Cobaning Ngaurip, Kamit Nataasmara, 1930, #1823

JudulCitra

Serie No. 901 ... f 0.35

Cobaning Ngaurip

Anggitane Mas Kamit Nataasmara

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên

--- [1] ---

Serie No. 901

Cobaning Ngaurip

Anggitane Mas Kamit Nataasmara

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên 1930

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600

--- [3] ---

I. Wong Miskin

1. Asmarandana

1. kasmaran rasaning ati | anganggit-anggit carita | supaya dadi sênênge | marang kang padha amaca | kang crita nganggo têmbang | ananging anane têmbung | kabèh iku mung pasaja ||

2. ora nganggo têmbung kawi | iku yèn ora kêpêksa | supayane ora angèl | rèhning mung dongèng tuladan | apike kang pasaja | dadi iya bisa mathuk | marang ananing carita ||

3. dhèk biyèn ana wong miskin | omah ing sawiji desa | omahe atêp wis dhoyong | karan Si Wôngsa Sêmita | karan anak Pak Cikrak | anake kabèhe wolu | tur isih padha sumêga ||

4. kang rada gêdhe sathithik | iya iku mung Si Cikrak | iku wis kêna dikongkon | ngrewang-ngrewangi wong tuwa | amomong sabên dina | nyapu-nyapu karo ngangsu | golèk kayu kala-kala ||

5. anake kang isih cilik | dina-dina amung dolan | lan ngrusuhi wong tuwane | yèn nuju dolan ing ratan | kêpêthuk wong dodolan | enggal anggone anjaluk | dhuwit marang ing wong tuwa ||

6. yèn wong tuwa anujoni [anujo ...]

--- 4 ---

[... ni] | ora duwe dhuwit sigar | anake nangis anggêmbor | gêgulung kambi gunêman | bok-êmbok enggal-enggal | sing dodol sêlak lumaku | age êmbok sêlak lunga ||

7. wis lumrahe bocah cilik | ora ngrêti ora ana | wêruhe mung ana bae | yèn anjaluk samubarang | karêpe mêsthi ana | yèn ora olèh agulung | gêmbor-gêmbor mangap-mangap ||

8. sing tuwa atine sêdhih | dene kaliwat cilaka | ngatase dhuwit saêsèn | nganti agawe tangisan | wong pancèn ora ana | najan direwangi gulung | môngsa dadak diwèhana ||

9. utang-utang ora wani | apa sing dijagakêna | kanggo nyaur sesuk êmbèn | mulane najan nangisa | iya amung dijarna | mung sing tuwa ngrasa bingung | ngrungokke tangising anak ||

10. Pak Cikrak watake apik | najan miskine kaliwat | ora gêlêm salah gawe | pèk-pinèk duwèke tôngga | malah yèn nêmu barang | diwènèhake sing ngaku | yaiku sing duwe barang ||

11. Pak Cikrak duwe pamikir | timbang ngêpèk wèke tôngga | angur dijaluka bae | yèn olèh ya padha lêga | lan ora gawe cacad | iya ora gawe nêpsu | marang para tôngga-tôngga ||

12. lan manèh Pak Cikrak kuwi | sênêng têtulung ing tôngga | dadi enthengan baune | tur ora melik opahan | pancèn [pancè ...]

--- 5 ---

[... n] nêja dêdana | dana sikil karo bau | ngene pikire Pak Cikrak ||

13. sarèhning awakku iki | mlarat ora duwe bôndha | mêsthine ya malah repot | yèn aku anulungana | rupa dhuwit nyang tôngga | awit saka ing mlaratku | ora duwe sêsimpênan ||

14. mula gonku anulungi | ya mung rupa pagawean | yèn ana tanggane repot | dandani omah upama | utawa kasripahan | lan liya-liyane iku | iya wajib tinulungan ||

15. mula kabèh uwong tani | tôngga-tanggane Pak Cikrak | padha wêlas nyang dhèwèke | dene bangêt le kêsrakat | ngungkuli wong sadesa | môngka anggone angluru | pagawean sabên dina ||

16. srêgêpe ya ora kari | karo tanggane sadesa | nanging jêbul kaanane | panggah gone kêkurangan | panganggo gêgombalan | omahe kongsi mèh rubuh | ora bisa ngupakara ||

17. tanggane padha ngrasani | marang anane Pak Cikrak | kaya mangkene rêmbuge | gumunku kaliwat-liwat | yèn ngrasakke Pak Cikrak | dene panggah bae iku | malah sangsaya rêkasa ||

18. kiraku Pak Cikrak kuwi | ngêbrèhe ya ora jamak | mula tansah mlarat bae | kêkurangan sabên dina | ora duwe simpênan | yèn gêmi ya mêsthi cukup | butuhe ing sabên dina ||

19. sing sijine anyauri | yèn ngêbrèhe iya ora | ngêndi ta tandhane ngêbrèh | ngêbrèh

--- 6 ---

manèh yèn bisaa | diiwit-iwit mêksa | ora nyandhak pijêr luput | kaya ngono sabên dina ||

20. rupa-rupa le ngarani | tôngga-tanggane Pak Cikrak | kabèh padha seje-seje | siji ora ana bisa | bênêr olèhe ngira | awit kabèh-kabèh mau | amung sadrêma anyawang ||

21. ora mèlu anglakoni | dadi amung kira-kira | ora bisa yèn gumathok | dene sing mêruhi nyata | iya amung Pak Cikrak | nyatane Pak Cikrak mau | wiwit anom le rêkasa ||

II. Pak Cikrak Karo Bojone

2. Sinom

1. kocapa mau Pak Cikrak | dina-dina amung mikir | lêlakone kang prayoga | bisaa cukup sathithik | nganti judhêg le mikir | mêksa durung bisa gathuk | atine bangêt wêgah | nganti dhase ditêmpiling | mak plok nuli kukur-kukur nganti babak ||

2. Pak Cikrak amung dhewekan | lungguh salu ngadhêp sênthir | karo nyandhing klobot mêntah | bako gogrogan sathithik | klobot dicandhak nuli | dilinting lan bako mau | nuli dinyunyukêna | disumêd ana ing sênthir | kêbul-kêbul ngakêp rokok sajak nikmat ||

--- 7 ---

3. Pak Cikrak nyêbut ya Allah | ya Robil banjur angglinting | turon ana salu mlumah | rokok mau didamoni | katon gone mêmikir | murih penake kang laku | ngene gone anggagas | kapriye gonku nglakoni | supayane aku iki bisa gênah ||

4. penak kaya uwong liya | bisa simpên bêras pari | dhuwit ora tau kurang | lan omahku bisa apik | balik awakku iki | dina-dina amung butuh | kurang sandhang lan pangan | môngka wis diiwit-iwit | isih mêksa sabên dina kêdhungsangan ||

5. saya lawas saya gombal | sabên dina wêtêng mlintir | awit saka kurang pangan | awak nganti kuru aking | môngka gonku nglakoni | pagawean iya tungkul | ora tau slewengan | mêksa ora anyukupi | lah kapriye murih ora kêcingkrangan ||

6. apa saka Bokne Cikrak | ora enthos nyêkêl dhuwit | yèn ngono jaluk dipêgat | bojo ngêbrèhe kêpati | e gêmblung aku iki | ngarani Bok Cikrak mau | yèn dhèke kang tarabas | nyatane dhèwèke gêmi | amung apa sing bakal digêmènana ||

7. wong bên dina wis pas-pasan | ora tau turah thithik | turah manèh yèn turaha | malah kurang iku mêsthi | kang dak susahke kuwi | yèn si bocah-bocah jaluk | dhuwit dianggo jajan | ora bisa amènèhi | kêbangêtên awakku iki [i ...]

--- 8 ---

[... ki] le siyal ||

8. Pak Cikrak tangi garegah | nuli angusapi rai | kang wadon nuli diundang | êmbokne mêtua dhisik | kang wadon amangsuli | mêngko dhisik pakne gêndhuk | ra suwe nuli mara | karo clathu lirih-lirih | ana apa dene bangêt lèhe gita ||

9. kang lanang nyauri iya | ta lungguha kene dhisik | arêp tak ajak rêmbugan | sing wadon anuli linggih | sing lanang clathu lirih | kaya apa bokne gêndhuk | dene sadina-dina | pijêr kêkurangan iki | mula ayo kene padha dirêreka ||

10. murih bisane kêpenak | sing wadon lungguh nyauri | lah ya puluh kaya apa | wong pancèn tinakdir miskin | ora liwat ya aming | narima bae rak uwus | wong wis ditakdir mlarat | kapriye manèh saiki | iya amung kudu lêga lan narima ||

11. awit atase manungsa | kabèh mung drêma nglakoni | sugih miskin karsa Allah | mula narimaa bêcik | sing sabar rina wêngi | aja sah lèhe nyênyuwun | nyuwun marang Kang Kwasa | diparingana rêjêki | sing cukup lan bisa ajêg sabên dina ||

12. sing lanang nyêlani kôndha | ya bênêr karêpmu kuwi | nanging atase manungsa | pinaringan akal budi | mêsthi yèn ora bêcik | ngilangi sêtiyar iku | najan uwis sêtiyar | sabare ya aja kari | dadi kudu sabar nrima lan sêtiyar ||

13. sabêne ya wis sêtiyar | nanging durung anyukupi [anyu ...]

--- 9 ---

[... kupi] | mula bêcik golèk reka | murih bisane nyukupi | sire atiku iki | arêp nyoba dadi bakul | lah kowe ya dodola | panganan ratêngan bêcik | esuk sore êdolên mênyang ing pasar ||

14. nèk ngono rak ya kêpenak | kiraku bisa nyukupi | kapriye apa kêduga | apa gêlêm anglakoni | sing wadon anyauri | ya kêpenak ngono iku | ning pawitane apa | lah wong ora duwe dhuwit | Pakne Cikrak acalathu sêmu bungah ||

15. mau mula aku kôndha | yèn kudu sêtiyar dhisik | ngene wae ya bokne ya | pitike diêdol bêcik | pira pitikmu kuwi | êdolên kabèh rak uwus | kang wadon clathu iya | nanging apa anyukupi | lah wong pitik mung lima kanggo pawitan ||

16. gèk pitik babon mung lima | bisa payu pira kuwi | Pakne Cikrak nyêla-nyêla | lah ya sapayune kuwi | kiraku têlung rispis | rak ya mêsthi bisa payu | lah kuwi sing sêtêngah | gonên kêkulakan dhisik | nèk mung kulak rujakan karo janganan ||

17. kiraku ya wis cukupan | dene karine sêringgit | iku tak gone pawitan | Bokne Cikrak anyauri | mêngkono iya bêcik | nanging ta mungguh kiraku | saiki pitik larang | yèn kaya babonku kuwi | kira-kira bisa payu sarupiyah ||

18. Pak Cikrak sangsaya bungah | barêng

--- 10 ---

krungu larang pitik | nuli clathu kêbênêran | mula sesuk dolên nuli | ning poma dhuwit kuwi | aja kalong bène wutuh | sing wadon clathu iya | rampung le rêmbugan nuli | padha turu katon manise kang ulat ||

III. Bok Cikrak Angêdol Pitike

3. Dhandhanggula

1. wus lumrahe jago-jago kuwi | yèn prak esuk kluruk sêsauran | kana-kene padha rame | blak-blak kukuk kêluruk | kayadene padha gugahi | marang para manungsa | kang sih padha turu | mangkene upama ngucap | dhuh manungsa wis esuk padhaa tangi | mêngko mundhak kawanan ||

2. rasakêna hawa esuk iki | bisa gawe kêpenake awak | sêgêr sumyah ing rasane | karo swaraning manuk | bisa gawe sênênging ati | mangkono lèhe ngucap | jago-jago mau | kocapa Êmbokne Cikrak | wruh yèn esuk banjur age-age tangi | nuli mênyang pakiwan ||

3. prêlu raup karo arêrêsik | cibar-cibur ana ing pakiwan | nuli nyêkêli pitike | kabèh padha ditlikung | diwadhahi ana ing sênik | nuli budhal nyang pasar | barêng têkan dlanggung | uwis akèh uwong [u ...]

--- 11 ---

[... wong] liwat | andalidir kabèh padha ngindhit-indhit | ana kang nyunggi bêras ||

4. wong-wong lanang mikul ting karêngkit | thiyèt-thiyèt swaraning pikulan | warna-warna gêgawane | ana kang mikul jagung | bêras jagung karo kêrambil | ana mikul kayu dang | ginêlak kang laku | murih dang têkan ing pasar | lan yèn payu dagangan lêga kang ati | ora dadi pikiran ||

5. wong-wong wadon kari ana buri | turut dalan sambi mong-omongan | murih sênênge atine | kanggo nyalamur laku | warna-warna sing dirasani | ana gunêm dagangan | tuna bathi iku | kocapa mau Bok Cikrak | ana dalan kêpêthuk têpungan bêcik | aran Bokne Sarijah ||

6. Bok Sarijah clathu lho si adhi | kadingarèn si adhi têng pasar | napa ta ontên prêlune | Bokne Cikrak sumaur | ênggih bakyu ontên sathithik | kajênge sade ayam | lah dika bak ayu | niku dika gendhong napa | Bok Sarijah mangsuli o bêras niki | ajêng kula timbangna ||

7. lah kok okèh lèhe adol pitik | napa ajêng prêlu salamêtan | Bokne Cikrak wangsulane | o botên kok bak ayu | saking napa kula puniki | kêpengin reka-reka | tiru-tiru bakul | nanging rèhning wong mêlarat | dadi botên bisa anduwèni dhuwit | kang kêna ge pawitan ||

8. mula niki sade pitik riyin | nèke payu kêna ge pawitan | ajêng kula [ku ...]

--- 12 ---

[... la] dawakake | mênawa bisa mulur | lowung kangge cagaking urip | mangsuli Bok Sarijah | ênggih bênêr niku | timbang nganggur ontên ngomah | lowung bisa olèh bathi thithik-thithik | kangge jajane bocah ||

9. kula niki kok botên nglakoni | bêbakulan mêsthi gih rêkasa | botên ontên piyandêle | anggêr mung nrima luwung | thithik-thithik anggêre bathi | rekane wong dodolan | kudu sabar niku | bisa gawe sênêng liyan | kalih mêlih anggon dika ngamèk bathi | bisaa sing sêdhêngan ||

10. pun kokehan gone ngamèk bathi | thithik-thithik yèn ajêg bên dina | anggêr lumintu gêgramèn | awit yèn larang niku | sing dha tuku kapok kêpati | balik yèn mung sêdhêngan | tiyang-tiyang wau | sale tumbas mrêlokêna | turne amung kaota gih mung sathithik | dèkne padha mrêlokna ||

11. lan malihe kêbênêran adhi | dodol pitik ing mangsane larang | mêsthi larang dol-dolane | Bok Cikrak takon gih yu | sabab napa kok larang pitik | mangsuli Bok Sarijah | saking kèhe bakul | mlija pitik pancèn kathah | saking kutha nèk esuk padha mariki | padha golèk dagangan ||

12. bokmanawa didol têng Walandi | lagi samono gone caturan | krungu ana wong sandhinge | takon pitike niku | napa didol kula ningali | wangsulane Bok Cikrak | gih ta dika tuku |

--- 13 ---

bakul takon dika wèhna | pintên niki Bokne Cikrak amangsuli | lah ênggih dika ênyang ||

13. pitik mau nuli didêlêngi | siji-siji bakul nuli kôndha | niki caruk banyu kabèh | patang rupiyah suku | Bokne Cikrak nuli mangsuli | o niku dèrèng bisa | dika pèk nêm niku | si bakul mangsuli tobat | lah kok larang êmpun ta punjul sakêthip | pun larang dika wèhna ||

14. Bokne Cikrak panggah le mangsuli | nêm rupiyah botên kêna kurang | bakule ngundhaki manèh | punjul saece bakyu | dika wèhke mumpung tên riki | mêksa ora diwèhna | bakule amburu | panganyange saya mundhak | limang êsèn utawa mundhak sakêthip | mêksa durung diwèhna ||

15. suwe-suwe nganti limang rispis | iya isih durung diwèhêna | bakul isih buru bae | awit nalika iku | pancèn nyata yèn larang pitik | suwe-suwe diwèhna | limang rispis punjul | sakêthip dene Bok Cikrak | ora banjur mênyang pasar nuli mulih | dene Bokne Sarijah ||

16. budhal dhisik ora angêntèni | têrus bae mênyang ing pacinan | arêp nimbangke bêrase | kocap Bok Cikrak mau | turut dalan tansah mêmikir | gone mêntas dodolan | kabèh uwus payu | turne bisa payu larang | têkan ngomah dhuwit banjur disimpêni | atine kanthi bungah ||

--- 14 ---

IV. Ngrêmbug kang Bakal Dilakoni

4. Kinanthi

1. nalika Bok Cikrak mlêbu | ing omah pinuju sêpi | nak-anake padha dolan | mulane barêng mêruhi | yèn êmbokne saka pasar | kabèh padha pating jlêrit ||

2. êmbok têka aku jaluk | jajan lèh-olèhmu kuwi | Bok Cikrak atine gêla | ra bisa ngolèh-olèhi | anake sing ana ngomah | anuli calathu lirih ||

3. anu dhuk ing pasar mau | na wong ngamuk aku wêdi | mula ora tuku jajan | mêngko bae rak ya uwis | tuku gone Wa Kamirah | ngêntèni bapakmu dhisik ||

4. mêngko sadhela bapakmu | rak têka lan olèh dhuwit | mêngko kêna digo jajan | wis kana dolana dhisik | anake ora tarima | banjur gêmbor gulung koming ||

5. age êmbok aku jaluk | dhuwit digo tuku cênil | sijine anjaluk gêdhang | kabèh padha pating jlêrit | ana nglatar mêgap-mêgap | êmbokne atine sêdhih ||

6. sing lanang nalika iku | durung mulih gone glidhig | dhuwit olèhe dodolan | arêp dilong ora wani | awit sing lanang wis kôndha | ja nganti kalong sabribil ||

7. mula mung mandhêg anjêtung | ngrasakke anake

--- 15 ---

nangis | tujune sing lanang têka | wêruh bocah pating jlêrit | nuli takon kêna apa | dene padha pating jlêrit ||

8. sing wadon nuli sumaur | gone padha nangis kuwi | kabèh padha jaluk jajan | bapakne ngulungi dhuwit | wis ta kabèh dha mênênga | iki lo dak wèhi dhuwit ||

9. bocah mari gone gulung | nanging isih mêmbik-mêmbik | bapakne ngundang Si Cikrak | kowe dhuk tak kongkon dhisik | nyang warung tukua jajan | gilo dhuwit têlung dhuwit ||

10. tukua pohung bae dhuk | cikbène bisa nyukupi | Si Cikrak anuli budhal | Pak Cikrak banjur nakoni | bojone gone dodolan | mênyang pasar gawa pitik ||

11. apa kabèh uwis payu | Bokne Cikrak amangsuli | uwis kabèh payu lima | punjule amung sakêthip | Pak Cikrak bangêt le bungah | wruh yèn payu limang rispis ||

12. lan sakêthip jur calathu | lah kok larang bokne kuwi | yèn mangkono kêbênêran | rada bisa kobèt thithik | wis ngene bae bokne ya | kowe têlung talèn bêcik ||

13. ênggonên kulakan sesuk | sakarine dhuwit iki | mêngko tak gone kulakan | saiki wis ana dhuwit | apa kang bakal ko kulak | sing wadon nuli mangsuli ||

14. saiki mungguh karêpku | dhuwit kuwi sing rong kêthip | tak ênggo kulak janganan | kulak pohunge sakêthip | limang sène

--- 16 ---

kulak tela | tempene iya sakêthip ||

15. sing sêtali bumbu-bumbu | lênga klêntik lan kêrambil | gula iya kudu ana | kanggo gêthuk pohung kuwi | sêparo didol dang-dangan | mangkono bae rak uwis ||

16. sing lanang mung manthuk-manthuk | marga wis condhong kang pikir | dadine ora gunêman | sing wedok gênti nakoni | apa sing arêp ko kulak | sing lanang banjur mangsuli ||

17. apa bêcik kulak jagung | awit môngsa panèn iki | kiraku ing desa murah | dadi bisa olèh bathi | sing wadon mangsuli iya | kulak jagung iya bêcik ||

18. sing lanang alon calathu | ngene lo karêpku iki | yèn jagung wis têkan pasar | wis payu dhuwite nuli | dak kulake apa-apa | kang dak kira olèh bathi ||

19. aku kambi golèk jagung | ngidêrke dagangan kuwi | ngono rak luwih kêpenak | thithik-thithik anggêr bathi | sing wadon mangsuli iya | yèn klakon ya penak iki ||

20. Pak Cikrak manèh calathu | lah bokne dhuwite êndi | dhuwit nuli diulungna | Pak Cikrak budhal tumuli | ciptane muga bisaa | ngungkurke lakon kang uwis ||

--- 17 ---

V. Padha Brayan Nyambutgawe

5. Pangkur

1. Pakne Cikrak kang wus budhal | mikul bajong bungah kêpati-pati | kang disêja kulak jagung | mênyang ing tôngga desa | kang dha panèn lakune Pak Cikrak jujug | ing omahe Si Tawôngsa | nalika iku nujoni ||

2. Tawôngsa ana ing omah | Pakne Cikrak nuli age nêmoni | lan nyêbawa kula nuwun | wangsulane Tawôngsa | dika bacut napa adhi golèk jagung | wangsulane Pakne Cikrak | ênggih nèk cocog kang rêgi ||

3. Tawôngsa tumuli ngatag | dawêg ta dhi niki dika tingali | gêdhe-gêdhe bagus-bagus | lèhe kôndha mangkana | karo nuduhake ing ênggone jagung | Pak Cikrak takon pintên ta | sêjinah rêgane niki ||

4. wangsulane Si Tawôngsa | sarupiyah rêgane niki adhi | Pak Cikrak mangsuli anu | kok bangêt lèhe larang | Si Tawôngsa mangsuli karo angguyu | ha ha si adhi le bisa | ngarani awis dospundi ||

5. lah bok ênggih dika sawang | jagung niki olèhe gêdhi-gêdhi | pun murah samontên niku | Pak Cikrak nuli nganyang | êmpun ta kang wolung ci limang sèn niku | wangsulane Si Tawôngsa | pun dadi manahe adhi ||

6. rêgane sih dèrèng têka | bok gih takon têng wong sing padha

--- 18 ---

mriki | pintên lèhe kulak mriku | calathune Pak Cikrak | êmpun ta kang sangang kêthip nèke kantuk | jagung nuli diwèhêna | Pak Cikrak nuli dhuwiti ||

7. amung amèk têlung jinah | wise milih banjur dipikul bali | têkan ngomah jagung mau | didhudhah diprênahna | Bokne Cikrak takon rêga pira iku | sing lanang anuli kôndha | rêga sangang kêthip iki ||

8. aku ngapèk têlung jinah | Bokne Cikrak calathu kok mung thithik | Pak Cikrak nuli sumaur | mêngkene tak gênahna | rèhning aku iki isih durung wêruh | rêgane jagung ing pasar | mulane mung ngapèk iki ||

9. yèn wis ruh rêga ing pasar | gonku kulak wis ora minggrang-minggring | mêsthi dak paske dhuwitku | kandhane Bokne Cikrak | Yu Sadikêm wingi iya adol jagung | bisa payu sarupiyah | ana kang payu rolas ci ||

10. enake ki kaya apa | jagung iki apa ya dipipili | sing lanang banjur sumaur | enak didol ombyokan | ora repot dadak amipili jagung | sing wadon mangsuli iya | wong loro sênêng kêpati ||

11. dene wis duwe dagangan | pamujine muga bisa lêstari | gone nyambutgawe iku | bêngi ora kacrita | barêng esuk wayahe jago kêluruk | Pak Cikrak tangi garegah | kang wadon digugah lirih ||

12. bokne-bokne wis tangia | mumpung esuk ayo budhal tumuli | sing wadon barêng kêrungu | yèn digugah sing lanang |

--- 19 ---

banjur tangi nuli nyang pakiwan raup | anake banjur digugah | dhuk-êndhuk tangia dhisik ||

13. aku arêp mênyang pasar | lawang iki kancingên manèh dhisik | mêngko gèk tinggalên turu | Si Cikrak tangi gregah | ngucêk mata lungguh karo ambaliyur | pangantuke durung ilang | wong tuwane nuli pamit ||

14. wis ta dhuk aku dak budhal | yèn adhimu mêngko wis padha tangi | aja awèh dolan nglurung | konên dolan ing latar | nuli budhal Pak Cikrak amikul jagung | sing wadon ngrewangi gawa | digendhong ana ing sênik ||

15. kocap barêng têkan pasar | wong kang dodol padha atuku karcis | nyang punggawane kang tunggu | ana ing lawang pasar | wise bayar ing rêgane karcis mau | Pak Cikrak mlêbu ing pasar | jagung disèlèhke lirih ||

16. kocapa mau Pak Cikrak | salawase durung tau ngalami | dodolan mangkono iku | mulane ya katara | rada repot ênggone têtawa iku | jalaran durung kulina | anggone têtawa kuwi ||

17. niki lo yu dika tumbas | jagung niki kabèh dha apik-apik | dawêg ditingali ta yu | nuli ana wong mara | kang andêlêng jagunge Pak Cikrak mau | jagung anuli diênyang | nganti suwe durung dadi ||

18. wusanane iya sida | dituku ing uwong kang nganyang kuwi | jagung têlung jinah mau | dipèk têlung rupiyah | limalas sèn Pak Cikrak bungah sagunung | nuli mulih rêrikatan | bungahe

--- 20 ---

kêpati-pati ||

19. nganti lali kang disêja | awit saka katliwêng bungah kuwi | môngka pamikire mau | yèn wis payu anêja | kulak brambang kang kinira bisa payu | yèn didol ana padesan | thithik-thithik bisa bathi ||

20. daya-daya têkan ngomah | bèn dang bisa balèni jagung wingi | mula ana ngomah amung | bisa lèrèn sadhela | enggal-enggal anggone akulak jagung | esuke didol nyang pasar | kulak brambang barêng mulih ||

21. mangkono ing sabên dina | Pakne Cikrak srêgêpe angluwihi | dene kang dikulak mau | dagangan rupa-rupa | kang kinira bisa bathi gêlis payu | dumulur gone dagangan | pocung têmbange gumanti ||

VI. Bok Cikrak Wiwit Kulakan

6. Pocung

1. kocap mau Bokne Cikrak barêng uwus | andokok dagangan | nuli lunga karo muni | wis ta pakne aku tak golèk dagangan ||

2. amung manthuk sing lanang ora sumaur | Bokne Cikrak lunga | golèk dagangan anuli | tuku pohung mêntah lan tuku katela ||

3. bumbu-bumbu krambil karo gula têbu | tempe karo lênga | wise pêpak nuli mulih | turut dalan amung tansah gagas-gagas [gagas-ga ...]

--- 21 ---

[... gas] ||

4. apa payu dagangan kang didol iku | bathi apa ora | wong durung tau nglakoni | mêsthi bae durung bisa ngira-ira ||

5. barêng tutug ing omah nuli malêbu | anake dha bungah | wêruh bokne ngindhit-indhit | kabèh padha ngrayah anjaluk panganan ||

6. karo clathu êmbok têka aku jaluk | age jaluk jajan | êmbokne mangsuli lirih | iya mêngko dhisik cikbène didhudhah ||

7. lah ta gêndhuk Cikrak dhudhahên ta iku | Cikrak nuli dhudhah | êmbokne uga ngrewangi | nak-anake padha diêdumi jajan ||

8. nuli mêtu dipangan karo lumaku | sing siji sêmbrana | ora ruh dirundhuk pitik | barêng cêdhak nuli jajane dicamplak ||

9. mawut-mawut morat-marit ora ngukup | kang duwe tangisan | ginjal-ginjal jêmpling-jêmpling | age êmbok age bok jajanku wutah ||

10. aku jaluk age êmbok jaluk liru | bokne enggal-enggal | niliki anake nangis | sabab apa dene nganti ginjal-ginjal ||

11. barêng wêruh yèn jajane mawut-mawut | nuli linironan | kêbênêran kari siji | wise iku nuli takon marang Cikrak ||

12. lah ta gêndhuk apa wis têka bapakmu | dene ora ana | Si Cikrak nuli mangsuli | uwis nanging mau mung lèrèn sadhela ||

13. banjur mêtu jare ambalèni jagung | Bokne Cikrak lêga | dene [de ...]

--- 22 ---

[... ne] ta jagunge uwis | êntèk dadi kari mikir le dagangan ||

14. mula banjur ngratêngi dagangan mau | ngulup adang tela | adang pohung anggorèngi | tempe kang wus diiris-iris sêdhêngan ||

15. pohung mau wise matêng jur digêthuk | Cikrak kang wis bisa | ngrêrewangi thithik-thithik | dhi-adhine kabèh mung padha dolanan ||

16. mêsthi gugup tumrape Bok Cikrak mau | wit ora kulina | ora tau anglakoni | kaya ngono mula repote kaliwat ||

17. wise rampung Pak Cikrak têka amikul | jagunge dagangan | sawuse disèlèh nuli | lungguh salu sing wadon anuli nyapa ||

18. pakne gêndhuk kapriye ta mau esuk | olèhmu dodolan | apa iya olèh bathi | Pakne Cikrak amangsuli iya bisa ||

19. iya luwung kadar jagung têlung puluh | bisa bathi têkan | patang kêthip lan sakêlip | mula mau dhuwite dak kabèhêna ||

20. dinggo tuku jagung tunggal wingi iku | Bokne Cikrak bungah | sawise iku anuli | tata-tata arêp budhal mênyang pasar ||

21. wise rampung dodolan nuli disusun | nuli enggal budhal | kocap tôngga kanan kering | kang dha wêruh Bok Cikrak gone dodolan ||

22. padha tuku malah ana kang gêguyu | pungkure Bok Cikrak | akèh kang padha ngrasani | wong kang sênêng iya padha mèlu bungah ||

--- 23 ---

23. muji sukur muga lêstari sêmpulur | ênggone dodolan | nanging wong kang ala ati | padha guyu kaya kang wus kacarita ||

24. gone nyatur môngsa bisaa sêmpulur | ya wani totohan | manawa bisa lêstari | warna-warna rêrasane para tôngga ||

25. turut lurung akèh wong kang padha tuku | barêng têkan pasar | dagangan mung kari thithik | ora suwe bisa êntèk babarpisan ||

26. barêng kukud têtuku barang kang prêlu | wise nuli mangkat | nyangking tampah gendhong sênik | têkan ngomah tukone banjur didhudhah ||

27. ngono iku lanang wadon gone utun | ora duwe wêgah | malah bungahe kêpati | yèn sinawang kaya dhandhang nêmu mangsan ||

VII. Truna Kêmplung

7. Dhandhanggula

1. ing saiki caritane gênti | kacarita adhine Pak Cikrak | Truna Sêmita arane | kasênêngane nganggur | ora gêlêm rêkasa thithik | dhasar atine ala | sênêng ngapus-apus | êmoh marang kabêcikan | karêmane mung ngapusi karo maling | ambegal karo ngampak ||

2. dhêmên utang êmoh anyauri | yèn ditagih angajak kêrêngan [kêrêng ...]

--- 24 ---

[... an] | tanggane ya gêthing kabèh | marga watake iku | wêkasane jur diparabi | Si Truna Kêmplung sabab | gawene sok gêndhung | nanging tumrape Si Truna | ora mari malah-malah saya dadi | ênggone gal-ugalan ||

3. pawakane Si Taruna kuwi | gêdhe dhuwur sasat Wrêkudara | bangêt kêtêle brêngose | godhège sok dicukur | dadi katon ijo kalimis | jenggote ora dawa | amung sruwut-sruwut | nanging kêtêle kaliwat | dadi nyata yèn wujude gêgirisi | tumprap kang padha mulat ||

4. ora ana wong sing disungkani | ngêmungake marang Si Pak Cikrak | wêdi asih salawase | mulane yèn panuju | disrêngêni ora mangsuli | upamane wong liya | kang ngelingke mau | amasthi yèn ora trima | bisa uga dadi kêrêngan sing mêsthi | mulane uwong liya ||

5. ora ana sijia sing sudi | angelingke marang Si Taruna | wêdi klèru panampane | kocapa Truna mau | wis dianggêp lurahe maling | maling ing kana-kana | kabèh padha têluk | awit kabèh pancèn kalah | ing julige ora ana kang madhani | mulane padha nrima ||

6. dadi murid kang jaga ngladèni | kabèh mau mung dadi kongkonan | apa bae parentahe | Si Truna kudu manut | ora kêna ora nglakoni | yèn nuju lèh-olèhan | Truna mêsthi jaluk | najan ora mèlu pisan | Si Taruna [Taru ...]

--- 25 ---

[... na] iya mêsthi dipandumi | ora kêna kliwatan ||

7. nanging barêng Si Truna kang maling | ora gêlêm angêdumi kônca | kabèh mung diêpèk dhewe | kaya mangkono iku | yèn wong nuju unggul jur lali | wis cacade manungsa | môngka ta wong iku | yèn wus têkan titimôngsa | ing apêse suwe mijêt wohe ranti | ngono jaring bêbasan ||

8. kocap nuju sawijine bêngi | Truna Kêmplung mau dolan-dolan | mênyang omahe kakangne | barêng wis kula nuwun | banjur mlêbu anuli linggih | Pak Cikrak nuli nyapa | lo kowe dhi mau | apa êmung saka ngomah | kadingarèn dene wayah bêngi-bêngi | Truna mangsuli iya ||

9. gonku rene iki amung tilik | piye ta kang rak ya padha waras | kowe lan anakmu kabèh | Pakne Cikrak sumaur | iya waras kowe ya bêcik | Truna mangsuli waras | olèh pandongamu | takon manèh Pakne Cikrak | lawas têmên kowe ora tau tilik | lan nyambutgawe apa ||

10. Truna ewuh anggone mangsuli | kakangane takon pagawean | awit ora nyambutgawe | suwe-suwe kawêtu | blaka bae gone mangsuli | mulane aku lawas | ora rene iku | awit aku lagi nglômpra | nyang prêsilan prêlune anglurug main | lan golèk apa-apa ||

11. Pakne Cikrak calathune lirih | lah ta Truna bok [bo ...]

--- 26 ---

[... k] ya marènana | polahmu kang ngono kuwe | wong pancèn ora patut | mula bêcik yèn dimarèni | nyambutgawe prayoga | dagang dadi bakul | bêburuh wong isih rosa | môngsa dadak ora kêlar anglakoni | wong kowe isih gagah ||

12. môngka pijêr gawe sriking ati | karo gawe cuwane wong liya | uga gawe ing nêpsune | awit duwèke mau | gone golèk rina lan wêngi | ora ngetung kangelan | bène bisa nglumpuk | sabên dina tinlatenan | saka thithik barêng wis akèh amasthi | bisa agawe bungah ||

13. nanging barêng sawijining bêngi | dijupuki dening uwong liya | ora nganggo toran-tarèn | kang duwe ora wêruh | wêruh-wêruh barange gusis | coba ta rasakêna | mendah lèhe gêtun | awit le golèk kangelan | dumadakan ilange barêng sawêngi | priye le ora cuwa ||

14. masthi bae mêmisuh drêwili | ana uga sing nganti tangisan | amarga saka akèhe | mangkono pangrasaku | mulane ta bêcike adhi | tekadmu kang mangkana | marènana patut | yèn isih kok têrusêna | ora bêcik gawe susah iku adhi | rak gèsèh lan piwulang ||

15. piwulange bapa karo kaki | môngsa kowe wis ora kèlingan | mangkene biyèn wulange | dhuh-dhuh kabèh nak putu | kowe kabèh tinitah

--- 27 ---

urip | gawea kabêcikan | ing sakuwasamu | aja nganti gawe susah | ing sapadha-padhane tumitah iki | malah gawenên bungah ||

16. kaya ngono môngsa kowe lali | Truna kôndha ya isih kèlingan | Pak Cikrak calathu manèh | lah mulane ta iku | marènana tekadmu kuwi | awit polahmu Truna | kosokbali iku | marang unining piwulang | lah wong kowe sabên-sabên gawe sêrik | marang sapadha-padha ||

17. najan kowe ore[1] bisa adhi | gawe bungahing sapadha-padha | bisaa gawe enake | atine têtanggamu | aja pijêr agawe rugi | wangsulane Si Truna | tak cobane iku | wis ta kakang lilanana | aku mulih rèhne iki uwis bêngi | kakangne mangsuli ya ||

18. Truna mulih kambi amêmikir | kaya bênêr ujare si kakang | mangkono iku pikire | mulane Truna mau | iya sêja arêp marèni | lêlakone kang ala | nanging barêng kumpul | karo wong kang laku ala | ora bisa marèni watake kuwi | rêkasa mêgat ala ||

VIII. Pakolèhe Wong Pêthêl

8. Mêgatruh

1. gênti nyatur ambalèni crita kang wus | caritane wong kang miskin | Pak Cikrak Bok Cikrak iku | karone [karo ...]

--- 28 ---

[... ne] gone nglakoni | dodolan kang kaya ngono ||

2. bangêt utun ora ngambah laku luput | bangêt ênggone marsudi | marang dagangane mau | aja nganti bisa rugi | mundhak nyuthêlke lêlakon ||

3. gone mungkul gêmine sangsaya wuwuh | karo gone ngati-ati | apa bae kang tinuju | sadurunge wis dipikir | kapriye dadine mêngko ||

4. kang dituju sadurunge wis dirujuk | murih condhonging kang pikir | salah siji ora tau | ana sing gêlêm nglancangi | yèn durung golong sakloron ||

5. mula iku uripe Pak Cikrak mau | sawuse brayan saiki | tansah ayêm ora tau | ana rêmbug ora apik | awit kabèh uwis condhong ||

6. kocap uwus lawas gone dadi bakul | cukup lèh-olèhe bathi | rêjêki saya sêmpulur | mundhake saka sathithik | rijêki saya gumolong ||

7. gone bakul saya suwe saya maju | dagangane dipêpaki | êndi kang dikira payu | malah Bok Cikrak saiki | esuk dodol sêga rawon ||

8. wayah esuk wayahe jago kêluruk | Bok Cikrak wis ngrêratêngi | ing wayah byar lagi rampung | sawise ditata nuli | dagangan dipikul manol ||

9. mung ngalênthung Bok Cikrak gone lumaku | têkane pasar wus rintip | uwong arêp padha tuku | maune padha ngêntèni | mangkono watêke uwong ||

--- 29 ---

10. yèn si bakul gone dodol ora lêngus | karo bisa ngamèk ati | uwis mêsthi wong-wong mau | padha sênêng anukoni | dhasar murah lèhe dodol ||

11. gone marung ora suwe nuli rampung | mangkono bên dina kuwi | dodol ing pasar yèn esuk | yèn wis rampung nuli mulih | ana ngomah iya dodol ||

12. bumbu-bumbu bêras pari bêras jagung | thithik-thithik dipêpaki | dadi yèn ana wong tuku | butuh aja nganti bali | iwak asin iya dodol ||

13. barêng uwus kira têlung taun punjul | uwus kêna diarani | yèn Pak Cikrak uwus cukup | najan ora aran sugih | iya uwis mèmpêr uwong ||

14. mangan cukup sandhangane ora kusud | omahe wis dadi bêcik | sapi wêdhus iya ngingu | pitike saya andadi | yèn esuk nganti kumroyok ||

15. barêng cukup Pak Cikrak salin le bakul | dagangane disalini | kang dikira luwih payu | lan akèh olèhe bathi | ngungkuli sing wis kêlakon ||

16. kang tinuju lênga pèt kalêntik iku | iya nuli dilakoni | gone ngêdol mênyang kampung | nanging ora desa siji | kang diambah lèhe dodol ||

17. gone mlaku adol lênga sabên esuk | rong desa utawa luwih | mulihe wis lêbar bêdhug | sesuk gone dodol ngalih | mênyang desa liya ênggon ||

18. dadi urut pitung dina bisa kêmput |

--- 30 ---

ing wolung dinane bali | nyang desa kang dhisik mau | kaya ngono bola-bali | sabên dina ora towong ||

19. ngono iku gone ngupajiwa iku | kocapa ta ing saiki | najan Pak Cikrak wis cukup | nanging watake lêstari | ora mundur gotong royong ||

IX. Pakumpulane Wong Ala

9. Durma

1. kocap mau Truna Kêmplung têkan ngomah | mung tansah amêmikir | marang kang piwulang | wulange Pakne Cikrak | tinêmune pancèn bêcik | nanging Si Truna | isih bingung kang pikir ||

2. apa mari apa bêcik anêrusna | lêlakone kang uwis | upama maria | gèk nyambutgawe apa | wong ora tau nglakoni | angupajiwa | kaya kakangne kuwi ||

3. ewuh-aya pamikire Si Taruna | sing bakal dilakoni | gèk nglakoni apa | dagang ya ora bisa | nganti judhêg gone mikir | mêksa kewuhan | sing bakal dilakoni ||

4. kang kocapa ana kancane Si Truna | karane Pak Talêmpik | mula karan ngana | awit iku wong madat | kancane kang amarabi | kaya mangkana | le madat angluwihi ||

5. pawakane èndhèk cilik awak rusak | sasat [sasa ...]

--- 31 ---

[... t] mung kari lunglit | sandhangane ngopak | ora tau dikumbah | lambe biru anjêginggis | ulate biyas | cowong bangêt kang rai ||

6. Pak Talêmpik mênyang omahe Si Truna | Si Truna ngacarani | lah mara lungguha | apa ya saka ngomah | lah kancane ana ngêndi | kok mung dhewekan | Pak Talêmpik mangsuli ||

7. iya Truna aku iki saka ngomah | kônca sih ana buri | balik kowe Truna | ketoke kaya susah | apa ta sababe kuwi | Si Truna blaka | yèn mêntas dituturi ||

8. ing kakangne kaya mau kang wus kocap | Pak Tlêmpik mituturi | ah gene Si Truna | pikire kaya bocah | isih dhêmên anggugoni | rêmbuge liyan | iku rak ora bêcik ||

9. wong wis tuwa môngsa dadak diwulanga | kabèh rak wis dipikir | sing durung diambah | ora kaya si bocah | sêmbranane ora kari | pantês diwulang | le sêmbrana bèn mari ||

10. balik kowe Si Taruna kurang apa | sabarang wis ngluwihi | dadak sih diwulang | ing uwong-uwong liya | mêsthine kowe wis ngrêti | rak bisa nimbang | iku pantês lan bêcik ||

11. karo manèh arêp nyambutgawe apa | sing angungkuli iki | dagang ora penak | tani malah rêkasa | mikul apa ora isin | wong cakrak-cakrak | mundhak diguyu pitik ||

12. akèh-akèh Pak Tlêmpik anggone kôndha | wêkasane kalindhih | wulange Pak Cikrak | dhasar Truna [Tru ...]

--- 32 ---

[... na] onggrongan | mulane sangsayandadi | barêng diumpak | wus lali wulang bêcik ||

13. ya mangkana yèn wong bodho karo ala | prasane wis ngluwihi | ngêmohi piwulang | ngaku wis luwih bisa | ora gêlêm amraduli | wulang wong tuwa | tibane nurut eblis ||

14. dene mungguh bêcike para manungsa | ngudia marang bêcik | kang ala dibuwang | lan sing sênêng piwulang | wulang guru lan wulanging | wong tuwa-tuwa | gugunên rina wêngi ||

15. ora suwe kancane Si Truna têka | anuli padha linggih | Si Truna anyapa | apa mung saka ngomah | dene têkamu kok kèri | sababe apa | apa padha lèh titik ||

16. Pakne Gabug mangsuli alatah-latah | pancène kabèh iki | iya saka ngomah | marene amung nêja | tilik lan wêwarta bêcik | tumrap sakônca | yèn padha dilakoni ||

17. wingi esuk aku mênyang Karangtêngah | wêruh omahe kaji | cêdhak pinggir dalan | barange pirang-pirang | kabèh padha apik-apik | omahe gampang | upama dilêboni ||

18. kabèh padha bungah barêng ngrungu warta | kaya dang dilakoni | nuli dha rêmbugan | murih bisa kapenak | barêng rêmbuge wis gilig | Pak Tlêmpik mangkat | Pak Gabug sing dikanthi ||

--- 33 ---

X. Pak Cikrak dadi Jagal

10. Kinanthi

1. watara sapuluh taun | Pak Cikrak gone nglakoni | gotong royong kaya ngana | saiki wis ketok sugih | omahe diwangun anyar | pirantine dipêpaki ||

2. tanggane akèh sing gumun | sing ora sênêng ngrasani | Pak Cikrak angingu setan | mulane ya gêlis sugih | sugihe wong ngingu setan | aku êmoh kaya kuwi ||

3. manawa gêlêma aku | sugih kaya ngono kuwi | mêsthi sugihku wis lawas | nanging aku pancèn suthik | awit uwong ngingu setan | iku mundhak dadi cêthil ||

4. wus lumrah mangkono iku | sing ora dhêmên ngrasani | nanging tumrape Pak Cikrak | najan saiki wis sugih | watake ya ora ladak | panggah kaya isih miskin ||

5. anggone dhêmên têtulung | nyang tôngga isih lêstari | yèn ana tôngga kang nyêlang | enggal-enggal diwènèhi | tur ora jaluk anakan | sêjane amung nulungi ||

6. awit Pakne Cikrak mau | ngèlingi dhèk isih miskin | susahe kaliwat-liwat | luwih manèh ditangisi | ing anak kang jaluk jajan | mêsthi ngêrêse kang ati ||

7. kocapa Pak Cikrak mau | anuju ing wayah bêngi | mong-omongan lan Bok Cikrak [Ci ...]

--- 34 ---

[... krak] | Pak Cikrak calathu lirih | bokne apa wis kapenak | lèhmu nyambutgawe iki ||

8. sing wadon banjur sumaur | pangiraku iya uwis | tandhane wong uwis ana | ya kaya mangkene iki | biyèn mlarate kaliwat | saiki wis aran sugih ||

9. omah gêdhe magrung-magrung | wêdhus kêbo karo sapi | sawahku ya uwis ômba | lumbung tansah kêbak pari | apa iku kurang penak | sing lanang banjur nyauri ||

10. bokne ya bênêr kandhamu | nanging apa ora bêcik | nambahi kang panggaotan | ya iku anjagal sapi | piye rujuk apa ora | Bokne Cikrak anyauri ||

11. ya bêcik apa karêpmu | mung sing dodol sapa kuwi | kandhane bapakne Cikrak | ya kowe sing dodol bêcik | sêdina karo rong dina | aku sing ngrewang-ngrewangi ||

12. yèn kowe wis prigêl bokmu | ora susah tak rewangi | aku nyambutgawe ngomah | kala-kala kulak sapi | warung bèn ditunggu Cikrak | yèn kowe sih durung mulih ||

13. barêng rêmbuge wis rampung | iya nuli dilakoni | rèhning pagawean anyar | kidhunge iya wis mêsthi | nanging rèhning kanthi sabar | suwe-suwe iya ngrêti ||

14. wus kacarita ing dhuwur | le dodol Bok Cikrak kuwi | salawase ora larang | mulane ya bangêt laris | walijane pirang-pirang | mula yèn mung sapi siji ||

15. êntèke ya isih esuk | kaya

--- 35 ---

ngono iku mêsthi | siji-siji sabên dina | malah yèn pasaran nganti | bêlèh têlu nganti papat | mulane ya gêlis sugih ||

16. mulane walija mau | sênêng nyang Bok Cikrak kuwi | awit saka gone sabar | ora tau murang-muring | yèn si wlija bayar kurang | iya ora disrêngêni ||

17. lan para walija mau | sing gêmi ya dadi sugih | manut wulange Bok Cikrak | mulane ta para murid | aja ngêbrèh mundhak rusak | padha nglakonana gêmi ||

18. barêng wus olèh rong taun | sugihe wis angluwihi | wus kondhang jagal Pak Cikrak | sugih lan bêcik kang ati | adêdana sabên dina | têmbang balabak gumanti ||

XI. Ngêdum Olèh-olèhan

11. Balabak

1. kocap mau wong têlu kancane Truna | lakune | uwis têkan ing panggonan kang disêja | prênahe | omah kaji yaiku ing Karangtêngah | desane ||

2. têkan kono si kaji ora na ngomah | ketoke | dene sêpi ora karungu suwara | nyatane | o lah dalah padha turu sêsênggoran | swarane ||

3. Pak Talêmpik gone mlêbu kanthi gampang | ra angèl | banjur enggal anjupuki [a ...]

--- 36 ---

[... njupuki] barang-barang | polahe | kaya kere lagi mênangi muludan | cukate ||

4. wise rampung nuli digawani lunga | parane | nyang omahe Si Taruna kaya adat | dibage | wise rampung kabèh iku padha bungah | atine ||

5. Si Taruna acalathu kambi bungah | kapriye | barang iki diêdol mênyang ing sapa | penake | bène ora gampang ênggone konangan | sing duwe ||

6. Pak Talêmpik gumuyu alatah-latah | clathune | e lah kaya ora tau lèh-olèhan | sabêne | dene bingung gone arêp nglungakêna | sêmune ||

7. barang iki digadhèke babarpisan | wis êntèk | prêlu apa kathik mikir dawa-dawa | ngêlawèr | sabên-sabên apa ora ya mangkana | adate ||

8. Truna Kêmplung amangsuli ora ngana | penake | yèn karêpku iya didol bae pisan | wis êntèk | ana kono ora tau didhal-udhal | slawase ||

9. lah pikirên bisane murih kêpenak | sajêge | Pakne Gabug nyêla-nyêla sêmu bungah | clathune | pamikirku kok ana sing luwih penak | mangkene ||

10. lah ta Truna sadulurmu Pakne Cikrak | ayake | gêlêm nuku barang iki bokmanawa | jarene | Pakne Cikrak saiki wis dadi jagal | wartane ||

11. dhêmên tulung marang tôngga kêkurangan | mulane | barang iki jajal tawakna marana | nèk-nèke [nèk-nè ...]

--- 37 ---

[... ke] | gêlêm nuku rak iya dadi kêpenak | mêsthine ||

12. Truna Kêmplung wangsulane mêsthi ora | gêlême | lah wong aku sabên rana dilokêna | jarene | aku iki pijêr gawe susah marang | wong akèh ||

13. mulane yèn barang iki tak tawakna | dhèwèke | mêsthi ora gêlêm nuku malah-malah | kanane | anyrêngêni mênyang aku kaya adat | sabêne ||

14. Pakne Gabug calathu durung karuan | mulane | ya dijajal manawa ing kana dhangan | atine | sapa wêruh lah wong durung linakonan | yêktine ||

15. kabèh mau banjur padha rujuk marang | rêmbuge | Pakne Gabug mula barêng wus mupakat | gunême | kabèh banjur padha turu ting galimpang | ing ambèn ||

16. barêng esuk olèhe tangi kêrinan | sababe | gone mêlèk sasat mèh sawêngi natas | ya kuwe | yèn kakehan mêlèk esuke kêrinan | lumrahe ||

17. barêng bêngi Truna nyang gone Pak Cikrak | parane | turut dalan amung tansah gagas-gagas | pikire | kasmarana Pak Cikrak nyang sing digawa | barange ||

XII. Kêmelikan

12. Asmarandana

1. turut dalan Truna mikir | apa ta gêlêm si kakang | anuku barangku kiye | muga-muga ya gêlêma |

--- 38 ---

nanging adate kakang | cêpak bae gone nêpsu | sabên-sabên aku rana ||

2. apa manèh ing saiki | aku kathik gawa barang | mêsthi yèn wuwuh nêpsune | nanging bêcike dicoba | wong sih durung karuan | bokmanawa gêlêm nuku | nèk mangkono rak ya bêgja ||

3. mangkono anggone mikir | barêng lakune Si Truna | wis têkan gone kakangne | anuli mlêbu ing omah | kakangne enggal nyapa | apa saka ngomah mau | Si Truna mangsuli iya ||

4. nuli padha mapan linggih | calathune Pakne Cikrak | bokne wedange ga rene | iki lo adhimu Truna | sing wadon nuli mara | karo gawa wedang bubuk | pacitan godhogan tela ||

5. Bok Cikrak nuli nakoni | si adhi napa king omah | rayine kok botên dhèrèk | wangsulane Si Taruna | inggih namung king griya | rayine sêg èwêd bakyu | botên sagêd kesah-kesah ||

6. bocah-bocah ontên pundi | wangsulane Êmbok Cikrak | êmpun padha turu kabèh | lah ta dawêg dika pangan | disambi mong-omongan | wangsulane Truna gih yu | Truna nuli mangan tela ||

7. Bok Cikrak anuli nyingkir | lumêbu mênyang ing omah | nutugke pagaweane | Truna wise ngombe wedang | cangkire disinggahna | Pak Cikrak nuli calathu | apa kowe mung ngalômpra ||

8. apa ana prêlu maning | calathune Si Taruna | ya

--- 39 ---

ana prêlu liyane | Truna nuli angrogoh sak | ngêtokke dhuwit dinar | banjur nêruske calathu | lah iki tukunên kakang ||

9. Pak Cikrak jola nakoni | dene olèh dhuwit dinar | olèhmu ing ngêndi kuwe | Truna rikuh kalicutan | suwe-suwe ya blaka | mau bêngi Pakne Gabug | anyolong ing Karangtêngah ||

10. maling ing omahe kaji | calathune Pakne Cikrak | rumangsaku uwis lèrèn | gonmu nglakoni mangkana | dadak saiki gawa | lèhe maling dikon nuku | najan mung kok wènèhêna ||

11. ora gêlêm anampani | Si Truna clathu ngrêrêpa | adhuh kakang apa kowe | ora anduwèni wêlas | nyang aku kowe kakang | yèn dudu kowe sing nuku | mêsthi yèn bakal konangan ||

12. kacêkêl dening pulisi | apa kowe ora wirang | yèn duwe dulur dirante | yèn aku ya ora wirang | awit aku wong mlarat | Pak Cikrak rumasa bingung | yèn ngrasakake Si Truna ||

13. pama ora ditulungi | manawa Truna konangan | lan kacêkêl pamalinge | mêsthi yèn dhèwèke wirang | upama tinulungan | dinggo apa barang mau | wong iku barang colongan ||

14. Pak Cikrak lagi mêmikir | Si Truna nuli gunêman | priye ta kang kowe kuwe | yèn bisa ya enggal-enggal | dene yèn ora bisa | iya tegakna awakku | yèn lumêbu pakunjaran ||

15. karo dene barang iki | môngsa dadak [da ...]

--- 40 ---

[... dak] kêtaraa | wong wujud dhuwit mangkene | ing toko môngsa kuranga | najan wujuda barang | ora bakal yèn kêtêmu | sapa sing bakal anggledhah ||

16. nyang omahe uwong sugih | apadene dadi jagal | mula barang-barang kuwe | kêna dak pamakke uyah | kêcêmplung ing sagara | amasthi ora kêtêmu | yèn upama dilurua ||

17. najan barang-barang iki | yèn kowe kang nukonana | mêsthi yèn ilang larine | sapa sing bisa nitika | kasêlak sèwu mokal | saka akèhe barangmu | sing nitik iya rêkasa ||

18. akèh-akèh le ngomongi | wus dilalah Pakne Cikrak | dadak nglingkap pamikire | Pak Cikrak kawruhe kurang | mula gampang kapusan | mula bocah pituturku | padha gatèkna piwulang ||

19. barang sida ditukoni | rêgane mung murah-murah | Truna lêga pamikire | nuli ge-age pamitan | wêwarta marang kônca | kancane padha angguyu | kabèh padha bungah-bungah ||

20. saka lêgane kang ati | ana kang banjur jogedan | ana surak hore-hore | kabèh padha nyipta bêgja | awit kabèh angira | yèn ora bakal kêtêmu | upama digolèkana ||

21. najan sakèhing pulisi | golèki môngsa bisaa | kaya ngono pamikire | mulane saya andadra | ênggone laku ala | lakune saya anglantur | bungah kaya wong nêmu mas ||

--- 41 ---

XIII. Sing Kêmalingan Lapur, Pulisi Golèk Katrangan

13. Maskumambang

1. kocap barêng wayah esuk kaji tangi | barêng wruh babahan | banjur jêrit alok maling | tanggane kagèt anglayat ||

2. ora suwe kêbak ing omahe kaji | wong kang padha nglayad | kabèh padha ngrasa sêdhih | si kaji ngluwihi susah ||

3. awit barang-barange wis êntèk brêsih | sing rêgane larang | siji ora ana kari | apa manèh pêpêlikan ||

4. êmas intên dinar-dinar ali-ali | kalung giwang gêlang | kabèh ora ana kari | mula susahe kaliwat ||

5. akèh tênan gone kêmalingan kaji | wong pancèn dagangan | mula pirang-pirang rakit | ora ana sing ditinggal ||

6. mêsthi bae bangêt susahe bok kaji | tur ya luwih gêla | awit ing esuke kuwi | arêp dodol mênyang pasar ||

7. nuju gêdhe pasarane dina kuwi | awit parêpêgan | mulane ta êmbok kaji | nyipta bathi akèh tênan ||

8. mula barêng barange digawa maling | bangêt lèhe gêla | awit wurung tômpa bathi | mula tansah sôngga uwang ||

9. lungguh salu dhêlog-dhêlog brêbês mili | tansah ngunjal napas | nyipta kêbangêtên maling | lèhe bangêt [ba ...]

--- 42 ---

[... ngêt] ora gênah ||

10. kaji mau banjur lapur nyang pêtinggi | kôndha kêmalingan | wise rêrêmbugan nuli | pêtinggi anuli mangkat ||

11. anyatakke marang ing lapure kaji | barêng uwis nyata | kabèh uwis ditulisi | banjur lapur nyang sistenan ||

12. lan ing kono bêndara asistèn nuli | dhawuh enggal-enggal | gone anggolèki maling | bèn nuli olèh katrangan ||

13. kocap para pulisi kang didhawuhi | golèk katêrangan | nuli enggal anggolèki | supaya dang olèh warta ||

14. najan têmên anggone padha golèki | mêksa ora bisa | entuk katrangan kang bêcik | mula kabèh padha susah ||

15. dene ora bisa anggolèki maling | kang agawe susah | anggodha têntrêming ati | lan gawe rusaking desa ||

16. nadyan angèl iya mêksa digolèki | ora ngetung sayah | kang dicipta mung si maling | bisaa nuli kêcandhak ||

17. gone kaji durung nganti olèh titik | ing panggonan liya | kêmalingan nganti brêsih | sabên bêngi numpa-numpa ||

18. mula saya sêngkud pulisi golèki | ana sing anyamar | manganggo kaya wong cilik | kathok kuthung klambi bêdhah ||

19. ora môntra-môntra yèn iku pulisi | yèn nitik sandhangan | mangkono gone golèki | si maling murih kacandhak ||

20. saya suwe si maling saya andadi | gone angrêrusak [angrêrusa ...]

--- 43 ---

[... k] | agawe girising ati | wong padesan saya susah ||

21. ora bisa nyimpêni barang sathithik | atine sumêlang | kuwatir digawa maling | tambuh gone nyimpên barang ||

XIV. Pulisi Olèh Titik

14. Gambuh

1. wus kacrita ing dhuwur | yèn ing kono saya wuwuh rusuh | wong kelangan prasasat ing sabên bêngi | yèn awan disimpên wutuh | wêruh-wêruh esuk kalong ||

2. kocapa Truna Kêmplung | saya dadra gone maling mau | ora nampik duwèke wong sugih miskin | yèn dikira bisa entuk | bêngine mêsthi dicolong ||

3. barang colongan mau | sing pangaji larang-larang iku | jur diêdol mênyang Pak Cikrak sing mêsthi | dene sing wis ora payu | akèh sing banjur diobong ||

4. mangkono uwus guyub | sakancane maling-maling mau | anggêr olèh barang-barang kang pangaji | Pak Cikrak kang mêsthi nuku | ora nganti liya ing wong ||

5. mulane ora gumun | yèn pulisi rêkasa le ngluruh | awit barang-barang mau disimpêni | ora bisa mêtu-mêtu | liyane kang uwus kobong ||

6. kocap Pak Cikrak mau | saya suwe malah saya sêngkud | gone tuku nyang barang sing ora [o ...]

--- 44 ---

[... ra] apik | atine bangêt kalimput | nyang barang olèhe nyolong ||

7. wit murah gone nuku | yèn ditimbang rêga mau-mau | nalikane isih anyar sasat aming | rêga saparone iku | dadi bangêt gone mlorod ||

8. barang malingan iku | gone nyimpên wis masthi barukud | aja nganti konangan dening pulisi | najan sing wadon ora ruh | yèn Pak Cikrak kaya ngono ||

9. suwe-suwe anumpuk | kabèh iku barang bagus-bagus | gêlang kalung dinar-dinar lan pêniti | barang-barang iku mau | najan akèh ora didol ||

10. sire Pak Cikrak mau | barang iku disalini wangun | didandakke nyang kêmasan bène salin | wangunane mau-mau | yèn wis ngono najan didol ||

11. môngsa ana sing wêruh | awit barang mau ganti wangun | kaya ngono Pak Cikrak ênggone mikir | mula mêmpêng gone nuku | barang-barang lèhe nyolong ||

12. sarèhning uwong cukup | dadi ora ana sing anyêngguh | yèn anyimpên nyang barang colongan kuwi | awit saka gone utun | nyambutgawe gotong-royong ||

13. saya suwe Si Kêmplung | saya murka ora nrima pandum | sakancane kabèh padha diakali | pandumane ora cukup | ora urup gone nyolong ||

14. pama kancane mau | sing mêsthine bisa lèh sapuluh | kèh-akèhe diwènèhi mung saringgit [saring ...]

--- 45 ---

[... git] | mula kabèh padha gumun | atine padha marongkol ||

15. wêkasan ora guyub | ing saiki kocap Pakne Gabug | lan Pak Tlêmpik olèh akèh gone maling | dene barang-barang mau | sing akèh ajine didol ||

16. nyang wong sing gêlêm nuku | sabab ora ruh yèn barang mau | gone nyolong mula gêlêm anukoni | sing diwèhke Truna Kêmplung | mung sathithik tur mèh amoh ||

17. Si Truna ora wêruh | yèn kancane uwis ora guyub | barang mau sing amoh ya diobongi | sing rada apik dipupu | awit isih kêna didol ||

18. saiki gênti catur | kocap mau wong sing padha tuku | barang-barang nyang Pak Gabug gone maling | wong-wong mau ora wêruh | yèn iku olèhe nyolong ||

19. mula akèh sing gumun | dene bangêt têmên gone busuk | Pakne Gabug ora wêruh barang apik | saka gobloge Pak Gabug | dadi murah gone ngêdol ||

20. padha bungah kang tuku | barang apik murah lèhe nuku | mula kabèh kaya uwong ngêmaruki | gone ngèngsrèng barang mau | ora nganggo ewah-ewoh ||

21. kabèh ora sumurup | yèn sing dinggo iku sih diluru | ing pulisi kang padha alaku sandi | kang padha nyamar ing laku | wasana ana kêprêgok ||

22. panuju mlaku-mlaku | jur diêndhêg ing pulisi mau | ditakoni [dita ...]

--- 46 ---

[... koni] dene klambine kok apik | pira iku gone tuku | lan ngêndi gone sing adol ||

23. blaka gone sumaur | yèn dhèwèke tuku nyang Pak Gabug | pulisine gone takon nganti tliti | saksi-saksine diurus | lagi ngrasa kang tinakon ||

24. yèn kang dituku iku | gone nyolong mula bangêt gêtun | kok wêruha najan murah ora sudi | saiki wong wis kêbanjur | sêmbrana kaya wong anom ||

XV. Kêcêkêl

15. Sinom

1. sawuse olèh katrangan | bangêt bungahe pulisi | dene bisa olèh dalan | kang prayoga dilakoni | najan wonge kang maling | padha durung ditalikung | bisa olèh jalaran | kang gawe padhanging ati | mula kabèh pra pulisi padha lêga ||

2. mung kari golèk pawarta | Pak Gabuk ana ing ngêndi | yèn panggonane wis cêtha | bisa dang nyêkêl tumuli | pamikire pulisi | bokmanawa Si Pak Gabug | kang diluru wis lawas | yèn nyata mangkono mêsthi | bakal bisa agawe têntrêming desa ||

3. barêng wus olèh katrangan | gone Pak Gabug kang mêsthi | nuju ing sawiji dina | pulisi [pu ...]

--- 47 ---

[... lisi] padha nandangi | nyêkêl pak Gabug kuwi | kocap mau pakne Gabug | ayêm ana ing omah | ngombe wedang nyandhing cangkir | ora nyana yèn pulisi padha têka ||

4. dadi ora bisa polah | amung ngadêg pringas-pringis | mung nutut bae dibônda | ora nganggo buda-budi | barêng rampung diirid | ing pulisi atut pungkur | digawa nyang klurahan | akèh wong kang ngêtut buri | padha nonton nyang Pak Gabug kang dibônda ||

5. ana klurahan dipriksa | Pak Gabug wiwitan mungkir | nganti ana têlung dina | ora gêlêm angakoni | dhèwèke ngaku rêsik | maling ngutil ora tau | nanging barêng wis lawas | iya banjur angakoni | yèn dhèwèke kang maling ing kana-kana ||

6. Pak Tlêmpik minôngka rowang | pulisi nuli golèki | nanging ora dang kêcandhak | awit pakne Tlêmpik kuwi | karungu yèn pulisi | wis nyêkêl bapakne Gabug | dhèwèke nuli minggat | bablas lunga nyang parêsil | pamikire môngsa bisaa kêcandhak ||

7. pulisi ya ora wêgah | najan Pak Tlêmpik wis mlêncing | anuli olèh katrangan | dununge Pak Tlêmpik kuwi | ora lawas Pak Tlêmpik | dadi bandan ditalikung | tansah dadi tontonan | nganti têkan gon pêtinggi | ana kono dijaga kanthi santosa ||

8. dina-dina mung dipriksa | anggone nglakoni maling | lan anggone adol barang | iku didol mênyang ngêndi | akèh

--- 48 ---

sing diungkiri | mula ora enggal rampung | ngaku mung sawatara | sing liyane diungkiri | ning pulisi ora nrima yèn mangkana ||

9. panguruse kanthi sabar | mula tansah bola-bali | suwe-suwe iya blaka | yèn Truna lurahe maling | Pak Cikrak kang nukoni | iku wus prasasat bakul | kang kanggo ing jujugan | liyane Pak Cikrak kuwi | ora gêlêm yèn tuku barang malingan ||

10. yèn Pak Cikrak malah bungah | tuku barang ngono kuwi | wit yèn didol payu larang | akèh lèh-olèhe bathi | kaya mangkono kuwi | katrangane Pakne Gabug | Pak Cikrak dila-ala | lan rewange ora kari | kabèh mau ya padha diala-ala ||

11. pulisi atine lêga | lèh katrangan sing nyukupi | mung kari mikir Si Truna | rèhning iku lurah maling | kira-kirane mêsthi | bôngga yèn arêp ditlikung | pulisi golèk reka | sing kêpenak dilakoni | aja nganti ana kang nêmu cilaka ||

12. suwe anggone rêrasan | barêng rêmbuge wis gilig | nuju ing sawiji dina | ambênêri wayah bêngi | akèh para pulisi | sing arêp nyêkêl Si Kêmplung | barêng kabèh wis têkan | ing omahe Truna nuli | kang saparo ana kang jaga buritan ||

13. sêparo ing ngarêp omah | pêtinggi ing kono nuli | anyêluk marang Taruna | Truna enggal anyauri | dika mlêbu mariki | pêtinggi nuli malêbu | Si Truna anjanggirat | kagèt [kagè ...]

--- 49 ---

[... t] barêng ruh pêtinggi | kêdandapan nuli enggal-enggal nrajang ||

14. pêtinggine wis prayitna | enggal-enggal angendhani | Si Truna kêtatab cagak | mula bangêt muring-muring | pêtinggine dibithi | kêna wêtênge mak êbug | pêtinggi gêloyoran | kêbayane anulungi | enggal-enggal gone nyikêp Si Taruna ||

15. kêbayan dikipatêna | nganti tiba anjêmpalik | kamituwa nuli tandang | kênthèse dianggo gitik | garêse Truna nganti | mak kêpruk Si Truna ambruk | saking bangêt kêlaran | Truna barêng uwis eling | arêp malês ning wis dikrubut wong papat ||

16. arêp budi ora bisa | mula mênêng tanpa mosik | ulate banjur abiyas | lan bangêt gumun ing ati | dene para pulisi | banjur enggal-enggal wêruh | nyang wadine Si Truna | môngka gone nyimpên wadi | uwis primpên ora bakal yèn kawruhan ||

17. ing kono Truna rumôngsa | yèn sakèhing pra pulisi | ora kêna digêgampang | mangkono anggone mikir | Si Truna ditalèni | digawa nyang gon Pak Gabug | Truna bangêt le eram | dene Pak Gabug Pak Tlêmpik | kabèh mau wis padha dadi bêbandan ||

18. saiki kari Pak Cikrak | lan wong-wong sing mèlu maling | yaiku kancane Truna | durung dicêkêl pulisi | nanging iya tumuli | enggal gone nyêkêl iku | nuju sawiji dina | Pakne Cikrak ditêkani |

--- 50 ---

ing pulisi kang padha arêp anggledhah ||

19. Pak Cikrak kang ana ngomah | kagèt barêng ruh pulisi | nyipta yèn bakal cilaka | dicêkêl dening pulisi | saka bangêting wêdi | nganti ngoplok sikil kaku | pulisi mlêbu ngomah | kabèh banjur padha linggih | dèn mantrine ngandika marang Pak Cikrak ||

20. yèn arêp nyêkêl Pak Cikrak | Pak Cikrak mangsuli inggih | pulisi anuli gledhah | anggolèki barang bukti | kang padha disimpêni | ora suwe wis kêtêmu | anglumpuk sapanggonan | gone bangêt lèhe rêmit | kang anggledhah kabèh bangêt lèhe eram ||

21. andêlêng nyang kèhe barang | nganti pirang-pirang pêthi | watara ana sadhokar | kabèh nuli diusungi | Pak Cikrak ya dikanthi | nanging ora ditalikung | barêng têkan klurahan | wêruh Taruna galinting | enggal-enggal Si Truna banjur didhupak ||

22. Pak Cikrak calathu sugal | lah Truna mangkene iki | aku biyèn rak wis kôndha | marènana gonmu maling | kowe ora mraduli | malah aku jur kobujuk | nuku barang malingan | saiki mangkene iki | aku pisan rak bakal klêbu kunjaran ||

23. pulisi wis padha dhangan | kabèh uwis dicêkêli | najan kancane Si Truna | kabèh uwis dicêkêli | mung kari ngati-ati | jaga maling-maling mau | ja nganti bisa minggat | saka tahanan pulisi | mula lèhe anjaga bangêt santosa ||

24. Pak Cikrak ditahan [dita ...]

--- 51 ---

[... han] jaba | ditanggung dening pêtinggi | awit ora bakal minggat | wit abot karo sing kari | Pak Cikrak banjur mulih | turut dalan tansah bingung | mikir apêsing awak | pikire nganti kuwalik | têkan ngomah êluhe mijil tes-tesan ||

XVI. Saka Bangêting Susah

16. Mijil

1. kocap mau Bokne Cikrak mulih | saka gone dodol | awit banjur disusul anake | tur anggone kôndha kanthi nangis | kang wis klakon kuwi | dicritakke galur ||

2. Bokne Cikrak mèh-mèh ora eling | barêng krungu ngono | awit saka bangêt lèhe kagèt | ora wêruh yèn Pak Cikrak kuwi | mèlu-mèlu maling | kaya ngono iku ||

3. têkan ngomah wis ora mênangi | Pak Cikrak wis adoh | wis digawa nyang gone lurahe | mula amung nangis andrênginging | kaya bocah cilik | saka bangêt gêtun ||

4. barêng sore Pakne Cikrak mulih | sauwise ngaso | Bokne Cikrak atakon sababe | dene nganti dicêkêl pulisi | Pak Cikrak ngandhani | jalèntrèh aruntut ||

5. ing wiwitan nganti amungkasi | Bokne Cikrak alok | lah wong lanang dene nganti kasèp | gonmu anglakoni ora bêcik | biyèn [bi ...]

--- 52 ---

[... yèn] isih miskin | ora gêlêm mèlu ||

6. maling kaya ing saiki kiyi | barêng sugih melok | angrujuki wong ala lakune | lah kapriye polahmu saiki | kêcêkêl pulisi | apa ora gêtun ||

7. yèn cilaka sapa ta kang mikir | liyane wong loro | tôngga-tôngga môngsa ngrasakake | malah amung padha ngisin-isin | ora yèn nulungi | lumrah ngono iku ||

8. Pakne Cikra ora amangsuli | amung dhêlog-dhêlog | awit saka bingunging pikire | Bokne Cikrak tansah adrêmimil | clathu karo nangis | tansah sênggruk-sênggruk ||

9. nak-anake iya padha nangis | padha pating brêngok | saya jibêg Pak Cikrak pikire | wayah asar nuli klinting-klinting | nêre ora mêsthi | êndi kang dijujug ||

10. pikirane tansah molak-malik | bangêt gone cêlom | ora ana sing gênah pikire | ngalor ngidul mung judhêg kang ati | anggone mêmikir | pijêr ora gathuk ||

11. iya ora kêna diwaoni | gone bingung ngono | wong Pak Cikrak kuwe salawase | durung tau ditahan pulisi | mula tansah sêdhih | anane mung bingung ||

12. karo dene salawase urip | ora gêlêm awor | mênyang uwong kang ala atine | apa manèh kang dhêmên mêmaling | dilalah saiki | dadak kêna apus ||

13. Pakne Cikrak lakune mung rindhik | barêng têkan ênggon | sêpi ora ana

--- 53 ---

wong liyane | Pakne Cikrak duwèni pamikir | timbang aku urip | bêcik mati gantung ||

14. pama gantung iya yèn dang mati | piye yèn mangkono | luwih bêcik suduk slira bae | Pakne Cikrak nuli ngunus blathi | landhêp mingis-mingis | arêp dinggo nyuduk ||

15. ing awake bène enggal mati | nanging durung klakon | gone nyuduk tuwuh pikirane | kaya-kaya ana sing nuturi | aja anglakoni | tindak ngono iku ||

16. pamikire piye mau iki | pama sida klakon | aku mati jalaran mangkene | ora wurung dadi pocapaning | tôngga kanan kering | mungguhing patiku ||

17. karo manèh gonku bodho iki | nganti mèh kêlakon | amatèni nyang awakku dhewe | yèn mangkono mêsthi diarani | yèn ta aku iki | nyata uwong gêmblung ||

18. ora wêlas sapadhane urip | aja manèh nyang wong | yèn wêlasa wong awake dhewe | ora eman ora diwêlasi | kolu amatèni | awak dhewe iku ||

19. kaya ngono mêsthi pocapaning | tanggaku têparo | karo dene manèh pangirane | gonku nganti bisa dadi sugih | mung olèhku maling | mangkono le nyatur ||

20. karo dene pama aku mati | kapriye wong wedok | ing polahe lan anake kabèh | mung wong wedok môngka angopèni | cah samono kuwi | apa bisa cukup ||

21. pangiraku

--- 54 ---

mêsthi kaya kang wis | esuk sore mlompong | pamangane ya mung saanane | mêsthi kabèh bakal kuru aking | amung kari lung lit | mangkono kiraku ||

22. patrapku kang uwis klakon iki | arane gêblêgong | ya sing bakal klakon iki bae | bêcike ya kudu ngati-ati | aja kaya kang wis | iku patrap kliru ||

23. nganti aku kêcêkêl pulisi | marga saka bodho | kamelikan barang murah bae | kang nyatane bisa nyilakani | kaya ngene iki | malah gawe bingung ||

24. ing saiki kari angêntèni | sing bakal kêlakon | putusane pangadilan bae | mula bêcik aku enggal mulih | nuli mangkat mulih | ngungkurke gon mau ||

XVII. Prakarane Diurus lan Banjur Padha Diukum

17. Pangkur

1. kocap mau Si Taruna | sakancane kang padha ditalèni | tansah dijaga ing bau | gone jaga santosa | mula kabèh sabên-sabên bêkah-bêkuh | yèn bisaa arêp minggat | mulane atine sêdhih ||

2. ana kono tanpa kônca | dadi ijèn mulane wuwuh sêdhih | awit [a ...]

--- 55 ---

[... wit] ora bisa kumpul | saênggon karo kônca | pancèn kabèh dipisah bèn ora kumpul | siji ana gone lurah | Truna gon mantri pulisi ||

3. liyane ênggone upas | kabèh iku sing jaga ngati-ati | maling sing kêcêkêl mau | dina-dina ditanggap | nganti lawas ora bisa bisa putus | awit ora gêlêm blaka | isih pijêr mungkar-mungkir ||

4. apa manèh Si Taruna | ora gêlêm ngakoni gone maling | amung tansah mungkir têrus | nanging pulisi panggah | sabên dina bola-bali gone ngurus | najan mungkir ora wêgah | gone takon ditlatèni ||

5. mangkono uga Pak Cikrak | sabên dina prasasat ditimbali | ana ing kono didangu | gone atuku barang | Pakne Cikrak blaka gone gêlêm nuku | mung saka ngeman Si Truna | yèn kêcêkêl ing pulisi ||

6. mantri pulisi ngandika | ora ngeman patrap mangkono kuwi | malah angrujuki iku | marang karêpe Truna | wêkasane Taruna saya andlurung | gone maling saya dadra | ora wêdi ing pulisi ||

7. dene yèn kowe angeman | mêsthi ora ngono patrapmu kuwi | yèn ngemana kowe iku | Truna mêsthi kopênggak | aja nganti nglakoni mangkono iku | Pakne Cikrak matur ndara | kula mênggak sampun asring ||

8. Truna botên purun gêga | botên purun kèndêl anggène maling | nuju [nu ...]

--- 56 ---

[... ju] satunggiling dalu | Truna têng griya kula | kalih bêkta barang sal-angsale mandung | dhatêng kula angrêrêpa | supados kula tumbasi ||

9. dilalah manah kawula | têka mak nyut lajêng purun numbasi | nanging ing sadèrèngipun | barang kawula tumbas | anggèn kula manah-manah ngantos dangu | lan tansah srêngên mring Truna | anggèning tansah mêmaling ||

10. mantri pulisi ngandika | goroh bae kandhamu kabèh kuwi | nyatane kowe ya mèlu | maling kaya Si Truna | malah kowe dak anggêp lurahe iku | mulane ing kene rusak | marga saka kowe kuwi ||

11. kandhaku iki sanyata | sadurunge kowe gêlêm nukoni | barang gone maling mau | Si Truna rada sungkan | awit gone ora ana kang barukut | yèn kanggo nyingidke barang | ora kaya gonmu kuwi ||

12. ing gonmu kono santosa | mula barêng kowe gêlêm nukoni | Si Truna sangsaya sêngkud | suwe-suwe andadra | pikirane ora bakal yèn kêtêmu | pulisi môngsa wêruha | mêsthi ngono gone mikir ||

13. iku rak pikiran salah | najan gone dhêlikke luwih rêmit | pulisi ya bisa wêruh | kowe rak ya wis gênah | yèn ênggonmu iku ngluwihi barukut | nanging ya mêksa konangan | mula èlingana kuwi ||

14. dadi cocog lan bêbasan | ala katara wong bêcik kêtitik | yèn uwong ngèlingi iku | mêsthi wêdi nyang ala [a ...]

--- 57 ---

[... la] | lah saiki kapriye saka timbangmu | mungguh lakune Si Truna | gone kongsi dlurung kuwi ||

15. rak kowe dadi jalaran | Pakne Cikrak ora bisa mangsuli | awit wis angrasa luput | gone mêlasi Truna | wêkasane awake dhewe kalêbu | maling malah kanggêp lurah | panggêdhene maling kuwi ||

16. barêng rampung gone mriksa | kabèh mau wis padha angakoni | anuju ing wayah esuk | digawa mênyang kutha | ana kono prakara arêp diputus | barêng wis têkan ing landrad | nuli dipriksa taliti ||

17. siji-sijine prakara | wise rampung wong-wong kang padha maling | kabèh ya padha diukum | lawase ora padha | gone ngukum ana sing amung rong taun | ana sing ngluwihi lawas | ukuman rong taun kuwi ||

18. karo dosane bèn timbang | sing sathithik dosane ya mung thithik | Pak Cikrak iya diukum | mula atine susah | dene nganti duwe polah ora patut | karêpe nulungi Truna | wêkasan kêcêmplung buwi ||

19. Pak Cikrak rumôngsa tobat | aja nganti besuke anglakoni | kaya kang wus klakon iku | mèlu lakune Truna | najan dulur yèn pancèn tindake kliru | ora prêlu tinulungan | yèn dikanthi bilaèni ||

--- 58 ---

XVIII. Sing Kari

18. Kinanthi

1. saiki gênti anyatur | Bok Cikrak kang tansah sêdhih | anggagas marang sing lanang | wiwit kacêkêl pulisi | susahe ya ora suda | saya suwe saya sêdhih ||

2. wêkasan awake kuru | sakabèhe kang dipikir | karo ora doyan mangan | apadene wayah bêngi | ora bisa turu penak | kaya ngono sabên bêngi ||

3. nganti arang-arang turu | pijêr tansah angalisik | karo nyêbut-nyêbut Allah | nyuwun pangapuntên Gusti | bojo kula dang sagêda | luwar ditahan pulisi ||

4. marga saka susah iku | nganti lali angopèni | omahe karo dagangan | kabèh nganti pothar-pathir | saka kagawa ing susah | nyang mubarang kaya lali ||

5. isih Pak Cikrak diurus | ana ing dalême mantri | Bokne Cikrak tansah susah | nyipta bakal nêmu blai | ora wurung Pakne Cikrak | bakale kêlêbu buwi ||

6. susahe sangsaya wuwuh | atine akêtir-kêtir | awake sangsaya rusak | sasat kari balung kulit | pijêr-pijêr tansah ngêsah | kocap barêng wayah bêngi ||

7. Pak Cikrak digugah bau | kôndha sesuk ditimbali | nyang kutha mênyang ing landrad | Bokne Cikrak banjur nangis | sing lanang anuli [anu ...]

--- 59 ---

[... li] kôndha | lah ta bokne aja nangis ||

8. sanajan aku diukum | tegakêna rak ya uwis | sing wadon ora gunêman | amung tansah brêbês mili | môngka ta durung karuwan | diukum orane kuwi ||

9. wus kaya mangkono iku | mendah saiki le sêdhih | barêng krungu yèn Pak Cikrak | diukum ana ing buwi | gone ngukum nganti lawas | banjur jêlih alok mati ||

10. sanalika iku ambruk | malah banjur dadi gêring | anake padha tangisan | tanggane ing kanan kering | akèh sing padha anglayad | kabèh padha katon sêdhih ||

11. saya suwe saya sêru | larane Bok Cikrak kuwi | dhukune alunga têka | kabèh padha anambani | tambane ya warna-warna | nanging ora bisa mari ||

12. môngka dhukun-dhukun mau | kabèh iya diopahi | apêse rong wang sêgobang | mênyan madu ora kari | jambe suruh kudu ana | mangkat mulih disangoni ||

13. lan apa karêpe dhukun | iya mêsthi dituruti | slamêtan sasat bên dina | ora nganggo wigah-wigih | pancèn wong kêpengin waras | môngsa dadak eman dhuwit ||

14. najan kalonge sathekruk | mêsthi ya ora dipikir | mulane ya ora lawas | dhuwite êntèk barêsih | dadi anambahi susah | marga ora duwe dhuwit ||

15. lêkas kang mangkono mau | lêkase wong kurang pikir | bênêre rak nyang dhoktêran |

--- 60 ---

nyuwun tômba rak diwèhi | tur tômba saka dhoktêran | mêsthine ya luwih bêcik ||

16. sabab dhoktêr-dhoktêr iku | marang ing lêlara ngrêti | lan nambani iya bisa | mula kabèh iku wajib | yèn lara nyuwuna tômba | nyang dhoktêran luwih bêcik ||

17. wus kacarita ing dhuwur | larane Bok Cikrak kuwi | madal ing sakèhing tômba | ora lawas banjur mati | anake susah kapiran | ora ana sing ngopèni ||

18. sawise layon dikubur | saka karêpe patinggi | rèhning anake Pak Cikrak | ora ana sing ngopèni | dadi bojone Si Truna | sing dipurih angopèni ||

19. Bok Taruna iya rujuk | sabab anduwèni melik | mulane si bocah-bocah | gone susah ora mari | pijêr kèlingan wong tuwa | saka kapêgatan ing sih ||

XIX. Mêtu Saka Pakunjaran

19. Mêgatruh

1. gênti nyatur wong-wong sing padha diukum | luwih ngêrêse kang ati | dene anglakoni luput | ngungkurke ing laku bêcik | wêkasane ya kêblêgong ||

2. mula iku wajibe wong kudu anut | marang ing pitutur bêcik | lan nglakoni ati jujur | aja pijêr amuthakil |

--- 61 ---

gawe sangsaraning uwong ||

3. amung gêtun saikine kang tinêmu | dening wong kang laku sisip | dina-dina mung adus luh | gêtuni laku kang uwis | dene nganti klêbu grogol ||

4. kocap mau Pak Cikrak kang tansah gêtun | dene nganti anglakoni | melik barang ora patut | wêkasan kêlêbu buwi | kaya kang uwus linakon ||

5. barêng uwus mêtu le padha diukum | kabèh nuli padha mulih | Pakne Cikrak urut lurung | isine kêpati-pati | manawa nuju kêprêgok ||

6. nyang wong kang wus wanuh nyang Pak Cikrak mau | isin polahe kang uwis | lan isin awake kuru | sasat kari balung kulit | lan bawuk ora lumrah wong ||

7. gone kuru susah karo kurang turu | jalarane saka sêdhih | mula yèn nuju kêtêmu | nyang tanggane kanan kering | api-api ora wêroh ||

8. mula iku lakune tansah tumungkul | mangkono karo amikir | muga aja ana wêruh | tôngga-tônga kanan kering | gone têka saka grogol ||

9. barêng uwus têkan ing omah jur mlêbu | anake mara nangisi | ana sing karo angrangkul | kabèh padha pating jlêrit | jalaran eling nyang êmbok ||

10. Pak Cikrak mung dhêlog-dhêlog ngusapi luh | saka ngêrêse kang ati | karodene bangêt gumun | sing wadon ora nêmoni | apa lagi lunga dodol ||

11. bocah mau siji ora ana [a ...]

--- 62 ---

[... na] tutur | yèn êmbokne uwis mati | mung tangise saya sêru | Pak Cikrak calathu lirih | aja padha gêmbor-gêmbor ||

12. mênênga dhuk karêbèn sênêng atiku | lah êmbokmu ana ngêndi | anake ora sumaur | kabèh isih mêmbik-mêmbik | Pakne Cikrak amung mlênggong ||

13. manèh clathu êmbokmu nyang ngêndi gêndhuk | Si Cikrak nuli mangsuli | karo angusapi êluh | si êmbok wong uwis mati | Pak Cikrak sangsaya mlênggong ||

14. barêng ngrungu yèn sing wadon mati iku | atine sangsaya sêdhih | brêbêl wêtune kang êluh | kelingan kang uwus mati | lan kelingan kang wis klakon ||

15. iya iku nalikane durung cukup | dina-dina mung prihatin | saiki barêng wis cukup | sing wadon andadak mati | marga susah kang wus klakon ||

16. mula iku Pak Cikrak susahe wuwuh | malah ngungkuli kang uwis | nalika isih diukum | ana ing sajroning buwi | kaya kang uwus linakon ||

17. ora gumun yèn susahe saya wuwuh | jalaran sing wadon kuwi | gone sênêng durung tutug | wusana kasêlak mati | mula rumasa yèn bodhog ||

18. gone uwus tuku barang ora patut | cilakane anyênyangking | ing patine bojo iku | anake iya kêcangking | rêkasane mèlu gotong ||

19. mula iku atine saya kumênyut | kocap tôngga kanan kering | barêng kabèh padha ngrungu | yèn Pak Cikrak uwis [uwi ...]

--- 63 ---

[... s] mulih | akèh sing padha marono ||

20. gumarudug lanang wadon padha sêlur | lunga têka kang niliki | wong-wong sing tuwa dha tutur | Pak Cikrak dikon marèni | gone susah kaya ngono ||

21. gone bingung aja nganti yèn kêbanjur | amêsthi yèn ora bêcik | mula bêcike dilipur | pinupus yèn wus pinasthi | èlinga yèn isih ênom ||

XX. Pak Cikrak Rabi Manèh

20. Sinom

1. kocap barêng lawas-lawas | atine Pak Cikrak pulih | wis ora pati kèlingan | nyang sing wadon kang wis mati | anake iya uwis | rada lali nyang si biyung | kala-kala kèlingan | nuli brêl ambrêbês mili | iya ora anèh wong pancène trêsna ||

2. nanging rèhning rada lawas | atine ya banjur lilih | ora kaya dhèk samana | nalika ditinggal mati | angèl bisane lali | malah kaya arêp nusul | mèlu matia pisan | mangkono rasaning ati | awit saka kagawa aboting trêsna ||

3. ing saiki Pakne Cikrak | thithik-thithik wis miwiti | adol lênga kaya adat | nanging ora bisa mêsthi | bên dina kaya kang wis | dene gone ngono iku | sababe ora liya [li ...]

--- 64 ---

[... ya] | kajaba mikir sing kari | nak-anake nalika ditinggal lunga ||

4. gone padha ana ngomah | ora ana kang barêngi | bibèkne wis mulih lawas | nalika Si Truna mulih | luwar saka ing buwi | sababe Pak Cikrak mau | dodol mung kala-kala | kaya kang kacrita kuwi | jaba iku ora ana sabab liya ||

5. mung butuh sing tunggu omah | apadene angopèni | anak kang durung diwasa | mulane yèn angelingi | sabab mangkono kuwi | Pak Cikrak pikire banjur | arêp rabi bèn penak | dadi ana sing ngrumati | nak-anake apadene omah pisan ||

6. nanging pikire Pak Cikrak | iya yèn bojone kuwi | bisa angopèni omah | kaya bojone kang dhisik | karo manèh ngopèni | nyang anak-anake iku | yèn ora bisa bakal | gawe susah nyilakani | ora wurung wuwuh imbuh gone susah ||

7. mulane ya ora sida | gone arêp rabi kuwi | kuwati[2] yèn wuwuh susah | jalaran kakehan pikir | mulane ing saiki | gone dodol nêdya têrus | lumaku sabên dina | kayadene kang wis-uwis | cikbèn enggal pulih bandhane kang ilang ||

8. kocapa si bok walanjar | batine tansah kêpengin | yèn dirabia Pak Cikrak | awit Pakne Cikrak sugih | mula walanjar kuwi | sadina-dinane amung | godha marang Pak Cikrak | tansah [ta ...]

--- 65 ---

[... nsah] amêmanas ati | wira-wiri anglèdhèk marang Pak Cikrak ||

9. kocap barêng lawas-lawas | pikire Pak Cikrak klindhih | sida ngrabi bok walanjar | barêng wis klakon tumuli | dikon ngopèn-opèni | ngrumat barang-barang mau | apadene angrumat | nyang anake kabèh kuwi | karo manèh iya dikongkon dodolan ||

10. anjagal kaya Bok Cikrak | bojone sênêng kêpati | nanging barêng lawas-lawas | watake anuli salin | kaya kang uwis-uwis | yaiku eling nyang krêtu | ya nuli linakonan | dina-dina amung main | gone dodol mung disambi kala-kala ||

11. nyang kwalone iya wêgah | cêngkilinge saya dadi | bocahe kêrêp dipala | gone mangan dikurangi | mula cah-bocah kuwi | kabèh padha kuru-kuru | awake bangêt rusak | sasat kari balung kulit | mêsthi bae lah wong susah dina-dina ||

12. yèn Pak Cikrak ana ngomah | amêsthi yèn ora wani | ngêrêngi nyang bocah-bocah | main iya ora wani | rèhning Pak Cikrak kuwi | gone ana ngomah iku | racake mung sadhela | awit asar lagi mulih | saka dodol mulane ya ora gênah ||

13. mênyang kaananing omah | môngka ta bojone kuwi | yèn pinuju tinakonan | bab anak-anake mêsthi | kôndha yèn diopèni | ora blaka gone tutur | pancèn ya kaya ngana | yèn biyung kuwalon [ku ...]

--- 66 ---

[... walon] kuwi | kèh-kèhane mung gawe rusaking bocah ||

14. pancèn bojone Pak Cikrak | pintêr gone angapusi | yèn esuk budhal dodolan | awan thithik banjur mulih | Si Cikrak sing gêntèni | nutugke le dodol iku | dhèke sêlak bakaran | mulane kêsusu mulih | gone mulih nangguh sing lanang wis budhal ||

15. dina-dina mung mangkana | omahe ora dipikir | sanajan si bocah-bocah | iya ora diprêduli | bubare gone main | iku iya mêsthi nangguh | sing lanang durung têka | dene kang dikon ngratêngi | mung Si Cikrak yèn wus têka saka pasar ||

16. Si Cikrak uwis diwêkas | yèn bapakne anakoni | aja nganti kôndha blaka | gone dikon dodol kuwi | jalaran saka wêdi | dadi iya amung manut | ora manut dipala | mulane Si Cikrak wêdi | wêkasane ya mung manut saparentah ||

17. sapa ta sing ora wêlas | mênyang bocah-bocah kuwi | pangan kurang warêg pala | salah thithik ya digitik | utawa dipisuhi | diunèni ora patut | kang sarune kaliwat | mula bocah-bocah kuwi | ora bisa manis ulate bên dina ||

--- 67 ---

XXI. Wêkasaning Carita

21. Dhandhanggula

1. kaya apa wartane saiki | sing dha mêtu saka pakunjaran | Si Truna lan sakancane | kocap Si Truna mau | sauwise diukum kuwi | bangêt olèhe tobat | nganti turun pitu | aja nganti nglakonana | maling ngutil kaya kang wis dilakoni | ngono gone supata ||

2. Truna barêng têkan ngomah sêpi | omah suwung bojo ora ana | banjur takon nyang tanggane | kang nyang ngêndi adhimu | dene ngomah katone sêpi | apa lagi lêlungan | sing tinakon tutur | o dhi nyang gone Pak Cikrak | uwus lawas arang-arang gone mulih | mung tansah ana kana ||

3. uwong mau iya mituturi | sapungkure bapakne Si Cikrak | sing wadon dadi gêringe | larane saya nglayung | malah-malah kêbanjur mati | mula bojone Truna | kon ngrewangi tunggu | omahe bapakne Cikrak | lan ngopèni anake kang cilik-cilik | aja nganti kapiran ||

4. Truna ngrungu yèn Bok Cikrak mati | marga saka susahe kaliwat | Si Truna bangêt gêtune | rumôngsa gone luput | nganti bisa agawe pati | patine bokne Cikrak | wêkasan dipupus | yèn uwus karsaning Allah | si manungsa amung darma anglakoni | ngono pikire Truna ||

--- 68 ---

5. Si Taruna lagi mikir-mikir | arêp nusul wruh sing wadon têka | Si Truna bangêt bungahe | sawise padha lungguh | Truna lagi bisa mêmikir | kang bakal linakonan | apa dadi bakul | candhak kulak mênyang pasar | thithik-thithik anggêr bisa olèh bathi | kanggo pangan bên dina ||

6. lawas-lawas iya dilakoni | dadi bakul kulakan nyang pasar | lanang wedok nyambutgawe | bangêt olèhe utun | padha nrima bathi sathithik | anggêr ajêg bên dina | mêsthi bisa cukup | sing kanggo butuhing omah | dadi bisa ayêm rasaning kang ati | adoh mênyang kamurkan ||

7. barêng Truna gêlêm anglakoni | dêdagangan kang kaya mangkana | Pak Cikrak bungah atine | wêkasan Truna mau | dibandhani arupa dhuwit | dikon nganggo kulakan | kang kinira payu | lan bathine bisa murwat | Si Taruna barêng anampani dhuwit | bangêt anggone bungah ||

8. wise mulih nuli dilakoni | banjurake ênggone dodolan | dadi gêdhe dagangane | ora cuwa kang tuku | wêkasane ya dadi laris | kocapa lawas-lawas | Truna bisa cukup | ora tau kêkurangan | sandhang pangan malah nganti bisa luwih | bisa sênêng bên dina ||

9. dene Pakne Gabug lan Pak Tlêmpik | apadene rewange Si Truna | akèh sing wis padha lèrèn | gone nglakoni luput | malah kabèh padha nglakoni | nyambutgawe bên dina | kabèh

--- 69 ---

padha utun | mung Pak Tlêmpik pancèn mursal | ora gêlêm marèni anggone maling | malah saya andadra ||

10. ora gêlêm anglakoni bêcik | mulane ya ora nganti lawas | kêcêkêl pulisi manèh | iya banjur diukum | dikunjara kaya kang uwis | kocapa durung lawas | ênggone diukum | wasana kêcandhak lara | wêkasane banjur mati ana buwi | saiki kang kacrita ||

11. bojone Pak Cikrak ing saiki | saya dadi gone ngabotohan | mula iya padha êntèk | barang mêsthi yèn mawut | êntèk kabèh diênggo main | kocapa lawas-lawas | Pakne Cikrak wêruh | yèn bojone ora gênah | dhêmên main nyang bocah bangêt cêngkiling | lan ngêntèkake bôndha ||

12. Pakne Cikrak bangêt gone gêthing | nyang wong wadon sing kaya mangkana | mula sanalika kuwe | mênyang gone pêngulu | prêlu mêgat bojone kuwi | kocapa sing dipêgat | bangêt gone gêtun | dene tansah ngabotohan | wêkasane nêmu wirang ing saiki | lan nêmu kasusahan ||

13. Pakne Cikrak ora nuli rabi | najan rabi ya alon-alonan | dipikir dhisik bêcike | aja nganti kaliru | kaya kang wis kalakon kuwi | dene sing dikarêpna | sing atine jujur | lan kang bisa momong bocah | apadene kang gêmi lan kang tabêri | marang ing pagawean ||

14. rupa ayu ora

--- 70 ---

diprêduli | najan ayu yèn watake ala | ya ora sênêng dhèwèke | kaya mangkono iku | pamikire Pak Cikrak kuwi | kocap barêng wis lawas | iya bisa entuk | kaya kang dikarêpêna | mula nuli enggal-enggal gone ngrabi | bène ngopèni bocah ||

15. lan ngopèni barang-barang kuwi | dadi ora pijêr pating klêdhar | ora karuan dununge | lan bène bisa tungkul | gone dodol bên dina kuwi | awit yèn ora ngana | mêsthi pijêr kisruh | êndi kang amikir omah | apadene mikir anak kang sih cilik | mêsthi ora karuan ||

16. kocap barêng bojo anyar iki | Pakne Cikrak atine wis nrima | saka srêgêpe bojone | ora sênêng yèn nganggur | karo bocah bangêt le gati | mulane bocah-bocah | lêmu thipluk-thipluk | susahe wis ora ana | sêgêr waras sênêng-sênêng rina wêngi | slamêt têkaning tuwa ||

--- [I] ---

Isine

... Kaca

I. Wong miskin... 3

II. Pak Cikrak karo bojone... 6

III. Bok Cikrak angêdol pitike... 10

IV. Ngrêmbug kang bakal dilakoni... 14

V. Padha brayan nyambutgawe... 17

VI. Bok Cikrak wiwit kulakan... 20

VII. Truna Kêmplung... 23

VIII. Pakolèhe wong pêthêl... 27

IX. Pakumpulane wong ala... 30

X. Pak Cikrak dadi jagal... 33

XI. Ngêdum olèh-olèhan... 35

XII. Kêmelikan... 37

XIII. Sing kêmalingan lapur, pulisi golèk katrangan... 41

XIV. Pulisi olèh titik... 43

XV. Kêcêkêl... 46

--- [II] ---

XVI. Saka bangêting susah... 51

XVII. Prakarane diurus lan banjur padha diukum... 54

XVIII. Sing kari... 58

XIX. Mêtu saka pakunjaran... 60

XX. Pak Cikrak rabi manèh... 63

XXI. Wêkasaning carita... 67

Catatan kaki:

1. ora. (kembali)
ora.
2. kuwatir. (kembali)
kuwatir.