Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 13–27)

Judul
Sambungan
1. Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 13–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 17-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

13. Sinom

1. prabu nèm malih ngandika | lan kakang patih kang mugi | ngayomana pra nangkoda | asiha marang wong tani | wit arjaning kang nagri | tarlèn saka loro iku | narendra lamun datan | ngrêksa pakolèhing nagri | yèka tăndha tan mrinani prajanira ||

2. sauruting marga-marga | wèhana kang bale panti | ayya sêpi ingkang têngga | mangkono saurut margi | anaa jru pangaksi | mrih kêncênge ingkang tungguk | yèn praja tan santosa | kèh durjana ngrêrusuhi | pra nangkoda datan ana wani prapta ||

3. lamun kongsi mangkonoa | ilang [i...]

--- 128 ---

[...lang] pakolèhing nagri | boga busana warastra | pandaya rêngganing panti | tan ana ingkang prapti | saking praja liyanipun | têmah sami kacuwan | tan ana undhaking nagri | saking mănca sinêbut praja tan arja ||

4. lawan sakèhe padesan | pagêre purihên rapit | saubênge pakarangan | sinambangana wong kêmit | lan wonge sabên ari | pardinên padha anambut | satêgal sawahira | watêke wong kurang kardi | ngumbar hawa wêkasan laku dursila ||

5. marma padha kêncêngana | prihên srêgêp asêsabin | sabên ana wadyanira | kang nora karêm ing kardi | patrapana dèn aglis | murwatên tibaning ukum | lan sarupaning ama | purihên sirnane sami | aywa kêmba muriha kêrtaning desa ||

6. macan ula lawan baya | iku kang

--- 129 ---

mutawatiri | ruwate santosanana | tumpêsên dèn kongsi tapis | yèku kang bilaèni | sanadyan kang ama tikus | kêkêsên sabên dina | aja dumèh iku cilik | yèn ngrêrampas tumpês para pari bebas ||

7. lan manèh sira mardiya | gawe marga gêdhe cilik | kang trus mring lyaning nagara | prêdinên ingkang prayogi | supadya wong gêgrami | gampang dènira lêlaku | rêksanên sabên dina | nganglangana lamun ratri | kang supadya pra begal wêdi mèt karya ||

8. dalan kèh durjananira | sapa kang wani lumaris | aprêsasat dudu marga | mung panggonaning bilai | kang wajib darbe kardi | berat sagunging para dur | tarlèn sang narèswara | mêmalang malaning nagri | saranane anjaba mung jinaganan ||

--- 130 ---

9. kyana patih aturira | ing sabda langkung kapundhi | dadosa jimat kawula | amung wagêda nglampahi | têdah paduka gusti | srana arjaning praja gung | inggih saangsal-angsal | linantih rèhning apingging | prabu anèm ngandika sun puji sira ||

10. bisaa jumênêng nata | anèng praja Gilingwêsi | awit kakang jênêng ingwang | kang nanggung mring sira nguni | upama lamun kongsi | pêkênira[1] nêmu luput | gonira mêngku praja | sun isin mring jêng ramaji | kapindhone merang marang wong ing Cêmpa ||

11. kyana patih atur sêmbah | dhuh gusti kawula darmi | nglampahi karsa paduka | mêngku nagri Gilingwêsi | raosing driya yêkti | mapan ta inggih mung gadhuh | mangkana prabu mudha | dènira mulang mring patih | sore kongsi têkèng ratri lingsir măngsa ||

--- 131 ---

12. kyana patih aturira | jêng gusti lamun marêngi | wadya paduka sadaya | inggih sami nyuwun pamit | mantuk mring Gilingwêsi | sampun lami wontên purug | prabu nèm angandika | iya kakang sun lilani | mung amêkas lamun Si Andakasura ||

13. kaplayu bali nèng kana | kirimna marene nuli | sun bangêt arsa uninga | ywa kongsi cinêkêl mati | sandika angabêkti | sang dipati lajêng mundur | saha sawadyanira | sadaya sami pinaring | busanarta măngka pasangoning marga ||

14. umangkat dalu sawadya | Sang Dipati Gilingwêsi | ing lampah tan kawursita | rèhira samargi-margi | mangkana Cêmpa nagri | mangke sangêt arjanipun | durjana sami sirna | kontap marang măncanagri | têmah kathah nangkoda anggili prapta ||

15. prabu taruna utusan | nimbali [nimba...]

--- 132 ---

[...li] mring Jurutani | ing saanakputunira | wus prapta sumiwèng ngarsi | kanthi putu satunggil | angirid para pêpikul | galur sêlur gotongan | jinèjèr tratag mandhapi | wajik jênang jadah lèmpèng nèng karanjang ||

16. ambanjêng kang pêpikulan | anèng pinggir turut tritis | rangkêp katri têtarapan | gendhongan ngundhung nèng wuri | sinèlèhakên aglis | anèng papan munjung-munjung | binandhung dhit-indhitan | kang bêkta kasêsa ngèksi | saisthane uparêngganing suyasa ||

17. matimpuh wênèh siduwa | ana kang jawil-jinawil | kang bisik-binisik ana | lawan ta pating taruding | nudingi barang kèksi | rowange kinèn andulu | dêlêngên galo ika | e lah dalah nyata èdi- | èdi kabèh barange prabu taruna ||

18. kunêng kang samya tumingal | mangkana

--- 133 ---

ingkang pêpanggih | prabu nèm alon ngandika | hèh ta kaki padha bêcik | lan sira iku nini | lawas tan tinjo maringsun | Jrutani matur nêmbah | pangèstu paduka gusti | ulun tuwin pun nini sami raharja ||

19. ing mangke pamuji kula | jêng paduka ingkang mugi | tulusa ngrênggani praja | măngka tanggulanging wèsthi | nagari Cêmpa ngriki | tumuruna tumaruntun | sampun kasêlan liya | têksiha darah sang pêkik | lêstantuna darbèni ing nagri Cêmpa ||

20. prabu nèm aris ngandika | abangêt tarima mami | kaki ing pamujinira | pinarêngna dening Widi | sasêdyanirèng kapti | Jurutani lon umatur | amung ta jêng paduka | ingkang awagêd ngladosi | mring kang rama dèn miturut barang karsa ||

21. Jrutani sigra ginanjar | busanarta [busanar...]

--- 134 ---

[...ta] rajapèni | ing sakulawarganira | sipêng amung kalih ratri | wontên kaneman puri | enjing amit nyuwun mundur | rinilan sinung sabda | raharjanirèng lumaris | gya umangkat sarowangira sadaya ||

22. mangkana sang rajaputra | sabên ari Sênèn Kêmis | tinamtu apirêmbagan | lawan sagung pra bupati | pinrih giliging budi | dènira nindakkên kukum | ywa nganti tibèng ina | rèhning ta kinarya wakil | mring sang nata amurih arjaning praja ||

23. ya ta ingkang winursita | anuju sajuga ari | prabu nèm tikbra ing driya | katrêsan waspa umijil | kèngêtan yayah bibi | garwa mulat enggal matur | paran darunanira | waspa paduka umijil | ingkang raka alon dènira ngandika ||

24. mangkene karananira | yayi

--- 135 ---

gon ingsun anangis | ana kang karasèng driya | iya mring sudarma mami | pisah ngong wus alami | saprene têka tan antuk | ing warta kang têtela | sugêng lan orane yayi | iku ingkang dadi rudatining driya ||

25. kang rayi angrês ing driya | miyarsa sabdaning laki | rinasa saya karasa | duk papa anèng wanadri | pisah rena sudarmi | mangkana têtêpanipun | dadya bela sungkawa | tumungkul angêmu tangis | kapisêrêng kasrawung bela karuna ||

26. asêrêt aris turira | dhuh kakang mas adipati | yèn sami sambadèng karsa | bok inggih dipun utusi | sêsêmbèn anuwèni | paran kawontênanipun | kang raka angandika | bênêr pikirira yayi | Si Janggala kewala iku prayoga ||

27. prabu nèm nolih ngandika | Janggala [Jang...]

--- 136 ---

[...gala] sira samangkin | sun duta mring Sokadana | seba marang kyana patih | ngaturkên layang mami | mangkata ing sesuk-esuk | sajabaning pustaka | kiriman ing sawatawis | Si Janggali bae aja sira gawa ||

28. Janggala bêkis turira | kawula botên kadugi | ijèn dhatêng Sokadana | têbihipun anglangkungi | tan wande wontên margi | binegal cêngêl pinênthung | karingkêl ngathang-athang | bathange cinakot anjing | kantun balung ginondhol sêgawon edan ||

29. dhuh inggih mangsi kiranga | punggawa satriya mantri | têka ngutus tiyang kompra | ngandika prabu taruni | bênêr aturirèki | nanging ta piandêl ingsun | kewala lagi sira | Janggala umatur aris | botên bingah dados piandêl kadyèka ||

30. sukèng tyas pangran ngandika | iya [i...]

--- 137 ---

[...ya] ta sun wèhi kanthi | si adhi Dêmang Urawan | layak nora mindho kardi | dhêdhasar wus undhagi | panambanging têmbang-têmbung | Janggala matur nêmbah | langkung bingah amba inggih | dhèrèkakên rayinta Dêmang Urawan ||

31. Brêmani gya tinimbalan | praptèng ngarsa mangênjali | prabu nèm alon ngandika | yayi mas sira sun tuding | mring Sokadana nagri | Janggala kanthinên iku | drapon nuduhkên marga | gawanên kintaka mami | lan kiriman turna rama sang dipatya ||

32. umatur Dêmang Urawan | sukèng tyas amba tinuding | sêsambèn badhe uninga | ing Sokadana nagari | wus lami ngarsi-arsi | piniji nglampahi tuduh | sampun kang dhatêng suka | sakit pêjah anglampahi | langkung bingah tinêdah nglampahi karya ||

33. sukèng tyas anut sakarsa |

--- 138 ---

botên garantês ing kapti | ngandika prabu taruna | prasêtyanira ta yayi | bangêt tarima mami | mapan wis dadi sadulur | prabu nèm sigra nyêrat | munggèng roning pandhan wangi | tinarbuka bêbukaning kang pustaka ||

34. punika ingkang kintaka | pinandara pangabêkti | putranta ingkang lêlana | pun Panji Wulung kang mugi | katur sang nindyamantri | sumawana para ibu | wahyaning kang pustaka | kawula atur udani | yèn samangke kawula nèng nagri Cêmpa ||

35. angsal pangèstu paduka | kamantu dening sang aji | jumênêng prabu taruna | sinung sapalihing nagri | myang kinèn manggalani | para nayaka sawêgung | saking pangraos kula | kamulyan kawula inggih | tarlèn saking nguni pamardi paduka ||

36. kang mrih utamaning lampah | kalampahan ing samangkin | dadosa

--- 139 ---

èsthining manah | tumêrah kamulyan jati | milamba ing salami | badhe tansah ngemut-emut | dhatêng wulang paduka | saliring rèh kramaniti | titikane tuladan sampun têtela ||

37. yèn tulus sami raharja | kados kawula ing benjing | gumantos wontên ing Cêmpa | kalayan kula ngintuni | sapala rajapèni | katur arinta jêng ibu | dene lampahan kula | awit mangkat saking ngriki | andangua inggih dhatêng pun Janggala ||

38. dèntên kang kawula duta | punika trah Rajèng Bugis | têpang kala wontên marga | lajêng labêt lara pati | marmanta ing samangkin | ing lênggah pan sampun sinung | bêngkok mantri manggala | myang nami sampun ingêlih | apêparab inggih pun Dêmang Urawan ||

39. têmbe yèn bangkit kawula | gumantyèng kaprabon aji | tan lyan pun [pu...]

--- 140 ---

[...n] Dêmang Urawan | kang kula damêl pêpatih | dene ta sampun titih | dhatêng para surèng kewuh | tur labêt lara lapa | dhasar trahing narapati | pantês lamun dados mêmanising praja ||

14. Dhandhanggula

1. sampun titi panitraning tulis | pinaringkên mring Dêmang Urawan | tuwin sagung bêbêktane | tinampèn sadaya wus | rinuktènan binêktèng jawi | ing wanci bangbang wetan | duta bidhalipun | tan winarnèng lampahira | cinarita Patih Sokadana nagri | sakesahe kang putra ||

2. gung dènira manêdhèng Hyang Widi | rahayuning putra kang lêlana | sampun wontên sangsayane | tulusa ing sapurug | rinakêta darajat jati | mangkana lama-lama | saya onêngipun | wontên marmaning Hyang Suksma | nyai patih garbini ambabar pêkik | sairib lan kang raka ||

--- 141 ---

3. langkung suka tyasira kya patih | ingkang putra pinaringan nama | Dyan Panji Pamekas dene | wus kasèp mangsanipun | sigêg gantya sri narapati | tindak mring kapatihan | ing karsa sang prabu | mriksani pulunanira | dupi rawuh Panji Pamêkas kaèksi | sumiwèng ngabyantara ||

4. rêsêp mulat wau sri bupati | yayi patih yèn sira sambada | iya anakira kiye | iku ta ingsun pundhut | rèhning tita wak ingsun iki | tulus tan darbe putra | anjabane amung | amupu mring sutanira | patih datan suminggah karsa sang aji | têmah atur sumăngga ||

5. dupi kondur dyan putra kinanthi | praptèng pura gung dèn êla-êla | wus kadi putrane dhewe | ing sakarsa tinurut | kyana patih mêlang ing galih | sajuga ri sumewa | mring pura umatur [u...]

--- 142 ---

[...matur] | dhuh gusti sri naranata | sampun dahat angunggar karsaning siwi | manawi tanpa guna ||

6. pan wantuning amudha puniki | yèn winilêt ing pangêla-êla | lalu limut budayane | tan wande têmbenipun | badhe ngangge karsa pribadi | tan titi tilar cara | carane tumuwuh | ugungan anggung binêkta | tanpa krama rênaning pribadi pinrih | ngêmbangi tibèng nistha ||

7. mapan kathah têpaning palupi | lêpiyaning duk ing kina-kina | nata kang ngugung putrane | awon wusananipun | saking anggung ugungan galih | ngantos jumênêng raja | tansah kumalungkung | labête kala taruna | tan tinuman kautamaning dumadi | têmahan murang krama ||

8. calon nata yèn datan pinardi | mardawaning basa susilarja | èstu sirna mêmanise | yèn nata tyasnya punggung | pra nayaka datanpa budi | mantri [ma...]

--- 143 ---

[...ntri] lit-alit samya | kathah kang lampah dur | sumrambah mring wadyabala | rêbat murka rêbat jail rêbat cêngil | sêkaring karisakan ||

9. sri narendra angandika aris | ingsun cocog marang aturira | paran ta ing prayogane | sranane amrih tulus | kotamane atmaja mami | kya patih matur nêmbah | yèn sambadèng kayun | pinaringana punika | juru among kang waskithèng kramaniti | darapon amardia ||

10. myang sinunga suyasa pribadi | nata condhong nayogyani karsa | kyana patih sukèng tyase | gya karya dalêm agung | cinawisan guru kang wêgig | ngêmbani rajaputra | samana wus antuk | mantri wrêda bijaksana | binêbahan mêmulang patraping adil | ukum anggêring praja ||

11. narpatmaja wus dalêm pribadi | sari-ari [sa...]

--- 144 ---

[...ri-ari] rinèh ing kawarja | pinrih kênyang kawignyane | samana sampun putus | kawasisan têtês patitis | karya santosèng driya | tandya para wiku | manjurung rèhing kamuksan | prastawane nunggal lan Hyang Utipati | kunêng ta kang winarna ||

12. kyana patih mangkya gung prihatin | kaonêngan mring sang alêlana | de wus lami antarane | tan ana wartanipun | puwara lon nabda mring rabi | dhuh yayi raganingwang | akangên kalangkung | mring putranta kang lêlana | paran warta dene lawas nora mulih | kang garwa matur nêmbah ||

13. kula wingi midhangêt pawarti | pêpêkênan yèn nata ing Cêmpa | amundhut mantu samangke | tiyang lêlana nglangut | bok punika pun kaki Panji | lagyeca arêrasan | mangkana kasaru | dhatênge Kyai Janggala | lawan Dêmang Urawan [U...]

--- 145 ---

[...rawan] kang anèng wuri | kya patih mangu mulat ||

14. Ki Janggala matur sarwi nangis | dhuh jêng kyai ulun pun Janggala | baya pandung mring abdine | kya patih kagyat nguwuh | momonganmu ana ing ngêndi | Janggala aturira | putranta pukulun | wontên nagari ing Cêmpa | mangke sampun jumênêng prabu taruni | mangke sowan kawula ||

15. pan dinuta angaturkên tulis | saha mawi kintunan barana | nagri Cêmpa di-adine | katur mring para ibu | srat tinampan mring kyana patih | binuka sinukmèng tyas | têmahan kapiluh | pra garwa anglud karuna | myang para ban tumuntur samya anangis | karănta kang lêlana ||

16. sira Dêmang Urawan tumuli | amasrahkên saliring bêbêktan | wus katampan gya binage | dhatêng kang para ibu [i...]

--- 146 ---

[...bu] | kyana patih kang amrayogi | wus wradin para garwa | sadaya pakintun | mangkana bok Tunjungsêkar | langkung suka de putra mangkya wus mukti | wibawa anèng Cêmpa ||

17. duk samana wus sore kang wanci | Ki Janggala lan Dêmang Urawan | gya pinarnah pondhokane | sowan mung sabên dalu | kang dinangu tan wontên malih | lyan saking radyan putra | lêlampahanipun | ing purwa praptèng wasana | Ki Janggala galurkên criyosing siwi | kya patih langkung suka ||

18. nyai patih myang Kèn Tunjungsari | sakalangkung karênan ing driya | mring Janggala cariyose | kunêng ta kang cinatur | sira Dêmang Urawan nênggih | lamine anèng kana | antuk kalih santun | gya amit mring sang apatya | arsa wangsul dhatêng prajanira malih | rèhning ta sampun lama ||

--- 147 ---

19. antarenjang prasamya sumiwi | mring ngarsane sang mantri wisesa | kyana patih andikane | srantèkna putraningsun | ingsun arsa mangsuli tulis | ya marang kakangira | prabu anom iku | tandya amundhut supatra | pandhan wangi kinarya papaning tulis | lukitaning pustaka ||

20. ing sawusing salam taklim mami | tumêkaa marang jênêngira | sri mudha Cêmpa prajane | ingkang sudibya kasub | ambêksanta maharjèng budi | srat saking jênêng ingwang | kang onêng kalangkung | mantrimuka Sokadana | awiyose manira gèr wus nampani | pustaka saking sira ||

21. surasane wèh rêna ing ati | lawan kabèh para ibunira | sirna ruwat rudatine | sasat taru kang alum | karirisan kang mausadi | dumadi angrêmbaka | prasidaning tuwuh | tuwin tagèr [ta...]

--- 148 ---

[...gèr] wêkas ingwang | dèn asarwa sarèh sarekaning kapti | rèhning ta mêngku praja ||

22. pangolahing praja iku kaki | tan prabeda lan amardi putra | kudu sarèh saranane | ywa kêmba ing pamuruk | pan ingarah sangkaning ririh | sinarah drapon kalah | lamun wus anurut | wêlêgên wêwulangira | kalakone dèn trima saka sathithik | tan beda mèt kancana ||

23. pikantuke pan saka satugi | yèn tulatèn pangupayanira | lawas-lawas sayêktine | antuk sakojong munjung | didol akèh uruping picis | lan kaki dèn waspada | wijanging pangêjum | panduming kang jiwanggana | kudu iya yitnanana sabên ari | sêsêrêng sarèhêna ||

24. ing wusana sun asung pawarti | mangke sira darbe ari priya | saungkurira [saungkur...]

--- 149 ---

[...ira] wijile | saka ibumu sêpuh | Si Pamêkas arane kaki | samêngko arinira | karsane pinundhut | mring ramanta sang iswara | pan pinutra dinama-dama ing kapti | tan pêgat sinung wulang ||

15. Mêgatruh

1. kang pustaka tiniti tandya tinutup | katampèn mring Sang Brêmani | sarwi pinaringan sangu | myang ginanjar busanadi | kalihe lèngsèr wotsinom ||

2. para garwa tuwin Nikèn Tunjungsantun | kapiluh ing tyas marujit | para êmban sênggruk-sênggruk | kagagas marang ing gusti | kang wus madêg prabu anom ||

3. kunêng para êmban tuwin para ibu | prabu nèm Cêmpa winarni | lênggah lawan garwanipun | sadangunira ngraosi | marang dutanira karo ||

4. dene kongsi kalih căndra

--- 150 ---

malah langkung | ginalih sangsayèng margi | tan dangu sami kadulu | yèka kang duta kêkalih | sri mudha waspadèng anon ||

5. yèn Janggala ingkang prapta kusung-kusung | prabu nèm suka tan sipi | tumrap ngabyantara sampun | binagèkkên sabda manis | padha raharja sakloron ||

6. dene lama baya ta bisa katêmu | lawan kyai sang dipati | Urawan alon umatur | pangèstu paduka gusti | inggih sagêd sapatêmon ||

7. lan ramanta tuwin ibu kalihipun | sarta ulun dèn bêktani | wilapa măngka wêwangsul | pinundhut binuka aglis | winaos sinuksmèng batos ||

8. wus kawaca wêcaning sêrat wêwangsul | prabu nèm kraos ing galih | kapiluh ing nala luluh | karănta dadya [da...]

--- 151 ---

[...dya] prihatin | ramèbu têmah katonton ||

9. sruning onêng umênêng manahên ing kung | kongas ing netya prihatin | sêrêt pangandikanipun | lah padha ngasoa sami | iya marang ing patunggon ||

10. Dyan Urawan lawan Janggala amundur | mring wismanira pribadi | prabu nèm lan garwanipun | anggung dènira angliling | pustaka ingkang rinaos ||

11. surup surya gumanti căndra sumuluh | sumunar marang wiyati | Dyan Urawan sampun wangsul | lan Janggala anyarêngi | praptèng ngarsa makidhupoh ||

12. prabu anèm lênggah lawan garwanipun | nèng natar amajang sasi | kalih sami kinèn maju | kang pêrak dènnya alinggih | Janggala pinrih cariyos ||

13. ing saparipolahira duk ingutus | mring Sokadana nagari | purwa [pur...]

--- 152 ---

[...wa] myang wusananipun | galur pangaluring rawi | sukèng tyas sang prabu anom ||

14. sakala nir sungkawaning tyas mangun kung | kagagas marang kang rayi | kayapa ing warnanipun | pamêkas dhuh ari mami | benjang apa gon sun anon ||

15. sun pêpuji riningsun dimèn lêstantun | benjang bisaa gumanti | kapraboning rama prabu | sun lila ing lair batin | narima amung amomong ||

16. mung tulusa tiningalan rama ibu | măngka pangimuring galih | pisahe lawan ragèngsun | manira tarima yêkti | ngêmbani mring kadang anom ||

17. puluh-puluh wus bêgjane raganingsun | kudu pisah yayah bibi | tandrêman dèn mong wong sêpuh | baya wus karsaning Widi | pinasthi dadi pamomong ||

18. ingkang rayi balang liring nyablèk jêngku | tan kayaa siji iki | ithik-ithik [ithik-i...]

--- 153 ---

[...thik] dadi juru | buh-êmbuhane kang nyèthi | lumrahe iya wong wadon ||

19. mara ngêndi ana dyah amêngku kakung | êmbuh yèn mung kosok-bali | denira ngandika mau | ngelingkên yèn ingsun lali | gumêr gujênge pra sinom ||

20. sang sri mudha mèsêm sarwi ngandika rum | tampan têmên sira yayi | lah ta payo padha kondur | wus lungse mangsane iki | sigra tindak sakaloron ||

21. sarêng enjing sumewa marang kadhatun | sarimbit lawan kang rayi | prabu nèm nèng sitiluhur | mangkana jêng sri bupati | dahat asih mring sang anom ||

22. dadya putra pinardi pinrih lêstantun | dènira apalakrami | sang nata ngandika arum | nini ugêring wong laki | cumondhong anut sapakon ||

--- 154 ---

23. nora kêna ngandêlkên sutaning ratu | kudu mantêp anêtêpi | ing sacara-caranipun | wong winêngku marang laki | dèn awas marang têtêkon ||

24. lire wadon bênêre iku dhinaku | marang kang adarbe rabi | marma dèn rahab ing sêmu | samangsane ngêladèni | manising ulat dèn katon ||

25. yèn sinêndhu ywa katon netyanta rêngu | balik walêsên mêmanis | robana wicara arum | yèku tanggulangi runtik | dimèn wurung apadudon ||

26. lan maninge wadon iku kudu bêsus | prêlu mêmaèsa dhiri | amrih rêsêping wong kakung | dhêmên bombrong nora bêcik | dudu anggoning wong wadon ||

27. yèn wanodya karêm bombrong amaruwun | kêna pocapaning batin | rêngu marang lakinipun | gêdhene [gêdhe...]

--- 155 ---

[...ne] pisanta nini | tinarka sèdhèng ing batos ||

28. bêbasane karubyuk kabotan pinjung | marma ywa lancang ing kapti | saliring rèh kudu tutur | nadyan kang rèmèh pribadi | parentah kudu linakon ||

29. sabên sowan kang rama anggung winuruk | satataning rèh akrami | marmanta sang rêtnaning rum | gung bêktinira mring laki | datan sawalèng sapakon ||

30. lama-lama sira ta sang mahaprabu | kataman roganing dhiri | sagunging kang para dhukun | cabar dèn ta ngusadani | marmanta sang prabu anom ||

31. tansah tugur nèng pura lan garwanipun | mêlang gêrahing ramaji | marma datan karsa kondur | marang puranta pribadi | kadi ta wontên karaos ||

32. myat gêrahe kang rama sangsaya nglayung | mangkana sajuga ari | sri narendra [nare...]

--- 156 ---

[...ndra] gya anuduh | nimbali para dipati | prapta ngabyantarèng katong ||

33. angandika sira ta sang mahaprabu | hèh sagung pra sanak mami | sirèku yakti wus wêruh | mungguh laraningsun iki | kanthi sumendhe Hyang Manon ||

16. Kinanthi

1. marmanta yèn padha rêmbug | lawan pikirira sami | Ki Putra Dewa Kusuma | samêngko ingsun pasrahi | amisesa ngrèh ing Cêmpa | umadêga narapati ||

2. gumantya kaprabon ingsun | ana ing Cêmpa nagari | rèhning ingsun datan darwa | atmaja priya pribadi | marmaning mung mantuningwang | ingkang wajib anggêntèni ||

3. wit saka panggalih ingsun | Ki Dewa Kusuma iki | kaya-kaya tan kuciwa | de maksih atmajèng aji | ing Sokadana utama | tinulad sagung nrêpati ||

--- 157 ---

4. para nayaka jumurung | rêmpêk samya nayogyani | suka sukur trusing driya | dene ta sang rajasiwi | sampun sinuyudan wadya | ing Cêmpa dhasar piniji ||

5. sang nata ngandika arum | mring sang dyah sêkaring puri | hèh nini sira dèn bisa | ngawula mring priya yêkti | wajibing dyah iku iya | kapurba marang ing laki ||

6. aywa ta sêrik ing kalbu | lamun winisesèng laki | mung kudu dèn êla-êla | lan ywa ngandêlkên sirèki | dumèh putraning narendra | lan rumasa darbe nagri ||

7. iku sèwu-sèwu luput | awit raganingsun iki | sajatine mung sadarma | gadhuh kagunganing Widi | singa ingkang madêg raja | yaiku ingkang darbèni ||

8. sang putri alon umatur | nêmbah waspanira mijil | sêrêt lirih aturira | dhuh inggih kang mugi-mugi | sagêda [sa...]

--- 158 ---

[...gêda] nglêksananana | ing pitungkas jêng ramaji ||

9. narendra mêling mring mantu | sun titip arinta kaki | lawan nagara ing Cêmpa | kasraha sira nak mami | poma aja kongsi kêmba | ki prabu gonira mardi ||

10. kang putra nêmbah umatur | sampun sumêlang ing galih | dhatêng ing putra paduka | botên ulun anggêp rabi | mung măngka jimating praja | pinundhi sa-Cêmpa nagri ||

11. pangèstu tuwan kaêmbun | mugi sagêda nglampahi | among putri padukendra | ing cipta amung sadarmi | gadhuh nagari ing Cêmpa | kang kagungan yayi dèwi ||

12. ing pura pangwasanipun | kasrah putranta sang putri | mung ruwêd rêntênging praja | kawula kang nanggulangi | sarêmbag lan pra nayaka | pangêtraping kukum adil ||

--- 159 ---

13. lêga tyasira sang prabu | de putra mantu wus tampi | ing saciptaning wardaya | dadya tan mêlang ing galih | gya ngunus singsim pusaka | kang ingagêm nèng jêjênthik ||

14. sarwi angandika arum | tampanana iki kaki | karyanên wasiyatira | kalpika pundhèning nagri | sapa madêg narèswara | wênang ngagêm singsim iki ||

15. prabu nèm nampèni sampun | nyamlêng ingagêm jêjênthik | sumyar prabaning sêsotya | sanalika rajasiwi | sêmuning surya ngujwala | wahyuning karaton ngalih ||

16. sang nata sasampunipun | maringkên singsim mring siwi | gya mancad marang kamuksan | gumêr gumêrah kang tangis | anggung wayang-awuyungan | sagunging para pawèstri ||

17. kunêng saliring rèh wuyung | narpadayita myang siwi | layon sampun sinucenan [si...]

--- 160 ---

[...nucenan] | kinapanan myang rinukti | nèng tabut sinidhikara | dyan pinêtak ngastanardi ||

18. tandya gara-gara rawuh | tayuhe narendra lalis | surêm soroting baskara | dening têdhuh mawi riris | kadya abela karuna | mring praja ingkang prihatin ||

19. para nayaka atugur | ing alun-alun miranti | kongsi kawan dasa dina | ngrêksa pringganing nagari | prabu nèm munggwing jro pura | ki patih nèng srimanganti ||

20. praptaning ari tinamtu | derarsa madêgkên aji | wadyabala wus ngundhangan | jibêg ngalun-alun prapti | mawi lêlayu bandera | rêrênggan samargi-margi ||

21. para manggala wus kumpul | pamatahe kyana patih | satriya mantri punggawa | myang prawira sawatawis | mapaga [ma...]

--- 161 ---

[...paga] sang rajaputra | miyose saking jro puri ||

22. samapta rakiting wadu | papagan sang rajasiwi | kang para mantri taruna | pinatah angampil-ampil | wus budhal saking paglaran | kèndêl anèng srimanganti ||

23. prabu nèm pan sampun ngrasuk | busana kaprabon aji | ngêngrêng praba amangkawa | sunaring kawaca rukmi | makutha bra amarkata | pinatik ing sêsotyadi ||

24. kang garwa kusumaningrum | mangagêm busana adi | sampêt sapacaranira | rakiting karaton èstri | ginarbyêg para biyada | warnendah angasmarani ||

17. Asmaradana

1. sadaya sampun rinakit | nulya papagan kang prapta | gumêr gumêrah swarane | wahana joli kêncana | ingayap pra punggawa | panyutra

--- 162 ---

kang munggèng ngayun | tindak sang narpati mudha ||

2. panganjurirèng lumaris | wus prapta ing sitibêntar | mrênah marang panggonane | prajurit urmat sadaya | tambur salomprèt munya | monggang kodhokngorèk barung | mungêl sakathahing găngsa ||

3. punggawa satriya mantri | kang ngayap joli kêncana | piyak kabèh samya mire | kang ngrêmbat kèndêl samana | nèng kiduling witana | nulya prabu anom rawuh | nampèni udhuning garwa ||

4. sang rêtna sigra kinanthi | lumêbèng bangsal witana | nulya lênggah sakalihe | anèng ing dhampar kêncana | kya patih madêg sigra | sawurining dhampar muwus | undhang sora kang suwara ||

5. hèh sagung para bupati | punggawa miwah satriya | padha miyarsakna kabèh | yèn mêngko sang lir kusuma | gumanti [gu...]

--- 163 ---

[...manti] ingkang rama | kang iku para wadya gung | padha sira ngèstrènana ||

6. dènira jumênêng aji | sadaya kang sami myarsa | kyana patih ing undhange | saur paksi ngayubagya | sigra mantri wisesa | sumiwèng ngarsa sang prabu | marikêlu lênggahira ||

7. tan antara dangu nuli | narpa dyah jumênêng nabda | hèh pra wadyaningsun kabèh | saka karsèngwang samangkya | kakang mas prabu mudha | sun pasrahi prajaningsun | ing Cêmpa iki sadaya ||

8. sarta umadêga aji | misesa angrèh ing sira | anut mituruta kabèh | kang sapa nora narima | nyèlèhna lungguhira | mupung ana ngarsaningsun | aywa ta nganggo rêringa ||

9. pra wadya kang samya myarsi | ngastuti manadukara | sumăngga ing paturane | narpa dyah tumurun sigra | mangraup [ma...]

--- 164 ---

[...ngraup] padèng nata | nulya ki patih angujung | tuwin kang para niyaka ||

10. sigra pakurmatan muni | sanjata mriyêm sauran | binarung munggang swarane | miwah kodhokngorèk găngsa | tambur salomprèt munya | ramening suwara umyung | lir guntur mawor prakêmpa ||

11. tantara gunungan mijil | binagi sampun warata | para wadya saanane | sri nata kondur mring pura | sarimbit lawan garwa | tan ewah kadya ing wau | lampahing wadya sadaya ||

12. sarawuhira jro puri | nata malbèng prabayasa | ampilan pacara kabèh | wus tinampan wong jro pura | pra wadya kang sumewa | sadaya pan sampun kêbut | sowang-sowang antukira ||

13. cinarita Cêmpa nagri | wimbuh raharjaning praja | sri mudha sajumênênge [sajumênêng...]

--- 165 ---

[...e] | gêgramèn gung bathinira | janma kang ulah kisma | mulus kang sarwa tinandur | tan kirang kang sandhang têdha ||

14. nahên ta sajuga ari | Sri Naranata ing Cêmpa | utusan mawi surate | mring nagari Sokadana | dhatêng rêkyana patya | mantri kalih kang tinuduh | wus mangkat saking ing Cêmpa ||

15. datan winarna ing margi | wus prapta ing Sokadana | lajêng jujug mring dalême | kya patih lagya sineba | nèng madyaning pandhapa | caraka kalih cumundhuk | ngaturkên nuwalanira ||

16. pustaka binuka aglis | lukitanira mardawa | dene ta ing suraose | kang putra atur uninga | kalamun ingkang rama | Narendra Cêmpa wus surud | ing mangke saliranira ||

17. gumantya umadêg aji | anèng nagari ing Cêmpa | pra nayaka sadayane | jumurung angayubagya | dhatêng sang

--- 166 ---

rajaputra | kya patih suka ing kalbu | sasuraosing pustaka ||

18. gya malbèng dalêm nimbali | mring garwa myang Tunjungsêkar | wus winartan sakalihe | yèn mangke sang rajaputra | sampun madêg narendra | gumanti ing marasêpuh | anèng ing nagari Cêmpa ||

19. kêkalih duk amiyarsi | sukèng tyas marwata suta | patih alon wacanane | hèh Rubiyah yèn sêmbada | sira lan jênêng ingwang | ing benjang wulan ing ngayun | ayo tilik marang Cêmpa ||

20. wau sang anindya mantri | wus karya sêrat wangsulan | kang pustaka ijêmane | lamun benjang wulan ngarsa | arsa tuwi mring Cêmpa | tuwin ta kang para ibu | lawan Nikèn Tunjungsêkar ||

21. ponang caraka wus tampi | sêrat myang pasangon marga | wus katampèn pitungkase | ing karsa sang mantri wrêda |

--- 167 ---

sandika duta sigra | amit wus kalilan mundur | sapraptaning prajanira ||

22. umarêk ing sri bupati | ngaturkên sêrat wangsulan | tuwin wau wêwêlinge | sang nata sukèng wardaya | kondur warta mring garwa | lamun benjang wulan ngayun | ingkang rama badhe prapta ||

23. kunêng ing Cêmpa nagari | gantya wau kang winarna | amangsuli caritane | nagari ing Sokadana | Prabu Dewakiswara | arsa cangkrama mring gunung | lan sagung punggawanira ||

24. rêkyana patih tan kèri | sampun samaptèng wisaya | tuwin punggawa sakèhe | rawuh prênahing cangkrama | binêrêg buron sunya | cuwa tyasira sang prabu | tuwin sagung pra punggawa ||

25. sang nata lan kyana patih | sami minggah pêpanggungan | wadya tan kalilan dhèrèk | mapan arsa rêraosan | wadining kawibawan | saking

--- 168 ---

rumaos wus sêpuh | sayah angasta karajan ||

26. kapengin martapèng wukir | mêndêng ing rèh mring kamuksan | sumungku mring batharane | mêmuji arjaning praja | puwara angandika | sun iki patih gêgêtun | dene ta datan pêputra ||

27. bêgjane sutanta yayi | Si Panji Kudapamêkas | ingsun wis rumasa cape | mêngku praja Sokadana | kapengin apan iya | martapèng graning gêgunung | sêsambèn among ki putra ||

28. yèn saka pamawas mami | Si Pamêkas kaya-kaya | wus pramèng praja pangrèhe | myang sah saliring basarja | sarjana parikrama | kaya tan kuciwèng sêmu | samangsane madêg raja ||

29. kya patih tan nyêmbadani | ing karsa risang pamasa | dene ta dèrèng mangsane | ngandika sri naradipa | yèn sira [si...]

--- 169 ---

[...ra] tan sêmbada | ya besuk manèh rinêmbug | kang pasthi karsa manira ||

30. seje kang sun catur yayi | payo gunêm paprênesan | ana pitung dina kiye | ingsun tumingal wanodya | kaduk raga karana | saplak lan nguni ipemu | ya si jênat Tunjungsêkar ||

31. lăngka yèn uripa malih | wong mati măngsa balia | mêngkono ing bêbasane | nanging ciptaningsun têka | manahên rèh ngasmara | marang dyah kang mêmalad kung | upayanên dèn kapanggya ||

32. jatine tyas ingsun yayi | samuksane ipenira | Si Tunjungsari saprene | tansah kataman duhkita | tan măntra bisa mêndha | mundhak dina saya wimbuh | kambah ing turidasmara ||

33. mara upayanên yayi | kang dadi woding wardaya | patih nêmbah lon ature | adhuh sèwu aksamanta | èstunipun punika | pan inggih pun [pu...]

--- 170 ---

[...n] Tunjungsantun | kang kèksi kala nèng marga ||

34. sri narendra ngandika ris | paran wurunge palastra | ya Si Tunjungsari kuwe | kyana patih matur nêmbah | milamba kumasura | nglirwakkên têdah sang prabu | saking kabêbêd ing trêsna ||

35. dhumatêng paduka aji | owêl lamun tibèng nistha | angukum dede lêrêse | măngka mung kenging paekan | saking jêng rayi tuwan | mrih pêjahe Tunjungsantun | awit rumaos kasoran ||

36. dados angupaya sandi | ing rêmbag mung ngamandaka | sekapraya pra marune | saking sangête ing karsa | têmahan matur dora | wadul ing nalar tan mulur | rinoban sêksi kewala ||

37. pirsamba punika gusti | botên mêlang wela-wela | aturing juru panginte | kang ulun patah nèng pura | saèstu [sa...]

--- 171 ---

[...èstu] sêtyèng sabda | ing sarêmbag sampun dangu | panduking karti sampeka ||

38. malah giliging pambudi | ngupaya ajar minăngka | ing paekan pikêkahe | mawantu asrana wêca | kewala mring sri nata | akathah rêrubanipun | dhatêng juru doracara ||

39. toh jăngga amba kêdugi | abdinta pun Tunjungsêkar | èstu tan wontên sisipe | jêr jru panginte punika | sampun prasêtyèng driya | supaos inggih kalamun | kamipurun matur dora ||

40. kya patih rinangkul aglis | tan kayaa yayi sira | sun titèni salawase | tansah ngrêksa tyas manira | myang sarwa parimarma | paran ta nguni kalamun | tan ana pratikêlira ||

41. yêkti raganingsun yayi | antuk sikuning bathara | kaya ngapa ta têmahe | nguni pama kalakona | sun ngisas [ngisa...]

--- 172 ---

[...s] tanpa dosa | iba bênduning Hyang Agung | kang tumêkèng Sokadana ||

42. jêr ujaring nguni-uni | natantuk dukaning Suksma | wong cilike kelut kabèh | eram sun mung si pandhita | dadak bela durcara | wiyahe wiku sawêgung | ngrêksa arjaning bawana ||

43. lah priye gonira bangkit | ngaturkên kuping samana | paran ta pangupayane | kyana patih matur nêmbah | kados marmaning Suksma | dumadak têka panuju | wontên kunjaran palastra ||

44. kalêrês tiyang kêkalih | priyèstri irib gêngira | punika măngka lintune | pêpundhutan padukendra | de pun Tunjungkusuma | kawula pingit gènipun | dupi praptèng mangsanira ||

45. babar jabang bayi pêkik | lajêng ulun upakara | lêstantun dugi samangke | longgor wit têbih kang roga | limpad ing panggraita | têtêping

--- 173 ---

tapa tinutug | pindha maharsi ngasrama ||

46. samangke putranta gusti | sampun jumênêng narendra | wontên ing Cêmpa prajane | sinêmbah samining nata | kaloka măndraguna | binathara kratonipun | ambêk santa wirotama ||

47. sri nata dènnya miyarsi | aturing rêkyana patya | kadya supêna raose | sumêdhot wontên karasa | mring Sang Tunjungkusuma | èngêt kalanta mêmangun | raras rêsmining sarkara ||

18. Dhandhanggula

1. sri narendra lan rêkyana patih | sru karênan dènira rêrasan | enjang kongsi praptèng sore | surya mèh lalu surup | sirat-sirat sumirat kèksi | saliring ima mimba | rumamyang asêmu | mawèh rêngganing gêgana | rêrêng kadya mirêngkên kang mêdhar wadi | dumadining gusita ||

--- 174 ---

2. munggèng panggung madyaning wanadri | taru tarap tumruna kang patra | tumiyung ing ron kalane | kèsisan sruning lesus | yayah kelut kapilut ing sih | mring nata niti karsa | lan pêpatihipun | lung gadhung manglung sung gănda | kongas ngêsuk sakala sri narapati | umèngêt mangun duka ||

3. angandika mring rêkyana patih | garwaningsun nuli patènana | yèka măngka pidanane | dènnya drustha ing wuwus | olah cidra angkara budi | kya patih matur nêmbah | dhuh jêng sang sinuhun | patikbra tadhah dêduka | kamipurun umambêng karsa sang aji | madyanipun punika ||

4. kinêbona kewala prayogi | tuwin lajêng linungsur sakala | inggih saking pangwasane | dene pun Tunjungsantun | kapundhuta lumêbêt malih | sri nata angandika | bênêr turirèku |

--- 175 ---

ing panimbang kaya-kaya | nora botsih samono bae nyukupi | kukume ipenira ||

5. ing pangrêmbag wus kinarya dadi | nata kondur saha wadyabala | dupi wau sarawuhe | datan karsa jumujug | mring unggyaning sang pramèswari | wau sang padniswara | wus graitèng kalbu | lamun manggih kalêpatan | dadya mamèt sarana myang guna dhêsthi | mrih sirna kang dêduka ||

6. wus sirantuk sarananing dhêsthi | anging cabar tan măntra nyênyuda | sri narèswara runtike | dadya sang narpawadu | anglês ing tyas asêmu wingwrin | katrêsan sru sungkawa | ing driya matrênyuh | kapiluh ngluluh jiwangga | ênêngêna sira sang anandhang wingit | wau ta sri narendra ||

7. matah dhawuh mring sang nindya mantri | amangrukti rakiting kurmatan | têtabuhan sasamine | lêlayu myang palêngkung |

--- 176 ---

umbul-umbul daludag tuwin | kakăndha myang bandera | ing karsa sang prabu | mêmangun langên derarsa | ambawahi marang Nikèn Tunjungsari | lêbêting dhatêng pura ||

8. kyana patih enjang angrêrakit | rarasing rèh tataning pahargyan | pinandarèng sri wangune | rontèk rantap ngênguwung | pinggir marga ngêngrêng kaèksi | bandera pira-pira | pinrênah gènipun | anèng marga parapatan | narpawadu wus kinêbonakên munggwing | ngudyanèng kapungkuran ||

9. mintaksama mring raka tanpolih | cinarita Kèn Tunjungkusuma | enjang ngrasuk busanane | kang sarwa sri dinulu | upacara kaprabon èstri | kang ngampil pra wanodya | sumaos nèng ngayun | kinêmbar panganggenira | jamang kalung rajakaputrèn mêpêki | sampur cara badhaya ||

10. kêbut budhal ginarbêg pra cèthi |

--- 177 ---

duta nata nayakèstri măngka | pangirid lampah sakèhe | jajaran anglêlajur | pra prajurit ing kanan kering | jêjêl joli jêmpana | madulur asêlur | kang miyat ing pasamuwan | tyas kacaryan ing rêrênggan dene kadi | narendra nêmbe krama ||

11. praptèng pura pinapag sang aji | sinambrama sami lawan garwa | Nikèn Tunjungsari age | tandya manguswèng lêbu | ing suku sang naradipati | tuwuh onênging driya | kalih-kalihipun | gya cinandhak astanira | kinarsakkên lênggah nèng palăngka rukmi | lênggana nging pinêksa ||

12. sri narendra angandika aris | wadyaningsun kabèh sumurupa | ing karsaningsun samangke | lamun Si Tunjungsantun | ingsun karya narendra padni | misesa jroning pura | ing saisinipun | jênênga Ratu Kancana | pra nayaka [na...]

--- 178 ---

[...yaka] sadaya asaur paksi | jumurung ngayubagya ||

13. tumularing mring wadya gung alit | ing sajroning praja Sokadana | kya patih kang ngundhangake | mangkana garwa sêpuh | kang linungsur saking jro puri | manglah anutuh driya | solahe kaduwung | kadawan drawayèng waspa | arda merang murang kramanirèng èstri | ing mangke nèng udyana ||

14. nêngna ingkang anglês ngluluh dhiri | cinarita Sri Dewakiswara | waluya pêpasihane | kadya nguni kang sampun | dahat sami onênge kalih | lir mimi lan mintuna | kawilêt maladkung | pindha kênya lan jêjaka | sabên ratri kang rinasan tan lyan aming | kang putra Prabu Cêmpa ||

15. marma tansah kagagas ing galih | sri narendra kapengin uninga | marang kang putra warnine | enjang miyos [mi...]

--- 179 ---

[...yos] sang prabu | animbali rêkyana patih | prapta ing ngabyantara | nata ngandika rum | patih paran ingsun dahat | arsa wikan mring sutèngsun kaki aji | ing Cêmpa kaya ngapa ||

16. sira dhewe lumakua yayi | ingsun duta nimbali ki putra | pondhongana sagarwane | lan besan narpawadu | yèn kaparêng dhangan ing kapti | saha ing karsaningwang | ingsun purih rawuh | prayoganing laku pisan | si ibune Pamêkas gawanên yayi | kya patih tur sandika ||

17. sri narendra sukèng tyas gya paring | ingkang măngka sêsrananing marga | barana tuwin artane | busana sarwa luhung | patih tampi manêmbah amit | sampun anguswa pada | lèngsèr saking ngayun | praptèng dalêm awêwarta | mring kang garwa lamun dinutèng narpati | mondhongi Prabu Cêmpa ||

18. myang kalilan lumampah sarimbit [sarimbi...]

--- 180 ---

[...t] | nyai patih sru sukaning driya | dene ta atêmah badhe | panggih lan putranipun | tan winarna rèhirèng ratri | antara enjang sigra | saha wadya kêbut | lon-lonan ing lampahira | pra nayaka ngatêr jawining nagari | saha sagarwanira ||

19. para mantri sami wangsul malih | kyana patih lajêng lampahira | praptèng pasisir kèndêle | anulya nitih jukung | bêdhol jangkar alayar aglis | lêpasing lampah kadya | lir kilat sumêmprung | marmenggal prapta ing Cêmpa | jujug mantri sêbandar dèn acarani | sinuba sinunggata ||

20. ing bujana drawina mênuhi | sarwa sangkêp rèhing panêmbrama | sumrambah mring wadya kabèh | mantri sêbandar tuhu | sugun-sugun saha noragi | samana tur pariksa | mring pêpatihipun | lajêng konjuk sri narendra | praptanira [praptani...]

--- 181 ---

[...ra] Patih Sokadana mangkin | lêrêm nèng kabandaran ||

21. nata sigra sung uningèng swami | lamun mangke kang rama wus prapta | narpawadu sru sukane | kêdah badhe kilayu | mapag dhatêng kang wau prapti | pinambêng mring kang raka | têmah tyas mituhu | enjang bidhale sri nata | saha wadya kadya robing jalanidhi | asrining lumaksana ||

22. abra mubyar busananing dasih | lir baskara umijil ngancala | andipaning rat prabane | tan winarna ing ênu | sri narendra pan sampun prapti | pakuwon kabandaran | mangkana sang prabu | duk miyat marang kang rama | myang kang ibu sigra dènnya malajêngi | cumundhuk sru karuna ||

23. kyana patih lan garwa sru anjrit | sarwi ngrangkul lungayaning putra | dhuh prabu sutèngong anggèr | bisa têmên [têmê...]

--- 182 ---

[...n] sirèku | karya onêng ing yayah bibi | pisah sangkaning bocah | kongsi dadi ratu | lagi samêngko kapanggya | sawusira onêng-ingonêngan sami | lênggahan sawatara ||

24. ingkang rama ingaturan aglis | laju tindak mring sajroning kitha | sigra budhal sawadyane | ginêlak lampahipun | jroning kitha samana prapti | kèksi kang pakurmatan | pinggiring marga gung | sinung dwaja bêbanjêngan | puput têkèng pura bandera mêrapit | longkange pinandara ||

25. sari-sari binuntal sinuji | gănda arum mrih manadukara | mring kang mlampah sawadyane | samana sampun rawuh | jroning puri pinapag dening | ratu mantu natpada | ing jêngku mrasêpuh | rampung gya jêng umi nata | manambrama ing besan têmbung mêmanis | ingacaran lênggaha ||

26. kang sunggata gya salin-sumalin [salin-sumali...]

--- 183 ---

[...n] | sumrambah mring pra wadya sadaya | mangkana kang rama linge | dhuh anggèr kaki prabu | praptaningsun iki tinuding | ing ramanta sang nata | lamun sira sarju | tinimbalan lan swaminta | myang ni besan pisan iya dèn aturi | tindak mring Sokadana ||

27. natèng Cêmpa dhêku turira ris | langkung saking kasêdya ing driya | sumiwèng rakanta badhe | amung ta kangjêng ibu | mugi tuwan tantun pribadi | kya patih mèsêm nabda | ya bênêr ki prabu | anulya nolih mangiwa | yayi besan ingaturan kadospundi | dhumatêng Sokadana ||

28. narpa umi amangsuli aris | lamun ngantos mangkata sadaya | sintên kang têngga purane | gampil inggih ing pungkur | kula nêdya sowan pribadi | lêlahan nyuwun barkah | ing rakanta prabu | kya patih gumujêng latah | langkung

--- 184 ---

pedah karsa paduka ta yayi | amacung[2] sowan pyambak ||

19. Pocung

1. gya kasaru aturing putra sang prabu | dhuh ibu kawula | nguni kala maksih alit | gung winêlêg wulang rèh mring karaharjan ||

2. ing rakanta jêng kyai patih puniku | pangèstu paduka | têka wagêd nyêmbadani | ing pamardi mardawaning susilarja ||

3. nanging kadung sagung wulang maksih pandung | kasêsa ngumbara | suwita mring yayi dèwi | katujune amung ngawula wanudya ||

4. dados langkung gampil lêladosanipun | kenging binodhonan | anggêr sagêd marud krambil | lir sinêntak gujênge kang sami myarsa ||

5. dhasar cucud ing wicara nora kêcut | Sri Narendra Cêmpa | sêmbranane amung sandi | sajatine ing tyas marang kasujanan ||

--- 185 ---

6. ratu ibu ngandika adhuh sang prabu | bisa têmên sira | nyênyambi anuju kapti | saranane karya nir sayah ing marga ||

7. nyai patih gumujêng sarwi sumambung | kula botên nyana | ratu putranta samangkin | wagêd gapyak-gapyuk wêgig ngayuh driya ||

8. kala timur akapara klumar-klumur | nglêmêr lêlingsêman | sarêng jumênêng narpati | têka cucud kapencut lagu ing Cêmpa ||

9. gêr gumuyu sadaya kang sami ngrungu | pra cèthi parêkan | kèh kang pijêt-pijêt ati | sadangune apan anggung gêgujêngan ||

10. gya kang rama ngaturan makuwon sampun | nèng pura kaneman | mangkana rêkyana patih | Sokadana nèng Cêmpa samadya căndra ||

11. praptèng ari patêmbayan bidhalipun [bidhali...]

--- 186 ---

[...pun] | wus samya siyaga | tandhu jêmpana lan joli | kuda rata rinakit kadi pêpara ||

12. paripurna pinrênah ing gèn kinumpul | kya patih lan garwa | mring besan sami minta mit | ratu umi atur basuki ing marga ||

13. gya sang prabu ing Cêmpa ngujung mring ibu | lawan ingkang garwa | sinabdan raharjèng margi | dyan sinidhikara ing rèh pujamantra ||

14. tan antara têngara bêndhe tinabuh | rambah kaping tiga | gumêr gumêrah ing jawi | abusêkan pangarsa wus lumaksana ||

15. wingking kêbut sumahab wadya gumêrgut | ing ngajêng jajaran | ngurung-urung urut margi | para wiratantra sami lumaksana ||

16. kang lêlayu kapiluyu lir kalayu | mring sang lumaksana | lon-lonan [lon-lona...]

--- 187 ---

[...n] langên samargi | kang uninga sadaya samya asmara ||

20. Asmaradana

1. ingkang sumambung ing wuri | Rahadèn Dêmang Urawan | nitih kuda janjan jêne | angagêm kaprajuritan | dhegus gagah sêmbada | pantês dadya agul-agul | kadi Arya Jayajatra ||

2. wurinira para mantri | kang sami nitih turăngga | tinata rêmpêk lampahe | Janggali lawan Janggala | kalihnya numpak kuda | nulya wau sang aprabu | sarimbit wahana rata ||

3. sumambung rêkyana patih | nitih rata lan kang garwa | ginarbêg para mantrine | kunêng lampahirèng marga | sampun praptèng muara | gênggêng kang pakuwon agung | rinakit pura pêpara ||

4. urmat munggang tambur muni | binarung drèl asauran | jumêgur mriyêm unine | kodhokngorèk munya ngangkang | pradăngga lamat-lamat | munggwing

--- 188 ---

pakuwon sang prabu | nganyut arum ingkang swara ||

5. kèndêl sawadya sang aji | lumêbèng jro pasanggrahan | lêrêp ing latri kasane | praptenjang bangun raina | gya budhal sri narendra | kinurmatan lir duk rawuh | umung gumêrah kang bala ||

6. wus prapta anèng pasisir | mulat palwane kawarna | jêjêl nèng palabuhane | nata gya nitih giyota | sakoci lan kang garwa | sampat upacaranipun | kya patih iya mangkana ||

7. wadyabala kang umiring | wus pinrênah ênggènira | nèng palwane dhewe-dhewe | ing lampah sampun tinata | narendra munggèng ngarsa | wus budhal agalur-sêlur | mring kapal asowang-sowang ||

8. wus minggah samya miranti | para mantrus [ma...]

--- 189 ---

[...ntrus] bêdhol jangkar | binabaran lêlayare | kumêlap banderanira | gêdhah seta myang rêkta | apanjang kadi kêkuwung | manawung toyèng samodra ||

9. kataman sunaring rawi | kadya thathit maliwêran | tumangkul nglayar isthane | anglir têdhuh jaladara | ngaubi kang baita | ayêm tan sangsayèng laku | prabawa sang maiswara ||

10. lêpasing palwa lir thathit | siyang dalu gung lumampah | marmanta aglis praptane | muwara ing Sokadana | gya labuh jangkarira | têngara mriyêm jumêgur | saking dharat kapiyarsa ||

11. mantri kabandaran nuli | nimbangi milu têngara | gumalêgêr kumandhange | sigra Sang Narendra Cêmpa | ingatag mring kang rama | nitiha sakoci gupuh | tumêdhak sawadyanira ||

12. rawuh kabandaran nuli | lêrêm anèng pasanggrahan | kya patih gya nuduh [nu...]

--- 190 ---

[...duh] age | mring mantri atur uninga | ing Sri Dewa Kiswara | yèn kang putra sampun rawuh | makuwon nèng kabandaran ||

13. rikating duta lumaris | kerid gya katur sang nata | narendra nimbali age | mring sagung para nayaka | angrêmbag praptanira | paran pakurmatanipun | ratu mudha binathara ||

14. apa sun papag pribadi | aturing para nayaka | pukulun dede lêsêre | nadyan ratu binathara | dene punika putra | tan pantês paduka mêthuk | rawuhe nèng Sokadana ||

15. pami pinapaga mantri | sayêkti lamun kuciwa | mung kyana patih madyane | nanging sampun wontên ngrika | sang nata angandika | rèhning kasusu ing laku | yèn sira padha sambada ||

16. Si Pamêkas bae bêcik | jinunjung pangran dipatya | pantês mapaga kakange [kakang...]

--- 191 ---

[...e] | sigra Rahadèn Pamêkas | kinèn ngrasuk busana | cara prabu anom mungguh | sasampunira ingangkat ||

17. jumênêng pangran dipati | tandya tinuduh mring rama | amakili salirane | mapag rawuhe kang raka | sandika bidhal sigra | saha sawadya gumuruh | untabe saking jro pura ||

18. lir wukir kusuma ngalih | busananing wadyabala | surêm hyang arka sunare | ngrêrakit samarga-marga | wus praptèng jawi kitha | tata amakuwon sampun | gênggêng lir pura pêpara ||

19. datan antara kaèksi | panganjuring wadya Cêmpa | kadya narmada iline | dalêdêg kang balakuswa | kapraban diwangkara | mangkara-kara ngênguwung | tumeja anawung kisma ||

20. jêng pangran ngundhangi dasih | siyaga tata bacira | binarung ngungkung bêndhene [bêndhe...]

--- 192 ---

[...ne] | gupuh ingkang wadyatăntra | marapit pinggir marga | ngurmati ing praptanipun | narendra kaka ing Cêmpa ||

21. sampun sampêt amiranti | kinarya glar arda căndra | jêng pangran têngah ênggène | mangkana Sri Nata Cêmpa | têdhak saking wahana | pangran gurawalan mêthuk | sumêmbah anguswa pada ||

22. tuwin mring sang narpasori | gya sumêmbah ngibu rama | kang raka ngaturan age | pinarak sagarwanira | nèng tarub sawatara | kang raka nuruti sampun | tandya sami lêlênggahan ||

23. banjêng pra punggawa ngarsi | urmatan barung kapyarsa | saruni sora unine | sinarêng mariyêm munya | gumuntur magênturan | kèndêling pahargyan agung | saosan sunggata prapta ||

24. anggili salin-sumalin | dhaharan awarna-warna | sumrambah mring wadya kabèh | minuman sarwa surasa |

--- 193 ---

jampining lumaksana | kapara turah tumurun | waradin mring wrahatbala ||

25. larih tan pêgat ngidêri | suka risang binujana | pra wadya Cêmpa sakèhe | samya ngalêmbanèng driya | mring Prabu Sokadana | derambêk uningèng wadu | tuhu nata martotama ||

26. têlasing bujana aglis | kêbut budhal sri narendra | gumrêdêg gumêr swarane | wadyèng Cêmpa Sokadana | rinakit lampahira | lir alun golong gumulung | kadya trunaning udaya ||

27. sumyar lêbu kênèng angin | lir pendah kukusing dupa | saking pahoman wijile | anglud nata sawadyanya | kadi ta manêmbrama | Prabu Cêmpa rawuhipun | nèng nagari Sokadana ||

28. kang rayi tan kêna têbih | tansah nèng kèringing raka | gung tinanya sadangune [sada...]

--- 194 ---

[...ngune] | pranatan ing Sokadana | kang tumrap pra nayaka | pangrahing praja sawêgung | sang mudha wantah sajarwa ||

29. kang raka suka ing galih | sapraptaning pangurakan | winatonan kurmatane | kodhokngorèk lawan munggang | mriyêm drèl sêsauran | tambur salomprèt abarung | busêkan wadya sapraja ||

30. anglir udan sinêmèni | anjirap kang rontèk dwaja | gumrêdêg wadya praptane | sagunging para punggawa | mudhun ing pangurakan | ngayap lampahe sang prabu | ing sapraptaning paglaran ||

31. têdhak sing rata sarimbit | kanthèn minggah sitibêntar | kyana patih ing wurine | ingkang rayi anèng ngarsa | măngka pangiridira | Sri Sokadana duk dulu | mring atma Narendra Cêmpa ||

32. jumênêng amalajêngi | ngrangkul lungayaning putra | lan ratu mantu sadene |

--- 195 ---

myang sori ing Sokadana | angrangkul mring kang putra | karuna tyasnya matrênyuh | sambat dhuh jiwèngsun sira ||

33. bisa têmên sira kaki | gawe rudahing wardaya | wit pisah kalaning lare | sarana lêlana brata | ngumbara mati raga | têtêping tapa ginayuh | ngayati mring kawiryawan ||

34. sêsambate kawlasasih | sira Jêng Ratu Kancana | sang nata kelud galihe | awêlas mring garwa putra | karănta kalanira | lara lapa nging sinamun | dadya ngêrapih[3] ing driya ||

35. samana wus samya lilih | nulya sami lêlênggahan | anèng bangsal witanane | Natèng Cêmpa jajar lawan | kang paman sang apatya | Pangran Pamêkas ing pungkur | kapering wuri gènira ||

36. Sri Dewa Kiswara angling | patih sun bangêt tarima | marang sira lan bok ipe | dene wèh sandi upaya | nguni

--- 196 ---

mring jênêng ingwang | gon ingsun anêrêng bêndu | misesa kurang pariksa ||

37. ing mêngko kayêktèn yayi | gonira aparimarma | sasat nugraha èstune | wit saking pratikêlira | wurunge amidosa | dadya gung tarimaningsun | mring sira lan garwanira ||

38. mêngko ingsun darbe janji | muktèkakên turunira | tumêraha salawase | dimène dadya tuladha | mring kang jumênêng nata | patih asih marang ratu | rumêksa arjaning praja ||

39. yèka labuhaning patih | kontabing tyas wicaksana | kang linuri lêlakone | apantês dadya tuladha | sagunging pra nayaka | kang asih mring prajanipun | ngowêl marang ratunira ||

40. Natèng Cêmpa duk miyarsi | tumanggap cipta sasmita | sumambung alon ature | wêdharing kang patêmbayan | jêng rama mring paduka | kula gih tumut [tumu...]

--- 197 ---

[...t] pakantuk | nêdya nulad nglampahana ||

41. yèn kaparêng ing Hyang Widi | pun adhi Pangran Pamêkas | inggih ta lamun ing têmbe | asagêd jumênêng nata | nèng nagri Sokadana | kula ingkang sabiyantu | nadyan saking katêbihan ||

42. lêrêsipun sangêt trêtib | yèn Cêmpa lan Sokadana | abipraya sakalihe | wimbuh kasantosanira | kèringan parangmuka | myang sapintên arjanipun | ngriki tuwin nagri kula ||

43. sêdhêng benjang sri bupati | sampun kathah ingkang yuswa | amomong ing salirane | mariksa yayi lan kula | paran pangrèhing praja | lêrês lêpat èskunipun[4] | mupung rakanta uninga ||

44. tampi rêna ing panggalih | kapanujon karsanira | miyarsa putra ature [atur...]

--- 198 ---

[...e] | alon pangandikanira | dhuh kaki sun wus lama | adrêng kapengin mawiku | dhêdhepok anèng asrama ||

45. marma bangêt nganti-anti | kulup marang praptanira | prêlu sun tanya yêktine | mring sapa ta rilanira | darbèni Sokadana | awit jamake tumuwuh | tan wande praptèng antaka ||

46. ing mêngko ta jênêng mami | arsa wruh ing karsanira | bisaa marentahake | mring wadya ing Sokadana | sapa ta kang gumantya | iya marang jênêng ingsun | ingsun nyarah karsanira ||

47. mangkono ramanta patih | nunggal lawan sêdyaningwang | Prabu Cêmpa lon ature | sadaya karsa paduka | ingkang sampun dhumawah | tan wontên pakèwêdipun | ananging kêpanggwèng wuntat ||

48. wus punggêl ingkang ginusthi | kondur saking sitibêntar | wau narendra kalihe [ka...]

--- 199 ---

[...lihe] | sami lumêbèng jro pura | sira Sang Prabu Cêmpa | kuwu nunggil nèng kadhatun | pinrênah wismèng udyana ||

49. wus bubar ingkang anangkil | Dêmang Urawan pinrênah | nèng patihan pakuwone | dene kang para nayaka | pinatah pondhokira | nèng wismaning pra tumênggung | mung Janggali lan Janggala ||

50. klilan umiring mring gusti | ana ing sajroning pura | nglêladosi pakaryane | wau ing salaminira | putra nèng Sokadana | tan pêgat ing sabên dalu | lêlangên myang andrawina ||

51. antara samadya sasi | anuju sawiji dina | Sri Natèng Cêmpa karsane | andumugèkakên rêmbag | umatur mring kang rama | lamun sarju tyas pukulun | inggih pun yayi Pamêkas ||

52. dèn lêlantiha samangkin | makili jêng padukendra | kang rama alon dêlinge [dê...]

--- 200 ---

[...linge] | ya mangkono karsaningwang | bêcike bae pisan | banjur sun dêgakên ratu | anggêntèni jênêng ingwang ||

53. nanging karsaningsun kaki | saanane rajabrana | sajro pura iki kabèh | miwah kang para pusaka | pêpundhèn Sokadana | iku bêcik pinartêlu | kang saduman arinira ||

54. kang rong duman sira kaki | wit kang darbe wajib sira | kang putra alon ature | kawula sumanggèng karsa | lila anrus ing driya | amung ta pangidhêpipun | yayi mas dhatênga Cêmpa ||

55. lawan sabên tanggap warsi | têtuwia dhatêng kula | ambêktaa kaprabone | miwah ta salajêngira | lamun wontên bêbaya | wagêda tulung-tinulung | kalihe praja sri nata ||

21. Sinom

1. wus pungkas ing rêmbagira | sang nata sigra anuding | nimbali rêkyana patya | kinèn lumêbèng jropuri [jro...]

--- 201 ---

[...puri] | tan dangu sampun prapti | ing ngabyantara sang prabu | dèn awe marêk sigra | ngandika sri narapati | hèh ta patih ingsun aparing uninga ||

2. lamun dina benjang-enjang | putraningsun Ki Dipati | Pamêkas ingsun wisudha | gumanti ing jênêng mami | madêga narapati | dene ta jêjulukipun | Sang Prabu Dewabrata | Sokadana kang darbèni | ingsun sira bêcik padha amandhita ||

3. ngêmungkên momong rumêksa | marang karaton kêkalih | dene kang gumanti sira | pulunanira pribadi | si pamitra prayogi | angêmbani kaki prabu | wit wus dadi nayaka | cakêp pangrèhing nagari | ajênênga Adipati Jayabrata ||

4. wus pinilih wong sapraja | kêlar dhêpani nagari | kya patih matur sandika | nêmbah lèngsèr saking ngarsi | wus [wu...]

--- 202 ---

[...s] praptèng păncaniti | tandya pêparentah sampun | rêngganing pamiwahan | kadya ngadat nguni-uni | lamun ana kang lagi jumênêng nata ||

5. nimbali para pandhita | sogata para maharsi | manguyu puthut jêjanggan | badhe kinèn angèstrèni | lawan paring udani | măncapraja bawahipun | lamun Sri Sokadana | sèlèh kaprabon mring siwi | kunêng ratri wanci enjang winursita ||

6. pangran dipati samana | wus ngrasuk kaprabon aji | pusaka ing Sokadana | makutha bra binuka sri | jêjamang sungsun katri | nawarêtna angênguwung | bêbadhong gandhowara | kêlat bau nagarukmi | yèn sinawang kadya nata ing Kumbina ||

7. miwah Sang Arya Pamitra | wus ngrasuk busanèng patih | sampêt tan ana kuciwa | gagah kang dêdêg rêspati | pasêmonira [pa...]

--- 203 ---

[...sêmonira] kadi | sira risang Bimasunu | pantês patih wisesa | kinèdhêpan sanagari | datan dangu duta ing jro pura prapta ||

8. nimbali kalih kang arsa | winisudha ing palinggih | samapta ngirid wahana | kuda rata rantap kèksi | wira turăngga ngarsi | kang adharat ngurung-urung | samya amandhi dwaja | banjêng nèng ngajêngan kèksi | tandya bidhal pangeran sawadyanira ||

9. anitih rata rinêngga | kancana ngujwala kèksi | songsong jênar ginanjang mas | dene sang ginadhang patih | anitih kuda putih | panganjur jujur ngêlajur | ing ngajêng bêbanjêngan | wuri wira para mantri | gumarêdêg kadya ladhu saking arga ||

10. satataning lumaksana | saanane angebati | kunêng lampahe samarga | mangkana ta ing sitinggil | pêpêk [pê...]

--- 204 ---

[...pêk] kang samya nangkil | satriya punggawa ngayun | pra mantri wurinira | pandhita para maharsi | ingkang arsa sêsanti manadukara ||

11. Sang Prabu Dewakiswara | lênggah ing palăngka rukmi | jajar lan Narendra Cêmpa | ingkang paman kyana patih | sumewa anèng ngarsi | pra nayaka wurinipun | kang kanan para arya | kering kang para dipati | tuwin para manggala gul-agul praja ||

12. praptaning sang winiwaha | linênggahkên anèng wuri | tandya Sri Dewakiswara | angandika rum amanis | hèh sagung wadya mami | mêngko saka karsaningsun | sutèngong Ki Pamêkas | jumênênga narapati | kaarana Maharaja Dewabrata ||

13. umung amanadukara | wadya kang samya sumiwi | para maharsi sadaya | barung umung asêsanti | linuding puji-puji |

--- 205 ---

muja arjaning kaprabun | kontap rèh pujamăntra | tantara praptaning riris | riris aris puwara atinggal gănda ||

14. amor lawan ratus dupa | mulêk mêlêk amrik minging | yayah amangayubagya | marang sang umadêg aji | sasirnaning kang riris | lawêning surya kadulu | sumunar ngujwalèng rat | ing saisthanira kadi | suka mulat mring sri mudha Sokadana ||

15. purna para dwijawara | dènira sami mêmuji | gantya sang arya pamitra | ngundhangkên minăngka patih | rampung dhawuh narpati | sigra kondur angadhatun | luwaran kang sumewa | sagung kang para maharsi | wus kalilan ngaso marang ing asrama ||

16. ing dalu lajêng kasukan | boja andrawina ngênting | mantri bupati kalawan | pra satriya dèn timbali | lêlangên [lêla...]

--- 206 ---

[...ngên] jroning puri | kalilan sasênêngipun | mangkana Natèng Cêmpa | mêdhak maring gèning ari | angandika kadya madu pinardawa ||

17. dhuh yayi prabu wruhanta | kabangkitan ingsun iki | tan lyan saking ramanira | iya kyai kyana patih | bangêt gone nglêlantih | mring ingsun duk maksih timur | marmane yayi sira | ywa kêmba ing sabên ratri | angungsêda wiyata mahajèng praja ||

18. jêr ujaring layang Weda | narendra iku upami | kênyaring hyang bagaskara | angkarane angênèni | kaananing dumadi | kang siluk-siluk kadulu | nyênêni sabawana | yèka pralambanging adil | yèn kinuswa upama wimbaning surya ||

19. bêbangun mring kasantosan | têtêping karaton pinrih | abot ubêding narendra | kantêb yèn tumibèng sisip [si...]

--- 207 ---

[...sip] | panggaha nata yayi | kogêl wêlas para maklum | kang rayi mung manêmbah | nanging kacathêt ing galih | wiyatarja kanthining wong mêngku praja ||

22. Kinanthi

1. nata wrêda ngandika rum | narpa mudha anak mami | kaki Prabu Dewabrata | tuture rakanta iki | anggon-anggon kang sanyata | pancadan marang utami ||

2. ungsêdên dèn kongsi cakup | yêktine kawruh linuwih | sajatine iku iya | ugêre wong mêngku nagri | Prabu Dewabrata nêmbah | matur pukulun kang mugi ||

3. angsala ingkang pangèstu | mugi sagêda nglampahi | ing sabda kang wus winahya | kang amung amrih lêstari | kasaru kalungsèn măngsa | lajêng kondur nata katri ||

4. cinarita sabên dalu | kang rayi anggung winisik | wasitaning olah praja [pra...]

--- 208 ---

[...ja] | patih mudha datan kèri | Natèng Cêmpa angandika | lah ta sira yayi patih ||

5. tan liya mung wêkas ingsun | poma ta dèn ngati-ati | gonira mong para wadya | patih saliraning aji | ugêre dèn rigên sira | ngulap karsaning narpati ||

6. titinên yèn tămpa dhawuh | awasna wose ta yayi | ana marta têmah wisa | wisa asring amartani | iku yayi dèn waspada | rèhning kasalirèng aji ||

7. paman patih iku kudu | tuladên yakti prayogi | rigêne ngêmbani sabda | saking rumêksèng prajadi | bêbasane kang mangkana | amis dadya arum bangkit ||

8. kya patih nêmbah umatur | dhuh anggèr jêng sri bupati | angsala pangèstu tuwan | wagêd lumaksanèng kapti | ing

--- 209 ---

wulang lagya samana | punggêl kasaput ing ratri ||

9. mangkana mangsuli wuwus | ing Sokadana nagari | sarawuhe Natèng Cêmpa | nangkoda ajar kèh prapti | nata wrêda patih lama | sami magawan nèng wukir ||

10. mamrih papan kang asamun | kinarya asrama dadi | anggung ngêgungakên puja | mrih kasidaning dumadi | ing lair among rumêksa | marang putra nata kalih ||

11. nahên ta ingkang mawiku | Narendra Cêmpa winarni | ing antara sampun lama | amit kondur mring kang rayi | enjang budhal saha wadya | Sri Dewabrata umiring ||

12. lampahira sang aprabu | arsa mampir dhatêng wukir | sumiwèng ibu myang rama | saha garwa nêdya pamit | rikating lampah wus prapta | ngasramèng wiku narpati ||

--- 210 ---

13. kagyat sang narendra wiku | tuwin Rêksi Jayèngpati | myat putra kalih sumewa | ingawe sarwi nabda ris | baya ana karyanira | ki prabu padha mring ardi ||

14. Sri Dewakusuma matur | sowan kawula ramaji | nyuwun lilahing paduka | mantuk mring Cêmpa nagari | Ratu Kancana miyarsa | sakala sru dèniranjrit ||

15. sarwi kang putra rinangkul | sêrêt angandika ririh | dhuh nyawa atmajaningwang | paran polah ingsun kaki | dene durung marêm nyawang | mring sira lan nini padmi ||

16. sêlak apa de kasusu | wêlasa mring awak mami | dhuh jiwa woding tyas ingwang | sarantèkna kaki dhingin | samadya căndra kewala | orane sapuluh wêngi ||

17. wiku raja ngandika rum | yayi mênênga ywa nangis | mapan wis wiyahing janma [ja...]

--- 211 ---

[...nma] | duk larene dèn lêlithing | diwasa pinardi bisa | tumangkar bawa pribadi ||

18. yèku swarganing wong sêpuh | anak nora dadi kardi | tur malah ngluwihi bapa | bêbasan sutanta iki | anak anung anindita | kang rayi lêjar ing galih ||

19. sang dwijendra ngandika rum | mring putra Sri Cêmpa Aji | kaki sun angayubagya | tarlèn mung andum basuki | sawadyanira sadaya | aywana sangsayèng margi ||

20. gya ngèstupada sang prabu | mring rama lan ibu sori | wiku raja rawat waspa | sumawana rêksi padmi | mêmala alon ngandika | dhuh lah anggèr putra mami ||

21. elinga sira ki prabu | wêlinge ramanta nguni | mrih rukune jêjodhoan | aywana salayèng kapti | loro-lorone dèn bisa | mong winong sabarang kardi ||

22. mung iku gèr wêkas ingsun | Sri

--- 212 ---

Natèng Cêmpa gya amit | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | kang rayi umiring wuri | tumurun saking asrama | lumawat mring jalanidhi ||

23. samarga-marga andulu | dulu ring sêkar kaèksi | kèsisan ing samirana | nênangi gănda mrik minging | ngambar lir atur raharja | mangkana isthaning sari ||

24. ing pasisir sampun rawuh | jirap palwa kèh kaèksi | tumêdhak saking swandana | sakêloron lawan padmi | enggal Prabu Dewabrata | ngraup padaning rakaji ||

25. ngrêsing tyas èsmu rawat luh | awrat pisah lan rakaji | kang raka manênggak waspa | ngandika dhuh ari mami | aywa sumêlang tyasira | ywa dumèh prajèngsun têbih ||

26. yêktine wong kaya ingsun | nora lawas nuli tilik | mung yayi pitutur ingwang | poma ywa kongsi kalêmpit [kalê...]

--- 213 ---

[...mpit] | ling-ilingên nganglangana | wosing wasita kang uwis ||

27. ing wusana wêkas ingsun | sira dèn abisa yayi | among mring sang wiku raja | lawan ramanta ki patih | nugraha tinunggu bapa | bêbasan jimat bisa ngling ||

28. Sri Sokadana umatur | prakawis punika inggih | sampun sumêlang ing driya | saèstu kula lampahi | among mituhu sakarsa | ing yayah rena sayêkti ||

29. têlasing wêwêling Prabu | Dewakusuma nulya mit | sarimbit nitih giyota | kêbut sawadyane sami | wus mancal saking dharatan | winêlahan kanan kering ||

30. ngurmatan mriyêm jumêgur | rambah-rambah gêgirisi | praptèng kapal bêdhol jangkar | babar layar gya lumaris | kasilir ing samirana | lumawat saengga thathit ||

--- 214 ---

31. nglamat kawistarèng pungkur | abyoring bandera kadi | puspitanjrah nuksmèng tirta | kombak-kombul tinon asri | kêlap-kêlap sung sasmita | pisahe raka lan ari ||

32. narendra ri sampun kondur | sawadyanira gung kingkin | kakênan sihe kang raka | rawuhing pura pan maksih | onênging tyas kaonêngan | solah-bawaning rakaji ||

33. mangkana gantya winuwus | nagari Cêmpa winarni | sira Ki Andakasura | sapungkurira sang aji | dabe[5] ciptarsa balela | umarêk mring kyana patih ||

34. kèksi ulatipun suntrut | èsmu murina ing galih | nungkêmi padaning patya | umatur sarwi anangis | dhuh kyai kawula dahat | wêlas mring dasih ta ngriki ||

35. dene ingadêgan ratu | trahing Sokadana nagri | têmbe tan wande

--- 215 ---

punika | para priyantun ing ngriki | tinampikan turunira | bangsane dhewe dèn pilih ||

36. mila saking atur ulun | paduka madêga aji | ngayomana kadang warga | sintên yogyane ingungsi | kya patih alon ngandika | iku dudu karsa mami ||

37. liwat sisip jênêng ingsun | lamun darbe salah kapti | karana swargi sri nata | wus lila trus lair batin | mring mantu pasrah nagara | sinêksenan wong sanagri ||

38. Andakasura umatur | sampun sumêlang ing galih | dhatêng kang sampun sawarga | yèn paduka nyantosani | dhatêng prikănca sadaya | yêkti têbih tulah sarik ||

39. kya patih driyanta puguh | tan keguh rinoban angling | dêduka sru angandika | cêmêr sirèku mêmêri | murih

--- 216 ---

mêmarahi durta | ngungkurkên rèh kang utami ||

23. Pangkur

1. jêngêr Sang Andakasura | dene patih tyasira datan kogih | puguh saliring pambujuk | tan rujuk malah duka | Sang Andakasura lèngsèr saking ngayun | garunêngan urut marga | tan lêga raosing galih ||

2. praptaning wisma antara | lêt saari gya marêk nyai patih | sarwi karuna umatur | dhuh nyai kula eram | raka tuwan kyai lurah têka cubluk | tan gêga atur prayoga | nrimah ngèngèr ing pangarit ||

3. pun Panji Wulung punika | têdhak sudra dadak dipun sungkêmi | măngka mangke pantêsipun | umadêga narendra | mung rakanta kiyai lurah saèstu | nyai lurah ngratonana | salêbêtirèng capuri ||

4. sinêmbah sagung para dyah | linadosan [lina...]

--- 217 ---

[...dosan] sakèhing para cèthi | manggung badhaya di luhung | kawula ingkang sagah | ambrêgagah tan wigih ingabên pupuh | mring nata mupung lêlana | gampil linawan ing jurit ||

5. upaminipun buwaya | sampun mêdal saking kêkêdhung sungil | agampil paekanipun | makatên pra narendra | lamun sampun karsa tilar puranipun | yakti sirna kang prabawa | ènthèng boboting ajurit ||

6. angèl ngrênggut kalamênta | awit kirang kathah ingkang prajurit | maksih samêkta kang kantun | tur wontên ing dharatan | yêkti gampil nyithêsi kang munggèng ranu | dèn bandhêmana kewala | èstu tiwas tumpês tapis ||

7. nyi patih dahat tyas rêna | wantune dyah miyarsa atur gampil | rinasa sangsaya wimbuh | kapengin awibawa | nèng jro pura pinarak rinatu-ratu [rinatu-...]

--- 218 ---

[...ratu] | sinunggun sinungga-sungga | sagung pra parêkan cèthi ||

8. nyi patih alon ngandika | jaba ingsun tandhingi jêng kiyai | kêna ngapa nora nurut | marang pratikêlira | rêmbug enak dadak nora karsa nuthuk | apa tan mikir wêkasan | janma kang mangkono yêkti ||

9. matur Sang Andakasura | ingkang limrah kados paduka nyai | wontên melik gih pinuluk | botên kados rakanta | nampik dhatêng pakarti ingkang linuhur | ngantêpi pakaryan andhap | jêng nyai madêg sru angling ||

10. luhung mati nganyut jiwa | lamun ora ginugu atur mami | sigra-sigra lampahipun | jumujug gyaning raka | sru turira paran paduka puniku | tan gêga Andakasura | punika atur prayogi ||

11. kya patih alon ngandika | sun gugua [gu...]

--- 219 ---

[...gua] yêkti karya bilai | ngajak-ajak nora patut | gawe bekaning raga | tuwas tiwas nora wurung amêmurung | marang kotamaning gêsang | tur măngsa mênanga yayi ||

12. iku wus klêbu prêsaja | pituture lêluhur nguni-uni | wajib wadya kaya ingsun | sih sêtya mring narendra | tan raharja kawula wani mring ratu | nyai adrêng karsanira | mular mothah muwun anjrit ||

13. yèn paduka botên dhahar | mring ature Andakasura yêkti | kula badhe amit lampus | gêsanga tanpa karya | lamun inggih makatên kewala manggung | wit satumang praptèng gêrang | tanpa indhaking kamuktin ||

14. yèn dika wêlas mring kula | mupung nata samangke tilar puri | parabot kathah kang kantun | para wira tinilar | rajabrana taksih kêbak sakadhatun [sakadhatu...]

--- 220 ---

[...n] | mantri bupati satriya | sadaya sami umiring ||

15. sang nata upami sarpa | mijil saking ing êrong sampun têbih | yêkti tan angèl pinukul | makatên para raja | lamun sampun tilar saking puranipun | èstu apês kang budaya | tur abêr walatirèki ||

16. patih mangu-mangu ing tyas | rangu-rangu wungu rèh kang tan yukti | nanging sandeyaning kayun | rumăngsa tan kuwawa | angêmbari kasantikanirèng prabu | yèn anon mularing garwa | madêg suraning panggalih ||

17. rinasa-rasa karasa | lamun asor apês dhasaring alit | kang garwa waskithèng sêmu | rangune ingkang raka | nabda sora sinarawung netya sirung | têtêp andika punika | kicah-kicih ajrih gêtih ||

18. kya patih bêkis ngandika | ngusap muka [mu...]

--- 221 ---

[...ka] sarwi malintir rawis | dudu anake si biyung | wong lanang wêdi pêrang | rangkêp pitu kang kaya Si Panji Wulung | măngsa ingsun undurana | angrok băndawala pati ||

19. mapan ingsun maksih rosa | satus mono sayêkti nora gingsir | ingkang kaya sang aprabu | yayi aja sumêlang | ra-orane sira wurung dadi ratu | awit tyas ingsun wus krasa | gampange prakara iki ||

20. patih sigra mring paseban | animbali Andakasura prapti | nêmbah umarêk mring ngayun | ingawe kinèn pêrak | sang anindya mantri pangandikanipun | hèh kulup Andakasura | payo padha gunêm pikir ||

21. Sang Andakasura nêmbah | sêmu bingah sumringah majêng ririh | rumaos lamun pikantuk | dènira karya reka | kyana patih alon manis sabdanipun [sabda...]

--- 222 ---

[...nipun] | paran ta patraping sêdya | aturira duk ing wingi ||

22. supaya nora kuciwa | kira-kira ywa kongsi mindho kardi | thithik wangkêle tyas ingsun | manawa para kănca | padha nora sabiyantu karsanipun | matur Sang Andakasura | wagêdipun guyub gampil ||

23. nanging kêdah anggêganjar | pan dinamêl mèt manahing para lit | gêdhong-gêdhong maksih pênuh | mangsi dadak watosa | benjang lamun paduka jumênêng ratu | sami ginadhang-gadhanga | indhaking pangkat kamuktin ||

24. darapon gêng manahira | agênging tyas punika amurwani | antêp praptèng pêjahipun | margi măngsa punika | kathah ingkang sami karêm barana gung | tumuntên katimbalana | wadya ing Cêmpa gêng alit ||

25. mangke lamun wontên ingkang |

--- 223 ---

botên anut dhatêng paduka kyai | prayogi lajêng dèn ukum | kinarya têluladan | ingakathah yêkti têmah sami nurut | wit sampun pirsa lêpiyan | kang tan anut dèn pisakit ||

26. samana rêmbag wus dadya | gya nimbali sagunging para mantri | praptaning pêpêk nèng ngayun | kya patih angandika | hèh sakèhe punggawa mantri nung-anung | marma sun timbali sira | padha ana ngarsa mami ||

27. paran rasane tyasira | apa padha narima lair batin | rinèh mring Si Panji Wulung | iku trah Sokadana | lawas-lawas sayêktine amilalu | marang bangsane priyăngga | sira pêsthi dèn pocoti ||

28. ginantyan wong Sokadana | ngêndi ana manungsa tanpa pamrih | gone mulih iku tuhu | ngundangi bangsanira [bangsani...]

--- 224 ---

[...ra] | rêmbug ingsun lah payo padha dèn mungsuh | mupung pirantine kurang | gampang pinêpês ing jurit ||

29. sadaya sancalèng driya | para mantri tyasira samya kosik | nir sêtyanira mring prabu | kelud karsèng apatya | sekapraya sagah golong praptèng lampus | amung satunggal punggawa | kang tan keguh ing rèh juti ||

30. nêdya murang mring ki patya | kaparewa myarsa karsane patih | Martadiguna ranipun | mantri wrêda sru tanya | dika paman umatura kang satuhu | sampun amênêng kewala | Martadiguna nabda ris ||

31. dhuh anggèr rêmbag punika | datan sae dadose dèn lampahi | kawularsa mêngsah ratu | tur nata martèng jana | ambêk santa santosèng tyas sabar maklum | sasat sona mêngsah sima | amung sakrêmêsan tapis ||

--- 225 ---

32. mênanga amung sakêdhap | nuntên ngêdhap labête andhap alit | tambah ing ngrika saèstu | kathah ingkang murina | myang rikala prang Gilingwêsi rumuhun | kawula pirsa priyăngga | kasêktènira nrêpati ||

33. têtêg têguh amiguna | suramrata tajêming netya kèksi | punika watawisipun | lamun prawira tama | tiyang ngriki samantên ing yuda kuwur | sampuna wontên sri nata | kados èstu pothar-pathir ||

34. nuntên sang aprabu sigra | anahêni ing yuda wontên ngarsi | mêngsah gêntos gêmpur tumpur | têmahan kawisesa | Gilingwêsi sintên kang ngreka rumuhun | inggih pun Andakasura | kang bêbujuk angêcêki ||

35. Andakasura sru nyêntak | wong wus tuwa têka juwèh cariwis | kisut rambutira mabluk | yèn datan wani sira [si...]

--- 226 ---

[...ra] | balakaa aja mangkono aturmu | sirèku wong murangkara | apantês rinante wêsi ||

36. binêlok anèng kunjaran | jêr tekadmu sungkêm ing trah pangarit | nêmbah mring kya patih lumuh | kudu milih wong kompra | kyana patih sêrêng wêngis sabdanipun | kunjaranên si mangkana | anake pisan ywa kèri ||

37. ingkang aran Krêtibaya | kyana patih tandya dhêdhawah malih | mundhut brana ing kadhatun | arta tuwin busana | dinum para prawira mantri sawêgung | suka kang samya ginanjar | prasêtya datan ngunduri ||

24. Durma

1. para mantri kang cupêt graitanira | sukèng tyas tan sinipi | tampi gêganjaran | kalêbu paribasan | kamelikan gendhong lali | labête kêna | hawaning brana yêkti ||

2. ri samana sampun amêpêkkên wadya [wa...]

--- 227 ---

[...dya] | kêrigan golong pipit | nèng bacira tantra | tantara bidhalira | dalêdêg wêdaling baris | saking jro kitha | lir robing jalanidi ||

3. lampahira wadya sinêru wus prapta | laladaning pasisir | bupati kang jaga | amulat baris prapta | kagyat ing driya umijil | wêkasanira | nut sakarsaning patih ||

4. kyana patih pan sampun jumênêng nata | jêjuluk Dewasêkti | Ki Andakasura | sampun jinunjung lênggah | mêngku bawat senapati | kang măngka patya | aran Sudirapati ||

5. ki tumênggung pabeyan umatur nêmbah | mring Prabu Dewasêkti | lamun tampi sêrat | inggih dintên punika | rawuhipun sri bupati | sarêng miyarsa | suka Sri Dewasêkti ||

6. gya parentah mêmatah wira pinrênah | nèng gisiking jaladri | maryêm myang sanjata [sa...]

--- 228 ---

[...njata] | samakta ingêtêngan | para wiratantra tirip | munggèng têtirah | wuri turăngga èsthi ||

7. Ki Andakasura kang măngka manggala | rèhira gêgirisi | grusa-grusu nyêntak | nudingi sarikutan | garagap gugup tan trampil | atata-tata | katara wira nisthip ||

8. mutêr brêngos malangkrik sarwi sêsumbar | ah cobak liyat nanti | gua punya tingkah | adha dhi dhalêm pêrang | dhan lagi gua mar brani | bunuh kapalnya | Raja Cêmpa yang musti ||

9. tan antara Sang Prabu Dewakusuma | saha sawadya prapti | labuh jangkarira | myang paring kang têngara | uluk-uluk maryêm muni | lir ngadatira | kapal praptèng pasisir ||

10. sinauran saking dharat barondongan | binarung surak atri | gong bèri wurahan | kagèt ingkang [ing...]

--- 229 ---

[...kang] katiban | ing mimis saengga riris | tumibèng kapal | kathah kang nandhang kanin ||

11. kapitèng tyas Sri Maha Dewakusuma | osik sajroning galih | iya sapa baya | darbe rèh kang mangkana | sigra babar layar malih | molah manêngah | mranata glaring jurit ||

12. saanane satriya mantri punggawa | ngampingi narapati | kanan kering ngarsa | mangkana wontên prapta | mantri numpak baita lit | saking dharatan | tan keguh drêsing mimis ||

13. wastanira Ngabèi Jayaprabăngsa | praptèng ngarsendra anjrit | sang prabu têtanya | marang Jayaprabăngsa | paran wartane rèh iki | sira jarwaa | Prabăngsa matur aglis ||

14. dhuh sinuhun inggih sapêngkêr paduka | ki lurah kyana patih | kenging bujuk [bu...]

--- 230 ---

[...juk] durta | saking Andakasura | têmah mangke kyai patih | nêdya balela | dhatêng paduka gusti ||

15. amung abdi dalêm pun Martadiguna | sangêt atur pêpeling | dhatêng kyana patya | sampun ngantos kadawa | anggènipun salah kapti | nanging ki lurah | maksa adrêng ing galih ||

16. malah mangke Martadiguna dinukan | siniksa pinisakit | wontên ing kunjaran | datan sinungan pangan | ing saanakipun inggih | pun Krêtibaya | langkung kawêlasasih ||

17. sapunika abdi paduka ki lurah | tugur nênggani baris | ngawaki ngayuda | miwah umadêg nata | ajêjuluk Dewasêkti | Andakasura | kinarya senapati ||

18. dene ingkang minăngka pêpatihira | Răngga Sudirapati | Sri Dewakusuma | myarsa turing Prabăngsa [Prabăng...]

--- 231 ---

[...sa] | gya prentah pambêlah aglis | ngangsêg umangsah | sarosa palwa gumrit ||

19. gya kasaru wontên kapal prapta sapta | samaptèng rèh ngajurit | anyakêti palwa | titihanirèng nata | wus tan samar ing pangèksi | lamun punika | Narendra Gilingwêsi ||

20. dupi cundhuk kalihe bagya-binagya | Sri Dewakusuma ngling | iki rekanira | si paman Patih Cêmpa | karya kuwuring sabumi | nêdya andaga | anèng Cêmpa nagari ||

21. nênggih Raja Gilingwêsi duk miyarsa | umatur dhuh dewaji | milamba sumewa | pada sang binathara | saking sampun myarsa witar |[6] durtaning patya | marma sampun miranti ||

22. jêng paduka angèstrènana kewala | mring wadya Gilingwêsi | kawula kang năngga | inggih karya punika | mapan [mapa...]

--- 232 ---

[...n] ta sampun ubanggi | duk saking wisma | badhe rêrêmpon jurit ||

23. Prabu Dewakusuma alon ngandika | bangêt panrima mami | marang jênêngira | dene adarbe cipta | murina mring awak mami | pratăndha sira | trêsna sih nunggal budi ||

24. wus ingidèn Raja Gilingwêsi nêmbah | nrapakên palwa gumrit | mariyêm pinasang | sinipat mring dharatan | babar kang layar sumilir | lir puspita bra | barung angêdrèl wani ||

25. wadya Gilingwêsi kang dadya pangarsa | samya numpak sêkoci | jirap munggèng ngarsa | agêlar prit anêba | maryêm kapal tan ngêndhani | mimis lumêpas | saluhuring sakoci ||

26. barondongan mungsuh rowang têtimbangan | lir guntur gêgêtêri | drêsing kang warastra | mimis mariris prapta | tantara [tanta...]

--- 233 ---

[...ra] Sri Gilingwêsi | paksa umangsah | sarosa anrang wèsthi ||

27. saha wadya wus mêntas saking giyota | ing dharat sampun prapti | mangamuk arampak | kadya mong ambêbahak | kang katrajang giris miris | kawur kaworan | bingung binrondong mimis ||

28. sirna gêmpang wadya ing Cêmpa sinêrang | repot rèh kapalipis | Sri Dewakusuma | abantu saha wadya | Dêmang Urawan nèng ngarsi | manangkêp mêngsah | sawadya golong pipit ||

29. mêngsah kèngsêr kasêsêr sami sasaran | sarana giris miris | kadrêsan warastra | bangke matumpa-tumpa | kathah ingkang nandhang kanin | lêsah bêlasah | abasah bosah-basih ||

30. Dewasêkti tuwin Sang Andakasura | katrêsan tyas matistis | netyasmu abiyas | nalimpêt wus umpêtan [umpê...]

--- 234 ---

[...tan] | namur amor lan pêkathik | lumayu nêdya | singidan wana sungil ||

31. para wira angrês koncatan manggala | nir deya kadayan nis | manungkul arisan | sumarah soroh badan | srah jiwangga minta urip | sinung aksama | dene sang batharaji ||

32. angandika mring Prabu Suraludira | hèh ki raka dèn aglis | padha tampanana | pra wadya kang anêdya | manut nungkul ngungsi urip | aywa siniya | rêksanên kang prayogi ||

33. wadya Cêmpa kang nungkul wus tinampanan | mring Rajèng Gilingwêsi | gya nêmbang têngara | luwaran ing ayuda | wau sri narendra kalih | amasanggrahan | agunêm rèh mêmanis ||

25. Dhandhanggula

1. Natèng Cêmpa lan Sri Gilingwêsi | lêlênggahan nèng tarub wangunan | upacaranira andhèr | nimbali pra tumênggung | ulubalang dêmang ngabèi [ngabè...]

--- 235 ---

[...i] | wadya ing Cêmpa ingkang | kapikut kinumpul | ngandika sang binathara | ingsun nora nyana yèn si paman patih | darbe cipta mangkana ||

2. hèh pra mantri ngularana nuli | sagung wangke padha priksanana | titinên nguni warnane | si paman patih iku | bokmanawa nêmahi pati | jupukên bêcikana | aturna maringsun | lawan Si Andakasura | yèn kapanggya bathange morên si patih | ingsun arsa uninga ||

3. matur sandika ingkang tinuding | sri narendra gya wangsul mring palwa | mondhongi marang garwane | kang wau maksih kantun | wadya datan wontên umiring | mung lawan upacara | nata tindakipun | mangkana pramèswarindra | gung karuna sri nata marêk maripih | mangamêr ngimur sabda ||

4. dhuh ruwatên yayi kang prihatin |

--- 236 ---

mungsuh apan wus kasor sasaran | sakèrine nungkul kabèh | amung ta pamanamu | si wa patih têka tan kèksi | lan Si Andakasura | buh urip buh lampus | mau padha ingupaya | ingkang garwa lêjar ing tyas matur aris | dewaji tan kadosa ||

5. paman patih tyas têka kagimir | dhatêng rêmbag kang botên prayoga | Andakasura karyane | rakendra ngandika rum | ingsun iya ngungun kêpati | dene ta pamanira | kongsi kênèng bujuk | măngka tuladaning driya | durung tau darbe rèh kang tan prayogi | lagi mêngko kewala ||

6. sigra kondur sang nata sarimbit | nitih palwa sêkoci rinêngga | mur wungu binara jêne | sumunar anarawung | mracalita anuksmèng tasik | kapraban diwangkara | amangkawa gumyur | lêpas lampahira prapta | ing dharatan laju

--- 237 ---

lumêbèng sarimbit | ing tarub wêwangunan ||

7. sri narendra sigra animbali | para mantri pikutan wus prapta | sang prabu alon dêlinge | hèh para sanak ingsung | paran ing rèh sira ing nguni | de kongsi kalampahan | gonira kêlantur | lali marang prasêtyanta | nora ngeman kotamanira ing nguni | kèlu panggawe ala ||

8. para mantri matur sarwi nangis | dhuh dewaji amung aksamanta | mring dasih kalêpatane | milamba kumapurun | andaga mring paduka gusti | awit saking katimpah | patih karsanipun | yèn tan manut têtêp dosa | kinunjara siniasat pinisakit | marma têmah nrangbaya ||

9. Raja Gilingwêsi nabda wêngis | simangkono pantês disêsêmpal | wong tan wruh marang ratune | si pêngung andalurung [andalu...]

--- 238 ---

[...rung] | mantri apa kurang pamikir | Radèn Dêmang Urawan | anambungi wuwus | lêrês karsane kakendra | kalunasa punika sami prayogi | dinamêl têtingalan ||

10. kang sinabdan tumungkul samya jrih | netya pucat asawang kunarpa | maras amiris driyane | rumaos sisipipun | Natèng Cêmpa ngandika aris | yayi Dêmang Urawan | apa ta winuwus | mapan lumrahing agêsang | yakti ana sambekalaning dumadi | marma kang para nata ||

11. sakuwasa ngaksamèng asisip | nadyan mungsuh kang wus asrah jiwa | tan kêna lamun pinatèn | yèn mung ngubungi napsu | yêkti cacad jênêngiraji | Radèn Dêmang Urawan | nêmbah saha matur | amba nuwun pangaksama | saking sangêt apêgêl raosing galih | dhatêng pun punggung dadra ||

--- 239 ---

12. nêngna gunêm kasaput ing ratri | sami ngaso mring gyan sowang-sowang | enjing samêkta wadyane | sri nata arsa kondur | bidhalira saking pasisir | jajaran jêjaranan | gumêr gumarudug | kadya ombaking narmada | sri narendra ing Gilingwêsi tan kari | sawadyabalanira ||

13. para mantri têlukan dèn iring | maksih anggung rinêksèng samarga | binongkokan gêgamane | ing tyas samya piduhung | langkung merang saurut margi | mangkana lampahira | jro pura wus rawuh | lajêng manjing dhatulaya | sri narendra kanthèn asta lan kang rayi | praptaning prabayasa ||

14. sagung para parêkan myang cèthi | mapag sarwi alara karuna | karana ing rikalane | kataman ing rêrusuh | branèng pura dèn jêjarahi | dening Andakasura | mèh tan wontên kantun |

--- 240 ---

rinayah rinoyah-royah | katujune mas sotya sami siningid | ing papan pasamunan ||

15. nêngna wau waduling pra cèthi | cinarita Sri Suraludira | pinrênah ing pakuwone | pura kaneman mungguh | sawadyane mapan nyêkapi | dene para têlukan | linuwaran sampun | dèn luluskên pangkatira | tuwin Matadiguna[7] wus dèn luwari | mring nata martotama ||

16. gantya wau mantri kang tinuding | angupaya kunarpaning patya | Andakasura kalihe | tita datan kapangguh | gya umatur mring narapati | sri nata lon ngandika | yèn wus tan katêmu | ingudi ginawe apa | Si Urawan bae sun karyane patih | misesa ngrèh nayaka ||

17. narapati sigra animbali | sagung para punggawa ing Cêmpa | enjang wus samapta andhèr | pênuh nèng sitiluhur [sitilu...]

--- 241 ---

[...hur] | agul-agul manggalèng nagri | pararya tarap ngarsa | mantri anèng pungkur | banjêng paguting bacira | pêpêt têpung praptèng ujung anêpangi | patraping sewakendra ||

18. duk samana nuli animbali | ingkang raka Sri Suraludira | datan antara praptane | ing ngabyantara prabu | Natèng Cêmpa ngandika aris | hèh kakang yèn sêmbada | sira ingsun utus | mêtua mring sitibêntar | Si Urawan samêngko angkatên patih | misesa angrèh wadya ||

19. sun lih aran Arya Surèngpati | sira Raja Gilingwêsi nêmbah | umatur alon dêlinge | punapa sampun rampung | timbalanta sri narapati | iswara angandika | ya kakang wis putus | amung samono kewala | kang liningan nêmbah lèngsèr saking ngarsi | lajêng mring sitibêntar ||

--- 242 ---

20. rawuh lênggah nèng palăngka manik | orêg sagung kang samya sewaka | mapankên ing trapsilane | sidhêm prêmanêm amung | samirana prapta sumilir | Radèn Dêmang Urawan | wus sumiwèng ngayun | sawega busana patya | saha upacaranira amênuhi | pratisthèng ngabyantara ||

21. sri narendra gya ngandika aris | hèh sagunging pra wadya ing Cêmpa | kang awit saka karsane | sang binathara luhung | aparing wruh mring sira sami | samêngko Si Urawan | jinunjung ing lungguh | kinarya patih misesa | kaarana Kyana Patih Surèngpati | iya padha ngèstokna ||

22. saur pêksi kang samya miyarsi | barung umung amanadukara | mring narendra byawarane | nêmbah kya patih laju | mêrak dhampar nguswèng padaji | sumungkêm tur prasêtya | rèhira sang prabu | Sri

--- 243 ---

Gilingwêsi ngandika | yayi patih tampanana sihing gusti | sira sinung misesa ||

23. nora gampang wong kinarya patih | wêkas ingsun sira dèn abisa | umulat têtuladane | lêpiyan kang rahayu | angayomi ayêming bumi | mêmayu kayomanan | kèh pêpindhanipun | kaya ta jêng paman patya | Sokadana kamulyane lir nrêpati | labête martotama ||

24. lair batin rumêksèng nrêpati | aja kaya paman Patih Cêmpa | linumuhan mring ratune | prandene maksa durung | nora sêdya pisan malês sih | têmahan ing samangkya | papa angêlangut | pisah anak rabinira | ngayam-ayam tan ayêm ing siyang ratri | uripe nyato wana ||

25. kyana patih nêmbah turira ris | dhawuh tuwan kapundhi mustaka | kajimat ing salamine | sadaya rèh linuhung | ing

--- 244 ---

saèstu ulun lampahi | mugi-mugi wagêda | nampèni sih prabu | angsala pangèstu nata | sampun ngantos darbe cipta salah kapti | lulusa ambêk arja ||

26. gya sêsaji saking pura mijil | wrata wadya kang samya sumewa | kongsi praptèng pakathike | amung para tumênggung | kêmbul dhahar lan kyana patih | sinambi andrawina | inuman mawantu | ing wuri gili kang prapta | dhêdhaharan wowohan kang adi-adi | sing pura tanpantara ||

27. sampêt saput samaptèng abukti | Sri Narendra Gilingwêsi sigra | umanjing mring pura age | kya patih datan kantun | prapta samya amangênjali | sang maha binathara | angandika arum | padha dikaparèng ngarsa | Sri Narendra Gilingwêsi matur aris | sadaya rèh dinuta ||

28. ing wiwitan praptèng amungkasi |

--- 245 ---

samana wus kalilan luwaran | wadya kang anangkil kabèh | wau ta kang winuwus | sri narendra ing Gilingwêsi | dènira anèng Cêmpa | pan sampun satèngsu | mangkana nulya sumewa | ngarsèng nata ngrêrêpa anuwun pamit | mantuk mring prajanira ||

29. sri narendra ing Cêmpa nimbali | kangjêng narpadayita wup[8] prapta | nata lon pangandikane | dhuh yayi Dayaningrum | kakangira ing Gilingwêsi | pamit mring jênêng para | nuli arsa kondur | wis lawas nèng prajèng Cêmpa | tinggal pura sumêlang rasaning ati | mring sambekalanira ||

30. pramèswari mèsêm lingira ris | dèrèng marêm onênge arinta | sumawana pra kadange | têka kasêsa kondur | bok dèn sranti ing sawatawis | măngsa gèk sabên warsa | pun kakang têtêmu | lan para sadhèrèk Cêmpa [Cêm...]

--- 246 ---

[...pa] | mupung mangke wontên jalarane ugi | prayogi radi lama ||

31. Natèng Gilingwêsi matur aris | kados datan kaêlêtan lama | sowan kawula nak angge[9] | ing raka jêng pukulun | sabên warsa yakti sumiwi | tan bêtah amba pisah | kongsi kalih taun | pramèswari angandika | yèn makatên pan inggih kula lilani | lan malih kula arsa ||

32. kintun dhatêng kangbok pramèswari | pratima mas tinrètès sêsotya | minăngka mêng-amêngane | sabên ngêngimur sunu | tuwin lancang linapis kukmi[10] | Sri Naranatèng Cêmpa | amaringi dhuwung | wasiyat agêming raja | sri narendra ing Gilingwêsi nampèni | sarwi matur ngrêrêpa ||

33. adhuh jiwa jimating sabumi | dasihira tan kawawa năngga | lanturing sih sadangune | sor raosing kang

--- 247 ---

madu | mandon jiwa jêjait budi | paran ta kang minăngka | wêwalês ing pungkur | tarlèn mung èsthining driya | sapikantuk nêdya labêt lara pati | suka matyèng ayahan ||

34. Natèng Cêmpa ngandika mring patih | yayi patih sira parentaha | para wadyaningsun kabèh | răngga dêmang tumênggung | ulubalang myang ăndhamui | ngong purih angatêrna | mring ki raka prabu | kongsi praptèng palabuhan | ngêntènana mancale si kakang aji | patih matur sandika ||

35. sri ing Gilingwêsi nêmbah amit | nguswèng asta alon aturira | pangèstu paduka anggèr | dhatêng dasih pukulun | Natèng Cêmpa ngandika aris | padha puja-pinuja | raharjaning laku | kalilan sigra wisata | langkung kasok tyasira Sri Gilingwêsi | tan kumambang ing driya ||

--- 248 ---

26. Maskumambang

1. sampun mundur sira Raja Gilingwêsi | lêrêp ing pondhokan | sadalu praptaning enjing | bidhal lan sawadyanira ||

2. gumarêdêg gumêrah kang samya ngiring | sigêg tan winarna | lampahira ing samargi | gantya ingkang ginupita ||

3. Ki Andakasura lan rêkyana patih | gung nèng wanapringga | langkung papa kawlasasih | sampun kadya sato wana ||

4. busanane gombalan pating saluwir | langkung saking nistha | wănda busik kuru aking | kalangkèt kongsi galinggang ||

5. kyana patih ngrêsula ing tyas nabda ris | Si Andakasura | kang gawe lêlakon iki | pakolèhe amung papa ||

6. yèn ajaa nguni manut si mêmêri | maksih têtêp patya | mukti nyandhing anak rabi | tan kongsi nêmu sangsara ||

7. wis têtela kang niaya ingsun iki [i...]

--- 249 ---

[...ki] | Si Andakasura | cêmêr gêlahing sabumi | angajak-ajak cilaka ||

8. kyana patih wontên osiking panggalih | arsa asrah jiwa | mring praja sumiwèng aji | manawa antuk aksama ||

9. tan antara wontên jalma mring wanadri | arsa amèt wrêksa | dupi myat mring kyana patih | cangkelak bali sakala ||

10. praptanira padesan atur udani | mring patingginira | yèn patih wontên wanadri | tuwin Ki Andakasura ||

11. ki patinggi gya titir akèh kang prapti | para rowangira | samya kinèn amiranti | gêgaman sikêping yuda ||

12. tandya bidhal mring wana gène kya patih | samya mandhi canggah | tan dangu sampun pinanggih | patih myang Andakasura ||

13. arsa ngumpêt kapêpêtan kèh kang prapti | angrês kêmarasan | dadya api-api guling | ling-alinge alang-alang ||

14. Ki Andakasura sumêdya ngoncati [ngonca...]

--- 250 ---

[...ti] | nging sampun kinêpang | mlayua yêkti binandhil | dadya amêgêk kewala ||

15. mung andhêpès kalihe nèng soring klampis | patinggi trangginas | nyakêti marang kang nilip | sarwi anyangking kêndharat ||

16. kyana patih angandika mêlasasih | patinggi ngong sapa | mêngko sun apasrah dhiri | amung aja sira bănda ||

17. ki patinggi tan keguh puguh ing kapti | jrih undhang narendra | rinangkus wus dèn talèni | patih nut datan suwala ||

18. kinêncêngan kyai patih pringas-pringis | Ki Andakasura | darbe reka arsa budi | ginarêjêg sampun kêna ||

19. kalihira winayungyun dèn jagèni | datansah siniya | ingapit canggah myang bêdhil | cinara kompra kewala ||

20. urut marga bêbandan kalih anangis [anangi...]

--- 251 ---

[...s] | tan kampir padesan | kalaju marang nagari | badhe kaatur sri nata ||

27. Sinom

1. sapraptanirèng jro praja | dadya tontonan samargi | kyana patih langkung merang | sumingêb panon netya nis | kèh lare-lare ngèksi | sêsurak sarosa asru | sawênèh ana ngucap | wêlas anon kyana patih | ana ingkang nabda samêngko karasa ||

2. wong wani mring ratunira | kadadeyane pinanggih | mangkana rêkyana patya | Surèngpati duk miyarsi | surak sora tan sipi | mijil saking dalêmipun | miyat patinggi desa | ambêkta bêbandan kalih | kang binănda patih lan Andakasura ||

3. dyan patih sigra utusan | nimbali para bupati | ingajak sowan mring pura | prapta matur mangênjali | pukulun sri bupati | pun patih mangke

--- 252 ---

kapikut | myang pun Andakasura | sakalangkung kawlasasih | kalih sami ulun tilar ing bacira ||

4. sri narendra langkung suka | sarwi angandika aris | mara enggal parènèkna | sun sêlak arsa pêpanggih | lawan si paman patih | sang sinabdan nêmbah mundur | prapta ngirid bêbandan | nata èsmu wlas ningali | gya nimbali mring garwa enggal sumewa ||

5. tandya alênggah satata | sira kangjêng pramèswari | kamiwêlasên ing driya | ningali rêkyana patih | dene ta têmah kongsi | nandhang papa sangsara gung | nata nir dukanira | emut mring rama suwargi | dahat nitipakên marang kyana patya ||

6. puwara aris ngandika | yayi Patih Surèngpati | kamiwêlasên manira | tumingal mring paman patih | uculana dèn aglis | bêbandaning patih iku [i...]

--- 253 ---

[...ku] | sigra ta inguculan | mung Andakasura maksih | pinusaran baunira kalih pisan ||

7. sri nata malih ngandika | paran marmanta ing nguni | dene têka kaya bocah | tan liling kukuming Widi | miala wong nêdya sih | myang paksa ngilês tyas mulus | apa ta nora wêlas | mring putranta nibok swami | kyana patih umatur sarwi karuna ||

8. dhuh gusti susunan kula | kang sinêmbah ing sabumi | dahat sisipe pun bapa | kapêjahan anglampahi | sumarah trus ing batin | datan garantês sarambut | manggiha siksa kisas | saking anggêring narpati | suka lila linajêngna pinidana ||

9. muhung panuwun kawula | ing pada paduka aji | mugi paringa aksama | sisiping dasih kaswasih | lamun kawula gusti | tan antuk ngapurèng prabu | saking

--- 254 ---

gunging druhaka | durtangkara inèng budi | amung titip kucumbi tuwin atmaja ||

10. sri nata manahan waspa | miyarsa aturing patih | puwara aris ngandika | hèh paman dosanta yakti | samêngko sun aksami | rèhning wus akèh labêtmu | mring ramendra kang swarga | nanging sun arsa miyarsi | sapa ingkang murwani rèh kang mangkana ||

11. kyana patih matur nêmbah | dhuh gusti kangjêng dewaji | langkung elok tur alăngka | têbih saking rèh sajati | abdi paduka nguni | prêsasat lare kang pêngung | kenging pangojok durta | mêmanising rêmbag gampil | ingkang murwa tan lyan pun Andakasura ||

12. bêbujuk mring rayat kula | duk samantên kula gusti | kèlu nut rekaning karsa | tan sumêlang anglampahi | ing rèh kang tan prayogi | ngantos mêkatên pukulun | sang maha awibawa [awiba...]

--- 255 ---

[...wa] | miyarsa aturing patih | mêngêng mangu mangungun ing lêlampahan ||

13. patih nulya pinaringan | pisalin busana adi | sri nata alon ngandika | wruhanira paman patih | kalungguhanmu patih | samêngko manira pundhut | mardikaa kewala | ingsun kang pêparing panci | sri narendra nolih maring Surèngpatya ||

14. yayi patih dhawuhêna | Martadiguna Ngabèi | rèhning labête utama | nêtêpi sêtyaning mantri | samêngko sun wuwuhi | pangane sapuluh êjung | minăngka apratăndha | gonira labuh nagari | lastaria tumurun mring turunira ||

15. Patih Surèngpati nêmbah | sandika rèhing narpati | tandya ki patih mardika | atur prasêtya mring gusti | yèn ngantos anglampahi | inggih kados ingkang sampun | sampun manggih raharja [rahar...]

--- 256 ---

[...ja] | ing dunya praptaning akir | myang kenginga sikuning Maha Bathara ||

16. sri nata aris ngandika | sêtyanta ingsun èstrèni | bangêt panarimaningwang | kang muga bisa lêstari | narendra gya ningali | Andakasura drêkukul | sang prabu èsmu duka | wacana sarwi nudingi | iki cêmêr mêmêrining jagat traya ||

17. kaliwat gonmu duraka | ngajak ala wong kang bêcik | binujuk balela praja | tur praptaning don ngoncati | têtêp mung wèh bilai | mêngko sira kêna ngukum | pati nèng pangadilan | dadya tontonaning janmi | kang mangkono saka karsanta priyăngga ||

18. hèh sira patih prentaha | marang sagung wadya mami | tumênggung mantri punggawa | tanapi para prajurit | anyudukana maring | Si Andakasura iku | yèn mêngko wus palastra | tanjirên sirahe [si...]

--- 257 ---

[...rahe] nuli | nèng prapatan supaya dadi tuladha ||

19. mring sagunging para wadya | mangkono ukume yakti | wong balela marang raja | gêmbunge kèlèkna kali | Kya Patih Surèngpati | sandika gya nêmbah mundur | ngirid Andakasura | sapraptaning păncaniti | aparentah kadya timbalan narendra ||

20. tandya Ki Andakasura | binusanan sarwa putih | binaktèng wringin sêngkêran | kinêpang para prajurit | sagung kang para mantri | miranti atap ing ngayun | kang arsa tinêlasan | têlas manahira atis | wus pinênthang pinanthêng akênthang-kênthang ||

21. ing bacira pênuh janma | kang sami arsa ningali | kyana patih angandika | Andakasura sirèki | tămpa patrapan nagri | kabênêr kaukum lampus | tandya para punggawa | sinasmitan gya

--- 258 ---

nyuduki | ajur mumur ragane Andakasura ||

22. gya kinêthok jangganira | gêmbung cinêmplungkên kali | tinanjir sêsirahira | prapatan pinggiring margi | sagung kang nêningali | têmahan dadya pêpemut | ing warta wus warata | kadyèka ukuming nagri | marang janma kang manrang rèh mring duskarta ||

23. kunêng kang antuk pidana | patinggi desa winarni | kang nyêpêng Andakasura | kalawan rêkyana patih | ginanjar mas lan picis | warata sarowangipun | klilan mantuk mring desa | mangkana ing Cêmpa nagri | lama-lama wimbuh arjanirèng praja ||

24. ngrêda pra nangkoda prapta | saking ing liyan nagari | aringing tyas têmah samya | mardi papan apêpanti | turut tirahing margi | praptèng jawi kitha kêmput | pêpêt kang nambut karya | mêmala maling

--- 259 ---

sirnanting | kaprabawan wimbaning kang pangadilan ||

25. kontab kotamaning nata | krêtartambêk silastuti | titikaning pra punggawa | naracak samya bèrbudi | sabên sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtês saliring sabda | sêtya tuhu mring narpati | yèku măngka pratăndha arjaning praja ||

26. titi panulading kata | Panji Wulung Ditya Manis | Sura kaping kalih dasa | Mrakèh Je sangkalèng warsi | ngrasa tan ngèsthi marni |[11] pamardawanirèng têmbung | nèng praja Surakarta | têlênge karaton Jawi | mung nglêluri basa Jawa kang sanyata ||

--- [260] ---

[...]

--- [261] ---

Bausastranipun Sêrat Punika

uni : rumiyin | anèh : sae sangêt | endra : linangkung | inte : injên | antuk : asal | unya, udya : ungêl | onêng : kangên | ari : adhi, dintên | arda : sangêt | arsa, ngarsa-arsa : ajêng, ngajêng-ajêng | aris : alon | urus : tata, lêpas | arja : sae | arga : rêdi | argya, pahargyan : pakurmatan | irib : èmpêr | èksi, aksi : tingal, ningali | aksama : apuntên | ekapraya : rukun | udani : sumêrêp | udaya : sagantên | udyana : taman | atma, atmaja : anak | utamangga : sirah | ascarya : eram | usir, ungsir : ambujêng, ngêsuk | asrama : patapan | usada : jampi | astuti : bêkti, sêmbah | uswa, uswasa : ambêkan | iswara : ratu | asmara : rêsmi, sêngsêm | estha, istha : dhapur, warni, èmpêr | èsthi : cipta, gajah | êla, êla-êla : eman-eman, êmi-êmi | ulun : kawula | ulat, mulat : tingal, ningali | ulap : ajrih, uwas | upakara : pulasara | apti, kapti : ajêng, kajêng | upaya, upadi : upados | aji : ratu | ayu, ngayubagya : sae, jumurung, nyêmbadani

--- 262 ---

ayap : iring, garêbêg | hyang : dewa, tulis | hyang arka, hyang kara : srêngenge | ima : mega | umi : biyung | hom, pahoman : puja, pamujan | amêr : arih-arih | umyang, umung : rame | amba : kula | imba : èmpêr | èmêng : susah, pakèwêding manah | agnya : parentah | agung : agêng | abipraya : sabiyantu, rukun | ubaya : janji | angkara : murka | ingsun : aku | ingwang : aku | angga : sarira, wujud | anggung : tansah | nahan, nihan, nahên : makatên | non : ningali | nindita : linangkung | nindyamantri : patih, mantri linangkung | nir : ical, tanpa | narendra : ratu | narpa : ratu | narapati, narpati : ratu | narmada : lèpèn | nuraga : digdaya | nrang : narajang | nakoda, nangkoda : sudagar alampah baita | nata : ratu | natar : latar | netra : mripat | natmada : ningali | netya, nitya : ulat | nityasa, netyasa : tansah | nis : ical | niskara : mukawis | nisthip : nistha, asor | nawa : sanga | nawala : sêrat | nala : manah | nilakrama : apitakèn | nulya : nuntên | nugraha : bêgja | nung, anung : linangkung | nêng, kunêng : kèndêl, sigêg | wancala : kumêlab, ebah | căndra : wulan | caya : gawok, sêngsêm | curiga : dhuwung | citra : dhapur, tulis, warni

--- 267 ---

sowang-sowang : piyambak-piyambak | sipi, sinipi : sangêt, kèndêl | supadya, supadi : supados | sapta : pitu | sidhikara, sinidhikara : donga, puji | siyaga : dandos | sonya : suwêng | samirana : angin | samudra : sagantên | samapta, samêkta : mirantos, pêpêk | sampêt : rampung | sumawana, samawana : punapadene, punapa malih | samya : sami | sumyar : mradini | sambut : cêmêng, candhak | sambrama : bage | sigra : enggal | sub : kukus, suwur | sêbit : tugêl, suwèk | sabda : wicantên | sung, asung : asuka | sungku : sumungkêm, mungkul | sungkawa : susah, prihatos | sêkêl : susah, prihatos | sangkêp : mirantos, pêpêk | singsim : sêsupe | we : toya | wèh, mawèh : adamêl | wahana : titihan | wah-ya, wa-hya, wahywa : wêdal | wancak : walang, malang | wănda : sarira | wanadri : wana parêdèn | wanodya : èstri | wanita : èstri | wuntat : wingking | winong, winongwong : dipun mong | wêning : bêning | wêca : balaka | wacana, wicara : wicantên | wira, prawira : prajurit | wuri : wingking | wèri : mêngsah | warih : toya | wrahatbala : bala arahan | warna, winarna, winarni : kocap | wrin : sumêrêp | warastra : jêmparing, dêdamêl | wrêksa : wit, wit-witan, kajêng | wrêda, wêrda : sêpuh

--- 268 ---

| wardaya : manah | warsi, warsa : taun, jawah | wursita : ucap, pitutur, cariyos | wirya, wiryawan : kaluhuran | wurya : katingal, mêdal | wiku : pandhita | wikan : sumêrêp | wukir : rêdi | weda, layang weda : ugêr, sêrat pêpakêm | widada : lêstantun | wadya, wadu : bala, èstri | wita : wiwit | wot, winot : dipun mot | wotsinom : nyêmbah | witana : sitinggil | wasi : sabat | waskitha : awas | wasita : wulang, cariyos, wangsit | wisata : kesah, lumampah | wastra : sinjang | waspa : êluh | wisaya : pirantos | wisma : griya | wèsthi : pakèwêd | wiwaha : rêngga, pasamuwan | wawan, wawan sabda : bêbêktan, pabên | wuwus : wicantên, ucap | wilêt : gubêd | wilis : wical, ijêm | wilapa : sêrat | waluya, maluya : wangsul | wijah : bingah | wijil : wêdal | wiyah : limrah | wiyata : wula[12] | wiyat,wiyati : langit | wuyung : susah | wimba : èmpêr, windha,[13] pêtha, kados, warni, wêdal | | wimah : wêwah | wigêna : prihatos | wigati : prêlu sangêt | wigya : sagêd | wêgig : sagêd | wingit : prihatos | wêngis : sugal | wingwrin : ajrih | luhung : sae | lèn : liya | lunas : pêjah | lir, salir : kados, sadaya | laras : patut, pantês, gandhewa | laris : lampah | lirwa : oncat, cidra

--- 269 ---

lukita : têmbung | laksana, lêksana : lampah | laksita : lampah | lid : têmbung Walandi : nayaka | lud, êlud, êsuk, bujêng, lata : oyod | lêtuh : buthêk, rêgêd | lawên : sorot, cahya, asri, borèh, sari, gănda | luluh : ajèr, amor | lalis : pêjah | lupa, marlupa : supe, lêsu | lêjêm : lèjêm, sêmu | laya, pralaya : pêjah | liman : gajah | limut : supe | limput : kêmul, aling-aling | lampus : pêjah | lambangsari : sacumbana, bedhangan | labda : angsal, lêmês, sagêd | ling : wicantên | langkap : gandhewa | langut : têbih | lungaya : jăngga | lênggana : mopo | pae : beda | paung : edan | pênuh : kêbêk | pinandara : rinêngga | păncaniti : paseban | pênêd : sae | pandaya : pirantos | panti : griya | punang, ponang : ingkang | puri, pura : kadhaton | puruhita : anggêguru, maguru | paran : kadospundi | prana : manah | pracalita : kilat, thathit | pradăngga : găngsa | pratistha : manggèn, wontên | pratima : golèk | pratănggapati : srêngenge | praptawa :[14] awas | purwa : wiwitan, kina, wetan | prawita : wêwinih | parwata : rêdi | parwasa, prawasa : risak | paripurna : rampung | parpat : panakawan, klêmpak | prapta, prapti : dhatêng, dumugi | parjaya : tiwas, trajang, têmpuh priya : jalêr

--- 270 ---

priyangga, priyăngga : piyambak | prama : sagêd, linangkung | praba : sorot, urub | pribadi : piyambak | pringga : pakèwêd | pêkik : bagus | pikut : cêpêng | pukulun : panjênêngan dalêm | pakathik : gamêl | pada : suku, ênggèn | pidana : dhêndha, ukum | padni : ratu èstri | paduka : sampeyan | pita : jêne | patra : godhong | patik : tatrap, trètrès | patikbra : kawula | putus : rampung, pêdhot, têdhas, punggêl, pêpês | pusara : tangsul | pustaka : sêrat | puspita : sêkar | pusthi : cêpêng | puwara : wasana, têmah, wêkasan | pulunan : kapenakan | palakrama, palakrami : salakirabi | palwa : baita | palastra : pêjah | palupi : lêpiyan | pelag : sae, bagus | palăngka : dhampar | papa : apês, cilaka, asor | padhêm : pêjah | pajar : sanjang, wicantên | piyarsa, piyarsi, myarsa : pirêng | pamasa : ratu | pungkur : wingking | panglima : mantri | panggya : panggih | pingging, punggung : bodho | pêngung : bodho | dhiri : sarira | dhatu, dhatulaya : ratu, karaton | dhasthi : pangasihan | dhustha : awon, pandung, cidra | dhudhak : dhudhah, bêdhah | jana : tiyang | janma : tiyang | jrênih : brêsih | juti : awon, pandung | jawata : dewa | jwala, ujwala : gêbyar, sorot, cahya | jiwangga, (jiwa, angga) : sarira

--- 271 ---

jalanidhi, jalanidi : sagantên | jaladri : sagantên | juga : satunggal | yun, kayun : ajêng, kajêng | yukti : prayogi | yuda : pêrang | ya ta : makatên | yasa, suyasa : dalêm | yayah : kados, bapa | yogi : pandhita | yogya : sae, prayogi | yungyun : sêngsêm, eram | muhung : amung | mausadi : jampi | mahawan : ngambah | mêne : mangke | mandara : paès, borèh, angrêngga | mandira : waringin | măndra : sangêt | mandrawa : têbih | minta : nêdha, têmbung | mentar, mintar : kesah | mantri wrêda : patih | manadhawara : matur | markata : ambranang | marikêlu : andhakukul | mardi : marsudi | murda : sirah | mardawa : lêmbat, lêmês, alus | mradipta : murub | marta : asrêp | marma : mila, wêlas | murang : nyimpang | muka : rai | muksa : musna, ical | madya : têngah, awang-awang | matra : kêdhik | mastaka : sirah | mular : nangis | mudha : nèm | myang : sarta, tuwin | miyat, myat : ningali | mêmalad : mêmungu, mêmengin | mangu : kanggêk | mong : sima | mungkar : tegan | mangkara-kara : gumêbyar | manglah : gêrah | manggala : pangagêng | guna : sagêd, pangasihan | gănda : ambêt | guntur : jugrug, gêludhug | gantya : gêntos | gra : pucak | gora : agêng | grah, gêrah : gêludhug, swara ingkang rame | garjita : ngunadika, ngangên-angên

--- 272 ---

garbini, anggarbini : ambobot | gita : anggit, têmbung | gupita : budi, anggit, ginêm | gusthi, gosthi : rêmbag | gupuh : enggal | gya, agya : enggal | giyota : baita | gambira : bingah | gêgana : langit, awang-awang, nginggil | gingsir : ewah | bêndu : duka | bacira : alun-alun, pasowanan | bra, abra : anjrah, waradin, gumêbyar | birat, berat : sirna, ical | bramatya, bramantya : duka | bukti : têdha | budaya : budi | basuki : wilujêng | baskara, bagaskara : srêngenge | bawana, buwana : jagad | badhudhak : ngigêl, anjogèd | buja, bujana : dhahar, sêgah | bijaksana : wicaksana, sagêd | bayu : angin | byantara : ngajêngan | biyada : èstri | boga : têdha | bibi : biyung, adhuh, babo | bathara : dewa | bangke : wangke, bathang | bangkit : sagêd | ngênu : ing margi | ngunadika : ngudaraos | nganjur : ngajêng | ngênjali : nyêmbah | ngrêmbaka : ngrêmpayak | ngèstupada : bêkti, nyêmbah | nguwuh : ngundang | nglut : ambajêng, tumut | ngujiwat : nyukani ulat | ngêmasi : pêjah | ngambara, ngumbara, ngêmbara : mabur, muluk, nglambrang | ngong : aku

 


pakênira. (kembali)
amucung. (kembali)
ngrêrapih. (kembali)
èstunipun. (kembali)
darbe. (kembali)
Biasanya guru lagu i: warti. (kembali)
Martadiguna. (kembali)
wus. (kembali)
anggèr. (kembali)
10 rukmi. (kembali)
11 Tanggal: Ditya Manis (Ngahad Lêgi) kalih dasa (20) Sura Je: ngrasa tan ngèsthi marni (AJ 1806). Tanggal Masehi: Minggu 4 Februari 1877. (kembali)
12 wulang. (kembali)
13 pindha. (kembali)
14 prastawa. (kembali)