Srênggani Rêtna, Anonim, 1909, #527

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Cariyos Purwa Lampahan Srênggani Rêtna

1. Asmaradana

1. asmaradana bukaning | carita purwa lampahan | Arjuna umalih banthèng | uga ran Srênggani Rêtna | nihan purwaning kăndha | kang minăngka jêjêripun | nênggih praja gung Ngastina ||

2. panjang punjung pasir wukir | loh jinawi karta arja | agêmah ripah tur rame | murah busana baksana | têmtrêm wong balewisma | Ngastina praja pinunjul | dadya pangungsining janma ||

3. tyasira janma gung alit | ayêm guyub abipraya | sumungkêm marang ratune | kathah nata mănca praja | kabawah mring Ngastina | tan mawi pinukul pupuh | mung nungkul aris kewala ||

4. kang madêg nata bêbisik | Sang Aprabu Duryudana | Sang Suyudana malihe | Sang Prabu Jayapitana | ya Prabu Kurupatya | narendra gung băndha-bandhu | kadang satus kurang juga ||

5. sudibya sura sinêkti |

--- 2 ---

guna prawirèng ayuda | duk samana sang pamase | anuju ari sajuga | ngrasuk kaprabon nata | sarwa mas intên hèr laut | tan ana ingkang kuciwa ||

6. miyos siniwakèng dasih | mungging bale sitibêntar | wus sangkêp upacarane | kang ngampil para biyada | êmban cèthi parêkan | nom-anom warnanirayu | di-adi busananira ||

7. pêpak punggawa kang nangkil | blabar lir samodra lahar | mănca warna busanane | asri lir sêkar sêtaman | kang kaparêk ngarsendra | sira risang mahawiku | pandhita ing Sukalima ||

8. Sang Hyang Durna kang wêwangi | parab Rêsi Kumbayana | amumpuni sabarang rèh | sidik têrang paningalnya | yèku kêkasih nata | dahat pinundhi ginuru | lan tinuwa tuwanggana ||

9. tindhihing paseban jawi | Sang Mahadipati Karna | ing Ngawăngga kadhatone | dibya sêkti măndraguna | wêweka wicaksana | wantêr prawirèng apupuh | gul-agul manggalèng praja ||

10. kang munggèng ngarsèng narpati | wêkendra Radèn Lusmana | satriya di kadipatèn | Patih Sangkuni jajarnya | yèku warăngka nata | mangkana wau sang prabu | aris wijiling wacana ||

11. hèh Paman Arya [Ar...]

--- 3 ---

[...ya] Sangkuni | paran wartaning paseban | punapa ta pêpak kabèh | wadyaningsun kang sumewa | wèntên ing pangurakan | rêkyana patih umatur | sinuhun ingkang timbalan ||

12. saking pangèstu narpati | gêng alit para punggawa | pêpak nangkil sadayane | tan wontên pamit sajuga | nata suka miyarsa | ngandika malih sang prabu | mring pandhita Sukalima ||

13. bapa ngong miyarsa warti | yayi Prabu Darmaputra | murca saking kadhatone | laminya wus kawan warsa | bapa kalamun nyata | kula kêdah wajib luru | wèntên ing pundi dunungnya ||

14. turira sang maharêsi | lêrês pamiyarsa tuwan | Sri Yudhisthira murcane | mandar sing pamirêng amba | ri paduka Janaka | lawan Sena samya luru | ing praja kantun pra kênya ||

15. saking indhaking pawarti | prasamya gêbyur samodra | ngalalu lena sêdyane | sri narendra angandika | bapa paran yogyanya | ing sarèhning yayi prabu | Ngamarta nandhang rudita ||

16. lêrêsipun jênêng mami | rumêksa Cintakapura | anjagi tata arjane | aywa kongsi karisakan | yèn wèntên parangmuka | sumêdya angrêbut purun | yêkti dados mêngsah kula ||

--- 4 ---

17. marma karsaningsun mangkin | Kakang Adipati Karna | kalawan wadyabalane | ngong patah lumakwèng karya | ngrêksa cipta kawula | layak tan kuciwèng kewuh | Pandhita Durna turira ||

18. sampun kalangkung prayogi | raka tuwan ing Ngawăngga | datan kirang wêwekane | sudibya wasis sabarang | pantês lumakwèng karya | adhi patih kanthinipun | dhuh saya wêwah sadaya ||

19. Kurawa bêkta sakêdhik | pinilihan kang prakosa | sang prabu suka driyane | arum wijiling wacana | Paman Arya lah mara | timbalana dipun gupuh | Kakang Adipati Karna ||

20. sandika rêkyana patih | lèngsèr saking ngabyantara | mundhi dhawuh sang pamase | sapraptanirèng paglaran | orêg sagung kang seba | wus samya nyipta kalamun | wêdale rakyana patya ||

21. sayêkti yèn wontên kardi | para wadya samya urmat | dhawuh timbalan sang katong | wau ta Dipati Karna | dhadhap angapurancang | wus ngrasa sariranipun | yun kinanthi mantrimuka ||

2. Kinanthi

1. kya patih mahyakkên dhawuh | nêdha anak adipati | jêngandika ingandikan | mring arinta jêng sang aji | minggah maring sitibêntar | sarênga lan lampah mami ||

2. sang adipati [a...]

--- 5 ---

[...dipati] andhêku | sandika aturirèki | gya kèrit sarêng lampahnya | minggah maring ing sitinggil | Sri Suyudana tumêdhak | sung urmat mring Sang Dipati ||

3. sawusira sinung lungguh | mungging singangsana rukmi | sang nata alon ngandika | hèh kakang mas adipati | marmanira jênêng para | kapiji nèng ngarsa mami ||

4. ywa dados gitaning kalbu | lan gya katênta yèn tampi | busana ganjaran ingwang | kêris tangguhe kang bêcik | sabuk kang panjang ubêtnya | sêsotya kang adi-adi ||

5. sang adipati umatur | dhuh yayi aji sayêkti | ulun datan pisan-pisan | kalamun nyiptaa kadi | pangandika yayi nyata | datan lyan kang ulun èsthi ||

6. ing siyang ratri pan amung | nyênyadhang karya narpati | ingkang nglangkungi awratnya | dinutaa ingkang têbih | lan marwasa parangmuka | mukul praja boyong putri ||

7. sang prabu ngandika arum | adhuh kakang adipati | sadaya prasêtyanira | dahat panarima mami | mugi Hyang Suksma nglulusna | mung mangke kakang dipati ||

8. ing sarèhning yayi prabu | Yudhisthira lan para ri | samya murca tilar praja | sampun sawatawis lami | dèrèng wontên pawartinya | marma kakang kula tuding ||

--- 6 ---

9. mring Cintakapura wau | ngiras pantês amartuwi | kang samya atilar praja | mung kantun para pawèstri | sayêkti kawêlas arsa | jêngandika sun lilani ||

10. lamun wontên kang andhaku | kakang wajib nyantosani | awit arinta Pandhawa | nak sanak pancêr sayêkti | kabutuh ing jênêng para | tarlèn kakang wêkas mami ||

11. ing lampah dèn yitnèng kewuh | ywa kirang wêwekanèki | Dipati Karna alatah | mangsuli wacana aris | sandika dhawuh paduka | sampun sumêlang ing galih ||

12. wus wontên ing asta ulun | pun kakang ingkang ngandhêmi | sakit lan tumêkèng pêjah | tan nêdya ginggang sanyari | tinêmpuhna ardi waja | yêkti sandika nglampahi ||

13. yèn maksih Wijayadanu | mangsi lêpata ing pati | sintên ta ingkang anăngga | nadyan dewa suranadi | sayêkti kalamun sirna | makatên raosing galih ||

14. Kumbayana sang awiku | numpangi wacana aris | dhuh anak Dipati Karna | inggih makatên utami | ing satuhu boya ical | sungkêm paduka mring sang sri ||

15. andika sinung puniku | manggala mrih misesani | pra kadang-kadang Kurawa | ruwêt-rêntênging nagari | arinta wus datan wikan | kasrah mring anak dipati ||

--- 7 ---

16. borong mrih rahayunipun | awon saening nagari | dhuh gèr mangke wêkas kula | ywa kirang wêwekèng galih | lamun arinta Pandhawa | timbul sakadangirèki ||

17. dèn bangkit mèt prana mardu | samudana sung pamuji | Sri Karna gumujêng suka | sadaya wus wontên mami | nadyan lampah kacêlika | dèn ucap punapa malih ||

18. pan wus kasêdya ing kalbu | para kadang Pandhawa ji | sayêkti tan kula manah | nadyan tindakipun sami | Pandhawa trah Saptarêngga | sampun tumêrah kang asli ||

19. wus manjing titah puniku | manira trahing dewadi | ing lair pan luhur kula | gumujêng guguk sang rêsi | inggih lêrês nak dipatya | sabdanta datan nalisir ||

20. sri narendra ngandika rum | hèh kakang mas adipati | mênggah prayogining lampah | lan samêktaning piranti | enggal kakang amataha | hèh Paman Arya Sangkuni ||

21. tumuntên mahyakna dhawuh | Kurawa ingkang umiring | lampahe kakang Ngawăngga | mring praja Cintakapuri | sang nindyamantri ngandika | Dipati Karna nulyamit ||

22. rinilan sinung pudyayu | gya lèngsèr sing byantara ji | sapraptanirèng paglaran | têngara bêndhe tinitir | orêg sagung para wadya | busêkan [busê...]

--- 8 ---

[...kan] nata piranti ||

23. Tan antara dangu rampung | tinêtêg budhalira glis | lir ampak-ampak lampahnya | gumrênggêng gumuruh atri | sabudhaling wadyabala | sang nata gya ngênyapuri ||

24. ginêrbêg para rum-arum | ngarsa wuri kanan-kering | tindakira sri narendra | kèndêl kori srimanganti | dahat kacaryan ing driya | myat rêngganing srimanganti ||

25. luhuring gapura sinung | naga gêng mas kang kinardi | jalu èstri kur-ungkuran | pêthit amulêt ing nginggil | sisik intên ting karêlap | jêjamang makutha abrit ||

26. ing ngarsa gapura sinung | gupala dwi jalu sami | nèng kanan-kering wiwara | suwasa ingkang kinardi | jamang mas netrane mirah | tinon mancêrêng ngajrihi ||

27. ambêrgagah mandhi limpung | siyungnya anggaru langit | rambut ajêbobog gimbal | pinulas rêkta lir agni | gupala sinungan nama | Balacingkara kang kering ||

28. de kang mungging kananipun | Balaupata kang nami | tèbènging kanang wiwara | sinungan gambar sujanmi | pêpêthane èstri priya | warnanya pelag rêspati ||

29. karya kasmaran kang dulu | prasamya sinungan nami | Bramani lawan Bramana | têgêsing asma kêkalih | Bramaneku kombang [ko...]

--- 9 ---

[...mbang] priya | Bramani kombang pawèstri ||

30. panjang kalamun cinatur | rêrêngganing srimanganti | wit kori tumêkèng pura | wus kadya ing suwarga di | pelaging gambar kalihnya | karya kasmaraning ati ||

31. lam-lamên kang samya dulu | ing nguni yasanirèki | Sang Bagawan Palasara | mung saking puja sêmèdi | antuk sih idining dewa | Ngastina karaton adi ||

32. yata sang prabu gya laju | malêbèng marang jro puri | sapraptaning prabayasa | pinêthuk sang pramèswari | linut èsêm nganyut driya | angaras padaning aji ||

33. gya kinanthi astanipun | pra putri grubyuk ing wuri | sapraptaning dalêm pura | satata pratistha mungging | ing dhampar mas nawa rêtna | sang pramèswari wotsari ||

34. pukulun pêpundhèn ulun | kawula anuwun warti | gyan paduka sinewaka | têka ragi dangu mangkin | paran kang dadya daruna | punapa ta wontên gati ||

35. sri narendra ngandika rum | wruhanira yayi Dèwi | marmane suwe manira | anèng pasewakan awit | lagya anggalih prakara | musnane arinirèki ||

36. ing Ngamarta yayi prabu | dene kongsi catur warsi | durung ana antaranya | pawarta ingkang pratitis |

--- 10 ---

karya sêmanging wardaya | marma kakang adipati ||

37. ing Ngawăngga ingsun utus | rumêksa Cintakapuri | aywa kongsi karusakan | lan amrih padha basuki | lamun ana parangmuka | sumêdya ngêjèki puri ||

38. sayêktine ingsun mêsgul | awit kabèh-kabèh yayi | wus dadya bubuhan ingwang | jêr sun kadang tuwa yayi | manawa na păncabaya | manira kang nanggulangi ||

39. andikanira sang prabu | kapyarsa sang pramèswari | dahat kumêpyur ing driya | èngêt mring Radèn Pamadi | panglocitaning wardaya | dhuh dewa bathara luwih ||

40. mugi paringa pukulun | rahayuning kadang mami | Pamadi piye polahnya | mring êndi gone ngulari | bok ya mring praja Ngastina | rak mêsthi kêtêmu mami ||

41. sang rêtna ing tyas matrênyuh | nging sinamun tan katawis | sang prabu datan garjita | adhawuh kinèn miranti | minggah mring sanggar pamujan | sandika sang pramèswari ||

42. sigra têdhak sang aprabu | mring sanggar muja sêmèdi | minta mrih sambadèng sêdya | gantya kang winarnèng kawi | sayêkti sarêng lampahnya | carita kinarya gênti ||

43. Kurawa ingkang lumaku | yèn ratri rêrêp wanadri | adhèr motha apêpanthan | rina gya lumampah

--- 11 ---

malih | kunêng gantya cinarita | Ing Tunggulmalaya nagri ||

44. kang madêg nata jêjuluk | sri Mahraja Dewasrani | samana lagya lênggahan | lan ibu Sang Hyang Pramuni | kang kèsthi ing nala nêdya | amrih ing sirnanirèki ||

45. Pandhawa sadayanipun | sru pininta ing dewa di | Risang Hyang Bathari Durga | jumurung karsaning siwi | sang nata sigra amatah | mucung wadyabala yaksi ||

3. Pocung

1. nulya nuduh bajobarat kinèn ngridhu | mring para Pandhawa | kang samya lagi prihatin | kang supadya ngênês ing tyas apralaya ||

2. kang tinuduh Jarameya namanipun | lawan Sadumeya | kèh bajobarat lit-alit | kinanthenan Kyai Togog Saraita ||

3. budhal sampun sing Găndamayit wana gung | sagung brakasakan | gumuruh sora swara tri | wau para rasêksa tan kênèng lena ||

4. lêpas sampun lampahe kang para diyu | enggaling carita | prapta madyaning wanadri | kapapag lan kurawa baris ngastina ||

5. kang panganjur dadya kandhêg lampahipun | asawang-sawangan | wadya rasêksa sru angling | hèh balia baris saka ngêndi sira ||

6. pangarsaning Kurawa asru sumaur [su...]

--- 12 ---

[...maur] | he buta mêlèka | manira iki prajurit | ing Ngastina ayun mring praja ngamarta ||

7. balik sira saka ngêndi pinangkamu | mring ngêndi sêdyanta | wadya rasêksa nauri | ingsun ditya punggawa Tunggulmalaya ||

8. ya ingutus dening ratu gustiningsun | jaga lamun ana | darah Pandhawa kang prapti | kabênêran sira arsa ing Ngamarta ||

9. ingsun nutut barêng kalawan lakumu | Radèn Kartamarma | bêngis dènira mangsuli | nora sudi dinunuti baris buta ||

10. măngsa ingsun mundur kalawan dhapurmu | Radèn Kartamarma | ngabani lajuning baris | sigra ambyuk angroyok mring Jarameya ||

11. kang kinrubut solah riwut ngamuk punggung | kang katrajang bubar | Dyan Kartamarma bantoni | ngasta bindi campuh prang lan Kalameya ||

12. datan dangu ditya Kalameya mundur | Sadumeya mangsah | rinanjap datan nêdhasi | karya giris ditya tan kênèng palastra ||

13. nuli katur maring sang Ngawongga prabu | dahat dukanira | sigra angasta jêmparing | hru pusaka nama Ki Wijayacapa ||

--- 13 ---

14. dyan sumêbut sanjata kumukus murup | angênèni ditya | aniba karasa sakit | nanging ditya iku tan kênèng pralaya ||

15. tangi jrunthul lumayu atinggal mungsuh | sêdya atur wikan | mring gusti Sang Hyang Pramuni | enggaling kang carita wus samya prapta ||

16. lagya lungguh Sang Hyang Pramuni amuwus | hèh ta Jarameya | kalawan kancanirèki | dene enggal lakunira ingsun duta ||

17. ditya matur dènira kapapag mungsuh | dadya kasor ing prang | gumuyu Sang Hyang Pramuni | iya bênêr sira bêcik ngundurana ||

18. lah dèn gupuh balia lawan rowangmu | ing mangko kêpapag | lawan kang ingsun ulati | trah Pandhawa padha sêkti măndraguna ||

19. mara iki tampanana paring ingsun | kang lênga Muksala | yèn sira têmpuk ing jurit | lênga iki dèn enggal sira usapna ||

20. pasthi banjur mungsuhira dadi watu | wus age mangkata | kasêlak nora pinanggih | anjujuga prapatan alas sêngkêran ||

21. ditya nuwun sandika mêsat ing ngayun | dêdêl jumantara | wor lan maruta sumilir | nêngna wau lampahe wadya raksasa ||

22. kang winuwus nênggih ing wukir Ngratawu | pratapan minulya [minu...]

--- 14 ---

[...lya] | rêsik gumrining sarwa sri | tata arja tan pae rêngganing praja ||

23. tangèh lamun ingucapêna sadarum | pelaging pratapan | dene kang mangun têtèki | ajêjuluk Sang Bêgawan Abiyasa ||

24. nyata lamun pandhita tama kinasup | wruh durung winarah | têrus trang paningalnèki | amumpuni sabarang rèh datan kewran ||

25. agal lêmbut wus anèng asta sang wiku | marmanira kathah | janma măncapraja prapti | minta barkah anyênyantrik mring sang tapa ||

26. tuwin kathah para sambewara bakul | laladan lèn praja | marêg nuwun idi laris | kasêmbadan andadi sakajatira ||

27. sang awiku tan nulak janma nênuwun | têmah dadya kathah | narendra gung măncanagri | puruhita katrêm têntrêm driyanira ||

28. dili dulur untaping janma nênuwun | lir ilining tirta | tan kêndhat ing siyang ratri | ing pratapan Ngratawu wus sasat praja ||

29. kang cinatur duk samana sang awiku | manggihi kang wayah | Pringgadani Plăngkawati | Radèn Gathutkaca lan Ăngkawijaya ||

30. Garèng Petruk Sêmar lan Bagong nèng pungkur | sang tapa ngandika | adhuh nyawa buyut mami | wus watara kulup [ku...]

--- 15 ---

[...lup] dèn ta nèng asrama ||

31. têka durung sajarwa kang dadi pêrlu | sukur yèn mung dolan | atêtinjo marang mami | lamun darbe pêrlu enggal sajarwaa ||

32. sang abagus sakalihnya nêmbah matur | pukulun jêng eyang | sowan ngong mawa wigati | amung borong măngsa kilapa paduka ||

33. sang awiku alon pangandikanipun | anggèr nora kêna | ambadhe karêping janmi | kênèng siku dhingini karsaning dewa ||

34. sira kudu matura kang dadi pêrlu | kang wayah wotsêkar | jêng eyang pêpundhèn mami | koningana milamba sowan paduka ||

35. pêrlunipun tinuduh tyang sêpuh ulun | rama Madukara | ngaturkên kang sêmbah bêkti | sakalihan jêng ibu bibi sadaya ||

36. kinèn atur uninga ing murcanipun | uwa Sri Ngamarta | laminya wus catur warsi | măngka datan kondur tan wontên wartinya ||

37. dene lamun uwa prabu têkèng lampus | pra kadang sadaya | tumuntur arsa belani | angalalu pêjah manjing jro tumangan ||

38. sang mawiku ngandika dhuh buyut ingsun | sumurupa sira | wakira isih basuki | nanging lagya piningit dening jawata ||

39. sira kulup ywa padha sungkawèng kalbu [ka...]

--- 16 ---

[...lbu] | kaki Darmaputra | antuk nugrahaning Widhi | wus mèh timbul amung nganti uwakira ||

40. kaki prabu Padmanaba kang têtulung | iku marganira | timbule sanggyanirèki | wus muliha tutura sudarmanira ||

41. pangèstuku maring kabèh wong tuwamu | lakunira padha | ingsun aparing basuki | radyan kalih wotsari nuwun sandika ||

42. sarêng mundur lèngsèr sing ngarsa sang wiku | Ki Sêmar pamitan | linilan sinung basuki | Garèng Petruk kêtungkul omong-omongan ||

43. lan pra puthut rame umyung kang rinêmbug | bab Budi Utama | wontên sawijining cantrik | atêtanya marang Ki Petruk mangkana ||

44. he Kang Petruk aku aminta pangrungu | kapriye wartanya | pakumpulan anyar iki | kang minulya ingaran Budi Utama ||

45. apa uwus dadi adêging pakumpul | Ki Petruk anabda | jarene iya wis dadi | de maksudnya angajokke băngsa kita ||

46. cantrik muwus dhuh babo ya sèwu sukur | yèn bisa widada | èsthining Budi Utami | ning pikirku sumlang adat băngsa kita ||

47. marang samubarang yèn wus lawas banjur | bubar ting balêsar | dhêmênnyar kang sun cuwani | Petruk muwus saiki

--- 17 ---

kiraku ora ||

48. wit bangsamu wong Jawa wis klêbu maju | ning marang gêndhungan | jor-joran ambuwang dhuwit | nyandhang brêgas udud sigarèt Sêmarang ||

49. dèrèng tutug kasaru Ki Garèng mlayu | bingung wit gustinya | kêkalih datan kaèksi | Petruk tanpa pamit ngungkurkên rowangnya ||

4. Pangkur

1. Garèng Petruk kaconthalan | anututi lampahing gusti kalih | sawatara dangu pangguh | praptèng têpining wana | sang abagus ngaso soring mandera gung | parpat katri munggèng ngarsa | Dyan Abimanyu nabda ris ||

2. Uwa Sêmar ngong têtanya | alas ngêndi uwa kang katon iki | de pêtêng wingit asingup | Ki Lurah Badranaya | alon matur dhuh lae bêndara ulun | puniku wana sêngkêran | kadhaton ing Sonyaruri ||

3. winastan Krêndhawahana | inggih wana ing Setragăndamayit | wana pangalapan iku | tan kenging kambah janma | yèn panuju lah suwawi sami wangsul | tan sakèca manah kula | wit nguni ulun wus manjing ||

4. umiring rama andika | wăntên ngriku dara binedhung dhêmit | jrangkong lawan ilu-ilu | kathah tanpa wilangan | mila sêpi botên wontên janma langkung | inggih [ing...]

--- 18 ---

[...gih] basane punika | sato janma mara mati ||

5. sumarma wangsul kewala | prayogine anyimpang sanès margi | mrih rahayu lampahipun | Radèn Ăngkawijaya | èsmu runtik sêrêng pangandikanipun | Wa Sêmar yèn wêdi sira | bêcik balia dèn aglis ||

6. ingsun punagi ing dewa | suka lila mati anèng wanadri | kalamun balia ingsun | merang myat surya căndra | Lurah Sêmar gumuyu sarwi angrangkul | dhuh bêndara gustiningwang | tuhu atmajèng Pamadi ||

7. eling trahing Saptarêngga | mundur wirang têmah pilaur lalis | dhuh bêndara wong abagus | sigit tur anjênthara | dhasar wantêr tan siwah lan bapakamu | pamadyanirèng Pandhawa | satriya sumbaga sêkti ||

8. makatên trahing prawira | wêdi ngisin wani marang utami | ugêring satriya luhur | inggih makotên dara | lah suwawi kula umiring sapurug | pêjah gêsang aywa gingga | satriya dwi gya lumaris ||

9. wus prapta madyaning wana | gya kapapag dutaning hyang pramuni | rasêksa asru amuwus | mancêrêng pêthenthengan | hèh mandhêga-mandhêga sira wong bagus | arsa marang ngêndi sira | baya tan kulak pawarti ||

10. yèn alas Krêndhawahana [Krêndhawa...]

--- 19 ---

[...hana] | sêngkêrane gustiku Hyang Pramuni | kang kinon rumêksa ingsun | hèh sapa aranira | angakua saka ngêndi pinangkamu | lan sira kênèng larangan | pêndhokmu kêmalon abrit ||

11. iku dudu anggonira | lah dèn age sira copota kêris | dyan Abimanyu sumaur | hèh buta ingsun tanya | balik sira buta ing ngêndi dhangkamu | ngakua sapa ranira | mupung durung têkèng pati ||

12. Jarameya asru ngucap | aywa tambuh yèn tanya jênêng mami | Jarameya agul-agul | ing Narpatkapanasan | wong dinuta dening ratu gustiningsun | Sri Dewasrani sudibya | atmajaning Hyang Pramuni ||

13. balik sira sinatriya | sapa jênêng ngakua mupung urip | ngandika Dyan Abimanyu | hèh buta Kalawija | brêkasakan cêmêr rêgêding alas gung | tilingna dwi karnanira | sun satriya Plăngkawati ||

14. Rahadèn Ăngkawijaya | apêparab Sumbadraputra tuwin | iya Radèn Abimanyu | iya Partaatmaja | ditya latah hi i dupèh nora tuku | iya bêcik sugih aran | yèn kêna sun gawe bêcik ||

15. prayoga sira nututa | ingsun bănda katur mring gusti mami | dahat duka

--- 20 ---

Dyan Bimanyu | hèh apa ujarira | buta drohun nora gênah ing pamuwus | lah mara cêkêlên ingwang | sasat bisa nyêkêl angin ||

16. Jarameya ngatag wadya | kinèn parêng ngrêbut marang sang pêkik | bajobarat sigra ngêbyuk | radyan putra tan kewran | ngiwat-ngiwut lir sikatan tandangipun | tinubruk sing kering-kanan | endhanya sarwi nêmpiling ||

17. kocapa Dyan Gathutkaca | sing gêgana cumlorot nlabung jurit | kang kacandhak dèn kuk-êngkuk | tinugêl jangganira | brêkasakan lit-alit pating bilulung | miris myat solahing mêngsah | satriya dwi samya sêkti ||

18. Bajrameya Sadumeya | anggarjita èngêt dhawuhing gusti | yèn trah Pandhawa pinunjul | tan kêna sinawawa | tandya buka wasiyat ji-ajinipun | kang wasta Lênga Muksala | Bajrameya gya anilip ||

19. namakkên kanang Muksala | wus tumama marang satriya kalih | wus karsaning jawata gung | dyan kalih dadya arca | sing dayaning Lênga Muksala linuhung | wadya bajobarat samya | dahat sukanirèng ati ||

20. parpat katri dahat susah | Ki Sêmar wruh gustine salah warni | asru taruna mlas ayun | dhuh lae dhuh bêndara | lah kêpripun dara [da...]

--- 21 ---

[...ra] jêbul dadi watu | hèh Garèng Petruk mrenea | kapriye budinirèki ||

21. Ki Petruk sêmbrana mojar | ywa sumêlang rama aku wis ngrêti | sambekalaning apupuh | mungsuh sring nganggo kêmat | duk ing mau githokku krasa didumuk | gênah yèn usum dumukan | rama kalamun nyondhongi ||

22. harak malah kêbênêran | kêna dinggo gêgaran golèk dhuwit | dikabarke mring wong dhukuh | yèn ana rêca tiban | mêsthi banjur akèh kang têka kumrubut | gawa kêmbang borèh mênyan | kalawan dhuwit sêkêthip ||

23. kang Garèng dadi plawangan | sira rama kang dadi juru kunci | aku ingkang dadi juru | tukang nampani arta | nora suwe banjur sumêbar misuwur | mring janma liyan nagara | saya kèh antuking dhuwit ||

24. mêngko padha dinggo royal | tuku kreta motor kang luwih bêcik | Badranaya dahat nêsu | Petruk gênah yèn edan | bar-umbaran mung anggêre gêlêm muwus | Ki Garèng sumêla nabda | payo tumuli atur wrin ||

25. mring bêndara Madukara | măngsaborong jêr ana ingkang wajib | dene sira aku Petruk | rak padha mung sadrêma | iring-iring atut pungkur mrih rahayu | iya wis nora [no...]

--- 22 ---

[...ra] kainan | atur prayoga kang bêcik ||

26. anane nêmu sangsara | saka luputira dara pribadi | wit nora manut pitutur | wau ta wus sarêmbag | parpat katri tandya budhal ting karuncung | sarêng sinêru lampahnya | enggaling carita prapti ||

27. cinarita Madukara | Sang Arjuna lênggah lan garwa kalih | Dyah Sumbadra sang rêtnèngrum | Dyah Srikandhi kalihnya | Dananjaya alon pangandikanipun | biyang kulub paran sira | prakara lêlakon iki ||

28. kaya-kaya wus antara | sutanira dene ta durung mulih | lan kakang mat[1] durung rawuh | dadi panggagas ingwang | yèn wus tita rayi kapriye karêpmu | apa mawa tur uninga | apa njur bela yayi |[2]|

29. kusuma Wara Sumbadra | anglêsing tyas myarsa sabdaning laki | tumungkul ris aturipun | dhuh guru laki amba | ing dêlahan jêng paran pêpundhèn ulun | tan lyan mung sumanggèng karsa | kawula darmi umiring ||

30. bilih padukarsa bela | kawulane inggih tan nêdya kari | Sang Parta dadak anayut | kang garwa gung ingaras | para cèthi parêkan samya tumungkul | dèrèng dangu antaranya | kasaru praptanirèki ||

31. Ki Lurah Sêmar kalawan | Garèng Petruk karuna lantik-lantik [lanti...]

--- 23 ---

[...k-lantik] | sêsambatira mlas-ayun | kagyat kang samya lênggah | gupuh-gupuh Sang Parta dènira mêthuk | Kyai Lurah Sêmar sigra | nungkêmi padaning gusti ||

32. Sang Arjuna alon nabda | anambrama sarwi angarih-arih | kakang mênênga sirèku | aywa pijêr karuna | wus lungguha tutura paran lakumu | nèng ngêndi momonganira | dene nora nana kèksi ||

33. mara kakang umatura | apa ingkang dadi darunèng tangis | Sêmar mingsat-mingsêt matur | dhuh-dhuh lae bêndara | koningana atur tiwas dasihipun | umiring putra andika | Plăngkawati Pringgadani ||

34. saundurnya saking sowan | mring kang eyang nênggih Ngrêtawu Wukir | duk prapta madyèng wana gung | putranta prang lan buta | langkung rame danawa kathah kang mundur | kêkalih putra andika | ngamuk punggung anggirisi ||

35. buta samya gundam-gundam | têmah bubar danawa gung kalindhih | dangu-dangu buta nêpsu | angêdalkên jimatnya | putra dika kalih samya dadi watu | sakèh ta dadya nèng wana | dhuh bêndara kadospundi ||

36. sadèrèngnya malbèng wana | kula inggih sampun sangêt ngaturi | amrayogi amrih wangsul | nanging botên ginêga | ing wusana kula sumăngga pukulun [pu...]

--- 24 ---

[...kulun] | Sang Arjuna duk miyarsa | lir dhandhang duka kêpati ||

5. Dhandhanggula

1. tan panon rat dahat dènnya runtik | gupuh-gupuh angambil warastra | Pasopati pusakane | lumampah sarwi muwus | biyang kulup lawan Srikandhi | sira karia padha | raharja ing pungkur | Wara Sumbadra duk myarsa | wus tan kaya sungkawanirèng panggalih | muka sawang kunarpa ||

2. guguping tyas dyah Wara Srikandhi | angrêrapu marang Dyah Sumbadra | wau Sang Parta tindake | saking dahating bêndu | sigra mêsat saengga thathit | parpat tri kaconthalan | nututi lumayu | galuyuran mêgat-mêgat | nêngna wau lampahe Sang Pandhusiwi | winuwus Sang Hyang Durga ||

3. ingkang lagya amangun sêmèdi | wus uning yèn Sang Arjuna duka | Sang Bathari bugup[3] tyase | sigra dènira ngracut | warna putri ayu linuwih | kanthi êmban sajuga | sing gêgana niyup | jujug satêpining sêndhang | esthanira kadya lagya nandhang sêdhih | rimong kasmêkanira ||

4. Dananjaya dènira lumaris | kandhêg miyat wanita yu endah | nèng têpi sêndhang dununge | wangun sungkawèng kalbu | nglayung kadi Sang Dèwi Ratih | Sang Parta nulya nyêlak | sirna dukanipun |

--- 25 ---

parpat tiga nungka prapta | Kyai Sêmar ngucap mring sutaning kalih | thole iku bêndara ||

5. kabêlasuk iku goning pêri | Kanthongbolong latah-latah ngucap | rama kêtiwasan gêdhe | bêndara kênèng bedhung | Garèng tanya Truk iki ngêndi | Kanthongbolong saurnya | gajêg yèn tan kliru | iki ing Tambaksêgaran | aku wus wruh jênênge iku kang linggih | iya Mas Ajêng Japlak ||

6. Kyai Sêmar duka anudingi | he wong edan padha kurang ajar | warangganèku jatine | bok ya dèn wêruh ngêdur | yèn kêsiku sirèku mati | apa ta lali sira | wite bêndaramu | nèng alas nêmu cintraka | dadi watu saka dènnya nora titi | mila padha mênênga ||

7. Garèng Petruk cêp datan cêmuwit | de Sang Parta aris angandika | dhuh wong ayu sapa kowe | durung tau wrin ingsun | mêlas asih têmên wong kuning | sapa ta aranira | ing ngêndi dunungmu | sang mindha aris turira | inggih walèh-walèh punapa sang pêkik | ulun garwa narendra ||

8. Ngargapura Prabu Suryasêkti | kesahira lêlana don aprang | wus sapta warsa lamine | praptèng mangke tan kondur | mila ulun punika ngluri | wus [wu...]

--- 26 ---

[...s] lami tan kêpanggya | ulun dahat bingung | lan dahat ribêding manah | badan amba kalunta-lunta kawlas sih | kasasar malbèng wana ||

9. dènnya nabda sang dyah wau sarwi | angujiwat anamakkên kêmat | Sang Arjuna sru wirage | datan kêni sinayut | kênèng guna satêmah kingkin | ngrakêti angandika | dhuh nimas wong ayu | ywa ngupaya kang tan ana | prayogane dasihna sarira mami | sun nurut sakarsanta ||

10. sang apindha mèsêm muwus manis | radèn sampun kasêsa ing driya | ing mangke ta dipun sarèh | Sang Arjuna kêsusu | sru gumrêgêt grêgêt tan anti | ngrêrintih angrêrêpa | dhuh pêpujaningsun | ratu-ratuning wanita | baya sira têtungguling pra hapsari | muga sira wêlasa ||

11. Sang Arjuna sêsêgên tan sipi | sang dyah tansah ingaras mawantya | kadi sadpada solahe | kathêkêran mrih madu | nging sang rêtna datan nanggapi | karana mung kinarya | angridhu sang bagus | sang dyah ngrêrintih sambatnya | sarwi nyêngkah mangke-mangke ta wong sigit | sampun ambêk misesa ||

12. risang Parta mandar drêng tan sipi | sang rêtnayu anjrit sru manabda | thik polahe kaya banthèng | dhrudhut têka jalêbut | ngaku luwih [lu...]

--- 27 ---

[...wih] lanang sabumi | ambungên sikutira | sakala sang bagus | sirna sipating manungsa | salin warna dadya andaka sajati | sang pindha babar durga ||

13. mêsat sarwi sêsumbar angêrik | hèh ta padha măngsa yèn padhaa | de kaya wong lanang dhewe | Janaka sira patut | têsmak bathok raupa dhingin | ing kana mringa sêndhang | dêlêngên rupamu | Dananjaya duk miyarsa | lênglêng jêtung sêdyaning galih mangungsir | Ki Sêmar sru karuna ||

14. dhuh bêndara èngêta ing galih | yèn andika prajurit utama | sampun andarung karsane | andika kenging siku | warni banthèng langkung ngajrihi | Sang Arjuna duk myarsa | pêpês galihipun | sumungkêm siti karuna | kakang Sêmar luhung patènana mami | urip dêdawa wirang ||

15. Lurah Sêmar matur sarwi nangis | adhuh lae bapa biyung kula | mugi andika pyarsakke | inggih ing atur ulun | prayogine paduka nuli | istiyar angungsia | mring rakanta prabu | Sri Bathara Padmanaba | ingkang pantês ngruwat prihatin puniki | suwawi nuntên mangkat ||

16. sang andaka datan nyuwalani | tandya mentar saking jroning wana | amêlas asih lampahe | Ki Sêmar Garèng Petruk | atut wuri

--- 28 ---

ananging têbih | dèn nut saparanira | mêdal sing wana gung | nasak-nasak ing padesan | lampahira wus ngambah sajroning nagri | arsa trus malbèng pura ||

17. kang winuwus praja Dwarawati | duk samana Sri Bathara Krêsna | nuju siniwèng wadyane | nèng bale sitiluhur | kang sumewa para narpati | tuwin sagung punggawa | prawira nung-anung | satriya Paranggarudha | mungging ngarsa jajar lan Radèn Sêtyaki | putra ing Lesanpura ||

18. munggèng kering yèku ingkang rayi | Radèn Partajumêna kalawan | Radèn Sêtyaka jajare | ing wuri kang sumambung | Ki Udawa kang nindyamantri | nulya para santana | samya marikêlu | paseban jaba balabar | pêpak andhèr para wira agêng alit | nyênyadhang karya nata ||

19. angandika Prabu Arimurti | kulub Sămba mara umajua | kapriye mungguh wartane | paman ta yayi prabu | Yudhisthira unggyannya anis | de kongsi catur warsa | têka durung timbul | mêsakake kang tininggal | Radèn Sămba manêmbah turira aris | jêng rama kang timbalan ||

20. inggih amba amiyarsa warti | ari tuwan paman Arya Sena | ngupaya praptèng samangke | ngalangut datan wangsul | Prabu

--- 29 ---

Krêsna ngandika malih | kaki ngong ngrungu warta | dutaning bibèkmu | iya Si Wara Sumbadra | atur wikan lamun pamanira kaki | kaipe Madukara ||

21. mung sumêdya labuh lêbu gêni | lan bibèkmu tan nêdya karia | nanging sun pênggak karêpe | marga durung kinaruh | luwih gampang mungguhing pati | kalamun wus kasêdya | dhasar bibèkamu | duk ing nguni wus ubaya | yèn lakine tumêka tiwas pinasthi | anglabuhi palastra ||

22. wruhanira kulup putra mami | salawase pamanira lunga | nora kaya wêktu kiye | saka paningal ingsun | ing Ngamarta maksih kaèksi | sênên kêkuwungira | nging samêngko kulup | têka sêpi ujwalanya | surêm sirna kêkuwunge anguncati | paran wadine baya ||

23. sun watara paman ta Pamadi | anèng paran anêmu cintraka | apês lunga ing prajane | marga praja wus suwung | kadyangganing kang sonyaruri | Radyan Sămba wotsêkar | dhuh jêng rama prabu | kilap punapa paduka | ing saobah-osiking isining bumi | sayêkti wus kaasta ||

24. lagya eca dènnya imbal kawis | sigêg rame gêdêring paglaran | ingkang samya nangkil gègèr | bingung pating bilulung | katêrajang andaka prapti |

--- 30 ---

tandya Patih Udawa | sing sitinggil tumrun | undhang mring sagunging wadya | kinèn ngrampog andaka kinêpung baris | andaka wus nèng têngah ||

25. sarêng tandang kang para bupati | ponang banthèng binêrêg tan obah | tinumbak tansah malèsèd | sang andaka ambêrung | para wadya giris sumingkir | Ki Udawa bramantya | ngikal lawungipun | andaka marêk narajang | gya linawung mawanti datan nêdhasi | binuwang salin gada ||

26. kyana patih sarosa anitir | nanging tangèh andaka yèn krasa | têmah gigal dèn kirigke | kya patih ngaso mundur | Dyan Sêtyaki tandya miyosi | têtulung mring ki patya | angasta bindi gung | andaka pinupuh sigra | wali-wali andaka tan krasa sakit | Dyan Satyaki gya oncat ||

27. Radèn Sămba awas aningali | mring solahe andaka kagila | sang rajaputra sirage | undhang anangkêp pintu | Radyan Sămba minggah sitinggil | astanira wel-welan | gugup aturipun | dhuh jêng ramaji sumăngga | manjing pura wit wontên banthèng dhatêngi | tan pasah dening braja ||

28. Prabu Krêsna latah duk miyarsi | angandika babo putraningwang | bok iya têka dimène | mêmêlas banthèng iku [i...]

--- 31 ---

[...ku] | layak arsa kêtêmu mami | aywa kinuya-kuya | sira aja gugup | wis kabèh padha mirea | banthèng sigra lumayu minggah sitinggil | lir sêkar mas kumambang ||

6. Maskumambang

1. duk kawuryan lampahira mêlasasih | Sri Krêsna tan samar | mulat mring kang salah warni | kadi rinucat tyasira ||

2. sri narendra gya jumênêng angulati | rum wijiling sabda | bagea praptanirèki | Mas Banthèng padha raharja ||

3. sang kaswasih age andheprok nungkêmi | Sri Krêsna manabda | lah arsa apa sirèki | arsa nyundhang ya nyundhanga ||

4. Sang Andaka asêsambat angrêrintih | dhuh sang binathara | kang măngka rêtnaning bumi | mugi paringa usada ||

5. binerata cintraka ulun puniki | sang prabu ngandika | hèh kulup Sămba dèn dêling | pyarsakna swarane sapa ||

6. Radèn Sămba wus karasa kang panggalih | tan samar swaranya | tyasira kadya jinait | têmah sru măncaudrasa ||

7. ponang banthèng rinangkul dipun sungkêmi | dangu datan uwal | dhuh paman wong tuwa mami | kang tuhu sêmbahan amba ||

8. dhuh jêng paman paran darunanta nguni | dene manggih papa | dhuh pukulun jêng ramaji | rinta jêng paman punika [pu...]

--- 32 ---

[...nika] ||

9. mugi enggal pinaringana usadi | ruwating cintraka | nir sipat kang salah warni | dhuh saiba rayi tuwan ||

10. kangjêng bibi Sumbadra kalamun myarsi | paman salah warna | kados merangnya tan sipi | mindhak bela suduk jiwa ||

11. sumarmanya mugi tumuntên ramaji | lajêng amberata | ulun tan sagêd ningali | gumujêng Sri Padmanaba ||

12. wruhanira kulup Sămba putra mami | ywa prihatin dahat | prakara pamanta iki | lagya ginawe lêlakyan ||

13. iya iku cobane pamanirèki | karsaning Jawata | kabèh kang tinitah luwih | pasthi abot cobanira ||

14. ingsun datan bangkit angruwati kaki | datan bangkit ngruwat | iya ingkang kangsung[4] sakit | iku kaki kawruhana ||

15. bêbukane pamanira Si Pamadi | kasimping ing sêdya | nuruti adrênging kapti | hla kêna sikuning dewa ||

16. Radèn Sămba duk myarsa narimèng galih | sang prabu wacana | kaipe lungguha dhihin | ngong ngupaya budidaya ||

17. abusana ngrucat busana narpati | lire karsèng dewa | si adhi ing mêngko iki | nandhang papa salah warna ||

18. ywa sumêlang manira pêsthi nglabuhi | nandhang lara lapa | nging sarèhning sira yayi | warnanta sipat [sipa...]

--- 33 ---

[...t] andaka ||

19. ingsun dadi wong juru pangonirèki | yayi wêkas ingwang | sira kudu anglakoni | atut ing sapangrèh ingwang ||

20. piyarsakna sira yayi sun tuturi | wajibing manungsa | amung sadarma nglakoni | wit sadurunge tinitah ||

21. papasthène yayi wus rinancang dhingin | marma dèn narima | kanthi santosaning budi | budiku minăngka rowang ||

22. dene lamun uwus èngêt sira yayi | luputing pratingkah | Jawata wus pasthi paring | aksama sadosanira ||

23. yèn si adhi kêlantur nora ngèngêti | yêkti anggêgawa | mring kadang warganta yayi | sang andaka angrêrêpa ||

24. dhuh pukulun Kakang Prabu Arimurti | sabda kang rumêntah | datan wontên kang nalisir | inggih ulun sampun dhadha ||

25. angandika Sang Aprabu Arimurti | sukur ywan wus dhadha | antinên sadhela dhingin | ingsun malêbèng jro pura ||

26. sang andaka sandika aturirèki | sang nata ngadhatyan | manjing jroning kamar gadhing | ngrakit angrasuk busana ||

27. ngagêm lancingan cêkak rasukan gondhil | ngore remanira | sarwi angasta camêthi | purna dènira busana ||

28. nulya miyos sing kamar sêdyarsa panggih | lan garwa katiga | samana sang pramèswari [pra...]

--- 34 ---

[...mèswari] | samya lênggah made yasa ||

29. ngarsa wuri andhèr pra parêkan cèthi | tan lyan kang rinasa | muhung kadang Pandhawa ji | de gambuh sêpên pawarta ||

7. Gambuh

1. ya ta wau sang prabu | rawuhira mêdal saking pungkur | pramèswari kagyat dènira ngurmati | wus tata lênggah sang prabu | pramèswari katri anon ||

2. samya suka gumuyu | Dyah Rukmini nêmbah ris umatur | paran karsa ngrucat kapraboning aji | pindha raryangèn pukulun | sang nata ngandika alon ||

3. wruhanira bok ratu | ngong wus sèrèh kaprabon sutamu | kulup Sămba ingkang umadêg narpati | dene yayi raganingsun | sing karsaning dewa kaot ||

4. kinon angon puniku | kasihing Hyang ingkang kênèng siku | yayi Parta nandhang cintraka prihatin | salah kadadèn andanu | aminta ruwat maring ngong ||

5. nanging tan bangkit ingsun | ngruwat cintrakane kadangmu |[5] tarlèn muhung ngistiyar angudi budi | labuh labêt ing sadulur | kabubuh mring jênêng ingong ||

6. pramèswari katêlu | dupi myarsa sabdanya sang prabu | sêsarêngan anjêtung dahat prihatin | wêlas mring Sang Pandhusunu | tambuh panduganing batos ||

--- 35 ---

7. têka kênèng sêsiku | luwih têmên dukane Hyang Agung | apa baya dosane kinarya sakit | angandika sang aprabu | lah mênênga aywa padon ||

8. lan wruha sirèku |[6] wus mangkono karsaning dewa gung | singa sapa kang bakal tinitah luwih | pêsthi gêdhe cobanipun | wus ta katêlu riningong ||

9. padha raharjèng pungkur | ngong ambudi ruwate kadangmu | sira padha manêdhaa mring Hyang Widhi | mrih enggal antuk pitulung | sang aprabu sigra miyos ||

10. lawan banthèng wus pangguh | angandika êlus-êlus punuk | hèh mas banthèng piyarsakna wuwus mami | apa ta sira mituhu | ing sabarang pangrèh ingong ||

11. istiyarira kudu | ingsun numpak nèng gigirirèku | sang andaka sumaur ririh ngrêrintih | nadyan sakit têkèng lampus | ulun mung anut sapakon ||

12. Sri Krêsna ngrês ing kalbu | ponang banthèng tansah inglus-êlus | ya ta wau Sri Krêsna sampun anitih | dyan lumampah mêlas ayun | sri narapati nabda lon ||

13. mêngko samăngsa rawuh | ing galadhag lakunira banjur | anênggêla aywa nganggo nolah-nolih | yèn tan ana dhawuh ingsun | aja pisan-pisan menggok ||

14. andaka

--- 36 ---

tămpa dhawuh | tur sandika tan mèngèng satuduh | karsanira wau Prabu Arimurti | yun malbèng kadhatonipun | Dewasrani sang akatong ||

15. Dewasrani Sang Prabu | lagya miyos siniwèng wadya gung | mungging sitibêntar lênggah dhampar gadhing | kang kaparêk ngarsa prabu | dyan Dewataka ri katong ||

16. kinarya wrăngka prabu | aprakosa prawirèng apupuh | misesani ngrèh sagung wadya gêng alit | dene kang angrèh puniku | bajobarat lan gandarwo ||

17. Dewakala ranipun | sugih guna widigdaya punjul | sang aprabu ngandika marang kang rayi | hèh yayi kapriye mungguh | wartane punggawaningong ||

18. kang lumaku sun utus | de wus suwe nora mulih tutur | apabaya apês kasoran ngajurit | kyana patih nêmbah matur | saking gumyahing pawartos ||

19. ibu tuwan pukulun | Hyang Pramuni mantak krodhanipun | amancala dadya putri listyèng warni | maring Setragăndamayu | bedhung Arjuna wirarong ||

20. mandi pambedhungipun | Dyan Janaka kenging kêmat kenyut [ke...]

--- 37 ---

[...nyut] | sinabdakkên dadya andaka sajati | de Sang Parta putranipun | Ăngkawijaya dyan anom ||

21. ugi kataman sampun | ing Muksala têmah dadya watu | lan kadangnya satriya ing Pringgadani | kantun satunggal pukulun | dèrèng angsal kang pawartos ||

22. inggih dyan Bayusunu | angupaya Yudhisthira prabu | lah makatên pukulun pamyarsa mami | wus nir agul-agulipun | amung kantun ingkang botoh ||

23. limpad wêweka putus | wicaksana sudibya budyalus | aran Prabu Arimurti Dwarawati | manawi sirna puniku | mrih tiwas gampil kemawon ||

24. ngandika sang aprabu | hèh ta yayi patih sarirèngsun | nora ulap mring kang jênêng Arimurti | botoh ilang sawungipun | lah apa ta bisa tanggon ||

25. botoh măngsa angabruk | pasthi tinggal glanggang colong playu | pira bote narendra ing Dwarawati | nora miris sarirèngsun | rêkyana patih wotsinom ||

26. inggih makatên èstu | lêrês sagung pangandika prabu | lagya eca dènnya samya gunêm kawis | kasaru swara gumuruh | gèrèring wadya angrampog ||

27. lok-alok banthèng ngamuk |

--- 38 ---

Ki Tumênggung Dewakala tumrun | amariksa kang dadya gêdêr ing jawi | katingalan banthèng ngamuk | tandya nalabung mangrampog ||

28. andanu nrajang purun | mungsuh giris kathah nandhang tatu | Kyana Patih Dewataka anêdhaki | ngrêgiyêg mandhi gada gung | banthèng tan mundur rinampog ||

8. Durma

1. warga Mêrpatkêpanasan sarêng tandang | gumulung angêbyuki | sang pindha narajang | ingkang tinêmpuh dhadhal | ingkang maju-maju kanin | mundur kabranan | ya ta Sri Dewasrani ||

2. mulat maring rare angon dahat duka | tumurun mring sitinggil | asru angandika | hèh bocah ngêndi sira | kumênthus amuta tuli | tan wruh ing tata | baya wus bosên urip ||

3. sang apindha gumujêng sarwi ngandika | wruhanira sun iki | dutaning Hyang Sukma | kinon angon andaka | saran paran tan kèri |[7] iki andaka | anut lakuning angin ||

4. yèn mangetan kongsi têkan jagad Wetan | Kidul Lor Kulon ugi | datan kêni nyimpang | antuk sikuning dewa | ngong tan ulap mring sirèki | wau sang nata | mancêrêng anudingi ||

5. hèh ta bocah bêrduwak sirèku gila | tan wruh ing jênêng mami | sun iki [i...]

--- 39 ---

[...ki] narendra | dibya nung binathara | ing sabrang tanna tumandhing | raywangèn nabda | e e sira narpati ||

6. aywa tambuh aku iki jênêng ingwang | rèhning wajibing urip | kudu tut parentah | kawula mung sadarma | atas karsaning Hyang Luwih | ingsun kinarya | lêlakon prantèng ngriki ||

7. yèn tan lawan karsaning Hyang Kang Minulya | ing satuhu tar bangkit | sanadyan ta sira | ratu gung binathara | wak ingsun nora praduli | manira boya | dhimpil prajanirèki ||

8. ujêr ingsun lagya angêmbani sabda | ing Sang Hyang Udipati | Hyang Suksma Kawêkas | kinon anganglang jagad | tan wêdi ratu linuwih | kang kaya sira | duk miyarsa sang aji ||

9. asru duka jaja bang mawinga-winga | lah iya luwih bêcik | sira nglalu lena | katiban astaningwang | sang pindha mèsêm nauri | yèn wus pasthinya | mati ngong nora wêdi ||

10. ing suwarga ayu patiku lan sira | payo têkakna nuli | sang aprabu sigra | ngunus kadga anjangkah | andanu krura nadhahi | sang sri ingundha | kabalik tibèng têbih ||

11. wungu ngasta bindi pinutêr ingikal | rare angon tan giris | bindinya tumiba | gumadul tan karasa | sinundhang jaja sang aji [a...]

--- 40 ---

[...ji] | kantêp kantaka | Sang Prabu Dewasrani ||

12. kasiliring samirana wungu tandya | mênthang sanjata lungit | aran Utritrustha | lumêpas kadi kilat | cumalorot angênèni | karsaning dewa | andaka lan kang nitih ||

13. paripurna ambabar dadya manungsa | Sang Prabu Arimurti | ris wijiling sabda | kaipe Madukara | sira dèn prayitnèng wèsthi | mungsuhira prang | sutane Hyang Pramuni ||

14. Dewasrani ratu têguh măndraguna | marma dèn yitna yayi | yèn ibune prapta | wauta dyan Arjuna | sêsumbar hèh Dewasrani | payo papagna | iki Radèn Pamadi ||

15. Dananjaya ya Radèn Endratanaya | pêparap Sri Kalithi | Parta ya Arjuna | Radèn Janaka ingwang | Radèn Kombangali-ali | iya Palguna | kasub rat Pandhusiwi ||

16. Sang Aprabu Dewasrani duk miyarsa | duka yayah sinipi | malih narik kadga | wasiyat Kyai Pacar | Sang Parta nimbangi narik | pusakanira | aran Ki Pulanggêni ||

17. kalihira gya sarêng paran-pinaran | dupi mèh campuh jurit | ingkang kawarnaa | Sang Hyang Bathari Durga | cumalorot kadi thathit | angrangkul putra | sarwi angarih-arih ||

--- 41 ---

18. babo kulup putraningwang dèn darana | samono bae kaki | kaya wus sêdhêngan | gènira karya lara | mring kakangira Pamadi | yèn karya lena | o anggèr nora bangkit ||

19. kakangira Arjuna wus kumpul lawan | narendra Arimurti | lah măngsa kuwata | sira naggulangi prang | dadya para dewa kaki | tan ana lawan | wruhanta putra mami ||

20. sakarone iku kêkasihing dewa | tinitah dadya wiji | lan manèh wruhanta | Krêsna lawan Arjuna | iku musthikaning bumi | panuksmanira | Sang Hyang Kesawajati ||

21. padha dewa mung iku dewa musthika | sinung luwih pribadi | marmane èngêta | durung têkane măngsa | sira angêtog kasêktin | enggal oncata | mêngko ingsun kang nyapih ||

22. Sang Bathari ngandika mring Sang Arjuna | hèh wayah ngong wong sigit | dèn sarèh lungguha | wrangkakna kadganira | mêminta aksama kaki | iya sapira | lupute rinirèki ||

23. ingsun paring wikan kabèh warganira | masih padha basuki | kaki Darmaputra | rinêksa dening dèwa | unggyane misih piningit | sayêktinira | antuk nugraha luwih ||

24. tinurunan kang hèsthi Srênggani [Srêngga...]

--- 42 ---

[...ni] Rêtna | hèsthi gupala rukmi | jro mèsi mawarna | kapraboning ayuda | mung iku kinarya saksi | prang Bratayuda | Jayabinangun benjing ||

25. ywa prihatin sutanta Ăngkawijaya | karsane Hyang Pramèsthi | sutanta cinoba | lamun bangkit kawawa | Hyang Suksmanasa wus pasthi | paring nugraha | punjul samèng dumadi ||

26. run-tumurun ambabona para raja | saindêng tanah Jawi | tan kasêlak liya | marmane dèn santosa | dene ing samêngko kaki | pra warganira | kang anandhang prihatin ||

27. dumunung nèng sangisoring gunung Brama | ngadhêp arca Srênggani | ya liman gupala | dene karo wêkanta | tan adoh unggyanirèki | amung lêt arga | sira ingsun paringi ||

28. lah ta mara kulup iki tampanana | lênga usada jati | sira aywa pisah | kalawan kakangira | dene kaki Jodhipati | wus antuk warah | saka dwija wre putih ||

9. Sinom

1. riwusnya tampi usada | Sri Krêsna lan Dyan Pamadi | amit rinilan gya mêsat | suda sungkawaning galih | kunêng ganti winarni | nênggih sang maha mawiku | dhepok Kêndhalisada | juluk Ramadayapati | amanggihi kang rayi Sang Arya Sena ||

2. pinarak ing pacrabakan [pa...]

--- 43 ---

[...crabakan] | para manguyu cêcantrik | andhèr mabukuh nèng ngarsa | mangkana sang maharêsi | wijiling wacana ris | adhuh babo ariningsun | kadingarèn ta sira | ngalosod nèng ngarsa mami | sukur lamun tinjo trêsnaning kêkadang ||

3. manawa ana wigatya | lah mara wêdharna yayi | dyan Wêrkudara saurnya | hèh kakangku maharêsi | wruhanta prapta mami | ana ing ngarsanirèku | iya tinjo mring sira | ya uga mawa wigati | lakuningsun wus lawas karaya-raya ||

4. nyabrang madyaning samodra | nasak wana wukir-wukir | hèh kakang ingsun têtanya | si pambarêp kadang mami | musna wus catur warsi | praptèng mêngko durung timbul | priye panawangira | apa ta misih basuki | lan apa wus pinasthi praptèng antaka ||

5. lah enggal kakang wêcaa | sirèku aran maharsi | pasthi yèn mripatmu awas | wruh obah osiking bumi | marmane ingsun iki | karaya-raya mring gunung | kalamun wus têtela | si pambarêp têkèng pati | nora liwat ingsun kakang lilanana ||

6. ambelani arinira | munggah ing pancaka agni | lumêbu jroning tumangan | lan kabèh arinirèki | sira karia bêcik | Sang Anoman dupi ngrungu | ingkang rayi mêmêlas | tyasira [tyasi...]

--- 44 ---

[...ra] kadya rinujit | ris manabda mring ari tyasnya Sang Sena ||

7. sarwi ngrangkul kang lungaya | dhuh babo Sena ri mami | iya kadange pun kakang | apa sira yayi lali | ing nguni ngong tuturi | sira sakadangirèku | wus karsaning jawata | tinitah rêtnaning bumi | satuhune rakanta misih raharja ||

8. pun kakang tan bangkit jarwa | dununge Darmaputraji | lah mara sira malbua | mring sajroning garba mami | Bayusiwi nauri | ngêndi kakang marganipun | kang raka sabdanira | mijila karna ngong kering | lah ing kono yayi goning kanyataan ||

9. Arya Sena tan lênggana | sigra dènira umanjing | praptèng jro garba sang tapa | anglangut datanpa têpi | Sang Sena trus lumaris | Rama Dayapati muwus | he aja banjur sira | yèn kêsabêt alun adhi | wus mandhêga mulata ing jagad wetan ||

10. kapriye hèh Wêrkudara | apa ta ingkang kaèksi | kabèh sira pratelakna | ing mêngko ingsun jarwani | Arya Sena turnya ris | kakang yèn tan pangling ingsun | ya kaya arinira | kakang Prabu Darmasiwi | lan si kêmbar padha lungguh jêjagongan ||

11. munggwing satêpining sêndhang | sangisoring gunung cilik | angadhêp rêca

--- 45 ---

dirada | sang tapa guguk nabda ris | iku wruhanta yayi | nugrahanira Hyang Agung | ing jro gupala ana | pèni-pèni rajapèni | lan gêgaman praboting prang bratayuda ||

12. wus atas karsaning Suksma | Pandhawa tinitah dadi | wijining para narendra | binathara tanah Jawi | tan ana kang nyêlani | ing saturun-turun besuk | lah gênti anolèha | sawetane gunung iki | Arya Wêrkudara nolih nganan mulat ||

13. mring kang putra kalihira | Pringgadani Plăngkawati | kinunjara nèng jro sela | sidhakêp dahat prihatin | nulya malih mangèksi | Sang Parta lan raka prabu | wisata lir ngupaya | parpat tiga atut wuri | katingalan sumêngka minggah aldaka ||

14. sêmune datan uninga | mring kang putra-putra kalih | Sang Sena sru pangungunnya | dene ta wus dèn liwati | têka datan udani | anèh têmên lakon iku | Rêsi Anoman nabda | kayaparan sira yayi | apa ta wus udani tan kasamaran ||

15. ing dununge arinira | lan sagung sutanirèki | Dyan Wêrkudara aturnya | ya kakang ingsun udani | wijang dununge sami | kabèh wus padha ngalumpuk | mungging madyaning alas | padhang rasaning tyas mami | kapat [kapa...]

--- 46 ---

[...t] pisan lima kakang Prabu Krêsna ||

16. si kêmbar milu kang tuwa | kakang Krêsna lan Pamadi | Bimanyu lan Gathutkaca | anèng jroning sela langking | saka kene kaèksi | wela-wela panduluku | sukur padha raharja | mung misih sêmu prihatin | si pambarêp bangêt gone mêsu cipta ||

17. hèh kakang maning sun tanya | jatine lêlakon iki | apa ana bedanira | jagad gêdhe lawan cilik | Sang Rêsi Rewănda ngling | tan ana prabedanipun | Arya Sena manabda | lamun mangkono wak mami | lilanana patêmon lawan rinira ||

18. ujarmu wus nora beda | ing kana lan kene sami | kakang mung pangèstunira | ingsun banjur anêmoni | Sang Rama Dayapati | maluya sarwi gumuyu | ya bênêr nora beda | ing kana lan kene adhi | muhung kacèk gêdhe lan cilik kewala ||

19. ananging kalamun sira | sumêdya banjura yayi | sayêkti boya pinanggya | yayi sira ngong tuturi | iya ing wêktu iki | saka karsaning dewa gung | wus tumêkaning măngsa | babare rakanta aji | yèn wus prapta rakanira Nata Krêsna ||

20. dèn age sira mêtua | wêkas ingsun aywa pangling | marang ing sawujud tunggal | kalawan ywa mawa pamit | Arya

--- 47 ---

Sena anuli | mijil sing garbèng sang wiku | radèn upama kêmbang | umêkar wardaya mintir | wus ginulung jagadnya Sang Bratasena ||

21. sumilir kang bayu bajra | sumêbut lampahirèki | saonjotan sampun prapta | samadyanirèng wanadri | nihan ingkang winarni | Yudhisthira Sang Aprabu | lênggah lan ari kêmbar | angadhêp gupala rukmi | mangkana ta rawuhe Sri Padmanaba ||

22. wus waspada sing mandrawa | mring ari Sri Darmasiwi | lir sinêndhal wardayanya | rontag ketang trêsnèng ari | dene wus catur warsi | tan miyat kadang myang sunu | mung manon sining wana | grêmbêling grumbul lan ardi | datan ana kang dadi rarasing driya ||

10. Mijil

1. sigra marêk Sang Sri Arimurti | tindakira alon | ngirih-irih anjujug wurine | dhèhèm dhèhèm watuk-watuk ririh | kagyat ingkang rayi | Darmaputra Prabu ||

2. datan samar lamun ingkang prapti | raka Krêsna katong | gurawalan gupuh pangrangkule | kaya bedhang lagya nêmbe panggih | nêng-onêngan sami | rêrangkulan dangu ||

3. wau ta sang narapati kalih | dahat sukèng batos | riwusira satata lênggahe | Sang Arjuna tansah angabêkti | saking sukèng galih | têmah [tê...]

--- 48 ---

[...mah] mijilkên luh ||

4. datan pae Prabu Darmasiwi | waspanya drês miyos | Dyan Nangkula Sadewa sirage | angabêkti mring Sri Arimurti | atanapi maring | Sang Kalithi Prabu ||

5. nêngna wau ta ingkang winarni | kang prapta dumrojog | Arya Sena sinêru lampahe | mawa bayubajra angin-angin | kumrasak angidid | garjita sang prabu ||

6. yèn kang mawa prabawa ngin-angin | agora gumêrot | Arya Wêrkudara kang adarbe | tan antara sang nata kaèksi | lir ardi lumaris | ngrêgêmêng ngrêgunuk ||

7. praptèng ngarsa gapyuk ngrangkul maring | Yudhisthira Katong | Dyan Janaka lan kêmbar ge-age | ngaras pada mring kang lagya prapti | Prabu Darmasiwi | wijiling sabda rum ||

8. lah bagea sapraptanta yayi | sukur karahayon | Arya Sena nuwun waluyane | ya pambarêp sêsêmbahan mami | sabdanta ngong pundhi | bêktiningsun katur ||

9. angandika Prabu Arimurti | Sena ariningong | padha bêcik satêkamu kene | kakang jlithêng iya padha bêcik | Sang Sri Arimurti | malih sabdanipun ||

10. hèh ta mêngko kabèh ari mami | paran wêkasing don | apa ta wus narima mangkene | rèh wus padha

--- 49 ---

katêmu basuki | gênêp Pandhawa ji | amung putraningsun ||

11. Pringgadani lawan Plăngkawati | misih ting bêrgogog | hèh kaipe ruwatên dèn age | lênga usada sing Hyang Pramuni | tamakêna mawi | srana lêpasing hru ||

12. pusakanira Ki Pasopati | yogya kang dèn anggo | wus ta enggal lêpasna kaipe | Dananjaya sandika anuli | mênthang Pasopati | pusaka linuhung ||

13. Dyan lumêpas gumêbyar lir thathit | ngênani putra ro | paripurna ambabar rahadèn | Gathutkaca lan Dyan Partasiwi | kadya mêntas guling | wungu pungun-pungun ||

14. sukèng driya myat ramanirèki | myang uwa sang katong | radèn kalih drawaya waspane | nulya samya wotsari ngabêkti | sinung sabdarjanti | ingusap kang êmbun ||

15. sawusira satata alinggih | ingkang winiraos | dutaning Hyang Pramèsthi praptane | amaringkên nugrahaning Widi | Hyang Kanekasiwi | anjog saking luhur ||

16. pra nararya samya angurmati | Hyang Nraddha nabda lon | kaki prabu praptaningsun kiye | dinuta ing Sang Hyang Odipati | tumrap sira kaki | Darmaputra Prabu ||

17. sagotrahnya pinaringan ing sih | nugraha kinao |

--- 50 ---

wruhanira putu ngong sanggyane | iku gupala awarna hèsthi | ing jro pênuh mèmèsi |[8] mawarna linuhung ||

18. gêgaman prang bratayuda kaki | wus kamot nèng kono | dhawuhing Hyang ywa kongsi kêsuwèn | kinên gêmpur iku arca rukmi | hèh Krêsna tumuli | arca prihên gêmpur ||

19. kang sinabdan sandika wotsari | sigra sang akatong | tumindak mring gupala dununge | sri narendra angasta jêmparing | linêpaskên nuli | nanging tan tumanduk ||

20. amalèsèd arca datan osik | sru ngungun sang katong | angandika sirèku kaipe | mara coba mangsaha sirèki | Arjuna wotsari | ngasta tomara nung ||

21. gya pinênthang lumêpa[9] ngênani | nging misih bêrgogok | Hyang Naradha alon andikane | coba sira babo wayah mami | kaki Bayusiwi | tumandang agupuh ||

22. Arya sena sandika gya ngambil | gada gung kinaot | dyan pinutêr-putêr tinêbakke | angênèni kang dirada rukmi | sigar dadya kalih | katon isinipun ||

23. warna-warna barang rajapèni | rêtna sotya abyor | lan gêgaman mêpêki sanggyane | ing jro ana ciri sastra muni | wasiyat kang paring | nênggih Sang

--- 51 ---

Hyang Guru ||

24. tumrap maring wayah Pandhawa ji | wontên malih katon | wilapa nèng têlale dununge | tiningalan Prabu Arimurti | ponang tulis muni | benjing têmbe pungkur ||

25. kang rinilan umadêg narpati | binathara kaot | angrênggani tanah Jawa kabèh | Krêsnadipayana awêwangi | iya Parikêsit | atmajèng Bimanyu ||

26. Sri narendra êntyarsèng panggalih | mulat kang suraos | de Hyang Guru mangkana dhawuhe | Sri Bathara Krêsna sampun tampi | karsèng Hyang Linuwih | têmah dahat nuwun ||

27. sawusira surat dèn tingali | musna datan katon | para kadang tan wrin surasane | Hyang Naradha angandika aris | kaki Darmasiwi | dhawuhe Hyang Guru ||

28. lêstarèkna sabarira kaki | mungguhing lêlakon | aywa awas sumêlangan anggèr | aywa pisan ngrêsule ing pasthi | mung samono kaki | iku wêkas ingsun ||

29. lah ta uwis lilanana mami | mring kahyangan ingong | sira padha kari arja kabèh | kang sinung ngling nuwun awotsari | Prabu Krêsna angling | măngga yayi prabu ||

30. sami kondur amangênyapuri | rèh sampun kêdangon | sri Ngamarta sumarah ature | sigra samya nata rajapèni [raja...]

--- 52 ---

[...pèni] | kang pinatah ngampil | kaprabon prang pupuh ||

31. Arya Sena tanapi kang siwi | risang prawiranom | Radèn Gathutkaca gêgawane | gêgaman prang kang ampuh ngluwihi | Garèng Petruk sami | ngrênggiyêg sung-usung ||

32. wus miranti sadaya para ri | Sri Krêsna nabda lon | lah suwawi yayi prabu kanthèn | lawan kula ngiras gunêm kawis | sinambi lumaris | ywa payah lir pucung ||

11. Pocung

1. budhal sampun mring Cintakapura kondur | lan pra kadang putra | parpat katri datan kari | Sri Narendra Padmanaba mungging ngarsa ||

2. gumarubyug dahat samya sukèng kalbu | prabu Krêsna nabda | upami kewala yayi | winurungkên aprang bratayuda benjang ||

3. nanging amung sinigar palih mrih rukun | punapa narima | tampi palihan nagari | para kadang prasamya saur kukila ||

4. Sang Aprabu Yudhisthira aturipun | dhuh kakang narendra | manawi ulun tinari | duk ing ngajêng praptèng mangke mung sumarah ||

5. sêdya ulun lan pra kadang mrih rahayu | lamun angawratna | ing kamulyan jroning urip | siya-siya mring turun têmbe wurinya ||

6. saking dhawuh jêng eyang Wukiratawu | makatên dhawuhnya | hèh ta kabèh

--- 53 ---

wayah mami | sira padha muga dèn rukun kêkadang ||

7. luwih kukuh watêke wong iyêg rukun | adoh ing sangsaya | tumêrah darahirèki | janma rukun santosa sanyatanira ||

8. sapu iku sada akèh dadi kumpul | pan luwih santosa | angèl pinrih putusnèki | de kalamun datan kumpul pisah sowang ||

9. têmah mawut gampang bae pinrih putus | pasthi tanpa daya | pinutungan siji-siji | suwe-suwe bebas sirna sanggyanira ||

10. wit rumuhun kangjêng eyang dhawuhipun | dhumatêng jêng uwa | Sri Dhastharastra kadyèki | hèh ta kulup samuksane arinira ||

11. ingsun amung titip kabèh pulunamu | jêng uwa sandika | sumèrèh maring putra ji | dhinawuhkên lêstantun prajanjinira ||

12. dangu-dangu kula sakadang sawêgung | samya manggih siya | kaka prabu tan ngèngêti | mandar kula cinidra pinrih pralaya ||

13. kênèng apus mungging jro wisma katunu | wontên Têgalseta | winastanan duk ing nguni | inggih wontên ing Bale Sagala-gala ||

14. Bayusunu nambungi sabda sang prabu | hèh asile apa | nglêlara awak sayêkti | kaping pira si Blêndhung mung gawe papa ||

15. angganingsun

--- 54 ---

wit biyèn mula wong kaku | sabarang cêkakan | mati urip ya nglakoni | ngong rewangi kumandêl marang Hyang Sukma ||

16. praptèng lampus suwarga ginawe ayu | mung ayuning karsa | aywa kongsi tibèng sisip | yèn wong cidra turune anêmu papa ||

17. yèn sêdyayu darah apasthi rahayu | Sang Sri Krêsna nabda | adhi wuwusira sidik | wong aurip wajibe kudu rumêksa ||

18. mring nak putu mrih widada trus rahayu | yèn luhure tapa | turune pasthi nampani | nugrahèng Hyang marga kakèkne wus potang ||

19. sigra laju lampahira sang aprabu | antara wus pêrak | angancik ming têpis wiring | laladaning nagara Cintakapura ||

20. sang aprabu dhawuhkên timbalanipun | marang ingkang putra | Pringgadani Plăngkawati | pan mangkana sabdanya Sri Yudhisthira ||

21. hèh ta kulup karone sira sun utus | padha dhinginana | tutura ibunta kaki | dhawuhana supaya mranti sugata ||

22. ingsun rawuh kanthi Kakang Krêsna Prabu | kadimène padha | ibumu lêjar kang ati | lan bibèkmu Sumbadra ya dhawuhana ||

23. amalêbu marang sajroning kadhatun | dyan kalih wotsêkar | tandya umêsat [umêsa...]

--- 55 ---

[...t] sing ngarsi | ngariyini gêgancangan lampahira ||

24. kang winuwus wau ta kang baris tugur | Sang Dipati Karna | lan pra Kurawa miranti | kaprabon prang andhèr anèng tratag rambat ||

25. lampahipun Dyan Gathut lan Dyan Bimanyu | kandhêg dahat kagyat | Dyan Gathutkaca nabda ris | hèh yayi ta nora kêpenak tyas ingwang ||

26. kang kadulu tratag rambat nèng baris gung | yèn tan kliru kaya | wong Ngastina kabèh yayi | senapati uwakira ing Ngawăngga ||

27. paran mungguh yayi saka panimbangmu | mara umatura | ingkang rayi turira ris | prayoginya suwawi lajêng kewala ||

28. dados mungsuh tan cacad dinutèng ratu | sampun mindhon karya | tinanya arsa punapi | de Kurawa baris wontên ing Ngamarta ||

29. Radèn Gathut wus jumbuh panujwèng kalbu | gya laju lampahnya | marêpêki samring gyan baris |[10] samya cingak wadyabala ing Ngastina ||

30. mpun tundhuk Sang Dipati Karna dulu |[11] marang ingkang prapta | tumambuh dangu tan angling | ngunandika jroning driya sêmang-sêmang ||

31. lamun kliru panjanmaning satru mungsuh | mindha putraningwang | Pringgadani Plăngkawati | sang dipati dahat dènira prayitna ||

32. sabdanipun hèh ta kulup [ku...]

--- 56 ---

[...lup] putraningsun | sakarone sira | apa ta padha basuki | lan apa ta kang dadi wigatinira ||

33. de sirèku dêdêr nêrak barisipun | dyan kalih aturnya | wigati ulun tinuding | kadang tuwan Jêng Dewaji Darmaputra ||

34. mring kadhatun kinèn amaringkên dhawuh | mring sang pramèswara | twin ibu Banoncinawi | kadhawuhan ngalêmpak jroning jro pura ||

35. sartanipun kinon rêrêsik kadhatun | kondurnya jêng uwa | kanthi ingkang raka aji | kangjêng uwa Sang Aprabu Padmanaba ||

36. duk angrungu Dipati Karna gumuyu | hèh kulup wruhanta | ingsun dudu bocah cilik | sira matur dinuta yayi Ngamarta ||

37. arsa malbu marang sajroning kadhatun | iku nora kêna | marmane pinacak baris | yayi Prabu Duryudana kinèn ngrêksa ||

38. ingsun tugur samurcane uwakamu | rumêksa mrih arja | wit ginalih amajibi | nora kêna sadhengah wong malbèng pura ||

39. de kalamun sirèku karo angaku | padha cinundaka | apa tandhane kang yêkti | lah balia dhingin sira umatura ||

40. yèn satuhu yayi prabu arsa rawuh | ingsun lapur marang | Yayi Aji Kurupati | nyadhong

--- 57 ---

dhawuh kang dadi kaparêngira ||

41. marma kulup enggal balia karuhun | wong atuwanira | dimèn padha angêntèni | lir dhinodhog dyan kalih duk amiyarsa ||

42. ngunggut-unggut dahat merang lamun wangsul | Dyan Bimanyu nabda | lah kakang mas kadipundi | lamun wangsul ulun aluwung pêjaha ||

43. Radèn Gathut sora pangandikanipun | yayi bênêr sira | dêstun têmên lamun bali | wong dinuta jamake yudakênaka ||

12. Pangkur

1. wau Dyan Ăngkawijaya | dupi myarsa sabdaning raka nuli | umadêg suraning kalbu | ririh pêdhês wuwusnya | kangjêng uwa paduka sêmbahan ulun | nadyan lampahngong dinuta | kêdah mung darmi lumaris ||

2. nging yèn makatên punika | datan ajrih roga tumêkèng lalis | merang lamun kinèn wangsul | tan ajrih mring paduka | ajrih maring jêng uwa kang ngutus ulun | Dipati Karna miyarsa | gumuyu mangsuli angling ||

3. he anggèr Ăngkawijaya | bocah cilik kumaki adol wani | yun gêguyon lawan ingsun | baya kalakon sira | ingsun gawa bêbandan katur sang prabu | Rahadèn Partaatmaja | ngadêg nyat prayitnèng wèsthi ||

4. Dipati Karna sasmita | angêjèpi para Kurawa [Kura...]

--- 58 ---

[...wa] sami | tanggap sarêng mangsah ambyuk | dyan kalih datan wêgah | ngamuk punggung andhupak nêmpiling napuk | rame swaraning Kurawa | sumingkir kèh nandhang kanin ||

5. Dipati Ngawăngga mangsah | campuh aprang lan Radèn Partasiwi | ngadu sêktining apupuh | Sri Ngawongga kasoran | dahat merang gya narik curiganipun | Kyai Jalak duk ingasta | Radèn Bimanyu nimbangi ||

6. anarik wasiyatira | aran Kyai Kalanadhah pinusthi | mangsah rame dènnya pupuh | tanggon samya prawira | Sri Ngawăngga kasrèmpèt wangkinganipun | kontal katut sru kantaka | kadganira tibèng siti ||

7. garegah wungu angasta | warastradi Wijayacapa nuli | pinênthang mamprung sumêbut | Dyan Bimanyu kataman | jajanira tan pasah ananging kantu | gugup Radèn Gathutkaca | kang rayi sinaut aglis ||

8. binopong mêsat ngawiyat | yun masrahkên ingkang rayi rumiyin | mring uwa Sri Krêsna Prabu | wau ta ingkang lagya | kèndêl wontên jawining kitha atunggu | putra dwi ingkang dinuta | dangu samya nganti-anti ||

9. Prabu Arimurti nabda | dangu têmên putranta kang tinuding | tan wontên wasananipun | matur Sri Yudhisthira | bok manawi pinanggya [pinang...]

--- 59 ---

[...gya] bu-ibunipun | Sri Padmanaba maluya | watawis ngong wontên kardi ||

10. dèrèng dugi sabdanira | gya kasaru satriya Pringgadani | cumalorot saking luhur | anjog ing ngabyantara | sarwi bopong Dyan Bimanyu ingkang kantu | kagyat kang samya uninga | Dyan Gathutkaca wotsari ||

11. ulun ngaturakên tiwas | lumaksana dinuta lan pun adhi | sapraptaning praja ulun | panggih Dipati Karna | lawan sagung pra Kurawa baris tugur | dhêdhêg wontên tratag rambat | amba datan kenging manjing ||

12. Uwa Adipati Karna | anyadhangi sabên marga jinagi | kawula padudon dangu | satêmah dados aprang | pra Kurawa lajêng ngêbyuk angarubut | Bimanyu tandhing kalawan | uwa Ngawăngga dipati ||

13. arame suduk-sudukan | rayi tuwan kalindhih sawatawis | gya santun gêgamanipun | wrastra Wijayacapa | pun Bimanyu kenging jajanya sumaput | nulya amba saut mêsat | punika sumanggèng kapti ||

14. Sang Arjuna Tyasnya rontag | ingkang putra rinangkul dèn arasi | sarwi marêbêl ingkang luh | sira Sang Arya Sena | asru duka anjêrbabak sumung-sumung | Sang Bathara Krêsna nabda | lah padha mênênga

--- 60 ---

dhingin ||

15. Dyan Bimanyu ingungkulan | jimat Puspawijayamulya nênggih | ririh wijiling pamuwus | Kulup Ăngkawijaya | aywa suwe-suwe gonmu nendra kulup | aja sira ngenak-enak | lah enggal tangia kaki ||

16. Dyan Bimanyu gya gumregah | angabêkti mring kang uwa kêkalih | Sri Darmamapurta angrangkul |[12] anglus lungayanira | sarwi muwus dhuh putrèngsun Abimanyu | lungguha ingkang kapenak | yèn wus umatura kaki ||

17. Sang Partaputra wotsêkar | matur purwa madya wusana titi | kang miyarsa samya ngungun | akale wong Ngastina | Sang Aprabu Padmanaba wuwusipun | marang Prabu Puntadewa | yayi aji paran kapti ||

18. Sri Darmaputra turira | kula amung sumăngga kakang aji | Prabu Padmanaba muwus | riningsun Wêrkudara | lan kaipe ngyêktèkna turing sutamu | Bimanyu lan Gathutkaca | padha amilua bali ||

19. samya sandika gya budhal | sêsêngkutan amrih enggala prapti | cinarita prapta sampun | barisaning Kurawa | Sang Arjuna sêsumbar anguwuh mungsuh | hèh wong Ngastina angkara | dulunên iki Pamadi ||

20. lah mara rêbutên ingwang | aywa padha pijêr pating pêndêlik | dene gêlis payo [pa...]

--- 61 ---

[...yo] pupuh | atandhing padha tuwa | nora mundur yèn nyata têrahing ratu | baya mamak nora tata | têka mungsuh bocah cilik ||

21. Sang Naradipati Karna | sru bramantya miyos mapag prang tandhing | praptèng papan rukêt campuh | rame dènira yuda | kêkalihnya samya satriya pinunjul | Sri Ngawongga gung kasoran | anarik katganira glis ||

22. tinamakkên tan karasa | Radèn Arya Palguna malês gênti | Sri Karna cinandhak gupuh | binuwang mring ngawiyat | lir kitiran tumibèng kisma sru kantu | para Kurawa anulya | parêng ngrubut angêbyuki ||

23. Radèn Arya Wêrkudara | lawan Radèn Gathutkaca nulungi | umangsah tandangnya riwut | bubar barising mêngsah | ting balêsar kèh kabranan wênèh lampus | kèthèr gugup salang-tunjang | palayune niba-tangi ||

24. wau kang tandhing ayuda | maksih rame rukêt asilih-ungkih | Sri Karna tansah kausuk | gya mênthang langkapira | hru Wijayacapa linêpaskên mamprung | Radèn Arjuna prayitna | cinandhak ponang jêmparing ||

25. dipati Ngawongga merang | ngasta malih sanjata Kunta arsi | amungkasi ing apupuh | Sang Dananjaya tanggap | sigra ngasta [nga...]

--- 62 ---

[...sta] Pasopati hru linuhung | tan kongsi samya lumêpas | wuwusên wau kang prapti ||

26. cumlorot sing dirgantara | Sang Hyang Surya anyapih kang ajurit | ngrangkul Sang Parta lan muwus | dhuh babo putraningwang | ge racutên kaki bramantyanirèku | karya gègèring kahyangan | hèh kulup wruhanirèki ||

27. ing mêngko durung mangsanya | sira ngêtog kasantosaning jurit | lawan rakanira iku | aywa padha sêmbrana | dolanan hru Pasopati wrasta[13] luhung | mung mangkene prayoganya | kakangira Karna iki ||

28. amung singkirna kewala | ulihêna marang Ngastina nagri | panahên prabawa lesus | Sang Parta duk miyarsa | têmah lilih Pasopati wus rinacut | wotsari matur sandika | sigra umangsah sêmèdi ||

29. amusthi sanjata uwa | mêsês mijil prabawa angin-angin | kabuncang Sang Suryasunu | kari kadang Kurawa | Kya Sangkuni bilulungan lingak-linguk | bingung tambuh solahira | para Kurawa tinari ||

30. lah mêngko paran dayanta | kakangira kasor prang tan kaèksi | bangêt nistha yèn lumayu | payo padha anekad | aywa tinggal galanggang acolong playu | kulup ing sabisa-bisa | ing

--- 63 ---

tyas nêdya apêpulih ||

31. dyan Duryudana sru nabda | payo adhi-adhi aywa na miris | kalah sirna mênang ngukup | amungsuh wong Pandhawa | dadi ana tilasing dinutèng ratu | dhasar ratu kadang tuwa | mundur wirang angur mati ||

13. Durma

1. wus agolong-gilig tyasnya pra Kurawa | surak-surak swara tri | sarêng panêmpuhnya | ambêg sura tan taha | wadya ing Cintakapuri | katrajang panggah | rame rok silih-ungkih ||

2. lung-gumulung kèdêg wadya ing Ngamarta | dening karoban tandhing | pan wus kauningan | lawan Narendra Krêsna | pangandikanira aris | riningsun Sena | wêlasa sira yayi ||

3. balanira Ngamarta karoban mêngsah | Sang Sena mêsat aglis | tanapi kang putra | Rahadèn Gathutkaca | bantu mapag ing ajurit | Sang Sena tandya | campuh lan senapati ||

4. solah riwut kinaroyok kering-kanan | mungsuh akèh gumlinting | Radèn Gathutkaca | niyup sing antariksa | ngêjlogi mungsuh kèh lalis | barisan buyar | sar-saran ting palêncing ||

5. tanpa kiwul yudaning wadya Ngastina | kang maju-maju mati | wingwrin maras ing tyas | kathah sambat mlasarsa | wau Prabu Arimurti | ngêrês tyasira [tyasi...]

--- 64 ---

[...ra] | myarsa sambating kanin ||

6. angandika marang kang rayi Sang Parta | wêlasa sira yayi | mring wadya sagotrah | wong cilik milu apa | yèn kalakon tumpês yayi | sapa kelangan | marma yayi dèn aglis ||

7. iku mungsuh ulihna marang Ngastina | Sang Arjuna sira glis | amusthi bramastra | sigra mijil prahara | gumarubug mawèh tistis | bala Ngastina | kabuncang katut ngangin ||

8. pan wus sirna tumibèng praja Ngastina | samya eram tansipi | karsaning jawata | wrahatbala Ngamarta | raharja tan ana kanin | Sri Padmanaba | dahat êntyarsèng galih ||

9. gya dhawuh mring Radèn Nangkula Sadewa | kinèn lumampah dhingin | malbèng dhatulaya | lan kinèn nimbalana | raka sang rêtna kêkalih | Wara Sumbadra | tanapi Dyah Srikandhi ||

10. Dyan Sadewa umatur mring Dyan Nangkula | kang mas malbènga puri | kula kang lumampah | dhatêng ing Madukara | Radèn Nakula jurungi | iya prayoga | payo sewangan yayi ||

11. Dyan Sadewa laju maring Madukara | Dyan Nangkula mring puri | ingkang kawuwusa | pramèswari Ngamarta | lênggah nèng sajroning puri | lan putra Radyan | Păncawala sang pêkik ||

--- 65 ---

12. Dyah Drupadi aris wijiling wacana | dhuh nyawa putra mami | manira têtanya | paran ramening jaba | akarya sungkawèng ati | Dyan Păncawala | umatur awotsari ||

13. Kangjêng ibu kawula miyarsa warta | mênggah gêdêr ing Jawi | inggih kangjêng rama | kondur saha sakadang | lan raka uwa narpati | ing Dwarawatya | ayun pinarak mriki ||

14. sang kusuma miyarsa aturing putra | amrêp ingkang panggalih | yèn mangkono enggal | dhawuha mring wadyanta | rumantiyèng jroning puri | ywa na kuciwa | ingsun pasrah sirèki ||

15. rèhning mêngko rawuhe kanthi wakira | Bathara Arimurti | kang putra sandika | samana wus tinata | tuwin rêrêngganing margi | ing sitibêntar | prapta ing srimanganti ||

16. Radyan Păncawala mriksani mring jaba | lagya miyos ing kori | kagyat mulat marang | kang paman Dyan Nangkula | gupuh dènnya malayoni | Radèn Nangkula | ngrangkul lungayèng siwi ||

17. ingkang putra karuna mêmalat driya | sarwi umatur aris | lah paman sumăngga | lajêng manjinga pura | ingkang paman nayogyani | gya lumaksana | pratèng jro kênyapuri ||

18. gupuh-gupuh ngaras padaning kang raka | Rêtna Wara Drupadi [Drupa...]

--- 66 ---

[...di] | sumêdhot tyasira | mulat mring Dyan Nangkula | ngèngêt raka Sri Bupati | Dyah Pramèswara | asmaradana angling ||

14. Asmaradana

1. Dhuh Nangkula ari mami | bagea sapraptanira | padha raharja lakune | yayi mas sapraptanira | kumêsar atiningwang | paran wartane riningsun | nalikane sira mendra ||

2. myang rakanta kakang aji | apa nora pisah sira | kang rayi alon ature | kakang bok ulun tan pisah | lan raka padukendra | tuwin yayi pun waruju | ing sapurug datan ginggang ||

3. wau yayi Sadewa mring | Madukara kinèn panggya | kakang êmbok sadayane | inggih sampun tinimbalan | malêbèng mring Ngamarta | dhawuhnya rakanta prabu | sarênga lan pun Sadewa ||

4. pramèswari Dyah Drupadi | dahat êntyarsèng wardaya | amiranti age-age | ngrakit rêrêngganing pura | twin miranti sêsêgah | riwusnya mangkana wau | pramèswari alon nabda ||

5. yayi mas sira ngong tuding | sumusula arinira | mring Madukara dènage | kakangira karo pisan | padha purihên enggal | dimène pêpak rumuhun | ana jroning dhatulaya ||

6. matur sandika kang rayi | anêmbah mijil sing pura | lêlancaran [lêla...]

--- 67 ---

[...ncaran] ing lampahe | nêngna tan winarnèng marga | winuwus Madukara | Dyah Wara Sumbadra nuju | pinarak mring madeyasa ||

7. ingadhêp Wara Srikandhi | Dyah Sulastri lan Rarastyas | êmban inya pêpak andhèr | kusuma Wara Sumbadra | aris wijiling sabda | adhuh babo ariningsun | yayi Dèwi ing Cêmpala ||

8. paran pawartane yayi | ing mendrane rakanira | Wara Srikandhi ature | kakang bok ulun miyarsa | warta katut matura | tumular dumugi ulun | sing kakang patih Sucitra ||

9. para kadang ingkang anis | kakang Prabu Darmaputra | tuwin jêng pangran sêdene | ingkang ngulati sadaya | raharja kondur marang | Cintakapura sadarum | dhèrèk kakang Prabu Krêsna ||

10. sarawuhipun ing nagri | jinagi warga Kurawa | dadya laju aprang rame | kang bok karsaning Jawata | kurawa sami sirna | larut kabuncang ing lesus | tan wontên kantun sajuga ||

11. pra kadang unggul ing jurit | binotohan raka tuwan | Wara Sumbadra sabdane | dhuh yayi putri Cêmpala | lamun kapara nyata | lah mara prentaha gupuh | anata rêngganing pura ||

12. sandika Wara Srikandhi | kasaru [ka...]

--- 68 ---

[...saru] ing praptanira | Dyan Sadewa dumarojog | wau Dyah Wara Sumbadra | gupuh pamêthukira | lan Dyan Cêmpala tan kantun | Radèn Sadewa uninga ||

13. gurawalan malayoni | tundhuk anungkêmi pada | radyan rinangkul janggane | Dyah Wara Sumbadra nabda | sarwi kêkêmbêng waspa | babo Sadewa riningsun | bagea sapraptanira ||

14. kapenakna gonmu linggih | yèn wus sarèh umatura | ingkang rayi awotsinom | kakang bok sabda paduka | dahat kalingga murda | kawula sami rahayu | kakang bok kauningana ||

15. sowan kawula tinuding | raka tuwan sang dayita | matêdhakkên pangèstune | mring paduka sakalihan | nata pinaring wikan | rakanta sadaya timbul | yun kondur maring Ngamarta ||

16. marmanya kakang bok sami | tinimbalan mring Ngamarta | kalêmpakan sadayane | kang kondur mring arsayèng tyas | sang dyah dahat arsaya | katungka malih kang rawuh | sira Rahadèn Nangkula ||

17. prapta wotsari nungkêmi | ing padanira kang raka | dyan rinangkul lungayane | Radèn Nangkula turira | kang bok ulun dinuta | ing rakanta kang bok ratu | narpadayita Ngamarta ||

18. paduka

--- 69 ---

dipun timbali | tuwin kakang bok Cêmpala | kinèn manggihi rawuhe | kakang Prabu Padmanaba | lan sagung kadang warga | kang bok mirantosa gupuh | sarênga lan lampah amba ||

19. Wara Sumbadra miyarsi | sukaning nala kamantyan | sang dyah busana ge-age | datan dangu wus samapta | sigra budhal sing pura | Wara Sumbadra sang ayu | kanthèn lan putri Campala ||

20. ginarêbêg para cèthi | ing marga tan winursita | samana prapta lampahe | manjing jro pura Ngamarta | Sang Dyah Drupadi nulya | amêthuk rayi kang rawuh | tundhuk gapyuk rêrangkulan ||

21. samya onêngnya tansipi | satêmah samya karuna | wusnya lilih dyah kalihe | gya samya satata lênggah | ingayap pra parêkan | kawuwusa sang aprabu | rawuh praptèng sitibêntar ||

22. samya kandhêg anupèksi | tilasaning prang Kurawa | maksih balasah papane | Prabu Krêsna angandika | dhuh kadange pun kakang | yayi Prabu Darmasunu | lawan kabèh kadang ingwang ||

23. paran lêrêsing prakawis | ri jandika ing Ngastina | lêrês lêpat pratingahe | Sang Aprabu Yudhisthira | alon waluyèng sabda | saking ing pamanggih ulun | lêrês [lê...]

--- 70 ---

[...rês] arinta Ngastina ||

24. ginalih manawi wajib | wit nak-sanak saking priya | amila saking karsane | rumêksa prajaning kadang | kalamun yêkti sirna | wus tamtu wênang andhaku | ananging inggih sumăngga ||

25. Sri Krêsna mèsêm nabda ris | lêrês makatên tan têbah | hèh kaipe sira priye | lan adhiku wêrkudara | sira padha nimbanga | mungguh ing lêlakon iku | bênêr luputing prakara ||

26. Arjuna matur wotsari | lêrêsipun kawasesa | mokal kalamun kasuwèn | bilih arinta narendra | darbe atmaja priya | Păncawala nèng kadhatun | sanadyan kang wrêdha sirna ||

27. pan wus wontên ingkang wajib | kantun jumurung rumêksa | rèhning pulunan kadarbe | kajawi amung wêwênang | kadang sêpuh misesa | tan wontên pakèwêdipun | gumujêng sang Prabu Krêsna ||

28. myarsa ature kang rayi | ing sêmu maksih kumambang | saka lêgawa budine | gya nabda mring Arya Sena | hèh yayi Wêrkudara | priye panêmunirèku | gumuyu guguk Sang Sena ||

29. Kakang Jlithêng amilih lid | si pambarêp lan Janaka | nora nana pathokane | si pambarêp adil lila | amung ati lêgawa | lila ing sabarangipun | dene

--- 71 ---

tekade Janaka ||

30. mung janji sih Banuwati | măngsa têkane ing tekad | marga ana enggokane | kakang lamun jênêng ingwang | mung sawiji ing tekad | mungguh darsananing laku | yêktine mamrih utama ||

31. sanadyan darbea melik | aywa tinggal kautaman | kakang mangkene têgêse | sawising wajib rumêksa | marga kadange mendra | balik wus padha rahayu | ayun mulih marang praja ||

32. pancène bungah kang ati | pasrah praja kang rinêksa | yèn Kurupati karêpe | bungah yèn sirna samoa | wong karêm murkangkara | de Karna karêpe iku | sumêdya ambawanana ||

33. mêngku ing rat tanah Jawi | mungguh kaantêpanira | ing lair labuh karaton | ing batin darbe panjăngka | lamun Pandhawa sirna | atine banjur têkabur | Kurawa mrih sirna pisan ||

34. mangkene panêmu mami | mula Si Ăngkawijaya | malêbu binalèkake | iku kang dèn ănta-ănta | ngrêbut wahyuning jagad | yèn ta jinurunga iku | iba gone munyal-munyal ||

35. sabên aprang nêmu sakit | têka nora darbe wirang | tur kongsi buthak êndhase | ngêndi ana wong rumêksa | mandar [man...]

--- 72 ---

[...dar] dadi mungsuhan | yèn aja darbe pakewuh | sung odhèt-odhèt wêtêngnya ||

36. gumujêng Sri Arimurti | ariningsun Wêrkudara | wuwusira bênêr kabèh | nging kudu mawa sarana | têtawuring ayuda | utamane yayi iku | pininta marang Jawata ||

37. mrih mulya sagotrah wuri | Arya Sena aturira | ya kakang yèn wus wêktune | ngong panggih kaki Wisrawa | ing nguni wus prasêtyan | padha sanggup dadi tawur | Si Parta ya darbe sêtyan ||

38. sagotrah lungguh patinggi | mratapa sukuning arga | Dumilah kono dununge | ana manèh sêtyaningwang | Bagawan Sidhiara | atmajaning wipra luhung | asêsilih Sidikara ||

39. apa manèh Si Pamadi | uga misih darbe sêtyan | Rêsi Metraya arane | tapa gunung Danalaya | lah iku darbe wisma | prasêtya ing gurunipun | sanggup dadi tawuring prang ||

40. Sri Krêsna dupi miyarsi | mring ature Arya Sena | dahat suka wardayane | sarwi sung pangalêmbana | suka sukur ing dewa | sing sapa anêdya ayu | sayêkti sinung nugraha ||

41. dhasar asih ing prihatin | karya ayuning bawana | ing wêkasan tinêmune | karsaning dewa [de...]

--- 73 ---

[...wa] minulya | têmah para pandhita | asih marang jasatipun | labête budi raharja ||

42. Sang Aprabu Darmasiwi | aris umatur ing raka | amrih enggala tindake | lah kakang prabu sumăngga | laju umanjing pura | pra warga samya wulangun | dangu samya ngarsa-arsa ||

43. gya samya laju lumaris | wus prapta sajroning pura | ingkang mêthuk dhêdhêg andhèr | para putra putri pêpak | Dyah Drupadi anulya | ngabêkti ring garwanipun | kanthi sukaning wardaya ||

15. Kinanthi

1. Prabu Puntadewa gupuh | anganthi maring kang rayi | kusuma Wara Sumbadra | Sang Prabu Krêsna anganthi | marang risang pramèswara | Wara Srikandhi kinanthi ||

2. marang Risang Bayusunu | ing wuri kang para ari | sapraptaning dhatulaya | wus satata lênggah sami | narpadayita Ngamarta | ngabêkti raka narpati ||

3. Dyah Wara Sumbadra gupuh | ngabêkti mring raka aji | Sang Aprabu Padmanaba | angusap êmbuning ari | gya ganti ngabêkti marang | raka Sang Sri Darmasiwi ||

4. tuwin ngabêkti ring kakung | Kusuma Wara Srikandhi | wusnya ngabêkti pra wrêdha | nulya ngabêkti mring laki | urut ingkang para garwa | Dyah Sulastri Larasati ||

5. anulya kang para sunu [su...]

--- 74 ---

[...nu] | satriya ing Pringgadani | Radèn Arya Gathutkaca | lan satriya Plănngkawati | Rahadyan Ăngkawijaya | ngabêkti ring narèswari ||

6. tuwin ngabêkti kang ibu | kusuma Banoncinawi | lan ibu putri Cêmpala | riwusnya samya ngabêkti | sanggyaning kadang kadean | dahat êntyarsaning galih ||

7. Padmanaba Sang Aprabu | wijiling wacana aris | dhuh babo para riningwang | kapriye wartanirèki | duk yayi Dipati Karna | angêpung sajroning puri ||

8. dhuh iba susahing kalbu | sang pramèswari turnya ris | kakang prabu tan kadosa | duk praptanira Dipati | Ngawăngga duta Ngamarta | parentah dhatêng pun patih ||

9. ambongkok gêgamanipun | tuwin ingkang rajapèni | jro puri saisinira | miwah sagung para putri | prentahnya Dipati Karna | binoyongan sadayèki ||

10. dadya ulun nulya kumpul | wontên jroning kênyapuri | lan sanggyaning para kadang | sêmèdi nuwun ing Widhi | konduripun rayi tuwan | sumawana para ari ||

11. lamun tan tumuntên kondur | samya arsa malbèng agni | pun Patih Sucitra myarsa | rumêksa labuh nagari | rêmbag lan ri padukendra | inggih [ing...]

--- 75 ---

[...gih] pun Wara Srikandhi ||

12. dadya papag ing apupuh | mamèt utamaning lalis | yayi Srikandhi karênan | biyantu rêmbaging patih | pra warga rêmpêg sawega | yèn binoyong luluh lalis ||

13. ananging dasih pukulun | Tambakganggêng darbe pikir | amrih sakecaning patrap | kèndêl kewala prayogi | dhêdhêp wontên jroning pura | akanthi prayitnèng wèsthi ||

14. pra dasih samya panuju | baris pêndhêm nèng jro puri | gumujêng Sri Nata Krêsna | ngalêmbana mring patih dwi | sudibya guna wiweka | mantêp alabuh nagari ||

15. riwusnya mangkana wau | sang nata lan garwa siwi | pra kadang tuwin santana | nulya ngluwari sukanting | samya bujana drawina | nginum sarwi wawan angling ||

16. anutug sukaning kalbu | winatara sapta ari | Sri Arimurti pamitan | kondur marang Dwarawati | pra kadang warga sadaya | jumurung atur sêsanti ||

17. saungkurnya Krêsna Prabu | tumuntur kang para ari | kondur mring praja sowangan | wadya gung alit kang nangkil | basuki samya bubaran | titi tamat ing panulis ||

18. ri Saptu Pon ping rolikur | ing Wulan Rabingulakir | wuku Maktal măngsa Sadha | windu Adi gung lumaris | warsa Dal sangkalanira | dwara tri manggala yêkti |[14]|

 


mas. (kembali)
Kurang satu suku kata: apa banjur bela yayi. (kembali)
gugup. (kembali)
angsung. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngruwat cintrakane kadangamu. (kembali)
Kurang satu suku kata: lan weruha sirèku. (kembali)
Kurang satu suku kata: saparan-paran tan kèri. (kembali)
Lebih dari satu suku kata: ing jro pênuh mèsi. (kembali)
lumêpas. (kembali)
10 Lebih dari satu suku kata: marêpêki mring gyan baris. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sampun tundhuk Sang Dipati Karna dulu. (kembali)
12 Lebih dari satu suku kata: Sri Darmapurta angrangkul. (kembali)
13 wrastra. (kembali)
14 Tanggal: Saptu (Sêtu) Pon rolikur (22) Rabingulakir Dal: dwara tri manggala yêkti (AJ 1839). Tanggal Masehi: Jumat 14 Mei 1909. Perbedaan satu hari (Jumat versus Sêtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)