Kêtliwêng Barêng, Balai Pustaka, 1930, #1815

Serie No. 918 f 0,25

Kêtliwêng Barêng

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên 1930.

--- [1] ---

Serie No. 918

Kêtliwêng Barêng

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên 1930.

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

I. Ratu kang kèrêm mênyang pangagêman

1. Pucung[1]

1. kaya bingung wiwit ngarang têmbang pucung | ya mung muga-muga | dongengane ketok bêcik | kêna digo ngênêng-nêngi bocah beka ||

2. trima luwung tinimbang mung klowang-klawung | lan tinimbang ngôndha | alaning wong ora bêcik | angur gawe bungahing wong sok katrima ||

3. mêngko tutur wiwit crita bakal galur | kaya ngulur tampar | bokmanawa bisa dadi | dêdongengan sambèn yèn pinuju sêla ||

4. bismilahu kocap biyèn ana ratu | cêkak jaman kuna | ratu mau bangêt sugih | nagarane karan ing Gêmah Raharja ||

5. ratu iku sarirane bangêt kuru | yèn ta dikandhakna | kurang dhahar ora mathis | awit ratu samubarang mêsthi ana ||

6. nadyan mundhut dadar ambane sababut | sosising sakêndhang | sadhela bae wis dadi | mungguh ratu ngono dudu apa-apa ||

7. yèn ngêngunjuk apa bae mêsthi entuk | ngunjuka inuman | sing rêga sèwu sasripit | mungguh ratu prasasat ambayar wingka ||

8. mula kadhung gagapane gawe bingung | saupama gêrah | ora mèmpêr

--- 4 ---

bangêt kuwi | awit ketok sabên dina siniwaka ||

9. dadi ewuh uwong gone arêp nangguh | awit dikiraa | apa bae ora mulih | nanging mungguh sababe mêsthi ya ana ||

10. ratu mau satêmêne gone kuru | ora saka gêrah | mung saka bangêt anggalih | nyang bêciking pangagêman sabên dina ||

11. tindak mau yèn digagas nganti kliru | awit mungguh nata | apa prêlune kêpengin | ngagêm-agêm kang luwih saka sapadha ||

12. awit ratu mungguh pangagêman iku | nadyan sing padinan | mêsthine uwis ngungkuli | panganggoning uwong kang aran pameran ||

13. dadi luput anggone rêmên mêmatut | ing bab pangagêman | kang pakolèh mung sathithik | nganti gawe kèthère ing bab nagara ||

14. kang tinêmu pancèn iya ngono mau | kaya ta nayaka | kabèh padha ambungahi | enak bae tumindak sakarsa-karsa ||

15. nadyan ngantuk bêbasane nêmu kêthuk | saka bangêt maya | gone nindakake wajib | saru-siku babarpisan ora ana ||

16. butuhe mung janjine bisa anggunggung | nyang ratune padha | wis olèh pangalêm bêcik | ora ndadak nganggo mikir apa-apa ||

17. pancèn bêsus sang aprabu dhasar bagus | yèn dandos katara | sarwa dhamis amalipis | tur kabèhe sarwa bêcik pêpilihan ||

18. yèn wis rampung gone dandos mundhut gunggung | lan andangu wrata | apa iki uwis [u ...]

--- 5 ---

[... wis] bêcik | lan wis patut kagêm panjênêngan nata ||

19. kang dinangu padha matur lan andhêku | nuwun sangêt brêgas | padosa sangandhap langit | botên wontên kados makatên punika ||

20. manthuk-manthuk sang aprabu saka mathuk | nuli angandika | bab larange lan bab bêcik | yèn golèka mêsthi ora ana madha ||

21. mula patut yèn sang aprabu disêbut | ratu mundhut umpak | lan kèrêm nyang barang adi | kang pancène ora prêlu digaliha ||

22. sabên esuk wungu sare wis dipêthuk | pangagêman anyar | nganti andhèr tharik-tharik | anyênyadhang ing kaparêng dalêm nata ||

23. sabên wungu anjujug panggonan mau | niti pangagêman | êndi sing katitik bêcik | iya banjur diagêm ing sanalika ||

24. iku durung malah sêdhondhang-sêdhandhung | yèn pinuju rêna | kabèhe didalajahi | mèh sabên jam asantun nganti warata ||

25. wose ya mung rêna bangêt yèn digunggung | mula yèn sing bisa | kêbênêr gone ngunjuki | enggal bae bisane nêmu nugraha ||

26. ngono mau sabên dina sing tinêmu | ora ana liya | mung usrêging para grêji | gêgêlakan rêbutan enggal rampunga ||

27. lan ora mung ing nagara kono rampung | malah nganti nglanjak | seje nagara ngladèni | andalidir sabên dina mêsthi têka ||

28. dadi patut wong kang dhêdhasare baud | bisa dadi dalan | jalaraning olèh bathi |

--- 6 ---

saka bisa nuju kaparênging nata ||

29. mula anglur lan ora kêndhat wong tutur | ing bab dêdagangan | têkane ora wis-uwis | lan anggawa barang bêcik neka-neka ||

30. kang tinêmu kaanan kang ngono mau | tumrape sang nata | dadi padamêlan miji | ora kêndhat mung tansah titi pariksa ||

31. malah nglantur trêkadhang sok nganti nglêmbur | mriksa pangagêman | yèn nuju karênan galih | ngantia byar mung digalih ora ngapa ||

32. kaduk wungu mêsthi bae gawe kuru | awit banjur bisa | dadi jalaraning lali | ora dhahar lan sare ora sakeca ||

33. ngono mau caritane kang tinêmu | anggone sang nata | nganti kêra mênggrak-mênggrik | saka kasok sayah bangêt kang sarira ||

34. nanging mungguh panggalihane kang matuh | tumraping ngamônca | malah nyuwurake bêcik | nganti gawe jêjuluk Prabu Balaba ||

35. saya kabur wartane wrata misuwur | akèh uwong dagang | têkane ambanyu mili | bêbarêngan ngêtokake dêdagangan ||

II. Juru ngapusi loro

2. Mijil

1. pawartane saya maratani | mèh krungu sabên wong | bab anane ratu kono kuwe | kocap a-

--- [7] ---

[Grafik]

Jêg-ajêgan manjêr cèrèt muni...

--- 8 ---

na uwong kakang adhi | siji jênêng Dani | sijine Si Danu ||

2. salawase uwong loro kuwi | rukun gotong royom | êmoh pisah salawas-lawase | nadyan lara apadene mukti | tansah diantêpi | ing wong loro kumpul ||

3. yèn pinuju nyandhungi rijêki | padha bungah ngêtog | ora mikir ing têmbe burine | mung tumindak cara uwong mukti | kang asugih dhuwit | bôndha uwis mumbruk ||

4. bêdhug awan lagi padha tangi | linggih dhêlog-dhêlog | wedang êtèh ya sapacitane | ora nganggo angaran-arani | mung watone bêcik | lan enak wis cukup ||

5. jêg-ajêgan manjêr cèrèt muni | krêngsêng-krêngsêng umob | mangan awan trima jajan bae | tur wis mêling mung kari nampani | mêsthi bôngsa bêstik | sing didumuk mawut ||

6. sêsambène yèn pinuju ail | trima mung katcês tong | iku durung mangan wayah sore | sok dirancang enak jajan ngêndi | yèn rêmbug wis dadi | tumuli mangkat brung ||

7. yèn manganggo ora kudu apik | mung watone moncol | sabên uwong angarani nyêle | nanging patrap sing nyalênèh mêsthi | tumrap sing nglakoni | ngrumasani bagus ||

8. yake lumrah sing mangkono kuwi | mungguh wong manganggo | yèn nyalênèh ngrasa bêcik dhewe | saka ora ana sing madhani | tur ya ora ngrêti | malah digêguyu ||

9. kaya ngono Danu karo Dani |

--- 9 ---

yèn nuju kêbanyon | ananging yèn nuju ora duwe | ora liya mung pating paringis | bêbasan mung kari | duwe gatra kêmul ||

10. yèn wong loro uwis ngono kuwi | kari loab-laob | prêlu dinggo nyalamur susahe | dadi para tanggane nêngêri | sabên padha muni | mêsthi nuju suwung ||

11. dhèk samana Danu karo Dani | linggih dhêlog-dhêlog | apa-apa uwis ora duwe | amung kari bêbêd lan kulambi | ikêt lawas rintik | paron mojok têlu ||

12. jêron ngomah amung ketok sêpi | saya manèh pawon | sêpi nyênyêt kukus ora duwe | bala pêcah cangkir porong piring | uwis diêdoli | cêkak kabèh larut ||

13. ewadene Dani bisa muni | dhasar nganggo lagon | wis dilalah uwong bêgja kuwe | lagi mlarat ana wong marani | anguwèhi dhuwit | tur sajak kêsusu ||

14. tak takoni dhuwit apa iki | dene akèh ngono | uwong mau ngene wangsulane | anèh têmên ta priyayi iki | gih diagêm plêsir | kajêngipun mawut ||

15. enak tênan yèn mangkono kuwi | urip sasat mayor | Danu ewa ngrungru ngono kuwe | nuli clathu karo pringas-pringis | saka wêtêng ngêlih | lan bangêt anggêrus ||

16. wong kêkandhan ora nganggo mikir | waton loab-laob | apa kowe ora ngrasakake | suwaraning wêtêng nglikik ngêlih | lan apa [a ...]

--- 10 ---

[... pa] ya mari | yèn êmung dislamur ||

17. luput bangêt tindak ngono kuwi | jênêng bangêt bodho | ora isin nyang awake dhewe | dene mlarat nganggo diyêm-yêmi | bok ya nganggo mikir | cara golèk butuh ||

18. Dani alon anggone mangsuli | bênêr aku condhong | hara coba kôndhaa kapriye | aku arêp krungu mas ngabèi | yèn kêna dipikir | ayo nuli brubut ||

19. Danu nuli amangsuli lirih | rungokna nganti plong | elinga wong kaya aku kowe | salawase urip sasat mati | têgêse mung urip | trima trima lowung ||

20. awit mungguh cara golèk kasil | tansah kêncêng kêndho | yèn kêbênêr kaya wong lumrahe | ananging yèn kaya ngene iki | urip aji cindhil | jênênge rak kojur ||

21. ora kêndhat aku tansah mikir | dawa tanpa pêdhot | apa mungguh kang tak tindakake | suwe-suwe aku nêmu pikir | yèn bisa nglakoni | wis cêkake cukup ||

22. kapenake ngene bae Dani | bêbarêngan ayo | adol umuk nyang nagara bae | umuk mau digawe ngapusi | wong sing diapusi | yaiku sang prabu ||

23. waton kowe nurut aku mêsthi | kapenak wong loro | Dani nyêla mêngko sarèh-sarèh | cara priye kôndhaa sathithik | aku bène ngrêti | dadi ora kidhung ||

24. Danu clathu lah mangkene Dani | bêcike [bê ...]

--- 11 ---

[... cike] ing mêngko | padha ngaku juru tênun bae | Dani nyêla karo anjêgigik | wose rak ngapusi | wis-wis aku baud ||

25. sauwise rêmbug golong dadi | mangkat uwong loro | ana dalan lakune digawe | sajak kaya uwong ahli pikir | antêng tanpa uni | rada wangun nujum ||

26. satêkaning nagara mrangguli | wong padha nyang kraton | anggêgawa barang sawarnane | kabèh padha luwih èdi pèni | nganti andalidir | kêbak urut lurung ||

27. Danu Dani padha ambarêngi | mlêbu nyang kadhaton | ana wong kang barêng takon ngene | lah sampeyan sudagar ing pundi | dhatêngipun ngriki | dagang punapa nun ||

28. Danu mèsêm karo amangsuli | kula dagang wados | Dani banjur sambung clathu bae | cêkakipun padosa ing pundi | nadyan jaban langit | tamtunipun suwung ||

29. Danu ngêsês dikon mênêng Dani | aja banjur obrol | kocap uwis ambacut lakune | têkan kraton disapa bupati | dagang apa kuwi | amangsuli Danu ||

30. kula sami tiyang kakang adhi | adagang bab elok | kagunan kang kula tawèkake | apadosa ing sèwu nagari | têmtunipun sêpi | gih punika nênun ||

31. kula badhe sowan nata ngriki | mangke kula borong | wong kang nyapa banjur nglarapake | ing lakune sêmu angajèni | Danu karo Dani | manise kêwêtu ||

--- 12 ---

III. Danu Dani dadi juru tênun.

3. Dhandhanggula

1. lakuning wong tansah andalidir | anggêgawa barang warna-warna | ora kêndhat nganti sore | kocap Dani lan Danu | ing lakune ngêntèni dhisik | yèn wis ana timbalan | lagi kêna maju | wong loro nuli linggihan | lan anyawang uwong kang ambanyu mili | kabèh padha payonan ||

2. saundure padha ninthing dhuwit | pating cêngkling nganti gawe tratab | ngilêr wong kang ora duwe | tansah agèdhèg Danu | nuli kôndha karo anjawil | coba Dani rasakna | wong samono iku | kabèh padha olèh bêgja | jênêng mokal yèn aku ngantia bali | ora anggawa bôndha ||

3. Dani clathu bisik-bisik lirih | nanging uwong kuwi rak anggawa | barang kang ana wujude | balik kowe lan aku | rak mung bakal ngêdoli uni | yèn ora kêbênêran | cangkêmmu ditapuk | lan bisa uga dibônda | wêkasane dibuwang sajêge urip | rèhning lawanan nata ||

4. nanging coba bae dilakoni | alah kôndha dene bakal nyata | dadine bakal kapriye | ing kono nuli wêruh | ana uwong wedok marani | andhawuhke timbalan | didhawuhi maju | nuli maju loro pisan | salakune ke-

--- [13] ---

[Grafik]

Satêkane ngarsa nata nuli...

--- 14 ---

tok gone tatag wani | ananging iya tata ||

5. satêkaning ngarsa nata nuli | uwong loro nyêmbah bêbarêngan | nuli didangu mangkene | hèh apa daganganmu | ingsun arsa anguningani | kene nuli wêtokna | nyêmbah matur Danu | kawula dagang kagunan | ingkang langkung elok tur amigunani | kaagêm para nata ||

6. sang aprabu nuli dhawuh lirih | lan nêdahke pêpundhutan anyar | lah coba nyêdhaka mrene | tamatna aja kliru | gilo iki bludru sing bêcik | iki sutra pilihan | gilap kaya murub | lah apa sira ya bisa | mujudake barang kang ngungkuli iki | mêsthine iya ora ||

7. Danu matur lan angguyu manis | jêng sinuhun manawi kawula | nganggêp sadaya sapele | tumraping juru tênun | bilih namung dipun pamèri | barang kados punika | mung kêdah angguyu | botên gumun babarpisan | nadyan sae kenging dipun upadosi | lan gampil dipun tumbas ||

8. sarêng kula juru tênun adi | adamêla kang langkung punika | namung kula garap ngedhe | sang prabu manthuk-manthuk | ing panggalih bangêt kadugi | lan ngandika abingah | dadi sira iku | juru tênun kang pêng-pêngan | Dani nyêla pancèn inggih nyata gusti | kakang tuwin kawula ||

9. sampun kathah kang dipun ladosi | tur sadaya inggih sami nata | ngantos dumugi samangke | wêlingan ambarubul | sang aprabu saya katarik | nuli alon ngandika | ingsun bangêt gumun | lan ingsun ya bangêt [bangê ...]

--- 15 ---

[... t] rêna | mara coba wujude wêtokna dhisik | ingsun arsa uninga ||

10. Danu matur wujud kadospundi | ing salami kawula punika | botên niyata asade | kados ing limrahipun | damêl pola murih nênarik | yèn kula makatêna | botên nama langkung | nama maksih amangarah | murih tiyang kathah sami ngapengini | punika tinêbihna ||

11. awit kula nama angladosi | ingkang têtêp anama lêngganan | ngantos dumugi samangke | lêngganan kula wau | para nata ing pundi-pundi | dados yèn kabrebela | dhatêng sanèsipun | kawula tamtu kadukan | mung sarèhning panjênêngan nata ugi | kula namung sumôngga ||

12. kawula mung umatur sakêdhik | yèn sinuhun kaparêng ayasa | kula tênunkên kang sae | botên wontên kang nyundhul | saking sangêt gènipun adi | mênggah tênunan kula | tamtu damêl gumun | awit tumrap tiyang ewah | tuwin tiyang kang botên nyêkapi wajib | botên sagêd nyatakna ||

13. nadyan mlêlêng utawi nyêlaki | ananging yèn pancèn tiyang ewah | lan bodho punapadene | têtêp botên sumurup | nanging tumrap kang waras-wiris | inggih katingal cêtha | tamtu malah gumun | awit upami padosa | botên wontên badhe kang makatên gusti | sumôngga kagaliha ||

14. sang aprabu dhawuh klêsak-klêsik | wis ta ingsun nuli gawèkêna | ning poma sing bêcik dhewe | Danu umatur saguh | sampun tamtu punika [pu ...]

--- 16 ---

[... nika] gusti | Dani sumêla kôndha | kakang mungguh aku | bêcike nênun lawe mas | awit durung ana ratu andhawuhi | gawe bakal kancana ||

15. sang aprabu ngandika nyakikik | saka bingah dhawuhe katara | êlo mêsthi ngono kuwe | apa mungguh butuhmu | Danu Dani klêsik kalêsik | sajak etung-etungan | ing wusana matur | nun inggih tênunan enggal | tuwin êmas kintên wontên kalih kati | lan malih lawe sutra ||

16. kabèh mau wis dipituruti | tênunane loro isih anyar | ana kadhaton ênggone | wong loro banjur mundur | lan anggawa êmas rong bithi | kôndha arêp go bakal | esuke ditênun | ing sawise têkan jaba | uwong loro padha guyon anjêgigik | karo tansah kanthenan ||

IV. Nayaka kang niliki tênunan.

4. Kinanthi

1. lakune Dani lan Danu | sadalan-dalan mung mringis | saka bangêting kaduga | dene tanpa balung êri | mung dilakoni kapenak | ora nganggo nyôngga watir ||

2. alon calathu Si Danu: | ngene wong yèn arêp mukti | saciptane bisa têka | kabèh mripate wong mêsthi | gampang

--- 17 ---

kênane disulap | apa sakarêpku dadi ||

3. lakune wong loro mau | banjur padha arêp mulih | ing sawise têkan ngomah | kaul ambuwangi dhuwit | tôngga nganti padha cingak | dene garang kaya pyayi ||

4. tanggane nganti gumrudug | gêntenan padha nakoni | dene gêlis têmên bêgja | Dani alon amangsuli: | aranmu padha wong desa | ora wêruh mênyang pyayi ||

5. apa aku iki sirmu | ing saiki dudu pyayi | kowe kabèh wêruha: ya | yèn aku wong loro iki | padha kawulaning nata | juru tênun kang disihi ||

6. aku dudu sapadhamu | apês pangkatku ngabèi | Danu clathu kuwi apa | durung-durung arêp lali | yèn kobacut-bacutêna | kuwi bakal ora bêcik ||

7. bêcike yèn uwis tutug | anggonmu anguja ati | ayo ta wis bali sowan | bokmanawa wis miranti | dadine ora katara | yèn padha dadi wong nglêntik ||

8. têgêse wong adol apus | mula ayo nuli bali | cikbèn nuli gawe lêga | aja ketok clila-clili | wong loro nuli barêngan | padha mênyang kraton bali ||

9. bôndha wis dirumat brukut | ora ana sing mêruhi | ing sawise bali sowan | papan panênun wis dadi | kabèh miranti anganggrang | nuli padha mapan linggih ||

10. naliti piranti nênun | wong loro nuli miwiti | padha nênun pating glodhag |

--- 18 ---

nanging mungguh Danu Dani | têmêne nênun kothongan | kabèh ora nganggo isi ||

11. nanging patrape wong mau | sajak ithu kaya isi | kocap sang prabu samana | wis mirêng padha miwiti | ing panggalih bangêt bingah | dene saiki wis wiwit ||

12. mungguh batose sang prabu | ing saiki ingsun ngrêti | mênyang ananing nayaka | kang gêndhêng lan ngèthèr wajib | awit wis padha diwêca | mêsthi êmung wêruh sêpi ||

13. sang prabu nuli dhêdhawuh | nimbali para bupati | dipilih nayaka tuwa | supaya enggal niliki | nênune olèh sapira | lan nyatakna kanthi titi ||

14. pangandikane sang prabu | hèh nayaka ing saiki | enggal-enggal nilikana | gone juru tênun adi | nyatakna aja sêmbrana | uwis mangkata tumuli ||

15. nayaka sandika mundur | lakune angati-ati | samana barêng wis têkan | gone juru tênun linggih | nuli namatake cêtha | ananging mung ketok sêpi ||

16. nayaka bangêt agumun | dene êmung ketok sêpi | pamandênge ambalalak | iya mêksa tanpa isi | dadi panênune cêtha | yèn mung kothongan maligi ||

17. nuli ngucêg mripat sêru | nganti kaya mrêbês mili | awit saka isih samar | bokmanawa kurang titi | malah nganti nyaklêk nyêdhak | pancèn têrang tanpa isi ||

18. nuli Danu alon matur | yèn sampeyan kadospundi | ing bab tênunan punika | punapa gih sampun mathis | upami kagêm sang

--- [19] ---

[Grafik]

Nayaka bangêt agumun...

--- 20 ---

nata | cobi bok dipun waoni ||

19. sang nayaka bangêt gumun | ewuh anggone mangsuli | yèn kôndhaa ora ana | wêdi aran owah mêsthi | mula iya banjur kôndha | sajak têmên angiyani ||

20. yèn aku ngarani adhuh | pancèn iya luwih èdi | ing sajêgku durung nyawang | rupan kaya ngene iki | tênunan kathik le cêtha | lêre ketok tharik-tharik ||

21. Dani sumêla calathu: | lah punika kadospundi | nayaka alon ngandika: | kuwi iya luwih bêcik | aku ora bisa nacad | wah aluse aku giris ||

22. uwis ya aku tak matur | bab bêcike bakal iki | gèk rampunge besuk apa | aku tak lapur nyang gusti | apa rampung têlung dina | kiraku rampung ya kuwi ||

23. Dani mangsuli lan mrêngut | bok cobi dipun tandangi | yèn sagêd rampung sawulan | kula purun digêbagi | punika rak barang sutra | bok kagrayanga rumiyin ||

24. Dani banjur nyèrèt maju | astane nayaka kuwi | ditèmpèlke panênunan | kang nyatane ora isi | lan takon sajak têmênan | lah rak alus ta lan nglêmir ||

25. nayaka amanthuk-manthuk | sajak gumun lan mangsuli: | e e jêbul nyata iya | wis kowe mênênga dhisik | tak matur karo sang nata | bèn aja pêdhot anggalih ||

--- 21 ---

V. Para bupati padha nyatakake.

5. Mêgatruh

1. sang aprabu ing panggalih bingah nutug | anggone kagungan abdi | bisa nênun apik alus | ora ana sing madhani | kang bêcik kaya mangkono ||

2. ngêndi-êndi wong wis angrasani umyung | yèn ing kraton ing saiki | ana abdi juru tênun | gaweane luwih adi | ora wêruh sabên uwong ||

3. nganti gawe kandhêge wong sing malêbu | arêp adol barang bêcik | awit sang prabu wis dhawuh | ora karsa anampèni | barang malêbu kadhaton ||

4. dhèk samana pinuju lênggah sang prabu | ora kêndhat ing panggalih | ngajêng-ajêng sing diutus | nayaka kang aniliki | dene suwe ora ketok ||

5. ora suwe nayaka ketok malêbu | nuli didhawuhi linggih | wusana nuli didangu | priye anggonmu niliki | apa pancèn iya elok ||

6. sing didangu amunjuk lan nyêmbah sungsun | kawula nuwun nun inggih | kawula munjuk saèstu | abdi juru tênun kalih | pancèn nyata tiyang mrojol ||

7. titi sangêt inggih ing panggarapipun | pancèn nyata èdi pèni | dhasar grayangipun alus | lawenipun sutra Indhi | sinêling kêncana abyor ||

--- 22 ---

8. pantês sangêt dados pangagêman ratu | upami padosa gusti | sajagad botên kêpêthuk | mênggah atur kula gusti | namung salugu kemawon ||

9. sang aprabu mung kèndêl lan manthuk-manthuk | wit saka bangêt kadugi | lan saka panggalih jujul | nuli enggal animbali | bupati jaba lan jêro ||

10. sanalika barêngan sowan gumrubyug | nuli bae didhawuhi | hèh kowe kabèh bocahku | ayo nyatakna saiki | pangagêmanku kang elok ||

11. iya kuwi kang digarap juru tênun | coba timbangên sing adil | apa cocog panêmumu | karo sing tak utus dhisik | poma aja matur goroh ||

12. sakabèhe nuli bêbarêngan mundur | turut dalan pating klêsik | awit uwis rada krungu | nyang unine Danu Dani | yèn ora wêruh wong gênjlong ||

13. wise cêdhak ing panggonane sing nênun | krungu swara pating glidhig | lan manèh glodhagan têrus | ngono ora uwis-uwis | wong loro nganti gumrobyos ||

14. kocap kabèh yaiku para tumênggung | banjur mara anyêdhaki | mung ing batin padha gumun | dene ketoke mung sêpi | pirantining nênun kothong ||

15. kabèh bae pating plêlêng ketok gumun | kêdhèpe padha narithil | Dani mangrêti ing sêmu | gone nênun lèrèn nuli | karo ngulèt ngêluk boyok ||

16. lan sêsambat anèh pangagêman ratu | wis digarap rina [ri ...]

--- 23 ---

[... na] wêngi | ora bisa rampung-rampung | tur êmung kari sathithik | nganti ngrêkêkêlke otot ||

17. layak bae yèn wong edan ora wêruh | barang kaya ngene iki | wise muni ngono mau | nuli nênun jêglag-jêglig | lakuning wlira nywara thor ||

18. sakabèhe bupati sing padha krungu | atine anuli mosik | pancèn nyata anèh iku | anane mung ketok sêpi | dene panggarape ngêtog ||

19. yèn mangkono apa aku iki gêmblung | apêse ya diarani | wong ora wêruh ing prêlu | upama koningan gusti | wis mêsthi aku dicopot ||

20. yèn mangkono bêcike tak ngaku wêruh | nuli ana sing miwiti | acalathu sajak gumun | wadhuh thik bêcik mên kuwi | ijone ketok sumorot ||

21. Dani ngrêti yèn kuwi wis klêbu wuwu | nuli bae anumpangi | lêrês ijêmipun têrus | ananging yèn saking têbih | warninipun kados jambon ||

22. cobi môngga kaparênga ragi mundur | sampun mriksanana mriki | kadospundi warninipun | bupati nuli mangsuli | êlo iya athik jambon ||

23. Dani clathu cobi sapunikanipun | tingal tutupên sasisih | mangke harak dados biru | bupati nuli nutupi | lan clathu e ora lidok ||

24. Dani ngadêg lan nyêdhaki dara mênggung | karo muni klêsik-klêsik | yèn tingal kiwa tinutup | katingal [kati ...]

--- 24 ---

[... ngal] ambalêrêngi | môngga pun cobi kemawon ||

25. saunine Dani mau mung diturut | iya nuli anutupi | lan kagèt karo anjumbul | adhuh angudubilahi | sorote thik ora ilok ||

26. cêkakane kabèh mau pra tumênggung | padha kêna diapusi | mung padha manut ing rêmbug | kabèh ngaku amêruhi | kêblabak mung akon-akon ||

VI. Sang prabu mriksa tênunan.

6. Balabak

1. sakabèhe nuli bali padha sowan | sajake | cakrak-cakrak kaya sanyata wêruha | wujude | nanging kabèh iya êmung reka-reka | têmêne ||

2. satêkaning ngarsa nata linggih tata | amèpèt | nyêmbah barêng rampake bangêt katara | sajake | kaya wayang panyêmbahe manut kêprak | thêrèk thèk ||

3. sang aprabu andangu sêmu kêduga | kapriye | apa sira iku wis nyatakke cêtha | kabèhe | lah munjuka sing cêtha awela-wela | lah gage ||

4. ana siji sing kêsusu matur cêtha | mangkene | kula nuwun kula botên munjuk dora | ngêtèprès | yêktosipun gampiling unjuk kawula | wah sae ||

--- 25 ---

6. pangagêman dalêm kang sawêg ginarap | mancèrèt | sutranipun wêdalan tanah Indhustan | Benarès | alus nanging wulêd prasasat wacucal | pinênthèng ||

7. gêbyaripun adhuh kula ngantos eram | lan anèh | awit mawi cahya sasat dilah êgas | kêmêtèp | mèh kemawon maripat kula kêcandhak | ing bèlèk ||

8. ana liya sing sambung karo anyêmbah | arèntèng | nuwun gusti badhe agêm dalêm nyata | yèn sae | pantês namung kagêm manawi sarêngan | wontên drèl ||

9. pundi wontên badhe kêdhut botên bêdhah | pinêthèl | nanging namung ampang sasat kados opak | rak anèh | yèn kaagêm gusti tamtu kados dewa | pangantèn ||

10. sang aprabu ing galih bangêt kaduga | adhèhèm | lan ngandika mêngko ingsun arsa têdhak | nyatakke | dadi jênêng ingsun iki nêmu bêgja | agêdhe ||

11. ora ilang gonku ngabdèkke wong anyar | dadine | yèn sun ganjar pangkat iya bisa nyandhak | sing gêdhe | awit nyata bisa anjunjung darajat | gustine ||

12. ana abdi sing baut bangêt angumpak | unjuke | kaluhuran dhawuh pangandika nata | amanggèn | ingangkata dados nayaka cêkapan | lan sae ||

13. ora suwe ana dhawuh arêp têdhak | arame | têngaraning prajurit jaga katara | anylomprèt | suwarane acêtha adoh ngumandhang | dèt titèt ||

14. nuli miyos digrubyug [di ...]

--- 26 ---

[... grubyug] para nayaka | kabèhe | lan wis ana abdi dhisik rêrikatan | lakune | paring wêruh yèn sang prabu arêp têdhak | bakale ||

15. barêng Danu tômpa dhawuh nuli kôndha | mangkene | ngati-ati lo Dani aja sêmbrana | bakale | dinyatakke gusti sing duwe nagara | marene ||

16. Dani clathu lan angguyu cêkakakan | hak hak hèg | ya arêpa dinyatakke malaekat | bok bène | wong jênênge kabèh uwis kêna daya | ing pèlèt ||

17. ra-orane ana uwong bisa kôndha | ne ngene | malah mêngko karêpku arêp mainan | cikbène | padha eram aku kari ngenak-enak | nyêkèkèk ||

18. wong jaragan aku wis dadi wong edan | mangkene | yèn alusa ngêcakake tatakrama | kirane | malah dadi jalaran ora kapenak | rak blaès ||

19. nuli ana abdi jajaran kang têka | ngandhakke | yèn sang prabu wis rawuh ana ing jaba | mulane | juru tênun supaya lèrèn sadhela | mêthukke ||

20. Dani muni nyêntak karo panthêlêngan | ah bêdhès | kowe kuwi uwong ora wêruh tata | patute | lah anggêpmu apa dene wani mrentah | dhapure ||

21. apa aku kokira wong loro sigar | drohun he | wis lungaa aja ngêkèh-kèhi kôndha | nèng kene | apa kowe kalakon nganti tak dhupak | wong juwèh ||

--- 27 ---

22. uwong mau iya bajur lunga klepat | agage | Dani nuli kôndha nyang Danu angakak | ngrêti he | sabên uwong tak gêtak mêsthi naratab | angèwèl ||

23. Danu amung andhingkluk kaya kêduga | atine | karo kôndha iya Dani pancèn nyata | mulane | ngèlingana edan bisa kêbênêran | mangkene ||

24. nuli rawuh sang prabu jumênêng cêlak | sandhinge | uwong loro sing ithu nênun kothongan | batose | dene iki ora ketok apa-apa | mangkene ||

25. nganti suwe sang prabu tansah anggagas | rak anèh | dene ithu kaya uwong nênun tênan | sajake | nanging êndi wujude kok ora ana | lêr-lêre ||

26. nuli ana nayaka nyêdhak sang nata | ngrêpèpèh | karo matur lah gusti rak inggih nyata | yèn sae | wah punika pantês kaagêm pameran | mancèrèt ||

27. sakabèhe bupati nuli anyêdhak | nêrangke | bab bêciking pangagêman warna-warna | unjuke | lah punika kang sumampir inggih brêgas | tur barès ||

28. gone matur karo anudingi tampar | sajake | kaya ana jarik nglawèr ing sampiran | arèntèp | nuli ana sing sajak ngudhar lêmpitan | dipênthèng ||

29. barêng Dani wêruh sing padha tumandang | anolèh | karo kôndha bok sampun sami sêmbrana | èh èh èh | punika rak botên kenging dipun grayang | ing sanès [sa ...]

--- 28 ---

[... nès] ||

30. sampun sampun enggal tumuntên sèlèhna | kang sae | yèn ngantosa amoh mêsthi kêtêmpahan | rêgine | botên angsal sakilan sadasa dinar | tapsire ||

31. sang aprabu barêng mriksa saya mlêngak | batose | yèn mangkono apa ingsun iki owah | dadine | dene kabèh wêruh ingsun dhewe ora | rak anèh ||

32. yèn ngantia ingsun ngandika prasaja | mêsthine | kawulaku banjur nêtêpake owah | ratune | yèn mangkono bêcik ngaku wêruh cêtha | ayake ||

33. sang aprabu banjur dhawuh karo nyêntak | hèh kabèh | aja banjur tarancagan wani nyandhak | marene | gulo nganti ana sing tiba ing lêmah | ah pancèn ||

34. sira iku rak padha andhèrèk nata | jêbule | calangkrakan ora nganggo kôndha-kôndha | nyang kuwe | abdiningsun juru tênun wong nonoman | karone ||

VII. Nênun pangagêman iyasan.

7. Sinom

1. sang prabu sangsaya duka | sêmune nganti katitik | kabèh nuli padha piyak | awit saka padha wêdi | sang prabu anudingi | karo angandika sêru | lo dene [de ...]

--- 29 ---

[... ne] banjur lunga | kuwi lo bênakna dhisik | ana siji sing isih sumèlèh lêmah ||

2. ana sing tumuli nyêmbah | karo matur nuwun inggih | tandange ketok acikat | kaya tênan anandangi | anjupuk barang kèri | patrape kaya anumpuk | Dani sumambung kôndha | rak gih linêmpit rumiyin | sampun lajêng kinlumbrukakên sakeca ||

3. tumuli iya dicandhak | sajak kaya uwong nglêmpit | sauwise rampung nyêmbah | sang nata nuli nyêlaki | gon tênunan sing dadi | tumuli alon andangu | he bocah ingsun anyar | coba pratelakna iki | bakal êndi sing pantês diagêm nata ||

4. Dani nuli mara nyêdhak | kaya bêkêl karo driji | tangane nuli andhaplang | kaya ambèbèrke jarik | lan matur sarèh lirih | punika sayêktosipun | pantês sangêt kagêma | nanging kuciwa sakêdhik | corakipun ragi kêlêm kirang mubyar ||

5. sang prabu sajak angasta | karo mênyêt-mênyêt driji | wusana alon ngandika | yèn sutrane uwis apik | cacade iya kuwi | bênêr ing kandhamu mau | apa sira kaduga | anênun kang luwih bêcik | yèn kaduga sira tumuli munjuka ||

6. Dani mênêng lan anggagas | ing wusana nyêluk nuli | nyang Danu kowe renea | nênunmu lèrèna dhisik | Danu ya mara nuli | Dani nglantarake dhawuh | iki dhawuh dadakan | apa ya bisa nglakoni | nênun sutra kang pantês diagêm [diagê ...]

--- 30 ---

[... m] nata ||

7. Danu mangsuli kapenak | lah kuwi sing uwis dadi | rak ya padha brêgas-brêgas | apa isih nguciwani | banjur anyêntak Dani | o lah wong ya kowe Danu | durung bisa angira | nyang agêm-agêman adi | pantêsmu mung bisa nênun wanabadra ||

8. bênêr sakabèhing sutra | sing wis ana kene iki | kotandhinga sutra liya | ora ana sing madhani | ananging ing saiki | saka dhawuhe sang prabu | mundhut kang luwih brêgas | cêkake sing luwih adi | apa kowe kaduga anganakêna ||

9. Danu nyandhak ing sasmita | nuli amangsuli lirih | mêsthine iya kaduga | lan mêsthi ya luwih bêcik | ananging ing saiki | waragade kudu mumbruk | awit jênêng iyasan | panggarapku ora main | lan mêsthine kudu nganggo nglêmbur barang ||

10. sang prabu banjur ngandika | yèn sira kaduga ya wis | sira nuli nandangana | aja nganggo mikar-mikir | prakara wragad kuwi | sira mung mêruhi wujud | dene yèn sira garap | nganti nglêmbur wayah bêngi | sun paringi papan kang luwih prayoga ||

11. nanging sira sumurupa | garapên kang bangêt titi | rong dina uwis rampunga | awit arêp sun anyari | yèn nyata bisa dadi | gêdhe gêganjaran ingsun | wong loro barêng nyêmbah | wose padha nyandikani | nuli padha barêngan tômpa ganjaran ||

12. lan iya tômpa waragad | dhuwit akèh putih-putih | ana sing arupa êmas | kabèh uwis [u ...]

--- 31 ---

[... wis] ditampani | sang prabu kondur nuli | kono kari Dani Danu | anacahke ganjaran | lan waragad dadi siji | diklumpukke nganti mèh ana sagrobag ||

13. nuli padha rêrikatan | ngulihake bôndha dhisik | têkan ngomah bungah-bungah | mangan enak nyandhang bêcik | mung pistan rina wêngi | kabèh sing rasane mak nyus | nyang ilat nganti krasa | mêmês kaya diulèni | para sanak têkane kaya diundang ||

14. apa manèh para tôngga | têkane barêng gêmridig | gênti gêntèn takon warta | slamête Danu lan Dani | Dani kêsêl mangsuli | ing wusana rada nêsu | lumrah yèn ana gula | sêmute ngrubung marani | coba mlarat môngsa anaa sing nyaba ||

15. nanging ya mung kandhêg kôndha | Danu nuli anguwèhi | êmas picis rajabrana | sakabèhe diratani | wusana banjur bali | wong loro banjur malêbu | nuli olèh panggonan | bangêt apik ketok wingit | kanggo nênun agêm nata sing iyasan ||

16. wise rampung tata-tata | gone nênun nuli wiwit | suwarane pating glodhag | nganggo dijaga prajurit | wong nyêdhak dilarangi | barêng bêngi nuli sambung | diyan bangêt apadhang | nganti ora kaya bêngi | ketok bangêt panggarape yèn gêlakan ||

17. nganti têkane rong dina | mung sêngkutan jêglag-jêglig | ngono lakune wong bisa | nadyan têmêne ngapusi | nanging gêlare wani | nyang rêkasa wani

--- 32 ---

nêmpuh | dadi wong sing kapusan | ngandêle kêpati-pati | dikapakna yèn wis kalap arêp apa ||

18. barêng wis têkan sêmaya | sang prabu rawuh mriksani | nuli andangu lan bingah | kapriye apa wis dadi | tumuli matur Dani | kawula nuwun sinuhun | inggih sampun mèh nigas | kados benjing-enjing enjing | tamtu rampung kantun amucung sakeca ||

8. Pucung

1. amêcucu Dani nolèh nyawang Danu | lan alon akôndha | lah kapiye Danu iki | dene aku wis saguh munjuk sang nata ||

2. sesuk rampung yèn cidraa ora wurung | bakal tômpa duka | apês sirahmu ditanjir | lan sirahku padha digawe tontonan ||

3. lan andhingkluk Dani nangis sênggruk-sênggruk | ketok bangêt susah | kang jalaran saka wêdi | nganti gawe wêlasing panggalih nata ||

4. nuli dhawuh wis ta sira aja ewuh | lan ya aja samar | awit yèn samar ing ati | ora wurung bakal agawe kapiran ||

5. aja gugup wis ênya murih kêcakup | iki tampanana | agêm ingsun ali-ali | sun paringke uwong loro siji edhang ||

6. prêlune mung sira aja padha bingung | lan sabisa-bisa | rampungna tênan sing bêcik | awit bakal ingsun agêm pasamuwan ||

7. Dani Danu bêbarêngan matur sêru | nun inggih sandika | tamtu dados benjing-enjing | wise ngono nuli ngadhaton sang

--- 33 ---

nata ||

8. wuse mungkur Danu Dani kukur-kukur | Danu nuli kôndha | kowe wong dipangan dhêmit | dene bisa gawe tangis reka-reka ||

9. ing rekamu kapriye he kuwi mau | Dani nuli nyêdhak | karo kôndha bisik-bisik | gampang bae mung mangkene rasakêna ||

10. gone clathu lan nyandhak mripate Danu | Danu gundam-gundam | mripat ambarêbês mili | karo kôndha dadi mripatku ko-brambang ||

11. ngrêti aku dadi mangkono akalmu | wis aja sêmbrana | galo disawang prajurit | yèn konangan môngsa wurunga dibônda ||

12. wise surup diyan pating klêncar murub | padhang kaya awan | rekane Danu lan Dani | nuli mapan wiwit nênun pating glodhag ||

13. nadyan ngantuk iya nekad thênguk-thênguk | lan isih anggarap | swarane pating jarêglik | dilakoni têrus bae nganti mèh byar ||

14. sang aprabu nuli utusan andangu | dhawuh ing utusan | dhatêng kula anuwèni | agêm dalêm punapa sampun sadhiya ||

15. Dani matur samôngsa kapundhut katur | kula mung sumôngga | ing ngriki sampun cumawis | lan munjuka sadaya sarwa klêrêsan ||

16. bali mlêbu ora suwe ketok mêtu | ngirit panakawan | kabèh padha kalung samir | lan amandhi arupa bèri kancana ||

17. uwong mau kabèh bae padha ngaku | mêruhi rêrupan | kang padha bêcik lan pèni | ing

--- 34 ---

têkane prêlu mundhut gêm-agêman ||

18. Dani Danu nuli masrahake ithu | sawise katampan | Danu Dani milu ngiring | nyaosake mênyang ngarsane sang nata ||

19. wise mlêbu ing kadhaton Dani Danu | bèrine kancana | diunjukke karo muni | lah punika agêm dalêm priksanana ||

20. sang aprabu mèsêm lan alon andangu | asta kaya ngasta | sajak angungkab-ungkabi | e la pancèn èdine wis ketok cêtha ||

21. karsaningsun bisaa nuli diwangun | apa sira bisa | anggawe klambi kang bêcik | awit eman yèn digarapa wong liya ||

22. Dani matur kula botên badhe ngawur | mung munjuk prasaja | alit mila pancèn grêji | tuwin malih kalêbêt grêji pilihan ||

23. nanging lugu mung anggarap agêm ratu | mila nama kula | kombul wontên pundi-pundi | botên nate babarpisan damêl cuwa ||

24. nuli dhawuh sang prabu kaya wis manuh | ingsun wis uninga | caking gawemu saiki | lah wis gage kono nuli tandangana ||

25. karsaningsun gawenên kang olèh wangun | kanthi gêgêlakan | awit dina sesuk kuwi | bakal ana pasamuwan rak-arakan ||

26. Dani matur kaparênga kula ukur | sang prabu ngandika | wis aja ewuh saiki | wis tumuli kene enggal tindakêna ||

27. nuli maju Dani angukur sang prabu | kaya ngukur tênan | cak-cakane ketok trampil | sapolahe [sapolah ...]

--- 35 ---

[... e] sajak mung iya-iyaa ||

28. wise rampung Dani nuli matur sambung | punapa kalihan | lajêng kawula bêdhahi | sang aprabu nuli dhawuh iya iya ||

29. Dani clathu wis ta kowe gênti Danu | nuli bêdhahana | kowe rak iya wis ngrêti | ukurane gilo tontonên sing cêtha ||

30. ketok bikut silak klambi têkan sikut | guntinge dicandhak | dicakake cêklak-cêklik | satêmêne ya mung angguntingi hawa ||

31. wise rampung banjur wong loro angusung | prantining dondoman | dhasare dondoman mêsin | amasang dom nanging ora nganggo bolah ||

32. sang aprabu nalika priksa andangu | lah bolahe apa | Dani kêsusu mangsuli | lah punika punapa botên pariksa ||

33. gone matur tangane sajak angulur | sang prabu ngandika | o iya rampungna nuli | pancèn sira padha gambuh nyang kagunan. ||

VIII. Sang prabu nyobi rasukan.

9. Gambuh

1. nuli tumandang sêngkut | sapolahe sajak ketok ibut | ora kêndhat tansah angiling-ilingi | manèh sok ketok anjumbul | alok yèn bo-

--- [36] ---

[Grafik]

Nuli tumandang sêngkut...

--- 37 ---

lahe pêdhot ||

2. tandange Dani mau | kaya gugup disawang sang prabu | mula banjur lèrèn lan umatur lirih | yêktosipun kula gugup | yèn dipun priksani mawon ||

3. sang prabu nuli dhawuh | iya ta wis murih aja ewuh | ingsun arsa angadhaton poma nanging | aja nganti ora rampung | bakal ingsun agêm miyos ||

4. Dani Danu umatur | kula tanggêl tamtu badhe rampung | wise ngono sang prabu ngadhaton nuli | wong loro tumuli sêngkut | kringête nganti gumrobyos ||

5. sapa wonge sing wêruh | mêsthi padha kêpêksa ruh-aruh | dene ketok panggarape ngati-ati | nadyan nyatane mung suwung | sajake padha andêlok ||

6. malah ngakune wêruh | malah ana wong sing aruh-aruh | wah patute klambi sing mangkono kuwi | ya mung pangagêman ratu | dudu klambi sabên uwong ||

7. Dani nalika krungu | banjur nolèh nudingi lan nêpsu | kowe apa dene wani angrasani | tak jlumat tênan lambemu | yèn nganti wania mindho ||

8. iki kagungan ratu | sapa-sapa sing ngrasani kudu | lan andhodhok apa manèh nyêmbah dhisik | nuli andhodhok wong mau | lan tumuli nyêmbah sedhok ||

9. Danu nganti ngêcêmut | saka wêruh Dani ngono iku | dene bisa duwe tindak waton muni | tur sakabèhe mung nurut | kêna digawe dhuk dhuk nong ||

10. Danu takon angguyu | bok [bo ...]

--- 38 ---

[... k] ya rada kosuda patrapmu | yèn kabacut bisa uga nêniwasi | awit mungguhing patrapmu | upama kawiyak blandhos ||

11. Dani mangsuli alus | klêsik-klêsik karo ngêlus-êlus | sumurupa mungguh watake wong kuwi | yèn ana sing kêna cinthung | malah gampang dadi ngradon ||

12. watak mangkono mau | aku dhewe uwis kêrêp wêruh | bêbasane undhak kalanturing uni | êmung tansah wuwuh-wuwuh | malah nglawèr ora pêdhot ||

13. upama uwong krungu | ana uwit gêdhang tuntut têlu | sabên uwong sing krungu banjur ngundhaki | kôndha yèn tuntut sapuluh | tur kabèhe padha goroh ||

14. saka gonku wis atul | wataking wong kang mangkono mau | dadi gampang uwong yèn arêp diwalik | dikapak-kapakke nurut | ing wêdine malah ketok ||

15. wis ta ayo malêbu | nyobakake agême sang prabu | Dani Danu nuli malêbu diirid | barêng pariksa sang prabu | banjur diawe wong loro ||

16. apa wis dadi iku | Dani matur nun dèrèng sinuhun | kaparênga inggih kacobi rumiyin | wise matur Danu maju | angagêmke alon-alon ||

17. Dani tumuli matur | kadospundi kaparênga dhawuh | mupung mangke taksih kenging pun ewahi | sang prabu ngebahke bau | karo jôngga menga-mengo ||

18. wise tumuli dhawuh | wis kapenak mung iki ing gulu | krasa logro kurang kapenak [kapena ...]

--- 39 ---

[... k] sathithik | Dani matur lan angguyu | lah sampun tamtu kemawon ||

19. punika jangganipun | kabênikna nah nah mathuk sampun | karaosna sapunika kadospundi | sang aprabu manthuk-manthuk | lan ngandika kok iya lo ||

20. srêg bangêt ana gulu | nganti ora kaya ngagêm ingsun | Dani matur o tamtu kemawon gusti | awit bangsanipun alus | tiyang gêndhêng botên kraos ||

21. sang prabu manthuk-manthuk | nuli mênyang uwong loro dhawuh | karo sajak lukar maringke kulambi | ênya rampungna ya sesuk | matur sandika wong loro ||

22. tumuli padha mundur | ing lakune mung tansah angguyu | tur anggawa ganjaran akèh lan bêcik | ngono wong yèn lagi mumbul | satibane mung anggotong ||

23. tindak mangkono mau | satêmêne angèl yèn ditiru | ditirua trêkadhang malah niwasi | mung sing anggumunke iku | gone bisa tutug katog ||

24. tur sabên wong wis wêruh | satêmêne uwong tukang apus | andèkneya uwong akèh padha ering | mung saka diwalik rêmbug | wêdi yèn dikira gênjlong ||

25. dadi kabacut-bacut | kabèh uwong padha ngaku wêruh | ning upama oraa mangkono kuwi | ing mêsthine iya banjur | ora dadi dongèng elok ||

26. kocap ing wayah bangun | suwaraning tambur wayah esuk | karo slomprèt wis warata ngêndi-êndi | mêmanise [mêmani ...]

--- 40 ---

[... se] ketok mungguh | yèn sang prabu arêp miyos ||

IX. Wêruh nyatane. ||

10. Dhandhanggula

1. wis warata tangarane muni | wong nagara uwis pêpak sowan | arêp anggrubyug tindake | kocap Dani lan Danu | uwis sowan wiwit ing bêngi | tansah ajaga-jaga | yèn ta ana dhawuh | ing sawise rada padhang | uwong loro nuli maju ditimbali | iya tumuli sowan ||

2. sang aprabu nuli dhawuh lirih | wis ta ayo ingsun dandosana | pangagêman anyar kuwe | Dani nyêmbah lan matur | ila-ilanipun dhuh gusti | nuntên parênga lukar | agêm dalêm klumbruk | kantuna ngagêm rangkêpan | agêm dalêm kang sami kapetang lami | kaparingna kawula ||

3. sang aprabu manthuk lan kadugi | ngandikane o o iya iya | kabèh ingsun lilakake | sang prabu sarwa nurut | nuli lukar Dani ngukuti | nanging sajak katara | ngiwa nêngên bikut | ature mèh ora nyêmbah | lah sumôngga ngagêma punika gusti | agêm dalêm rasukan ||

4. nadyan pados dhatêng pundi-pundi | botên wontên mênggah kintên kula | ah thik brêgas kaya ngene | coba sawangên Danu | gone muni mangkono kuwi | sajak [sa ...]

--- 41 ---

[... jak] kaya amênthang | Danu manthuk-manthuk | mangkene anggone kôndha | jênêng anèh kowe kôndha ngono kuwi | lah sing kagungan sapa ||

5. sang aprabu nuli didandosi | nanging ya mung sarwa saraweyan | ora ana pa-apane | Dani tumuli matur | sampun rampung samangke gusti | ngiloa sapunika | sang prabu ya nurut | wise ngilo angandika | pancèn nyata bêcike anggêgirisi | sasat prabot kajiman ||

6. Dani nuli sumêla nyambungi | milanipun yèn tiyang kang ewah | tuwin kang goblog nalare | namung sumêrêp suwung | sang aprabu saya kadugi | ngandika sêmu bingah | bênêr ing kandhamu | sang prabu wise ngandika | nuli dhawuh arêp miyos ing saiki | tindak arak-arakan ||

7. kana kene têtabuhan muni | carabalèn suwarane ngangkang | slomprèt tambur bangêt rame | sang prabu miyos jêdhul | digarubyug para bupati | upacarane pêpak | jajaran gumrudug | ana wong sing ngampil kunca | angêcêcêng tangan ngacung anggocèki | nanging ya ora nyata ||

8. sauwise miyos Danu Dani | nuli mêtu banjur lunga bablas | sênêng saparan-parane | kocapa sang aprabu | kang digrubyug para bupati | kabèh sajak katara | ngaku padha wêruh | jalarane ora liya | êmung saka nêtêpi ujar kuwalik | kaya sing wis kacrita ||

9. awit yèn ta ngaku wêruh sêpi | ora

--- [42] ---

[Grafik]

... bêcik têmên ratune kuwi...

--- 43 ---

wurung diarani owah | dadi murih kapenake | ya padha ngaku wêruh | nanging mungguh nyatane kuwi | iya banjur konangan | sabên uwong wêruh | lan tumrap uwong ing jaba | ora ewuh awit ora duwe wêdi | lan samar apa-apa ||

10. nuli ana bocah isih cilik | tur nèh bocah anake wong desa | ngadêg pinggir dalan gêdhe | muni karo angacung | bêcik têmên ratune kuwi | mung kathokan lan kotang | andèkna digrubyug | upacarane ya pêpak | apa iya niyate mung golèk isis | dhêmên ngliga sarira ||

11. wise ana uni ngono kuwi | nuli ana wong kang mèlu kôndha | malah gumrunggung swarane | lo iya sang aprabu | thik mung ngagêm rasukan gondhil | la kuwi uwong apa | sing tangane ngacung | o jawane ngampil kunca | athik anèh apa ta têgêse iki | apa kanggo kaulan ||

12. sang aprabu nuli wiwit ngrêti | anjanggirat ing batos ngandika | bênêr ujare wong kuwe | ora ana sing luput | nanging priye mungguh saiki | yèn ta ingsun bubarna | saya sèwu luput | awit jênêng pasamuwan | yèn ngantia pêdhot dalan ora bêcik | ya wis môngsa bodhoa ||

13. nuli banjur tindake ngubêngi | wong kang nonton saya suk-êsukan | suwarane bangêt rame | dene ramene mau | ora liya padha ngrasani | bab anèhing sawangan | karo anggêguyu |

--- 44 ---

| malah barêng uwis lumrah | sabên uwong nonton padha anggarapi | ratune mung kathokan ||

14. nadyan akèh uwong padha muni | nanging ora ana wong sing nyapa | malah para bupatine | rekane ora krungu | awit yèn ta wani ngrasani | gêdhene ngelikêna | sasat padha ngaku | yèn têmêne padha owah | dening padha ngaku ora amêruhi | kaya wong-wong sing nacad ||

15. sang aprabu tindake lêstari | ngampêt lingsêm ing sadalan-dalan | nganti kondur saikine | ora nganggo adhawuh | lan gêdhene nganggo ngraosi | babar pisan wis ora | awit kabèh mau | yèn arêp didawakêna | pakolèhe mung anyêbar wirang isin | rata nyang kene-kana ||

16. uwis cuthêl dêdongengan iki | lowung-lowung kanggo wacan bocah | dene mungguh pakolèhe | dongengan ngono mau | mung supaya bisa nênangi | wani duwe pikiran | aja ewah-ewuh | awit samubarang nalar | yèn wis bênêr tinêmune ya mung bêcik | bocah wajib anggulang ||

Tamat.

Catatan kaki:

1. Pocung (Dan ditempat lain). (kembali)