Jarot, Yasawidagda, 1931, #581

Judul
Sambungan
1. Jarot, Yasawidagda, 1931, #581. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Jarot, Yasawidagda, 1931, #581. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 20-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 404a.

Jarot

Anggitanipun Yasawidagda.

[Grafik]

Bale Pustaka – 1931 – Batawi Sèntrêm

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut bab 11 ing anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Bêbuka.

Ingkang badhe kacariyosakên punika lêlampahan nalika jaman sêsadean candu dèrèng kaasta ing kangjêng guprêmèn, mila para maos prêlu kêdah pirsa rumiyin ing bab sêsadean candu wau sadèrèngipun taun Walandi 1903.

Panyadenipun candu utawi apyun punika dipun paosi ing băngsa Cina, liripun kajawi tiyang ingkang sampun angsal idi sarta nyanggi paosing nagari, tiyang sanès botên kenging tumut-tumut sade candu.

Tiyang ingkang maosi makatên punika winastan bandar, Walandi mastani pachter. Inggih namung bandar punika ingkang kenging dagang apyun. Apyun manawi sampun dipun olah, nama candu. Dene candu punika wontên ingkang kasêrèt wawaran kemawon, wontên ingkang mawi dipun wowori godhong awar-awar rajangan namanipun tike.

Sabên panggenan ingkang rame, dipun dêgi griya panyadean candu saha tike, namanipun ngêpakan, ingkang nêngga sarta nyade, pitadosipun bandar wau, limrahipun inggih bangsa Cina.

Ing sacêlakipun ngêpakan, ngadat wonten griya papanipun tiyang

--- 4 ---

sami sêsêretan, namanipun bambon. Kajawi punika ing koplakan-koplakan ugi kathah ingkang kangge papan sêrètan.

Sarèhne bandar punika anggèning dagang candu mawi paos dhatêng nagari, mila panyadenipun candu inggih langkung awis, anjalari tuwuhing tindak dhêdhêmitan, inggih punika kathah tiyang ingkang nyolong-nyolong sade tinumbas apyun, lajêng kasade bècèr dhatêng têtiyang ingkang sami nyêrèt. Sampun masthi kemawon lajêng damêl kapitunanipun bandar, amargi sadeanipun suda pajêngipun. Mila bandar lajêng ngingah congsun, cara Walandinipun sêpiyun, Jawinipun mata-mata utawi dolop. Prêlu ngulat-ulatakên sampun ngantos wontên tindak dhêdhêmitan wau.

Nagari piyambak inggih ngwontênakên punggawa, pangagêngipun Walandi apangkat verificateur, sor-soranipun Walandi nama sêkaut, kabantu punggawa Jawi nama mantra ocar-acir saha para upas. Sadaya punika prêlu nyêgah wontênipun dagangan apyun pêtêng.

Mangsuli bab tiyang ingkang lampah dhêdhêmitan sade candu pêtêng. Sanajan padamêlan punika ambêbayani sangêt, liripun prasasat mêmêngsahan kalihan para bandar dalah congsun-congsunipun, kaping kalih dados bêbujênganipun punggawaning nagari.

--- 5 ---

Manawi kêcêpêng dipun ukum awrat, ewadene mêksa kathah tiyang anglampahi, amargi kauntunganipun kathah, sarta ingkang sami purun lampah makatên punika ingkang kathah inggih tiyang ingkang rêmên nyêrèt, bangsa angguran, tilas priyantun, trêkadhang tilas tiyang ukuman, pramila malah sami nekad-nekad.

Ingkang punika lajêng anjalari kathahing prakawis. Têtiyang saya kathah ingkang rêmên nyêrèt, andadosakên botên kaparêngipun kangjêng guprêmèn, sabab sampun têtela awonipun tiyang nyêrèt, têmbungipun kemawon: wong mangan candu, nanging lugunipun: candu, sing mangan uwong. Tandhanipun sintên ingkang nyêrèt, badanipun tamtu risak akuru kêring.

Pramila wiwit ing wulan Januari 1903 bab sêsadean candu dipun asta piyambak ing kangjêng guprêmèn, kados wontênipun ing sapunika. Karsanipun badhe nyuda-nyuda saking sakêdhik wontênipun tiyang nyêrèt, ing têmbe sagêda sirna babar pisan.

Ingkang nganggit.

Surakarta kaping 27 Sèptèmbêr 1930.

__________

--- [6] ---

I. Gathukipun Jarot kalihan Bah Bandar.

Wanci ngajêngakên sêrap, Jarot rampung anggènipun rêsik-rêsik saha nyirami têtanêman salêbêting pakarangan. Sasampunipun adus terus dandos, lajêng ngisis wontên ing latar. Botên dangu kêdhatêngan Cina, panganggênipun pating glêmbyor, nanging pêthak arêsik, tandangipun alus, ngatawisi bilih Cina kacêkapan, wicantênipun kaduk pelo, tandha manawi pranakan singkèk. Têmbungipun dhatêng Jarot Basa Malayu. Suraosipun makatên:

Apa kene omahe Dèn Sumatanaya.

Jarot mangsuli ugi mawi têmbung Malayu: iya, kene.

Apa kowe anake sing jênêng Jarot.

iya.

Cina wau katingal sumèh saha lajêng kumrakêt, nyêpêng baunipun Jarot kalihan wicantên: wah, bahumu atos, kowe rosa, ya. Kowe kêndêl kêrêngan, ya.

Ah, kêndêl kêrêngan, apa. Bênêr aku dhêmên ajar karosan, nanging ora arêp tak anggo kêrêngan, mung kanggo anjaga awak.

--- 7 ---

Iya, iya. Kowe tau kêrêngan karo bênggol kècu. Kowe tau tarung karo ula. Ana Cirêbon tau dikrubut gêntho. Apa kowe iya bisa selat.

Selat kapriye.

Selat utawa pêncak, iku kaprigêlan nangkis, endha, cêkake iya bêcik kanggo panjaganing awak, dadi ora mung karosan bae.

O, aku kok kêpengin wêruh.

Dolano mênyang omahku ing Mêsèn, Cina-Cina congsunku (dolop) padha bisa selat kabèh.

Apa kowe dadi bandar, kok duwe congsun barang.

Iya, aku dadi bandar, wis suwe. Olèhku têpung karo bapakmu iya wis suwe, wiwit dhèk êmbahmu sing ana ing Gadhing kae isih urip. Saploke pakmu omah ana Kêthelan kene, aku lagi tilik ping pindho iki. Ênggonku tilik sing sapisan, ibumu isih, omahe biyèn isih ala, saiki wis bêcik ya. Kabèh isih katon anyar, apa durung suwe dadine.

Durung, dandan-dandan karo nicil sakapenake, wiwit mulih saka ing Bêtawi biyèn.

O, layak. Kowe tak rungok-rungokake durung nyambut gawe.

--- 8 ---

Dumugi samantên kêtungka dhatêngipun Dèn Sumatanaya mêntas nyambut damêl saking sêpur.

Êlo, kowe, Bah bandar, apa wis suwe têkamu, lan apa padha slamêt.

Iya slamêt, slamêt, lagi bae têkaku, omong-omongan karo anakmu. Aku sênêng nyawang anakmu, gagah, bagas waras.

Le, Jarot, bok kok ajak linggih ngomah kana. Aku tak mênyang sumur dhisik, ya, Bah bandar. Dêlêngên, awakku isih pating kêcumut gupak angus.

Iya, iya, nyambut gawe ana sêpur dadi masinis pancèn mangkono.

Lêt ing saantawis, Bandar, Dèn Suma, saha Jarot sampun sami lêlinggihan wontên ing griya, sami ngombe wedang tèh, pacitanipun ampyang kacang.

Bandar miwiti wicantên: Dèn Suma, dina Sênèn sing kêpungkur iki kowe rak wêruh aku ana Sêtatsiyun Salam. (antawisipun Balapan Surakarta kalihan Gundhih bawah Sêmarang).

Iya, gajêge kowe karo Tuwan Sêkaut lan upas-upas. Apa nyêgat wong anggawa apyun pêtêng.

Iya mangkono. Ah, Dèn Suma, eman bangêt dene nganti mlèsèd. Mangka sing anggawa iku benggol ing Gêmolong, [Gê...]

--- 9 ---

[...molong,] sing jênêng Dèn Dira. Yèn kuwi kêcêkêla ayake rêsik anane candu-candu pêtêng sing padha diêdol ing bawah Gêmolong lan sakiwa têngêne. Lah kêpriye, Dèn Suma, ngêpakanku ing Gêmolong, sajrone têlung sasi iki suda akèh bangêt pêpayone. Wis mêsthi bae, lah wong sing padha nyêrèt padha tuku candu pêtèng dodolane Dèn Dira sakancane, ênggone kulak saka bawah Dêmak.

Ora, Bah bandar, kacèke pira, ta, têka wong-wong padha milih tuku candu pêtêng, tinimbang tuku kowe utawa prêmbemu.

Yèn tuku aku, satail nêm sêtêngah rupiyah, dene candu pêtêng iku satail mung didol lima utawa patang rupiyah.

Lah wong akèh têmên mangkono, kacèke.

Iya. Sabab aku nganggo nyangga pajêg. Anu, Dèn Suma, ambacutake kandhaku bab nyêgat Dèn Dira dhèk Sênèn mau. Aku krungu saka dolopku, yèn Dèn Dira anggawa dhuwit sèwu, kulak apyun mênyang bawah Dêmak, aku iya ngrêti yèn ulihe Dèn Dira ora bakal wani anggawa dhewe nunggang sêpur, sing anggawa apyune mêsthi kancane pirang-pirang padha mêtu ing alas, aanging aku mung kêpengin nyêkêl Dèn Dira, marga iki pangarêpe lan sing bandhol dhewe. Mulane aku [a...]

--- 10 ---

[...ku] kongkonan dolop wong Jawa, sing kira-kira Dèn Dira ora wêruh yèn iku dolop, prêlune supaya ulihe Dèn Dira nunggang sêpur anggawaa apyun sathithik-sathithik, kanggo nyina panyêkêlku.

Kêlakon, dina Sênèn ulihe Dèn Dira mênyang Gêmolong mêdhun Sêtatsiyun Salam. Aku kanthi Tuwan Sêkaut, mantri ocar-acir lan upas loro wis sadhiya ana kono. Têkane Dèn Dira banjur digledhah ana ing kamar sêtatsiyun, nanging ora tinêmu apa-apa. Aku dibisiki Dolop sing ngêtutake Dèn Dira, têmbunge: Bah bandar, dhèk sêpur ajêng kêndèl wau, Dèn Dira anguk-anguk, sêmune lajêng ngrêtos nèk diadhang pulisi, gita-gita mêdhun manêngên. Kula tingali mlampah nyêlaki êndhas sêpur. Apyune watawis satêngah katos dipênak kados sêkul, ditampêkake masinis lajêng diblêsêkake ngisor arêng sêtingkul.

Dèn Suma kagèt, anjêngèk sarta wicantên: ah, ditampakake masinis apa. Măngka masinise nalika kuwi aku.

Alon, ta, Dèn Suma, tak bacutne dhisik kandhaku. Krungu palapurane dolop mangkono iku, aku banjur ngungak êndhas sepur. Wêruh yèn masinise kowe, batinku [ba...]

--- 11 ---

[...tinku] ora ngandêl babar pisan. Ayake kliru, sêtokêrmu diarani masinis.

Nanging iya mêksa ora mèmpêr, têka sêtokêrku mèlu-mèlu dagang apyun pêtêng.

Iya durung karuwan, sapa wêruh. Ewadene aku iya banjur mênêng bae, ora lapur Tuwan Sêkaut, sumêlang yèn kowe kêsangkut prakara.

Bangêt panrimaku marang pangemanmu. Ananging satêmêne aku ora duwe pangira babar pisan, yèn kancaku gêlêm laku kaya mangkono.

O, uwong kok, Dèn Suma, bêbasan melik anggendhong lali. Mulane têkaku mrene mung arêp mêling, kandhanana kancamu sêtokêr lan liya-liyane punggawa sêpur, sing wis kêbacut iya uwis, mung sabanjure aja padha mêlu-mêlu.

Dumugi samantên anggèning sami rêrêmbagan bab candu pêtêng, lajêng santun rêmbag warni-warni. Watawis jam wolu, bandar pamitan mantuk, mawi nêmbung supados Jarot sok dolano dhatêng griyanipun, sarta sanès dintên badhe kaajak dhatêng Samarang. Dèn Suma nayogyani, dene Jarot, sumêrêp saening tangkêpipun Bah bandar dhatêng bapakipun, inggih ugi sagah badhe nglêksanani.

__________

--- 12 ---

II. Bah Bandar kalihan Jarot Kabegal wontên ing Sêpur.

Griyanipun Kartagêna ing Gêmolong agêng. Griya wingking gêdhèg mawi kotangan tembok, ngajêng gêbyog, korinipun sami kajêng jatos, pandhapanipun gêdhèg mubêng botên blak-blakan. Samangsa kori katutup, sampun kados griya. Salêbêting pandhapa kiwa têngên mawi ambèn agêng, ingkang kilèn dipun gêlari gêlaran pasir arêsik, ingkang wetan namung gêlaran pacar kemawon, bantalipun rêgêd-rêgêd malah ingkang kathah bantal kajêng.

Kartagêna punika tilas bêkêl, anggènipun kêndèl sampun sawatawis taun, nanging taksih kajèn kèringan. Samangke pandhapanipun dados aluruganipun para têtiyang ingkang radi patut, sami sêretan. Ing wanci sontên, nuju grêmis, Kartagêna tilêman wontên ing ambèn kilèn nyêrèt. Ing ambèn wetan inggih wontên tiyang gangsal ingkang nyêrèt, gêgêntosan panganggènipun bêdudan, amargi namung wontên bêdudan kalih.

Botên dangu Dèn Dira dhatêng, garobyag, lawanging pandhapa kawêngakakên, lajêng malêbêt, têtiyang sami anjênggèlèk tangi sadaya, saha sami linggih sila, namung Kartagêna ingkang [ing...]

--- 13 ---

[...kang] murugi Dèn Dira, nampèni anggènipun cucul rasukan, margi têlês kêjawahan, têtiyang ingkang wontên ing ngriku prasasat mungêl sarêng apitakèn: saking tindak pundi ta, Dèn.

Nanging Dèn Dira botên nyauri, kajawi namung wicantên: Kartagêna, bojomu konên anggawèkake wedang tèh, panas, rikat, ya. Lajêng mapan tilêman ing ambèn kilèn, nyêrèt.

Sarêng wedang sampun lumados, Dèn Dira lajêng ngombe srupat-sruput, nyêrèt malih jêblas-jêblis. Nuntên malumah sajak tilêm, nanging tanganipun taksih nyêpêngi bêdudan, botên dangu nyêrèt malih kalih tigang jêblisan, lajêng mapan kados tilêm malih. Makatên ngantos watawis saêjam, dene tiyang-tiyang sanèsipun inggih taksih ngeca-eca sami sêrètan, namung anggènipun ginêman, lirih, katingal sami ngaosi saha ajrih dhatêng Dèn Dira.

Jawahipun saya dêrês. Dèn Dira tangi lajêng linggih ongkang-ongkang ing ambèn, wicantênipun: hêh, ora gênah. Namung dumugi samantên lajêng mêndhêt pakinangan, nyomak-nyamuk nginang.

Mirêng têmbungipun Dèn Dira, Kartagêna lajêng linggih, dalah tiyang sanèsipun ingkang wontên ing ambèn wetan inggih lajêng tumut sami linggih, ngajêngakên Dèn Dira. Sadaya kêtingal kêpengin [kê...]

--- 14 ---

[...pengin] sumêrêp punapa ingkang badhe dipun cariyosakên Dèn Dira.

Rèhning jawah, botên sumêlang bilih swara kêpirêng saking ing jawi, mila Dèn Dira lajêng wicantên tanpa rêringa, têmbungipun: Si Martagênuk, ora gênah, tak arani kănca jêbul dadi dolope Bah bandar.

Kartagêna pitakèn: punapa Martagênuk tiyang Kaliyasa punika.

Iya, biyèn rak sabane ing kene, ta.

Sampun dangu boten kêtingal.

Tiyang satunggal malih nyambêti: wontên Sala kula kêrêp kêpranggul piyambakipun.

Iya kuwi, Si Marta dadi dolope Bah bandar. Dhèk patang pasaran kêpungkur, aku rak digledhah pulisi ana Salam, sing marakake iya Marta kuwi. Mèh bae aku kêna dicêngkolong. Nalika aku kulak apyun mênyang bawah Dêmak, ananging Gèyèr kêtêmu Martagênuk, ujug-ujug takon:

angsal kathah Dèn.

Iya luwung.

Kula diwêlingi Bok Wirya, nyuwun nêmpil sêtêngah katos mawon.

--- 15 ---

Lah iya, ta, mêngko sore tak wènèhi.

O, kula ajrih ambêkta. Kalihan malih kula botên dipun bêktani arta, nanging tiyangipun sagah nyêgat cêlak Sêtatsiyun Salam, punika, ta, ngandhap asêm cêlak margi agêng. Kondur pênjênêngan rak benjing enjing, ta.

Iya bêcik, nèk mung sêtêngah kati bae, gampang panggawaku, aku wis tau kêpotangan kabêcikan karo Bok Wirya, karodene aku wêlas, Bok Wirya saiki wis dadi randha, anake akèh. Apa isih akèh langganane.

Taksih kathah, mèh sadaya tiyang nyêrèt ing Kaliyasa, byukipun dhatêng Bok Wirya. Têtiyang ingkang andhèrèk panjênêngan punapa sampun sami mantuk dhatêng Gêmolong.

Sing têlu uwis, mau bêngi jam 3. Liyane mêngko bêngi.

Mêdal pundi, Dèn.

Hus, aja andhêdhês-dhêdhês, iya kaya adat sabên. Dharat mêtu ngalas. Apa kowe arêp mèlu, ta.

Botên sagêd, amargi dhatêng kula mriki badhe tuwi sadhèrèk. Anggèn kula mrêlokakên madosi panjênêngan, namung andumugèkakên wêlinganipun Bok Wirya.

Dèn Dira anglajêngakên wicantênipun dhatêng Kartagêna dalah kancanipun ing ambèn wetan: babar pisan aku ora duwe

--- 16 ---

sujana, esuke aku amrêlokake anggawa apyun satêngah kati, tak penak cara sêga. Jêbul ana ing dalan dicêgat pulisi. Nanging aku dudu bocah cilik, sadurunge sêpur mandhêg, aku mêncolot manêngên, apyun tak tampakake Sêtokêr Truna. Mandhêging sêpur aku wis nyengklak manèh, banjur mêdhun ngarêpake sêtatsiyun, ditampani mantri ocar-acir sak upase. Ha, hah, batinku sumbar-sumbar, ayo, sak karêpmu, alus wani, kasar wani. Mung nalika aku bali nyengklak sêpur mau, aku wêruh Martagênuk manglung ana ing gêrbong buri, ngawasake polahku. Lah iku krasaku, yèn dhèwèke andolop aku.

Têtiyang ing ambèn wetan sami pating garundêl, warni-warni tembungipun: e, èh, ora gênah Si Martagênuk. Edan Si Martagênuk. Kêjêjêlan dhuwit Cina, lali marang sanak-sanake.

Dèn Dira: mulane atiku gêtêm-gêtêm marang Si Marta, saya manèh barêng dhèk wingine aku mênyang Kaliyasa kêtêmu Bok Wirya, tutur ora rumăngsa kongkonan nêmpil. Nêpsuning atiku wis ora kêna dak ampah, aku têrus mênyang Sala, anggolèki Si Martagênuk. Lagi dhèk mau bêngi bisa kêtêmu. Jam sapuluh bêngi lagi mulih saka bandaran Mêsèn, tak cêgat ana Warung Pêlêm, banjur tak galandhang mêtu [mê...]

--- 17 ---

[...tu] ing dalan cilik. Hêm ... (anggènipun wicantên makatên punika kalihan ngêlus brêngos, mripat manthêlêng) wis kaya tak têkak-têkakka. Si Martagênuk awake andhrêdhêg, cahyane abang dluwang, kêwêtu calathune lirih, gumêtêr lan pêdhot-pêdhot: cêkakipun, dèn, salêpat-lêpat kula nyuwun pangapuntên, sapunika kula ngaturi têbusan.

Têbusan apa.

Măngga, ta, dhatêng panggenan ingkang sêpên, mangke kula matur.

Ora ngandêl, wong kowe wis mèlu Cina, mêsthi diwêlêg ing dhuwit, ora wurung iya mung arêp gawe cilakaku.

E, sapisan punika manawi kula cidra, inggih panjênêngan pêjahi kemawon.

Lajênging wicantênipun Dèn Dira dhatêng têtiyang ingkang sami ngadhêp ing ambèn wetan: nalika iku atiku kok rada sabar, sarta kêpengin wêruh Martagênuk arêp kăndha apa. Mulane banjur tak gawa mênyang ara-ara salor Margayudan, barêng wis tata linggih ana pasukêtan, Si Marta calathu:

Benjing êmbèn, kula dipun ajak Bah bandar dhatêng Sêmarang, murugi candu, nyipêng sadalu lajêng badhe wangsul. Lah punika, dèn, manawi sagêd nyêgat candu wau, kurup sangêt, ewon-ewon rêginipun.

--- 18 ---

Nyêgat kêpriye.

Bah bandar sangêt pitadosipun dhatêng kula. Sampun wongsal-wangsul kula kaajak dhatêng Sêmarang, panjagi saha pambêktanipun apyun, kapasrahakên dhatêng kula. Mangke gampil, wontên ing wana, bêktan wau kula uncalakên mêdal, măngsa borong pratikêl panjênêngan, kula namung badhe andhèrèk.

Sawise mangkono, kowe dhewe kapriye.

Kula makatên gampil, kula badhe tumut mancolot mêdal, manawi wilujêng niat kula pancèn sampun badhe minggat saking Sala. Kula sampun nitipakên arta dhatêng sadhèrèk kula ing Gèyèr. Punika ingkang badhe kula angge garan sangu kesah. Niyat tumbas pasitèn ing dhusun ingkang têbih.

Wicantênipun Dèn Dira dhatêng Kartagêna sakancanipun: cêkake kandane Si Marta iku kêna dirasakake. Upama ora nyata, aku lan kănca-kănca mung kelangan laku lan tukon karcis sêpur. Yèn nyata, idhêp-idhêp dadi pamalêsku marang Bah bandar. Ora jamak anggone ngincih marang aku. Mulane kowe kabèh padha wani apa ora.

Têtiyang ingkang wontên ing ngriku sampun nyandhak dhatêng pitakèn cêkak makatên punika, mèh sadaya mangsuli: wani.

--- 19 ---

Dèn Dira wicantên malih: wis Karta, kowe sesuk ngandhanana Si Kunthèt. Kowe Dipa, ngandhanana Pak Cakra, Mangil, Bêgog, lan sapa bae sing kok kira patut. Sesuk bêdhug awan padha nglumpuka ana ing bêlik jurang, kaya adate, rêmbugan kapenaking laku, sorene jam pitu wis padha kudu mangkat.

Enjingipun Dèn Dira sakancanipun kalampahan sami pêpanggihan sayêktos, rêmbag-rêmbagipun botên prêlu kapratelakakên. Nunggil ing dintên wau, ing wanci enjing Bah bandar dhatêng Samarang sayêktos, nanging kalihan Jarot, botên kalihan Martagênuk.

Rumaosipun Jarot, anggènipun kaajak dhatêng Samarang punika mligi namung dolan, jêbul ing salêbêtipun wontên Samarang, Bah bandar tansah mompar-mampir dhatêng griyaning Cina mitranipun. Trêkadhang rêmbagan ngantos dangu, Jarot botên ngrêtos, amargi mawi Basa Cina.

Enjingipun malih mantuk ambêkta kranjang sata, nanging isinipun Jarot botên sagêd andugi, amargi upami sataa, pangangkatipun mêsthi botên ngrêgiyêng. Punapa apyun.

Wontên ing sêpur bêktan wau kadèkèk ing ngandhap bangku palinggihan, [paling...]

--- 20 ---

[...gihan,] ngingil dipun lingihi Bah bandar, jèjèr rakêt kalihan Jarot.

Wontên ing Kêdhungjati wontên tiyang gangsal minggah ing sêpur, wujudipun anyalawados, nanging Bah bandar botên gadhah gagasan punapa-punapa. Nalika punika isinipun grêbong ngriku botên patos kathah, kajawi tiyang gangsal ingkang minggah enggal saha Bandar lan Jarot, namung wontên sanèsipun sakawan, èstri sadaya.

Wontên ing pakèndêlan Têlawah, wêwah Dèn Dira kalihan Kunthèt.

Bah bandar kagèt, kêwêdal wicantênipun kalêsik-kalêsik dhatêng Jarot, têmbungipun: Dèn Dira.

Bah bandar manahipun sangêt ajrih, mila lambenipun malih dados pêthak, punapa malih sarêng Dèn Dira anthuk-anthukan kalihan tiyang gangsal ingkang minggah saking Kêdhungjati wau, Bah bandar kraos manahipun, bilih badhe wontên punapa-punapa.

Dene Dèn Dira wicantênan bisik-bisik kalihan pun Kunthèt: Martagênuk kok ora ana. Kancane Bah bandar kuwi sapa.

Kula dèrèng nate sumêrêp.

iya wis, ora dadi ngapa, dêlêngên, sing ana ngisor palinggihan kae kranjang têmbako, nanging isine mêsthi blèg lênga patra isi apyun, samăngsa sêpur arêp mandhêg, banjur rêbutên, [rê...]

--- 21 ---

[...butên,] uncalna mêtu mangiwa. Kana rak wis ana sing nampani.

Manawi sampun cêlak sela pasangan, têngêripun napa.

Mêngko nèk wis ngliwati grumbul alas pajatèn sing ana wite bulu gêdhe.

Mangke gèk sêpuripun têrus narajang sela ingkang kapasang ing êril, manawi sêpuripun ambruk, kula sadaya mêsthi katiwasan.

Hus, cilikan atèn têmên kowe. Wis tak arah, anggonku masangi watu ana ing dalan kang kêncêng, supaya masinis wêruha saka kadohan, banjur ngêndhêgake sêpure. Tur ing kono alas pajatèn gêdhe adoh desa, gampang padha kanggo umpêtan.

Lampahing sêpur saya alon, sirah nyênthit panjang wongsal-wangsul. Sayêktos, masinis sumêrêp sela agêng-agêng kapasang têngah êril, mila badhe ngêndhêgakên sêpuripun.

Dèn Dira nyikut pun Kunthèt, Kunthèt trangginas lajêng ngadêg rambatan turut pinggir, rêka-rêka manglung candhela, nanging sukunipun prasasat ngakahi Jarot. Kajawi punika têtiyang gangsal sanèsipun katingal sumadhia badhe nêmpuh. Bah bandar bingung, wicantênipun: linggiha kene Dèn Jarot, jaganên barang ngisor iki. Anggènipun wicantên makatên punika kalihan ngadêg, mlampah dhatêng kori, sêdyanipun badhe criyos [cri...]

--- 22 ---

[...yos] dhatêng kondhèktur utawi punggawa sêpur sanèsipun. Nanging dumugi kori sampun dipun adhangi tiyang kalih balanipun Dèn Dira.

Kocap Jarot, rumaos dipun diksurani ing tiyang, kaping kalih mirêng pamasrahipun Bah bandar anjagi bêbêktanipun, ngintên badhe rinêbat ing tiyang, wajib angayomana, lajêng mingsêr linggihipun, ulatipun têtêp ayêm botên ewah, angêlus sinjangipun, nanging sajatosipun tata-tata sampun ngantos ngribêdi manawi wontên prêlu.

Kunthèt sawêg kumlawe tanganipun badhe anggèrèt kranjang, lajêng dipun garês sukunipun dening Jarot, paringisan badhe ambruk. Katungka Dèn Dira badhe nêmpuh saking wingkingipun Kunthèt, Jarot parigêl ngadêg nyêpêng sabukanipun Kunthèt ing wingking, kajunjung kaêntêpakên Dèn Dira sakayangipun. Tiyang kalih sami karengkangan kêjêglug-jêglug bangku.

Jarot mangrêtos manawi badhe wontên tiyang malih ingkang nêmpuh, rikat nguculi jasipun, kantun kotangan, baunipun katingal pating pathokol akiyêng. Tanganipun têngên kumlawe angsal nyotho rainipun Dipa. Sumrêpêt anêkêm rai, mundur-mundur angunduri Dèn Dira saha Kunthèt, dhawah klumah nindhihi tiyang kalih.

Jarot sumêrêp wontên tiyang ambrobosi bangku ngajêngipun [ngajêngi...]

--- 23 ---

[...pun,] badhe mêndhêt bêbêktan, enggal dipun kakahi, kapithing ing dhêngkul saha pupu, amargi Jarot taksih ngulatakên tiyang satunggal malih ingkang badhe nêmpuh.

Tiyang ingkang dipun pithing wau pringisan, nanging lajêng nyokot kempol. Jarot kagèt, milar kalihan andhupak, kenging bokongipun, mlêsêk kalêbêt ing longan, ungkag-ungkêg botên sagêd mêdal.

Sêpur sampun dangu kèndêl. Sasampunipun kondhèktur akèn nyingkirakên sela-sela ingkang kapasang wonten ing êril, lajêng mlêbêt grêbong panggênan rame-rame wau. Wicantênipun: ana apa, dene rame têmên iki.

Nalika samantên Dèn Dira sakancanipun sampun sami sagêd ambalurut mandhap saking sêpur, lajêng mlêbêt ing wana sami kêsakitan, kantun satunggal ingkang botên sagêd mêdal saking longan bangku.

Bah bandar mangsuli kondhèktur taksih gumêtêr: wong, lima, pitu, arêp ngrêbut apyunku.

Lah êndi wonge, dene kari wong wadon-wadon.

Wis padha mêdhun, malayu mênyang alas, kari siji ana longan.

Kondhèktur murugi tiyang ingkang wontên ngandhap bangku, kagèrèd mêdal. Wicantênipun kondhèktur: kira-kira iya iki

--- 24 ---

sing masangi watu prêlu arêp ambegal apyun. Ayo, mrene, sapa jênêngmu.

Bêgog.

Bah bandar Jarot wilujêng dumugi Suratarta[1] dalah bêbêktanipun.

__________

III. Radèn Rara Sri Subêkti.

Ing Kampung Sidawayah salêbêtipun kitha Klathèn wontên griya tembok alit, ngajêngipun taksih wontên sitinipun inggil waradin, kinubêngan banon-banon tilas batur, ngatawisi bilih griya punika rumiyin wontên pandhapanipun. Nitik pasang rakiting griya, têtela ingkang gadhah rumiyin tiyang kêcêkapan sapunika kamlaratan. Têmênipun ingkang gadhah griya punika Radèn Ngabèi Martagurita, mantri pamaosan, sampun dangu ajal, atilar semah saha anak namung satunggal èstri, nama Radèn Rara Sri Subêkti, limrah namung kacêluk: Dèn Sri, warninipun ayu, pambêkanipun sae, tandang-tandukipun alus, sakalangkung manut miturut saha bêkti dhatêng tiyang sêpuh. Tajêming polatan mratandhani santosa ing budi.

Kala samantên Dèn Sri sampun nyandhak umur pitulas taun. Ing wanci jam pitu sontên nglêmbur nyêrat (ambathik) kalihan [kali...]

--- 25 ---

[...han] ibunipun, pancèn isining griya wau inggih namung tiyang èstri kalih punika, rencang botên gadhah, manawi badhe kèngkèn-kèngkèn, namung nyambat magêrsari, ingkang nama Pak Dipa, punika gadhah semah saha anak èstri umur sadasa taun.

Salêbêtipun anglêmbur nyêrat, Dèn Ngantèn Martagurita, ibunipun Dèn Sri, wicantên asêmu sambat: O, ya talah, direwangi anggêlak buruhan bathik, rong dina bêngkêlêng, imbuh sak jam têlu bêngi. Oleh buruhan pitung kêthip bae, kathik nganggo dicowok sêtali.

Apa dhèk anglêbokake bathikan mau nganggo dicowok, to, bu.

Iya, sing marai morine bolong nyangkêm kodhok.

Lah jênênge lupute dhewe.

O …, nèk anggagas mangkene iki, gèk sing diarêp-arêp apa.

Dèn Sri kèndêl anggènipun nyêrat, nyawang ibunipun katingal kêmbêng-kêmbêng. Lajêng wicantên: ana apa, ta, bu. Anggêr sibu kêkandhan mangkono, tak titèni bola-bali, mêsthi kêmbêng-kêmbêng kaya arêp nangis, wong dhuwit sêtali bae kok digagas digêtuni. Nèk dipikir dawa, rak iya wis pilang-pilang. Sibu lan aku rong dina bisa ngrampungake ikêt [ikê...]

--- 26 ---

[...t] loro, olèh buruhan pitung kêthip, dicowok sêtali. Turahane iya isih sêdhêng dipangan.

Ora mung têkan samono bae gagasanku, gêndhuk, sing tak pikir iku kowe. Kapan bisaku nukokake sandhangan kowe.

Dèn Sri wicantên kalihan wiwit nyêrat malih: sandhangan apa, ta. Jarik bathik, lurik, slendhang, aku isih duwe.

Kok barang sêmbêt, karêpku sing băngsa pêlik-pêlik, kaya ta: suwêng, ali-ali, pêniti lan sapanunggalane. Jaman saiki, êndhuk, anak wedok nèk ora diêmbyong-êmbyong, iya adoh sing nakokake.

Karêpe sibu nakokake arêp dipèk bojo, apa.

iya.

Wong arêp ngêpèk bojo kuwi, sing diêpèk wonge apa pêlik-pêlike. Wis ta, bu, aja dhêmên mikir sing kaya mangkono. Cêkake nek ana wong sing arêp ngêpèk aku, iya mangkene iki wujude. Ora arêp, wong aku iya ora kêsusu. Ênggonku sok anggagas bab laki, iku iya mung saka arêp gawe lêgane sibu. Satêmêne sok ribêt atiku. Awakku dhewe ora apa-apa, [apa-a...]

--- 27 ---

[...pa,] nanging aku nyawang sibu sêmune sok susah mikir aku. Aku iya banjur mèlu sêdhih.

Iya pancèn mangkono, ênggèr, ora kayaa, pamikire wong tuwa, ana rêmbug sathithik bae sok bisa gawe kêrasa-rasaning ati. Kaya ta dhèk wingine kae aku kêdhayohan Bok Sêmpu bakul arêng ing Barèng, kathik muni mangkene: Dèn Ngantèn, kula punika rak tumut mrihatosakên ingkang putra Dèn Sri. Putra priyatun tur darah, saening panggalih cundhuk lan warninipun, têka lêbêt jodhonipun. E, Dèn Ngantèn, yêktos, kula rencangi mêmuji, mbok inggih lajêng angsal jodho ingkang kêlêrêsan … . Lo, krungu mangkono kuwi, gêndhuk, banjur tuwuh prihatinku.

Aku gumun mênyang sibu. Bola-bali sibu mituturi, jare siji-sijining wong kuwi wis mêsthi ginantungan jodho ing Pangeran. Jêro cêthèke, wong ora bisa wêruh. Mung jodho pituduhing Pangeran, iku sing anggawa marang karahayon. Mulane wong kudu sabar, ngêntèni tibaning wanci olèhe jodho. Yèn wong anom nganti nuruti hawa nêpsu kêna godhaning setan, iya bakal kêdrawasan, sangsara salawase urip, bêbasan luput sapisan kêna sapisan.

--- 28 ---

Iya dhasar mangkono. Anaa kae aku sok sumêlang, kayata: dhèk padha rewang ana dalême pakmu gêdhe biyèn, jaka-jaka ing kabupatèn sêmune padha nyêmbranani kowe.

Arêpa ngono-ngono kae, bu, anggêre atiku ora isi apa-apa, arêp kêpriye manèh, ta, bu.

Mulane atimu bae sing santosa, êndhuk.

iya, mung bab santosaning ati kuwi, bu, sing tak candhi-candhi.

Cêkake, bu, dipitaya ing aku, aja dhêmên mikir sing ora-ora. Yèn sibu katon susah, atiku iya banjur mèlu sêdhih.

Ngilangake susah babar pisan, iya ora bisa. Lah, kapriye ta, gêndhuk, wiwit sedane bapakmu, kowe umur sawindu, mundhak dina anane mung mundhak susah. Biyèn olèh tinggalan dhuwit, omah lan sandhangan ganêp. Suwêng, ali-ali isih padha nglumpuk. Ana repote, pakmu Dêmang Martadigda ora kêndhat pitulungane. Biyèn pakmu dêmang iku iya kêcukupan, nanging banjur kêna prakara nganggo dhuwit nagara. Sajrone kêna prakara, suwêngku, dhuwit saanane ditêmbung kanggo ngêjogi dhuwit nagara mau dhisik, nanging tiwas padha êntèk-êntèkan, pakmu dêmang mêksa dilèrèni anggone dadi priyayi dalasan omahe

--- 29 ---

katut. Mulane barêng wis bubar-bubaran prakara, pandhapaku tak rilakake, dibêdhol diêdêgake ana têgal kae. Witikna kapriye, lah wong pakmu Dêmang Martadigda iku sadulure bapakmu, dadi iya duwe wajib marang tinggalane bapakmu. Apamanèh ngêlingi kabêcikane sing uwis-uwis, yèn aku ditêmbungi apa-apa, aku ora bisa ambalèkake.

Lah saiki pak dêmang kuwi nyambut gawe apa.

Aku krungu kok gawene jare wira-wiri mênyang Sala, Ngayoja.

Aku iya krungu, malah dhèk ora katon nganti rong sasi kae, jarene iya ana Sala bae. Lah, ana apa.

Embuh, ayake golèk pagawean.

Dèn Sri botên purun anglajêngakên wicantên, awit pamirêngipun, Dêmang Martadigda wontên Sala ngantos kalih wulan punika nglampahi ukuman, kêcêpêng anggèning sade apyun pêtêng. Manawi criyosa dhatêng ibunipun, botên sande inggih namung badhe mêwahi susah.

Punapadene nalika punika kêpêksa sami kèndêl anggènipun wicantênan, amargi wontên tiyang thothok-thothok [thothok-thotho...]

--- 30 ---

[...k] kori. Sarêng dipun sapa, wangsulanipun: kula bakyu, Martadigda.

Dèn Sri gita-gita mêngani kori. Dêmang Marta mlêbêt kanthi ambopong buntêlan, wicantênipun sumèh: wilujêng, bakyu. Slamêtan, êndhuk Sri.

Slamêt-slamêt, kowe mau saka ngomah bae, apa, dhi.

Saking Ngayoja, bakyu.

Wicantên makatên punika kalihan mapan linggih saha nguculi buntêlan: punika lo, bakyu, angsal-angsal saking Ngayoja. Sinjang tritik kagêm bakyu, lah iki kowe, êndhuk, jarik, kêmbên, sêmbagi têlung warna.

Dèn Ngantèn Marta saanakipun sami suka panarimah. Wicantênipun Dèn Ngantèn Martagurita: olèhmu nganti ambêndhoyot anggawa olèh-olèh.

Radi angsal kabêgjan, bakyu, mangke kula matur. Êndhuk Sri, aku wènèhana wêdang dhisik, ngêlakte[2] ora jamak.

Dèn Ngantèn Marta anyambêti: iya, êndhuk, karo jangane êngêtên ing anglo pambathikan kono. Bapakmu dêmang cikbèn dhahar pisan.

Dêmang Martadigda lajêng wicantên kalêsik-kalêsik dhatêng bakyunipun: bakyu, satêmênipun wontên priyantun nakèkakên pun êndhuk. [ê...]

--- 31 ---

[...ndhuk.] Benjing enjing badhe nontoni. Mila manawi bakyu parêng, benjing enjing jam nêm sontên pun êndhuk badhe kula bêkta dhatêng Mlinjon. Anggèn kula ngangsal-angsali pangangge wau, kenginga kangge santun.

Kok anèh, wong nontoni kok ora mrene.

Inggih, awit dhatêngipun anjujug ing Kampung Mlinjon, namung sakêdhap, lajêng badhe têrus ambujêng prêlu.

Sapa, ta, lan priyayi saka ngêndi.

Priyantun saking Sala, sampun dhudha, nanging dèrèng gadhah anak, namanipun ... Dèn Dira.

__________

IV. Rêmbagipun Bandar Kêkalih.

Bah bandar ing Mêsèn (Surakarta) katamuan Bandar ing Klathèn, namanipun: Ong Hyang, tiyang Jawi limrah sami nyêbut saha mastani: Bah Liyang.

Têmbungipun Liyang dhatêng ingkang gadhah griya: Koh (têgêsipun kakang), wis sasasi iki wong adol candu pêtêng ing bawah Klathèn umrik manèh. Aku mêntas ngukumake pêthut siji, sing jênênge Dêmang Tardigda,[3] nanging saluware saka paukuman, ora mêndha, malah saya andadra.

--- 32 ---

Sapa ta, Dêmang Martadigda kuwi, têka lagi iki aku krungu.

Ênggone mlêbu mênyang kalangan candu pêtêng pancèn durung lawas. Maune dhèwèke kuwi priyayi, wis dipocot. Kira-kira banjur bingung ênggone golèk panguripan, banjur mèlu-mèlu dagang candu. Mangka Dêmang Martadigda iku wong Klathèn cilik mula, lan iya brayatane priyayi Klathèn, mulane akèh sanak sadulure.

Ênggone duwe tindak ora gênah patute iya akèh sing ambiyantu.

Iya mangkono, apamanèh pakne cilik sing diparabi Jadipa iku misuwur wong dhugdhèng, omahe ing Sêmangkak. Wujude gêdhe dhuwur amêdèni, yèn caturan disajak-sajakake kaya Bratasena. Wong-wong ing kana padha ering marang dhèwèke.

Mirêng makatên punika Bah bandar kèngêtan pun Jarot, lajêng wicantên kalihan mèsêm, ing sêmu nyapèlèkakên Jadipa. Têmbungipun: nanging rak iya nyêrèt, ta. Măngsa ngungkulana Jarot.

Iya, nanging durung suwe, lan ênggone nyêrèt iku mung kanggo ugal-ugalan bae.

Orang lawas mêsthi ilang kêkuwatane.

Satêmêne ing bab lakune candu pêtêng iku, wong-wong Klathèn [Klathè...]

--- 33 ---

[...n] isih bodho-bodho, ora ngrêti pangulak lan pambuwange. Dadi sing uwis-uwis iya dagang cilik-cilikan bae, nanging barêng Dêmang Martadigda gandhèng karo Dèn Dira …

Sawêg dumugi samantên, Bah bandar kagèt, wicantên mêdhot kalimah, têmbungipun: Dèn Dira ..., anggêr-anggêr Dèn Dira.

Iya, Dèn Dira, asli saka Sala kene. Koh rak iya wis wêruh.

Wêruh wonge lagi ping pindho, wis tau arêp ambêgal aku ana antarane palerenan sêpur ing Tlawah karo Gundhi. Wong kuwi pancèn ngrusuhi daganganku ing Gêmolong.

Êlo, Gêmolong kapriye, ta, Koh. Aku krungu iya ing Sala kene. Sing cêtha manèh bawahku ing Klathèn. Iki mung kanggo ampir-ampiran bae, têrusane manèh ing Kutha Gêdhe bawah Ngayoja. Dadi lakune Dèn Dira iku mangkene: pangulake apyun mênyang bawah Sêmarang, pangêdole diècèr-ècèr ana ing Gêmolong, Sala, Klathèn, Tangkisan, Prambanan, Turahane dibrukkake ana Kutha Gêdhe.

Dadi yèn mangkono Dèn Dira iku gawe kapitunanmu lan aku. Apa kowe wis tau lapur Tuwan Sêkaut.

Uwis, mung satêmêne tumandang lan panukupe, iya yèn [yè...]

--- 34 ---

[...n] ana lapurku. Kaya ta: si nganu anggawa candu pêtêng ana nganu. Yèn sok malèsèt pandumukku, aku sok disrêngêni.

Ayo, ah, padha ditandangi. Mung aku kêpengin wêruh dhisik, sapa, ta, Dèn Dira kuwi.

Aku malah ora têrang, tak kira kowe sing cêtha.

Coba tak ngundang congsunku sing wis tuwa. Gaising, mrenea. Gaising dhatêng. Sarêng dipun takèni bab Dèn Dira, lajêng cariyos makatên: Dèn Dira kuwi adhine Dèn Mênggung. Bocah ugungan cilik mula. Dhèk Dèn Mênggung sêpuh isih urip, diuja sakarêpe, kêbacut-bacut dadi bocah dhêmên ugal-ugalan, barêng Dèn Mênggung sêpuh mau mati, digêntèni anake pambarêp, Dèn Mênggung saiki kuwi. Wiwit nalika iku, Dèn Dira diprêdi magang, nanging iya ora tlatèn, banjur dirabèkake sudagar sugih. Iya mung ngawut-awut bandhane sing wadon bae. Barêng wis mlarat, pêgatan. Dèn Dira bali mênyang dalême Dèn Mênggung manèh. Royale ora mari, wêkasan konangan anggone sok nyolongi dhuwit lan barang-barang, banjur ditundhung. Wiwit nalika iku Dèn Dira ora tau katon ana Sala, kluyuran mênyang ngêndi-êndi, sing kêrêp ana ing Gêmolong.

Têlas cariyosipun Gaising. Bah bandar wicantên: dadi

--- 35 ---

Dèn Dira iku têtela wong bubrah, ora wurung saya nyumêlangi. Yèn ora tumuli kacêkêl, mêsthi apyun pêtêng saya andadi. Aku duwe jago pêng-pêngan, lan Dèn Dira wis tau kêtanggor, kira-kira yèn Dèn Dira kêtêmu manèh karo jagoku mau, mêsthi wis kanji.

Apa ora malah saya tekad pati.

Bisa uga, nanging jagoku iya mitayani.

Sapa, ta, jagomu kuwi.

Dèn Jarot.

Êlo, apa kowe ngingu congsun Jawa.

Dudu congsun, Dèn Jarot iku anake Dèn Sumatênaya, mitraku lawas. Yèn tak jaluki tulung, kira-kira ora madal sumbi. Cêkake mangkene bae, kapan bisamu golèk sisik mêlik bisaa kalakon anukup Dèn Dira sakancane. Mêngko pratikêl-pratikêl ana ngaku.

Sajrone sasi iki, Dèn Dira mêsthi têkan Klathèn, amarga pangrunguku, Dêmang Martadigda sakancane wis padha ngarêp-arêp nampani têkane.

Lhah dalah, kêbênêran yèn pancen wis cêpak. Samangsa wis cêdhak dinane, kowe ngabarana, aku tak têka anggawa jagoku.

Bêcik, Koh, mung wêkasku têkamu aja ngêtarani, awit [awi...]

--- 36 ---

[...t] wong-wong Klathèn akèh sing wis wèruh kowe. Bêcike kowe têkaa ing wayah sore, nungganga sêpur mêdhun Cèpèr bae, banjur ngandhong. Dadi têkan ing Klathèn wis pêtêng.

__________

V. Para Bakul Apyun Pêtêng Wontên ing Koplakan.

Ing wanci sêrap surya, ing kitha Klathèn, jawah grêmis, margi-margi sami jêmèk, pasitèn jêblog alèthèh. Mratandhani mêntas jawah ngrêcèh. Mêndhung ing langit katingal pêthak, ngatawisi badhe dangu jawahipun.

Sanajan nalika punika dèrèng nama pêtêng babar pisan, nanging griya-griya sampun sami dipun sumêdi dilah pating kalêncar, têtiyang sami jêjagongan wontên ing griyanipun piyambak-piyambak, amargi sami wêgah mêdal ing jawi. Lare-lare sami dolanan wontên salêbêting griya utawi pandhapa, sawênèh rubung-rubung ngadhêpi tiyang sêpuhipun, mirêngakên pandongènging bapa utawi biyungipun.

Ewa samantên ugi wontên satunggiling tiyang katingal lumampah wontên ing margi, mikul kranjang kothong, panganggenipun kathok cêkak, rasukanipun kotang, inggih ambêkta rasukan lurik, nanging namung kasabukakên kemawon. Anggènipun [Anggè...]

--- 37 ---

[...nipun] udhêng-udhêngan pangon anjêbobog, tinumpangan ing caping dêling. Rai saha badanipun katingal ambasisik. Nanging manawi dipun tamatakên, basisikipun punika dede dhasaring pakulitan, jalaran pancèn dipun usapi balêthok. Wujud lan katingalipun tiyang wau, sampun jèblês tiyang ingkang damêlipun ngarit. Sanajan tiyang ingkang sampun kulina, saèstu botên gampil sumêrêpipun, bilih punika sajatosipun Jarot.

Wontênipun Jarot anglampahi kados makatên, jalaran saking awrat-awratipun dipun têdhani tulung ing mitra darma, inggih punika Bah bandar ing Surakarta, prêlu kapurih nêlik têtiyang ingkang sami dagang candu pêtêng. Dhatêngipun Jarot saking Sala sampun kalawingi, kalihan Bah bandar, nêtêpi sêmadosanipun kalihan Bah Liyang, bandar ing Klathèn.

Kajawi punika Jarot pancèn kêpengin ngalami prakawis ingkang anèh-anèh, sarta badhe sumêrêp kados pundi cara-cara saha gêsangipun tiyang-tiyang ingkang sami dagang candu pêtêng.

Lampahipun Jarot nuju Koplakan ing Kampung Mlinjon. Dumugi ngriku sampun pêtêng. Lawanging Koplakan mênga. Têngahing pandhapa katingal wontên ambèn inggil kinubêng ing lincak alit-alit panjang. Ing ambèn inggil kêbak sasadean têtêdhan: sêkul, lawuhan, saha panganan warni-warni.

--- 38 ---

Lincak sawingkinging ambèn dipun linggihi tiyang èstri ingkang sadean, dene lincak ngajêng saha kiwa têngên, kêbak dipun linggihi tiyang-tiyang ingkang sami nêdha saha wêdangan. Wontên malih ambèn andhap agêng, punika ugi mèh kêbak tiyang, wonten ingkang tilêman, wontên ingkang linggih angêkêp dhêngkul, wontên malih ingkang lingggih ing waton ambèn, sukunipun sumèlèh ing siti jrambahing padhapa.

Ing griya wingking ugi katingal apadhang, nanging tiyang ingkang wontên ngriku botên katingal, kajawi namung slira-sliri saha mlêbêt mêdal. Têtela salêbêting griya wingking punika ugi kathah tiyangipun.

Jarot badhe mlêbêt, manahipun mandhêg mangu, amargi kajawi mèh botên uman papan, tiyang ingkang sami linggihan punika botên wontên tiyangipun dhusun, katingal sami tiyang kitha sadaya, katitik panganggenipun sami jangkêp, udhêng-udhêngan, bêbêdan saha sadaya sami mawi rasukan. Nanging botên dangu gadhah pamanggih: jaragan, griya punika Koplakan, sabên tiyang kenging mlêbêt, punapa malih wêkdal punika lajêng brês jawah dêrês, mila Jarot enggal-enggal lumêbêt ing pandhapa. Kranjang dalah pikulanipun kadèkèk ing tritis, piyambakipun andhodhok cêlak kori ing lêbêt.

Tiyang èstri ingkang sadean, wicantên sumanak: êmpun payon, [pa...]

--- 39 ---

[...yon,] dhi, olèh sampeyan adol sukêt.

Ênggih pajêngan, yu. Nanging kirang saking adate. Ajêng kula idêr-idêrake, jawahe tanpa mêndha.

Sampeyan linggih ngambèn ngriku, ta, dhi, ampun cêdhak lawang ngotên, adhêm.

Wontên tiyang ingkang nyambêti, têmbungipun: iya, linggiha ngambèn, kono, lo, sêla.

Mirêng têmbung makatên punika, ing batos Jarot bingah sangêt, amargi panggenan ingkang katêdahakên punika, mèpèt pipining kori griya wingking, dados ngiras sagêd sumêrêp punapa ingkang wontên salêbêting griya. Mila botên sarănta lajêng anjarunthul, mapan linggih ing papan wau.

Saklebatan Jarot sumêrêp isining griya ingkang sisih kilèn, inggih punika ambèn kangge sêretan watawis tiyang gangsal. Dene ingkang sisih wetan, Jarot botên sagêd sumêrêp.

Tiyang èstri ingkang sadean tawi-tawi: sampeyan ajêng nêdha napa, dhi.

Jarot mangsuli: sampeyan paringi wedang kalih jadah wajik mawon.

Sadangunipun nêdha, Jarot tansah niling-nilingakên tiyang wicantênan, kalihan botên sah ing pangatos-atos, ayêming [ayê...]

--- 40 ---

[...ming] manahipun malih, dene tiyang-tiyang ingkang wontên ing ngriku, botên anggatosakên babar pisan dhatêng piyambakipun.

Botên dangu Jarot miring swara saking nglêbêt griya, botên pangling bilih punika swaranipun Dèn Dira, têmbungipun: Dhi Dêmang Martadigda, iki, lo, sagêlas manèh, ombenên.

Sampun, kamas, tiyang sampun têlas tigang gêlas. Kula sampun kaliyêng-kaliyêng.

Wontên swara malih: mêngko mêndêm, dèn dêmang iki.

Dèn dêmang dhèhèm-dhèhèm sêmunipun mêntas ngombe jênèwêr malih, lajêng wicantên: ah, kaya cêcak, mêndêm.

Dèn Dira: lah kapriye, dhi, apa kowe wis klumpuk-klumpuk dhuwit manèh. Karuhane ênggonku tumuli bali mênyang Dêmak.

Sapunika dèrèng sagêd, kamas, lah tiyang titipan ingkang sampun kemawon, apyunipun dèrèng panjênêngan paringi.

Ah, wong dikandhani mêngko. Kira-kira jam rolas bêngi, wong-wong sing anggawa apyun mêsthi têka, mau mangkate saka Sala mèh barêng karo aku, mung bae aku nunggang sêpur, wong-wonge padha tak kon mlaku.

Kok ngantos dalu, kamas

--- 41 ---

mêsthi bae, wong lakune prasasat ora nurut dalan gêdhe, karodene manèh, wong pitu iku ora gumrubyug bêbarêngan, pating slêbar golèk dalan dhewe-dhewe. Mung bakal lumêbune kutha Klathèn, tak kon anglumpuk ana Desa Sangkalputung. Mulane mêngko yèn têrang, bêcike padha nyêgat mênyang kana bae.

Prêlunipun punapa, kamas. Lah bok kajêngipun sami dipun êntosi ngriki kemawon. Sadhatêngipun lajêng ngêdum apyunipun, ing pandhapa sampun andhèr tiyang ingkang sami titip.

Ah, ora kêpenak, dhi, panggonan kaya mangkene kanggo ngêdum-êdum. Yèn ngantia ditukup, mêsthi cilaka kabèh.

Sintên, ingkang badhe nukup.

Pulisi.

Pulisi panukupipun rak manawi wontên panêdhanipun bandar. Bandar sumêrêpipun manawi wontên candu pêtêng saking congsun. Mangka congsun-congsun ing ngriki sami ajrih sadaya dhatêng kula, cêkakipun dhatêng tindak kula botên badhe ganggu damel.

Iya, nanging iya ora ana alane wong anggêdhèkake pangati-ati. Mulane mêngko ora susah kabèh mèlu mênyang Sangkalputung, pilihana sing titipane gêdhe-gêdhe [gêdhe-gê...]

--- 42 ---

[...dhe] bae, dene liyane cikbèn padha ngêntèni ing kene.

Inggih, sampun, kula namung andhèrèk sakarsanipun kamas. Mangsuli bab pandangunipun kamas, klêmpak-klêmpak arta, cêkakipun kamas botên susah sumêlang, ingkang mêsthi kănca ing Wêdhi, Gondhang, Kêbon Arum, Mipitan, saha Srago kemawon apêsipun nyawidak rupiyah. Punika dèrèng ingkang nigang dasa saha anggangsal wêlasan rupiyah, kathah sangêt. Benjing sanès dintên kemawon kula sowan dhatêng Sala, ambêkta arta.

Iya bêcik. Kapriye kaanane ing kene sing padha mèlu kulakan apyun, apa kauntungane gawe pamarême.

Saklangkung-langkung, kamas. Upaminipun tiyang tampi saking kamas sakatos rêgi 60 rupiyah. Manawi dipun têmpil-têmpilakên, satail pajêng gangsal rupiyah. Măngka sakati wontên nêm bêlas tail, dados sakatos wau sampun pajêng 80 rupiyah. Bathi 20 rupiyah.

Lajêng ingkang nêmpil satail 5 rupiyah, dipun sade ècèr samripatipun sakêthip. Dados ingkang gadhah cicandu[4] satail utawi 100 mripat, sagêd angsal bathi gangsal rupiyah.

Punika manawi cara rêsik-rêsikan, adatipun bakul-bakul [bakul-baku...]

--- 43 ---

[...l] alit ing ngriki, candu wau pangothokipun asring dipun wowori. Bathinipun lajêng tikêl botên kantên-kantênan.

Pancèn ing ngêndi-êndi padha duwe akal kaya mangkono. Cara kene momorane apa.

Manawi apyun, momoranipun pisang ambon. Dene candu: duduh jêram pêcêl, kagodhog ingkang ngantos nyandu.

__________

VI. Trajangipun Jarot Dados Dolop.

Mênggah rêmbug-rêmbug makatên punika wau, pamirêngipun Jarot cat kêpirêng, cat botên, amargi sapisan, anggèning pirêmbagan botên ajêg sêrunipun. Kaping kalih, asring kêbrêbêgên wicantênipun tiyang ingkang wontên ing griya ngajêng utawi pandhapa. Kaping tiga, jawahipun taksih lajêng, trêkadhang dêrês, trêkadhang namung grêmis kriwis-kriwis. Ewasamantên Jarot sampun sagêd mangrêtos punapa ingkang prêlu dipun sumêrêpi.

Wontên tiyang mêdal saking griya wingking, linggih nyêlaki tiyang ingkang wontên ing ambèn pandhapa, botên têbih saking papanipun Jarot, dipun takèni tiyang ingkang sampun linggih dangu: uwak-uwik kuwi ambuntêl apa.

--- 44 ---

Wangsulanipun umak-umik kalihan manthuk: candu.

Êlo, jare wong sing anggawa candu durung têka. Lah genea kowe kok wis olèh.

Ah, wong iki olèhku ngruwêk duwèke Dèn Dêmang Martadigda. Gawane Dèn Dira dhewe, watara ana sapuluh tail, diolèh-olèhake dèn dêmang, ayake minăngka tukon. Lupute dèn dêmang dhewe, lah wong diwènèhi candu kok diglethakake bae disandhing linggih. Saiki sêmune dèn dêmang wis mêndêm têmênan. Sarèhne linggihku cêdhak, tanganku griming-griming bisa ngruwêk candu mau.

Ora gênah kowe kuwi. Dadi têgêse candu olèhmu ngutil, ta. Ora ngono, kandhamu candu olèh-olèh minăngka tukon. Tukon apa, jare.

Tukon ponakane dèn dêmang, rak arêp dipèk Dèn Dira, ta.

Wontên tiyang neneman namanipun Bardi, miring rêmbag makatên punika katingal botên sabar, lajêng sumlonong pitakèn: sapa, sapa sing arêp dipèk Dèn Dira.

Ponakane dèn dêmang, kae, nèh, Dèn Sri, sing omah ana Sidowayah.

--- 45 ---

Ah ora mèmpêr. Dèn Dira wis umur patang puluhan mangkono arêp ngêpèk prawan.

Jênênge, arta daya. Saka dayaning dhuwit, yaiku dèn dêmang diwêlêg ing dhuwit Dèn Dira, nganti ponakane arêp diwènèhake.

Sanajan mangkonoa, Dèn Sri kuwi rak dudu anake dèn dêmang dhewe, isih ana sing mêngkoni, ya kuwi ibune.

Ya êmbuh, nyatane aku krungu têmbunge dèn dêmang mênyang Dèn Dira dhèk mau, tuture: sadaya-sadaya sampun wontên kula.

Nanging apa iya wis dadi rilane ibune lan iya dadi karêpe Dèn Sri.

Prakara mangkono kuwi aku ora wêruh, kira-kira Dèn Sri ora ngrêti rêmbug-rêmbug sakawite, tandhane wis têkan kene kok tansah ngusapi êluh bae.

Têkan kene ngêndi.

Lah kae, ta, linggih ana ngambèn wetan, diarih-arih Bok Karia, bokne sing duwe Koplakan iki.

Bardi katingal botên sakeca manahipun, lajêng ngadêg malampah mangilèn, reka-reka tumbas sês dhatêng panggenan sasadean, lugunipun badhe nginguk, nyatakakên punapa Dèn Sri wontên sayêktos. Sarêng sampun têrang sumêrêpipun, lajêng wangsul saya nêsêg pitakènipun bab Dèn Sri. Dipun [Di...]

--- 46 ---

[...pun] cariyosi makatên: bola-bali Dèn Sri akon ngundang dèn dêmang sing linggih ana ngambèn kulon, digubêl dikon ngêtêrake mulih. Suwe-suwe dèn dêmang iya arêp mituruti. Nanging dipênggak dêning Dèn Dira. Malah dèn dêmang arêp diêndêmi, sêmune Dèn Dira duwe karêp bêngi iki mêngko Dèn Sri arêp digawa, êmbuh mênyang Ngayoja, êmbuh bali mênyang Sala.

Ah, dudu karêping manungsa, kaya mangkono kuwi. Anggênipun Bardi wicantên makatên punika kalihan ngadêg malih, mlampah dlojag-dlajig, katingal sangêt bilih manahipun botên jênjêm.

Lugunipun Bardi punika taksih mambêt-mambêt sanak kalihan Dèn Sri, malah ing batos gadhah melik badhe mêndhêt semah, nanging dèrèng sagêd kêlair gadhah panêmbung, rikuh dhatêng badanipun piyambak, amargi nalika samantên sawêg kasekengan, samăngsa sae panggêsanganipun, niyat badhe nakèkakên Dèn Sri. Mangka lajêng mirêng rêmbag kados makatên, mila sampun layak kemawon anggènipun bingung saha kêmropok manahipun, sêdyanipun badhe ngalang-alangi Dèn Dira, anggènipun badhe ambêkta Dèn Sri punika.

Bardi wira-wiri mlampah ngetan ngilèn wontên salêbêting pandhapi, nginguk ing jawi taksih jawah, kêtronjol lêbêtipun [lêbêtipu...]

--- 47 ---

[...n] tiyang agêng inggil, pamanipun Dèn Dêmang Martadigda, ingkang dipun parabi Jadipa.

Jadipa takèn dhatêng têtiyang ingkang sami linggih ing lincak: apa dhayohe saka Sala wis têka.

Dipun wangsuli: o, êmpun dangu, lah nika, malah dèn dêmang ênggih ontên ing lêbêt griya.

Jadipa têrus lumêbêt ing griya. Nalika punika têtiyang ing pandhapa sami gar-gêr gumujêng mirêngakên kojahipun Sastra Dirya. Botên dangu Jadipa mêdal saking griya wingking, wontên têngah kori sampun pitakèn kalihan mèsêm: apa, ya, gar-gêr ramene jamak iki.

Dipun sauri: anu, Mas Sastra Dirya, kojah dhèk dicêgat congsun ontên bawah Bayalali.

Jadipa ngadêg nyêluki Sastra Dirya kalihan pitakèn: apa, Tra, aku critanana.

Dhèk aku mulih saka Gèyèr biyèn, ana ngalas lor Bayalali dicêgat Cina loro. Aku rada kagèt, amarga lagi bae pisah karo kănca-kănca, jêdhul, jêdhul, ana Cina mêtu saka grumbul, sing siji calathu: lah, kowe anggawa candu, ya, êndi, ulungna. Wangsulanku: ulungna, ulungna, apa. Ngulungke kêpêlanku, aku gêlêm.

--- 48 ---

Kowe aja gêmaib, aku congsun.

Kêbênêran, dene kowe congsun, ênya bithiku tampanana ing gundhulmu.

Aku laki[5] ngagakake bithiku, jêdhul jêdhul, ana mantri ocar-acir karo wong siji manèh tèka. Dadi aku banjur kanggêg. Cinane caturan kêmrêcêk: dèn mantri, wis gênah wong iki mêsthi tunggale sing padha anggawa apyun pêtêng, tak takoni bae, ujug-ujug arêp ngajak kêrêngan. Ayo dèn mantri, padha digledhah bae.

Sastra Dirya nglajêngakên cariyos: mantrine ocar-acir sajak sabar, calathu mênyang aku taklim bangêt, nêmbung arêp anggledhah. Tujune aku oleh gilir ora anggawa candu, kajaba duwèke dhewe, ana satail, tak salêmpitake ing mondholan ikêt. Calathuku marang mantri ocar-acir, nyuwun ngapuntên, mas, kula botên purun dipun galedhah saênggèn-ênggèn. Butamalipun punapa, dene kula kadakwa sadean candu pêtêng. Inggih, ta, tiyang andakwa punika kenging kemawon, nanging ingatasipun tiyang sae-sae dipun galedhah saênggèn-ênggèn, punika prasasat dipun wirang-wirangakên. Kula purun dipun galedhah, nanging manawi wontên kabupatèn. Mangga, kula sampeyan bêkta kemawon dhatêng kabupatèn.

--- 49 ---

Mantri ocar-acir rêmbugan sadhela karo congsun. Cêkake panjalukku dituruti.

Tiyang ingkang linggih ing ambèn, wontên ingkang wicantên: e, pancèn pintêr Mas Sastra Dirya, têka bisa-bisane olèh rêmbug.

Mirêng makatên punika Sastra Dirya agêng manahipun, anggènipun kojah saya mêmpêng, têmbungipun: sasuwene padha mlaku mênyang kabupatèn, atiku ora kêpenak, marga congsun loro kuwi ora pisah tansah mlaku ana ing buriku. Lah, anggonku nyingkirake candu sing ana mondholan kapriye.

Bareng wis cêdhak kabupatèn, aku pamitan reka-reka arêp nguyuh. Jebul diêtutake, banjur tak calathoni: wong nguyuh kok diêtutake, apa kok kira arêp lumayu. Niyata mlayu rak wis dhèk ana ngalas mau.

Cinane padha mandhêg, nanging sabarang polahku, diawasake bae. Barêng pangadêgku saka nguyuh ngarêpake Cina loro mau, aku reka-reka ambênakake ikêt, sajatine anjawil slêmpitan candu sing mèpèt mondholan, tlêpok-tlêpok padha tiba. Cinane ora ana nglêgewa. Mulane barêng aku digledhah ana kabupatèn, nganti bêbasan diwudani, ikêt diudhari, kanthong-kanthongan [kanthong-ka...]

--- 50 ---

[...nthongan] disuntaki, kolor kathok digèrèdi, iya ora ana apa-apane. Sadhela-sadhela aku mênthêlêngi congsun, reka-reka kudu arêp ambithi irunge.

Mênggah anggènipun kojah Sastra Dirya punika, kanthi patrap saha têtêmbungan ingkang lucu sangêt, mila botên pêdhot gujêngipun tiyang.

Jadipa wicantên: ora, Tra, olèhmu kudu ambithi bae kuwi. Tangane wong bêngkring ngono bae găndra sapira.

Bêngkring-bêngkringa kae, tangane antêb kaya wêsi gligiran. Katimbang kowe. Kowe kuwi rosa, iya patut, nanging rosamu jalaran saka gêdhe dhuwurmu, satêmêne kowe kuwi gêdhe gombong, tanpa otot, tanpa isi.

Jadipa bêntèr manahipun, lajêng andhêsêl linggih ing lincak nyêlaki Sastra Dirya, wicantênipun: lah bok coba, ayo bithên karo aku.

Sastra Dirya ambêkuh: ah, sêmbrana kowe kuwi, aja kaya bocah cilik.

Jadipa saya botên kuwawi ngampêt nêpsuning manah, dhasar watakipun brangasan, nanging lugunipun radi ering dhatêng Sastra Dirya, sapisan Sastra Dirya kêprênah sêpuh, kaping kalih Sastra Dirya dipun [dipu...]

--- 51 ---

[...n] trêsnani tiyang kathah dening lucunipun, dados saupamini dipun tandangana, kuwatos manawi têtiyang sami murina. Wasana puruging bêndunipun Jadipa dhawah tiyang sanès, inggih punika dhatêng Bardi ingkang pinuju wira-wiri mlampah ngetan ngilèn. Wicantênipun Jadipa: bocah iki ana apa, têka dlojag-dlajig cêdhak wong tuwa.

Bardi kagèt, amargi nuju anggagas sanès, mila wangsulanipun namung sakêcêpêngipun: ana apa ta, wong mlaku-mlaku sikile dhewe.

Jadipa ngadêg maknyat, nêkêm baunipun Bardi kalihan wicantên: êlo, caturane sumêngit.

Bardi paringisan, sambatipun: atho, atho.

Ewa samantên, sanajan sampun sambat kados makatên, malah sukunipun kacêpêng ing tangan kiwa, lajêng kajunjung nyêng, kauncalakên dhawah ing ambèn, grobyag.

Tiyang sapandhapa kèndêl sadaya, cingak ningali patrapipun Jadipa. Namung Sastra wicantên lirih: hêh, kok ngono.

Jadipa nyêntak: apa, Sastra.

Sastra Dirya mangsuli ayêm, nanging anggrêgêtakên: ora apa-apa.

Kowe kêpengin tak ngonokake.

Aku iki dudu tandhingmu. Pancène nèk kowe arêp ngadu

--- 52 ---

karosan, karo kae, lo, sing linggih pipi lawang (kalihan nudingi papan prênahipun Jarot), najan wujude gêdhe kowe, nanging baune katon mathekol, karosane durung karuan yèn kalaha karo kowe.

Jadipa nganyag murugi Jarot, nyêpêng sirah kalihan wicantên: iki, wong desa iki, apa iya duwe kêkêndêlan.

Jarot rumaos badhe manggih pakèwêd, sasagêd-sagêd badhe dipun singkiri, mila nyabarakên manah, wicantênipun: botên, ndara, kula makatên rak tiyang dhusun.

Wonga desa kae, iya ana sing kêndêl, lah kowe apa ngrêti têgêse kêndêl.

Têgêse kêndêl. Gajêge nèk tiyang sing kêndêl têmênan niku, gêlême ngêtokake kêkêndêlan, nèk ontên prêlune. Dene tiyang sing dhêmên pamèr ngêtingalake kêkêndêlan, sajatose botên kêndêl.

Samangke têtiyang sapandhapa puruging mripatipun namung dhatêng Jarot saha Jadipa, ing batos sami kêpengin sumêrêp, badhe kados pundi kadadosanipun, amargi pun Jarot, ingkang sakawit namung kakintên tiyang dhusun, kluthuk, têka gadhah têmbung kados makatên.

Jadipa groyok wicantênipun: ora kêndêl kapriye.

--- 53 ---

Samine paribasan: asu sing akèh juguge, tăndha ora wani cakotane.

Sapa sing asu.

Êlo, alon ta, ndara, kula wau rak matur paribasan. Kalihdene malih bok ampun nguyêg-uyêg sirah mêkotên. Turene priyayi kutha niku sami ngrêtos têpa sêlira. Nèk kowe ora gêlêm dicêkêl êndhasmu, iya aja nyêkêl êndhasing liyan.

Êlo, apa kewe[6] wani nyêkêl sirahku. Ngadêga.

Wani-wani kêpripun, ta, ndara. Lah wong botên ontên prakarane. Kula wau rak êmpun matur: panganggene kawanèn niku nèk ontên prêlune.

Iya, nanging kowe wong desa, rekamu sugih rêmbug.

Pamanahipun Jarot, nitik grêgêtipun Jadipa, têtela sampun boten kenging dipun singkiri, botên sande pancèn namung niyat ngajak kêrêngan, mila Jarot badhe ngêdalakên têmbung ingkang pungkasan, lajêng badhe ngajar Jadipa, wicantênipun radi sumêngit: sugih rêmbug kêpripun. Takon-takon dhewe diwangsuli kok nekad.

Dèrèng dumugi wicantênipun Jarot, kêsêlak Jadipa ngangkat baunipun, dipun sarêngi wicantên: cêkake iki bithiku tampanana.

--- 54 ---

Jarot awas mulat, ngadêg nyat, tarampil nadhahi dhawahing tanganipun Jadipa, èpèk-èpèkipun sagêd nyêpêng ugêl-ugêl, sêr, sinarêngan panêkuking sikut, dhawah ing dhadhanipun Jadipa, gabrus. Tinututan malih èpèk-èpèkipun Jarot, miring kapêdhangakên baunipun Jadipa, bêd, mêdal kucinganipun. Jadipa ngraosakên ampêging dhadha saha sakiting bau. Tanganipun kiwa sawêg badhe ngêlus-êlus ingkang sakit, enggal dipun tubruk Jarot, kaingêrakên badanipun, ngantos ngungkurakên Jarot, cangklakanipun kiwa têngên dipun slodhohi tanganipun Jarot kalih pisan, plêk, plêk, plêk, driji-driji acathok pelas, nêkêm githokipun Jadipa. Samangke Jadipa botên sagêd obah, sirah tumungkul, janggut gathuk lan dhadha. Jarot wicantên: iki lo, Jadipa, sing jênêng wani lan paedahe kêkêndêlan. Budia saiki. Nanging yèn kowe obah, sida putung githokmu.

Jadipa badhe nyăngga, nanging sawêg ebah sakêdhik kemawon, rumaos sirahipun badhe pisah kalihan gêmbung, kêpêksa nêdha tulung, nanging swaranipun namung wontên ing gulu, ungêlipun: uhung.

Jalaran saking ngèngêti kănca, tiyang sapandhapa lajêng badhe têtulung sadaya, namung Bardi ingkang botên, ing batos [bato...]

--- 55 ---

[...s] malah bingah, dene wontên tiyang ingkang malês pun Jadipa. Sarêng Bardi sumêrêp tiyang ing griya wingking sami mêdal dhatêng pandhapa, kèngêtan dhatêng Dèn Sri, enggal anjarunthul mêjahi dilah, pêt, kalihan alok, pulisi, pulisi. Bardi têrus lumêbêt ing griya wingking, inggih ugi mêjahi dilah. Sanalika gègèr uyêk-uyêkan, nanging botên wontên tiyang nyuwara, ngintên bilih wontên punggawa pulisi sayêktos, mila tiyang-tiyang namung sami ambujêng wilujêngipun piyambak-piyambak, pating clurut sami mêdal saking griya. Jarot inggih lajêng nguwalakên Jadipa, nanging botên purun mêdal, ngadêg mèpèd sèndhèn gêdhèg, awit pangintênipun taksih wontên tiyang ingkang badhe nêmpuh piyambakipun. Sarêng ingkang gadhah griya sampun nyumêd dilah malih, têtela rêsik sampun botên wontên tiyang.

Jarot kapurih mantuk mêdal griya wingking, sumêrêp ing ambèn wontên tiyang satunggal, tilêm, inggih punika Dêmang Martadigda.

__________

VII. Gathukipun Jarot Kalihan Dèn Sri.

Wêdalipun saking griya, Jarot anjog ing kêbon, kranjang dalah pikulan saha capingipun katilar, amargi sampun [sampu...]

--- 56 ---

[...n] mantun jawah. Sanajan nalika punika rêmbulan sampun mêdal, nanging botên katingal babar pisan, amargi kalingan ing mêndhung pêthak. Jarot manah badhe lampahipun mêdal pundi. Manawi wangsul mêdal ngiringaning pandhapa, gampil lajêng dumugi ing margi agêng, nanging sumêlang manawi dipun cêgat balanipun Dèn Dira utawi Jadipa. Mila wêkasanipun lajêng mêdal butulaning kêbon, anjog ing margi alit urut pinggiring dhusun, ingkang dados watês kalihan sabin. Lampahipun dèrèng angsal satus tindak, Jarot sumêrêp rêgêmênging tiyang, andhodhok wontên pinggiring margi. Sarêng sampun cêlak, têtela tiyang èstri, tanganipun ngranggèh-ngranggèh nyêpêng lêngênanipun Jarot, kalihan wicantên pêdhot-pêdhot sarta gumêtêr: kang, kang, tulungana aku. Aku êtêrna mulih.

Mantuk dhatêng pundi.

Mênyang Sidawayah.

Punapa sampeyan Dèn Sri.

Iya. Aku mau arêp diêtêrake Mas Bardi. Nanging banjur ditututi wong loro. Mas Bardi diglandhang mênyang têngah sawah.

Lah kae, galo, blag, blêg isih dipala. Allah, Gusti Allah, nyuwun pangapura.

Anggènipun sambat makatên punika kalihan êluhipun carocosan, [ca...]

--- 57 ---

[...rocosan,] saha sakalangkung mêlas asih, adamêl ngêrêsing manah.

Jarot anilingakên swara, mirêng lamat-lamat sambatipun Bardi: adhuh, adhuh, mati aku.

Mirêng makatên punika, manahipun Jarot sampun botên kenging katata malih. Lajêng nguwalakên Dèn Sri ingkang taksih nyêpêngi lêngênaning kotangipun. Sanalika Dèn Sri anjêrit lirih, têmbungipun: aku tulungana, êtêrna mulih. Allah, awakku iki mêngko kapriye …

Sanajan mirêng makatên punika manahipun Jarot kados ginarit, nanging mêksa mlumpat dhatêng sabin, ing batos sêlak botên tahan mirêngakên tiyang ingkang sambat pêjah. Lampahipun Jarot ngênêr panggenaning swara, lumajêng turut galêngan, mawi mlumpat-mlumpat, trêkadhang kêjluwog-jluwog ing blêthokan, amargi nalika punika sabin-sabin sami taksih dados leleran, toyanipun kathah sangêt.

Dumugining panggenan, Jarot kantun nyumêrêpi Bardi mêngkurêb andhêpani galêngan, sukunipun kalih pisan kêkum ing toya, pipi saha pilinganipun têngên gupak balêthok sumèlèh wontên ing galêngan, lajêng dipun tangèkakên Jarot, rai saha sadaya ingkang gupak balêthok, dipun rêsiki mawi toya sabin, wicantênipun Bardi lirih, têmbungipun:

--- 58 ---

Sampeyan napa kănca ngarit sing kêrêngan kalih Pak Jadipa wau.

Ênggih.

Bangêt panrima kula, ênggih. Pinggir desa nika ontên tiyang èstri, napa têksih.

Têksih. Apa kêrsa sampeyan, Dèn Sri.

Ênggih bênêr. Êmpun tanggung-tanggung olèh sampeyan têtulung. Nika samang êtêrake mulih. Adhuh, awak kula botên bisa angglawat.

Sintên sing misakit sampeyan, mas.

Ayake sing jênêng Dèn Dira, kalih kancane siji sing saka Sala. Êmpun, ta, enggal samang wangsul ngêtêrakê Dèn Sri. Awak kula sampun sampeyan pikir, gampil, mangke grêmêt-grêmêt kula mulih dhewe. Kula sumêlang, nèk Dèn Sri mêksa digawa Dèn Dira.

Jarot ngèstokakên pakènipun Bardi, nuntên lumajêng mangsuli Dèn Sri. Sarêng sampun cêlak, lajêng dipun takèni: kapriye, kang, apa Mas Bardi mati têmênan.

Botên, kantun badanipun kemawon ingkang taksih lêmês, badhe ngêtêrakên sampeyan, botên sagêd, mula kula ingkang dipun kèn.

--- 59 ---

Iya ayo, aku sêlak wêdi nèk ditututi wong Sala mau manèh.

Mangke kula wisuh rumiyin, badan saha kotang kula gluprut êndhut. Sampun sumêlang, têtiyang wau sampun sami lumajêng mangidul.

Jarot lajêng dhatêng kalèn, rêrêsik. Udhêngipun dipun bênakakên. Rasukan lurik ingkang sadangunipun dipun sabukakên, sapunika dipun angge. Sarêng sampun rampung, lajêng murugi Dèn Sri kalihan wicantên: sampun, mangga.

Dèn Sri badhe ngadêg saking anggènipun andhodhok, nanging galuyuran badhe dhawah, enggal dipun candhak Jarot, lajêng lumampah gandhulan bau. Sakêdhap-sakêdhap mego dhatêng wingking, awit ajrih saha kanji manawi dipun tututi ing tiyang. Manahipun tansah tab-taban, mila badanipun lêmês anglêntrih.

Lampahipun rêreyongan, anggêr ngambah margi lunyu, kêncêng sangêt panyêpêngipun Dèn Sri, trêkadhang tanganipun kalih pisan ngrangkul baunipun Jarot.

Salaminipun Jarot dèrèng nate anggagas tiyang èstri babar pisan, ewadene bawanipun tiyang nèm, sapisan punika manahipun kataman raos ingkang beda kalihan padatan. Punapa malih sanajan ing dalu wau padhangipun rêmêng-rêmêng

--- 60 ---

sangêt, sabên Jarot sumêrêp gêbyaring paraupanipun Dèn Sri, manahipun kumêsar atêrataban.

Dène Dèn Sri, sêpên ing èwêd-pakèwêd, bokmanawi kabêkta saking agênging ajrihipun ngalami lêlampahan ing salêbêtipun tigang jam ingkang mêntas kêpêngkêr. Kajawi punika Jarot dipun kintên tiyang dhusun limrah, mila têmbungipun ngoko, anggènipun godhelan saha nyêpêngi baunipun Jarot, tanpa subasita.

Lampahipun dumugi ing margi agêng. Sarêng dumugi ngandhap ting (dilah minăngka pêpadhanging margi agêng) tiyang neneman kêkalih punika sami ingêt-ingêtan, sanalika manahipun sami kumêpyur pindha Panjangputra dhawah ing sela. Dèn Sri sawêg sumêrêp, bilih tiyang dhusun ngarit ingkang dipun gondhèli punika sarêng santun ngangge rasukan lurik, malih dados jêjaka bagus ing warni. Dèn Sri rikuh sangêt, lajêng ucul anggènipun gondhelan, sarwi wicantên, têmbungipun malik dados karma: sampun, mas, kula mlampah piyambak kemawon.

Cêp, tiyang kêkalih lajêng sami botên ginêman, Dèn Sri lumampah ing ngajêng, Jarot sawingkingipun kêpara ngeringan, botên dangu kêpapag tiyang andhap ipêl-ipêl, inggih punika Dipa magêrsarinipun Dèn Sri. Samangke sampun dados upas.

Dipa lajêng wicantên: Êlo kok Dèn Sri, ta, iki.

--- 61 ---

Iya, kowe arêp mênyang ngêndi, Pak Dipa.

Dipun dhawuhi kêng ibu nusul sampeyan, kok dados ngantos wanci mêkatên, ta, Dèn.

Iki wis jam pira, ta.

Mèh jam sanga. Wiwit têrang wau kêng ibu kirang sakeca panggalihipun, kula dipun dhawuhi nusul. Pancènipun jam sanga mangke kula dipun timbali dhatêng kamantrèn. Mila mangga, ta, sami rêrikatan kemawon. Lah punika sintên (anggènipun wicantên makatên punika kalihan nyawang Jarot).

Ya kuwi sing arêp ngêtêrake aku.

Lah, kêng rama dèn dêmang, pundi.

Êmbuh, aku ora wêruh. Mêngko yèn ana ngomah bae, tak crita.

Gampiling cariyos, Dèn Sri saha Dipa lajêng pêpisahan kalihan Jarot.

Sadumugining griya, Dèn Sri dipun pêthukakên ibunipun, sanalika mripatipun carocosan mêdal êluhipun. Dipun takèni ibunipun, botên sagêd mangsuli. Lajêng santun pangangge kalihan nangis asênggruk-sênggruk, sandhangan ingkang mêntas dipun angge dipun bucali sêbat-sêbut, wicantênipun pêgat-pêgat: kuwi, bu, singkirna sing adoh, aja katon mataku manèh. Kuwi dudu olèh-olèhe

--- 62 ---

Pak dêmang. Satêmêne duwèke wong Sala.

Dèn Ngantèn Martagurita judhêg manahipun, amargi botên mangrêtos babar pisan sababipun Dèn Sri kados makatên. Katarik saking trêsnanipun dhatêng anak, lajêng tumut amrêbês mili, pitakènipun: ana apa, ana apa, êndhuk.

O, ya talah, ênggèr, anakku wadon mung sitok, kowe.

Dèn Sri saya sêru panangisipun, lajêng ngrungkêbi pangkoning ibunipun.

__________

VIII. Kacêpêngipun Para Bakul Apyun Pêtêng.

Sanajan dalu jawahipun dêrês angrêcèh, nanging enjingipun têrang sumilak. Pêdhut saha ampak-ampak botên wontên katingal. Namung godhonging wit-witan taksih sami marêntul wontên toyanipun, kataman soroting surya, pating pancorong angrêsêpakên, saya sarêng katrajang aburing pêksi. Sami kumêpyur pindha sêsotya sinawurakên.

Enjing umun-umun Dèn Ngantèn Martagurita sampun tangi, anggodhog wedang saha nyêpaki sarapan anakipun èstri, inggih Dèn Sri. Kadingarèn, sampun wanci ngajêngakên jam pitu Dèn Sri tasih wontên patilêman, ngungkêb-ungkêb [ngungkêb-ung...]

--- 63 ---

[...kêb] kagagas[7] lampahan ing dalunipun. Kajawi sangêting prihatos, Dèn Sri kataman ing sambang sarawungan. Dèn Jarot ingkang mitulungi piyambakipun, tansah katingal wontên ing mripat.

Dèn Ngantèn Martagurita nyêlaki, wicantênipun: wis awan êndhuk, tangia. Ayo padha sarapan.

Dèn Sri inggih lajêng tangi, têrus dhatêng ing pakiwan. Sarêng sampun dandos, lajêng linggihan kalihan ibunipun. Mripatipun taksih bintit, dening anggènipun mêntas nangis mèh sadalu.

Lêlampahan ing dalu wau, Dèn Sri ugi sampun cariyos dhatêng ibunipun, nanging namung sawatawis, ewadene ibunipun inggih sampun nyandhak, ingkang prêlu kemawon, Dèn Sri prasasat mèh dipun sade dening Dêmang Martadigda.

Dèn Ngantèn Martagurita miwiti wicantên: hara, pakmu dêmang rak ora ana mancungul. Yèn gênaha ngono, pancène mau bêngi rak wis nututi mrene.

Nitik têmbung makatên punika, têtela sami botên mangrêtos, bilih Dêmang Martadigda taksih mêkungkung tilêm wontên ing koplakan.

Lajênging wicantênipun Dèn Ngantèn Martagurita: ayake dhi dêmang wêdi kêtêmu aku. Dak impi-impi, kapan-kapan dhi dêmang

--- 64 ---

mrene, arêp tak unèk-unèkake sing nganti êntèk amèk kurang golèk.

Wis, bu, sing uwis iya uwis. Mung yèn sibu kanggonan dhuwit lan barange wong Sala bae, balèkna.

Kanggonan dhuwit apa, sigar gowèng aku ora kêlepetan, kajaba iya mung sandhangan sing kandhane olèh-olèh dhèk êmbèn kae.

Kabèh wis tak lêmpiti, samăngsa pakmu dêmang mrene kari masrahake bali bae.

Bênêr aku kowe padha kamlaratan, êndhuk, nanging sirik kêlèpètana, gêdhene nglakonana panggawe sing ora patut. Ora ngono, êndhuk, dhèk nalika padha gègèr uyêk-uyêkan kuwi, apa pakmu dêmang iya ora kelingan mênyang kowe babar pisan.

Maune pak dêmang turu ana ngambèn, sabanjure aku ora wêruh, sabab pêtêngan, tak arani sing anggèrèt aku mêtu saka ngomah kuwi iya pak dêmang, jêbulane Mas Bardi.

Lah iya, saupama kowe ora ditulungi nak Bardi, gèk kêpriye.

Mulane prêlu awèh panarima marang Mas Bardi, bu. Mêngko kongkonana niliki, bu. Apa Mas Bardi wis bisa mulih.

Bisa mulih kêpriye. Geneya kok ora bisa mulih.

--- 65 ---

Mau bêngi aku mung tutur, nèk Mas Bardi sing ngêtêrake aku. Satêmêne dhèk aku karo Mas Bardi lagi mlaku ana pinggir desa, ditututi wong Sala loro. Aku dijaluk, kandhane jare aku bojone. Mas Bardi ngukuhi, banjur padha kêrêngan. Mas Bardi dikrubut loro, mêsthi bae kalah. Barêng arêp ambêngok tulung-tulung, dibungkêm cangkême, banjur diglandhang mênyang têngah sawah. O, bu, wêruh kaya mangkono kuwi awakku ngoplok kabèh, ora bisa ngadêg, banjur andheprok ana têngah dalan. Sirku arêp lumayu, nanging anggêr arêp ngadêg gluyur-gluyur banjur andheprok manèh, amarga saking bangêt wêdiku, kiraku wong Sala loro kuwi mêsthi tumuli ambalèni aku.

Sadangunipun mirêngakên, Dèn Ngantèn Martagurita katingal tumut ajrih, guwayanipun pucêt, sambatipun tansah ya talah ya tèlèh kemawon.

Dèn Sri nglajêngakên wicantên: tujune banjur ana wong desa, ya kuwi sing nulungi Mas Bardi. Sabanjure ngêtêrake aku, nganti kêtêmu Pak Dipa.

Lo, lah sapa wong desa kuwi.

Êmbuh, aku ora takon jênênge, sarta aku iya durung tau wêruh, mung bae maune kotangan, banjur nganggo klambi lurik.

--- 66 ---

Wicantên ingkang wêkasan punika Dèn Sri sajak sêmu rikuh, dene kêpêksa ngucapakên tiyang ingkang dados manah.

Nalika punika kêtungka wêdalipun Dipa saking griyanipun, ucêk-ucêk mripat badhe wisuh dhatêng sumur. Nanging dèrèng kalampahan lajêng dipun awe Dèn Ngantèn Martagurita: Dipa, kadingarèn wayah mangkene lagi tangi. Mrenea.

Dipa botên saèstu dhatêng sumur, lajêng anggloso, linggih jrambah sèndhèn pipining kori, wicantênipun: o, botên kadosa, bêndara, wau dalu gègèr-gègèran, antuk kula dumugi griya sampun jam tiga.

Dèn Ngantèn Marta: gègèr-gègèran apa, Dipa.

Dèrèng ngantos mangsuli pitakèn punika, Dipa wicantên dhatêng Dèn Sri, têmbungipun: Dèn, ingkang ngêtêrakên sampeyan kalawau dalu punika kok jêbul congsun saking Sala namanipun Dèn Jarot. We, lah, pancèn sawung pêng-pêngan sayêktos, cuwat-cuwit nyêpêngi tiyang ambêkta apyun punika dipun awaki piyambak. Tuwan sêkaut, mas mantri dalah upas-upas kalêbet kula, prasasat mung ningali kemawon.

Dèn Sri mirêng wicantênipun Dipa punika tansah tumungkul. Têmbungipun Dipa prasasat kalêbêt ing manah sadaya. Nalika Dipa mastani Jarot punika congsun, batosipun radi gêla. [gê...]

--- 67 ---

[...la.] Nanging nalika mastani namanipun Jarot mawi sêbutan dèn, manahipun bingah.

Dipa lajêng nyariyosakên bab gègèr-gègèran: kalawau dalu sadumugi kula saking kamantrèn, dipun dhawuhi lurah mantri ocar-acir, supados sadhiya, bokmanawi dalu punika wontên punapa-punapa. Sayêktos, watawis jam sadasa, wontên utusan saking sêkautan, sanalika lurah mantri mangkat, kula andhèrèk. Dumugi Sêkautan katingal sampun pêpak, tuwan sêkaut dipun adhêp bah bandar kalih, lurah mantri satunggalipun inggih sampun wontên, lan malih congsun Jawi ingkang nama Dèn Jarot, ingkang katingal wontên ing ngèmpèr, upas-upas saha Mas Bardi ing Barèng, gluprut gupak êndhut sarta batukipun mêdal êrahipun.

Dèn Sri dalah ibunipun sami kagèt, gugup awicantên: lah rak kêtaton olèhe dipala wong Sala. Bacute kêpriye, Dipa.

Kula botên ngrêtos rêmbagipun sakawit, sumêrêp-sumêrêp tuwan sêkaut ngajak bidhalan, kanthi mantri kalih, bandar kalih, Dèn Jarot, upas-upas namung dipun pilihi ingkang gagah-gagah, cacah pitu, wolu kula.

Lah kowe têka katut, wong kowe ora gagah.

--- 68 ---

Waunipun botên, nanging lajêng dipun têdha dening Dèn Jarot, kula botên ngrêtos, têka Dèn Jarot sumanak têmên dhatêng kula, samargi-margi namung nyêlaki kula, malah lajêng kula pitakèni: punika sami dhatêng pundi, ta, dèn.

Têng Sangkalputung, nyêgat wong adol apyun pêtêng. Dhèk wau kula ngrungokake gunême wong-wong niku ontên koplakan ing Mlinjon, mangke jam rolas têkane wong sing padha anggawa candu.

Punapa wontên ing koplakan wau sampeyan sami campuh, dene wontên ingkang kêtaton (Mas Bardi).

Lagi satêngah campuh, nanging prakara seje, dede bab apyun. Dene sing samang kandhakake wong kêtaton niku, sabab dipilara Dèn Dira, panggêdhene bakul apyun saking Sala. Wau, dhèk kula pisahan kalih sampeyan, kula banjur ambalèni Mas Bardi. Kula bêkta dhatêng bandaran, ngiras lapur sakpangrungu kula. Bandar kêkalih banjur têrus têng sêkautan, kula kalih Mas Bardi dibêkta.

We lah, menawi botên kêlêrêsan, punika malih sagêd ugi campuh agêng-agêngan. Kula kok botên dipun dhawuhi ambêkta dêdamêl.

Gaman-gaman napa, saolèh-olèh sing bisa nyêkêl wonge [wong...]

--- 69 ---

[...e] dalah nyinane, ampun nganti gawe rajatatu, gêdhene ontên pêpati.

Inggih lêrês, nanging bakul-bakul candu punika manawi badhe kacêpêng, adatipun asring nekad-nekad.

Napa ênggih, coba mêngke padha didêlok.

Dipa nglajêngakên cariyosipun: anggènipun sami lumampah dumugi sapinggiring dhusun Sangkalputung, lajêng sami kèndêl, ing sêmu badhe pirêmbagan. Dèn Jarot dipun undang tuwan sêkaut saha bah bandar. Wicantênipun tuwan sêkaut: aku durung tau wêruh wong-wongane sing padha adol apyun, mulane kapenake kapriye.

Dèn Jarot mangsuli: tuwan, manawi kaparêng, mangke satunggal kemawon ingkang ngatingal, sanèsipun kêdah umpêtan.

Lah, sapa wong sing kudu ngaton. Apa kowe, mantri.

Kula inggih dèrèng sumêrêp tiyang-tiyanganipun.

Bandar ing Sala mrayogèkakên Dèn Jarot kemawon. Sadaya sami rujuk. Tuwan sêkaut lajêng wicantên: kowe bae, ya, Jarot.

Prayogi. Manawi makatên, kaparênga kula gadhah panyuwun. Sadaya kemawon kula aturi umpêtan sawingking pandhan dhadhahing dhusun punika. Kula aturi kèndêl kemawon.

--- 70 ---

Manawi botên wontên sambat sêbut kula, sampun ebah lan nyuwara.

Apa kowe kêduga nyêkêl wong lima, nêm.

Botên makatên, tuwan, mangke badhe kula angkah-angkah. Manawi kula nywara: ji, kula aturi maringi pambatu[8] tiyang satunggal. Mungêl: ro, inggih kaparingana tiyang kalih, makatên sapiturutipun, manawi ngantos mungêl: bèh, sadaya kula aturi ngêbyuk atêtulung.

Iya, bêcik, aku manut pratikêlmu, mung bae kowe wis anggawa gaman apa.

Botên nyêpêng punapa-punapa, tuwan.

Ênya, repolpêrku sing siji gawanên.

Nuwun, tuwan, botên susah kemawon. Pangajêng-ajêng, kula mugi sagêd nyêpêng tiyang awon sadaya, botên mawi mutahakên êrah.

Lajênging wicantênipun Dipa: tuwan sêkaut sajak rangu-rangu dhatêng tatananipun Dèn Jarot, nanging sumêrêp Dèn Jarot katingal tatag, saha têrang punapa ingkang badhe dipun lampahi, inggih lajêng manut. Kula sadaya sami umpêtan wontên sawingkinging dhadhah, dene Dèn Jarot kantun ngadêg wontên sapinggiring margi

Dalu punika rêmbulan mêksa dèrèng kêtingal, amargi mêndhungipun [mêndhung...]

--- 71 ---

[...ipun] taksih kemawon. Ing dhusun sêpên botên wontên sabawaning tiyang, namung kodhok pating carêblung wontên ing blumbangan sarta ing sabin.

Sarêng anggènipun sami andhêdhêp wau watawis satêngah jam, lajêng wontên rêgêmênging tiyang kalih mlampah saking lèr, ingkang satunggal mikul, satunggalipun nyênyangking. Dèn Jarot lajêng ampingan wit asêm. Nanging tiyang wau katingal grag-grêg, sêmunipun ajrih nyêlaki dhusun, malah lajêng sami andhodhok wontên ing pinggir margi sangandhaping wit johar. Botên watawis dangu, wontên tiyang satunggal malih dhatêng, ngadêg cakêt tiyang kalih ingkang andhodhok. Kados makatên ngantos saprapat jam, tuwan sêkaut botên sabar, mundhuk-mundhuk nyêlaki Dèn Jarot, wicantênipun: wis ayo, Jarot, aja kêsuwèn, wong têlu kae banjur padha dicêkêl.

Mangke rumiyin, tuwan, dêrêng kantênan manawi punika panuggilanipun tiyang ingkang ambêkta apyun.

Lakune sajak nyalawadi, ya gene kok lèrèn ana dalan têngah bulak.

Tuwan, manawi parêng, kula aturi wangsul umpêtan wingking dhadhah malih, mangke mindhak anjêjodhèri.

Lajênging criyosipun Dipa: tuwan sêkaut manut. Dèn [Dè...]

--- 72 ---

[...n] Jarot lajêng mêdal saking anggènipun ampingan anuntên kêplok sapisan plog.

Sanalika tiyang ingkang dhatêng kantun piyambak punika ngadêg, nanging lajêng kèndêl kemawon. Dèn Jarot katingal pakèwêd, gadhah pangintên bilih têtiyang punika sami gadhah sêmadosan, tandha swara minangka pangundang. Lah gèk punapa tandhanipun.

Dilalah karsaning Allah, salêbêtipun manah-manah punika, Dèn Jarot wahing. Tiyang ingkang ngadêg punika lajêng ngathag[9] murugi Dèn Jarot. Dèn Jarot mundur malih ampingan wit, prêlunipun pados pêtêng. Sarêng sampun cêlak, tiyang wau mandhêg malih, ajrih nyêlaki wit. Nanging sêmunipun Dèn Jarot sampun sumêrêp namanipun tiyang wau, undang-undang mawi swara sanès, criyosipun niru swaranipun Dèn Dira, têmbungipun: Bêgog. Tiyang ingkang dipun undang, mangsuli: criyosipun panjênêngan ngêntosi wontên ing ngandhap bêndha, lah kok wontên ngriki.

Anggènipun wicantên makatên punika kalihan murugi Dèn Jarot, lajêng namat-namatakên anggènipun ningali, wicantênipun: iki Dèn Dira, apa dudu.

Dèn Jarot pakèwêd anggènipun badhe mangsuli, lajêng namung wicantên: êndi kancamu.

--- 73 ---

Sanalika Bêgog têrang sumêrêpipun, bilih ingkang wahing pratandhaning undang-undang punika dede Dèn Dira, jêbul Dèn Jarot, mêngsahipun nalika wontên sêpur rumiyin, mila Bêgog lajêng mundur badhe kesah, nanging sinarêngan panyikêpipun Dèn Jarot mawi tangan kiwa, tangan têngên nyêpêng gulu kalihan mithês kalamênjing. Wicantênipun Dèn Jarot: kowe nutut apa băngga, nèk băngga, sida mati tak têkak. Nek nutut, manuta bae lan aja nyuwara.

Pun Bêgog inggih namung manut, lajêng kabêkta dhatêng ngajêngipun tuwan sêkaut, sami dipun rimuk makatên: kowe dhewe rak ora anggawa apyun, ta. Wangsulanipun: botên. Lah iya, aku iki mung butuh nyêkêl Dèn Dira. Mulane yèn kowe gêlêm mitulungi aku, mêngko kowe tak êculake manêh.

Mitulungi punapa.

Cêkake tutura, kapriye bisaku nyêkêl Dèn Dira kanthi nyinane.

Nyêpêng kadospundi, kula botên ngrêtos.

Olèhmu sêmayan arêp têtêmon karo Dèn Dira ana ngêndi.

Botên sêmadosan.

Dèn Jarot ngrêbat tosan balênggu ingkang kabêkta upas, kakêcrèk [ka...]

--- 74 ---

[...kêcrèk] kalihan wicantên: kowe aja mainan, Bêgog. Kowe mau tutur dhewe yèn sêmayan ana ngisor bêndha, saiki kowe mung tutur: botên sumêrêp. Apa anjaluk balênggu, apa tak têkak.

Tuwan sêkaut ngimbêti wicantên kalihan ngêthungi repolpêr: apa anjaluk tak pistul.

Bêgog sangêt ing ajrihipun, wangsulanipun: inggih lêrês, sêmadosanipun: Dèn Dira ngêntosi ngandhap bênda ingkang katingal punika.

Jarot pitakèn: kanggo tăndha undang-undang, utawa tandha liya-liyane apa.

Wahing kapisan: mara. Wahing kaping kalih: mandhêg. Wahing kaping tiga: ingkang mirêng kêdah sami umpêtan utawi lumajêng kabèh.

Lah kancamu saka Sala, tunggale ana ngêndi.

Inggih namung kalih punika, sami ngêntosi wontên ngandhap johar.

Dèn Jarot gita nyêpêng tanganipun Bêgog badhe dipun balênggu, wicantênipun: kowe wani goroh, ya. Aku krungu dhewe saka Dèn Dira, yèn wong sing anggawa apyun saka Sala, cacah pitu.

Mangke rumiyin, ta, kula matur. Lêrês, tiyang ingkang mangkat [mang...]

--- 75 ---

[...kat] saking Sala punika pitu kula. Ingkang gangsal ambêkta apyun, ingkang kalih kalêbêt kula, namung mêmanuki. Punika wau wontên saêlèr Kêtandhan kabegal watawis tiyang sanga. Bokmanawi kèngkènanipun Dèn Dêmang Martadigda ing Klathèn, katitik ingkang dados pangagênging begal pamanipun ingkang nama Jadipa.

Dipa nglajêngakên cariyosipun: mirêng makatên punika sadaya sami gumun, langkung malih kula, ngantos kawêdal wicantên kula.

Lajêng wicantênipun Bêgog, kula kalihan kănca kalih ingkang ambêkta apyun kathah piyambak, sagêd oncad, amargi begal-begal wau namung ngrêbati kranjang sata, kănca kula ingkang mikul durèn botên dipun gatosakên. Kalampahan tiyang tiga kalêbêt kula, sagêd dumugi ngriki. Ingkang kantun, kula botên sumêrêp kadadosanipun.

Tuwan sêkaut pitakèn: e, dadi sing dipikul wong kana kae, durèn, nanging isine apyun, rak ngono, ta.

Inggih, pikulanipun durèn, kawan sisih.

Jarot wicantên: sampun, tuwan, manawi kêdangon mirêngakên kojahipun Bêgog, kula kuwatos sêlak kêtungka dhatêngipun Dèn Dira nusul mriki. Sapunika prayogi tata-tata badhe panyêpêngipun Dèn Dira.

--- 76 ---

Gampiling cariyos, tuwan sêkaut manut kemawon dhatêng sapanêdha saha tatananipun Dèn Jarot. Jarot lajêng ambêkta Bêgog mêdal saking sajawining dhadhah. Bêgog reka-reka wahing sapisan. Tiyang kalih ingkang sami ngêntosi wontên ngandhap johar dhatêng. Dèn Jarot nyuwara: pat.

Tuwan sêkaut piyambak mêdal kanthi tiyang tiga. Cèk, tiyang kalih wau dipun cêpêng, saha kabêkta dhatêng sawingkinging dhadhah. Tuwan sêkaut kêsêsa nyatakakên, punapa lêrês durung ingkang kabêkta punika têmên isi apyun, mêndhêt satunggal kabikak, nyata makatên, andadosakên bingahipun para pulisi saha bandar.

Bêgog lajêng kabêkta dhatêng pinggir margi têmbinging dhadhah, kapurih andhodhok saha dipun adhêp pêpikulan durèn, sarta sampun dipun kêthik badhe wicantênipun.

Sarêng antawis jam 12 dalu, Dèn Dira langkung, pancènipun badhe dhatêng ngandhap bêndha, nanging sarêng mirêng wahingipun Bêgog, lajêng mandhêg saha wicantên: lah kok ana kene, Gog, kancamu êndi.

Wontên ngandhap bêndha, ngêntosi panjênêngan. Anggèn kula wontên ngriki prêlu misah kalihan kănca-kănca. Mangga, ta, sami mrika, nanging kula aturi ngrencangi nyangking durèn punika.

--- 77 ---

Êmoh, kancamu tak undangane mrene bae. Bêgog katingal gugup, amargi sulaya kalihan rêmbag rancangan, pancènipun manawi Dèn Dira sampun purun nyangking durèn isi apyun, lajêng badhe kacêpêng, dados wontên nyinanipun. Têmbungipun Bêgog: sampun, Dèn, mangga mrika kemawon.

Sanalika Dèn Dira sujana ing manah, ningali kiwa têngên, ngintên bilih wontên punapa-punapa, awit wicantênipun Bêgog punika nyalawados. Lajêng wahing kaping kalih, bokmanawi nyasmitani kancanipun ingkang taksih wontên wingking, supados mandhêg.

Sumêrêp makatên punika, tuwan sêkaut sampun botên sabar malih, lajêng mêdal saking dhadhah kalihan wicantên: cêkêlên bae. Grudug, sadaya sami mêdal, anukup Dèn Dira.

Nalika punika ing sisih kidul wontên grombolaning tiyang, balanipun Dèn Dira, sami wangsul lumajêng asar-saran. Tuwan sêkaut ambêngok: kae, mantri, upas, tututana.

Lah punika, ramenipun botên kantên-kantênan: ngalor, ngidul, ngidul, ngetan … ngantos tiyang padhusunan sami mêdal.

Kocap Dèn Dira, badhe dipun cêpêng punika katingal botên gadhah [ga...]

--- 78 ---

[...dhah] ajrih, wicantênipun tatag: iki ana apa. Lo, kuwi bandar Sala. Hara, aku rak kok arani anggawa apyun.

Iya dhasar mangkono.

Ênya, gledhahên.

Tuwan sêkaut nyêlaki sarwi wicantên: aja kakehan uni. Nututa bae, ayo tak gawa mênyang kantor.

Dosaku apa, tuwan. Aku pamili Bupati.

Pamili Bupati aja sok dagang apyun.

Tandhane apa, nèk aku dagang apyun.

Ah, pinter kowe, ya. Iya uwis, ora dagang apyun, nanging kowe mau arêp malayokake anaking uwong.

Sing tutur sapa.

Nganti kok rewangi milara uwong.

Saksine.

Saksine, ayo, kowe mèlua aku. Wong sing kok pilara isih ngêntèni ana kantor, bathuke gupak gêtih.

Dipa mungkasi wicantênipun kalihan pamitan Dèn Sri saibunipun: Dèn Dira, Bêgog, dalah tiyang kalih saking Sala sami dipun tahan wontên kantor. Dintên punika mangke kalajêngakên [kalajêng...]

--- 79 ---

[...akên] papriksanipun. Sampun jam sanga, bêndara, kula sêlak sowan dhatêng kêmantrèn.

Dèn Ngantèn Martagurita saha Dèn Sri, kantun adhêlêg-dhêlêg, sami rumaos dèrèng marêm mirêngakên pandongèngipun Dipa, kajawi punika pancènipun wontên ingkang badhe dipun takèkakên.

__________

IX. Bapa kalihan Anak, Jarot Dados Mantri Ocar-Acir.

Tumuruning jawah wiwit angawis-awisi, sabên-sabên kêpirêng swaraning Garèng angèrèng, mratandhani bilih ing măngsa punika sampun marèng, badhe ngancik măngsa katiga.

Ing wanci sontên pinuju têrang, sasêraping surya ginantosan padhanging rêmbulan, dhasar nalika samantên pinuju tanggal kawan wêlas, soroting rêmbulan padhang pindha raina.

Dèn Sumatanaya ing Kampung Kêthelan, Surakarta, akêkadhar wontên ing latar, botên dangu akèn mêndhêt gêlaran, kangge linggihan kalihan anakipun. Wicantênipun:

thole, Jarot, kapriye olèhe duwe gawe mantu wakmu Bèi Sumadipraja ing Gêmblêgan, apa wis rampung babar pisan.

Sampun, kantun ngantuk-antukakên barang sambutan.

--- 80 ---

Mêmpêng têmênan wakmu, ing rancangan karameane pancèn mung sawêngi, têka dadi têlung bêngi.

Upami kula dipun tarènana, botên rujuk gadhah damêl agêng-agêngan makatên punika.

Bokmanawa dupèh lagi mantu sapisan kuwi, dadi diêpêng. Kajaba kuwi, wakmu rumăngsa olèh besan kêbênêran, dene panèwu bisa ngêpèk mantu anak kaliwon. Apa kowe wis diwanuhake karo bakyumu pangantèn.

Sampun.

Kapriye tandang tanduke.

Sae, dhatêng kula sumanak, botên ngêdak-êdakên dumèh anak kaliwon.

Rupane ayu apa ora.

Inggih ayu, tur mêrakati.

Dèn Sumatanaya mèsêm, lajêng wicantên: kowe kok bisa ngarani mangkono. Ora ngono, le, kamasmu sing dadi pangantèn iku umure mung kacèk sathithik karo kowe. Saiki kowe apa ora kêpêngin kaya kamasmu.

Jarot tumungkul asêmu isin, botên sagêd mangsuli pitakèning bapa, lajêng wicantên prakawis sanès: Salêbêtipun kula rencang-rencang wa Bèi Sumadipraja, kathah para sadhèrèk saha tamu ingkang ngaruh-aruhi kula, têmbungipun: O,

--- 81 ---

kowe Si Jarot anake Sumatanaya, sing dadi congsun kae. Salajêngipun kathah ingkang katingal botên mraduli, malah wontên ingkang sajak nyapèlèkakên.

Wiwit dhèk kowe mulih saka Klathèn kae, aku ngrungokake critamu, wis duwe pangira yèn kowe diarani congsun.

Kadospundi, to, pak, saupami kula yêktos congsuna.

Iya ora apa-apa, mung bae ingatase kowe, kurang ajine. Sapisan: pagawean dadi congsun iku ora disênêngi ing wong, kaping pindho: kuwi dudu priyayi.

Lah bapak rumiyin kok dhawuh kula ngrencangi bah bandar.

Sirku mung tak kon mitulungi bae. Nanging barêng kaya mangkono kadadeane, sasat kowe dadi mata-mata utawa congsune bah bandar. Wêruha, aku ora lila.

Barang sampun kêlajêng, inggih sampun. Lah sapunika rèhne kirang aji, punapa kula pajêng rabi anak kaliwon kados kamas ing Gêmblêgan.

Apa kowe kêpêngin rabi anak kaliwon.

Ah, botên.

Sanalika sami kèndêl anggènipun omong-omongan. Jarot badhe walèh bilih melik dhatêng Dèn Sri ing Klathèn. [Kla...]

--- 82 ---

[...thèn.] Manahipun mandhêg mangu. Dèn Suma kêraos-raos manahipun, dene badanipun botên dados priyantun, manawi kalampahan anakipun niyat badhe rabi anak priyantun, masthi badhe kangelan. Wasana Jarot ingkang lajêng miwiti wicantên, têmbungipun:

bapak, walèh-walèh punapa, wontên Kalathèn kula sumêrêp lare èstri, inggih punika ingkang badhe dipun pêndhêt Dèn Dira, bêbenggoling tiyang sade candu pêtêng.

Sing tok kandhakake jênêng Dèn Sri kae.

Inggih.

Anak priyayi apa dudu.

Anggènipun Dèn Sumatanaya takèn makatên punika, jalaran ing batos inggih sumêlang, manawi punika anak priyantun, sagêd ugi botên sagêd dipun têdha Jarot, ingkang umumipun dipun wastani congsun.

Jarot mangsuli: kula dèrèng têrang, namung ingkang sampun gênah, Dèn Sri punika anak răndha, namanipun Dèn Ngantèn Martagurita.

Dèn Suma ayêm manahipun, awit gadhah pamanah badhe gampil kalampahanipun, pramila gita wicantênipun: lah bok uwis, banjur ditêmbung bae.

Sapunika dèrèng sagêd, bapak. Manawi dèrèng gadhah pamêdal piyambak, kula botên purun emah-emah.

--- 83 ---

Mila manawi bapak kaparêng, kula badhe pados padamêlan.

Sirmu arêp nyambut gawe apa.

Kaparêngipun bapak kadospundi.

Nèk aku, maganga mênyang kapatihan bae, cikbèn dadi priyayi.

Manawi magang, kêdangon kalampahanipun dados priyantun. Upami kula dhatêng kantor karesidhenan, kadospundi.

Iya padha bae, dadi punggawa ana guprêmènan, apa Mangkunagaran, iya aran dadi priyayi.

Anggèn kula badhe dhatêng karesidhenan punika, amargi kula gadhah cêcêpêngan sêrat saking pangagêng ing Sêmarang, anggèn kula nulungi Tuwan Sêmit, saha nyêpêng pêthuting durjana wontên bawah Kêndhal rumiyin.

Iya, aku mrayogakake bangêt, enggal lakonana, karo aku tak ngêdom-êdom kaanane Dèn Sri ing Klathèn.

Gampiling cariyos, Jarot sampun kalampahan sowan dhatêng kantor residhenan, kadadosakên juru sêt wontên jaksan. Nanging bokmanawi saking pandamêlipun bandar sarêmbag kalihan tuwan sêkaut ing Klathèn, dèrèng ngantos kalih wulan, Jarot kadadosakên mantri ocar-acir wontên ing

--- 84 ---

Klathèn, andadosakên bingahing sadaya-sadayanipun.

Jarot manggèn ing Klathèn, nyewa griya sae. Pirantosipun pêpak, tatananipun rêsik kados Walandi, adamêl pêpenginanipun ing ngakathah. Bingahipun Dèn Jarot maih, dene angsal upas pun Dipa.

Pun Dipa botên ngêmungakên andhahan kemawon, inggih dados matapita, margi sagêd ngrigênakên gêsangipun sang mantri enggal inggih pun Jarot, prasasat dados lintuning bapa. Pramila wiwit nalika samantên, Dipa awis-awis wontên ing griya, siang dalu tansah wontên kamantrèn.

Ing wanci sontên pinuju sela padamêlan, Jarot omong-omongan kalihan Dipa. Têmbungipun Jarot sakmênika malik dados ngoko.

Dipa, mêsthine kowe uwis kulina karo Mas Bardi.

Mênawi kulinanipun inggih botên, nanging kula sampun têpang.

Apa ora mambu-mambu sanak, kandhane Mas Bardi, jare sanake Dèn Ngantèn Martagurita.

Kalihan Dèn Ngantèn Marta, saged ugi. Nanging kalihan kula, botên magepokan babar pisan.

Tak arani kowe kuwi iya sanake Dèn Ngantèn Martagurita.

--- 85 ---

We, botên, Dèn Mantri, kula punika wiwit alit angabdi Bêndara Mênggung Marta …, marasêpuhipun Dèn Ngantèn Martagurita punika. Ingkang ngemah-emahakên sarta maringi griya kula inggih sawargi bêndara mênggung wau, dados magêrsari wontên Martaguritan.

O, dadi sawargi Radèn Ngabèi Martagurita iku putra bupati. Yèn mangkono Dèn Sri kuwi wayah Bupati.

Jarot ngucap ingkang kantun punika katingal radi rikuh. Dipa tanggap ing manah, wicantên kaliyan mèsêm: inggih, lêrês. Wontên punapa, ta, Dèn.

Ora apa-apa.

Iyah, manawi panjênêngan nganggêp tiyang sêpuh dhatêng kula, bok barès kemawon, punapa panjênêngan anggalih dhatêng Dèn Sri, gampil, wontên kula. Amargi kajawi kula punika abdi lami, inggih dados magêrsari. Kaping kalih, kula prasasat dados pamomongipun, dados botên kirang kulina.

Lah, kowe arêp kêpengin dadi congkog. Saupama aku ngarêpna, apa bisa. Wong kana wayah bupati, aku mung anak masinis sepur, tur lagi dadi mantri ocar-acir.

Makatêna tiyang punika warni-warni, Dèn, wontên ingkang mawi pamanahan kados dhawuh panjênêngan punika, liripun mawi milih

--- 86 ---

asli sami asli. Tumrapipun ing ngriki, kados botên makatên.

Satêmêne wis wiwit dhèk aku dadi juru tulis ana Sala, bapak tansah angêdom-êdom, wêkasane, bapak mathuk bangêt marang putrane Dèn Ngantèn Martagurita. Nanging durung bisa nutugake rêmbug, kêsêlak aku ngalih mrene iki.

Sasuwene aku ana kene, Mas Bardi uwis mrene ping pindho. Sapisan awèh panarima marang aku, nalika tak tulungi biyèn, nganggo nglairake kasaguhan, samăngsa aku duwe prêlu, arêp ambiyantu atêtulung. Ping pindho, dèk wingine mrene manèh, ambombong marang aku, eman-eman dene aku durung duwe bojo, cêkakane banjur rasanan bab Dèn Sri, yèn aku ngarêpake, Mas Bardi saguh andalani. Aku pakewuh, amarga aku durung kulina marang Mas Bardi, mulane mung tak wangsuli: badhe kula manah.

We, lah, kêlêrêsan manawi ngatên. Awit kula rumiyin mirêng, Mas Bardi nate raosan kalihan Dèn Dêmang Martadigda, badhe ngajêngakên Dèn Sri, nanging dipun wangsuli cêkak: aku ora wani matur bakyu, sabab kowe durung cêkêl gawe.

Lo, kapriye, Dipa, awake dhewe ngarêpake, kok ditawakake aku.

Kintên kula saking agênging panrimahipun dhatêng panjênêngan, kajawi [kaja...]

--- 87 ---

[...wi] punika gadhah manah trêsna lan welas dhatêng Dèn Sri, eman manawi dipun pêndhêta tiyang ingkang botên sagêd nyakecakakên badanipun, lah, manawi panjênêngan rak sampun mungguh sangêt.

Nèk ngono Mas Bardi iku wong luhur budine.

Sêmunipun makatên. Cêkakipun, Dèn Mantri, manawi panjênêngan saèstu anggalih, kula aturi pitados dhatêng kula. Kula ingkang dados margi.

Bangêt panrimaku, Dipa, pancèn mung kowe kapitayaning atiku. Ewasamono aku iya mêksa kudu tutur marang kowe, aja kaya congkog-congkog kae, ngalêm kana, ngalêm kene. Kabèh kandhakna apa anane bae.

Rêroncèning rêmbag-rêmbag botên kacariyosakên, para sêpuh saha ingkang badhe nglampahi sami rujuk kanthi lêga ing manah, tigang wulan êngkas, Jarot badhe kadhaupakên kalihan Dèn Sri.

__________

X. Trêsna kalihan Nêtêpi Wajib.

Mas Jayèng ing Kutha Gêdhe, Ngayogyakarta, sawêg umur kawandasanan taun, ewadene katingal sampun sêpuh athuyuk-thuyuk, iganipun gêgambangan, lambenipun biru kêcu,

--- 88 ---

tăndha sêrètipun agêng. Beda kalihan ingkang èstri, lêma aginuk-ginuk, badanipun akas saha kuwawi, amargi saking srêgêpipun nyambut damêl, nyoga nglorod sinjang, anjalari kacêkapanipun.

Kasugihan ingkang pinanggih ing griyaniun Jayèng, têtela saking dayanipun ingkang èstri. Ingkang jalêr prasasat namung thênguk-thênguk saha sêrètan, rekanipun inggih asring angsal kauntungan sawatawis, inggih punika saking anggènipun bakul timpuh sade tinumbas apyun pêtêng.

Jayèng pinuju linggihan, dipun rubung tiyang sawatawis, wontên satunggal ingkang wicantên: kadospundi, mas, sampun sawatawis dangu kula botên sampeyan paringi nêmpil tumbas apyun.

Aku dhewe ora tau tămpa, nganti sing tak sêrèt iki kêpêksa olèhku tuku mênyang ngêpakan.

Lêngganan sampeyan ngêtêri apyun rumiyin sintên.

Dèn Dira, priyayi Sala, sing dikongkon mrene adate Dèn Dêmang Martadigda ing Klathèn.

Kula kêrêp kêpranggul Dèn Dêmang Martadigda wontên kitha Ngayogyakarta.

Wong pancên lagi sumingkir saka Klathèn. Mangkene, kowe tak tuturi babade, ngiras wêruha pisan sababe aku

--- 89 ---

nganti kêtêndhagan candu. Watara têlung sasi kêpungkur, Dèn Dira anggawa apyun saka bawah Dêmak, sire arêp didum-dumake marang lêngganane ing Sala, Klathèn lan mênyang aku. Lagi têkan Klathèn wis ditukup pulisi. Dèn Dira dicêkêl, diajokake ana pangadilan pradatq, sabab Dèn Dira iku sanaking bupati lan isih darah karaton. Papriksaning pangadilan, mungguh pandakwa yèn Dèn Dira dagang apyun, iku najan akèh saksi-saksi, ora ana buktine sing mêlok, mula pancène ora bisa kukum. Nanging banjur ana pandakwa manèh yèn Dèn Dira arêp malayokake anaking uwong, nganti nagara banjur duwe panggalihan, Dèn Dira iku gawe sumêlanging katêntrêman, sabab saka iku, saiki Dèn Dira dibuwang mênyang Ambon.

Dene bab Dèn Dêmang Martadigda, nalika Dèn Dira karo kancane sawatara ditukup pulisi iku, dheweke pinuju mêndêm, turu ana koplakan, dadi ora kêsangkut barang-barang. Ewadene Dèn Dêmang wêdi awake dhewe, sumingkir saka Klathèn. Têkan saiki isih mondhok ana sanake ing Ngayogyakarta.

Sabên-sabên iya sok dolan mrene, malah tau tak gujêk bisane golèk apyun manèh. Dèn dêmang iku wong jirih, wanine mung ngêjokake pamane sing diparabi Jadipa.

--- 90 ---

Nalika aku wêruh wujude Jadipa, iya duwe rasa ngandêl, nanging barêng padha rêmbugan, kêtara bangêt yèn isih tlondho. Apa manèh barêng tak takoni apa saguh mènèhi apyun marang aku, wangsulane iya saguh, nanging anjaluk rêgane dhisik, malah dalah pasangone.

Lah, aku ora gêlêm babar pisan. Yèn mangkono bae, sasat anggêr uwong bisa nglakoni. Cêkake beda bangêt karo Dèn Dira. Biyèn Dèn Dira iku sabên-sabên mung takon aku anjaluk pirang tail. Aku mung kari ngarani bae, mènèhi dhuwit sathithik minăngka panjêr. Liya dina, adate wayah bêngi utawa esuk, Dèn Dira têka, karo tutur: kae, lo, wêlinganmu ana ngoyod gayam-ana pojokan pawon ditutupi kêkêp-ana ngisor tumpukan bata-nyatakna dhisik, banjur bayara rêgane.

Kaya mangkono tindake Dèn Dira, pancên julig, mulane dhèk kêtukup ana Klathèn iku iya tanpa bukti. Mung bae ayake bêbasan wis kêbak sundukane, ing wêkasan kalakon disingkirake saka tanah Jawa.

Tiyang ingkang ngadhêpi Mas Jayèng wontên malih ingkang nama Jontani (cêkakanipun têmbung Arjo Tani) wicantên: sakesahipun Dèn Dira, punapa lajêng botên wontên malih tiyang dagang candu pêtêng.

--- 91 ---

Akèh, nanging cilik-cilik, aku iya sok ditawani, nanging prasasat mung nêmpil. Tak ênggo apa, bathi sathithik kêtanggungan, tur yèn kêna prakara ora beda ukumane.

Kula mawon inggih kadugi pados ingkang kathah.

Lah iya uwis, ta, aku wènèhana sapuluh kati.

Arta ingkang kula angge kilak punapa.

Ora, bêcike mangkene bae. Kowe kêtêmua Dèn Dêmang Martadigda, konên nuduhake bakul apyun ing bawah Dêmak lêngganane Dèn Dira biyèn. Kowe banjur rêrêmbugan saprêlune, bisaa kulak apyun ora kalawan ambayar kropyok. Dene aku, saguh ambayar marang kowe saparo dhisik.

Inggih prayogi, badhe kula cobi manawi sagêd angsal rêmbag sakeca. Ayo kănca, sapa sing kêduga ngrewangi aku. Sing prêlu kudu bêtah lumaku lan duwe kêkêndêlan.

Gampiling cariyos, lajêng wontên pakêmpalan bakul apyun pêtêng enggal, ingkang mangagêngi Jontani, pambantunipun ingkang pados margi Dêmang Martadigda. Dene langganan ingkang agêng Mas Jayèng.

Kacariyos, lêt sawatawis pêkênan kalihan wontênipun pakêmpalan enggal wau, ing wanci jam pitu enjing,

--- 92 ---

Dèn Jarot mantri ocar-acir ing Klathèn, ngadêg anjêgrêg wontên sangajênging kori, Upas Dipa dhatêng, ajrih badhe wicantênan, amargi sumêrêp lurahipun katingal wêlu, sajak sawêg anggagas prakawis prêlu.

Jarot lajêng dhatêng wingking kalihan wicantên dhatêng Dipa: Dipa, sadhela êngkas bah bandar ngampiri mrene. Ayo linggih ana ing buri kana dhisik karo sarapan. Ora, Dipa, apa mau bêngi dalême Bu Bèi Martagurita ana dhayoh.

Wontên, Dèn Dêmang Martadigda, kalihan tiyang Ngayoja satunggal. Malah enjing punika wau têksih katingal.

Ah, susah, Dipa.

Wontên punapa, ta, Dèn.

Judhêg rasaning atiku, Dipa. Saiki aku ngalami dhewe, tarunging trêsna lan wajib. Bingung ênggonku milih, apa ngugêmi katrêsnan, apa nêtêpi wajib.

Punapa, ta, Dèn, bok inggih dipun dhawuhakên.

Aku takon dhisik, Dipa. Sing sadulur karo Dèn Dêmang Martadigda iku, sibu apa sawargi Pak Bèi Martagurita.

Sêrgi Dèn Bèi Martagurita. Nanging Dèn Bèi Martagurita punika saking garwa padmi, Dèn Dêmang patutan saking ampeyan.

--- 93 ---

Sumurupa, Dipa, miturut palapuraning bandar, saiki ana royomaning wong dagang candu pêtêng manèh, sing manggêdhèni wong saka Kutha Gêdhe, jênênge Jontani. Wong Klathèn kene ana siji sing mèlu dadi panggêdhe, yaiku Dèn Dêmang Martadigda.

Jontani wis mêntas saka bawah Samarang, mau bêngi isih ana Sala. Dèn Dêmang Martadigda andhisiki wingi sore têkan kene, cocog karo kandhamu, dadi dhayohe Bu Martagurita.

Mau esuk jam lima aku digobyag tuwan sêkaut, dipasrahi golèk katrangan bab dèn dêmang. Dene tuwan sêkaut, kanthi mas mantri lan upas papat, wis padha têrus nunggang jaran mangalor nyêgat Jontani.

Dados panjênêngan mangke badhe anggledhah Dèn Dêmang Martadigda wontên Martaguritan. Manawi makatên, punapa kula prayogi lajêng dhatêng Martaguritan, criyos-criyos supados manawi têmên wontên candu, enggal kasingkirakên.

Lah, ya kuwi, Dipa, sing lagi dadi pikiranku. Nanging yèn mangkono, aku banjur ngêlirake kawajiban, têtêp wong ora wêruh ing wajib, iku sirikan gêdhe. Yèn ta aku banjur nêtêpi wajib, mangka kana têmên ana candu pêtêng, mêsthi bêndaramu mèlu kêna prakara. Lah, gèk kêpriye.

--- 94 ---

Pancène aku luwih bungah dikon nyêgat Jontani, tinimbang ana kene kêtanggor sanak dhewe.

Prayoginipun kula nyambat tiyang sanès kemawon, supados suka sumêrêp dhatêng Martaguritan.

Kaya mangkono iku mungguhing kabatinan iya wis dosa. Ora, Dipa. Cêkake sing prêlu dhewe iku: wajib. Aku kudu tumindak apa bênêre, ora kêna ngèlingi sanak lan mitra, sapa sing luput, wis mêsthi kudu oleh paukuman. Dene prakara bêndaramu, pasrah ing Pangeran bae. Kae, lo, bah bandar wis têka. Ayo, Dipa, mangkat nglakoni wajib.

Sayêktos, ing jawi Bah Bandar Liyang sampun dhatêng numpak kareta, kanthi congsun Cina kalih. Jarot lan Dipa lajêng tumut. Têrus dhatêng Kampung Sidawayah, griyanipun Dèn Ngantèn Martagurita.

Kacariyos Dêmang Martadigda sawêg linggihan ngombe wedang, mirêng alokipun lare, têmbungipun: galo, galo, ing dalan gêdhe ana kreta mandhêg. Êlo jêbul mantri ocar acir, upas, bandare …

Sanalika Dêmang Martadigda ngadêg, mêndhêt buntêlan apyun, kabêkta mêdal dhatêng jawi, lajêng kadhêlikakên ngandhap uwod balabag marginipun lumêbêt dhatêng pakarangan.

--- 95 ---

Nalika punika Dèn Sri pinuju wontên pawon, èmpèring griya, sumêrêp dhatêng galibêding pamanipun, sangêt andadosakên ajrih saha sumêlangipun.

Jarot sakancanipun dumugi sangajênging pakarang[10] lajêng sami mandhêg, namung Jarot ingkang mlêbêt ing pakarangan, kapêthukakên dening Dèn Ngantèn Martagurita, Dêmang Martadigda saha kănca saking Ngayoja satunggal. Wicantênipun Jarot dhatêng Dèn Ngantèn Martagurita: sugêng, bu.

Wilujêng, nak.

Punapa punika ingkang rayi Dèn Dêmang Martadigda.

Inggih.

Sowan kula mriki, bu, ngêmban dhawuhing parentah, ngupados apyun pêtêng. Kaparênga anggledhahi dalêm panjênêngan, manawi têmên wontên, lajêng badhe kula urus sintên ingkang ambêkta.

Inggih nyumanggakakên, nak.

Jarot lajêng ngawe bandar sakancanipun, wicatênipun: mlêbua, bah, priksanên sing titi, sajroning omah, lan yèn prêlu dhayoh loro iku. Aku karo Dipa jaga ana ing jaba.

Jarot lajêng lumampah badhe ngubêngi griya, dumugi ngajêng pawon sumêrêp Dèn Sri ngadêg sawingking kori, guwayanipun pucêt, [pu...]

--- 96 ---

[...cêt,] dipun takèni: sami wilujêng, dhi, botên mangsuli kêtungkul nyawang bandar dalah congsun anggèning mlêbêt pakarangan anglangkungi uwod, saya sarêng congsun ingkang lêbêtipun kantun piyambak ngidak wod, wodipun anjomplang, Dèn Sri anjola.

Jarot lajêng mengo tumut ningali prênahing wod. Dèrèng ngantos angsal wangsulan saking Dèn Sri, nuntên anglajêngakên lampahipun ngubêngi griya.

Watawis saprapat jam, bah bandar mêdal, awicantên dhatêng Jarot: dèn mantri, kene ora ana apa-apa, aku arêp nusul tuwan sêkaut bae, rèhne kowe dipatah kari ana kutha, aku tak mênyang dhewe bae karo congsun-congsunku. Ayo, kowe tak êtêrake mulih dhisik.

Aku kari ana kene bae, arêp pamitan sibu Martagurita. Wis, ta, mangkata, muga-muga olèha gawe.

Sapêngkêripun bah bandar, Jarot kalihan Dipa nyêlaki Dêmang Martadigda, wicantênipun: dèn dêmang, punapa panjênêngan botên pirsa, bilih sawulan êngkas kula dados mantunipun ingkang Bok Ayu Ibu Martagurita. Panjênêngan ambêkta apyun pêtêng têka kèndêl wontên ngriki, punika rak inggih adamêl susahing [su...]

--- 97 ---

[...sahing] kathah, punapa malih tumrap padamêlan wajib kula.

Mirêng kula bilih bakyu badhe mantu sawêg kalawau dalu. Dene bab apyun pêtêng, kula botên sumêrêp.

Jarot wicantên, têmbungipun alus nanging antêp: dèn dêmang, mugi sampun kikib, kula sumêrêp sadaya. Ngandhap uwod punika apyunipun sintên.

Dêmang Martadigda kagèt saha sangêt ing ajrihipun, kèndêl tanpa wicantên, amargi rumaos kungkulan sabda. Wêkasan lajêng wicantên angasih-asih: o, awrat-awratipun tiyang ngupados têdha, dèn mantri, ngantos padamêlan kados makatên kula lampahi. Kula nyuwun sih kawêlasan panjênêngan, sapisan punika kula panjênêngan ayomi. Salajêngipun kula botên badhe tumut sasadean apyun malih.

Punapa panjênêngan piyambak botên sês (nyêrèt).

Botên.

Manawi makatên inggih sagêd kalampahan. Samangke upami nyambut damêl ingkang botên dados priyantun, punapa krêsa.

Purun kemawon, kalihan malih kula kêpengina wangsul dados priyantun, inggih botên sagêd.

Upami nyambut damêl wontên sêpur.

Inggih purun.

Manawi makatên, sampun kêsêsa tindak rumiyin, mangke manawi [ma...]

--- 98 ---

[...nawi] kula sampun mantuk, panjênêngan badhe kula bêktani sêrat. Kula aturi ngêntosi ngriki kemawon, sapunika kula badhe pamitan ibu.

Jarot kalihan Dipa lajêng sami pamit, wontên ing margi Dipa sêmbranan wicantên: dèn, panjênêngan kok pirsa, manawi ngandhap wod wontên apyunipun.

Pancène mung tak anggo anggêdhag bae, ngiras nyatakake apa pangira-iraku bênêr. Dhèk aku aruh-aruh Dèn Sri mau, tak sawang guwayane pucêt, barêng wod ing ngarêpan diidak congsun anjomplang, dhèwèke anjola, dadi kira-kira dèn dêmang têmên anggawa candu pêtêng, lan didhêlikake ana ngisor wod.

Ngêndika panjênêngan kalawau, ngawratakên dhatêng wajib, lah kok botên panjênêngan criyosakên dhatêng bah bandar.

Mangkene, Dipa. Apyun sing didhêlikake iku mèsthi ora sapira akèhe. Kaping pindho: upama candu iku mau dijupuk, mêsthi dèn dêmang gampang selake, ora rumăngsa andokok, wêkasan sing kêna dakwa wong sing ora dosa, yaiku Bu Martagurita. Mulane atiku saiki rumăngsa padhang, lire isih jêjêg aku nglungguhi katrêsnan lan iya nêtêpi wajib anggawa bah bandar sing wis galedhah-galedhah dhewe ...

--- 99 ---

Jarot sampun dumugi ing griya, anjujug ing kantoran, sakêdhap malih mêdal ngundang Dipa, têmbungipun: Dipa, balia mênyang Martaguritan. Layang loro iki aturna Dèn Dêmang Martadigda, sing siji aturana anggawa mênyang Sala, bokmanawa bapak bisa mitulungi anggolèkake pagaweyan ana sêpur. Dene layang sijine katur dèn dêmang dhewe.

Mênggah sêrat ingkang dhatêng dèn dêmang punika wontên isinipun arta krêtas salawe rupiyah. Kajêngipun Jarot, kenginga kangge sangu pados padamêlan.

__________

XI. Wêkasan Dhaupipun Jarot kalihan Dèn Sri.

Ing wanci enjing, palêthèking surya ing wetan katingal kapering ngalèr, mratandhani bilih sampun katiga, măngsa têrangan. Jam sadasa soroting srêngenge bêntèr sumêlèt, nanging lajêng kêtawur lampahing angin ajêg midit mangalèr, adamêl gambiraning manahipun para ingkang sami tumandang nyambut damêl, langkung malih tumrap têtiyang ing Klathèn ingkang padamêlanipun gêgayutan kalihan panyêgah wontênipun apyun pêtêng, dintên punika prasasat dintên agêng. Amargi sapisan: anggènipun nyêpêng Jontani sakancanipun watawis sawulan kêpêngkêr, samangke [sa...]

--- 100 ---

[...mangke] prakawisipun sampun rampung. Kaping kalih: dintên punika badhe dhaupipun Dèn Jarot mantri ocar-acir kalihan Dèn Sri ing Sidawayah. Mila layak kemawon dintên punika wiwit enjing, ing griyanipun Jarot rame swaranipun tiyang sami tata-tata nyambut damêl, wontên ingkang pasang tarub saha angrêngga griya, wontên ingkang asah-asah bala pêcah, wontên malih ingkang nyambut saha nata kursi. Ing pawon rame gêdêripun têtiyang èstri sami olah-olah. Găngsa ingkang dèrèng wontên niyaganipun, pating kalênèng dipun tabuhi lare-lare kangge ajar.

Kajêngipun Jarot, pancènipun anggènipun badhe panggih punika kadamêl ringkêsan kemawon, inggih punika bibar ningkah wontên ing Sidawayah, pangantèn èstri lajêng kaboyong mantuk, rampung. Nanging kănca-kancanipun botên makatên, kabêkta saking agêng katrêsnanipun dhatêng Jarot, sami ada-ada damêl karameyan piyambak wontên ing griyanipun Jarot, ingkang mangêngi Bandar Liyang, mila sadaya karebyegan ingkang kacariyosakên wau, Jarot botên tumut-tumut.

Wanci jam 6 sontên, griyanipun Dèn Ngantèn Martagurita, ingkang ugi mawi tarub sarta rinêngga ing sawatawis sampun sami sadhiya badhe nampèni dhatêngipun Dèn Jarot, pangulu, [pa...]

--- 101 ---

[...ngulu,] saha para waris sami linggih wontên ing ngajêngan, ingkang among tamu Dèn Dêmang Martadigda. Dèn Sri dipun dandosi cara pangantèn sapêkênan, kalinggihakên wontên ngajêng patanèn.

Botên dangu dhatêngipun pangantèn jalêr, dipun apit ing Dèn Bèi Sumadipraja saha bapakipun, Dèn Sumatanaya. Ing wingking wontên ingkang ngiring tiyang sawatawis.

Jarot, pangantèn jalêr, kalinggihakên wontên têngahing tarub, majêng mangilèn, têngênipun Dèn Dêmang Martadigda, walining pangantèn èstri. Sakiwanipun Dèn Bèi Sumadipraja.

Pangulu ugi lajêng mapan linggih, ajêng-ajêngan kalihan pangantèn jalêr. Sakiwanipun pangulu kaum, lajêng kaningkahakên.

Sarampunging paningkah, pangantèn kapanggihakên. Dèn Jarot sakanthinipun sami ngadêg. Pangantèn èstri ingkang sadangunipun linggih wontên sangajênging patanèn, inggih kaajak ngadêg dhatêng priyantun putri kalih ingkang ngapit-apit, nuntên sami lumampah. Sarêng sampun radi cêlak, sami balang-balangan sadak. Sadumuginipun ngajêng kori cakêt, sukunipun pangantèn jalêr dipun wisuhi pangantèn èstri. Nuntên jalêr èstri sami [sa...]

--- 102 ---

[...mi] kêkanthên lumampah saha lajêng mapan linggih jèjèr wontên ngajêng patanèn.

Dêmang Martadigda mlêbêt ing griya, mangku pangantèn kêkalih, ingkang èstri kalinggihakên ing dhêngkul kiwa, ingkang jalêr ing dhêngkul têngên. Dèn Ngantèn Martagurita takèn: kapriye dhi dêmang, abot êndi. Wangsulanipun Dêmang Martadigda: sami kemawon, bakyu.

Pangantèn èstri ngabêkti dhatêng pangantèn jalêr. Nuntên pangantèn jalêr èstri sami ngabêkti dhatêng para sêpuh. Katungka wêdalipun sêgahan wedang saha dhaharan sawatawis, tumuntên tata-tata badhe boyongan dhatêng griyanipun pangantèn jalêr.

Kacariyos ing griyanipun Jarot, wiwit jam sêtêngah pitu sontên, sampun rame swaraning gamêlan, sakêdhap-sakêdhap kêpirêng swaraning monggang saha carabalèn, minăngka pakurmatan dhatêngipun para tamu. Mênggah tamunipun warni-warni, bangsa Jawi, Walandi saha Cina, sarta botên ngêmungakên saking kitha Klathèn kemawon, saking sanès panggenan ugi kathah, langkung malih saking Surakarta.

Kèndêl jam pitu, pangantèn jalêr èstri dalah para pangiringipun dhatêng, dipun urmati ungêlipun gêndhing kodhok ngorèk.

--- 103 ---

Dèn Jarot sakalihan Dèn Sri, kalinggihakên wontên ngajêng patanèn malih. Botên kacariyosakên kawontênanipun karameyan dhaupipun Jarot kalihan Dèn Sri ing dalu punika, wosipun para tamu sami katingal guyub saha bingah ing manah. Namung ingkang prêlu dipun pèngêti, nalika badhe wiwitipun tayuban, watawis jam sanga, Radèn Ngabèi Sumadipraja ngadêg wontên pipining kori, ngajêngakên para tamu sadaya, mêdhar sabda suraosipun makatên:

Kula nuwun, atas namanipun adhi Radèn Sumatênaya, saha pangantèn sakalihan, kula ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tamu anggènipun sami kaparêng rawuh anjênêngi panggihipun pangantèn. Botên langkung kula namung nyuwunakên pangèstu saha panjurung pamuji, mugi pun pangantèn sagêda lêstantun wilujêng ing sapanginggilipun. Samangke kaparênga ngunjuk isining gêlas ingkang sampun sami kaasta, kanthi surak kaping tiga, minăngka cihnaning mangayubagya. Hip, hip, hore, hore, hore.

--- 104 ---

Surakipun para tamu kados ampuhan, tinampèn ungêling Gêndhing Pisang Bali.

Sarêng sampun kèndêl, tuwan sêkaut nêdha dhatêng Dèn Sumatanaya, supados pangunjukan ing gêlas, dipun jogi. Nuntên Dèn Bèi Jaksa ing Klathèn majêng amêdhar sabda gêntos, panjang, nanging cêtha saha mranani dhatêng ingkang mirêngakên, pancèn priyantun brêgas, ngatawisi jajahing kawruh lair batos, suraosipun makatên:

Pangantèn sakalihan, Radèn Sumatanaya, Radèn Ngabèi Sumadipraja, saking rêmbagipun tuwan sêkaut saha para mitra sawatawis, atas namanipun para tamu sadaya, kula suka wilujêng dhatêng pangantèn, saha ngaturi wilujêng dhatêng panjênênganipun Kangmas Radèn Sumatanaya dalah para waris sanèsipun. Kajawi punika kula sadaya nglairakên bingahing manah dene dintên punika Nak Jarot kalampahan nambut silaning akrama. Kula sadaya nyipati dhatêng anggêr-anggêring kodrat, liripun: sintên ingkang mêntas nindakakên padamêlan awrat, botên ngetang sayah saha sangsara, lajêng minggah kanugrahan.

Punapa ingkang kula wastani mêntas nindakakên padamêlan awrat. Bab punika kula sadaya prêlu amèngêti minăngka têpa tuladha ingih punika wiwit Nak Jarot lumêbêt wontên kalanganipun para panyêgah wontênipun dagangan apyun pêtêng, [pê...]

--- 105 ---

[...têng,] tansah ajêng-ajêngan kalihan mêngsah ingkang ambêbayani, panyambut damêlipun Nak Jarot botên cêkap dipun sadèni rêkaosing badan kemawon, ugi mawi kêkêndêlan, sabar, talatos saha angatos-atos, têmahan lawananipun sami lêbur kasor prabawa. Măngga, dipun èngêtana ingkang ênggêl kemawon, upaminipun Dèn Dira, sampun misuwur mênggahing kêkêndêlan saha kajuliganipun, ewa samantên kalampahan kapikut, samangke sampun kasingkirakên saking tanah Jawi. Wosipun, para ingkang sami nrajang wêwalêring nagari, sampun sami kapatrapan paukuman. Wontên malih ingkang bribik-bribik badhe gadhah tindak botên lêrês, lajêng mrêtobat, punika lajêng dipun pitulungi Nak Jarot, ngantos sagêd gêsang sae malih, amargi Nak Jarot ngantêpi dhatêng têtêmbungan: yèn kowe sumurup dalanmu iku anjog ing naraka, banjur cangkelak balia, supaya kowe ora kêbacut kêcêmplung naraka.

Lêlabêtanipun Nak Jarot pantês dipun ajèni. Pangeran ingkang asipat asih saha adil, tansah nguningani dhatêng tindaking titahipun, amila lajêng paring nugraha, Nak Jarot pinaringan jodho kanthining gêsangipun, mênggah utamining jêjodhoan punika sakawit katarik saking sami rêmênipun, nanging punika dêrêng mêsthi sagêd dados têtangsul, amargi: [a...]

--- 106 ---

[...margi:] rêmên, punika gampil dadosipun bosên, samăngsa tiyang jêjodhoan sampun sami kasinungan wêlas asih saha trêsna, punika kenging kapêsthèkakên lêstantunipun, badhe sagêd nêtêpi bêbasan: loro-loroning atunggal.

Ing măngka angsalipun Nak Jarot kalihan putra kula Radèn Rara Sri Subêkti, punika sakawit katarik wêlasipun Nak Jarot nyumêrêpi lêlampahanipun Dèn Sri. Sampun mêsthi kemawon Nak Sri lajêng tuwuh katrêsnanipun dhatêng Nak Jarot, amargi rumaos kapotangan kasaenan, têmahanipun mêsthi badhe malês kasaenan, sarana sêtya tuhu labuh ing laki.

Ewa samantên kula para tamu sadaya, mêksa sami amêmuji mugi anggènipun Nak Jarot asêsemahan kalihan putra kula Radèn Rara Sri Subêkti, kalampahana kados pangajêng-ajêng wau, atut runtut rêrentengan dumugi kakèn-kakèn, ninèn-ninèn, anjalarana kamulyanipun, ing donya dumugi ngakerat.

Sumăngga, kănca, sami ngaminana sarana ngunjuk saha surak kaping tiga hip, hip, hure, hure, hure.

Swaraning surak saha umyunging găngsa sakalangkung rame, pindha ambêdhahna kêndhanganing talingan. Sasuwuking găngsa, nuntên sami [sa...]

--- 107 ---

[...mi] anglajengakên suka parisuka, dumugi byar raina wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Mênggah anggènipun sêsemahan Jarot kalihan Radèn Rara Sri Subêkti, têtêp kados pangajêng-ajêng sêsorahipun jaksa ing Klathèn, sakalih-kalihipun sami pinaringan bêgja gêsangipun. Jarot sakalangkung asih trêsna, Dèn Sri sangêt bêkti dhatêng ingkang jalêr, gêsangipun namung niyat labuh dhatêng Jarot.

TAMAT.

__________

--- [108] ---

Isinipun Sêrat Punika.

Kaca
Bêbuka3
IGathukipun Jarot kalihan bah bandar6
IIBah bandar kalihan Jarot kabegal wontên ing sêpur12
IIIRaden Rara Sri Subêkti24
IVRêmbagipun bandar kêkalih31
VPara bakul apyun pêtêng wontên ing koplakan36
VITrajangipun Jarot dados dolop43
VIIGathukipun Jarot kalihan Dèn Sri55
VIIIKacêpêngipun para bakul apyun pêtêng62
IXBapa kalihan anak, Jarot dados mantri ocar-acir79
XTrêsna kalihan nêtêpi wajib87
XIWêkasan dhaupipun Jarot kalihan Dèn Sri99

__________

 


Surakarta. (kembali)
ngêlake. (kembali)
Martadigda. (kembali)
cêcandu. (kembali)
lagi. (kembali)
kowe. (kembali)
anggagas. (kembali)
pambantu. (kembali)
ngatag. (kembali)
10 pakarangan. (kembali)