Pêjah Kawan Dasa Dintên, Wiarja, 1933, #1737

JudulCitra
Terakhir diubah: 29-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1091.

Pêjah Kawan Dasa Dintên

Anggitanipun Jayèng Wiharja

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [1] ---

Serie No. 1091.

Pêjah Kawan Dasa Dintên

Anggitanipun Jayèng Wiharja

Bale Pustaka - 1933 - Batawi Sèntrêm

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

1. Asmaradana

1. Sang Prabu Ludong siniwaka

1. kasmaran mangikêt tulis | tataning nawung gitaya | tan runtut kasusastrane | gumuna ambêg sarjana | kang wus kasup kasusra | nanging nalane balilu | lugu kalis ing piwulang ||

2. linawanan nênuwun sih | aksamèng pra kawi radya | kang mumpuni saliring rèh | rèhning arsa amarsita | carita nagri Cina | tangèh têmên kang tinutur | nging patut sinudarsana ||

3. kawarnaa duk ing nguni | wontên nagri gêmah arja | Korak luhuring kratone | ingkang jumênêng narendra | Sri Ludong julukira | ambêg palamartèng wadu | bèr budi bawalêksana ||

4. sang prabu dahat trêsna sih | mring garwa sang pramèswara | rèhning sangêt susilane | nanging cuwaning [cuwa...]

--- 4 ---

[...ning] wardaya | kang putra mung sajuga | wanudya ing warna punjul | măngka sêsêkaring pura ||

5. sru karaos jroning galih | ri ratri tansah duhkita | dening sang nata tan darbe | atmaja priya kinarya | calon gumanti nata | lastari kaprabonipun | tumurun darahing nata ||

6. tan pêgat dènnya mangèsthi | mêminta sihing jawata | jinurunga sakarsane | nanging kandhêg ing panêdha | dening wus praptèng yuswa | lăngka lamun antuk tuwuh | marma mung manggung mohita ||

7. têmah tajin dhahar guling | mung amêlêng jroning cipta | ajêg mêmuja tan lèrèh | ngruwat urubing angkara | ngêningkên păncadriya | amrih jumbuhing panuju | winêngan dening jawata ||

8. dene ta pamintèng batin | pinanjangna yuswanira | mrih sêmbada panêdyane | widada mijèkkên putra | kakung [ka...]

--- 5 ---

[...kung] ingkang kaloka | widagda umadêg ratu | sudibya sudirèng yuda ||

9. duk nèng madyaning sêmadi | katarima ing panêdha | jawata wèh wêwangsite | mangkana linging sasmita | hèh Prabu Ludong sira | pamintanira wus tamtu | kinarilan ing jawata ||

10. antuk wuwuh satus warsi | yuswanta nèng ngarcapada | katêkan karsanta kabèh | mangkono mau yèn sira | anduta mring Lokendra | sowan ngarsèng jawata gung | kang kawasa amisesa ||

11. têlas sasmitèng dewadi | sang prabu sigra alênggah | wus mudharkên sêmadine | nanging saya sangsayèng tyas | sanityasa mangraras | rarasing wasita wau | wêkasan nahên turida ||

12. suntruting wadana kèksi | kadyangganing tarulata | kang lêsah alum alêtèh | pramèswari duk uninga | wêluning jêng narendra | umarêk mara mangimur |

--- 6 ---

mangkana ing aturira ||

13. dhuh pukulun sri bupati | punapa paduka gêrah | mangke amba buratane | dene ta lamun duhkita | punapa kang daruna | punapa lêpat pukulun | gèn amba angladosana ||

14. amba nyuwun dèn jatèni | ywa kongsi kasêrêng duka | amba nyadhang aksamane | lan malih pamanggih amba | mênggah ta jêng narendra | wus wibawa jênêng prabu | ambawani wong sapraja ||

15. sagung sambekala kalis | lana waluyèng sarira | sêgêr sumèh andalongèh | sang nata aris ngandika | lah yayi pramèswara | ywa sira kaliru surup | piyarsakna sun carita ||

16. sun uga rumasa mukti | wibawa mêngku wasesa | sèsining nagara kabèh | sinêmbah-sêmbah pra wadya | sakarsa sinukarta | sumawana lamun ingsun | anyawang marang putranta ||

--- 7 ---

17. gênging tyas marwata siwi | sasat darbe mas sadonya | yèn wruh mring putranta kuwe | nanging durung marêm ingwang | dene tan pinaringan | momongan atmaja jalu | jênêng raja maksih cacad ||

18. wit sapa ta kang gumanti | anjêjêri jênêng raja | mêngku ing karaton kiye | kalamun ingsun wus mukswa | iya yèn putranira | pinêksa jumênêng ratu | tartamtu datan pitaya ||

19. lan manèh karaton iki | tan wurung winêngku ing lyan | kang mijèni praja kene | marma sun tansah sungkawa | mêminta mring jawata | antuk wasita linuhung | nanging ewuh linakonan ||

20. umatur sang pramèswari | paran ta ingkang wasita | amba yun miyarsakake | inggih manawi kewala | binuka ing wardaya | darapon manah winahyu | amba sagêd sung usada ||

21. usada

--- 8 ---

pambirat kingkin | panawar nalar mrih lêjar | tancêping cipta ywa mèncèng | sang nata lon sabdanira | mangkene kang wasita | hèh sira Ludong Sang Prabu | jawata tan kasamaran ||

22. pamintanira tinampi | winuwuhan satus warsa | yuswanta nèng jagad kene | nging sira kudu nyundaka | marang ngarsèng jawata | yèn têmên têmah kapanduk | ing sêdya sida sêmbada ||

23. sang dayita duk miyarsi | dahat rudahing wardaya | pakewuh wuwuh kawêkèn | dènirarsa umatura | rèh raras anglêngkara | puwara aris turipun | dhuh sinuhun pundhèn amba ||

24. punika gawat sayêkti | lăngka lamun kalakona | laladan langkung eloke | nanging nadyan makatêna | rèhning wasita tama | taman mokala tinêmu | wit wus dhawuhing jawata ||

25. tartamtu pikantuk margi | minggah dumugi [dumu...]

--- 9 ---

[...gi] kaswargan | datan kirang lantarane | mung mangke prayoginira | pasanga sayêmbara | wara-wara nèng lêlurung | mrih linarah ing akathah ||

26. dupi miyarsa sang aji | aturnya sang narèswara | ebah lêga panggalihe | kadi padhang anarawang | lêjar manggih pêpajar | anulya ngandika arum | iya yayi sun tarima ||

27. kaya karsanira yayi | muga dadia jalaran | manjinging panuwun kiye | mungguh pamataraningwang | benjing ing ari Soma | kewala sun arsa sung wruh | marang pêpatih nagara ||

28. miwah pra nayaka sami | dimèn padha miyarsakna | apa kang sun dhawuhake | lan para juru panitra | tuwin pra pramèng sastra | kabèh aywa sêlang-surup | amrih padha sumurupa ||

29. kocap wus prapta ing wanci | ri Soma ingkang kawahya | nata siniwaka andhèr [a...]

--- 10 ---

[...ndhèr] | ki patih munggwèng byantara | ing wuri pra nayaka | bupati arya tumênggung | urut traping lênggahira ||

30. sinambêt panèwu mantri | miwah dêmang kandhuruhan | răngga carik lênggah jèjèr | mangênjali jro sewaka | tan wontên kang tumênga | kapraban prabawèng prabu | kadya konjêm ing bantala ||

31. dhêdhêp tidhêm tan kumrisik | sewakanira pra wadya | balabar nyamudra lubèr | sang nata aris ngandika | lah ta patih wruhanta | marma siniwaka ingsun | ana wigatining karya ||

32. age dhawuhna tumuli | marang pra paramèng sastra | lawan juru panitrane | kinèn mangriptèng kintaka | têmbung cêkak kewala | tan pilih jalma kang wêruh | wêwarahira ponang srat ||

33. mrih warata sanagari | sinèlèhna kang prayoga | ing papan-papan kang rame | kèhing sêrat [sêra...]

--- 11 ---

[...t] wara-wara | mung gumantung ing sira | dene ta surasanipun | piyarsakna kang têtela ||

34. Prabu Ludong paku bumi | buwana talatah Cina | kawasa misesa kabèh | paring wruh mring pakênira | sagunging para wadya | jro praja miwah ing dhusun | gêng alit datan prabeda ||

35. sapa ingkang wani mati | warise sun anggêp kadang | tuwin agung ganjarane | bumi saparon nagara | tumêka turunira | antuk pakurmatan agung | ingugung dening narendra ||

36. rampung dhawuhnya sang aji | orêg bubar panangkilan | nata jêngkar sing dhampare | manjing jroning dhatulaya | ginarbêg pra parêkan | ki patih tandya adhawuh | mring para juru pangripta ||

37. kinèn tumindaka nuli | kadi dhawuhing narendra | para panitra rowange | mangkana cêkaking kăndha | nawala wus [wu...]

--- 12 ---

[...s] palastha | tinrap nèng têpi dalanggung | adhakan sabên wong wikan ||

38. warnanên wau ki patih | tanapi sagung pra wadya | samya kêmêng mêngêng tyase | dening tan wruh têgêsira | karsaning sri narendra | ginagas-gagas ing kalbu | nanging mêksa tanpa karya ||

39. têmah mung samya manganti | babaring kang sandi karsa | baya kapriye dadine | sanadyan para pangripta | kang wus mumpuni sastra | parandene tansah kuwur | bawur dhawuhing sri nata ||

2. Sinom

2. Dhukun nama Sinbin, mêjahi bojonipun

1. sigêg kang samya anggagas | mangkya kawarnèng kakawin | ing desa têpining praja | wontên jalma nama Sinbin | lan somah tanpa siwi [si...]

--- 13 ---

[...wi] | mung jalma kêkalih glundhung | sru atut runtutira | dènira alakirabi | sabên ari mung ngarah rêsmining manah ||

2. anggung dènira dêdana | wêlasan marang sasami | rujuk ing sakalihira | dènira karêm ambudi | dêdalan kang utami | ngudi kasidaning manus | ri ratri mung nalăngsa | dhatêng jawata linuwih | kang cinipta ing pati nêmua swarga ||

3. duk dhihin wus aran mulya | tan kirang sinandhang bukti | nadyan têdhaking asudra | nging rêmên mangulah ngèlmi | gêgulang mêmalad sih | gancang cancingan têtulung | miwah tan ngeman băndha | singa kang darbe pamurih | tinurutan sakarsa amung sinarah ||

4. tan pêgat atarak brata | mêmardi cipta kang wêning | ngêningkên pănca indriya | angkara rinèh mrih aris | marma wau Ki Sinbin | nulya aran kyai dhukun | kathah jalma kang prapta [pra...]

--- 14 ---

[...pta] | minta usadaning sakit | katarima sadaya têmah waluya ||

5. ki dhukun dahat kawêntar | wantêrira wèh usadi | sanadyan rogatiarda | minantran sakala mari | samana Kyai Sinbin | kadadak ing cipta muncul | arsa kesah lêlana | ngulati ngèlmu kang luwih | mrih sampurna ing kawruh aywa kuciwa ||

6. mring nyai nulya pamitan | wruhanira sira nyai | lawan aywa wancak driya | rèhning sun arsa lumaris | gatine yun ngulati | kawruh ingkang adiluhung | supaya lastaria | gèn sun têtulung ing jalmi | winantua wahyuning jawata mulya ||

7. sira karia nèng wisma | lulusna pakaryan mami | jêr sira uga tan beda | pralêbda asung usadi | Nyi Sinbin amangsuli | kula nêdya atut pungkur | arsa tumut ngupaya | raosing ngèlmi sajati | mrih turuta dadi rowang jêngandika ||

--- 15 ---

8. ki dhukun lon saurira | nyai aywa walangati | benjang yèn wus antuk karya | sira tamtu ngong tètèsi | dadi bisa patitis | ing panyipta kang pinuntu | bêcik sira nèng wisma | nampani tamu kang prapti | yèn suwunga mêsthi cuwa tamunira ||

9. lah ta nyai wis karia | ingsun wèh pudya astuti | Nyi Sinbin nauri sabda | kula manjurung basuki | mugi-mugi kiyai | angsala pitulungipun | jawata kang minulya | katêkana kang kinapti | patutira kyai aywa lama-lama ||

10. kyai dhukun sigra mentar | tambuh paraning panggalih | analasak wanawasa | nusup-nusup ing asêpi | tan liyan kang dèn èsthi | nulya antuka pituduh | kang murti martaning tyas | sanityasa andayani | mrih winahya wahyune nèng jagad raya ||

11. karaya-raya ngupaya | kawruh wêwadining [wêwadi...]

--- 16 ---

[...ning] budi | minăngka sarananira | dènnya têtulung mring jalmi | tan ngarah antuk melik | mung mangulah nala mulus | ki dhukun duk samana | ing cipta tan nêdya mulih | lamun durung antuk tuduhing jawata ||

12. cinêndhak kang andon lampah | wontên winurcita malih | jalma kêkalih durjana | prapta mring wisma Ki Sinbin | awit wus myarsa warti | lamun Kyai Sinbin dhukun | bèr budi tur wêlasan | ing sêdya arsa minta sih | supayane sinung boga busanarta ||

13. durjana kêkalihira | wus lami tan antuk kardi | marmane langkung sungkawa | tan ana ingkang binukti | tanapi anak rabi | wus sêpi ingkang pinuluk | nanging yèn winêcakna | kadi kang kawahyèng ngarsi | sumlangira tan agung pakantukira ||

14. milarsa angamandaka | enggale dènira prapti | minta sih pitulungira | rèhning ta arsa têtuwi |

--- 17 ---

lêlayaran lumaris | mring kadang kang lagya rapuh | ing sabrang wismanira | dahat dènira prihatin | mrih antuka arta sacêkaping beya ||

15. wus rampung pangarangira | wau kang durjana kalih | sigra-sigra lampahira | anjujug wismèng Ki Sinbin | dupi wus samya prapti | tan panggih lan kyai dhukun | nyi dhukun kang katingal | nulya aglis ngacarani | têmbungira kisanak kêkalihira ||

16. praptane arsa punapa | kyai dhukun lagya sêpi | wus lami kesah lêlana | kongsi sapriki tan mulih | lah kisanak kang prapti | prasajakna karsanipun | durjana wuwusira | mila kula praptèng ngriki | kusung-kusung amrih sinung sih wilasa ||

17. pan wus tinutur sadaya | kadi kang kawahyèng ngarsi | nyi dhukun dangu tan ngucap | lagya mèt wêninging pikir | nulya rum dènira ngling | lah kisanak kalihipun |

--- 18 ---

mugi aywa sandeya | angêgungna pangaksami | yêktosira kula datan darbe arta ||

18. nging kula asimpên brana | mung sapasang warni singsim | kisanak mugi parênga | nyade kewala prayogi | rèhning punika rukmi | pamatawis kula cukup | kinarya wragad lampah | suwawi andika tampi | singsim kalih mring durjana tinanggapan ||

19. anulya pamit umentar | wus rinilan mring Nyi Sinbin | durjana suka tyasira | cukakakan tanpa dugi | lampahnya murang margi | ngambah ara-ara samun | kalihnya pêplajêngan | saking sru arsayèng kapti | datan wikan kang singsim runtuh nèng marga ||

20. durjana cuwa ing driya | ingulatan tan pinanggih | têmah mung tinilar kesah | lampahnya rikat anggêndring | sakêdhap wus tan kèksi | tan dangu Ki Jaka Gundhul | nèng talun angèn menda | tumingal [tu...]

--- 19 ---

[...mingal] mring wau singsim | gya pinêndhêt arsayèng tyas tanpa pindha ||

21. rinubung ing rare kathah | prasamya ngiling-ilingi | rintik-rintik sastranira | ciri namanira Sinbin | nanging pra rare sami | tan wrin lamun mas linuhung | mung karya dêdolanan | gumyak-gumyak sukèng kapti | datan nyana yèn agung pangaosira ||

22. baya wus karsaning dewa | ki dhukun lagya lumaris | yun mantuk mring wismanira | duk praptèng talun umèksi | rare ngiling-ilingi | li-ali dènira nêmu | ki dhukun sru manabda | lah mara sun arsa uning | supenira saka ngêndi asalira ||

23. kang manggih mangsuli nabda | kula punika mung manggih | li-ali kuning sapasang | lah ta punika kang warni | sêsupe duk tinampi | ki dhukun kagyat andulu | nyata yèn singsimira | kang èstri kang nèng dariji [da...]

--- 20 ---

[...riji] | rare angon narima liniru arta ||

24. wus rinukti singsimira | ki dhukun laju lumaris | sanalika salin cipta | ngira lamun Nyai Sinbin | nèng wisma lampah sisip | murang marang rèh rahayu | sirna susilaning tyas | marma wau Kyai Sinbin | wus angrasa yèn bakal nêmu rubeda ||

25. ginêlak ing lampahira | datan kawarna ing margi | Ki Sinbin wus praptèng wisma | apanggih kalawan rabi | wuwusnya sru mawêngis | netrandik mêtu sêsumuk | hèh gêntho wadon sira | nyata sira tan wruh bêcik | ngicak-icak pancèn sira murang sarak ||

26. Nyi Sinbin duk amiyarsa | mulat mukanirèng laki | ing batin wus nyipta tiwas | katon runtiknya mawrêdi | wusana muwus aris | lah ta guru lakiningsun | yogya sabar ing driya | lungguha ing kene dhisik | piyarsakna

--- 21 ---

mêngko sun arsa carita ||

27. lagi watara rong dina | ana tamu wong kêkalih | wêca arsa nilikana | kadange kang lagya sakit | minta sih marang mami | arta kang kinarya sangu | wit akèh wragadira | jêr kanthi ngambah jaladri | datan ana karya beyaning baita ||

28. bangêt-bangêt ing paminta | sasat mêksa mrih sinung sih | rèhning ta kala samana | panuju kasêpèn picis | jalma kalih sun wèhi | sapasang li-aliningsun | ki dhukun nabda sugal | calathumu iku lamis | salawase wong salah ambuwang tilas ||

29. mêsthi sira nêmu siksa | pinidana mring dewadi | wong wadon nrajang pêpalang | baya sira bosên urip | Nyi Sinbin anauri | anênggak waspa tumungkul | dhuh kyai lakiningwang | muga dèn pitayèng ati | titènana lêlakonku duk ing

--- 22 ---

kuna ||

30. ingsun wiwit cilik mula | tan lali rèh silastuti | tata patrape mring priya | kaya tan nate salisir | kyai rak wis nyipati | kalakuan kang kapungkur | yèn pêngkuh ing panarka | nadyan ingsun praptèng pati | tan suwala ambelani tyas susila ||

31. ki dhukun manabda santak | iku ujare wong baring | kaparat kêna ing sibat | pantês mung sinêbit-sêbit | saksana wau Sinbin | nyandhak pêdhang gya ingunus | nyi dhukun tinêlasan | tanpa sêsambat ngêmasi | wus sampurna angungkurkên tri bawana ||

3. Pangkur

3. Kyai Sinbin lajêng edan, dumugi ing nagari lajêng kacêpêng, katur dhatêng ngarsanipun sang prabu

1. dupi rabi wus palastra | kyai

--- 23 ---

dhukun ing tyas saya prihatin | bawur katawur ing catur | caturing para jalma | kang mikani ing nalika wontên tamu | jalma kêkalih kang prapta | prasamya amêminta sih ||

2. ki dhukun karasa-rasa | somahira wus nyata datan sisip | pinidana tanpa dunung | têmah tumêkèng tiwas | marmanira poyang-paying tyasnya wuyung | rina ratri wêwayangan | kapêtêk putêking kapti ||

3. nutuh baliluning nala | tanpa bukti yèn ratri datan guling | galangsaran tanpa kusur | raga kari ragangan | bingung pêngung ngênglêng binglêng lir wong linglung | linali saya ngalela | elinge mring kang wus lalis ||

4. ketang ing sih trêsnanira | marang rabi kang tuhu sêtyèng ati | katon dènira gêgêtun | patinya pinitênah | tanpa dosa siniksa pakarti luput | labêt nuruti angkara | setan karanjingan [karanjing...]

--- 24 ---

[...an] dhêmit ||

5. ki dhukun tansah sêsambat | adhuh nyai apuranên wak mami | tan wurung sida kadarung | kadadak kadrawasan | tanpa pedah dadi titah kang tan patut | katut karan jalma murtat | pantês tumamèng yumani ||

6. ngong mutahkên gêtihira | rabiningsun kang dhasar tyase suci | cacad tiwas urip ingsun | dhuh dewa dhuh bathara | lah ta age banjutên bae wak ingsun | aywa kadawan wiyoga | tiwas anjêmbêri bumi ||

7. samarga-marga micara | wicarane wuwuh saya cariwis | kang dèn ucap rabinipun | mangkana jroning cipta | apês têmên dene ingsun sugih ngèlmu | kalingane tanpa karya | êndi ngèlmuku kang dakik ||

8. ngèlmu batin tanpa tuwas | nêniwasi wawasan kang cumawis | tan pisan dadya pitulung | mungkaring angkarèngwang | saupama si

--- 25 ---

ngèlmu gêlêm têtulung | tamtu malang wèh pêpalang | malangi wong mamrih lalis ||

9. wingi-wingi ingsun bisa | sung usada mring para nandhang agring | pagene mêngko nyêkukruk | sun dhewe katiwasan | ngèlmuningsun morat-marit êntèk larut | marang ngêndi paranira | dene kadibyanku gusis ||

10. sapa baya ambirata | sasat bisa wèh gêsang wong ngêmasi | kajaba mung jawata gung | kang ngruwat duhkitèng tyas | lăngka lamun ingsun bisantuk pitulung | kèhing gunêm tanpa guna | luwung sun anglalu lalis ||

11. kocap ki dhukun andadra | sêsirigan nèng lurung andalêming | nyêkakak gumuyu guguk | nulya nangis sêsambat | kang sinambat tan lèn amung rabinipun | aran wus edan kadadak | pamintanira mung mati ||

12. lampahnya praptèng jro praja | amacucu netranira

--- 26 ---

macicil | duk mulat nawala prabu | kang tumèmpèl ing papan | gya thinèthèl kanthi mathènthèng angguguk | ing cipta wus kabênêran | antuk marganirèng pati ||

13. prajurit juru pangrêksa | duk uninga mring jalma kumawani | mêndhêt undhangirèng ratu | nulya cinêpêng sigra | tinakenan têmêne yèn wani lampus | ki dhukun mèsêm tinanya | lêrês kula wani mati ||

14. ki dhukun binêkta sigra | mring kadhaton dèn irid ing prajurit | umajêng byantarèng prabu | sang nata sru kampita | sukèng driya duk uninga mring ki dhukun | awit nyipta antuk karya | kang dadya sarasèng galih ||

15. pandangunira sang nata | hèh ta jalma sapa sira kang nami | lawan ngêndi pinangkamu | de kumawani sira | angrêrusak nawala undhanging ratu | tamtu sira pinidana | sisip-sêmbir praptèng pati ||

16. Ki Sinbin gumujêng latah |

--- 27 ---

aturira dhuh gusti sri bupati | kawula Sinbin pukulun | jalma sing jawi praja | pan sumêdya nglampahi dhawuh pukulun | yêkti kawula tan selak | kadya kang kawahyèng tulis ||

17. tan nêdya ngalap ganjaran | wit kawula datan adarbe waris | mung mundhi dhawuh sang prabu | kawula tan lênggana | amung pasrah jiwa kawula pukulun | datan anggrantês samêndhang | dhasar kawula ulati ||

18. sang nata kacaryan myarsa | dening wontên jalma kang ambêg pati | mangkana sabda sang prabu | hèh Sinbin pakênira | sun tarima marga saka prasêtyamu | sèwu siji datan ana | wong wani kaya sirèki ||

19. lah ta Sinbin wruhanira | marma ingsun mundhut wong wani mati | sayêktine yun sun utus | marang ngendra bawana | sowan marang byantaraning jawata gung | minta titising sasmita | kang wus winangsit [winangsi...]

--- 28 ---

[...t] mring mami ||

20. sun pêpinta mring jawata | jiwanira manggiha swarga adi | papaning wong ati tulus | mulus rila lêgawa | wis ta Sinbin sira lèrèna rumuhun | ing benjang enjang kewala | kalakone karsa mami ||

21. hèh prajurit jagakarya | umatura mring patih sun timbali | marêka mring ngarsaningsun | karana ana karya | kang dinuta prajurit umentar gupuh | enggal praptèng kapatihan | umatur wosing tinuding ||

22. ki patih nulya busana | sigra mêdal umarêk mring ngarsa ji | manjing jroning pura agung | duk praptèng ngarsa nata | gya dinangu apa patih wus angrungu | wartaning prajurit jaba | kang ngrêksa nawala aji ||

23. ki patih nêmbah wotsêkar | dhuh pukulun gusti sang sri bupati | pun patik tadhah bêbêndu | dening dèrèng miyarsa | wartosira nawala undhang pukulun [puku...]

--- 29 ---

[...lun] | pamanah kawula lăngka | jalma ingkang purun lalis ||

24. kajawi pêjah papêksan | yèn makatên sagêd enggal amanggih | wit ngatasing wong puniku | uripnya dèn man-eman | cihnanira nadyan jalma kang wus sêpuh | lamun sakit ingusadan | mamrih waluyaning dhiri ||

25. jalma malarat têmporat | suprandene lamun pinurih lalis | ginanjara jagad têlu | kawula dèrèng wikan | ingkang purun kajawi lamun katrucut | karana nadyan wus wrêdha | sirik nilar lêgi gurih ||

26. nanging rèhning ngalam donya | warni-warni kathah tekading jalmi | wontên ugi purun lampus | mung anak putunira | anggêr mulya tan sangsara uripipun | makatên kintên kawula | mêksa maksih dèn singkiri ||

27. gumujêng sang sri narendra | iya patih ujarira sayêkti |

--- 30 ---

datan nalisir sarambut | nanging ta wruhanira | jagad jêmbar ginêlar luwih ngêlangut | ana kang nyêbal ing lumrah | têtêp wong tega ing pati ||

28. jalma kang nèng wurinira | lagya nêdhêng têngah tuwuhing wanci | arane Sinbin Ki Dhukun | wisma jawining praja | tanpa waris parandene wani lampus | lah ta sapa kang ginanjar | jêr tan anduwèni waris ||

29. ki patih nolih mring wuntat | aningali mring warnanira Sinbin | dahat ascaryèng tyasipun | wusana lon turira | botên lêpat unjuk kawula pukulun | wit jêmbar-jêmbaring jagad | wontên kang anjarag pati ||

30. kawula tadhah dêduka | ing samangke rèh sampun antuk margi | paran ta karsa pukulun | sang prabu nambung sabda | lah ta patih iya saka karsaningsun | linakon benjang kewala | mirantia kang prayogi ||

--- 31 ---

31. bêcik yèn ing kapatihan | wêngi iki bujana sawatawis | măngka urmat mring ki dhukun | kêpyakna para wadya | karsaningsun kang bakal linakon sesuk | lawan sira sadhiyaa | tabêla candhana adi ||

32. kabèh sapirantinira | amundhuta sêmăngka jingga siji | dimène kinarya sangu | lawan minăngka cihna | yèn ki dhukun sanyata utusan ingsun | lah ta wis patih mundura | kanthinên iki Ki Sinbin ||

4. Kinanthi

4. Ki Sinbin dipun pêjahi wontên ing kadhaton

1. ki patih nêmbah wus mundur | lèngsèr sing ngarsa narpati | Sinbin umiring nèng wuntat | tan dangu nulya glis prapti | ing jro pura kapatihan | satata dènira linggih ||

2. saksana ki patih dhawuh |

--- 32 ---

nimbali wadya gêng alit | kinarsakakên bujana | caraka mêsat lumaris | angundhangkên dhawuh nata | warata anyandikani ||

3. dalêm kapatihan umyung | ramene kang para abdi | tata-tata papanira | sakêdhap samêkta sami | dhasare ing kapatihan | pirantinira mêpêki ||

4. kathah sadaya lus-alus | gagragira anèh pèni | tan wontên kuciwanira | winor pêpasrènira sri | pandhapa padhang gumêbyar | tan măntra-măntra yèn ratri ||

5. ing kapatyan tan cinatur | warnanên para priyayi | usrêg sami sêmu suka | busana maneka warni | sadaya ngadi sarira | tan wontên kusut sadêmi ||

6. tangèh yèn winarnèng wuwus | ucaping para priyayi | kocap sagung para wadya | sadaya pan sampun prapti | pêpêk aglar nèng kapatyan | wus samya atata [ata...]

--- 33 ---

[...ta] linggih ||

7. anggêlêng golonganipun | miturut lênggahing kardi | bupati tumênggung arya | mung kalih larap linarik | panèwu mantri myang răngga | rêgêng balabar ngèbêki ||

8. ki patih ngandika arum | punapa sampun mêpêki | pra kănca ingkang sumewa | kula arsa tur upaksi | timbalanirèng narendra | duk siyang kula sumiwi ||

9. dhawuhira jêng sang prabu | kula kinèn animbali | para priyayi sadaya | gêng alit aywa na kari | pinurih kêmbul bujana | nèng ngriki prêlu ngèstrèni ||

10. gyanira arsa angutus | pun Sinbin dhatêng swarga di | lah punika warninira | tiyang kang tega mring pati | tan nêdya ngalap ganjaran | jêr tan andarbèni waris ||

11. lamun pinikir saèstu | punapa ingkang kinapti | kadi pun Sinbin punika | têka amilalu lalis | baya kambah ing rubeda [ru...]

--- 34 ---

[...beda] | kang dahat ambêbayani ||

12. jatine jalma puniku | yèn tan kapêtêk sayêkti | duhkita kang tanpa têpa | pêpêt wus puput ing budi | darapon cupêt ing cipta | têmah kèh kang nganyut pati ||

13. dhawuhira sang aprabu | sadaya para priyayi | benjang wanci jam sadasa | tinimbalan mring ngarsa ji | supadi sami uninga | dhatêng tumindaking kardi ||

14. pra priyayi saur-manuk | sandika dhawuh narpati | samya sung pangalêmbana | lêgawanira Ki Sinbin | bisa wèh trênyuhing driya | ginagas ngêrês-êrêsi ||

15. ing antara dèrèng dangu | anulya sugata mijil | nutug dènira bujana | tuwuk dènnya samya bukti | samana wus praptèng wayah | pra wadya bibaran sami ||

16. warnanên ing dalu wau | Ki Sinbin kinèn aguling | nèng jro jinêm wangi pelag | rinêngga-rêngga sarwa sri |

--- 35 ---

nging Sinbin tan nêdya nendra | mung eling rabi kang lalis ||

17. osiking tyas wus kasusu | ngajap tumulia enjing | tekad kang nêdya antaka | mrih ywa kasuwèn manganti | mênèk nulya salin cipta | têmah amurungkên kapti ||

18. wuwusên wus bangun esuk | swaraning pêksi kapyarsi | gagak munya ngantak-antak | lir minta tibaning pasthi | kuthilang lir amêmalang | malangi kang arsa lalis ||

19. kabarung swarèng kutut gung | kudhasih angasih-asih | ngêsah ing nala nalăngsa | sêsambat sêmu nglabuhi | pênthèt mêthal lawan rowang | estha tan tahan umèksi ||

20. marang risang ambêg lampus | wuwusên wau Hyang Rawi | wus kawuryan prabanira | kawaranan ima nipis | rumamyang pindha pradipta | satata duhkitèng kapti ||

21. kunêng wau jro kadhatun | wus aglar para priyayi | wurining mantri wasesa | ki

--- 36 ---

dhukun munggwèng ngarsa ji | supênuh wus tanpa sêla | sêpi sabawèng sumiwi ||

22. samya lênggah marikêlu | yayah konjêm ing pratiwi | mangkana sang sri narendra | wus pratisthèng dhampar rukmi | badhaya manggung pawongan | ngayap wurining narpati ||

23. sang aprabu sigra dhawuh | lah ta pakênira Sinbin | tumulya ge malêbua | mring papan kang wus miranti | rèh wus dadi karêpira | sun kabèh padha ngamini ||

24. tan ngucap Sinbin wus malbu | manjing mring kobongan adi | punggawa Singanagara | nèng bilik wus samya cawis | samana dhawuh narendra | kinèn anglarih tumuli ||

25. Singanagara agupuh | tumandang nuwêki Sinbin | rah sumêmbur tanpa sambat | Ki Sinbin wus angêmasi | giris ing tyas para wadya | amboyong layon mring puri ||

26. nulya sinucenan sampun | binusanan sarwa putih | linapis-lapis [li...]

--- 37 ---

[...napis-lapis] ing sutra | abrit biru ijo kuning | kunarpa glis tinabêla | linuruban tan kinancing ||

27. sajroning tabêla sinung | sêmăngka jingga sawiji | nanging wujud wus sinigar | dhawuhira sri bupati | lah ta iki sangunira | gawanên praptèng swarga di ||

28. tabêla pinrênah sampun | anèng samadyaning puri | dupi sampun paripurna | sang nata ngandika aris | lah ta patih pakênira | lan para wadya gêng alit ||

29. sabên ratri kudu tugur | malêbu sajroning puri | aywa na kang kongsi towang | mangantia dhawuh mami | ingsun anglilani sira | mèt sênêng ing sawatawis ||

30. kinarya sambèning lungguh | minăngka panyêgah arip | dadi tan karasa sayah | dènira tugur mring puri | pra wadya saur-kukila | sandika dhawuh sang aji ||

31. nulya ngadhaton sang prabu | wau ta sang nindyamantri | lawan [la...]

--- 38 ---

[...wan] sagung para wadya | tugur lir karsa sang aji | kathah sami among suka | nutug-nutug sabên ratri ||

32. sang prabu tansah anggêntur | manungku puja sêmadi | mrih katêkan karsanira | kadi kang kawahyèng ngarsi | sumawana pramèswara | nyarkara pudya astuti ||

5. Dhandhanggula

5. Ing kadhaton tuguran kawan dasa dalu. Sinbin sumêngka dhatêng pangayunaning jawata. Dèwi Sêkar Kadhaton seda

1. kunêng wau salêbêting puri | ramenira kang samya tuguran | kocap sang prabu ing mangke | wus praptèng mangsanipun | amirêna mudhar sêmadi | lan wus antuk wasita | sing dewata luhung | katurutan karsanira | wêwah malih yuswanira satus warsi |

--- 39 ---

têmbe antuk nugraha ||

2. putra kakung warnanira pêkik | sagêd madêg nata binathara | gumantyèng rama pamase | wit duta wus sumungsung | yitmanira malbèng swarga di | panggih lan pêpatihnya | jawata linuhung | Sinbin dinangu saksana | lah ta paran karanane sira wani | munggah mring swargaloka ||

3. Sinbin matur adhuh jawata di | marma ulun sumêngkèng kaswargan | dados duta sayêktine | nênggih ingkang Sinuhun | Prabu Ludong nataning bumi | sowan dhatêng Lokendra | panggih jawata gung | ambêkta cihna sêmăngka | wosing sêdya ulun sumanggèng dewadi | tamtu tan kêkilapan ||

4. patih dhawuh lah ta sira Sinbin | ngantènana ing kene kewala | sira bakal sun turake | mring ngarsèng jawata gung | mêngko sira bakal nampani | dhawuh ingkang sanyata | sabara rumuhun | mangkana patih wus [wu...]

--- 40 ---

[...s] musna | sumêngka mring byantarèng jawata luwih | dumrojog nèng ngayunan ||

5. gya umatur ngarsèng jawata di | lamun wontên yitma nêmbe prapta | kang dèrèng têtêp etange | măngsa praptaning lampus | jêr dinadak dinuta dening | Sang Ludong Sri Narendra | sowan mring swarga gung | mangkana dhawuhing dewa | lah ta iya samêngko glis kinèn bali | ywa kasuwèn nèng swarga ||

6. patih wangsulan Sinbin wus panggih | wruhanira sira ge balia | aywa kasuwèn nèng kene | dene Sri Ludong Prabu | wus rinilan dening dewadi | kang dadi sêdyanira | mring dewa jinurung | Sinbin dèrèng arsa mentar | emut marang rabinira kang wus lalis | tandya lon aturira ||

7. pan ing mangke kawula pribadi | arsa panggih lan rabi kawula | kang wus murud radi suwe | patih umêsat sampun | nèng byantara matur dewa

--- 41 ---

di | pun Sinbin kalilana | panggih rabinipun | mangkya dhawuhing jawata | ya kalilan nanging aywa kongsi lami | nulya tundhungên sigra ||

8. dhinawuhkên hèh ta sira Sinbin | wus kalilan têmu rabinira | nanging datan kêna suwe | payo sira sun tuntun | gya umiring wau Ki Sinbin | wus panggih rabinira | jênak anèng ngriku | tan dangu pêpatih prapta | gya angatag Sinbin pinrih aglis mulih | nging mopo datan arsa ||

9. aturira kawula tan bali | wus sakeca nèng ngriki kewala | awor kalawan rabine | kawula purun wangsul | yèn kaparêng sarêng pun rabi | dhawuhirèng jawata | kalilan sirèku | bali marang ngarcapada | lawan rabi nanging tan bisa tut wuri | antarakna samatra ||

10. dupi sampun kawan dasa ratri | jroning pura dènira tuguran | gar-gêr sanityasa rame | wuwusên sang

--- 42 ---

aprabu | miyos lênggah nèng dhampar rukmi | pra wadya samya ebah | sumiwi mabukuh | tidhêm tan wontên sabawa | duk samana sampun wanci madya ratri | sadaya sru kampita ||

11. myarsa swara anggêrêng lir agring | prênahira anèng jro tabêla | prasamya dinêlingake | datan antara dangu | mak galodhag mênga kang kori | Ki Sinbin gumaregah | tangi nulya lungguh | kadi sêsêg uswanira | kêthip-kêthip netra mandêng mring sang aji | tanapi sanggyèng lênggah ||

12. samyanjêngêr dènira umèksi | dangu datan nyêlaki tabêla | kadya kalimput angêne | mandongong dènnyandulu | mring warnanya wau Ki Sinbin | netra gêrong kalihnya | kêmpot pipinipun | cahya ilang lir daluwang | katon putih untunira amaringis | kang iga gêgambangan ||

13. raga kari

--- 43 ---

balung lawan kulit | datan ngucap amung kêcap-kêcap | akêthap-kêthip netrane | sang prabu nulya dhawuh | para wadya kinèn nyêlaki | saksana para wadya | samya sarêng maju | ki patih angampil tirta | Kyai Sinbin nulya inginuman warih | glêgêg têlas sagêbyas ||

14. Kyai Sinbin wusnya nginum warih | sêgêr sumyah sarira tan lupa | nulya pinisalin age | busana agêm prabu | saking dahat trusthaning galih | agêng sasat saarga | wau ta winuwus | Ki Sinbin wus bangkit ngucap | gya rinămpa mring sagung pra wadya aji | ngancaran lênggah jajar ||

15. tanpantara pinaringan bukti | kêmbul lawan pra wadya narendra | gumêrah swara arame | samya ngungun jro kalbu | dening lăngka elok kapati | lêlakon lir punika | de jalma wus lampus | jroning kawan dasa dina | têka sagêd wangsul kadya wingi

--- 44 ---

uni | gêsang tanpa sinăngka ||

16. wusnya rampung dènnya samya bukti | gya linorod ponang dhêdhaharan | Sinbin wus pinrênahake | munggwèng byantarèng prabu | kinèn matur wosing tinuding | Sinbin umatur sigra | pukulun sang prabu | nguni ulun wus tumindak | cinundaka sumêngka praptèng swarga di | inggih manggih raharja ||

17. dene patrap gèn ulun sumiwi | mung lumantar pêpatih kewala | ulun tan mulat citrane | mring Hyang Jawata Luhung | duk dinangu ingkang wigati | ulun matur prasaja | dadya duta prabu | Sri Ludong nata ing Cina | kinèn marêk dhatêng ngarsaning dewadi | sinangonan sêmăngka ||

18. wosing karsa kawula datan wrin | hyang jawata tartamtu tan samar | marma mung nyumanggakake | musna datan kadulu | sang pêpatih tan dangu prapti | ulun kinèn wangsula |

--- 45 ---

dhatêng dunung ulun | anênggih ing ngarcapada | tan kalilan kadangon anèng swarga di | ulun nulya tumêdhak ||

19. pinaringan dhawuh mung sakêdhik | lamun karsanira sri narendra | mring dewa pinarêngake | winuwuh satus taun | panjangira yuswa sang aji | tuwin benjang pêputra | kakung bagus lurus | kaloka kajana priya | ingkang badhe gumantos kaprabon aji | ing tlatah nagri Cina ||

20. pan anjêngêr sang nata duk myarsi | dhatêng Kyai Sinbin aturira | tambuh bingah ing galihe | anulya ngandika rum | lah ta patih lan pra prayayi | kabèh wus padha myarsa | lan padha andulu | mring Ki Sinbin ananira | yèn ginagas têkan gaduking pamikir | aran maksih nglêngkara ||

21. balik ana ingkang angalami | sira kabèh wêruh purwanira | nunggoni têkèng samangke | pitayanira [pitayani...]

--- 46 ---

[...ra] tamtu | mring nyatane lêlakon iki | nanging pangiraningwang | wong kang mau tan wruh | wiwitan wêkasanira | nora gampang pinrih ngandêl jroning ati | andêle andaleya ||

22. angarani carita cariwis | sayêktine nyêbal saking nalar | mokal ing akal têgêse | nadyan pra pramèng kawruh | kang mêruhi tataning pati | patitis mring kasidan | prandene tan wurung | kodhêng ing pandhapukira | ananging ta rèhning kabèh pra priyayi | samya darbe pangrasa ||

23. rasakêna kang pantog sayêkti | aywa kêmba dènira anggagas | mrih sêmbada pamanduke | awit mungguhing ngèlmu | sangkan paranirèng dumadi | sanadyan dèn budia | kongsi thiklu-thiklu | durung bisa marêm ing tyas | salawase maksih tansah mosak-masik | kèh kandhêg nèng wicara ||

24. wola-wali

--- 47 ---

wêwulang malangi | laku ala iku lumuhana | ywa kongsi sasar sêdyane | nging ala bêcik iku | sajatine wus sun darbèni | mung kari dèn araha | rahayuning laku | alaning laku punika | têtelane yèn karya pitunèng jalmi | ing lair batinira ||

25. marma sira yogya anglakoni | têpa-têpa padha tinêpusa | lawan awakira dhewe | iku wus aran punjul | tanpa ngèlmu kang dakik-dakik | kang ngrusak rosing rasa | ambêbidhung kalbu | mung anggêr sira suminggah | marang karya kang sira dhewe wus uning | lumuh lamun kataman ||

26. kawuwusa wau sri bupati | lagya eca amêdharkên sabda | kagyat myarsa panjêrite | swara rame gumuruh | prênahira ing kênyapuri | tan dangu wontên duta | praptèng ngarsa prabu | tur uning lamun sang rêtna | putri nata anèng jroning tilamsari [tila...]

--- 48 ---

[...msari] | seda tanpa karana ||

27. sigra têdhak dhatêng kênyapuri | sri narendra miwah para wadya | gumrubyug angorêgake | kabèh sining kadhatun | ting jalêrit ngebat-ebati | ngrêrămpa mring sang rêtna | sarwi karuna sru | nata kèmêngan ing driya | nênggak waspa ketang trêsnanirèng siwi | lir mas kentar ing toya ||

6. Maskumambang

6. Dèwi Sêkar Kadhaton sugêng malih, lajêng dhaup kalihan Sinbin

1. pramèswara karuna kawêlas asih | waspa drês marwayan | yayah kadya milu lalis | satêmah kantêb kantaka ||

2. pan rinămpa rinapu-rapu tan rapih | kinonyoh usada | binurat wêwida wangi | winungu-wungu mring nata ||

3. nanging mêksa pramèswari tan ngalisik | lir kelangan yitma |

--- 49 ---

cahya kang mancur nêlahi | sirna sinêrang maruta ||

4. êmban inya nglêlipur swara ngrêrintih | dhuh jêng pramèswara | nulya wungua dèn aglis | sinuhun turida brata ||

5. gusti-gusti gustiku jêng pramèswari | ywa kapati nendra | rakanta jêng sri bupati | ngêntosi wungu paduka ||

6. tan kinocap tangising wong dalêm puri | karya angrêsing tyas | puwara jêng pramèswari | pungun-pungun wungunira ||

7. duk alênggah mulat mring putra sang dèwi | kang agilang-gilang | kunarpa glis dèn rungkêbi | pamuwunira mlasarsa ||

8. amung sira mêmaniking tingal mami | wis nini wungua | aywa sira manggung guling | ibunta tansah sungkawa ||

9. datan bêtah sun pisah lan sira nini | lamun sira tilar | tan wurung ibu ngêmasi | binanjuta mring jawata ||

10. para wadya sadaya wêlas ningali | mring sang pramèswara | sumawana [su...]

--- 50 ---

[...mawana] mring sang aji | kang tan pêgat nênggak waspa ||

11. piniluta pinèt panujuning galih | nging mêksa tan rêna | tan mêndha ingarih-arih | rinarêpa sayandadra ||

12. kyai dhukun gya majêng sarwi wotsari | dhuh jêng sri narendra | miwah jêng sang pramèswari | ywa dahat duhkitèng driya ||

13. awit ulun inggih sagah ngusadani | mrih nulya waluya | purna lir duk wingi uni | mugi kèndêla karuna ||

14. marmanira Ki Sinbin sru kumawani | matur ngarsèng nata | wit antuk parmèng dewa di | rabinya yun winangsulna ||

15. dhuh sinuhun ulun arsa anênggani | sang prabu jêngkara | ywa têbih-têbih sing ngriki | mrih samya amikanana ||

16. duk samana kunarpanira sang dèwi | mring Sinbin tinênggan | sarwa muja mring dewa di | rabi sigra winangsulna ||

17. tanpantara dangunya dènnya nênggani | yitmèng [yi...]

--- 51 ---

[...tmèng] rabinira | Sinbin anulya umanjing | mring angganing putri nata ||

18. anjanggirat lir kagyat wungu sang dèwi | gègèr swarèng wadya | gita dènira nyakêti | sang nata tanapi garwa ||

19. samya ngrangkul lungayanira sang dèwi | samya nênggak waspa | kasok trusthanirèng galih | tan siwah kang para wadya ||

20. angandika wau jêng sri narapati | patih pakênira | lan kabèh para priyayi | balia mring papanira ||

21. mêngko ingsun arsa paring dhawuh malih | wigatining karya | kang bakal linakon malih | lah ta padha kapenakna ||

22. para wadya prasamya wangsul tumuli | mring dununging lênggah | kanthi arsayaning galih | ngarsa-arsa dhawuh nata ||

23. sri narendra maksih anèng kênyapuri | jêng sang pramèswara | katiga sang rajaputri | apratisthèng kursi dênta ||

24. Kyai Sinbin maksih

--- 52 ---

marêk nèng ngarsa ji | sang prabu ngandika | lah ta yayi pramèswari | mungguh saka karsaningwang ||

25. piyarsakna benjang ari Wrahaspati | iya putranira | ingsun dhaupkên lan Sinbin | awit wus dadi ubaya ||

26. sarta ingsun ganjar sasigaring nagri | kalawan winênang | jênêng pangeran dipati | ngratoni wawêngkonira ||

27. marmanira sira mirantia dhisik | kang kanggo ing karya | de ingsun ing benjing-enjing | arsa siniwakèng wadya ||

28. paring dhawuh mring patih twin pra priyayi | pinurih sadhiya | uparêngganing nagari | miwah pranataning wadya ||

29. wis ta yayi rêmbugên sajroning puri | sun arsa dhêdhawah | lamun ing ratri puniki | dimène padha bubaran ||

30. sigra wau sang prabu miyos ing puri | nimbali ki patya | winangsit sanggyaning karsi | ki patih tanggap [tang...]

--- 53 ---

[...gap] sasmita ||

31. kyana patih sigra andhawuhkên nuli | mring pra wadyèng praja | kinèn abubaran aglis | wit benjang kêdah sewaka ||

32. brêng asarêng bibaring para priyayi | umiring ki patya | saking jro pura umijil | jêjêl mulih sowang-sowang ||

33. enjingira sang prabu miyos tinangkil | sanggyaning pra wadya | pêpêk sadaya gêng alit | aglar dènira sumewa ||

34. kyai patih anèng byantarèng narpati | mabukuh lênggahnya | muka lir konjêm pratiwi | sang nata nulya ngandika ||

35. lah ta patih lan kabèh wadya nagari | padha ngèstrènana | lamun ing ari puniki | sun arsa anêtêpana ||

36. ubayèngsun kang kamot undhang duk dhihin | saparoning praja | ingsun pasrahkên mring Sinbin | têtêp dadi lênggahira ||

37. ambawani kabèh saisining nagri |

--- 54 ---

lawan winisudha | dadi pangeran dipati | măngka tanggulanging durta ||

38. gya jumênêng Pangeran Dipati Sinbin | wus ngagêm busana | kaprabon amrabawani | wimbuh prabaning wadana ||

39. gêr gumlêgêr swaraning mariyêm muni | kongsi kaping sapta | binarung suraking jalmi | lir guntur gêtêr sapraja ||

40. kawuwusa wau sang pangran dipati | amêdharkên sabda | mring sagung para sumiwi | mangkana ing pangandika ||

41. lah ta para sewaka ngarsèng narpati | lêrês lamun kula | asli wijilirèng alit | bundhu balilu ing nala ||

42. winisudha mring nata nama dipati | tan mungguh ing warna | suwung kasusilan sêpi | tan patut angêrèh wadya ||

43. nanging kula sru narima lair batin | dhatêng sihing nata | kang mahambêg martèng dasih | asih santa sadu budya ||

44. ing panêdha dhatêng para wadya aji | ywa kêmba ing driya [dri...]

--- 55 ---

[...ya] | dènira anunggil budi | sumawita mring narendra ||

45. sri bupati mêdhot sabda ngandika ris | lah ta para wadya | wruhanta benjang Rêspati | putraningsun nini rêtna ||

46. bakal ingsun dhaupkên lan ki dipati | sagung wadyaningwang | agêng alit jalu èstri | malêbua mring kadhatyan ||

47. gancangira wus prapta ri Wrahaspati | pra wadyaning nata | sadaya akêrig lampit | samya umarêk sadaya ||

48. sang dipati wus dhaup lan rajaputri | gêng pahargyanira | bujana drawina ngênting | suka sagung para wadya ||

49. dangunira wiwahan mung pitung ratri | wit karsaning nata | ywa kongsi lungkrah ing dhiri | ngirid waragading wadya ||

50. wus palastha panitranirèng kakawin | titining pangripta | etang sangkalaning warsi | myat manising salirendra |[1]|

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

1. Sang Prabu Ludong siniwaka ... 3
2. Dhukun nama Sinbin, mêjahi bojonipun ... 12
3. Kyai Sinbin lajêng edan, dumugi ing nagari lajêng kacêpêng, katur dhatêng ngarsanipun sang prabu ... 22
4. Ki Sinbin dipun pêjahi wontên ing kadhaton ... 31
5. Ing kadhaton tuguran kawan dasa dalu. Sinbin sumêngka dhatêng pangayunaning jawata. Dèwi Sêkar Kadhaton seda ... 38
6. Dèwi Sêkar Kadhaton sugêng malih, lajêng dhaup kalihan Sinbin ... 48

 


Tanggal: myat manising salirendra (AJ 1862). Tahun AJ 1862 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Mei 1931 sampai dengan 7 Mei 1932. (kembali)