Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 01–09)

Judul
Sambungan
1. Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 10–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

f 0,60

Baron Sakèndhèr

Anggitanipun Ngabèi Yudasara

Cap-capan kaping 2. Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- [0] ---

Serie No. 573

Baron Sakèndhèr

Anggitanipun Ngabèi Yudasara

Cap-capan kaping 2. Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- [0] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

I. Baron Kawitparu, bapakipun Baron Sakèndhèr

1. Dhandhanggula

1. rinancanèng sarkara nujwari | Anggara Kaliwon tanggalira | kaping sapta Ramêlane | Dhukut Jimawal taun | sinêngkalan wuryaning kitir | tri aswa muni tunggal |[1] kang riniptèng kidung | wontên nakoda sajuga | dêdunung ing bawah Sêpanyol nagari | darbe siti priyăngga ||

2. ing Bukit Arbi wastaning siti | kang kadarbe dera sang nakoda | Baron Kawitparu rane | sugihira kalangkung | amunjuli para narpati | drêwya palwa kinarya | lampah dagangipun | lan padagangira kathah | darbe wisma myang gêdhong dumunung sami | wontên ing nuswa-nuswa ||

3. samya mèsi dêdagangan tuwin | pèni-pèni miwah rajabrana | ki nakoda kawiryane | tan pae lan pra ratu | kalih wêlas gunggunging rabi | sutèng priyayi samya | ing warni linuhung | sugih rencang têtumbasan | jalu èstri ingkang sami angladosi | ing siyang ratrinira ||

4. sarta sami binusanan adi | wismanira tulya sri rinêngga | nakoda wau wancine | sampun samadya tuwuh | dèrèng darbe putra sumarmi | kamantyan ing sungkawa | ciptanirèng kalbu | lamun prapta ing antaka | tan adarbe ali waris ingkang wajib [wa...]

--- 4 ---

[...jib] | mêngku ngamal tilaran ||

5. dadya sangkin karantan ing galih | saking ardanirèng duka cipta | kongsyawis nadhah myang kule | kêkadhar yèn aturu | tanpa lèmèk sarta alêmpir | sela utawi wrêksa | duk samana antuk | wêwangsit sajroning supta | ujarira hèh nakoda yèn sirèki | kapengin awêwêka ||

6. munggaha mring Rahsamala ardi | ngriku ana ingkang mangun brata | Bagawan Mintuna rane | pintanana puniku | isarate kalawan malih | uwus pinasthi sira | nurunkên ing besuk | prajurit purusa tama | amunjuli pra nata lèn sing puniki | ing têmbe jênêng para ||

7. awêwêka rolas priya sami | tinitah gêdhe lawan sudana | ya ta sang sinung wangsite | satanginira langkung | anggarjita warta mring rabi | para garwa sadaya | anglud sukèng kalbu | nakoda wangwang sanega | sumêdya mring asrama ingkang umiring | abdi mung sawatara ||

8. samya ngrêmbat rajabrana adi | ingkang arsa kinarya rêruba | marang sang dwijawarane | wusnya rakit sadarum | ki nakoda nulya lumaris | kunêng ganti winarna | kang sumungkwèng gunung | Rahsamala mangun brata | Sang Bagawan Mintuna warni rasaksi | tilasing maha wirya ||

9. ing Lêburgăngsa kang dèn purani | tilar kawibawan mangun tapa | nèng ardi Rahsamalane | inggih ran Dhăngka gunung | putranira sang maha yêkti | catur sami wanodya | warni wil sadarum | kang sêpuh Kèn Kala

--- 5 ---

Johar | Thathaini sumêndhi arine malih | Rêtna Thathakuthana ||

10. Rêtna Sayêmpraba kang wuragil | yèku ingkang sami pinasrahan | ngrèh ing Nuswa Têmbinine | tilas karatonipun | ditya raja sudibya sêkti | ran Kala Singgunkara | kandhih ing sang wiku | asarana pinaeka | sang pandhita darbe kadang priya siki | măngka patihing putra ||

11. pinarnah nèng pulo gêng sawiji | ingkang winastanan Guwabadra | ditya kalangkung sêktine | pilih tandhing ing pupuh | agung wadyanira rasaksi | sami prawirèng yuda | sudira nrang kewuh | nakoda wau kocapa | ing sapraptanirèng Rahsamala ardi | tundhuk lan sang pandhita ||

12. sinambrama myang tinilas warti | ing wêwangi lan pinangkanira | nakoda wêkca ature | miwah gawok andulu | pasang rakiting dhepok tuwin | rêngganira tiningkah- | tingkah lir kadhatun | ing sakiwa-têngênira | gêdhong-gêdhong gêng-agêng sami angapit | kinarwistha ing kaca ||

13. myang panjuta lêntera mawarni | jroning taman sangkêp isinira | pêthetan miwah sarine | maneka warnanipun | bêbanjaran wèh sêming aksi | mrik arum gandanira | nanging masmu samun | nakoda sadangu lênggah | tan umiyat janma sajuga lèn saking | sang pandhita priyăngga ||

14. dadya ing wardaya ngêmu watir | dènnya mulat mamringing asrama | masêmu kusut tingale | marang sang maha wiku | saking dening sipat rasaksi | nging dangu-dangu sirna | kuwatiring kalbu | awit sang raja [ra...]

--- 6 ---

[...ja] pandhita | silakramanira kalangkung prayogi | wusnya binojakrama ||

15. sang pandhita tanya ingkang dadi | karsanira sumêngkèng patapan | nakoda wantah saure | minta isaratipun | darapon bangkita sêsiwi | awit dening wus wrêda | dèrèng asêsunu | sang dwijawara manabda | ngong nyaguhi ing pamintanira iki | lamun sira lumayan ||

16. anuruti ing panjaluk mami | rong prakara nakoda lingnyarsa | lumirig ing sakaptine | sarya atur pisungsung | rajabrana maneka warni | minăngka apratăndha | ing susêtyanipun | sang pandhita sukèng driya | anampèni pisungsung wacana manis | dahat bungah manira ||

17. sira sung pratăndha satyèng galih | dene pamintèng sun rong prakara | mau mring sira wiyose | kang dhihin sira iku | ingsun angkah sadulur mami | kapindho yèn ing benjang | sira asêsunu | manira pundhut sajuga | winênangna amilih sasênêng mami | arsa ngong ambil suta ||

18. ki nakoda anauri angling | tan lênggana ing karsa paduka | kalawan malih ing têmbe | yèn ulun asêsunu | yêkti atas sang maha muni | kang drêwya panguwasa | kawula pan muhung | darmi kewala sêsuta | sang pandhita nauri lah ênya iki | sarate tampanana ||

19. pêlêm siji wawanên umulih | prihên mangan mring salir garwanta | dèn warata sakabèhe | aywa na kang kalangkung | sang nakoda sigra nampèni | arda sukaning driya | saksana sumusuk |

--- 7 ---

sapraptanira ing wisma | kinumpulkên ingkang para rabi-rabi | mung sawlas cacahira ||

20. ingkang sajuga datan sinèngi | awasta Sang Dèwi Manikara | wit sampun kinêbonake | lami antaranipun | ki nakoda limut yèn maksih | darbe rabi sajuga | kang kinêbon wau | dinunung ing lèn aswana | tinêngga ing êmban pawèstri sawiji | ya ta garwa sawêlas ||

21. wusnya pêpak dinuman nyairis | pêlêm kang saking raja pandhita | dyan binuwang pêpêloke | anèng pawuhanipun | rèhning sampun gumyah ing warti | mring para dasihira | ki nakoda wau | bab pêlêm lamun tinêdha | ing wanita yêkti lajêng anggarbini | marma Kèn Manikara ||

22. anuduh êmbanira pinurih | minta pêlêm marang ki nakoda | utawi mring pra marune | nanging tan pinaèlu | dupi nimbok êmban ningali | pêlok ingkang binucal | ing pawuhan wau | sigra ingalap binêkta | mulih lajêng umatur dhatêng sang dèwi | anggèr ulun kaduta ||

23. minta pêlêm inggih sampun nanging | datan rinèwès atur kawula | lalu binucal pêloke | anèng pawuhanipun | kula pêndhêt lah ta puniki | bêndara warninira | mênggah ujaripun | ing paribasan mangkana | iya pêlok ya pêlêm pan sami ugi | tan wontên bedanira ||

24. sang dyah gumujêng sarwi nampèni | pêlok mangkana andikanira | biyung rèhning ingsun kiye | nora kalêbwèng itung | iya ing saantukirèki | kewala ingong pangan | nulya pêlok wau [wa...]

--- 8 ---

[...u] | dèn amudi de sang rêtna | kongsi brêsih wangwang winangsulkên malih | dhatêng ni nyai êmban ||

25. saking agahanira ni nyai | gya inguntal kongsi pucicilan | wusnya lami antarane | nakoda rabinipun | wau èstu samyanggarbini | dalah Kèn Manikara | lawan êmbanipun | inggih sami mangudara | praptèng măngsa garwa sawêlas anuli | sami ambabar priya ||

26. datan kêni ingucap ardaning | sukanira sang maha nakoda | de garwa pêputra kabèh | Kèn Manikara wau | wawratannya wus mijil nanging | warni kuwuk samodra | êmban inggih sampun | darbe suta nanging mêdal | warni pêlok sang dyah lan êmban tan sipi | pangunguning wardaya ||

27. dene unggyanira asêsiwi | datan kaprah sasamèng dumadya | nanging sing kumacèlune | sêsunu marmanipun | awarnia kuwuk utawi | pêlok ingupadrawa | lir bayi satuhu | tan lingên pamulasara- | nira suta sawêlas wus agêng sami | sri nata kang gumantya ||

II. Baron Sakèndhèr konangan ingkang ibu

2. Sinom

1. putra sawêlas winarna | sadaya sami pinardi | ing kawruh miwah kagunan | tan kirang sandhang myang bukti | data tita Sang Dèwi | Manikara kang winuwus | kalawan êmbanira |

--- 9 ---

sampuning antara lami | kalihira sami darbe panggraita ||

2. awit sêsaosanira | dhêdhaharan sang sudèwi | yèn ing ratri asring murta | alapak kadi binukti | miwah kang sarwa sari | tanapi wowohanipun | tanêmanira sang dyah | kathah ingkang ical sami | kèksi labêtira angkên pinêthikan ||

3. tanya mring êmban hèh biyang | apa sira kang angambil | cawisan ngong pêpanganan | dene sabên-sabên ratri | sok ilang lawan malih | kêmbang têtanduran ingsun | myang kang rupa wowohan | ya sok padha ilang ugi | sukur lamun pakênira ingkang ngalap ||

4. ingsun mung takon kewala | nora pisan angruntiki | nyai êmban kipa-kipa | datan rumasa angambil | malar panganannèki | dhawak sring ical ing dalu | dadya kêkalihira | kamantyan eram ing galih | tan anduga darunanirèng kaniran ||

5. nyai êmban aturira | rèhning prakawis puniki | dahat wèh gawoking driya | pamanah kawula gusti | yogya inginte sami | paduka kalawan ulun | mangke ratri sumăngga | sami api-api guling | supadyane inggih sami uningaa ||

6. mring kang ngalap pêpanganan | setan punapa ta êjin | sêmbawa lamun pandunga | wit tan mamèt rajapèni | kinantên mangke ratri | sang rêtna pêthuk ing kalbu | ing rèhanira êmban | tumêkèng ratri sang dèwi | mapan nendra munggwing undhuking panjuta ||

7. sarwi putranira

--- 10 ---

ingkang | warni kuwuk dèn kêloni | ni êmban anunggil prênah | nèng daganira sang dèwi | kang sarta angêloni | anakira pêlok wau | ing wanci sirêp janma | sang dyah sru krêdyat ing galih | wontên rare jalêr kêkalih kawuryan ||

8. mijil saking kuwukira | sami lalita ing warni | kakang adhi kadya kêmbar | kang sêpuh jatmika molih | ambranyak kang taruni | samya busana linuhung | sarta kêkalihira | asikêp pêdhang nyawiji | nulya wontên rare dwi malih katingal ||

9. mijil sing pêloking êmban | prasami awon ing warni | gêng aruhur dêdêgira | cêluk-cinêluk ing nami | dene kang mijil saking | kuwuk kang kaprênah sêpuh | Baron Sukmul ranira | Baron Sakèndhèr kang ari | de kang mêdal saking pêlok wastanira ||

10. kang sêpuh Baron Suhulman | Baron Sakèbêr kang truni | nêhêr rare catur samya | mangalapi bogan sarwi | suka gêguyyan nuli | saking jro wisma umêtu | mamèti sêsêkaran | wangwang mring patirtan sami | sarya anggung dènira asuka-suka ||

11. sang rêtna lan nyai êmban | mrastawakkên ing pangaksi | ing saparanira miwah | datan wus gawok ing galih | dupi bangun anuli | rare catur sami wangsul | maring sasananira | jroning kuwuk atanapi | jroning pêlok ya ta kawuwusa enjang ||

12. Sang Sudèwi Manikara | lan êmbanira agosthi | têbih sing kuwuk donira | andikanira [a...]

--- 11 ---

[...ndikanira] sang dèwi | yèn mangkono sun iki | lawan pakênira biyung | padha drêwya nak kêmbar | paran rekanira mangkin | rèhning ingsun tan kawawa anggêtêma ||

13. sotaning wardayaningwang | kudu amêngkul ing siwi | êmban anauri sabda | bêndara kawula inggih | makatên rosing ati | datan kawawa anayut | kêdah manguswèng suta | lamun paduka suwawi | kula turi malih rewa-rewa nendra ||

14. yèn rare wus sami mêdal | dhatêng palataran nuli | kuwuk paduka bantinga | dene pêlok nuntên inggih | kawula sêbit-sêbit | darapon pra rare wau | sampun bangkit singidan | ing panggenanira mulih | kaèksia ing salami-laminira ||

15. lulusa ingêmong samya | sang dyah panuju ing galih | nulya êmban pinrih tumbas | sadêhan kang adi-adi | pancèn arsa kinardi | saosaning para sunu | praptèng ratri saksana | sami mapan lir ing nguni | sirêp janma rare catur samya mimba ||

16. saking pasênêtanira | ri sampuning sami bukti | sigra maring palataran | sang rêtna tangginas tangi | nambut kuwuk binanting | êmban nyandhak pêlok gupuh | wangwang sinuwak-suwak | satêngah kăndha ngarani | pêpêcahaning kuwuk matêmah wrêksa ||

17. sajuga dadya panêngran | ing pati uripirèki | Baron Sakèndhèr satêngah | ing carita angarani | kuwuk ajur binanting | tan wontên kadadyanipun | duk kuwuk pêcahira | kumêpruk swara kapyarsi | rare

--- 12 ---

catur kapita sigra lumayya ||

18. sumêdya uwangsul marang | pêpanggenanira malih | Rêtna Manikara sigra | mêthukkên ing putra kalih | nêhêr pinêngkul sarwi | agênti-gênti ingambung | kathah wijiling sabda- | nira pangunguning galih | lan pangudang wit tan nyana pisan-pisan ||

19. yèn sayêkti darbe putra | sarta sami pêkik-pêkik | ni êmban datan prabeda | lalwarsa ngayuh ing siwi | nging sutanya tan apti | pinêngkul yèn tan rumuhun | winehan pêpanganan | rena sumados ngêntosi | mêne ing samangsanirantuk carikan ||

20. Rêtna Manikara dahat | angêla-êla ing siwi | kinatujon barang karsa | ananging putra kêkalih | tan pati karêm maring | bogan atanapi turu | de putra ingkang nama | Baron Sakèndhèr salami | dipun êmong ibunira dèrèng miyat ||

21. dènnya bukti miwah nendra | muhung ingkang dèn sênêngi | sawarnining sêsêkaran | tanapi kang wangi-wangi | data tita winarni | ki nakoda putranipun | wus andungkap diwasa | nanging nakoda datan wrin | lamun liya saking atmaja sawêlas ||

22. maksih darbe malih putra | kêkalih ingkang anami | Baron Sukêmul kalawan | Baron Sakèndhèr kang ari | sang pandhita winarni | lumawat mring wismanipun | risang maha nakoda | dahat dènira matami | amintonkên suka pirênaning driya ||

23. miwah dahat ing pangrêpa | wit dening rumaos [rumao...]

--- 13 ---

[...s] sisip | dene sampun apêputra | tan enggal atur upêksi | dhatêng sang maha muni | Bagawan Mintuna sampun | ngaksamèng kalêpatan | lingnya praptaningsun iki | arsa wêruh mring kabèh atmajanira ||

24. lan nagih patêmbayanta | nakoda gupuh anyèngi | tanayanira sawêlas | pinintonkên mring sang yogi | nanging tan wontên siki | kang dadya pamilihipun | asmu runtik sang dwija | narka nakoda tan yukti | ningidakên kêkalih atmajanira ||

25. tan sinowanakên marang | ngarsanira sang ayogi | nakoda sru kipa-kipa | tan rumasa cidrèng jangji | tanapi anyangkibi | ing satuhu-tuhunipun | anulya sang pandhita | mêlèhkên kalamun maksih | ki nakoda adarbe rabi sajuga ||

26. kinêbonkên inggih uga | wus pêputra jalu kalih | kyai nakoda anjola | wit dahat limut ing galih | yèn darbe garwa siki | ingkang kinêbonkên wau | miwah datan rumasa | pisan-pisan amandumi | isarat kang saking sang maha pandhita ||

27. anulya sang mahardika | ngalur salir rèh ing nguni | marganira awêwêka | saking garwa kang siningkir | nakoda sukèng galih | sigra dènira anuduh | dasih animbalana | putra kêkalih kang nami | Baron Sukmul lan Sakèndhèr arinira ||

28. arsa pinintonkên marang | wau risang maha yêkti | caraka sigra umêsat | tundhuk kalawan [kalawa...]

--- 14 ---

[...n] sang dèwi | amundhut putra kalih | arsa dinulwèng sang wiku | sang dyah dahat karuna | wrin yèn suta salah siji | arsa pinèt kanthi mring yaksa pandhita ||

III. Baron Sakèndhèr kapêndhêt anak dhatêng Bagawan Mintuna

3. Kinanthi

1. akathah sêsambatipun | Kèn Manikara wit dening | arsa kapugutan trêsna | samana putra kêkalih | tansah pinêngkul ing rena | Sakèndhèr umatur aris ||

2. ywa dahat prihatin ibu | manawi salah sawiji | èstu pinèt ing sang dwija | ulun purun anglampahi | dimèn pun kakang kantuna | têngga ing paduka umi ||

3. pinasrahna badan ulun | dhumatêng Hyang Maha Suci | linilakna trusing driya | pintên banggi ta ing benjing | kulantuk pitulunging Hyang | anulya mring kaka angling ||

4. hèh ta kakang Baron Sukmul | karia rumêksèng umi | mung Si Sakèbêr ngong pinta | milyaa ing laku mami | lan pêdhang ingsun sajuga | gêgawan ngong barêng lair ||

5. iku ngong wawa ing laku | lan malih murit ngong iki | rawatana dèn prayoga | wruhanta singsim puniki | dadi panêngêranira | ing pati lan urip mami ||

6. samăngsa sotyane wêlu | amasthi ngong nandhang agring | yèn coplok saking êmbanan | utawa ilang amasthi | ingsun tumêka ing laya [la...]

--- 15 ---

[...ya] | dene lamun sira bangkit ||

7. kakang upayanên ingsun | Baron Sukmul anampèni | sêsupe sarwi karuna | Baron Sakèndhèr anuli | pamitan mring ibunira | saksana mentar sing ngapti ||

8. Baron Sukmul atut pungkur | Baron Suhulman tan kari | miwah Sakèbêr tut wuntat | sami tumutur sumiwi | dhatêng sang maha nakoda | sapraptanira ing ngapti ||

9. nakoda kagyat andulu | citrane putra kêkalih | dene pra sami lalita | lawan kang sawêlas sangli | saksana sami pinarsya | kinuswa agênti-gênti ||

10. nakoda dahat sihipun | wis tan nyana lamun maksih | darbe putra kalih ika | sang pandhita duk umaksi | mring Sakèndhèr tan prabeda | inggih kamantyan dènnya sih ||

11. ngêngudang sarwi gumuyu | mring Baron Sakèndhèr nuli | angandika mring nakoda | sapa rane putu mami | kang liningan riwusnira | atanya nama mring siwi ||

12. mratelakkên ing sang wiku | ngandika malih sang yogi | nakoda tanayanira | Si Baron Sakèndhèr iki | kang manira pilih sarta | ngong angkah putu sayêkti ||

13. ingsun gawa marang gunung | nakoda jrih nuwalani | ananggakakên kang putra | sarta waspanira mijil | Sakèndhèr tinantun turnya | mring rama sumanggèng kapti ||

14. datan lênggana tumutur | mring padhepokan ing ardi | sang wipra sru anggarjita | miyarsa ture sang pêkik | dyan pamitan mring nakoda | mentar sumusul [su...]

--- 16 ---

[...musul] mring ardi ||

15. Baron Sakèndhèr tut pungkur | miwah Sakèbêr tan kari | sang pandhita saking dahad | mring Sakèndhèr dènira sih | arsa pinondhong supadya | menggala prapta ing wukir ||

16. nanging Sakèndhèr tan ayun | kêdah lumampah pribadi | Sakèndhèr samana lagya | jaka kumala ing wanci | ya ta kang sami lumampah | wontên ing margi winarni ||

17. kapêthuk durjana catur | sang maha yêkti lumaris | Sakèbêr anglud lumaywa | Baron Sakèndhèr pinurih | milya miruda tan arsa | sêdyanira nanggulangi ||

18. durbiksa catur pinêthuk | dèn but sakawan sang pêkik | sor kapatira pralaya | asarana dèn pêdhangi | sang pandhita duk tumingal | yèn durjana wus ngêmasi ||

19. sigra marani sang bagus | kinudang-kudang pinuji | wangwang lumajwèng laksana | tantara praptèng asrami | Sakèndhèr dahat ingêla- | êla de sang maha yêkti ||

20. dèn ugung sakarsanipun | sampun ing antara lami | pinasrahan rajabrana | sèsining patapan sami | lingnya sang raja pandhita | kulup ing pandulu mami ||

21. wus katrêm sira nèng gunung | ing mêngko sadarbe mami | iku kabèh tampanana | sira ingkang andarbèni | sèsi isining asrama | ênya tampanana iki ||

22. soroging gêdhong sadarum | ananging wêwêkas mami | mung gêdhong gêdhe ro ika | ywa sira buka salami | de madungdung loro ika | apa sakarsanirèki ||

23. manira nora tumangguh | mêne

--- 17 ---

ngong arsa lumaris | ngidêri patapan ingwang | nalitik tanduran mami | kang wasa de sato kewan | Baron Sakèndhèr nampèni ||

24. sakathahing sorog wau | enjing sang yogi lumaris | wanci sontên antukira | sabên-sabên inggih asring | mangkana pakaryanira | ya ta ing antara ari ||

25. panuju mentar sang wiku | Baron Sakèndhèr nabda ris | mring Sakèbêr pa karannya | ngong winêkas wanti-wanti | mring si kaki ywa ambuka | gêdhong ro ika salami ||

26. lah mayo padha dinulu | kang sinung ujar umiring | dyan sinorog kang sajuga | dwaranira tundha kalih | jroning kori kang kapisan | wontên pawonira kèksi ||

27. tinumpangan jèdhi agung | Sakèndhèr tanya mring dasih | Sakèbêr pa sira wikan | piranti apa puniki | kang liningan saurira | punika pancèn kinardi ||

28. anggodhog lêlêgènipun | pandugi kula sang yogi | asring-asring sade gula | suka gumujêng sang pêkik | dyan kori ping kalihira | winêngakakên tumuli ||

29. kongas bangêr gandanipun | ing jro prasada umèsi | tumpukan balung wong kathah | Sakèndhèr sumlêngrên ngaksi | tan bangkit andugèng nala | mring wau kang dèn tingali ||

30. Sakèbêr sru mungur-mungur | dadya mutah wali-wali | korining gêdhong saksana | kalih pisan wus kinancing | Baron Sakèndhèr dyan mentar | mring gêdhong jugane malih ||

31. binuka kagyat andulu [a...]

--- 18 ---

[...ndulu] | ing jro wontên ditya siki | wus sêpuh wangwang tinanya | ing namanira lan malih | darunanya winarăngka | raksasa nauri angling ||

32. Kala Singgunkara ulun | ingkang sudi amastani | tilasing wipreswaramba | nguni ing Nuswa Têmbini | wastane nagri kawula | pun Mintuna kang angêndhih ||

33. kengingipun nagri ulun | sarana dèn sampekani | marma kula pinarsada | wit pun Mintuna tan bangkit | amugut tuwuh kawula | Sakèndhèr atanya malih ||

34. mau manira andulu | ana gêdhong gêdhe siji | mèsi balung têtumpukan | lah iku balung punapi | Singgunkara anêlojar | punika pra tulang janmi ||

35. kawikana ing sang bagus | pun Mintuna măngsa janmi | têtumpukan balung ingkang | wontên ing gêdhong kaèksi | yèku sami balungira | para putraning narpati ||

36. myang sutaning priyayyagung | ingkang kadi sang apêkik | samudana pinèt putra | mring pun Mintuna sang yogi | ing lama-lama minăngsa | Sakèbêr nambungi angling ||

37. hèh linyok sirèku diyu | têka angadon-adoni | arsa akarya wisuna | ujarira angrês-rêsi | yèn wartanta iku byakta | lah pêthèkên aran mami ||

38. lan kang sêsuta maringsun | ditya gumujêng nauri | Si Sakèbêr aranira | êmban ingkang asêsiwi | malar pakênira drêwya | sadulur lanang sawiji ||

39. Suhulman panêngranipun | Sakèbêr duk amiyarsi | alatah nauri sabda |

--- 19 ---

pambatangira tan sisip | nulya sang yaksa pandhita | mring Sakèndhèr matur malih ||

40. lamun anggèr tan anggugu | ing atur kang wus kawijil | kawula darbe isarat | nguripkên salir kumêlip | ingkang sampun sami pêjah | ran toya rèh tata darmi ||

41. mugi têtumpukan balung | kang anèng gêdhong puniki | tinètèsana sadaya | sèstu sami purna jati | jati-jatining manusa | kadi duk ing nguni-uni ||

42. Sakèndhèr sru sukèng kalbu | anampèni toya urip | mentar mring doning pra tulang | wusnya binuka kang kori | tumpukan balung saksana | tinetesan toya urip ||

43. anulya bêbalung wau | tungtum mring done pribadi | puwara matêmah janma | paripurna lir ing nguni | Sakèndhèr eram ing driya | non pangwasaning tirtadi ||

44. tanapi gawok andulu | citraning pra narpasiwi | dene pra sami lalita | molih yèn trahing narpati | myang palunturing awirya | kèksi ing rèh kang winuri ||

IV. Baron Sakèndhèr kesah dhatêng Sêpanyol

4. Pangkur

1. Baron Sakèndhèr atanya | mring kang sampun sami apurna jati | nama myang pinangkanipun | miwah ing nalarira | dènnya nèng asrama kongsi têmah lampus | pratelane [pratela...]

--- 20 ---

[...ne] kang tinanya | lan turing ditya tan sangli ||

2. Baron Sakèndhèr saksana | gosthi lawan Singgunkara rasaksi | mênggah prayogining laku | turira Singgunkara | mrayogakkên lamun para putra wau | siningid ing gêdhong samya | mrih sang wiku ywa kongsi wrin ||

3. de entarira sang dwija | satuhune mangsan kang dèn upadi | ing samăngsa datan antuk | dènnya ngruruh mêmangsan | yêkti mêne ngarih-arih ing sang bagus | sêngadyarsa kinurisa | datan wun ambêbayani ||

4. wit linêbêtkên ing wedang | anèng jèdhi punika dènnya kardi | lamun lênggana cinukur | anulya samudana | pinurih anyêthikakên agninipun | pawoning jèdhi punika | lamun katungkul anuli ||

5. jinorogkên mring jèdhinya | marma sampun tuna prayitnèng galih | Baron Sakèndhèr mituhu | ing rèh sang yaksa dwija | para putra pinrih malbèng gêdhongipun | mangkana pamuwusira | hèh wong sanak-sanak mami ||

6. manjinga ing gêdhong padha | muwah aywa ana darbe kuwatir | ngong kang malêskên patimu | durung lêga tyas ingwang | yèn kang madhêm marang sira durung lampus | marga sing pamalês ingwang | ya ta para putra nuli ||

7. tumamèng gêdhong sadaya | Singgunkara inggih wus wangsul malih | marang jro warangkanipun | Baron Sakèndhèr sigra | mring wisma gêng sarta prayitna ing kalbu | lingên Bagawan Mintuna | saking lêlinggaran prapti ||

8. kontrèng nitya masmu abang | dyan Sakèndhèr kinudang dèn [dè...]

--- 21 ---

[...n] rih-arih | ginunturan ing sabda rum | miwah arsa kinuswa | sang apêkik tansah mendrani tanpa yun | pinarêkan dyan sang dwija | marpêki unggyaning jèdhi ||

9. andadosakên dahana | dupi wedang wus umob molak-malik | Baron Sakèndhèr tinuduh | anyêthikkên pawaka | nging lênggana dadya wau sang awiku | puwara kaku ing driya | arya mikarèng sang pêkik ||

10. rinênggêp nanging tan kêna | sanityasa ubêng-ubêngan jèdhi | wangwang tangginas sang bagus | sang raksasa pandhita | pinanduk ing pêdhang kapisanan lampus | cinêmplungkên wangkenira | ing jèdhi drawasa nuli ||

11. Baron Sakèndhèr saksana | mring unggyane Singgunkara anuli | linuwar sing wrangkanipun | kang sarta pinajaran | lamun Sang Bagawan Mintuna wus lampus | Kala Singgunkara dahat | suka pirênaning ati ||

12. naoskên prasêtyanira | wit rumaos yèn kapotangan urip | ananggakkên wandanipun | sandika lumaksana | ing saliring karsanira sang abagus | Baron Sakèndhèr wacana | Singgunkara sira mangkin ||

13. sun aku wong tuwaningwang | ngong basani kaki kalawan malih | têtêpa sira pilungguh | ana ing padhepokan | kene sarta amomonga raganingsun | Singgunkara tan lênggana | anulya pra rajasiwi ||

14. winêdalkên sing prasada | sira Baron Sakèndhèr wangwang gosthi | lawan sang raksasa wiku | ing bab prayoganira | para putra wau Singgunkara matur | yogya sami

--- 22 ---

ingataga | sowang-sowangan umulih ||

15. mring prajanira priyăngga | mamrih sami bingah-bingah apanggih | lan wong sêpuh-sêpuhipun | miwah wandu-wandawa | Baron Sakèndhèr sampun pêthuk ing kalbu | Kala Singgunkara sigra | dhawah mring pra rajasiwi ||

16. hèh sutaningsun sadaya | karsane gustinira kita mangkin | pinrih sumusuk sadarum | mring prajanta priyăngga | kang liningan sami lênggana ing tuduh | kumêdah andasih marang | Sakèndhèr tumêkèng lalis ||

17. măngka walêsing kadarman- | nira Baron Sakèndhèr kang ngalabi | ing dhèwèkira sadarum | Singgunkara manabda | sakwèhning prasêtyanta katrima sampun | marang gusti pakênira | pangangkuhe datan pai ||

18. kita anèng prajanira | lan umiring milya sabaya pati | saksana sang ditya wiku | nyipta tăndha tingalan | lingira hèh anak-anak ngong sadarum | wêkas ingsun marang sira | têmbe yèn sira umèksi ||

19. rêrupan ingkang kadyeka | dèn padhenggal tumêkaa ing ngriki | sawadya sikêp prang pupuh | sandika aturira | tandya gênti-gênti para rajasunu | mahyakkên panrimèng driya | miwah prasêtyane sami ||

20. maring Kala Singgunkara | tuwin maring Sakèndhèr awit saking | sung margining uripipun | ri sampuning sawega | sigra sami sowang-sowangan sumusuk | mring prajanira priyăngga | Baron Sakèndhèr winarni ||

21. lawan sang yaksa pandhita | Singgunkara

--- 23 ---

amangun taki-taki | tan towang saarinipun | ditya wiku mêmêjang | mring Sakèndhèr kawijayan kadibyan nung | tanapi aji limunan | bangkit majêmur lan êjin ||

22. lan ngumbara tanpa êlar | tumpêk ngèlmunira sang ditya rêsi | maring Sakèndhèr sadarum | dadya sang pêkik mangkya | krêtarta ring kawruh awimbuh sinêru | dènira amangun brata | samana nuju ing ratri ||

23. Baron Sakèndhèr nyupêna | kramantuk putri ing Sêpanyol nagri | sawungunirarda wuyung | mring dyah kang kasupêna | sigra apêpoyan mring sang ditya wiku | wêkca ing supênanira | Singgunkara matur aris ||

24. dhuh anggèr inggih punika | marginipun paduka pikantuk sih- | ira Pangeran kang Agung | miwah sampun kaênas | paduka ing benjing dadya prawira gung | jatining purusa tama | munjuli para narpati ||

25. miwah angrèh para raja | nanging agêng sangsayanira inggih | punika wus kaprahipun | yèn janmantuk nugraha | yêkti agung inggih sêsandhunganipun | marma ywa tunèng wêweka | atur kawula kang mugi ||

26. anggèr tumuntêna mangkat | mring Sêpanyol dene kang madêg aji | adarbe tanaya wadu | sajuga lalu endah | wus linamar dening sagung para ratu | myang dipati ing ngamănca | ananging praptèng samangkin ||

27. dèrèng wontên kang katampan | dados para ratu myang pra dipati | wau maksih sami tugur | anèng Sêpanyol praja | dene putri wau pinasthi ing besuk | dados jatukramandika [ja...]

--- 24 ---

[...tukramandika] | ulun anjurung sêmèdi ||

28. miwah ing salaminira | anggèn kula tapa angêngirangi | bukti atanapi turu | andika kang darbea | punika kang minăngka pamalês ulun | maring kadarman paduka | asru anêdha sang pêkik ||

29. mring wulangira sang ditya | sarta nêdya dèn èstokkên sayêkti | Singgunkara malih muwus | liya saking punika | anggèr kula naosi isarat luhung | awasta tirta kancana | salir ingkang dèn usapi ||

30. amasthi têmah kancana | nadyan sato kewan kang dèn usapi | saèstu matêmah tatur | Baron Sakèndhèr sigra | anampèni isarat sru arsèng kalbu | ri sampunira pamitan | dyan sing asrama lumaris ||

31. Sakèbêr ingkang tut wuntat | dupi sampun têbih saking asrami | nulya na taksaka agung | anjêbus sing pratala | amêthukkên lampahira sang abagus | Sakèbêr ajrih kalintang | gumêtêr dènnya ningali ||

32. ananging taksaka bisa | tata janma umatur ing sang pêkik | bêndara kang mugi sampun | ajrih dhatêng kawula | botên nêdya asikara ing sang bagus | kawula punika kadang | andika parêngan lair ||

33. nêdya ngulun ing paduka | ing salampah sumêdya atut wuri | Baron Sakèndhèr amuwus | yèn têmên-têmên sira | ngong usapi ing isarat ingsun ranu | taksaka datan lênggana | ri saksana dèn usapi ||

34. ing wau tirta isarat | sanalika sarpa atêmah rukmi |

--- 25 ---

mancorong ujwalanipun | Sakèndhèr sru sukèng tyas | angandika hèh ula mênè sirèku | balia mring sasananta | têmbe yèn ngong manggih wèsthi ||

35. sun cipta enggala prapta | kang liningan sandika turnya nuli | amblês ing pratiwinipun | Sakèndhèr lajwèng lampah | tandya wontên kuda sêmbrani maniyup | cumlorot sing dirgantara | sakawacaning turanggi ||

36. anjog ing ngarsane radyan | bangkit tata janma umatur nuli | gusti pêthuka ing kalbu | nitih ing gigir amba | ulun kadangta parêng lair satuhu | Sakèndhèr sru anggarjita | kuda wangwang dèn usapi ||

37. ing tirta isaratira | tan antara wau kuda sêmbrani | têmah tatur muncar murub | ananging dèrèng arsa | Sakèndhèr anitihana marmanipun | tansah lumampah nèng wuntat | kininthil kang nandhang brangti ||

V. Baron Sakèndhèr kêpanggih kalihan putri Sêpanyol

5. Asmaradana

1. Sakèndhèr laju lumaris | tan dangu ing lampahira | nulyana pêksi grudhane | maniyup sing dirgantara | anjog ing ngarsanira | Sakèndhèr sarya umatur | yèn prênah sadulurira ||

2. pêparênganira lair | mangke sumêdya tut wuntat | ing sapurugira radèn | kagendra dyan [dya...]

--- 26 ---

[...n] ingusapan | ingudaka isarat | saksana asalin wulu | êlar wus dadya kancana ||

3. mradipta tinon tulya sri | Sakèndhèr laju ing lampah | Sakèbêr miwah kudane | ingkang sami atut wuntat | pinayungan ing grudha | data tita kang winuwus | nata ing Sêpanyol praja ||

4. agêng karatoniraji | angrèh sasamèng narendra | sugih wadya myang branane | putranira mung sajuga | wanodya mandya endah | ing citra tuhu pinunjul | ing sasami-samining dyah ||

5. kongsi kuncara mring nagri | ing sakiwa-têngênira | wau praja ing Sêpanyol | marma kathah para nata | miwah para dipatya | sing ngamănca sami rawuh | ing Sêpanyol ngêbun enjang ||

6. nging tanna kang dèn tampèni | wau ing panglamarira | dhatêng rêsmining kadhaton | rama ibu datan pêgat | anari marang putra | nging sang dyah dahat alumuh | sumarmanira mangkana ||

7. wit nyupêna mawi krami | antuk satriya ing arga | anama Baron Sakèndhèr | lalita prawirèng yuda | sang putri dahat brăngta | mring supênanira wau | nulya anis saking pura ||

8. cipta arsa angulati | ingkang kèksi ing supêna | muhung pawongan sawiyos | ingkang umiring ing lampah | jro pura apuyêngan | samurcanira sang ayu | sing pura ing ratri kala ||

9. nata miwah pramèswari | kamantyan unanging driya | wit saking putra murcane | rinuruh datan kapêdhak | Parganarini tansah | mular anggubêl ing

--- 27 ---

kakung | sri nata wibuh ing driya ||

10. dadya karsanira aji | andhawahkên sayêmbara | sintên kang amanggihake | kinurên lawan sang rêtna | sarta ingangkat nama | prabwanom ya ta winuwus | para ratu măncapraja ||

11. duk myarsa sayêmbara ji | sigra anuding caraka | angupadosi sang sinom | lingên kusumaning pura | wus lêpas lampahira | sing praja amurang ênu | tansah Sakèndhèr sinambat ||

12. salir kèksi myang kapyarsi | cinipta kang mawèh rimang | unining mrak panyiptane | panguwuhe kang sung brăngta | dhatêng sang lir kusuma | puspa kang anjrah ing ênu | gandanya rum nanduk grana ||

13. cinipta gandanirèki | Sakèndhèr kang kasupêna | ujaring paribasane | lêta samodra lan arga | yèn wus pinasthi dadya | jodho saèstu pinangguh | sang rêtna wangwang tumingal ||

14. gumêbyar ing awiyati | pinrastawakkên ing tingal | kèksi kaga gêng warnine | alêmpêr ing ibêrira | sang rêtna lalu ebat | anulya malih andulu | satriya juga lumampah ||

15. maksih taruna apêkik | dèn iring ing dasih juga | myang kininthil ing kudane | pinayungan ing kaga mas | sang rêtna angartika | tan samar inggih puniku | ingkang kèksi ing supêna ||

16. Baron Sakèndhèr anuli | anon wanodya sajuga | rarywan sandhaping wrêksane | ingadhêp de dasih juga | sang dyah asêmu sayah | duk wus cakêt kalihipun | sami sumêdhot ing

--- 28 ---

driya ||

17. supênanira katangi | Baron Sakèndhèr atanya | ing nama myang pinangkane | miwah kang sinêdyèng paran | sang dyah matur ing mula | tumêkèng wêkasanipun | Baron Sakèndhèr dyan wêkca ||

18. ing nama lan kang kinapti | cinêndhak ingkang carita | langêning wawan wiraos | Baron Sakèndhèr dyan lênggah | sumandhing sang juwita | angêrobi ing sabda rum | sang rêtna nulya ngandika ||

19. rèhning ingkang dèn ulati | ing mangke sampun pinanggya | yèn suwawi ing karsane | kula aturi sarêngan | dhatêng Sêpanyol praja | umarêk ing rama prabu | Sakèndhèr pêthuk ing driya ||

20. sang dyah tinitihkên nuli | ing kuda sêmbrani lawan | Baron Sakèndhèr karoron | alon-lonan lampahira | pinayungan ing grudha | nèng marga nêhêr kapêthuk | ing wadyanira pra nata ||

21. kang sami ngruruh sang putri | sang dyah sumêdya rinêbat | apăncakara têmahe | wadyanira para nata | kathah kang katriwandhan | dèn amuk dera sang bagus | miwah dening pêksi grudha ||

22. katiga kuda sêmbrani | sesane laya lumajar | tur upiksa mring gustine | yèn sampun kondur sang rêtna | mring pura sarta mawa | satriya juga dibya nung | digdaya prawirèng yuda ||

23. yèku ingkang numpês salir | utusaning para nata | ya ta sang sinung wartane | lalu ing bramatyanira | awit darbe pangira | yèn entarira sang ayu | wau [wa...]

--- 29 ---

[...u] pinrih minta sraya ||

24. saksana sami anggosthi | sabayantaka sumêdya | ngrurah praja ing Sêpanyol | wusnya angundhangi wadya | kinèn samêktèng yuda | anulya sami adaut | prajèng Sêpanyol kinêpang ||

25. nêngna lampahe sang dèwi | karoron wus praptèng pura | ingantun Baron Sakèndhèr | anèng sajawining pura | dupi pra dasih mulat | kalamun sang putri rawuh | gumrubyug sami amapag ||

26. aragan-ragan angênting | sri nata lan pramèswara | sampun ingaturan wêroh | dening kang para pawongan | ing praptanira sang dyah | sarimbit sigra manungsung | tundhuk nèng kori lan putra ||

27. pramèswari asru anjrit | sarwi amêngkul ing putra | anglud udrasa sang katong | awit tan nyana kapanggya | wusnya tata alênggah | sang nata tanya mring sunu | prawitanya nis ing pura ||

28. wusana mantuk pribadi | sang dyah anutur sadaya | purwa têkèng wasanane | sri lalu ngungun ing driya | puwara anggarjita | andikanira mring sunu | nèng ngêndi mêne lakinta ||

29. winangsulan anèng jawi | sri dhawah animbalana | wus kerid Baron Sakèndhèr | praptèng byantara narendra | sujud angaras pada- | nira risang maha prabu | sarta dahat anoraga ||

30. sang nata rêsêp ing galih | tumingal ing citranira | Sakèndhèr bagus tur anom | ambaranyak sêmunira | dyan tinanya ing nama | miwah kawijilanipun | anggambuh ing aturira ||

--- 30 ---

VI. Baron Sakèndhèr dados Pangeran Adipati Anom ing Sêpanyol

6. Gambuh

1. pukulun sang aprabu | kawijilan kawula ing gunung | Rahsamala pun Sakèndhèr nama patik | sêdyamba mentar sing gunung | ngulun ing paduka katong ||

2. sang nata duk rumungu | ing aturira wimbuh sihipun | angandika kulup sarèhning wus dadi | punaginingsun ing dangu | sapa-sapa silih kang wong ||

3. nêmokkên putraningsun | ya nuli dadia jodhonipun | lan sun ganjar jênêng prabu anom nuli | de kang dadi karsaningsun | ngong undhangakên samêngko ||

4. Sakèndhèr dahat nuwun | ing sih nata lajêng malih sujud | sri narendra sigra nguwarkên mring dasih | lamun Sakèndhèr dhinaup | lan putranira sang katong ||

5. myang jinunjung ing lungguh | ran prabwanom sri malih amuwus | kulup rèhning nagri ing Sêpanyol iki | mêne kinêpung ing mungsuh | sumêdya aprang rêrêmpon ||

6. paran rèhira kulup | kang liningan turnya inggih ulun | ingkang ananggulang mêngsah paduka ji | mung pamintamba sang prabu | sunga pandulu sawiyos ||

7. mrih wrina tandang ulun | ing payudan sri suka ing kalbu | angandika sarupane wadya mami | prajèng Sêpanyol sadarum | adunên prang lawan mungsoh ||

--- 31 ---

8. ananging karsaningsun | sira kang dadia lajêripun | wusnya nabda mangkana nulya mêmatih | mêpak para wadyanipun | sakapraboning prang pupoh ||

9. sang dyah wangwang umatur | rama prabu kularsa tumutur | ing lakyamba magut mêngsah paduka ji | darapon bangkita wêruh | laki gêsang tuwin layon ||

10. ping kalih sarèhipun | wadya ing Sêpanyol dèrèng wêruh | dhatêng laki kawula sampun amasthi | uwas-uwas yudanipun | yèn kawula wontên tinon ||

11. yêkti ing yuda sêngkud | sri narendra mêngkul saryanggunggung | mring kawicaksananira sang sudèwi | sampun linilan tumutur | mring laki amagut mungsoh ||

12. Baron Sakèndhèr sinung | busana kaprabon wimbuh bagus | dyan pamitan akêkanthèn lawan swami | wadya ing Sêpanyol sampun | samêkta anulya bodhol ||

13. tanpa wilis kèhipun | ya ta wadyanira para ratu | măncapraja wrin yèn baris ing jro mijil | arsa nanggulang prang pupuh | nêhêr sami ngrukti ênggon ||

14. karya kalanganipun | arsa prang tandhing samya gul-agul | wadya alit muhung kewala nyuraki | Sakèndhèr sigra tumanduk | mring samadyaning palugon ||

15. nitih sêmbrani luhung | pinayungan ing kagendra tatur | asêsumbar sudira aminta tandhing | mêngsahing kang para ratu | sawadya sami sru gawok ||

16. miyat kuda linuhung | atanapi kang garudha tatur | para nata dyan magut prang gênti-gênti | wontên ingkang

--- 32 ---

asikêp hru | wênèh karbin pêdhang waos ||

17. wontên kang sikêp kêstul | sami ing sasênêng-sênêngipun | nging sakyèhning yoda tanna migunani | mring Sakèndhèr têguh timbul | yèn amalês kèh kang layon ||

18. pinrêping pêdhangipun | tuwin sinambêr kang grudha manuk | tanapi tinubruk ing kuda sêmbrani | para ratu-ratu wau | sesanira kang wus layon ||

19. nungkul sawadyanipun | wit tan wontên kuwawa tumangguh | ing yudane prabu anom nulya sami | pinintan pratandhanipun | yèn wus anungkul sayêktos ||

20. ri sampuning sadarum | sung pratăndha ing panungkulipun | dyan angirid mring kitha sumiwèng aji | natèng Sêpanyol kalangkung | suka pirênaning batos ||

21. muji sêktining mantu | lingnya sakyèhning têlukan iku | măngsa bodho sira ingsun tan ngawruhi | sakarsanta ngong jumurung | angrèh ingkang para katong ||

22. awit atasirèku | dhewe kang darbe kaskayanipun | prabu anom nuwun turnya ing sang aji | nulya para ratu-ratu | măncapraja kinèn bodhol ||

23. mantuk mring nagrinipun | sowang-sowang sabên măngsa muhung | pinrih sowan angaturkên bulubêkti | tandya para nata wau | luwaran sing kutha miyos ||

24. bodhol sawadyanipun | sowang-sowangan sami umantuk | prabu anom nèng Sêpanyol nutug mukti | wibawa sinuba langkung | wus kadi wijiling katong ||

--- 33 ---

VII Baron Sakèndhèr kautus pados wit pisang mas

7. Mijil

1. data tita kang winuwus mangkin | putrane sang katong | ing Lêburgăngsa èstri kapate | sampun sami miyarsa pawarti | yèn rama ngêmasi | amargi linampus ||

2. dening manusa sudibya sêkti | ran Sakèndhèr Baron | miwah patapanira ing mangke | wus dèn ênggoni ing raksasa ji | nguni kang wus kandhih | sarta binalênggu ||

3. putra catur wau duk miyarsi | yèn kang rama layon | sakalangkung arda prihatine | dadya sami anggênturkên tapi | arsa malês pati | angêngudi tuwuh ||

4. sang dyah kapat ing guna mumpuni | tan kewran ing kewoh | sêkti bisa manjing ajur ajèr | katarima dènnya mangun taki | saciptane dadi | mangkya duk samya hum ||

5. ingkang paman dèn aturi prapti | ditya gung kinaot | ing Nuswa Guwabajra[2] nagrine | Rêtna Sayêmpraba anganjali | nulya matur aris | paran paman prabu ||

6. aprakawis sedane rama ji | pinatèn dening wong | ingkang awasta Baron Sakèndhèr | punapa botên sakit kang galih | eman rama aji | darbe putra anung ||

7. lamun botên malês amatèni | tuna ramaningong | apêputra papat sêkti kabèh | tanapi tinilaran kamuktin | kang raka tigangling | yayi mungguh ingsun ||

8. tan kaduga angagal angrêmit | mring Sakèndhèr [Sakè...]

--- 34 ---

[...ndhèr] Baron | dene wus kasusra kasêktène | Baron Sakèndhèr prajurit luwih | tan ana nandhingi | dibyane ing pupuh ||

9. ing nguni ratu măncanagari | prajurite ewon | tan anăngga ing prang kasor kabèh | lèn sing iku yayi ana malih | ingkang sun ajrihi | Si Sakèndhèr mau ||

10. dene bisa nguripakên pati | pira bêtahan wong | sira padhêm iya urip manèh | iku isih kêna dèn wekani | wêgahe tyas mami | aduwe sadulur ||

11. garudha mas lan jaran sêmbrani | awak mas mancorong | yèn prang kuda iku tunggangane | garudha mas ingkang amayungi | mungsuh pirang kêthi | sinambêran rampung ||

12. paran unggyanira ngarah pati | ewuh panêmwèngong | lamun ora nandukkên lêmbute | ingkang rayi anauri angling | kawula kadugi | angarah ing lêmbut ||

13. nging paduka kangbok-kangbok sami | miwah paman katong | sami kantuna jagrèng purane | kados-kados wontên daya mami | pema dèn prayogi | rumêksèng kadhatun ||

14. gêdhang êmas lan galathik rukmi | panguripan ingong | gilingan mas pangurip wil kabèh | dèn prayogi rumêksane sami | yèn tiwas amasthi | datan wun alêbur ||

15. ingkang raka sami anauri | ywa watir riningong | sira dèn bisa nuksmèng lêmbute | muga bangkita amalês pati | kang paman nambungi | wus pitaya ingsun ||

16. marang sira sang

--- 35 ---

dyah awotsari | mring kang paman katong | saksana ingusap wadanane | dyan mancala warni putri adi | ayu kaduk manis | lir gambar winangun ||

17. midêra ing rat tanna tumandhing | myang mirib sang sinom | sarira lus lir gêdhah citrane | srêntêg payudara niris gadhing | madya nawon kêmit | dinulu wèh gandrung ||

18. pamit mring raka lan paman aji | wisata sang sinom | ingiring dening êmban inyane | myang parêkan sakawan tut wuri | sêsampur kinardi | kudhung mêmalad kung ||

19. samarga kèh wong kang nêningali | samya brăngta nglamong | ingkang dagang tilar dagangane | karungrungan têmah ngiring-iring | wong padesan sami | kathah atut pungkur ||

20. gancanging carita sampun prapti | sang dyah ing Sêpanyol | laju tumama ing jro kuthane | ting balêbêr kang arsa ningali | tembak urut margi | ajêjêl supênuh ||

21. kathah wong kang samya tilar panti | gumyahing pawartos | sampun katur marang sang pamase | yèn wontên wanodya anyar kèksi | citrane yu luwih | nêm pawonganipun ||

22. ngakên saking nagari ing Prêngging | siwayaning katong | tinari krama dahat tan sarèh | tinundhung têmah ngalaya bumi | awit dening ngimpi | dhaup lan sang prabu ||

23. ing Sêpanyol mêne nêdya nyèthi | dhumatêng sang katong | sri mangagnya anglêbêtkên age | nulya kerid maring kênyapuri | sang nata umèksi | panuju ing kalbu ||

24. ing salami nata dèrèng [dè...]

--- 36 ---

[...rèng] uning | wanodya yu kaot | ingkang mirib sang dyah suwarnane | duk samana wus ingangkat rabi | kinarya padêmi | jinênêngkên ratu ||

25. tansah pêpasihan siyang ratri | kalawan sang sinom | kadya mimi mintuna pamane | kalimutan mring garwa lyannèki | mung kang anyar panggih | tinêngganan tuwuk ||

26. dhomas gunggunge kang para rabi | nata ing Sêpanyol | sami putrining narendra kabèh | madungdung kang anyar wau prapti | ya ta para rabi | sabên-sabên dalu ||

27. cinarita ical siji-siji | minongsèng sang sinom | garwa padmi kang anyar praptane | Rêtna Sayêmpraba kang wêwangi | nata tan andugi | ing tyas sru angungun ||

28. ri sampunira antara lami | wau sang asinom | Sayêmpraba wagugên driyane | kewran dènnyarsa angarah pati | mring Sakèndhèr saking | sarananing alus ||

29. ugêming tyasira sang sudèwi | nandukkên panglorop | Sakèndhèr pinrih mring nagarine | badan sapata tan wun ngêmasi | pinarbutan ing wil | kang sura dibya nung ||

30. nulya beka Sayêmpraba Dèwi | mular nèng paturon | sri narendra dahat sungkawane | angrêrêpa tansah ngarih-arih | ariningsun gusti | paran kang pinundhut ||

31. kang tan ana takokna maskwari | donya ing Sêpanyol | tapis namung aywa nangis bae | mêmundhuta masthi sun têkani | umatur sang dèwi | sarwi sênggruk-sênggruk ||

32. kakang aji yèn paduka asih |

--- 37 ---

ing kawula yêktos | kinarya paran rajabranane | mung kang kawula suwun sang aji | pisang kancana di | ingkang pupusipun ||

33. cindhe aron sutra papah rukmi | ngandika sang katong | ngêndi ana ariningsun anggèr | nging mindêla sun akon akardi | pasthi nuli dadi | sang dyah muwun asru ||

34. êmoh ingkang pakaryaning janmi | kang sun jaluk mangko | gêdhang êmas ingkang urip dhewe | yèn tan antuk pasthi ngong ngêmasi | ngandika sang aji | mênênga sun mêtu ||

35. sri umiyos pinarak nèng jawi | ingayap de kang wong | ngagnya nimbali kang putra age | prabu anom wus kerid sarimbit | doh ingawe nuli | parêk awotsantun ||

36. wusnya ngabêkti saksana linggih | ing kursi mas kaot | sang nata ngling kaki sudarmane | sun timbali ngong sungkawèng galih | wit dèn jêjaluki | pinothah ibumu ||

37. nulya sang dyah prapta sarwi nangis | sumungkêm ing pangkon | sang nata ngling wis mênênga anggèr | putranira yayi kang sun tuding | upayakna kaki | ibumu wulangun ||

38. ambêbana minta gêdhang rukmi | kang pupus cindhe jo | putra matur sêmbawa wontêne | lamun botên kalawan kinardi | ngandika sang aji | upayakna kulup ||

39. prabu anom Sakèndhèr wotsari | sandika sang katong | nadyan praptèng pêjah upamine | lumaksanèng karya paduka ji | kawula andhêmi | dyan pamit umêtu ||

40. panggih Sakèbêr jinunjung linggih | sinung nama

--- 38 ---

Petor | Tumênggung Rêksanagara rane | angrèh salire kang among grami | myang sudagar sami | ing dharatan laut ||

41. prabu anom angandika aris | mring Sakèbêr Petor | payo kakang lunga sun kinèngkèn | ibu sori mundhut gêdhang rukmi | ngudi mring rama ji | Ki Sakèbêr muwus ||

42. wong nyarwètèh golèka sabumi | mongsantuk mangkono | wong abeka ginêbug tambane | yèn ajaa garwèng nata yêkti | ingsun jêmalani | kongsi têngah lampus ||

43. sigra anitih kuda sêmbrani | wus mêsat sang anom | Sakèbêr amboncèng ing wurine | pinayungan ing garudha rukmi | gumêbyar lir thathit | Sêpanyol kapungkur ||

44. silêm dharatan datan kaèksi | nèng gêgana nyêrot | sampun lêpas Sakèndhèr lampahe | tan antara patapan kaèksi | niyup dyan kapanggih | kalawan sang wiku ||

45. Singgunkara duk samana lagi | nèng crabakan lunggoh | prabu anom sinambrama anggèr | punapa basuki anèng margi | prabu nom nauri | ya bêcik ing pungkur ||

VIII. Baron Sakèndhèr kautus pados galathik êmas

8. Pangkur

1. alon matur Singgunkara | nah ing anggèr prabu nom praptèng ngriki | baya kataman ing wuyung | marma sumêngkèng arga | kawula sakalangkung angayun-ayun | kapanggih lawan [lawa...]

--- 39 ---

[...n] paduka | pun kakyarsa malês kang sih ||

2. kawula wus utang gêsang | ing paduka tan kawasa saurip | amalês kadarmanipun | muhung pahalanira | unggyan kula cêgah bukti miwah turu | minăngkaa walêsira | kadarbea ing sang pêkik ||

3. miwah susatya kawula | arumêksa ing paduka salami | tuwin cumadhang sakayun | prabwanom angandika | ngong tarima prasêtyanira maringsun | ngong onêng lami tan panggya | Singgunkara angling malih ||

4. kang ana ing wuri sira | ki tumênggung apa ta misih bêcik | Petor Tumênggung sumaur | iya bangêt tarima | misih bêcik nanging kothong wêtêng ingsun | uwis lawas nora mangan | yoga suguhên tumuli ||

5. gumujêng Sang Rêsi Wara | iya mêngko saanane binukti | prabu anom ngandika rum | kaki kang luwih limpad | yêkti sira wus wruh ing sakarêp ingsun | gumujêng Ki Singgunkara | punapa gunane gusti ||

6. anyingkruk nèng graning arga | muhung nêdha brêbêkaning kaywaking | yèn tan wrina ing sadurung | durungira winarah | pamudyamba mugi-mugi sang abagus | tulusa mukti wibawa | pun kaki darma atapi ||

7. sanadyan praptèng antaka | tan gumingsir pun kaki anglampahi | dene ta pambatang ulun | milanggèr praptèng arga | saking sru kawagugên ing tyas pukulun | dinuta dening ramanta | ing Sêpanyol sri bupati ||

8. ngupados pisang kancana | kang apupus cindhe ron sutra wilis | bineka ing garwanipun | kang

--- 40 ---

anyar praptanira | prabu anom angling êndi ênggonipun | gumujêng Sa[3] Rêsi Wara | Singgunkara anauri ||

9. marma punika tinêdha | inggih èstu kalamun wontên ugi | nging kang darbe pisang wau | paduka kêkilapan | ibwandika satuhune putri diyu | putrane eyang paduka | raja pandhita kang lalis ||

10. rumuhun paduka pêdhang | putranipun sakawan sami èstri | sampun sami madêg ratu | asêkti mahambara | ibwandika sura sêkti sudibya nung | manjing ajur-ajèr bisa | nagrinya Nuswa Têmbini ||

11. pratiwa sami wanodya | sêkti-sêkti pilih tandhing yèn jurit | kang rumêksa prajanipun | raksasendra prawira | putra catur tan suda sotaning kalbu | lamun dèrèng malês pêjah | dhumatêng paduka gusti ||

12. malês agal tan kaduga | marmanira ingarah saking dhêmit | ibunta satuhu diyu | anyipta ayu raras | karya topèng nginggahi ramanta prabu | ing batin tuwan dèn arah | kênia pêjah sing dhêmit ||

13. prabu anom duk miyarsa | sandeyèng tyas bok angadon-adoni | wasanangling apa tuhu | kaki wacananira | Singgunkara anêlas prasêtyanipun | gusti wontên yêktinira | parèbu andika ênting ||

14. ing sabên ratri minăngsa | siji-siji mring garwa anyar prapti | radèn anggraitèng kalbu | cihna kalamun nyata | kalêbêtan pangendra sangsarèng diyu | lirnya marma ngong dinuta | angulati gêdhang rukmi ||

15. sang rêsi matur dhuh nyawa | dadi apa [a...]

--- 41 ---

[...pa] yèn tannaa pun kaki | mila paduka ingutus | linêbêtakên marang | ing loropan padukanggèr pinrih lampus | gêdhang mas darbene dhawak | kang têngga sampun winêling ||

16. samăngsa paduka prapta | kinèn ngrubut de sakwèhning rasaksi | dyan tanya paran karêpmu | sang rêsi matur gampang | wong mrih pati rinuhunan pasthi lampus | lamun anggèr datan wikan | gêdhang mas myang glathik rukmi ||

17. ingkang akurungan rêtna | panunggilanira gilingan rukmi | glathik pati uripipun | ibu andika ditya | gêdhang mas pati uriping kakangipun | de panggilingan kancana | panguripaning rasaksi ||

18. yèn kenging tiga punika | pasthi tumpês ditya tan mawi jurit | mêne dèrèng mangsanipun | muhung ingkang pininta | gêdhang rukmi ambilên dhêmit sing luhur | samăngsa kenging kang pisang | pasthi gya mundhut galathik ||

19. galathik yèn sampun kêna | panggilingan ingkang pinundhut nuli | karsane tan liya muhung | mamrih pati andika | kadi ingkang sampun kula turkên wau | marma glathik yèn wus kêna | praptèng Sêpanyol ing benjing ||

20. sampun suka yèn tinêdha | poma gusti tan wun pêjah pribadi | prabwanom nulya winuruk | ngèlmu sikir anêlas | lêlimunan bisa manjing ajèr-ajur | myang bangkit ngambah gêgana | lèn bangkit majêmur lan jin ||

21. myang sarat bêtahing lapa | atanapi datan kêna ing pati | tuwin aji darma luhung | lan jaya kawijayan | ngèlmu mindha warna radèn sampun putus | lingnya wis kaki karia [ka...]

--- 42 ---

[...ria] | ingsun mring Nuswa Têmbini ||

22. radèn nulya nitih kuda | sêmbrani mas apayung grudha rukmi | lurah juragan Tumênggung | Rêksanagara mojar | karia basuki kaki ngong tumutur | nauri Sang Rêsi Wara | salamête dèn ta ngiring ||

23. radèn wusnya munggwing kuda | Ki Sakèbêr amboncèng anèng wuri | turăngga mêsat lir wagyut | kalangan nèng gêgana | lampahnya sru Nuswa Têmbini tinuju | prabwanom nabda mring kuda | ingsun têkakna ing wêngi ||

24. wit ngong arsandhustha gêdhang | êmas grudha sambêrên dipun kêni | gancanging kata wus rawuh | niyup sêmbrani kuda | mring jro pura amasang sêsirêpipun | raksasa kadi tinuba | nendra datan angulisik ||

25. miwah kang kêmit sadaya | nèng jro pura sami kapati guling | prajurit èstri sadarum | ginêbyurkên ing toya | nulya mêntas samyanjêngking lajêng turu | radèn anjujug gêdhang mas | sinambêr ing grudha kêni ||

26. prabwanom wangwang sêsumbar | wong jro pura tangia klêbon maling | sun anggawa rêrêksanmu | yèn dira anusula | dyan umêsat mring gêgana arsa kondur | kang kêmit gègèr puyêngan | têtênggannya musnèng ratri ||

27. katur mring putri katiga | wus anduga yèn pinundhut ing rayi | nging tan kawijil ing wuwus | kunêng kang winursita | prabu anom ing Sêpanyol sampun rawuh | lajêng sumiwèng ramendra | angaturkên gêdhang rukmi ||

28. langkung tustha sri narendra | dene ingkang putra sêkti linuwih | anêmokkên [anê...]

--- 43 ---

[...mokkên] ing sakayun | kang garwa sinojaran | yayi iki jêjalukanira antuk | sang dyah amicarèng nala | dene Sakèndhèr tan mati ||

29. dadya arda ing pamular | dèrèng lêga tyas kula kakang aji | kalamun dèrèng pikantuk | galathik rukmi miwah | gilingan mas yèn lêpat kula anglampus | sri narendra angandika | aywa tanggung putra mami ||

30. ibumu minta glathik mas | upayakna lan panggilingan rukmi | radèn sandika turipun | nêmbah amit wus mentar | Ki Tumênggung Rêksanagara tan kantun | amboncèng nèng turăngga mas | apayung garudha rukmi ||

31. sampun mêsat kang turăngga | angumbara awor lan mega putih | Nuswa Têmbini jinujug | ing ratri wus kongkulan | radèn niyup praptèng pura sigra nambut | galathik lan kurungannya | rahadèn rêmên ningali ||

32. dyan mêsat mring jumantara | kang sinêdya ing Rahsamala ardi | byar raina praptanipun | tundhuk lawan kang eyang | Sang Pandhita Singgunkara suka muwus | dhuh anggèr paduka prapta | kula batang lêk kang galih ||

33. nauri prabu taruna | bênêr sira sanyari nora sisip | bekane kabanjur-banjur | nauri Singgunkara | măngsa wusa yèn paduka dèrèng lampus | radèn ngandika ya nyata | mêne galathik wus kêni ||

34. kari siji panggilingan | lah tuduhna kaki ênggone ngêndi | sang dwijawara umatur | pati uriping ditya | panggilingan dede ngriku unggyanipun |

--- 44 ---

dene ta dununganira | kidul lêrês saking ngriki ||

35. wontên ing pulo gêng juga | sakwèh ditya nèng ngriku kumpul sami | têngga panggilingan wau | ratune prênah paman | mring sang rêtna langkung èwêd yèn jinupuk | awit dene kang rumêksa | sadaya ditya sinêkti ||

36. radèn angling yèn mangkana | ingsun agal ngong rêbut saking jurit | arok bănda takêr marus | sinau prang lan ditya | wus sun sêdya iki kaki pêdhang ingsun | panumpêsaning danawa | Singgunkara matur malih ||

37. kang diyu kalangkung kathah | kêthèn yutan datan kêna winilis | sayêkti paduka bingung | lan tan kêna ing pêjah | lamun datan kenging panggilinganipun | sumaur radèn amêksa | sun rêbute saking jurit ||

38. wus kaki sira karia | anjurunga puji ing laku mami | sang dwijawara umatur | inggih anggèr dèn yitna | sigra nitih sêmbrani lan ki tumênggung | pinayungan ing garudha | silêm dharat tan kaèksi ||

39. Guwabadra wus kongkulan | kuda niyup ya ta para rasaksi | nèng ngriku lagya akumpul | rajapatih sineba | ing wadya wil agosthi lampahing sunu | ing Nuswa Têmbini ingkang | lagya anandukkên sandi ||

40. nuksmèng Sêpanyol nagara | sakamantyan tusthane sang ditya ji | dyan kagyat ing rawuhipun | prabwanom tanpa sangkan | dumrojog mring ngarsa cingak kang andulu | rajapatih atêtanya | anggèr satriya ing pundi ||

41. andika tigas kawuryan | anauri [a...]

--- 45 ---

[...nauri] sun dutaning narpati | ing Sêpanyol kinèn mundhut | panggilingan kancana | jêng ibu ambêbana mring rama prabu | yèn sira dol rêga pira | manira kang minangkani ||

42. rajapatih lon turira | inggih èstu anggèr wontên ing ngriki | yèku pundhèn kula tunggu | radèn sintên sinambat | anauri prabu anom aran ingsun | Sakèndhèr kamantwèng nata | ing Sêpanyol praja adi ||

43. duk miyarsa rajapatya | anglocita ragane baya iki | kang matèni kakang prabu | abêgja kêmayangan | alah silih amarani nagrinipun | ing mêngko têka priyăngga | marene nanggakkên pati ||

44. pintêr têmên putraningwang | putri musthika Nuswa Têmbini |[4] mêngko tibane takamu | măngsa silih gagala | ngong pêpulih ing patine kakang prabu | Sakèndhèr angling hèh ditya | gilingan ulungna aglis ||

45. awèha nora awèha | ingsun jaluk budi ngong sêmbadani | apa lumaku sun rêbut | bramatya rajapatya | sruning krodha anggêrêng kadya galudhug | sabda gora kadya gêrah | drastha kengis kadi thathit ||

46. gumilar netra lir surya | asru mojar kaya lanang pribadi | Si Sakèndhèr pêksa punjul | baya bosên agêsang | sidèng kene mêngko tibane takamu | Sakèndhèr wacana sugal | sabudimu sun tadhahi ||

47. ngisis siyung mangap-mangap | radèn mojar nakota ngong tan ajrih | lah mara barênga maju [ma...]

--- 46 ---

[...ju] | ingsun rêbutên ing prang | duk ing timur ngong wus tau numpês diyu | rajapatih anggro ngatag | mring wadya ngrubut ing jurit ||

48. gadgada parêng tumandang | ngrubut nubruk naut anggêgilani | tan kewran radèn atangguh | sinaut datan pasah | lir wêsi pinukul ing timah kumêdul | binandhêm ing sela-sela | tinangkis ing asta keri ||

49. sela wangsul kapalêsat | anibani ditya kathah kang lalis | kuda sêmbrani angamuk | nepak nujah angêrah | ting sulayah ditya kacurnan kèh lampus | kunarpa susun atumpang | sang kagendra anambêri ||

50. kang kapatuk samya bêncah | pirang-pirang danawa ingkang mati | datan suda malah wuwuh | ingkang pinindho gêsang | kang kapêkan tênggêkira têmah thukul | kang jinalu ing garudha | pêjah nuli urip malih ||

51. ri sêdhêng pinarêbutan | prabu anom kewran pangamuknèki | kalawan turăngga tatur | miwah garudha êmas | kang kaparag wil tumpês ing wuri ambyuk | tan suda malah sangsaya | wuwuh ingkang angêmbuli ||

52. prabu anom angandika | sêmbrani ngong umbulna ing wiyati | sapangu ngong arsa pangguh | lan eyang Singgunkara | sigra mumbul mring wiyat grudha tan kantun | Sang Rêsi Wara wus wikan | yèn prabu nom sor ing jurit ||

53. Singgunkara matêk cipta | pra putraning nata nguni kang lalis | kang ginêsangake sampun | mangkya cinipta prapta | saha bala samêtèng[5] sikêp prang pupuh | ing patapan kaèbêkan [ka...]

--- 47 ---

[...èbêkan] | wadyane pra putra sami ||

54. duk gunêm prabwanom prapta | ing aldaka Singgunkara anuli | umatur sarwi gumuyu | nah anggèr kadiparan | punapa tan wêgah Sakèndhèr amuwus | kaki iya bênêr sira | paran pikirira kaki ||

55. umatur Ki Singgunkara | wadyanira pra putra ingkang prapti | angsahna prang lawan diyu | sayêkti tan kuciwa | yèn wus campuh ing ayuda sami riwut | yêkti sami weya ingkang | ngrêksa panggilingan rukmi ||

56. nuli sambêrên dèn enggal | panggilingan panguriping rasaksi | tumuli amukên purun | saking nginggil sing ngandhap | pasthi tumpês danawa tan mawi tatu | suka Sakèndhèr lingira | pra putra bodholna aglis ||

57. ingsun kang mêtwèng gêgana | sigra mêsat ngumbara dèn payungi | ing grudha ya ta winuwus | sagunging siwayendra | nata wadya arda tusthanirèng kalbu | dènnyarsa naur kadarman | mring kang nguripakên malih ||

58. lingnya ing samêngko baya | kalampahan nauri sihing gusti | wusnya têngara gya mudhun | sing arga saha bala | swarèng wadya wor surak atri gumuruh | gêgaman tanpa wilangan | dinulu dahat ngajrihi ||

59. lir tirta ri sêdhêng mêdal | saking rong andalêdêg tan ngêndhati | datan kawarna ing ênu | praptèng doning raksasa | ditya mulat sawega prayitnèng kewuh | ambèr lir samodra pasang | anêmpuh mungsuh kang prapti ||

60. tandangnya lir singa lodra | parêng nubruk manusa anadhahi | anrêg sinrêg parêng anduk [a...]

--- 48 ---

[...nduk] | sêndhal dugang-dinugang | anyuligi amanahana ambusur | nyakra gada ambadhama | pêdhang caruk ting carêngkling ||

61. wadyane kang para putra | anadhahi bakuh datan gumingsir | prabu anom wus aniyup | anambêr panggilingan | wus kacakup sigra mangsah atêtulung | ngiwut angamuk raksasa | kang kaparag tumpês tapis ||

62. ditya rêbah ting sulayah | awak sigar sawênèh nguwir-uwing[6] | rangkêp pat pinêdha[7] rampung | rêncêm murda tinêpak | pira-pira wangkening wil susun timbun | rajapatih wus kacandhak | pinêdhang sigar kapalih ||

63. wadyane wus têtumpêsan | ambalasah kadya babadan pacing | sesaning mati lumayu | giris ngungsi ing wana | myang ngungsi ing jurang-jurang gunung-gunung | sasirnane kang danawa | prabwanom arsa umulih ||

64. sigra mêsat angambara | kondur marang ing Sêpanyol wus prapti | laju sowan ing sang prabu | ngaturkên panggilingan | pramèswari anjêngêr tan kêna muwus | rumasa yèn katiwasan | myarsa ditya tumpês tapis ||

65. tigang pandurat tan ngucap | apuwara ngandika masmu runtik | êndi ta galathikipun | ingkang kurungan rêtna | prabu anom matur punikamba suwun | sangêt ing rêmên kawula | sang rêtna ngling aja kaki ||

66. sanadyan silih akèha | lèh-olèhmu mung iku sun karêpi | ênya kabèh lèh-olèhmu | gêdhang mas panggilingan | nora kudu mung galathik ingsun jaluk | prabu anom aturira | asangêt panuwun patik [pa...]

--- 49 ---

[...tik] ||

67. kawula rêmên piyambak | lêng mundhuta kang tan wontên ing ngriki | sang rêtna rêngu amuwus | iku ujar nglêngkara | kang tan ana kinarya apa jinaluk | prabu anom aturira | sakarsa ibu mastani ||

68. sang nata alon ngandika | ariningsun bok angalah rumiyin | jêr wus ana ing putramu | yèn wus bosên samăngsa | sira pundhut sinaosakên wus tamtu | jêr antuk-antuke dhawak | mêne lagi dèn dhêmêni ||

69. kèndêl sungkawa sang rêtna | wus rumasa tiwas datan wun lalis | kondurira sarya muwun | niba anèng paprêman | sri narendra angrapu amêlasayun | angukih somyaning garwa | ingkang udrasa mong kingkin ||

IX. Baron Sakèndhèr katundhung saking Sêpanyol

9. Asmaradana

1. prabu anom kang winarni | angundha galathik êmas | dèn êtrapi kênur rante | yèn mibêr dhuwur sinêndhal | tiba amêgap-mêgap | sang putri niba tan emut | jro pura tangis gumêrah ||

2. Sakèndhèr nandhak galathik | dèn êdusi binorehan | galathik sêgêr awake | sang putri wungu waluya | anungkêmi sang nata | umatur ngusapi êluh | akathah ingkang katingal ||

3. kèksinipun kakang aji | prabwanom putra paduka | karoron lawan rabine |

--- 50 ---

ambêkta sêking lan gobang | nêdha ati nginum rah | katingal kula lumayu | tinututan dèn lêlarak ||

4. tinulungan ing galathik | atmajanta sinambêran | lumajêng marang purane | kakang pundhutên dèn enggal | yèn wêlas mring kawula | yèn tan suka kula lampus | paduka sampun kecalan ||

5. kewraning tyas sri bupati | tambuh raosing wardaya | dyan ngagnya mundhut pêksine | sang prabu anom lênggana | naoskên pêjah gêsang | kawêkèn sang nata mujung | pramèswari sru karuna ||

6. wagugên sri narapati | dene putra lawan garwa | sayêkti sami awrate | nadyan tansah ngusap jaja | wau prabu taruna | angundha galathik tatur | yèn muluk sigra sinêndhal ||

7. tibane satêngah mati | sang pramèswari kantaka | jro pura gumrah tangise | sang nata amangku garwa | anênggak waspanira | prabwanom galathikipun | siniraman wus waluya ||

8. anglilir sang raja nari | sri tanya apa katingal | sang rêtna sêrêt ature | kakang mung putra paduka | Sakèndhèr lawan garwa | ngure rema mawa alu | dèn iring ing rare kathah ||

9. samyambêkta sêking gapit | kawula dipun gêgila | lawan wau rare akèh | anulya jinêmalanan | kula ing tanayanta | patènana kakang prabu | wong ala ginawe apa ||

10. mung galathik kakang aji | sukaa botên sukaa | pundhutên pêksanên bae | wong siji agăndra pira | jêr paduka sang

--- 51 ---

nata | ngambil mantu wong tan arus | turuning wong tan karuwan ||

11. duk miyarsa sri bupati | rinaos lêrês kang garwa | dene mantu tambuh wonge | nênêka tanpa sasana | sigra nuding caraka | mundhut galathik lan nundhung | putra mentara sing praja ||

12. kang duta asêmu tangis | andhawuhakên dukendra | putus purwa wêkasane | prabwanom matur sandika | iya sira matura | sandika ingsun tinundhung | nging galathik ngong tan suka ||

13. ingsun rewangi tohpati | sapa-sapa kang mudhuta | yêkti ingsun nora awèh | prabu anom angandika | dhumatêng ingkang garwa | wis karia mirah ingsun | kramaa samaning nata ||

14. ingsun wong gorekan yayi | turune wong ngulandara | karia mêngku kadhaton | sang rêtnanjrit mêngkul pada | kakang mas milu ingwang | pêjah gêsang aywa kantun | kawula tan bangkit pisah ||

15. yèn tan pracaya ing mami | wêjêkên upama wastra | tan adarbe tingal loro | mung andika gusti kula | sanadyan cinuthata | kadi cacing wandaningsun | sinikakna kadya sona ||

16. kula sumaksa tut wuri | tan angetang yayah rena | mung andika pangran ingong | sêsambate mêlasarsa | prabu anom duk myarsa | kang garwa nulya sinambut | wus mindêla ariningwang ||

17. mendahane ingsun yayi | yèn pisah amêsthi pêjah | eman warnanira anggèr | uwis sun tohi palastra | sun rêbut sing ayuda | lah mara dandana gupuh | mayo nuli

--- 52 ---

lumaksana ||

18. sang rêtna atilar tulis | sinèlèh ing pagulingan | nulya umangkat sang sinom | binêkta nitih turăngga | Sakèbêr anèng wuntat | turăngga sêmbrani muluk | asongsong garudha êmas ||

19. dinulu saengga thathit | pêksi galathik binêkta | ginantung ing saparane | sang pramèswari kantaka | sang nata gya parentah | anjarahi darbenipun | putra ro kang sampun mentar ||

20. pawongan amanggih tulis | ingaturkên mring sang nata | sinuksmèng driya unine | bêbuka atur pranata | kawula amit kesah | pêjah gêsang kula tumut | dhumatêng laki kawula ||

21. kula tur pemut rama ji | paduka kalêbon cidra | tur dhustha marasadune | garwa paduka kang anyar | rama dede manusa | satuhune putri diyu | sing Nuswa Têmbini praja ||

22. mila garwanta lènnèki | sabên latri ical juga | inggih punika kang amèk | pinadhêm tinaramăngsa | anjêngêr sri narendra | ing driya langkung gêgêtun | myang ngungun kesahing putra ||

23. nulya wontên tur udani | lamun kang garwa kantaka | sri bupati kèndêl bae | ya ta malih kawarnaa | prabu anom lan garwa | glathik siniram ing ranu | ingkang sarta pinakanan ||

24. pramèswari diyu nglilir | pungun-pungun angandika | adhuh lae kakang rajèng | Si Sakèndhèr ularana | susulên patènana | sri narendra tanpa muwus | kang garwa asru turira ||

--- 53 ---

25. apa gene kakang aji | têka aminggu kewala | baya mêmuhung mantune | sun lunga karaya-raya | atilar yayah rena | nora ketang ngong sinêbut | lanji akalis ing wirang ||

26. sing trêsna mring kakang aji | mêngko têmah raganingwang | têka dèn tambuhi bae | kula kakang amit pêjah | kesah saparan-paran | angandika sang aprabu | lah iya sakarsanira ||

27. duk miyarsa pramèswari | anggêro malih raksasa | angêrik lumayu age | mêdal sarwi asêsumbar | lah payo anusula | yèn sira tambuh maringsun | Nuswa Têmbini prajèngwang ||

28. natèng Sêpanyol tan isin | kambah ing sandiupaya | yèn sura nusula mrene | ing jaba padha prawira | payo abăndayuda | tan suda rosing tyas ingsun | yèn Sakèndhèr durung pêjah ||

29. lan yèn durung ngobrak-abrik | nagri Sêpanyol sadaya | asrang jro pura gègère | samya jrih mulat danawa | nata akèn têngara | nusul ditya kang lumayu | sarta kinèn amadhêma ||

30. gumuruh kêndhang gong bèri | tambur salomprèt barungan | wong Sêpanyol pêpak kabèh | sikêp sakapraboning prang | ambujung Sayêmpraba | kèndêl anèng ngalun-alun | asru dènira sêsumbar ||

31. lah payo aja na gênti | wong Sêpanyol mêtonana | rêbutên iki rupane | putri natèng Lêburgăngsa | ing Nuswa Têmbiningwang | widagdèng prang jayèng kewuh |

--- 54 ---

wicaksana tur sudira ||

32. sigra sang putri nrang wèsthi | ngetan dinuk ing sanjata | mriyêm kumupak swarane | mimisipun sakalapa | panambure samaja | obang-abinge sapupu | tibaning mimis lir udan ||

33. nanging tan ana nêdhasi | marang Sang Dyah Sayêmpraba | sigra tinêmpuh barise | wadya Sêpanyol atadhah | nosog ing ganjur watang | suligi kalawan busur | bêngkolang wênèh amêdhang ||

34. dityèstri anunjang wani | anyampe ngidak anêpak | anaut nubruk tandange | gêgaman suh sirna gêmpang | wong Sêpanyol kèh pêjah | wangkene lajêng ginilut | bubar tan măngga puliha ||

35. sami lumayu anggêndring | sasesane ingkang pêjah | wingwrin umiyat tandange | anggro winalik kang kiswa | anjungkir lampah murda | kopèke milya angamuk | anyabêt janma kèh pêjah ||

36. dadya wimbuh sami giris | angungsi marang jro kitha | kori inginêban kabèh | dityèstri aciya-ciya | asêsambat sang nata | adhuh lae kakang prabu | minta êmban payo nendra ||

37. adhuh lae kakang aji | paran ing dosa manira | dene têka dèn nêngake | mêngko sun srênggara singa | ngong rurah kuthanira | duk miyarsa sang aprabu | gumêtêr ajrih kalintang ||

38. kunêng winarnaa mangkin | kang anjangkung nèng gêgana | prabu anom lan garwane | ngandika yayi karia | anunggang si garudha | ngong arsa tulung sang prabu | kasoran aprang [a...]

--- 55 ---

[...prang] lan ditya ||

39. yayi galathik puniki | cêkêlên yèn ingsun yuda | sayah bantingên dèn age | kang rayi matur sandika | wau Sang Sayêmpraba | angêrik-ngêrik anguwuh | arsa tumamèng jro kitha ||

40. rikating kuda sêmbrani | aniyup sampun kapanggya | Sayêmpraba sru wuwuse | dene bêgja kamayangan | Sakèndhèr sira prapta | ingsun arsa ngudi tuwuh | nagih sedane jêng rama ||

41. ing mêngko sira bilai | tibane antakanira | karasa ing tangan ingong | prabu anom angandika | Sayêmpraba majua | payo akantaran bau | sang rêtna narajang sigra ||

42. kuda sêmbrani nadhahi | pagut kêrah akuwêlan | saut-sinaut arame | dêdêl-dinêdêl sudira | sami ngadu karosan | dhêdhosokan gênti rubuh | kuda sêmbrani kasoran ||

43. prabu anom anulungi | raksasa pinêdhang sigar | tan pêjah sru sêsambate | hèh Sakèndhèr patènana | aywa wèt kolêlara | duk pinindho waluya wus | narajang anubruk sigra ||

44. prabu anom ingkang pinrih | kuda sêmbrani atadhah | anubruk kuwêl arame | radèn mêdhang bau sêmpal | pinindho paripurna | mangkana sadangunipun | radèn sêmu karepotan ||

45. galathik sigra kabanting | mring sang dyah wus kapisanan | rêmuk êndhase malopor | sarêng prabu anom mêdhang | èngêt wêlinging eyang | sigar palih awakipun | tan pinindho lajêng pêjah ||

--- 56 ---

46. sarêng kalawan galathik | kuda sêmbrani gya nepak | tibèng samodra wangkene | prabu taruna ngumbara | Nuswa Têmbini praja | jinarahan karsanipun | nêngna gantya winursita ||

47. kang anèng Nuswa Têmbini | Thathaini Kala Johar | Thathakuthana katrine | myarsa yèn kang rayi pêjah | nêdya asrah boyongan | ngrasa tan kawawa mungsuh | dyan rajabrana ginêlar ||

48. akumpul sampun sumaji | nulya gumêbyar katingal | sang prabu anom praptane | sigra mêthuk dyah katiga | ngacari wus alênggah | sang dyah katri sarêng matur | dhuh anggèr tigas kawuryan ||

49. kula kabaran umaksi | kadya dewa ingkang citra | saking pundi pinangkane | sintên pinudya ing krama | prabu anom ngandika | yèn sira tan wruh maringsun | sing Sêpanyol kentaring mas ||

 


Tanggal: Anggara Kaliwon (Slasa Kliwon) sapta (7) Ramêlane (Pasa) Jimawal: tri aswa muni tunggal (AJ 1773). Tanggal Masehi: Selasa 9 September 1845. (kembali)
Guwabadra. (kembali)
sang. (kembali)
Kurang satu suku kata: putri musthikaning Nuswa Têmbini. (kembali)
samêktèng. (kembali)
nguwir-uwir. (kembali)
pinêdhang. (kembali)