Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 01-21)

Judul
Sambungan
1. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 01-21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
2. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 22-43). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Citra

Sêrat Kancil

Awit kancil kalairakên ngantos dumugi pêjahipun wontên ing nagari Mêsir

Mawi kasêkarakên

Kaêcap dening tuwan
G. C. T. : van Dorp en co
Ing Samawis 1871

--- [1] ---

[...]

--- 2 ---

1. Asmaradana

1. ri sêdhêng amurwèng tulis | Soma Manis jam saptenjang | ping kalih Mulud taun Be | sirnèng sunya naganingrat |[1] sangkala duk amurwa | rinuruh sinungan pupuh | ingaran asmaradana ||

2. panêngran ingkang ginupit | carita dongèng ing kewan | Sêrat Kancil babukane | wikan lêrês tuwin lêpat | sumôngga kang miyarsa | kawula darmi anurun | manut tuladha kewala ||

3. sigêgên ingkang ginupit | dhapure kôndha angiwa | kang tinutur sêjarahe | anênggih kang winursita | sira Dèwi Sungkawa | anake pandhita luhung | pan anèng ing wanawasa ||

4. ya ta ing alami-lami | sang dyah pan angrasa wawrat | tur wênês ijo warnane | mêngkana Rêtna Sungkawa | marak dhatêng kang rama | saliranira marlêsu | lir kadi dèn sampirêna ||

5. sang pandhita aningali | nênggih dhatêng ingkang putra | lêsu lupa salirane | wêdana ijo anawang | sang pandhita angucap | kadingarèn anak ingsun | alêsu saliranira ||

6. yèn ingsun wêtarèng galih | kaya wawrat pêkênira | sapa baya lawanane | hèh nini sira tutura | iya marang pun bapa | Rêtna Sungkawa umatur | dhuh rama datan [data...]

--- 3 ---

[...n] rumôngsa ||

7. tan wontên lawanan mami | baya karsane juwata | ingkang dhatêng awak ingong | kang rama aris ngandika | mokal lamun mêngkana | ana gêni tanpa kukus | sênadyan silih bêthara ||

8. yêkti ana marganèki | dèn age sira matura | aja kumbi anak ingong | bokmênawa ta pun bapa | bisa anyampurnakna | Rêtna Sungkawa umatur | pan sarwi angêmu waspa ||

9. inggih rama atur mami | sênadyan dèn pêjahana | kawula botên rumaos | yèn adarbe atur dora | dhatêng paduka rama | sampun amanggih rahayu | manggiha papa cintaka ||

10. kang rama runtik ing galih | asru dènya angandika | yèn mêngkana anak ingong | dèn age sira lungaa | aja kadulu netra | nora sudi têmên ingsun | ngaku anak marang sira ||

11. Rêtna Sungkawa anangis | tumungkul angêmu waspa | mêlasasih sêsambate | katuwane awak ingwang | tan jamak ing wong kathah | dhuh dewa banjutên ingsun | gêsang amêmirang jagad ||

12. sang rêtna anulya pamit | dhuh rama amit kawula | amung lilanana ingong | kang rama datan angucap | sang rêtna sigra mentar | pan sarwi angusap êluh | karuna jroning wardaya ||

13. kathah kagagas [kaga...]

--- 4 ---

[...gas] ing galih | nênggih Ni Rêtna Sungkawa | pan sampun lêpas lampahe | ingkang rama kèri brôngta | kesahe putranira | angraos wêlas ing kalbu | dene putra mung satunggal ||

14. mêngkana ingkang winarni | nênggih Ni Rêtna Sungkawa | katiwang-tiwang lampahe | nusup anèng wanawasa | tan ana kang kacipta | mung jalma kang karya wuyung | ingkang tansah ingulatan ||

15. ing siyang dalu lumaris | kêlamun arsa adhahar | godhong kang lêmês dhahare | lamun sare sang juwita | anèng ngandhape wraksa | kêlangkung kawêlasayun | lamine tan pinurcita ||[2]

16. sampun angsal sangang sasi | gènira wawrat sang rêtna | sampun jangkêp semayane | anuju sasi purnama | sêmana sang juwita | saliranira marlêsu | lèrèn ing ngandhaping wraksa ||

17. wus karsane dewa luwih | sampun wanci sirêp jalma | nulya babar wawratane | nanging tan warna manungsa | awarni kancil wana | pan apelak warnanipun | babare sangking kaluwat ||

18. wus karsane dewa luwih | sang rêtna lajêng palastra | nèng ngandhaping wraksa gêdhe | tunarpane[3] lajêng musna | cinôndra ing juwata | sigêgên datan winuwus | ya ta enjing kawarnaa ||

19. kancil alit nèng wonadri | tan ana ingkang wuninga | lawan tan ana rowange | awêtara agêngira | sami tikus jinada | mapan tansah lênguk-lênguk | anèng soring pucung wraksa ||

2. Pucung

1. kancil alit datan ana rowangipun | nèng ngandhaping wraksa | ya ta ing alami-lami | amêmôngsa gêgodhongan anèng wana ||

2. lincak-lincak janggirat aglis lumayu | nanging datan têbah | wangsul mring pêrnahnya malih | amêlangkring anèng sore ngandhap wraksa ||

3. lama-lama saya agêng angganipun | kesahe mêmôngsa | wus supe ing pêrnahnèki | wus atêbah lumayu saparan-paran ||

4. yèn mêmangan gêgodhongan ing wona gung | karsane juwata | saya agêng punang kancil | awêtara pan sacêmpe agêngira ||

5. ingkang saya lêpas gènira lumaku | mêdal saking wana | ngambah pêgagan anênggih | pan akathah lembayung [le...]

--- 5 ---

[...mbayung] sêkar asinang ||

6. cinarita kang darbe pêgagan iku | jalma langkung nistha | rabine pan sampun lalis | pan anilar anak pêrawan sanunggal ||[4]

7. kyai juru pêgagan ing wêstanipun | tansah anèng gaga | kêlawan anake èstri | awas mulat kêlamun kacange têlas ||

8. kyai juru pêgagan micorèng kalbu | iki baya sapa | kang ngrusak pêgagan mami | apa bêndhul utawa silih manungsa ||

9. yên manungsa yêkti wontên tilasipun | kaya satu kewan | kang ngrusak pêgagan mami | ri sêksana ki juru akarya kala ||

10. amaju pat wetan kulon êlor kidul | pinasangan kala | ki juru singidan têbih | kawarnaa kancil arsa amêmôngsa ||

11. tan uninga pinasangan êlor kidul | dupi anêrajang | kasingsêt ing gulunèki | jôla-jôla lir sinambêr dhandhanggula ||

3. Dhandhanggula

1. kyai juru mring pêgagan aglis | sakêlangkung suka ing wardaya | gêgêlungan tênagane | tangi asru amuwus | baya iki kang jêjêmbêri | ngrusak pêgagan ingwang | bilahi sirèku | dene nora sêpiraa | gêdhenira padha lawan kirik mami | ngrusak uwite kacang ||

2. tan antara nulya dèn uculi | sarwi ngucap ki juru pêgagan | besuk sira sun sambêlèh | ki juru nulya nguwuh | mring putrane ki juru prapti | ki juru alon angucap | cêkêlana gupuh | ingsun akarya kurungan | tan antara kurungan pan sampun dadi | kadya kurungan sata ||

3. kancil alit nulya dèn kurungi | kyai juru kesah mring pêgagan | wawêling marang putrane | hèh nini anak ingsun | ngêliwêta dèn akèh nini | lah iya benjang-enjang | padha mangan nginum | kancil arsa dipun panggang | sun basêngèk sawusira awawêling | ki juru nulya kesah ||

4. kancil alit sampun dèn kurungi | anèng sosok amicorèng nala | nora wurung mati mangke | paran gon ingsun ucul | dene ingsun wus dèn kurungi | tan wurung benjang-enjang | dèn sambêlèh ingsun | nora wurung dadi tinja | kaya apa gon ingsun ucul ta iki | baya [ba...]

--- 6 ---

[...ya] karsaning dewa ||

5. nulya wontên sêgawon marani | anèng jaba angucap mangkana | kancil sira kadingarèn | nèng kene kongsi dangu | kancil alit alon nauri | lah iya wruhanira | milane wak ingsun | anèng kene kinurungan | ingsun arsa dèn ambil mantu pribadi | marang juru pêgagan ||

6. dèn olihkên anake pribadi | besuk Sênèn gon ingsun aningkah | sêgawon alon wuwuse | nora pantês sirèku | dèn bil mantu marang ki bayi | kancil alon angucap | tan pracayarèku | lah ta mara tingalana | awak ingsun iki uwis dèn borèhi | sira nora pêrcaya ||

7. sakêlangkung gagêtuning galih | punang asu myarsa wuwusira | lênguk-lênguk sêdangune | kancil alon amuwus | apagene ngungun sirèki | apa kêpingin sira | dèn ambil ing mantu | marang ki juru pêgagan | asu ngucap lah iya ingsun kêpingin | dèn ambil mantu ingwang ||

8. dene ingsun wus lawas angabdi | iya marang ki juru pêgagan | sang kancil alon wuwuse | lamun mangkana iku | lah ta uwis angalah mami | têlungane manira | pan anyar katêmu | marang ki juru pêgagan | balik sira wus lawas gonira ngabdi | mring ki juru pêgagan ||

9. iya pantês yèn sira kêpingin | lah ta age sira malêbua | ingsun uga ngalah bae | pan ingsun arsa mêtu | punang asu bungah ing galih | kurungan dipun wiyak | kancil aglis mêtu | asu malêbèng kurungan | kancil ngucap lah uwis kariarèki | benjing Sênèn aningkah ||

10. nanging sira dèn angati-ati | wong arabi kêlawan manungsa | beda lawan sêsamane | sêgawon alon muwus | lah ta môngsa bodhoa mami | kancil anulya kesah | kêbat lampahipun | têbih sangking pêrnahira | kawarnaa ki juru pêgagan prapti | anguwuh anakira ||

11. hèh ta bayi mêtua dèn aglis | nulya wau kang putra wus mêdal | kancil arsa sun sambêlèh | kang putra aglis mêtu | nyangking gobang tan dangu prapti | kyai juru pêgagan [pê...]

--- 7 ---

[...gagan] | cêcawêtan sampun | sigra anyingkap kurungan | ya ta kagèt ki juru gènya ningali | dene kancil tan ana ||

12. mung sêgawon kang wontên kaèksi | anèng sosok ki juru angucap | ningali kirike dhewe | kancil nora kadulu | baya uwis dèn pangan kirik | sosok aglis binuwang | ki juru agupuh | angambil alu lêngênan | kirikira pinênthung kayu tumuli | sirahnya kowang-kowang ||

13. ya ta nuli pinindho ginitik | pan lumayu sarwi kêlongkongan | ki juru asru wuwuse | kirik anaking asu | nora kêna ginawe bêcik | kancil arsa sun panggang | binadhok karuwun | yèn ajaa asu sira | sun sambêlèh sun karya liruning kancil | kêpalang asu sira ||

14. kang kocapa sêgawon anangis | pan mangkana usiking wardaya | kênèng apus awak ingong | êndi gonmu katêmu | pêsthi besuk ingsun jêjuwing | pan ingsun mamah-mamah | têkan bêbalungmu | sêgawon anulya kesah | angulati kancil arsa dèn patèni | nanging datan kêpanggya ||

15. kancil alit kang kocapa malih | saya têbah dènira lumampah | tanbuh sinêdyèng galihe | ngambah ing wana agung | jurang sêngkan dipun lêbêti | prapta ing ara-ara | kancil lampahipun | mulat ana keyong gondhang | pinaranan praptèng ngarsa punang kancil | mundur sarwa angucap ||

4. Durma

1. keyong gondhang pan asru dènira ngucap | paran karsamu kancil | praptèng ngarsaning wang | kancil alit angucap | mulane manira prapti | nèng ngarsanira | arsa têtakon mami ||

2. pagenea omahira sira gawa | baya sira kuwatir | kêlamun tinilar | keyong gondhang angucap | pa kurang dhiya pêrduli | nadyan sun gawa | jêr omah ingong pribadi ||

3. padu apa wong sira tan darbe wisma | lamun darbe sirèki | pêsthi sira gawa | sêparan-paranira | kancil alit anauri | têmbe manira | tumon kaya sirèki ||

4. yêkti repot omah yèn ginawa lunga | môngsa bisa lumaris | pêsthi gêranthahan | kiyong / gondhang angucap |

--- 8 ---

pagene repot lumaris | yèn tan pêrcaya | payo bêburon kancil ||

5. lawan sira lah apa totohanira | kancil alon nauri | dene pêkênira | ngaku bisa lumalya | nora tangan nora sikil | yêkti kangelan | gonmu arsa lumaris ||

6. dene arsa angajak bêburon sira | iya lawan ing mami | angajak botohan | mêngko yèn sira kalah | ya baburon lawan mami | pêsthi sun pangan | kiyong gondhang nauri ||

7. nadyan sira yèn kalah pêsthi ngong môngsa | kancil sumaur bêngis | lah payo dèn kêbat | bêburon lawan ingwang | kiyong gondhang anauri | sun janji sira | kancil age lumaris ||

8. aja liwat jêmbare sawah sakothak | lamun kaliwat iki | yêkti sira kalah | kancil asru angucap | iya sakarsanirèki | ingsun lumajar | burunên dipun aglis ||

9. kiyong gondhang nauri mring kancil inggal | hèh kancil ingsun janji | iya marang sira | nanging ingsun sumaya | besuk ari Sênèn mami | sira mêtua | ya keyong ja kuwatir ||

10. kiyong gondhang angundhangi kiyong kathah | kancil datan udani | sampun amaju pat | kancil lan kiyong gondhang | pan anèng pojoking sabin | kulon lan wetan | lor kidul amêpêki ||

11. kiyong gondhang asru dènira angucap | mara kancil dèn aglis | sira lumayua | mêngko sun udak[5] sira | sang kancil lumayu aglis | ngidul angetan | lampahnya kadi thathit ||

12. kidul wetan kiyong muni pan agêtak | kancil kagèt ing galih | angulon sêksana | kiyong kang kulon munya | kancil rikat aglis bali | ngidul angithar | kiyong kang kidul muni ||

13. pan angalor kancil lumayu angithar | kiyong kang êlor muni | kewran ing wardaya | kancil alit sêmana | mêngkana usiking galih | nyata yèn kêbat | kiyong pêlayunèki ||

14. datan wikan kêlamun ing kiyong kathah | ingaran mung sawiji | sabên-sabên [sabê...]

--- 9 ---

[...n-sabên] ngucap | kiyong muni anggêtak | kancil anggiwar lumaris | ciptane manah | kiyong maksih nututi ||

15. wus atêbah kancil gènira lumajar | sangking ing pêrnahnèki | pan angrasa sayah | kancil lèrèn sakêdhap | nulya ana kiyong muni | anèng kêdhokan | kancil kagèt ing galih ||

16. kancil alit akêbat dènya lumajar | pan kongsi kêmpis-kêmpis | supe amêmangan | kongsi satêngah wulan | gènya lumayu sang kancil | supe lor wetan | kidul datan udani ||

17. duk sêmana angambah pèrènge arga | kancil kêlangkung arip | ngantuk anèng marga | apan sarwi lumajar | wontên sumur tan udani | pan kêsasaban | ing sukêt angayomi ||

18. tan katingal sumur jêrone kalintang | mêngkana punang kancil | pan maksih lumajar | sangking ajrihing manah | dadya kalêbêt sang kancil | nèng sumur ika | kancil kagèt ing galih ||

19. kancil arsa mêntas apan nora bisa | langkung kawêlasasih | amicorèng nala | paran solah manira | nora wurung ingsun mati | lamun awèta | nèng jroning sumur mami ||

20. awêtara tigang dina laminira | nèng sumur punang kancil | datan bisa mêntas | lan ora amêmangan | nulya ana banthèng prapti | nèng sumur sigra | pan arsa nginum warih ||

21. dupi ngungak anèng sumur kagèt mulat | dhumatêng punang kancil | nèng sumur kumambang | banthèng asru angucap | hèh pagene sira kancil | anèng jro tôya | nora anganggo kanthi ||

5. Kinanthi

1. kancil sumaur asêndhu | banthèng sira tan udani | baya datan ngrungu warta | mila anèng sumur mami | ing besuk arsa kiyamat | bumi tangkêp lawan langit ||

2. mulane sun anèng sumur | jatine umpêtan mami | apa sira tan miyarsa | banthèng alon anauri | pan ingsun nora miyarsa | yèn arsa kiyamat iki ||

3. kancil alit alon muwus | yèn sira andêrah pati | lah apa sakarsanira | banthèng alon anauri | pan ingsun milu umpêtan | kancil marang ing sirèki [si...]

--- 10 ---

[...rèki] ||

4. iya anèng jroning sumur | kancil alon anauri | dèn age umpêtan sira | sira lamun arsa urip | banthèng anututi ika | tan wruh lamun dèn apusi ||

5. anulya malêbu sumur | kancil amèpèt ing pinggir | pan sarwi alon angucap | hèh ta banthèng sira ugi | wong agêdhe dhuwur sira | aja sira anèng nginggil ||

6. bok mênawa langit rubuh | sira karubuhan dhingin | bêcik sira anèng ngandhap | ingsun ingkang anèng nginggil | banthèng anurut kewala | kancil anulya mêlangkring ||

7. nèng gigire banthèng agung | salunjakan winitawis | kancil anulya malumpat | pan sampun praptèng ing nginggil | banthèng alon dènya ngucap | pagene kancil sirèki ||

8. dene mêntas sangking sumur | kancil alit anauri | hèh banthèng kawruhanira | mulane sun mêntas dhingin | ingsun arsa atêtanya | mring Nabi Suleman dhingin ||

9. goning kiyamat ing besuk | kurang pirang dina maning | eca-ecaning kang manah | gon ingsun angati-ati | banthèng anurut kewala | môngsa bodhoa sirèki ||

10. kancil anulya lumayu | akêbat pêlayunèki | sêmana sampun atêbah | pêlayune punang kancil | awêtara tigang dina | kancil gènira lumaris ||

11. ingkang anèng jroning sumur | banthèng amicorèng galih | dene iki wus alama | kancil nora nana prapti | dene kongsi têlung dina | apa silih angapusi ||

12. iya marang awak ingsun | yèn nora anuli prapti | dene kongsi têlung dina | gone atakon si kancil | pan ingsun datan anduga | banthèng tan eca ing galih ||

13. sigra mêntas sangking sumur | sêmana wus praptèng nginggil | mulat kidul êlor wetan | kancil tan ana kaèksi | banthèng amicorèng nala | nyata lamun angapusi ||

14. kancil marang awak ingsun | yèn mêngkana sira kancil | ing ngêndi gonmu kapêdhak | nora wurung sun patèni | besuk sira ingsun sêmpal |

--- 11 ---

awakira sun jêjuwing ||

15. banthèng anulya lumaku | sêdya angulati kancil | malêbêt ing wanawasa | gêrumbul dèn osak-asik | sangking runtiking wardaya | mila sangêt angulati ||

16. ing sasêngkan gunung-gunung | sêdaya dipun ulati | miwah pêpèrènging arga | sêdaya dipun ulati | nanging datan kêpanggiha | sigêgên mangke rumiyin ||

17. kancil alit kang winuwus | wus atêbah lampahnèki | tan karuwan kang sinêdya | munggah tumurun ing wukir | yèn dalu lèrèn anendra | yèn siyang kancil lumaris ||

18. mêngkana malih winuwus | bajul anèng têngah kali | apan asring amêmôngsa | sêbarang ingkang kaèksi | ingkang parak anèng tôya | kang dadya amanerèki ||

19. sêmana bajul andulu | wêrgul anèng pinggir kali | apan arsa amêmôngsa | nèng sabrang kulon anênggih | bajul anèng sabrang wetan | pan arsa nyabrang tumuli ||

20. sangking luwe wêtêngipun | akêbat dènya lumaris | gugup arsa amêmôngsa | duk lumarap anèng warih | kêsangsang anèng dhapuran | êpring anèng têngah kali ||

21. dadya kandhêg lampahipun | datan bisa obah-osik | wêrgul anuli lumajar | wikan yèn arsa binukti | akêbat pêlayunira | bajul kawarnaa malih ||

22. kacêpit saliranipun | pan anèng dhapuran êpring | akukuh tan bisa obah | bajul asru dènya nangis | apan sarwi karugêtan | arsa mêdal datan bangkit ||

23. pan mêngkônô wuwusipun | anaa kang tulung mami | yèn tuwa sun aku bapa | ingkang atêtulung mami | anèm ingsun aku kadang | ing lair tumêkèng batin ||

24. pirabara ta ing besuk | yèn bisa amalês mami | marang kang têtulung ingwang | sok uga luwara dhingin | ingsun sangking ing dhapuran | lan bisa mêmangan mami ||

25. apan kongsi pitung dalu | bajul dènira kacêpit | anulya ana kêlasa | amoh kèli sangking nginggil | pan anut arus kiwala | ing sêparan-paranèki ||

26. dupi prapta prênahipun | kang punang bajul kacêpit | kêlasa kanyut ing toya | bajul pan [pa...]

--- 12 ---

[...n] amuwus aris | hèh kêlasa pêkênira | bisa atêtulung mami ||

27. besuk sun aku sêdulur | kêlasa alon nauri | hèh ta bajul wruhanira | duk ing mêksih anyar mami | ingsun uga dèn pilala | akèh wong kasmaran kingkin ||

6. Asmaradana

1. lamun ana dina bêcik | ingsun nulya ingukupan | sinêbaran kêmbang akèh | lawan ingsun tinuronan | manungsa ingkang endah | malah kadhangkala ingsun | dèn anggo pêngantèn anyar ||

2. gandane amrik awangi | tan kêna rêgêt salêna | nulya kinêlutan ingong | nulya sinêbaran kêmbang | pradene mêngko ingwang | wis amoh nora dèn aku | pan ingsun dèn buwang-buwang ||

3. apan nora dèn rumati | kêmbang manèh yèn iyaa | kenyut sêparan-parane | tan ana kang rêmên mring wang | miwah ta yèn dêlênga | anaa ingkang têtulung | iya marang awak ingwang ||

4. sêmana sampun atêbih | kêlasa kanyut ing tôya | punang bajul kari dhewe | pan tansah lara karuna | ya ta kang kawarnaa | punang kancil arsa nginum | kêlawan arsa anyabrang ||

5. kêlangkung kewran ing galih | punang kancil kulithian | apan ta mangetan ngulon | praptèng pinggiring bêngawan | kancil awas tumingal | lamun ana bajul agung | kacêpit anèng dhapuran ||

6. anèng satêngahing kali | kêlamun tôyanya asat | bajul anèng dharatane | apan tansah kêpanasan | yèn udan kaudanan | lamun agung punang banyu | bajul kêlêm anèng tôya ||

7. pan tansah kawêlasasih | ing siyang dalu karuna | sang kancil awas tingale | yèn ana bajul karuna | kancil micorèng nala | bodho têmên sira bajul | kacêpit tan bisa polah ||

8. jamak ora mundur dhingin | pan arsa maju kiwala | sayêktine iku alon | pêsthi nora bisa obah | kancil alon angucap | hèh ta pamane bajul |[6] upama ana kang bisa ||

9. atêtulung mring sirèki | amrih bisa ucul sira | besuk apa pêmalêse | marang kang têtulung sira | dèn age sumanggupa | duk miyarsa punang bajul | marang kancil [kanci...]

--- 13 ---

[...l] ujarira ||

10. sumaur sarwi anangis | hèh ta sapa aranira | kang arsa têtulung mring ngong | gêdhemu amung samrica | dene sumanggup sira | atêtulung marang ingsun | ingsun wong agêdhe dawa ||

11. prayogyanira nulungi | sakangcil[7] alon angucap | yèn sira tan wruh maring ngong | dutane Nabi Suleman | kinèn anganglang jagad | raya kancil aran ingsun | kang punang bajul angucap ||

12. lah ta iya raja kancil | lamun bisa pêkênira | atêtulung awak ingong | sira sun aku sudara | gêsang têkèng palastra | sang kancil alon amuwus | apa têmên ujarira ||

13. sang bajul alon nauri | kancil lamun ingsun cidra | dèn cupêta umur ingong | aja amanggih raharja | sang kancil saurira | yèn mêngkono sira bajul | mêngko sun tulungi sira ||

14. lah dèn age punang kancil | tulungana awak ingwang | lah uwis aja kasuwèn | sang kancil alon angucap | mêngko sêdhela êngkas | yèn wis agung punang ranu | sira bajul amundura ||

15. pan ing mêngko sun tulungi | lan sira aja ambêkan | yèn uwis agung banyune | wus agung kang punang tôya | ngalabi awakira | ri sêksana bajul mundur | sarwi amêgêng ambêkan ||

16. luwar gènira kacêpit | bajul amicorèng nala | dene iki gampang bae | pan nora kongsi alawas | pan ingsun bisa luwar | yèn mêngkono awak ingsun | apan nora tinulungan ||

17. iya marang raja kancil | ingsun bisa lêpas dhawak | dadi nora utang ingong | dene bisa luwar dhawak | kancil alon angucap | hèh bajul priye karêpmu | ing mêngko sira wus luwar ||

18. lah iya gonmu kacêpit | apa walêsmu maring wang | sang bajul alon wuwuse | kang sun walêsake apa | kancil marang ing sira | ananging rasaning kalbu | iya kancil dudu sira ||

19. kang têtulung marang mami | sira mung tuduh kiwala | ingsun ingkang ucul dhewe | kancil amung kaul ingwang | mêngko ingsun anêmbah | marang sira kaping têlu | sang kancil alon angucap ||

20. dene sêlawaserèki [sêlawase...]

--- 14 ---

[...rèki] | kacêpit anèng dhapuran | tan bisa obah dhèwèke | kongsi pirang-pirang dina | tujune bajul sira | bisa luwar sira bajul | aja ingsun tuturana ||

21. sang bajul alon nauri | mulane ingsun anêmbah | ping têlu marang dhèwèke | sang bajul anulya marak | kancil arsa cinandhak | wus praptèng pinggiring ranu | sang kancil aglis malumpat ||

22. mêlangkring nèng kayu cangkring | bajul kandhêg anèng tôya | pan sarwi asru wuwuse | hèh pagene kancil sira | mêlangkring anèng wraksa | sang kancil alon sumaur | ingsun wong arsa sinêmbah ||

23. abêcik ingsun mêlangkring | aja kongsi anèng lêmah | mara nyêmbaha dèn age | aja sira marak-marak | bajul kêlawan ingwang | mênawa sira kasiku | mring gusti Nabi Suleman ||

24. bajul anauri aris | wis age sira mudhuna | kancil nulya mudhun age | praptèng ngandhap alon ngucap | bajul yèn arsa mangan | sira marang awak ingsun | ingsun uga wus uninga ||

25. nanging ana janji mami | bajul marang pêkênira | sang bajul alon wuwuse | kaya paran janji nira | sang kancil wuwusira | lamun têmên sira bajul | arsa mangan marang ingwang ||

26. mara malanga dèn aglis | anèng têngahing bêngawan | ing mêngko ingsun ukure | bajul sira lawan ingwang | mênawa sira sêsak | pêngrasane atiningsun | mêksih dawa awak ingwang ||

27. iya lawan ing sirèki | mulane sun eman sira | pan arsa mangan wak ingong | dene lamun nora sêsak | pan ingsun uwis pasrah | apa karsanira bajul | dènira amêgat nyawa ||

7. Mêgatruh

1. ri sang bajul alon dènira amuwus | iya karsanira kancil | sigra malang punang bajul | anèng têngahing bênawi | jujul ingkang kidul êlor ||

2. malah mêntas anèng dharat buntutipun | sang bajul bungah ing galih | bajul alon dènya muwus | lah mara kancil dèn aglis | sira ukurên wak ingong ||

3. kancil ngucap dèn antêng ta sira bajul | aja sira obah-osik | mênawa ingsun kajêbur | dadi wurung sira bukti [bu...]

--- 15 ---

[...kti] | kancil anulya mêncolot ||

4. wus angancik anèng gigirira bajul | têkèng sirah dèn itungi | siji loro loro têlu | pan akêbat lampahnèki | praptèng buntut kancil anjog ||

5. anèng dharat asru dènira amuwus | hèh bajul rêbutên mami | ingsun kancil adi luhung | yèn sira durung udani | ingsun kancil anak mayor ||

6. lah burua bajul age dèn agupuh | yèn arsa mangan ing mami | sun antèni sira bajul | anèng ngisoring kusambi | aja sira kari jomblong ||

7. duk miyarsa bajul angungun ing kalbu | mêngkono osiking galih | kênèng apus awak ingsun | wêruha yèn diapusi | mau sira ingsun badhog ||

8. kang kocapa kancil akêbat lumayu | wus têbah ing pêrnahnèki | tan winarna laminipun | sigêgên mangke rumiyin | kocapa sang macan gembong ||

9. ambêbujung marang kêthèk wus adangu | nanging kêthèk nora kêni | lumayu saparanipun | pan mêksih dipun tututi | dhatêng sang amacan gembong ||

10. pan akêbat kêthèk dènira lumayu | manjing wana dèn tututi | mila asangêt binuru | kêthèk arsa dipun bukti | nênggih dhatêng macan gembong ||

11. duk samana kancil kang lagya lumayu | awas dènira ningali | yèn ana kêthèk lumayu | anulya dipun cêgati | praptèng ngarsa kancil takon ||

12. hèh pagene kêthèk pan sira lumayu | kapang-kapang niba tangi | ingkang tinandya sumaur | mulane lumayu mami | binuru ing macan gembong ||

13. apan arsa pinatenan awak ingsun | balikan ta sira kancil | pagene sira lumayu | kancil alon anauri | pagene lumayu ingong ||

14. kaya dudu anake bapa lan biyung | yèn kongsi lumayu mami | nadyan wuwuha sapuluh | apan ingsun nora wêdi | iya marang macan gembong ||

15. punang kancil asru dènira amuwus | lah iya aja kuwatir | nanging ana kang sun jaluk | kêthèk marang ing sirèki | ngambila godhong jati nom ||

16. sira ingkang bisa mènèka [mènè...]

--- 16 ---

[...ka] mandhuwur | punang kêthèk sigra ngambil | wus olèh ginawa mudhun | dèn wèhakên marang kancil | nulya tinampanan alon ||

17. kêthèk angling môngsa bodhoa sirèku | kancil alon anauri | lah wis aja kongsi turu | umpêtan anèng wuri | yèn prapta si macan gembong ||

18. kêthèk aja sira milu-milu muwus | ingsun dhewe kang manggihi | sang kêthèk umpêtan sampun | anèng wurinira kancil | pan andhêlik nora katon ||

19. ri sang kancil mêlangkring nèng pinggir sumur | wus amamah godhong jati | dadya abang cangkêmipun | pan kadya tilasing gêtih | kancil mungkur apitambuh ||

8. Pangkur

1. macan gembong sampun prapta | mring pêrnahe mêlangkring punang kancil | macan gembong asru muwus | hèh kancil apa ana | kêthèk ingsun ucul lumayu sun buru | sang kancil asru angucap | pagene sira ulati ||

2. marang kêthèk arsa paran | macan gembong asru nêdya nauri | hèh ta kancil wruhanamu | kêthèk arsa sun pangan | kancil ngucap yèn awèha awak ingsun | dèn pangan dosane apa | dene gumampang sirèki ||

3. mapan iku kêthèk ingwang | wus alawas minggat ingsun ulati | ing mêngko lagi katêmu | pan arsa sira pangan | enak-enak lamun awèh awak ingsun | yèn tan awèh kaya paran | budia sun sêmbadani ||

4. macan gembong asru ngucap | hèh ta kancil dene sira kumaki | gêdhemu padha lan têngu | arsa mungsuh maring wang | wong agêdhe agagah lêmu adhuwur | pêngrasane atiningwang | anaa sêpuluh kancil ||

5. ingsun môngsa pêkênira | môngsa silih nganggo mindhoni mami | sang kancil asru amuwus | sênadyan alit ingwang | môngsa silih wêdia kang gêdhe dhuwur | yèn sira nora uninga | iya maring awak mami ||

6. sabên dina ingsun mangan | iya marang macan sadina siji | yèn tan pêrcaya sirèku | ingsun mêntas amangan | awasêna gubras gêtih cangkêm ingsun |

--- 17 ---

durung suwe ingsun mangan | mêngko wus angêlih maning ||

7. ngluru macan nora nana | kabênêran sira ingkang ngatêri | macan gembong asru muwus | apa têmên ta sira | mangan macan siji-siji sabên esuk | sang kancil asru angucap | sira maido ing mami ||

8. dumèhne cilik wak ingwang | sira dalih iya uwong kêkalih | sira dulunên dèn gupuh | tilase ingsun mangan | êndhas macan ingsun buwang anèng sumur | nanging ingsun maksih kurang | arsa ngluru macan maning ||

9. mêksih ngêlih wêtêng ingwang | macan gembong langkung maras ing galih | sigra aningali sumur | macan gembong sêmana | aningali dhumatêng wayanganipun | kagèt macan gembong giwar | dèn arani macan yêkti ||

10. tan wruh wayangane dhawak | macan gembong kêbat pêlayunèki | kancil asru dènya nguwuh | macan gembong balia | aja dumèh yèn sira kêbat lumayu | nora wurung mêngko sira | kêcandhak ingsun tututi ||

11. dene wus kapêsthi sira | macan gembong dadi panganan mami | angur balia sirèku | sira ingsun apura | macan gembong mandhêk amicorèng kalbu | lamun ingsun lumayua | pêsthi mêngko dèn tututi ||

12. nora wurung yèn kêcandhak | marang kancil angur nututa mami | bokmênawa awak ingsun | ing mêngko dèn apura | tan antara macan gembong sigra wangsul | tan adangu praptèng ngarsa | tumungkul pan èsmu ajrih ||

13. sang kancil alon angucap | kaya ngapa macan ing karsanèki | apa sira sêdya rukun | utawa lamun nora | macan gembong alon denira amuwus | sêdya rukun awak ingwang | iya marang ing sirèki ||

14. nora sêdya paran-paran | potangên ing pati urip mami | nora mukir ingsun besuk | kancil alon angucap | aja cidra sira lawan awak ingsun | lamun sira kêpotangan | macan marang awak mami ||

15. besuk sira sabên warsa | wèha pajêg macan sawiji-wiji | minôngka ing pangan ingsun | macan gembong angucap | lah ta iya sabên taun awak ingsun | awèh [a...]

--- 18 ---

[...wèh] pajêg marang sira | iya macan siji-siji ||

16. sang kancil alon angucap | lah ta uwis sira muliha aglis | nanging sira dèn arukun | ya lawan kêthèk ingwang | lah dèn age kêthèk mêtua nèng ngayun | ingsun rukunakên sira | lawan macan gembong iki ||

17. punang kêthèk sigra mêdal | anèng ngarsa nanging marasing galih | kancil asru dènya muwus | pôma dèn rukun sira | lawan macan aja cidra sira besuk | kêthèk mujar pêringisan | lah iya sakarsanèki ||

18. ya ta nulya lênggah jajar | kêthèk macan sang kancil asru angling | macan gembong den agupuh | lah iya buntutira | pêrtandhane lamun sira uwis rukun | ya ta ginandhèng sêksana | nênggih buntutira kalih ||

19. wusnya sami gêgandhengan | pan akukuh anulya sami pamit | macan kêthèk wus lumaku | pan sarwi gêgandhengan | sêparane tan pisah dènya lumaku | siyang dalu pan mêngkana | kadya mas timbuling warih ||

9. Maskumambang

1. wus atêbah macan gembong lampahnèki | tansah gêgandhengan | tan ucul ing siyang ratri | lamun arsa amêmangan ||

2. apan tansah diya-diniya ing galih | kêthèk arsa mangan | anèng pinggiring pasisir | macan gembong datan arsa ||

3. kêdah mangan lunga marang ing wônadri | arsa inguculan | wêdi wêkase sang kancil | macan gembong duk sêmana ||

4. atêtakon hèh kêthèk iku si kancil | apa têmên ika | mangan macan sabên ari | sira tutura prasêtya ||

5. aja kumbi gonmu tutur marang mami | yèn akumbi sira | mêngko sira sun patèni | lamun sira nora dora ||

6. sun uculi iya lawan buntut mami | sang kêthèk kewuhan | dènira atutur nênggih | dadya atutur prasêtya ||

7. satêmêne macan sira sun tuturi | asandi kiwala | gone tutur ya si kancil | iya marang awakira ||

8. dene ingkang abang lir rupane gêtih | iya gêgodhongan | jati kang ênom ingambil | dèn mamah mêtune abang ||

9. kaya gêtih malah [ma...]

--- 19 ---

[...lah] ingsun ingkang ngambil | dene êndhas macan | kang anèng jro sumur uni | iku wêwayanganira ||

10. iya dudu êndhase macan sayêkti | macan gembong ngucap | bêcik têmên sira kancil | bisa ngapusi lan ingwang ||

11. yèn wêruha mêngkono ta sira kancil | wis sun kêmah-kêmah | kêlawan balunge rèki | môngsa gôndraa sêpira ||

12. sira maning kêthèk sira angapusi | mèlu-mèlu sira | lah iya marang si kancil | têka anurut kewala ||

13. nora wurung ing mêngko sira bilai | kêthèk pêringisan | cuwèt-cuwèt asru nangis | apan sarwi paringisan ||

14. bêkèr-bêkèr anulya sinaut aglis | nanging datan kêna | sinaut nganan angeri | sinaut ngiri anganan ||

15. nanging mêksih gêgandhengan buntutnèki | sang kêthèk têngginas | dènya bêburon ing nguni | pan tansah ubêng-ubêngan ||

16. gêgandhengan dadya ucul buntutnèki | sang kêthèk têngginas | mènèk anèng api-api | ing nginggil pan sampun prapta ||

17. kêmpis-kêmpis anèng nginggil pan mêthangkring | macan nora bisa | gènira arsa nututi | gagêtun ing manahira ||

18. macan gembong pan asru gènira angling | hèh ta kêthèk sira | saturun-turunmu benjing | dadi pêpanganan ingwang ||

19. aja mukir kêthèk ing luhur nauri | iya lamun kêna | sira môngsaa ing benjing | ingkang kêna bêjanira ||

20. macan gembong wangsul ing pêrnahe kancil | tan adangu prapta | kancil wus datan kaèksi | macan gembong kari gana ||

21. sakêlangkung gagêtun sajroning ati | usiking wardaya | kênèng apus awak mami | ing ngêndi gonmu kêpanggya ||

22. nora wurung kancil sira sun jajuwing | pan saturun nira | besuk dadi pangan mami | macan gembong sigra kesah ||

23. sêdyanira angulati marang kancil | malêbêt ing wana | jurang sêngkan dèn lêbêti | nanging datan kêpanggiha ||

24. pan kalunta macan gembong lampahnèki | runtiking wardaya | emut marang ing si kancil | lir sinambêr dhandhanggula ||

--- 20 ---

10. Dhandhanggula

1. tan winarna kang lagya lumaris | macan gembong gênti kang kocapa | nênggih sang kancil lampahe | minggah ing wana gunung | jurang sêngkan dipun lêbêti | saya kalunta-lunta | kancil lampahipun | lamun arsa amêmôngsa | gêgodhongan ingkang lêmês dipun bukti | kêlamun arsa nendra ||

2. amêlangkring ing sela kang inggil | sêlamine pan kadya mêngkana | pan anuju ing lampahe | malêbêt ing garumbul | pan anuju sudhungerèki | cèlèng lagya bêlehan | kathah gênjikipun | ananging cèlèng wanodya | ingkang lanang wis mati anèng wônadri | pinangan dening macan ||

3. milanipun bêlihan pribadi | apan datan ana ingkang uninga | kêsaru kancil praptane | pan anèng lawang sudhung | nuju cèlèng andarbe bayi | tan ana rowangira | kancil alon muwus | hèh cèlèng ingsun atanya | apa datan adarbe laki sirèki | gonira abêlihan ||

4. dene nora nana kang ngadhêpi | anèng sudhung dene amamêlas | cèlèng kagèt ing swarane | cèlèng nolèh ing pungkur | aningali dhatêng sang kancil | asrêp ing manahira | anulya sumaur | kancil yèn sira atanya | lakiningsun apan sampun angêmasi | anèng têngahing wana ||

5. pan pinangan macan gembong dhingin | lah mulane ingsun kari dhawak | tanpa rowang ingsun kiye | mila kawêlasayun | ingsun darbe anak pribadi | tan ana kang uninga | anèng jroning sudhung | balikan ta pêkênira | dene prapta sira anèng sudhung mami | paraning karsanira ||

6. punang kancil alon anauri | wruhanira mila ingsun prapta | dèn utus ing gusti ingong | Nabi Suleman agung | ingsun kinèn amariksani | sajroning wanawasa | jêmbare sêdarum | lan kinèn atêtulunga | iya marang satu kewan ing wonadri | ingkang datan raharja ||

7. ingsun kinèn atêtulung sami | milaningsun praptèng ngarsanira | sang cèlèng alon ujare | lah iya sokur sèwu | lamun arsa tulung sirèki | iya marang manira | dene kawlas ayun | sang kancil [ka...]

--- 21 ---

[...ncil] ayon[8] angucap | lah ta pira anakira kabèh iki | cèlèng alon angucap ||

8. mung sawêlas anak ingsun iki | kancil ngucap dene têka kathah | kongsi sawêlas anake | lah iya luwih sôkur | ingsun milu angaku siwi | besuk lamun agêsang | cèlèng wadon muwus | lah iya sakarsanira | sokur urip pan ingsun darma ngêloni | sira ingkang pêputra ||

9. padha-padha besuk angingoni | sêprandene tan adarbe bapa | sira dadi gagêntine | kancil alon amuwus | ingsun uga tan darbe siwi | mila ngêmpèk ing sira | cèlèng alon muwus | yèn mêngkono kancil sira | aja tanggung gonmu atulung ing mami | ingkang têrus ing nala ||

10. kancil angling ya aja kuwatir | sun rewangi angulati pangan | cèlèng abungah manahe | alon dènira muwus | yèn mêngkono ta sira kancil | tunggunên anak ingwang | anèng jroning sudhung | ingsun angulati pangan | aja sira lunga-lunga kancil dhingin | yèn nora ingsun prapta ||

11. kancil angling lungaa dèn aglis | sun tunggune iya anakira | nanging aja suwe-suwe | mênèk nangis anakmu | tan antara kesah tumuli | cèlèng ngulati pangan | kancil ingkang tunggu | anake cèlèng dèn wilang | nyata lamun sawêlas anake gênjik | kang siji pinatenan ||

12. tinindhih anèng ngisor pribadi | kancil sigra mêdal anèng lawang | gênjik nangis ting caruwèt | cèlèng anulya rawuh | praptèng sudhungira tumuli | alon dènira ngucap | pagene sirèku | kancil amênêng kewala | dene kongsi anak ingsun padha nangis | kancil alon angucap ||

13. apan ingsun durung pati bangkit | mila ingsun amênêng kewala | mara susonana age | cèlèng nulya malêbu | anakira dipun susoni | amung kari sêdasa | ingkang siji lampus | kêtindhihan gênjik kathah | cèlèng ngucap hèh pagene kancil iki | anakku siji pêjah ||

14. kancil angling ingsun tan udani | ingsun iki nèng jaba kiwala |

--- 22 ---

dene mau maksih rame | ingsun nora andulu | lamun ana ingkang ngêmasi | wau gênjik sawêlas | siji ingkang lampus | sayêkti nora katara | cèlèng ngucap lah iya dimène mati | kancil nora ngapaa ||

15. mêngko maning lamun padha nangis | ingsun tinggal angulati pangan | sira sasaban bae | godhong katuwèr iku | dimèk padha mênêng anangis | cèlèng anulya kesah | kancil anèng sudhung | anak cèlèng pinatenan | ingkang loro dadi wolu ingkang mêksih | anulya sinasaban ||

16. cèlèng ngucap hèh pagene kancil | kancil mêdal wus praptèng ing lawang | tan dangu cèlèng praptane | kancil pi-api ngantuk | cèlèng ngucap pagenerèki | kancil ngantuk lênggutan | tan arsa aturu | sang kancil alon angucap | mênèkane anakira padha nangis | padha mênêng kewala ||

17. saungkurmu iya padha nangis | iya amung sadhela kewala | sun ngambil godhong katuwèr | sun sasabakên iku | dadi mênêng nora anangis | dèn age susonana | cèlèng manjing sudhung | anakira sinusonan | amung wolu kathahira ingkang gênjik | ingkang kêkalih pêjah ||

18. cèlèng ngucap hèh pagene kancil | anak ingsun loro ingkang pêjah | sang kancil alon wuwuse | pan ingsun nora wêruh | mau maksih jangkêp sêdèsi | pan ingsun nora wikan | yèn ana kang lampus | dene ingsun anèng jaba | anakira mênêng nora nana nangis | mila sun enak-enak ||

19. cèlèng ngucap lah ta kancil uwis | kari wolu besuk papat sewang | kancil sira lawan ingong | kancil alon amuwus | lah ta iya karsanerèki | cèlèng anulya kesah | kancil anèng sudhung | gênjik pinatenan papat | kari papat anulya dipun sasabi | kancil anulya mêdal ||

20. anèng lawang api-api guling | cèlèng prapta nèng sudhung sêmana | kancil api-api kagèt | cèlèng alon amuwus | dene [de...]

--- 23 ---

[...ne] turuta sira kancil | kancil alon angucap | mulane sun turu | iya kongsi enak-enak | anakira tan ana abane nangis | padha mênêng kewala ||

21. dadi enak gon ingsun aguling | lah dèn age sira susonana | sang cèlèng malêbu age | nusoni anakipun | cèlèng kagèt dènya ningali | dene anake papat | gênjik ingkang lampus | papat kang mêksih agêsang | cèlèng ngucap hèh kancil anakmu mati | papat kang maksih gêsang ||

22. eman-eman anakira kancil | dene uwis gêdhe-gêdhe padha | kancil api-api kagèt | asru dènira muwus | pagenea padha ngêmasi | ya mau maksih gêsang | ingsun tinggal turu | dene kongsi mati papat | apa silih dèn pangan dhingkêl ing nguni | ingsun datan anduga ||

23. cèlèng ngucap wis bêjamu kancil | ngêmpèk anak pan lagi sapisan | dene padha mati kabèh | wis kancil aja ngungun | ingkang papat mênawa urip | lah iya roro sewang | kancil alon muwus | pan ingsun nora anduga | ingsun cêglik prandene bisa ngêmasi | bêjane awak ingwang ||

24. kudu nora arsa asêsiwi | cèlèng mujar lah kancil karia | ingsun luru pangan manèh | kancil kari nèng sudhung | cèlèng kesah ngulati bukti | gênjik kang kari papat | pinatenan sampun | kancil wus mêdal ing jaba | sudhungira anulya dèn obrak-abrik | sinome dèn balengkrah ||

11. Sinom

1. pan kadya tilasing macan | punang sudhung dèn bukrahi | sang kancil anuli kesah | pan akêbat lampahnèki | cèlèng datan udani | eca mêmangan neng gunung | kancil sampun atêbah | pêlayune sipat kuping | munggah arga tan ana ingkang uninga ||

2. lêstari ing lampahira | sigêgên kancil rumiyin | cèlèng malih kang kocapa | sawuse ngulati bukti | wangsul pêrnahinèki | kagèt dulu sudhung rubuh | kancil datan katingal | cèlèng garjitèng ing galih | binalengkrah anake sêkawan pêjah ||

3. apan samya tinindhihan | cèlèng

--- 24 ---

amicorèng galih | apa silih anak ingwang | dèn patèni mring si kancil | dene kabèh ngêmasi | nora duga têmên ingsun | lamun dèn pangan macan | sayêktine nora kari | iki baya si kancil ingkang acidra ||

4. tan wurung sun walês sira | ing ngêndi gonmu kêpanggih | pêsthi sun patèni sira | hèh kancil dèn ngati-ati | cèlèng runtik ing galih | amung kancil kang kadulu | anulya ingulatan | akêbat dènya lumaris | pan tinurut kancil ambune kewala ||

5. mila minggah anèng arga | anut ambune sang kancil | awêtara tigang dina | cèlèng gènira lumaris | kocapa punang kancil | lèrèn anèng pinggir sumur | angantuk alênggutan | sangking arip netranèki | tan uninga lamun cèlèng ingkang prapta ||

6. sang kancil kagèt anjola | cèlèng nubruk dèn inggati | kancil asru dènya ngucap | pagene cèlèng sirèki | anubruk marang mami | baya sira wuru gadhung | lali mring awak ingwang | cèlèng asru dènya angling | lah nututa kancil sun patèni sira ||

7. dene sira luwih cidra | kancil alon anauri | lah ta iki basakêna | jamake takon ta dhingin | nadyan arsa matèni | yèn katrap pêrkaranipun | dene durung atanya | ujug-ujug amatèni | sok gêlêma lah iya salahe apa ||

8. sênadyan ingsun matia | yèn wis têmtu kang pêrkawis | ingsun tan rumôngsa dosa | dene arsa dèn patèni | cèlèng asru nauri | hèh kancil pagenerèku | matèni anak ingwang | sang kancil asru nauri | basakêna cèlèng ingkang kaya sira ||

9. pan nora ngantos ing warta | jamake atakon dhingin | mulane anakmu pêjah | macan gembong kang matèni | aran ingsun wong siji | lawan cilik awak ingsun | macan gêdhe adawa | ingsun tan wani abali | pêsthi ingsun lumayu rêbut kuripan ||

10. dene arsa pinêjahan | marang macan gembong mami | môngsa ta nulia anak | pêsthi lumayu pribadi | mulane sun antèni | cèlèng anèng pinggir sumur | ingsun [ing...]

--- 25 ---

[...sun] sêdya aminggat | môngsa nusula sirèki | dene ingsun eling maring kabêcikan ||

11. cèlèng asru dènya ngucap | apa têmên sira kancil | sira nora asikara | iya lawan anak mami | kancil asru nauri | dobola sêpuluh windu | cèlèng kang kaya sira | muga gêlis ngêmasi | cèlèng ngucap pagene nora dèn pangan ||

12. anak ingsun marang macan | dene tininggal ngêmasi | yèn macan ingkang sikara | sayêkti dèn pangan sami | kancil alon nauri | dene si macan kasusu | amburu marang ingwang | pan arsa dipangan dhingin | lah mulane anakmu padha dèn tinggal ||

13. nanging ingsun tan kêcandhak | yèn nora pêrcaya bêcik | lah apa sakarêpira | arsa matèni mring mami | cèlèng asru nauri | pan iya sun gawe liru | marang anak ngong pêjah | kancil alon anauri | lah ta mara pan ingsun nora lênggana ||

14. lah apa sakarsanira | nanging sira sun tuturi | yèn arsa mangan maring wang | pan ingsun adarbe adhi | rupane kaya mami | mêngko anèng jroning sumur | iku panganên pisan | amêmêlas marang mami | nadyan pêjah barênga lan ariningwang ||

15. sang cèlèng asru ngucap |[9] lah ta iya luwih bêcik | dèn age tuduhna ingwang | marang arènira ugi | nulya barêng lumaris | wus prapta ing pinggir sumur | kancil alon angucap | mara ta cèlèng dèn aglis | arèningsun dhingin ingkang sira pangan ||

16. ingkang angèl dhinginêna | gampang kang kaya wak mami | têlungane awak ingwang | kang angèl panganên dhingin | sun iki ja kêpak-kêpik | agampang kaya wak ingsun | cèlèng anulya sigra | pinggir sumur dèn tingali | jinongkongkên cèlèng gêbyur pan kasmaran ||

12. Asmaradana

1. sang kancil sigra lumaris | nêrajang ing wanawasa | sigêgên kancil lampahe | punang kancil anêng marga | angadhêpi ta ika | sarwi ngantuk lênggut-lênggut | macan gembong sigra prapta ||

2. macan gembong sigra angling | hèh kancil sira acidra | pêsthi mati dene [de...]

--- 26 ---

[...ne] ingong | kanci[10] sêndhu saurira | hèh macan tan wikan sira | matamu nora andulu | pan iki sêngkêran nata ||

3. sang kancil alon nauri | yèn sira datan uninga | lah ta iki jênang dodol | darbèke Nabi Suleman | kinèn anunggu ingwang | milane sun lênguk-lênguk | ngiras anganti ing sira ||

4. macan gembong anauri | lah ta iku jênang apa | kancil dene têka akèh | sang kancil alon angucap | yaiku jênang pêthingan | tan kêna dèn arubiru | macan gembong alon ngucap ||

5. kancil sun jaluk sathithik | ngêlih têmên wêtêng ingwang | lawan ingsun nora badhog | kancil lamun sira wêlas | marang ing awak ingong | sang kancil anyêntak asru | pan sarwi ngucap mêngkana ||

6. apan ingsun nora wani | yèn ingsun wèwèh mring sira | wêdi têmên awak ingong | mring Kangjêng Nabi Suleman | mênawi dinukanan | ingsun wong kinèn anunggu | iku jênang papêthingan ||

7. pan durung kalong samênir | sun pêlaur nora mangan | iku pan lagya dèn êpe | utawa lamun kalonga | ingsun amanggih duka | dene sira parikudu | macan arsa mangan jênang ||

8. lah ta sira sun tuturi | aran wong kêpingin sira | nanging êntèkêna kabèh | nadyan ingsun dinukanan | marang Nabi Suleman | enak gon ingsun sumaur | marang Jêng Nabi Suleman ||

9. ananging sun lunga dhingin | aja gèmèk sira pangan | mêngko ingsun yèn wis adoh | lah iya sira pangana | lah sira êntèkêna | têlungane awak ingsun | wus tuwuk ngadhêp kewala ||

10. macan gembong alon angling | lah iya sakarsanira | kancil pamit lèngsèr age | apan sarwi amamêkas | dèn sabar sira macan | yèn ingsun wis tan kadulu | lah iya sira pangana ||

11. sang kancil lumayu gêndring | wus silêm datan katingal | ri sêksana macan gembong | pan arsa amangan jênang | dupi arsa dèn pangan | dèn ingus-ingus adangu | mambu talêpong maesa ||

12. macan gembong mundur aglis | tan pêrcaya dipun cakar | nyata kêlamun talêpong | macan [maca...]

--- 27 ---

[...n] amicorèng nala | nyata si kancil edan | nora pindho kaping têlu | gone ngapusi lan ingwang ||

13. mêngko yèn katêmu maning | puluh-puluh kancil sira | nora mati ingsun badhog | macan gembong duk sêmana | anusul lampahira | sêksana minggah ing gunung | tumurun anèng jêjurang ||

14. angulati marang kancil | ananging datan kapêdhak | kalunta-lunta lampahe | sigêgên datan winarna | macan gembong sêmana | gêntia ingkang winuwus | nênggih banthèng lampahira ||

15. angulati dhatêng kancil | anjarah sakèhing arga | tumurun ing jurang pèrèng | sangking runtiking wardaya | mila kalunta-lunta | banthèng dènira angluru | dhatêng sang kancil sêmana ||

16. ing wana dipun idêri | kathah garumbul binukak | sakèh guwa dipun longok | sangking kurdane wardaya | punang banthèng sêmana | tumurun sangking ing gunung | kancil ingkang kawarnaa ||

17. awas dènira ningali | dhatêng punang sarpa sawa | wêtawis sapucang gênge | ngêringkêl lagi anendra | tan ana kang uninga | kadya cindhe ulêsipun | yèn tinon sangking môndrawa ||

18. pan anèng ngandhaping êpring | ri sêksana pinaranan | tan dangu prapta pêrnahe | kancil amicorèng nala | baya lagi anendra | ula tan wikan maring sun | dene têka gêdhe dawa ||

19. mendah ta waniarèki | ula sawa ingkang nendra | lah iya sun tunggonane | ngiras angaup wak ingwang | anèng ngisor papringan | dene adhêm ênggènipun | silir-silir enak mana ||

20. kancil anulya mêlangkring | sarwi ngantuk alênggutan | kêsaru banthèng praptane | sang kancil kagèt anjola | dene banthèng wus prapta | kancil amicorèng dangu | sun sapane dhingin ika ||

21. anulya sinapa aglis | banthèng sira sêlamêtan | dene prapta anèng kene | banthèng asru wuwusira | hèh kancil pêkênira | angapusi lawan ingsun | ing mêngko bilai sira ||

22. nora wurung sun patèni | sang kancil alon angucap | sira iku buh jawane | uluk-uluk lagi prapta | jamake atetanya [ateta...]

--- 28 ---

[...nya] | têka garita-garitu | ingsun arsa pinatenan ||

23. wong dèn sapa bêcik-bêcik | muring-muring pandêlêngan | nora nana tarimane | jamak ora takon warta | iya marang manira | sang banthèng asru amuwus | dene sira kongsi lama ||

24. kancil nora nana prapti | pan ingsun angarsa-arsa | sang kancil alon wuwuse | milane ingsun alama | hèh banthèng wruhanira | lagya anganti ta ingsun | mring gusti Nabi Suleman ||

25. yèn nora pracaya iki | iya lawan awak ingwang | lah ta iku pêningsête | pan ingsun kinèn ajaga | paningsêt naga sarpa | mila ingsun kongsi dangu | nora nêmoni mring sira ||

26. lawan kinèn anjagani | gamêlan amung sêrancak | Nabi Suleman kang duwe | lah dèn age rungokna |[11] anèng luhur manira | sang banthèng sarêng angrungu | sang kancil ujar mangkana ||

27. lawan suwaraning êpring | katiyup ing samirana | pinirsa pating galêrot | banthèng angalêm ing nala | dhatêng kancil sêmana | wus ilang runtiking kalbu | dadya lêjar wuwusira ||

28. lah ta iya ingsun kancil | wus pêrcaya marang sira | ingsun anut saujare | sang kancil alon angucap | Kangjêng Nabi Suleman | pan ing mêngko lagi adus | apan arsa asêmbayang ||

29. pan ing mêngko lamun prapti | lah iya padha atanya | ing mêngko padha anane | banthèng sira lawan ingwang | iya sakarsanira | kancil kêpingin wak ingsun | darbe sabuk kang mêngkana ||

30. apa awèh ingsun silih | iku sabub[12] nagasarpa | sang kancil alon wuwuse | hèh dene têka agampang | pan nora wani ingwang | nganggokake sabuk iku | mênèk ingsun dinukanan ||

31. mring kangjêng nabi ing nguni | pan ingsun ajrih kalintang | sabuk akathah argane | banthèng alon wuwusira | ingsun nyilih sadhela | lah ta kancil nora dangu | pan amung sakêdhap uga ||

32. kinarya tombak kêpingin | sang kancil asru anyêntak | tan kêna dèn emutake | lamun parikudu sira | mring sabuk naga sarpa | nanging poma wêkas ingsun | dèn angati-ati sira ||

--- 29 ---

33. nanging sira ingsun janji | ing mêngko sira anggawa | yèn wis adoh awak ingong | aja kongsi kauningan | marang Nabi Suleman | wêdi têmên awak ingsun | aja andhandhang pêrkara ||

13. Dhandhanggula

1. mênèk ingsun mêngko dèn dukani | iya marang Jêng Nabi Suleman | mila poma wêkas ingong | banthèng marang sirèku | mêngko lamun wis adoh mami | sabuk sira anggawa | sang banthèng amuwus | lah iya kancil lungaa | tan antara wus kesah kang punang kancil | kêbat pêlayunira ||

2. munggah marang aldaka kang inggil | kancil silêm datan katingalan | pan amêmêt pêlayune | sigêgên tan winuwus | banthèng ingkang kocapa malih | pan arsa anganggoa | sabuk sarpa agung | duk samana dipun bringkal | pan anuju kang punang sarpa anglilir | banthèng kagèt anjôla ||

3. ri sêdhênge sarpa galak ugi | mulat banthèng sinaut sêksana | panuju banthèng githoke | ya ta pinulêt asru | salirane banthènge bêkir | apan tan bisa polah | amicorèng kalbu | nyata lamun kancil ala | nora pisan kaping pindho awak mami | pinêsthi ingsun pêjah ||

4. ênêngêna kang banthèng rumiyin | kang kocapa macan gembong ika | kalunta-lunta lampahe | anusup ing wôna gung | datan ana ingkang kaèksi | amung kancil kewala | yèn katêmu besuk | datan wurung sira pêjah | pinêsthine yèn sira mati ing mami | kacêkêla maring wang ||

5. nulya kêpapat marang wêdhus siji |[13] macan ngucap sang wêdhus ta sira | dene katêmu nèng kene | wus lawas ingsun luru | wêdhus sira pêsthi bilai | hèh sira ingsun pangan | wêdhus prucul muwus | ya pagene macan sira | arsa môngsa kalawan wak ingsun iki | ingsun môngsa gêlêma ||

6. macan ngucap pagene sirèki | nora arsa wêdhus ingsun pangan | nora rumôngsa ta kiye | yèn utang lawan ingsun | lan wong tuwa-tuwanerèki | lah kabèh kapotangan | mring wong tuwaningsun | wêdhus prucul pan [pa...]

--- 30 ---

[...n] angucap | lah ta bênêr ujarmu macan mring mami | ananging mêksih salah ||

7. ya salahmu macan mung sathithik | ingkang pêsthi dadi panganira | wêdhus kang ana sungune | ingsun tan darbe sungu | dene têka arsa dèn bukti | ingsun môngsa gêlêma | macan asru muwus | gêlêma nora gêlêma | sira arsa lumayu mring ngêndi maning | pêsthi sira kêcandhak ||

8. kadar pira rosanira kambing | dene sira tan arsa sun pangan | wêdhus pêrucul wuwuse | lah êndi sunguningsun | ulatana macan dèn aglis | ya dadya sira pangan | yèn wis darbe sungu | macan asru dènya ngucap | sungunira sun titipakên ing nguni | marang mênjangan lanang ||

9. sun tèmpèlkên marang sungunèki | wêdhus ngucap ingsun tan tarima | mara jalukên dèn age | lamun tan arsa jaluk | lah ta payo macan dèn aglis | ngulati kabênêran | macan alon muwus | lah payo sun iring sira | tan antara wus sami nulya lumaris | wêdhus kalawan macan ||

10. sêdyanira sami angulati | kabênêran menda lawan macan | tan winarna ing lampahe | kancil ingkang winuwus | pan anuju lagya mêlangkring | anèng ngandhaping wraksa | apan sampun dangu | kasilir ing samirana | kancil ngantuk anèng ngandhaping waringin | kêsaru ingkang prapta ||

11. wêdhus macan anèng ngarsanèki | kancil enak angantuk kewala | dene kêlangkung aripe | tan wruh yèn ana tamu | macan wêdhus apan sirèki | age sira takona | marang ingkang ngantuk | wêdhus pêrucul angucap | ingsun wêdi anggugah kang lagya guling | mênèk kagèt ing nala ||

12. têmah ingsun mêngko dèn dukani | bêcik padha anganti kiwala | lah ta iya sêtangine | kancil sarêng angrungu | ing ujare menda anênggih | kancil micorèng nala | lamun tangi ingsun | pêsthi dèn pangan ing macan | bêcik ingsun api-api turu maning | dimèk aja dèn gugah ||

13. ri sang kancil api-api guling | pan adangu macan lawan menda | anganti kancil tangine | macan asru amuwus | kaya ngapa wêdhusirèki | dene

--- 31 ---

kongsi alama | nganti ingkang turu | wêdhus pêrucul angucap | dene sabar ing mêngko sadhela maning | aja kasusu sira ||

14. mêngko lamun uwis dèn bênêri | apa ingkang dadi karsanira | pan ingsun anurut bae | kang ngapi-api turu | tan antara nulya anglilir | apikagèt ing nala | asru dènya muwus | lah ta iku baya sapa | angregoni marang gon ingsun aguling | dene tinggal dêduga ||

15. macan angling lah mara dèn aglis | sumaura menda pêkênira | wêdhus asugal ujare | iya jamak sirèku | kang sumambung dipun takoni | dangu diya-diniya | kancil asru muwus | pagene diya-diniya | jamak ora sumaur wong dèn takoni | macan asru angucap ||

16. lah ta mara wêdhus dipun aglis | sumaura wêdhus ujarira | sira sumaura dhewe | pan datan bisa ingsun | kayaparan gonku nauri | kancil asru anyêntak | hèh wêdhus pêrucul | baya sira arêp apa | ting garundêl kaya sêmut dèn uyuhi | binatang kurang ajar ||

17. samya ajrih macan lawan kambing | dadya sarêng sumaur sêmana | sang kancil anyêntak manèh | dene barêng sumaur | jamak ora sawiji-wiji | dadi kêna pinirsa | ingsun nora bingung | wêdhus pêrucul angucap | wis ta macan ingsun kang sumaur dhingin | macan sira mênênga ||

18. nulya wêdhus pêrucul nauri | milaningsun praptèng ngarsanira | arsa têtakon jatine | iya marang sirèku | lah ta sapa aranirèki | lan apa lungguhira | kancil asru muwus | yèn sira takon maring wang | iya ingsun ingkang aran raja kancil | lah iya wruhanira ||

19. iya lamun sira nora uning | sun dutane Jêng Nabi Suleman | wêdhus pêrucul ujare | mulane ingsun rawuh | arsa jaluk ing adil mami | dèn age bênêrana | kancil asru muwus | lah iku pêrkara apa | dene macan arsa padu lawan kambing | age sira tutura ||

20. mêngko ingsun ingkang ambênêri | wêdhus ngucap dene awak ingwang | nèng têngahe alas gêdhe | ingsun ngulati sungu | apan kongsi satêngah sasi | sungu nora kapêdhak | wusana [wu...]

--- 32 ---

[...sana] wak ingsun | pan arsa dipangan macan | macan iku ingkang simpên sungu mami | dèn age adilana ||

21. macan nulya sumaur alirih | lah ta iya sungune si menda | ing mêngko sun titipake | anèng mênjangan kakung | mila wêdhus arsa sun bukti | dene nèng têngah wana | dede ênggonipun | lamun wêdhus anèng ngalas | iku pêsthi yèn dadi panganan mami | nora kêna suminggah ||

22. lawan dhingin wong tuwane kambing | kêpotangan mring wong tuwaningwang | wêdhus pêrucul ature | iya bênêr sirèku | lamun sunguningsun pinanggih | hèh kancil kayaparan | babênêranipun | sang kancil alon angucap | nanging bênêr tuturira marang mami | si pucung ingkang salah ||

14. Pucung

1. dene macan arsa mangan marang wêdhus | iku bênêr uga | dene wêdhus nèng wônadri | jamak ora wêdhus anèng pêkarangan ||

2. lamun wêdhus anèng têngahing wôna gung | dudu ênggonira | nanging macan salahnèki | anyimpêni marang sungune si menda ||

3. lah ta uwis mêngko sun bênêri iku | aja garêjêgan | tan ana kawusanèki | dene ingkang dadi babênêran ingwang ||

4. baburona iya macan lawan wêdhus | pêsthi macan sira | ngulihakên sungu kambing | adil ingwang wêdhus dèn pangan ing macan ||

5. lamun macan iya kalah lawan wêdhus | pêsthi macan sira | ngulihakên sungu kambing | lah ta mara aja na diya-diniya ||

6. ingsun iya anêksèni mring sirèku | macan langkung bungah | dene sampun dèn adili | punang menda kêlangkung maras ing nala ||

7. yèn ngucapa pêsthi kalah awak ingsun | baburon lan macan | lah sêpira kêbat mami | macan ngucap mara wêdhus dèn akêbat ||

8. apa sira ingkang lumayu karuwun | apa silih ingwang | ingkang lumayu kariyin | wêdhus ngucap lah iya mêngko lon-lonan ||

9. mêksih panas lah iya aja kasusu | jatine kang menda | pan èsmu maras ing galih | mulanira asêmoya punang menda ||

10. kancil ngucap ana dene karêp ingsun | macan pêkênira | ingkang [ing...]

--- 33 ---

[...kang] lumayua dhingin | angetana dimèk dèn buru si menda ||

11. kancil ngucap ana dene karêp ingsun | macan pêkênira | ingkang lumayua dhingin | angetana dimèk dèn buru si menda ||[14]

12. lah ta iya sira si wêdhus pêrucul | sira angulona | ingsun ingkang anêksèni | macan ngucap pagene ingsun angetan ||

13. wêdhus ngulon môngsa ta bisa katêmu | sang kancil anyêntak | pagene nora kêpanggih | padha uga lah iya pêlayunira ||

14. lah ta iya nuli barênga lumayu | aja kêlayatan | ingsun ingkang anêksèni | nulya kêbat macan lumayu mangetan ||

15. wêdhus ngulon akêbat pêlayunipun | jujuk pêkarangan | dadya tan panggih-pinanggih | latah-latah kancil angalih panggonan ||

16. kang kocapa macan kang kêbat lumayu | dêdêl pan angetan | awêtara wus atêbih | nulya laryyan macan anolih ing wuntat ||

17. punang menda pêrucul nora kadulu | amicorèng nala | dene nora anututi | pijêr apa wêdhus pêrucul ta sira ||

18. dene ingsun wis adoh nora dèn buru | angêntèni apa | macan aglis dènya bali | yèn dèn rasa manahe nora sakeca ||

19. nadyan kancil ing besuk lamun katêmu | nora wurung sira | ing besuk ingsun jajuwing | sun kakêmah lawan bêbalunge pisan ||

20. anèng ngêndi gonira wêdhus pêrucul | macan nulya kesah | sêdya angulati kambing | tan winarna macan ingkang angupaya ||

21. marang menda pan nora têmu-tinêmu | gênti kang kocapa | kang pêksi darès anênggih | bêbesanan lawan bêluk urun lanang ||

22. nanging maksih pêrdondi gènnya mêmantu | kang dadya pêrkara | dene têtukonirèki | milanira mêksih pêrdondi kewala ||

23. pêksi darès jaluk tukon desa suwung | apan sinanggupan | marang pêksi bêluk iki | sinêmayan ing besuk akiring jaman ||

24. datan arsa pêksi darès karsanipun | tukon sinêmayan | dadya pêksi darès angling | lah ta payo

--- 34 ---

angulati kabênêran ||

25. nulya kesah pêksi darès lawan bêluk | kancil kawarnaa | nèng ngandhaping kayu cangkring | madhêp ngetan godhonge cangkring dèn wilang ||

26. lagya angsal pêpalih gènnya angitung | kêsaru kang prapta | nênggih ingkang pêksi kalih | anèng ngarsa kancil nênggih tan uninga ||

27. eca dènya angitung madhêp mandhuwur | bêluk alon ngucap | alim dalêm ingsun kancil | apijola kancil kagèt ing wardaya ||

28. pan anyêntak si kancil gènnya sumaur | hèh pagene sira | bêluk angagèt-agèti | nora nganggo lon-lonan dènya angucap ||

29. kongsi lali ing mêngko gèn ingsun ngitung | nora wurung ingwang | ing mêngko dipun dukani | iya marang Jêng Gusti Nabi Suleman ||

30. pêksi bêluk alon dènira amuwus | anjaluk apura | lah ta iya sisip mami | bokmênawa ing besuk sapungkurira ||

15. Pangkur

1. bisa amalês ing sira | kabêcikan sira marang ing mami | sang kancil asru amuwus | lah apa karyanira | sira prapta bêluk anèng ngarsaningsun | mula kancil ingsun prapta | iya anèng ngarsanèki ||

2. pêksi darès alon mujar | sêjatine jaluk adil wak mami | iya marang ing sirèku | kancil alon angucap | adil apa pêksi bêluk alon muwus | mapan ingsun bêbesanan | lawan darès urun èstri ||

3. ingsun ingkang urun lanang | pêksi darès jaluk kalawan mami | iya tukon desa suwung | nanging ingsun sêmaya | pêksi darès ora dadi karsanipun | kudu jaluk kakêncengan | tan kêna dèn sumayani ||

4. sang kancil alon angucap | dene lancang bêluk ujarirèki | sanggup awèh desa suwung | lan maning apa ana | pêksi darès bêbesanan lawan bêluk | iku lamun kêlakona | pan dadi sangaring bumi ||

5. dene bêbênêran ingwang | wurungêna aja banjur sirèki | ingkang dadi jodonipun |[15] darès kêlawan grendan | pêksi bêluk abesan padhaning bêluk | besuk lamun anak-anak | dadi

--- 35 ---

padha rupanèki ||

6. pan dadi nora sulaya | lamun darès sida bêbesan benjing | iya lawan pêksi bêluk | dadi anake benjing | abang putih dadi bêlorok ing besuk | dèn arani manuk apa | pêsthi ewuh kang ngarani ||

7. lah uwis padha muliha | wurungêna gonmu babesan ugi | lawan ingkang desa suwung | ingsun môngsa awèha | pêsthinipun dinukanan gustiningsun | iya Jêng Nabi Suleman | lamun ana desa sêpi ||

8. dene ingsun ingkang jaga | dadya pêksi kalih mundur tan pamit | wurung gènnya amêmantu | mulih sowang-sowangan | kang kocapa sang kancil alit lumaku | ngulon bênêr lampahira | tan kandhêg dènya lumaris ||

9. pan angambah wanawasa | jurang sêngkan ingkang dipun lampahi | kocapa sang kêbo danu | pan arsa amêmôngsa | anèng wana kewuhan ing manahipun | gènira arsa mêmangan | milane èwêt ing galih ||

10. gènnya mangan gêgodhongan | sêlamine datan marêm ing galih | milane sang kêbo danu | pan arsa mangan kewan | ngolang-ngaling anèng sangandhaping gunung | dupi angsal pitung dina | kêbat awas aningali ||

11. akêpering kidul wetan | ana kancil anulya dèn parani | kancil akêbat lumayu | lampahnya kadya kilat | tinututan dhumatêng sang kêbo danu | kancil sayah nulya laryyan | anèng ngandhaping waringin ||

12. pan sarwi madhêp mangetan | api-api milang wohe waringin | siji loro loro têlu | wis têlu nuli papat | papat lima lima nênêm pitu wolu | wolu sanga nuli prapta | kêbo danu anèng wuri ||

13. sang kancil kagèt anjôla | asru ngucap pagene ta sirèki | prapta anèng wuriningsun | dene ngagèti sira | kongsi lali mau gon ingsun angitung | nora wurung mêngko ingwang | dèn dukani gusti mami ||

14. iya Jêng Nabi Suleman | kaya paran ing mêngko polah mami | kêbo danu alon muwus | kancil arsa sun pangan | kancil ngucap hèh

--- 36 ---

sira sang kêbo danu | kaya paran ujarira | arsa mangan marang mami ||

15. dene ta agampang mana | enak-enak iya atimu iki | dumèh sira kêbo danu | gêdhe adhuwur sira | arsa mangan iya marang awak ingsun | sok uga ingsun gêlêma | tan ana salahe ugi ||

16. wong nora angrungu warta | kêbo danu ingkang kaya sirèki | wruhanira kêbo danu | Kangjêng Nabi Suleman | pan ing mêngko arsa tindak ing wana gung | angundhangi buron alas | gêdhe cilik nora kêni ||

17. arsa kinèn angitunga | sarupane wowohan ing wonadri | sapa kang kèri ing besuk | sayêkti pinêtenan | ingsun kinèn angundhangana karuwun | pan ingsun uwis alawas | ngulati buron wonadri ||

18. lah iya durung kapêdhak | lah mulane ingsun milang pribadi | aja dadi dukanipun | Kangjêng Nabi Suleman | besuk lamun prapta anèng wana agung | mêngko ingsun lagi milang | sira gêtak saking wuri ||

19. kongsi lali tan karuwan | lah ta uwis ingsun nora udani | sun têmpuhakên sirèku | kêbo danu angucap | lagi pira kancil gonira angitung | kancil asru dènya ngucap | lah êmbuh nora udani ||

20. pan ing mau wis akathah | ingsun milang marang wohing waringin | sira gêtak saking pungkur | dadi nora karuwan | pan ing mêngko lamun prapta gustiningsun | paran gon ingsun matura | kêbo danu langkung ajrih ||

21. angrarêpa ujarira | lah ta uwis kancil aja baribin | mêngko ingsun kang angitung | sira anutugêna | lakunira mênawa gustimu rawuh | aja kongsi olèh duka | kancil sandi muring-muring ||

22. lah uwis ingsun tan wikan | ingsun arsa ngitung liyane maning | bokmênawa sêlak rawuh | Kangjêng Nabi Suleman | kêbo danu alon dènira amuwus | dèn ngati-ati ta sira | sira lungaa dèn aglis ||

23. sira angitunga liya | ingsun ingkang ngitung wohing waringin | sang kancil asru amuwus | dèn ngati-ati sira | aja kongsi kaliru [kali...]

--- 37 ---

[...ru] gonira ngetung | sang kancil anulya kesah | api-api muring-muring ||

24. ngidul ngulon lampahira | pan akêbat kancil gènnya lumaris | wus silêm datan kadulu | kêbo danu kocapa | pan angitung wohe waringin adangu | dupi angsal kalih dasa | wraksa katêmpuh ing angin ||

25. dadya gingsir tan karuwan | kêbo danu langkung kewran ing galih | dene gonira angetung | tansah nora karuwan | dupi angsal sedasa wraksa tinêmpuh | ing maruta wraksa obah | pan dadya bingaring galih ||

26. tansah amicorèng nala | nora wurung ingsun dipun dukani | dene gon ingsun angetung | sêpuluh têmpuh maruta | dadi ilang kaya apa polah ingsun | gonku milis wohing gurda | tan bisa katêmu iki ||

27. kumpul anèng uwoh kathah | kayaparan mêngko bisane ênting | kêbo danu lênguk-lênguk | anèng ngandhaping wraksa | sakêlangkung gagêtunira ing kalbu | pan wus angsal pitung dina | gènnya mêgat woh waringin ||

16. Mêgatruh

1. kêbo danu tansah amicorèng kalbu | kaya paran polah mami | ing mêngko gon ingsun ngitung | marang uwohing waringin | kongsi pitung dina ingong ||

2. durung olih rong puluh gon ingsun ngitung | sêlak katêmpuh ing angin | bingung têmên atiningsun | kapan gone bisa uwis | goningsun amilang uwoh ||

3. pan adangu kêbo danu lênguk-lênguk | anèng ngandhaping waringin | duk kêsaru praptanipun | macan ingkang angulati | marang sang wêdhus pêrucol ||

4. wus pêpanggih nênggih lawan kêbo danu | anèng ngandhaping waringin | macan asru gènnya muwus | kêbo pagene sirèki | anèng kene monggok-monggok ||

5. kang tinandya kêbo danu alon muwus | milane nèng kene mami | iya kongsi pitung dalu | angitung uwoh waringin | lah si kancil ingkang akon ||

6. dene kancil dèn utus mring gustinipun | Nabi Suleman ing nguni | lah iya kinèn angitung | mulane katêmu mami |[16] tansah bingung atining ngong ||

7. lagi [la...]

--- 38 ---

[...gi] olih sêpuluh gon ingsun ngitung | sêlak katêmpuh ing angin | atuwin oleh rong puluh | kumpul maning woh waringin | bingung têmên atiningong ||

8. macan ngucap hèh ta sira kêbo danu | nora beda lawan mami | ingsun uga kênèng apus | lah iya marang si kancil | sira uga dèn bêbodho ||

9. iya marang kancil ingkang edan taun | kaya ingsun duk ing nguni | arsa mangan marang wêdhus | mulane ingsun ulati | dadya kapiran wak ingong ||

10. nora sida gon ingsun amangan wêdhus | mulane ingsun ulati | si kancil nora katêmu | katêmua sun jajuwing | kancil ingkang edan nglamong ||

11. kêbo danu langkung dènira gagêtun | duk miyarsa ujarnèki | angucap sang kêbo danu | bêcik têmên sira kancil | dene ngapusi wak ingong ||

12. nora wurung mêngko yèn sira katêmu | kancil sira sun jajuwing | lawan bêbalungmu besuk | lah payo macan dèn aglis | padha barèng lawan ingong ||

13. angulati kancil ingkang edan taun | dene bisa angapusi | anulya sami lumaku | sêdya angulati kancil | kêbo danu macan gembong ||

14. manjing wana lampahira jujur gunung | jurang sêngkan dèn lêbêti | kancil pan nora katêmu | sigêgên mangke rumiyin | kancil ingkang winiraos ||

15. anèng wana tan kandhêg gènnya lumaku | ing siyang antarèng ratri | manjing jurang minggah gunung | kancil gènira lumaris | wirandhungan ngidul ngulon ||

16. nulya ana sarpa malang nèng dêlanggung | pan arsa ngulati bukti | satirisan agêngipun | sarpa lanang wêstanèki | anèng ngandhaping kêkayon ||

17. lamun ana bêburon ingkang lumaku | agêng alit ing wonadri | ingkang dadi panganipun | kidang banthèng kang kêpanggih | mundur tan kêna mêrojol ||

17. Durma

1. kawarnaa sang kancil ingkang lumampah | kagèt sarêng ningali | lamun ana sarpa | malang nèng têngah marga | kancil maras ingkang galih | osiking nala | tan wurung ingsun mati ||

2. kaya paran ing mêngko gonku suminggah | mêngkana [mêngka...]

--- 39 ---

[...na] punang kancil | wus adarbe akal | nulya kêbat lumajar | api-api tan udani | mring ula lanang | kêbat pêlayunèki ||

3. dupi parak ing prênahe ula lanang | kancil sinaut aglis | akêbat malumpat | kancil asru angucap | lah ta jamak mêngko dhingin | ula kêparat | nora atakon warti ||

4. ujuk-ujuk arsa mangan ingong liwat | jamak atakon dhingin | kongsi atiningwang | kagèt atêrataban | sarpa lanang asru angling | hèh kancil sira | sun pangan aja mukir ||

5. apa ngarah sira luput ingsun pangan | kancil asru nauri | paran ujarira | dene ta enak mana | apa sira tan udani | arsa kiyamat | iya ing mêngko bêngi ||

6. sira iku pan nora akulak warta | mulane ingsun ugi | akêbat lumajar | dene dèn utus ingwang | iya marang gusti mami | Nabi Suleman | pan kinèn angundhangi ||

7. iya marang sakèhe baburon wana | kinèn angati-ati | mara awasêna | kayon obah sêdaya | mulane sira dèn aglis | agendholana | mênèk kiyamat prapti ||

8. sarpa lanang asru dènira angucap | lah apa têmên kancil | yèd[17] arsa kiyamat | kancil asru angucap | yèn nora pêrcayarèki | marang manira | mara rungokna aglis ||

9. apa ingkang muni gumrênggêng kumrangsak | iku kêbayanèki | sarpa duk miyarsa | angin anêmpuh wraksa | kumêrasak angajrihi | ciptaning nala | sarpa lanang anênggih ||

10. ingaranan nyata kalamun kiyamat | tan wikan lamun angin | dadya sarpa lanang | alon gènira ngucap | kayaparan ingsun kancil | lamun kiyamat | ingsun umpêtan ngêndi ||

11. nora wurung ingsun dèn gawa kiyamat | kancil asru nauri | dèn age bulêta | iya maring wit gurda | ing mêngko ingsun talèni | dimèkne sira | tan bisa obah-usik ||

12. nadyan silih kiyamate aglis prapta | nora gawa sirèki | ya ta punang sarpa | nurut ing manahira | tan wruh lamun dèn apusi [a...]

--- 40 ---

[...pusi] | gêtêr ing manah | kang sarpa mulêt aglis ||

13. anèng wraksa waringin kang punang sarpa | nulya dipun talèni | akukuh tan obah | kancil asru angucap | uwis dèn angati-ati | yèn sida prapta | kiyamat mêngko bêngi ||

14. ingsun ingkang dadi wawêrnining jagad | mêthanthang tur mêthingkring | gêtapan akêbat | ingsun anat[18] Mêkasar | tuwuk ingsun angapusi | pan dudu ingwang | kancil têlu sêdhuwit ||

15. lah dèn age ula sira amburua | yèn arsa mangan mami | ula kurang ajar | lah age ula tampar | mêngkono kang punang kancil | sampun atêbah | nênggih gènnya lumaris ||

16. awêtara wus angsal satêngah côndra | kancil anèng wonadri | ingkang kawarnaa | nênggih ing têngah wana | wontên dênawa sawiji | nèng ngisor gurda | langkung agêng tur inggil ||

17. karyanira punang dênawa mêmôngsa | bêburon ing wonadri | ingkang katingalan | kidang miwah mênjangan | anulya dipun tututi | lamun kêcandhak | kang dadi panganèki ||

18. pan anuju ana mênjangan satunggal | nulya dipun tututi | lumayu akêbat | mênjangan wus kêcandhak | binêtèng ngandhap waringin | arsa dèn pangan | kêsaru kancil prapti ||

19. mulat ana mênjangan dèn pangan buta | nulya dipun parani | dupi sampun prapta | buta datan uninga | lamun ana kancil prapti | nèng wurinira | buta datan udani ||

20. eca dènya amangan kang punang ditya | mênjangan dèn cêkêli | datan bisa obah | kancil wêlas ing manah | kancil amicorèng galih | tan wurung pêjah | iya mênjangan iki ||

21. lamun ingsun nora bisa têtulunga | mamêlas lamun mati | anulya dèn gêtak | dênawa saking wuntat | kêlangkung kagèt ing galih | pan dadya wiwal | ditya gènnya nyêkêli ||

22. sampun ucul kêbat lumayu angithar | ditya nolih ing wuri | kancil wus amapan | ditya arsa anyandhak | kancil aglis anginggati | sarwi angucap | aja kasmaranrèki ||

18. Asmaradana

1. lamun sira tan udani | ditya marang awak ingwang [ing...]

--- 41 ---

[...wang] | lah iya ingsun dutane | Jêng Gusti Nabi Suleman | kinèn anganglang jagad | raja kancil aran ingsun | apa sira tan uninga ||

2. lah ta iya mêngko bêngi | ana banjir bêna prapta | ing alas dèn kêlêm kabèh | parandene enak-enak | sira arsa mêmangan | apa tan wêdi sirèku | iya marang banjir bêna ||

3. sang ditya alon nauri | hèh ta kancil apa nyata | ujarira kang mêngkono | sang kancil asru anyêntak | hèh buta kaya bocah | maido wong tutur-tutur | bêcik modar bêcik ora ||

4. sok uwisa sun tuturi | pan ingsun nora kainan | pêrduli apa wak ingong | sang ditya alon angucap | iya tarima ingwang | gonira atutur tutur | kancil marang awak ingwang ||

5. sawise mêngkono kancil | balik ingkang kaya ingwang | umpêtan ing ngêndi mangko | lamun ana banjir bêna | sang kancil ujarira | êmbuh ingsun nora wêruh | bêcik modar bêcik ora ||

6. pan ingsun nora udani | dene ingsun awêwarta | mapan iya dèn paido | kancil api-api kesah | pan sarwi garundêlan | sêrik têmên atiningsun | mau aja awêwarta ||

7. ingsun nora dèn olihi | tanpa asil awak ingwang | awêkasan dèn paido | punang ditya atut wuntat | sarwi alon angucap | kancil apuranên ingsun | sang kancil asru anyêntak ||

8. êmbuh nora wêruh mami | asil apa awêwarta | dene dorakkên wak ingong | ingsun awêruha pisan | ya marang banjir bandhang | nora sudi tutur-tutur | iya marang dhapurira ||

9. jêr tan kêna dèn wêlasi | sang ditya alon saurnya | apa têmên nora linyok | sang kancil asru angucap | êmbuh buta kaparat | sang aditya alon muwus | hèh kancil sun gugu warta ||

10. kayaparan rêmbugnèki | mau sira duwe akal | pênjalin sun kapakake | risang kancil wuwusira | talèkna gulunira | sêndhal pisan dèn akukuh [aku...]

--- 42 ---

[...kuh] | ditya anurut kewala ||

11. gulune dipun talèni | marang pênjalin sigaran | sang kancil alon wuwuse | lah dèn age sira ditya | mènèka anèng wraksa | mêngko yèn wis praptèng luhur | pênjalin sira talèkna ||

12. marang ujunge pang wringin | kancil nguwuh saking ngandhap | hèh buta kang cêndhak bae | aja pati dawa-dawa | mênawa banjir prapta | dadi nora kênèng banyu | buta pan anut kiwala ||

13. sawise dipun talèni | akukuh tan bisa obah | sang kancil alon muwuse | mara cobanên sadhela | sêpira dhuwurira | mapan ingsun arsa wêruh | ja kongsi timbul ing toya ||

19. Maskumambang

1. ri sang ditya anurut ujaring kancil | nanging tan uninga | lamun arsa dèn apusi | dadya anurut kiwala ||

2. tan antara sang ditya aniba aglis | saking luhur gurda | kancil sênggak sarwi angling | bênêr têmên iku ditya ||

3. punang ditya kasingsêtên gulunèki | kukuh datan obah | saya dangu aningsêti | sang ditya anggêrunjalan ||

4. sarwi mèlèt ilatnya punang rasêksi | ngilêr dulaweran | anètèsi dhatêng kancil | kancil ngucap sarwi giwar ||

5. sidigojok angilêr anètèsi mami | aja kêroncalan | mêngko bisa sira mati | wis age sira mudhuna ||

6. aja suwe ika banjire wus prapti | ditya duk miyarsa | wuwusira punang kancil | langkung ajrih punang ditya ||

7. gêrunjalan sang ditya tan bisa angling | sang kancil anyêntak | dèn kêbat mènèka aglis | banjir bêna pan wus parak ||

8. lamat-lamat ditya dènira miyarsi | dangu karoncalan | pênjalin saya ningsêti | kancil asru giyak-giyak ||

9. hèh si buta nora duga têmên mami | pan kinèn akêbat | banjir bêna sêlak prapti | dene pijêr jêjogetan ||

10. awèh ulat kêbungahên sun arani | kaya dèn alêma | buta edan anak anjing | nora anuli kêbatan ||

11. pijêr mandhêg kaya wong dipun opahi | hèh

--- 43 ---

buta kêbatan | banjire asêlak prapti | aja pijêr jêjogetan ||

12. punang ditya sêmono sampun ngêmasi | nèng luhuring wraksa | gumantung katêmpuh angin | apa dadak bêng-ubêngan ||

13. gêntoyongan anèng êpange waringin | kancil asru ngucap | alahdalah buta baring | dene bisa amêkanjar ||

14. obah dhadha pacak gulu obah sikil | buta kurang ajar | lah mara rêbutên mami | ingsun pranakan Mêkasar ||

15. sugih akal môngsa kayaa sirèki | gêdhe tur adawa | dene kêna sun apusi | dèn age sira nyandhaka ||

16. sun antèni anèng ngisoring waringin | ya ta kang kocapa | ingkang samya angulati | kêbo danu lawan macan ||

17. pan anjajah anèng têngahing wonadri | kancil tan kapêdhak | sêmana awas ningali | sarpa amulêt ing wraksa ||

18. tinalenan anulya dipun parani | wus prapta ing ngarsa | kêbo danu tanya aglis | hèh ta sarpa pêkênira ||

19. apa sira wus lawas anèng wonadri | pagene ta sira | pan akukuh dèn talèni | apa sira lagi tapa ||

20. sapabaya kang nalèni ing sirèki | kang tinanya ngucap | mulane sun dèn talèni | ujare arsa kiyamat ||

21. ingsun wêdi mênawa katut ing angin | nanging wus alawas | gon ingsun anèng wonadri | nganti kiyamat tan prapta ||

22. kongsi ora bisa amêmangan mami | wus satêngah wulan | kancil ingkang analèni | iya marang awak ingwang ||

23. ing sanggupe iya marang awak mami | pan amung sadina | pan ingsun kon ngati-ati | kongsi mêngko durung prapta ||

24. wis tinutur sêdaya ing polahnèki | kêbo duk miyarsa | sarpa lanang wuwusnèki | mêlasasih gula drawa ||

20. Dhandhanggula

1. kêbo ngucap padha lawan mami | dhasar bangêt kancil kaya sira | angapusi mung gawene | hèh sarpa sira iku | sêjatine dipun apusi | pan kadya awak ingwang | iya kênèng apus | payo padha ingulatan | tan antara sarpa sampun dèn uculi | gêgêtun ing

--- 44 ---

wardaya ||

2. dene kongsi kênèng apus mami | marang kancil nulya sarêng kesah | ngulati kancil sêdyane | malêbêt ing wona gung | datan pisah gènnya lumaris | têtiga rêruntungan | macan kêbo danu | tanapi kang sarpa lanang | pan anjajah guwa kang asêpi |[19] miwah ing jurang sêngkan ||

3. pan sêdaya sami dèn ulati | awêtara wus satêngah côndra | gènnya angulati mangko | praptèng ngandhaping gunung | duk sêmana awas ningali | pan ana kayu gurda | agung pan aluhur | ri sêksana pinaranan | saya parak awas dènira ningali | anèng ngisoring gurda ||

4. lamun kancil nèng ngandhap waringin | samya bungah aglis pinaranan | nulya prapta tan na suwe | kancil asru amuwus | andhingini gènira angling | ja kongsi kadhinginan | kancil gènnya muwus | kêbo danu sêlamêtan | lawan macan dene wus lawas sun anti | ing mêngko lagi prapta ||

5. apa sira gawa olih-olih | lah ta êndi olih-olihira | lah ta aja gathung bae | ya ta sang kêbo danu | sakêlangkung ngungun ing galih | lah iki basakêna | hèh kancil sirèku | ingsun olih-olih apa | lah mulane ingsun ngulati sirèki | arsa mangan ing sira ||

6. dene sira dhingin angapusi | iya marang ingsun lawan macan | lawan sarpa katêlune | jajah sakèhing gunung | jurang sêngkan ingsun lêbêti | ingsun ngulati sira | ing mêngko katêmu | lah ta i bejanira |[20] dene bisa sira takon olih-olih | kancil kang kaya sira ||

7. nora wurung sira sun patèni | lan sun pangan ya sêbatur ingwang | kancil api-api kagèt | asru dènira muwus | kayaparan ujar sirèki | dèn age tutugêna | gonira amuwus | dene enak ujarira | arsa mangan karo ingsun dèn jêjuwing | olih urdine sapa ||

8. yèn angucap kaya dèn opahi | si mêngkonok dene enak-enak | pan arsa mangan maring ngong | dumèh gêdhe sirèku | gawa rowang têtêlu maning | môngsa silih oraa | nuli kabrak-kabruk | nuli ingsun dèn sasêmpal [sasê...]

--- 45 ---

[...mpal] | dèn jajuwing dumèh ingsun angapusi | dosaningsun mring sira ||

9. jamak ora wong dipun apusi | sanalika ingsun dèn sasêmpal | pan ewuh apa dhèwèke | dene agêdhe dhuwur | kurang paran kêbo sirèki | arsa mêjahi mring wang | hèh kêbo sirèku | gumampang wong kaya sira | nora ngrungu ing ujar ingkang sayêkti | dumèh agêdhe sira ||

10. apadene macan sira iki | wong tan ngrungu iya marang ujar | angêndêlakên rosane | arsa mangan maring sun | dene têka gampang sirèki | nuli nyaplok amangan | marang awak ingsun | dumèh-dumèh sira macan | wong agalak mila arsa mangan mami | môngsa age warêga ||

11. apadene sarpa sira maning | gudandaban bêburu maring wang | pan arsa badhog karsane | mara age sirèku | nuli mangan amintha-minthi | iya marang wak ingwang | ula sira iku | baya tan angrungu ujar | punang sarpa ajêngêr tan bisa angling | dene miyarsa ujar ||

12. mitênggêngên sarpa amiyarsi | apadene kêbo lawan macan | pan tanpa ngucap karone | kancil malih amuwus | alah payo tutugna aglis | gonmu arsa mêmangan | marang awak ingsun | lamun sira arêp modar | dene sira nora gugu marang mami | kêbo sarpa lan macan ||

13. dene sira padha angarani | anggorohi ingsun marang sira | ingsun tarima dhèwèke | tan wande ingsun tutur | iya marang ing Kangjêng Nabi | Suleman kang minulya | iya kêbo danu | apadene sira macan | ula lanang apan arsa mangan mami | dene apêksa lancang ||

14. nora wurung padha sira iki | lawan ula macan lan maesa | mati kaya buta kiye | ingkang lagya ginantung | iya anèng luhur waringin | lah mara tingalana | buta gandhul-gandhul | iya anèng pange gurda | kêbo danu lawan macan aningali | kang anèng pange gurda ||

15. miwah sarpa sarêng aningali | buta ingkang dèn gantung nèng wraksa | pan samya maras atine | dene buta dèn gantung | pan katiga micorèng galih | lah iya dhasar nyata | kancil [ka...]

--- 46 ---

[...ncil] ujaripun | dadya sami angrêrêpa | samya ajrih dhumatêng kang punang kancil | ngrarêpa wuwusira ||

16. lah ta uwis apuranên mami | besuk ingsun malês marang sira | lamun wis karta jamane | amung kang ingsun jaluk | lawan sira mas agus kancil | aja aturkên ingwang | marang gustinipun | iya Jêng Nabi Suleman | kancil ngucap parandene ta sirèki | arsa mangan maring wang ||

17. lah ta uwis tunggonana dhingin | ingsun arsa ngaturi uninga | iya marang gustiningong | nanging poma sirèku | anunggoni marang rasêksi | lah aja lunga-lunga | macan kêbo danu | lamun ingsun durung prapta | lawan sarpa lah ta poma wêkas mami | mêngko yèn ingsun prapta ||

18. sun apura kabèh ta sirèki | lamun mêngko sira padha lunga | aja takon ing dosane | pêsthi sira dèn gantung | iya anèng luhur waringin | kancil anulya kesah | tansah nolih pungkur | nuju kêbo danu obah | gènnya linggih kancil mandhêg asru angling | pagene obah sira ||

19. apa sira arsa minggat anjing | kêbo danu alon wuwus sira | aja salah tômpa mangke | mulane obah ingsun | dene kêsêl gèn ingsun linggih | mulane ingsun obah | kancil asru muwus | lamun minggat sira benjang | yèn kêcandhak tan wurung sira bilai | pêsthi sun ukum sira ||

20. tan antara kancil wus lumaris | apan tansah anolih ing wuntat | pan sampun lêpas lampahe | sigêgên tan winuwus | kêbo danu kocapa malih | tansah apagunêman | lawan rowangipun | macan sarpa duk samana | kêbo danu pan alon dènira angling | paran ing polahira ||

21. nora wurung mêngko awak mami | dèn patèni macan lawan sira | yèn sisip katuranggane | pêsthi ingsun dèn gantung | iya lawan si kancil benjing | dèn worakên ing buta | kêlawan sirèku | bêcik payo padha minggat | mumpung durung besuk lamun kancil prapti | môngsa bisa aminggat ||

22. tan antara pan sampun lumaris | kêbo danu macan lawan ula | pan akêbat pêlayune | angetan jujur gunung [gu...]

--- 47 ---

[...nung] | kancil ngulon gènnya lumaris | dadya sewang-sewangan | tan têmu-tinêmu | kancil ingkang kawarnaa | lampahira pan sampun satêngah sasi | malêbêt anèng wana ||

23. pan anuju ing pèrènge wukir | kancil arip apan arsa nendra | anèng ngandhape carême | eca gènira turu | pan kasilir maruta ngidit | lagya sakêdhap netra | kancil gènnya turu | wontên swara kapiyarsa | hèh ta kancil aja enak sira guling | lah iya wruhanira ||

24. pan ing besuk ana mungsuh prapti | saking sabrang baburon awêndran | tur agêdhe-gêdhe kabèh | mulane mumpung durung | dhingin ana kancil dèn aglis | kancil ingkang anendra | kagèt aglis wungu | kancil amicorèng nala | kaya paran gon ingsun nyabari benjing | tan ana kanthiningwang ||

21. Kinanthi

1. mêngkana ingkang winuwus | kancil anulya lumaris | sêdya angulati rowang | malêbêt anèng wonadri | munggah muturun[21] ing jurang | sêmana awas ningali ||

2. anèng sangandhaping gunung | wontên landhak adhêdhangir | ya ta nulya pinaranan | sang kancil wus praptèng ngarsi | bagea kang lagi prapta | landhak wuwusira aris ||

3. lah sapa aranirèku | ingkang tinanya nauri | yèn sira tambuh maring wang | ingsun aran raja kancil | dadi wawêrnining wana | lah mulane ingsun prapti ||

4. arsa nêmoni sirèku | landhak alon anauri | yèn sira tambuh maring wang | iya landhak aran mami | kancil alon dènya ngucap | pan arsa rêmbugan mami ||

5. iya lawan ing sirèku | kaya paran rêmbugnèki | besuk ana mungsuh prapta | iya bêburon wonadri | apan saking tanah sabrang | kaya paran lamun prapti ||

6. apa sira wani magut | marang mungsuh ingkang prapti | dene ta luwih akathah | lawan agung-agung maning | balane tanpa wilangan | landhak asru anauri ||

7. pêsthi wani ingsun besuk | sênadyan wuwuha maning | baburon ing tanah sabrang | mapan ingsun nora wêdi | sang kancil asru anyêntak | hèh landhak sira kêmaki ||

8. sira

--- 48 ---

arsa wani mungsuh | lawan mungsuh ingkang prapti | sêdhêngane awak ingwang | ing mêngko wus giris dhingin | dene bêburon ing sabrang | gêdhe-gêdhe tanpa tandhing ||

9. sang landhak asru amuwus | sênadyan padha lan wukir | durung maras atiningwang | sang kancil alon nauri | paran ing kasêktènira | dene sira sanggup wani ||

10. apa padha lawan ingsun | landhak digjayanirèki | landhak asru dènya ngucap | sira arsa angayoni | marang kadigjayaningwang | yèn sira arsa udani ||

11. lah ta iya wuluningsun | kaya bisa anguwisi | marang bêburon ing sabrang | kancil alon anauri | lah aja têkabur sira | wiyahe durung kêpanggih ||

12. pantêse lamun katêmu | nuli sira bêlenjani | sang landhak asru anyêntak | apa sira mêjanani | kancil lawan awak ingwang | lah mara cobanên dhingin ||

13. sang kancil asru amuwus | lah mara sun coba dhingin | landhak kadigjayanira | pan ingsun arsa udani | landhak asru dènya ngucap | apa sakarêpmu kancil ||

14. pan ing mêngko ingsun turut | ing sagêndhingira kancil | sang kancil alon angucap | lah mara burunên mami | ing mêngko lamun kêcandhak | pasthi digjaya sirèki ||

15. kancil anulya lumayu | landhak aglis anututi | akêbat dènya lumajar | landhak kêlawan sang kancil | ananging nora kêcandhak | bêburon landhak lan kancil ||

16. malah ta kongsi adangu | landhak asru gènnya angling | hèh kancil ingsun wis kalah | bêburon lawan sirèki | kancil sira ingkang mênang | lah mara mandhêga dhingin ||

17. dene mêngko karêp ingsun | kancil marang ing sirèki | payo ngadu kadigjayan | sang kancil alon nauri | lah apa sêkarêpira | hèh landhak ingsun turuti ||

18. mara dhingina sirèku | landhak sira sun tadhahi | landhak asru dènya ngucap | dèn prayitna sira kancil | dèn panggah aja lumajar | kancil prayitna ing galih ||

19. sêksana asru dèn kabruk | kancil akêbat ngindhani | nusup ing dhapuran gêdhang | sêksana

--- 49 ---

kinabruk malih | ri sang kancil sigra mêdal | saking wit pisang tumuli ||

20. praptèng jawi asru muwus | lah mara kabrukên maning | kêlamun sira digjaya | landhak arsa anututi | kêsangsang anèng wit pisang | nora bisa obah osik ||

21. dadya landhak asru muwus | hèh ta kancil kalah mami | paran ing sakarsanira | pan ingsun têka lumiring | bali kauculan ingwang | anulya dipun uculi ||

22. sang landhak alon amuwus | paran karsanira kancil | apa ingsun anuruta | lah iya marang sirèki | apa silih pêkênira | pan anurut marang mami ||

23. sang kancil alon amuwus | anadene karêp mami | bêcik sira anuruta | landhak lawan awak mami | landhak alon dènya ngucap | lah iya karsanirèki ||

24. lah kancil ingsun anurut | marang karêpira kancil | sang kancil alon angucap | yèn mêngkono landhak aglis | wulunira bubutana | sun gawene gaman benjing ||

25. besuk arsa lunga ngluruk[22] | mring sabrang ingsun dhingini | aja kongsi kadhinginan | mulane ingsun dhingini | dene bêburon ing sabrang | wartane tan ana tandhing ||

26. aja sira milu-milu | sira karia ing wuri | landhak anurut kewala | wulune dipun bubuti | awêtara pitung dasa | kang ênom nora kawilis ||

Catatan kaki:

1. Sengkalan: sirnèng sunya naganingrat (Senin Lêgi, 2 Mulud 1700 A.J.) (kembali)
Sengkalan: sirnèng sunya naganingrat (Senin Lêgi, 2 Mulud 1700 A.J.)
2. winursita (kembali)
winursita
3. kunarpane (kembali)
kunarpane
4. satunggal (kembali)
satunggal
5. idak (kembali)
idak
6. Kurang satu suku kata: hèh ta pamanane bajul (kembali)
Kurang satu suku kata: hèh ta pamanane bajul
7. sang kancil (kembali)
sang kancil
8. alon (kembali)
alon
9. Kurang satu suku kata: sang cèlèng asru angucap (kembali)
Kurang satu suku kata: sang cèlèng asru angucap
10. kancil (kembali)
kancil
11. Kurang satu suku kata: lah dèn age rungokêna (kembali)
Kurang satu suku kata: lah dèn age rungokêna
12. sabuk (kembali)
sabuk
13. Lebih satu suku kata: nulya kêbat marang wêdhus siji (kembali)
Lebih satu suku kata: nulya kêbat marang wêdhus siji
14. Bait ini sama dengan bait di atasnya (kembali)
Bait ini sama dengan bait di atasnya
15. jodhonipun (kembali)
jodhonipun
16. Setalah baris keempat ada kalimat: angitung wohing waringin (kembali)
Setalah baris keempat ada kalimat: angitung wohing waringin
17. yèn (kembali)
yèn
18. anak (kembali)
anak
19. Kurang dua suku kata: pan anjajah guwa kang asêpi-sêpi (kembali)
Kurang dua suku kata: pan anjajah guwa kang asêpi-sêpi
20. Kurang satu suku kata: lah ta iku bejanira (kembali)
Kurang satu suku kata: lah ta iku bejanira
21. tumurun (kembali)
tumurun
22. nglurug (kembali)
nglurug