Tumusing Panalăngsa, Siswamiarja, 1930, #529

JudulCitra

Tumusing Panalăngsa

Karanganipun Mas Siswamiharja

Balepustaka, Wèltêprèdhên 1930

--- 2 ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 3 ---

I. Madosi ingkang Jalêr

Watawis jam nêm sontên surya sampun sêrap, têtiyang ing dhusun Karangmadya sami nyumêdi damar, dene ingkang radi kêcêkapan sami nyumêdi lampu gantung utawi teplok. Lare-lare angèn sami anggiring maesanipun dhatêng kandhangipun piyambak-piyambak, nuntên dipun pêthoki, swaranipun pating grathot, adamêl rêgênging dhusun Karangmadya. Saya dangu margi-margi saya sêpên, griya-griya sami tutup kori, jalaran têtiyangipun ingkang kathah sami sayah mêntas nyambut damêl rêkaos nalika siyangipun, wiwit enjing dumugi sontên. Namung tiyang-tiyang ingkang kêlêrês kêmit sami pangkat dhatêng cakruk utawi dhatêng kalurahan, prêlu nampi giliran jagi dhusun. Manawi sampun mangsanipun, lajêng sami ngidêri griya-griya sarwi nuthuki kênthongan turut margi ngiras gugah-gugah tiyang ingkang sami tilêm kêpatos, bokmanawi wontên durjana. Mênggah tiyang-tiyang kêmit punika limrahipun dipun kêpalani (pangajêngi) dening prabot dhusun, namanipun kumêndhir.

Ing dalu punika, prabot dhusun nama Kartamamad, kalêrês tampi [ta ...]

--- 4 ---

[... mpi] giliran dados kumêndhir. Mila kirang langkung jam wolu sampun wangsul saking langgar, têrus nêdha. Bakda nêdha lajêng mêndhêt pênthungipun, tumuntên pangkat dhatêng cakruk prêlu kumêndhir. Dalu punika kalêrês pêtêngan. Sarêng lampahipun Kartamamad watawis pikantuk kalih dasa tindak, sumêrêp rêgêmênging tiyang lumampah saking kidul mangalèr. Sarêng sampun cêlak lajêng dipun pitakèni:

Sintên niku?

Kula.

Kula sintên?

Kula tiyang Karanggudhe.

Karanggudhe Pasir, napa Karanggudhe Patikraja?

Karanggudhe Patikraja.

Kartamamad lajêng ngêrèk, sarêng sampun murub, sagêd cêtha bilih ingkang dipun pitakèni punika tiyang èstri neneman ngêmban lare, Kartamamad anglajêngakên pitakènipun:

Sampeyan wong Karanggudhe, têka wanci ngètên ontên ngriki niku saking pundi?

Kula sawêg dhatêng saking Karanggudhe dhatêng Baturadèn, nanging lajêng kêpêtêngan ngatên.

Lah, pangkat sampeyan saking Karanggudhe wayah napa?

Pancènipun inggih taksih enjing, nanging kalawau kula

--- 5 ---

kêpêksa kèndêl ing pêkên Purwasari dangu sangêt jalaran jawahipun agêng.

Napa sampeyan êmpun tau têng Baturadèn?

Sawêg sapisan punika.

Baturadèn kalih ngriki taksih lakon têlung pal, dalane rêkasa tur turut alas. Dadi sampeyan kêpêksa kudu lèrèn ontên ngriki, napa sampeyan duwe sanak ontên ngriki?

Botên.

Lah, karêp sampeyan lajêng pripun?

Botên langkung kula inggih namung nyuwun pitulungan sampeyan, sagêdipun pikantuk pasipêngan sadalu punika.

Kala samantên Kartamamad luntur wêlasipun dhatêng tiyang ingkang sawêg pinanggih sapisan punika. Enggaling criyos tiyang èstri wau kabêkta dhatêng griyanipun, kapasrahakên dhatêng ingkang èstri sarta Kartamamad lajêng wangsul malih dhatêng cakrukan.

Mênggah griyanipun Kartamamad punika botên kapetang sae, nanging katingal rêsik gumrining, pirantosipun griya ingatasipun tiyang dhusun, kalêbêt pêpak tur sarwa rêsik, mracihnani bilih ingkang gadhah griya satunggiling tiyang ingkang radi sumêrêp dhatêng tata.

Bok Karta grapyak sangêt dhatêng tamunipun. Sanajan pisêgahipun [pisê ...]

--- 6 ---

[... gahipun] namung sakadaripun, nanging pitêmbunganipun angrêsêpakên. Nêtêpi bêbasan: sanajan ora boja nanging krama. Mila tamunipun ing batos ngalêm dhatêng wêwatêkanipun ingkang gadhah griya jalêr èstri. Dangu-dangu Bok Karta pitakèn:

Sampeyan Karanggudhe, Nak?

Inggih.

Nama sampeyan sintên?

Nama kula Sudiyah.

Napa sampeyan gadhah semah?

Sudiyah mirêng pitakènipun Êmbok Karta makatên punika, manahipun bingung, mila ngantos dangu anggènipun mangsuli, tur wangsulanipun kanthi sêrêt: Inggih gadhah.

Kenging punapa sampeyan piyambak kemawon?

O, makatên, Êmbok, semah kula kesah saking Karanggudhe sampun lami. Nalika kesahipun, pun thole punika taksih wontên ing wêtêngan gangsal wulan.

Dadi nalika laire putra sampeyan niku bapakne botên ontên, ngotên?

Inggih, malah ngantos sapriki dèrèng wangsul.

Măngka umure putra sampeyan niku êmpun pintên sasi?

Yèn botên lêpat sampun sataun lêrês.

--- 7 ---

Yèn ngotên kesahe semah sampeyan mèh kalih têngah taun?

Inggih, kintênipun.

Napa botên tau awèh kabar?

Wiwit kesah, sapisan mawon dèrèng.

Lah, wau bapakne criyos têng kula, yèn sampeyan niku ajêng têng Baturadèn, prêlune napa?

Punika makatên, Êmbok, nalika wulan kapêngkêr, tiyang dhusun Kalirajut ingkang sok ambêktani gamping dhatêng Baturadèn, criyos dhatêng kula, yèn bapakipun thole sapunika wontên Baturadèn dados mandhoripun tuwan ing Baturadèn ngriku.

O, dados mêkatên. Lah, namane semah sampeyan sintên? Sabab mandhore Tuwan Plêmbos ing Baturadèn ngriku yèn botên lêpat ontên têlu, kabare sing satunggil lare Banjar, satunggile lare Cilacap, satunggile malih lare Wetan, kilap Wetan pundi?

Namanipun semah kula Suharji, asli saking dhusun Pancak, bawah Banjar.

Bok Karta mirêng nama Suharji, sangêt kagèt ing manahipun, sarta sangêt wêlasipun dhatêng Sudiyah, awit piyambakipun sumêrêp cêtha, bilih mandhoripun Tuwan Plêmbos ingkang nama Suharji [Su ...]

--- 8 ---

[... harji] dèrèng dangu punika mêntas semah wontên ing dhusun Kêtawis, pikantuk anaking têpanganipun. Malah nalika pêngantènipun Suharji, Êmbok Karta ugi tumut jagong. Mila Êmbok Karta nalika punika èwêd sangêt anggènipun badhe nglajêngakên ginêmanipun kalihan Sudiyah. Sabab manawi badhe cariyos kawontênanipun Suharji ing sayêktosipun, gèk badhe kados punapa kemawon kagèting manahipun. Yèn botên dipun cariyosi inggih kadospundi. Pêpuntoning manahipun bab punika badhe karêmbag rumiyin kalihan ingkang jalêr.

Lah, sababe kesah niku pripun?

O, makatên purwanipun, êmbok. kula punika wăntên dhusun Karanggudhe sangsara sangêt, jalaran kang putra bapakipun thole botên nyambut damêl, dene ingkang minăngka têdha kula tiyang kêkalih ing sabên dintênipun, namung angsal-angsalan kula bêrah nyêrat (ambathik), êmbok sagêd anggalih piyambak, sapintên ta pikantukipun tiyang bêrah ambathik, bêbasanipun: bok dipangan karo gawangane ora warêg.

O, ênggih, Nak, panci ngotên.

Sanajan makatên, Êmbok, inggih kula lampahi kemawon, awrat-awratipun tiyang pados têdha.

--- 9 ---

Lah, semah sampeyan padamêlane napa?

Damêlipun inggih namung têngga griya, sabab anggèn kula bêrah ambathik punika, yèn wanci siyang kula ngêndon wontên griyanipun ingkang gadhah bathikan, prêlunipun supados kula pikantuk têdha. Dados, bêrahanipun kenging kula tumbasakên têdhanipun kang putra bapakipun thole. Yèn dalu kula garap wontên griya, supados enggal rampung. Makatên salaminipun. Nuju satunggiling dintên, semah kula pamitan, badhe kesah ngupados padamêlan, sarta prajanji: yèn sampun pikantuk padamêlan, kula badhe tumuntên dipun purugi. Sarèhning piyambakipun nêdha sangu, kula botên gadhah, kêpêksa kula sukani sêsupe tilaranipun tiyang sêpuh, kula purih anggantosakên, wusana…

Sawêg samantên Sudiyah anggènipun criyos, Bok Karta sampun botên mêntala mirêngakên, mila lajêng awad-awad sampun arip, sarta tamunipun dipun papanakên wontên ing sênthong. Dalunipun botên kacariyos.

Jam gangsal enjing Pak Karta sampun wangsul saking cakruk. Sadhatêngipun ing griya lajêng thothok-thothok kori. Nalika samantên Bok Karta sampun tangi. Sarêng mirêng korinipun dipun thothok ing tiyang, enggal mênyat ngêngakakên kori. Pak Karta lajêng têrus lumêbêt ing griya. Nalika samantên tamunipun [tamuni ...]

--- 10 ---

[... pun] taksih tilêm kêpatos, jalaran sayah sangêt mêntas lumampah têbih.

Kacariyos Bok Karta lajêng nyêlaki ingkang jalêr, nyariyosakên bab kawontênaning tamunipun. Pak Karta mirêng cariyosipun ingkang èstri, sakala anjêngêr, rumaos manggih lêlampahan ingkang adamêl ngêrês. Inggih lêrês Sudiyah punika tiyang sanès, sarta sawêg sapisan punika pinanggih, nanging sarèhning Pak Karta satunggiling tiyang ingkang ambêk wêlasan, wah malih anglênggahi têpa slira, mirêng kawontênan makatên punika raosing manahipun trênyuh sangêt, wusana lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri:

Lah kuwi êmbokne, wong kang ora ngrêti mênyang rasa kamanungsan, bojo kok mung dianggêp sandhangan bae, yèn wis ora dhêmên, ganti. Yèn mêngkono rak mung bakal gawe sangsaraning wong wadon bae.

Ênggih, pancèn ngotên, Pakne. Mila kula mêsakake sangêt dhatêng tamu kula niki. Wong anggone kêraya-raya saking Karanggudhe mriki ajêng nusul sing lanang, kari-kari sing lanang êmpun rabi mêlih. Lah saniki kêpripun prayogane, napa bêcik dikandhakake, napa botên?

Bab iku mula ngewuhake, upama dikandhakake,

--- 11 ---

bakal kaya ngapa kagète, yèn oraa, ya gèk kapriye?

Wusana kêkênthêlaning rêmbagipun Pak Karta jalèr èstri, bab kawontênanipun Suharji, inggih badhe kacariyosakên saking sakêdhik, mila rêmbagipun Pak Karta jalêr èstri, tamunipun badhe kacandhêt rumiyin sawatawis dintên, ngiras badhe dipun lêlipur manahipun. Sukur bage yèn Sudiyah purun manggèn wontên ing ngriku salami-laminipun. Samantên kasaenanipun Pak Kartamamad jalêr èstri dhatêng tamunipun ingkang sawêg pinanggih sapisan punika.

Watawis jam wolu enjing Sudiyah sawêg tangi, lajêng mêdal saking sênthong sarwi ngêmban anakipun. Pak Kartamamad jalêr èstri sampun linggih wontên ing ngajêngan, sumêrêp wujudipun Sudiyah, manahipun mak sêdhot, nanging lajêng sinamun. Wicantênipun:

Êngga, ngriki mawon, Nak, padha sarapan kriyin.

Inggih, Pak.

Napa wau dalu sagêd tilêm, wong ontên ngriki hawane asrêp sangêt?

O, anggèn kula tilêm sakeca sangêt, Pak, mila ngantos kêsiyangên.

--- 12 ---

Pak Kartamamad sawêg eca-eca ngombe wedang, ing jawi wontên swaraning tiyang: Kula nuwun.

Sintên?

Kula Kartadi.

Lho, king pundi mawon, Dhi?

Mêntas jagi saking asistenan. Punika wontên sêrat.

Kartadi lajêng mêndhêt kartu pos saking kanthonganing rasukanipun, kaulungakên dhatêng Pak Karta, saha têrus pamitan.

Bok mangke, ngombe wedang kriyin ta, Dhi.

Kêsuwèn, kang, lampah kula kêsêsa, badhe ngêtêrakên sêrat dhatêng kalurahan.

Bok Karta wicantên dhatêng ingkang jalêr: Niku sêrat saking pundi, Pakne? Jajal diwaos sing sora. Sêrat lajêng kawaos dening Pak Karta, ungêlipun makatên:

Ingkang pangabêkti kêkalih.

Ngaturi uninga, nalika dintên sênèn tanggal kaping 26 wulan punika, kirang langkung jam sakawan sontên, kang putra Mas Ajêng anggènipun wawrat sampun ambabar, jabang bayi lair èstri, wilujêng sadayanipun. Sarta kang wayah bayi kula sukani nama: Suharti.

--- 13 ---

Wusana wêwahing pangèstunipun Bapak sakalihan ingkang kula suwun.

Ingkang putra: Kartaatmaja.

Wicantênipun êmbok Karta sêmu bingah: We, lah, duwe putu kok ora ana ngalamate apa-apa.

Sudiyah pitakèn: Punika sêrat saking sintên, Êmbok?

King mantu kula sing dadi kasir gadhe ontên Wanagiri.

Enggone paring aran kuwe sajake kok kaya nunggal karêp karo si thole mung kacèk: Di karo Ti.

Lah, putrane niku namine sintên, Nak?

Suhardi Êmbok. Lah, putranipun Êmbok sadaya wontên pintên?

Gih mung satunggil, rayate kasir gadhe niku.

Kacariyos, sarêng watawis radi siyang, Sudiyah pamit dhatêng Pak Karta jalêr èstri, badhe ngalajêngakên sêdyanipun. Nanging Pak Kartamamad jalêr èstri sangêt anggènipun anggondhèli, supados Sudiyah sampun ngantos anglajêngakên lampahipun ing dintên punika, prêlunipun badhe dipun cariyosi bab kawontênanipun Suharji. Samudananipun Pak Karta, manawi Sudiyah purun sipêng sadalu malih, Pak Karta sagah ngêtêrakên ngantos [nga ...]

--- 14 ---

[... ntos] dumugi Baturadèn. Wusana Sudiyah lajêng miturut kemawon punapa ingkang dados pikajênganipun Pak Kartamamad jalêr èstri. Wah malih piyambakipun mila taksih kraos sayah, dados panyandhêtipun Pak Karta jalêr èstri wau, tumrapipun Sudiyah nama kalêrêsan.

Kacariyos mandhoripun Tuwan Plêmbos ing Baturadèn, ingkang nama Suharji, punika manggèn wontên ing dhusun Kêtawis, kêmpal kalihan marasêpuhipun. Sami-sami mandhor, piyambakipun kalêbêt satunggiling mandhor ingkang kinasih, awit sagêd angladosi tuwan sanyonyahipun. Mila sanajan Suharji anggènipun nyambut damêl wontên ing ngriku sawêg sataun, sampun tampi indhakan balănja kaping kalih. Sapunika blanjanipun sampun kalih dasa rupiyah. Mila saupami Suharji ngatos-atos makatên, sagêd dados tiyang kêcêkapan, awit têdhanipun taksih dipun sanggi dening marasêpuhipun. Măngka kajawi balănja, piyambakipun ugi taksih gadhah kauntungan sanèsipun, ingkang cêkap kangge tumbas rokok ing sawulan-wulanipun. Dados pancènipun, sagêd anyèlèngi blanjanipun, kangge pawitan manawi sampun bawa piyambak. Nanging Suharji botên makatên, sasampunipun gadhah pamêdal sarta dados mantunipun tiyang ingkang radi [ra ...]

--- 15 ---

[... di] kêcêkapan, manahipun lajêng kumlungkung, rêmên ambucal arta ingkang botên prêlu, malah gliyak-gliyak sampun purun sinau main krêtu, awit ing dhusun Kêtawis mila panggenan botoh. Dhatêng semahipun ingkang tinilar sawêg wawrat sarta nandhang sangsara wontên ing dhusun Karanggudhe, Suharji sampun botên manah babarpisan, malah sampun gadhah niyat badhe dipun kintuni sêrat pêgat pisan. Makatên kawontênanipun tiyang ingkang botên gadhah raos kamanungsan, tiyang èstri namung dipun anggêp barang kemawon, nanging Gusti Allah botên badhe kêkilapan.

Kacariyos dalunipun malih, Kartamamad jalêr èstri kapêksa nyariyosakên bab kawontênanipun Suharji dhatêng Sudiyah, suraosipun: Lêrês Suharji wontên Baturadèn, dados mandhoripun Tuwan Plêmbos, nanging sapunika sampun semah malih. Kartamamad jalêr èstri namung amborongakên dhatêng Sudiyah, punapa lampahipun dhatêng Baturadèn punika badhe kalajêngakên utawi botên.

Sudiyah sarêng mirêng cariyosipun Kartamamad jalêr èstri, sakala lajêng adhêlêg-dhêlêg botên sagêd wicantên. Namung êluhipun ingkang carocosan, mracihnani bilih sangêt panlangsanipun. Manahipun Sudiyah lajêng kuwur, badanipun lêmês kados dipun lolosi, ciptanipun: He, samono [samo ...]

--- 16 ---

[... no] kabêcikane Suharji, ora rumasa têmên nalika dhèwèke mêksa-mêksa arêp ngêpèk bojo aku. Kok ora ngèlingi têmên dhèk nalika sangsarane padha dilakoni wong loro. Apa ora kèlingan, dhèk nalika ana ing Karanggudhe, anggonku ngingoni dhèwèke nganti dak lakoni ora ngetung sayah lan kangelan, nganti bangkekanku kaya tugêl-tugêla, marga dakanggo bêburuh rina wêngi. Saiki bakal kapriye kadadeane awakku lan anakku, dene ana lêlakon kaya mangkene. Upama Suharji dak susula, ya wis tanpa gawe, sabab nyatane dhèwèke wis ora trèsna marang aku, tandhane wis anggandhèng wong liya. Upama aku bali mênyang Karanggudhe, aku wis ora duwe wong tuwa. Yèn mangkono luwih bêcik aku… nanging yèn aku… kêpriye kêdadeane Suhardi?

Sanalika punika Sudiyah lajêng mlêbêt dhatêng sênthong patilêmanipun kalihan nangis angguguk, dene pun Suhardi ingkang suwau sampun tilêm kêpatos, sarèhning kagèd dening panangising êmbokipun, lajêng tangi sarta nangis akêkitrang. Pak Kartamamad jalêr èstri sami kamitênggêngên, dene manggih lêlampahan ingkang makatên. Nanging bawaning tiyang sêpuh ingkang radi kadunungan kawruh, lajêng mupus bilih sadaya lêlampahan punika

--- 17 ---

wăntên sambêtipun, sarta sadaya karsanipun Gusti Allah punika namung murih saening manungsa. Kartamamad jalêr èstri lajêng anyêlaki Sudiyah sarta ngarih-arih, wusana manahipun Sudiyah sagêd lipur.

Enggaling cariyos, kanthi pitulunganipun Pak Kartamamad, Sudiyah sagêd kengkenan tiyang anyukakakên sêrat dhatêng Suharji, suraos: Piyambakipun nêdhi dipun rêntahi talak. Sudiyah lêstantun tumut Pak Kartamamad. Pangrêngkuhipun Pak Kartamamat jalêr èstri sampun kados dhatêng anakipun piyambak, dhasar anakipun Pak Kartamamad namung satunggal tur wontên mănca, makatên ugi panganggêpipun Sudiyah dhatêng Pak Kartamamad jalêr èstri, ugi kados dhatêng bapa-biyungipun piyambak. Wontên ing ngriku sudiyah wêkêl ing damêl, manawi siyang ocal-ocal wontên ing pawon, sêlaning padamêlan, ambathik, trêkadhang yèn dalu nglêmbur.

--- 18 ---

II. Dados Sêkar Lathi

Mênggah wujudipun Sudiyah punika botên ayu, nanging manis tur mrakati, polatanipun radi mriyantuni. Sanadyan Sudiyah răndha sampun gadhah anak satunggal, ingkang dèrèng sumêrêp ngintên bilih taksih prawan, awit umuripun sawêg wolulas taun. Kathah jêjaka ing Karangmadya ingkang sami kasmaran dhatêng Sudiyah, malah sawênèh wontên ingkang badhe sêmbrana mawi pangêbang-êbang rajabrana. Nanging Sudiyah tansah puguh, awit ngèngêti bilih lêlampahan ingkang makatên punika satunggiling lêlampahan ingkang nistha. Mila tekadipun Sudiyah aluwung nglampahi bêbêrah utawi papriman tinimbang nindakakên lampah ingkang makatên.

Anuju satunggiling dintên, wontên tiyang jalêr ngangge rasukan cêmêng, akalung slempang pasmèn jêne, ngangge dhuwung ingkang cinirenan aksara B, lumêbêt ing asistenan. Nalika punika asistèn dèrèng katingal lênggah wontên ing pandhapa, namung wontên upas satunggal ingkang sawêg [sa ...]

--- 19 ---

[... wêg] kalêrês jagi. Tiyang wau pitakèn:

Mas upas, dara sêtèn napa èntên?

Wontên, nanging dèrèng miyos, wontên prêlu napa, ta, Pak Lurah.?

Ênggih, ajêng ngadhêp mawon.

Sawêg dumugi samantên anggènipun criyos, kapirêng wontên swara: srèk, srèk.

Lah, nika bêndara sêtèn sawêg miyos.

Saèstu, asistèn mêdal saking griya, sarta lajêng têrus andangu dhatêng lurah:

Lho, Kang Lurah, wis suwe.

Dèrèng, dara, sawêg kemawon dhatêng.

Ana gawe apa, ta Kang Lurah.?

O, anu Bêndara, sowan kula ing ngarsa Panjênêngan, prêlu nyuwun katêrangan, prakawis gantosipun carik ing dhusun kawula ingkang tilar donya, sabab sampun lami anggènipun lowong.

O, wis ana sing ditêtêpake dadi gêntine, yaiku Si Wakidin, magangku dhewe. Dina iki lagi mênyang kawêdanan, nampani bêslite. Dadi sesuk, kasèp-kasèpe suk êmbèn mêsthi têka kana.

Inggih, bêndara.

Kêbênêran bangêt kowe, Kang Lurah, olèh carik Si

--- 20 ---

Wakidin, awit dhèwèke bocah apik têmênan, kapintêrane sêdhêngan, tur atine têmuwa.

Botên langkung kula namung matur sèwu nuwun, Bêndara.

Mung bae rada cuwa sathithik, kira-kira ora lawas ênggone nyariki kowe.

Lho, sababipun kadospundi, Bêndara.

Sababe, dhèwèke kăndha karo aku, wis limang sasi kêpungkur iki, ngaturi layang panyuwunan mênyang kantor rêsidhenan, nyuwun dadi juru tulis tulungan (Hulpschrijver).

Yèn makatên punapa botên prayogi ing dhusun kawula dipun paringi carik, magang sanèsipun kemawon.

Karêpku ya mangkono, nanging karsane bêndara wadana anggone Si Wakidin sing ditêtêpake iku mangkene: sapisan, miturut rêgistêr magang, dhèwèke kapetung magang sing tuwa dhewe. Kapindhone, carikmu kang mati kae, pagaweane ora karuwan, dadi karsane bêndara wadana, saiki prêlu bangêt ing desamu Karangmadya kono olèh carik sing pintêr, supaya pagawean bisaa rampung kalawan bêcik. Sarèhning magang kang wis ngrêti marang pagawean iku mung Si Wakidin, mulane dhèwèke sing ditêtêpake. Kaping têlune, ya ngiras tulung Si Wakidin, supaya sadurunge olèh angkatan dadi juru tulis tulungan, bisaa duwe pamêtu [pa ...]

--- 21 ---

[... mêtu] sawatara.

Yèn makatên kawula namung andhèrèk kemawon. Jalaran kawula sakănca alit, namung sumêrêp saenipun. Sasampunipun kula nyuwun pamit.

Lho, kok enggal-enggalan, Kang Lurah.

Inggih, awit badhe ngurus padamêlan radinan.

Iya, aku dhewe dina iki uga kêbênêr turni.

Lêt tigang dintên Wakidin sampun dhatêng ing dhusun Karangmadya. Sarèhning piyambakipun tiyang enggal, wah malih taksih jaka, dados kêpêksa mondhok, dene ingkang dipun pondhoki Pak Kartamamad. Wakidin dipun pêksa dening lurahipun, supados manggèn ing kalurahan, nanging botên purun, awit Wakidin sumêrêp yèn lurahipun punika rêmên main krêtu, măngka Wakidin sampun nate maos piwulang ingkang ungêlipun makatên: aja sok kêkumpulan karo wong kang dhêmên ngabotohan, mundhak kêtularan, orane kêtularan, apêse ya bakal mèlu mangan mênanganing ngabotohan. Piwulang punika tansah dipun èngêt-èngêt ing salaminipun. Wiwit Wakidin dhatêng, griyanipun Kartamamad sabên sontên kathah tiyang ingkang dhatêng, prêlu têpangan kalihan carikipun. Wakidin kalêbêt sagêd momong tiyang kathah, [ka ...]

--- 22 ---

[... thah,] andhap-asor lan sae têtêpanganipun, mila lajêng dipun aji-aji dening tiyang ing dhusun ngriku. Lêrês ujaring piwulang: kajèning tiyang punika botên namung saking pangkat utawi saking kaluhuran kemawon, saking kautamaning budi, inggih angsal pangaji-aji. Para pangagêng ingkang ambawahakên, sami ngalêmbana dhatêng Wakidin, awit sagêd momong tiyang alit, sêtya tuhu ing damêl, kawêwahan sagêd ngawula.

Sampun kacariyos ing ngajêng, bilih Sudiyah wontên ing dhusun Karangmadya dados sêkar lathi, kathah ingkang kasmaran. Botên ngêmungakên para neneman kemawon ingkang gonjing manahipun, dalasan lurah ing dhusun ngriku ugi tumut kagiwang, katarik manahipun dhatêng ingkang sawêg dados sêkar lathi wau. Saking kadêrênging manah badhe anjurungi hawa napsu, sampun asring kemawon piyambakipun nandukakên lampah ingkang kirang prayogi dhatêng pun Sudiyah, nanging Sudiyah babarpisan botên kagiwang, bêbasan: têguh cêkêlan waton, tekading manahipun, aluwung pêjah tinimbang wontên ing ngalam donya ingkang namung sacleretan anglampahi lampah awisan. Makatên tekading wanita ingkang utami. Ananging ki lurah ingkang rumaos kacuwan manahipun, tansah angulir budi, kadospundi sagêdipun kadumugèn sêdyanipun. Karampunganipun [Karampunganipu ...]

--- 23 ---

[... n] makatên: Lah, saiki gampang, bêcike aku dak kongkonan Bok Guna bae sing pintêr omong, supaya ngrêmbugi Sudiyah arêp dak sêlir, mêsthi gêlême.

Nuju satunggiling dintên, griyanipun Kartamamad katingal sêpên, namung wontên satunggiling tiyang èstri neneman sawêg ambathik, sinambi gujêngan kalihan anakipun ingkang sawêg brangkangan wontên sadhingipun. Botên dangu wontên tiyang èstri ingkang sampun sêpuh dhatêng:

Kula nuwun.

Măngga.

Bok Kartamamad napa ontên, Jêng.

Botên.

Sawêg têng pundi.

Manawi Êmbok Karta sawêg dhatêng sabin. Kilap Pak Karta.

Hêh, ya kêbênêran ora ana wong.

Sudiyah mirêng têtêmbungan makatên punika, ing batos apitakèn: Genea wong iki kok kăndha kêbênêran. Wusana tamunipun lajêng dipun acarani linggih. Sasampunipun linggih ajêng-ajêngan wontên ing ambèn, lajêng kapirêng pating grunêng sami rêmbagan. Sakêdhap-sakêdhap tamunipun anggujêng. Sarêng sampun sawatawis dangu anggènipun rêmbagan, tamu wau lajêng pamitan. Nalika badhe mêdal saking griya,

--- 24 ---

tiyang èstri neneman ingkang mêntas kaajak rêmbagan punika wicantên makatên: Cêkake, Êmbok, sampeyan aturakên kemawon têng pak lurah, yèn kula botên sagêd anglampahi punapa ingkang dados karsanipun pak lurah.

Kacariyos, sarêng Êmbok Guna ngandharakên angsal-angsalanipun anggèning dados duta dhatêng ki lurah, ki lurah lajêng sajak muring-muring, rumaos sangêt kacuwan, dene botên sagêd kadumugèn sêdyanipun. Wusana lajêng gadhah niyat, Sudiyah badhe katundhung saking ing dhusun ngriku.

--- 25 ---

III. Imah-imah

Kacariyos Wakidin sarêng sampun katêtêpakên dados carik ing dhusun Karangmadya, lajêng angrumaosi bilih piyambakipun inggih ugi tumut dados sêsêpuhing dhusun. Wajibing sêsêpuh makatên, kêdah sagêd momong dhatêng karerehanipun. Wakidin tansah ambudidaya murih tiyang-tiyang ing dhusunipun sami manggih karaharjan. Mila yèn kêlêrês parêpatan dhusun, Wakidin asring damêl sêsorah ingkang suraosipun kangge mêwahi sêsêrêpanipun tiyang-tiyang ing dhusun ngriku. Kados ta: bab awonipun tiyang main krêtu, bab prêlunipun lare-lare kêdah kasêkolahakên, kawruh têtanèn, panjagining kasarasan, lan sanès-sanèsipun. Punapa Wakidin wêdalan pamulangan inggil, têka kathah sêsêrêpanipun. Dede, piyambakipun namung wêdalan sêkolahan ăngka kalih kemawon, dene sagêdipun kathah sêsêrêpanipun, punika jalaran saking rêmên sangêt maos sêrat-sêrat. Mila sabên piyambakipun kêlêrês rêpotan ing asistenan, mêsthi mampir dhatêng pamulangan ăngka kalih, prêlu [prê ...]

--- 26 ---

[... lu] nyambut sêrat-sêrat taman pustaka, makatên salaminipun, ngantos dados kasênêngan. Wakidin botên rêmên babarpisan dhatêng kasênêngan main krêtu, awit sampun kathah têpatuladhanipun, bilih kasênêngan main krêtu punika asring adamêl karisakan, sarta karisakan wau botên namung tumrap dhatêng badanipun piyambak kemawon, nanging ugi dhatêng anak semah, trêkadhang dhatêng tiyang sanès ugi. Wangsul kasênêngan maos sêrat, sagêd adamêl indhaking sêsêrêpan, dayaning sêsêrêpan sagêd adamêl padhanging manah, padhanging manah mahanani kawilujêngan, lan ugi maedahi dhatêng tiyang sanès.

Nalika Wakidin damêl sêsorah wontên ing parêpatan dhusun, nêrangakên bab awonipun tiyang rêmên main, lurah ing dhusun ngriku katingal botên condhong sangêt. Wiwit nalika samantên dhatêng Wakidin lajêng katingal ewa. Dhasar manahipun awon, lajêng sok pados-pados kalêpatanipun Wakidin. Nanging Wakidin babar pisan botên mrêduli, tekading manahipun, waton piyambakipun nindakakên lêrês. Suprandene Wakidin asring rumaos cuwa, dene nyambut damêl sêsarêngan kalihan lurah ingkang makatên lêlampahanipun. Nuju satunggiling dalu, kintên-kintên wanci sirêp tiyang, Wakidin taksih katingal nyambut damêl andhingkluk wontên ing meja panyêratanipun, [panyêra ...]

--- 27 ---

[... tanipun,] Kartamamad nyèrèt kursi, lajêng linggih nyêlaki Wakidin, katawis ing sêmu bilih piyambakipun badhe nglairakên satunggiling prakawis ingkang wigatos, mila sanalika punika Wakidin lajêng kêpêksa kèndêl anggènipun nyambut damêl, Kartamamad wicantên:

Lho, kok lajêng kèndêl. Punapa sampun rampung anggèn sampeyan nyambut damêl Mas Carik.

Rampungipun dèrèng, nanging raosipun sampun sayah, mila prayoginipun măngga sami omong-omongan kemawon kangge jampi sayah.

Yèn makatên kêlêrêsan, Mas Carik, kula pancèn prêlu sangêt badhe rêmbagan kalihan mas carik.

Lho, wontên rêmbag punapa, ta, Pak Karta. Sajake kok wigati bangêt.

Makatên, Mas Carik. Têtiyang ing dhusun ngriki botên satunggal kalih kemawon, nanging kathah ingkang sami rêraosan anglairakên marêming manahipun pikantuk sêsêpuh mas carik punika.

Yak, punapa inggih, Pak Karta.

Lah punapa prêlunipun kula matur dora dhatêng mas carik. Nanging têtiyang ing ngriki taksih rumaos cuwa, dene mas carik taksih lêgan, dados dèrèng têtêp nama tiyang sêpuh saèstu.

--- 28 ---

Mila atur kula: Punapa botên prayogi mas carik tumuntên pados…

He, dadi karsane Pak Karta ki aku arêp dimantokake. Punapa sampun angsal dhedhekan, Pak?

O, dhedhekan kathah, Mas Carik kantun milih kemawon.

O, anu, Pak, prakawis punika kula piyambak ing batos sampun manah, nanging sarèhning ngupados jodho punika gampil angèl, mila botên kenging kasêsa. Piwulangipun guru kula nalika kula sêkolah makatên:

Dhandhanggula.

utamaning priya kang rumiyin / lamun arsa angupaya garwa / dèn patitis pamilihe / aywa kasêsèng kayun / bokmanawa kaduwung wuri / ya bênêr yèn wong lanang / wênang duwèkipun / rabia ping pat sadina / kêna uga manut karêpe pribadi / nanging aywa mangkana //

Wulang punika cundhuk kalihan piwulanging Sêrat Darmawasita, ingkang ungêlipun makatên: yèn kowe arêp golèk bojo, sadurunge olèh, mripatmu lèkna sing ămba, yèn wis olèh banjur rêmna. Kajêngipun: tiyang ngupados bojo makatên, pamilihipun kêdah ingkang titi sayêktos. Sasampunipun pikantuk, awon sae kêdah kawêngku.

--- 29 ---

O, inggih, mila kêdah makatên, Mas Carik. Sukur yèn Mas Carik sampun gadhah gembolan makatên.

Nalika punika Kartamamad ngajêngakên kursinipun, anyêlaki linggihipun Wakidin. Wicantênipun:

Anu, Mas Carik, punapa Mas Carik sampun têpang kalihan Somakarya.

Sampun, malah kula sampun dhatêng griyanipun kaping kalih, prêlu nocogakên pêthukipun paos. Sêmunipun sugih, Somakarya punika, inggih.

O, inggih, mila sugih-sugihipun tiyang ing ngriki, sabinipun yasan kemawon sadasa bau, klapanipun saandhapan ngantos gangsal èwu.

Wah, pêng-pêngan, inggih. Sasasi limang èwu, upama satuse payu nêlung rupiyah bae, sèwu: têlung puluh rupiyah, limang èwu: têlung puluh rupiyah ping lima, dadi satus sèkêt rupiyah ping sasasi, wis sasat asistèn wadana.

Kartamamad anglajêngakên wicantênipun sinambi anyêbul-nyêbul kêluking rokokipun:

Piyambakipun sampun kaping kalih rêraosan dhatêng kula, kêpengin sangêt anyuwitakakên anakipun èstri ingkang nama Rotiyah dhatêng Mas Carik. Yèn Mas Carik karsa, Somakarya [So ...]

--- 30 ---

[... makarya] sagah numbasakên griya sapakawisanipun, lan dhokar sakapalipun.

O, makatên, Pak. Sukur ana wong sugih arêp ngêpèk mantu.

Lah, bab punika, Mas Carik, kula namung nyumanggakakên ing sampeyan. Kula punika namung sadrêmi andumugèkakên rêraosanipun Somakarya.

O, inggih kasuwun, Pak. Nanging kula lajêng kèngêtan piwulangipun bêndara sêtèn pènsiun makatên: băndha iku ana têlung rupa, nistha, madya, utama. Nistha-nisthaning băndha yaiku băndha kang saka wong wadon. Madyaning băndha yaiku băndha saka wong tuwa. Dene utamane băndha yaiku kang mêtu saka kringête dhewe. Dados yèn tiyang mêndhêt semah sarana melik dhatêng băndha, punika lajêng kalêbêt dhatêng wêwilanganing nistha.

Mila kula wau matur, bab punika namung nyumanggakaên dhatêng Mas Carik.

Sadangunipun Kartamamad lan Wakidin sami rêmbagan, Sudiyah tansah mirêngakên saking patilêman. Ing batos Sudiyah ngalêmbana dhatêng rêmbagipun Wakidin prakawis pamilihing bojo.

Wicantênipun Wakidin: Cêkakipun Pak Karta, sampeyan criyosakên kemawon dhatêng Somakarya, yèn kula dèrèng

--- 31 ---

kajêng imah-imah, rumaos dèrèng sagêd ngayani tiyang èstri.

Sajatosipun Wakidin sampun dangu anggadhahi krêntêg badhe mêndhêt semah Sudiyah, awit wiwit piyambakipun sumêrêp sapisan, rumaos katarik manahipun, sarta sampun dipun jingglêng saèstu, bilih Sudiyah punika têrang sangêt: satunggiling lare èstri ingkang sae bêbudènipun. Lêrês Sudiyah sampun răndha, wah malih sampun gadhah anak. Tekadipun Wakidin, inggih ngiras têtulung dhatêng tiyang ingkang kaanggêp sangsara. Nanging Wakidin dèrèng purun nglairakên krêntêging manahipun dhatêng Kartamamad, awit kaanggêb dèrèng sae wêktunipun. Nalika punika kênthongan ing cakruk kapirêng mungêl kaping kalih wèlas. Wicantênipun Kartamamad: Lho, kok wis wêngi. Sumăngga sami sare, Mas Carik.

Măngga, kula andhèrèk kemawon. Badhe kalajêngakên omong-omongan inggih sumăngga.

Kasuwun, Mas Carik awit benjing-enjing kula badhe nênggani tiyang andandosi krêtêg.

Inggih sumăngga. Sanès dintên kemawon kula badhe matur prakawis prêlu.

--- 32 ---

Nuju satunggiling dintên kalêrês wulan Bêsar, Wakidin malêbêt ing masjid ondêran ing Kêbumèn, kairingakên ing tiyang sawatawis, sadaya sami ngangge rasukan cêmêng sarta dhuwungan. Botên dangu Wakidin sapangiringipun sami wangsul, sadaya sami têrus wangsul dhatêng griyanipun Kartamamad.

Kacariyos ing griyanipun Kartamamad ing wêkdal punika katingal gumrênggêng kathah tiyang, amratandhani bilih ing ngriku wontên damêl. Nalika dhatêngipun Wakidin sapangiringipun, èmpèring griyanipun Kartamamad sampun dipun gêlari gêlaran, ngantos joganipun katutupan sadaya. Kartamamad ngacarani tamu-tamunipun, supados linggih ing papan ingkang sampun kasadhiyakakên wau. Para tamu lajêng sami tata linggih turut pinggir atêpung gêlang. Botên dangu pasugatan mêdal, awujud toya tèh lan nyamikan warni-warni. Sadangunipun para tamu sami ngombe wedang, kapirêng sakêdhap-sakêdhap sami gumujêng gêr-gêran, amratandhani bilih sadaya sami amăng suka. Botên dangu ambêngan mêdal. Sasampunipun rampung panatanipun, Kartamamad lajêng andhodhok sangajênging kori kalihan wicantên makatên: Kula nuwun, para sadhèrèk, dhaharan punika minăngka wilujêngan walimahan, sarèhning kula mêntas angijabakên anak kula èstri Sudiyah pikantuk Mas Wakidin. Botên sanès pangèstunipun para sadhèrèk sadaya ingkang [ing ...]

--- 33 ---

[... kang] kula suwun. Mugi-mugi Gusti ingkang sipat rahman lan rakim, anglanggêngakakên anggènipun jêjodhoan Mas Wakidin kalihan Sudiyah ngantos kakèn-kakèn ninèn-ninèn, lan manggiha raharja ing salami-laminipun. Wusana mèling panuwun dhatêng Ingkang Maha Suci kula sumanggakakên dhatêng Kyai Kaum.

Kyai Kaum ingkang sampun linggih ing ngriku lajêng maos donga, dene sanès-sanèsipun sami ngamini. Sasampunipun rampung anggènipun maos donga, lajêng wiwit tapuk nêdha. Bakda nêdha para tamu sami pamitan, Wakidin anglairakên panarimahipun, têmbungipun: Kula matur nuwun dhatêng para sadhèrèk ingkang sampun sami karsa nguntapakên lampah kula dhatêng masjid, botên sanès pangèstunipun para sadhèrèk ingkang kula suwun, mugi-mugi anggèn kula imah-imah sagêd wilujêng salami-laminipun. Botên langkung kula andhèrèkakên sugêng dhatêng konduripun para sadhèrèk sadaya.

Ikang sami pamitan mangsuli asaur pêksi: Inggih, inggih Mas Carik, kasuwun-kasuwun.

Para tamu lajêng sami mêdal, Wakidin anguntapakên ngantos dumugi ing margi. Sawangsulipun dhatêng griya lajêng pêpanggihan kalihan semahipun.

Kacariyos Wakidin lan Sudiyah anggènipun jêjodhoan tansah atut rukun. Nalika samantên Suhardi sampun umur [u ...]

--- 34 ---

[... mur] tigang taun. Pangrêngkuhipun Wakidin dhatêng Suhardi, sampun botên măntra-măntra anak kuwalon. Mila Wakidin tansah dados pangalêmaning tiyang kathah.

Kocapa Lurah Karangmadya, sarêng Sudiyah sampun dipun pêndhêt semah dening Wakidin, wiwit nalika samantên, ewanipun saya katawis. Rumiyin manawi Wakidin dhatêng kalurahan dipun linggihakên ing kursi, nanging sasampunipun Wakidin semah kalihan Sudiyah, manawi kalêrês dhatêng kalurahan mêsthi kapurih ngadhêp wontên ing jobin, mila Wakidin rumaos nalăngsa, dene manggih lêlampahan ingkang makatên.

Nuju satunggiling dalu wanci sirêp tiyang, lurah dhusun Karangmadya kesah saking griyanipun, lampahipun sajak kasêsa, kados wontên prêlunipun ingkang wigatos. Sarêng lampahipun dumugi ing margi sangajênging griyanipun Somakarya, ing ngriku sampun wontên tiyang satunggal sawêg andhodhok sapinggiring margi. Sarêng tiyang wau sumêrêp rêgêmênging tiyang lajêng pitakên.

Sintên.

Aku.

Napa Kyai Lurah.

Iya.

--- 35 ---

Lho, kok kasèp sangêt. Kula wontên ngriki sampun ragi dangu.

Iya, wong banjur kêtungka ana dhayoh.

Tiyang kêkalih wau têrus lumêbêt ing griyanipun Somakarya. Nalika punika Somakarya katingal sawêg linggih piyambakan wontên ing ngajêngan. Sanalika tamunipun kêkalih pisan kaajak lumêbêt salêbêting griya. Anak semah sarta rencang-rencangipun sampun sami tilêm sadaya.

Sasampunipun tiyang tiga wau sami mapan linggih, lajêng katingal pating clumik sami rêrêmbagan. Sakêdhap-sakedhap tiyang tiga wau sami pandêng-pinandêng. Dangu-dangu tiyang ingkang pinanggih kalihan lurah wontên ing margi wau, ngêdalakên bungkusan alit saking kanthonganing rasukanipun ingkang nglêbêt, sarta lajêng kaulungakên Somakarya. Sasampuninipun bungkusan wau dipun tampèni dening Somakarya, ugi lajêng kalêbêtakên ing kanthonganing rasukanipun, botên dangu tiyang ingkang kalih wau kesah, dene Somakarya lumêbêt ing patilêmanipun.

Kacariyos nuju satunggiling dintên kirang langkung wanci jam sakawan sontên, Wakidin sawêg linggihan wontên ing ngajêngan kalihan semahipun. Nalika punika Kartamamad jalêr èstri kalêrês botên wontên. Botên dangu wontên lare èstri dhatêng, [dha ...]

--- 36 ---

[... têng,] ambêkta baki ingkang tinutupan srêbèt pêthak mêmplak. Wakidin lajêng pitakèn:

Kowe sapa?

Kula Runtah. Dipun kèngkèn Êmbok Somakarya, ngaturakên dhaharan Suran.

O, dadi Êmbok Soma lagi suran, ngono.

Sêkul suran lajêng dipun tampèni dening êmbok Carik, sarta têrus kasantunan piringipun. Baki sapiringpun kasukakakên dhatêng Runtah kalihan wicantên makatên:

Tutura karo Êmbok Soma, ya, aku diwènèhi sêga suran wis daktămpa, sarta bangêt panarimaku.

Inggih.

Sapêngkêripun lare èstri kengkenanipun Somakarya, Sudiyah pitakèn dhatêng ingkang jalêr, têmbungipun:

Iki apa arêp didhahar, Mas?

Iya, jajal gawanên mrene. Mêntas turu awan, mangan sêga suran, enak ayake.

Sêkul suran ajêng kasukakakên dhatêng Wakidin, sasampunipun dipun tampèni lajêng katêdha. Èstu, Wakidin rumaos eca panêdhanipun. Sarêng kantun sakêdhik lajêng pitakèn dhatêng ingkang èstri:

Kowe apa kêpengin, dhi?

--- 37 ---

Ora, kono ditutugake.

Èstu, sêkul suran ingkang kantun sakêdhik punika lajêng kabablasakên. Sarêng watawis jam nêm sontên Wakidin kraos mêt-mêtan sirahipun, dangu-dangu badanipun andharodhog sarta bêntèripun sangêt, mila Wakidin lajêng mapan tilêman. Mindhak dintên sakitipun Wakidin saya sangêt, andadosakên susahipun Sudiyah sarta Pak Kartamamad jalêr èstri. Sampun pintên-pintên dhukun ingkang sampun dipun têdhani pitulung dening Kartamamad, supados anjampèni, nanging sakitipun Wakidin babarpisan botên wontên mayaripun, malah saya sangêt.

Kacariyos, asistèn ingkang ambawahakên Wakidin punika tilas bêndaranipun. Awit nalika Wakidin dados magang, têrus ngabdi wontên ing asistenan. Nalika asistèn wadana wau mirêng, yèn Wakidin sakitipun sangêt, lajêng enggal-enggal mrêlokakên tuwi. Sarêng sumêrêp wujudipun Wakidin, sakala lajêng gèdhèg-gèdhèg. Wontên ing ngriku asistèn wadana wau botên ngantos dangu. Nanging enjingipun lajêng wangsul malih sêsarêngan kalihan satunggiling Walandi ingkang ambêkta tas wacucal, sarêng lampahipun dumugi ing ngajênging griyanipun Wakidin , Wlandi wau pitakèn:

Punapa punika, dèn bèi, griyanipun ingkang sakit.

--- 38 ---

Inggih, Tuwan Dhoktêr. Sumăngga kula aturi lumêbêt kemawon.

Dhoktêr lan asistèn wadana lajêng têrus lumêbêt dhatêng sênthonganipun Wakidin. Dhoktêr têrus tumandang mriksa sakitipun Wakidin sarana pirantos. Sasampunipun rampung pamriksanpun, Wakidin lajêng dipun sukani jampi, wicantênipun: tămba iki ombenên sabên sajam sasendhok mangan.

Dhoktêr lan asistèn wadana lajêng sami wangsul. Nalika lampahipun dumugi ing margi, dhoktêr wicantên makatên: Bêgja sangêt sampeyan enggal-enggal ngundang kula, upami botên, sawatawis dintên malih carik wau sagêd cilaka.

Inggih, tuwan dhoktêr. Lah, mênggah sakitipun sakit punapa.

Anu, Dèn Bèi, sêmunipun kados kalêbêtan racun.

Wiwit Wakidin nêdha jampi saking dhoktêr, sakitipun lajêng wiwit suda. Enggaling cariyos, sarêng andungkap tigang wulanipun, sakitipun Wakidin sampun saras babarpisan, sarta kêkiyatanipun sampun wangsul malih kados waunipun.

--- 39 ---

IV. Rumambating Kabêgjan

Nuju satunggiling dintên, asistèn wadana Kêbumèn kêlêrês wontên ing pandhapa kaadhêp ing upasipun, wusana tilpun ingkang dunungipun botên têbih kalihan meja panyêratan mungêl anggantêr:

Kring…, kring…, kring…, kring…,kring….

Asistèn wadana lajêng enaggal-enggal mênyat saking palinggihanipun, anyêlaki tilpun wau.

Halo, halo, sintên?

Kula asistèn wadana.

Inggih?

Sapunika dados carik Dhusun Karangmadya.

Inggih, inggih.

--- 40 ---

Sanalika punika asistèn wadana lajêng damêl sêrat, sasampunipun rampung, lajêng kaparingakên dhatêng upas.

Upas, layang iki wènèhna marang pulisi kang kêbênêr jaga, supaya ditêrake marang carik desa Karangmadya.

Inggih.

Upas enggal-enggal dhatêng kantor nyukakakên sêrat wau dhatêng pulisi dhusun ingkang kalêrês jagi sêrat. Enggaling cariyos, sêrat sampun katampèn dening Wakidin, ungêlipun makatên:

Tumêkaa marang Wakidin , carik desa ing Karangmadya.

Dina sesuk, Slasa tanggal ping 20 sasi iki, kowe katimbalan ing kantore Kangjêng Tuwan Asistèn Residhèn, klayan anggawa dhuwit f 1.50 (karo têngah rupiyah), jam wolu esuk sawise ngadhêp.

Asistèn Wadana: Sasrasupêna

Enjingipun Wakidin lajêng kesah dhatêng Purwakêrta, dhatêng kantor asistèn residhèn. Sadumuginipun ing kantor lajêng pinanggih upas, sarta prasabên yèn badhe ngadhêp kangjêng tuwan. Sasampunipun [Sasa ...]

--- 41 ---

[... mpunipun] kaaturakên dening upas, Wakidin lajêng kadhawuhan lumêbêt ing kantor.

Kowe, Wakidin.

Nun inggih, kangjêng tuwan.

Apa kowe biyèn wis tau rêkès nyuwun dadi juru tulis tulungan?

Inggih, kanjêng tuwan, manawi botên lêpat ing salêbêtipun taun 19…

Noh,[1] iki ana layang saka Kangjêng tuwan residhèn, kang nêrangake yèn kowe diangkat dadi juru tulis tulungan ana ing kawêdanan.

Nun inggih, kangjêng tuwan.

Nanging kowe kudu ambayar karo têngah rupiah kanggo nêbus bêslitmu.

Nun inggih, Kangjêng tuwan. Sapunika ugi abdi dalêm sampun sumadhiya.

Lan wiwit tanggal sapisan sasi ngarêp iki kowe kudu wis tumapak nyambutgawe ana ing kantor kawêdanan, ya.

Nun inggih, kangjêng tuwan.

Ya, wis, saiki kowe kêna bali. Dene dhuwit karo têngah iku wènèhna klèrêk.

--- 42 ---

Nun inggih, kangjêng tuwan. Manawi sampun têrang dhawuh dalêm, kawula nyuwun palilah dalêm.

Asistèn residhèn manthuk, sarta Wakidin lajêng mlêbêt ing kantoripun, klèrêk ngaturakên yatra ingkang kalih têngah wau. Sasampunipun rampung prêlunipun, Wakidin lajêng wangsul dhatêng dhusunipun. Watawis jam sakawan lampahipun Wakidin sampun dumugi ing Kêbumèn, lajêng dhatêng asistenan. Ing pandhapa asistenan wêktu samantên sêpên, pramila Wakidin têrus dhatêng wingking. Nalika punika asistèn wadana taksih sare, namung dèn ayunipun sawêg kalêrês lênggah wontên ing wingking. Sarêng sumêrêp Wakidin dhatêng, lajêng andangu.

Lho, kowe, Wakidin.

Inggih, bêndara.

Apa padha kaslamêtan bae?

Pangèstu panjênêngan inggih wilujêng.

Apa saka ngomah bae?

Botên, bêndara, nêmbe saking Purwakêrta.

Sawêg samantên dèn ayu asistèn anggènipun andangu Wakidin, kasaru mêdalipun ingkang raka, pandangunipun:

Lho, kowe, Wakidin.

Inggih, bêndara.

Apa saka Purwakêrta?

--- 43 ---

Inggih.

Asistèn wadana lajêng lênggah anjèjèri dèn ayunipun, sarta anglajêngakên anggènipun pitakèn dhatêng Wakidin:

Kapriye dhawuhe kangjêng tuwan, Din?

Kula dipun têtêpakên dados juru sêrat tulungan wontên kawêdanan.

O, nèk ngono ya bênêr pangiraku. Mêsthine tanggal sapisan sasi ngarêp iki, kowe rak kudu wis wiwit nyambut gawe, ta?

Dhawuhipun kangjêng tuwan asistèn residhèn, mila inggih makatên.

Ya dingati-ati bae anggonmu nyambut gawe, Din, supaya bisa lêstari pangawulamu marang nagara. Sing prêlu bangêt panguripanmu jaganên aja nganti rusak, awit rusaking panguripan iku ngadat sok anjalari alaning pagawean.

Inggih, bêndara, botên langkung namung pangèstu panjênêngan ingkang kula suwun.

Kajaba iku, Din, sok akèh bae wong nyambut gawe, dupèh bayare mung sathithik, panyambutgawene banjur digawe sêmbrana, iku klèru bangêt, ora ngèlingi yèn anane gêdhe iku saka cilik dhisik. Elinga yèn sing dipèngêti ing para panggêdhe iku, ora liya mung kawulane

--- 44 ---

kang sêtya tuhu. Tabêri ing gawe lan antêpan. Mulane kowe dingati-ati.

Cêkakipun kathah-kathah asistèn wadana wau anggènipun paring piwulang dhatêng Wakidin. Bab lampah-lampahing tiyang nyambut damêl, anglampahi ayahaning praja.

Sasampunipun rampung piwulangipun asistèn wadana wau, Wakidin lajêng nyuwun pamit, wangsul dhatêng dhusunipun. Sadumuginipun ing griya, Wakidin angandharakên bab anggènipun mêntas ngadhêp kangjêng tuwan asistèn residhèn dhatêng ingkang èstri, punapadene dhatêng Kartamamad jalêr èstri. Enjingipun Wakidin wiwit tata-tata, kados ta: ngêpaki pirantos griya sawontênipun, nyadèni simpênanipun pantun lan sanès-sanèsipun, pramila sarêng Wakidin tampi sêrat têtêpan, enjingipun sagêd bidhal saanak semahipun. Nalika bidhalipun Wakidin, kathah tiyang-tiyang ing dhusun Karangmadya ingkang nguntapakên dumugi ing Purwakêrta. Kajawi punika ugi kathah têpanganipun ingkang sami nyukani sangu awujud yatra, wos, klapa, kajêng lan sanès-sanèsipun.

Kacariyos ing kantor kawêdanan Purwakêrta, wontên satunggiling andhahan, ingkang taksih enggalan. Nanging menggah saening padamêlanipun, botên kawon kalihan [kaliha ...]

--- 45 ---

[... n] andhahan sanèsipun ingkang sampun lami anggènipun nyambut damêl. Watakipun kèndêl nanging ngrêtosan, tur kinanthenan tabêri. Sadaya padamêlanipun botên wontên ingkang botên andadosakên condhonging panggalihing lurahipun. Mila botên anggumunakên, sanajan andhahan wau taksih enggal-enggalan, tansah pikantuk pangalêmbana saking panginggilanipun. Nanging andadosakên cuwaning lurahipun, dene andhahan wau anggènipun nyambut damêl wontên ing ngriku botên lami, kirang-langkung namung satêngah taun. Awit kapêksa dipun pindhah dados juru sêrat tulungan wontên ing kantor kontroliran. Nalika piyambakipun pamitan dhatêng lurahipun , dipun cariyosi makatên:

Dingati-ati bae kowe, Wakidin, ngladèni tuwan kontrolir. Awit tuwan kontrolir iku sawijining Walănda kang judhas bangêt, nanging panggalihe pancèn bêcik. Dadi yèn pancèn kowe bisa ngladèni bae ya ora apa-apa, mandar bisa enggal munggah pangkatmu.

Botên amung pangèstu panjênêngan dalêm ingkang kawula suwun.

Ya, donga-dinonga bae.

Dilalah mila Wakidin sawêg tinênggan bêgja, tur kinanthenan sêtya tuhu, tabêri ing damêl lan sagêd ngawula, wêkasan tuwan [tuwa ...]

--- 46 ---

[... n] kontrolir sanyonyahipun: luntur sihipun dhatêng Wakidin. Sadaya padamêlanipun Wakidin tansah dados condhonging panggalihipun tuwan kontrolir, nanging tuwan kontrolir rumaos cuwa dene Wakidin botên sagêd basa Walandi. Mila saking kamirahanipun tuwan kontrolir, Wakidin lajêng kapasrahakên dhatêng satunggiling guru Wlandi mitranipun, supados kawulang basa Wlandi. Dene prakawis wragad tuwan kontrolir ingkang nanggêl. Wiwit nalika samantên, Wakidin sabên dintên wiwit jam pitu dumugi satêngah kalih lumêbêt ing kantor, sontên jam gangsal dumugi satêngah pitu sinau. Dhasaripun Wakidin lare majêng, tur kinanthenan tabêri, salêbêtipun tigang taun kemawon sampun sagêd pikantuk dhiplomah K.E., botên lami Wakidin kaangkat dados juru sêrat asistèn wadana wontên satunggiling ondêr dhistrik bawah abdhèling Cilacap. Nalika samantên anakipun kuwalon Wakidin, inggih punika Suhardi, sampun kasêkolahakên wontên ing pamulangan ăngka satunggal ing Purwakêrta, sarta sampun wontên ing pangkat tiga. Kasagêdanipun Suhardi kalêbêt onjo, mila sabên taun mêsthi minggah pangkat. Gurunipun sami anggêgadhang ing têmbe mêdalipun Suhardi saking pamulangan ngriku, sagêda klêbêt dhatêng pamulangan calon guru.

--- 47 ---

V. Dumugi ing Janji

Watawis jam sadasa siyang ing kantor pos Purwakêrta, wontên satunggiling tiyang neneman, nglintokakên pos wisêl kalih lêmbar rêgi nyatus rupiyah. Sasampunipun tampi yatra, tiyang neneman wau lajêng kesah saking ngriku. Sarêng lampahipun sampun dumugi ing margi, lajêng kèndêl, katingal ing sêmu kados amonga-mangu, badhe dhatêng pundi purugipun, wusana lajêng lumampah mangilèn. Sarêng lampahipun dumugi ing salèring sêtatsiun kèndêl malih, saha lajêng lumêbêt ing setatsiun, têrus linggih wontên ing papan pakèndêlan. Sadangunipun linggih, tiyang neneman wau sakêdhap-sakêdhap ningali sêratipun pèngêtan, lajêng ngunjal ambêkan sarta asăngga uwang, kados pratingkahipun tiyang-tiyang ingkang sawêg nandhang susah. Botên dangu trèm ingkang saking Maos dhatêng, sanalika ing sêtatsiun ngriku rame sangêt, tiyang-tiyang ingkang sami mudhun saking kreta kados sulung mêdal saking lèngipun, ingkang minggah sami arêbut dhucung, kuwatos bokmanawi botên pikantuk panggenan. Swaraning tiyang sêsadean sami pating

--- 48 ---

brêngok nawèkakên daganganipun. Kuli-kuli sami rêbatan bêbêktan. Nalika punika wontên tiyang ingkang mandhap saking trèm, nyêlaki tiyang neneman ingkang linggih wontên papan pakèndêlan wau, sarta lajêng apitakèn:

Lho, kowe nang kene, Ji, saka ngêndi bae?

Saka kantor pos. Lah kowe saka ngêndi?

Aku saka Cilacap, dikongkon lurahku prêlu rêmbugan prakara manis jangan karo Lănda ing Cilacap kono.

Apa saiki arêp têrus bali.

Iya. Ayo ta barêng. Mêngko padha patungan nungggang dhokar.

Nalika tiyang neneman punika dipun criyosi makatên, sakala lajêng kèndêl sakêdhap, kados tiyang kèwêdan. Wusana lajêng mangsuli kalihan kesah: Ayo, ta.

Tiyang kêkalih wau lajêng sarêng-sarêng sami ngrêmbag dhokar. Sasampunipun pikantuk lajêng dipun tumpaki. Sadangunipun wontên ing dhokar, tansah sami cêcriyosan, ingkang satunggal apitakèn makatên:

Ora, ta, Suharji, dak dêlêng-dêlêng kowe kuwi kok kaya prihatin bangêt, iku sababe apa?

Gênah mêntas kalah gêdhèn ngene, kok.

Ana ngêndi?

Ana ing kalurahan Jatisari, dhèk malêm Minggu.

--- 49 ---

Kalah pira, ta?

Ora mèmpêr, dhuwit pitung puluh lima, kurang luwih têlung jam, bablas.

Mungsuhe sapa bae?

Lurah Jatisari, Lurah Karangmadya, sijine êmbuh sapa, aku ora têrang.

Lah kate pira.

Limalas. Gumunku kuwi, Di, ora mèmpêr, wong limang katan kok ora jit ora ngocok, sabên-sabên pasang jago kêdhuwur, sabên-sabên cêki ora mêtu.

Ah, krêtu yèn pancèn lagi mati mula ngono. Lungguhmu marêp ngêndi?

Marêp ngalor.

O, mêsthi bae kalah, yèn malêm Minggu pancène kudu marêp ngidul. Nanging prakara iku, Ji, ora prêlu koprihatinake, awit wong main kuwi wis jaragan. Yèn ora kalah ya mênang.

Ya mula ngono. Nanging sing dak susahake iku dhuwit sing dakênggo pawitan, sabab iku dhuwit panas, măngka dina sesuk ora kêna ora kudu daklironi. Măngka aku saiki durung nyêkêl.

--- 50 ---

Ya golèk akal, ta.

Golèk akal aku wis rumăngsa ora bisa, awit...

Bodho, kowe. Akale rak kalahmu kuwi kudu dioyak. Saiki kowe duwe dhuwit pira?

Yèn dhuwit, saiki aku ngandhut rongatus luwih, nanging sing pancèn dhuwitku dhewe mung sapuluh rupiyah.

Lah ya kuwi, diênggo ngoyak kalahmu. Yèn kêbênêr mujur, sajam bae kalahmu rak bisa bali. Mêngko kêna kanggo nglironi dhuwit kang kudu kok bayar sesuk kuwi.

Apa ngono, Di?

Lah yèn ora ngono, priye. Iku tumrap aku, yèn kowe ya sakarêpmu, kono. Dene yèn kowe pancèn arêp ngoyak kalahmu kuwi, saiki mampira mênyang omahku, mêngko dak undangake mungsuh sing dhuwite akèh.

Ya, bêcik, tekade dandan, mati apa urip.

Sarêng lampahipun dumugi satunggiling dhusun lajêng kèndêl. Ingkang numpaki sami lumêbêt dhatêng satunggiling griya ing dhusun ngriku.

Kacariyos Kartasêngari ing dhusun Kêtawis. Ing wanci sontên sami lêlinggihan ing ngajêngan kalihan semahipun punapadene [pu ...]

--- 51 ---

[... napadene] anakipun èstri. Botên dangu wontên tiyang dhatêng.

Kula nuwun.

Măngga. Lho, nak mandhor, măngga ta mlêbêt mawon.

Inggih.

Lho, kok dêngarèn, dalu-dalu karsa rawuh mriki. Wontên prêlu punapa, nak mandhor. Măngga ta lênggah.

Tamu wau lajêng mapan linggih sandhingipun Kartasêngari, kalihan wicantên makatên:

Anu, Pak, sowan kula mriki dipun utus tuwan supados nuwèni kang putra Dhèk Suharji, sampun wangsul punapa dèrèng?

Dèrèng wangsul. Malah kula nêmbe kemawon raosan kalihan semahipun, dene Suharji sampun kalih dintên dèrèng wangsul.

Inggih, mila tuwan katingal duka sangêt. Dhatêng kula mriki punika kadhawuhan nuwèni, punapa sampun wangsul punapa dèrèng, wusana dèrèng wangsul. Lah mangke badhe kados punapa kemawon dukanipun tuwan. Ah, eman têmên Dhèk Suharji kok dadi ngono.

Lho, kesahipun punika dhapur dipun utus, punapa kajêngipun piyambak?

--- 52 ---

Kesahipun mila dipun utus tuwan, kapurih nglintokakên pos wisêl dhatêng kantor pos.

Êmbok Kartasêngari nyambungi pitakèn: Pangkatipun kala dintên punapa, nak mandhor?

Kala winginipun. Dados sampun pikantuk kalih dalu. Rak botên mèmpêr, tiyang dhatêng kantor pos kok ngantos sipêng kalih dalu. Mila tuwan dukanipun sangêt, ngantos kula tumut ajrih. Măngka dintên wingi Dhèk Suharji kalêrês ambayari kuli-kuli.

Semahipun Suharji nyambungi pitakèn: Lajêng kadospundi.

Inggih lajêng kêpêksa dèrèng sami kabayar, sabab yatra kuli ugi sampun wontên tanganipun Dhèk Suharji.

O, wong edan-edanan kêpengin dilêbokake buwi, ayake, dene gumampang ngono.

Sampun, Pak Kartasêngari, kula nyuwun pamit wangsul, manawi sêlak dipun ajêng-ajêng tuwan.

Inggih, andhèrèkakên sugêng.

Kêsuwun, Pak.

Sadangunipun Pak Kartasêngari omong-omongan kalihan tamunipun, ing jawi wontên tiyang ngintip saking sêla-sêlaning pagêr.

Sarêng tamunipun Pak Kartasengari pamitan, tiyang wau lajêng nylingkêr

--- 53 ---

dhatêng sawingkinging griya, lumêbêt ing kêbon.

Ing dalu punika semahipun Suharji manahipun kraos botên sakeca, sakêdhap-sakedhap trataban, mila mèh sadalu muput piyambakipun botên sagêd tilêm sakêdhik-kêdhika.

Ing wanci jam gangsal enjing, ing sisih wetan sampun katingal trontong-trontong abrit, mracihnani bilih sang hyang bagaskara sampun mèh malêthèk. Rêdi Slamêt ingkang dunungipun wontên salèring dhusun Kêtawis, sampun katingal anjênggêrêng adamêl sêngsêming pandulu. Pêksi-pêksi sami mungêl pating cruwèt, mênggah sagêda ngucap, sami nglairakên bingahing manah, dene sagêd mêningi raina malih. Ing margi agêng sawetanipun dhusun Kêtawis sampun wiwit wontên tiyang langkung, inggih punika tiyang-tiyang ingkang badhe sami dhatêng pêkên Kêbumèn utawi ing Purwakêrta.

Nalika punika Bok Kartasêngari ugi sampun tangi, lajêng mêdal dhatêng jawi prêlu badhe mêndhêt toya wulu ing pancuran, ingkang dunungipun wontên sawingkinging griya. Sarêng lampahipun Bok Kartasêngari mèh dumugi ing pancuran, sangêt kagètipun dene ing panging wit dhuku ingkang dunungipun sacêlaking pancuran ngriku, wontên tiyangipun anggantung, ilatipun mele-mele. Sarêng dipun waspadakakên katingal cetha, bilih punika mantunipun, [mantuni ...]

--- 54 ---

[... pun,] sanalika punika manahipun Bok Kartasêngari kuwur asêmu ajrih, wusana lajêng anjêlih: tulung, tulung, tulung.

Pak Kartasêngari punapadene anakipun èstri ingkang taksih sami wontên ing patilêman sangêt kagètipun mirêng swaranipun tiyang jêlih-jêlih, lajêng enggal medal lumajêng dhatêng panggenaning swara wau. Sadumuginipun ing panggenan lajêng apitakèn dhatêng ingkang èstri: ana apa, ta, ana apa.

Bok Kartasêngari angêcungi tiyang ingkang gumantung kalihan wel-welan: kae apa, dêlêngên kae.

Sarêng Pak Kartasêngari sampun cêtha, sintên ingkang gumantung punika, sakala lajêng adhêlêg-dhêlêg kados tiyang kamitênggêngên. Nanging anakipun èstri lajêng andhawah ing siti kalihan jêlih-jêlih: O, Kang Suharji, kêbangêtên têmên Kang Suharji, kêbangêtên têmên anggone gawe wirang marang wong.

Pak Kartasêngari sarêng sampun èngêt, lajêng cêngkelak lumajêng nabuh kênthongan, nyasmitani bilih ing ngriku wontên rajapêjah. Botên dangu lurah dhusun Kêtawis saprabotipun, punapadene tiyang sanèsipun sami dhatêng sarta ngrubung jisimipun Suharji ingkang anggêgilani punika. Lurah dhusun lajêng ngatag salah satunggiling prabot dhusun, supados anglapurakên prakawis punika dhatêng asistenan. Watawis jam sadasa, asistèn wadana dhatêng, kadhèrèkakên upas. Asistèn [Asi ...]

--- 55 ---

[... stèn] wadana lajêng dhawuh dhatêng upas, supados nitipriksa badanipun Suharji wontên tatunipun punapa botên. Pinanggihing papriksan, badanipun Suharji wêtah. Asistèn wadana lajêng dhawuh dhatêng carik dhusun, supados ngukur sapintên inggilipun sukuning jisim saking siti. Lan pintên inggilipun pang ingkang kangge anggantung punika. Sadaya ukuran wau dipun sêrati wontên pèngêtanipun asistèn wadana. Asistèn wadana lajêng dhawuh makatên: Saiki jisim wis kêna diuculi, nanging kandhutane priksanên, ana isine apa.

Tiyang sawatawis lajêng nguculi jisimipun Suharji saking panging wit dhuku. Kasèlèhakên wontên ing siti. Sarêng dipun priksa, pinanggih ing kanthonganing rasukanipun Suharji wontên yatranipun talèn satunggal, sêrat gantosan tigang lêmbar, lan sêrat-sêrat pèngêtan wontênipun kuli ingkang padamêlanipun dèrèng kabayar.

Asistèn wadana lajêng dhawuh makatên: Jisim iki wis kêna diupakara apa mêsthine, mêngko sore bae kira-kira jam papat, Kartasêngari saanak-bojone, lan kang lurah saprabote padha dak undang ing asistenan.

Lurah mangsuli: Inggih.

Asistèn wadana lajêng wangsul, wontên ing margi raosan dhatêng upasipun: Iki mau dayaning krêtu, upas.

--- 56 ---

Inggih, bêndara.

Mau bêngi kurang luwih jam rolas, aku tămpa lapuran Tuwan Plêmbos, yèn sing anggantung kuwi mau dikongkon ngijolake pos wisêl rêga rongatus rupiyah, nganti rong bêngi ora bali. Kari-kari esuk-esuk wis anggantung ngono.

Sapêngkêripun asistèn wadana, jisimipun Suharji kapulasara samêsthinipun. Ngantos lami pêjahipun Suharji punika dados raosaning tiyang-tiyang ing dhusun ngriku.

--- [57] ---

VI. Babaring Lêlampahan

Anglêrêsi malêm Minggu, kamar bolah Jawi ing Bukateja, kathah para priyantun sami among suka, wontên ingkang main bolah, ajar bêksa, maos sêrat kabar, lan wontên ugi ingkang namung lênggahan sinambi mirêngakên ungêling găngsa. Ing ngriku wontên satunggiling priyantun, ingkang sawêg sapisan punika dhatêng kamar bolah wau. Nitik pasêmon saha solah bawanipun, mracihnani bilih piyambakipun priyantun pindhahan enggal. Wontên satunggiling priyantun nyêlaki priyantun enggal wau, prêlu nêpangakên, wicantênipun:

Kula aturi nêpangakên, kula Wakidin, mantri pulisi ngriki.

Inggih kula Kartaatmaja, up sêkatêr enggal.

Sampun pintên dintên rawuhipun wontên ing Bukateja ngriki?

Manawi botên lêpat sampun sadasa dintên punika.

Sawau wontên ing pundi?

Nalika bênum sapisanan wontên ing Samarang, lajêng pindhah dhatêng [dha ...]

--- 58 ---

[... têng] Surabaya, saking Surabaya dhatêng Wanagiri, saking Wanagiri dhatêng Têmanggung, saking Têmanggung mriki. Panjênêngan punapa sampun dangu ngasta mantri pulisi wontên ngriki.

Sampun tigang taun.

Rumiyin wontên pundi?

Rumiyin kula juru sêrat wadana Klapagadhing, Cilacap.

Dhinês sampun pintên taun?

Manawi botên lêpat, wiwit pangkat juru sêrat tulungan sampun wontên gangsal wêlas taun.

Inggih.

Sampun, kangmas, mugi sampun dados panggalih, kula kêpêksa wangsul rumiyin, jalaran dalu punika kula gadhah sêsanggèn padamêlan pulisi. Sanès dintên kemawon kangmas kula aturi rawuh dhatêng pondhok kula sawingking kawêdanan.

Inggih.

Watawis jam kalih wêlas dalu, kamar bolah sampun katutup.

Lêt sawatawis dintên priyantun enggal wau dhatêng griyanipun mantri pulisi kalihan semahipun.

Kula nuwun.

Măngga. O, kangmas up. Măngga kula aturi lumêbêt.

Inggih.

--- 59 ---

Tamu sakalihan lajêng dipun acarani linggih dening mantri pulisi Wakidin jalêr-èstri. Botên dangu wontên lare jalêr neneman mêdal saking griya, mantri pulisi lajêng wicantên:

Mrene, Di, têpungan karo pak up iki.

Inggih.

Lare neneman wau lajêng nyèrèd kursi, sarta mapan linggih radi kapara têbih saking kalanganing tamu. Mantri pulisi wicantên:

Punika anak kula ingkang sawêg mêdal saking pamulangan calon guru.

Inggih. Kula aturi nêpangakên, nak, kula Kartaatmaja, bêrah pagantosan.

Inggih, kula Suhardi.

Măngga ta, lênggahipun majêng kemawon.

Inggih.

Suhardi ngajêngakên kursinipun sawatawis, kangge ngecani tamunipun.

Dados anak sawêg kemawon mêdal saking pamulangan calon guru, makatên.

Inggih, rampunging eksamên wêkasan nalika tanggal kaping salawe wingi punika, tanggalipun nêm likur Ruwah kula wangsul mriki.

Sapunika sampun ayêm, namung kantun ngajêng-ajêng dhatênging pangkat kemawon.

--- 60 ---

Inggih, botên amung namung pangèstu panjênêngan ingkang kawula suwun.

Ngantos dangu priyantun enggal wau anggènipun mara tamu dhatêng kêmantrèn. Wiwit nalika samantên mantri pulisi lan up sêkatêr wau asring sanjan-sinanjan.

Nuju satunggiling dintên mantri pulisi jalêr èstri, punapadene Suhardi dhatêng up sêkatêran, sasampunipun sami lênggahan sawatawis dangunipun, pasugatan wedang tèh mêdal, ingkang ngladosi lare èstri ingkang sulistya ing warni, tur sawêg nêdhêngipun birai. Nitik solah-bawanipun, mracihnani lare èstri punika lare ingkang pikantuk panggulawênthah sae. Mantri pulisi sakalihan sampun têrang dhatêng lare èstri punika, namung Suhardi ingkang sawêg sapisan punika sumêrêp. Ing batos Suhardi sangêt kêpranan dhatêng warni sarta tindak-tandukipun sang anyar katon, ngantos alêngêr-lêngêr. Wusana kagèt, dening ibunipun wicantên makatên:

Di, Iki Yu Suharti, putrane Pak Up.

Suhardi mangsuli kalihan sêrêt: Inggih.

Up Sêkatêr nyambêti wicantên: Ti, Iki dhèk Suhardi, putrane Pak Mantri Pulisi, rono nêpungake.

Suharti sakala lajêng katingal isin sangêt, wusana mangsuli kanthi sêrêt: Inggih.

--- 61 ---

Sinambi wedangan tamu lan ingkang gadhah griya sami cêcriyosann warni-warni, sakêdhap-sakêdhap kapirêng sami gumujêng gêr-gêran. Namung Suhardi lajêng asring-asring kèndêl kemawon, katingal ing sêmu kados wontên ingkang dipun manah. Dene Suharti botên katingal mêdal-mêdal malih, andadosakên cuwaning manahipun Suhardi, sasampunipun sawatawis dangu, tamu pamitan wangsul.

Kacariyos ing Banjarnagara, wontên satunggiling priyantun guru taksih jêjaka. Nuju satunggiling dintên, kalêrês wontên ing pamulangan, priyantun guru wau kengkenan salah satunggiling murid, nglêbêtakên sêrat dhatêng kantor pos. Nitik pangintênipun sêrat wau sarana angêtèkên (aangeteekend) mracihnani bilih wigatos.

Nuju satunggiling dintên, Mantri Pulisi wakidin ing Bukateja, sami linggihan wontên ing wingking kalihan semahipun. Mantri pulisi wicantên: Dhi, iki mau, anakmu Si Suhardi kirim layang sarana angêtèkên.

Layang apa, kok nganggo angêtèkên barang.

Surasaning layang, dhèwèke wis karêp omah-omah, dene kang dijaluk yaiku Si Suharti. Sadurunge, aku pancèn wis ngrêti, yèn dhèwèke pancèn sire mrana. Nanging aku

--- 62 ---

ethok-ethok ora ngrêti bae, prêlune supaya bab iku mêcaha dhewe.

Pancèn ngono, Mas, wiwit dhèwèke katêmu karo Suharti, sêmune wis katara. Aku dhewe pancèn sênêng marang Suharti. Mung bae, apa kira-kira Suharti durung ana sing ningsêti.

Mas up wis klakon ngêndika karo aku, yèn Suharti wis ana wong têlu papat kang anjaluk, nanging bocahe....

Sawêg samantên mantri pulisi anggènipun rêraosan kalihan semahipun, dumadakan ing ngajêng wontên suwaraning tamu dhatêng.

Kula nuwun.

Măngga.

Mantri pulisi enggal mêdal nuwèni tamunipun, sarêng sampun têrang lajêng dipun acarani, kula aturi lênggah ing wingking kemawon.

Inggih.

Tamu lajêng kairid dhatêng wingking, sarta sami tata linggih. Sasampunipun cacriyosan warni-warni, mantri pulisi lajêng wicantên:

Kula mêntas tampi sêrat rêkès, kangmas.

--- 63 ---

Sêrat rêkès saking pundi, dhi?

Saking kang putra Suhardi.

Sêratipun Suhardi lajêng kasukakakên dhatêng tamunipun kalihan wicantên:

Lah, punika punapa sêratipun.

Sêrat dipun tampèni dening up sêkatêr, sasampunipun titi maosipun, up sêkatêr lajêng wicantên kalihan mèsêm:

Adhi, bab punika kula namung andhèrèkakên kemawon, sok ugi larenipun jalêr èstri sampun sami condhongipun. Awit jaman sapunika, bêbasan: kêbo manut gudèl. Rak makatên ta adhi sakalihan?

Mantri pulisi jalêr èstri mangsuli: Inggih. Mila makatên.

Punika kemawon sêratipun kula suwun, badhe kula têdahakên dhatêng kang putra Suharti.

Prayogi sangêt, kangmas.

Sasampunipun rêrêmbagan sawatawis dangu, up sêkatêr pamitan wangsul. Sadumuginipun ing griya, sêrat lajêng kasukakakên dhatêng semahipun. Sasampunipun titi pamaosipun, mas ajêng up sêkatêr lajêng wicantên asêmu bingah:

Muga-muga Gusti Allah marêngna jodho, kanggo aku rumasa wis cocog bangêt, balik sampeyan priye, mas?

Aku mangkono uga, mung kari anakmu bae kira-kira

--- 64 ---

kêpriye?. Mula jajal bocahe undangên, layang iku tuduhna.

Mas ajêng up sêkatêr lajêng ngundang anakipun: Ti, Ti.

Kula.

Kowe lagi apa?

Sawêg miru agêmipun nyamping bapak.

Renea sadhela.

Inggih.

Suharti lajêng nyêlaki ibunipun, sarta up sêkatêr lajêng lumêbêt dhatêng kamar, awat-awat mapan tilêm.

Wicantênipun mas ajêng sêkatêr kalihan ngulungakên sêrat:

Ti, jajal layang iki wacanên.

Sêrat dipun tampèni dening Suharti, lajêng kawaos. Sadangunipun Suharti maos sêrat punika, manahipun tansah dhêg-dhêgan. Sarêng sampun titi pamaosipun, sêrat lajêng kasèlèhakên ing meja, katawis ing sêmu kados isin, wusana lajêng cêngkelak kesah ngrampungakên anggènipun nyambut damêl. Ing batos Suharti rumaos kapanujon sangêt, nanging wantuning kênya, mila kathah samudananipun.

Enggaling cariyos, rêmbag punika sampun kadadosan. Sarêng sampun dumugi titimăngsa, pangantèn jalêr èstri

--- 65 ---

kaijabakên, mawi ngaturi pêngulu dhatêng up sêkatêran. Nanging panggihing pangantèn botên mawi kawiwaha agêng-agêngan, namung ambujêng cêkaping prêlu kemawon. Awit mantri pulisi punapadene up sêkatêr sami nunggil pamanggih, bilih ngimah-imahakên lare sarana kawiwaha agêng-agêngan punika botên wontên prêlunipun babar pisan.

Panggihipun Suhardi lan Suharti kadhawahakên malêm Minggu, kirang langkung jam pitu sontên, pangantèn kaijabakên, bakda ijab têrus dipun panggihakên. Botên dangu wilujêngan walimahan mêdal, lajêng sami dhahar. Bakda kêndhurèn walimahan lajêng sami lênggahan.

Ing ngriku wontên satunggiling tamu, umur-umuranipun sampun satêngah sêpuh. Nitik tamu sanès-sanèsipun dèrèng wontên ingkang têpang, mracihnani bilih tamu wau dhatêng saking măncanagari. Linggihipun tansah nêbih saking kalanganing priyantun. Sarêng sampun watawis radi dangu, wontên satunggiling priyantun nyêlaki tiyang sêpuh wau kalihan wicantên:

Nuwun, pak, kula aturi nêpangakên, kula bapakipun pangantèn.

Inggih kasuwun. Awon-awon kula bapakipun ingkang gadhah griya ngriki.

O, inggih. Ingkang dipun dalêmi wontên ing pundi?

--- 66 ---

Griya kula wontên sangandhaping rêdi Slamêt, inggih punika dhusun Karangmadya, ondêr dhistrik Kêbumèn, bawah apdhêling Purwakêrta.

Ingkang pitakèn sarêng mirêng têmbung Karangmadya, sakala lajêng kèngêtan mitranipun lami, ingkang wontên dhusun Karangmadya, mila lajêng nêrusakên pitakèn:

Punapa Pak Kartamamad bêbau ing dhusun Karangmadya taksih wilujêng.

Ing dhusun Karangmadya, nama Kartamamad botên wontên kalih tiga, namung kula, dados inggih taksih wilujêng.

Ingkang pitakèn lajêng ngrangkul dhatêng tiyang sêpuh wau lajêng wicantên pêgat-pêgat:

O, Pak Kartamamad. Kula... botên ngin... tên,...pisan-pisan,... badhe...wontên,... lêlampahan,... makatên. Punapa...Pak Kartamamad,... kêsupèn,... dhatêng... kula. Kula... Wakidin,... semah... ipun Su...diyah.

Tiyang sêpuh wau namung gèdhèg-gèdhèg akalihan nyêbut asmanipun Ingkang Maha Suci:

Alkhamdulillah, alkhamdulillah, ora nyana têmên, ora nyana têmên, pundi Sudiyah, pundi Sudiyah?

Nalika punika mas ajêng mantri pulisi lajêng mêdal saking griya, botên ngèngêti yèn ing ngriku sawêg kathah tiyang, sakala anjêlih [a ...]

--- 67 ---

[... njêlih] ngrangkul ngrungkêbi pangkonipun Pak Kartamamad. Ingkang gadhah griya jalêr èstri, punapadene para tamu sanès-sanèsipun, sami dhêlêg-dhêlêg botên ngrêtos babar pisan, dhatêng sabab-sababipun wontên kadadosan kados makatên.

Sarêng tiyang tiga wau sampun rumaos marêm, anggènipun anglairakên bingahing manahipun, lajêng sami tata linggih, ngandharakên lêlampahanipun wiwit pêpisahan gêntos-gêntos. Tamu-tamu sami mirêngakên kanthi gêtuning manah. Ing wusana sami ngalêmbana dhatêng saening bêbudènipun tiyang têtiga wau. Watawis jam kalih dalu tamu bibaran, up sêkater jalêr èstri, mantri pulisi jalêr-èstri, punapadene Pak Kartamamad, anglajêngakên anggènipun cêcriyosan gêntos-gêntos ngantos dumugi enjing. Wêkasan sami muji sukur dhatêng Gusti Allah, dene sampun paring kamirahan samantên agêngipun.

Lêt sapêkên pangantèn jalêr èstri boyongan dhatêng Banjarnagara, Pak Kartamamad tumud nguntapakên boyonging pangantèn ngantos dumugi ing Banjarnagara. Saking Banjarnagara têrus wangsul dhatêng dhusun Karangmadya kanthi bingahing manah. Dene Suhardi lan Suharti anggènipun jêjodhoan tansah atut rukun. Jalêr èstri sami sagêd ngrigênakên pamêdalipun, wusana manggih sênêng salami-laminipun, lan katrimah ing panginggilanipun.

--- 68 ---

Lêt sawatawis taun, Mantri Pulisi Wakidin tampi bêslit katêtêpakên dados asistèn wadana wontên ing ondêr dhistrik Kêbumèn, bawah apdhèling Purwakêrta. Nalika malêm badhe bidhalipun Wakidin dhatêng Kêbumèn, ing kamar bolah Jawi Bukateja kawontênakên têtingalan pêthilan ringgit tiyang lan pista sawatawis, prêlu kangge angurmati pindhahipun Wakidin. Awit sadangunipun Wakidin dados mantri pulisi ing Bukateja, kalêbêt kathah kasaenanipun. Mila saking karsanipun ingkang wadana, kanthi sarêmbag kalihan lurah dhusun ing bawahipun, pindhahipun Wakidin saking ngriku prêlu dipun kurmati sawatawis. Nalika bidhalipun Wakidin saking Bukateja, kathah sangêt priyantun jalêr èstri ingkang sami nguntapakên dumugi ing sêtatsiun trèm.

Kacariyos nalika dhatêngipun Wakidin ing ondêr dhistrik Kêbumèn, lurah ing dhusun Karangmadya sampun kakèndêlan saking padamêlanipun, awit nêdha yatra paos lan kalêpatan sanès-sanèsipun. Gêsangipun ki lurah dhongkol Karangmadya wau sangsara sangêt. Dene ingkang anggêntosi lurah dhusun Karangmadya inggih punika Pak Kartamamad. Somakarya sampun tilar donya, jalaran nandhang sakit sangêt. Anak-anakipun ingkang kantun, sami nandhang sangsara. Sadangunipun Wakidin nyêpêng ondêr dhistri Kêbumèn, tansah pikantuk pangalêmbana [pangalêmba ...]

--- 69 ---

[... na] saking nginggil utawi saking ngandhap, awit manginggil sagêd ngawula, mangandhap sagêd momong. Pramila gêsangipun Wakidin manggih sênêng salajêngipun, sarta katrimah sapanginggilipun. Upami Wakidin wêdalan pamulangan inggil, mêsthinipun sagêd dados wadana, nanging sarèhning namung gadhah dhiplomah K.E. kemawon, mila namung kaganjar dumugi pangkat, asistèn wadana ăngka I.

Tamat.

Isinipun

... kaca

I. Madosi ingkang Jalêr... 3

II. Dados Sêkarlathi... 18

III. Imah-imah... 25

IV. Rumambating Kabêgjan... 39

V. Dumugi ing Janji... 47

VI. Babaring Lêlampahan... 57

[...]

[...]

[sampul dalam]

[sampul luar]


Nyoh. (kembali)
Nyoh.