Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 21–29)

Judul
Sambungan
1. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 13–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Prabu Parikêsit Grogol, Purwasudirja, 1902, #1651 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

21. Sinom

1. pahoman sampun tinata | sampêt sabarang piranti | sumăngga anggèr mêmuja | kang mindha umatur aris | sumăngga risang yogi | têdhak sakalihanipun | mring sanggar pamêlêngan | ngambil toyastuti ririh | carat kumba sigra binuka tutupnya ||

2. wus manthêr toya turasan | sigra têturuh sang rêsi | rampung nuntên Radyan Dwara | ngambil toyastuti aris | sampat sigra umanjing | sanggar êlèr lawan kidul | tutup wiwaranira | lêstari muja sêmèdi | swara sirna nyênyêt pratăndha katrima ||

3. sigêg ingkang muja brata | kacarita sri bopati | ratu adil tanah Jawa | yèku Prabu Parikêsit | lampahe nèng wanadri | mudhun jurang munggah gunung | saya kalunta-lunta | lolose sri narapati | tan kantênan parane

--- 1: 135 ---

ingkang sinêdya ||

4. datan dhahar datan nendra | udrasa samargi-margi | saking sangêting sungkawa | kèndêl nèng têngah wanadri | ngandika lawan nangis | èngêt kang rama rumuhun | dhuh rama kang nèng swarga | muksa brata yudèng jurit | piyarsakna tangise putra narendra ||

5. dhuh pukulun kangjêng rama | kawula atur udani | ing samangke putra tuwan | sampun jumênêng narpati | amêngku nguwasani | nagri Ngastina sawêgung | ing satêlatahira | lan angrèh nagri lit-alit | mèh sadaya wiyare ing ngalam donya ||

6. anggèn ulun dados nata | karsanya eyang sang aji | nara Prabu Puntadewa | nanging kuciwa sayêkti | tan sinung guna sêkti | têksih wantah mingak-minguk | kawon guna satiman | lawan trah Kurawa yêkti | trah Kurawa măngka kabala maringwang ||

7. dados samangke kawula | kawon guna kawon sêkti | kalawan bala kawula | ing satêmah kadospundi | yèn awèta sayêkti | kasor lawan wadya ulun | amung nyuwun palastra | gêsang tan sagêd nglampahi | kaparênga kawula nusul paduka ||

8. saya sêsêg tangisira | Sang Aprabu Parikêsit | luh druwayan tibèng dhadha | saking drêsing luh kang mijil | kongsi tètès ing siti | têlês kabèh ngarsanipun | lir jêblok kismanira | saking tandhêse ing galih | ratu adil binathara tanah Jawa ||

9. kinasihan marang dewa | salami dèrèng prihatin | timur têkèng ing diwasa | sawêg mangke mangun kingkin | êluh tètès ing siti | mawa gara-gara agung | angin gêng păncawara | sumiyut rata wanadri | kayu-kayu [kayu-...]

--- 1: 136 ---

[...kayu] kabèh saisine wana ||

10. mobat-mabit lir kitiran | gègèr isine wanadri | sakathahe kang kukila | lumayu angungsi urip | ngumpêtkên anak cilik | wênèh gondhol susuhipun | bingung saking busêkan | agênge kang angin-angin | bumi gonjing lumayu kang buron rimba ||

11. parane kang kidang sangsam | tan karuwan dèn ungsèni | buron gêdhe-gêdhe samya | bingung dènira angungsi | nèng guwa mêksa ajrih | yèn guwane iku jugrug | mila datan kantênan | sagarane kocak-kacik | iwak êloh sakabèhe kasusahan ||

12. samya takon-tinakonan | gara-gara apa iki | adhuh dewa kang kuwasa | mugi sirêpên puniki | kang gawe gara iki | tumuntên paduka tulung | rusak isining jagat | yèn awèta gonjang-ganjing | pêtêng dhêdhêt botên sagêd pados têdha ||

13. udan dêrês banjir bandhang | susah kabèh sining bumi | jêrit barêng sasining rat | suwara ngêbêki bumi | bawana moglak-maglik | kêlap-kêlap yèn dinulu | jawata kagegeran | Bathara Bayu miyosi | karya sirêp kabèh angin păncawara ||

14. Hyang Antaboga kapyarsa | jêrite sèsining bumi | ngrêkêkêl tan wani obah | baruna jawatèng warih | ngambang têngah jaladri | nyirêp kocake toya gung | sêgara toyanira | mênêng mari kocak-kacik | sirêp kabèh gara-garane bawana ||

15. tumarontong padhangira | Hyang Bagaspati kaèksi | têdhuh dhêdhêt sumaranthal | lumayu pucuking wukir | padhange maratani | sabawana wus kadulu [kadu...]

--- 1: 137 ---

[...lu] | labêt kêkasih dewa | măngka ratu nyakrawati | binathara nata adil paramarta ||

16. tan kêna suwe sungkawa | luh tan kêna tibèng siti | ngoyagakên antariksa | măngka iku dadi wiji | wiji ratu rat Jawi | iku babon wahyu agung | cilik mula wibawa | mula tan kêna prihatin | sang iswara lagi kinuncang jawata ||

17. saya asat luh druwayan | padhange jagat dhatêngi | samangke sat babarpisan | luhira sri narapati | sumilak padhang wêning | jagat pulih waunipun | sang prabu èngêt ing tyas | lumampah malih sang aji | saonjotan èngêt marang ingkang rama ||

18. ngandika malih sang nata | Dipayana Parikêsit | dhuh rama ingkang utama | kula sampun dèn criyosi | sadaya kang mênangi | têrang salir rèh pukulun | yèn rama wicaksana | kalawan guna sinêkti | kiyating rat tan wontên kang tumandhinga ||

19. kawula kalunturana | ing guna miwah kasêktin | kaping kalih kangjêng eyang | satriya adining jurit | kang mumpuni sayêkti | kiyating rat buwana gung | jêng eyang Sang Arjuna | ingkang sagêd angênèni | sirahipun pra ratu duk Bratayuda ||

20. saking agêm hru pamungkas | aran panah Pasopati | kalih kang măngka langsaran | Sarutama kang linuwih | warnane langkung pèni | lir kukila yèn dinulu | urip ngidhêp lir jalma | wêruh ala lawan bêcik | lawan malih panah sanggyaning prabawa ||

21. atur kawula jêng eyang | sadaya kawula pundhi | kawula suwun samoa | kangge ngrêksa sining bumi | agêng Ngastina

--- 1: 138 ---

nagri | punika tilaranipun | jêng eyang Yudhisthira | punika măngka ing lair | satuhune paduka ingkang têtilar ||

22. kawula angge rumêksa | kawibawan kang sun ampil | mangke eyang wuningaa | kawula kalangkung atis | lan trah Kurawa yêkti | kawon prakoswa dibya nung | kawon guna prawira | măngka kabala mring mami | lamun mriksa kawula yêkti kinraman ||

23. badhe ngêculkên nagara | rèhning kawon guna sêkti | yèn makatên kalampahan | suka pêjah nèng wanadri | curês paduka wiji | kawula aturkên wangsul | sadaya kawibawan | mupus amung nyuwun lalis | yèn tan parêng panuwun kula punika ||

24. tan dangu wontên suwara | măngka karênga ing ati | hèh-hèh kaki Dipayana | banjurna lakumu kaki | pêsthi sira antuk sih | kêna kabèh kang kojaluk | sang nata anggarjita | nolèh kanan nolih kering | wus têtela iku dhawuh ingkang nyata ||

25. tumindak malih sang nata | ilang kabèh sining bumi | mung katon padhang sumilak | datan ana kawis-kawis | sakêdhap nulya bali | karamean alamipun | sang prabu wus tan uwas | ing driya ngandêl dewa di | sigra lajêng lampahe Prabu Ngastina ||

26. sakêdhap sang nata miyat | cahya kumantar sayêkti | padhang amarakata ya | ngadêg anèng pucak wukir | sasada kakung jlirit | nanging awiyat mèh sundhul | kacaryan sang iswara | têdhak mring pucaking wukir | samantara sang prabu wus praptèng kana ||

27. ing pucaking wukir Gagra | cahya sirna tan kaèksi | amung kang katon sajuga |

--- 1: 139 ---

wong tapa ngadêg pribadi | tinon nganèh-anèhi | nganggo gêlang sarpa dumung | kêkalung sarpa wêlang | kêkopyah taksaka aji | langkung agêng ngangge cènggèr jêjamang mas ||

28. wus parêk ayun-ayunan | marang jêng sri narapati | sang tapa kèndêl kewala | eca ngadêg tan ningali | katêkan narapati | nora paja pinaèlu | tan măntra yèn rinênggan | sakala sang prabu runtik | sirna kabèh prihatine sri narendra ||

29. dene datan arsa kurmat | apa anggêpe wong iki | mêsthi wani marang ingwang | arsa ngêndhih kraton mami | sang prabu narik kêris | sinuduk ing jajanipun | têrus praptèng walikat | jalma tapa niba aglis | kuwandane sirna datan katingalan ||

30. kang sarpa lumayu inggal | ting salêbar siji-siji | ana ngulon ngidul ngetan | taksaka ingkang dèn sunggi | agêngipun tan sipi | nganggo cènggèr jamang iku | mandhêg mandêng sang nata | mangap pêthite kumitir | untu ngringih kumilat siyunge pêthak ||

31. wiyare cangkêming naga | salawang kandhanging sapi | mila siyung gêng kalintang | sasungu kêbo ngajrihi | ngakak anyêmbur wani | wisane pating kalêpyur | lir toya sumamburat | mangkana sri narapati | duk wuninga krodhane kang ula naga ||

32. ciptanira kabênêran | ngupaya marganing pati | pêthuk naga krura ngakak | narajang sri narapati | sinuduk naga kêni | ing têlak naga gumêbrug | tiba anèng ing kisma | kuwănda nora kaèksi | ana katon jawata ngadêg gènira ||

33. tilase kang mara tapa | ngawe-awe [nga...]

--- 1: 140 ---

[...we-awe] sri bopati | Sang Aprabu Dipayana | tan samar sajroning galih | yèn iku jawata di | ngejawantah karsanipun | sang nata gurawalan | marêk nêmbah cipta ajrih | dene wani mandhêm Sang Hyang ingkang mindha ||

34. sang prabu panggalihira | mêsthi ingsun antuk sisip | risang bathara ngandika | hèh yoganingsun wong sigit | sira yya ciptèng ajrih | kabênêran ing tingkahmu | duk ingsun mara tapa | rupa rasêksa ngajrihi | darunane ingsun iki kênèng duka ||

35. duk rumuhun lenggot bawa | ingsun iki anglangkahi | layangan Hyang Girinata | nora sun jarag sayêkti | tan wêruh anglangkahi | suprandene kênèng rêtu | ingêsot warna buta | tan parêng wor kănca mami | dèn udhunkên ingsun marang ngarcapada ||

36. anama Ardawalika | uwis lawas tèki-tèki | dhawuhe Hyang Girinata | nora waluya wak mami | yèn nora narapati | kang ngruwat rupamu besuk | sang prabu ing Ngastina | Naranata Parikêsit | kono ingkang ngulihkên mring suralaya ||

37. kaki prabu namaningwang | Sang Hyang Bathara Basuki | saking bungah-bungah ingwang | sira ngruwat warna ngong wil | sun ganjar sira kaki | guna kaprawiran putus | sêkti mamăndra guna | bisa ngruwat satru sêkti | amajua mara iki tampanana ||

38. winisik sampun widagda | Naraprabu Parikêsit | locitanira ing driya | baya ing măngsa saiki | aku bisa ngungkuli | marang kabèh wadyaningsun | prakosya widigdaya | măndra prawira sinêkti | amung panah pamungkasing satrutama ||

39. iku

--- 1: 141 ---

ingsun durung ana | mangkana Sang Hyang Basuki | wuninga osiking nata | pangandikanira aris | saiki sira kaki | ngungkuli kabèh balamu | nalika sira kesah | karasa wirang tan sipi | dene sira kasor lan turun Korawa ||

40. sang nata nêmbah tan mojar | amung tumungkul wotsari | Sang Basuki langkung wêlas | mriksa Prabu Parikêsit | ngandika jroning galih | eman têmên sira prabu | kasrakat turut alas | nglakoni karsaning Widi | mêngko-mêngko kaki prabu êntènana ||

41. Hyang Basuki lon ngandika | kaki ayya wancak galih | sira dèn utus mring dewa | ngluwari warnaku kang wil | samêngko bisa mulih | marang swarga kayangaku | wênang awor jawata | kancaku rêsêp mring mami | kang mangkono tăndha kaparêng ing dewa ||

42. mula sira tampanana | sun ganjar sanjata luwih | kanggo bingkas satrutama | sisihane Pasopati | tanna kêlar nadhahi | saisine buwanèku | sanadyan para dewa | uga tan kêlar nadhahi | saking mandi anglir pocung tandukira ||

22. Pocung

1. risang prabu nêmbah majêng lan tumungkul | berak birowèng tyas | cahya sumunar mantêsi | dhasar bagus Sang Aprabu Dipayana ||

2. kagyat ngungun wontên dahana sagunung | mèh sundhul ngawiyat | gumrubug swara ngajrihi | jroning gêni ana katon buta bajang ||

3. rupa bagus kulit irêng mêlês mulus | bathuk nonong banyak | mata gêrong irung dhêlik | klambi kotang kathok kalèt tur prêsaja ||

4. kotangipun polèng bang bintulu patut | sawit lan kathoknya [katho...]

--- 1: 142 ---

[...knya] | rupane ngrêsêpkên ati | rambut brintik katon anyangkêlit panah ||

5. gêni murub lumêbu marang sang prabu | dalah buta bajang | ngungun Prabu Parikêsit | inggal matur sang iswara mring jawata ||

6. dhuh pukulun dhawuh paduka ing wau | pêparing sanjata | badhe kawula tampèni | mugi-mugi tuwan lajêng maringêna ||

7. ngandika rum Sang Basuki mring sang prabu | wis mlêbu raganta | apa kang kosêdyèng pikir | pasthi sirna mungsuh wus tanpa kukupan ||

8. kaki prabu karia basuki bagus | ingsun arsa mintar | kundur mring kayangan mami | kawruhana Pasopati wasiyatnya ||

9. eyangamu Sang Arjuna kang linuhung | samêngko sirnanya | sanjata ran Pasopati | kang nèng sira iku tan beda ing karya ||

10. sang aulun Bathara Basuki kundur | napak jumantara | muluk anèng ngawiyati | dangu-dangu ilang kalingan ing ima ||

11. kari mangu anggana sira sang prabu | karêrantan ing tyas | kogêl kagêlan kalingling | ingkang kari gănda arum mulêg ngambar ||

12. gora giyuh lir ginugah tyas marlêsu | pinupus kang susah | sirna wus datan kaèksi | kantun suka măngka wus antuk nugraha ||

13. nugraha gung dèn ugêr graning jêjantung | nora kongsi ilang | cinancang poking pangèksi | kanthil-kanthil anèng wuluning prêmana ||

14. kang puniku paringe nugraha agung | wus kasikêp driya | mêlok datanpa ling-aling | katon bae paringe Basuki Dewa ||

15. sang aprabu sigra lajêng lampahipun | mudhun sing aldaka | tumurun angirih-irih | suprandene [su...]

--- 1: 143 ---

[...prandene] suku kawêlèr ri janjang ||

16. ngidak druju tunggake lang-alang pugut | kagèt sri narendra | kewala lampah lêstari | tan cinatur siluk sungile ing wana ||

17. lêpas sampun sang prabu ing tindakipun | bênêr ngidul ngetan | lakune sri narapati | praptèng ngare lêmpar sitine warata ||

18. tan mandhukul nora mêndhak lêmah lurus | eca sri narendra | tumindak napase aring | aningali langên-langên srining wana ||

19. sang aprabu kagyat ing tyas duk andulu | ana wong sajuga | ngadêk nèng gigiring èsthi | dipun rubung sanggyaning kang buron wana ||

20. kadya ngratu sato kewan idhêpipun | lir seba ing nata | kidang manjangan lan kancil | ula naga macan banthèng anèng ngarsa ||

21. kêbo danu gumarang nèng keringipun | kang anèng pungkuran | landhak luwak jlarang bêrit | kang nèng kanan cèlèng lutung kêthèk wana ||

22. kagyat dulu kang nunggang gajah mring prabu | nguwuh-uwuh tansah | lan ngawe-awe sang aji | sang iswara kalangkung runtik ing driya ||

23. dipun uwuh datan urmat mring sang prabu | sanadyan pandhita | kurmat nêmbah marang mami | apa tan wruh ingsun ratu binathara ||

24. luwih mêsum dêgsura polah tingkahmu | sirèku wong apa | luwih anggêp sun arani | dene wani ngawe-awe marang ingwang ||

25. apa iku kang arêp ngêndhih kratonku | kawistorèng tingkah | nora ngajèni mring mami | dumèh ingsun lumaku datanpa rowang ||

26. sira iku ngêngkos bae marang ratu | nata binathara | sira nora nganggo

--- 1: 144 ---

wêdi | rasakêna mêngko têmah kanti rasa ||

27. saya sêngkut tumindakira sang prabu | sarêng sampun cêlak | sang nata mênthang jêmparing | dudu panah paringe sang mahadewa ||

28. panah iku gawane dhewe sang prabu | saking pasanggrahan | ngagêm dhuwung lan jêmparing | amung iku agême gêgaman nata ||

29. linêpas wus jêmparingira sang prabu | kacundhuk ing dhadha | niba ingkang mindha rêsi | kuwandane sirna tan wontên katingal ||

30. kewan mawut tan wani parêk sang prabu | ting talêsêp ilang | lumêbu garumbul aglis | kacarita ingkang tatu jajanira ||

31. yèktènipun punika jawata tuhu | nama Sang Hyang Gana | sirah èsthi angajrihi | nganggo tlale gadhing mingis kalihira ||

32. badanipun awak manungsa satuhu | ngangge suku asta | kadya lumrahe sujalmi | bisa basa calathu cara manungsa ||

33. agêngipun Bathara Gana puniku | wontên gangsal tiyang | nalika kênèng jêmparing | dèrèng karsa ngatingalkên sih lemunan ||

34. gandanipun mulêk ngambar amrik arum | mangke cinarita | kewan ingkang samya dhêlik | sarêng sami mambêt gănda arum ngambar ||

35. sampun ngumpul mring gajah minăngka jênggul | ingkang tinitihan | sang mindha tapa ing nguni | agambira duk miyat gustine ilang ||

36. mingak-minguk dèn ungak mêksa tan ketung | amung gănda ngambar | ngêbaki jroning wanadri | panyanane gustine têkan antaka ||

37. sarêng nêpsu buron alas samya jêdhul | Prabu Dipayana | kinroyok buron wanadri | indha mlumpat [mlumpa...]

--- 1: 145 ---

[...t] cakut cikat solahira ||

38. ananubruk binarêng tabok malêdug | suka sri narendra | ing driya sampun ngungkuli | marang para wadya ingkang wirutama ||

39. milanipun tan samar kinroyok danu | karsane sri nata | kinarya bingkat sêsiring | ana ingkang dhinupak banthèng palastra ||

40. kêbo danu manthêlêng bêkos anggêbrus | sang nara iswara | sukèng tyas marwata siwi | wus kababar kaprawiraning ayuda ||

41. milanipun kewan dèn umbar sadarum | kuwanène samya | dèn uja yya kongsi wêdi | saking dene nata andugèkkên karsa ||

42. kêbo danu panubruke kajêlungup | tangi kêringkangan | nyrudug malih tinêmpiling | sirah pêcah gêtih wutah utêg muncrat ||

43. macan liwung gêro gêrêng arsa nubruk | mlumpat praptèng kanan | ngêrah bokong kênèng sikil | kêrut-kêrut alot atose kalintang ||

44. sang aprabu kraos kêri sukonipun | sinlênthik kang sirah | gêro niba amêcati | gêrêng-gêrêng macan gembong sirah pêcah ||

45. sang aprabu sakêlangkung bingahipun | dènnya prang lan kewan | buron gêdhe-gêdhe sami | yèn dèn dhupak êmpuke kadya sêmăngka ||

46. kewan iku lamun bijig lawan graut | nyokot lawan gêbang | kadya panjiwite putri | kabèh bubar ngungsi mring gajah pêlăngka ||

47. gajah iku titihane mindha wiku | sarêng kancanira | bubar lumayu anggêndring | krodha mangkrak sang dipăngga bêlang plăngka ||

48. têkan ngirung bêlang mangisor mandhuwur | kadya ula lanang | yèn mobah lir

--- 1: 146 ---

obar-abir | kuping obah gadhing mêgar tlale molah ||

49. ngêmprèt gêjug dipăngga gadhing mangikut | nublês wit mandera | agênge kagiri-giri | pan dèn undha pinêrnahkên mêngsahira ||

50. mandera gung ingêgol gadhing tumiyung | cinuthat malêsat | swara kumrusuk ngèbêki | sang pamasa mriksa binandhêm mandera ||

51. indha nlusup nalêsêp kayu warungkut | mlisi tan kèlêsan | ing uwit tumlusup kêsit | kayu ambruk têbih kalihan sang nata ||

52. wus nèng ngayun gajah krodha sigra nubruk | tandya ingindhanan | tan karsa nata nadhahi | amung pinrih lêsah sayahe kewala ||

53. ngiwat-ngiwut panggadhinge ngarêp pungkur | kering lawan kanan | indha lir prênjak tinaji | saya bingung gajah riwut tandangira ||

54. tlale ngrangkus kinuwêl bangkekanipun | sinabêtkên sela | ajur watu dadya mênir | sang aprabu tan karasa sariranya ||

55. mèlu nurut kinuwêl tlale tan mrucut | gajah dipun uja | sapira katoging budi | mobat-mobit sinabêtkên gadhingira ||

56. goprak-gapruk tan kraos sarira prabu | gadhing kalih sêmpal | saya bingung kraos sakit | têksih kêncêng panyêpênge tlalenira ||

57. sang aprabu sangsaya bingah kalangkung | tlale gya binênggang | ucul mancolot sang aji | praptèng têbih gajah nolèh nubruk sigra ||

58. lir palêncung sang nata panculatipun | nlusup anèng lakang | gajah bingung anggolèki | migat-migut sang nata majêng angasta ||

59. sirahipun gajah tinêpak malêdug | gègèr [gè...]

--- 1: 147 ---

[...gèr] buron rimba | Bathara Gana ningali | langkung suka sang nata wus mondroguna ||

60. sang aprabu miyat ana dewa lungguh | katon ngejawantah | sang nata kagyat tan sipi | gurawalan marêk mara nêmbah-nêmbah ||

61. ciptanipun mêsthi dinukan wak ingsun | wani gawe pêjah | pandhita kang tèki-tèki | kang rinatu sakathahe buron wana ||

62. kewanipun kabèh ingsun gawe lampus | măngka iki dewa | awak wong sirahe èsthi | baya iku kang ngratoni buron wana ||

63. ngawe gupuh sang bathara suka sokur | dene sang narendra | wus parigêl ing ajurit | hèh sang prabu mara nyêdhaka maringwang ||

64. sang aprabu nêmbah marêk gya rinangkul | ing lungayanira | dhuh putuku ratu sigit | ratu bagus ratu agung binathara ||

65. wong abagus ayya sumêlang ing kalbu | polah tingkahira | nora sira jarag kaki | ing pratingkah lamun nora tinêmaha ||

66. bathara gung nora ngluputkên puniku | sira kawruhana | ingkang mindha maharêsi | duk mêmindha dinutèng Hyang Jagadnata ||

67. aran ingsun Bathara Gana satuhu | măngka ingsun mindha | Sang Bagawan Margapati | ingsun iki dèn utus Hyang Girinata ||

68. paring wahyu kanugrahan mring sirèku | mara tampanana | sang nata nulya winisik | samantara sang prabu sampun widagda ||

69. kagunan gung sêkti măndra prakosa nung | kaonang ing jagad | samangke sri narapati | sampun langkung ngungkuli pra ratu kathah ||

70. gya sinêmbur malih pinaringan wuwuh | guna pangawikan | nututkên buron [bu...]

--- 1: 148 ---

[...ron] wanadri | wus tinampan pêparingira Hyang Gana ||

71. sampun rampung widagda wulang sang prabu | ature sang nata | dhuh pukulun kang pinundhi | sakalangkung panuwun kalingga murda ||

72. paringipun kanugrahan marang ulun | măngka jêng paduka | dèn utus Hyang Udipati | amba pindha paduka Hyang Kang Wisesa ||

73. bathara gung mèsêm pangandikanipun | iya sun tarima | pamujimu marang mami | ing samêngko sira ingsun ganjar aran ||

74. mêsthi patut mèmpêr lawan lêlakonmu | sira jêjuluka | Mahabrata amantêsi | iku besuk măngka ana karyanira ||

75. iya iku kinarya pangemut-emut | duk sira kaganjar | kanugrahan sang dewa di | kang lumantar saka Sang Bathara Gana ||

76. têgêsipun maha jarak wardi tuhu | brata maknanira | laku kumpule sawiji | anêmaha nglakoni karsaning dewa ||

77. sira prabu bisane guna pinunjul | katêkan karsanta | saking lakunira kaki | wong mrih guna yèn tan laku nora dadya ||

78. sampun rampung sampun sampêt kang pitutur | wis prabu karia | ingsun iki arsa mulih | mring suwarga kayangan ing guruloka ||

79. tamtunipun dèn arsa-arsa satuhu | mring sang guru nata | saka suwe anêmoni | marang sira rèhning wis padha raharja ||

80. ingsun kondur karia sira wong bagus | sawusnya ngandika | Bathara Gana tan kèksi | kantun nilar gănda arum amrik ngambar ||

81. labêtipun teja wangkawa ngênguwung | nèng luhure nata | dadi pratăndha samangkin | para brata samasa bisa katrima ||

--- 1: 149 ---

82. kang saèstu mawa teja luhuripun | wit wus badan cahya | mula gumawang kaèksi | iya iku pangumbahe wus utama ||

83. badanipun wadhag tan kadulu tuhu | saka katêbihan | badan cahya ngatingali | wis mangkono wong brata mungkur ing boja ||

23. Pangkur

1. kêsar-kêsar raosing tyas | duk tinilar bathara sirah èsthi | anggana sira sang prabu | kalangkung karêrantan | katontoning ing driya nalikanipun | nampèni sagung nugraha | paringe jawata luwih ||

2. nikmat tumêrah ing angga | sawabipun ngadhêp jawata adi | sarêng pisah jawata gung | mulih mring alam lama | milanipun onêng kanikmatanipun | sêdyane para manungsa | yya pisah nikmating dhiri ||

3. mangkono iku yèn bisa | kang kalakon panggayuhe ing budi | manungsa bêjane agung | iku kasihing dewa | yèn rahayu ing budi lan sêtyatuhu | iku adining manungsa | yèn wong lumrah tan duwèni ||

4. mangkana Sri Dipayana | gya pinunggêl manah rudita tistis | besuk yèn tumêkèng lampus | mlêbu rasa mangkana | anèng dunya yèn pinikir iku klèru | buwana balik kasungsang | ati rusak raga kontit ||

5. bêcik mikir karamean | kawibawan kamugtèn jroning urip | tan dhompo iku ranipun | sigra têdhak sang nata | alêlana tan karuwan kang jinujug | saparan kalunta-lunta | nanging bingah jroning galih ||

6. labête prabu taruna | tan rinasa kasrakat anèng margi | wus lêpas ing lampahipun | ngidul ngetan lêrêsnya | durgamane ing angga nora kaetung |

--- 1: 150 ---

bêbaya boya katingal | amung sênêng kang kaèksi ||

7. kagyat sang nata umiyat | aningali bêgêgêg anèng margi | garudha gênge sagunung | ing ngriku ngadhang dalan | sangking gênge ngêbaki ing marga gung |[1] grêmêng karya rudita- |[2] nira sang sri narapati ||

8. nglocita sri naradipa | kayaparan gagendra ngadhang margi | apa karêpe si manuk | wus mulat marang ingwang | nora gêlêm angurmati marang ingsun | apa sira tan wuninga | aku ratu nyakrawati ||

9. dadak nganggo pasang ladak | sru kumêthak kaliwat majanani | manuk têka pasang angkuh | sapira budènira | apa dumèh ngandêlakên gung aluhur | sawusnya micorèng driya | lajêng lampahe sang aji ||

10. wus pêrak ayun-ayunan | sang gagendra ngandika arum manis | dhuh mandhêga wong abagus | liwat sêrêng lakunya | nêdhêng panas bêcik lèrèna sang bagus | yèn wus lingsir kang baskara | prayoga lumaku malih ||

11. lan sintên ingkang sinambat | ing pinăngka radèn saka ing ngêndi | dene kalangkung warnamu | bagus sêdhêp wilêtan | apa sira satriya băngsa ing gunung | apa satriya ing alas | dene kalangkung apêkik ||

12. apa raja sinatriya | sajarwoa wong bagus kang sayêkti | sapa kang yoga sirèku | sun wêruh jênêng para | rasaning tyas ayêmku têkan ing balung | nora ing jaba kewala | dhêmênku kapati-pati ||

13. bêcik kulup sajarwoa | nanging gêlêm nora gêlêma pasthi | sun ambil suta satuhu | sira ambêbonoa | mundhut apa wong bagus sira sun turut | dene eman têmên sira [si...]

--- 1: 151 ---

[...ra] | lumaku datanpa kanthi ||

14. sira apa jaluk garwa | apa sira tinampik ing pawèstri | layang-layangan lumaku | mungguh ugêring gêsang | băngsa ênom wadon tan ana kang nyundhul | măngka sira gêlêm blaka | pun bapa ingkang nuruti ||

15. mirêng sabdaning kukila | sang iswara talingan lir sinêbit | krodha wêngis ngandika sru | hèh dene manuk sira | kumawani dêksura sawêtu-wêtu | cacah-cucah têmbungira | ingsun dèn sêngguh wong cilik ||

16. apa sira tan miyarsa | ingsun iki ratu binathara di | matanira dumuk mumuk | kuping budhêg jampêngan | nganggo calak kumingsun angambil sunu | ingsun sira kon bêbana | manuk bungahe nêkani ||

17. ingsun gêlêm ambêbana | kang sun jaluk êndhasira sayêkti | sun gawe tukon karêpku | gêlêmku kok pèk anak | yèn tan liru êndhasira sun tan kêsdu | gagendra krodha mangakak | swaranira langkung bêngis ||

18. bêcik pinêksa rinoda | yèn dèn irih-irih mêmanas ati | bèbèr lar sigra sumêbut | kalangan dirgantara | cucuk landhêp sabongkotan agêngipun | kukune lir kuku macan | swarane ngêbêki langit ||

19. kêkêjêr nèng ngantariksa | sasadhara kalingan gênge pêksi | kongsi pêtêng kadya têdhuh | kêkayon tan katingal | lir bêgowong saking pêtêng buwonèku | prandene nata tan uwas | nèng pêtêngan mangun jurit ||

20. ngambil jêmparing bramastra | linêpaskên murup anèng wiyati | padhang kabèh wana gunung | gagendra katon ngegla | aglis niyup cinakar sarira prabu [pra...]

--- 1: 152 ---

[...bu] | mlisi kadi piring putra | sinosok lang-alang pami ||

21. mlurut tan ana karasa | wola-wali sinambêr sri bopati | anglir angabruki gunung | bêgêgêg nora krasa | kaku tyase gagendra sabdanira sru | hèh pantèn sira malêsa | tan kêna sun gawe bêcik ||

22. sang prabu ngasta walangkap | sarutarja namane kang jêmparing | kinamantran ririh ruruh | lumêpas kadya kilat | utamangga kang pinênang jroning kalbu | gagendra kênèng warastra | kuwănda ilang tan kèksi ||

23. waluya dadya jawata | gya rinangkul Sang Prabu Parikêsit | kinêmpit lungayanipun | anulya tata lênggah | anèng sore karoya mandera agung | sang prabu osik ing driya | ing wau sangêt kuwatir ||

24. ing mangke uwas wus sirna | kawistara sapdane bathara di | amung ngudang wêdharipun | mabukuh lênggahira | sang jawata mèsêm angandika arum | hèh kaki prabu wruhanta | bangêt bungahe wak mami ||

25. samêngko ingsun wêwarta | kang satuhu ingsun jawata yêkti | Bathara Sambo ran ingsun | kênèng papa cintraka | rupa manuk gagendra langkung gêngipun | ana saprabata anak | darunane rupa pêksi ||

26. widadari garwaningwang | apêparab Rêtna Kusuma Dèwi | Swagnyana minta maringsun | anggubêl ratri siyang | kang pininta wadine Bathara Guru | kêkêrane dewa bêsar | măngka tan kêna winisik ||

27. sapa wani mêdharêna | kêkêrane jawata kang linuwih | ingsun tuturi satuhu | iku tan kêna wêdhar | adhuh mirah mundhutana liyanipun | kang trêtamtu raganingwang | nglêgani paminta yayi ||

--- 1: 153 ---

28. sun ijoli neka warna | nora arsa beka kêpati-pati | sun sulang-sulangkên iku | angur sira nyuwuna | kagunan gêng kasêktèn kang adi luhung | garwa ngong mêksa amular | rêngkêng kudu nyuwun uning ||

29. kêkêran Hyang Jagadnata | sun aririh arih-arih amripih | ayya kongsi praptèng suntrut | nanging watak wanodya | nora kêna adrêng cukêng tyase kukuh | kudu balasar kewala | kaledhoning tyasku gampil ||

30. saking gon ingsun awêlas | marang garwa anggujêg ringak-ringik | têka kalalèn wak ingsun | wani mêdhar kêkêran | durung tutug pamêdhar ingsun puniku | agèk olèh têlung kêcap | katêkan angin sumilir ||

31. bisa gawa raganingwang | lan garwaku sakêdhap netra prapti | ing ngarsa Bathara Guru | ingsun tan bisa ngucap | saking tistis lupa kabèh badan ingsun | cape ngalêntrèh tan kangkat | ngalumpruk lir ari-ari ||

32. saking ajrihku kalintang | Sang Hyang Guru ngandika sêmu wêngis | mêngkono wêdharing bêndu | hèh Sambo kayaparan | sira iku wani-wani amitutur | kang dadi kêkêran ingwang | apa kurang tutur bêcik ||

33. kang siranggo malang[3] garwa | apa manèh Swagnyana sira iki | ing suwarga kayanganmu | tan kurang tinakokna | rupa barang ingkang adi-adi luhung | pêpak kabèh kayanganta | katêkan barang sakalir ||

34. dadak galathak mêminta | yèn wis olèh kanggo apa sayêkti | garwaku tan bisa muwus | mituhunira dahat | amung nangis carocosan êluhipun | amung tumungkul kewala | sakêcap tan bisa angling ||

35. Hyang Guru

--- 1: 154 ---

malih ngandika | hèh hèh Sambo sira tan duwe budi | kaya garudha rupamu | dene tan darbe akal | sanalika ingsun dadi rupa manuk | Hyang Guru malih ngandika | Swagnyana sira puniki ||

36. karêpmu kang mokal-mokal | kaya naga rupamu măncawarni | sanalika rupanipun | Swagnyana dadi naga | ingsun nangis lan bojoku ngrangkul suku | nyuwun nuli rinuwata | warna kang salah kadadin ||

37. Hyang Guru lon andikanya | hèh hèh Sambo tan kêna ruwat mangkin | têmbe kang ngruwat sirèku | besuk yèn ana raja | bêdhat pikat ngambil sato nèng wana gung | kapisah lan balanira | ratu binathara yêkti ||

38. turun Wisnu lawan Brahma | iku besuk kang ngruwat mring kêkalih | hèh barat udhuna iku | pisahên ênggonira | angin topang sigra bêkta raganingsun | tinurunkên anèng wana | ing kene kang sun ênggoni ||

39. bojoku tumurunira | anèng ngêndi aku ora mêruhi | mung wêkasku mring ki prabu | yèn ana rupa naga | măncawarna sisike mancorong mancur | iku tamtu rabiningwang | tumuli ruwatên aglis ||

40. nêmbah sandika turira | dhêku-dhêku Sang Prabu Parikêsit | ngandika sajroning kalbu | dene kaliwat-liwat | ampuh bangêt sabdane dewa puniku | sang nata mindhak dêkungnya | dènnnya linggih dèn owahi ||

41. pinindha cara mêmuja | yèn dinalih tan wêruh tatakrami | cara muja mring dewa gung | kadya nèng palanggatan | Sang Hyang Sambo alon pangandikanipun | kaki prabu yya pêpeka | bangêt wêlasku ningali ||

42. marang pratingkahmu [pra...]

--- 1: 155 ---

[...tingkahmu] ika | uwis-uwis salina silastuti | cara walaka wus cukup | Sang Prabu Dipayana | sarêng mirêng pangandika Sang Hyang Sambu | salin solah lênggahira | Hyang Sambo ngandika malih ||

43. kaki Prabu Dipayana | sira iku têtêp ran ratu adil | bisa ngruwat kawlasayun | sira sun ganjar panah | pusaka gung sanjata wahi ranipun | gêdhe kaluwihanira | kêna kinarya panangkis ||

44. sarupane mungsuh arda | sirêp dening sanjata uwa iki | ana manèh karyanipun | kanggo salir pangruwat | ingkang kêna papa cintraka sadarum | kang salah kadadèn rupa | waluya dening jêmparing ||

45. sira pinêsthi jawata | dadi nata murwani ratu adil | mulane sira ki prabu | gadhuh sanjata uwa | dene warnanira lir kukila bagus | nganggo bisa tata jalma | nurut parentah lir jalmi ||

46. tan beda lan Sarutama | kawruhana besuk jaman kawuri | turunira kaki prabu | ran Panji Rawisrêngga | ing Jênggala putra Lêmbu Amiluhur | iku kêkasih lir sira | wasiyat dipun paringi ||

47. sanjata ran Sarotama | eyangira Arjuna kang darbèni | iku rupane lir manuk | dene sanjata uwa | pinaringkên turune Hyang Brahma besuk | kang nèng sabrang madêk nata | karsane Sang Hyang Pramèsthi ||

48. iki mara tampanana | mulung saking asta dipun tampèni | jêmparing bedhore manuk | kinrawistha rante mas | langkung anèh rupane ngrêsêpkên kalbu | Hyang Sambo alon ngandika | sanjata wa sira iki ||

49. sun paringkên yoganingwang | kang jêjêluk Dipasarana Aji | sanjata

--- 1: 156 ---

wa aturipun | nuwun inggih sandika | Sang Aprabu Parikêsit matur nuwun | ing driya suka kalintang | tan ana inggane malih ||

50. Hyang Sambo malih ngandika | kaki prabu sun lilanana mulih | kondur mring kayangan ingsun | musna datan katingal | Sang Aprabu Dipayana langkung ngungun | tininggal anggana raras | mangu kadung yèn lumaris ||

51. èngêt mring sanjata uwa | berawèng tyas agêng suraning galih | linajêngkên lampahipun | karsanira sang nata | arsa kondur marang pagrogolanipun | nanging bingung tan wrin dalan | têksih kinuncang dewa di ||

52. karsanya mring pasanggrahan | tindakira malah saya anêbih | kalunta sapurug-purug | watara têbihira | tri onjotan sang nata kagyat kalangkung | mriksa gêgaman gêng liwat | tanpa wilangan kang jalmi ||

53. sang nata tan arsa nyimpang | ambêbênêrakên têngahing baris | kapêthuk wus adu sungut | kagyat wadya pacalang | langkung gawok andulu manungsa bagus | kănca apa iki dewa | dene kalangkung apêkik ||

54. apa kang ran Hyang Asmara | caritane dewa kang luwih sigit | kang tinakon sru sumaur | bênêr kang kaya sira | nyata dewa dene baguse kalangkung | kang tuwa nambungi sabda | hèh kănca mandhêga dhisik ||

55. aja rusuh lakunira | ngarêp mandhêg ing buri andhêsêki | mêngko aku ingkang matur | dewa apa manungsa | iya bênêr ingsun kang suwarèng wadu | kănca mandhêg-mandhêg samya | ing ngarêp pan ana kardi ||

56. mantri tuwa dhodhok sigra | nêmbah matur dhuh gusti ing sayêkti [sa...]

--- 1: 157 ---

[...yêkti] | paduka sajatosipun | dewa napa manungsa | sang aprabu alon pangandikanipun | ingsun sajati manungsa | nanging ratu durma mami ||

24. Durma

1. setan găndamayu pêpadhamu sira | dene dêksura sami | padha dêg-adêgan | katêmu marang ingwang | kang dhodhok amung sawiji | ingsun sajarwa | Sang Prabu Parikêsit ||

2. ratu agung ing Ngastina prajaningwang | bathara nyakrawati | sira arêp apa | têtakon marang ingwang | balik sira wong ing ngêndi | balane sapa | wani nêrak mring mami ||

3. sami dhodhok wadya kang pacalang ika | kang tuwa ana siji | lungguhira dêmang | matur anêmbah-nêmbah | dhuh gusti kula sang aji | kănca kawula | sadaya botên uning ||

4. sampun ngantos angwontênkên sapudhêndha | cêlathu jroning ati | kyai dêmang sura | mêkatên osikira | dhawuhe ki lurah nguni | nyaoskên surat | katur Sri Parikêsit ||

5. nêmbah matur sira kaki dêmang sura | gustiku sri bopati | kaparêng kèndêla | mangke kula tur wikan | mring ki lurah senapati | mêthuk paduka | ki dêmang mlayu gêndring ||

6. sigra matur marang senapatinira | miwiti amungkasi | Arya Sarabisa | saklangkung bingahira | sigra marêk sri bopati | angapurancang | dhodhok nèng ngarsa aji ||

7. angandika Sarabisa jroning driya | i i dene rêspati | susunaning jagad | nyata niyakaning rat | sasat tan napak ing siti | kabina-bina | baguse tanpa tandhing ||

8. apa iki aran dewa ngejawantah | bênêr gustiku putri |

--- 1: 158 ---

gone karungrungan | sapa kang mêruhêna | gustiku duwe pamilih | Ratu Ngastina | dewa ingkang nuturi ||

9. nêmbah matur dhuh gusti sunaning jagad | amba ing Mukabumi | paman padukendra | ingkang darbèni wadya | amba punika tinuding | atur nawala | konjuk paduka gusti ||

10. sêmbahipun paman paduka narendra | nama Sri Sayakèsthi | ijêmaning sêrat | paduka ingaturan | têdhaka ing Mukabumi | amba punika | kinèn mêthuk sang aji ||

11. sampun duka susunaning jagad traya | ngicalna tulah sarik | lawan sapudhêndha | sarusiku sumimpang | dene ulun kumawani | ngunjukkên surat | wontên têngah wanadri ||

12. awit saking padukendra tanpa wadya | amba mêthuk pribadi | pasangyoga lampah | punika kalêrêsan | sumăngga nitih turanggi | Prabu Ngastina | ngandikanira wêngis ||

13. nora karsa têdhak mring Mukapratala | layang tan sotah tampi | kalangkung dêksura | iku ratu manira | anggêpe kaya sêsami | wani wèh layang | măngka ing Mukabumi ||

14. kaparentah marang karaton Ngastina | ratunira ing nguni | panakawanira | eyang Sri Yudhisthira | mêngko dadak arsa ngêdhih |[4] mring kraton ingwang | wong arêp bosên mukti ||

15. Arya Sarabisa mirêng dhawuhira | Sang Prabu Parikêsit | sangêt ngunguning tyas | muntap krodha sarosa | nanging sinamun ing galih | rèhning sri nata | têksih taruna yêkti ||

16. amung matur ngarih-arih kumawula | dhuh sampun sampun gusti | panggalih tan yogya | sêling sêrêp ing driya | paman paduka [padu...]

--- 1: 159 ---

[...ka] sang aji | sêdya raharja | ijêmane kintèki ||

17. mawongakên putranipun sang lir rêtna | warni ayu linuwih | ran Dèwi Niyata | kalangkung saking endah | sêrat yèn sampun katampi | paman paduka | sowan ngaturkên putri ||

18. măngka têtêp saking karsaning jawata | kapêthuk nèng wanadri | lan mahaiswara | punika sampun cêtha | pêsthi dados jatukrami | gusti sang rêtna | kalawan sang siniwi ||

19. dhuh pukulun susunan nagri Ngastina | manawi ing panggalih | dahat wancakdriya | tan karsa tampi sêrat | prayogi ulun pondhongi | dhèrèk kawula | mring nagri Mukabumi ||

20. iba-iba bingah paman padukendra | manawi jêng sang aji | karsa ngawruhana | marang Mukapratala | Sang Aprabu Parikêsit | sangsaya duka | tan karsa amangsuli ||

21. lajêng têdhak mangidul lêrês kewala | sang arya senapati | pangandikèng driya | ratu badan sêpata | tan kêna rinêbut ririh | bêcik-bêcikan | jaluk dèn sêntosani ||

22. kancanira kinêjèpan Sarabisa | sigra kinêpung aglis | Sang Prabu Ngastina | arsa kinroyok mêngsah | kinalang-kalang prajurit | Sang Sarabisa | tansah angarih-arih ||

23. karsanira Risang Arya Sarabisa | pinrih èngêt sang aji | yèn tan bêkta wadya | amung badan sapala | muriringa ing panggalih | sinênggrang kathah | manut karonèng[5] bêcik ||

24. tan mangkana karsanira sri narendra | mêksa kukuh tan kongkih | sabdanira sêngak | hèh Arya Sarabisa | ayya mêksa laku mami | dupèh rogèngwang | lumaku tanpa kanthi ||

--- 1: 160 ---

25. tan sarănta sira Risang Sarabisa | manah pêgêl tan sipi | tinubruk sang nata | indha malumpat têbah | kancanira ngêbyuk sami | Prabu Ngastina | kinroyok dèn kathahi ||

26. solahira Sang Aprabu Dipayana | kêsit lunyu kêpati | marucut cinandhak | yèn kinêpung manculat | ana kang sinepak mati | tinabok pêjah | ana ingkang binanting ||

27. ana ingkang cinandhak sinêmpal-sêmpal | suku dipun cêkêli | tangane kroncalan | sambate ngaru-ara | karsane kinarya bindi | prak-pruk gya pêjah | kang ngroyok mire sami ||

28. Kartiyuda wruh kancane karusakan | bubar pating palêncing | ingkang mati kathah | bangke sungsun atumpang | Kartiyuda krodha wêngis | majêng manêngah | kapêthuk sri bopati ||

29. matur nêmbah nanging têksih dêg-adêgan | dhuh gusti sang apêkik | ulun Kartiyuda | matur kalihan ngeman | măngga paduka priksani | kănca kawula | têtêp datanpa wilis ||

30. saupami punika warni wit pisang | tan mobah datan mosik | pinarjayèng samya | dhatêng tiyang sajuga | dèrèng dumugi sapalih | paduka sayah | sangêt amêmpis-mêmpis ||

31. bokmanawi sampun sayah padukendra | ngalumpruk sarira ji | datan sagêd molah | badan tan sagêd mobah | rèhning sami rêbat pati | gampil cinandhak | lajêng kawula indhit ||

32. tur rêkaos gusti tiyang băndayuda | yèn kawon langkung isin | wêwah badan risak | yèn tan èngêt ing manah | saèstu dumugi lalis | măngka paduka | amung pinrih prayogi [prayo...]

--- 1: 161 ---

[...gi] ||

33. bok inggih ta èngêt mring sarira nata | abdi tan wontên siji | têmtu saririndra |[6] badhe manggih tan arja | yèn têksih wangkal panggalih | langkung prayoga | miturut atur mami ||

34. padukendra têdhak mring Mukapratala | kawula ingkang ngiring | iba sukanira | paman paduka nata | Risang Prabu Sayakèsthi | kapengin dahat | darbe mantu sang aji ||

35. awit saking ginubêl putra wanodya | gusti rêtnaning puri | katon jro supêna | jodho lawan paduka | kang manggihkên Hyang Pramèsthi | lampah punika | têtêp sampun pinasthi ||

36. milanipun gusti kula sang iswara | sampun pugal kêpati | botên praptèng cuwa | dados suka lan wirya | malah utama pinanggih | widadèng lampah | satêdhak paduka ji ||

37. amangsuli santak Prabu Dipayana | hèh Dêmang Yudakarti | pituturmu ika | kabèh iku prayoga | mungguh têpane wong cilik | iku utama | yèn ingsun nistha yêkti ||

38. madyanira ratu ingkang alêlana | ing wana wukir-wukir | pinrih palakrama | mring ratu lan pandhita | yèn tan bisa nêmbadani | kadiranira | marang kang arsa pinrih ||

39. măngka kasor ratu ingkang alêlana | pinèt mantu nglakoni | iku laku madya | dene laku utama | yèn sang nata mangun krami | antuk wanita | adi-adining putri ||

40. nganggo panggil tinuku prang ngadilaga | prang gêdhe kèh wong mati | bangke sungsun tumpang | dadi samodra êrah | iku utamaning rabi | kang para nata | dene nisthaning rabi ||

41. amiturut kabèh-kabèh aturira [a...]

--- 1: 162 ---

[...turira] | iku ratu kang nisthip | mungguhing ngagêsang | tan sotah laku nistha | yèn sira mêksa mring mami | mara nyatakna | mungsuh marang narpati ||

42. apa beda mungsuh lawan wong walaka | ki dêmang duk miyarsi | pangandika nata | ingkang kaya mangkana | ki dêmang mawang sayêkti | mring karsa nata | tan kêna dipun lirih ||

43. ngêlus brêngos lan mingkis rasukanira | ngêsês untune gathik | sang nata tinrajang | tinubruk saking ngarsa | dhinupak dhadhanira glis | tiba kalumah | glasaran anèng siti ||

44. tangi nubruk cinandhak bangkèkanira | binalangakên aglis | tiba ngarsanira | Risang Arya Triarda | cinandhak ki dêmang aglis | marang dyan arya | sinèlèhakên ririh ||

45. kathah-kathah aturira kyai dêmang | dyan arya ngandika ris | bênêr paman dêmang | nanging sira ngasoa | sun êmbane sri bopati | Nata Ngastina | Sang Prabu Parikêsit ||

46. nyandhak langkap sira Sang Arya Triarda | marêk matur sang aji | lawan ngasta panah | tinumpang ing gandhewa | matur sarwi ngasih-asih | dhuh naradipa | dulunên atur mami ||

47. langkung kathah prawira Mukapratala | măndra prawira sêkti | liliha krodhanta | sampun kadawa-dawa | sae kula êmban gusti | nurut wong tuwa | amba amrih prayogi ||

48. langkung sêngak ngandikanira sang nata | hèh-hèh wong Mukabumi | aja lamis ujar | panahmu wus koêmbat | dadak duwe clathu bêcik | mêsthi pulasan | ujarmu kang kawijil ||

49. bok dèn enggal panahira kang koêmbat | uculna dipun aglis | Sang Arya Triarda | prajurit sêsimpênan | ing Mukapratala [Mukapra...]

--- 1: 163 ---

[...tala] luwih | sarêng miyarsa | ngandikanira sang sri ||

50. linêpaskên panahira sing gandhewa | minantran sinêmèdi | brubul wijilira | bêlêg nèng ngantariksa | surak wadya Mukabumi | lah ta rasakna | Triarda yèn wus muring ||

51. pêsthi mati kêbyukan panah sajagad | tan kêna pinrih bêcik | Prabu Dipayana | wruh mungsuhira guna | ayêm tindaking ajurit | miyat mungsuhnya | prabawa kang dèn pusthi ||

52. nyandhak langkap panah panangkis ingasta | winangun sukèng galih | kang sanjata uwa | ika paringing dewa | karsane sri narapati | arsa wuninga | kasêktèning jêmparing ||

53. sampun dangu gènira angarsa-arsa | ngicipi mangun jurit | nganyari karsanya | dibyane kang warastra | pasang yogya ing samangkin | rame dènnya prang | mila bingah sang aji ||

54. sanjata wa ingêmbat-êmbat ingasta | lumêpas kang jêmparing | brubul bêlêg muntap | ngêbêki dirgantara | Triarda panahe gusis | têlas dèn măngsa | mring warastra narpati ||

55. Sang Triarda wruh kasor kadiranira | krodhanira tan sipi | nyandhak hru pamungkas | pinênthang ngekapada | arsa ucul kang jêmparing | binarêng sigra | dene sri narapati ||

56. lumaraping warastra pêthuk nèng têngah | pupuk kanang jêmparing | sami tibèng kisma | mênthang malih Triarda | binarêngan pupuk malih | kaku tyasira | bramastra kang pinusthi ||

57. wus lumarap bramastra kumantar-kantar | paprangan kêbak gêni | tumiyup pawaka | sigra arsa mêmăngsa | gumrubug swaraning gêni | sri naradipa | mèsêm ngandika aris ||

58. dene bisa ngêtokakên [ngê...]

--- 1: 164 ---

[...tokakên] gêni gora | mula kalêngki-lêngki | birawaning driya | mêkar ngêbaki jagad | mêngko sira antuk sisih | iba sukanta | salawas tan kadyèki ||

59. sang narendra nyandhak warastra panulak | lumêpas kang jêmparing | barunastra mubal | dêdêl gayuh gêgana | dhêdhêt mêndhung ngawiyati | udan prahara | ngêmuli ingkang gêni ||

60. sirna larut prabawane Sang Triarda | gèdhèg-gèdhèg saryangling | hèh Prabu Ngastina | bisa ngêmbari ingwang | layak tan kêna pinripih | karsane nata | kudu amangun jurit ||

61. Sang Triarda ayêm pratingkahing yuda | mriksani gênging warih | udan lir sinuntak | saking ing jumantara | ing paprangan angêlêbi | kang banjir bandhang | ngêbaki ing wanadri ||

62. para wadya Mukabumi gêlagêpan | kèh kèli dening warih | Sang Arya Triarda | anyandhak langkapira | bayurastra kang pinusthi | ingarah-arah | lumêpas kang jêmparing ||

63. angin gora gumrubug amăngsa toya | rame dènira jurit | angin lawan toya | sêsêr-sinêsêr samya | sami sarosane kalih | suraking bala | rame nêngkêr wiyati ||

64. rame kuwêl kalih ngêtog sarosanya | kalamun toya kontit | egal[7] sri narendra | anggêdhêg kang gandhewa | toya gumulung mangungkih | banjiri mêngsah | Arya Triarda aglis ||

65. pan ginêdhêg langkapira kaping tiga | angin topang nguwati | ngêsuk marang toya | surung-sinurung samya | saking rosanira kalih | sang senapatya | Sarabisa duk uning ||

66. kalihira rame dènnya ngadu yasa | liru prabawa [pra...]

--- 1: 165 ---

[...bawa] kalih | tanna uwisira | Sang Arya Sarabisa | mênthang gandhewanira di | ingarah-arah | lumêpas kang jêmparing ||

67. sang aprabu mriksa cinidra ing yuda | duka yayah sinipi | lumaraping astra | tinangkis ing gêndhewa | Sarabisa duk udani | sanjatanira | tinangkis tibèng siti ||

68. mênthang malih Sarabisa hru bawasa | lumêpas kênèng tangkis | Triarda amênthang | warastra gya lumêpas | pinanah marang sang aji | papag-papagan | samya runtuh ing siti ||

69. arya kalih butêng nglêpasakên panah | pamungkas kang pinusthi | sami supe ing tyas | kabangan kalihira | ayêm sang nata anangkis | Sri Dipayana | sanjata wa pinusthi ||

70. pinantranan[8] ujare măntra mangkana | warastra wa sun tuding | mêngsah karo ika | sirnakna sanalika | sandika ture jêmparing | lumêpas sigra | nucup arya kêkalih ||

71. kawatgata senapati kalih ika | gumêbrug tibèng siti | pêjah kalih pisan | kagyat kang balakuswa | sadaya lumayu gêndring | lancang-linancang | sinambêr dhandhanggêndhis ||

25. Dhandhanggula

1. gropyak grobyak playunira sami | ting talêsêp anèng bêbondhotan | grumbul dèn lêboni kabèh | ting slêbar mawur-mawur | tan karuan parane sami | senapati kang pêjah | kalih wus ingusung | marang kulawarganira | wus rinakit ginawa lumayu aglis | antara sampun lêpas ||

2. nora rikat playunira sami | rêrêmbugan marang kancanira | bêcik padha mulih bae | wus golong rêmbugipun | wadyabala ing Mukabumi | lampahe [lampah...]

--- 1: 166 ---

[...e] lon-alonan | dhèrèkkên kang lampus | grubyuk lakune kang sawa | sampun lêpas gêgaman kang nêdya mulih | gantya ingkang winarna ||

3. Sri Narendra Prabu Parikêsit | miyat wadya ing Mukapratala | kang lumayu bubar kabèh | wit senapatinipun | praptèng lena ginawa sami | Sang Prabu Dipayana | sukane kalangkung | kabèh pêparinge dewa | wus cinoba sadaya langkung prayogi | dene sanjata uwa ||

4. sirnanira mungsuh Mukabumi | brastha saking hru sanjata uwa | tansah dèn lus-êlus bae | ing warna kadi manuk | măngka bisa micorèng jalmi | agêng kasiyatira | mila sang aprabu | sakalangkung asihira | mring sanjata uwa bisa amungkasi | mring satru kang durtama ||

5. sri pamasa Prabu Parikêsit | arsa ngaso anèng sor mandira | ayêm dene marutane | sukanira kalangkung | marang sira sanjata luwih | jumênêng sang narendra | karsanira kondur | nanging kinuncang ing dewa | lampahira saya kaplantrah sang aji | kalunta saparannya ||

6. marganira lamat-lamat limit | pèrèng miring sirung marang jurang | jumurung tindak èsthine | toya pating palancur | tumrah ing ron wit-witan sami | mring taru-taru kêmbang | kêmbang ting parêntul | gandanira amrik ngambar | ing sanggon-gon kêmbang parêlok-parêlik | lung mulêt lêt-ulêtan ||

7. naranata Prabu Parikêsit | karsanira mêthik kang puspita | mêntul-mêntul nèng ngarsane | winor sanjatanipun | cinundhukkên kang warna pêksi | iku sanjata uwa | tansah dipun êlus | lampahira sri narendra [nare...]

--- 1: 167 ---

[...ndra] | mèh-mèh dungkap watês bawah Gilingwêsi | mung kurang saonjotan ||

8. saya têbih tindaknya sang aji | mlêbêt marang wana gra maniya | alas iku paminggire | Gilingwêsi praja gung | saya nglangut tindak sang aji | ayêm raosing driya | limit marganipun | samantara sri narendra | miyat langên asrine ing wana wukir | kali nora kalingan ||

9. sri narendra mirêng swara jêrit | langkung kagyat mring ka[9] wong sajuga | kapiandhêm palayune | dèn oyak daksaka gung | rupanira anggêgirisi | untu angapurancang | mingis siyungipun | agênge ponang daksaka | winitara sabongkoting êtal luwih | rikat pamburunira ||

10. kang dèn oyak wis tan nyipta urip | amung nyipta palastra kewala | saking dahat gêng ajrihe | mangkana sang aprabu | langkung wêlas dènnya ningali | sambate mêlasarsa | payus ulatipun | arsa tulung sri narendra | marang titah kang katon pantaran pati | sigra nyandhak gandhewa ||

11. sanjata wa kang pinurwèng galih | kang dèn êmbat-êmbat karsa nata | daksaka pinrih lenane | lumêpas sanjatampuh | lumarape saingga thathit | kacundhuk sirah naga | niba lajêng lampus | nanging kuwandane sirna | dahat ngungun Mahaprabu Parikêsit | musnane kanang naga ||

12. saantara byar katon sang aji | wanita yu gumêbyar kang cahya | ngadêk nèng tilas nagane | kasmaran sang aprabu | amriksani kang mindha Ratih | sang nata enggal nyêlak | mèsêm sêmu gandrung | pêdhês liringe sang nata | sang lir rêtna sajatine [sajati...]

--- 1: 168 ---

[...ne] widadari | măngka wus duwe garwa ||

13. kaping kalih nêdhênge prihatin | milanipun sang nata gya nyêlak | saking agêng sru brantane | kasanglat sang aprabu | angga cape puyêng kapati | nglumpruk sarira nata | èngêt sang aprabu | iku pan dudu sasama | aturira Sang Aprabu Parikêsit | ulun nyuwun ngapura ||

14. dene sintên paduka puniki | angatingal nuntên pasang walat | widadari lon sabdane | yèn sira tyasmu tulus | jawata gung kang murah asih | iku paring ngapura | wong kang ati tulus | ati tan gêndhak sikara | mring wanodya kang katêmu padha siji | sang prabu anggraita ||

15. sanalika panggalih sang aji | dèn sirnakkên brangti mring sang rêtna | waluya jati gêrahe | tumungkul lênggahipun | langkung ajrih sri narapati | lir pendah amêmuja | patrape sang prabu | wêlas risang waranggana | angandika hèh hèh kulup yoga sami | ki prabu wruhanira ||

16. satuhune ingsun widadari | ngariloka ing kayangan ingwang | têkaku ana ing kene | kang dadi daksaka gung | kaki prabu ingsun tuturi | bangêt panrimaningwang | sira kang têtulung | marang wong kang kawlasarsa | ingsun iki wus lami anèng wanadri | ing mêngko sira ruwat ||

17. sangsaya jrih Prabu Parikêsit | tumungkuling mundur lênggahira | sarêng mirêng ngandikane | bingah sira sang prabu | waranggana dènnya ningali | mring Prabu Dipayana | katon ajrihipun | tan ana antaranira | lamun ana kalênik darbèni melik | marang sang widadara ||

18. sang aprabu matur ngasih-asih | dhuh pukulun [pukulu...]

--- 1: 169 ---

[...n] nyuwun pangaksama | dene amba kalimpute | tan wêruh jatinipun | karsaning Hyang kang Maha Luwih | ngicalna sapudhêndha | sêrik siksa siku | tan wrin paduka punika | yèn satuhu-tuhunipun widadari | ngicalna ila-ila ||

19. mèsêm nabda risang widadari | kaki prabu sira sun apura | yya sumêlang tyasmu anggèr | sun warah kongsi galur | rungokêna hèh yoga mami | aranku kang sanyata | Dèwi Swagnyanèku | ingsun iki garwanira | Sang Hyang Sambo darunane ingsun iki | gonku rupa taksaka ||

20. botên pae duk Sri Parikêsit | winalèhan mring Sambo Bathara | lajêng èngêt wèntèhane | sang prabu sigra matur | darunane ngruwat sang yogi | ature risang nata | miwiti satuhu | kongsi madya ing wasana | titi tètèh aturira sri bopati | sang dèwi langkung trustha ||

21. matur malih Prabu Parikêsit | ngaturakên wêlinge kang raka | Bathara Sambo wiyose | sira yèn wruh naga gung | ingkang rupa amăncawarni | naga iku wanodya | mêsthi yèn bojoku | wus katur kabèh wêlingnya | Sang Swagnyana kalangkung suka ing galih | alon ngandikanira ||

22. kaki prabu sira wus pinasthi | dadi sêsotyane jagat raya | lawan saturun-turune | dadi ratu sadarum | sira ingkang kinarya wiwit | ratwadil tanah Jawa | bangêt bungah ingsun | sira bisa tulung mringwang | kabungahan ingkang tan ana ngungkuli | bungahku wiwit gêsang ||

23. lah majua Prabu Parikêsit | ingsun wulang sanggyaning asmara | sang nata sigra ajune | nêmbah lajêng tumungkul | risang dèwi amulang aglis | ingkang [ing...]

--- 1: 170 ---

[...kang] asmara gama | asmara tontrèku | jangkêp pitu kang asmara | lan dununge asmara sawiji-wiji | wanci tumanggapira ||

24. langkung suka Prabu Parikêsit | dene mriksa turida asmara | asmara nala ênggone | asmara tura iku | lan asmara nandha linuwih | lawan asmara tura | asmara gorèku | langkung suka sukurira | risang Dèwi Swagnyana ngandika malih | kaki prabu wruhanta ||

25. rèhning sira wus widagda wêling | ingsun arsa kondur mring kayangan | tuturku marang ing kowe | sun suwun jawata gung | rahayua lakumu kaki | ing sanagaranira | ayya kongsi rêtu | widada salawasira | matur nuwun Risang Prabu Parikêsit | mugi kasambadana ||

26. dhawuhipun Surapsara Dèwi | lawan malih bathari paduka | badhe kondur kayangane | amba langkung jumurung | rèhning sampun watawis lami | lêlana anèng wana | pisah raka tuhu | tan wuninga ing kayangan | iba-iba cumêngklung panggalih yêkti | rèhning wus sangêt lama ||

27. sang rêtna yu Swagnyana nulyamit | samantara lajêng tan katingal | musna kondur kayangane | sang nata kari mangu | karêrantan panggalih aji | pisah lan Surapsara | dene sukèng kalbu | sing dhawuh ing widadara | langkung sae tumrap marang sarira ji | ing mangkya karsa nata ||

28. arsa kondur mring grogolan adi | sang aprabu èngêt wadyanira | kangên marang kêkasihe | onêng siniwèng wadu | sigra têdhak sri narapati | nanging kinuncang dewa | bingung prênahipun | kapêlantrah lampahira | ngênêr marang laladan ing Gilingwêsi | têbah purug [puru...]

--- 1: 171 ---

[...g] narendra ||

29. lampahira Prabu Parikêsit | turut marga limit lamat-lamat | asri kawuryan manahe | tan dangu gya kapêthuk | janma ingkang lumayu nguni | dèn oyak ing taksaka | sarêng sampun pagut | sang nata rinangkul sigra | ning tanparsa pangrangkule dèn inggati | kinira sinatriya ||

30. janma ingkang ngrangkul dèn inggati | langkung kagyat winawas tan uwas | yèku kang tulung dhèwèke | kayaparan wak ingsun | rupa apa awakku iki | dene ngrangkul manungsa | tan gêlêm satuhu | ing driya sêmune gila | sun cobane aturku angasih-asih | paran wangsulanira ||

31. jalma nisbaya satata linggih | sri narendra lênggah datan arsa | anggung tansah ngadêg bae | jalma nisbaya matur | dhuh pukulun paduka yêkti | kang tulung ing kawula | wau kawlasayun | malah sakêdhik mèh pêjah | yèn sampuna enggal paduka tulungi | sèstu praptèng antaka ||

32. sakalangkung suka sukur mami | yèn kaparêng rêntah sih paduka | kawula nyuwun têtakèn | nanging panuwun ulun | kajarwakna ingkang sayêkti | paduka angicalna | sagung saru-siku | sapudhêndha kasingkirna | tulah sarik rêngu rêngat sirna ênting | rèhning ulun punika ||

33. dèrèng priksa sajatine wadi | yèn kaparêng paduka wêdharna | teja-teja lêksanane | wingking pinangkanipun | lamat-lamat taksih kaèksi | ing pundi prênahira | kaping kalihipun | panêngran kêkasihira | yèn sinambat ing liyan sintên wêwangi | mugi dipun priksaa ||

34. mèsêm mojar Prabu Parikêsit [Parikêsi...]

--- 1: 172 ---

[...t] | sêmu lêga kaparêng karsanya | dene micara ature | sarèh wêdhare tutur | ingsun iki sri narapati | ratwagung ing Ngastina | dene namaningsun | Sang Prabu Darmasarana | lawan malih Mahabrata aran mami | tinata sinomira ||

26. Sinom

1. golong panggalih narendra | dènirarsa mêdhar kawi | tan kumbi walèh karsanya | kêkasihku ana malih | Yudhiswara Narpati | Darmasarana Sang Prabu | ya Prabu Dipayana | iya Prabu Parikêsit | ing Ngastina praja gung nagaraningwang ||

2. jalma ingkang namur lampah | ya jalma bêbaya wus nis | sarêng mirêng andikanya | Maha Prabu Parikêsit | tumungkul langkung ajrih | mundur têbih dènnya lungguh | nyata lamun kasoran | lawan Prabu Parikêsit | pan tinata-tata ing panggalihira ||

3. tri dangu antaranira | jalma nisbaya ngèngêti | bab karaton ing Ngastina | matur marang sri bopati | sêmu angarih-arih | labêt saking ajrihipun | kontap saking ing cahya | muncar ngênguwung nawêngi | kasambadan ing warna bagus kalintang ||

4. dhuh sang prabu nayakèng rat | paduka sri narapati | ratu agung ing Ngastina | kawula nyuwun sajati | paduka têdhak saking | Pandhawa kang darbe turun | punapa têdhakira | Kurawa Sri Kurupati | mugi tuwan karsaa paring sajarwa ||

5. mèsêm Prabu Dipayana | pangandikanira aris | paman ingsun trah Pandhawa | putra satriya dimurti | kontap prawira sêkti | kaonang-onang dibya nung | kasih Ăngkawijaya | Bimanyu satriya luwih | Bratayuda wus kondur marang suwarga ||

--- 1: 173 ---

6. putranira kangjêng eyang | Arjuna satriya luwih | kang kontap ing tri bawana | parangmuka kêkês tistis | kang munah satru sêkti | Korawa gusis margiyuh | gêlung nagri Ngastina | jêng eyang sri narapati | Yudhisthira jumênêng nagri Ngastina ||

7. eyang Darma madêg nata | satuhune kang nguwati | jêng eyang Radyan Arjuna | iku pawarta sayêkti | mulanira samangkin | karaton Ngastina iku | pinaringakên ingwang | ing batin ingkang darbèni | nagarèku sayêkti eyang Arjuna ||

8. têlas pangandika nata | kang namur umatur aris | gusti kula pra Pandhawa | kadosparan ing samangkin | luhuring yuswa sami | karaharjaning tumuwuh | saiba sukanira | among suta wayah sami | angandika Sang Aprabu Dipayana ||

9. paman samêngko wruhanta | eyang pra Pandhawa sami | wus kondur marang suwarga | ing kayangan adi luwih | gonira muksa nguni | bêbarêngan karsanipun | karsa mancat pancaka | muksa tumurun ing gêni | ing samêngko anèng jaman kaonêngan ||

10. janma kang wis nir ing baya | iya ingkang namur wadi | sarêng miyarsa wartanya | yèn Pandhawa sampun lalis | kagyat kaduwung yêkti | sêdhakêp ing astanipun | êluh mijil turasan | sarikutan dèn usapi | sri narendra ngungun dènira tumingal ||

11. wasana alon ngandika | Naraprabu Parikêsit | kayaparan sira paman | karungu carita mami | sira katon sru kingkin | marawayan mêtu kang luh | apa kapênêr sanak | santana mitra sêjati | sira iku lawan eyang Jêng Pandhawa ||

--- 1: 174 ---

12. kang dinangu lon aturnya | têksih sêsêg matur aris | dhuh gusti kula sang nata | mangke ulun matur titi | sokur kula sayêkti | yèn paduka madêg ratu | wontên nagri Ngastina | turuning Pandhawa yêkti | botên ical talêre nata Pandhawa ||

13. têksih turuning Pandhawa | ingkang jumênêng narpati | kang bawani ing bawana | ing nungsa Jawi sakalir | paduka kang darbèni | ing satêdhak-têdhakipun | têksih turas Pandhawa | sokur ing dewa sayêkti | kaping kalih saking pandugi kawula ||

14. paduka sri naranata | sawêg kinuncang dewa di | saking karsanya jawata | paduka kinèn nulungi | dhatêng kawula gusti | ingkang nandhang kawlasayun | kalampahan paduka | gyannya tulung mring kaswasih | amba sagêd luwar saking ing bêbaya ||

15. yèn sampuna padukendra | kinuncang dewa sayêkti | kawula têmah pralaya | sintên ingkang mitulungi | karsane dewa luwih | amba sagêd wurung lampus | pitulung jêng narendra | paduka ingkang paring sih | sih wilasa tumurun dhatêng kawula ||

16. sanadyan lampah punika | ugi saking dewa luwih | ananging saèstunira | kawula punika yêkti | kapotangan sajati | nyambat jiwa namanipun | anama nyambut pêjah | kawula dhatêng sang aji | botên ènthèng tiyang ingkang kados kula ||

17. amung samangke kawula | gadhah panyuwun sakêdhik | dhumatêng paduka nata | mugi wontêna kang asih | paduka sun aturi | rawuha ing griya ulun | parêng botên parênga | paduka kêdah nuruti | panêdhamba atas saking karsaning

--- 1: 175 ---

Hyang ||

18. awit wontên prêlunira | paduka kêdah jênêngi | kang dados punagi amba | wontên bêbasan ing nguni | wong utang sakaliring | nanging kêdah-kêdah nyaur | kang nyambut kasaenan | kêdah nyaur sae yêkti | pakantuke lêstantun salaminira ||

19. janma ingkang kapotangan | awon dene ing sêsami | jawata kang malêsêna | punika pamanggih mami | mupakat sakaliring | sadaya kang para sêpuh | mila panuwun amba | paduka sri narapati | mugi-mugi lumuntura sih narendra ||

20. têdhak ing pondhok kawula | saiba sukaning ati | datan wontên tumimbanga | têlas ature kang dasih | mangkana sri bopati | duk mirêng paturanipun | janma kang mindha papa | dèn galih yêkti tyang alit | milanipun Sang Prabu Dipasarana ||

21. mèsêm sajroning wardaya | ewa sangêt sri bopati | riyak kêcoh nèng pêngkêran | nglocita Sri Parikêsit | sukêr timên wak mami | krungu ature wong iku | dene bangêt dêksura | wani ngampirakên mami | tan rumăngsa dhèwèke iku wong apa ||

22. marang ratu binathara | nata tan ana kang sami | dadak wani anggêgampang | ngampirakên awak mami | iku wong tanpa budi | nora wêruh githokipun | apa sasama-sama | iku wênang sun têdhaki | upamane aku kêlakon mampira ||

23. mendah kusute wak ingwang | sinurak isining bumi | wirang apa kang sun sandhang | nanging ewuhe kêpati | gon ingsun amangsuli | si mêngkonok uwong iku | kanggêg kèndêl kewala | kawistara sangêt runtik | netra sirung

--- 1: 176 ---

jêkutrut rêngu kalintang ||

24. janma ingkang mindha papa | mawas Prabu Parikêsit | tan dangu waspadèng driya | kalamun dipun ewani | sayêkti yèn ginalih | sarirane dede ratu | mung katon pandarakan | mèsêm ingkang mindha warni | èsêmira sinamun sajroning nala ||

25. janma ingkang namur lampah | ngartika sajroning galih | iki ratu agung mudha | durung wêruh ing wêwadi | baya ing nguni-uni | durung puput madêg ratu | katara ing pratingkah | solah prabawa lan uni | durung wêruh sandi-sandining agêsang ||

26. upamane rada wrêda | pêsthi wêruh ing sasami | sanadyan sarira nata | tanpa kăntha tanpa kanthi | pêsthi ngaku wong cilik | gêdhene santanèng ratu | utawa sinatriya | rèhne lumaku pribadi | nora ewuh yèn ana kang maidoa ||

27. dadak wani ngaku nata | datan nganggo tăndha yêkti | iku tan nganggo rêringa | labêt ijèh mudha budi | upama aku lali | ingsun sênggrang têmah bingung | ananging dudu lampah | dadi ingsun tan wruh bêcik | kêna siku marang Suksma kang winênang ||

28. bêcike ingsun bêlaka | walèh namaku sayêkti | makatên ing aturira | dhuh dhuh jêng sri narapati | kula matur sajati | marang paduka sang prabu | kang bawani bawana | satalatah nungsa Jawi | kauningan kawula matur sajarwa ||

29. inggih kula têmên raja | nata Prabu Gilingwêsi | jêjuluk kula narendra | nama Prabu Praswapati | mila akumawani | kula wau badhe ngrangkul | marang paduka nata | rèhning kula kintên sami | botên priksa lamun nata

--- 1: 177 ---

binathara ||

30. mila paduka tan arsa | kawula rangkul rakêti | ananging panuwun kula | paduka kula aturi | têdhak mring pondhok mami | kula mangke badhe matur | ing nalar kaelokan | dene paduka nulungi | mring kawula prakawis pantaran pêjah ||

31. Sang Aprabu Dipayana | angandika arum manis | paman nuruti wak ingwang | mampir marang Gilingwêsi | yun wruh sira gancari | prakara elok puniku | yèn ta aja mangkana | prakara kang gaip-gaip | nora gêlêm aku marang Gilingwaja ||

32. sakalihan sigra mentar | rêruntung ratu kêkalih | nênggêl samadyaning wana | ing galih Sri Parikêsit | kang elok jawata di | kayaparan gancaripun | apa padha lan ingwang | gonku wruh dewa kaping tri | pinaringan kasêktèn lan kanuragan ||

33. dene iki elok apa | upama ingsun takoni | bisa kăndha turut marga | iba sukane wak mami | rampung gone nuturi | ingsun nyimpang nèng marga gung | dadi ingsun tan susah | mampir marang Gilingwêsi | nutugake gonku lêlana ing wana ||

34. dèrèng ngantos atêtanya | sira Prabu Parikêsit | bab eloke kang carita | sang nata kagyat mriksani | wadya kèh tanpa wilis | panyanane sang aprabu | sri nata ing Ngastina | gêgamaning Mukabumi | arsa nyêgat marang ing sariranira ||

35. ing panggalih sri narendra | punika kapasangyogi | berag birawa ing driya | karsane Sri Parikêsit | katon guna sinêkti | măndra prawira dibya nung | paman Sri Praswapatya | wruh yèn ingsun guna sêkti | mêsthi takon [ta...]

--- 1: 178 ---

[...kon] gonku olèh kasantikan ||

36. ingsun sajarwa kewala | yèn paringe dewa luwih | paringe Bathara Gana | lan paringe Hyang Basuki | lan ana dewa malih | paring kanugrahan mringsun | Hyang Sambo Sri Bathara | garwane iya pêparing | widadari arane Dèwi Swaknyana ||

37. lawan tinêngêran ingwang | pra jawata siji-siji | jêjuluk jênênging nata | Hyang Basuki anêngêri | Yudhiswara Nêrpati | Hyang Gana paring jêjuluk | Sang Prabu Mahabrata | Hyang Sambo iya pêparing | kaarana Sang Prabu Dipasarana ||

38. tiyang kathah kang kinira | gêgaman ing Mukabumi | sajatine wadyabala- | nira Prabu Praswapati | prajurit Gilingwêsi | kang pisah lan ratunipun | nalika bêrêg kewan | anèng têngahing wanadri | katilapan lawan Prabu Praswapatya ||

39. nalikanira mrih sangsam | suri mas sungune putih | mancorot kadi sêsotya | mripate kumala adi | Sang Prabu Praswapati | panggalih langkung kapencut | binujung saparannya | kongsi kapiandhêm yêkti | saparane manjangan tinut kewala ||

40. mudhun jurang munggah sêngkan | nglangkahi luhuring ardi | grumbul ori grêng wulusan | rancah-rancah siluk sungil | manjangan rikat dhêlik | anèng siluk-siluk grumbul | sang nata praptèng kana | manjangan lumayu malih | tan-untapan malah mèh kongsi kacandhak ||

41. manjangan mlêbu ing guwa | guwa sirung angajrihi | malongo cangkêming guwa | kanggêk Prabu Praswapati | mangu sri narapati | ngandika sajroning kalbu | lan ngasokkên sarira | ing napas [na...]

--- 1: 179 ---

[...pas] akêmpis-kêmpis | ing samêngko manjangan sira budia ||

42. wus lumêbu anèng guwa | polahmu ngungsi mring ngêndi | tan wurung nèng astaningwang | sang nata jumangkah aglis | karsane sri bopati | mlêbu marang guwa sirung | kocapa kang nèng guwa | naga gêng kang măncawarni | eca sare anèng pathikaning guwa ||

43. dèn idak dening manjangan | sirahe naga kang kêni | kagyat naga krora mangkrak | pêthite obah kumitir | matanira mandêlik | untu ngringih siyungipun | agêng gumilap pêthak | naga ningali ing jawi | katon cêtha kang anèng jawining guwa ||

44. têtela iku manungsa | kang nukarta amrih pati | sigra mêdal saking guwa | nyandêr marang sri bopati | sang nata angindhani | kapitèng tyas sigra mlayu | kaburu dening naga | sang nata lumayu gêndring | gya pinanah marang Prabu Dipayana ||

45. mangkana lêlakonira | Sang Aprabu Praswapati | duk kapisah balanira | samangke wadya narpati | mriksa sri narapati | lumampah aruntung-runtung | kadya raja satriya | bagus lir yang-yanging bumi | tumaragal kang bala lumayu sigra ||

46. praptèng ngarsane sang nata | sira Prabu Praswapati | sinungkêman balanira | lara karuna anangis | Sang Prabu Praswapati | ngêngimur mring wadyanipun | samya waluyèng driya | wartan-winartanan sami | ngunguning tyas dene kinuncang jawata ||

47. samya suka sokurira | pra wadya ing Gilingwêsi | tan cinatur dènnya suka | lajêng budhalan sang aji | kondur marang nagari | kêbut-kêbat lampahipun | samya wahana kuda | ing marga datan winarni [wi...]

--- 1: 180 ---

[...narni] | sampun prapta ing nagari Gilingwaja ||

48. Sang Prabu Dipasarana | ingancaran mlêbêt puri | wadya kang dhèrèk sing wana | kinon prasamya amulih | suka kang wadya alit | sarêng mantuk wismanipun | rame kăndha-kinăndha | lêlakone sri bopati | manggih baya anèng samadyaning wana ||

49. tumêka antuk nugraha | tinulungan sri bopati | naranata ing Ngastina | tan wus sukane wadya lit | carita jroning puri | para dyah sukaning kalbu | para parêkan nata | suka ingkang para cèthi | gênging suka ing manah andhandhanggula ||

27. Dhandhanggula

1. abdi jêro suka-suka sami | pinaringan wêruh gustinira | yèn sang nata duk têdhake | ing wana bêrêk satu | kewan ingkang nganèh-anèhi | satêmah kundurira | antuk rowang bagus | măngka nata binathara | ing Ngastina lurahe pra ratu sami | bêjane gustiningwang ||

2. salang-surup pawongan pra cèthi | apadudon rame garêjêgan | kewan anèh iya kuwe | ratu bagus satuhu | apa manèh ingkang pinikir | kathah swaraning wadya | gênti kang winuwus | sang Prabu ing Gilingwaja | angaturi pinarak sajroning puri | marang Prabu Ngastina ||

3. sang iswara karsa anuruti | lênggah anèng madya dhatulaya | rinêngga palênggahane | kasur pari myang babut | kinrawistha ing sotya adi | sinuji ing pakaja | sinêling jumêrut | muncar-mancur marakata | pan linungsir-lungsir wastra măncawarni | tuhu tan ana mimba ||

4. duk samana Prabu Praswapati | wus kêpanggih lawan pramèswara | Dèwi

--- 1: 181 ---

Srini pêparabe | garwa winartan sampun | lêlakone sri narapati | duk bêdhag anèng wana | kapisah wadya gung | kongsi sapiturutira | tètèh titi gènira paring wêwarti | marang sang pramèswara ||

5. Dèwi Srini kalangkung prihatin | duk midhangêt cariyosing raka | marawayan mêtu luhe | ngêrês raosing kalbu | ketang dènnya sri narapati | binuru ing taksaka | kalunta lumayu | dangu mangunêng ing driya | èngêt marang pitulunging Hyang Kang Luwih | dene Prabu Ngastina ||

6. sakalangkung ascaryan ing galih | suka sokur marang Hyang Wisesa | datan ana upamane | sakalihan sang prabu | amanggihi sri narapati | Sang Prabu Dipayana | wus satata lungguh | sinambrama rawuhira | lan sunggata maneka warna mênuhi | sigra lajêng bujana ||

7. nutug suka bujana narpati | tan antara luwaran drawina | ingaturan sang pamase | ngaso pakuwon arum | wus pinajang dene ki patih | pakuwon winarnendah | gya têdhak sang prabu | angasokakên sarira | rèhning mêntas andon lêlana ing wukir | angayêm-ayêm raga ||

8. sumawana Prabu Praswapati | nyuwun ngaso ngayêmkên sarira | samya mêntas kasorane | linilan Sang Aprabu | Praswapati angênyapuri | kalawan ingkang garwa | samya suka nutug | mangkana rêkyana patya | matah-matah kang jaga sajroning puri | rinakit tikêl tiga ||

9. pasunggatan amaneka warni | saprantine tan ana kuciwa | miwah kang sami lêladèn | pinilih ingkang bagus | tandang-tanduk ingkang mrakati [mraka...]

--- 1: 182 ---

[...ti] | tan kêna yèn wong tuwa | ngladosi sang prabu | kang linilan mung wong priya | ingkang umur ngalih dasa taun sami | pêkik sambadèng tingkah ||

10. para kênya ingkang wontên wingking | angrêrakit busana narendra | nyamping agêm pisaline | sangsangan sêkar arum | lawan gantèn rêrokok wangi | pinilih kang wanita | ingkang ayu-ayu | sami pangawak kancana | asêluran para kênya angrêrakit | anèng pakuwon nata ||

11. nging winangsit yya ana kumini | awit saking Sang Prabu Ngastina | dèrèng nêdhêng biraine | mila kênya puniku | nèng pakuwon amung cêcawis | anèng ing pangrantunan | ana kang lumêbu | pasarean naradipa | atatêbah kalawan nyêkar-nyêkari | pagubahaning nata ||

12. nendyamantri matah wong sawiji | ngulatêna kalênyêt narendra | yèn wis têrang upamane | karsa iswara mau | enggal-enggal dipun cawisi | nanging sri ing Ngastina | têksih wantah tuhu | kang ginêlung mung kadibyan | kanuragan kalawan guna kasêktin | mila tan antuk karya ||

13. măngka iku karsane ki patih | pinrih krasan Prabu Dipayana | anèng Gilingwêsi bae | yya kongsi karsa kondur | mring Ngastina dipun lêlali | rèhning nata taruna | wantah karsanipun | mêkatên klêthêking patya | măngka krasan Sang Aprabu Parikêsit | anèng ing Gilingwaja ||

14. pakolèhe karsane ki patih | Gilingaya dadi binathara | pra ratu kiwa têngêne | kèdhêp mring nagrinipun | dadi gêdhe ing Gilingwêsi | gênti ingkang carita | patih osikipun | rèhning wus antara măngsa [măng...]

--- 1: 183 ---

[...sa] | ngayêm-ayêm sarirane para aji | anuju dina Sukra ||

15. ingaturan Prabu Parikêsit | lênggah marang madya dhatulaya | kadya nalika rawuhe | sang prabu têdhak sampun | nèng kadhaton satata sami | lan Prabu Praswapatya | lawan garwanipun | putra kalih wurinira | kang nèng ngarsa ananging kapara têbih | iku rêkyana patya ||

16. pra bopati tan kalilan nangkil | lalênggahan anèng jroning pura | Sang Praswapati karsane | mêdharkên pakêmipun | ingkang isi carita gaib | dene pakêm punika | sampun salah sêngguh | pakêm iku têmbung Buda | lamun Arab kitab jênênge sayêkti | êbuk têmbung Walănda ||

17. samantara Prabu Praswapati | manêmbrama têmbung manuhara | marang iswara tamune | sang pramèswari prabu | anambrama marang sang aji | Sang Prabu Dipayana | suka kang tinêmu | amangsuli ing pambagya | têmbung arum prasaja tanduking liring | lir madu pinusthika ||

18. matur dhêku Prabu Praswapati | dhuh pukulun sang prabu taruna | amba ngaturkên gancare | elok cariyosipun | wontên pakêm kawula gusti | Sang Prabu Praswapatya | ngliring patihipun | dyan nendyamantri tumanggap | ngunjukakên pêthèn mas rinêngga adi | dene rêtna di mulya ||

19. tinampenan ririh mring sang aji | gya sinorog ingkang pêthèn êmas | katon mancorot bukune | kinêmbang êmas lurung | kyana patih mundur tumuli | nanging Sri Praswapatya | tan kaparêng tuhu | mring undure kyana patya | kinèn nyêlak anèng ngarsane sang aji | yya kongsi têbah-têbah ||

20. ingkang pakêm [pakê...]

--- 1: 184 ---

[...m] ingasta tumuli | gya binuka tinon citranira | wus kapanggih bêbukane | matur marang sang prabu | kalilana ulun miwiti | carita pakêm amba | ingkang adi luhung | ngêmot sagunging carita | pra Pandhawa kalawan lêluhur mami | cariyos warna-warna ||

21. angandika Prabu Parikêsit | paman prabu iku pakêmira | ana kang muni tulise | para lêluhur ingsun | caritane eyang ing nguni | duk kala timurira | ing lêlakonipun | Pandhawa lare ranira | pakêm iku mungguh rasane tyas mami | tan susah sira waca ||

22. caritakna kewala prayogi | sabab sira wus cakêp sadaya | manawa paman kêlalèn | bukaa pakêmipun | sabab paman kabèh wus apil | mèsêm Sri Gilingaya | alon aturipun | pukulun lêrês paduka | sajatose kathah kang ulun apili | pakêm sinèlèh sigra ||

23. nèng luhure pêthi êmas adi | pakêm iku pan maksih binuka | nèng ngarsanya sang pamase | Sri Gilingaya matur | dhuh pukulun sri narapati | kang jumênêng Ngastina | buyuta sang prabu | Sang Sri Pandhu Dewanata | langkung bagus kaunang-unang ing bumi | kêkês satru durtama ||

24. awit saking tan wontên tumandhing | angêmbari prawiraning yuda | iku saking kasêktène | triloka miris takut | mila agêng Ngastina nagri | jajahan langkung wiyar | dados nagri agung | ratunipun binathara | kuncup kabèh pra ratu ing kanan kering | nyêmbah marang Ngastina ||

25. ngaturakên bulubêkti sami | para nata kang nguncupkên asta | mila kasusra prajane | nanging eyang ta prabu |

--- 1: 185 ---

dèrèng darbe putra sawiji | sangêt dènnya duhkita | kapengin sêsunu | Prabu Pandhu Dewanata | karsanira cangkrama ing wana wukir | saking kasêngsêm putra ||

26. patih miwah pra nayaka ngiring | ingkang rayi Dyan Arya Widura | pra santana kathah dhèrèk | ascaryan karsa prabu | anênumpu anèng wanadri | kathah lêlangênira | anèng wana agung | ing panuju ari masa | wontên singa gembong agênge nglangkungi | nuju pasi-pasihan ||

27. rêruntungan singa gembong kalih | ingkang èstri tansah cinangkraman | dinêlêng marang wong akèh | sinurak ginaguyu | marang wadyabala narpati | sang singa nora kesah | tan ajrih satuhu | marang wadya ing Ngastina | saking dene ramene ingkang nyuraki | kapyarsa sri narendra ||

28. Prabu Pandhu angandika aris | apa ingkang dadi rame ika | wadyabala surak rame | apa kang dadi guyu | ingkang rayi umatur aris | nêmbah Radyan Widura | dhuh jêng kaka prabu | wontên singa pêngantenan | botên wigih dinulu sakèhing jalmi | mila dadya gêguywan ||

29. wontên gampèng gampang dèn tingali | cêlak grumbrul ngajêngakên guwa | tan angèl tinon ing ngakèh | dènnya kakahan kukuh | kêkêt kèkèt tan kungkah-kangkih | mila anggung sinurak | mring wadyabala gung | punika katon anglela | tan kalingan lang-alang lan kali-kali | sing ngriki katon ngegla ||

30. Prabu Pandhu mèsêm aningali | wikridita dènira sanggama | tan ganggam tiningal ngakèh | satuhu karya ngungun | pratingkahe angiming-iming | sakêdhap aluwaran | nuntên lêkas lulut | Prabu Pandhu Dewanata [Dewana...]

--- 1: 186 ---

[...ta] | langkung gawok solahe sima kêkalih | akarya lingsêming tyas ||

31. Prabu Pandhu angandika aris | marang abdi kêkasih ranira | Ardapuwa lan arine | Powarda namanipun | kinèn gêsah singa kang laki | tandya ki lurah kêmbar | sandika turipun | nêmbah kalih nulya mintar | mring gèn singa wus cêlak anggêsah wani | kalawan binalangan ||

32. kang sardula tan sêdya gumingsir | enak-enak dènnya asanggama | ki lurah pêgêl manahe | nyandhak talêmpakipun | lurah kalih arsa numbaki | mèh kari gêcosira | ki lurah tinubruk | kêna karo barêng rêbah | gya binêkuk tyang kalih sarêng ngêmasi | sigra lêkas sanggama ||

33. Prabu Pandhu kagyat duk ningali | kang kêkasih binêkuk ing singa | kêkalih sarêng patine | sardula tansah lulut | karya ewa rasane ati | krodha Sang Dewanata | ngasta langkapipun | sinungan jêmparing sigra | pan ingêmbat ardacăndra cawang kalih | ginalih sagêd bancang ||

34. sigra lêpas saking gandhewa di | kadya kilat lampahe warastra | kacundhuk karo sirahe | gumêbrug lajêng lampus | wikridita bangke tan kèksi | musna tanpa karana | ngungun sang aprabu | nanging sinamun ing tingkah | Prabu Pandhu Dewanata têdhak aglis | marang ing pacakraman ||

35. tan cinatur solahe sang aji | anèng pacangkraman têngah wana | tan kathah sukarênane | manggung kacuwan prabu | lajêng kondur sri narapati | kang dhèrèk botên ewah | pêpak kang bala gung | patih lan para bopatya | pra santana kang rayi tan kêna

--- 1: 187 ---

têbih | Arya Yama Widura ||

36. kondurira jêng sri narapati | sampun ngancik ing kikising kitha | nanging sang nata karsane | nitih turangganipun | agêm nata kang rata rukmi | tan karsa nitihana | kinon anèng pungkur | mila rêndhêt lampahira | sang aprabu eca ngangkahkên turanggi | nyirig kanang turăngga ||

37. Sang Aprabu Pandhu aningali | kang kukila andon anèng êpang | kukila anèh rupane | sang nata nulya laju | dèrèng têbih tindak narpati | manuk iku katingal | anèng ngarsa prabu | mencok nèng wit pinggir marga | êpang manglung pinggir dalan dèn encoki | katingal bêbundhêlan ||

38. kawistara kêkalih kang pêksi | pêpasihan nulya don asmara | sang prabu laju lampahe | wus têbih sang aulun | pêksi anèh katingal malih | anèng ngarsa narendra | kagyat Prabu Pandhu | duka nyandhak kang gandhewa | manuk iku linêpasan ing jêmparing | sawêg andon asmara ||

28. Asmaradana

1. dibyaning kang măncawarni | nêdhênge asmaragama | kêna jêmparing kalihe | karo kuwandane sirna | nulya na gara-gara | angin agêng gumarubug | udan dêrês aliwawar ||

2. aliwawar anèng langit | ngrêgancang lan carat warsa | muriring kang mulat kabèh | saking kêkêsing kang manah | mangkana gara-gara | saya dangu katon surut | tumarontong antariksa ||

3. riris dhawahipun aris | mung kêpyur-kêpyur kewala | dangu-dangu ilang kabèh | ana katon sanalika | jawata rong kêmbaran | ingkang mindha manuk wau | lawan ingkang

--- 1: 188 ---

mindha sima ||

4. ngandikanira rum manis | kaki prabu wruhanira | ingkang warna manuk ingong | ingkang rupa wikridita | jawata ariningwang | padha suka andon lulut | cangkrama lan garwanira ||

5. sira têka wani-wani | gawe cuwa asmarèng tyas | sira kuwalêsan têmbe | kênèng gêla kaya ingwang | mung iku wêkas ingwang | musna jawata puniku | ngungun Prabu Dewanata ||

6. sakalangkung miris tistis | mirêngkên dukane dewa | susah sungkawa sang katong | kondur ing tyas wirandhungan | praptèng kadhaton sigra | dhawuh bubarkên kang wadu | kang dhèrèk klilan muliha ||

7. kang wadyabala wus mulih | kacarita sri narendra | saking sangêt gêng susahe | utusan marang Gandara | ngaturi ingkang raka | Drastharastra Sang Aprabu | tan kacatur lampahira ||

8. duta Ngastina wus prapti | ngarsane Prabu Gandara | aglis nêmbah lon ature | dhuh pukulun sri narendra | ulun măngka dinuta | ing rinta jêng sang aulun | Prabu Pandhu Dewanata ||

9. paduka dipun aturi | rawuha nagri Ngastina | narpendra sangêt onênge | Sang Aprabu Drastharastra | ngandika mring utusan | ingsun onêngku satuhu | marang yayindra Ngastina ||

10. antarane tigang ari | ngasone wadya Ngastina | nulya budhal sang akatong | sira Sang Prabu Gandara | kêbut sawadyakuswa | utusan Ngastina wau | dhinawuhan anèng ngarsa ||

11. ing marga datan winarni | wus prapta nagri Ngastina | Prabu Pandhu mêthukake | rawuhira ingkang raka | nulya arêrangkulan | satata lênggah sang prabu | anèng tarup wêwangunan [wê...]

--- 1: 189 ---

[...wangunan] ||

12. mangkana Sri Praswapati | mriksani wanci wus êlat | dinuga sri nara katong | sampun sayah gyannya lênggah | matur Sri Gilingaya | marang Ngastina Sang Prabu | dhuh anggèr rèhning punika ||

13. sampun dungkap lingsir wêngi | sumăngga samya bibaran | manawi parêng sang katong | dugèkkên caritanira | eyang buyut narendra | benjing-enjing ulun matur | andugèkkên kang carita ||

14. kaparêng Sri Parikêsit | sigra prasamya bubaran | ing wanci sontên sang katong | lênggah malih kados adat | Sang Prabu Gilingaya | dhêku alon aturipun | dhuh anggèr Prabu Ngastina ||

15. manawi parêng ing galih | amba dugèkkên carita | buyut narendra gancare | manggut Prabu Dipayana | Sang Prabu Praswapatya | mêdhar carita di luhung | duk Sang Prabu Drastharastra ||

16. binagèkkên ingkang rayi | Sang Sri Prabu Dewanata | sawuse bage-binage | sinunggata neka warna | samya eca bujana | nutug dènnya dhahar kêmbul | sarampunge dènnya dhahar ||

17. kang raka dipun aturi | kondur marang dhatulaya | kapanggih lan garwèng katong | sang pramèswari Ngastina | ya ta Sang Drastharastra | tan lênggana sigra kondur | marang kadhaton Ngastina ||

18. wus prapta sajroning puri | pramèswari ing Ngastina | mêthukkên marang sang katong | ngrangkul jêngkuning narendra | Dèwi Madrim kang kiwa | sawusira nguswa suku | Sang Sri Prabu Drastharastra ||

19. satata dènira linggih | anèng madya dhatulaya | sawusnya onêng galihe | nêmbah Prabu Dewanata | alon ing aturira | dhuh pukulun [puku...]

--- 1: 190 ---

[...lun] kaka prabu | Drastharastra ing Gandara ||

20. mila paduka aturi | rawuh praja ing Ngastina | wontên prêlu awigatos | kula mendra saking praja | tapa dhumatêng wana | nyuwun titip kaka prabu | nagari kula Ngastina ||

21. kawula sawêg nglampahi | ing karsa Hyang Kang Winênang | garwa amba sakarongron | kalih pisan kula bêkta | têtèki wontên wana | dene jêng kaka sang prabu | sampun kondur mring Gandara ||

22. utusana amondhongi | mring garwa kalawan putra | Prabu Gandara lingnya lon | gêlêm yayi prabu ingwang | kotitipi nagara | amung ana wêkas ingsun | yayi aja lawas-lawas ||

23. bokmênawa dina buri | kurang prayoga ing lampah | nata Ngastina matur lon | sampun mawi wancakdriya | kula lawan paduka | datan wontên manah klèntu | ing wingking sintên wuninga ||

24. rêmbag punika wus dadi | pinêndhêt gancanging kăndha | Prabu Drastharasta age | utusan mondhongi garwa | kalawan para putra | măngka Risang Prabu Pandhu | ngutus bopati têtiga ||

25. damêl dhepok ing wanadri | aran wana Margamulya | wus budhal barêng angkate | mring Gandara lan mring wana | gancange kang carita | Dèwi Gêndari wus rawuh | anèng ing nagri Ngastina ||

26. lan putra Korawa sami | utusan kang saking wana | ingkang sami damêl dhepok | sampun wangsul mring Ngastina | mèh kadya bêbarêngan | sampun matur Prabu Pandhu | ing asrama sampun dadya ||

27. rawuhe Dèwi Gêndari | pinêthuk marang sang nata | kalawan pramèswarine | gapyuk lajêng rêrangkulan [rêrangku...]

--- 1: 191 ---

[...lan] | sami onêng-onêngan | Dèwi Madrim datan kantun | lawan Kunthi nalibrănta ||

28. sampun sami tata linggih | Prabu Pandhu Dewanata | angaturakên pambage | marang pramèswarinira | kang raka ing Gandara | lawan paring pambagyèku | dhumatêng Dyan Kurupatya ||

29. Dursasana lawan malih | sira Radyan Kartamarma | sawêg têtiga putrane | Sang Aprabu Drastharastra | Sang Prabu Dewanata | pamit mring raka sang ayu | sang pramèswari Gandara ||

30. Bok Ayu Dèwi Gêndari | kula pamit badhe mendra | marang ing wana dhêdhepok | garwa kalih kula bêkta | tapa dhumatêng wana | amung kula titip bakyu | karaton kula Ngastina ||

31. kagyat Sang Dèwi Gêndari | anauri pêgat-pêgat | drawaya mêtu êluhe | sêrêt wijile kang sabda | dhuh yayi wêkas ingwang | enggala tumuli kondur | ayya suwe anèng wana ||

32. pramèswari Dèwi Kunthi | kalawan putri Mandraka | sami pamit mring sang sinom | pramèswari kalihira | kumêmbêng waspanira | Dèwi Gêndari gya muwus | saking ngêrêsing wardaya ||

33. rawuhe Dèwi Gêndari | wontên nagari Ngastina | sangang dintên sang akatong | Prabu Pandhu Dewanata | masrahkên kang nagara | kabèh ing saisènipun | dalah para wadyabala ||

34. Arya Widura wus ngrakit | joli kalihan jêmpana | turăngga agêm sang katong | sampun rumanti sadaya | sigra matur rakendra | sawega sadayanipun | Prabu Pandhu sukèng driya ||

35. lajêng pamit mring raka ji | Sang Aprabu Drastharastra | kalilan lajêng budhale |

--- 1: 192 ---

tan cinatur anèng marga | prapta ing padhepokan | têdhak sanggar Prabu Pandhu | pra garwa nèng pasanggrahan ||

36. nutug gyan muja sêmèdi | sigêg gantya cinarita | nagri Ngastina kocape | nagara gung tanpa sama | murah saliring barang | nagri kuncara kasuwur | mring praja liyan nagara ||

37. sarêng tinilar sang aji | Prabu Pandhu Dewanata | katingal alum prajane | sarupa nagara lara | sanggyaning têtuwuhan | datan mulat Prabu Pandhu | susah prihatin sadaya ||

38. pitik iwèn kêbo sapi | jaran gajah padha susah | mèlu prihatin ratune | wadyabala nora beda | sami ruditanira | carita prabu kang kantun | Drastharastra langkung susah ||

39. dènnya galih ingkang rayi | Prabu Pandhu Dewanata | panuwunipun sang katong | enggal antuka nugraha | kondur marang Ngastina | mung punika ciptanipun | botên melikkên Ngastina ||

40. sampuning alami-lami | Radèn Sangkuni winarna | mêdal osikipun awon | matur marang ingkang raka | Sang Prabu Drastharastra | yèn kaparêng sang aprabu | winakilna mantrimuka ||

41. matur sapisan ping kalih | ngantos rambah kaping tiga | sang nata mêksa tan awèh | Sangkuni darbèni akal | rêmbag lan putra nata | Dyan Kurupati sang bagus | lawan Radèn Dursasana ||

42. kathah ature Sangkuni | dènira ngadoni akal | murih sagêde kalakon | saking sagêd ngumandaka |[10] putra kalih punika | dhasar têksih sami busuk | dèrèng sumêrêp lukita ||

43. mila Rahadyan Sangkuni | gadhah karsa kang tan arja | wiwit [wiwi...]

--- 1: 193 ---

[...t] ing kala waune | Rahadyan Sangkuni ika | pêrang lawan sang nata | kinêmpit mring Prabu Pandhu | mêgap-mêgap mèh palastra ||

44. trêngginas Dèwi Gêndari | ngrangkul padane narendra | nyuwunakên apurane | mring ari Rahadèn Suman | ature kathah-kathah | Prabu Pandhu botên keguh | matur malih sang lir rêtna ||

45. mring Prabu Pandhu sang pêkik | makatên ing aturira | dhuh Prabu Pandhu sang katong | kula dados lintunira | kawula amawongan | sakarsa paduka manut | lintunipun adhi kula ||

46. yèn ngantos pêjah Sangkuni | ingkang abdi kantun lola | awit kakang kula katong | prang lawan paduka pêjah | Sang Prabu Dewanata | lilih ing tyas wêlas dulu | marang Dyah Gêndari Rêtna ||

47. gènnya ngêmpit Dyan Sangkuni | inguculakên saksana | Sangkuni mèh dados layon | dhadha gèpèng sawatara | pundhak kalajêng nyangkrang | napasipun mêlar mingkus | mele-mele ilatira ||

48. Sang Rêtna Dèwi Gêndari | sarêng priksa kang mangkana | jêrit nungkêmi padane | dhumatêng eyang paduka | Sang Prabu Dewanata | kathah-kathah aturipun | wêlas prabu ing Ngastina ||

49. Radèn Suman dèn jampèni | dhatêng eyang padukendra | amung pinaringan kêcoh | sapisan nir kang mêmala | waluya sanalika | nanging warnanipun bagus | Dyan Suman ical sadaya ||

50. punika Radèn Sangkuni | gyannya sangêt ngănta-ănta | dhatêng eyang ta sang katong | măngka rumuhun Dyan Suman | ing warna langkung pelak | baranyak sarira lurus | baguse lir Radèn [Radè...]

--- 1: 194 ---

[...n] Sămba ||

51. mila sangêt dènnya runtik | nanging sagêndhing kasoran | twin buyut paduka katong | Sang Aprabu Dipayana | kalangkung sukanira | miyarsakkên aturipun | Sang Aprabu Praswapatya ||

52. dhasar Prabu Gilingwêsi | dhèmês cucut yèn ngandika | kang mirêngkên guyu kabèh | pramèswari Gilingaya | pinathêt gujêngira | ki patih guyu tumungkul | saking ajrih mring sang nata ||

53. Sang Aprabu Praswapati | miyat wanci dèrèng êlat | miwah risang nara katong | sêmu trustha yèn lajênga | tanggap Sri Gilingwaja | dumugèkkên criyosipun | Dyan Sangkuni karsanira ||

54. Dyan Sangkuni dhasar wasis | prakara kang mrih tan arja | ananging bangêt wêrite | tan kawiyak somèng[11] jalma | sêrike mring sang nata | sasape trêsna kalangkung | mring Sang Prabu Dewanata ||

55. mila kaponakan kalih | tan wontên nglagawèng driya | Kurupati lan arine | sami amangayubagya | sami munjuk kang rama | yèn Sangkuni aturipun | prayogi dipun turuta ||

56. Drastharastra Sri Bopati | kaledhon panggalihira | siyang dalu dipun gonjèng | putra lawan pramèswara | Sangkuni tinurutan | winisudha sang aprabu | dados wakil mantrimuka ||

57. panatane Dyan Sangkuni | marang nagari Ngastina | putrane para bopatos | para mantri sutanira | winisudha sadaya | waradin têkyan wong pikul | sadaya manahe eca ||

58. mila manahe bopati | kalawan panêkarira | suyut asih sadayane | tan wêruh yèn kênèng gêlar | amung Arya Widura | ingkang wicaksana tuhu [tu...]

--- 1: 195 ---

[...hu] | priksa karsane Dyan Suman ||

59. nanging tan karsa mancahi | awit Sang Arya Widura | karêm mandhita karsane | datan karsa munasika | tingkahe Arya Suman | narimah tyase sang bagus | wus pinacak adipatya ||

60. marang kang raka ing nguni | sinungan nagri piyambak | nanging alit karatone | sêdhênge mung adipatya | padhane ing Ngawăngga | Banakêling Banjarjungut | lênggah pangran adipatya ||

61. mangkana ing lami-lami | pramèswari ing Ngastina | garwanira sang akatong | Prabu Pandhu Dewanata | kondur marang Ngastina | Dèwi Kunthi namanipun | dèn dhèrèkkên putra gangsal ||

62. jujug kadhaton sang putri | lajêng sowan raka nata | nungkêmi pada sang katong | aturipun mêgap-mêgap | tansah dènnya udrasa | langkung kagyat sang aprabu | mirêng tangise wanita ||

63. măngka wuta sang nêrpati | gugup Prabu Drastharastra | inggal nimbali garwane | Dèwi Gêndari gya sowan | dhinawuhan rakendra | têmonana dhêhayohmu | apa nyata arinira ||

64. Nalibrănta nini Kunthi | dene iki gawa anak | lêlima măngka patute | kang têlu saka rinira | Sang Kunthi Nalibrănta | kang loro patutanipun | Dèwi Madrim pramèswara ||

65. aja dadi tyasmu yayi | ingsun iki tinitipan | nagara mring ari katong | mula sun titipariksa | yya kongsi kasamaran | yèn têlik kang marasandu | Dèwi Gêndari turira ||

66. manawi pamanah mami | yayi dèwi pramèswara | inggih punika warnane | yayi Kunthi Nalibrănta [Nali...]

--- 1: 196 ---

[...brănta] | sawusira mangkana | kang rayi nulya rinangkul | anjêrit sarwi karuna ||

67. Dewabrata Sang Maharsi | nuju tuwi ing Ngastina | mriksa rawuhe sang sinom | sakêlangkung wêlasira | Sang Prabu Drastharastra | matur marang maha wiku | tan pêgat aturing nata ||

29. Mêgatruh

1. dados matur sang prabu mring maha wiku | dhuh rama sang maha rêsi | sumăngga kawula manut | rèhning kula amung darmi | dipun pasrahi kadhaton ||

2. Rêsi Bisma alon pangandikanipun | prayogane sun takoni | padha piyarsakna prabu | Drastharastra Narapati | matur sumăngga kemawon ||

3. Rêsi Bisma nimbali sang rêtnaning rum | pramèswari Dèwi Kunthi | dikaporèng ngarsaningsun | pramèswari majêng ririh | sang rêsi ngandika alon ||

4. Nini Kunthi kayaparan wartanipun | anak prabu sri bopati | binathara kaki Pandhu | duk anèng dhepok wanadri | wêlinge ingkang wigatos ||

5. pramèswari Ngastina nêmbah umatur | dhuh pukulun maha muni | utawi jêng kaka prabu | Drastharastra Narapati | kawula matur sajatos ||

6. lawan sira yayi Arya Widurèku | rungunên pitutur mami | lan paduka nimbok ratu | Gandara sang pramèswari | ulun amêdhar cariyos ||

7. dhuh pukulun botên sagêd matur galur | rèhning amba tiyang èstri | cêkakan kewala cukup | samangke kula wiwiti | anggèn kawula cariyos ||

8. rawuhipun pasanggrahan kaka prabu | Pandhu Dewanata nguni | nèng sanggrahan botên dangu | lajêng kewala sang aji |

--- 1: 197 ---

lumêbêt sanggar kemawon ||

9. dhaharipun sabên dintên amba kintun | amung sabên pitung ari | Prabu Pandhu karsa kondur | nyare sadalu saari | wontên pasanggrahan katong ||

10. laminipun amba kintên kalih taun | ri paduka narapati | paring pangandika arum | bingah sêmuning panggalih | makatên dhawuh sang katong ||

11. yayi Dèwi Kunthi ingsun paring wêruh | dhawuhe Hyang Kang Linuwih | kaparêng panuwun ingsun | sira bakale garbini | kaping tiga têmbe miyos ||

12. lanang kabèh iku yayi bagus-bagus | pinaringan guna sêkti | prawira măndra dibya nung | satru tama kêkês atis | saking wirotamèng tanggon ||

13. yayi pramèswari Dèwi Madrim besuk | sira pinaringan siwi | loro lanang warna bagus | padha wirotamèng jurit | iku dhawuhe Hyang Manon ||

14. Prabu Gilingaya miyat wanci sampun | antaraning lingsir ratri | matur marang sang aprabu | Naranata Parikêsit | dhuh anggèr sri narakatong ||

15. benjing-enjing dinugèkkên criyosipun | bibar samangke prayogi | rèhning sampun sami lêsu | kaparêng Sri Parikêsit | bibaran prasami manggon ||

16. enjingipun Praswapati Sang Aprabu | karsa lênggah măncaniti | amranata wadya agung | kados adatira nguni | sarêng sontên sang akatong ||

17. dugèkakên cariyose Prabu Pandhu | dhuh Gusti Sri Narapati | Dipayana amba matur | gancaripun pakêm adi | makatên ingkang cariyos ||

18. yayi dèwi pramèswari karonipun [karonipu...]

--- 1: 198 ---

[...n] | padha mujaa sêmèdi | nanging ayya sira sêngkut | sawatara iku bêcik | êmpaning pikir tan dhompo ||

19. ingsun yayi nora kêndhat anyênyuwun | patrape kaya kang uwis | lajêng sami anyênyuwun | nèng sanggar langgatan adi | lami-lamining lêlakon ||

20. kula katon garbini ingkang rumuhun | sampun dumugi ing wanci | babar mêdal jalu bagus | gara-gara gêgirisi | sadayanipun kang uwong ||

21. sami dhawah saking palinggihanipun | kantu kantaka sayêkti | nanging amung tigang pangu | sabyakta eraming galih | rayi paduka sang katong ||

22. kaping kalih ingkang dados elokipun | wiwit mêdal jabang bayi | sampun wontên gêlungipun | măngka warni gêlung kêling | kados ukêle pra katong ||

23. lami-lami lare mindhak agêngipun | gêlung kêling mindhak ugi | satimbange agêngipun | kalawan ingkang darbèni | sêdhêngan kalamun tinon ||

24. kaparingan nama dening kaka prabu | Puntadewa sang apêkik | walagang putra pambayun | sarta botên nate sakit | wiwit tan nêsêp mring uwong ||

25. amung nêsêp jêmpol lan darijinipun | mila datan kênèng sakit | tan antawis laminipun | kula anggarbini malih | sampun dumugi sêmados ||

26. mêdal jalêr kiyêng kiyat warni bagus | nalikane badhe mijil | mawi nywara gêrêng asru | kawula langkung mêngkirig | ajrih kawula kêpatos ||

27. bokmanawi warni buta tansah giyuh | sarêng mêdal jabang bayi | angin păncawara lesus | gara-gara gêgirisi | punika langkung

--- 1: 199 ---

kuwatos ||

28. awit saking gurda gêng sêmpal kapikut | mawut wrêksa alit-alit | pêtêng dhêdhêt mawa têdhuh | mèh kongsi satêngah ari | gènira pêtêng kang dhepok ||

29. ing samangke sampun pulih buwana gung | padhang kadi nguni-uni | bingah kaka Prabu Pandhu | jabang bayi dèn parabi | Radèn Bratasena anom ||

30. lami-lami walagang sira sang bagus | kalis sagunging sêsakit | dene wontên anèh tuhu | tan sama padhaning jalmi | kuku asta kacariyos ||

31. atos landhêp mingis lir gêgaman ampuh | tan kenging dipun kêthoki | angandika Prabu Pandhu | benjing lamun mangun jurit | wus rampung kuku kemawon ||

32. gadhah watak brangkêlo budine lurus | sapa ala dèn alani | yèn bêcik malês rahayu | Rêsi Bisma mariksani | mring radèn kang cinariyos ||

33. ingkang mirêng sadaya kalangkung ngungun | dene anganèh-anèhi | kayaparan dadinipun | kang mêsthi kalangkung bêcik | gone ngiyasani yêktos ||

34. nglajêngakên Dèwi Kunthi aturipun | dhuh rama Hyang Maha Muni | lan Gêndara kaka prabu | sampuning kang lami-lami | ulun idham-idham awor ||

35. anggarbini malih angsal pitung tèngsu | sabên dalu amba ngimpi | pra jawata sami rawuh | sabên dalu ganti-ganti | kalih wulan botên towong ||

36. pra jawata sadaya paring dhêdhawuh | ing suraosipun sami | putramba kang ulun kandhut | mêdal jalêr kang bêbayi | lir Hyang Asmara sayêktos ||

37. diwasane dadi kondhanging kêkidung | aja manèh kang pawèstri | yèn noraa [nora...]

--- 1: 200 ---

[...a] padha gandrung | sanadyan wong lanang ugi | kasêngsême lir wong wadon ||

38. lamun miyat marang putranira besuk | sambada prawira sêti | kinasih mring jawata gung | măngka sugih garwa putri | kyèh widadari ambojo ||

39. sarêng dungkap masa panggarbininingsun | lair ingkang jabang bayi | wontên teja tan malêngkung | inggile mèh sundhul langit | jawah sêkar ting talêpok ||

40. lawan wontên gănda mulêk ngambar arum | jawata lan widadari | kèh mudhun sami têtulung | ngurmati kang jabang bayi | samya gêganjar kang miyos ||

41. Prabu Pandhu paring pêparab kang sunu | Sang Bagus Radyan Pamadi | gih Arjuna Pandhusunu | Radyan Janaka winêgig | pra pandhita samya rawoh ||

42. andongani mêmuji sadayanipun | kalis sagunge sêsakit | walagang kang cahya mancur | kang amba pangku puniki | lare kang ulun cariyos ||

43. kados sarêng tab-untaban lan sang ayu | pramèswari Dèwi Madrim | bobot sarêng lawan ulun | pantaranipun Pamadi | duk rikalanipun bobot ||

44. Dèwi Madrim kantun ing pambabaripun | mêdal kêmbar jalu sami | warnanipun langkung bagus | duk rare punika lair | kang sasăngka katon loro ||

45. Pintèn Tangsèn namane rahadèn bagus | walagang tan kênèng sakit | lami-lami para sunu | samya dêmolan kang wanci | rukun rêruntungan tinon ||

46. sakalangkung ascaryanira sang prabu | malah sampun angraosi | karsanipun badhe kondur | marang Ngastina nêgari | benjing wulan ngarsa mawon ||

47. dintên tanggal punika dèrèng kapetung |

--- 1: 201 ---

utawi sampun angrakit | badhe angsal-angsalipun | kagêm kondur mring nagari | ingkang anèh kewan sato ||

48. dèrèng kongsi jangkêp angsal-angsalipun | sang iswara kênèng kingkin | makatên ngandikanipun | măngka kang dados wawêling | ingsun yèn tumêka layon ||

49. sutanira kabèh padha jakên kondur | marang Ngastina nagari | aturna mring kakang prabu | Drastharastra Narapati | turutên apa kang dhawoh ||

50. yayi Kunthi sira yya sulayèng kalbu | lan kakang sri narapati | lan dhawuhe rama Wiku | Abiyasa lawan malih | mituhua kang sayêktos ||

51. mring dhawuhe rama Dewabrata Wiku | paranpara maha muni | têlasing rèh dhawuhipun | Prabu Pandhu lajêng lalis | Dewi Madrim tumut layon ||

52. ingkang sawa kêkalih sampun katunu | nèng pancaka langkung asri | jiwa jisim sampurna wus | lajêng ulun sowan mriki | kula sumăngga kemawon ||

53. para sêpuh giyuh kumêmbêng ingkang luh | mangkana Sang Mahamuni | Dewabrata osikipun | kuwatir marang Sangkuni | lêlabête tyas kang awon ||

54. prayogane pinondhongan mring wismèngsun | gampang ing wuri pinikir | sêdhêng ingsun bisa rêmbug | marang Muniworèng wukir | Saptarêngga wiku totos ||

55. ngrumiyini Muniwara sabdanipun | anak prabu narapati | Drastharastra karsaningsun | Pandhawa lan Dèwi Kunthi | sun pondhongi wismaningong ||

56. nèng Talkăndha rèh Pandhawa têksih timur | yèn diwasa besuk gampil | apa sakarsanta manut | Drastharastra ngandika ris |

--- 1: 202 ---

inggih sumăngga kemawon ||

57. Kyana Patih Sangkuni lon aturipun | lêrês risang maha muni | yèn mangke sumilih ratu | anèng Ngastina nagari | dèrèng diwasa sayêktos ||

58. nagara gung ratunipun têksih timur | punika mutawatosi | nadyan pra santana agung | punggawane wira sêkti | nanging tan prayoga yêktos ||

59. sampun kumpul rêmbag rimbagane sêpuh | ibu lan Pandhawa aglis | binêkta sang maha wiku | Risang Dèwibrata[12] Rêsi | sanalika lajêng bodhol ||

60. nèng Talkăndha Pandhawa lawan kang ibu | langkung dènnya mukti sari | dèn êmong marang sang wiku | angungkuli pra narpati | pangêmonge sang palunggoh ||

61. awit saking Dewabrata Sang Awiku | dadya paranpara wukir | para nata kabèh takut | bisa gawe narapati | têtêp angungkuli katong ||

62. Rêsi Dewabrata ing sakarsanipun | kalakon padha tumuli | ngrusak nata gawe ratu | pangwasane gêgirisi | saking wirotamèng kewoh ||

63. milanipun Pandhawa winulang sagung | kagunan lawan kasêktin | bisa ajur-ajèr lêmbut | wus êntèk sagung kasêktin | Dewabrata Wiku katong ||

64. mring Saptarga Abiyasa kang rayiku | rêmbug rimbagane dadi | Pandhawa kinarya ratu | nèng Ngastina kang nagari | Bagawan Biyasa anon ||

65. mèsêm matur Abiyasa Sang Awiku | kakang Dewabrata Rêsi | măngga ngatas dewa luhung | karsanta têka agampil | yèn wus parêng dewa katong ||

66. Rêsi Dewabrata tan sawalèng kayun | sigra ngambil toyastuti | kêkalih [kê...]

--- 1: 203 ---

[...kalih] sampun têturuh | minggah marang sanggar ririh | wiwara tinutup karo ||

67. dèrèng lami sang pandhita kalihipun | sarêng dènnya antuk wangsit | sang rêsi kalih wus rêmbug | sêdhakêp ambrêbês mili | saking wêlas mring sang anom ||

68. dèrèng kenging Pandhawa yèn ngadêg ratu | anèng Ngastina nagari | inggih kenging madêk ratu | Pandhawa liya nagari | kêdah tinumbas rêkaos ||

69. têgêsipun kêdah babat wana agung | iku dènnya madêk aji | besuk ngalih nagara gung | ing Ngastina praja adi | ngalih gon boyong kêdhaton ||

70. kudu nganggo panggil prang gêdhe ing besuk | Bratayuda dèn arani | dadyakkên suka dewa gung | tan kêna dipun owahi | pinasthi tan kêna menggok ||

71. sadayèku dhawuhe jawata luhur | mila para maha muni | ing tyas karêrantan tuhu | Dewabrata nyuwun pamit | wus linilan enggal bodhol ||

72. tan cinatur ing marga dènira kondur | wirandhungan anèng margi | saking sangêt susahipun | Dewabrata Maharêsi | ing Talkăndha sampun rawoh ||

73. jujug marang ing sanggar gya tutup pintu | pitung dina pitung bêngi | sang wiku antuk pitutur | mêdal saking sanggar ririh | pra Pandhawa sowan gupoh ||

74. angabêkti marang risang maha wiku | Pandhawa kinêmpit-kêmpit | rinangkul lungayanipun | sadaya aganti-ganti | sawusira tata lunggoh ||

75. pinaringan wahyu kanugrahanipun | saking dènira sêmadi | paringe jawata luhung | dèn êtrapkên siji-siji | wus rampung nugraha manggon ||

76. sira iku

--- 1: 204 ---

Puntadewa putuningsun | pinasthi dadi narpati | nanging dèn sarănta kulup | Bratasena sira kaki | pikirmu lir dhandhang yêktos ||

Taksih wontên candhakipun, badhe kawrat ing Sêrat Parikêsit jilid ăngka 2.

 


Kurang satu suku kata: sangking gênge angêbaki ing marga gung. (kembali)
Kurang satu suku kata: grêmêng akarya rudita-. (kembali)
mulang. (kembali)
ngêndhih. (kembali)
karanèng. (kembali)
sarirèndra. (kembali)
enggal. (kembali)
minantranan. (kembali)
kang. (kembali)
10 ngamandaka. (kembali)
11 samèng. (kembali)
12 Dewabrata. (kembali)