Pawèstri Samariyah, Sie Siauw Tjong, 1923, #1275

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Suluk Pawèstri Samariyah

Ingkang nganggit Si Syao Cong ing Surakarta 1853 - 1923

Cap-capan kapisan Ingkang ngêdalakên sarta ingkang sade SIE SIAUW TJONG

GEMBLEKAN Solo.

--- [0] ---

Bêbuka

Wiyosipun, cariyosipun pawèstri băngsa Samariyah punika, babonipun saking kitab suci ingkang namung ringkêsan, lajêng kula rowakakên mawi wêrdi sarta sinawung sêkar macapat, awit ing pamanah lêlampahanipun sang wanodya wau pantês sinudarsana, inggih punika anggène wiwit ngancik sanginggiling tataranipun golongan tiyang èstri ingkang kaanggêp asor drajading kamanungsanipun, pawèstri Samariyah sangêt amarsudi dhatêng sangkan paraning gêsang langgêng adhêdhasar pangibadah.

Wondene Sêrat Suluk Pawèstri Samariyah punika mawi wêwarah kalih perangan agêng.

1. Bab toya gêsang (tirta marta).

2. Bab sajatining panêmbah (sêmbahyang).

SIE SIAUW TJONG.

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. wuryaning kang sinarkarèng tulis | tèsing sêdya syaga malat prana | nênangi conging tujune | juwêt ngrawit mrih jumbuh | danurwedha wêwarah jati | dêdamar kauripan | măngga dipun gayuh | saiyêg saeka praya | yèn wus nyandhak ywa sinimpên tan wèh mijil | nging sami dèn wradinna ||

2. tangèh lamun têbaning kang nulis | yèn wasisa mimba pra sarjana | ringa-ringa pangriptane | tan darbe guna kawruh | kang mimbuhi wênganing budi | tan ketang ingèncêpan | dera kumawiku | mung mamrih ambirat brata | angruruhi rêrasan woding dumadi | mrih wêninge wardaya ||

3. pinèngêtan duk wiwit tinulis | nujwèng Jumngah Kaliwon tanggalnya | ping kalih likur wulane | Sawal măngsa Sadhèku | wuku Tolu ingkang lumaris | tanggap windu Sêngara | Jimawal kang taun | sangkalanira winarna | tinêngêran guna tata ngèsthi gusti |[1] pinurwa kang carita ||

4. bêbukane jinêjêr ing kawi | duk nalika Kangjêng Nabi Ngisa | lêlana tanah Yudine | madhangi kang kalimput | katanêman ngèlmi sajati | ngabêkti maring Allah | Tangala puniku | kathah tyang kang manjing siswa | rumangsane samyantuk nugraha jati | lir nginum toya gêsang ||

5. kawuwusa wau kangjêng nabi | arsa kundur mring tanah [ta ...]

--- 4 ---

[... nah] dunungnya | Galileyah doh parane | lampahira karuhun | anglangkungi tanah kêkalih | Pereyah Samariyah | nging satunggilipun | yèku kang aran Pereyah | yèn mêdala ing ngriku saklangkung têbih | nging dadya padatannya ||

6. adatira têtiyang Yahudi | yèn yun kesah dhatêng Galileyah | Samariyah sirikane | tan mêdal tanah ngriku | nadyan cêlak nanging tinampik | wit samya sêsêngitan | klayan băngsa ngriku | nêm atus taun laminya | dèrèng rukun panganggêpe tyang Yahudi | mring băngsa Samariyah ||

7. dede trahnya Jêng Nabi Ibrahim | nging turune băngsa cêcampuran | lan momoran agamane | de Ngisa tan kadyèku | arsa misah kang samya bêngkrik | rawe-rawe karantas | malang-malang putung | milane gyannya lumaksa | datan miyos lir margine tyang Yahudi | nging miyos Samariyah ||

8. wus kapasthi ingkang Maha Sukci | datan kenging lamun ngewahana | Jêng Nabi Ngisa nulyage | tindak lan sabatipun | tan kawarnèng lampahing margi | wuwusên sampun prapta | Samariyah jujug | ing nagri kang nama Sikar | sacêlaknya pasitèn pusaka nguni | sing Yakub tilarannya ||

9. wus misuwur ngriku wontên warih | sumurira

--- 5 ---

Yakub duk ing kina | tumurun Yusup putrane | tabêtira karuhun | kanang prigi sapriki taksih | pan anggung pinilala | gêng supangatipun | nanging kèh janma tan ngira | lamun têmbe sirna supangating prigi | ing jamanira Ngisa ||

10. yèn kacăndra lêbête kang prigi | satus gangsal kaki plês têlêngnya | dene ing jaman pamangke |[2] sapta dasa pêpitu | dadya saya cêthèk rannèki | sumur wau winastan | sumurira Yakub | wit rumiyin kang ayasa | Nabi Yakub kang wayah Nabi Ibrahim | dhinudhuk ngrêdi karang ||

11. toyanira pan saklangkung wêning | tansah mênêp katon maya-maya | anglam-lami kang manginte | pinundhi ring tyang ngriku | Samariyah sabăngsanèki | mèngêt dadya pusaka | panganggêpe kukuh | tan wruh yèn iku sarengat | ênêngêna candraning punang parigi | tinurut kang carita ||

12. Nabi Ngisa sawusira prapti | nagri Sikar kang wus kocap ngarsa | ngraos sayah sarirane | gya nyêlak pinggir sumur | arsa ngaso datanpa kanthi | sakabatnya tinilar | nêba marang dhusun | samyandon luru têtêdhan | tan darana sêlak ngêlak lawan ngêlih | sigêg gêntya kocapa ||

13. antawisnya têngange kang wanci | Nabi Ngisa ngaub soring wrêksa | lênguk-lênguk linggih dhewe |

--- 6 ---

anginnya midit maniyub |[3] karya sumyah angga jêng nabi | ya ta tan dangu prapta | wanodya yun ngangsu | yèku Nikèn Samariyah | dene wanci têngah ari amèt warih | de nyêbal ing padatan ||

14. awit têbih dunungnya kang prigi | lamun ngangsu têngange ing wayah | tamtu bêntèr têmahane | kajawi lamun pêrlu | apa baya darunanèki | pawèstri Samariyah | têngah ari ngangsu | punapa gênthonge pêcah | atanapi ing wisma kêntekan warih | apa nuju kewala ||

15. tan mangkana sababing wigati | pambukanya kang kinăntha ring hyang | mangkana pan wus pasthine | dhawahirèng kang wahyu | nugrahane punang pawèstri | panggih lan Nabi Ngisa | nabi dibya anung | utusanira Hyang Suksma | mawèh marta mastawa samèng sumadi |[4] mêmayu yuning jagad ||

16. Nabi Ngisa tan samar pangèksi | mring pawèstri kang tigas kawuryan | kadadyanira ing têmbe | sinawang calon punjul | bisa tampi wasitèng gaib | wus pinasthi dening Hyang | rahayu tinêmu | ing dunya praptèng ngakerat | kangjêng nabi arsa ngruwat mring pawèstri | tarunaning tyasira ||

2. Sinom

1. Nabi Ngisa lon ngandika | hèh nini mara dèn aglis | nimba aywa ringa-ringa | sun jaluk banyu sathithik | kinarya jampi

--- 7 ---

salit | ya ta wau duk angrungu | pawèstri Samariyah | dahat kapitaning galih | anglocita makatên osiking nala ||

2. yèn nitik pangagêmannya | wong iki băngsa Yahudi | tan mlèsèt pakêcapannya | dene bènèh lawan mami | lah ta paran wong iki | têka wani canthuk-lawung | lan băngsa Samariyah | kang wus kanggêp satru lami | nulya matur dhuh pukulun kadi paran ||

3. klilana amêgat klimah | dene ngong ngungun kapati | paduka băngsa Yahuda | ingkang wus êcrah alami | lan băngsa kula niki | têka tuwan kumapurun | mundhut ngunjuk mring kula | pardikane tan udani | tinujune jêng nabi amundhut toya ||

4. yèku mung karya lantaran | unggyannya yun paring wiji | mêmijangkên kasampurnan | sinamun ing sabda lungit | mrih tumama ngênani | wênganing rasa tumlawung | ywa kagèt kang kataman | lon manabda kangjêng nabi | ngarah-arah noraga amamèt prana ||

5. hèh babo bibi rungokna | ywa kagyat ingsun jarwani | mênawa sira wêruha | nugrahanirèng Hyang Widhi | lan wêruha sirèki | sapa ta kang mundhut ngunjuk | ing mau masthi sira | nuli dadi kosokbali | mangênjali gantya nyuwun mring dhèwèknya ||

6. banjur sira pinaringan [pi ...]

--- 8 ---

[... naringan] | tirta marta kang sajati | mangkana wardining basa | wiyose sabda jêng nabi | wèh sasmita kang dhingin | nugraha saking Hyang Agung | têgêsnya kaslamêtan | pangapuntên lawan urip | tri prakara karacut aran nugraha ||

7. ping kalih sasmitanira | jêng nabi maring pawèstri | wau sintên mundhut toya | punika prasêmonnèki | tumrap angga jêng nabi | gyannya mayu wèh rahayu | yuwana mring pra jalma | kang yun wruh sandining urip | lan nanggapi nugrahanira Hyang Suksma ||

8. nging sang dyah dèrèng têtela | pralambang kang kasbut nginggil | mila gantya atêtanya | mring Jêng Ngisa matur aris | dhuh tuwan kadipundi | gyan paduka ngambil ranu | jro sumur yèn tan nyambat | paduka tan bagta pranti | sayêktine angèl lamun tinampahan ||[5]

9. gèk sintên ingkang kaduga | nêdahkên kang toya urip | kajawi sumur punika | yèn wontên langkung mustahil | punapa langkung inggil | tuwan katimbang lan Yakub | lêluhur kang wus kontap | Nabi Yakub duk rumiyin | pan wus karsa angunjuk toya punika ||

10. sasomahira sadaya | lêmbu lan mendane sami | warata wus ngombèn toya | tan ana kari sawiji | makatên sang pawèstri | sayêkti dèrèng sumurup | maring jatinya Ngisa |

--- 9 ---

lan Yakub pan langkung inggil | kuciwane sang rêtna dèrèng trawaca ||

11. mung Yakub sinêngguh tama | ngalela punjul pribadi | makatên dadya jamaknya | watak wantuning sujanmi | cacade dèn sasabi | alaning lyan kang cinatur | angêndhak gunaning lyan | ngungkulkên ngèlmi pribadi | wus tan lêpat inganggêp lir toya gêsang ||

12. kang gêsangi nyawanira | rahayu praptaning akir | nanging pilih kang uninga | mring wadine toya urip | dahat dènira rumpil | tan mêlok datan dumunung | sanès kang munggwèng tara | kiwa têngên ngandhap nginggil | lawan dede kang wontên sajroning jaja ||

13. kang dumunung nginggil tênggak | lan netra kapala sami | punika sanès sadaya | upayanên dèn taliti | ywa klèntu kawruh lair | tirta yoga iku dudu | têgêse tirta yoga | pan wontên kawan prakawis | kang kapisan toya kang saking pratala ||

14. toya sing langit kalihnya | cêcukulan kang kaping tri | lan saking kang sipat nyawa | yèku taksih ewah gingsir | mung mikolèhkên daging | de lir borèh paminipun | tan bangkit bengkas karya | wusanane balenjani | sajatine pituduh datan mangkana ||

15. wiyose kanang wêwarah | wadine bab toya urip | ingkang wasta maol [mao ...]

--- 10 ---

[... l] kayat | nyatane sangêt sinandi | kèh kadung kang ngulati | kajawi srana pituduh | antuk wahyuning Allah | gya dumilah anyêlaki | lêlarahe kang têbih maksih kalingan ||

16. katawêngan tigang êbab | jagad dosa miwah iblis | warana tigang prakara | upamine lir woh tiris | tabon bathok wah malih | kalapa dêdagingipun | tabon badan paminya | wadhag kita alum aking | asli siti yun wangsul dhatêng pratala ||

17. bathok lir dosa paminya | dadya lampitaning ati | tyas nêpsu yêkti wus risak | kataman sikuning Widhi | kalapa liring iblis | isbating nyawa puniku | jujul nyêbal jêjêrnya | tan ngimankên mring Hyang Lêwih | lupiyane Nabi Adam duk ing kuna ||

18. kalimput iblis kang godha | satêmah dhawah bilai | laila praptèng samangkya | warana tigang prakawis | panggêng tansah ngalingi | nyasabi kang toya idhup | lir sêpêt bathok klapa | ngalingi toyaning tiris | mila Sang Dyah Samarya langkung kasmaran ||

3. Asmaradana

1. Nabi Ngisa ngandika ris | nini aywa wancak driya | sun warah tilingna age | banyune sumur punika | sing sapa anginuma | maksih ngêlak akiripun | ana lyane punang [pu ...]

--- 11 ---

[... nang] toya ||

2. singa ngombe toyanèki | kang saka pêparing ingwang | tan ngêlak langgêng slawase | sanityasa sêsênêtan | jênêk nèng atmanira | ing sajroning wong kang nginum | dadya sêsumbêring toya ||

3. sumbêr urip kang umili | mancur praptèng urip baka | sang dyah kascaryan ing tyase | nging nyathêt sajroning driya | sangsaya pangangsêgnya | kêsusu asêlak bêsus | mring sandining kasunyatan ||

4. sang dyah ngrêpa matur aris | dhuh pukulun kang bêg darma | mugi wêlasa maring ngong | maringakên toya gêsang | supados ing têmbenya | ngong tan ngêlak slamènipun | tan ngangsu sumur punika ||

5. pangudine sang pawèstri | makatên karya tuladha | mring kita sadaya mangke | ywa katungkul ngupaboga | papana uripira | pintanên ywa kongsi gangsul | kang tumrap sukma lan raga ||

6. upayanên dèn kapanggih | gêgayuhan kang utama | kang tan gèsèh lan ugêre | mangkana pradikanira | mirit wardining kitab | sajatine toya idhup | yèku rohirèng Pangeran ||

7. Nabi Ngisa wrangkanèki | dadya loroning atunggal | kang babarkên sih piwlase | mring wanodya Samariyah | tanapi para jalma | singa têmên mêsthi nêmu | kang sru ngudi mêsthi panggya ||

8. wau ta

--- 12 ---

ingkang winarni | pawèstri ing Samariyah | wiwit mapan pamanahe | kakênan ing wêdharira | jêng nabi piwulangnya | lir tyang wungu pungun-pungun | wus tungtum pramananira ||

9. Nabi Ngisa tuhu luwih | widagda aparikrama | gyannya ngangkah tumamane | mikolèhkên piwulangnya | tumanêmirèng manah | mrih tan kumambang kang wuruk | mung mêndêm kakehan warah ||

10. makatên karya palupi | mring sanggyaning para dwija | kang masita ring siswane | prayoga ngagêm pêparah | ywa anggêr bisa marah | diwêruh marang panuju | jăntra jangkanirèng kodrad ||

11. tan ugêr kang dakik-dakik | bangkit milêt amiluta | endah maneka critane | mangkana Sang Nabi Ngisa | gya nyigêg piwulangnya | salin babagan ginilut | amêlèhkên mring wanodya ||

12. kinèn wangsula rumiyin | ngundang marang lakinira | gya sowan padha anane | katrangane pan mangkana | kang kinêkêr Sang Ngisa | kridhaning rèh nawung parlu | lair karya samudana ||

13. dêdimène anênangi | ngunggar garjitaning manah | anggêr nalăngsaa age | ring pawèstri Samariyah | èngêta ing lêpatnya | piawone lampahipun | nistha gyannya bêbojoan ||

14. sang dyah cuwa ingkang galih | mirêng dhawuhnya Sang Ngisa | dene [de ...]

--- 13 ---

[... ne] kabêlik lêpate | netya kucêm èsmu susah | tan kadya waunira | manah bingar mirêng wuruk | tan kadumuk dosanira ||

15. nanging sang dyah sangêt kumbi | nasabi ing klêpatannya | nging sru kewraning manahe | sapangu datanpa ngucap | wusana lon turira | dhuh pukulun kula èstu | tan darbe laki sanyata ||

16. jêng nabi waskithèng galih | tan samar ing aturira | sang rêtna kumbi manahe | dèrèng runtut aprasaja | nging Ngisa datan kewran | tansah gunturkên pitutur | nini bênêr aturira ||

17. kawula tan darbe laki | nanging bojomu wus lima | kari siji praptèng mangke | uga dudu bojonira | nihanta sang wanodya | kluhuran sabda sang wiku | sangêt èmêng tanpa ngucap ||

18. sangêt ngungun sang pawèstri | pungun-pungun kaelingan | karasa-rasa dosane | karya trênyuh manahira | linali tan kalingan | lêlakon kang wus kapungkur | wusana pinupus sigra ||

19. lir mêndhung ngumpul nglimputi | ilang kabuncang maruta | dyan mangkana pêpindhane | tumamanira wasita | sarana peling nyata | kang nuntun manah rahayu | gambuhi wênganing driya ||

4. Gambuh

1. gagapane dyah ayu | angugêri gagasaning kalbu | baya iki dudu sabaening janmi |

--- 14 ---

jatmika bangkit mangirup | sumurup wangdine[6] nguwong ||

2. pranyata nabi punjul | kajuwara ing jagad wus kasub | nuli matur sang rêtna dhatêng jêng nabi | yèn saking pangintên ulun | tuwan nabi kang kinaot ||

3. mangkana kintênipun | sanyatane Jêng Ngisa puniku | purwanira jinăngka jumênêng nabi | atas karsane Hyang Agung | panggêng têtulung sakèh wong ||

4. nging sang dyah dèrèng purun | aprasaja ing bab lakinipun | pan sinamun angginêm sanès prakawis | wawasan ingkang tinêmu | ngabêkti marang Hyang Manon ||

5. kang dadya poking udur | tyang Yahudi dêdêr bênêripun | lawan băngsa Samaryah rame kapati | sang rêtna nuli umatur | nyuwun têrangnya wiraos ||

6. kadipundi pukulun | băngsa amba wus kêkah saèstu | sing lêluwur kawula dugi sapriki | papanira yèn asujut | wontên ing rêdi kemawon ||

7. bènèh lan tekatipun | băngsa Yudi kalamun asujut | wontên masjid Yêrusalèm kitha adi | punika pundi kang luput | lan pundi langkung kinaot ||

8. sang nabi ngandika rum | rêngên ta hèh nini ingsun tutur | dipracaya wus dungkap mangsane prapti | titine gonira sujut | satêmêne tan mangkono ||

9. jatine sêmbah [sê ...]

--- 15 ---

[... mbah] iku | marang Allah tan ana ing gunung | gunung kene kang aran gunung Garisim | Yêrusalèm iya dudu | satêmêne pan mangkono ||

10. dene ta panêmbahmu | maksih ngawur tan wêruh ing dunung | kang anyêmbah tan wruh kang sinêmbah yêkti | wondene panyêmbah ingsun | marang Allah wus waspaos ||

11. ing măngsa kang kapungkur | Yêrusalèm pèking masjid agung | Yêrusalèm kuthanira wong Yahudi | wiwit tuwuh jangjinipun | Allah paring karahayon ||

12. samêngko jêblosipun | sajatine panêmbah puniku | marang Allah ramane bumi lan langit | dad ingkang wajibul wujut | dading gusti kang sayêktos ||

13. mangkene sêmbah iku | sêmbah êroh sarta kanthinipun | klayan nyata kayêktènira samangkin | sêmbahyang mangkono iku | dadya parênge Hyang Manon ||

14. makatên têgêsipun | pamêjangnya Nabi Ngisa wau | ngêmu raos êngêsnya kawan prakawis | kapisan Allah kasêbut | rama amêngku wiraos ||

15. asipat wêlas ayun | agung trêsna ring kawulanipun | sêsêbutan rama pan nêmbe kawarti | suwaunya dèrèng umum | mung Ngisa kang paring ngêrtos ||

16. anduwa pyandêlipun | Samariyah ing sabangsanipun | gyannya [gya ...]

--- 16 ---

[... nnya] ngintên yèn Allah asipat kakim | tan asih mung karya takut | mring malekat lan mring uwong ||

17. kang kaping kalihipun | piwulangnya sang nabi sung wêruh | panyêmbahe kajawi băngsa Israil | ingkang tumrap sanèsipun | tujonira tan gumathok ||

18. jêjêre nora karuh | nêring sujut nora mring Hyang Agung | tan mangkana kêkêrane Bani Srail | klayan para umatipun | Jêng Nabi Ngisa kinaot ||

19. kang tokit tekatipun | sujutira mung maring Hyang Agung | ping tiganya wêwarahira jêng nabi | anêrangkên ancêripun | rah-arahane Hyang Manon ||

20. tan arah datan dunung | nging triloka kèbêkan akêmput | Yêrusalèm datanapi ing Garisim | sakalirnya wus kalimput | kamot anane Hyang Manon ||

21. marmane karya pemut | mring tyang sagung kang anggung amêsu | lamun nêmbah ywa milih panggenan mligi | milih têbih cêlakipun | sadaya sami kemawon ||

22. ping pate sung pituduh | gon-anggone wong sêmbahyang iku | kang makripat wus nilar badan jasmani | păncadriya wus kinukut | karna netra lesan raos ||

23. ngêndhakkên kanang nêpsu | pamanahan lan ngên-angênipun | amung kari sawiji kang kangge [kang ...]

--- 17 ---

[... ge] kardi | êroh sanyata puniku | mirip sipatnya Hyang Manon ||

24. wondene ugêripun | anggèn kita ayun mangsah sujut | marang Allah pan wontên kawan prakawis | wanuh karuh wêruh kukuh | têgêsira kang cumêplong ||

25. wanuh gênah liripun | marang Allah sêsêmbahanipun | wanuhira klayan prastawaning ati | ati suci kang wus mêngku | kitab suci kang sung wêroh ||

26. ping kalih lire karuh | wus karuhan ing pribadinipun | punapa ta kang dadya ciptanirèki | kang binêkta dalêm sujud | sabarang parlune kamot ||

27. ping tiga lire wêruh | ngartos marang paugêranipun | dalêm sujud wontên panyuwunirèki | ywa sadhengah kang dèn suwun | kêdah mêmpên ring Hyang Manon ||

28. ping catur lire kukuh | uwat-uwat pikêkahing sujud | imanira ngimankên juru basuki | plawanganira Hyang Agung | Jêng Ngisa rohullah manggon ||

29. wau ta sang rêtnayu | saya padhang panampining ngèlmu | kasampurnan sangkan paraning dumadi | rarasing rasa kacakup | kapusthi sajroning batos ||

30. lir gêsang jroning lampus | pan mangkana ing pangraosipun | sang wanodya dening tuk nugraha jati | wus lama gyanira ngluruh | utusanira

--- 18 ---

Hyang Manon ||

31. tan nyana yèn wus pangguh | yèku Ngisa kang nèng ngajêngipun | nuli matur sang rêtna mring kangjêng nabi | mahyakkên sotaning kalbu | bab utusannya Hyang Manon ||

32. dhuh babo sang awiku | cêcêngklungên gyan ulun mangayun | majanmane utusanira Hyang Widhi | upami lamun wus rawuh | wêwarah ing karahayon ||

33. Sang Ngisa ngandika rum | amalèhkên ing kaananipun | adhuh babo kalingane sira nini | wruhanta kang sira ruruh | ya ingsun ingkang kawiyos ||

5. Mijil

1. sigêg gênti kang kata mangsuli | gantya kacariyos | pra sakabat kang luru têdhane | datan dhèrèk tindakirèng gusti | nyidhat wontên margi | mring dhusun wus antuk ||

2. ri saksana pra sakabat nuli | sawusira ngaso | samya sayuk nusul bandarane | rêreyongan tan dangu wus prapti | kapanggya jêng nabi | dahat samya ngungun ||

3. pan katêmbèn dènira ngalami | manoni lêlakon | kang tan gathuk kalawan jamane | kangjêng nabi kalayan pawèstri | adatnya Yahudi | duk kala rumuhun ||

4. angawisi tyang jalu lan èstri | lamun sapatêmon | gêginêman tan kinengingake | lawan malih amêjangkên ngèlmi | agama kang suci | kuciwa [ku ...]

--- 19 ---

[... ciwa] tinêmu ||

5. nadyan maring kang garwa pribadi | wit kaanggêp bodho | lawan asor tyang èstri drajade | langkung malih Samaryah pawèstri | kalayan Yahudi | sêsatron wus dangu ||

6. duk samana ciptane pra murid | kanggêg tan kawiyos | èngêt lamun waskithèng gustine | boya kewran mring agal myang rêmpit | datan nêrang sami | ing rèh gustinipun ||

7. ênêngêna pra sakabat sami | gantya kacariyos | sang pawèstri wus tanggap manahe | Nabi Ngisa pranyata dutaning | Allah kang dèn anti | dahat suka sukur ||

8. wus palastha wulangnya jêng nabi | sang rêtna wotsinom | mentar wangsul maring jro kithane | êjunira wus tininggal kèri | parlu kang binudi | pêpoyan rumuhun ||

9. mangke arsa amangsuli malih | anganthi punang wong | jroning kampung yun tinêdahake | Nabi Ngisa utusaning Widhi | kang winêcèng tulis | duk kala rumuhun ||

10. pan mangkana tyang kampung gya mijil | nyatakkên lêlakon | dhatêng sumur Yakub panggenane | sampun sowan ngarsanya sang nabi | sangêt anyênyaji | ngaturkên sêsuguh ||

11. tiyang kampung prasami jrih asih | lan bingah kapatos | dene nyata ing jăngka wêcane | mila sangêt [sa ...]

--- 20 ---

[... ngêt] dènira malatsih | ngalap supangating | barkahnya sang wiku ||

12. iba bêgja tyang kang sampun panggih | lan ngandêl ing batos | dhatêng Nabi Ngisa sawulange | adhêdhasar ngibadah mring Widhi | tuladha pawèstri | Samariyah wau ||

13. wus binirat mêmalaning urip | warana kang ngranggon | dosa jagad kalawan iblise | tri prakara wus ginulung sami | ingkang masesani | winasesa uwus ||

14. titikane kalamun wus bangkit | mikat rèh krahayon | tri prakara ing paugêrane | gumolonging nyawa lawan budi | ping tri muna-muni | kanthi tobat laku ||

6. Kinanthi

1. kajawi tobating laku | kanthi tobat jroning batin | kocapa para sakabat | nungkuli lêlakon munggwing | kadya menda kang katriwal | wusana nuli kapanggih ||

2. makatên lampitanipun | tyang dosa mratobat malih | lir têtiyang Samariyah | karya rênaning panggalih | galihira Nabi Ngisa | lan sagunging kang umèksi ||

3. wusana titining parlu | para murid angaturi | jêng nabi supados dhahar | dhaharan sampun cumawis | nging Ngisa tan nuli dhahar | yun paring piwulang dhingin ||

4. ngandika mring siswanipun | apa ta sira wus uning | sun darbe

--- 21 ---

pangan kang samar | kang tumrap sira pinanci | wondene sabda punika | makatên têgêsirèki ||

5. wahyaning ayahanipun | sasmita dhawuhing Widhi | manungsa ingkang wus labda | tanggap kanthi dèn lampahi | punika nama wus dhahar | rêjêki saking Hyang Luwih ||

6. toya gêsang timbangipun | bèn-ombènira ing batin | nyêmpulurkên tumrap nyawa | nyawabi raga lan ati | mila lungse gyannya dhahar | Sang Ngisa tan age bukti ||

7. para siswa duk ing wau | rikalanira miyarsi | ngandikane gustinira | bab têdha ingkang sinandi | tan nyakub êliding rasa | prasamya rêrasan nuli ||

8. ngraosi ing gustinipun | dènira tan nuntên bukti | kinintên wau wus dhahar | ana wong kang munjung prapti | kancane mangsuli ngucap | layak mangkono tan sisip ||

9. nalika aku mring dhusun | sapa wruh kalamun gusti | nglajêngakên laksitanya | gya panggya tiyang gêgrami | bêkta sêkul ulam kathah | sinaoskên kangjêng nabi ||

10. sawênèh mangsuli muwus | o o ewuhaya kuwi | sajroning pangrasaningwang | mung judhêg tan ngarti dhongdhing | jêng nabi dupi miyarsa | klêsikira para murid ||

11. saksana paring sumurup | kang dèn dhahar kangjêng nabi | anggènnya ngrampungkên titah | dhawuhira Sang Hyang

--- 22 ---

Luwih | karya têntrêm lan raharja | basukine wong ing bumi ||

12. wusana salajêngipun | Sang Ngisa jarwa mring murid | lêlakon kang wus kalakyan | pinirit karya palupi | anjingira maring tekat | ywa kuciwa mring pra murid ||

13. jêjêre jarwa pinundhut | tobatira sang pawèstri | lan têtiyang Samariyah | sinawung sasmitèng sabin | pantunira kang wus măngsa | nuli kêna dèn ênèni ||

14. ing măngsa panèn puniku | dadya karênaning galih | galihira kang amurwa | nyêbar andhawahkên wiji | lan dadya gambiranira | juru dêrêp kang ngênèni ||

15. wardine sabin puniku | papan ingkang tanpa tulis | tataraning kabatinan | lir siti ing dalêm sabin | êlohe lamun ingolah | kanthi toya kang gêsangi ||

16. lan wiji ingkang tinandur | kang dumunung mungging sabin | binudi amrih tuwuhnya | yèku wulanging kayêktin | lir wêjangnya Nabi Ngisa | amijèni tyas basuki ||

17. rasa tala lirirèku | tala siti wadhag nênggih | rasa orip jarwanira | kang gêsangi kanang wiji | wiji kagungane Allah | kang wus nunggil rasa jati ||

18. rasa suci bangkit dulu | prastawa mring Maha Sukci | kerasannya pan mangkana | sing sapa suci ing ati | kapasthi wêruh mring Allah | yèku tuwuhirèng wiji ||

--- 23 ---

19. juru dêrêp têgêsipun | pakaryane para murid | lan abdine Nabi Ngisa | amangun rèhirèng gusti | ngrimati mring para umat | kang antuk wahyuning Widhi ||

20. gambiranira ing kalbu | juru dêrêp kang tabêri | tampi pituwasing Allah | yèku tiyang nambut kardi | têtulung marang sasama | gantya tinulung Hyang Luwih ||

21. mangsuli jêng nabi wau | sasampunira kapanggih | lan têtiyang Samariyah | ingaturan têdhak nuli | nyipêng kitha Samariyah | kalih dalu kang winarni ||

22. kathah tyang nampi piwuruk | gêguru amrih basuki | anyakup saparlunira | tan kocap rêroncènnèki | Sang Ngisa nglajêngkên lampah | wus kondur Galileyani ||

--- [24] ---

Bausastranipun Suluk Pawèstri Samariyah

anung : kawasa, utama, langkung

inte : mawas

atma of atma : nyawa, urip enz

iman Ar. : kapracayan

nahantya : sigêg

ranu : toya

ruruh : pados

ruwat : lêbur, bucal enz

rêngên : mirêng, pirêngna

kontap : misuwur enz

kascaryan niet : kagawokan

kacaryan : bingah

kapita : gonjing, kagèt

danurweda : ngèlmi kamuksan Voor gêsang langgêng

dibya : langkung, utama

tokit Ar : panganggêp sawiji Voor Allah

--- [25] ---

tiris : kalapa

triloka : jagad têtiga Voor ngalam sadaya

sadha : kalih wêlas

sota : raos enz

sasmita : tăndha, prasêmon

sapangu : sakêdhap

syaga ver. v. siyaga : rumantos, sudhiya

samangkin : samangke

wancakdriya : sumêlang

wasta : nami

wasita : wulang, pitutur

wajibul wujud Ar. : wajib wontênipun

locita : panggraita, mangunandika

pardika : wijang, jarwa

patala enz pratala : siti, andhap, dhêdhasar

prastawa : awas

pralabda : pikantuk, prigêl

pramana : sangkêping păncadriya

--- [26] ---

prigi Kev : sumur

pangripta : panganggit

makripat Ar. : sumêrêp

marta : asrêp, gêsang, wulang, jampi

mastawa : mêmuji

mangênjali : sêmbah

guna tinata ngèsthi gusti sangkalan : 1853

brata : susah, awrat enz

 


Tanggal: Jumngah Kaliwon (Jumungah Kliwon) kalih likur (22) Sawal Jimawal: guna tata ngèsthi gusti (AJ 1853). Tanggal Masehi: Jumat 8 Juni 1923. (kembali)
samangke. (kembali)
Lebih satu suku kata: angin midit maniyub. (kembali)
dumadi. (kembali)
linampahan. (kembali)
wadine. (kembali)