcike sira lumayua inggal | ngèlingana kamuktin | bramantya Ki Sara- | lathi sigra anyandhak | binuwang tibane têbih | Arya Nirsraya | tangi gumuyu malih ||

39. i ladalah dene bisa buwang ingwang | nanging ngaya kêpati | coba amindhoa | sun mênêng nora nglawan | napasmu dhak mêngkis-mêngkis | iba sun lawan | polahmu ngolang-ngaling ||

40. saya krodha Saralathi duk karênga | binècu wanti-wanti | nyandhak kang gandhewa | karsanya arsa manah | tinubruk mungsuh sing wuri | kinêmah-kêmah | binuwang tibèng têbih ||

41. ginosongan amung kari kêtêkira | buh mati buh urip |[31] Dyan Arya Pangruwat | nyuwun ingidèn mangsah | nyingklak turanggane nyirik | ngatepang mêdhang | turăngga kadi jalmi ||

42. turunira cikcawilaha ing kuna | agêmira Prêmadi | ya Radèn Arjuna | dèn lih ing namanira | pagêr andong luwih ngrêti | pinaring putra | Dyan Abimanyu nguni ||

43. turunannya pan wus kadi bapakira | braja datan nêdhasi | mila Dyan Pangruwat | ampuh ing pêrangira | awit saking ing turanggi | jumbuh sarira | dhêdhasar amumpuni ||

44. Sang Nirsraya wruh mungsuhe nunggang jaran | berage angranuhi | majêng ngundha gada | datan nganggo saraba | ginada awanti-wanti [awanti-...]

--- 1: 27 ---

[...wanti] | datan rinasa | ngungunira tan sipi ||

45. e la dalah dene mantala kalintang | gadaku tan nêdhasi | Dyan Arya Pangruwat | mèsêm sarwi lon mojar | katogna budimu anjing | nyambata dewa | adunên lawan mami ||

46. gadanira Nirsraya inggal binuwang | narik pêdhangira glis | wanti-wanti mêdhang | nanging nora rinasa | tinujahkên jaran aglis | dhadhane bêngkah | sakala angêmasi ||

47. Sang Aprabu Kismaka sarêng umiyat | wadyane angêmasi | tinujah ing jaran | sangêt ing dukanira | Endramuka kinon mijil | nêmbah gya mentar | lir gambuh mangsah jurit ||

6. Gambuh

1. purwa wasana ngumpul | Endramuka guyune lir gludhuk | nyandhak sampur putra cindhe angajrihi | pêrang dèn anggêp pêkumpul | majêng bêgsa megal-megol ||

2. dhasare rada gêcul | kasêmbadan prawira prang pupuh | mungsuhira mung dèn anggêp bocah cilik | malah mung dèn anggêp nayup | ngajoni talèdhèk rimong ||

3. hèh-hèh bocah ing Tarup | gamêlamu sêsêgna dèn umyung | sun êmbane talèdhèke kang nyindhèni | cêdhak yun-ayunan mungsuh | Endramuka nubrug gêro ||

4. milar turangganipun | Dyan Pangruwat tan miris sarambut | kuda mingêr sinepak mukane kêni | irunge mancêlat putung | gêrêng nubrug-nubrug gêro ||

5. winatang saking luhur | Endramuka nora bisa kiwul | sasat numbak waloh gerong anèng têgil | blas-blus tanna rasanipun | mung prêsasat mangan kênthos ||

6. ing uni nguni tuhu | Endramuka prawira pinunjul [pinu...]

--- 1: 28 ---

[...njul] | ing samangkin katon apêse rasêksi | bala Trajutiksna ngungun | Endramuka jêbul mopol ||

7. Rukmuka nêmbah matur | nuwun idi magut ing prang pupuh | Sang Aprabu Kismaka sampun marêngi | Rukmuka nêmbah sumêbrung | wus têkyan têngah palugon ||

8. Rukmuka nabda arum | sapa ranmu prajurit kang ampuh | ngêntèkakên kancaku kang sêkti-sêkti | Rukmuka iku aranku | sisakna lampus wak ingong ||

9. Rukmukala jumêdhul | saking kering lajêng rikat nubruk | binarêngan cinuthat liwung tinangkis | tiba jawi baris sagung | kongsêp kantaka nèng ngênggon ||

10. Rukmuka inggal nubruk | binuntar ing liwung niba kantu | gya cinuthat ing liwung tibane têbih | anèng jawi barisipun | umung surak bata ruboh ||

11. Kala Nimpuna matur | nêmbah nyuwun bantu kănca kang lampus |[32] Sri Kismaka kaparêng ngandika aris | nêmbah mêndhêg mêndhak mundhuk | sumêbrung praptèng palugon ||

12. sapa prajurit ampuh | ingsun iki sisakna dèn gupuh | Sang Nimpuna Kala aranku sayêkti | ingsun Pangruwat aranku | balia buta lir gêmbok ||

13. Kala Nimpuna bêkus | anyênyiwo kering kananipun | gora godha pênyênggrange amêdèni | jogèt sarwi gêro nubruk | liniwung gumadol mawon ||

14. tinitir dènnya ngliwung | eca jogèt pacag gulu muwus | sagêndhingmu Pangruwat katokna aglis | tinujahkên jaranipun | ginêtak kabur lir kalong ||

15. surak bala gumuruh | Sri Kismaka gumujêng angguguk | Sang Aprabu Satyaka duka tan sipi | punggawa [pungga...]

--- 1: 29 ---

[...wa] kalih mit maju | wus praptèng têngah palugon ||

16. kinalihan sang diyu | anèng kanan lawan keringipun | sigra nrajang ginêtak mamprung wor angin | kang sawiji arsa nuduk | ginêtak tibanira doh ||

17. catur bopati maju | yun-ayunan kinalang liningkung | ngêmbat watang catur manggala kumitir | kadya ngrampok macan tuhu | pangamcape[33] mèh gumacos ||

18. ginêtak barêng mamprung | kadya kapuk kabure angumpul | tinêtêgan wit wus surup sang hyang rawi | bala Trajutiksna mundur | kalawan surak gumuroh ||

19. Satyaka Sang Aprabu | undurira dukane kalangkung | durung kiwul kawal-kawale kawalik | praptèng pondhok buja nutuk | ngudi masalah ing pupoh ||

20. wadyabala kang tatu | ingusadan tirta kang martyayu | mulya kabèh dene bala ingkang mati | sutane ginanti lungguh | namane kalilan nganggo ||

21. Tarajutiksna Prabu | balanira ingkang sami lampus | sutanira ginêntènkên lungguh sami | kang sakit tinamban sampun | waluya têmahan jatos ||

22. kawarna enjingipun | nêmbang têngara gong bêndhe umyung | lawan bèri gong maguru găngsa yêkti | untape wadya barubul | gili mêtu saking pondhok ||

23. baris kalangan têpung | nata bala ing sajuru-juru | andêlêdêg wadyabala Dwarawati | miyos Sang Satyaka Prabu | nitih rata manik abyor ||

24. kawacanira mancur | kênèng sorot diwangkara murup | ambaranyak kadya kang rama ing nguni | kaot kuning Sang Aprabu | Satyaka kulite mompyor ||

25. tan têbih patih prabu | Udakarya lan sakancanipun [sa...]

--- 1: 30 ---

[...kancanipun] | Sang Wasesa nyuwun idi magut jurit | ingidèn marang sang prabu | nêmbah majêng lampahnya lon ||

26. ing Trajutiksna Prabu | wus samêkta kabèh wadyanipun | sinumbaran marang bala Dwarawati | Gathodara nuwun magut | kaparêng sang prabu anom ||

27. manêngah lampahipun | praptèng têngah èrèk sami grêgut | napda nyêntak prajurit ing Dwarawati | hèh sapa jênêngmu diyu | kalawan apa kang lunggoh ||

28. nauri lungguh ingsun | priyayi gêng dhasar rupa bagus | linggih lampit leyangan gêndhaga mami | Gathodara aran ingsun | singa praja dêling kewoh ||

29. sira sapa aranmu | rada bêcik nanging bagus ingsun | Sang Wasesa gumuyu nauri angling | bêtah ngalêm mring awakmu | pratăndha priya kang bodho ||

30. Arya Wasesa ingsun | linggih sèwu lampit epok agung | andhêkoni gêndhaga iku bopati | mara agea sirèku | dhisikana marang ingong ||

31. Gathodara sumaur | ya kang tanggon ja sira malêncung | krodha mangsah Gathodara angancari | Sang Arya Wasesa dulu | atadhah tan mundur ing gon ||

32. rukêt rame acaruk | Gathodara akontit dinêkung | gya jinotos kantaka gumuling siti | Sang Arya Wasesa guguk | kumênthus anggêpmu atos ||

33. gêro jèngkèng manaut | indha mlumpat manêngên tinubruk | rikat rukêt sami trampil pancèn kêsit | sura mrata ambêkipun | kaledhon jinotos dhoko ||

34. Gathodara gumuyu | dene thik pril kênèng sotho ambruk [ambru...]

--- 1: 31 ---

[...k] | gêlasaran kaya gudèl dêdagangi | dene kêsite tandangmu | sun kira yèn sugih atos ||

35. mara malêsa bagus | sun êntèni aja pijêr jêrum | Sang Wasesa kantaka sinilir angin | midit mêdêt gregah wungu | cikat pilingan jinotos ||

36. gumêpruk swaranipun | lir wong mêcah krambil muni mak pruk | Gathodara jêlèh jungkêl gumalinting | gumluntung kantaka kantu | nèng bantala tulus lembon ||

37. Arya Wasesa guyu | gayah-gayuh nanging tan gineyuh | napda sora saru nuruti kang runtik | dene têmên kaya timun | sun duga yèn sira atos ||

38. malêsa buta lumut | lembon têmên lali lamun pupuh | papagêna pupuge pèk-èpèk mami | monyèt mamak mungsuh mring sun | tangi kene padha guthon ||

39. Gathodara sumaput | pêpêt sumpêt anèng siti nglugur | samatara gumregah nubruk ambithi | kalênggak rikat manaut | rukêt kèkèt pangkur gêntos ||

7. Pangkur

1. duk miyat Prabu Satyaka | wadyanira kontit dêrês binanting | duka nyandhak langkapipun | jêmparing narawantah | duk ingêmbat sarèh sarekane kayun | pinantran warastra dibya | brubul wêtuning jêmparing ||

2. ngêbaki ing dirgantara | kumarêsêk swarane kang jêmparing | warna-warna rupanipun | ana kang rupa macan | rupa warak ana rupa kêbodanu | buron alas sapêpaknya | ana rupa buta wujil ||

3. kumêrap ngêbaki papan | ana rupa bau manguwir-uwir | sirah glundhungan barubul | ingkang rupa warastra | sapêpake gêgaman donya

--- 1: 32 ---

puniku | nêmpuh marang mungsuhira | sirna larut lir kabêsmi ||

4. duk miyat Prabu Kismaka | yèn kang paman karsa mungkasi jurit | sarèh ngasta langkapipun | pinênthang agnisara | sinêmadi wus kênyêp wardaya konus | lumêpas saking gandhewa | agni pirang-pirang kêthi ||

5. niyup gêgamaning mêngsah | sirna larut gêgaman ing ngawiyati |[34] tan ana ingkang kadulu | sirna padha sakala | kuntit kabèh prabawanira sang prabu | duka Sri Nata Satyaka | jêmparinge sirna ênting ||

6. mênthang barunantra gora | gya lumêpas kumrusuk ngawiyati | dhêdhêt dirgantara mêndhung | tirta arda sing wiyat | nêmpuh agni gora rame rêbut kiwul | sayêkti kaya mangkana | dinulu agêgirisi ||

7. iku duk jaman dupara | pan kêkalih dupara ingkang warni | siji mokal warnènipun | dene kaping kalihnya | kaelokan inggih elok lingganipun | punika sumanggèng karsa | katêpangna kang mriksani ||

8. toyarda nêmpuh gênarda | nèng wiyati surung-sinurung kalih | yèn gênine arsa lampus | ginêdhêg kang gandhewa | mubal malih toya datan pakolèh kiwul |[35] Sri Satyaka duk wuninga | ing prabawa têka kontit ||

9. ginêdhêg gandhewanira | muntap malih toyarda angêbyuki | mring agni kang agêng murup | mila tan ngambah lêmah | sêlot mumbul têkyan kayanganing Guru | yaiku Junggringsalaka | kagegeran pra apsari ||

10. mèsêm Sang Hyang Jagatnata | asasmita marang Sang Maharêsi | Kanekaputra wruh sêmu | mêsat mring ngêrcapada | dumarojok marang paprangan aniyup | kêkêjêr nèng ngarsanira | Satyaka [Sa...]

--- 1: 33 ---

[...tyaka] sri narapati ||

11. dhawuhakên kang timbalan | hèh hèh prabo krodhanta dipun ririh | inggal rucatên napsumu | muliha tutup kutha | dudu sira kang matèni mungsuh iku | pamanamu Nglesanpura | iku Si Kismaka mati ||

12. nanging sira nênuwuna | bantu marang Ki Prabu Parikêsit | sun tuturi sira prabu | Kismaka kênèng duka | gêni arda ngalat têkyan swarga luhung | dalêm kayangan Mandana | cinêmplungkên ing yumani ||

13. nyawane Sri Trajutiksna | dèn worake lawan bapakne benjing | dosane wani bapakmu | wis prabu lilanana | ingsun mulih sowan mring Hyang Pramèsthi nung | mêsat wus datan katingal | kacarita ingkang kèri ||

14. sira Sri Maha Satyaka | gandhewanya sinèlèhakên aglis | sirêp kang prabawa sindu | dhawuh marang Ki Patya | Udakarya undurna barismu iku | sakèthènge tutupana | sandika ature patih ||

15. sigra ki patih sasmita | têtêk mundur tinabuh wanti-wanti | kagèt para wirèng kewuh | masane rame aprang | durung ana kang asor lajêring kewuh | nanging kaya pratingkah |[36] kudu manut karsa sang sri ||

16. Sang Nata Prabu Satyaka | nitih rata kundur saking ajurit | bêdhol baris agêng sampun | dhèrèk sri naradipa | mlêbêt kutha sêkèthèng kabèh tinutup | ing kori sami jinagan | kacarita sri bopati ||

17. narapati Trajutiksna | sarêng sirêp prabawaning kang jêmparing |[37] mulat mêngsahe kêplayu | lajêng ngangsêg mring pura | dhawuh ngêpung binathithit kuthanipun | aja na mêtu sajuga | matia kalirên sami ||

--- 1: 34 ---

18. bopati pinara papat | pangêpunge majupat bangêt wêrit | sang prabu manggèn ing kidul | lajêng tata pondhokan | kacarita kang kinêpung kuthanipun | Sri Mahaprabu Satyaka | ngandika marang ing patih ||

19. bapa Patih Udakarya | lumakua dhewe sira sun tuding | nyuwun bantu anak prabu | sowana mring Ngastina | aturêna apa anane wak ingsun | ki patih tur sandika |[38] ing dalu mlampah dyan patih ||

20. nglugas raga cara sudra | bêkta kanthi panakawan kêkalih | nilip-nilip wêdalipun | mêtu rung-urung toya | sagêt mêdal saking barisan kang ngêpung | lêpas lampahe dyan patya | nusup wana murang margi ||

21. dalu siyang tansah mlampah | nora kèndêl anjawi nginun[39] warih | cinêndhak ing lampahipun | praptèng nagri Ngastina | anuju ri Soma tinangkil sang prabu | pêpak kados ngadatira | kacarita kyana patih ||

22. Udakarya asiyaga | sacaraning pêpatih wus miranti | ponakawan kalihipun | tinilar pangurakan | sigra sowan marang panangkilan laju | lêbune tanpa larapan | miyak-miyak ingkang nangkil ||

23. cingak sagyaning[40] kang sowan | lampahira patih ing Dwarawati | tanpa upacara tuhu | jujug ing wingkingira | Kyana Patih Janurwenda kagyat ngungun | sinamun lawan pambagya | andudukwuluh sami ||[41]

8. Dudukwuluh

1. Kyana Patih Dwarawati inggal matur | miwiti malah mungkasi | kapitèng tyas Patih Janur | Udakarya dipun irit | mring sitinggil ngarsa katong ||

2. inggal matur Janurwenda mring sang prabu | pukulun sri narapati | punika [puni...]

--- 1: 35 ---

[...ka] utusanipun | wa panduka Dwarawati | tanpa srat ijêman mawon ||

3. awit saking nagarinipun kinêpung | ing mêngsah langkung bêthithit | cara sudra wêdalipun | murang margi nilip-nilip | sang nata ngandika alon ||

4. Udakarya salêsihna gonmu matur | kayaparan uwa aji | dene kongsi tutup pintu | Udakarya nêmbah aglis | datan dhopo matur alon ||

5. dhuh sang prabu kang bawani buwona[42] gung | kang ngadili sining bumi | buwona[43] kabèh kacakup | yèn wontên kang ambêg juti | sirna dening asta katong ||

6. dhuh pukulun sowan amba dipun utus | wa panduka narapati | Sêtiyaka Sang Aprabu | nyuwun bêbantu ing jurit | kadhatêngan ripu atos ||

7. saking Trajutiksna ratu dibya luhung | măndraguna surasêkti | tanpa wilis wadyanipun | sapalih bala rasêksi | wadyabala kang saparo ||

8. tanpa nalar ngirit bala lajêng mupuh | botên mawi nonjok tulis | ujug-ujug lajêng mukul | mila karepotan gusti | datan sagêt amirantos ||

9. amba kèngkèn pados kabar lampah alus | antuka kabar kang slêsih | ing Trajutiksna Sang Prabu | têksih pulunan pribadi | lan uwa paduka katong ||

10. Nata Trajutiksna karsa malês ukum | kang rama dipun sedani | lan eyang panduka prabu | Bathara Krêsna ing nguni | makatên ingkang pawartos ||

11. Nata Trajutiksna nguni namanipun | Bomanarakaswara ji | kang mukul aprang puniku | jêjuluking narapati | Kismaka Sang Prabu Anom ||

12. pun bantana [ba...]

--- 1: 36 ---

[...ntana] patih angrèh bala agung | parentah ratu lit-alit | buta jawi ingrèh kumpul | saking sagêtipun patih | wibawa prasasat katong ||

13. măngka gusti patrap pratikêling ngêpung | êlèr kilèn kang wadya wil | kidul wetan bala agung | sami tata makuwoni | bala jawi wirèng kewoh ||

14. Sri Kismaka tan têbih lan patihipun | pakuwonipun amêncil | siyang dalu ubêngipun | sabên jam dipun nganglangi | manawi nuju kêpanggoh ||

15. tiyang jalêr agêng alit dipun lampus | tan sagêt brojol satunggil | amba sagêtipun mêtu | mêdal urung-urung warih | sangêt gènipun rêkaos ||

16. murang marga ing lampah anusup-nusup | langkung rêkaos ing margi | mutawatosi kêlangkung | pan nuju sagêt lêstari | ing lampah mindha tyang dodol ||

17. sagêt amba basuki sowan sang prabu | ing wingking jêng sri bopati | wa paduka sang srimulku | kuwatos amba nglangkungi | manawi rinupak mungsoh ||

18. pra bopati sadaya mèh sami kawus | măngka yèn mêngsah nglêbêti | kadospundi dadosipun | Sang Aprabu Parikêsit | duk mirêng ingkang pawartos ||

19. ingkang uwa Sêtiyaka Sang Aprabu | Srimaha ing Darawati | kinêpung karatonipun | botên sagêt mobah mosik | gatgodèng tyas sang akatong ||

20. langkung duka Dipasarona Sang Prabu | nanging sinamun ing galih | dèrèng ngantos adhêdhawuh | kacariyos risang rêsi | Bagawan Baladewa non ||

21. aturipun patih kagyat sangêt bêndu | bagawan umatur [u...]

--- 1: 37 ---

[...matur] aris | dhuh putuku sang aprabu | aku pamit bantu jurit | mring Dwarawati prang popor ||

22. mèsêm risang nariswara ngandika rum | eyang sampun wancak galih | rèhning paduka wus sêpuh | tan prayogi magut jurit | ngêmongna kula kemawon ||

23. ingkang ênèm punika bubuhanipun | Janurwenda kakang patih | kanthia bopati catur | sapanêkar ayya kari | padha sun du aprang popor ||

24. atêtulung marang uwa sang aprabu | Satyaka nuju prihatin | kuthane kinêpung mungsuh | Suhbrastha sira sun tuding | anjampangana prang popor ||

25. Sang Aprabu Parikêsit ngandika rum | Udakarya sira patih | sun ganjar busana agung | kabèh kapraboning patih | lan arta mas satus bobot ||

26. Udakarya nuwun sangêt aturipun | Sang Aprabu Parikêsit | wus titi gyanira dhawuh | lajêng jêngkar dènnya nangkil | sigra kundur angadhaton ||

27. ginarêbêg sadaya pacaranipun | mangkana kang sami nangkil | sowang-sowang antukipun | lajêng tata-tata jurit | sadaya sampun mirantos ||

28. Dyan Tumênggung Dyaskara dadya panganjur | dhasar bagus busana di | nitih kuda agêng luhur | songsong lar gagak tinêpi | pakaja sêsotya abyor ||

29. bul-umbule kabèh banderane wulung | aciri daksaka julik | mawa lar mingis kang siyung | bandera tiniyup ngangin | sarpa kumitir lir blorong ||

30. sikêp gada kabèh saprajuritipun | Tambara Radyan Bopati | kang sumambung wurinipun | salira balingah kuning | nitih kuda gêng binarong ||

31. sikêp gandhi sawadyane cikat cakut [caku...]

--- 1: 38 ---

[...t] | kang songsong munggul bang ngunjring | bandera daludakipun | wungu gumilap aciri | grudha kruraya abêkos ||

32. nulya Radèn Suhbrastha senapati nung | nitih dipăngga ngajrihi | songsong jingga obra murup | sinuji pinlisir-plisir | ing rêtna mutyara abyor ||

33. musala gêng pinundhi agêming pupuh | sawadyane nitih èsthi | bandera bul-umbulipun | ciri singa angajrihi | tinon nèng wastra lir gêro ||

34. tiniyup ing angin bandera kumukus | ciri singa angajrihi | kumitir lir arsa nubruk | kyana patih kang nambungi | Janurwenda bagus anom ||

35. sikêp pêdhang sadaya sawadyanipun | turanggane jajam kuning | dhangah songsongira munggul | laring manyura langkung sri | kinitir-kitir mas abyor ||

36. kang nèng wingking bopati kalih sumambung | Hèrmata Satmata pêkik | kadi kêmbar warnanipun | busana sikêp jêmparing | sawadyabala mirantos ||

37. sampun kêbut budhaling kang wadya agung | kadya hèrnawa kang banjir | lubèr marang wana agung | busana bêranang sami | kadya gunung kêmbang katon ||

38. tan cinatur lamine anèng marga gung | wus prapta ing Dwarawati | kapêthuk ing mungsuh agung | sawang-sinawang prasami | mandhêk tata baris alon ||

39. bala Trajutiksna asru dènnya muwuh | sirèku prajurit ngêndi | apa karsa abêbantu | Arya Hèrmata nauri | ya ingsun prajurit tanggon ||

40. bantu saka Ngastina prajurit agung | tinindhihan kyana patih | lawan senapati anung | Arya Suhbrastha linuwih | bêcik mlayua mangalor ||

41. sakarone

--- 1: 39 ---

sami kabaranang campuh | rame aprang silih ungkih | ulêng wor suduk-sinuduk | ana kang gandhi-ginandhi | gugutkên jotos-jinotos ||

42. swarèng kanin kumêmprang sambating ngadhuh | rêkatak kêncringing biring | arame surung-sinurung | tan ana kang ngucap ajrih | sami andurma rêrêmpon ||

9. Durma

1. ditya diyu sarêng tumandang lir singa | akrura amăngsa daging |[44] barêng angsahira | kumêrut anêrajang | bala Ngastina gumingsir | Arya Hèrmata | miyat rusaking baris ||

2. bubar buyar wadya ngungsi wurinira | Arya Kurdha tan sipi | nyandhak dhêndhanira | mangsah nitih turăngga | kang kêtrajang tumpês tapis | larut sasaran | Trajutiksna Bopati ||

3. mulat rusak wadya panjawat kang kiwa | butêng krodha netra dik | nyandhak kang bêdhama | mangsah nitih dipăngga | kinêtab mangsah kang èsthi | ayun-ayunan | lawan sami bopati ||

4. angakua mupung sira misih gêsang | bantu saka ing ngêndi | lawan aranira | tanapi lungguh apa | mantri satriya bopati | bêcik mundura | iki wong Dwarawati ||

5. sabalane ratu lan kadhatonira | sun sirnakakên ênting | arsa ingsun bakar | supaya sirna padhang | dene prakarane nguni | wit ratunira | matèni ratu mami ||

6. Risang Bomanarakaswara ing kuna | pinatèn sri bopati | Risang Prabu Krêsna | iku darunanira | ratuku arsa mêmulih | mring Dwarawatya | bisaa sirna ênting ||

7. măngka sanak kaprênah pulunanira | sêpuh ing Dwarawati | Trajutiksna mudha | sapa kang ngalangana | pêrang sanake pribadi | sapa [sa...]

--- 1: 40 ---

[...pa] kang mrina | kang mêsthi kêna sêrik ||

8. sira Arya Hèrmata sru wuwusira | ingsun iki bopati | aranku Dyan Arya | Hèrmata kasih nata | saka Ngastina bantoni | têtulung aprang | kabèh para prajurit ||

9. mungsuhira Sang Mahaprabu Satyaka | iku arsa sun usir | sapa aranira | bala ing Trajutiksna | mupung sira misih urip | bêcik ngakua | aja mati tanpa nami |[45]|

10. anauri sira wadya Trajutiksna | ingsun aran Pudhagsi | kang wus tau tatal | matèni kaya sira | bêdhah kutha boyong putri | bêcik mundura | sun eman mumpung urip ||

11. Sang Hèrmata datan bêtah amiyarsa | kinêtap kang turanggi | Pudhagsi ginada | tinangkis ing candrasa | rame dêdrêg silih ungkih | cangklèk andhêndha | tan ana kang nêdhasi ||

12. Puthadagsi gêgamanira wus têlas | sabên ora nêdhasi | gêgaman binuwang | nolèh ing keringira | nyêndhal gora rupa aglis | pinuntir ngasta | kumitir angajrihi ||

13. pinupuhkên turangganira Dyan Arya | luluh munggèng siti |[46] Dyan Arya lumumpat | krodharsa mangsah dharat | ginada Sang Puthadagsi | indha manganan | gajah kêna babarji ||

14. mangsah dharat Puthadagsi krura mangkrak | sami butênge kalih | barêng ajunira | sinabêt gora rupa | malêsat tibane têbih | bali manrajang | gêbug-ginêbug sami ||

15. Puthadagsi dinêkung tugêl gêgêrnya | mati Sang Puthadagsi | Rukmuka umiyat | kancane katiwasan | Sang Rukmuka naut aglis | indha sang arya | binarêngan binindi ||

16. Sang Rukmuka kalênggak kantu kantaka |

--- 1: 41 ---

Janurwenda Dyan Patih | mèsêm duk umiyat | kancane rame aprang | kang nèng kidul rame jurit | kang nèng lor samya | ulêng kèngkèt ing jurit ||

17. Radèn Arya Suhbrastha lon sabdanya |[47] kayaparan prang iki | padha bantêrira | lan padha têguhira | supe rasane tyas mami | gonku mlêbua | kadhaton Dwarawati ||

18. matur alon Radyan Patih Janurwenda | yèn sami amarêngi | kawula piyambak | ngawaki ngadilaga | kadangon ngabên tyang alit | mèsêm Suhbrastha | bênêr ujarmu patih ||

19. aku ingkang ngundurake baris ika | sarupane wadya wil | kabèh bala jawa | mundura dene sira | Janurwenda matur aris | prayogi tuwan | măngga sarêng nrang wèsthi ||

20. Kyana Patih Janurwenda nrêkkên wadya | gumulung kang wadya lit | lancang-linancangan | wruh lamun kyana patya | arsa ngawaki ing jurit | milane wadya | gumulung rêbut pati ||

21. bala Trajutiksna lumayu sasaran | dene ta kang wadya wil | sinêrang Dyan Arya | Suhbrastha kathetheran | sru lumayu sipat kuping | bala rasêksa | kèh mati ambêntusi ||

22. kacarita Sang Aprabu Nglesanpura | Sri Nata Sêtiyaki | onêng mring kang putra | Sang Prabu Sêtyaka |[48] têtuwi mring Dwarawati | anèng ing marga | barêngi prang prajurit ||

23. ing Ngastina prang lan bala Trajutiksna | Prabu Arya Sêtyaki | arsa tumut pêrang | bala ing Trajutiksna | sampun lumayu angisis | lajêng panggihan | kalawan kyana patih ||

24. lawan Arya Suhbrastha sami sukanya | Ki Udakarya Patih | kinon [kino...]

--- 1: 42 ---

[...n] atur priksa | mring Prabu Sêtyaka |[49] Dyah Patih lajêng mring wuri | atur wuninga | mring sang sri narapati ||

25. langkung trustha sira Sang Prabu Sêtyaka | dene mungsuh wus ngisis | Bapa Udakarya | utusan ing Ngastina | lan paman Prabu Sêtyaki | inggal turana | sun anti păncaniti ||

26. patih nêmbah lumèngsèr lajêng lampahnya | mêndhak umatur aris | panduka ngaturan | lumêbêt mring jro pura | ingêntos putra narpati | nèng panangkilan | Sang Prabu Sêtyaki ||[50]

27. ingancaran kalayan Arya Suhbrastha | Janurwenda Dyan Patih | sarêng lêbêtira | Sang Prabu Sêtyaka |[51] anganti nèng păncaniti | sarêng praptanya | gapyuk rangkulan sami ||

28. wus atata lênggah nèng bangsal witana | bagi-binagian sami |[52] Dyan Arya Suhbrastha | alon dènnya ngandika | dhuh anggèr Sri Dwarawati | sowan kawula | kalihan pun Apatih ||

29. Janurwenda lawan bupati sêkawan | dèn utus sri bopati | Prabu Dipayana | kinèn bêbantu aprang | samangke mungsuh nêrpati | kang ngêpung praja | ngumpul dados satunggil ||

30. pasangyoga rawuhing paman panduka | Sri Nata Sêtyaki |[53] sêdhêng ramening prang | ngêrikkên wadyabala | arsa têtulung ing jurit | prajurit mêngsah | sampun lumajêng gêndring ||

31. Risang Prabu Sêtyaki nambungi sabda | dhuh anggèr narapati | suwèngsun kalintang | têkyarsa nambut yuda | nanging mungsuh wus gumingsir | sowan kawula | tan mawi sănggarunggi ||

32. milanipun onêng ngong kabina-bina | tan kenging dèn sayuti | wahananing karsa | ing ngriki wontên mêngsah | dèrèng

--- 1: 43 ---

lêga ing tyas mami | yèn dèrèng unclang | dhase kang senapati ||

33. Sang Aprabu Sêtyaka mèsêm ngandika | mring Udakarya Patih | utusan Ngastina | karyakna pasanggrahan | lan paman Prabu Sêtyaki | aja kuciwa | sugata kang mênuhi ||

34. matur nêmbah risang mantri wasesa |[54] dhuh gusti narapati | sadèrèng panduka | dhawuh karya pondhokan | ulun sampun mirantosi | sadaya wus pêpak |[55] saking brêkah narpati ||

35. Janurwenda matur mring Arya Suhbrastha | lan Prabu Sêtyaki |[56] suwawi katuran | makuwon mring putranta | saksana makuwon sami | sawadyanira | sang nata ngênyapuri ||

36. kacarita wadyabala Trajutiksna | kang lumayu ing jurit | ngidul playunira | ngungsi ngarsane nata | dhuh pukulun sri bopati | atur wuninga | wontên bêbantu prapti ||

37. saking nagri Ngastina lan Lesanpura | tindhihipun pêpatih | lawan senapatya | ngirit catur punggawa | punika bantuning aji | nata Ngastina | dene ingkang satunggil ||

38. ingkang bantu lêrês pamanipun nata | prabu ing Dwarawati | nagri Lesanpura | Sêtyaki Naranata | sami ngêbyuk ing pêpati | mangsah mangrunjang | kănca kawula kontit ||

39. sami botên pasah dhêndha lawan gada | kawula sangêt giris | lumajêng sadaya | ngaturkên pêjah gêsang | Prabu Kismaka duk uning | aturing wadya | krodhanira tan sipi ||

40. nging sinamun netya tan katarèng cahya | mèsêm ngandika aris | hèh bapa Bantana | tan siwah pêthèk ingwang | bêdhah nagara sawiji | dadi mungsuhan | ratu luwih kêkalih [kêka...]

--- 1: 44 ---

[...lih] ||

41. bapa patih Bantana tata-tataa | kapraboning ajurit | wadyabalaningwang | kang jawa kokên ngarsa | bala buta kokên buri | dene karsèngwang | wadya ngong kang pangarsi ||

42. aprang rame lan mungsuh rêbut tiyasa | yèn wis lingsir kang ari | mangsane wis sayah | bala buta ajogna | misih ungaran prayogi | tandange rikat | rosane nglêluwihi ||

43. măngka mungsuh kambuhan wis padha sayah | nadyan kulita wêsi | sungsuma gêgala | otot kawat malela | sayêkti ngalumpruk sami | măngsa gawêra | sasat gêcêk cêcindhil ||

44. wadyabala mirêng dhawuhe sang nata | surak sora ngajrihi | sami suka-suka | mêsthèkkên mungsuh tiwas | saking pratikêl sang aji | sayêkti benjang | kalamun têmpuh jurit ||

45. tiwas kabèh wong Dwarawati Ngastina | Nglesanpura sirna ênting |[57] wus dadi kang rêmbak | kinèn ngaso sadaya | wayah wus tumunggang wukir | sang nata jêngkar | makuwon narapati ||

46. nglêrêmakên wadyabala ingkang sayah | tinamban ingkang kanin | dene ingkang pêjah | ginêntèn warisira | antara wus sayah ênting | karsa narendra | dhawuh magut ing jurit ||

47. enjing muni têngarane wong ayuda | bêndhe tansah tinitir | gong maguru găngsa | gurnang thong-thong kang munya | rame swarane gong bèri | bala wus mêdal | akukur-kukur sami ||

10. Pangkur

1. janggêlêg ngadêg nèng têngah | Kyana Patih Bantana ngirit baris | untape wadya lir alun | kumêlap ombak-ombakan |[58] kyana patih sikêp kaprabon prang

--- 1: 45 ---

pupuh | candrasa pinundhi ngasta | kinarya munah ing jurit ||

2. sajuru-juru angkatnya | tinindhihan marang para bopati | asri tinon lampahipun | kumitire daludak | umbul-umbul lêlayu lan payung agung | mawèh ascaryan kang miyat | mangkana sri narapati ||

3. sang prabu ing Trajutiksna | nitih rata rêtna manik bang ngrunjing | ginarbêg prajurit agung | miwah kang upacara | jangkêp kabèh sanggyaning kaprabon pupuh | wadya magêrsari rampak | kumitir kang busana di ||

4. wus cêdhak kikising kutha | kacarita Ngastina kang prajurit | Arya Suhbrastha lingnya rum | hèh Patih Janurwenda | kayaparan mungguh lakune prang pupuh | umatur rêkyana patya | sae pinrênca ing kardi ||

5. kawula lawan panduka | mêngsah diyu ingkang ulun bumèni | Nglesanpura sang aprabu | mêngsah wadya manungsa | Udakarya pun kakang sakancanipun | ngulatna kang tarombolan | mêngsah kang juti ing jurit ||

6. Prabu Sêtyaka ngandika | iku bênêr Janurwenda Apatih | Nglesanpura sang aprabu | sami mangayubagya | andum karya budhal lampahe wadya gung | jumèrèng ngêbêki papan | anglir êmprit nêbèng pari ||

7. warata gêlaring yuda | sak gon-ênggon panggêdhe senapati | pirang pandêlêng dinulu | kagyat Prabu Kismaka | angandika mring Patih Bantana arum | bapa gêlarku tan dadya | mungsuh kaya wruh ing wangsit ||

8. gêlare gabah sumêbar | nora bisa ingsun simpên prajurit | Patih Bantana umatur | yèn parêng santun gêlar | êmprit nêba jinèrèng lur-ulur [lur-u...]

--- 1: 46 ---

[...lur] dhayung | gêlar punika utama | sagêt mênga anginêbi ||

9. kawarti duk Bratayuda | sedanipun satriya Plăngkawati | prajurit sêkti pinunjul | luwês tanduking aprang | sami wêgah Kurawa dhatêng sang bagus | ginêlaran cakrabyuha | mawi kori dèn kipingi ||

10. minăngka kipinging gêlar | Jayajatra prajurit langkung wêgig | kenging Risang Abimanyu | makatên kang carita | Sang Aprabu Kismaka ngandika arum | bênêr patih karêpira | patahên kang jaga kori ||

11. yèn paman Prabu Sêtyaka | klêbu gêlar inêbên kang patitis | aja kongsi bisa mêtu | patih matur sandika | Kyana Patih Bantana undhangira wus | warata sakancanira | rakiting gêlar sinalin ||

12. gabah sinawur prakosa | ulur-ulur surung dhayung miranti | senapati jaga pintu | pinilih kang gêgala | gathodara bopati gambèn gul-agul | manggola golonganing prang | prayoga pinatah titi ||

13. wus rampung rakiting gêlar | mangsah ngangsêg lakune kang prajurit | prajurit Ngastina dulu | yèn mêngsah salin gêlar | sami êmprit nêba lan gabah sinawur | yitna suka sudiranya | titi tataning ajurit ||

14. samya anrêkakên bala | lajêng caruk aprang gandhi-ginandhi | kang wetan saksana nubruk | ulêng dhupak-dhinupak | ana jênggit-jinênggit tapuk-tinapuk | sawênèh pêdhang-pinêdhang | nyandrasa binabit lari ||

15. ing kulon bala rêksasa | ngambah-ambah kadya amăngsa daging | Arya Suhbrastha duk dulu | untaping wadya buta | tan darana majêng ngundha gadanipun | buta manaut ginada | ing sirah kêni anjêrit ||

--- 1: 47 ---

16. kinrubut Arya Subrastha | saya berak sang arya dèn kathahi | ngiwa nêngên dènnya mupuh | pêpati sungsun tumpang | panggadane dyan arya saingganipun | iyaga nuthuki bonang | inggar tan nganggo kuwatir ||

17. saya kathah bala buta | pangroyoke têka makêthi-kêthi | rèngès nèng ngajêng lan pungkur | atap ing kering kanan | milanipun sang arya panggadanipun | ginlundhungkên kadya balang | kang kêtrajang gèpèng sami ||

18. ana kang kêna cinandhak | bau kanan kering sinêbit-sêbit | binalangkên kancanipun | kagyat lumayu ngênthar | nyandhak malih sinuwèk brèk praptèng gêmbung | gampang lir nyuwèk kukila | buta kèh lumayu ngênthir ||

19. mangkana sang mantrimuka | Janurwenda anrêkakên kang baris | anèng kidul prênahipun | mêngsah prajurit jawa | sami sura marata tubruk-tinubruk | sudira narik curiga | sinuduk manguwir-uwir ||

20. pulung atine kang kêna | kacacak ing katga kang luwih mandi | ngrêkêkêl sakêdhap lampus | kancane rikat mêdhang | rangkêp pitu tugêl bêt sarêng jêpupung | wadyabala Trajutiksna | gègèr mundur sami ngisis ||

21. Arya Ancakogra mulat | kancanira rusak manguwir-uwir | krodha mangkrak ngisis siyung | kang tinênggêl ing karsa | Risang Arya Suhbrastha pinêndêng kayun | ingikal kanang bêdhama | ngancap lakune sumripit ||

22. mriksa Patih Janurwenda | bêbêciking rasêksa arsa dingkik | pinapag tinêpak kantu | glasaran anèng kisma | inggal nubruk kancane kang anèng pungkur | rikat Patih Janurwenda | amblês ing bumi tan kèksi ||

--- 1: 48 ---

23. tangi Arya Ancakogra | ngundha kunta suku sinêndhal aglis | ginèrèt mring Patih Janur | amblês marang bantala | praptèng dhadha Ancakogra gêro asru | tangane pating karoncal | migag-migêg tan bisasik ||

24. ana bopati cinandhak | marang Janurwenda Rêkyana Patih | sukune sinêndhal asru | kaclêp marang bantala | bêngak-bêngok sêraweyan minta tulung | tinulungan kancanira | jinunjung-junjung tan kenging ||

25. ebat wadya Trajutiksna | rewangira okèh kang klêbu bumi | praptèng wêtêng praptèng gulu | jinunjung tinulungan | mring kancane sinêndhal kongsi wong têlu | nanging nora bisa kangkat | kang tulung sinêndhal aglis ||

26. amblês anèng keringira | kancanira sadaya mlayu gêndring | Patih Bantana duk dulu | balane karusakan | nyandhak langkap gandhewanira tumiyung | lumêpas kang ardacăndra | mulêg anèng awiyati ||

27. kumrusuk sing dirgantara | bayak-bayak niyup marang prajurit | ting trancêp akèh kacundhuk | gègèr baris Ngastina | Sang Aprabu Sêtyaka awas andulu | yèn bantu Ngastina rusak | sigra nyandhak hru panangkis ||

28. lumêpas kang gandhiastra | mulêg anèng awiyat angêbêki | lan panahe mungsuh tarung | rame putêr otêran | kacarita Prabu Sêtyaki kang ngamuk | kinroyok prajurit kathah | tan rinasa mung bindèni ||

29. bala kathah bubar buyar | tinêrajang Sang Prabu Sêtyaki |[59] Pancatnyana awas dulu | pangamuke sri nata | Nglesanpura krodha nêbak baunipun | nyaut wêntise sang

--- 1: 49 ---

nata | kinêrêk nora nêdhasi ||

30. sinampe gada gumlimpang | Pancatnyana tiba siti gumuling | Mintrakna nubruk sing pungkur | marinci saking kanan | Puthadaksi panubruke saking ngayun | saking kering Sang Prajăngga | nubruk sarosa binabit ||

31. ginada kuntal kantaka | tangi malih buta manrajang wani | sinaut ing ngarsa pungkur | Sang Nata Nglesanpura | solahira enak lir nglangi ing banyu | cakut-cikat kinathahan | sêbrang-sêbrung anggadani ||

32. wiwit enjing dènnya aprang | kongsi wanci baskara munggwing wukir | enggal sasmita Sang Prabu | Sêtyaka tinanggapan | munya têtêg têngara kang yuda mundur | Prabu Kismaka duk miyat | karungu têtêk kang muni ||

33. kinèn nimbangi têngara | mundur pêrang têtêg gurnang thong-thong grit | munya sauran lir guntur | têngara mundur yuda | wadyakuswa kang lagya dêdrêg prang caruk | mirêng têngara mundur prang | bubar kadya dèn saringi ||

34. mulih mring pakuwonira | suka-suka minum rah turut margi | para rêksasa lan diyu | ana kang nyangking pukang | gawa gêmbung nyangking limpa ati paru | suka sênêng ting cêkakak | mangkana kang wadya jawi ||

35. mundure mirêng têngara | ana ingkang nyêlit talingan kalih | kongsi olèh têlung cakup | yèn praptèng pamondhokan | ana ingkang ginorèng lawan kinrawu | dhinahar karya pacitan | mring tamu para prajurit ||

36. kang mangkono pamrihira | nora kogog marang pati-pinati | dene kang tanggane diyu | sabên mangsane masak | iwak uwong gandane mirasa tuhu | kapengin jroning wardaya | ana uga

--- 1: 50 ---

kang nutugi ||

37. mila bala Trajutiksna | pêparonan kang dhêmên mangan janmi | makatên salaminipun | amung rêkyana patya | lan sang nata tan pirsa prakara iku | mangkana sri naranata | Prabu Kismaka lan patih ||

38. kundure lampah lon-lonan | nitih rata manik rukmi bang ngrunjing | mulat wadya unduripun | bêdholing kang daludak | umbul-umbul lan rucate payung agung | rinêngga tabah-tabahan | dinulu kalangkung asri ||

39. sang nata mèsêm ngandika | hèh-hèh bapa undure kang prajurit | kaya tan kuciwèng sêmu | sajroning ngadilaga | kayaparan rasane mungguh pikirmu | prajurit kang mangun yuda | gonira nyenapatèni ||

40. nêmbah matur mantrimuka | abdi tuwan kang sami magut jurit | tan wontên giris sarambut | manahipun santosa | dhoko wêkêl ing aprang tan mawi mingkuh | saking sawab padukendra | pukulun ingkang jênêngi ||

41. lampahe rata tan rikat | para wadya pra murid magêrsari | grubyuk kundure sang prabu | wus praptèng ing pondhokan | kacarita Sang Sêtyaka Mahaprabu | mêthukkên Sri Nglesanpura | tundhuk jawab asta kalih ||

42. ngandika sri naranata | Sêtiyaka marang putra narpati | kaki prabu cuwa ingsun | arsa nyêpêng punggawa | buta jawa kalih sami ambêg gêncul | mèh sakêdhik kula candhak | mirêng têngara ngunduri ||

43. trêngginas mêngsah lumajar | kula pupuh gada kenging sêrati | kasaru ing rawuhipun | Radyan Arya Suhbrastha | lawan Patih Janurwenda sarêng cundhuk | kurmat Sang Nata Sêtyaka | jumênêng angancarani ||

--- 1: 51 ---

44. kurmat dutane narendra | ratu gung ing Ngastina nagari |[60] Risang Parikêsit Prabu | patih lan senapatya | dipun sami pangkat lan pakurmatipun | karsanya Prabu Sêtyaka | Sang Aprabu Dwarawati ||

45. mila Sang Arya Suhbrastha | lawan Janurwenda Rêkyana Patih | sami kakênan ing kalbu | măngka Arya Suhbrastha | angandika arum manis sarta dhêku | dhuh anggèr Prabu Sêtyaka | dèrèng dugi andon jurit ||

46. kasêlak mirêng têngara | têtêg kêndhang mundur amangun jurit | cuwa kawula kalangkung | sawêg karya dolanan | wil pitulas arsa sun juwing sadarum | sawêg kula suwèk gangsal | kasaru pocunge muni ||

11. Pocung

1. ing saèstu wil kalih wêlas lumayu | enggal dipun cêgat | lawan Janurwenda Patih | kenging catur tinlêkung lajêng palastra ||

2. Sang Aprabu Dwarawati mèsêm dangu | marang Janurwenda | kayaparan ing ajurit | kyana patih nêmbah umatur prasaja ||

3. dhuh pukulun sawêg eca aprang pupuh | kathah pra bopatya | kawula tancêpkên bumi | sambat-sambat nêdha tulung kancanira ||

4. lajêng ambyuk kancanipun badhe tulung | wontên ingkang nyêndhal | wontên ngrangkul anjunjungi | dipun gêgêt ing bumi tan sagêd kangkat ||

5. gêr gumuyu kang mirêng ing aturipun | Patih Janurwenda | yèn sampun amangun jurit | amblês bumi nyêndhal suku saking ngandhap ||

6. praptèng dhêngkul jola bêngok sambat tulung | kănca tulungana | awakku kalêlêp iki | ingkang tulung kancane dinudut pisan ||

7. sami muji

--- 1: 52 ---

mring sêktine patih anung | Sang Prabu Sêtyaka | mèsêm angandika aris | sampun cuwa sadaya kang mangun yuda ||

8. kula nyuwun kasingkirna sagung bêndu | wit gêla ing yuda | dèrèng dumugi ing kapti | sêlak mundur awit wus suruping surya ||

9. sayah klangkung tyang alit sadayanipun | samangke sumăngga | sami ngasokakên dasih | amakuwon angaringkên wadyakuswa ||

10. Sang Aprabu Sêtyaki pamit rumuhun | kundur masanggrahan | mangkana Rêkyana Patih | Janurwenda kalawan Arya Suhbrastha ||

11. nyuwun mundur masanggrahan kalihipun | sampun linilanan | kurmat jumênêng sang aji | mèh sinami lawan Prabu Nglesanpura ||

12. Sang Aprabu Sêtyaka sigra ngadhatun | Patih Udakarya | sakancane mantuk sami | amung kantun bopati ingkang nyugata ||

13. mrantos sampun sapalakartining tamu | blabar sêkul ulam | kongsi tuwuk mring pakathik | para agêng tan kuciwa salirira ||

14. sampun rampung dhahar midêr larèhipun | tutug endrawina |[61] sasuka-sukane ngênting | wontên duta nimbali tamu sadaya ||

15. kerit sampun Nglesanpura Sang Aprabu | sarêng praptanira | lan Suhbrastha senapati | kanthi lawan Patih Arya Janurwenda ||

16. panggihipun ing dalêm nêpèn pra tamu | sarêng sami prapta | jumênêng sri narapati | ngancarani kang paman Sri Nglesanpura ||

17. lênggah sampun satata nèng dhampar agung | Dyan Arya Suhbrastha | Janurwenda Kyana Patih | sarêng dhatêng ngurmati nata karweka ||

18. satata wus lênggah binagèkkên sampun [sa...]

--- 1: 53 ---

[...mpun] | Patih Udakarya | lan bopati kang sinêlir | kenging dhèrèk ginêm masalahing yuda ||

19. Sang Aprabu Sêtyaka ngandika arum | mila paman nata | miwah Suhbrastha lan Patih | Janurwenda katiga samya kuncara ||

20. bab ing pupuh saliring rèh ulun manut | măngga ginusthia | ulun tumut nyumêrêpi | Sang Aprabu Nglesanpura mèsêm nabda ||

21. bênêr iku karsanya Sêtyaka Prabu | Suhbrastha lan sira | Janurwenda Kyana Patih | ingkang wajib anggunêm masalah yuda ||

22. iku sesuk prayoga gêlar kang alus | mara rasakêna | Suhbrastha lawan Si Patih | Janurwenda Suhbrastha alon turira ||

23. wontênipun dhuh gusti gêlaring pupuh | kudhuping kang candra | garudha nglayang kêkalih | sami ugi kathah watêk wêwekanya ||

24. malihipun manut gêlaripun mungsuh | upami kang mêngsah | gêlar tasiking jêladri | ngriki kêdah mangun gêlar krudha krura ||

25. sang aprabu sêkalihan sampun rêmbuk | Patih Udakarya | sakănca sampun umiring | gêlaripun salah satunggal prayoga ||

26. sampun rampung sadaya ingkang rinêmbuk | kantun sukan-sukan | sinambi anjuru larih | ngajêngakên minuman sakancanira ||

27. lajêng ngunjuk rambah kaping pitu sampun | Sang Prabu Sêtyaka | angandika arum manis | paman prabu sri nata ing Nglesanpura ||

28. lan sirèku Suhbrastha Dyan Patih Janur | prayoga bubaran | ing wanci wus lingsir wêngi | ngayêmakên sarira amung sakêdhap ||

29. bibar sampun para nata lan pra anung [a...]

--- 1: 54 ---

[...nung] | kundur masanggrahan | sang nata angênyapuri | Prabu Nglesanpura jujug palanggatan ||

30. kunêng wau Prabu Kismaka winuwus | lênggah panangkilan | ing pondhok ginubah asri | Kyana Patih Bantana kang munggwèng ngarsa ||

31. lan tumênggung rasêgsa nèng kananipun | bopati kang jawa | sowan kiwane ki patih | wus mangkono pranatane sri narendra ||

32. sang aprabu mèsêm pangandikanipun | bapa kayaparan | prakara boboting jurit | gêgêdhuge mung eyang Sri Nglesanpura ||

33. bantunipun saking Ngastina praja gung | senapatinira | Suhbrastha kalawan patih | kayaparan mungguh rasane tyasira ||

34. patih anung nêmbah alon dènnya matur | dhuh gusti yèn amba | prajurit kang nata baris | botên awrat amung ambêg pupuh rosa ||

35. wawratipun tanpa guna sêti kawruh | amung băngsa kasar | ananging wawrating jurit | botên wontên saprapat lan jêng narendra ||

36. yèn sarujuk ulun botên umbag umuk | kawula piyambak | kadugi bingkas sakalir | jêng paduka ecoa sare kewala ||

37. awit ulun tan ajrih kinroyok mungsuh | yèn mung toging aprang | kados kang ulun antêpi | botên nyăngga sêktènipun pun Bantana ||

38. sang aprabu mèsêm angandika arum | aja agumampang | marang sapadhaning urip | binêndonan marang bathara winênang ||

39. nadyan ingsun wus ngluwihi sakèhipun | kêndhit kadang dewa | nanging nora kêna kibir | kudu-kudu sumarah karsaning dewa [de...]

--- 1: 55 ---

[...wa] ||

40. nêmbah dhêku ki patih karasèng kalbu | kalajêng turira | ngènthèngkên samèng dumadi | marikêlu tumungkul konjêm ing kisma ||

41. narpendra wruh patih rumăngsa yèn luput | sinamun ing netya | ngandika sri narapati | bapa patih pikirên gêlaring yuda ||

42. ingkang pêngkuh tan kêna rinusak mungsuh | patih matur nêmbah | gêlaring aprang prayogi | botên sami kados dirada kang mêta ||

43. tlalenipun tumênggung satunggal cukup | gadhing kering kanan | bopati kalih nyêkapi | ingkang wontên sirah jêng paduka nata ||

44. gigir buntut pra nayaka anèm sêpuh | dèntên badan amba | sakaparêng paduka ji | among karsa yèn wontên kaparêng nata ||

45. Sang Aprabu Kismaka trustha ing kalbu | wis dadèkna bapa | gêlar dirada krodha ngrik | tur sandika ki patih lajêng parentah ||

46. undhang ingsun karsane jêng maha ulun | marang kancaningwang | para manggala ing jurit | dina sesuk winangun gêlaring aprang ||

47. luwih pêngkuh dirada mêta pinunjul | sira Pancatnyana | nèng tlale prayoga adhi | kang sapasang anèng gadhing kering kanan ||

48. Ancakrèku Maudara kalihipun | sira anganggêpa | minăngka kuwating baris | lamun sira gingsir saking ing sasana ||

49. sakancamu lumèrèk lumayu takut | ingkang munggèng êndhas | jêng ulun sri narapati | gigir buntun[62] pra nayaka anom tuwa ||

50. dene ingsun angladosi karsa prabu | adhi Kalajăngga | Goraarda sira adhi | sun bubuhi ngubêngi gêlar punika ||

--- 1: 56 ---

51. ngrêksa pêrlu mungsuh juti ambêg namur | kartining sampeka | padha ruwatên sakalir | iku sira majibi mangendrajala ||

52. ingkang sinung dhawuh sandika turipun | sampun rampung rêmbag | sampurna gyanira gusthi | sinasmitan priyayi jaga minuman ||

53. kinèn nanduk anglarih sadayanipun | waradin sadaya | bir kênat branduwin sami | kinurmatan dening unine pradăngga ||

54. kaping pitu tan nganggo plarih lumintu | ingkang lanas karsa | kambon waragang tape grit | tan sarănta sêbrak narik kang candrasa ||

55. karya umbul onclang gêgamaning pupuh | sundhul ing awiyat | sinăngga dhadha lan gigir | ting jalemprak sami nantang magut ing prang ||

56. swarane sru dhuh pukulun sang aprabu | kula tumanggah prang | sampun paduka kuwatir | anyirnakkên sadaya mungsuh punika ||

57. mèsêm dulu bopati sarjonèng[63] kalbu | micara jroning tyas | hèh kănca padha dèn eling | aja padha ngêkèhkên dènnya sêsumbar ||

58. kang satuhu jroning tyas ngaurip iku | krêkêting kang driya | awake kinarya inggil | datan ana sajagad kang tumandhinga ||

59. ingkang iku kalêbu ngaurip cubluk | lir karêpe bocah | suka ginunggung ing dhiri | êntènana yèn wis tumangguh ing yuda ||

60. kono kulup bakal katon sudiramu | mangu ngusap jaja | kathah polahe bopati | tan cinatur solahe para prawira ||

61. sang aprabu miyat surane wadya gung | agêng jroning driya | kêna dèn adu sayêkti | sigra jêngkar kundur mring têpas wangunan ||

62. apan sampun

--- 1: 57 ---

sadaya bubaran mantuk | enjing kang kocapa | muni têngara ngajurit | têtêg gurnang thong-thong grit munya ing tawang ||

63. ambarubul wêtune bala lir sulung | têpung akalangan | swarane manêngkêr langit | panganggone kadya uruping baskara ||

64. titir umyung kawaca pating palancur | anèng ngara-ara | wus tata rakiting baris | Ragamuka nyuwun idi magut yuda ||

65. klilan sampun Ragamuka mêsat mamprung | nèng têngah ronangga |[64] sêsumbar anguwuh tandhing | ingsun iki prajurit ing Trajutiksna ||

66. bopati nung Ragamuka aran ingsun | sapa yun palastra | papagêna tandang mami | liru katga gosog godhi nèng payudan ||

67. aja ngumpul pijêr rêmbugan nèng pungkur | datan klêbu cacah | iki prawira ngajurit | unclang limpung sun tadhahi gigir ingwang ||

68. Surakèstu aranira dyan tumênggung | wadya Nglesanpura | tan bêtah ngampah ing ati | goragodha sênggrang gadhing ciya-ciya ||

69. nêmbah matur nyuwun idin ta pangèstu | mangruwat ing mêngsah | kang ambêg dibya di murti | badhe ulun sumêrêpkên tatakrama ||

70. ngidèn sampun Surakèstu lajêng mamprung | sikêp kaprabon prang | pêthuk yun-ayunan jurit | Ragamuka guyu latah sapda sora ||

71. jawa munyuk têka wani sira magut | ngêmbari ragèngwang | Ragamuka aran mami | tau tate nyunduki kang kaya sira ||

72. olèh satus ting krêncal anèng ing sunduk | bêcik lumayua | Surakèstu muwus bêngis | enak têmên kaya wong mèmèt nèng ngrawa ||

73. wong pinunjul kok [ko...]

--- 1: 58 ---

[...k] anggêp iwak jinênu | coba tadhahana | grêndakane wong pasisir | Surakèstu Tumênggung ing Nglesanpura ||

74. mara napuk wanti-wanti tan kumêbul | Ragamuka ngucap | dene kêblukmu tan sipi | ingsun gitik mingkot tan gêlêm adheyan ||

75. Surakèstu gumuyu sapdanira sru | iki wong dikdaya | kok anggêp nitih turanggi | pêpukulmu mung kaya biting kewala ||

76. sagêndhingmu katokna gonmu amukul | salina gêgaman | apa kang sira sênêngi | Ragamuka nyandhak candrasa dèn ikal ||

77. glis kinêpruk ing candrasa mung gumadhug | ngiwa nêngên tadhah | Ragamuka muwus bêngis | Surakèstu gênti malêsa maringwang ||

78. pan wus muput gêndhingku tan ana ketung | mung kari sajuga | malêsa ingsun tadhahi | bokmanawa wulêt kulit kuli sira ||

79. Surakèstu nauri sarwi gumuyu | sira ayya maras | sun walês manawa mati | satuhune bêcik sira lumayua ||

80. sru sumaur Ragamuka ambasêngut | aku kon lumajar | tan krungu carita bêcik | lamun mati nèng paprangan munggah swarga ||

81. swarga iku gon kêpenak kang linuhung | olèh bojo indah | sèwu kang para apsari | lamun mênang wibawa olèh nagara ||

82. mung puniku carita kang ingsun têmu | măngka ingsun ngajab | walêsên dèn kongsi mati | supayane sira angatêr mring swarga ||

83. guyu guguk Surakèstu asru muwus | iku apa nyata | ngèlmumu kang wani mati | bok tinêmah nyawa mulunga klambangan ||

84. kana luput arêp bali uwis lampus | nyawa tan karuwan | mingkrat tan bisa umanjing [uma...]

--- 1: 59 ---

[...njing] | yèn mangkono mundhak tiwas sêdyanira ||

85. sapdanya sru malêlêng netrane mêndul | ucapira nyêntak | yèn mangkono ciptèng pikir | nora manthêng ing tekat mêsthi kasrakat ||

86. tega tuhu wong wus dadi tekat ulun | aglis patènana | mundhak dêdawa kuwatir | sun panthênge nuli rikat tibanana ||

87. Surakèstu ngikal gadane tumêmpuh | rêmêk kapisanan | Ogradênta duk udani | yèn kancane mati pinalu sapisan ||

88. glis lumayu tan pamit mring lurahipun | datanpa sarănta | nubruk Surakèstu kêni | pan ginêlut-gêlut awake tan pasah ||

89. tinêpak sru rêmuk Ogradênta lampus | wil dhatêng sêkawan | kinalang-kalang ing jurit | wadya Nglesanpura tulung saking wuntat ||

12. Pangkur

1. kang dhatêng nyandhak mungsuhnya | kinapatan dadi prang padha siji | pinukul wil sarêng lampus | papat pating gulimpang | cacah lima wadya Nglesanpura unggul | Arya Gêladrah duk miyat | yèn kancane tumpês tapis ||

2. Gêladrah mring ronanggona |[65] dèn limani kinêpung ambathithit | winanti ginada asru | Gêladrah eca brangkang | dèn sêsiwo kanan kering ngarsa pungkur | lir pindah ngêrampok sima | kinêpung rinampok wani ||

3. gumulung-gulung gumlimpang | kuntal kuntit katulak sru kabalik | Gladrah krodha butêng bêkuh | matak kang măntra wisa | jro rinampok gènnya ngapalkên tan klèru | sawantara katarima | pratăndha kukus sru ngidit ||

4. mêtu tutuk lawan mata |

--- 1: 60 ---

Arya Gladrah ngulur ilat kumitir | mawa wisa langkung ampuh | murup lir têluh braja | sigra dilat sanggyaning tapake mungsuh | lonyoh mati kapisanan | mungsuh kapat sirna sami ||

5. Surakèstu awas mulat | yèn kancane mati nganèh-anèhi | mungsuh brangkang kadya bulus | ilate langkung panjang | sabên dilat tapak bisa amrih lampus | Surakèstu dulu ing tyas | tali bandhang dèn uculi ||

6. pucuk lan garane gada | tinalenan ginarugakên siti | bisa sirna tapakipun | aglis lumayu ngênthar | praptèng ngarsa nata nêmbah lajêng matur | dhuh pukulun sang narendra | ulun atur uning gusti ||

7. mêngsah niki langkung dibya | ilatipun dilat tapak nêniwasi |[66] kănca amba ingkang lampus | dinilat tapakira | dhuh sumăngga priksaa panduka prabu | mèsêm Nata Nglesanpura | aja sumêlang ing pikir ||

8. putrane Arya Hèrmata | apêparap umbaran sigra ngirit | wadya salawe pinunjul | prapta ing ronanggana |[67] Arya Gladrah kinalang-kalang kinêpung | rinujak rinampok sigra | kuntal tan têdhas gumlindhing ||

9. dinilatan tapakira | sirna gêmpang mungsuh tan ana kèri | Arya Tiron awas dulu | kancane karusakan | amêncolot kakêjêr saingga mabur | êndhase kêna cinandhak | pinuntir pinêdhot kêni ||

10. pisah utamangganira | Arya Gladrah misuwur yèn ngêmasi | dene Arya Tiron iku | pinuji jaya-jaya | sinêbaran ing kêmbang sumawur arum | Jayacapa matur nêmbah | mring Kismaka Sri Bopati ||

11. nyuwun lumawan ing yuda [yu...]

--- 1: 61 ---

[...da] | linilanan mangsah sikêp jêmparing | nèng payudan nguwuh mungsuh | iki Sang Jayacapa | Arya Tiron tadhahana panah ingsun | ingêmbat panah lumêpas | kêna ing dhadha tan bucik ||

12. sêsumbar Sang Jayacapa | mati ngadêg Arya Tiron saiki | kêna ing warastraningsun | Sang Arya Tiron nabda | kayaparan dene tan wêruh maringsun | mara katokna driyanta | gonira agawe pati ||

13. Jayacapa ngundha kunta | anêrajang kinonta wanti-wanti | Arya Tiron nora keguh | salin-sumalin gaman | datan ana tumama mring raganipun | tinapuk mukane pêcah | Jayacapa angêmasi ||

14. Jayaarda tulung ing prang | salukune dèn undha mobat-mabit | Mintragna kêjêr nèng luhur | jampangi Jayaarda | Arya Tiron tan wuninga dipun krubut | tadhah sinalu kundhadhag | ing angga nora nêdhasi ||

15. Mintragna niyub lumarap | Arya Tiron sinaut sirah kêni | badan tiba gumalundhung | sirah datan karuan | sinurakan Ki Arya Tiron wus lampus | Arya Suhbrastha wuninga | ing awiyat buta nilip ||

16. nyandhak warastra warayang | ngeka pada jăngga ingkang pinurih | lumêpas warastra mamprung | kacundhuk jangganira | Sang Mintragna pagas janggane gumêbrug | tiba bantala wus pêjah | gumuruh kang surak atri ||

17. duk miyat Prabu Kismaka | balanira akèh ingkang ngêmasi | sasmita bala garubuh | wadya wil wadya jawa | barêng ambyuk gumulung saingga alun | kumêrab barêng angsahnya | mriksa Prabu Dwarawati ||

18. yèn mungsuhe barêng ngêbyak | andhawuhi marang rêkyana

--- 1: 62 ---

patih | Sêtiyaki Sang Aprabu | lawan Arya Suhbrastha | Kyana Patih Janurwenda duk andulu | sarêng nyasmitani bala | gumrubyug sarêng ngêbyuki ||

19. rukêt caruk liru papan | suwarane kadya udan suwèni | ana gêlut gulung-gulung | wênèh pêdhang-pinêdhang | kèkèt caruk-cinaruk suduk-sinuduk | ana buta mangap ngêrah | sinêsêlan karah bindi ||

20. balêduging ampak-ampak | mulêg mumbul lir pêdhut ngawiyati | pêtêng gêgana kalangkung | soroting diwangkara | silêm lêrêm kadya bêgowong dinulu | saking ramene kang yuda | Kismaka Sri Narapati ||

21. ngandika mring patihira | kayaparan dene pêtêng kêpati | patih umatur wotsantun | gusti yèn kaparênga | ulun ngêculakên bramastra ing luhur | supados amadhangana | dhumatêng wadya kang jurit ||

22. iya bapa nglêpasana | kyana patih nêmbah nglêpaskên aglis | bramastra muntap sumundhul | murup kumantar-kantar | padhang kabèh ing paprangan tan kêliru | duk pêtêng ing manah ganggam | mênèk kêliru sayêkti ||

23. ing kancanira priyăngga | ing samêngko padhang lir Sang Hyang Rawi | mila kang prang saya grêgut | rame ulêng-ulêngan | kacarita Dwarawati Sang Aprabu | matur marang paman nata | Sêtyaki Sri Narapati ||

24. kalawan Arya Suhbrastha | apadene Janurwenda Dyan Patih | mangkana ngandikanipun | sumăngga pun Kismaka | angobori wadyanira kang prang pupuh | ginalih ngriki tan bisa | nglêpaskên warastra agni ||

25. saiba agênging driya | kinèndêlkên ing mangke bok kasliring | lena pijêr masang [ma...]

--- 1: 63 ---

[...sang] angkuh | mangke dipun têrajang | pinrih bingung Patih Janurwenda munjuk | kingkang[68] bramastra punika | pun Bantana Kyana Patih ||

26. manawi rujuk ing karsa | pun Bantana ulun ingkang ngêmbari | gampil mangke ratunipun | rinapêt cinêlakan | Sang Aprabu Nglesanpura sabdanipun | bênêr sira Janurwenda | nanging aku ngamuk dhisik ||

27. saking tan kêna tinata | sun rasakne kayaparan si anjing | ngandika lajêng sumêmprung | Radyan Arya Suhbrastha | sangêt mirma dene sang prabu wus sêpuh | rikat lajêng tinututan | Sang Aprabu Dwarawati ||

28. enggal nututi kang paman | Janurwenda ngêmbari sami patih | pêthuk sêsawangan iku | Dyan Patih Janurwenda | nabda asru sapa anèng ngarsaningsun | mati yèn sira tan lunga | dadi pakan dhandhang yêkti ||

29. sugal Patih Trajutiksna | sira iku apa tan wruh mring mami | ingsun patih anung-anung | nyêkêl lum-alum bambang | ratu bala ana pira akèhipun | kasor dene lungguh ingwang | ingsun ingkang marentahi ||

30. wibawa prasaksat raja | aran ingsun Bantana surasêkti | sirèku sapa aranmu | patut sirèku nendya | nanging dudu trahing cilik dhêdhapurmu | pantêsmu raja satriya | katrima jinunjung linggih ||

31. nauri Dyan Janurwenda | kok patiti amung jinunjung patih | kabênêran timbangipun | patih mungsuh warăngka | Janurwenda ginoco dhadhane ambruk | gêlasaran anèng kisma | cinandhak binuwang têbih ||

32. tinututan tibanira | mèh cinandhak Janurwenda ngendhani | sinotho pilinganipun | kalênggak ngathang-athang | pining

--- 1: 64 ---

kalih jinêjêg puyuhanipun | gêlasaran anèng kisma | kadya gudèl dêdagangi ||

33. cinandhak sigra binuwang | tiba têbih Bantana anututi | sarêng cêlak gapyuk gêlut | dêdrêg udrêg-udrêgan | rame dugang-dinugang pêluk-pinêluk | gumlinting gênti gumlimpang | uwal cangklèk gapyuk malih ||

34. sami gêng inggil sarosa | antuk tandhing nutug sakapti-kapti | sarêng uwal narik dhuwung | sarêng sêbrak rêkatak | uthik dhuwung èrèk lir manyura tarung | ngèrèk nganan Sang Bantana | Janurwenda ngèrèk ngering ||

35. kitêr sêrêng kadya bêksa | wirèng gambuh kocèk binarung gêndhing | kang mulat mar-mar kêlangkung | eman raosing manah | mênèk mati salah sawiji gêgêtun | ilang manising bawana | raose ingkang udani ||

36. saking eram bagusira | para wadya kang pêrang angandhêgi | ningali kang adon pupuh | muji-pinuji samya | lamun bala Trajutiksna pujinipun | lurahku mêsthi kang mênang | bala Ngastina yèn muji ||

37. apêsa Patih Bantana | ingkang unggul sayêkti lurah mami | puji mangkono puniku | kapirêng mêngsahira | enggal nubruk ulêng malih kadi mau | makatên sadayanira | mati Bantana Kwa[69] Patih ||

38. dinêkung Dyan Janurwenda | kacarita Kismaka Sri Bopati | pagut lan Sêtyaki Prabu | tuju-tinuju panah | sami wêgig prayitnanira pinunjul | Prabu Sêtyaka tulung prang | saking kanan anjêmparing ||

39. rame ulêng liru laras | Sang Kismaka ngêculkên kang jêmparing | pinapag jêmparingipun | dene Sri Nglesanpura | [...] | [...] | [...] ||[70]

--- 1: 65 ---

40. [...] | pupuk tiba anèng madyane jurit | winantu pamanahipun | mêksa tinangkis panah | pêgêl tyase sang prabu krodha mangiwung | pinênthang kang ardacandra | mèh lumarap jinêmparing ||[71]

41. dene Sang Prabu Sêtyaka | kagyat jêngêr Kismaka Sri Bopati | ngungun warastrane putung | mriksa yèn kinalihan | wontên malih prapta mêngsah saking kidul | sira Sang Arya Suhbrastha | nênggêl gada kang dèn pundhi ||

42. enggal linêpas warastra | gadanira Suhbrastha jinêmparing | kêna gadanira mawut | kagyat Arya Suhbrastha | bargawastra pinênthang gumêrot mamprung | tinangkis Prabu Kismaka | tinêngganan sri bopati ||

43. cinêgat kinalang-kalang | tibèng têngah Kismaka Narapati | kagyat rikuh gora liwung | ngiwa nêngên amanah | keroning tyas mangu-mangu ing tyas giyuh | nanging tansah dènnya mapan | ingêculkên kang jêmparing ||

44. rikat Prabu Nglesanpura | anyêdhaki sarta ngêmbat jêmparing | Prabu Kismaka kêpêthuk | sami ayun-ayunan | sarêng ngêmbat gandhewa mung kari nutul | barêng lêpasing warastra | ing jaja tumancêp sami ||

45. kalih sarêng kawatgata | wus misuwur seda pur sri bopati | kagyat Sêtiyaka Prabu | ngrangkul layoning paman | sanalika layon musna tan kadulu | gănda arum ingkang kongas | miyat ing nginggil kaèksi ||

46. kang paman ing Nglesanpura | dhèrèkakên rama Sri Arimurti | Prabu Krêsna kang amêthuk | têtêp minggah suwarga | angandika nata Krêsna manis arum | hèh kaki Prabu Sêtyaka | wruhanira kaki aji ||

47. karsane dewa winênang [winê...]

--- 1: 66 ---

[...nang] | pamanamu pinundhut mring swarga di | sumêngka saraganipun | dinadèkkên jawata | pamanamu gone labêt marang ingsun | kalawan para Pandhawa | wiwit cilik praptèng akir ||

48. titi pangandikanira | Prabu Krêsna lan Prabu Sêtiyaki | kundur mring kayanganipun | musna sakêdhèp netra | ingkang kantun Prabu Sêtyaka winuwus | karêrantan tyas narendra | Suhbrastha marêk sang aji ||

49. sarêng Patih Janurwenda | winartanan sami ngungun ing galih | rêntêng rêrawan rawat luh | tumuntur pujinira | mring suwarga punika puji pangintun | paripurna puwas ing tyas | Udakarya Kyana Patih ||

50. nêmbah matur marang nata | dhuh pukulun kawula nyuwun idi | mêngsah punika sadarum | parênga ulun bingkat | anggarjita sang prabu lan para anung | supe nèng têngah palagan | pijêr ngrasakkên kang lalis ||

51. katgada mangsah magut prang | saha wadya manglingkung anglir jaring | kêmput pangupênging mungsuh | rinampok rinaranjang | puh-pinupuh gada-ginada ting glaprug | rame swarane kang yuda | ing paprangan banjir gêtih ||

52. pra bopati Trajutiksna | akèh mati kang kari mlayu gêndring | cinêgat Sang Patih Janur | cinêkêl tan biswabah |[72] matur nungkul cinaosakên sang prabu | dinangu nama lungguhnya | ulun Antariya gusti ||

53. lungguh kawula bopatya | Risang Prabu Sêtyaka ngandika ris | kabèh kumpulna kancamu | nêmbah Sang Antariya | kancanira dèn prentahi sami kumpul | pitung èwu winatara | sinowankên sri bopati ||

54. inganggêp panungkulira | Antariya rumăngsa [rumăng...]

--- 1: 67 ---

[...sa] nora mati | Sêtiyaka Sang Aprabu | têksih karaos ing tyas | karêrantan sedane kang paman prabu | ingimur Arya Suhbrastha | lawan Janurwenda Patih ||

55. dangu-dangu lipur ing tyas | Sang Sêtyaka utusan anglayoni | paring priksa sedanipun | mring Arya Sanga samya | duta mangkat marang Nglesanpura esuk | Dwarawati kacarita | têntrêm sawadya narpati ||

56. watara tri madya căndra | risang prabu karsa budhalan aglis | mring Ngastina karsanipun | kerit Arya Suhbrastha | lawan Patih Janurwenda sang abagus | sarta bopati kang nunggal | aran Antariya pêkik ||

57. binêkta marang Ngastina | sabalane kêbut tan ana kari | dene karsane sang prabu | Ki Patih Udakarya | kinèn kari rumêksoa prajanipun | sampun dados rêmbagira | enjing têdhak sri bopati ||

58. têngara muni sauran | wadyabala panganjur ngrumiyini | budhale sajuru-juru | sang nata nitih rata | ginarêbêg sawadya pocaranipun | kawaca pating pancurat | makutha buka sotya sri ||

59. Rahadyan Arya Suhbrastha | lawan Janurwenda Rêkyana Patih | sami nitih turăngga gung | munggul songsonge mubyar | pra nayaka kabèh gêrubyug ing pungkur | têlukan sing Trajutiksna | sawadyabala nèng wuri ||

60. budhal kêbut kabèh kêbat | gunge wadya tan kêna dipun wilis | sasat banjir hèrnawa gung | ngêlêbi wanawasa | tan cinatur rêroncène nèng dalanggung | wus prapta nagri Ngastina | sang nata botên tinangkil ||

61. nuju dina [di...]

--- 1: 68 ---

[...na] tanpa seban | dadya rêmbag sami atur udani | unjuk uninga sang prabu | manawi ingkang uwa | nyuwun sowan ingirit patih sang prabu | lan ambêkta têtêlukan | Arya Antariya kanthi ||

 


Tanggal: jaksu tri ngèsthi tunggal (AJ 1832). Tahun AJ 1832 jatuh antara tanggal Masehi: 10 April 1902 sampai dengan 29 Maret 1903. (kembali)
Tanggal: tri tata daksaka (853 tahun surya). (kembali)
Tanggal: wiwarane kuda angèsthi (779 tahun căndra). Biasanya watak bilangan kata "èsthi" adalah delapan (8). Lihat sangkala pada Pupuh 1.1.10 di atas. (kembali)
taksaka. (kembali)
kinrawistha. (kembali)
Kurang satu suku kata: kadya konjêm ing bantala. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang ginatra ngulunging pakis. (kembali)
Kurang satu suku kata: Radyan Arya Suhbrastha. (kembali)
lungguhe. (kembali)
10 patihe. (kembali)
11 pêcattăndha. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: dyan patih ngandika malih. (kembali)
13 sêkti (dan di tempat lain). (kembali)
14 Kurang satu suku kata: nata minggah maring rata. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: uwong wadon ênom pinotha rinungrum. (kembali)
16 panjawat. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: kurang sathithik mèh rampung. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: bubar agundam-gundam. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: amêtu blêk pirang èwu-èwu yuta. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: têtêk tinêmbang. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: wasananira. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: kados botên matosi. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: ranku Nirsraya. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: pa sabudinya. (kembali)
25 tadhahên. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: ujung dhêndha sami surane ing driya. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: sumbarira ngajrihi. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: andêl-andêling jurit. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: kaya Samboda aringkih. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: mula sira maoni. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: buh mati buh aurip. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: nêmbah nyuwun bantu kănca lampus. (kembali)
33 pangancame. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: sirna larut gêgaman ing wiyati. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: mubal malih toya tan pakolèh kiwul. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: ananging kaya pratingkah. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: sarêng sirêp prabawaning jêmparing. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: ki patih matur sandika. (kembali)
39 nginum. (kembali)
40 sanggyaning. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: andudukwuluh asami. (kembali)
42 buwana. (kembali)
43 buwana. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: akrura măngsa daging. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: ja mati tanpa nami. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: luluh munggèng ing siti. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: Radèn Arya Suhbrastha alon sabdanya. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: Sang Prabu Sêtiyaka. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: mring Sang Prabu Sêtyaka. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Sêtyaki. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: Sang Prabu Sêtiyaka. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: bagi-binagi sami. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: Sri Nata Sêtiyaki. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: matur anêmbah risang mantri wasesa. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: sadaya pêpak. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: lan Prabu Sêtiyaki. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: Nglesanpura sirnanting. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: kumêlap bak-ombakan. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: tinêrajang Sang Prabu Sêtiyaki. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: ratu agung ing Ngastina nagari. (kembali)
61 andrawina. (kembali)
62 buntut. (kembali)
63 sajronèng. (kembali)
64 ranangga. (kembali)
65 rananggana. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: ilatipun dilat tapak niwasi. (kembali)
67 rananggana. (kembali)
68 ingkang. (kembali)
69 Kya. (kembali)
70 Kurang tiga gatra: ke-5 (12u), ke-6 (8a), dan ke-7 (8i). (kembali)
71 Kurang satu gatra: ke-1 (8a). (kembali)
72 bisobah. (kembali)