Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 13–20)

Judul
Sambungan
1. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 13–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

13. Kinanthi

1. nyêdhak nyandhing canthèl atur | mring bopati caos puri | sami tata lungguhira | nèng paseban srimanganti | bopati kang caos pura | unjuk mring jêng narapati ||

2. dhuh pukulun sang aprabu | ulun ngunjukkên udani | saking ature abdinta | Suhbrastha lan kyana patih | ngirit wa panduka nata | jêng ulun ing Dwarawati ||

3. kanthi bopati kang têluk | saking Trajutiksna gusti | Prabu Dipasana mojar | timbalana dipun aglis | ayya suwe anèng jaba | uwa prabu mêntas kingkin ||

4. bopati tungguk glis mêtu | nimbali rêkyana patih | Sêtyaka sang nata lawan | Suhbrastha kaparèng ngarsi | kanthi wadya têtêlukan | sandika kang sinung angling ||

5. lumaksana sadaya wus | nèng plataran dènnya linggih | tinimbalan lajêng minggah | sewaka pandhapa adi | sang nata anjawab asta | lawan kang wa Dwarawati ||

6. binagèkkên sadaya wus | sami matur mantrastuti | Risang Prabu Sêtyadarma | matur marang narapati | purwa tumêka ing madya | kongsi wasana mungkasi ||

7. suka sokur sang aprabu | dene mêngsah sirna tapis | sungkawa katarèng tingal | labêt kang eyang ngêmasi | sang prabu ing Nglesanpura | Naranata Sêtiyaki ||

8. sang bagawan duk angrungu | yèn kang rayi praptèng lalis | kalangkung pangungunira | rinapu para taruni |

--- 1: 69 ---

ingimur-imur saksana | sirna sungkawaning galih ||

9. mangkana ta Sang Aprabu | Dipayana Parikêsit | dhawuh marang Janurwenda | hèh patih sira dèn aglis | kongkonana dipun enggal | Singa-singa[1] sun timbali ||

10. patih sandika turipun | sang nata ngandika malih | têtêlukan Trajutiksna | ajokna mring ngarsa mami | wus majêng kang tinimbalan | konjêm kisma dènnya linggih ||

11. sawêg mangke dènnya wêruh | ratu agung nyakrawati | saking gênge kawibawan | tinimbang ratune lami | padhane mung răngga desa | para ratu alit-alit ||

12. mirip dêmang bêkêl sêpuh | tan ana enggane malih | sang nata arum ngandika | lungguhira apa nguni | lawan aranira sapa | kaprênah apa sayêkti ||

13. kalawan Kismaka Prabu | kang dinangu munjuk aris | dhuh pukulun sang iswara | kawula matur sajati | nama amba Antariya | lênggah kawula bopati ||

14. mênggah têtalêranipun | kalawan Kismaka Aji | kawula sanès santana | tan wontên labêt sakêdhik | dados nama tiyang liya | amung sumanggêm angabdi ||

15. Parikêsit Sang Aprabu | mulat Antariya asih | kadi wontên raosira | badhe kalunturan ing sih | kawistara sêmunira | pratăndha pandangu titi ||

16. mèsêm angandika arum | Antariya sira iki | sapa ingkang asêsuta | anggancarna kang salêsih | Antariya matur nêmbah | dhuh pukulun sang sudhèng sih ||

17. kawula ingkang sêsunu | Bomantara Narapati | rumuhun kang pinêjahan | kalawan sri narapati | Sang Bomanarakaswara | karaton dipun êjègi ||

--- 1: 70 ---

18. mila amba tan linampus | kalanipun jaman nguni | kawula têksih sêsêpan | samantara lami-lami | Sang Nata Narakaswara | kawula pinundhut abdi ||

19. lamine antawisipun | ratu amba mangun jurit | lan satriya tanah Jawa | pêparab Radèn Prêmadi | inggih Sang Arya Arjuna | kaipe Sri Dwarawati ||

20. kasiku ing wartosipun | lawan ramane pribadi | ratu amba pinêjahan | lawan Prabu Arimurti | inggih nata Prabu Krêsna | kang ngadhaton Darawati ||

21. kang putra sumilih ratu | inggih Kismaka Sang Aji | karsanipun amurina | sedane kang rama aji | pinênggak mring wadya wrêda | tan kuwawi paduka ji ||

22. mêngsah eyang ta sang prabu | kang saèstu tan tumandhing | mênanga rama paduka | sagêd seda gêsang malih | suprandènipun palastra | sasat mêngsah jawata di ||

23. kandhêk karsanipun têmtu | lami-lami angot malih | sabibar prang Bratayuda | mirêng pawartos dumêling | kang eyang Bathara Krêsna | muksa minggah ing swarga di ||

24. kang paman sumilih ratu | punika kang dipun incih | malês sedaning kang rama | pinênggak sakèhing abdi | tan kenging lajêng mukul prang | ing wasananipun kontit ||

25. mèsêm ngandika sang prabu | kakênan raosing galih | Antariya karsaningwang | sira ingsun junjung linggih | gêntènana ratunira | umadêga narapati ||

26. ingsun paringi jêjuluk | Bomantara Narapati | nanging sira sumiwia | marang uwa Dwarawati | yèn mangsane rajawedha | sira sun lilani nangkil ||

27. nganggoa pacorèng ratu | nora nana sun owahi | amis bacin tampanana [tampa...]

--- 1: 71 ---

[...nana] | dhêdhak mêrange yya kèri | beca-bècune pra wadya | ingsun wus nora mêruhi ||

28. kang jinunjung linggihipun | suka sokur nrus ing ati | nêmbah angusapi pada | karasa-rasa anangis | saking sangêt botên nyana | ing wau mung cipta mati ||

29. mangkana ing dhawuhipun | Parikêsit Narapati | kalilan sami bibaran | ngaso pakuwone sami | jêngkar nata ngênyapura | ingkang sowan bubar aglis ||

30. sowang-sowang antukipun | amung sang anindyamantri | nimbali Sang Arya Saksa | sapanêkare tan kari | ingkang piniji ing lampah | Arya Janurwenda angling ||

31. adhi sira dipun utus | mring Nglesanpura nagari | nimbali Dyan Singa-singa | lumakua dina iki | Sang Arya Saksa sandika | nêmbah sigra mêdal jawi ||

32. Dyan Patih Janurwendèku | sampêt dènira dhawuhi | lajêng kundur kapatihan | pinêthuk garwa myang sêlir | winijikan sukunira | dene garwane dyan patih ||

33. sinêrbetan rikmanipun | wis dadi adate nguni | patih para senapatya | kondur mênang mangun jurit | saking suka-sukanira | dhasar bêkti marang laki ||

34. sigêg kang sami langên rum | gantya kawuwusa malih | nagari ing Lesanpura | garwane Prabu Sêtyaki | lênggah sineba kang putra | Sanga-sanga sang sinigit ||

35. kang ibu ngandika arum | kulup paran kang pawarti | gone tinjo ramanira | marang ing Duwarawati | nora enak rasaning tyas | kaya tininggal ngajurit ||

36. nêmbah kang putra umatur | inggih kawula kuwatir | salami jêng rama nata | angadoni mangun jurit [ju...]

--- 1: 72 ---

[...rit] | kawula botên sumêlang | samangke tan mingun[2] jurit ||

37. amung onêng kakang prabu | Satyaka Sri Narapati | nanging raosing tyas amba | kados nilar lare alit | wontên pinggiring balumbang | ing driya asênak-sênik ||

38. kang ibu angrangkul gapyuk | kang putra dipun tangisi | dene padha lawan ingwang | ing pikir anggung kuwatir | ana dhandhang pijêr munya | nèng lèr wetan sru dumêling ||

39. dèrèng dugi imbal wuwus | bopati kang jaga kori | caos anèng srimangantya | matur wontên duta prapti | utusanipun sang nata | Satyaka Sri Narapati ||

40. kumêpyur sang rêtnaning rum | sinamun ngandika ririh | iritên mring ngarsaningwang | tumênggung kang têngga kori | nêmbah mentar praptèng jaba | tan dangu duta dèn irit ||

41. marêk ngarsanya sang ayu | nêmbah mring sang pramèswari | dhuh gusti amba dinuta | mring putranta narapati | Sang Nata Prabu Satyaka | atur wuninga sajati ||

42. rawuhipun raka prabu | wontên nagri Dwarawati | anyarêngi mangun yuda | busêkan ramene jurit | mêngsah saking Trajutiksna | raka paduka sang aji ||

43. prang campuh lan ratu mungsuh | sampyuh sarêng angêmasi | nanging kinarya jalaran | salugunipun dhuh gusti | putra nata kang timbalan | raka paduka sang aji ||

44. pinêthuk jêng raka prabu | Maha Nata Arimurti | pinundhut saraganira | mulya dados jawata di | kondur marang ing kayangan | wontên swarga mukti sari ||

45. sang pramèswari sru jumbul | kantaka gumlinting siti | Radèn Arya Sanga-sanga | jêngêr nora bisa angling | dangu kanuka[3] ing kisma |

--- 1: 73 ---

gègèr busêkan samya jrit ||

46. sadaya sami angimur | asêsanti ngarih-arih | pramèswari mupus ing tyas | dene kang raka sang aji | katrima dadya jawata | wontên ingkang dèn gendholi ||

47. Radèn Sanga-sanga jêtung | ingimur dèn arih-arih | samantara èngêt sigra | dene raosing ing galih | măngka kang rama wus mulya | anèng kayangan swarga di ||

48. wadya Nglesanpura umyung | busêkan sungkawa sami | datan kêna cinarita | susahe kelangan gusti | katungka utusan nata | saking Ngastina nagari ||

49. Arya Saksa sigra matur | kawula radèn tinuding | marang jêng sri naranata | Maha Prabu Parikêsit | Sang Prabu Dipasarana | Dipayana Sri Bopati ||

50. pangandika kang dhumawuh | rahadèn dipun timbali | sarênga salampah kula | wontên malih sabda aji | paduka dipun sumarah | marang takdiring dewa di ||

51. Arya Sanga-sanga matur | dhatêng utusan sang aji | kapundhi dhawuhing nata | nuwun sandika tur mami | kawula kang tinimbalan | sowan mring Ngastina nagri ||

52. nanging paman pênêtipun | ngasoa angaring-aring | kula sêdhêng tata-tata | Arya Saksa matur aris | inggih prayogi rahadyan | sigra pinondhokkên aglis ||

53. makuwon sawadyanipun | ngênyapura pramèswari | antara wus sangang dina | pasunggatane mênuhi | nulya rinakit sowannya | enjing mangkat sang apêkik ||

54. simpangane[4] marga catur | lan utusan Dwarawati | tan cinatur anèng marga | prapta Ngastina nagari | nunggil pakuwoning [paku...]

--- 1: 74 ---

[...woning] raka | Sri Sêtyaka Narapati ||

55. tundhuk rêrangkulan gapyuk | sami karêrantan kali |[5] sira Arya Sanga-sanga | ingimur-imur raka ji | watara ri paripurna | sigra matur mring sang aji ||

56. Arya Sanga-sanga sampun | wontên Ngastina nagari | dhawuh timbalan sang nata | tinimbalan mring jro puri | kerit Patih Janurwenda | prapta ngarsane sang aji ||

57. satata sewaka prabu | ngandika sri narapati | panglipur paring pambagya | mring Dyan Sanga-sanga pêkik | Sang Bagawan Baladewa | paring pambagya sêsanti ||

58. nêmbah rahadyan tumungkul | carocosan êluh mijil | ingimur Arya Syuhbrastha | lan Syuhsirna ngimur sami | sumawana Janurwenda | tan pêgat angarih-arih ||

59. sampun sami purnèng kalbu | waspada sri narapati | yèn samya waluyèng karsa | dhawuh marang kyana patih | hèh Janurwenda dhawuhna | besuk dina Soma ngarsi ||

60. padha kon mangago[6] ratu | lawan malih karsa mami | têlukan Si Antariya | manganggoa narapati | lan adhine Maudara | Mandura Si Uwa Aji ||

61. kang aran Dewana iku | lan Sarana bocah kalih | manganggo cara bopatya | sandika kang dèn dhawuhi | sang aprabu sigra jêngkar | kang sowan bubaran mijil ||

14. Mijil

1. karsa nata dina Soma Manis | măncaniti miyos | ing sitinggil binataratane | upacara salire mêpêki | têdhak sri bopati | ingayap para rum ||

2. songsong êmas tundha tiga adi | munggul yèn tinonton | êlar badhak nèng kanan keringe | kêcohan mas kang tansah sumandhing |

--- 1: 75 ---

kagandhewa gadhing | jangkêp saliripun ||

3. praptèng bangsal ing manguntur tangkil | lênggah dhampar alon | kang kawaca mancorong sunare | makutha bra sri gênantera di | lir Hyang Surapati | ratwane dewa gung ||

4. binarung ing gêndhing gêndhèng ngrangin | kalangkung miraos | ingkang nangkil pêpak lir adate | pasewakan bêntêt angêbaki | măngka kyana patih | wus nèng ngarsa prabu ||

5. dhinawuhan amisudhèng sadih |[7] măngka karsa katong | ngêpyakakên Soma kiye ture | asandika nêmbah kyana patih | ngadêg nèng ngarsa ji | wacananira sru ||

6. rêngên ta hèh dhawuhe sang aji | piyarsakna yêtos |[8] sasedane Sêtyaki Sang Rojèng | kang gumanti madêg narapati | Lesanpura nagri | nênggih putranipun ||

7. Radèn Arya Sanga-sanga pêkik | kang sumilih katong | bawanana marang wawêngkone | lawan ana kinêpyakkên malih | amindho karyani | mupakat sawêgung ||

8. Arya Antariya kang sinung sih | amadêga katong | Trajutiksna iku talatahe | pinaringkên jênang angebori | jêjuluking aji | Bomantara patut ||

9. Sang Dewana iku anggêntèni | dumadi bopatos | ing lungguhe Arya Hèrmatane | kaarana Arya Dewana di | Sarpana gumanti | ana lungguhipun ||

10. Arya Satmata iku bopati | mupakat sayêtos | sampun rampung dènnya dhawuhake | kyana patih mêndhak nêmbah ririh | wangsul gone linggih | pasebane wau ||

11. ingkang munggah pangkatira sami | sokur ing Hyang Manon | datan wontên tumandhing bingahe | ing

--- 1: 76 ---

salami-lamènira urip | măngka risang aji | paringa dhêdhawuh ||

12. angabêkti marang jêng siniwi | mangsah ingkang kinon | ganti-ganti manguswa padane | amung Prabu Sanga tan marêngi | kalamun ngabêkti | marang jêng sang ulun ||

13. amung jawab asta wus nyukupi | karsane sang katong | sigra mundur mring pasowanane | para nata nunggal pra narpati | dene pra bopati | nunggil nayaka gung ||

14. lêrêm sirêm tan ana cumawit | prabawa sang katong | mratandhani iku ratu gêdhe | ingkang angrèh sakèhing narpati | wus mangkono yêkti | wahyu nurbuwat nung ||

15. sampun titi dènira tinangkil | jêngkar sang akatong | ngênyapura kêbut pawongane | kacarita ingkang sami nangkil | wus kalilan mulih | sêsowanganipun ||

16. para nata wus sawatara ri | pamit mring sang katong | nyuwun mantuk marang ing prajane | Lesanpura lawan Darawati | Trajutiksna pamit | linilan sadarum ||

17. kinèn nata mring prajane sami | rêja akèh kang wong | tur sandika para ratu kabèh | tata-tata lajêng budhal aglis | tan cinatur margi | praptèng prajanipun ||

18. sami narupakên kang wadya lit | tinata mirantos | wadya tani tinut saature | kali-kali binêndung waradin | sawah dèn unggahi | toya lubèr agung ||

19. sabên sawah kêna dipun walik | dadya gadhu gadhon | tandurane lêmu-lêmu kabèh | sing kêmaruk bumi antuk warih | mila wadya tani | kabèh ngingu lumbung ||

20. kêbak pari sugih kêbo sapi | ayêm saliring wong | nora nana lowong ing pajêge | tumrap [tu...]

--- 1: 77 ---

[...mrap] para pyayi sugih-sugih | karêm andon mukti | linaras wong agung ||

21. pra sudagar kabèh mikantuki | bathine ngareyong | ingkang dhêmên dodol ing wismane | kinulakan sing măncanagari | kabèh antuk kasil | suka-suka sokur ||

22. dene bakul ingkang cilik-cilik | bojogan gêgendhong | ingkang lanang mikul nèng burine | wênèh nyunggi ana anyênyangking | urut anèng margi | sami sêndhon ngidung ||

23. gêgonjakan ing samargi-margi | bungahe katonton | awit nora ana kuwatire | begal sêbrot sêlêr miwah ngutil | pan wus sirna sami | mung manah rahayu ||

24. dene buruh ingkang nambut kardi | ingkang nukang andon | tan sumêlang êntèk gaweane | saking gênge maneka mawarni | sabên sore mulih | bêkta arta cukup ||

25. para guru pandhita ing wukir | muritipun dhokoh | pangajine ngèlmu gêlis akèh | para murit cantrik lan wêwasi | sami nyuwun idi | marang gurunipun ||

26. abêbakal anèng ing wonadri | tinuruta ing wong | sugih siswa mulang agamane | pamulangan akèh bocah ngaji | sang guru marêngi | panuwun puniku ||

27. kalampahan ewon para wasi | angajari uwong | dadya karan para ajar gêdhe | alas-alas miwah wukir-wukir | dèn ênggoni janmi | dadya dhusun agung ||

28. tan cinatur rêjane nagari | gênti cinariyos | Patih Dwara mêntas nyambut gawe | anèng wona pirang-pirang sasi | karya grogol panggrit | ing kewan tinumpuk ||

29. lawan karya [kar...]

--- 1: 78 ---

[...ya] pasanggrahan adi | agêmira katong | lan pakuwon saliring kang dhèrèk | pêpak sagung rêrênggan kang èdi | winuwus dyan patih | arsa sowan mlêbu ||

30. kandhêk anèng made srimanganti | canthèl atur katong | mring kang caos matur sang pamase | abdi tuwan dyan anendyamantri | nyuwun mangastuti | ing suku sang prabu ||

31. angandika Jêng Sri Parikêsit | timbalana gupoh | kakang Dwara aja suwe-suwe | măngka lawas anèng ing wonadri | wadya caos kori | inggal wêdalipun ||

32. sigra ngirit lêbête dyan patih | wus marêk sang katong | mangênjali angraup pada ge | sinambrama mring sri narapati | sangêt panuwuning | Dwara nêmbah dhêku ||

33. nêmbah matur Dwara Kyana Patih | dhuh gusti sang katong | ulun sampun lumakwèng karyane | marang rimba palasara gusti | damêl panggritaning | sato kewan agung ||

34. pasanggrahan agêm paduka ji | sampun samya dados | amba sampun damêl panggung gêdhe | ingkang mirip panggungan ing nguni | agêmipun swargi | eyang jêng sang prabu ||

35. Dyan Arjuna satriya dibya di | sampun cèplês yêktos | wêwangunan sarta rêrênggane | wontên ingkang kawula takèni | tiyang kang mênangi | tumut karya panggung ||

36. namanipun Buyut Nalakrêti | mangke dèrèng boyong | têksih gagah prakosa ing gawe | sugih akal mring pakarti wasis | mèsêm sri bopati | angandika arum ||

37. kakang Dwara ingsun arsa uning | buyut durung boyong | Patih Dwara sandika ature | amba bêkta sowan ngarsa [nga...]

--- 1: 79 ---

[...rsa] aji | têksih wontên jawi | tinimbalan sampun ||

38. datan dangu kerit mangênjali | dhukuh dènnya lunggoh | risang prabu rêsêp ing driyane | sigra dangu pangandika manis | hèh Ki Nalakrêti | matura satuhu ||

39. apa bênêr kowe amênangi | duk jêng eyang grogol | alas Setragăndamayu gone | matur nêmbah buyut Nalakrêti | dhuh Sang Murtiningsih | kawula rumuhun ||

40. dhinawuhan eyang ta sang aji | kinèn damêl grogol | lawan panggung ulun ingkang gawe | dipun rêngga ingukir sinungging | rinêngga gumrining | sanggèn-ênggèn patut ||

41. milanipun kasuwur sapriki | dados ojat yêktos | para nata sami nyindikake | ngutus abdi kinon nyumêrêpi | yasan Dyan Prêmadi | panggung kang kasuwur ||

42. kalampahan samya nyumêrêpi | utusan pra katong | inggal mantuk matur mring ratune | lajêng damêl grogolan pra aji | niru iyasaning | Dyan Arjuna bagus ||

43. nanging ulun kinon ngrêngga malih | ingkang langkung abyor | dhasar eyang paduka swargine | sabên-sabên ingkang dipun galih | pêsthi angungkuli | wêwarnèn sawêgung ||

44. mèsêm nabda Prabu Parikêsit | patitis tur alon | kakang Dwara kaki buyut kuwe | kawisudha ingsun ganjar mantri | kabèh yasan mami | kang nyêkêl si buyut ||

45. kaaranan Bèi Nalakrêti | paringana lunggoh | pitung atus sawah ingkang gêdhe | sun wuwuhi têlung atus maning | awit iku kaki | sawape sun pundhut ||

46. gone dawa umure sayêkti | ngungkuli sakyèh [sa...]

--- 1: 80 ---

[...kyèh] wong | tikêl papat lawan uwong akèh | nora guguh kulit datan nglinthing | tan budhêg tan busik | uwan nora timbul ||

47. tur sandika Dwara Kyana Patih | sigra sang akatong | paring priksa Dwara sakancane | duk katêkan ripu Dwarawati | miwiti mungkasi | gènnya paring wêruh ||

48. Patih Dwara karêrantan yêkti | kumêmbêng luh miyos | amung ketang kang eyang sedane | Nglesanpura Prabu Sêtiyaki | ingimur sakyèhning | kănca-kancanipun ||

49. dangu-dangu Patih Dwara lilih | kawistorèng yêktos | saking netra sirna sungkawane | wit pinupus pêsthine dewa di | Prabu Parikêsit | angandika arum ||

50. kakang patih sira sun lilani | angasoa gupoh | sakancamu padha sayah kabèh | têka anyar saka ing wonadri | nêmbah kyana patih | sandika turipun ||

51. sigra mêdal sakancane sami | sadaya wus bodhol | mulih marang wisma dhewe-dhewe | ingkang sowan mring sri narapati | bungah jroning ati | grogolan wus rampung ||

52. saking dènnya ing driya kapengin | dhèrèk jêng sang katong | numpuk kewan marang wona gêdhe | mitontonkên kadebyan kawanin | karosan kasêtin |[9] katon anèng ngriku ||

53. sigêg ingkang ngănta-ontèng kapti | măngka jêng sang katong | animbali abdi êmpu gêdhe | praptèng ngarsa wau ta sang aji | angandika aris | marang êmpu wau ||

54. amajua sira êmpu brangti | sira ingsun kongkon | agawea gêgaman kang akèh | ingkang kanggo bêbêdhag wonadri | sira sun paringi | wêsine kang bagus ||

--- 1: 81 ---

55. tampanana wêsi ran Srikandhi | êmpu majêng gupoh | tinampanan wêsi Srikandhine | sakancane ngusung ingkang wêsi | jêngkar sri bopati | kondur angêdhatun ||

56. ingkang nangkil sowang-sowang mulih | êmpu cinariyos | praptèng wisma angobar gênine | ingububan urubing kang agni | agêng anglangkungi | swarane gumrubug ||

57. măngka wêsi linêbokkên gêni | datan dangu dados | warni abrit sumorot rupane | abang marong kuning sêmu putih | sinapit tumuli | numpang paronipun ||

58. dipun êncot pinalu kang wêsi | musna nora katon | langkung kagyat ki êmpu driyane | ngunandika sajêroning ati | kayaparan iki | elok lakon iku ||

59. para pandhe panêkare uning | gumun samya jomblong | wêsi musna tan wêruh parane | ting salêbar gugup anggolèki | mêksa tan kapanggih | tulus musnanipun ||

60. pantoking tyas Ki Êmpu brangta di | sowan jêng sang katong | dhuh pukulun amba tur tiwase | amiwiti aturipun titi | pungkasipun tlêsih | dharodhog ki êmpu ||

61. cipta tiwas wit anèh sayêkti | tan wurung kinêthok | jangganira ki êmpu tan wande | yèn maido jêng sri narapati | nanging sri bopati | amaringi maklum ||

62. ayya susah lan aja kuwatir | mêngko karsaningong | sun ijoli wêsi bêcik manèh | aranira Garinti kang wêsi | gawenên tumuli | tinampenan sampun ||

63. sigra mêdal anggawa kang wêsi | bungahe katongton [katong...]

--- 1: 82 ---

[...ton] | praptèng wisma jujug ing bêsalèn | tinampanan mring kancane sami | ki êmpu brangta di | prentah semahipun ||

64. karya sajèn kabèh dèn pêpaki | tan dangu wus dados | tinata nèng balening bêsalèn | dhêdhêg kêbak ana tinumpuki | dene kang sinandhing | kêmbang borèh arum ||

65. lawan ana manèh pitik urip | tansah muni keyok | sinajèkkên nèng paron ênggone | wus sampurna sajène miranti | sigra dadèk gêni | dèn ububi murub ||

66. ngalad-alad urubing kang gêni | mèh sumundhul yêktos | anèng payon plêtikira akèh | sigra nyandhak kang wêsi Garinti | linêbokkên gêni | ingkang nêdhêng murub ||

67. tan antara dadi mawa aglis | wêsi kang linuron | gya sinapit tinumpangkên age | nèng luhure paron amatitis | nyandhak pukul ririh | kang wêsi pinalu ||

68. sarêng rawuhe rahadyan patih | kang pinatah katong | anjênêngi wêsi pênggarape | măngka wêsi nêdhênge ginitik | kang wêsi ngoncati | musna tan kadulu ||

69. kagyat ngungun sanggyaning mriksani | dyan patih bêngonglong | ngungak wêsi nyang êndi parane | tita titi wêsi tan kaèksi | rinêmbug ing ririh | rimbaganing têmbung ||

70. golong gilig êmpu lan narpati | enggal munjuk katong | tan antara wus munggèng ngarsane | matur alon Sang Dwara Ki Patih | miwiti mungkasi | sadaya kacakup ||

71. kagyat ngungun sang sri narapati | lêlakon kang elok | kayaparan iki wahanane | sinamun ing pangandika [panga...]

--- 1: 83 ---

[...ndika] ririh | kondur sri bopati | mangu sinomipun ||

15. Sinom

1. rasane driya kataman | kabèh kang samya miyarsi | kang nangkil bubaran sigra | mangkana Sang Parikêsit | kodhêng tyas andhatêngi | ngaturi kang eyang gupuh | Bagawan Baladewa | Swuhbrastha Swuhsirna dening | tan adangu katiga marêk ing nata ||

2. ngandika jêng maiswara | kula karêrantan yêkti | prakawis wêsi kang musna | măngga sami anuwun sih | marang jawata luwih | nêgês karsane dewa gung | Bagawan Baladewa | pangandikanira ririh | luwih bênêr kaki prabu karsanira ||

3. Swuhbrastha lawan Swuhsirna | padha mujoa sêmèdi | sandika ing kalihira | sira sami anglêkasi | munggah mring sanggar ririh | piranti pamujanipun | dupa kalawan sêkar | sagung ingkang wangi-wangi | wus ingobar kumêlun kukusing dupa ||

4. wêwangi wus lumaksana | praptèng dirgantara aglis | lumarab kukus sumrapat | tutug kang samya sêmèdi | mangkana sri bopati | kêkadhar tritis gènipun | bantal bata salimbag |[10] ngobar ingkang wangi-wangi | kongsi dangu dèrèng antuk sihing dewa ||

5. lami Prabu Dipayana | tan karsa miyos tinangkil | dhêdhêp tidhêm sanagara | tan ana wani cumuwit | mangkana lami-lami | ing ari dina anuju | Anggora măncawarna | antuk wangsit jêng sang aji | wêwisikan ujare swara kapyarsa ||

6. kaki Prabu Dipayana | aja sira salah kapti | ilange wêsi karweka | bangêt larane ing ati | dadi têluh jalênggi | sanglat gêdhene bagêblug | măngsa kawulanira | wudharên bratamu kaki | aglis mudhar [mu...]

--- 1: 84 ---

[...dhar] dènira ngêningkên karsa ||

7. enjing jêng sri naranata | nimbali para sêmèdi | tan dangu marêk sang nata | matur Prabu Parikêsit | mring eyang maha rêsi | winartan wangsit puniku | ngungun sang rêsi nata | nolèh mring ariya kalih | karêrantan ing manah kang dhinawuhan ||

8. kalilan samya bibaran | mêdal kang sewakèng aji | mangkana têkan ing măngsa | sêsakit iku dhatêngi | jalma lara kèh mati | lara esuk sore lampus | gègèr nagri Ngastina | sang nata dhawuh numbali | para tapa wukir ngalas tinimbalan ||

9. dhinawuhan numbalana | sirnoa sagung sêsakit | para tapa katgodèng tyas | sadaya karya piranti | slamêtan warni-warni | pasang rajah wênèh iku | ana kang donga-donga | akèh warnane piranti | ing wasana nora mêndha mundhak arda ||

10. saya busêkan ing manah | gumrênggêng tangising dasih | antara mèh ing sawarsa | bêrèwunira sêsakit | mangkana narapati | lênggah nèng panêpènipun | ngaturi ingkang eyang | kalawan ariya kalih | Sang Swuhbrastha kalawan Arya Swuhsirna ||

11. ngandika Sri Dipayana | kangjêng eyang maha rêsi | sumăngga nyuwun mring dewa | sirnane sagung sêsakit | katgada maha rêsi | sumangguh arsa nênuwun | mêdal lajêng mring sanggar | katiga mêmuja sami | sang pamasa ugi têdhak palanggatan ||

12. manungku puja kistawa | sêdhakêp saluku tunggil | nutupi wiwara sanga | saniskara sirna ênting | tidhêm sajroning ati | têntrêm tan ana dinulu | kumplang plêng sasining rat | Hyang Kaneka têdhak aglis | angandika marang Prabu Dipayana ||

--- 1: 85 ---

13. hèh Ki Prabu Dipayana | ingsun dinuta Hyang Luwih | amaringi kanugrahan | sirnane ingkang sêsakit | tampanana tumuli | iki donga luwih ampuh | paring Hyang Jagatnata | tamakna ing têngah ratri | anèng nglatar amadhêpa catur yoga ||

14. têgêse keblat sêkawan | sabên sakeblat kaping tri | mêgêng napas dulu tawang | iki arane kalapil | Sang Prabu Parikêsit | suka sokur manahipun | nêmbah majêng sang nata | manglung jăngga sêmu ajrih | tinampanan tumanêm ing karna kanan ||

15. wiwit winisik kang lapal | badhe tibaning ing galih | gara-gara gêng kapyarsa | guntur kêtug andhatêngi | swara anggêgirisi | matiri kabèh kadulu | yèn sampuna sang nata | wudhar dene kênèng ajrih | orêh mrêtasana maswa ingkang lapal ||

16. sang nata sampun widagda | Hyang Kaneka kondur aglis | mangkana Sang Sri Bagawan | Baladewa arya kalih | sakala ya winisik | kadi sang nata ing wau | widagda tiga pisan | Hyang Kaneka kang maringi | Hyang Kanekaputra kondur mring Kayangan ||

17. wanci enjing sidik pajar | mêdal saking sanggar aglis | wijik anèng caratkumba | ngambil toyastuti aglis | wangsul ing sanggar malih | ngulukakên pujanipun | panuntur bêkti dewa | tan dangu sampurnèng puji | mêdal ririh saking kori palanggatan ||

18. marêk marak mring sang nata | nèng panêpèn dalêm puri | wus tata dènira lênggah | sang nata ngandika aris | mring eyang maharêsi | sadaya sami angungun | dene sakawan pisan | sarêng winisik sang rêsi | Ngudal-udal [Ngu...]

--- 1: 86 ---

[...dal-udal] Bathara Kanekaputra ||

19. wêkasan nata ngandika | eyang makatên prayogi | paduka lawan Swuhbrastha | Swuhsirna kalawan mami | ing wanci têngah ratri | samya matak puja agung | anèng ing têngah nglatar | kang eyang ngandika aris | luwih bêcik kaki prabu karsanira ||

20. mèsêm ngandika sang nata | eyang kalamun prayogi | sumăngga sami bibaran | Baladewa ngandika ris | bubaran iya bêcik | nanging mêngko wayah dalu | nglêkasi muja brata | kongsi tumêka antuk sih | sang aprabu trustha amangayubagya ||

21. sigra kondur sang bagawan | arya kalih dhèrèk sami | sabên dalu matêk puja | kacarita nuju ari | Sukra Kuningan adi | karsanipun sang aprabu | kang sami muja brata | dhinawuhan ngumpul aglis | nèng jro pura kapat kalihan sang nata ||

22. nêdhêng samya amêmuja | ing wanci wus lingsir wêngi | ana cumlorot katingal | saking dirgantara ririh | dhawah ngarsaning aji | kagyat ingkang muja catur | cinandhak mring sang nata | awarni arca kêkalih | tiningalan wêsi Gariti têtela ||

23. wangun Sang Hyang Girinata | dene kang wêsi Srikandhi | wangun arca Dèwi Uma | sadaya ngungun ing galih | ing wanci sampun enjing | sang maiswara angutus | kêkalih kang pawongan | ngaturi Dèwi Untari | tan antara kang ibu ing rawuhira ||

24. satata ing lênggahira | winartanan ing sang aji | praptane kêkalih arca | ngungun Sang Dèwi Untari | manglocana sang rêsi | badhe mrênahakên iku | kêkalih arca dewa | samantara antuk pikir | enggal [eng...]

--- 1: 87 ---

[...gal] matur Sang Bagawan Baladewa ||

25. putu prabu yèn sambada | arca kêkalih puniki | prayoga dèn prênahêna | nèng kiwa têngêne kori | sanggar pamênang adi | kacondhongan karsa prabu | inggih prayogi eyang | bagawan ngandika malih | hèh Swuhbrastha Swuhsirna karo prênahna ||

26. sajèn-sajèn pêpakana | lawan prayoga dèn iring | sagunge para pandhita | turut marga padha muji | satus nèng ngarêp muji | rongatus muja ing pungkur | nganggo tabah-tabuhan | gamêlane pra maharsi | sri narendra mangayubagya ing driya ||

27. dèn urung-urung ing lampah | prajurit ingkang sinêlir | têlas dhawuh sang bagawan | pinrentahkên kyana patih | sandika radyan patih | tan antara dinanipun | sowan para pandhita | angusung arca kêkalih | swara umyang dene kang tabah-tabuhan ||

28. angklung salindhi kêmanak | rabana kêndhang lan krincing | muni gêndhing Dorandara | iku gêndhinge prajurit | kang yasa nguni-uni | Bathara Endra rumuhun | tumrah ing ngarcapada | uga gêndhinging prajurit | sabên kirap prajurit gêndhing mangkana ||

29. rame pangaraking arca | mêdal saking jroning puri | lumaku ngubêngi praja | kang nonton jêjêl tan sipi | ebat ingkang ningali | katon arcanipun munggul | pinikul anèng jolang | rinêngga wastra di-adi | mila sae rineka kadya sasrahan ||

30. mênêng gêndhing Dorandara | pandhita ngulukkên puji | gumuruh ing swaranira | gumrênggêng anèng wiyati | yèn mênêng ingkang muji | gêndhing lêkas swara arum | lampah wus têpung gêlang |

--- 1: 88 ---

lumêbêt mring pura malih | pinapankên kiwa têngêning wiwara ||

31. lawang sanggar pamêlêngan | punika manggèn jro puri | wus sinèlèh ingkang arca | sajèn-sajène mêpêki | pandhita kang darbèni | utama sadayanipun | rampung kalilan bubar | kacarita lami-lami | kang lêlara sampun sirna babarpisan ||

32. wong sapraja sokur suka | padha nêkakakên kapti | kaule awarna-warna | ana ingkang udhik-udhik | ana kang nyêlamêti | bêlèh kêbo bêlèh wêdhus | ana kang bêlèh ayam | midhang marang pasar gili | dipun iring reyog suka turut marga ||

33. sigêg ingkang sami suka | kacarita sri bopati | anuju ing ari Soma | sang nata karsa siniwi | pêpak kang samya nangkil | nênggih kados adatipun | sang prabu angandika | marang sang anendyamantri | dhawuhakên siyos dènira cangkrama ||

34. hèh kakang Patih Udwara | lawan Janurwenda Patih | sakarone mêmataha | kang padha dhèrèk mring mami | kalawan ingkang kèri | patahên tunggu kadhatun | patih matur sandika | jêngkar dènnya măncaniti | kang sewaka bubar mantuk sowang-sowang ||

35. Rêkiyana Patih Dwara | enjing mêrnata kang dasih | bopati kang jaga pura | Arya Nimpuna si adhi | sira ingsun bubuhi | bopati catur atunggu | kadhaton ing Ngastina | sira anèng sri manganti | keblat papan sinungana pra bopatya ||

36. sapanêkare prasamya | siyang dalu dèn nganglangi | lakune pêthuk-pêthukan | kaliwon ingkang nindhihi | nganggo gêgaman jurit | mantri răngga dêmangipun |

--- 1: 89 ---

lurah bêkêle samya | jajar panajungan sami | sabên êjam pênganglange ayya gothang ||

37. nganggo têngêr têtabuhan | apa sasuka kinardi | mataha mantri sanambang | laku talêsêpan bêcik | nglugas panganggo mantri | cara sudra lakunipun | ngingsêp-ingsêp karyanya | endrajala dèn jagani | angrangkêpa ngulatakên ingkang nganglang ||

38. yèn lapur andhisikana | kang tungguk ing mau ratri | cocogna lan lapurira | kaliwon kang jaga bêngi | yèn sêmbrana ing kardi | sira sun wênangi ngukum | êrès tumêka lara | nora sun wênangkên pati | lamun ana prakara kang raja-raja ||

39. enggal pun adhi lapura | marang ingsun mring wanadri | dene mantri talêsêpan | ampilana layang sami | iku kang sun wekani | yèn ana cudokèng mungsuh | mlêbu anamur lampah | mêsthi kancamu tan uning | mula kabèh yèn mulat wong laku samar ||

40. wênang padha nêrangêna | yèn wus nganggo tăndha yêkti | tan kêna dèn munasika | sandika kang sinung angling | mangkana kyana patih | nata kang dhèrèk sang prabu | kang ngampil upacara | lan ngurung-urung sang aji | pinilihan ingkang ênom kang prayoga ||

41. kulina marang gêgaman | padha wahana turanggi | dene prajurit kang dharat | sarapada kang dhingini | pra găngsa kang nambungi | anggadara wurènipun | talangpati sanambang | nirbaya ingkang nambungi | nirwikara iku ingkang buri pisan ||

42. ingkang ngurung-urung rata | wadya kaparan[11] ing aji | kajawi para santana | ing wingkinging rata mawi | prajurit tadhahpati | sumambung prajuritipun | aran surănggakara [surăng...]

--- 1: 90 ---

[...gakara] | nyangkraknyana kang nambungi | dulangmangap trunarakêt sambungira ||

43. ănggabaya wurinira | jagabela wuri malih | ana prajurit tri nambang | ngrêksa para abdi èstri | ki patih nata malih | bopati langên prajèku | wirèng băngsa mataya | wirèng gambuh wirèng bindi | wirèng pêdhang wirèng lawung sêsodoran ||

44. talèdhèk dungit sêsontrang | langên èstri băngsa èdi | sarimpi para bêdhaya | kang madana pyayi èstri | ki patih matah malih | kêkalih bopatinipun | kang nyêpêng pasunggatan | kajawi dhahar narpati | dhaharipun pra santana pra bopatya ||

45. kaliwon para ariya | iku bopati sawiji | ingkang ngrakit pasunggatan | jaba jêro angrampungi | bopati kang sawiji | majibi sunggatanipun | panèwu sapangandhap | mantri răngga dêmang sami | lurah bêkêl jajar kănca panajungan ||

46. sêmut gatêl panakawan | ingkang dèrèng pangkat sami | nandhon jagul jaga jaran | bangsane kuli pakathik | lanang wadon prasami | jaba jêro kabèh ketung | sira ingkang prayitna | aja ana wong kang ngêlih | pacuhaku yèn ana wong ingkang lapa ||

47. suguh sukêt dhêdhak gabah | pari pakane turanggi | aja na kang kêkurangan | matah malih kyana patih | papat para bopati | anjagani para ripu | satru lan duratmaka | pangendrajala ya maling | pênganglange nora beda pêpêthukan ||

48. awan bêngi nora beda | pangrêksane marang wèsthi | rong nambang mantri tlêsêpan | nglugas raga lir pêkathik | mangkana matah malih | priyayi ingkang pêngayun | kang sami nyăngga [nyăng...]

--- 1: 91 ---

[...ga] karya | pinilih watak kang bêcik | parincène mangkene pratelanira ||

49. ingkang bagus warnanira | dhadha jêmbar tutut liring | pandhês pamulune raras | sumèh sêmune prak ati | sarèh ing ujar aris | mangkono wêwatêkipun | datan kaledhon karya | tan dhompo tumpangso kardi | kang mangkono padha kinarya pangarsa ||

50. sigêg Ki Patih Udwara | kacarita Kyana Patih | Janurwenda dining kanang | anata kang dèn wajibi | gêgaman gêming jurit | ingkang kagêm sang aprabu | pinriksanan sadaya | kalawan gêgaman malih | ingkang badhe kagêm pirantos ganjaran ||

51. datan angêmungkên gaman | wastra busana mas picis | kagêm ganjaraning wadya | lajêng amriksani malih | titihan gêm narpati | cinoba ing lampahipun | gajah lawan turăngga | kareta jêmpana joli | tandhu lawak lawan tandhu sanèsira ||

52. tan ngêmungkên agêmira | jêng ulun sri narapati | piranti kagêm santana | lawan wadya kang antuk sih | kabèh dipun prantèni | yya kuciwa karsa prabu | mila yèn ngajar gajah | măngka pêthèke pinanggih | nuju wangkal durung tutut tinunggangan ||

53. ngolang-ngaling ngêmprèt nunjang | kawêkèn ingkang ngajari | kawuningan mantrimuka | cinêthetan tutut aris | nurut sapangrèh jalmi | măngka ana gajah bêrung | dèn ajar nora kêna | dhoso lalèn tan prak ati | kaku ati ki patih krodha ing driya ||

54. gajah tinêpak sirahnya | mlêsêk nora ngaping kalih | yèn ana turăngga beka | măngka pêthèk tan nyondhongi | sigra cinêpêng ririh | sukune linarak [lina...]

--- 1: 92 ---

[...rak] iku | dèn undha lir kitiran | anèng tawang mobat-mabit | sinabêtkên ing kisma dadi galêpang ||

55. măngka pêthèke prayoga | sapira gènira kêsit | kinêplokan cinêthetan | sanalika tutut yêkti | sadaya wus miranti | kang badhe kagêm sang mulku | suprandene dyan patya | sabên enjing mariksani | ingkang dadi kawajiban amariksa ||

56. lajêng utusan bopatya | nundha turăngga myang èsthi | sabên êpos dinekekan | sacukup agêm narpati | ana turăngga malih | andhungan santonèng ratu | lan turăngga andhungan | sadaya kang dhèrèk sami | pinrantenan sampun kongsi cuwèng driya ||

57. Radyan Patih Janurwenda | nimbali kaliwon kalih | padha kaliwon ing desa | pamajêganing narpati | hèh sira sun wajibi | sukara suwendha iku | dalan wangunan anyar | sing praja praptèng wanadri | sabên dohe ana saprapat onjotan ||

58. pasangana meja panjang | gêlarana taplak putih | ing kono sêdhiyanana | wedang tèh bubukan kopi | rujak kalawan lotis | pêpakana rujak iku | kalawan banyu dêgan | pikirên ingkang prayogi | pêperangên bisoa warna sêkawan ||

59. kang siji rupa utama | kapindho madya kang bêcik | warna sêdhêng kaping tiga | kapat warna kang mungkasi | nandhon bêbau sami | kabèh wong arahan iku | ayya na kang kuciwa | kabèh rêngganên kang bêcik | pasangana tarup wastra binuntalan ||

60. ingkang padha nambut karya | panganggone ingkang bêcik | karyanên rupa sajuga | kajaba kang ngêpalani | kapala ăngka siji [si...]

--- 1: 93 ---

[...ji] | nawani priyayi langkung | saurute mangkana | sandika kang sinung angling | kyana patih nimbali êmpu pandheyan ||

61. kakang êmpu sakancanta | padha karyaa piranti | gêgaman ingkang prayoga | gagrag anyar kang pakolih | kanggo bêdhag anggêrit | numpu kewan ing wana gung | kanggo pranti ganjaran | rupane kang bêcik-bêcik | tur sandika ki êmpu andhandhanggula ||

16. Dhandhanggula

1. kêncêng rikat para nambut kardi | sanagara gumuruh swaranya | wong kang padha gêlak gawe | watara lamènipun | gangsal wulan sampurnèng kardi | ki patih kalih ika | buka gêdhongipun | gêganjar abdi narendra | ingkang dhèrèk kalawan rumêksèng nagri | rata ganjaran nata ||

2. gunungane kang rumêksèng nagri | Sang Bagawan Rêsi Baladewa | Swuhbrastha măngka kanthine | para brahmana guru | dhahyang prawa kalawan malih | êmpu lan juru citra | pu brangta di iku | wus pinatah sadayanya | kacarita wus samêkta sakaliring | wadya para santana ||

3. enjing miyos Prabu Parikêsit | songsong munggul êmas sungsun tiga | ginarêbêg pawongane | ngampil pocorèng[12] prabu | titihane sri narapati | rata mas abra muncar | tinitihan sampun | wingking rata pra wanita | ingkang samya ngampil upacara adi | sampun kamot sadaya ||

4. kusir nyêpêng apusing turanggi | sinasmitan kumlawe sambuknya | gumêrèt rata lampahe | mubyar dinulu murub | rata rukmi lampahe rindhik | ki patih kering kanan | budhale gumuruh | swarane pradăngga umyang | lan kabarung gadêbêging [gadêbê...]

--- 1: 94 ---

[...ging] kang turanggi | gumrète rata-rata ||

5. lawan urmat barondongan bêdhil | kumarapyak gumrêdêg swaranya | wus lêpas wau lampahe | sang nata trustha tuhu | amriksani langêning margi | rinêngga saurutnya | asrine dinulu | sabên antuk saonjotan | amriksani bale rinêngga gumrining | panggonaning pradongga ||

6. lampahira rata langkung rindhik | mila botên sinêru kang lampah | sang nata iku karsane | mriksani langênipun | marga-marga ing sabin-sabin | langêning wana-wana | ngare gunung-gunung | kalangkung asri kawuryan | sabên-sabên sang nata dangu dyan patih | wêwarnèn srining arga ||

7. patih kalih botên parêng têbih | mila tansah mèpèt anèng rata | ngladosi pandangu rojèng | mangkana lampahipun | sampun têbih saking nagari | lumêbêt wanawasa | taratabanipun | têksih wontên pêpinggiran | Sang Hyang Rawi katonton lumêbèng wukir | rata minggok kang lampah ||

8. iya iku pasanggrahan adi | rata kèndêl anèng ing ngajêngan | pandhapa iku lêrêse | kreta pacorèng[13] prabu | abdi èstri mandhap rumiyin | saupacaranira | inggal lajêng mêthuk | nèng kanan keringe rata | sampun pêpak abdi ingkang ngampil-ampil | sang nata ririh mandhap ||

9. saking rata ginarêbêg sami | datan arsa yèn lajêng lênggaha | mriksani langên-langêne | wangunan ting palancur | kêmbang-kêmbang pinacak suji | dene rêkyana patya | datan kêna kantun | tan dangu sang nata têdhak | dalêm wingking rumaksa kêsêling dasih | pra wadya mring pondhokan ||

10. cinarita pasanggrahan [pasang...]

--- 1: 95 ---

[...grahan] adi | panginêpan sangking ing nagara | durung sapiraa dohe | sangking ing sagêtipun | kyana patih gyannya miranti | sèbêtan durung sayah | ingkang lampah suku | dene kang sami wahana | langkung berag gyanira nitih turanggi | suka sokur sadaya ||

11. sore tabuh nawa ingkang wanci | jêng sang ulun Prabu Dipayana | Dipasarana karsane | buka bujana agung | pra santana lawan ki patih | nèng ngarsa bêbanjêngan | măngka kang sumambung | pra punggawa kering kanan | jawi lêbêt urut sêpuh dènnya nangkil | langkung asri kawuryan ||

12. ăndrawina dhêdhaharan adi | apa ingkang tinanyakkên ana | tan kuciwa saliring rèh | ulam panganan agung | lah-olahan mawarni-warni | saambaning bawana | pinilih ing ngriku | ingkang adi-adi mulya | ana kabèh bujananira sang aji | mila nama drawina ||

13. dadya onjat kasuwur sayêkti | marang liyan pulo para nata | dadya darsananira rèh | dados cap-ucapipun | kêmbang lambe sakyèh nagari | mangkana cinarita | bibar dhahar nginum | kundhisi ambal-ambalan | binarung ing pradăngga unining bêdhil | êdrèle barondongan ||

14. cinarita lêlangêning aji | sarambahan sêrimpi kang mêdal | langkung parigêl bêgsane | lambung sing lêmêsipun | kadya pêpês tinon sing têbih | yèn nglayang dènnya bêksa | mèh klangsrah kang gêlung | sumrapat cêlak ing kisma | êmar-êmar sakyèhning ingkang ningali | labêt parigêlira ||

15. ngagêm panah kang gandhewa gadhing | pangêmbate warastra di mulya | kadya putung gandhewane | kuwatir sakèhipun | kang mriksani [mri...]

--- 1: 96 ---

[...ksani] culing jêmparing | salah siji kang tiwas | iba owêlipun | nyurêmakên ngantariksa | sawênèhe saking gêdhene kuwatir | ngêrêmakên kang netra ||

16. wontên ingkang sênggrug-sênggrug nangis | saking sênêng marang kang mataya | mangkana jêmparing cule | lumarab warastra nung | tinangkis ing gandhewa gadhing | cumêngkling swaranira | manah malih sang rum | lumarap ingkang warastra | kênèng jaja panah putung nora busik | rame panah-pinanah ||

17. ana ingkang kêna polok wêntis | nora pasah wênèh tinampanan | ana pêthukan panahe | pêgêl tyas para arum | narik katga kang dhuwung mingis | lungit ujunging katga | saking sangêt ampuh | gêndhing sêsêg mangsah sigra | sarêng ngancap suduk-sinuduk ngênani | cumêngkling swaranira ||

18. nora pasah dene braja sami | gêndhing suwuk bibar kang sudukan | srimpi mundur mring pondhoke | lampahe mêntul-mêntul | gumêbyaring kawaca adi | lir widadari swarga | kapat sami ayu | nglungit apêputran dênta | kang ningali sadaya eram ing galih | kadya jaman supêna ||

19. durung mulat sajêgira urip | wong padesan ngare gunung alas | kêbak pasanggrahan gêdhe | jêjêl plataran agung | nora beda ambane sami | lawan lun-alun ika | măngka kang cinatur | têngah bênêr ing plataran | lan pamedan sinungan bale kêkalih | rinêngga têtuwuhan ||

20. linungsir ing wastra abang putih | lawan krêsna buntal neka warna | panjuta langkung kathahe | saking akèhe urup | padhang kabèh jiglag mratani | sinung wadya mataya | aran wirèng gambuh | kang tiniru Sang Arjuna | nalika prang lawan Newata [Ne...]

--- 1: 97 ---

[...wata] Narpati | kalangkung ramenira ||

21. sasirnane Sang Newata Aji | Sang Arjuna pinêthuk pra dewa | dèn agêmi kaprabone | kawaca ratu agung | dadya ratu anèng swarga di | mêngku mring surapsara | widadari agung | punika rame prangira | ing pamedan sinungan wirèng bêksa di | kang tiniru ing kuna ||

22. duk nalika Prabu Maèspati | aprang tandhing aliru prabawa | lawan Sêmantri abdine | kalangkung ramenipun | bêksa wirèng sang wirotami | samya ngêmbat gandhewa | prabawa winangun | Sêmantri gandhewanira | mêtu bêlêg kumrusuk anèng wiyati | kang nagapasa gora ||

23. ting karogèl ula nèng wiyati | samya tintrim rumaras amaras | kang ningali uwas kabèh | yèn sirna kang tinuju | kuwatire kang kaping kalih | kang panah nagapasa | bokmanawa niyup | marang wong kang nonton samya | kacarita kang mindha Sri Maèspati | trêngginas nyandhak langkap ||

24. ngekapada pamênthangira di | mingis-mangas ngungak pacak jăngga | tiba gong panah ucule | sumêblak sondhèripun | dhasar bagus kang bêksa tandhing | lumarap kang warastra | pira-pira brubul | mêtu saking gandhewanya | kumrêsêging kumrusuk anèng wiyati | warna pêksi garudha ||

25. pirang kêthi bêlêg aprang sami | lan jêmparing aran nagapasa | bujănggapasa jênênge | rame saut-sinaut | suwarane bêlêg wiyati | ting brubut pating brabat | ngakak ana nyêmbur | gagendra swaranya rungan | gêrêng gêro kadya udan sumênèi |[14] kumrusuk ngawang-awang ||

26. kang ningali jalma desa

--- 1: 98 ---

sami | kêplok surak bêkik asauran | lah ko mati mati kabèh | uyêran swara umyung | ingkang bêksa nampèni wangsit | gandhewa kalihira | sinèlèhkên sampun | jêmparing warna prabawa | sakarone sirna kadya dèn saponi | wus rêsik dirgantara ||

27. dene wirèng kang mindha sang aji | Ngima-ima lan Radyan Arjuna | pêrange kalangkung rame | Newata Sang Aprabu | dipun iring ingkang wadya wil | watara kalih nambang | măngka sang abagus | Dyan Arjuna tanpa wadya | nulya lêkas wadyane sri narapati | pinanah ing maruta ||

28. sirna larut mung kantun sang aji | krodha mangkrak Sang Prabu Newata | condrasa dèn undha age | binalangakên asru | atrêngginas Radyan Prêmadi | nglêpasi kang warastra | condrasa kapêthuk | dene panah Dyan Arjuna | tibèng têngah condrasa luluh wor siti | manglung Radèn Arjuna ||

29. warastrane aran pasopati | nora gêdhe ron pari pindhanya | ingêmbat Radyan Pamade | sangêt dènira mêntul | lumêpase warastra adi | măngka Prabu Newata | kadibyane punjul | lawan pati uripira | anèng têlak munggèng têlênging kang sêntil | ewuh pangarahira ||

30. anujoni gumujêng sang aji | guguk ngakak saking bingahira | duk miyat Radèn Pamade | ngêmbat langkap sang bagus | jêmparinge sagodhong pari | arsa dèn angsahêna | mring sariranipun | măngsa gawêra samêndhang | milanipun sang prabu gumuyu ngikik | cangkêm kalêbon panah ||

31. gumêbruging

--- 1: 99 ---

kisma narapati | wus misuwur Newata palastra | Arjuna pinêthuk age | jawata lan para rum | widadara lan widadari | sinalinan kawaca | panganggone ratu | sigra dinadèkkên nata | nèng suwarga kaaran Sang Prabu Klithi | widadari garwanya ||

32. mukti sari Sang Arjuna pêkik | duk sêmantên bêksanira bibar | wong kang nonton bubar kabèh | saking ing jêjêlipun | kang ningali pating barêkik | jaka ênom somahan | kumênyut tyasipun | wruh nata mêngku wanodya | widadari sèwu amung kurang siji | mula pra mudha bungah ||

33. amung răndha tan bisa ningali | saking sêsak mila anèng dhadhah | sor dhadhap padha sêsèndhèn | ana sèndhèn wit pundhung | dhudha mara amindhik-mindhik | sêsindhèn sêsêndhonan | sêndhêt lir kasandhung | nyandhak dhadhane ni răndha | gya binêndho enggal dhudha nangkis kudhi | dhag-dhêg nyuwol ni răndha ||

34. tan winuwus kang samya ningali | praptèng enjing têngara gumêrah | ngungkung swarane kang bêndhe | pra wadya dandan ribut | swaranira gumuruh sami | ting klêthêk pating kropyak | gadêbag-gadêbug | sagon-ênggon lagya dandan | kang wus rampung mangkat sing pondhokan rindhik | kathah solahing wadya ||

35. bêndhe muni rambah kaping kalih | wadya kuswa kumêrap ngumpulnya | tan kalèru mring dununge | ngumpul sajuru-juru | mring lurahe para prajurit | ana mring lurahira | têngêr umbul-umbul | măngka katon sing mandrawa | iku ingkang para bala dèn parani | gumrubyuk swaranira ||

36. têngarane bêndhe muni malih | swara umyang rambah kaping tiga |

--- 1: 100 ---

wadya pangarsa angkate | mêngkap lir tawon kambu | ulur sêlur saurut margi | ing wuri lajêng mangkat | kumlabèt kang umbul | kumitiring kang bandera | mawèh raras wêwah suraning prajurit | makatên isthanira ||

37. kacarita titihan sang aji | rata rukmi majêng gêbyar-gêbyar | lir pindah daru lampahe | mandhêg nèng tritisipun | kori rata binuka ririh | katon sajroning rata | asri rêngganipun | pinajang kinrawisthendah | mawèh sêngsêm sanggyane ingkang ningali | makatên èstunira ||

38. songsong êmas mêgar munggul asri | sang iswara jumênêng sing dhampar | têdhak ing rata sang rojèng | para rum samya grubyug | upacara kang samya ngampil | atab ing wingking nata | lumêbêt sang prabu | ing rata abdi sajuga | ingkang dhèrèk ngampil kêcohaning aji | tutup wiwaranira ||

39. para arum ingkang ngampil-ampil | sigra numpak ing rata pêngkêran | ana rowêlas cacahe | wus munggèng ratanipun | kacarita rêkyana patih | sakănca pra dipatya | nitih kuda sampun | munggying wuntat kering kanan | rata rukmi titihanira sang aji | lumêkas angkatira ||

40. wuruk nyêpêng pusorèng turanggi | para kênèk kêndhalining kuda | ingêculkên barêng kabèh | ing ngriku lampahipun | kang wahana ririh arindhik | gadêbêging turăngga | gumrèt rodhanipun | mawèh sêsêg kang miyarsa | sumawana kawacane parèng dasih | kasorot gêbyar-gêbyar ||

41. kadya gunung kêmbang langkung asri | têdhakira sang maha iswara | sumahab kang dhèrèkake | kêbat sadaya

--- 1: 101 ---

kêbut | gumuruhe saingga banjir | ngêlêbi wana-wana | saking gênging laku | nêrak rimba kayu sirna | têmah dadya ara-ara kadya sabin | kabrasat satu kewan ||

42. kidang manjangan kalawan krêndhi | kêbo danu banthèng lawan warak | wara ariwut kancane | kabèh sato wana gung | mlayu gêndring sumêdya ngungsi | mring wana palasara | ing kono gonipun | kadya giniring lampahnya | wit tan kuwat wêruh untape wadya ji | kidang-kidang malumpat ||

43. para arum mriksa kewan alit | kidang kancil kêthèk lawan kênas | anudingi sakancane | ana swara gumêbruk | gêro gêrêng mawèh muriring | Sang Prabu Dipayana | dangu swara iku | kakang Dwara swara apa | kang dinangu kewran ing tyas mlumpat aglis | cinêkêl ingkang nywara ||

44. sima gembong binopong tumuli | cinaoskên anèng ngarsa nata | lagya dêmak warahane | kinêrêg sirahipun | karoncalan singa lan gênjik | anèng ing ngarsanira | sang iswara dangu | kakang Dwara iku apa | kewan lorèk gêdhene anglêluwihi | kukune dawa-dawa ||

45. mangan apa dene amêdèni | untu ngrangas siyung putih gilap | sang patih atur sêmbahe | dhuh gusti namanipun | singa gembong amăngsa gênjik | Sang Prabu Dipayana | bingahe kêlangkung | lagi iki mriksa macan | awit saking duk timur sri narapati | dumugi diwasanya ||

46. kinulina mung anèng jro puri | saking sangêt kagêngên sihira | jêng eyang Puntadewane | mila samangke prabu | arsa têdhak cangkrama anggrit |

--- 1: 102 ---

mring wana wêwulusan | erame kêlangkung | mriksa singa măngsa wraha | angandika jêng ulun sang sri bopati | kakang Dwara uculna ||

47. mêsakake agèk mangan iki | sira cêkêl bangêt wêdènira | nèng kene rinubung ngakèh | singa ngêculkên sampun | gya linêpèh cèlèng lumaris | mangidul jêranthalan | singa unduripun | kadya kucing mèpèt mêndhak | sirahira nèng kisma mripat ngêlirik | labêt sangking jrihira ||

48. ngalèr lampahe amindhik-mindhik | praptèng têngah gêro sigra milar | ing grumbul sangêt bingahe | pulih karosanipun | Wikridita suka tan sipi | kapanggih bojonira | mangkana sang prabu | dhawuh nglêstarèkkên lampah | Patih Dwara tan kalilan têbih-têbih | lawan lakune rata ||

49. pra nayaka kabèh padha muji | mring tingkahe Arya Patih Dwara | kêna kinarya têtondhèn | dinarsana satuhu | lêlabête switèng narpati | lajêng lampahing rata | lumêbêt wana gung | singup sirung grêng kalintang | tan cinatur rêroncène anèng margi | prapta ing palasara ||

50. wana wutuh saêjêg tan gigrit | mila wêtah kêkayon gêng gurda | kadhaton kewan sajêge | rata praptèng ing ngriku | gumuruhing balakuswa ji | panganjur lampahira | pasanggrahan agung | mire ngiwa nêngên mapan | rata rindhik anèng palataran asri | mandhêg kang rata abra ||

51. wiwaraning rata binuka glis | jêng sang ulun Prabu Dipayana | sigra miyos sing ratane | pra arum grêbyêg gupuh | lênggah anèng ing dhampar gadhing | ing madyaning pandhapa | sowan [so...]

--- 1: 103 ---

[...wan] pra wadya gung | jêjêl anèng palataran | prajurit gung urmatira wanti-wanti | êdrèl ngasmaradana ||

17. Asmaradana

1. sêsêg jêjêk kang ningali | datan kêna winiyaka | gumuruh swaraning kang wong | lanang wadon tan petungan | ingkang saking padesan | desa ngare desa gunung | desa lêbak desa wona ||

2. desa kang urut pasisir | prapta aningali samya | măngka wong liya prajane | Campala Kumbina lawan | Măndraka Gilingaya | Mukabumi liyanipun | nagara kang cêdhak-cêdhak ||

3. padha prapta aningali | mila ramene kalintang | jêjêl uyêl saking kèhe | kongsi tan antuk pondhokan | turu nèng ngara-ara | turu têgal sawah turu | turu nèng ngisoring wrêksa ||

4. tan cinatur kang ningali | Sang Prabu Dipasarana | karsa kondur amakuwon | ngasokakên wadyanira | jêngkar angênyapura | dyan patih sakancanipun | mring pondhoke sowang-sowang ||

5. pra kancanira bopati | utawi Dyan Janurwenda | duk mulat pasanggrahane | bagus kir-ukiran samya | rêrênggan tan kuciwa | ganêp ing sajuru-juru | warata bagus sadaya ||

6. sami muji radyan patih | gone karya pasanggrahan | warata têkyan abdine | tunggon jagul juru jaran | sami angsal pondhokan | ayêm-ayêm manahipun | sasat mulih mring wismanya ||

7. sêbarang sampun cumawis | sêga iwak lan panganan | wedang bubuk wedang êtèh | klasa rêsik nganggo bantal | wong cilik kang mangkana | lêga rasane ing kalbu | tan krasa kabotan karya ||

8. arêp

--- 1: 104 ---

adus wus cumawis | blănja pasangone kathah | yèn nampani sabên sore | wong siji sêlawe arta | kapetung wong arahan | băngsa alus seje petung | warata bungah sadaya ||

9. mangkana jêng sang siniwi | duk lumêbêt pagubahan | ascaryanbêg sang pamase | rêrênggane warna-warna | linungsir-lungsir wastra | bang bintulu lir kaluwung | panjuta pating kalêncar ||

10. para arum mring jro puri | lumêbêt ing pamondhokan | ing driya tanna bedane | kalawan duk anèng praja | tan krasa anèng alas | mila bingahe kalangkung | para putri solahira ||

11. dhèrèk jêng sri narapati | têdhak kêbon pêpungkuran | langên-langên kakêmbange | kêmbang jinêmbangan samya | kang abang sêkarira | gêdhah biru êpotipun | dene kang kêmbange jênar ||

12. manggèn ing jêmbangan wilis | dene ingkang sêkar seta | manggèn abrit jêmbangane | sêkar biru kang jêmbangan | wungu jring langkung pelak | pinetak-petak gènipun | dene marga jroning taman ||

13. minggak-minggok ngukêl pakis | ana marga kêkêncêngan | gumrining rêsik margane | kang karêtêg alit kathah | ana pêpundhungira | rineka rêdi amunggul | sinukêt kinêmbang-kêmbang ||

14. kalèn toyanipun mili | toya wêning wêwêdhenan | guskara têngah bênêre | pinggire ingkang guskara | maju pat sinung singa | cangkêm mangap mutah banyu | utahe marang guskara ||

15. dèn ingoni wadêr abrit | lawan gramèh urang watang | tinon pating sliwêr ing rèh | watês têngah patamanan | sinungan umbul bêsar | pancurate wening umbul |

--- 1: 105 ---

ngungkuli pucang tirisan ||

16. sang nata ngalêm mêmuji | mring wêgige Patih Dwara | ngrêsêpakên pakartine | sang prabu kondur mring pura | ginrêbyêg cèthinira | osike kang para arum | sang nata misih cinacad ||

17. dene dèrèng darbe sori | langêne kêmba kewala | dèrèng wontên timbangane | dhahar sare misih kêmba | tan sêngsêm wênêsira | bibar dhahar sang aprabu | têdhak pajungutan nendra ||

18. pra wanita sami guling | anèng pondhok sowang-sowang | ana kang sare gumlèthèk | anèng ngajêng pajungutan | mêmengin mring sang nata | warna-warna solahipun | bisoa kagêm sang nata ||

19. wus sirêp kang sami guling | ing pasanggrahan narendra | gênti ingkang winiraos | lakune para punggawa | kang sami nganglang pringga | miturut parentahipun | Rêkyana Patih Udwara ||

20. ngubêngi lêbêt cêpuri | sikêp kapraboning yuda | miranti anganggo obor | urut kacang lakunira | mila kathah obornya | sabên olèh wong sapuluh | kêkalih obore muncar ||

21. kang nganglang jaban cêpuri | lakune nora mangkana | nganggo calêngêp lakune | calêngêp patrap mangkana | rowêlas cacahira | dhisiki kang nganglang agung | datan kaparêng sêbawa ||

22. tumuli kang nganglang yêkti | sikêp kapraboning yuda | urut mapat-mapat jèjèr | ngarêp obor lan kênthongan | tinabuh nora kêndhat | lêt sapuluh urutipun | obor kênthongan lir ngarsa ||

23. rong atus kèhing prajurit | iku ingkang nganglang pringga | cacah sapantha-panthane [sapantha-pantha...]

--- 1: 106 ---

[...ne] | mangetan lampahing nganglang | antara têkan madya | kang saking kilèn amêthuk | ingkang nganglang saking wetan ||

24. lakune sadaya sami | kalamun nuju pêthukan | samya takon basukine | yèn sampun ungkur-ungkuran | mulih mring pondhokira | sabên jam panganglangipun | kaliwon têtindhihira ||

25. makatên karsane patih | warata laku mangkana | sanadyan pasanggrahane | pra bopati sapanêkar | kabèh kaya mangkana | mila durjanane kang wus | sami malik sêdagaran ||

26. sigêg kapoking pra juti | mangsuli caritanira | Patih Dwara duk undure | saking ngarsaning narendra | marang pakuwonira | ing wanci rawi wus surup | dyan patih praptèng pondhokan ||

27. dupyarsa têkan ing kori | mriksa wanodya yu endah | rahadyan sangêt kagyate | winawas-wawas ing driya | satuhu misih kênya | ngalosot dènira lungguh | anèng ngisor kandhayakan ||

28. sang dyah sêmune katawis | ngagêm panggalih sungkawa | lola tan ana rowange | bingah sang rêkyana patya | mrêpêki gita-gita | praptèng ngarsane sang ayu | dyan patih lon sabdanira ||

29. sintên paduka puniki | pawèstri langkung utama | têksih kênya satuhune | anèng ngriki tanpa rowang | punapa parayangan | warnane sayêkti ayu | punapa êjin paduka ||

30. punapa paduka pêri | kagungan karsa punapa | saking pundi pinangkane | sintên ingkang darbe putra | lan sintên kang sinambat | pinuja krama ing arum | dene sangêt mêlas arsa ||

31. wacanane radyan [ra...]

--- 1: 107 ---

[...dyan] patih | manuhara pait kilang | Sang Rêtna Suyati kagèt | dene bisa kamanungsan | ngunandika ing driya | salawas tan ana wong wruh | gon ingsun mangun lemunan ||

32. bangêt wirang bangêt isin | wanita mlaku priyăngga | tanpa rowang amung ijèn | dinalih aku wong apa | sangêt gènnya rudita | nanging dangune pinupus | yèn iku karsane dewa ||

33. bêcik ingsun prasajani | kaya pa dadine benjang | amung ingsun nurut bae | marang karsane kang nitah | wasana alon mojar | ngandikane manis arum | kadi madu pinusthika ||

34. nanging sarèhning pawèstri | wawan sabda kakung liyan | dhasar bagus ambêlancèr | mila klèru wangsulannya | dhuh radèn yêktinira | ingkang purun nyêbut ingsun | Rara Suyati ran ingwang ||

35. măngka sêdyaningsun mriki | saking kumacèlu dahat | amrih pasuwitaningong | duk kawijil sabdanira | ingkang kadi mangkana | sangêt lingsêm jroning kalbu | tumungkul arawat waspa ||

36. radyan patih duk miyarsi | kalèrune kang wangsulan | sigra sinamun têmbunge | tinutup ywa lingsêm dahat | lan têmbung manuhara | dhuh sang rêtna murtining rum | sayêkti ingsun nugraha ||

37. upama ingsun ngulati | jajah desa milang lawang | tan antuk kadi nak anggèr | sanadyan midêr bawana | nalasak wanawasa | tumurun ing jurang sirung | tan antuk kadi paduka ||

38. tumêka luhur wiyati | tandhês sangisor pratala | jroning samodra pamane | antuka kang mirib sira | ananging misih kalah | sêdhêp manise sirèku | datan kadi jênêngira [jênêng...]

--- 1: 108 ---

[...ira] ||

39. yèn parêng sira Suyati | mukti wibawa lan ingwang | anèng kapatihan gone | ingsun iki mantrimuka | warăngka ing Ngastina | Patih Dwara aran ingsun | măngka dèrèng darbe garwa ||

40. suwawi Rara Suyati | lumêbêt marang pondhokan | sira paringe Hyang Manon | dadi kanugrahan ingwang | sinambut risang rara | ngayang-ayang kêdah mudhun | nanging pinêksa kewala ||

41. lumêbêt pakuwon aglis | jujug anèng tilamsêkar | dhasar wus padha nêdhênge | pagut ngasmara dilaga | nutug sasolahira | luwar dènira don lulut | pinondhong marang patirtan ||

42. para pawongane patih | ngungun dene radyan patya | antuk gêng kanugrahane | garwa paringe jawata | ayu lir surapsara | inggal cêcawis abikut | gêgănda lan pangagêman ||

43. ana kang ngampil pêsalin | nèng tadhahan wastra endah | wastra sutra kuning ênèm | sawuse siram sang rêtna | salin wastra pasatan | ngagêm rimong sutra biru | kondur sarwi ngore rikma ||

44. ngagêm cênela rêspati | ingiring pawongan kathah | gumrêdêg praptèng kamare | siyaga lajêng gagănda | pinêthuk ingkang raka | kinanthi sinambut mêtu | lênggah anèng jrambah têngah ||

45. ingadhêp kang para cèthi | pawongan atap ing ngarsa | ngungun dene nora jimpe | Sang Rêkyana Patih Dwara | antuk ganjaran dewa | widadari luwih ayu | sêdhêp manis awilêtan ||

46. yèn cinăndra nora uwis | ngêntèkakên mangsih papan | saking endahing warnane | sigêg samantên kewala | sigra majêng

--- 1: 109 ---

bujana | nutug gyan dhahar sang ayu | lajêng dhahar nyênyamikan ||

47. wus luwaran dènnya bukti | pawohan majêng ing ngarsa | ngambil gantèn sakaroron | sigra têdhak tilamsêkar | tangkêp samir wiwara | nutug ing sasolahipun | kakung kalawan wanodya ||

48. nahên ingkang ngêmbong rêsmi | kacarita enjingira | sang aprabu karsa miyos | nèng sewaka pandhaparja | ginrêbêg pra biyada | kang sowan pêpak sadarum | kang nèng ngarsa Patih Dwara ||

49. Janurwenda kang nisihi | sumambung para nayaka | pra santana pêpak andhèr | sira Sang Arya Swuhsirna | munggèng ngarsa priyăngga | senapati agul-agul | sapukawat ing Ngastina ||

50. ngandika sri narapati | kakang Swuhsirna lan sira | kakang Dwara apadene | sira kakang Janurwenda | wis pêpak kancanira | kang dinangu nêmbah matur | dhuh sang mulku sampun pêpak ||

51. sadaya sampun cumawis | yèn wontên karsa narendra | dhawuh punapa sang katong | kang abdi sampun sêdhiya | punapa karsa tuwan | sakarsa kang abdi manut | sanadyan bêdhaha praja ||

52. kawula yêkti nglampahi | balung putung binalangna | upami rêmuk balung ngong | suka amba sinawurna | saking sami mantêpnya | punika aturing wadu | sang nata mèsêm sabdanya ||

53. nora mangkono sun iki | têka kajêron ing tămpa | bangêt bungahing tyas ingong | mangkono prasêtyanira | samêngko karsaningwang | arsa numpuk buron agung | kewan isèn-isèn wana ||

54. Patih Dwara nêmbah aglis | dhuh gusti sampun sêdhiya | karsa paduka

--- 1: 110 ---

salire | sigra têdhak sang pamasa | pawongan dhèrèk samya | nitih rata sang aprabu | tan siwah duk budhalira ||

55. gumuruh lampahe baris | tanpa watêsan kang bala | gumrênggêng gora swarane | titihanira sang nata | kandhêk ngisor panggungan | têdhak sing rata sang prabu | ginarbyêg para pawongan ||

56. minggah pêpanggungan ririh | lênggah anèng dhampar dênta | upacara pêpak andhèr | anèng wingkinge sang nata | senapati Sang Arya | Swuhsirna dhèrèk mring panggung | patih kalih anèng ngandhap ||

57. aglar kang para bopati | anèng tarup wêwangunan | ting prêngangah ting pancorong | guwayane muncar samya | kasêmbuh kang kawaca | sêsotya kang êmas tatur | kasorot ing diwangkara ||

58. mêwahi manising bumi | mangkana dhawuh narendra | kakang Dwara karsaningong | sira lan Si Janurwenda | kancanira bopatya | sapanêkare yya kantun | mlêbua mring pagrogolan ||

59. nanging padha sun walêri | aja na gawa gêgaman | ngamungna pèk-èpèk bae | nyêkêlana sato kewan | mangkono karsaningwang | ingsun arsa wêruh tuhu | prawirane balaningwang ||

60. nêmbah sandika sang patih | sanalika lajêng undhang | kadi sang nata karsane | warata karsane nata | kang cilik manahira | katarèng netya sêmu lum | dene kang wantêr sudira ||

61. mundhak kawistorèng budi | solah muna-munènira | măngka kang cilik manahe | katut mèlu manah sura | ana antêping driya | eling salir ngèlmunipun | kadya age andurmaa ||

--- 1: 111 ---

18. Durma

1. Kyana Patih Dwara alon sabdanira | hèh kănca-kănca mami | padha dipirsakna | karsane gustinira | lêbune grogolan sami | kang para wadya | kudu aganti-ganti ||

2. urut tuwa lêbune marang turungkwa | sarta rinêngga dening | unine pradăngga | lir adu-adu singa | iku dèn arani gêndhing | kang durandara | gêndhing prajurit sêkti ||

3. tur sandika ingkang sami dhinawuhan | swara manêngkêr langit | kadya gêrah kapat | swarane wadya sura | wit sarêng anyandikani | Dyan Janurwenda | sasmita marang dasih ||

4. tinampanan mring bopati pêngalasan | kang tuwaburu sami | wiringgaluh grêma | kithara lan kuthara | sapanêkar juru gêrit | bêbêdhag pikat | sarêng wuninga wangsit ||

5. milanipun sagêd sarêng wruh parentah | bandera dèn têngêri | ingkang ciri singa | dèn obahakên sigra | tinampanan ciri èsthi | tinundha-tundha | grogolan wus waradin ||

6. tukang panggrit mriksa banderane obah | surak sarêng abêkik | nabuh têngaranya | mirip têngara aprang | surak gumuruh munya jrit | rame kênthongan | gong bêndhe lawan bèri ||

7. saking pinggir swarane kang gêrit sangsam | kagyat buron wanadri | jêpiping jênggirat | bêkos akipat-kipat | saêjêg durung mrangguli | swara mangkana | umyung lir nêngkêr wiyati ||[15]

8. kewan gêbrès gêjug-gêjug sukunira | kewan agêng duk uning | yèn binêrêg yuda | jênthar lumayu sigra | kang alit-alit nututi | lumayu nêngah | cinêgat dèn suraki ||

9. ngalèr ngidul palayune kêdandapan | cinêgat-cêgat [cinê...]

--- 1: 112 ---

[...gat-cêgat] sami | pinrih kyai grêma | giniring mring panggungan | saking kathah kang nyêgati | kang buron rimba | playune nglumpuk sami ||

10. nênggêl lêmpêng grubyug marang ing panggungan | pating jalemprak sami | nèng plataran jirap | ngajênge pêpanggungan | sang prabu bingah tan sipi | mriksani kewan | bêlêg makêthi-kêthi ||

11. Patih Dwara tinanduk liring sang nata | tumanggap nêmbah ririh | ngêculkên gêgaman | glis gamêlan tinêmbang | nêmbah pacak gulu ririh | lumampah sigra | mlêbêt tarungku aglis ||

12. wus malêbêt pagrogolan mêndhak nêmbah | mingkis rasukan kering | lan rasukan kanan | nibani kang irama | tiba kênong kêmpul sami | yèn pacak jăngga | êgong kang dèn tibani ||

13. kinêplokan sumawana sinurakan | dyan patih nora wigih | katon suranira | nanging tindak tan rikat | saya ayêm solah ririh | banthèng duk miyat | sondhèr dyan patih abrit ||

14. gêbrès bêkos manthêlêng akipat-kipat | netrane amandêlik | gêjug sukunira | bingung mirêng kang swara | gamêlan surak anjêrit | sigra narajang | arsa bijig ki patih ||

15. êmar-êmar mriksa patih kang dèn ancap | sinrudug angindhani | anèng wêtêngira | mundur banthèng anujah | tinubruk-tubruk ki patih | nlusup ing lakang | mêtu sigra binijig ||

16. indha nganan tinubruk nganan malumpat | praptèng cêngêl nunggangi | rame solahira | sang nata langkung suka | kawoworan ing kuwatir | ngalêm sang nata | mring tandange dyan patih ||

17. Janurwenda Dyan Patih sakancanira | sukanira [su...]

--- 1: 113 ---

[...kanira] tan sipi | nanging sêmu samar | wong mungsuh lan andaka | kacèk satus para luwih | Dyan Patih Dwara | kêrêp nglirik sang aji ||

18. dèrèng karsa mungkasi Dyan Patih Dwara | pinrih suka sang aji | dangu mangun yuda | dyan patih lan andaka | dinuga wis amantêsi | mungkasi karya | malumpat radyan patih ||

19. tinututan ki patih tinubruk kêna | dèn undha-undha aglis | kumbul praptèng tawang | nibani kang andaka | nèng gigir nunggangi aglis | kinirik rosa | buntut jinêbol kêni ||

20. ngolang-aling kang banthèng bingung polahnya | rame dènnya nyuraki | krodha banthèng sura | binijig kyana patya | tinêpak banthèng babar ji | rêmuk kang sirah | utêk mancurat têbih ||

21. mêndhak nêmbah patih wangsul gène sowan | kangjêng sri narapati | maringi ganjaran | marang Dyan Patih Dwara | minuman nèng gêlas rukmi | lawan dhaharan | wowohan kang nyêgêri ||

22. kalêrêsan Patih Dwara sangêt ngêlak | sigra dèn inum ririh | Patih Janurwenda | ngancari kinèn dhahar | sami suka-suka kalih | dhahar nyamikan | ganjaran dhatêng malih ||

23. busana di kalawan warastra endah | nuwun rêkyana patih | wontên malih prapta | munggèng tadhahan êmas | tinutupan sêrbèt putih | tinampan sigra | matur nuwun ki patih ||

24. gya binuka ingkang munggèng talam êmas | sangsangan puspita di | dhawuh kang timbalan- | ira jêng sang pamasa | kinon nganggea tumuli | matur sandika | kalu[16] dèn angge ririh ||

25. kalung sêkar nanging kinrawistha sotya | langkung agênging [a...]

--- 1: 114 ---

[...gênging] galih | sasmitaning nata | pinundhut saudara | sintên kang guna sinêti | pinaring tăndha | cèn-oncèn puspita di ||

26. kacarita Risang Patih Janurwenda | liniring sri bopati | nêmbah tur sandika | sèlèh gêgamanira | găngsa Kodhokngorèk muni | ngêrangin raras | solah lir bêgsa ngrangin ||

27. pacak jăngga miwir-miwir sondhèrira | sondhère sutra kuning | tumpal ijo rêta | lir Radyan Ăntasena | dhasar warnanira pêkik | bagus sêmbada | prawira guna sêkti ||

28. kasêktène tan siwah Dyan Ăntasena | sêrêng netranira dik | nanging tyas lêgawa | arsa ngadoni yuda | mungsuh kewan angajrihi | ayêm tingkahnya | lir bêgsa nayup ringgit ||

29. gajah warak dèn anggêp talèdhèk nêmbang | lungit-lungiting gadhing | lir ngujiwatira | èstri kapadhan karsa | andaka gêbrès ambijig | pêpindhanira | bêngkêr pambayun kalih ||

30. kacarita Radyan Patih Janurwenda | kadya binayangkari | mlêbêt pagrogolan | binarung găngsa ngangkang | surake awanti-wanti | kêplok sauran | dene swaraning panggrit ||

31. wiringgaluh tuwaburu tuwagrêma | sapanêkare sami | nabuh kalasăngka | kênthong gundhala găngsa | bèri kang swara dumêling | karung wurahan | berag rahadyan patih ||

32. gajah mulat marang Radyan Janurwenda | krodha netranira dik | kupingira mobah | kang gadhing lungit mêgar | têlale amobat-mabit | sigra mangancap | trangginas kyana patih ||

33. indha mlumpat [mlu...]

--- 1: 115 ---

[...mpat] mancolot ing gigirira | surak gumuruh katri | lor kulon asurak | kidul wetan tan beda | padha umyung ngukuk bêkik | sri naranata | mèsêm dènnya mriksani ||

34. Radyan Arya Swuhsirna kapengin dahat | buron wana ngêmbari | manah karêjotan | sangêt ajrih sang nata | parêkan lan para cèthi | mariris maras | dene mungsuhe èsthi ||

35. pra nayaka wuninga tandange radyan | ana kang sênik-sênik | kang sura prakosa | kapengin gêntènana | Patih Dwara ngandika ris | iku prayoga | warangkane sang aji ||

36. ponang gajah karasa ing gigirira | mungsuh ingkang ngênciki | krodha gadhing mêgar | kinirigakên sigra | têlale amobat-mabit | ngarah rahadyan | tlale cinêkêl aglis ||

37. garêjêgan tarik-tinarik sarosa | kuwat rêkyana patih | kinuwatkên ngasta | tlale pinuntir sigra | gajah tibane kuwalik | nubruk rahadyan | nora karsa ngindhani ||

38. gumadhuging gadhing dhag-dhêg marang dhadha | kumêbul tan nêdhasi | Patih Janurwenda | ngliring marang sang nata | yèn gustine sukèng galih | nanging rahadyan | karsanira mungkasi ||

39. yèn kadangon kêmba dinulu ing kathah | dirada sigra gadhing | binarêng cinandhak | gadhingira pinokah | têlale sinêndhal aglis | jêbol sakala | liwung mubêng kang èsthi ||

40. sinurakan dene wadyabala kathah | bingah ingkang ningali | ilang samarira | gadhing tlale wus sirna | nanging têksih amangungkih | mangap kang gajah | sumêdya nglêthak aglis ||

--- 1: 116 ---

41. palongone malompong cangkêming gajah | lir buta măngsa daging | untu kabèh papak | lir tanggêm cathok waja | yèn gigit anêniwasi | narajang sigra | binarêng tinampiling ||

42. gumapruking lir palu satus tumiba | pêcah sirahing èsthi | muncrat utêkira | mêndhak Dyan Janurwenda | nêmbah wangsul dènnya linggih | pasowanira | suwuk găngsa kang muni ||

43. surak umyung sakathahing wadyabala | samya amuji-muji | ing kasêktènira | Dyan Patih Janurwenda | ganjaran sri narapati | saking panggungan | lir Patih Dwara nguni ||

44. ririh minum minuman paring sang nata | kalung dèn anggo aglis | wêwah bagusira | tan ana ingganira | agênge ingkang panggalih | Patih Ngastina | kêmbar warna lan sêti ||

45. nulya ganti lêbête para nayaka | marang grogolan sami | panyêkêle kewan | akèh antuk uripan | cinaoskên sri bopati | kinèn ngandhangna | ginanjar warni-warni ||

46. ana ingkang wastra warastra kang endah | pinatut kang nampani | ganjaran warastra | gada kunta candrasa | ana kang satus jêmparing | ana curiga | bingah ingkang nampèni ||

47. anêracak wadyabala ing Ngastina | măndra prakosa sami | kabèh trahing nata | samya sura digdaya | ana banthèng dèn kêmbari | warak mênjangan | kêbo danu karêndhi ||

48. naga sima kasor pra mantri prameya | gêdhig manggolèng jurit | wadya ing Ngastina | tan ana ingkang mimba | sang nata suka tan sipi | wus tigang dina | amiyos ing wanadri ||

49. jroning suka narendra sêmu sungkawa [sung...]

--- 1: 117 ---

[...kawa] | saking sarira aji | tan kagungan daya | nir guna kasantikan | ginagas-gagas sang aji | kêkês driyanya | ngandika jroning galih ||

50. ingsun iki dadi ratu binathara | tan duwe ika-iki | pêrang durung bisa | kalah lan wadyaningwang | aja manèh prang lan èsthi | aku wania | lan kidang ingsun wêdi ||

51. kang makatên labêt ratu timur mila | datan uningèng wadi | ratu binathara | adil tur palamarta | aja kang buron wanadri | yèn tan nuruta | jawata nurut sami ||

52. marang ratu adil lila samubarang | saya kêkês sang aji | nanging para wadya | tan ana kang uninga | kang dadya turidèng galih | nata sungkawa | sigêg kang sampun wanci ||

53. sasadhara wus manguk pucak aldaka | kondur sri narapati | marang pasanggrahan | tan lênggah ing pandhapa | enggal têdhak kênyapuri | kang para wadya | mundur mring pondhok sami ||

54. wadyabala saking sangêt sayahira | sadalu tan atangi | dhêndhêm pasanggrahan | datan sanjan-sinanjan | Patih Janurwenda aglis | marang pondhokan | sadalu botên nglisik ||

55. Patih Dwara kondur mring pasanggrahannya | panggih Rêtna Suyati | among lulut raras | kasêmbuh saking sayah | sadalu datan kumlisik | sigêg kocapa | Sang Prabu Parikêsit ||

56. anèng kamar mêmpêng datan karsa dhahar | lan datan karsa guling | miyos datan karsa | anèng kamar kewala | kang ginagas jroning galih | sariranira | gone wantah kapati ||

57. lamun ana parangmuka liyan praja | măngka mungsuh sinêkti | wadyabalanira | sadaya kasor [ka...]

--- 1: 118 ---

[...sor] ing prang | tan wande slirane gêndring | momor arahan | iku ingkang ginalih ||

58. padha lolos bêcik saiki kewala | nora binuru jurit | nyênyuwun mring dewa | enggal dèn paringana | guna kaprawiran sêkti | yèn tan tuk karya | matia ing wanadri ||

59. sampun dungkap lingsir dalu wancènira | dandos sri narapati | tan cara narendra | amung cara satriya | sigra têdhak sri bopati | nilip kang wadya | sang nata ngingkis ratri ||

60. sampun lêpas sang nata ing lampahira | nusup-nusup wanadri | tan ketang bêbaya | katon asih ing dewa | tan katon durgamèng dhiri | tumurun jurang | minggah rèng-èrèng wukir ||

61. siluk-siluk ing marga datan rinasa | swara kang gêgirisi | panggêrênging macan | lan pangakake naga | tan mirêng marang panggalih | kapêthuk sima | ginalih kewan kancil ||

62. yaktinira yèn kapêthuk buron wana | kadya kapêthuk èstri | mila lampahira | têbih saking sanggrahan | wus karsane dewa luwih | tan wruh balanya | lolose sri bopati ||

63. kacarita wadyabala ing Ngastina | tan ana kang udani | murcane sang nata | pijêr enak anendra | tan ana kang nglêgewani | sang maiswara | yèn karsa ngingkis ratri ||

64. Patih Dwara sakecanên among raras | lan garwa Sang Suyati | sami eca-eca | gènira samya nendra | rèhning patih kang sinêlir | kaciptèng driya | solahbawaning aji ||

65. mila radyan antuk wangsiting jawata | swaranira dumêling | anèng jroning nendra | nanging dudu supêna | aran wus kapadhan kapti | tan beda garwa | sami kasmaran [ka...]

--- 1: 119 ---

[...smaran] galih ||

19. Asmaradana

1. prakara wêdharing wisik | tan kantênan ingkang marah | nanging cêtha wèlèh-wèlèh | makatên wêdharing swara | hèh kaki Patih Dwara | aja enak-enak turu | karongron lan garwanira ||

2. kawruhana sira kaki | ratunira iki ilang | murca datan ana wêroh | sapira ing cuwanira | tumuli tilikana | nanging aja na kang wêruh | ngamungna sira kewala ||

3. wus titi swara dumêling | gêragapan Patih Dwara | wungu anilar garwane | busana sakêna-kêna | mentar mring pasanggrahan | ngyêktèkkên swara puniku | prapta anèng pasanggrahan ||

4. lajêng mlêbêt jroning puri | jujug kamar pasarean | nyata sang nata tan katon | karangulu ginledhahan | kang lukik-lukik kiwa | sang nata datan kadulu | dèn ubrês jro pasanggrahan ||

5. têtela datan pinanggih | mêdal saking pasanggrahan | nèng plataran dhêlog-dhêlog | mentar mring kêbon pungkuran | sănggarunggi ing manah | ririh dènnya ngungak nginguk | gêmêt mêksa tan kapanggya ||

6. nginjên mring sanggrahan jawi | dingkik-dingkik lampahira | lir pendah dhustha lampahe | pasanggrahan pra bopatya | jinêjêp nora nana | wangsul mring sanggrahan agung | dhêlêg-dhêlêg nèng paningrat ||

7. karêrantan tyas sang patih | kumêmbêng waspanya mêdal | dèrèng pakantuk galihe | amung nutuh sariranya | katuwon têmên ingwang | dadi tuwa raganingsun | tan wêruh kang dèn mong ilang ||

8. tanpa gawe awak mami | bakal tinutuh ing kathah | bangêt wirange wak ingong | yèn kawruhan kănca-kănca | angur ingsun matia | lênggah

--- 1: 120 ---

dhêlêg lênguk-lênguk | saantara mirêng swara ||

9. dumêling krungu ing ati | makatên ujaring swara | hèh-hèh kaki Dwara kowe | ayya gêdhèkkên sungkawa | sabyakta tanpa karya | satêmah nora katêmu | yèn amung nutuh sarira ||

10. apa sakarêpmu dadi | dewa nuruti kewala | marang sêdyanira radèn | ing satêdhak turunira | dadi wrangkaning nata | têlas wangsit kang dhumawuh | jênggirat Dyan Patih Dwara ||

11. sanalika antuk pikir | graita mênga sadaya | tan kewran rasaning batos | tăndha pinarêng ing dewa | ing driya tan sumêlang | kawicaksanan kang rawuh | panggalih padhang nêrawang ||

12. karsane badhe sinandi | gone madosi narendra | enggal marang pakuwone | jujug marang pagulingan | kang garwa têksih nendra | ing cahya anglir sitangsu | sumorot nèng pasarean ||

13. ginugah Rêtna Suyati | tandya wungu guragapan | pungun-pungun lênggah alon | kang garwa ririh winartan | murcane sri narendra | ing dalu tanna wong wêruh | tanpa kanthi tanpa kăntha ||

14. Sang Suyati duk miyarsi | pangandikane kang raka | kagyat ing driya sumêdhot | carocosan êluhira | belani ingkang raka | sungkawanira sang ayu | yèn makatên kadiparan ||

15. iba gègère pra dasih | yèn kamirêng benjang-enjang | dyan patih alon wuwuse | yayi pêparinge dewa | wong ayu kaya sira | apa sira manut mringsun | Sang Suyati aturira ||

16. manut miturut sayêkti | dhatêng ing karsa paduka | tumêkèng sakit pamine | ngantos [nganto...]

--- 1: 121 ---

[...s] dumugi ing pêjah | miturut pakon tuwan | gurulaki ngong satuhu | cèthine sumanggèng karsa ||

17. dyan patih suka ing galih | mirêng ature kang garwa | Suyati binakta age | marang pasanggrahan nata | nanging ing lampahira | tan ana jalma kang wêruh | dyan patih jujug ing tilam ||

18. kang garwa dèn busanani | pangagêmane narendra | datan dangu wus mirantos | datan ana ingkang sêsak | agêmira sang nata | dyan patih kalangkung ngungun | mulat warnane kang garwa ||

19. cèplês warnane sang aji | dêdêg pangadêge padha | ing dhuwur tênggak tan sanès | lawan Prabu Dipayana | kaot kakung wanodya | dadosa sadhèrèkipun | tunggil yayah tunggil rena ||

20. lan sang prabu amantêsi | dyan patih alon ngandika | hèh Suyati ariningong | sira ingsun pindha nata | aku arsa ngupaya | ing murcane sang aprabu | lolosku saka grogolan ||

21. aja ana kang udani | sang rêtna sarêng miyarsa | karsane raka sêsintrèn | lami pisah lan kang raka | Suyati langkung kagyat | karuna nungkêmi suku | sambate amêlasarsa ||

22. kula pinindha sang aji | kawula nurut kewala | amung dika aywa lolos | kula datan bêtah pisah | kalawan jêng paduka | wontên ingkang mulang muruk | pratingkahe dadi nata ||

23. dyan patih ngêrês ing galih | mriksa ature kang garwa | pinêngkul-pêngkul sang sinom | kang raka ririh cinêngkah | matur malih sang rêtna | nêmbah nrocos ingkang êluh | dhuh pukulun guru kula ||

24. amba purun anglampahi [anglampah...]

--- 1: 122 ---

[...i] | sinulihkên dadya nata | sèwu warsa upamine | sabyakta nurut kewala | amung panuwun kula | sampun pisah lan pukulun | wontên ngriki tanpa kadang ||

25. măngka paduka ngulari | murcanipun sri narendra | datan kantênan kondure | saiba kangên kawula | kalawan jêng paduka | sayêkti kawula lampus | saking botên bêtah pisah ||

26. manawi kawula lalis | sintrènipun kajodheran | awit bangke kula wadon | botên kakung lir sang nata | mèsêm Patih Udwara | asrêp tyasira sang bagus | wus pitaya mring kang garwa ||

27. ingkang garwa dèn arasi | sarwi alon sabdanira | dhuh Suyati pujaningong | wong ayu paringe dewa | yèn sira nganggo wangkal | wibawanira tan tulus | lan ingsun anèng Ngastina ||

28. mukti sari dadya patih | yèn ratune nora nana | sayêkti bubaran kabèh | kadya sapu ilang suhnya | kang masthi kathetheran | sapa kang nêmbah maringsun | sayêktine nora nana ||

29. sira yayi sun tuturi | lêlakon iki sadaya | têtêp dewa ingkang gawe | punagi kupiyarsakna | lan pasanggiriningwang | gonku golèki sang prabu | kalamun bisa kêpanggya ||

30. apa manèh sira yayi | sun sintrèkkên dadi nata | yèn kuwat sira wong dhenok | datan kongsi kawanguran | pinêsthi marang dewa | ing saturun-turun ingsun | kuwat marangkani nata ||

31. lan turunira sayêkti | lulus mukti awibawa | nèng tanah Jawa suwene | dene sira lawan ingwang | tan manut karsèng dewa | kênèng sapudhêndhanipun | jawata Jonggringsalaka ||

--- 1: 123 ---

32. sang rêtna duk amiyarsi | pangandikane kang raka | tumungkul sangêt ajrihe | wasana lon aturira | nêmbah kumêmbêng kang waspa |[17] dhuh-dhuh gurulaki ulun | kawula nuwun sandika ||

33. amung sadêrmi nglampahi | sadaya karsane dewa | wontên atur kula gatos | sampun ngantos lama-lama | anggèn paduka kesah | tumuntên sagêda kondur | mung punika atur kula ||

34. ngandika rêkyana patih | iku kang luwih prayoga | amung wêkas ingsun anggèr | sira dèn bisa wêweka | nimpêni wadi ika | sira kawajiban tuhu | nimpêni wadine nata ||

35. bakal lunganingsun iki | nadyan golèki sang nata | nanging datan pêgat ingong | manungku muja mring dewa | nêgês karsaning Suksma | nuwun rahayunirèku | gonira makili nata ||

36. salamêta sira yayi | kongsi gonku bisa panggya | lan gustiku sang akatong | sesuk sira amiyosa | têdhak mring pêpanggungan | yèn wus pêpak kang wadya gung | nuli sira parentaha ||

37. mring ingsun mangkene yayi | kakang Dwara lumêbua | sakancamu marang grogol | ngambilana satu kewan | wadya kang antuk kewan | ganjarên sapantêsipun | satone kinèn ngandhangna ||

38. yèn wus lingsir Sang Hyang Rawi | balamu kabèh klumpukna | aku dangunên dèn age | yèn têtela ora nana | banjur sira dhawuha | mring Patih Janurwendaku | kakang Dwara ulatana ||

39. lamun tan bisa kapanggih | taunana windonana | ingsun nora miyos-miyos | mring panggungan pasanggrahan | lan manèh karsaningwang [karsa...]

--- 1: 124 ---

[...ningwang] | ingsun nora karsa kondur | marang praja ing Ngastina ||

40. yèn wus mangkono dhuh yayi | sira mêmpêna kewala | anèng pasanggrahan gêdhe | anènga tilam kewala | sira ywa mêdal-mêdal | yèn ta durung mangsanipun | antuk marmaning kang dewa ||

41. wis karia sira yayi | ingsun mantuk mring pondhokan | nêmbah Suyati ature | sandika dhawuh paduka | sigra Dyan Patih Dwara | kondur mring pondhokanipun | lajêng tata brêdandanan ||

42. panganggene warni kalih | ing nglêbêt cara satriya | ing jawi panganggo gêdhe | cara warăngka narendra | rampung dènnya siyaga | ing wanci baskara mungup | anèng pucaking aldaka ||

43. baranang amaratani | saisine ing bawana | sumilak padhang lawêne | munya têngara angangkang | kumrêbêt swaranira | kang busana abra murup | rampung wadya kang busana ||

44. sami sowan ing ngarsa ji | sang nata miyos panggungan | tan siwah kadi adate | ingkang mindha sri narendra | têdhak mring pasanggrahan | lênggah pasanggrahan panggung | pêpak kang sami sumewa ||

45. amung Dwara Kyana Patih | kantun anggènipun sowan | dènnya busana kasuwèn | rinangkêp cara satriya | sowan dyan Patih Dwara | nèng ngajêngan dènnya lungguh | sang nata tiron ngandika ||

46. hèh Udwara kakang patih | sakancamu lumêbua | marang ing pagrogolane | anyêkêla buron rimba | tan kêna nganggo gaman | nêmbah sandika turipun | pra wadya mlêbêt sadaya ||

47. dene kang cêlak narpati | sadaya datan nglêgewa | yèn iku ratune wadon [wado...]

--- 1: 125 ---

[...n] | kang adoh manèh wêruha | sinamun marang dewa | kacarita kang lumêbu | ing tarungku bêrêk kewan ||

48. Sang Dwara Rêkyana Patih | sarêng mlêbêt pagrogolan | mriksa kidang wulung gêdhe | tan lumrah samaning kidang | padha lawan mênjangan | Patih Dwara ciptèng kalbu | kidang kinarya jalaran ||

49. lolos ingsun saking ngriki | sigra angoyak kang kidang | binuru rikat playune | kidang mlumpat pagrogolan | patih nututi mlumpat | wus têbih pêlayonipun | tan katingal pagrogolan ||

50. kidang wus nora kaèksi | Patih Dwara karsanira | wus tan galih mring kidange | busana kang cara patya | rinucatan sadaya | linêbêtkên kayu agung | ing têngah growong kang wrêksa ||

51. wus primpên dènnya ngrumati | laju lampahe Dyan Dwara | datan dhahar datan ngombe | kèndêl wanci surup surya | sare nèng kumalasa | makatên sadangunipun | ganti ingkang cinarita ||

52. sang prabu tiron ningali | wadya ingkang ngambil kewan | rame dènnya abêburon | nyêpêngi kidang mênjangan | kalawan sanèsira | uripan akèh kapikut | cinaoskên mring sang nata ||

53. rèhning sang nata pawèstri | botên tahan mriksanana | kewan ingkang gêdhe-gêdhe | kinèn enggal ngandhangêna | nata paring ganjaran | mring abdi prakosèng têguh | prigêl nyêpêng buron rimba ||

54. ganjarane warni-warni | arta warastra busana | pinantês lawan rupane | makatên sadayanira | suka sukur pra wadya | tan wontên tyas kang barênjul | saking saening prênatan ||

55. mangkana

--- 1: 126 ---

wus wanci lingsir | sasmita têngara bibar | wadya kang munggèng têbihe | mirêng têngara punika | sigra nglumpuk paseban | wus ngumpul wadya sang prabu | Patih Dwara tan katingal ||

56. sang nata ngandika aris | Janurwenda kayaparan | kakang Dwara nora katon | matur Patih Janurwenda | ing wau abdi tuwan | ambujêng mrih kidang wulung | sapriki botên katingal ||

57. sang nata tiron duk myarsi | Janurwenda aturira | wus karaos ing driyane | Patih Dwara sampun mendra | lolos saking grogolan | sèstu madosi sang prabu | narendra tiron ngandika ||

58. kakang Janurwenda Patih | dhawuhana kancanira | samêngko sun utus kabèh | golèkana kakang Dwara | patih matur sandika | dhinawuhkên karsa prabu | sandika aturing wadya ||

59. gumarubyuk rêbut dhingin | samya lancang-linancangan | ingubrês pagrogolane | ngantos mèh surup Hyang Arka | mêksa botên kapanggya | muni têngara angungkung | têngara nimbali wadya ||

60. bala ingkang têbih-têbih | mirêng têtêg dur-unduran | lajêng wangsul age-age | samantara pêpak samya | matur tan antuk karya | Patih Janurwenda munjuk | dhuh gusti kang binathara ||

61. aturipun wadya aji | kang madosi kakang Dwara | ngunjukakên têtêgane | dipun ubrês pagrogolan | datan wontên katingal | sumăngga paduka prabu | anggambuh karsa narendra ||

20. Gambuh

1. busêkan wadya prabu | gyannya sami pados titikipun | Kyana Patih Dwara mêksa tan kapanggih | ngandika

--- 1: 127 ---

jêng sang aprabu | ing samêngko karsaningong ||

2. dhawuhna mring kancamu | kakang Dwara yèn durung kêpangguh | ingsun iki nora karsa miyos malih | mring panggung utawa kondur | mring Ngastina nagri ingong ||

3. taunan kongsi windu | nora karsa ingsun kondur-kondur | lamun durung katêmu Dwara Si Patih | sira mataha kang patut | kancamu ingkang pitados ||

4. ngupaya laku lêmbut | ingkang sarèh bisane katêmu | kakang Dwara dèn katêmu jakên mulih | sandika Dyan Patih Janur- | wenda sarwi awotsinom ||

5. têlas dhawuh sang prabu | nata tiron sigra dènnya kondur | ing pakuwon laju jujug tilamsari | lajêng datan arsa mêtu | mêmpên anèng tilam mawon ||

6. kang dhèrèk bibar mantuk | sowang-sowang marang pondhokipun | sigra matah Janurwenda Kyana Patih | mantri pinataya catur | sapanêkar aywa kalong ||

7. hèh sira ingsun utus | têrang saking dhawuh jêng sang prabu | angupaya kakang Dwara Kyana Patih | kang titi mlakua lêmbut | bisane kongsi kêpanggoh ||

8. ginanjar sangu cukup | nêmbah budhal mantri kang dèn utus | amaju pat lakune kang para mantri | wus lêpas datan winuwus | mantri catur kang lunga don ||

9. mangkana patih anung | Janurwenda lan senapati nung | Radyan Arya Swuhsirna lan pra bopati | pêpak sowan sabên esuk | ananging tiron sang katong ||

10. mêmpên nèng dalêm pungkur | nora karsa miyos pandhapa gung | mêksih ajêg pasebane kyana patih | bubarane sabên bêdhug | pra wadya tan ana wêroh ||

--- 1: 128 ---

11. yèn tiron ratunipun | mila ajêg jêjêg manahipun | dipun nyana têksih ratunira lami | mula tan owah sarambut | sungkême wadya sang katong ||

12. gênti ingkang cinatur | amangsuli Patih Dwara wau | gyane mlampah ngulati sri narapati | kèndêl anèng sor gurda gung | cêlak pring ori gumêrot ||

13. cêlak angsana tanjung | sêkar-sêkar sami ting parêntul | katiyup ing samirana sumaribit | gănda ngambar amrik arum | tumêmpuh marang sang anom ||

14. rahadyan patih jêtung | duk kataman gănda amrik arum | èngêt marang kang garwa Rêtna Suyati | sumêdhot panggalihipun | manising garwa katonton ||

15. kathah osiking kalbu | dhasar anom nêdhêng mangsanipun | măngka enggal lan garwa dènnya kêpanggih | yèn sampun patih pinunjul | bali kèngêtan sang sinom ||

16. Dyan Patih Dwara bêkuh | èngêt garwa iku godha agung | kinipatkên sakala botên kaèksi | sigra laju lampahipun | murang marga ngidul ngulon ||

17. kèndêl yèn wanci dalu | kraos arip sare sagènipun | anèng kayu têrkadhang nèng sela garing | botên dhahar botên nginum | tan kapanggih goning uwong ||

18. wus lami lampahipun | Patih Dwara nèng têngah wana gung | nusup grumbul bêbondhotan êri bandhil | tan ana ingkang kaetung | kang katon mung jêng sang katong ||

19. gêliyak lampahipun | Patih Dwara mirêng sata kluruk | ayêm tyase tinurut sawung kang muni | tan têbih lajêng kadulu | wontên padhepokan nglengkong ||

20. kalingan

--- 1: 129 ---

gunung agung | sarêng cêlak munggul anèng gunung | akèh wonge dinulu gumrining asri | Patih Dwara sigra laju | mandhêk nèng têpining regol ||

21. dangu amungak-manguk | pados tiyang kang kenging dinangu | angêntosi Patih Dwara sawatawis | ningali dhepok puniku | rahadyan carêm ing batos ||

22. ing sanggar katon munggul | palakirna têtanêmanipun | angrêmbaka ijo muyêk tinon asri | larikane kêncêng urut | sawiji tan ana menggok ||

23. capuri dhepokipun | pinagêran jaro rêntêt urut | tinurusan bênggangira botên têbih | rongas kasinungan turus | kajêng sêmine angroyom ||

24. jaro kungkulan turus | ana ingkang têlung dhêpa langkung | tinanêman suruh lêmu-lêmu sami | rumambat ing pagêr turus | ijo muyêk yèn tinonton ||

25. dene panyiramipun | ingilenan toya mubêng kêmput | toya wêning tinalangan saking ardi | pating srèwèh toya mudhun | mila tanêmane dados ||

26. kang tani samya nutug | gadhu walikan sakayun-kayun | dhepok ngriku tiyangipun cukup sami | kêbo sapi akèh ngingu | ayêm-ayêm sakèhing wong ||

27. saking gêng bêrkahipun | sang maharsi marang siswanipun | mila kathah ingkang sami mlêbêt murid | kathah tumut griya ngriku | mila jêjêl sanggon-ênggon ||

28. katingal tiyang mikul | ngambil kayu mudhun saking gunung | tiningalan cêtha yèn puniku cantrik | abot gone mikul kayu | dinangu radyan nèng ngregol ||

29. ki cantrik miyat gugup | mring warnane [warna...]

--- 1: 130 ---

[...ne] dyan patih abagus | sinèlèhkên pikulane dhodhok aglis | saking ajrih manahipun | dhêlêg-dhêlêg amalongo ||

30. radèn ngandika arum | kaki cantrik sun takon satuhu | kang dhêdhepok sapa sinambat ingkang sih | lan wukir ngêndi ranipun | ki cantrik umatur alon ||

31. dhuh anggèr sang binagus | amba matur ing satuhunipun | nanging mugi ngicalna kang tulah sarik | tinêbihna saru-siku | ulun tan wruh unggah-unggoh ||

32. wicara kêrêp gangsul | bawanipun tiyang sampun sêpuh | salamine dèrèng wruh cara nêgari | sagêdipun cara gunung | balampeyan tiyang bodho ||

33. yèn trimah cara dhusun | kula matur namaning kang gunung | Manikmaya punika namaning wukir | arane dhepok puniku | Tirtaamawa sayêktos ||

34. arane sang awiku | kang dhêdhepok ing dhukuh puniku | wus kasuwur kuncara ing kanan kering | Rêsi Sidhiwêconèku | kinasih dewa sayêktos ||

35. radèn ngandika arum | kaki cantrik trima kasih ingsun | kotuturi asmane sang mahamuni | yèn sira măngka saarju | aturêna kaki ingong ||

36. yèn parêng sang awiku | arsa sowan caos bêkti ingsun | amangsuli rèrèh ririh kyai cantrik | ulun kadugi umatur | marang sang rêsi palunggoh ||

37. yèn kula dipun dangu | kêkasih ta kang yoga sinêbut | lan pinăngka paduka saking ing pundi | lan punapa ingkang lungguh | mangke dados botên dhompo ||

38. dyan patih mèsêm mangu | angandika sajêroning kalbu | ingsun iki yèn jarwoa luwih

--- 1: 131 ---

sisip | tan kapenak lakuningsun | dadi kagète sang lunggoh ||

39. dene abangêt ewuh | ngantos dangu dènnya mingkah-mingkuh | sanalika dyan patih antuk pambudi | rèhning măngsa lampah nylamur | dyan patih ngandika alon ||

40. hèh cantrik ing satuhu | Radyan Dwara satriya wak ingsun | santona ji ing Ngastina ingsun iki | mara larapna wak ingsun | mring sang wiku kang palunggoh ||

41. cantrik matur andhêku | kajêng obong sigra dipun pikul | mak karêngkèt rêngkuk rêngkêng-rêngkêng muni | kudhi sinêngkêlang pungkur | ki cantrik laju mring pawon ||

42. mak brêg nyèlèhkên kayu | kaki cantrik enggal abêburuh | nèng pungkuran ing bèji enggal rêrêsik | badhe matur sang awiku | icala kringêt kang drodos ||

43. ki cantrik mêntas gupuh | kathok klambi ikêt lawan sabuk | wus dèn rasuk sarigak sêmu mathinthing | mathinthinge cara gunung | sayêktine ebra-ebro ||

44. mring crabakan umatur | dhuh sang rêsi wontên tamu bagus | ing samangke têksih lênggah wontên jawi | Radèn Dwara namanipun | têksih santananing katong ||

45. ing Ngastina praja gung | yèn kaparêng panggalih sang wiku | nyuwun sowan marang Risang Mahamuni | Muniwara ngandika rum | hèh cantrik iridên gupoh ||

46. ki cantrik mêdal gupuh | Risang Muniwara sigra mêthuk | tamunira dèn dhèrèkkên kaki cantrik | pêthuk tata dènnya lungguh | anèng pacrabakan manggon ||

47. binagèkakên arum | sinunggata ing sawontênipun | Muniwara mèsêm angandika aris | dhuh anggèr sajatosipun [sajato...]

--- 1: 132 ---

[...sipun] | sarêng risang bagus rawoh ||

48. sirna prihatin ulun | mak cês ayêm raosing kang kalbu | sadèrènge paduka rawuh ing ngriki | barubah sangêt wak ingsun | uyang raosing kang batos ||

49. ing siyang lawan dalu | manah kuka[18] tan kenging sinayut | saking sangêt kewala manah prihatin | sarêng mriksa risang bagus | lir manggih êmas sagênthong ||

50. bingahe manah ulun | lawan malih mambêt gandanipun | sungkawanta angidit saya katawis | kacihna nèng ulat sêmu | tilasing êluh duk miyos ||

51. sang patih duk karungu | pangandikanira risang wiku | saking sangêt bingung agênging prihatin | dados datan sagêd matur | silah-silahing pangomong ||

52. solahe amung dhêku | amung inggih kabèh aturipun | botên sagêd nêgêskên dhawuh sang yogi | saking bingung lingak-linguk | kawratên raosing batos ||

53. wêkasan risang wiku | mèsêm nabda marang risang bagus | kadiparan purwane dènnya prihatin | kang mindha satriya matur | miwiti dènnya cariyos ||

54. wit mulabukanipun | têkyan madya titi dènnya matur | amungkasi ature sangsaya ririh | duk lolose risang prabu | kecalan ratu sayêktos ||

55. têlas ing aturipun | sang bagawan sangêt dènnya ngungun | sakalangkung wêlase marang sang pêkik | katongton rêkaosipun | duk lumampah kênèng bondhot ||

56. Sang Sidhiwêcanèku | saya wêlas marang risang namur | duk ginagas-gagas marang sang ayogi | katawis wibawanipun | mukti tan nate rêkaos ||

--- 1: 133 ---

57. mangke sarira kuru | suku asta katingal yèn balur | kawacane katon tilas kênèng êri | rikah-rikuh dènnya lungguh | labêt karaosing batos ||

58. sang rêsi ngêrês dulu | mring sang bagus ingkang namur laku | dangu-dangu bagawan ningali nginggil | mêndêng-mêndêng kang nèng luhur | sêsanti pujane miyos ||

59. makatên pujinipun | nayabanirtahawatanir ku- | banaya: têlas lapale kang puji |[19] wola-wali kaping têlu | pinênggêng napas tan miyos ||

60. têgêse lapal iku | hèh padhanga wa sirnakna iku | wêkasane ilanga ingkang ngalingi | bisoa nuli katêmu | ingkang rinuruh ing batos ||

61. risang bagawan iku | katarima ing panuwunipun | marang risang murba misesa sakalir | sanalika sira antuk | sasmita ingkang gumathok ||

62. pinêsthi ing dewa gung | Radyan Dwara sayêkti kapangguh | lawan Prabu Dipayana Parikêsit | nanging ana saratipun | kinon mujaa ing dhepok ||

63. sang rêsi sawusipun | dènnya mandêng ningali mandhuwur | sigra kèndêl ningali ngandhap sang rêsi | alon pangandikanipun | mring rahadyan gatos-gatos ||

64. dhuh radèn sang abagus | lamun condhong kaparêng ing kayun | sarèhêna nèng dhepok kula rumiyin | nèng sanggar mêlêng ing kalbu | nênuwun marang Yyang Manon ||

65. anggèr kula gih tumut | ing saangsal pakolèhing laku | anyênyuwun mrih enggalipun kapanggih | sang nata lawan sang bagus | kula wêdhari sajatos ||

66. anggèr dhawuh Yyang Agung | satuhune paduka katêmu | mring

--- 1: 134 ---

Sang Prabu Naranata Parikêsit | wontên ing dhepok pukulun | mila paduka sarantos ||

67. wit lami enggalipun | jawata gung kinêkêr saèstu | dèrèng kenging winatês wanci pinanggih | mila ngantosa sang bagus | wontên ngasroma kemawon ||

68. dhêku risang nyalamur | matur alon marang risang wiku | kula dhèrèk punapa dhawuh sang yogi | sang rêsi bingah kalangkung | sigra dhawuh wacana lon ||

69. mring wasi miwah puthut | kinèn rêsik-rêsik sanggar agung | saprantine aja na kang nguciwani | bakal kagêm risang bagus | nyênyuwun marang Yyang Manon ||

70. trêngginas risang puthut | tata-tata tan dangu wus rampung | enggal matur marang Muniwara aris | sang wiku mèsêm lingnya rum | ingancaran risang anom ||

 


Sanga-sanga (dan di tempat lain). (kembali)
mangun. (kembali)
kantaka. (kembali)
simpangan nèng. (kembali)
kalih. (kembali)
manganggo. (kembali)
dasih. (kembali)
yêktos. (kembali)
kasêktin. (kembali)
10 sarimbag. (kembali)
11 kaparak. (kembali)
12 pacarèng. (kembali)
13 pacarèng. (kembali)
14 sinêmèni. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: umyung nêngkêr wiyati. (kembali)
16 kalung. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: nêmbah kumêmbêng waspa. (kembali)
18 kula. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: banaya: têlas lapale kang pêpuji. (kembali)