Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 07–13)

Judul
Sambungan
1. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 01–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 07–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 14–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

7. Durma

1. sri narendra alon dènira ngandika | bêcik karêpmu iki | nanging dèn prayitna | iku sabda manira | yèn kapikut sira pasthi | kênèng ukuman | kinunjara sayêkti ||

2. wus kalilan sira wong roro lan paman | mundur sing ngarsa mami | kyana patih lawan | Kartimaya manêmbah | gya lèngsèr sing ngarsa aji | mêdal ing jaba | tan kawarna ing margi ||

3. lampahira kya patih lan Kartimaya | tan dangu sampun prapti | dalêm [da...]

--- 45 ---

[...lêm] kapatihan | tumuli Kartimaya | amit dhatêng kyana patih | mantuk mring wisma | kya patih nabda aris ||

4. yèn sambada sing panêdha kula mangkya | pun kakang anèng ngriki | sakêdhap kewala | wawan rêmbag lan kula | rinêmbag ingkang prayogi | dhawuh sri nata | sampun anguciwani ||

5. Kartimaya sandika ing aturira | ki patya nabda malih | kadiparan kakang | karsanya sri narendra | angèl linampahan yêkti | rinekadaya | tuhu kalangkung sungil ||

6. sing pamanggih kula punika supadya | pun kakang datan bangkit | nalar ngrekadaya | kadya sri naranata | sabda kang sampun kawijil | sing karsanira | aywa ngantya katitih ||

7. kadiparan kakang angupaya nalar | ngrekadaya puniki | sing ngantos pinanggya | bangkit anglampahana | dhawuhnya jêng sri bupati | angambil kuda | kagungan narapati ||

8. kathahira winatawis kawan dasa | sadaya kinèn ngambil | măngka jinagenan | ing wadyabala kathah | mokal kakang sagêd ngambil | kuda punika | tan konangan kang jagi ||

9. Kartimaya matur mring rêkyana patya | dhawuhnya sri bupati | tan sisip sabdanta | yêkti kalangkung awrat | myang kalangkung dening sungil | yèn linampahan | angèlira tan sipi ||

10. nanging mangkya ngupadya prayoginira | ingkang ngantos pinanggih | dhawuhnya sang nata | sarana rekadaya | bokmanawi kula bangkit | anglampahana | kadya dhawuh sang aji ||

11. rèhning sampun dumugi dènnya ngandika | kula anyuwun amit | mantuk dhatêng wisma | yun ngupaya kang dadya | dhawuhnya sri narapati | kang rekadaya | benjang ywa nguciwani ||

12. wus linilan kya patih maringi sigra | brana tanapi picis | kinarya sarana | pangrekadayanira [pa...]

--- 46 ---

[...ngrekadayanira] | prabeya ing lampahnèki | gya Kartimaya | mentar sing ngarsa patih ||

13. tan kawarna lampahira anèng marga | Kartimaya wus prapti | dhatêng wismanira | sêmu tan kawistara | lamun tyasira prihatin | mung kadya saban | miwah datan wêwarti ||

14. mring rabinya dadya eca ing wardaya | kawarna sampun ratri | Kartimaya dahat | ngulir budayanira | dènnya arsa nglaksanani | dhawuh sri nata | dèn nalar kang prayogi ||

15. nging saratri dènira ngupaya nalar | dèrèng sagêd pinanggih | rekadayanira | sru kawêkèn ing driya | wimbuh ruditèng tyasnèki | nglocitèng nala | kadiparan sun bangkit ||

16. angambila kuda kagungan sri nata | jinaga ing prajurit | asikêp gêgaman | sarta padha prawira | saurutirèng capuri | tan na kang sêla | kabèh masthi jinagi ||

17. yèn rinodaparipaksa datan kêna | iku nora prayogi | wit janma sajuga | kinrubut wadya kathah | nadyan kanthi rowang pasthi | padha sakala | yêkti kapikut nuli ||

18. warni-warni dènira nglocitèng driya | nging maksa tan prayogi | putêk jro tyasira | saratri datan nendra | angantya tumêkèng enjing | sigra siyaga | nulya mêdal sing panti ||

19. lumaksana urut marganing nagara | anganthi juga janmi | siswanira wêrda | kang wus putus niskara | kawignyan agal myang rêmpit | Nitilukita | punika wastanèki ||

20. urut marga tan pêgat dènnya rêrasan | angupaya pambudi | daya kang prayoga | ywa wontên kara-kara | dènira yun anglampahi | dhawuh sang nata | manggya arja basuki ||

21. Kartimaya angling mring Nitilukita | kari sadina iki | pundhating sêmaya | durung antuk pambudya | kadiparan polah mami |

--- 47 ---

ing ratri mangkya | kalamun datan bangkit ||

22. ngambil kuda kagunganira sang nata | sarana ing pambudi | nalar rekadaya | ngantya tan kawistara | mring pra wadya ingkang jagi | lamun angemba | pratikêlirèng juti ||

23. datan lama nulya kapikut sadaya | paran karêpmu iki | ing pratikêlira | gone ambudidaya | amrih kalaksanan bêcik | Nitilukita | sakêdhap datan angling ||

24. wit rinasa-rasa sajroning wardaya | kalangkung dening sungil | nging Nitilukita | sasagêd-sagêdira | kathah-kathah rêmbagnèki | ananging maksa | kabèh tan migunani ||

25. saya rudah Kartimaya jroning driya | putêking tyas tan sipi | kawarna samana | dènira awisata | praptèng jawining nagari | wanci wus siyang | prabèng Hyang Bagaspati ||

26. dahat bêntèr tumama dhatêng sarira | janma samya lumaris | sampun mèh tan tahan | wong roro samya raryyan | sangisoring wit waringin | têpining marga | anulya gênti-gênti ||

27. nglairakên pinanggihing rekadaya | tan dangu dènnya sami | nèng soring mandira | Kartimaya manabda | Nitilukita samangkin | de wus antara | mulih kewala bêcik ||

28. sun wus antuk ing pambudidayanira | mêngko sira ngong wangsit | nging panjaluk ingwang | sira ngrêrewangana | lakuningsun mêngko ratri | angambil kuda | sarowangira murid ||

29. kang wus wasis ulah kridhaning kawignyan | sapta bae nyêkapi | dadya kanthiningwang | Nitilukita mojar | sampun kuwatos ing galih | sayêkti kula | nadyan tumêkèng pati ||

30. nêdya dhèrèk ing rèh paduka sadaya | tan nêdya angendhani | Kartimaya nulya | kalawan rowangira | mênyat saking dènnya linggih | gya lumaksana | mlêbêt [mlêbê...]

--- 48 ---

[...t] jroning nagari ||

31. Kartimaya mangsit mring Nitilukita | tinêmuning pambudi | purwa myang wusana | tinuturkên sadaya | Nitilukita wus tampi | ing wangsitira | dahat dènnya ngrujuki ||

32. kawarnaa wus prapta ing wismanira | Kartimaya ngulungi | mring Nitilukita | arta kalangkung kathah | Nitilukita nulya glis | ngupaya rowang | pra janma ingkang sami ||

33. puruita ing kawruh mring Kartimaya | kang wus widagdèng ngèlmi | angsal sapta janma | kabèh pan wus winarah | ing rêmbuge gurunèki | padha sakala | nulya umangkat aglis ||

34. samya tumbas sarupanira inuman | konyak sarta branduwin | ciyu lawan arak | kalangkung dening kathah | wontên ingkang angupadi | pasewan grobag | tiga pangirid sami ||

35. sarupaning inuman winot ing grobag | têtiga kêbak sami | wusira mangkana | grobag têtiga nulya | samya dèn iringkên mulih | mring wismanira | Kartimaya glis prapti ||

36. sarowangnya Nitilukita sadaya | sami satata linggih | madyaning pandhapa | Kartimaya nèng têngah | wêwarah pratikêlnèki | kabèh tumanggap | myang sumaguh ing kapti ||

37. Kartimaya lêga sajroning wardaya | mèsêm lingira aris | kabèh kancaningwang | mêngko yèn praptèng kana | dèn samya prayitnèng wèsthi | de ingkang dadya | pangarsa ngong pribadi ||

38. Kartimaya dangu dènira sung warah | gantya sri narapati | enjang dhawuh marang | Yasaguna kapêdhak | kinèn animbali aglis | mring Wirayuda | pangagênging prajurit ||

39. nêmbah mentar Yasaguna sing byantara | tan kawarna ing margi | wus praptèng wismanya | panggya lan Wirayuda | Yasaguna dhawuh aglis | timbalan nata | Wirayuda tumuli ||

40. Yasaaga[1]

--- 49 ---

gya sarêng ing lampahira | tan dangu sampun prapti | ngarsa sri narendra | sang nata angandika | marma sira sun timbali | karsa manira | mêngko saratri iki ||

41. wuwuhana wadyaningsun ingkang jaga | ing kandhang kuda mami | tikêl dwi kewala | wit bakal ana karya | dèn samya angati-ati | pangrêksanira | nuli dhawuhna aglis ||

42. nêmbah lèngsèr Wirayuda saking ngarsa | sigra dhêdhawuh aglis | timbalan sang nata | maring pra wadyabala | ingkang rumêksa ing wêngi | nèng kandhang kuda | kawarna sampun prapti ||

43. wadyabala kang kêmit nèng kandhang kuda | pan sampun amiranti | sagêgamanira | tuwin samya prawira | atap uruting capuri | tan na kang sêla | kêbak wadya kang jagi ||

44. duk ing tabuh kalih wêlas Kartimaya | dandos sarowangnèki | cacahira janma | sanga lan Kartimaya | wusnya gya budhal tumuli | angiring grobag | têtiga kêbak sami ||

45. sarupaning inuman dènnya têtumbas | wau duk siyangnèki | de busananira | Nitilukita memba | pangangêngirèng prajurit | wadya sri nata | lumaksa munggwing ngarsi ||

46. janma jaga saurut tirahing marga | mulat dènnya lumaris | datan munasika | nyana lamun punika | wadya utusan sang aji | dadya lampahnya | tan wontên kawis-kawis ||

47. dupi prapta nèng samadyaning bacira | têbihira watawis | sing capuri kandhang | kuda tri atus jangkah | Kartimaya abêbisik | mring rowangira | kinèn singidan sami ||

48. andhêdhampèng dhumèpèl witing mandira | supadya tan katawis | mring wadya kang jaga | anèng regoling kandhang | gya Kartimaya pribadi | ngiringkên grobag | lumaksana ing ngarsi ||

49. dupi lampahira Kartimaya prapta | ngajêng regol [re...]

--- 50 ---

[...gol] capuri | pra wadya kang jaga | asru dènira nabda | hèh abrag apa puniki | winot ing grobag | lumaku bêngi-bêngi ||

50. datan liya iku olèhe andhustha | hèh kănca-kănca mami | pikutên kewala | iku wong laku samar | murang anggêring nagari | prayoganira | tinahan bae bêcik ||

51. Kartimaya anulya cinêpêng sigra | mring pra wadya kang kêmit | Kartimaya mojar | angasih-asih dahad | dhuh-dhuh andika puniki | paran ing karsa | tan darbe wêlas sami ||

52. kang sajuga wadya sugal saurira | hèh gêntho kowe maling | apa ujarira | panyananira ingwang | darbe wêlas mring sirèki | sèwu nglêngkara | yèn sira dudu maling ||

53. yêkti sira sun talikung sanalika | ywa kakehan cariwis | sesuk rasakêna | ingukum nèng kunjara | hèh kănca ngambila tali | kinarya bêsta | gêntho iki dèn aglis ||

54. Kartimaya mangsuli akathah-kathah | sarwi angasih-asih | dhuh kisanak ingwang | ambok sarèh kewala | sampun laju sangêt runtik | mring kula mangkya | badhe asung udani ||

55. mring kisanak ing lampah kula punika | mila lumampah wêngi | kinèngkèn sudarma | purih tumbas inuman | wit sudarma kula mangkin | karya samuwan | klêrês wêdalannèki ||

56. rèhning kathah para tamu sêsuruhan | kang samya andhatêngi | pasugatanira | inuman nulya têlas | kula gya kinèn lumaris | tumbas inuman | pinurih gea prapti ||

57. yêkti kula sangêt dipun arsa-arsa | maring sudarma mami | dene ngantya lama | tan katingalan prapta | sing paminta kula mangkin | lamun sambada | ywa ngarubiru sami ||

58. lampah kula kinèngkèn dening sudarma | lamun kisanak sami | karsa angunjuka [angunju...]

--- 51 ---

[...ka] | mring inuman punika | sakarsa-karsa suwawi | lêga tyas kula | tan dadya kawis-kawis ||

59. para wadyabala kang jaga sadaya | sarêng mirêng dènnya ngling | sarèh wuwusira | apa yêkti lingira | sira iku dudu maling | alaku samar | mara nabdaa aglis ||

60. Kartimaya alon dènira manabda | dèn pitaya ling mami | yêkti datan dora | lamun kula durjana | masthi tan purun lumaris | cêlak tyang jaga | sumăngga dipun galih ||

61. para wadya kang jaga arsayèng driya | sigra samya angambil | inuman sing grobag | kathah pamêndhêtira | sadaya gya nginum sami | asuka-suka | tan èngêt dènnya kêmit ||

62. dangu-dangu pra wadya wuru sadaya | tan na èngêt sawiji | nulya samya nendra | sadhawah-dhawahira | Kartimaya ngadêg aglis | asung pratăndha | mring para rowangnèki ||

63. kang andhampèng dhumèpèl witing mandira | sarêng pra rowang sami | mirêng kang pratăndha | enggal samya lumaksa | mring Kartimaya marani | sampun pinanggya | Kartimaya bêbisik ||

64. hèh pra rowang-rowang manira dèn enggal | busananya prajurit | ingambil kinarya | anyalamur ing lampah | supadya janma kang jagi | tirahing marga | ywa munasika sami ||

65. dan tumandang Kartimaya sarowangnya | mêndhêt busananèki | wadya ingkang jaga | nulya rinasuk samya | wusira sigra angambil | kuda sing kandhang | ginandhèng-gandhèng tali ||

66. juga janma angiringkên kuda gangsal | kang ngajêng dèn tumpaki | gumrudug lampahnya | saurutirèng marga | Nitilukita angiring | grobag têtiga | anèng wuri pribadi ||

67. janma jaga saurut tirahing marga | mulat dènnya lumaris | kagyat jroning driya | anyipta lamun [la...]

--- 52 ---

[...mun] ana | pakewuh bakal nêkani | agurawalan | nyandhak sanjata aglis ||

68. mênyat ngadêg sing gone pajaganira | miyat nganan myang ngeri | apasang wiweka | lamun ana bêbaya | mêngsah sing liyan nagari | de wadya nata | lumaksana angiring ||

69. kuda kathah kanyana yun asiyaga | mapagakên ing jurit | dadya dènnya jaga | sanityasa prayitna | kabèh datan ana guling | sanjatanira | wola-wali pinandhi ||

70. kawarnaa lampahira Kartimaya | sarowangira sami | tan na munasika | kabèh wong jagèng marga | ngantya praptèng wismanèki | gya kudanira | cinancang ngisoring wit ||

71. kêbak andhèr anèng kanan kering wisma | sigra malbèng pandhapi | rinacutan samya | busananirèng wadya | anulya satata linggih | tansah rêrasan | saratri tan aguling ||

72. ênêngêna ingkang samya arêrasan | pan sampun wanci enjing | kawarna pra wadya | ingkang angrêksa kuda | garegah tangi sawiji | agurawalan | mulat kuda wus gusis ||

73. krêdyating tyas nyana kalamun dhinustha | wèl-welan dènira ngling | anggugah rowangnya | hèh kănca-kancaningwang | padha atangia aglis | rêrêksanira | têlas tan ana siji ||

74. guragapan sadaya wadya kang jaga | garegah samya tangi | gêdêr mawurahan | bingung abilulungan | ngalor ngidul nganan ngeri | miyat jro kandhang | suwêng kuda sirnanting ||

75. cuh-cinucuh maring pra rowang priyăngga | juga wadya sru angling | kănca kadiparan | têlasing kuda nata | sapa kang amêmarahi | ngombe inuman | dadya wuru wak mami ||

76. lah ing mangke lamun makatên punika | paran polah sun sami | kuda

--- 53 ---

wus tan ana | têlas winawèng dhustha | mendah dukane sang aji | rowangnya mojar | paran sabdanta iki ||

77. mapan kabèh padha ing pikarêpira | aywa nucuh mring mami | lan mring para rowang | ngalêm badan priyăngga | tan bêcik ujarmu iki | luwung rinêmbag | mring pra rowang prayogi ||

78. wadya ingkang ingambil busananira | dhêlêg-dhêlêg tan angling | sidhakêp astanya | anèng têpining kandhang | kalangkung ngungun tyasnèki | anulya ana | wadya wêrda sawiji ||

79. sru wuwusnya marang rowang-rowangira | hèh kabèh kănca mami | mara rungokêna | sun darbe pamrayoga | aywa cuh-cinucuh sami | yêkti tan ana | ingkang bênêr sawiji ||

80. lwih prayoga rinêmbag kabèh sakănca | dene lamun ngrujuki | sing rêmbug manira | matah kănca dwi janma | kinongkon ngaturi uning | ilanging kuda | mring pangagêng prajurit ||

81. wus sarêmbug kabèh pra wadya kang jaga | nulya matah dwi janmi | pinurih lumaksa | asung wrin pangagêngnya | janma dwi sigra lumaris | tan dangu prapta | wismèng pangagêngnèki ||

82. wusing panggya nulya ngaturi uninga | icaling kudanèki | ngaturkên sadaya | purwa madya wasana | Wirayuda langkung runtik | mawinga-winga | ngatirah netra andik ||

83. datan nabda nulya lumaksana sigra | kadwi wadya umiring | ginêlak lampahnya | wus praptèng kandhang kuda | Wirayuda sru dènnya ngling | hèh-hèh prikănca | paran dènira jagi ||

84. dene ngantya tan ana kari sajuga | kabèh ilang agusis | mêngko rasakêna | bêbênduning sang nata | ya kapienak sirèki | sèwu nglêngkara | maling bisa angambil ||

85. jinagenan mring wadyabala akathah |

--- 54 ---

tikêl dwi sabannèki | pra wadya turira | tan liya amung kula | asrah ingkang pati urip | mring ngarsa nata | wit sampun tibèng sisip ||

86. nging panyuwun kula pra wadya sadaya | yèn paduka nglilani | arsa asiyaga | sikêp gamaning yuda | ngulati janma kang maling | kuda sri nata | Wirayuda nulya ngling ||

87. bab icaling kuda sakandhang sadaya | iku tan liya saking | sru sêmbrananira | sarta kurang wiweka | wah kurang sungkêmirèki | mring sri bupatya | dudu watak prajurit ||

88. kadya iku wêwalêsmu mring sang nata | bêcik bangêt sirèki | mendah dukanira | jêng sri pamasa mangkya | yêkti sira dèn patrapi | ing paukuman | abot sanggane sami ||

89. mangkya sira datan kêna lunga-lunga | nèng kene bae dhisik | sun arsa lumaksa | sowan ngarsa sri nata | arsa angaturi uning | ilanging kuda | sakandhang sirna gusis ||

90. lamun sira mangkya arsa asiyaga | sikêp gamaning jurit | ngulati kang dhustha | iku nora prayoga | kalamun durung nampani | timbalan nata | Wirayuda nulya glis ||

91. lumaksana yun sowan ngarsa sang nata | tan dangu sampun prapti | byantarèng narendra | Wirayuda manêmbah | muka lir konjêm ing siti | tandya sri nata | pangandikanya aris ||

92. Wirayuda sira sumewa ngarsèngwang | tan nganggo sun timbali | paran darunanya | apa ta ana karya | kang luwih dening wigati | age matura | manira arsa uning ||

93. Wirayuda nêmbah ngrarêpa turira | gusti kula sang aji | amung padukendra | tuhu ratuning jagad | dahad paramartèng dasih | kang kawlasarsa | patikbra tadhah runtik ||

94. pêjah gêsang ulun pra dasih sadaya | nèng asta jêng dewaji | patikbra sumewa | dumrojog [du...]

--- 55 ---

[...mrojog] ngabyantara | pukulun jêng sri bupati | atur uninga | abdi dalêm prajurit ||

95. ingkang samya dhinawuhan jagi kuda | wau ratri puniki | mangkya kuda tuwan | têlas tan kantun juga | dhinusthèng tiyang duskarti | pra wadyabala | sumanggèng karsa aji ||

96. pêjah gêsang mung asrah ngarsa paduka | pukulun sri bupati | de pra wadya tuwan | sampun rumaos lêpat | botên amung nyênyadhang sih | nyuwun aksama | ngarsa dalêm jêng gusti ||

97. sri narendra aris dènira ngandika | ingsun arsa udani | paran purwanira | dene ngantya mangkana | hèh Wirayuda sirèki | aglis matura | kabèh ing ngarsa mami ||

98. Wirayuda umatur akathah-kathah | purwa wasana titi | samana sri nata | tri pandurat tan nabda | dahad ngungun jroning galih | icaling kuda | kabèh sakandhang gusis ||

99. sri narendra alon dènira ngandika | sapisan bae iki | pra wadyabalèngwang | sun paringi ngapura | benjang yèn mangkono maning | ywa takon dosa | tinanjir murdanèki ||

100. wus kalilan hèh Wirayuda muliha | lan dhawuhna tumuli | mring pra wadyabala | kang ngrêksa kudaningwang | kinèn mulih bae bêcik | ywa ngulatana | mring janma kang anjuti ||

101. nêmbah lèngsèr Wirayuda saking ngarsa | enggal dènnya lumaris | nulya sampun prapta | mring gèning kandhang kuda | panggya lan para prajurit | dhawuhkên sigra | timbalan sri bupati ||

102. para wadya sukèng tyas marwata suta | anulya samya mulih | maring wismanira | nging wadya kang kecalan | busana tan bisa mulih | kantun nèng kandhang | Wirayuda lingnya ris ||

103. mring pra wadya ingkang kecalan busana | hèh kănca wolu iki | sira antènana | anèng kene kewala | mêngko [mêngk...]

--- 56 ---

[...o] bakal ngong paringi | lêlirunira | busananta kang uwis ||

104. ginawa mring durjana kang ngambil kuda | wusnya mangkana nuli | Wirayuda sigra | mantuk mring wismanira | prapta gya utusan abdi | kinèn maringna | busana mring prajurit ||

105. ingkang taksih kantun wontên kandhang kuda | wusing panggya tumuli | pinaringkên sigra | samya suka ing driya | asowang-sowangan mulih | gantya winarna | ingkang gambuh ing kardi ||

8. Gambuh

1. enjang Kartimaya wus | asiyaga lan pra rowangipun | arsa sowan mring ngarsanira kya patih | dènnya anglakoni dhawuh | timbalanira sang katong ||

2. nulya bidhal sadarum | Kartimaya lumaksa ing ngayun | rowangira ngiring kuda catur dèsi | ing samarga gumarudug | kagyat pra janma kang anon ||

3. datan kawarnèng ênu | Kartimaya nulya prapta sampun | kapatihan panggya lan rêkyana patih | Kartimaya lon umatur | sadaya dhawuh sang katong ||

4. kuda nata sadarum | catur dasa kula irid sampun | wontên jawi cinancang ngandhaping uwit | kyana patih sukèng kalbu | anulya sabdanira lon ||

5. paran ing purwanipun | kakang bangkit angambil sadarum | kanang kuda kagungan sri narapati | kathahe kalangkung-langkung | wah rinêksèng wadya katong ||

6. samya prawirèng pupuh | Kartimaya aturira arum | purwa madya wasana sadaya titi | kyana patya dahad ngungun | prakara kang wus kalakon ||

7. nyipta sajroning kalbu | yèn mangkono Kartimaya iku | kajabanya wasis kawignyan sakalir | nalar sarta ngèlmu-ngèlmu | pambudidayanya kaot ||

8. nulya siyaga sampun | kyana patya sarêng lampahipun | lawan Kartimaya kadangira wêrdi |

--- 57 ---

myang kuda nata sadarum | dèn iring sowan sang katong ||

9. datan dangu prapta wus | kyana patih tumamèng kadhatun | Kartimaya ngêntosi wontên ing jawi | kudandhèr nèng ngalun-alun | kathah pra janma kang nonton ||

10. patih lampahnya laju | sowan munggwing ngarsa sang sri mulku | sri narendra nulya angandika aris | paran paman pisowanmu | anèng ngabyantaraningong ||

11. kya patih nêmbah matur | dhuh pukulun gusti jêng sri mulku | sowan amba ngarsa paduka jêng gusti | angirid ing lampahipun | Kartimaya janma kaot ||

12. yun sowan ngarsa prabu | ing samangkya kandhêg lampahipun | wontên jawi nganti timbalan sang aji | sang nata ngandika arum | timbalana ngarsaningong ||

13. kya patih nêmbah sampun | lèngsèr saking ngarsa sang aprabu | praptèng jawi lan Kartimaya wus panggih | dhawuhkên timbalan prabu | gya sarêng malbèng kadhaton ||

14. wus praptèng ngarsa prabu | Kartimaya gya nêmbah mabukuh | sri narendra pangandikanira aris | hèh Kartimaya sirèku | nglakoni timbalan ingong ||

15. angambil kudaningsun | catur dasa sakandhang sadarum | duk ing ratri mau apa sira bangkit | Kartimaya nêmbah matur | pangèstu dalêm sang katong ||

16. kuda dalêm sadarum | dalêm pêndhêt duk ing ratri wau | de samangke kuda sampun dalêm irid | andhèr wontên ngalun-alun | sang nata malih nabda lon ||

17. dhumatêng mantri ngayun | paman patih kabèh kudaningsun | dhawuhana kinèn manjingna tumuli | mring kandhangira sadarum | ingkang liningan wotsinom ||

18. nêmbah lèngsèr sing ngayun | praptèng jawi dhinawuhkên sampun | dhatêng para wadyabala ingkang kêmit | pra wadyabala umatur | sandika dhawuh sang katong ||

--- 58 ---

19. kuda tinuntun gupuh | linêbêtkên mring kandhang sadarum | kyana patya wangsul malbèng dalêm puri | sowan ngabyantara prabu | sri narendra ngandika lon ||

20. Kartimaya sirèku | paran bangkit ngambil kudaningsun | datan ngantya kapikut wadya kang jagi | kadiparan purwanipun | Kartimaya nêmbah alon ||

21. umatur ngarsa prabu | purwa madya myang wasana putus | sri narendra ngungun sajroning panggalih | mring Kartimaya puniku | angungkuli sasamèng wong ||

22. dangu kèndêl sang prabu | sakalangkung kawêkèn ing kalbu | angupaya ing pambudya dènira mrih | angèl kalampahanipun | rinekadaya dening wong ||

23. datan antara dangu | sampun antuk pambudya sang prabu | sri narendra nulya angandika aris | hèh Kartimaya sirèku | wus nglakoni dhawuh ingong ||

24. sayêkti yèn pinunjul | nalar-nalar myang rekadayamu | dene lamun mangkono pratikêlnèki | iku sing panêmuningsun | gampang linakonan ing wong ||

25. samêngko maksa ingsun | durung marêm saksènira iku | Kartimaya nêmbah aturira aris | pukulun jêng sang sri mulku | kasinggihan sabda katong ||

26. amba klilana matur | wontên ngarsa dalêm jêng sang prabu | tan lyan amba nyuwun gunging kang aksami | dene dahad kamipurun | dhatêng pukulun sang katong ||

27. sang nata ngandika rum | iya Kartimaya dèn agupuh | umatura yêkti tan na ika-iki | de karsa manira amung | ngrêmbug arjaning lêlakon ||

28. aywa sandeyèng kalbu | Kartimaya nêmbah lon umatur | wontênipun pukulun ngandika gampil | ing rekadayamba wau | wit dene sampun kalakon ||

29. de nguni jêng sri mulku | ngantya dhawuh makatên puniku | pan punika sayêkti sampun ginalih [gi...]

--- 59 ---

[...nalih] | angèl rekadayanipun | linampahan sagunging wong ||

30. sang prabu ngandika rum | bênêr Kartimaya ing aturmu | mêne ingsun mundhut saksi siji maning | kinarya saksinta tuhu | nguni turira maring ngong ||

31. mêngko ratri sirèku | kaki nujum dhusthanên dèn gupuh | nanging dèn ta ngambil ki nujum ywa nganti | angrodapaksa lir kècu | myang pratikêlira nyolong ||

32. ywa anglimpe lir pandung | dènnya bangkit ngambil bandhanipun | amung lamun kang darbe turu kêpati | myang aywa dora sirèku | awat ingutus maring ngong ||

33. kaki nujum puniku | saban ratri datan turu-turu | mung manêkung anungku puja sêmadi | nyênyuwun mring bathara gung | mrih ayu sampurnèng layon ||

34. apa ta sira saguh | dhustha maring abdèngsun ki nujum | patrapira ywa kadya kècu myang juti | Kartimaya nêmbah matur | ing ngarsa sri nata alon ||

9. Sinom

1. pukulun sri naranata | timbalan dalêm jêng gusti | yêkti sangêt anglêngkara | janma bangkit anglampahi | dhawuh jêng sri bupati | punika sungil kalangkung | tuhu lamun dupara | nanging amba jêng dewa ji | awit saking timbalan dalêm sang nata ||

2. nadyan sungil myang nglêngkara | tan lênggana dhawuh aji | yèn wontên parmaning dewa | wah pangèstu dalêm gusti | amba manawi bangkit | nglampahi dhawuh sang prabu | nging panyuwun kawula | mugi-mugi sri bupati | maringana inah sapta ri kewala ||

3. ayun ngulati pambudya | kadya dhawuh jêng dewa ji | lamun tan rinekadaya | wah dèn nalar kang sayêkti | anglêngkara yèn tan bangkit |[2] nglampahi timbalan prabu | nadyan janma kang pana | kawignyan myang ngèlmi-ngèlmi | ugi datan bangkit nglampahi punika ||

4. sri narendra angandika | kabèh iku [i...]

--- 60 ---

[...ku] lwih prayogi | sun turut panyuwunira | inah sapta dina bêcik | nanging lamun sirèki | tan bisa ngambil ki nujum | ywa sira takon dosa | sira sun cêkêl tumuli | turut marga kinarya pangewan-ewan ||

5. ingiring ing wadyabala | urut marganing nagari | de lamun dèn ta lumaksa | angambil ki nujum nganti | pêpikut janma jagi | utawa marang ki nujum | yêkti sira binănda | dinakwa alaku juti | pasthi sira linêbêtakên kunjara ||

6. pramulane dèn prayitna | anglakoni dhawuh mami | Kartimaya ngèstupada | nulya aturira aris | pukulun sri bupati | timbalan dalêm sadarum | amba matur sandika | andhèrèk dhawuh jêng gusti | tan lyan amung pangèstu dalêm sang nata ||

7. sang nata malih ngandika | rèhning sira wus nyaguhi | kabèh ing timbalan ingwang | sira sarta paman patih | ingsun lilani mulih | mundur sing ngarsamaningsun | samana Kartimaya | nulya pinaringan picis | sampunira gya nêmbah mentar sing ngarsa ||

8. mêdal saking dalêm pura | Kartimaya lan kya patih | wus panggya mring para siswa | wolu ingkang samya ngirid | kudanira sang aji | nulya budhalan sadarum | andhèrèk mring ki patya | datan dangu sampun prapti | kapatihan Kartimaya nulya nabda ||

9. maring para siswanira | hèh pra kănca-kănca sami | samêngko bêcik muliha | ngantia nèng wisma mami | siji karia bêcik | Nitilukita puniku | dadia kanthiningwang | nèng kene sowan kya patih | sapta siswa gya budhal sing ngarsèng patya ||

10. kawarnaa Kartimaya | dangu nèng ngarsa kya patih | wawan rêmbag kathah-kathah | mênggah timbalan sang aji | tuhu kalamun sungil | tinimbang kang wus kapungkur | samana Kartimaya [Karti...]

--- 61 ---

[...maya] | myang Nitilukita amit | wus linilan gya mulih mring wismanira ||

11. datan dangu sampun prapta | ing wismanira pinanggih | mring pra siswa kang angantya | anulya satata linggih | rêmbagan sawatawis | tumulya nêdha akêmbul | nèng madyaning pandhapa | wusira rampung tumuli | Kartimaya nabda mring pra siswanira ||

12. hèh pra kănca-kancaningwang | rèhning wus rampung ing kardi | lan padha nêmu raharja | mêne dak lilani mulih | mring wismanta pribadi | mung Nitilukita iku | kari kene kewala | dimène angrêrewangi | ing pirêmbag kang prayoga linakonan ||

13. pra siswa nulya bidhalan | asowang-sowangan mulih | kawarnaa Kartimaya | sru kawêkèn jroning ati | dènira angupadi | pambudya mrih gampilipun | nglampahi dhawuh nata | aywa wontên kawis-kawis | lêbdèng karya umanggya ayu raharja ||

14. nityasa ruwêding driya | Kartimaya nulya angling | alon mring Nitilukita | hèh Nitilukita mangkin | paran dèn ta ngupadi | pambudya ingkang linuhung | prayoga linakonan | timbalan sri narapati | yèn ginagas datan tinêmu ing nalar ||

15. Nitilukita lingira | lêrês sabdanta puniki | kula nalar-nalar dahad | amupugakên pamikir | sanityasa nalisir | wit saking duparanipun | timbalan sri narendra | janma dhinawuhan ngambil | măngka saban ratri ki nujum tan nendra ||

16. tan kenging rinoda paksa | sanadyan nendraa ugi | dhawuhnya jêng sri pamasa | dhinustha nglimpe tan kenging | ewuh-aya puniki | paran rekadayanipun | Kartimaya manabda | payo mêngko ratri iki | pan cinoba samya inginte kewala ||

17. apa têmên datan nendra | ki nujum ing saban ratri | dèn nyatakakên [nyataka...]

--- 62 ---

[...kên] prayoga | Nitilukita mangsuli | inggih langkung prayogi | kula tan lêngganèng kalbu | sabarang rèh paduka | tan nêdya malang ing kapti | mung andhèrèk sakarsa-karsa paduka ||

18. gantya ingkang winursita | Ki Jalena eca linggih | rinubung pra sutanira | anèng ngajêng wismanèki | rabinya munggwing wuri | tansah rêrasan ki nujum | samana Ki Jalena | manabda mring para siwi | dèn apadha nênuwuna mring jawata ||

19. ayu raharjaning angga | myang sampurnèng layon benjing | bapakmu iki wis tuwa | yèn pinundhut siyang ratri | sutanira mangsuli | sayêkti kula biyantu | nênuwun mring jawata | supadya ayuning dhiri | lamun bapak pinundhut maring jawata ||

20. sarta sutanta priyăngga | nênuwun mring dewa luwih | wit kathah ugi tyang mudha | pinundhut sawanci-wanci | tan kenging dèn singkiri | yèn wus praptèng mangsanipun | samana Ki Jalena | dahad suka jroning ati | de sutanya tumanggap mring wuwusira ||

21. dangu dènnya wawan sabda | samana wanci wus ratri | ki nujum lan rabinira | myang pra sutanira sami | umanjing wismanèki | anulya samya aturu | amung Kyai Jalena | saban ratri datan guling | mung anungku puja sêmadi mring dewa ||

22. nèng sênthong linggih priyăngga | samana ingkang winarni | Kartimaya wus siyaga | myang Nitilukita nuli | mêdal saking jro panti | lumaksa mring wismanipun | ki nujum arsa wikan | yèn saban ratri tan guling | myang arsa wrin sênthong gyannya nungku puja ||

23. kawarna ratri punika | pêtêng limêngan tan sipi | dadya gampil lampahira | datan wrin janma kang jagi | urut tirahing margi | dene kalamun kapranggul | lampahnya ngewas marga | ambrangkang tiyang kêkalih |

--- 63 ---

nulya prapta wismanira Ki Jalena ||

24. nanging sru pakèwêdira | mlêbêt plataraning panti | wit têpung pinagêr bata | ing ngajêng pinancak suji | myang jinagi ing janmi | nulya Kartimaya muwus | bêbisik mring rowangnya | hèh Nitilukita mangkin | paran bisa mlêbu plataraning wisma ||

25. wit mubêng pinagêr bata | ngarêp jinaga ing janmi | luwih manèh yèn dhusthaa | mlêbu bae wus tan bangkit | paran karêpmu iki | bisane jupuk ki nujum | Nitilukita nabda | yêkti lamun datan gampil | dahad èwêd timbalan sri naranata ||

26. myang awrat sêsangganira | pinikir-pikir tan kêni | rineka judhêg kewala | wit sing anduparanèki | Kartimaya ngling malih | ywa mikir iku rumuhun | mêngko ngupaya reka | bisane lumêbu maring | jroning plataraning wismèku kewala ||

27. dangu dènnya rêraosan | kawarna janma kang jagi | mirêng swaraning kukila | bênce myang têkêk nambêri | nyana yèn wontên juti | andhêdhêpi sandhingipun | tyang jagi gya lumaksa | rundha sauruting margi | angubêngi wismane Kyai Jalena ||

28. Kartimaya sarêng mulat | mring janma jaga lumaris | nulya mire sing gènira | Nitilukita tut wuri | lampahira ajinjit | amping-ampingan wit jambu | sawusira mangkana | tyang jagi anulya bali | linggih anèng wisma lit pajaganira ||

29. Kartimaya gya tumingal | têpi jro pagêr capuri | wontên wit klapa sajuga | Kartimaya amrêpêki | ing pagêr prênahnèki | wrêksa kalapa puniku | nulya alon wuwusnya | mring Nitilukita ririh | iku ana wrêksa pêrak pagêr bata ||

30. sun prayoga unjukêna | mring pagêr bata puniki | dene kalamun manira | wus nèng ruhur pagêr iki | sira munggaha aglis | ngong tulungi [tulung...]

--- 64 ---

[...i] saking dhuwur | sarana sabukira | satagèn racutên nuli | gya rinacut sabuknya Nitilukita ||

31. Nitilukita anulya | ngunjukkên Kartimaya glis | saruhuring pagêr bata | satagèn cinancang uwit | Nitilukita aglis | mènèk ing satagènipun | wusnya samya tumêdhak | prapta sajroning capuri | gya lumaksa mring prênahe sênthongira ||

32. Ki Jalena nungku puja | sêmadi mring dewa luwih | samana pangintenira | Kartimaya wus patitis | wancinira mèh enjing | tabuh tri nulya ki nujum | mêdal saking jro wisma | yun ninis wontên ing jawi | Kartimaya lan Nitilukita sigra ||

33. mêdal sing lataring wisma | gancangan dènnya lumaris | datan kawarna ing marga | wus prapta ing wismanèki | Kartimaya alinggih | Nitilukita nèng ngayun | dangu datanpa nabda | lêgêg tyasira tan sipi | dhêlêg-dhêlêg Kartimaya wus nir deya ||

34. samana nulya wus enjang | rabinya mêdal sing panti | kagyat mulat lakinira | ing sêmu rudah tyasnèki | yun têtanya sru ajrih | dadya akèndêl tan muwus | anggarjitèng wardaya | nyana lamun manggih runtik | sing sang nata dènnya nglampahi timbalan ||

35. tantara dangu saksana | umanggya pambudyèng ati | mangkana ciptaning driya | lamun sun kèndêl tan bêcik | mèlu duhkitèng ati | tan wontên wasananipun | wit tan wrin darunanya | dadya jalaraning sêdhih | yêkti mangkya datan ana gunanira ||

36. prayogèngsun atêtanya | dene kalamun wus uning | kang dadya karananira | sanadyan susah ing ati | bangkit angulir budi | manawa bisa umangguh | jalaraning tyas lêjar | mangkana nulya mrêpêki | mring lakinya nèng ngayun linggih asila ||

37. tumungkul gya nilakrama | kula dahad kumawani [ku...]

--- 65 ---

[...mawani] | nilakrama mring paduka | tan lyan mung nyuwun aksami | sakathahing kang sisip | tinêbihna sarusiku | Kartimaya anulya | manabda marang kang rabi | iya paran gonira yun atêtanya ||

38. apa kakuranganira | age wêdharna mring mami | myang apa sisip manira | blakakna bae prayogi | jamake lakirabi | angrêmbug prayoganipun | mungguhing paribasan | wong wadon upama patih | lakinira iku ratu upamanya ||

39. ngratoni sajroning wisma | lamun ratu karya sisip | patih wajip ngemutêna | supadya ywa anjalari | sakukuban umanggih | kabèh lêlakon kang dudu | myang lamun ratunira | manggya turidèng panggalih | pêpatihnya yêkti nut susahing driya ||

40. marma ywa pakewuh sira | atêtanya maring mami | kabèh apa kang rinasa | sajroning tyasira nuli | wêdharna dipun aglis | supaya kêna rinêmbug | kang bêcik lan prayoga | aywa ana ika-iki | rabinira anulya alon manabda ||

41. de kula ngantya mangkana | wit tan eca jroning ati | sing pamawang kula mangkya | paduka sêmu prihatin | lamun datan nalisir | sayêkti kula mung anut | susah jroning wardaya | nanging datan sagêd uning | ingkang dadya karananing tyas duhkita ||

42. yêkti yèn tanpa wacana | tanbuh kang binudyèng ati | ngupadya lêjaring driya | tangèh lamun sagêd manggih | Kartimaya ngling malih | bêcik karêpmu puniku | Kartimaya anulya | wacana maring kang rabi | purwa madya angantya praptèng wasana ||

43. wus tinuturkên sadaya | Kartimaya nabda malih | sukur lamun sira bisa | ngrêrewangi marang mami | angupaya pambudi | mrih gampang ngambil ki nujum | wit yèn sun datan bisa | yêkti bakal antuk runtik | sing sang nata kinarya [kinar...]

--- 66 ---

[...ya] pangewan-ewan ||

44. mamèngsun dahat duhkita | wit timbalan sri bupati | dahat angèl linakonan | datan kêna ginagampil | de mangkya karsa mami | wisata sapurug-purug | manawa anèng marga | manggya pambudi kang wêning | marma sira padha karia raharja ||

45. kathah-kathah wêlingira | rabinya dahat prihatin | karănta-rănta ing driya | myang waspanira drês mijil | nulya wuwusnya aris | karsanta makatên iku | yêkti lamun prayoga | nging kula minta udani | dhatêng pundi prênahe purug paduka ||

46. supadya kalamun kula | yun nusul paduka gampil | dadya ing samăngsa-măngsa | kula sarta para siwi | lamun samya amanggih | roga myang rubeda agung | tan sru turidèng driya | wit kula sampun udani | mring unggyannya dèn ta samya lumaksana ||

47. sumawana lamun kula | bokmanawi sagêd manggih | ambudi kang rekadaya | sanadyan kula pawèstri | yêkti angrêrewangi | anggayuh sagadugipun | Kartimaya manabda | bêcik panêmumu iki | marma padha rinêmbug prayoganira ||

48. mangkene bae prayoga | rèhning sang prabu maringi | inah sapta ri maringwang | wus kalakon juga ari | kurang nêm dina mangkin | sun wisata anèng purug | catur dina kewala | lamun wus antuk pambudi | nulya mulih maring wisma sigra-sigra ||

49. mangkana sampun sarêmbag | Kartimaya sigra amit | sampun mêdal saking wisma | Nitilukita tut wuri | nulya samya lumaris | ngalèr ngetan purugipun | samana kacarita | wus têbih saking nagari | turut marga wong roro tansah rêrasan ||

50. angulir budayanira | ngupaya reka mrih bangkit | nglampahi dhawuh narendra | nging tansah judhêg tan sipi |

--- 67 ---

sirna ingkang pamikir | Kartimaya nulya muwus | dhatêng Nitilukita | kadiparan polah mami | lamun datan antuk reka kang prayoga ||

51. lah mara Nitilukita | kalamun sira wus manggih | pratikêl myang rekadaya | aywa pakewuh ing ati | nulya wêdharna aglis | apa kang kaciptèng kalbu | nadyan panêmunira | ing mêngko datan prayogi | yèn wus kathah kêna kinarya limbangan ||

52. dèn êjum saking samatra | bokmanawa dadi bêcik | Nitilukita manabda | lêrês sabdanta puniki | mangke kula sung uning | ciptamba sajroning kalbu | rèhning sru èwêdira | angambil ki nujum mangkin | yèn sambada akaryaa pasamuan ||

53. ki nujum dèn suruhana | rewa-rewa aprayogi | dintên taunan paduka | de kang samya dèn suruhi | ngamungna para murid | kinèn manggihi ki nujum | sampuning andrawina | samya cinêpêng prayogi | gya linêbêtakên ing bagor kewala ||

54. Kartimaya aris nabda | panêmumu iku bêcik | nanging uga tan prayoga | wit dening dahat nalisir | lan dhawuhnya sang aji | pratikêlira kadyèku | karanan ngrodapaksa | nging uga kalamun mami | datan antuk pambudi kang lwih prayoga ||

55. bêcik mangkono kewala | nanging yèn bangkit ngulati | rekadaya liyanira | kang luwih dening prayogi | mayo[3] samya binudi | sinambi wisatèng ênu | mangkana Kartimaya | kalangkung dènnya prihatin | turidyèng tyas lir êmas timbul ing tirta ||

10. Maskumambang

1. kawarnaa dènira samya lumaris | wus antuk tri dina | lamun dalu rêrêp sami | angupaya pasipêngan ||

2. dhatêng dhusun ingkang cêlak lawan margi | kalamun [ka...]

--- 68 ---

[...lamun] nèng wana | kasaput ing ratri nuli | wong roro mènèk ing wrêksa ||

3. nulya samya nendra saruhuring uwit | wit jrih sato wana | ingkang sêsaba ing ratri | angruruh mêmangsanira ||

4. lamun enjang nulya lumaksana malih | ing saurut marga | tansah ngulati pambudi | gantya-gantya awacana ||

5. nging nityasa pupug sajroning pamikir | sru rêncêm tyasira | wimbuh duhkitaning ati | sirna larut kang budaya ||

6. Kartimaya puwara manabda aris | mring Nitilukita | paran ing karêpmu mangkin | rèh wus tan antuk pambudya ||

7. rekadaya kang prayoga dèn lakoni | timbalan sri nata | datan kêna ginagampil | myang abot sêsangganira ||

8. amung mangkya kari milih salah siji | paukumanira | kadya dhawuhnya sang aji | lamun ingsun datan bisa ||

9. ngambil marang ki nujum jroning sapta ri | sayêkti binănda | cinêpêng wadya sang aji | kinarya pangewan-ewan ||

10. dipun iring urut marganing nagari | kalamun manira | cinêpêng gon sun lumaris | angambil Kyai Jalena ||

11. kapatrapan paukuman mring sang aji | anèng pakunjaran | dinakwa alaku juti | de kalamun awak ingwang ||

12. mentar saking Karangwidara nagari | mendah ucapira | pra janma jroning nagari | apa ta tan aran nistha ||

13. nulya Nitilukita sabdanira ris | sing pamanggih amba | lamun paduka arsa nis | sing nagri Karangwidara ||

14. pan punika sayêkti datan prayogi | punapa tan merang | dhatêng samining dumadi | sumawana sri narendra ||

15. yêkti mangkya asangêt dènira runtik | tartamtu utusan | mring wadya kinèn ngulati | yèn kapangguh kadiparan ||

16. masthi wêwah

--- 69 ---

bêbêndunirèng sang aji | marma yèn sambada | ing karsa paduka mangkin | ywa nis ing Karangwidara ||

17. ing sasagêd-sagêd sae dèn lampahi | dhawuh sri narendra | sru sukur kalamun bangkit | tan wontên sakara-kara ||

18. pinanggihing rekadaya kang binudi | pênêde cinoba | lamun maksa tan ngudhili | sayêkti wus datan ina ||

19. bangkit botên dene sampun dèn lampahi | nadyan nglampahana | ing reka kang lwih prayogi | yêkti amung dwi prakara ||

20. kang sapisan paduka labda ing kardi | kaping kalihira | paduka tan antuk kardi | dèn ta dhustha Ki Jalena ||

21. mung pasraha maring Hyang Sukma Di Luwih | yèn kaparêng bêgja | yêkti padukantuk kardi | nging kêdah dipun prayitna ||

22. Kartimaya sarêng mirêng sabdanèki | pun Nitilukita | kalangkung suka ing galih | anulya alon lingira ||

23. yèn mangkono iku pan luwih prayogi | bênêr wuwusira | mêne mulih bae bêcik | wus têlung dina lumaksa ||

24. duk samana dènira wisata prapti | satirahing arga | Moria anulya bali | yun mantuk mring wismanira ||

25. wancinira sampun mèh sêrap Hyang Rawi | dènnya awisata | praptèng madyaning wanadri | nulya sipêng anèng wana ||

26. tan kawarna ing dalu pan sampun enjing | dwi janma gya mêdhak | sing wrêksa gènira guling | nulya samya lumaksana ||

27. sigra-sigra dènira samya lumaris | gantya winursita | kang samya kari nèng panti | saungkure Kartimaya ||

28. sakalangkung duhkita jroning panggalih | tanbuh kang cinipta | têmahan mung amêmuji | nênuwun mring Sukmanasa ||

29. ingkang samya lumaksana angupadi | prayoganing lampah | antuka

--- 70 ---

arja basuki | myang wêning budayanira ||

30. lamun dalu saratri tan bisa guling | kalamun raina | kasupèn dènira bukti | mung nyipta kang samya mentar ||

31. nanging asru dènira mêsu kang budi | ngruruh rekadaya | amrih raharjaning laki | dènira yun nglampahana ||

32. ing timbalanira sang sri narapati | dhustha Ki Jalena | ywa ngantya tan antuk kardi | myang ywa ana kara-kara ||

33. kawarnaa sawusira catur ari | dènnya mêsu budya | tantara nulya umanggih | nalar kang langkung prayoga ||

34. rekadaya myang lampahira angambil | nujum Ki Jalena | kabèh pinanggyèng pambudi | puwara birat duhkita ||

35. ginantyan ing tyas suka marwata siwi | de panyiptanira | yêkti bakal antuk kardi | sing pambudidayanira ||

36. ing samêngko mung kari nganti kang laki | de wus catur dina | linggih nèng ngajêng pandhapi | dahat dènnya ngarsa-arsa ||

37. praptanira Kartimaya ingkang laki | sing dènnya wisata | dangu datan ana mulih | nganti mèh sêrap Hyang Arka ||

38. wali-wali mênyat sing gènira linggih | mring têpining marga | nolih nganan lawan ngeri | nanging tan ana katingal ||

39. dadya dahat kuwatos sajroning galih | kumêpyur tyasira | bêbayu lir dèn lolosi | ngalumpruk wus tanpa daya ||

40. wus kanyana lamun lakinira manggih | sangsaya nèng marga | pramila dahat prihatin | mangkana ciptaning driya ||

41. lamun benjang-enjang datan ana mulih | sayêkti yèn ana | rubeda gêdhe nêkani | maring kang samya lumaksa ||

42. prayogane ingsun sumusul lumaris | bokmanawa bisa | pinanggya ana ing margi | nadyan wus dadya kuwănda ||

43. anèng ngêndi-êndi panggonane [panggo...]

--- 71 ---

[...nane] ugi | yêkti sun upaya | sun kukup ginawa mulih | nging aywa ngantya mangkana ||

44. sun têtêdha marang Hyang Kang Maha Luwih | ayu myang raharja | ywa ana kurang sawiji | enggala wangsul mring wisma ||

45. sumawana manggiha pambudi wêning | dhuh hyang dewa nata | tingalana awak mami | wêlasa mring dasihira ||

46. kathah-kathah sêsambatira mlasasih | duk kala samana | wancinira sampun ratri | anulya malbèng jro wisma ||

47. kunêng gantya ingkang winursitèng rawi | kang samya lumaksa | ginêlak dènnya lumaris | sasuruping bagaskara ||

48. sampun prapta têpis iringing nagari | tan dangu anulya | Kartimaya nabda aris | hèh Nitilukita mangkya ||

49. gon sun samya lumaksana rèhning uwis | pêrak lan nagara | ngaso rumuhun prayogi | nèng ngisoring pucung wrêksa ||

11. Pocung

1. ya ta wau Kartimaya malih muwus | hèh Nitilukita | wus pira lawase iki | gon sun samya awisata anèng paran ||

2. nulya muwus Nitilukita lingipun | sampun catur dina | pănca ari enjing-enjing | dene inahira sang sri naranata ||

3. mapan sampun sapta ri ing êmbèn dalu | pramila samangkya | ywa ngantya dangu nèng ngriki | prayogane ngaso nèng wisma kewala ||

4. awit sampun cêlak lawan wismanipun | ngiras rêrêmbagan | nalar pinanggihing budi | myang siyaga ingkang badhe linampahan ||

5. samana wus dwi janma sagolong rêmbug | gya samya umentar | andumugèkkên lumaris | tan kawarna ing marga nulya wus prapta ||

6. wismanipun nulya thothok-thothok gupuh | korining pandhapa | kagyat ingkang nèng jro panti | atêtanya [atê...]

--- 72 ---

[...tanya] sapa kang anothok lawang ||

7. age muwus Kartimaya sauripun | ingsun Kartimaya | lan Nitilukita prapti | ge wêngakna aja sira wancakdriya ||

8. rabinipun sarêng mirêng wuwusipun | Kartimaya nulya | mênyat saking dènnya linggih | dahat suka ing driya marwata suta ||

9. gupuh-gupuh marani ing korinipun | sigra winênganan | Kartimaya nulya manjing | sarta Nitilukita malbèng jro wisma ||

10. wancinipun samana wus têngah dalu | nulya tata lênggah | wontên madyaning pandhapi | Kartimaya ing sêmu maksih duhkita ||

11. rabinipun gya angatag para batur | kinèn ngratêngana | dhaharan lir sabannèki | nulya marêk ing ngarsane lakinira ||

12. lajêng muwus asung pambagya rahayu | makatên lingira | praptanta samya basuki | sarta dèn ta wisata napa raharja ||

13. malihipun ing lampah paduka wau | napa antuk karya | dèn ta ngulati pambudi | rekadaya kang prayoga linampahan ||

14. tandya muwus Kartimaya sabdanipun | ya padha raharja | tan ana sangsayèng margi | sing parmaning Hyang Kang Amurbèng Buwana ||

15. sarta antuk pambudi ing rekanipun | ngambil Ki Jalena | nging sasat tan antuk kardi | awit iku gèsèh lan dhawuh sri nata ||

16. rabinipun mangsuli sarèh kang wuwus | duk ing wau kula | dahat ing pangarsi-arsi | sukur lamun tan wontên sangsayèng marga ||

17. mangkya ulun tanya pambudyanta wau | wit sabda paduka | sasat datan antuk kardi | kadiparan dene makatên punika ||

18. ya ta wau Kartimaya nulya sung wruh | maring rabinira | purwa myang wasana titi | wus tinuturkên mring rabinya sadaya [sa...]

--- 73 ---

[...daya] ||

19. rabinipun anulya mangsuli wuwus | sing pamanggih kula | puniku yêkti nalisir | sarta kula sayêktine tan pitaya ||

20. inggih lamun lêga ing tyase ki nujum | dèn suruhi nulya | purun dhatêng wontên ngriki | lamun botên purun dhatêng kadiparan ||

21. tamtu ewuh ngruruh reka sanèsipun | de inah sang nata | sampun prapta ing prajangji | yèn makatên sampun datan sagêd polah ||

22. dèn ta ngruruh ing reka yêkti tan mangguh | myang wus datan bisa | oncat sing ukuman aji | Kartimaya mirêng wuwusing rabinya ||

23. saya wimbuh katon orêming jro kalbu | puwara manabda | bênêr ing ujarmu iki | pupuh-puluh wus bêgjane awak ingwang ||

24. mung nênuwun mring Hyang Kang Murbèng Tumuwuh | muga maringana | piwêlas mring awak mami | kyai nujum kênaa ing astaningwang ||

25. pan mung iku pamujiku siyang dalu | nora ana liya | dene lamun sira uwis | manggya budidaya nulya ge wêdharna ||

26. yêkti manut ingsun ing rekadayamu | yèn luwih prayoga | rèhning sun wus datan bangkit | angupaya budidaya liyanira ||

27. rabinipun anulya mêdharkên gupuh | pinanggyèng pambudya | purwa wusana wus titi | Kartimaya dahat suka ing wardaya ||

28. mèsêm muwus bêcik panêmumu iku | myang luwih prayoga | tinimbang panêmu mami | mapan uwis tumanggap kabèh manira ||

29. sukèng kalbu rabinya sarêng andulu | marang lakinira | sampun ical kang prihatin | miwah Nitilukita suka ing driya ||

30. sarêng sampun makatên rabinya gupuh | ngatag baturira | kinèn nulya angladèni | dhêdhaharan anèng madyaning pandhapa [pa...]

--- 74 ---

[...ndhapa] ||

31. tandya kêmbul nêdha kanthi sukèng kalbu | sampunira nêdha | saratri tan bisa guling | mung rêrasan ingkang arsa linampahan ||

32. wus kapungkur ing dalu enjang winuwus | Kartimaya ngatag | Nitilukita tinuding | kinèn tumbas sarana kanggo ing karya ||

33. sutra wungu biru abrit ijêm sêpuh | lawan gănda wida | lisah kang anggănda wangi | gya lumaksa Nitilukita mring pasar ||

34. wusing antuk Nitilukita gya wangsul | dhatêng wismanira | lan Kartimaya wus panggih | têtumbasanira sadaya tinampan ||

35. sigra mundhut Kartimaya bagoripun | linapis ing sutra | biru wungu abrit kuning | myang jinait bagor wus tan kawistara ||

36. têpinipun mubêng kinoloran tangsul | binlêbêt ing sutra | panjangnya tangsul watawis | sangang dhêpa kabèh binlêbêt ing sutra ||

37. tan adangu pirantos sadaya rampung | Kartimaya dahat | suka sajroning panggalih | nyana lamun kyai nujum masthi kêna ||

38. enggalipun carita mangkana sampun | gênêp sapta dina | samana nulya wus ratri | Kartimaya kalawan Nitilukita ||

39. wau sampun angrasuk busananipun | Kartimaya memba | pangagêmaning dewa di | myang siyaga kabèh sapirantosira ||

40. dwi janmèku duk ing tabuh juga dalu | mêdal saking wisma | lumaksa mring wismanèki | kaki nujum yun nglampahi dhawuh nata ||

41. lampahipun ing marga datan winuwus | nulya sampun prapta | dwi janma samya umanjing | plataraning wismanya Kyai Jalena ||

42. ya ta wau wusira samya lumêbu | plataraning wisma | ing wiyat mêndhung kaèksi | tan adangu riris wor lan păncawora [pănca...]

--- 75 ---

[...wora] ||

43. angin lesus goraya gêrah galudhug | gêlap ngampar-ampar | dwi janma nulya mrêpêki | sênthongira ki nujum akanthèn asta ||

12. Kinanthi

1. Kartimaya nulya muwus | mring Nitilukita ririh | lah Nitilukita sira | ngantia nèng kene bêcik | nanging kudu dèn prayitna | ywa nganti kawruhan janmi ||

2. Nitilukita lingnya rum | sampun kuwatos ing galih | myang aywa wancak ing driya | yêktyamba sabaya pati | kalawan paduka mangkya | mila dèn eca ing galih ||

3. nulya Kartimaya gupuh | mènèk ing payoning panti | sirapira gya piniyak | Kartimaya nulya manjing | jroning plangitaning wisma | lêrês gyannya nujum linggih ||

4. kalêrês longkanganipun | plangitan kinarya margi | kalamun wisma punika | ewah payon sirapnèki | miwah usuk êrèngira | nulya kenging dèn tingali ||

5. mila Kartimaya wau | pramana paningalnèki | sapolahe Ki Jalena | manungku puja sêmadi | maring Hyang Jagad Pratingkah | amrih raharjaning dhiri ||

6. nulya Kartimaya gupuh | jubahira dèn konyohi | ing lênga wangi warata | gandanira amrik wangi | ngèbêki sajroning wisma | ki nujum kagyat tan sipi ||

7. mulat kanan keringipun | julalatan angulati | kang gănda wangi punika | sakêdhap nolih ing wuri | myang mubêng jro sênthongira | miwah tumênga manginggil ||

8. antara dangu ki nujum | kalangkung dènira ajrih | kawistarèng sêmu biyas | pucat githoknya mangkirig | tyasira sru tarataban | kumyus kang riwe drês mijil ||

9. samana angin myang lesus | păncawara miwah riris | galudhug wimbuh goraya | anèng wiyat manêngkêri | kaki nujum wimbuh dahat | katrêsan [ka...]

--- 76 ---

[...trêsan] maras sru miris ||

10. puwara nglocitèng kalbu | salaminya sun sêmadi | nungku puja mring bathara | tan kadya sapisan iki | katêkan riris prahara | goraya gêrah tan sipi ||

11. nulya ana gănda arum | ngèbêki sajroning panti | gănda apa iki baya | dene wangine kêpati | apa Hyang Jagag[4] Pratingkah | anêdhaki marang mami ||

12. de kalamun bathara gung | tumêdhak wontên ing ngriki | yêkti bêgja kamayangan | tuhu kang sun arsi-arsi | siyang ratri tanpa kêndhat | mangkana sêdyèng tyas mami ||

13. kathah-kathah ciptanipun | dangu-dangu wimbuh ajrih | wêkasan anulya nabda | mring kang dèn nyana dewa di | dhêku-dhêku linggihira | ngapurancang astanèki ||

14. makatên dènira muwus | hèh sapa kang gănda wangi | apa jim pri parayangan | myang setan ratuning dhêmit | apa iblis laknat sira | anêkani marang mami ||

15. apa ta jawata agung | karsa tumêdhak ing ngriki | lah age mara ngatona | ingsun kapengin udani | Kartimaya amiyarsa | langkung suka jroning galih ||

16. Kartimaya nulya gupuh | jubahnya kinonyoh malih | lisah wangi langkung kathah | gandanira amrik minging | datan dangu nulya nabda | maring kyai nujum ririh ||

17. hèh sira Jalena nujum | ywa dadi kagyating ati | miwah aywa wêdi sira | sun tumêdhak anèng ngriki | satuhune ingsun dewa | ingutus mring Hyang Pramèsthi ||

18. kinèn aparinga wêruh | maring sira ratri iki | gonira manungku puja | sêmadi mring dewa luwih | kabèh uwis tinarima | dening Hyang Sukma Di Luwih ||

19. dupi ki nujum angrungu | sabdane kang laku sandi | wimbuh sangêt ajrihira | kumêsar maras tyasnèki [tyasnè...]

--- 77 ---

[...ki] | ngalênggêr datanpa nabda | tumênga miyat manginggil ||

20. tan adangu nulya muwus | pukulun têdhak ing ngriki | ulun dahat suka bingah | ingkang datanpa upami | dene panyuwun kawula | sampun tinrimèng dewa di ||

21. kapundhi wontên ing êmbun | cinancang pucuking wèni | ulun karya jêjimatan | ngantya benjang têkèng lalis | nanging mangkya ulun dahat | kapengin arsa udani ||

22. lamun satuhu pukulun | jawata ing swarga luwih | pukulun gya ngatingala | wontên ngarsamba samangkin | kang supadya ulun datan | sumêlang sajroning ati ||

23. kang memba dewa gya muwus | hèh nujum sira yun uning | mring sun yêkti datan kêna | cilaka bakal pinanggih | sira maksih badan wadhag | myang durung sampurna jati ||

24. yêkti tan kenging pinangguh | lan dewa ing swarga luwih | yèn sira wus anèng swarga | satuhu bakal udani | mring sun lan Hyang Dewanata | sarta maring widadari ||

25. dupi sampun dènnya muwus | guntur goraya dhatêngi | munya saruhuring wisma | ki nujum kagyat tan sipi | wimbuh dahat mirisira | nyana lamun antuk runtik ||

26. tumungkul dhêku ki nujum | tri pandurat datan angling | tan dangu nulya manêmbah | marang ingkang laku sandi | kathah-kathah sabdanira | kalangkung dènira ajrih ||

27. dhuh dewa dhuh bathara gung | paringa wêlas mring dasih | ingkang dahad papa nistha | myang lumuntura ingkang sih | pangaksama mring kawula | dasih tuwan asru sisip ||

28. kang memba dewa gya muwus | hèh nujum tan dadya kawis | luputmu ingsun apura | de mêne kajaba iki | ingsun nêdhaki mring sira | dinuta mring Hyang Pramèsthi ||

29. rèhning sira kaki nujum |

--- 78 ---

dènira nungku sêmadi | wus katrima ing jawata | mangkya sira dèn timbali | sumêngka mring swargaloka | barênga kalawan mami ||

30. ki nujum mangsuli wuwus | sangêt sêmbah nuwun mami | ulun andhèrèk kewala | sakarsa-karsa Hyang Widi | nanging mangkya kadiparan | ulun tan bangkit umiring ||

31. wit amba tan sagêd mabur | dhatêng pukulun tut wuri | dhèrèk dhatêng swargaloka | kang memba dewa nabda ris | iku nora dadi ngapa | prakara mangkono gampil ||

32. mangkya hèh sira ki nujum | mlêbua ing kene aglis | samangkya wus bangun enjang | ywa kamanungsan ing janmi | nalika nabda mangkana | myang ngulungkên bagornèki ||

33. kang linapis sutra wungu | biru abrit sarta kuning | ki nujum dupi umiyat | tan lênggana nulya manjing | sajroning bagor punika | nulya tinarik manginggil ||

34. Kartimaya malih muwus | aywa sumêlang ing ati | pasthi sira mangkya bakal | tumêka ing swarga luwih | ngarsane Hyang Dewanata | netranta rêmêna aglis ||

35. rapêt thipêt ywa nganti wruh | mubarang kang nèng wiyati | kalamun datan mangkana | sayêkti manggya bilai | anèng samadyaning marga | tan bisa praptèng swarga di ||

36. karana sing lêpasipun | sun mabur mring swarga luwih | kadya calèrèting kilat | marmane sing ngati-ati | myang lamine anèng marga | sapta dina sapta wêngi ||

37. nanging lamun sira nujum | dhipêt netranta nulya glis | praptèng ngarsa sri bathara | nadyan lama anèng margi | yêkti sing panyiptanira | sakêdhap nuli wus prapti ||

38. ki nujum mangsuli wuwus | ulun mung darmi nglampahi | sadaya dhawuh paduka | myang timbalan Hyang Pramèsthi | kawula datan lênggana [lêng...]

--- 79 ---

[...gana] | malah sru suka tan sipi ||

39. yêkti makatên pukulun | ingkang ulun èsthi-èsthi | salami gêsang kawula | nèng marcapada puniki | kang memba dewa gya nyêntak | nujum sira ywa cariwis ||

40. aywa kakehan pamuwus | mênênga kewala bêcik | netranta aglis rêmêna | mêne uwis gagat enjing | bok mêngko yèn kamanungsan | tan bisa praptèng swarga di ||

41. samana tabuh catur wus | kang păncawara myang riris | sirêp tan ana sabawa | Kartimaya nulya aglis | aningsêti bagorira | gya miyat siraping panti ||

42. mêdal sing plangitanipun | sung tăndha mring rowangnèki | bagor ingulungkên sigra | Nitilukita nampani | Kartimaya sigra mêdhak | anulya samya lumaris ||

43. mêdal sing plataranipun | tan dangu wus praptèng jawi | lampahira sigra-sigra | datan kawarna ing margi | wus prapta ing wismanira | sampun malbèng jroning panti ||

44. Kartimaya nulya muwus | mring Nitilukita ririh | bagor kinèn ningsêtana | kang singsêt kukuh ywa nganti | udhar yèn kinarya polah | myang kinèn gantungkên nuli ||

45. cinancang pangêrêtipun | pandhapa ywa kambah siti | dimèn gumandhul kewala | Nitilukita nglampahi | kabèh ing sapakonira | wusira gya tata linggih ||

46. dènnya samya wawan wuwus | sadaya mung bisik-bisik | rabinya dupi uninga | kalamun wus antuk kardi | sirna kang tyas duka cipta | ginantyan suka tan sipi ||

47. saratri tan bisa turu | angantya tumêkèng enjing | mangkana ingkang winarna | ki nujum ciptaning ati | yèn sun wus nèng swargaloka | pinaringan widadari ||

48. sayêkti lamun pinunjul | tan ana kang amadhani | sapa salêmahing[5] [sa...]

--- 80 ---

[...lêmahing] jagad | ingkang kadya ingsun iki | pinundhut marang jawata | sukma myang raga tan kari ||

49. wasitanira janma gung | janma anèng swarga luwih | kabèh apa kang sinêdya | myang ingkang kinarsan dadi | yêkti lamun kalaksanan | kang cinipta jroning ati ||

50. mendah bungahe tyas ingsun | yèn wus praptèng swarga luwih | sun kaul anunggang kreta | kang pinatik ing rêtna di | midêr-midêr nèng akasa | ningali kyèhning dumadi ||

51. daru kartika kêkuwung | lintang-lintang agêng alit | kabèh sun karya dolanan | tan ana kang ngrêregoni | tanapi amalangana | ing sakarsa-karsa mami ||

52. kathah-kathah ciptanipun | dadya sukèng tyas tan sipi | nyana lamun datan lama | nèng marga anulya prapti | kang sinêdya jroning driya | ngarsèng Hyang Sukma Di Luwih ||

53. kunêng gantya kang winuwus | kawarnaa sampun enjing | Kartimaya asiyaga | anulya bidhal lumaris | Nitilukita tut wuntat | yun sowan ngarsèng narpati ||

54. bagor isi kyai nujum | binêkta sowan sang aji | anjujug mring kapatihan | kawarnaa wontên margi | kagyat pra janma tumingal | maring kang samya lumaris ||

55. sawênèh janma nabda sru | maring rowang-rowangnèki | apa baya iki kănca | winadhahan sutra kuning | biru wungu abrit pêthak | yun winawa marang ngêndi ||

56. rowangnya mangsuli wuwus | sun duwe pangira iki | mubarang kang endah-endah | saking ratu liyan nagri | yun ingaturkên sang nata | yèku karya bulubêkti ||

57. kang sajuga malih muwus | hèh kănca sing kira mami | sayêkti kalamun beda | sing pangiranta puniki | lamun iku barang endah | bulubêkti liyan nagri ||

58. dèn irid para tumênggung | bupati utawa [u...]

--- 81 ---

[...tawa] mantri | nging iku datan mangkana | sun sawang janma kang ngirid | dudu mantri myang bupatya | myang tan ingiring prajurit ||

59. de saking ciptèng tyas ingsun | iku mubarang kang adi | pinanggyèng janma padesan | marma dèn unjukkên nuli | marang jêng sri narapatya | lir kang wus kalakon nguni ||

60. lamun ana janma dhusun | myang janma jroning nagari | nêmu barang kang lwih endah | êncèh atanapi rukmi | kathahing pangaosira | nèng pomahan myang nèng sabin ||

61. iku konjuk mring sang prabu | dadya kagungan narpati | mangkono anggêring praja | kunêng kang samya ningali | kawarnaa Ki Jalena | duk mirêng swaraning janmi ||

62. asru kagyat jroning kalbu | tumratab anglês tyasnèki | gumêtêr êdhat-êdhatan | kang riwe kumyus drês mijil | nyana kalêbèng wisaya | janma ingkang laku sandi ||

63. yun ambuka netranipun | asangêt dènira ajrih | makatên ciptaning driya | iya kalamun puniki | janma laku sandi paya | yun anyidra marang mami ||

64. de lamun dewa satuhu | măngka ingsun tan nglakoni | kabèhing wêwangsitira | sun ambuka netra mami | sayêkti nêmu bêbaya | tan bangkit praptèng swarga di ||

65. sayêkti manggyèng bêbêndu | saking Hyang Sukma Di Luwih | apa baya ingkang swara | kang karungyèng karna iki | nyênyiwo mring lakuningwang | pinurih ywa bangkit prapti ||

66. ing ngarsa Hyang Bathara Gung | mangkya ingsun aywa nganti | kênèng panggodhaning swara | samarga-marga dumêling | makatên panyiptanira | ki nujum samargi-margi ||

67. wau gantya kang winuwus | lampahira janma kalih | sampun praptèng kapatihan | lan ki patya sampun panggih | mangkana rêkyana patya | brăngta mring kang lagya prapti [pra...]

--- 82 ---

[...pti] ||

13. Asmaradana

1. sawusira tata linggih | kyana patya angandika | mring Kartimaya kadange | kakang samya karaharjan | lamine tan pinanggya | myang punapa sampun antuk | lir timbalan sri narendra ||

2. kula dahat amêmuji | miwah dahat ngarsa-arsa | pun kakang lêbdèng karyane | mangkya kadiparan kakang | nglampahi dhawuh nata | Kartimaya nulya matur | saking pangèstu paduka ||

3. samya amanggih basuki | datan wontên kara-kara | miwah amba ing samangke | mapan sampun angsal karya | kadya timbalan nata | de mangkya ki nujum sampun | binêkta sarêng lan kula ||

4. ki patya dupi miyarsi | mring ature Kartimaya | dahat suka wardayane | mèsêm nulya angandika | paran ta mulanira | dènta ngambil mring ki nujum | kakang kula arsa wikan ||

5. Kartimaya asung warti | purwa madya myang wasana | wus katur ki patih kabèh | kyana patih dahat suka | ngungun jroning wardaya | kyana patya malih muwus | mêne pundi Ki Jalena ||

6. Kartimaya matur malih | lamun nujum wus nèng ngarsa | sing paminta amba mangke | ywa ngandika sora-sora | bisik-bisik kewala | bok kapyarsa mring ki nujum | têmah wikan yèn cinidra ||

7. mangkya lamun sampun munggwing | byantara sri narapatya | ngandikan ing sakarsane | awit sampun kauningan | mring sang nata pribadya | Kartimaya nulya mêtu | ngawe mring Nitilukita ||

8. Nitilukita marani | gya sarêng malbèng pandhapa | mring ngarsa kya patih age | dupi kyana patih mulat | mèsêm datanpa nabda | lêga ing tyas manthuk-manthuk | ki patih nulya siyaga ||

9. wusira dandos tumuli | ki patih lan Kartimaya | lampahira age-age | Nitilukita [Ni...]

--- 83 ---

[...tilukita] nèng wuntat | ambêkta Ki Jalena | yun sowan ngarsa sang prabu | tan kawarna anèng marga ||

10. wus praptèng regol sitinggil | Kartimaya kandhêg marga | anganti ing timbalane | kya patih laju lampahnya | tumamèng dalêm pura | sowan ngarsa sang aprabu | sri narendra angandika ||

11. paman dèn kaparèng ngarsi | sun sawang pisowanira | anèng ngarsaningsun mangke | ana karya ka[6] wigatya | mara matura paman | kyana patih nêmbah matur | amba ngirid Kartimaya ||

12. nguni jêng sri narapati | kinèn ngambil Ki Jalena | mangkya nganti timbalane | sri narendra angandika | lah mara timbalana | praptaa ing ngarsaningsun | kya patih nêmbah gya mentar ||

13. tan dangu wus praptèng jawi | panggih lawan Kartimaya | andhawuhkên timbalane | Kartimaya gya aminta | bagor pinanggul sigra | sarêng tumamèng kadhatun | tan dangu wus praptèng ngarsa ||

14. sarêng nêmbah janma kalih | sri narendra dupi mulat | kalangkung ngungun galihe | tri pandurat tan ngandika | gawok jroning wardaya | anulya ngandika arum | Kartimaya kadiparan ||

15. pramulane sira bangkit | ngambil marang Ki Jalena | mara matura dèn age | aywa sira wancakdriya | Kartimaya tur sêmbah | dènira nglakoni dhawuh | purwa madya myang wasana ||

16. wus katur sri narapati | dupi sang nata miyarsa | kalangkung bêndu galihe | nging sinamun pasmonira | tuhune sri narendra | kukuh kasugihanipun | ngasorkên kèhing kawignyan ||

17. mangkya ki nujum winarni | têtela pamirêngira | asru kagyat jro driyane | gêtêr anglês jiwangganya | ngalumpruk tanpa daya | wus sirna budayanipun | tan mobah-musik[7] lir pêjah ||

18. asangêt dènira ajrih | myang merang jroning [jro...]

--- 84 ---

[...ning] wardaya | wit wus kondhang saindênge | jro praja Karangwidara | kalamun Ki Jalena | prastawa paningalipun | wikan sabarang prakara ||

19. kang durung lawan kang uwis | ngantya kagêm sri narendra | marma sangêt kuwatire | bok tampi bênduning nata | nulya nglocitèng driya | prayogane sun umatur | sarta nyuwun sih narendra ||

20. lubèra ingkang aksami | wit natambêk paramarta | gung asih mring pra dasihe | ngapura wong kaluputan | kathah ciptaning driya | puwara nulya umatur | mring sang nata angrarêpa ||

21. dhuh-dhuh adhuh jêng dewa ji | nata ambêk paramarta | binathara karatone | tuhu asih mring kawula | ingkang kawêlas-arsa | angganjar mring dasihipun | kang mituhu padukendra ||

22. abdi dalêm langkung sisip | ing ngarsa paduka nata | mung pasrah pêjah gêsange | jêng dewa ji wus tan samar | abdi dalêm kawula | kajawi karsa sang prabu | nyênyadhang sih padukendra ||

23. nglubèrakên kang aksami | mring ulun kang kawlasarsa | paringa parimarmane | abdi dalêm nyuwun gêsang | sang nata angandika | patih uculana gupuh | dimèn kaki nujum mêdal ||

24. patih nêmbah gya nguculi | talining kang bagor sutra | kyai nujum mêdal age | marêk ngarsa sri narendra | angraup padèng nata | angrarêpa aturipun | kathah-kathah aturira ||

25. sang nata ngandika aris | kaki ora dadi apa | iku kabèh kalakone | saka karsèngsun priyăngga | kinarya saksinira | ingkang rekadaya iku | marmane hèh kaki sira ||

26. ywa dadi duhkitèng ati | myang ywa runtik jro tyasira | dèn kadya saban-sabane | kaki aywa wancakdriya | ngabdi ing ngarsaningwang | kabèh [ka...]

--- 85 ---

[...bèh] kaluputanamu | sayêkti ingsun apura ||

27. ki nujum wus dèn lilani | mulih maring wismanira | kyai nujum nêmbah lèngsèr | saking ngarsa sri narendra | mêdal sing dalêm pura | kawarnaa sang aprabu | alon dènnya angandika ||

28. hèh Kartimaya sirèki | wus nglakoni dhawuh ingwang | datan ana kuciwane | mêngko ingsun wus pracaya | mring rekadayanira | myang nalar-nalarirèku | nanging mangkya ingsun maksa ||

29. durung pitaya sayêkti | marang rekadayanira | sarta nalarira kuwe | lamun durung wruh priyăngga | sarana netraningwang | marma mangkya ingsun mundhut | saksinta manèh sapisan ||

30. Kartimaya angênjali | umatur mring sri narendra | abdi dalêm mung andhèrèk | ing timbalan padukendra | ulun datan lênggana | sri narendra ngandika rum | yèn mangkono karsaningwang ||

31. sira ratri mêngko iki | mlêbua mring dalêm pura | singsim ingsun iki mangke | jupukên sing astaningwang | nging ywa ngantya konangan | wadya kang jagèng kadhatun | dèn ta malbèng dalêm pura ||

32. myang sira dèn ngati-ati | gonira ngambil kalpika | yêkti ingsun datan sare | ing saratri mêngko uga | ingsun mandhi sanjata | marma dèn prayitnèng kewuh | kalamun ingsun uninga ||

33. mring sira yêkti sun bêdhil | de yèn cinêpêng ing wadya | ywa sira tanya dosane | anuli sira binănda | pinagas jangganira | de jênêngira kalamun | tan nglakoni dhawuh ingwang ||

34. ingsun utusan prajurit | anjujul mring wismanira | sira gya cinêkêl age | anulya sira binănda | maring pra wadyabala | lamun sira maksa purun | rinodapaksa kewala ||

35. ginawa ing ngarsa

--- 86 ---

mami | sun karya pangewan-ewan | ingiring mring janma akèh | urut marganing nagara | kalamun wus mangkana | pinagas jangganirèku | anèng madyaning bacira ||

36. tinon sagunging pra janmi | Kartimaya kadiparan | sira matura dèn age | anèng ngarsa jênêng ingwang | samana Kartimaya | kalangkung rudah ing kalbu | sing awrating dhawuh nata ||

37. asangêt dènira ajrih | anggarjita jroning nala | sang nata sangêt bêndune | ing sêmu wus kawistara | myang awrat sangganira | timbalan jêng sang sri mulku | langkung anduparanira ||

38. rèhning sampun anyagahi | yun dhèrèk dhawuh sang nata | puwara gya nêmbah age | umatur mring sri narendra | dhuh pêpundhèn kawula | dêduka dalêm sadarum | ulun pundhi ing mastaka ||

39. sadaya dhawuh jêng gusti | ing sakarsa padukendra | amba sadrêmi andhèrèk | tan purun amalangana | mung pangèstu paduka | ingkang abdi dalêm suwun | amba bangkit nglampahana ||

40. pukulun sri narapati | kajawi karsa paduka | amba nyuwun inah mangke | tri ari kewala cêkap | yun ngulati pambudya | benjang ari Buda dalu | amba malbèng dalêm pura ||

41. sang nata ngandika malih | karêpirèku prayoga | myang sun paring pangèstune | nanging sira dèn prayitna | Kartimaya tur sêmbah | pukulun sri mahaprabu | kawula nyuwun aksama ||

42. kalilana jêng dewa ji | abdi dalêm arsa wikan | jro pura prênah-prênahe | pasarean padukendra | myang marga-marganira | de yèn tan makatên ulun | sayêkti datan uninga ||

43. anglêngkara ulun bangkit | ngambil singsim padukendra | wit datan wikan unggwane | myang prênahing marga-marga | sajroning dalêm pura [pu...]

--- 87 ---

[...ra] | sri narendra ngandika rum | mayo sun irid mring pura ||

44. lawan sira paman patih | milua malbèng jro pura | dwi janma nêmbah gya dhèrèk | nèng pêngkêran sri narendra | mangkana kang winarna | Kartimaya sinungan wruh | kamar pasarean nata ||

45. sang nata ngandika aris | marang Patih Dayayuda | rèhning Kartimaya mangke | wus wrin jroning dalêm pura | myang pasarean ingwang | nulya iridên dèn gupuh | urut marganing kadhatyan ||

46. de kalamun wus udani | sira wong roro kalilan | mulih mring wismanta dhewe | sang nata maringi sigra | brana tanapi arta | dhatêng Kartimaya wau | dwi janma anulya nêmbah ||

47. mentar sing ngarsa sang aji | kya patih lan Kartimaya | lumaksa urut margane | kabèh sajroning kadhatyan | tan ana kaliwatan | wusira anulya mêtu | kya patih lan Kartimaya ||

48. lan Nitilukita panggih | tri janma gya lumaksana | tan kawarna ing margane | sampun praptèng kapatihan | tumamèng jro pandhapa | nulya samya tata lungguh | angginêm timbalan nata ||

49. samana rêkyana patih | kawistarèng sêmunira | dahat duhkitèng driyane | wit timbalan sri narendra | awrat sêsanggènira | nyana lamun jêng sang prabu | asangêt ing dukanira ||

50. kyana patih nulya angling | lah ta kakang kadiparan | langkung awrat sêsanggane | timbalannya sri narendra | dhatêng pun kakang mangkya | myang andupara satuhu | tangèh bangkit kalampahan ||

51. yèn makatên kadipundi | yêkti datan sagêd polah | Kartimaya lon ature | ywa paduka wancakdriya | amba wus manggih reka | nglampahi dhawuh sang prabu | bokmanawi antuk karya ||

52. sing pamanggih amba mangkin | timbalan [ti...]

--- 88 ---

[...mbalan] sri naranata | samangkya langkung gampile | tinimbang kang wus kawuntat | mung awrat sangganira | amba pasrah mring dewa gung | mugi-mugi antuk karya ||

53. kyana patya nabda aris | sukur kakang sampun manggya | pambudi rekadayane | kula amung urun puja | supadya antuk karya | nglampahi dhawuh sang prabu | aywa wontên kara-kara ||

54. Kartimaya matur malih | amung pangèstu paduka | ingkang amba suwun mangke | de mangkya rèhning wus lama | wontên ngarsa paduka | kula kalilana mantuk | kyana patya malih nabda ||

55. kakang samya dum basuki | mung kula darbe panêdha | lamun wontên para gawe | myang yèn wontên kakirangan | kula sungana wikan | ing sasagêd-sagêdipun | kula ngrewangi pun kakang ||

56. ywa pakèwêd ing panggalih | Kartimaya nulya mentar | sing ngarsa kya patih age | Nitilukita tut wuntat | lampahe tan winarna | wus prapta ing wismanipun | gantya ingkang winursita ||

57. ki nujum ingkang winarni | lampahira sigra-sigra | tan dangu praptèng wismane | ananging Nyai Jalena | myang pra atmajanira | tan ana juga kang wêruh | nyana kadya sabanira ||

58. Ki Jalena lamun enjing | sadurunge para suta | tangi sing patilêmane | mêdal saking wismanira | lumaksa urut marga | mrih ayêming angganipun | lamun surya wus katingal ||

59. ki nujum mulih mring panti | dadya rikala samana | nyi nujum myang pra sutane | datan ana juga wikan | lamun Kyai Jalena | dhinustha duk wau dalu | lajêng katur sri narendra ||

60. dadya eca jroning ati | tan ana kang nilakrama | pra suta mring sudarmane | kawarnaa Ki Jalena | sru duhkitaning driya | myang merang jroning tyasipun | de ngantya kenging wisaya ||

--- 89 ---

61. marma langkung dènnya runtik | ngulati pambudyèng driya | dera mrih cipta dhusthane | tanduking sandi upaya | pan amung Kartimaya | sumêdya winalês ukum | ciptanira Ki Jalena ||

62. nahên gantya kang winarni | Kartimaya sru turida | tanapi sru sumêlange | wimbuh marasing wardaya | nadyan wus antuk reka | myang cinipta lamun tamtu | bangkit ngambil singsim nata ||

63. mung awrat sêsanggannèki | timbalan sri naradipa | pratăndha dahat bêndune | tan dadya karsa narendra | wit kasor pamanggihnya | puwara micarèng kalbu | nadyan sun tumêkèng lena ||

64. wit sing gyan ingsun nglakoni | laku kang bênêr prayoga | tan ana kaluputane | têtêp ujaring sujana | ajrih kalamun lêpat | nging nadyan tumêkèng lampus | tan mungkur mring kabênêran ||

 


Yasaguna. (kembali)
Lebih satu suku kata: nglêngkara yèn tan bangkit. (kembali)
payo. (kembali)
Jagad. (kembali)
salumahing. (kembali)
kang. (kembali)
mobah-mosik. (kembali)