Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 01–06)

Judul
Sambungan
1. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 01–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 07–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 14–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 11-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prijs franco per post f.....

Verkrijgbaar bij het Dépăt van Leermiddelen te Welevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag

Punika Cariyosipun Kartimaya

Mawi sêkar Macapat

Kaanggit dening Mas Adi Susastra ing Ngayugyakarta

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking kumisi Phurdhêpholêkslèktur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing Indhonesisê drêgkêrèi, ing Wèltêphrèdhên.

1917.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No.232.

Punika Cariyosipun Kartimaya

Mawi sêkar Macapat

Kaanggit dening Mas Adi Susastra ing Ngayugyakarta

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking kumisi Phurdhêpholêkslèktur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing Indhonesisê drêgkêrèi, ing Wèltêphrèdhên.

1917.

--- [3] ---

Punika Cariyosipun Kartimaya

1. Dhandhanggula

1. kadyangganing brêmara mrih sari | angsana kang lagya mêkar enjang | gita kang lagya rinonce | dèn tetah murih gambuh | ninging cipta ingkang linuri | mastuti têrusing tyas | asmara kawêngku | dining gita kang rinipta | sunarira tan pisan wignya nyoroti | sastrawan tangèh mimba ||

2. traping têmbung tanapi kakawin | jumbuh cawuh tangèh ngèmpêrana | walgita duk ing kinane | panduking têmbang têmbung | sasar-susur myang bosah-basih | tan măntra madhanana | ing pangikêtipun | jinjaning tyas gung katawang | datan mêndha malah saya angranuhi | sing kumêdah mangripta ||

3. kawi-kawi tuhu tan udani | kumacèlu dahad karya tilas | kumadamèng tyas wirage | nekad kadêrêng darung | nganggit crita ingkang supadi | kinarya têtuladan | pra mudha sawêgung | myang para tyang ingkang wrêda | atmajanya dimèn pinarsudi maring | nalar tuwin kawignyan ||

4. wit kawignyan iku gung utami | salaminya datan kêna pisah | uwal saking ngên-angêne | yêkti tumêkèng lampus | benjang datan linggar sing dhiri | marma ingulatana | dèn kongsi kapangguh | ywa nganti mèngèng sarikma | parsudinên yêkti bakal antuk kardi | pigunaning kawignyan ||

5. kang kinarya bêbukaning rawi | radya agung ing Karangwidara | panjang punjung nagarane | pasir awukir tuhu | gêmah ripah myang loh jinawi | panjang têgêsnya dawa | punjung iku

--- 4 ---

ku dhuwur |[1] dawa ing kuncaranira | kathah praja krèh Karangwidara nagri | luhur prabawèng nata ||

6. liyan praja sumewaka sami | tan sarana pinupuh ing yuda | wiji-wiji panungkule | sumungkêm mring sang prabu | ing Karangwidara narpati | lir winangsit jawata | pasir wukir iku | nagara ngungkurkên arga | ngajêngakên pasisir myang jalanidhi | gêmah ripah têgêsnya ||

7. mirah sandhang atanapi bukti | ngantya dadya pangungsèning janma | liyan praja mrono kabèh | nadyan bara bêburuh | macul mikul myang anyênyunggi | ngarit lan sêsadean | sukêt godhong kayu | pasthi dadya mulyanira | datan kirang sandhang akalawan bukti | sênêng ing gêsangira ||

8. krêta tata arja kramaniti | nir durjana juti lawan begal | ayêm têntrêm nagarane | miwah ing dhusun-dhusun | datan pae jroning nagari | tyang tani padhusunan | samya băndha-bandhu | sugih kewan rajakaya | kêbo jaran wêdhus pitik bèbèk sapi | dèn umbar nèng pangonan ||

9. datan ana kinandhangkên sami | sasat amung dèn umbar kewala | rina wêngi esuk sore | tan na kang ngaru-biru | nyidra nyolong miwah angambil | loh jinawi têgêsnya | sabarang tinandur | pari jagung myang katela | kacang kênthang kadhêle uwi gêmbili | saliring têtuwuhan ||

10. samya tulus ngrêmbaka andadi | rapêt pêpêt ambiyêt wohira | gantya kawuwusa mangke | ingkang jumênêng ratu | narendra gung anyakrawati | narpatyambêk pandhita | kotamèng mong sadu | kêrtarta aparikrama | gung dêdana myang paramarta mring dasih | jêjêg adiling praja ||

11. yayah dadya pandaming sabumi | sinuyutan mring para nayaka | bupati wadyabalane | tan ana kang

--- 5 ---

balilu | nêdya malang karsaning aji | miwah abela tămpa | sangêt ajrihipun | mangkana jêjulukira | narèswara Karangwidara praja di | Mahprabu Jarumaya ||

12. sugih wadya sugih bala tuwin | sugih êmas picis rajabrana | gêdhong roro kêbak kabèh | tanapi rêngganipun | jro kadhaton bangsal sitinggil | gapura prabayasa | sarwa mas sadarum | pinatik ing nawarêtna | sêlang-sêling intên jumrut mutyara di | pindha lung myang puspita ||

13. wontên malih pinindha Anjani | liman sima banthèng warak miwah | isèn-isèn sajroning we | tanapi manuk-manuk | sumawana kang nèng wiyati | tan ana kaliwatan | pêpak sadaya wus | tu-kutu walang ataga | pan pinêtha ginambar dèn ukir-ukir | awig pakirtyanira ||

14. yèn kataman soroting Hyang Rawi | tinon saking mandrawa sumunar | gêbyar-gêbyar abyor bèbèr | kumêpyur-kêpyur kawur | lir tumètès dhawah mring siti | cahyanya mancur muncar | ngèbêki kadhatun | tan wus lamun winursita | kabèh uparêrêngganing dalêm puri | mangkana cinarita ||

15. de kang măngka pêpatih sang aji | wasta Nindyamantri Dayayuda | măndraguna kasêktène | prayitna ing pakewuh | widagdyambêk paramèng budi | susila martotama | santabudya tuhu | widada ywanjanèng driya | Dayayuda pêpatih sasat narpati | ngrèh ratu măncapraja ||

16. datan kewran mring saliring ngèlmi | pintêr nalar kasusastran tatas | putus titis têtês tètèh | titi surti myang atul | têtêp kyèhning kawruh mumpuni | labda amêngku praja | barang rèh rahayu | kineringan dening mêngsah | satru kala murka syuh prabawèng patih | têmah nungkul sadaya ||

17. maling adoh durjana [durja...]

--- 6 ---

[...na] lan juti | kêkês miris katrêsan sru maras | sirna larut budayane | têmahan dadya ayu | kawarnaa rêkyana patih | darbe sudara juga | misan prênah sêpuh | Kartimayèku wastanya | putus marang saliring kawignyan tuwin | ngèlmu myang kasusastran ||

18. ngèlmu alam phalak ngèlmu bumi | ngèlmu kodrat lawan ngèlmu dagang | lêlayaran lan têtanèn | sadaya wus kacakup | cakêp tatas bontos mumpuni | sakathahnya kagunan | pandhe sayang putus | kriya tanapi kêmasan | ngèlmu dhukun ngukir-ukir myang undhagi | tan ana kang kuciwa ||

19. yêkti dadya kondhanging sujanmi | sugih akal sugih rekadaya | migunani bêcik kabèh | undhang-undhanging kukum | kraton miwah undhang nagari | juga tan kaliwatan | sadaya wus komuk | kasusra mring liyan praja | Kartimaya kontab sarjana kang luwih | kabèh kawignyan buntas ||

20. susilarja mot mring martotami | limpad pasang graitaning driya | dèn sihi mring sasamine | lungit mêmalad kalbu | tur prasaja yuwanèng budi | prakosa myang sambada | agêng inggilipun | pan mangkana sabên dina | datan kêndhat-kêndhat dènnya ngulir budi | lêgêtaning kawignyan ||

21. marma dadya pangauban yêkti | mring pra mudha miwah janma wrêda | puruita ing kawruhe | kawignyan ngèlmu-ngèlmu | atêtanèn anggarap siti | dagangan lêlayaran | apa kang kinayun | pra janma satunggal-tunggal | Kartimaya datan kewran sung rèh maring | sasênênging pra janma ||

22. miwah dadya pangungsèning janmi | ingkang samya amanggih rubeda | ribêd ruwêt-rêntêng tyase | minta pratikêlipun | sirnanira duhkitèng ati | pasthi padha sakala | sing wasitanipun | pratikêl myang rekadaya |

--- 7 ---

katêmahan brastha birat larut saking | rêribêding wardaya ||

23. kyana patya sangêt dènnya asih | sasat saban sapta ri lumaksa | mring unggyanira kadange | Kartimaya janma nung | lamun dangu datan pinanggih | dahad onênging driya | gya utusan gupuh | mring lêlurah punakawan | kinèn sigra-sigra dènira nimbali | tan bangkit nahên brăngta ||

2. Asmaradana

1. kyana patya lamun panggih | lawan sudaranya wrêda | sangêt suka wardayane | miwah karênan ing driya | tansah kêkanthèn asta | ngandikan sakèhing ngèlmu | tanapi pangulah praja ||

2. prakawis ingkang wigati | kyana patya asung warta | mring Kartimaya kadange | nadyan wus putus priyăngga | wêgig kyèhning kawignyan | kagunan myang ngèlmu-ngèlmu | labda amêngku nagara ||

3. suprandene mêksa ugi | rinêmbag prayoganira | aywa ana kuciwane | tumrap kawula sadaya | gêng alit mudha wrêda | miwah timbalan sri mulku | ywa ngantya na kara-kara ||

4. gantya winursita malih | tantara ing lama-lama | Karangwidara prajane | wimbuh gêmah myang raharja | datanpa na kuciwa | kathah wulu wêdalipun | pasar kali wanawasa ||

5. miwah kèhning bulubêkti | saking ratu liyan praja | saya mindhak ing kathahe | mubarang kang endah-endah | mas picis lan mutyara | sadaya kang atur-atur | konjuk sang sri naradipa ||

6. tumpuk susun sap atindhih | blabar nèng prabasuyasa | wit wus kêbak jro gêdhonge | pasimpênan rajabrana | nulya sri naranata | animbali gandhèk gupuh | sri narendra angandika ||

7. sira gandhèk ingsun tuding | paman patih timbalana | prapta ngarsaningsun age | nulya gandhèk amit nêmbah |

--- 8 ---

mentar sing ngabyantara | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing kapatihan ||

8. panggya lan rêkyana patih | gandhèk andhawuhkên sigra | sang aprabu timbalane | jêngandika tinimbalan | tumamèng dalêm pura | kerida salampah ulun | kya patih matur sandika ||

9. kya patya dandos tumuli | sawusira asiyaga | tumulya bidhal kalihe | sigra-sigra lampahira | tan kawarna ing marga | laju tumamèng kadhatun | sowan ngabyantara nata ||

10. sang prabu ngandika aris | marma paman patih sira | sun timbali age-age | kadiparan karêpira | rajabrana punika | gêdhong pasimpênan ingsun | wus datanpa na kang sêla ||

11. nèng prabasuyasa iki | tumpuk atimbun balabar | iku opènana age | kyana patih matur nêmbah | dhawuh dalêm sandika | klilana amba dhêdhawuh | yasa gêdhong pasimpênan ||

12. sang prabu ngandika malih | ya sakarêpira paman | rêmbugên saprayogane | lawan kănca jênêngira | bupati myang nayaka | patih sandika wotsantun | nulya adhêdhawuh sigra ||

13. mring abdi dalêm undhagi | miwah abdi tukang-tukang | samya dhinawuhan kabèh | yasa gêdhong pasimpênan | kalih sami ajajar | kapering têngên kang sampun | samya kêbak rajabrana ||

14. dwi căndra pan winatawis | yêyasan gêdhong wus dadya | kya patih parentah age | mring pra abdi punakawan | kinèn ngusungi sigra | linêbêtakên sadarum | jro gêdhong yasan punika ||

15. supênuh gêdhong kêkalih | rêkyana patih anulya | dhawuh mring juru gêdhonge | kinèn angunci tumulya | myang maringkên pèngêtan | kèhning rajabrana agung | kyana patya lajêng sowan [so...]

--- 9 ---

[...wan] ||

16. mring ngarsa sang sri bupati | kyana patih atur sêmbah | timbalan dalêm samangke | sadaya sampun kalakyan | tan wontên kuciwanya | kagungan dalêm brana gung | linêbêtakên sadaya ||

17. sri nata ngandika aris | paman patih sun tarima | de jênêngira samangke | kalilan madal pasilan | mulih mring kapatihan | kyana patya nêmbah sampun | mentar sing byantara nata ||

18. kawarnaa sri bupati | kantun lênggahan priyăngga | mangkana ciptèng galihe | anggagas ingkang barana | mas picis lan mutyara | kathahe kalangkung-langkung | catur gêdhong kêbak samya ||

19. kagiwang tyasing narpati | kasêngsêm mring kasugihan | nirnakkên kapandhitane | miwah tan arsa dêdana | kawula kawlasarsa | wit jrih sudaning brana gung | karsanira sri narendra ||

20. kang brana dimène sami | ywa ana cicir sajuga | malah pinurih tambahe | dadya asalin salaga | panggalihira nata | puwara nglocitèng kalbu | Maha Prabu Jarumaya ||

21. ngunadika jroning galih | jamake wong sugih băndha | apa kang kinayunake | amasthi padha sakala | kalakon sadayanya | ing sakarsa-karsanipun | kang kacipta jroning driya ||

22. nadyan sujanma kang wêgig | putus saliring kawignyan | ngèlmu-ngèlmu sakabèhe | kasusastran ngèlmu alam | têtanèn ngèlmu kodrat | myang rekadaya sawêgung | tuwin mubarang kagunan ||

23. nging tan kadunungan picis | sayêkti cupêt ing karsa | kuwêl jubêl sadayane | mubarang datan kadadyan | myang datan katurutan | upama ana janma yun | akarya wisma sajuga ||

24. sadaya reka wus dadi | dununging kang saka-saka | apagêr bata têpine | apan wus kinăntha-kăntha [kină...]

--- 10 ---

[...ntha-kăntha] | ginambar-gambar samya | prênahe wisma puniku | nging tan ana kang kinarya ||

25. kayu bata labur tuwin | gêndhèng atanapi talang | wit datan darbe picise | ingkang kinarya têtumbas | mangkana ciptèng nata | kawignyan myang nalar iku | kasor dening kasugihan ||

26. dènnya nglocitèng panggalih | Sang Aprabu Jarumaya | anggagas kasugihane | wiwit mentaring ki patya | madya ari samana | angantya tumêkèng surup | baskara wus tan katingal ||

27. wau ta sri narapati | sasampunira adhahar | tandya tindak arsa sare | malbèng kamar pasarean | anèng kathil kancana | rinukmi pelag kalangkung | sang prabu nulyarsa nendra ||

28. nging sawêngi sri bupati | datan sagêd-sagêd nendra | kagagas jroning galihe | marang kasugihanira | tanapi èmênging tyas | kawignyan myang nalar iku | kasor dening kasugihan ||

29. ingênam-ênam ing galih | nging maksa kuwêl kewala | sang nata ing panggalihe | kawuwusa sampun enjang | sang prabu wungu sigra | nulya animbali gupuh | gandhèk praptèng ngarsa nata ||

30. sri nata ngandika aris | gandhèk ingsun arsa wikan | sabawah ingsun ing kene | lamun sira ngrungu warta | myang têmbang rêrawatan | ana janma ahli nujum | kang putus mring puja mantra ||

31. wasis mêmêthèk sakyèhning | prakara kang wus kawuntat | tuwin kang durung ing têmbe | gandhèk umatur wotsêkar | pukulun sri narendra | amba mirêng wartosipun | amung têmbang rêrawatan ||

32. cêlak praja dalêm ngriki | wontên ahli nujum juga | kang putus pujamantrane | wasis mêmêthèk prakara | kang badhe kalampahan | miwah ingkang sampun-sampun | ngasrama tirahing [ti...]

--- 11 ---

[...rahing] arga ||

33. Murya lèr wetan puniki | yêkti sidik paningalnya | makatên ing pawartose | awasta Kyai Jalena | sang nata angandika | lamun mangkono sirèku | sun utus nimbali sigra ||

34. praptaa ing ngarsa mami | kerida salampahira | akanthia prajurite | roro kewala wus cêkap | ngatêrna lakunira | aywa na sangsayèng ênu | rubeda myang kara-kara ||

35. gandhèk anêmbah tumuli | sigra mêdal saking pura | lampahira age-age | prajurit roro kanthinya | wus lêpas lampahira | enggaling carita sampun | prapta satirahing arga ||

36. Moria asramanèki | juru nujum Ki Jalena | kang wus kondhang saindênge | nagara Karangwidara | gandhèk dhawuhkên sigra | timbalanira sri mulku | jêngandika kyai mangkya ||

37. tinimbalan sri bupati | praptaa ing ngarsa nata | Karangwidara prajane | kerida salampah kula | Kyai Jalena nabda | timbalanipun sang prabu | kawula matur sandika ||

38. sawusnya dandos tumuli | Kyai Jalena gya bidhal | kairid gandhèk lampahe | myang prajurit kêkalihnya | dupi nèng têngah marga | Ki Jalena tandya muwus | maring gandhèk atêtanya ||

39. kula tan nyana tan ngimpi | tinimbalan sri narendra | sowan mring ngabyantarane | wit kula tiyang ing arga | tan bangkit tatakrama | karsa punapa sang prabu | animbali dhatêng kula ||

40. gandhèk nulya amangsuli | kula tan wikan karsendra | mung sadrêmi ing lampahe | dinuta sri naranata | nimbali jêngandika | Ki Jalena malih muwus | wit kula tan ngrungu warta ||

41. kawontênaning nagari | myang kaluhuraning nata | kula atêtanya mangke | karsanira [kar...]

--- 12 ---

[...sanira] sri narendra | mring kawula sadaya | tuwin kawontênanipun | jro pura kularsa wikan ||

42. samana gandhèk mangsuli | kawontênanira nata | myang jro pura sakabèhe | datan ana kaliwatan | purwa madya wusana | Ki Jalena dhamang sampun | kawarnaa lampahira ||

43. wus prapta jroning nagari | ri saksana manjing pura | sowan sri nata ngarsane | Ki Jalena ngèstupada | sang nata angandika | bagea kaki têkamu | Ki Jalena matur nêmbah ||

44. pangèstu dalêm sang aji | kapundhi kalingga murda | lampah ulun ing margane | wit pangèstu dalêm nata | datan wontên rubeda | miwah kasangsayèng ênu | sri naranata ngandika ||

45. marma kaki sun timbali | prapta nèng ngarsa manira | sun arsa têtanya mangke | kaki ywa sandeyèng driya | myang ngamandaka sira | kudu balaka sadarum | kang bêcik lawan kang ala ||

46. kaananingsun puniki | gyan ingsun jumênêng nata | apa ta tulus ing têmbe | miwah kasugihan ingwang | tan ana rubedanya | kang kamot jroning primbonmu | miwah phalakiyahira ||

47. lawan ingsun tanya malih | kasugihan lan kawignyan | nalar ngèlmu sakabèhe | iku sing timbanganira | dwi prakara punika | apa kasugihanipun | kang kasor dening kawignyan ||

48. apa ta kawignyannèki | kasor dening kasugihan | kaki gya batangên age | Kyai Jalena tur sêmbah | sumăngga sri narendra | mundhuta sarananipun | puja-puji pujamantra ||

49. supadyenggal antuk wangsit | sasmitanira jawata | yèn amba matêk pujine | datan supe yêkti srana | mênyan kang warni seta | myang manah ayam kang mulus | seta atanapi krêsna ||

50. saha nyêlap ingkang sisik | yèn srana [sra...]

--- 13 ---

[...na] sampun mirantya | nuntên kèksi saèsthine | yêkti katingal pramana | cêtha awela-wela | awon lan sae puniku | sri narendra ngutus sigra ||

51. pra wadya kang sami kêmit | angupaya lir kang dadya | Kyai Jalena ature | tan dangu samaktèng ngarsa | sagunging kang sarana | sêsaji-saji sadarum | wus banjêng nèng pêpajangan ||

52. nujum Ki Jalena nuli | angrênggêp kang mênyan seta | binasmi ing padupane | urubira kantar-kantar | miwah angalad-alad | nulya tyasing ayam mulus | linawêd wus paripurna ||

53. gya tinunu jroning gêni | kumêlun mulêg kang pêga | enggal anyandhak primbone | linurupan wastra pêthak | saksana kinutugan | anèng saruhuring kukus | dupa miwah manah ayam ||

54. binuka winaca ririh | clumik-clumik Ki Jalena | sakêdhap dèn tangkêbake | sru matur mring sri narendra | kamot nèng primbon amba | yêkti wangsiting dewa gung | makatên ingkang sasmita ||

55. pukulun sri narapati | tulus umadêg narendra | datan wontên rubedane | tumêrah mring putra wayah | tan kacupêtan karsa | kadunungan ing brana gung | tinênggan gunging kabêgjan ||

56. dene kasugihan yêkti | tan kasor dening kawignyan | nalar-nalar sadayane | ngèlmu tuwin rekadaya | tanapi ing kagunan | wus kathah kupiyanipun | janma ingkang sugih băndha ||

57. sakarsa-karsa amasthi | kalampahan sêdyanira | wit sampun darbe picise | nging janma tan kadunungan | băndha myang rajabrana | nadyan pintêr nalar putus | sayêkti datanpa daya ||

58. sang prabu sarêng miyarsi | aturira Ki Jalena | dahad suka wardayane | myang kapanujon ing karsa | condhong [co...]

--- 14 ---

[...ndhong] ingkang sasmita | lan panglocitaning kalbu | dadya tan mamang sri nata ||

3. Sinom

1. samana sri naranata | anyipta yèn wus patitis | pambatange Ki Jalena | tuhu nujum ingkang sidik | tan ana kang nalisir | pamanggihira sang prabu | nulya aris ngandika | kaki nujum karsa mami | sira aywa mulih maring asramanta ||

2. wismaa jroning nagara | cakêta kalawan mami | dadya ing samăngsa-măngsa | kalamun ingsun timbali | sirèku datan têbih | lumaku sowan ngarsèngsun | kaki sira wus tuwa | yèn têbih dèn ta lumaris | yêkti kathah sangsayanira nèng marga ||

3. Ki Jalena matur nêmbah | parimarma dalêm gusti | kapundhi kalingga murda | cinancang pucuking wèni | wah sêmbah nuwun gusti | amba andhèrèk sadhawuh | nging maksamba samangkya | nyuwun lilah sri bupati | kalilana mantuk mring pratapan amba ||

4. dwi căndra kewala cêkap | yun masrahkên ingkang panti | asrama mring cantrik amba | kang kenging dèn pitayani | nulyamba wangsul malih | sowan mring ngarsa sang prabu | sang nata angandika | bêcik karêpira kaki | tan lyan amung ingsun nyangoni raharja ||

5. sang nata maringi sigra | de măngka srana nèng margi | barana tanapi arta | sri narendra andhawuhi | juga wadya kang kêmit | kinèn angatêrkên gupuh | lampahe Ki Jalena | mantuk mring asramanèki | Ki Jalena amit nêmbah nulya mentar ||

6. saundure Ki Jalena | sri narendra animbali | mring abdi dalêm kapêdhak | Yasaguna wastanèki | sang nata ngandika ris | ing ngêndi prayoganipun | sun arsa yasa wisma | bakal sun paringkên maring | kaki nujum sing tirah ing ardi Murya ||

7. Yasaguna

--- 15 ---

matur nêmbah | pukulun jêng sri bupati | kajawi karsa sang nata | prayogi ngupaya siti | kang dèrèng dèn ênggèni | wisma janma sanèsipun | sang nata angandika | bêcik karêpira iki | nanging mangkya ngêndi ana lêmah sêla ||

8. kabèh wus dèn dêgi wisma | janma sajroning nagari | nging mangkya karsa manira | ki nujum dimèn pêpanti | anèng jroning nagari | cakêta lan jênêng ingsun | dadya samăngsa-măngsa | sun timbali aglis prapti | lawan malih ki nujum iku wus tuwa ||

9. dadya tan kuwat lampahnya | yèn têbih dènnya lumaris | Yasaguna matur nêmbah | kasinggihan jêng dewa ji | ing sakèthènging nagri | kilèn wontên sitinipun | tan wontên wismanira | kalêbêt jroning nagari | sing pamanggih amba punika prayoga ||

10. sang nata aris ngandika | lamun mangkono prayogi | rêmbugên sakancanira | wah abdiningsun undhagi | nulya karyaa aglis | wisma saprayoganipun | samana Yasaguna | anulya parentah aglis | timbalannya sang prabu akarya wisma ||

11. catur wêlas ari dadya | dènira akarya panti | sadaya pan wus mirantya | miwah sarêrênggannèki | kacarita watawis | dwi căndra Ki Jalena wus | praptèng ngarsa sang nata | sri narendra dhawuh aglis | maring abdi kapêdhak kinèn ngirida ||

12. nujum mring wisma punika | Yasaguna tumulya glis | angirid Kyai Jalena | tan adangu sampun prapti | lajêng dèn acarani | Kyai Jalena lumêbu | sawusira mangkana | Yasaguna nulya amit | lajêng wangsul sowan malbèng dalêm pura ||

13. Ki Jalena dahad suka | antuk sihira narpati | saha kêrêp tinimbalan | sowan malbèng dalêm puri | dadya ing lami-lami | wit sing ature

--- 16 ---

ki nujum | dènira amrayoga | mring karsanya sri bupati | salin slaga panggalihira sang nata ||

14. gantya ingkang winursita | lampahe rêkyana patih | wus prapta ing kapatihan | jujug madyaning pandhapi | lênggah kursi pribadi | datan ana rowangipun | mangkana kyana patya | ngunadika jroning galih | kadiparan karsanira sri narendra ||

15. apa kang dadya karana | sun sowan ngarsa sang aji | datan kadya sabanira | kalamun sun dèn timbali | sawusnya sowan nuli | ngandikan kang prêlu-prêlu | barang rèhing nagara | aparing kang pamrayogi | sawusira gya ngandikan kathah-kathah ||

16. nging mêngko jêng sri narendra | datan kadya nguni-uni | sun sowan ing ngabyantara | wusing rampung kang prakawis | timbalan sri bupati | nulya ingsun kinèn wangsul | tan karsa angandikan | kadya saban duk ing nguni | kyana patya dahad èmêng ing wardaya ||

17. kyana patih sigra-sigra | angutus abdi nimbali | Kartimaya kadangira | wusing prapta ngarsa patih | kya patya nabda aris | pun kakang sami rahayu | wus lami tan pinanggya | kula sangêt ngarsi-arsi | ngantya lama wontên daruna punapa ||

18. Kartimaya nulya nabda | saking pangèstunta yayi | sadaya sami raharja | datan wontên kawis-kawis | de kula ngantos lami | lan paduka datan pangguh | tan wontên darunanya | mung kêdhik pakèwêd mami | lamun kula sowan mring ngarsa paduka ||

19. wit kula tiyang mardika | sasat datan darbe kardi | ugi anggarap pakaryan | sing kajêng kula pribadi | nging paduka pêpatih | warăngka jêng sang sri mulku | yèn tan wontên prakara | sadayanya kang wigati | lawan malih yèn paduka tan utusan ||

20. ajrih sowan mring paduka | bok lagya

--- 17 ---

anggarap kardi | ayahan dalêm sang nata | tuwin mranata nagari | ki patih nabda aris | datan makatên puniku | rèhning sanak priyăngga | ywa ngantya na ika-iki | mangkya sanès kang kula rêmbag punika ||

21. kya patih gya asung warta | duk nalika dèn timbali | sowan ngabyantara nata | purwa madya myang mêkasi | dadya èmênging galih | tan wikan karananipun | ajrih yèn manggih duka | Kartimaya matur aris | ywèmêng ing tyas prakawis kenging dèn nalar ||

22. nguni punapa paduka | sampun andarbèni sisip | tumrap jêng sri naradipa | mangke dhumawah kang runtik | ki patih amangsuli | de saking rumaos ingsun | wus lama angawula | lagya sapisan puniki | nanging datan wikan kang dadya karana ||

23. Kartimaya nulya nabda | lamun makatên puniki | saking timbangan kawula | bokmanawi sri bupati | wontên ingkang dèn galih | utawi sêkêl ing kalbu | kalamun makatêna | ywa paduka sangêt kingkin | yêkti mangkya datan wontên gunanira ||

24. kyana patih alon nabda | kakang dèn rewang-rewangi | anênuwun mring jawata | ywa ngantya na ingkang runtik | tanapi urut kardi | rêmbag myang nalar sawêgung | prakara kang wigatya | miwah ingkang sungil-sungil | datan amung kula pasrah mring pun kakang ||

25. Kartimaya aris turnya | ywa paduka walanggalih | yêkti kula urun puja | nênuwun mring dewa luwih | mrih karaharjan sami | pirêmbag nalar sadarum | tinêmpuhna pun kakang | prakara kang sungil-sungil | yêkti kasor dening ahli ngrekadaya ||

26. lêga tyasira ki patya | antuk panglipuran yakti | ayêm têntrêm kang wardaya | asrêp lir siniram warih | tandya nglocitèng galih | kakang Kartimaya iku | sujana myang sarjana |

--- 18 ---

pintêre ngedap-edapi | Kartimaya gya rinangkul jangganira ||

27. nulya akêkanthèn asta | tindak-tindak jro cêpuri | ngandikan saurut marga | ngantya baskara wus lingsir | akêmbul dhahar nuli | Kartimaya datan kantun | lênggahira ajajar | ki patya sangêt dènnya sih | sawusira linilan mantuk mring wisma ||

28. ya ta ingkang winursita | anujwa ari Rêspati | karsanira sri narendra | miyos siniwèng sitinggil | kadya ing sabannèki | ngrasuk busana sang prabu | ngagêm ponang makutha | rinukmi myang ngagêm sumping | praba ngayun winangun paksi garudha ||

29. jamang kalung sungsun tiga | calana cindhe mantêsi | dodotira parangrusak | paningsêt renda rinukmi | ngagêm wangkingan adi | wanci tabuh sadasa wus | sang nata siniwaka | lênggah dhampar kancana di | ginarêbêg manggung cèthi myang kêparak ||

30. ngampil-ampil upacara | banyak dhalang sawung galing | ardawalika kancana | pra wadyabala sumiwi | pêpak ngarsa sang aji | kyana patih munggèng ngayun | mingkingkên pra bupatya | miwah kang punggawa mantri | ambalabar sowan anèng pagêlaran ||

31. sang aprabu angandika | mring Dayayuda Kya Patih | paman patih kadiparan | tata têntrêming nagari | myang pra kawula mami | apa ta na kurangipun | kya patih matur nêmbah | pukulun sri narapati | barkah dalêm tan wontên ingkang kuciwa ||

32. sang nata malih ngandika | seje kang sun rêmbug patih | mungguh gyan sun madêg nata | nèng Karangwidara nagri | pamawangira patih | apa kêkuranganipun | myang apa kang kuciwa | glis matura paman patih | ngêndi praja nimbangi kluhuran ingwang ||

33. lan malih mungguhing băndha | kasugihan ingsun iki | kabèh ratu [ra...]

--- 19 ---

[...tu] liyan praja | apa ana kang madhani | ki patya matur aris | pukulun jêng sang sri mulku | tan wontên kuciwanya | gyan pukulun madêg aji | binathara nyakrawatyambaudhêndha ||

34. ratu lyan praja sumewa | sumungkêm jêng sri bupati | lir winangsit ing jawata | nungkule sawiji-wiji | tan pinupuh ing jurit | kaprabawèng jêng sri mulku | tan wontên nyamènana | kaluhuran dalêm gusti | liyan praja ing tanah ngriki sadaya ||

35. mênggah kasugihan tuwan | rajabarana mas picis | yêkti anglangkungi kathah | tan kenging lamun winilis | makatên ugi gusti | salaminya gêsang ulun | sayêkti dèrèng wikan | dhatêng rajabarana di | kathahira kalangkung-langkung punika ||

36. tan wontên kalih sri nata | kadya jêng sri narapati | ratu agung binathara | sugih băndha êmas picis | tan wontên animbangi | gusti kawula sang prabu | samana sri narendra | miyarsa aturing patih | dahad suka ing driya marwata suta ||

37. sang nata mèsêm ngandika | ingsun arsa tanya malih | mung dwi prakara kewala | batangên ingkang patitis | aywa ngantya nalisir | kaprahe janma sawêgung | myang kathahnya kupiya | kang wus kalampahan nguni | iya iku kasugihan lan kawignyan ||

38. nalar tuwin rekadaya | kagunan tanapi ngèlmi | paman patih kadiparan | sing ciptanira pribadi | ywa dora paman patih | matura sabênêripun | myang pakewuhing driya | aturira marang mami | salah siji paman êndi kang kasoran ||

39. lawan ingkang luwih guna | migunani mring pra janmi | mangkana rêkyana patya | lêgêg tyasira tan sipi | dangu tan bisa angling | kawêkèn dènnya umatur | ruwêd jroning wardaya | myang sandeyèng [sande...]

--- 20 ---

[...yèng] tyas kya patih | pan mangkana panyiptanira ing driya ||

40. lamun manira matura | kasugihan kasor dening | kawignyan myang rekadaya | nalar atanapi ngèlmi | sayêkti antuk runtik | awit gusti jêng sri mulku | narendra sugih băndha | lamun kawignyan myang ngèlmi | myang kagunan kasor dening kasugihan ||

41. têmêne datan kasoran | dadya umatur ki patih | pukulun sri naranata | amba nyuwun gung aksami | nyuwun inah tri ari | ngunjuki atur sang prabu | wit prakawis punika | sayêkti kalamun sungil | lamun datan ginilut jroning wardaya ||

42. yèn dèn piagah kewala | manut êmbyaking pra janmi | makatên upaminira | dèrèng masthi bênêr bêcik | awit wontên prakawis | wus kaprah janma sawêgung | linampahan sadaya | tumurun sing kaki nini | sayêktinya manawi dèn rasa-rasa ||

43. sadaya datan prayoga | mung nurutkên nguni-uni | tan sagêd angrekadaya | ngupaya ingkang prayogi | makatên sri bupati | wasitan wira janma nung | sang nata angandika | kalamun mangkono patih | benjang ari Soma kewala matura ||

44. wus madya ari samana | anulya sri narapati | têdhak saking sinewaka | kondur maring dalêm puri | ginrêbêg para cèthi | kêparak myang para manggung | kang ngampil upacara | dhèrèk malbèng dalêm puri | kyana patih mijil sing bangsal witana ||

4. Mijil

1. wadyabala kang samya anangkil | ngarsanya sang katong | mulih marang wisma dhewe-dhewe | cinarita lampahe kya patih | datan dangu prapti | kapatihan sampun ||

2. kyana patya tumuli alinggih | kursi jroning gêdhong | dhêlêg-dhêlêg kraos jro galihe | anggagas [ang...]

--- 21 ---

[...gagas] mring dhawuhnya sang aji | jrih tumibèng sisip | amanggih bêbêndu ||

3. dahat èmêng tyasira ngranuhi | kang riwe gumrobyos | dèrèng ngantya santun busanane | ingkang garwa kagyat jroning galih | mulat mring kya patih | nyana antuk bêndu ||

4. dinukanan jêng sri narapati | nulya matur alon | kadiparan dadya darunane | datan kadya saban-sabannèki | kawula tingali | èmêng jroning kalbu ||

5. punapaa dinukan sang aji | kya patih nabda lon | ora yayi apan mung mangkene | ingsun mau sowan nèng sitinggil | sri nata tinangkil | nulyèngsun tuk dhawuh ||

6. kinèn batang dhawuhnya sang aji | ywa ngantya tan condhong | ingkang lumrah janma sakabèhe | myang kupiyanira duk ing nguni | amung dwi prakawis | kasugihan iku ||

7. apa kasor kawignyan myang ngèlmi | nalar-nalaring wong | tuwin rekadaya sakabèhe | apa nalar kawignyan myang ngèlmi | ingkang kasor dening | kasugihan mau ||

8. kang mangkono pakewuh tyas mami | mungguh atur ingong | kasugihan kang dèn kalahake | dening nalar kawignyan myang ngèlmi | jrih yèn manggih runtik | awit sang aprabu ||

9. sugih băndha êmas lawan picis | de lamun tur ingong | ngèlmu nalar myang kawignyan kuwe | kasor dening băndha lawan picis | yêktyèku nalisir | mungguhing janma nung ||

10. dadya ingsun tan bangkit ngaturi | pambatang sang katong | nyuwun inah tri ari lamine | yun sun rasa-rasa jroning ati | êndi kang prayogi | ywa ngantyantuk bêndu ||

11. benjang ari Soma ngarêp iki | dèn timbali ingong | sowan marang sri nata ngarsane | kinèn matur prakara puniki | milih salah siji | dwi prakara mau ||

12. ingkang garwa nulya matur malih |

--- 22 ---

kalamun mangkono | sampun dados ruditèng galihe | pan punika langkung dening galpil |[2] rêmbugên prayogi | lan sadhèrèk sêpuh ||

13. kakang Kartimaya iku wasis | ngluwihi gunging wong | yêkti cakut cakêp sadayane | datan wontên prakawis nalisir | mangkana kya patih | mirêng aturipun ||

14. ingkang garwa ayêm ing panggalih | nulya nabda alon | sesuk bae ingsun timbalane | nulya patih malbèng dalêm wingking | kang garwa umiring | kanthèn asta sampun ||

5. Kinanthi

1. datan kawarna ing dalu | tantara pan sampun enjing | kyana patya wungu sigra | angutus sajuga abdi | animbali Kartimaya | datan dangu sampun prapti ||

2. kyana patih nabda arum | pun kakang sami basuki | lamine datan pinanggya | Kartimaya matur aris | saking pangèstu paduka | sadaya sami basuki ||

3. nanging kala winginipun | anak kula kang wuragil | pun Sumarya wastanira | kataman roga bêntèrtis | parimarmaning jawata | kula antuk mausadi ||

4. sarêng usada puniku | kula tamakkên kang sakit | anak kula pun Sumarya | datan ngaping kalih malih | enjingira wus waluya | sampun sagêd nambut kardi ||

5. kya patih malih nabda rum | sokur sutanta wuragil | wus waluya paripurna | pulih kadya wingi uni | sampun bangkit nambut karya | dahad suka ing tyas mami ||

6. ing mangkya sanès rinêmbug | kula tansah ngrêribêdi | dados damêle pun kakang | marmanira kakang mugi | angêgungakên aksama | aywa wontên ingkang runtik ||

7. Kartimaya nulya matur | botên dados kawis-kawis | malah sangêt suka bingah | lamun paduka timbali | sowan ing ngarsa paduka | myang kula samantên [samantê...]

--- 23 ---

[...n] ugi ||

8. nyuwun aksama kang agung | sadaya ingkang nalisir | tindak-tanduking lukita | kiranging kang tatakrami | sampun ngantya dados duka | myang andadoskên panggalih ||

9. aywa pakèwêd ing kalbu | tuwin aywa walanggalih | animbali mring pun kakang | nadyan tan wontên prakawis | ingkang kalangkung wigatya | kya patih tandya wêwarti ||

10. antuk dhawuhnya sang prabu | kinèn batang dwi prakawis | kyana patya paring pirsa | miwiti malah mêkasi | myang kawêkèning tyasira | aturnya mring sri bupati ||

11. kyana patih malih muwus | kadiparan kakang iki | sangêt pakèwêding manah | jrih kalamun manggih sisip | dadya dukanira nata | asru turidèng tyas mami ||

12. Kartimaya mèsêm muwus | lidok atur kula nguni | karsanira sri narendra | samangke sampun kaèksi | aywa rudah ing wardaya | anarbuka bab puniki ||

13. ing atasira janma nung | nadyan sungil namung gampil | kawêkèning tyas paduka | amung jrih yèn manggih sisip | dhatêng jêng sri narapatya | wit sang nata iku sugih ||

14. panyipta paduka wau | yèn kasugihan puniki | kasor dening rekadaya | kawignyan nalar myang ngèlmi | jrih kalamun manggih duka | nging sayêkti tan nalisir ||

15. kawignyan myang ngèlmu-ngèlmu | rekadaya ingkang bêcik | iku angèl antukira | kalamun datan nastiti | tinetah sing timur mila | srêgêp tabêri patitis ||

16. puruhita mring janma nung | kang putus saliring ngèlmi | kawignyan myang nalar-nalar | rekadaya ingkang bêcik | amarsudi sabdandika | tansah ngulir ingkang budi ||

17. yèn mèngèng dènnyanggêguru | yêkti bakal tanpa kardi | yèku mogol wastanira | janma

--- 24 ---

makatên puniki | mring pakaryan datan arsa | kêsède ngedap-edapi ||

18. sumangkeyan lan kumênthus | suthik kawon mring sasami | nadyan rêmbugira nasar | kasasar-sasar nalisir | tan kanyana lamun salah | sèlèh sungsatira têbih ||

19. pangakênira wus baud | mumpuni saliring ngèlmi | ngungkuli gunging pra janma | datan ana kang nyamèni | botên sanès lamun nabda | ngatingalakên yèn wasis ||

20. wontên paribasanipun | kalênthing kang isi warih | satêngah utawi lokak | masthi lamun dipun indhit | kocrat-kacrit toyanira | makatên ingkang upami ||

21. beda lan janma kang sampun | mumpuni saliring ngèlmi | kawignyan myang nalar-nalar | putus bontos tatas-titis | wasis saliring kagunan | yêkti iku tanpa sami ||

22. de kasugihan puniku | tuhu lamun kasor dening | kawignyan myang rekadaya | nalar atanapi ngèlmi | sampun kathah kupiyanya | sing wasitaning sujanmi ||

23. janma kang sugih brana gung | êmas atanapi picis | nging tan darbe rekadaya | nalar-nalar kang prayogi | kawignyan sasaminira | ngêndêlakên sugih picis ||

24. brana kinarya gul-agul | yêkti sangêt analisir | samăngsa branartanira | kenging rubeda sirnanting | ical larut katêrabas | têmahan nalangsèng ati ||

25. kalara-lara ing kalbu | sabên ari mung amikir | kèngêtan kala samana | datan kobêr nambut kardi | ngrudatin tanpa wacana | tan bangkit ngupaya malih ||

26. enjing sontên ratri njêtung | wit tan darbe nalar tuwin | ngrekadaya pulihira | brana kang wus sirna nguni | kagunan asêpi-sêpa | pakaryan datan udani ||

27. kajawi mung angèn wêdhus | bêbêrah mring liyan janmi | ngarit miwah angupaya |

--- 25 ---

kajêng obong mring wanadri | sinade jroning nagara | punika kinaryambukti ||

28. kalamun makatên wau | lingsêm mring tăngga têpalih | awit nguni sugih băndha | datan kakirangan picis | nulya pados pangengeran | lyan janma kinarya abdi ||

29. bènèh lawan sujanma nung | wasis mring saliring ngèlmi | kawignyan myang rekadaya | kagunan kang bênêr bêcik | tan sumêlang sirnanira | rajabrana lawan picis ||

30. makatên ugi puniku | datan ngêbrèh datan cêthil | kumêd ugi datan arsa | lêbêt wêdaling kang picis | sayêkti lamun dèn nalar | tumrap mring kang bênêr bêcik ||

31. wit bangkit ngupaya iku | saking rekadaya tuwin | kawignyan tanapi nalar | sayêkti datan nalisir | kya patih sarêng miyarsa | ature sudara wêrdi ||

32. mèsêm nulya nabda arum | pun kakang yêkti yèn wasis | datan ana kuciwanya | prakara kang sungil-sungil | dèn nalar dadya tarwaca | kula wus tan walanggalih ||

33. nging kula maksa pakewuh | munjuk mring ngarsa sang aji | wit namanipun kawula | gampil dhumawah ing sisip | punapa datan prayoga | sumanggèng karsa narpati ||

34. Kartimaya gya umatur | makatên inggih prayogi | datan wontên lêpatira | anging paduka pêpatih | warăngka dalêm sang nata | pantês kalamun anjagi ||

35. kluhuranira sang prabu | tata têntrêming nagari | sumawana amranata | mring kawula agêng alit | dimène samya satata | raharja arjaning dhiri ||

36. wau kula sampun matur | mênggah karsaning narpati | sampun cêtha wela-wela | tinitik sing sabdanèki | dhumawuh paduka mangkya | kinèn narbuka puniki ||

37. dèn nalar yêkti kapangguh | kagungan dalêm jêng gusti | brana atanapi arta | sarêng

--- 26 ---

tambah sap atindhih | baludag kêbak bêlabar | kagiwang jroning panggalih ||

38. rêmên mring rajabrana gung | kumêd gêmi mêdhit cêthil | sirna tyas mring kapandhitan | tan ngrêmbag arjaning nagri | tata têntrêming kawula | mung ngrêmbag wêwahing picis ||

39. dêdana wus datan ayun | mring janma kang kawlasasih | ngrêmbag srirane priyăngga | sayêkti kirang prêmati | mring janma kang kasangsaran | ugi datan amarduli ||

40. ingatasira sang ratu | punika pan datan yukti | ngucêmakên asma nata | angusudakên nagari | nyirnakkên binatharanya | suda kaluhuran aji ||

41. miwah kawula sadarum | suda ing pangèdhêpnèki | marang panjênêngan nata | datan sande tibèng nisthip | sabab makatên punika | ingkang badhe anjalari ||

42. anggêmpalakên karatun | kupiya duk nguni-uni | lamun wontên naranata | makatên ingkang kinapti | yêkti tan tulus widada | sirna risak kang nagari ||

43. tan pae janma sawêgung | mudha wrêda agêng alit | lamun datan kadunungan | rekadaya nalar tuwin | ngèlmu utawi kawignyan | ingkang lêrês myang prayogi ||

44. nadyan darbe brana agung | tan lama nulya sirnanting | tan dupara atur kula | sumăngga paduka galih | punapa ta tan prayoga | angunjuki pamrayogi ||

45. narbuka prakawis wau | kadya tur kula puniki | sampun ngantya wancakdriya | wit wus masthi tan nalisir | myang anjagi mring sang nata | kaluhuraning narpati ||

46. wontên paribasanipun | wursitanira sujanmi | ajrih lamun dhatêng lêpat | doracara myang nalisir | purun kalamun prayoga | nyata bênêr lawan bêcik ||

47. mubarang prawisipun |[3] rêkyana patih miyarsi | aturira Kartimaya | kathah-kathah [ka...]

--- 27 ---

[...thah-kathah] tur patitis | labda wilêting lukita | kêdaling wicara manis ||

48. sangêt suka jroning kalbu | kyana patya nabda aris | lêrês pun kakang sabdanta | datan wontên kang nalisir | de lamun makatên kakang | rêmbag kula ingkang sisip ||

49. limut kalimput ing kalbu | kaèmêngan ing tyas mami | wit amung jrih lamun manggya | dêdukanira sang aji | tan ngrêmbag nisthaning praja | sudaning kluhuran aji ||

50. nging samangkya kula sampun | tumanggap pramana tuwin | botên sumêlang ing driya | matur mring jêng sri bupati | kadya pirêmbag punika | anyaosi pamrayogi ||

51. nanging upami sang prabu | mundhuti kang dadya saksi | kula pasrah mring pun kakang | munjuk jêng sri narapati | ulah kridhaning kawignyan | nalar-nalar tuwin ngèlmi ||

52. myang rekadaya sawêgung | ingkang bênêr lawan bêcik | măngsaboronga pun kakang | dèn ta ngaturi pasaksi | amrih prayogining lampah | aywa ngantya nguciwani ||

53. Kartimaya malih matur | prakawis puniku gampil | ywa paduka wancakdriya | pun kakang yêkti ngladosi | sakarsa-karsa paduka | ingkang kenging dèn lampahi ||

54. mangkana kya patih sampun | lêga sajroning panggalih | sing rêmbuge kadang tuwa | Kartimaya gya kinanthi | ngandikan kèhing prakara | amrih manising nagari ||

6. Dhandhanggula

1. kyana patya wêwah dènnya asih | sasat kadya sadhèrèk priyăngga | atunggil rama ibune | gya pinaringan sampun | busanendah tanapi picis | samana bagaskara | wus lingsir kalalun | Kartimaya wus linilan | sigra mentar saking ngarsanya kya patih | mantuk mring wismanira ||

2. wusing prapta nulya awêwarti | Kartimaya marang rabinira | prakarèku sakabèhe | rabinya

--- 28 ---

sukèng kalbu | de ki patya dahat dènnya sih | sasat kadang priyăngga | ing panganggêpipun | kawarnaa kyana patya | sampun lêjar myang ciptanira wus êning | lêrêm jênjêm ing driya ||

3. kawursita wusira tri ari | kyana patya nulya asiyaga | gya sowan nata ngarsane | wontên ing sitiluhur | sri narendra miyos tinangkil | lênggah dhampar kancana | kadya sabanipun | ginrêbêg cèthi kêparak | para manggung ingkang sami ngampil-ampil | sadaya upacara ||

4. pêpak wadyabala kang sumiwi | ambêlabar anèng pagêlaran | nayaka pra bupatine | kya patih munggwèng ngayun | datan dangu sri narapati | nulya aris ngandika | paman patih ingsun | arsa wrin pambatangira | dwi prakara timbalan ingsun ing nguni | mara age wêdharna ||

5. kyana patih matur angênjali | dhuh pukulun pêpundhèn kawula | abdi dalêm ing samangke | kalilana umatur | ngarsa dalêm jêng sri bupati | amung panyuwun amba | pukulun sri mulku | nglubèrêna pangaksama | lumuntura sih wêlas dalêm jêng gusti | yèn wontên sisipira ||

6. sri narendra angandika aris | nora paman wit karsa manira | mung ngrêmbug saprayogane | ywa pakewuh ing kalbu | aturira paman mring mami | sing ciptanta priyăngga | dwi prakara mau | miliha salah sajuga | kasugihan lawan kawignyan myang ngèlmi | êndi kang luwih guna ||

7. kyana patya nêmbah matur aris | sing pamanggih ulun sri narendra | nalar tuwin kawignyane | punika langkung prêlu | sangêt guna amigunani | sayêkti tanpa timbang | tumraping janma nung | de kasugihan punika | yêkti kasor dening kawignyan myang ngèlmi | nalar myang rekadaya ||

8. sri narendra mèsêm ngandika ris | paman patih yêkti lamun beda [be...]

--- 29 ---

[...da] | sing panêmuningsun dhewe | de kawignyan puniku | rekadaya nalar lan ngèlmi | tuhu lamun kasoran | lawan brana agung | myang iku kang luwih guna | migunani maring sagunging pra janmi | mara rungokna paman ||

9. janma sugih brana lawan picis | tan kacuwan ing sakarêpira | wus masthi kalakon kabèh | saparipolahipun | katurutan sêdyaning ati | bènèh lawan pra janma | tan darbe brana gung | yêkti wus datanpa daya | nadyan janma kang putus saliring ngèlmi | nalar kawignyan buntas ||

10. nanging datan kadunungan sugih | pasthi uga kabèh kang sinêdya | kuwêl jubêl bundhêl bae | paman pikirên iku | de panêmunira puniki | jênêng ingsun samangkya | arsa wikan iku | katranganira kang cêtha | paman patih umatura kang patitis | paran darunanira ||

11. kyana patya nêmbah matur malih | kasugihan ugi lwih prayoga | tuwin kathah pigunane | mring pra janma sawêgung | mila kathah rêmên darbèni | nanging pratikêlira | ngupaya puniku | warni-warni beda-beda | wontên ingkang madhukun mring liyan janmi | kang wasis pujamantra ||

12. nêdha sugih băndha lawan picis | angupaya margi kang lwih gampang | dhukun gya minta sranane | saji-saji sadarum | mênyan seta wawrat saringgit | sêdhah gambir myang pisang | sadaya kang ayu | sêkar borèh têlung prapat | tukon pasar suwang saprapat pangaji | myang ayam ingkang krêsna ||

13. sampunira pêpak kang sêsaji | kaki dhukun ametangi sigra | nêptu dintên klairane | mênyan binasmi sampun | kaki dhukun matêk kang puji | mandêng urubing dupa | tan dangu gya muwus | kajêng sampeyan punika | masthi bakal jinurungan dados sugih | nanging kêdah dèn sabar ||

--- 30 ---

14. nulya sinung jimatan lan puji | rajah-rajah sinêrat ing dlancang | pating calokèr sastrane | pinurih nyimpên gupuh | pêndhak Sukra dipun kutugi | wontên ingkang tirakat | nendra wontên kubur | tuwin mring unggyan kang sangar | singup-singup kayu watu dèn borèhi | minta kagunanira ||

15. ingkang baurêksa pra dhêdhêmit | wontên ingkang sêsirih myang pasa | sapta ri saban candrane | amati raganipun | warni-warni gunging pra janmi | anging dhatêng kagunan | pakaryan tan ayun | awit datan darbe nalar | rekadaya ngupaya margining sugih | pratikêl kang prayoga ||

16. janma ingkang makatên jêng gusti | nadyan ngantya bujading buwana | yêkti tan antuk sêdyane | salaminya pan amung | kasêngsêm mring sugih mas picis | midêr jroning padesan | angupaya dhukun | kang sampun kondhang lyan praja | wontên malih janma darbe brana luwih | myang arta langkung kathah ||

17. têtilaran sing tyang sêpuh nguni | nanging datan kadunungan nalar | rekadaya ingkang sae | mring kagunan puniku | myang pakaryan wus datan uning | ngêndêlkên kasugihan | sadaya kinayun | yêkti badhe botên cuwa | tinurutan sadaya sêdyaning ati | wit sampun sugih băndha ||

18. datan lama yêkti sirna gusis | larut boros têlas katêrabas | anuntên sirna akale | gêgêtun kapiduwung | ngruruh malih sampun tan bangkit | wit tan darbe kawignyan | rekadaya wau | nalar kang langkung prayoga | katêmahan sing icalira brana di | mung anjêtung kewala ||

19. pan makatên jêng sri narapati | beda lawan janma kadunungan | nalar myang rekadayane | antukira brana gung | saking nalar kawignyannèki | srêgêp anggarap karya | sing kawignyanipun | kagunan myang ngèlmunira [ngèlmu...]

--- 31 ---

[...nira] | lawan botên kuwatos sirnaning picis | lamun manggih rubeda ||

20. kasugihan băndha tuwin picis | sangêt gampil kenging ing rubeda | myang tan lana salamine | nadyan sujanma putus | mring kawignyan nalar lan ngèlmi | myang darbe rajabrana | kasugihan agung | lamun katêmpuh bêbaya | kasugihanira yêkti sirna gusis | uwal sing astanira ||

21. nging kawignyan nalar miwah ngèlmi | salaminya gêsang anèng donya | tan uwal sing jiwanggane | yêkti tumêkèng lampus | benjang datan linggar sing dhiri | myang angèl antukira | ngupaya puniku | mila wontên paribasan | aran bêgja wong kang sugih êmas picis | barang karsa tan cuwa ||

22. nanging luwih mulya janma wasis | pintêr nalar kawignyan wus tatas | bontos saliring kawruhe | makatên jêng sri mulku | tuwin wontên wasita malih | sing pujangga duk kina | ingkang sampun punjul | lamun sira darbe băndha | tuwin arta upayakna wêwah malih | yèn uwis lirokêna ||

23. mring kawignyan nalar tuwin ngèlmi | wit kawignyan iku luwih guna | migunani sakabèhe | nadyan brananta agung | kang wus ilang karya ngupadi | kawignyan nalarira | yêkti sagêd wangsul | sing dayaning kawignyanta | poma-poma pra mudha dèn ta marsudi | ywa kêmba jro tyasira ||

24. wontên malih jêng sri narapati | wursitanya sujanma kang pana | sampurna mring sabarang rèh | makatên kang pitutur | aywa gigrig dèn ta marsudi | angupaya kawignyan | myang ngèlmu sawêgung | nadyan nèng sagara brama | ambaludag angalad-alad kang agni | aywa wangsul nèng marga ||

25. sri narendra angandika malih | paman patih mara têrusêna | aturira sakabèhe | kya patih nêmbah matur |

--- 32 ---

kasinggihan dhawuh jêng gusti | wontênira kawignyan | datan kêmput-kêmput | yêkti saindênging jagad | pan punika sadaya dipun parsudi | dèn nalar-nalar samya ||

26. abdi dalêm kêrêp mirêng warti | sing wursitanira pra sarjana | mring pra janma sadayane | nadyan tumêkèng sêpuh | aywa kêndhat dènira ngudi | angupaya kawignyan | nalar tuwin ngèlmu | lamun datan makatêna | yêkti dhawah ing nistha salami-lami | têmahan dadya sudra ||

27. taksih kathah jêng sri narapati | paribasan saloka ing kina | sadaya samya tujune | kalih bageanipun | kang sapisan pinurih sami | marsudi mring kawignyan | nalar tuwin ngèlmu | ingkang kaping dwi punika | amrih srêgêp tabêri anambut kardi | ywa ngantya tibèng nistha ||

28. sampun têlas aturira patih | sri narendra nulya angandika | paman patih iku kabèh | aturira maringsun | luwih cêtha sarta prayogi | nanging maksa manira | mring katrangan mau | durung patia pracaya | malah-malah bangêt ora ngandêl mami | kasugihan punika ||

29. kasor dening kawignyan myang ngèlmi | nalar-nalar sarta rekadaya | wit wus akèh kupiyane | janma sugih brana gung | nadyan bodho tan darbe ngèlmi | nalar myang rekadaya | kawignyan sawêgung | pasthi têntrêm jroning driya | datan samar kakurangan êmas picis | mukti ing uripira ||

30. dene paman aturira iki | ingsun durung wikan kang kupiya | myang durung wruh pasaksène | coba paman sirèku | ngupayaa kang dadya saksi | kalamun wus têtela | kawignyan puniku | migunani mring pra janma | luwih dening sugih êmas lawan picis | ingsun tan wancakdriya ||

31. yêkti benjang pra kawula mami | ingsun pêrdi ngupaya [ngu...]

--- 33 ---

[...paya] kawignyan | nalar ngèlmu-ngèlmu kabèh | aywa ana kang pêngung | nadyan sugih tuwa nom sami | dimèn apuruita | marang sarjana gung | kyana patih matur nêmbah | praja dalêm ngriki wontên janma wasis | sawarnining kawignyan ||

32. rekadaya nalar kang prayogi | amumpuni sadaya kagunan | pakaryan tuwin ngèlmune | pukulun jêng sri mulku | lamun arsa wikan kang saksi | punika timbalana | sowan ngarsa prabu | yêkti badhe tan kuciwa | liring kawruh-kawruh sadaya udani | Kartimaya wastanya ||

33. sampun komuk mring sanès nagari | kathah janma samya puruita | mring Kartimaya kawruhe | sang nata ngandika rum | bêcik paman karêpmu iki | sesuk bae prayoga | timbalana gupuh | sowan mring ngarsa manira | barêng lawan lakunira paman patih | patih matur sandika ||

34. sri narendra dhawuh marang patih | kinèn bibarakên kang sumewa | nayaka pra bupatine | wadyabala sawêgung | kyana patya dhawuhkên nuli | timbalan sri narendra | kinèn samya mundur | sang nata têdhak sing dhampar | tandya tindak kondur malbèng dalêm puri | ginrêbêg pra kêparak ||

35. para manggung miwah para cèthi | ingkang samya ngampil upacara | dhèrèk sang nata tindake | kya patih lèngsèr sampun | mêdhak saking bangsal sitinggil | pra wadyabala samya | bibaran sadarum | mulih mring wisma priyăngga | mung ki patya tan arsa mantuk mring panti | tindak mring wismanira ||

36. Kartimaya sudaranya wêrdi | wusnya panggya andhawuhkên sigra | sri narendra timbalane | ijêngandika sesuk | tinimbalan sowan sang aji | kerida lampah kula | Kartimaya matur | sandika timbalan [timba...]

--- 34 ---

[...lan] nata | benjang-enjang sowan byantara sang aji | dhèrèk lampah paduka ||

37. kyana patya nulya mapan linggih | asung warta marang Kartimaya | prakarèku sakabèhe | purwa wasana putus | kyana patya manabda malih | kula pasrah pun kakang | munjuk jêng sang prabu | angaturi saksinira | saniskara pirêmbage kakang nguni | wus katur sri narendra ||

38. nanging maksa jêng sri narapati | kêkah dhatêng kasugihanira | kawignyan dèn kawonake | gya mundhut saksinipun | Kartimaya matur ki patih | botên dados punapa | kang makatên wau | karsanira sri narendra | mung paduka ywa sumêlang jroning galih | pasrahna mring pun kakang ||

39. kyana patih nulya nabda malih | kakang benjang yèn wontên karyanya | wragad-wragad sasamine | lampah-lampah sadarum | dèn ta asung ingkang pasaksi | mring ngarsa sri narendra | kula kang katêmpuh | sapintên ingkang kinarsa | kula ingkang asung brana lawan picis | ywa turidèng wardaya ||

40. sampunira gya ngandikan sami | kèhing ngèlmu kang langkung wigatya | myang kawignyan sasamine | ngantya saari muput | kyana patya nèng wismanèki | Kartimaya kadangnya | nulya nabda arum | pun kakang kantun raharja | kula mangkya tumuntên aminta amit | mantuk mring kapatihan ||

41. amung kakang kula sung wêwêling | lamun wontên prakawis wigatya | nadyan sawanci-wancine | kula sinungana wruh | kyana patya nulya lumaris | kondur mring wismanira | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing kapatihan | ya ta wau kawarnaa sri bupati | wusnya kondur ngêdhatyan ||

42. andhawuhi kapêdhak tinuding | animbali mring Kyai Jalena | kinèn sowan ing ngarsane |

--- 35 ---

tan dangu prapta sampun | sowan ngarsa jêng sri bupati | sri nata angandika | marmane ki nujum | sun timbali ngarsaningwang | ingsun mau siniwaka nèng sitinggil | anggunêm kasugihan ||

43. nanging patih matur marang mami | kasugihan puniku kasoran | kalawan kawignyan kuwe | akèh aturnya mringsun | ingkang dadya katrangannèki | saloka paribasan | duk ing kinanipun | wursitanira sarjana | anging ingsun bangêt datan anyondhongi | ature mantri wêrda ||

44. nulya ingsun mundhut ingkang saksi | rekadaya nalar myang kawignyan | paran bangkit ngalahake | mring kasugihan mau | paman patih asung udani | prajèngsun kene ana | sujanma pinunjul | wus putus barang kawignyan | nalar-nalar rekadaya tuwin ngèlmi | salir kagunan buntas ||

45. myang pakaryan kabèh amumpuni | karêpira kaki kadiparan | gyan ingsun mundhut saksine | kawignyan nalar mau | kyai nujum matur ngênjali | pukulun sri narendra | mundhut saksinipun | kawignyan myang rekadaya | lamun ngasorakên janma sugih picis | yêkti gampil kewala ||

46. wit kawignyan puniku jêng gusti | sampun kaprah sadaya sarjana | dèn anggit saprayogine | ingathik-athik sampun | mung kinarya ngirup pra janmi | kang bodho pêngung samya | dimèn sami manut | mring kawruhnya pra sarjana | milanipun pamanggih ulun jêng gusti | yèn mundhut saksinira ||

47. ywa mundhuti kawignyan myang ngèlmi | yêkti mangkya lamun tanpa karya | awit anggitane dhewe | mokal-mokal sadarum | tan pinanggih nalar pamikir | tumrap myang punggung mudha | kajawi mung gumun | ngungun salêbêting driya | pan makatên [ma...]

--- 36 ---

[...katên] pukulun sri narapati | prayogi amundhuta ||

48. kang pasaksi rekadaya tuwin | nalar ingkang angèl linampahan | nadyan mumpuni kawruhe | supadya sru pakewuh | datan bangkit ngunjukkên saksi | dadya sabda sri nata | puniku sadarum | datan wontên sisipira | mapan têtêp anama sabda maharsi | ratu tan kenging ewah ||

49. paribasan duk ing nguni-uni | sabda nata datan kenging ewah | lir mangsi tibèng kartase | makatên jêng sri mulku | de pamanggih ulun puniki | mundhuta saksinira | ingkang sru pakewuh | kinèn ngambil kuda tuwan | amung kêdah jinagèng wadyabala ji | ywa ngantya bangkit dhustha ||

50. lawan malih jêng sri narapati | kinèn ngambil singsim padukendra | kang maksih nèng racikane | makatên cipta ulun | nadyan janma kang sampun wasis | bontos kèhing kawignyan | nalar tuwin ngèlmu | masthi sru pakèwêdira | panyiptamba sayêkti tan pisan bangkit | mring prakawis punika ||

51. sri narendra angandika aris | yèn mangkono iku lwih prayoga | bênêr aturira kuwe | kaki pamrayogamu | kabèh uwis tumanggap mami | bangêt panrimaningwang | nrima jênêng ingsun | supadya têtêp kang sabda | dan sinêbut sabda pandhita narpati | tan kêna ingowahan ||

52. kyai nujum nèng ngarsa sang aji | ngantya sêraping Hyang Bagaskara | sri narendra dhawuh age | ki nujum klilan mantuk | tan kawarna dalu wus enjing | Kartimaya siyaga | yun sowan sang prabu | anjujug nèng kapatihan | kyana patya sawusira dandos nuli | linggih anèng pandhapa ||

53. datan dangu Kartimaya prapti | wusing panggya lan rêkyana patya | nulya sarêng ing lampahe | sowan [so...]

--- 37 ---

[...wan] ngarsa sang prabu | malbèng dalêm pura kya patih | Kartimaya nèng jaba | anganti kang dhawuh | kya patya tumamèng ngarsa | Sri Narendra Jarumaya ngandika ris | majua kene paman ||

54. wusing parêk ngarsa sri bupati | kyana patih nulya atur sêmbah | amba ngirid pisowane | kadya dhawuh sang prabu | janma putus saliring ngèlmi | nalar tuwin kawignyan | nèng regol kadhatun | anganti ingkang timbalan | sri bupati dhawuh mring wadya kang kêmit | kinèn nimbali sigra ||

55. Kartimaya sarêng sampun prapti | ngabyantara sang nata ngandika | marang kya patih sabdane | paman sing karsaningsun | datan mundhut ingkang pasaksi | ngèlmu sarta kawignyan | awit kabèh iku | anggitane pra sarjana | mokal-mokal mung kinarya ngirup janmi | kang bodho pêngung samya ||

56. yêkti lamun wus dèn athik-athik | kabèh ngèlmu utawa kawignyan | iku anggitane dhewe | tan ana nyatanipun | panggorohan tan malbèng pikir | kinarya sêsongaran | janma kang andulu | supadya kelut tyasira | dadya kenging dèn irup mring kawruhnèki | têmah padha pruita ||

57. pan mangkono kiraning tyas mami | pra sarjana wasis mring kawignyan | ngèlmu-ngèlmu sakabèhe | mung kinarya pus-apus | ambêbujuk maring sasami | dimèn samya pruita | maring dhèwèkipun | anulya asung branarta | amung iku pamrihe wasis mring ngèlmi | apa tan aran nistha ||

58. lawan manèh paman kang utami | sasuwene ngupaya kawignyan | angur anambuta gawe | yêkti lamun wus antuk | wêwahira brana lan picis | mangkono uga paman | mungguh janma dhusun | ngèlmu tanapi kawignyan | tanpa karya kajaba mung dadya winih | laku kurang prayoga ||

--- 38 ---

59. lamun janma kang wasis mring ngèlmi | lan kawignyan iku yêkti samya | lumuh anambut karyane | kalumrahaning dhusun | macul garu maluku tuwin | nandur pari nèng sawah | sarta nandur jagung | kacang kênthang myang katela | mapan amung dledar-dlèdèr turut margi | rumăngsa tan na madha ||

60. lawan manèh dèn êrèh tan kêni | mring wong tuwa kurang tatakrama | mung nganggo karêpe dhewe | tan ambangun miturut | paprentahan saking nagari | iku panganggêpira | sapele sadarum | kang dèn rêmbug saban dina | mangan enak manganggo kang sarwa adi | mring pakaryan tan arsa ||

61. datan liya kang dèn athik-athik | saban ari ngirup-irup janma | pinrih maguru ngèlmune | yèn tan mangkono iku | lamun ana janma darbèni | prakara mring sasama | wus katur mring kukum | măngka antuk parampungan | rèhning uwas dèn galih dening nagari | wong iku kang kluputan ||

62. dèn bêbujuk supaya darbèni | atur gugat manèh mring nagara | sinungan ing pratikêle | sanadyan janma iku | wus têtela dhawah ing sisip | sarta uwis narima | rumăngsa yèn luput | nanging saking wêwulangnya | nulya thukul pikarêp kang kurang bêcik | dadya manut kewala ||

63. yêkti datan dupara sun iki | pan wus akèh kupiya ing kuna | janma kathah kawignyane | karyanya ambêbidhung | ambêbingung kèhing pra janmi | de Kartimaya sira | wong wasis mring ngèlmu | rekadaya lan kawignyan | Kartimaya mara pikirên puniki | mungguh sabda manira ||

64. mapan yêkti kawignyan myang ngèlmi | iku kasor dening kasugihan | wit wong sugih mas picise | kabèh ingkang kinayun | ciptèng driya masthi yèn dadi [da...]

--- 39 ---

[...di] | tan ana kang kacuwan | beda lan janma nung | nadyan putus mring kawignyan | nanging datan kadunungan sugih picis | yêkti yèn tanpa daya ||

65. rèhning patih matur marang mami | kasugihan iku kasor lawan | kawignyan myang nalar kabèh | rekadaya lan ngèlmu | ingsun arsa mundhut kang saksi | paran darunanira | de mangkono iku | mêne ingsun arsa wikan | rekadaya nalarira dadya saksi | ywa sira salah tămpa ||

66. Kartimaya nêmbah matur aris | dhuh pukulun gusti sri narendra | binathara karatone | asih mring dasih tuhu | ratu agung anyakrawati | nadyan ing tri buwana | tan wontên kang nyundhul | kaluhuran dalêm nata | kasinggihan pangandika dalêm gusti | sampun kathah kupiya ||

67. nanging mangkya ulun jêng dewa ji | tadhah duka ngarsa padukendra | kalamun kathah sisipe | amba sru kamipurun | matur ngarsa dalêm jêng gusti | tan lyan amung kawula | nyadhang sih pukulun | nglubèrkên gunging aksama | sri narendra mèsêm angandika aris | mara age matura ||

68. Kartimaya nêmbah matur malih | rekadaya nalar kang prayoga | saking kawignyan tuwuhe | ngèlmi-ngèlmi sadarum | janma ingkang arsa darbèni | nalar myang rekadaya | kêdaha sinau | ngèlmi-ngèlmi lan kawignyan | de kalamun datan makatên jêng gusti | yêkti botên sampurna ||

69. saupami janma andarbèni | rekadaya tuwin nalar-nalar | tan sinangkan sing ngèlmune | wah kawignyan puniku | pan punika jêng sri bupati | kajawi tan sampurna | kêdhik nalaripun | tuhu lamun tan prayoga | de ing mangke amba umatur jêng gusti | kasugihan punika ||

70. sing pamanggih ulun [ulu...]

--- 40 ---

[...n] sri bupati | tan dupara sayêkti kasoran | mring ngèlmu myang kawignyane | rekadaya sawêgung | nalar-nalar ingkang prayogi | makatên saksènira | pukulun sang prabu | amba ngaturkên carita | nguni wontên tri janma samya lumaris | layar mring nagri Madras ||

71. Wignyaguna juga wastanèki | sêsurupanira kawruh kathah | kawignyan myang kagunane | nalar-nalar sadarum | rekadaya ingkang prayogi | dene ingkang sajuga | wau rowangipun | Păncakarya wastanira | wasis karya tanggok cêthing lawan irig | kepang tuwin kukusan ||

72. juga malih janma sugih picis | Kartadrana punika wastanya | nging tan bangkit nambut gawe | ngêndêlkên brananipun | têtilaran tyang sêpuh nguni | katri janma punika | samya numpak prau | kapal tumulya umangkat | nging tan sagêd prapta kang sinêdyèng kapti | karana duk angambah ||

73. nèng samudra tantara dumugi | parêk pulo Riyo kang winarna | katêmpuh ing marutane | păncawora wor lesus | palwanira amobat-mabit | kang warih mawalikan | samantên tan dangu | nulya kèrêm ingkang palwa | isinira tanpa kukupan sirnanting | saking parmaning dewa ||

74. samanantuk pitulungan sami | tri janmèku kaparêng ing bêgja | minggir sinêmpyok alune | sagêd mêntas sadarum | maring gisik pinggir pasisir | dadya ing luwarira | sing bêbaya wau | saksana samya lumampah | katri janma sêsarêngan lampahnèki | turut tirah samodra ||

75. lampahira sami amarsudi | ing wardaya awit arsa wikan | sajroning pulo isine | punapa wau sampun | dèn ênggèni ing para janmi | nulya sami tumingal | janma pados kayu | wontên wana tarataban [ta...]

--- 41 ---

[...rataban] | Wignyaguna mojar mring dwi rowangnèki | dèn eca ing wardaya ||

76. ywa sumêlang salêbêting galih | wontên pulo ing ngriki punika | sing parmaning dewa mangke | kula katri satuhu | sami manggya arja basuki | praptèng tanah punika | sayêkti yèn sampun | kaênggenan ing manusa | măngga sami dèn enggal gènnya lumaris | mring salêbêting kitha ||

77. nulya samya lumampah janma tri | Kartadrana ing samarga-marga | asangêt ing panggrêsahe | kèngêtan bandhanipun | ingkang sampun sirna nèng warih | ananging Wignyaguna | kawistarèng sêmu | tan sumêlang jroning driya | kawarnaa dènira lumaksa prapti | salêbêting nagara ||

78. nulya pisah dènira lumaris | sowang-sowang pikajênganira | awit samya lêga tyase | dahad suka ing kalbu | mulat dhatêng ramening nagri | dadya saparan-paran | nut sakarsanipun | angupaya buktinira | sampun datan panggih lawan rowangnèki | makatên cinarita ||

79. tyang ing pulo Riyo aningali | samya rêsêp sajroning wardaya | tuwin sae ing patrape | mring Wignyaguna wau | ing wêkasan tiyang ing nagri | sami darbe paminta | dhatêng pyambakipun | nulya kinèn awismaa | wontên kitha pulo Riyo ngantos lami | pinurih amêmulang ||

80. kawuh-kawruh ngèlmu kang prayogi | myang kagunan tanapi pakaryan | amardia mring pra rare | sutanira tyang ngriku | Wignyaguna suka ing galih | kaparêngan tyasira | mring pamintanipun | para janma jroning kitha | kalampahan mêmulang kawruh sakalir | tantara lama-lama ||

81. sampun kathah pra mudha kang wasis | Wignyaguna nalika [nali...]

--- 42 ---

[...ka] samana | antuk kauntungan akèh | pamêdalira agung | sing tabêri dènnya mêmardi | nênuntun mring pra mudha | cêkap têdhanipun | miwah ingkang dipun sandhang | lami-lami saya kathah kang pinardi | wêkasan Wignyaguna ||

82. dadya sugih brana lawan picis | tan adangu kasugihanira | ngungkuli ing sasamine | gantya ingkang winuwus | Păncakarya langkung tabêri | dènira dêdamêlan | tanggok irigipun | sinade wontên ing pasar | tyang ing ngriku kathah rêmên andarbèni | tanggok damêlanira ||

83. nulya kathah kang samya mêmêling | tanggok cêthing dhatêng Păncakarya | kondhang ing sawêwêngkone | pulo Riyo puniku | dadya kathah tampaning picis | enggaling kang carita | Păncakarya wau | datan kirang sandhang têdha | tan alami Păncakarya dadya sugih | kocapa Kartadrana ||

84. awit datan bangkit nambut kardi | saban ari rudah ing wardaya | ngupaya kajêng karyane | manawi sampun antuk | gya sinade jroning nagari | punika kang kinarya | sarananing idhup | nujwa juga ri samana | Wignyaguna ngenggar-enggar ing tyasnèki | urut marganing kitha ||

85. tan adangu anulya pinanggih | lawan Kartadrana wontên marga | datan pangling gya ingawe | pun Kartadrana gupuh | dhatêng Wignyaguna marani | Wignyaguna têtanya | kaslamêtanipun | tuwin tanya ingkang dadya | panggotannya kinarya srananing urip | nèng pulo Riyo mangkya ||

86. Kartadrana angling sarwi nangis | mrêbês mili trocosan kang waspa | wontên ngajêngan ajèngkèng | wicaranya mlasayun | Wignyaguna anyandhak aglis | kinanthi astanira | sarêngan lumaku | Kartadrana sung uninga | purwa madya wasana sadaya titi | Wignyaguna lingira ||

87. yèn makatên [maka...]

--- 43 ---

[...tên] andika samangkin | tunggil dadya sawisma kewala | lawan kula langkung sae | lamun andika sarju | Kartadrana suka tan sipi | alon wangsulanira | sakalangkung nuwun | de paduka paring wêlas | lamun datan makatên kula sayêkti | susah tanpa wasana ||

88. Kartadrana anulya umiring | atut wuri dhatêng Wignyaguna | lumaksana mring wismane | kawarnaa nèng ênu | sing parêngan nulya pinanggih | kalihan Păncakarya | Wignyaguna nantun | kajêngira Wignyaguna | janma katri wismaa dadya sawiji | rèhning sami tyang mănca ||

89. Păncakarya tan lêngganèng kapti | tri janmèku sarêng lampahira | tan kawarna ing margine | prapta ing wismanipun | Wignyaguna tansah mêmardi | mring dwi rowang punika | winulang ing ngèlmu | tanapi kèhing kawignyan | lami-lami cinarita sampun wasis | tan wontên kang kuciwa ||

90. nulya dipun patah-patah sami | kinèn mulang dhatêng para mudha | lamun nèng wisma karyane | srêgêpira kalangkung | nambut karya sasênêngnèki | pramila datan lama | tri janma puniku | dadya tiyang sugih brana | datan wontên sasami ingkang ngungkuli | mring kasugihanira ||

91. pan makatên jêng sri narapati | têtuladan carita ing kina | sing pamanggih ulun mangke | atur amba puniku | sampun cêkap kinarya saksi | sanèsipun punika | gusti jêng sang prabu | maksih kathah têtuladan | lêlampahan janma ingkang sampun wêgig | wasis dhatêng kawignyan ||

92. sri narendra angandika aris | wus tumanggap ingsun mring turira | dèn ta ngunjuki saksine | ananging maksa ingsun | durung marêm jroning panggalih | saksi amung carita | yêkti durung tamtu | nging manira ing samangkya | mundhut saksi

--- 44 ---

sing nalarira pribadi | sarta rekadayanta ||

93. ingsun manut apa ingkang dadi | aturira wong roro lan paman | kasugihan dèn sorake | lan kawignyan puniku | Kartimaya matur ngênjali | sumanggèng karsa nata | andhèrèk sadhawuh | sri narendra gya ngandika | Kartimaya mara mêngko ratri iki | ambilên kudaningwang ||

94. aja ana kang kari sawiji | nanging sira kudu dèn prayitna | gonira ngambil kudane | aywa ngantya kapikut | dening wadya kang samya kêmit | dene kalamun sira | cinêkêl wadyèngsun | yêkti sira kapatrapan | paukuman kadya anggêring nagari | janma kang laku dhustha ||

95. dene lamun sira datan kêni | cinêkêl mring pra wadya kang jaga | lan janma jagèng margane | ywa sumêlang ing kalbu | sira datan sun dakwa maling | lan manèh sira datan | tinrapan ing ukum | kaya anggêring nagara | pramulane aywa sumêlang ing ati | paran ing karêpira ||

96. Kartimaya nêmbah matur aris | dhawuh dalêm gusti sri narendra | abdi dalêm mung andhèrèk | karsa dalêm sang prabu | nging patikbra nyuwun aksami | yèn kaparêng ing karsa | abdi dalêm nyuwun | inah saari kewala | yun ngupadya rekadaya aywa nganti | mundur madyaning marga ||

 


Lebih satu suku kata: punjung iku dhuwur. (kembali)
gampil. (kembali)
Kurang satu suku kata: mubarang prakawisipun. (kembali)