Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 22–42)

Judul
Sambungan
1. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 01–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 22–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 30-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

22. Sinom

1. wulu landhak pitung dasa | sinungakên dhatêng kancil | ri sêksana tinampanan | dhatêng kancil nulya pamit | pis[1] landhak ingsun pamit | dèn bêcik sira nèng pungkur | landhak alon angucap | kancil dèn angati-ati | sêlamêta ing besuk sêlakunira ||

2. muga lananga ing yuda | kancil anulya lumaris | ing marga awirandhungan | datan ana rowangnèki | ngalor ngulon anênggih | munggah tumurun ing gunung | pan tansah manjing wana | lampahira punang kancil | duk sêmana prapta pinggire samudra ||

3. langkung kewran ing wardaya | dadya kandhêk lampahnèki | kancil amicorèng nala | kaya paran polah mami |

--- 50 ---

pangkalan ing jêladri | datan ana marganipun | ingsun arsa anyabrang | paran gon ingsun lumaris | dadya kandhêg anèng têpining samudra ||

4. ya ta ingkang kawarnaa | bajul ingkang têngga warih | ngambang nèng pinggir samudra | pan arsa ngulati bukti | bajul awas ningali | ana kancil arsa nginum | anèng pinggir samudra | ri sêksana dèn parani | dupi parak sinaut kancil malumpat ||

5. pan sarwi asru angucap | babo-babo mamêdèni | dene datan asêmayan | ujuk-ujuk muring-muring | baya arsa punapi | lah inggih baguse bajul | dene nyandêr kiwala | kongsi kagèt ati mami | yèn kênaa mendahane bungahira ||

6. katujune nora kêna | hèh bagus arsa punapi | sang bajul asru angucap | hèh pagene sira kancil | dene nganggo nguncati | sang kancil asru amuwus | lah apa karêpira | dene anyaut mring mami | bajul ngucap hèh iya arsa sun pangan ||

7. kancil mèsêm asru ngucap | basakêna ta sirèki | pan arsa mangan maring wang | gampang têmên ujarèki | lah bajul sira maning | wruha rasaning wak ingsun | ingsun ingkang agadhah | durung wêruh rasanèki | ujuk-ujuk sira arsa ngicipana ||

8. kaya dèn alêm-alêma | bajul kang kaya sirèki | sang bajul asru angucap | baguse bajul sirèki | baya pêsthimu kancil | lah aja mukir sirèku | lah payo ingsun pangan | kancil alon anauri | lah ta iya bajul măngsa bodho sira ||

9. pan ingsun nora lênggana | dene ta wis pêsthi mati | dadi pêpangananira | mulane ingsun tan mukir | ananging ujar mami | marang sira bagus bajul | lah apa êntèk sira | arsa mangan awak mami | bajul ngucap muwuha kancil patbêlas ||

10. ingsun untal babar pisan | kaya nora gawêr maning | sang kancil asru angucap | baguse bajul kumaki | dumèh-dumèh sun cilik | pangrasane atiningsun | sikil ingsun kang kiwa | măngsa êntèka sirèki | pêsthi cilik pêngrasane atinira [atini...]

--- 51 ---

[...ra] ||

11. jatine padha lan arga | mila dèn arani kancil | wêtêng isi nagara |[2] warna-warna warni-warni | ngêrawit angêriwik | tur akêbêk munjung-munjung | agêdhe tur adawa | alandhêp atine kancil | dèn pangana ingsun măngsa ta êntèka ||

12. balikan bajul ta sira | lah pira rowangirèki | bajul wadon lawan lanang | kang gêdhe tuwin kang cilik | bajul asru nauri | anadene rowang ingsun | lanang wadon sêdaya | gêdhea tanapi cilik | patang atus patang puluh luwih lima ||

13. iku kang gêdhe kiwala | kang cilik nora kawilis | kancil asru dènya ngucap | bajul satus iku ugi | mangana sikil mami | kaya lamun maju mundur | măngsa silih êntèka | iku durung wêtêng mami | dèn pangana bajul patang puluh lima ||

14. lah iya măngsa êntèka | ewasêmono tan kêni | mara sira pêpakêna | kancanira gêdhe cilik | kabèh nèng ngarsa mami | bajul satus patang puluh | lima padha kumpula | kabèh kon mangan mring mami | tan antara dèn undhangi kancanira ||

15. sêdaya pan sampun prapta | tarap nèng pinggir pêsisir | kumêroyok arêbutan | kancil mundur sarwi angling | jamake mêngko dhingin | hèh bajul aja kêsusu | măngsa ingsun mukira | dene ingsun wus pinêsthi | sira pangan pan ingsun datan suminggah ||

16. balik sira dèn asabar | mêngko sun wilange dhingin | bajul sira ajejera | adu buntutira sami | mênawa kurang siji | pêsthi mêngko nora kêmput | mundhak adadi wadhang | têmahan nora abêcik | lah ta mara bajul sira ajejera ||

17. bajul anurut kewala | tan antara jèjèr aglis | adu buntut lawan sirah | bajul satus kawan dèsi | bajul jalu lan èstri | duk sêmana sampun têpung | anèng dharatan sabrang | bajul kang pêngarêp angling | lah ta mara sang kancil sira itunga ||

18. ya ta sang kancil sêksa |[3] malumpat wus praptèng gigir | sigra amiwiti milang | siji loro têlu siji | pat lima nênêm siji | kancil akêbat lumaku | apan sarwi amilang | gonira [go...]

--- 52 ---

[...nira] amilang kancil | kancil ngucap iku pelinge satunggal ||

19. lamun nora pinilingan | mêngko ingsun lali maning | wantune bajul akathah | nulya dèn awiti maning | sănga sêpuluh siji | kancil akêbat lumaku | apan sarwi amilang | lawan anggo peling siji | pan mêngkana bola-bali gènya milang ||

20. apan sarwi lincak-lincak | tan pêgat gènnya amilis | marang sakèh bajul samya | wus êntèk wêtaranèki | tansah awira-wiri | kancil gènira angitung | bajul nèng jro samudra | tan pêgat gènnya ngitungi | apan sarwi pinilingan siji ika ||

21. tan pêgat pangitungira | nênggih wau punang kancil | wus têlas gènnya amilang | nênggih wau punang kancil | cariwis ing ungêlnèki |[4] akêbat gènya lumaku | apan sarwi amilang | apan sarwi dèn pilangi | sampun têlas prapta ing dharatan sabrang ||

22. kancil akêbat malumpat | prantèng[5] dharat kancil angling | dèn age badhogên ingwang | mara ingsun nora mukir | dene wus pêsthi mami | dadi panganira bajul | mulane dèn akêbat | êntèkêna awak mami | bajul arsa mêntas anging nora bisa ||

23. dadya kandhêk[6] anèng mara | asêsumbar punang kancil | hèh bajul anake baya | dèn age rêbutên mami | ingsun kang aran kancil | jajêndhule ing wona gung | pranakan ing Mêkasar | bajul arsa angayoni | lah burua bajul sun antèni sira ||

24. sang bajul kèri anggana | sang kancil aglis lumaris | malêbêt ing wanawasa | ing siyang latri lumaris | sêmana punang kancil | munggah tumurun ing gunung | ingkang sinêdyèng nala | kancil arsa angulati | buron wana ing tanah sabrang sêdaya ||

25. sangsaya kalunta-lunta | lampahe kang punang kancil | ya ta ingkang kawarnaa | bêburon ing tanah kawis | banthèng lêmbu lan sapi | samya pagunêman wuwus | anulya pinaranan | dhumatêng kang punang kancil | nulya prapta sang kancil anêmbang durma ||

23. Durma

1. kancil tanya lah ta apa karyanira | kumpul anèng wonadri | kagèt kang tinanya | pan asru [a...]

--- 53 ---

[...sru] wuwusira | lah sira bêburon ngêndi | têmbe katingal | dene luwih kumaki ||

2. cilik mênthik padha lawan bobat[7] ingwang | kancil asru nauri | pan ingsun atanya | sira malês atanya | jamake sumaur dhingin | nuli atanya | dadi salah sawiji ||

3. lêmbu ngucap yèn sira takon maring wang | panglima lêmbu mami | kancil wuwusira | sijine iku sapa | ingsun aran dhaèng sapi | sijine sapa | raja banthèng ran mami ||

4. ingsun arsa anglurugi tanah Jawa | balikan ta sirèki | sapa aranira | sang kancil wuwusira | sumaur sarwi abêngis | yèn nora wikan | raja kancil ran mami ||

5. ingsun ingkang dèn papundhi buron kathah | ing alas tanah Jawi | sun lungguh kêbayan | duta Nabi Suleman | apa têmên ta sirèki | arsa ngluruga | nèng alas tanah Jawi ||

6. ingsun eman măngsa sira anănggaa | nadyan gêdhe sirèki | măngsa ngungkulana | lan bêburon ing wana | nadyan sira dhaèng sapi | lêmbu panglima | lan raja banthèng rèki ||

7. nora năngga lan lurah sapi ing Jawa | tuwin lêmbu pulisi | lawan pênglawenya | yèn sira uningaa | iki ing wulunirèki | bêburon Jawa | sang kancil tuduh aglis ||

8. yèn kênaa sira iku aja nêrak | aja sira tandhingi | lêmbu sigra ngucap | tan duga têmên ingwang | bêburon ing tanah Jawi | langkung agêngnya | mendah kang darbe iki ||

9. lah rijalên iya lawan awakira | sêpira agêngnèki | wulumu sêpira | prandene sira arsa | anglurug ing tanah Jawi | măngsa nănggaa | dadya sêdaya ajrih ||

10. dhatêng kancil lêmbu sira lan andaka | anjêrum anèng ngarsi | kancil ujarira | pagene jêrum sira | anulya nauri sami | ajrih kawula | dhumatênga sang kancil ||

11. botên sida anglurug ing tanah Jawa | sang kancil alon angling | yèn mêngkono sira | ing besuk ingsun gawa | anglurug nagara Mêsir | sarowangira | ing ngêndi kancanèki ||

12. banthèng ngucap inggih tuan maksih kathah | nanging wontên wonadri | samya pagunêman | kancil asru angucap | lah

--- 54 ---

payo tuduhna mami | nulya lumampah | kancil nulya dèn iring ||

13. anèng ngarsa lêmbu sapi lan andaka | angiring anèng wuri | malêbêt ing wana | ya ta kang kawarnaa | gajah warak lawan janggi | apagunêman | unta kêlawan kuldi ||

14. duk sêmana kancil prapta pêrnahira | sang kancil alon angling | lah sira lèrèhya |[8] anèng kene kewala | kancil anulya lumaris | tan dangu prapta | anèng pêrnahirèki ||

15. gajah warak ingkang samya pagunêman | nanging datan udani | kancil praptanira | sêdaya tan uninga | kancil sumurup ing sikil | wus praptèng têngah | sang kancil asru angling ||

16. iki apa ingkang sira rêmbug padha | dene pating kalêsik | dupi amiyarsa | sami kagèt ing nala | gajah asru dènya angling | hèh sapa sira | dene cilik sirèki ||

17. kancil ngucap lamun sira nora wikan | iya lawan ing mami | dêmang kancil ingwang | duta Nabi Suleman | mila ingsun praptèng ngriki | pan arsa tanya | iya lawan sirèki ||

18. apa nyata sira arsa angluruga | marang ing alas Jawi | kang tinanya ngucap | dhasar nyata wak ingwang | balikan ta sira kancil | gawemu apa | prapta ing ngarsa mami ||

19. apa sira kêpingin arsa sun măngsa | kancil asru nauri | lamun sira arsa | tan ana salah ingwang | nanging rasaning kang ati | măngsa iyaa | tyas ingsun datan cilik ||

20. bali sira arsa anglurug mring Jawa | apa kuat sirèki | lamun amungsuha | bêburon tanah Jawa | gajah asru dènya angling | pagene ingwang | nora wani ajurit ||

21. ingsun gêdhe adhuwur gagah prakosya | sapa ngungkuli mami | sang kancil angucap | nora maido ingwang | nanging rasaning kang ati | pan kaungkulan | têmbang pucung gumanti ||

24. Pucung

1. nadyan silih gajah sira gêdhe dhuwur | mêksih kaungkulan | lawan bêburon ing Jawi | tingalana iki wulune kewala ||

2. lah ta iki durung ingkang darbe wulu | gajah sarêng mulat | kêlangkung miris ing galih | sarowangnya [sa...]

--- 55 ---

[...rowangnya] sami giris ing wardaya ||

3. gajah angling sêpira manungsanipun | wulune kewala | padha lawan buntut mami | kancil ngucap kayaparan sira gajah ||

4. apa sida gonira arsa anglurug | anèng tanah Jawa | gajah alon anauri | nora sida ingsun ajrih lawan sira ||

5. kancil ngucap lah apa têmên sirèku | wêdi lawan ingwang | nulya sarêng anauri | lah ta iya ingsun anut lawan sira ||

6. dene ingsun têmbene lagi andulu | wulu kang mêngkana | mendah ing kaduwe maning | kancil ngucap dadi sira uwis tobat ||

7. yèn mêngkono sira anut talaningsun | lawan kancanira | anadene karêp mami | arsa bêdhah ing kutha Mêsir wak ingwang ||

8. ratu Mêsir pan adarbe putri ayu | jagad tanpa sama | sapa ingkang olih benjing | pêsthi iku ingkang dadi jodhonira ||

9. nadyan ingsun ingkang olih putri ayu | pêsthi awak ingwang | kabèh padha angrêmbugi | kaya apa lah ta padha karêpira ||

10. gajah mujar lah ta apa rêmbugipun | lan sabatur ingwang | kabèh padha angrêmbugi | kancil ngucap yèn mêngkono karêp ingwang ||

11. undhangana rowangira dèn agupuh | ingsun arsa mangkat | marang nêgara ing Mêsir | tan antara dèn undhangi kancanira ||

12. gajah warak banthèng lawan kêbo danu | lêmbu lawan unta | sênuk mèmrèng lan jêjawi | macan singa blêgêdaba lawan unta ||

13. ting janggêlêg angêbêki wana agung | kancil langkung bungah | pan asru gènira angling | pêkênira gajah sun karya wêdana ||

14. kang kuwasa marentah marang baturmu | anging wêkas ingwang | pan ing besuk dina Kêmis | wulan Sura sira malêbua kutha ||

15. pan ing mêngko sira lèrèna karuwun | nèng jawining kitha | aja na kang ngudanèni | dèn adhêmit amungsuh lawan manungsa ||

16. aja kongsi kauningan wêkas ingsun | dene awak ingwang | pan arsa alaku sandi | kang supaya wêruha cacahing bala ||

17. saur pêksi sêdaya kang sinung wuwus | kancil aglis mentar | sêdya malêbèng nêgari | rowangira sedaya [se...]

--- 56 ---

[...daya] marak ing kitha ||

18. tan winarna punang kancil lampahipun | gênti winurcita | nênggih nêgari ing Mêsir | apan lagi atamian parangmuka ||

19. ratu sèwu nêgara kang samya rawuh | saha wadyanira | sakepraboting ajurit | mêsanggrahan anèng jro kitha pan aglar ||

20. ingkang dadya wêdanane para ratu | narendra kobatsah | gagah prakosyèng ajurit | ajêjuluk Maharaja Basunănda ||

21. pêpatihe Bajobarang wêstanipun | agagah prakosya | dadya andêling ajurit | kang sarira nêmbaga lir jaka lola ||

25. Asmaradana

1. mila nêgari ing Mêsir | atamian parangmuka | ratu sèwu nêgarane | sêdyane arsa anglamar | dhatêng kusumaning dyah | putranipun sang aprabu | aran Dèwi Sêtyapraba ||

2. warnane lir widadari | ing jagad datanpa sama | lir putri Mêsir warnane | panjang lamun ginupita | ing mangke sri narendra | miyos sineba sang prabu | pinarak ing pagêlaran ||

3. dèn ayap para pawèstri | êmban lawan para inya | andhêr ngarsane sang katong | asri ingkang upacara | kang tansah anèng ngarsa | Kyana Patih Gajah Ranu | lan sagung para punggawa ||

4. tanapi para bupati | tumênggung lan sinangarya | ulubalang panglimane | Maharaja Basunănda | kang caos anèng ngarsa | kêlawan pêpatihipun | kang tumut ing gustinira ||

5. mêngkana sri narapati | ing Mêsir aris ngandika | kadyaparan ing karsane | anak Prabu Basunănda | praptèng Mêsir nêgara | bêkta wadyabala agung | paran ing karsaning nata ||

6. pan ingsun datan andugi | matur Raja Basunănda | rama prabu atur ingong | mênawi parêng ing karsa | ămba[9] arsa suwita | inggih dhatêng rama prabu | yèn sarêng dèn jodhokêna ||

7. dhatêng putranta sang dèwi | bokmênawi rama nata | wontên ing pêpundhutane | dunya miwah rajabrana | kang adi-adi mulya | sajung miwah sapêrahu | kawula dhatêng sumăngga ||

8. ngandika sri narapati | anak prabu dèn asabar | nênggih kang dados karsane | anggèr rumiyin lèrèha | wontên sajroning kitha | sampun [sampu...]

--- 57 ---

[...n] kasêsa ing kayun | ing benjang măngsa wandea ||

9. pêrkawis dening sang putri | pun bapa sumanggyèng karsa | lah inggih datan rumaos | pun bapa adarbe putra | dene sampun diwasa | nanging dèn sabar sang prabu | gènira adarbe karsa ||

10. kêlangkung lêga ing galih | Maharaja Basunănda | atur pamit lèngsèr age | mantuk anèng pêsanggrahan | kya patih atut wuntat | duk sêmana sang aprabu | ing Mêsir jêngkar sineba ||

11. kundur malêbêt ing puri | dèn ayap para wanodya | pan asri upacarane | bubar sagung kang siwaka | kunêng tan winurcita | gêntia ingkang winuwus | putri ing Mêsir nêgara ||

12. ingkang anèng dalêm puri | nênggih Rêtna Sêtyapraba | lir widadari citrane | kasup ing kajonaloka | Ni Dèwi Sêtyapraba | tansah dadi têmbang kidung | dadya pocapaning jagad ||

13. Dèwi Sêtyapraba singgih | pan arsa siram nèng taman | dèn iring pawongan akèh | êmban lawan para inya | kang bêkta upacara | yèn tinon andulur-dulur | sami adi-adi mulya ||

14. ing marga datan winarni | lampahe kusuma rara | wus praptèng tamansarine | minggah anèng yasa kambang | amung êmban satunggal | kang tumut dhatêng sang ayu | sêdaya kantun nèng jaba ||

15. sagunge pawongan cèthi | apan samya ngundhuh sêkar | anèng taman pan arame | ana ingkang gubah sêkar | gambir cêpaka pêthak | sawênèh angundhuh santun | wênèh angundhuh wowohan ||

16. sigêgên mangke rumiyin | kancil ingkang kawarnaa | wus praptèng taman lampahe | ing dalu kalane prapta | tan ana kang uninga | anjujuk ing tamansantun | nèng ngandhape pandhan surat ||

17. sang kancil micorèng galih | mambêt gandaning puspita | pan asumrah sarirane | lir siniram gănda wida | raose kang sarira | kancil amicorèng kalbu | mendah ingkang darbe taman ||

18. baya warnane yu luwih | iki têtaman utama | arum awangi gandane | apan pêlag warnanira | ingsun arsa uninga | pêtamanan adi luhung | amindha tamaning syarga ||

--- 58 ---

19. mêngkana kang punang kancil | kacaryan dènya tumingal | midêr-midêr nèng tamane | aningali sasêkaran | anèng pinggir sêgaran | sang kancil awas andulu | kêlamun ana pawongan ||

20. lagya angundhuhi sari | pan akathah rowangira | kancil amicorèng tyase | lah iki ana pawongan | lagya angundhuh sêkar | baya ta lagi dèn utus | iya marang gustinira ||

21. iya paran polah mami | gèn ingsun arsa uninga | mring putri Mêsir warnane | apa silih ngaton ingwang | marang pawongan kathah | dimèkne dèn cêkêl ingsun | marang sagunge pawongan ||

22. duk sêmana punang kancil | api-api tan uninga | marani pawongan akèh | sarwi mangan gêgodhongan | anèng pinggir sêgaran | pawongan samya andulu | sêdaya kagèt ing nala ||

23. mujar marang rowangnèki | bibèkane iku apa | dene têka colat-colot | anèng pinggiring sêgaran | amangan gêgodhongan | rowange alon amuwus | iku kang tunggu sêgaran ||

24. pan arsa anginum warih | mulane anèng pinggiran | êmban Jêlamprang wuwuse | êmbuh-êmbuh kang dèn ucap | basa iku janggitan | utawi anak warêgul | lamun ingkang tunggu taman ||

25. sayêkti datan kaèksi | yèn nyata kang tunggu taman | lah mara ingsun balange | sigra ni êmban Jêlamprang | ngambil bata tugêlan | anulya binalang asru | kancil indha nora kêna ||

26. malah saya amarani | kancil sarwi lincak-lincak | anulya binalang manèh | kancil indha nora kêna | dèn balang kaping tiga | kancil indha praptèng ngayun | ban Jêlamprang kirap-kirap ||

27. anulya lumayu gêndring | rowange tumut lumajar | pan sarwi gumuyu rame | êmban Jêlamprang angucap | mênawa iku setan | mindha anake warêgul | pan arsa mangan manungsa ||

28. rowangira anauri | lamun iku nyata setan | sayêkti mujar cangkême | lah iku cangkême malang | basa iku janggitan | apik têmên warnanipun | kêna

--- 59 ---

kinarya dolanan ||

29. mara cêgatana aglis | ing kidul êlor lan wetan | ya mêngko ingsun cêkêle | bokmênawa iku kêna | bêburon kang mêngkana | aturêna ing gustimu | mendah bungahing wardaya ||

30. anulya dipun cêgati | ing kidul êlor lan wetan | ni Jêlamprang anèng kulon | sang kancil wus anèng têngah | êmban Jêlamprang ngucap | dèn age padha dèn rangkus | ri sêksana sarêng mara ||

31. wetan kulon amêpêki | ing lor kidul sarêng mara | wus prayitna sêdayane | kancil enak anèng têngah | dupi arsa cinandhak | kancil malumpat mandhuwur | pan sampun prapta ing jaba ||

32. para inya nubruk sami | kang kulon anubruk wetan | ingkang kidul nubruk êlor | pan dadya agarêjêgan | samya rowange dhawak | ingkang sawênèh amuwus | têmbang gambuh kang gumantia |[10]|

26. Gambuh[11]

1. pan arame swaranipun | lêng-ulêngan iya padha batur | kang sawênèh sinjangnya kasingsal têbih | dadya wuda minthal-minthul | tan wikan kancil mêncolot ||

2. apan ta kongsi adangu | ban Jêlamprang sigra andulu |[12] lamun kancil amêlangkring anèng jawi | nèng ngandhape nagasantun | ban Jêlamprang gêmbor-gêmbor ||

3. dene iku uwis ucul | hèh ta kănca bubara dèn gupuh | nulya bubar sêdaya ngungun ing galih | kang kasingsal sinjangipun | dhodhok sarwi gêmbor-gêmbor ||

4. lah ta êndi sinjang ingsun | rowangira asru amuwus |[13] anèng ngêndi sinjangira iku bibi | aja sira minthal-minthul | wis ngadêga aja dhodhok ||

5. rowange samya gumuyu | ni Jêlamprang aris dènya muwus | lah tunggunên ingsun matur ing sang putri | cêgatana yèn lumayu | aja kongsi lunga adoh ||

6. êmban Jêlamprang agupuh | sigra marak dhatêng gustinipun | praptèng ngarsa êmban Jêlamprang wotsari | pan sarwi alon amuwus | adhuh anggèr gustiningong ||

7. ing taman wontên warêgul | cilik mênthik pan amung satikus | colat-colot dhuh gusti kêlangkung apik | ing mangke lagya kinêpung | dhatêng sagung para wadon [wado...]

--- 60 ---

[...n] ||

8. sêdaya sampun tinutur | sang dyah mèsêm apan sarwi muwus | lah ta êmban mara cêkêlên dèn aglis | apan ingsun arsa wêruh | ban Jêlamprang matur alon ||

9. botên kenging gustiningsun | ingsun wau pan sampun kinêpung | anèng têngah pêrandene sagêd mijil | kawula langkung gagêtun | sang dyah angandika alon ||

10. iku kêjabane ingsun | kang abisa nyêkêl warêgul |[14] lah ta mêngko ingsun tata-tata dhingin | mêngkana sang murtining rum | wus ambên ing cindhe ijo ||

11. sigra têdhak sang lir santun | nênggih saking yasa kambang sampun | praptèng jawi sang rêtna awas ningali | pawongan arubung-rubung | apan tansah ngalor ngulon ||

12. tan pisah ing rowangipun | ban Jêlamprang sigra matur gupuh | kadyaparan ing karsa paduka gusti | pan arsa nyêkêl warêgul | sang dyah mèsêm muwus alon ||

13. lah êmban Jêlamprang gupuh | kinèn padha abubar karuwun | para êmban pan ingsun arsa udani | nulya dèn undhangi sampun | sêkathahe para wadon ||

14. tan antara bubar sampun | pra pawongan ingkang padha ngêpung | pan akumpul anèng wurine sang putri | sang dyah waspada andulu | langkung kasmaran sang sinom ||

15. dhatêng kancil warnanipun | apan dene kêlangkung bagus |[15] sang dyah mèsêm sarwi angandika aris | êmban cêkêlên dèn gupuh | aja kongsi lunga adoh ||

16. nanging aja kongsi lampus | lah ta poma padha wêkas ingsun | sun têmpuhkên mêngko mênèk kongsi mati | samya tumandang sêdarum | sêkathahe para wadon ||

17. kancil anulya kinêpung | wetan kulon êlor lawan kidul | anèng têngah kancil amicorèng galih | baya endah warnanipun | putri ing Mêsir kêdhaton ||

18. tuhu ayu warnanipun | têmbe iki dulu putri ayu | ri sêksana sagunge pawongan cèthi | anangkêbi ing lor kidul | wantune pawongan anom ||

27. Sinom

1. sarêng anubruk sêdaya | sang kancil malumpat aglis | pan [pa...]

--- 61 ---

[...n] sampun prapta ing jaba | pawongan pating gulinting | sang dyah mèsêm ing galih | sarwi alon gènnya muwus | pagene nora kêna | dèn age burunên maning | samya tangi pawongan pating julalat ||

2. ambêkane arênggosan | kancil anulya mêlangkring | anèng sore nagapuspa | sang dyah angandika aris | mumpung lagi mêlangkring | mara kêpungên dèn gupuh | anulya ingidêran | kancil api-api guling | ni Jêlamprang alon dènira angucap ||

3. hèh batur padha lon-lonan | mumpung lagi turu lali | dèn padha lirih kiwala | anulya sarêng lumaris | sêdaya mindhik-mindhik | wus parak ing pêrnahipun | wêtara sêgayuhan | nulya sarêng nubruk aglis | duk cinandhak kancil akêbat malumpat ||

4. praptèng jawi lincak-lincak | pawongan pating gulinting | anênumbuk nagasêkar | bathuke bênjut sacêngkir | wênèh tumbukan sami | kêlawan ing rowangipun | akathah bathuk bundhas | pan sami dipun têkêmi | wênèh ngucap sira numbuk bathuk ingwang ||

5. lah ta iki kongsi bundhas | rowange asru nauri | sira kang numbuk maring wang | nora nganggo irih-irih | samya tuding-tinuding | kang numbuk wit nagasantun | bathuknya tinêkêman | nagasari dèn gêbugi | sarwi ngucap bathuk ingsun kongsi bundhas ||

6. sang kancil alincak-lincak | anèng ngarsane sang putri | sang rêtna sarêng tumingal | imbuh brangtanirèng galih | alon gènira angling | êmban cêkêlên dèn gupuh | sigra êmban Jêlamprang | tan emut wiranging galih | ni Jêlamprang apan sarwi cêcawêtan ||

7. sarwi asru gènnya ngucap | ingsun cêkêle pribadi | aja milu-milu padha | mundhak dadi ngapirani | anulya dèn parani | kancil api-api turu | amangan gêgodhongan | anèng ngarsane sang putri | dupi parak awêtara sêgayuhan ||

8. anubruk êmban Jêlamprang | kancil malumpat ing wuri | êmban Jêlamprang aniba | karungkêp anulya tangi | linggih kancil sumandhing | anulya cinêbak luput | kancil mingêr angiwa |

--- 62 ---

nanging nora pati têbih | sêgayuhan anulya sami dèn candhak ||

9. sang kancil indha anganan | apan datan pati têbih | awêtara mung saasta | lan êmban Jêlamprang singgih | nulya cinandhak aglis | kancil mingêr anèng pungkur | pan iya nora têbah | sang dyah mèsêm sarwi angling | lah ta êmban dene iki wis aparak ||

10. lah cêkêlên dèn akêbat | anèng gigirira bibi | ya ta ni êmban Jêlamprang | pan asangêt muring-muring | kancil cinandhak aglis | mingêr anèng wurinipun | mubêng êmban Jêlamprang | mêngkana pan sarwi linggih | kancil nganan ban Jêlamprang milu nganan ||

11. ban Jêlamprang asru ngucap | dene amêmanas ati | angajak ubêng-ubêngan | pêsthi kêsêl awak mami | mubêng nganan angiri | sang rêtna suka ing kalbu | mulat êmban Jêlamprang | sang dyah angandika aris | tulungana dimèn aglis nuli kêna ||

12. anulya tumandang sigra | sêkathahe para cèthi | kancil rinêbut wong kathah | tinubruk kancil nginggati | ananging nora têbih | pan tinubruk-tubruk luput | sami kaku ing manah | sagunge pawongan cèthi | sang juwita pan kinèn akarya kala ||

13. ban Jêlamprang karya kala | anulya pinasang aglis | nèng ngandhape nagapuspa | pan sarwi ngucap alirih | gêlakna dipun aglis | nèng ngandhape nagasantun | dimèkne kêna kala | anulya sami dèn giring | cinêgatan sang kancil alincak-lincak ||

14. amarani ban Jêlamprang | sêmana wus praptèng ngarsi | ban Jêlamprang aris mujar | ngajak gêguyon si baring | dèn cêkêl nora kêni | amarani wong alungguh | sang dyah akarya kala | sutra kuning kang kinardi | sang dyah mujar lah mêngko êmban Jêlamprang ||

15. ingsun jaluk ling-alingan | dimèkne aja kaèksi | anulya kusuma rara | anèng wuri tan kaèksi | kancil micorèng galih | dene têka parikudu | dènya amrih maring wang | putri adi tanpa tandhing | bok iyaa ingsun kêna anèng kala ||

16. sang kancil wus anèng ngarsa | ban Jêlamprang angancari | dupi angungkuli sirah | sang kancil mire angeri [ange...]

--- 63 ---

[...ri] | pi-api tan udani | Jêlamprang micorèng kalbu | kurang sêthithik kêna | sira kênèng kala mami | sang juwita sigra anglungakên kala ||

17. kancil sandi tan uninga | sirahnya dipun ungkuli | dhatêng kalane sang rêtna | kancil anolih ing wuri | ngarsa dipun adhangi | dhatêng kalane sang ayu | sang dyah micorèng nala | bok nuli kêna sirèki | sun kauli yèn sira kêna maring wang ||

18. ingsun ajak lênggah jajar | mêngkana kang punang kancil | miyarsa ujar mêngkana | kêlangkung arêping galih | kancil anulya nolih | nuju kalane sang ayu | anulya siningsêtan | sang rêtna suka ing galih | angandika dene gampang tatiwala ||

19. dene nora kongsi lama | pan ingsun cêkêl pribadi | dèn age êmban Jêlamprang | sira cêkêlên dèn aglis | ja kongsi aningsêti | bokmênawa mêngko lampus | sigra êmban Jêlamprang | apan arsa anguculi | dhatêng kala sang kancil ajola-jola ||

20. sang rêtna asru ngandika | wis bibi aja nguculi | ingsun uculane dhawak | sang dyah narik kala aglis | punang kancil anginthil | sang rêtna mèsêm ing kalbu | sarwi alon angucap | dene bisa milih jalmi | gya cinandhak sang kancil dhumatêng sang dyah ||

21. dupi arsa inguculan | sang kancil umatur aris | adhuh-awuh[16] gustiningwang | dene kêlangkung asakit | sampun andika tarik | mangke pêdhot guluningsun | sang dyah sarêng miyarsa | kêlangkung kagèt ing galih | angandika winor manising wêcana ||

28. Dhandhanggula

1. sang dyah mèsêm angandika aris | dene iki bisa tata jalma | bêburon apa arane | kancil alon umatur | dêlapipun ingkang mêstani | kancil aran kawula | sang rêtna amuwus | dadi kancil aranira | nora luwih cilik apik mênthik-mênthik | tur bisa tata jalma ||

2. hèh ta êmban Jêlamprang dèn aglis | marenea sira rungokêna | bêburon bisa miraos | êmban Jêlamprang gupuh | nèng ngarsaning sang raja putri | lawan sarowangira | kabèh praptèng ayun | sang

--- 64 ---

rêtna aris ngandika | hèh ta êmban sira wruh baburon kancil | bisa atata jalma ||

3. ban Jêlamprang matura wotsari | adhuh gusti kula tan uninga | bêburon kancil arane | sawêk mangke sang ayu | tan uninga warnine kancil | raose manah ingwang | apan kadya wêrgul | sang kancil asru anyêntak | yèn warêgul iku sêdulure babi | kagèt êmban Jêlamprang ||

4. alorodan mundur sarwi angling | mamêdèni tan kêna wong salah | pan ayêntak kongsi kagèt | sang dyah mèsêm amuwus | hèh ta kancil atanya mami | ing ngêndi angsalira | miwah kang sêsunu | prapta ing Mêsir nêgara | kancil matur pan inggih kawula gusti | dutane gustiningwang ||

5. Kangjêng Nabi Suleman ing nguni | kula kinèn anganglangi jagad | mila prapta Mêsir mangke | jatine arsa nginum | pan kêpingin anginum warih | tan wikan yèn kawula | mangke tinalikung | kadya wong adosa pêjah | dene jăngga akukuh dipun talèni | pan kongsi pêlirikan ||

6. sang dyah mèsêm angandika aris | ingsun datan angukum ing sira | ing kene sun uculane | mênawa têkèng lampus | ya ta nulya dipun uculi | sang dyah aris angucap | apuranên ingsun | dene ingsun tan uninga | lamun sira dadi utusane nabi | matur êmban Jêlamprang ||

7. adhuh gusti dene mamêdosi | lamun karsa suwawi ucula | sang rêtna alon wuwuse | pan arsa takon ingsun | iya marang kiai kancil | sang kancil aturira | dhuh gusti sang ayu | pan arsa takon punapa | sang dyah mèsêm sarwi angandika aris | yèn nyata kancil sira ||

8. iya dadi dutane jêng nabi | apa sira wêruh ing petangan | sang kancil alon ature | dhuh gusti sang lir santun | paran ingkang dipun petangi | sang dyah aris angucap | upama wong iku | pan arsa apalakrama | kayaparan ingkang dadi bêciknèki | jalu miwah wanodya ||

9. kancil matur dhuh gusti agampil | yèn metangi pêrkawis punika | sayêkti wontên sarate | sang dyah

--- 65 ---

mèsêm amuwus | lah ta apa sarate kancil | mara age matura | sang kancil umatur | dhuh gusti juwadah pasar | kêmbang borèh atanapi lisah wangi | kêlawan pisang êmas ||

10. ban Jêlamprang gumuyu angikik | pan sinêntak pagene ta sira | êmban gumuyu angèkèk | wong lagi tutur-tutur | ni Jêlamprang umatur aris | lah ta inggih kawula | milane gumuyu | kilingan duk anèng taman | sang dyah angling lah mara tutukna aglis | sang kancil aturira ||

11. inggih gusti yèn wong arsa krami | dipun pêndhêt arane kiwala | duk lagi mêksih larene | ing mangke dipun itung | awon sae yêkti pinanggih | èstri kêlayan priya | sang rêtna amuwus | ingsun aran Sêtyapraba | iku sapa ingkang dadi jodho mami | kancil alon aturnya ||

12. aran Sêtya têmên jatinèki | lamun Praba jêmbar ing wardaya | yêkti punika jodhone | kakung ingkang pinunjul | ingkang sêtya apalakrami | dados botên sulaya | sami sêtyanipun | watakipun sugih arta | sugih putra lawan rajabrana adi | sang dyah mèsêm ngandika ||

13. pintêr têmên sira kyai kancil | sapa ingkang amuruk ing sira | êmban Jêlamprang dèn age | takona dèn agupuh | iya marang ki bagus kancil | sigra êmban Jêlamprang | marak anèng ngayun | inggih ki bagus kawula | petangana botên kudu arsa laki | dene kula wus tuwa ||

14. kancil ngucap apa karêpnèki | ni Jêlamprang alon wuwusira | pan amung sêlamêtane | dene kula wus sêpuh | ingkang mugi têbih asakit | lawan sampun kangelan | sang kancil amuwus | lah ta sapa aranira | duk ing lare ni Jêlamprang matur aris | Sakijah aran ingwang ||

15. kancil mèsêm pan amuwus aris | iya lamun wong aran Sakijah | sayêkti sêlamêtane | lah iya jangan jantung | lawan pitik jambul ta bibi | sang dyah aris angucap | bisa dadi dhukun | lah ta kabèh para inya | atakona ya marang ki bagus kancil | pawongan sarêng mara ||

16. sarêng takèn [ta...]

--- 66 ---

[...kèn] êmban lawan cèthi | atanapi inya lan parêkan | asarêng gènira takèn | sang kancil asru muwus | jamak ora sawiji-wiji | pêsthi bingung kawula | lamun kinarubut | sang rêtna aris ngandika | lah ta iya jamak ora siji-siji | ya ta êmban Saroja ||

17. ingkang takèn dhumatêng sang kancil | kancil ngucap dèn age tutura | iya aranira dhewe | êmban Saroja muwus | aran kula duk mêksih alit | katêlah pun Saijah | sang kancil amuwus | bibi sêlamêtanira | sêga golong iku nganggo pêcêl pitik | kêlawan jangan lobak ||

18. êmban Wungu nulya takèn aglis | dhuh ki bagus ingsun petangana | sang kancil alon muwuse | sapa aranirèku | êmban Wungu nauri aris | lah inggih pun Jariyah | sang kancil amuwus | dene sêlamêtanira | jangan mênir iya lawan sêga gurih | lawan ayam cêmara ||

19. yêkti adoh bilai sêkalir | lawan adoh sakèhe lêlara | tur acêpak rêjêkine | sang dyah mèsêm amuwus | lah ta mara êmban dèn aglis | padha nyêlamêtana | gupuh para babu | apan samya olah-olah | pan arame ingkang arsa nyêlamêti | sagung para pawongan ||

20. kang sawênèh angêjor-êjori | apan arsa masak cowan-cowan | bumbune daringo bêngle | lawan dhèdhès puniku | lênga wangi tan kêna kèri | ban sawiji angucap | masak cowan iku | bumbune uyah sêgantang | lawan kecap dèn godhog banyune asin | kang mangan bungah rêna ||

21. kang sawiji êmban asru angling | lamun sira arsa masak cowan | asêm sabodhak bumbune | jêruke têlung puluh | têlung krênêng cêrmene iki | sarta dèn banyonana | cokak têlung gêndul | blimbing kêris rong wêlangsang | nganggo wuni rong krênêng kathahe bibi | kang mangan enak-enak ||

22. tan antara nulya matêng sami | warna-warna sêlamêtanira | ana gawa sêga golong | sawênèh sêkul wuduk | pan sawênèh kang sêga gurih | sang dyah alon angucap | kancil dèn agupuh | sira ingkang donganana |

--- 67 ---

kancil matur lah inggih gusti suwawi | pan sampun dinonganan ||

23. sang dyah mujar bisa dadi modin | andongani ing wong sêlamêtan | sang kancil alon muwuse | mara panganên gupuh | sarowange pawongan cèthi | sapa ingkang duwe ajat |[17] sang rêtna amuwus | kancil sira amangana | dene sira kancil ingkang dadi modin | pêsthi andhinginana ||

24. kancil matur inggih gusti mami | pan kawula botên dhahar sêga | êmban Jêlamprang wuwuse | lah payo batur ingsun | iya padha mangan pribadi | anulya sami mangan | sagung para babu | pan arame kêroyokan | wantuning wong sêdaya pan padha ngêlih | pan dadya rêrêbutan ||

25. ban Saroja kêbat tandangnèki | pan angiwut gènira amangan | dadya kalêlêgên enthong | mêndêlik madhêp dhuwur | rowangira sêdaya angling | pagene si Saroja | amadhêp mandhuwur | dene sarwi mangap-mangap | pêcicilan mara dhodhogên dèn aglis | mênèk katutan tulang ||

26. gya dhinodhog gigirira aglis | tan antara enthonge malêsat | Jêlamprang kêna bathuke | bênjut ana suwaluh | ni Jêlamprang jêrit anangis | bathuke tinutupan | sang rêtna gumuyu | pagene êmban Jêlamprang | pêkênira nutupi bathuk anangis | matur êmban Jêlamprang ||

27. adhuh gusti bathuk kula sakit | dene sami mangan rêrêbutan | dadya kaplêsatan enthong | sang dyah suka gumuyu | apan sarwi ngandika aris | dene nora lon-lonan | wong padha kasusu | kaya wong katêmbèn mangan | lah ta mara kancil tambanana aglis | bathuke ban Jêlamprang ||

28. kancil matur dhuh gusti suwawi | ban Jêlamprang nulya pinaranan | sang kancil alon wuwuse | Jêlamprang sira iku | wong tan kêna dipun tuturi | jêr salah atinira | anulya sinêmbur | bathuke ban Jêlamprang |[18] kaping tiga wus ilang bênjutirèki | sang dyah alon angucap ||

29. hèh ta êmban Jêlamprang sirèki | ngabêktia mring kancil dèn inggal | ni êmban Jêlamprang age | manêmbah kaping têlu | ngaturake salahirèki | ki

--- 68 ---

bagus kancil ingwang | wus nêmbah ping têlu | lan ingsun jaluk apura | kancil ngucap lah ta iya sami-sami | sang rêtna angandika ||

30. lah ta payo dandana dèn aglis | ingsun arsa mantuk marang pura | aja awet anèng kene | pawongan dandan sampun | tan antara budhal tumuli | arsa mantuk ing pura | kusumaning ayu | lan sagunge para inya | punang kancil tan têbah gènnya lumaris | tan dangu lampahira ||

31. sampun prapta anèng dalêm puri | sang juwita langkung trisnanira | dhatêng sang kancil ing mangke | tan pisah siyang dalu | yèn adhahar kusuma adi | kancil dèn ajak dhahar | tunggil ajangipun | lamun sang rêtna anindra | punang kancil anèng dagane sang dèwi | kasmaran ing wardaya ||

29. Asmaradana

1. langkung sihira sang dèwi | dhumatêng kancil sêmana | tan pisah siyang dalune | sigêgên tan winurcita | gênti malih kocapa | ingkang mêsanggrahan dangu | narendra Sasranêgara ||

2. Prabu Ngabêksah anênggih | Maharaja Basunănda | dadya wêdanane katong | pan ing mangke sri narendra | enjing miyos sineba | pêpêk sagung para ratu | tanapi para punggawa ||

3. andhêr ngarsane sang aji | tanapi para satria | ulubalang apadene | tumênggung lan sinangarya | tuwin raja panglima | awarna-warna dinulu | busanane para nata ||

4. mêngkana sri narapati | Maharaja Basunănda | dadya wêdanane katong | hèh sagunge sanak ingwang | paran karsaning manah | dene ta sampun adangu | pan anèng Mêsir nagara ||

5. lir nganti tibaning sasi | nganti andikaning raja | saur pêksi para katong | lamun sêmbada ing karsa | suwawi sri narendra | sami marak ing sang prabu | paran karsane sang nata ||

6. pêrkawis dening sang putri | dene ta sampun alama | datan wontên ing wartane | pan eca mèndêl kiwala | Mahraja Basunănda | asru gènira amuwus | anadene karsaningwang ||

7. payo padha pacak baris | anèng sêjabane kitha | dimèkne giris atine | narendra Mêsir nêgara | sagunge para nata | sêdaya wus samya rêmbug | karsane Sang Basunănda ||

8. sêksana [sê...]

--- 69 ---

[...ksana] para narpati | pan sami anata bala | gumêr gumuruh swarane | sêdaya sampun samêkta | sapraboting ayuda | pan sêdaya baris tugur | anèng sejawine kitha ||

9. tan pêgat ing siyang ratri | samya têngara sênjata | miwah gong bèri arame | tambur suling awurahan | lir prakêmpa ngawiyat | sigêgên mangke rumuhun | Narendra Sasranêgara ||

10. ingkang samya pacak baris | kocapa kang anèng pura | ing mangke sang lir ing sinom | pinarak ing pêlataran | dèn ayap para êmban | lawan ingkang para babu | aglar ing ngarsaning sang dyah ||

11. kancil matur ing sang dèwi | dhuh gusti atur kawula | lamun sêmbada karsane | paduka atur uninga | dhumatêng sri narendra | benjing wontên mêngsah rawuh | wontên ing Mêsir nêgara ||

12. pan ing benjing dintên Kêmis | ing sasi Sura punika | nênggih tanggal ping sêlawe | nanging tan warni manungsa | kang arsa bêdhah praja | warna bêburon wona gung | kathahe tanpa wilangan ||

13. pan kawula langkung giris | mulat ingkang lagya prapta | sato wana gêdhe-gêdhe | sang rêtna aris ngandika | pagene kancil sira | wêruh lamun ana mungsuh | sapa kang tutur ing sira ||

14. sang kancil umatur aris | mila kawula uninga | atur kawula wiyose | duk kawula anèng wana | anuju samya prapta | pakumpulan ing wona gung | sarupane buron wana ||

15. mila kawula udani | lan arsa abêdhah kutha | pirêmbag lan sarowange | pramila matur kawula | dhatêng sang lir kusuma | eman ing Mêsir kêdhatun | kongsia dèn inggahana ||

16. dhatêng bêburon wonadri | kawula pemut kewala | mêngkana sang liring sinom | kêlangkung marasing nala | aris dènya ngandika | hèh Jêlamprang dèn agupuh | caosa ing kangjêng rama ||

17. măngsa bodhoa sirèki | gonira atur uninga | iya marang rama katong | si êmban matur sandika | gya lèngsèr saking ngarsa | gêgancangan lampahipun | ing marga tan winurcita ||

18. sapraptaning dalêm puri | pan anuju sri narendra | pinarak lawan garwane | dèn ayap para pawongan | kêsaru ban Jêlamprang [Jê...]

--- 70 ---

[...lamprang] | praptèng ngarsane sang prabu | atur sêmbah ngaras pada ||

19. ngandika sri narapati | bagea êmban Jêlamprang | sira prapta ngarsaning ngong | apa sira ana karya | age sira matura | êmban Jêlamprang umatur | inggih gusti sri narendra ||

20. milane kawula prapti | wiyose atur uninga | inggih dhatêng sang akatong | pan ing dalu sang juwita | kala sare supêna | mêkatên supênanipun | asung pemut ing sang rêtna ||

21. pan ing benjing dintên Kêmis | ing sasi Sura punika | nênggih tanggal ping sêlawe | gusti wontên mêngsah prapta | nanging sanès manungsa | nênggih buron ing wona gung | kathahe tanpa wilangan ||

22. pan ing mangke sri bupati | pan sampun angrampit kitha | mila sang liring kêdhaton | matah dhumatêng kawula | tur wikan ing sang nata | gêtêr manahe sang prabu | hèh ta patih pêkênira ||

23. mêtua jaba dèn aglis | patih sira undhangana | sagunge kang para katong | ingkang anèng pêsanggrahan | kang dadya karsaningwang | sêkathahe para ratu | sapa ingkang asanggupa ||

24. amapag mungsuh kang prapti | utawa kongsi ngundurna | patih saimbaran ingong | dadi jodhone sang rêtna | lah patih ngundhangêna | mring sakèhe para ratu | kya patih matur sêndika ||

25. atur sêmbah lèngsèr aglis | saking ngarsane sang nata | gêgancangan ing lampahe | ing marga tan winurcita | lampahe kyana patya | praptèng pêsanggrahanipun | Narendra Sasranêgara ||

26. mêngkana sri narapati | Maharaja Basunănda | aglis mêthuk ing lampahe | wus samya lênggah atata | Mahraja Basunănda | alon gènira umatur | uwa patih paran karsa ||

27. praptèng pêsanggrahan mami | punapa lamun dinuta | inggih dhatêng rama katong | suwawi dèn pajarêna | paran karsyèng narendra | Kyana Patih Gajahbangun | aris wijiling wêcana ||

28. hèh anak sri narapati | tampi timbalan narendra | nênggih ing Mêsir kêdhaton | pan arsa tamian mêngsah | wadya tanpa wilangan | nanging bêburon wona gung | kang arsa yuda kênaka ||

30. Pangkur

1. nênggih karsane [karsa...]

--- 71 ---

[...ne] narendra | sintên ingkang sanggup mapag ing jurit | parangmuka ingkang rawuh | utawi ngundurêna | ingkang dadya saêmbaraning sang prabu | nênggih Dèwi Sêtyapraba | lawan nêgara ing Mêsir ||

2. Maharaja Basunănda | langkung bungah sandika aturnèki | inggih sampun walangkayun | pêrkawis kang punika | jibahana dhatêng kawula pukulun | lah sampun uwa matura | dhumatêng sri narapati ||

3. pan kawula ingkang sanggap | ngundurakên parangmuka kang prapti | sampun sumêlang ing kalbu | nulya rêkyana patya | atur pamit sigra lèngsèr saking ngayun | Maharaja Basunănda | nimbali rêkyana patih ||

4. kinèn angundhangi bala | atanapi sagung para narpati | ya ta ingundhangan sampun | sagung para narendra | atêngara kêndhang gong bèri gumuruh | bêndhe tinabuh angangkang | awor tambur lawan suling ||

5. Narendra Sasranêgara | wus samêkta kêprabon ing ajurit | tan antara budhal sampun | wadya sèwu nêgara | yèn pinirsa swarane omyang gumuruh | wus prapta jawining kitha | pan anuju dina Kêmis ||

6. pocapa kang anèng wana | gajah warak macan jêjawi |[19] banthèng lawan kêbo danu | sêdaya wus prayitna | sênuk mèmrèng blêgêdaba sarêng maju | arsa malêbêt ing kitha | wus prapta ing têpis wiring ||

7. ya ta laju lampahira | kang kocapa wadyane para aji | sêdaya awas andulu | bêburon agung prapta | ri sêksana bindrong sênjata asru |[20] swarane lir gunung rêbah | mimis pan kadya gurimis ||

8. anibani buron wana | samya kagèt angangsêg ing ajurit | tan etang margane lampus | wantune sato wana | sarêng nêmpuh angiwut ing tandangipun | binêdhilan datan obah | mêngsah mangukih ing wèsthi ||

9. panggah wadya Sasrapraja | pan arame anêmpuh ing ajurit | sênjata wus datan ketung | arukêt ing ayuda | macan warak gagirisi tandangipun | ingkang tinêrajang pêjah | kang sawênèh nandhang kanin ||

10. lêmbu sapi sarêng mangsah | tinumbakan ing kanan lawan kering | lir ginuyang toya wau | sumrahe kang sarira | pan angawut tandangira [ta...]

--- 72 ---

[...ndangira] ing akewuh | anujah miwah anyepak | ambijik wênèh ngulèni ||

11. sênuk mèmrèng apan samya | rêrêbutan singa singa kang dhingin | pan angiwut tandangipun | giris wadya manungsa | bubar larut tan ana năngga lumayu | tuwin ingkang akêbranan | dhatêng sagung para aji ||

12. pan arame yudanira | kasêliring banthèng gènira jurit | atanapi kêbo danu | apan sampun tinalenan |[21] ingkang panggah pan akathah ingkang lampus | Maharaja Basunănda | kurda mangsah ing ajurit ||

13. wus acampuh ing ayuda | pan arame kuwêl gènira jurit | lêmbu sapi kathah lampus | ana ingkang kêcandhak | tinalenan banthèng lawan kêbo danu | miwah sampun tinadhahan | dhatêng sagung para aji ||

14. pan anuju liman mêkta | tinadhahan dhatêng sri narapati | pan apanggah yudanipun | ginadhing datan pasah | tinêlale wangkinganira sang prabu | Maharaja Basunănda | langkung prakoswèng ajurit ||

15. liman anulya cinandhak | pan winêngkang têlalene kang èsthi | sirahnya pinêtêk asru | anjêrum anèng kisma | tan antara tinunggangan gigiripun | liman datan bisa polah | anulya dipun talèni ||

16. akathah ingkang kêbanthang | buron alas mring sagung para aji | tanapi para tumênggung | samya olih tunggangan | gajah warak atanapi kêbo danu | lêmbu sapi lan andaka | samya bungah para aji ||

17. dene bêburon kang pêjah | anggulasah ngêbêki têpis wiring | ya ta kêsaput ing dalu | bubar ingkang siwaka | samya kundur mêsanggrahan para ratu | tanapi para punggawa | tuwin ingkang wadya alit ||

18. gumuruh swaraning wadya | apan samya andum banthangan sami | ana ingkang milih sênuk | ana kang milih unta | ana milih macan atanapi lêmbu | ana amilih andaka | warna-warna para aji ||

19. sêdaya sampun wêrata | ana milih turăngga miwah èsthi | pan arame syaranipun | dalu lajêng kasukan | pan atata saha wadyabalanipun | pan atandhak laran-laran | gamêlan munya

--- 73 ---

angrangin ||

20. sênggakipun atimbalan | kêplokipun pinirsa angêdhasih | surake wadya lir guntur | Mahraja Basunănda | sakêlangkung asuka ing manahipun | sêdalu gènya kasukan | sigêgên mangke rumiyin ||

21. ingkang lagya abujana | kawarnaa nênggih Sang Prabu Mêsir | pinarak anèng kadhatun | lan pramèswarinira | pan sineba sêkathahe para arum | ingkang bêkta upacara | kadya dhandhang kaduk manis ||

31. Dhandhanggula

1. sakêlangkung prihatin ing galih | sri narendra ing Mêsir sêmana | dene kang dadya galihe | pêrkawis putranipun | kinarsanan para narpati | sang dyah dahat tan arsa | mila sang aprabu | langkung prihatin ing nala | angandika nênggih dhatêng pramèswari | lah yayi lumakua ||

2. iya marang kaputrèn dèn aglis | putranira sang liring kusuma | sira taria dèn age | paran ing karsanipun | dene dahat tan arsa krami | paran karsaning nala | iya putraningsun | kang garwa matur sandika | atur pamit sigra lèngsèr saking ngarsi | sêdya malêbèng pura ||

3. pan ambêkta pawongan satunggil | tan adangu wus prapta ing pura | ni pramèswari lampahe | kocapa sang lir santun | wus uninga kang ibu prapti | têdhak gènira lênggah | mêthuk ingkang ibu | lan sagung para pawongan | wus apanggih sang dyah lawan ibunèki | tur sêmbah ngaras pada ||

4. ya ta nulya astane kinanthi | sang juwita dhatêng ibunira | binêktèng manjing kêdhaton | wus samya tata lungguh | para inya aglar nèng wuri | miwah para pawongan | tuwin para babu | pramèswari angandika | kayaparan putraningsun sira gusti | dene tan arsa krama ||

5. anauri sira Rêtna Dèwi | Sêtyapraba wau aturira | inggih anuwun wiyose | mênawi ta ing besuk | putra tuwan arsa nglampahi | mangke dahat lênggana | kang ibu amuwus | nini paran karsanira | dene sira tan arsa apalakrami | pan sira wus diwasa ||

6. sêdangune pramèswari angling | aningali wurine sang rêtna | yèn ana kancil [kanci...]

--- 74 ---

[...l] ing mangke | apelag warnanipun | ingkang ibu wêcana manis | lah nini iku apa | kang anèng wurimu | dene warnane apelag | sang dyah matur dhuh ibu punika kancil | sun karya kêlangênan ||

7. gèn kawula amanggih rumiyin | anèng taman duk kawula asiram |[22] kang ibu aris wuwuse | apelag warnanipun | sang dyah rêtna umatur aris | nênggih kancil punika | bisa acêlathu | pêpadon kadi manungsa | pramèswari wêkasan ngandika aris | lah nini ingsun gawa ||

8. wus ginawa marang pramèswari | punang kancil sigra atut wuntat | sapraptanira kêdhaton | anèng ngarsa sang prabu | angandika sri narapati | lah iku buron apa | pramèswari matur | wêstane kancil punika | ingkang darbe putra dalêm sri bupati | wagêd atata jalma ||

9. angandika sang prabu ing Mêsir | hèh ta kancil êndi asalira | dene sira praptèng kene | sang kancil alon matur | pan kawula ing pulo Jawi | mila prapta ing sabrang | kawula sang prabu | kapingin arsa suwita | inggih dhatêng panjênêngan sri bupati | inggih kêlamun arsa ||

10. sri narendra arêsêb ningali | dhatêng kancil dene tata jalma | lan wasis ing pasêmone | ing tata jalma putus | tan amirid kêlamun kancil | milane sri narendra | arêsêp ing kalbu | ya ta enjing kawarnaa | sri narendra pan arsa miyos tinangkil | sampun ngrasuk busana ||

11. sigra miyos saking dalêm puri | ginarêbêg sagung para inya | pan asri upacarane | prapta ing sitiluhur | wus pinarak sri narapati | pan anèng kursi dênta | lèmèk kasur babut | andhèr punggawa kang seba | anèng ngarsa tanapi para bupati | prajurit ulubalang ||

12. ingkang tansah ngarsane narpati | kyana patih lir konjêm ing kisma | sang nata pangandikane | hèh Patih Gajahbangun | kayaparan ing wartanèki | Mahraja Basunănda | kang mapag ing mungsuh | apa silih olih karya | dèrèng dangu sang nata gènira angling | kêsaru ingkang prapta ||

13. Basunănda ing ngarsa narpati | pan ambêkta narendra têtiga | Sang Basundara [Basu...]

--- 75 ---

[...ndara] wêstane | lan Raja Anggêndaru | Anggêndari rowangnya nangkil | sami ratu prawira | sudirèng ing kewuh | wus samya lênggah atata | sri narendra ing Mêsir wêcana manis | bagea ingkang prapta ||

14. kadyaparan wartane ing jurit | inggih sintên ingkang angsal karya | Sang Basunănda ature | lah inggih rama prabu | kadya angsal idin narpati | mêngsah paduka nata | apan sampun larut | aprang lan para narendra | wangsul mangke paran karsane sang aji | pêrkawis sang juwita ||

15. lah punapa èstu datan apti | ing kawula sang nata ngandika | dèn asabar anak anggèr | măngsa wandea besuk | anak anggèr ingkang darbèni | lah Raja Basundara | aris gènya matur | pan kawula kadyaparan | lamun sang dyah pinanggihakên ing benjing | lan Raja Basunănda ||

16. pan kawula inggih angsal kardi | angêmbari mêngsah ingkang prapta | atur kawula wiyose | Mahraja Anggêndaru | matur dhatêng sri narapati | kula sêmantên uga | inggih angsal kayun | angêmbari mêngsah prapta | yèn sampuna kawula ingkang ngêntasi | sayêkti dèrèng sirna ||

17. Anggêndara matur ing sang aji | pan kawula gih sêmantên uga | sami angêntasi gawe | sayêkti kula rêbut | putra tuwan sang liring sari | Prabu Mêsir sêmana | kêwran manahipun | mèndêl datan angandika | kancil matur dhumatêng sri narapati | kadya aturing jalma ||

18. gusti sampun sungkawa ing galih | pan agampil pêrkawis punika | atur kawula wiyose | paduka abên pupuh | sintên ingkang mênang ajurit | yêkti kang darbenana | dhatêng sang lir santun | ya ta sarêng amiyarsa | ratu catur ature kang punang kancil | langkung gawok ing nala ||

19. dene kancil wagêd angadili | mila gawok sagung para nata | prabu ing Mêsir wuwuse | kadipundi ing kayun | apêrkawis ujaring kancil | punapa sami rêmbag | anak sêdayèku | mèsêm Raja Basunănda | sarwi ngucap hèh sakèhe sanak mami | paran karsane padha ||

20. apa silih gugu marang kancil | apa silih karsane priyăngga [priyăng...]

--- 76 ---

[...ga] | Basunănda lon ujare | lamun ing karsaningsun | iku bênêr ujaring kancil | wong padha darbe karsa | lawan malih iku | sami angêntasi karya | Anggêndara sigra anambungi angling | bênêr ujar punika ||

21. sintên ingkang unggul ing ajurit | yêkti ingkang adarbe sang rêtna | sapa kang asor yudane | Mahraja Anggêndaru | matur dhatêng prabu ing Mêsir | amung idin paduka | kang kawula suwun | mugi unggula ing yuda | Basunănda kêlangkung wirang ing galih | tan pamit mundur sigra ||

22. sarwi mujar lah pagene aglis | sapa arsa angayoni ingwang | mara mêtua dèn age | Mahraja Agêndaru |[23] nuwun pamit lèngsèr tumuli | lan Raja Anggêndara | pamit sigra mundur | miwah Raja Basundara | pamit lèngsèr saking ngarsane sang aji | sigra mêdal ing jaba ||

23. sigra matur dhatêng sri bupati | ngêdalêna gusti sri narendra | atur kawula wiyose | lah inggih karsanipun | mêsthi ingkang darbèni nênggih | dhumatêng sang juwita | ingkang kawon gathung | sang nata mèsêm ing nala | amiyarsa ature kang punang kancil | gya mundur sri narendra ||

32. Durma

1. tan winarna Sang Prabu Mêsir sêmana | kocapa para aji | samya sowang-sowang | gènya amêsanggrahan | dupi surup sang yyang rawi | dalu kocapa | sagung para narpati ||

2. akasukan anèng ing jro pêsanggrahan | saha wadya prajurit | lan para punggawa | miwah para satriya | boja ăndrawina sami | suraking wadya | lir udan sinêmèni ||

3. enjing muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | angrok tambur lawan suling | wadya abêsah | siyaga ing ajurit ||

4. miwah wadya ing Turki siyagèng yuda | tuwin wadya sêpèri | siyaga ing yuda | Mahraja Anggêndara | wadyane sampun rinakit | sampun samêkta | kêprabon ing ajurit ||

5. Basunănda sigra miyos ing ayuda | rêspati sikêp bindi | anitih dipăngga | kawrat praboting yuda | wus prapta madyaning jurit | anguwuh lawan | payo papagna mami ||

--- 77 ---

6. iki Ratu Ngabêsah tan olih lawan | rêbutên ing ajurit | sapa ingkang arsa | amondhong sang juwita | putri adi nêgri Mêsir | duk amiyarsa | dhatêng Sang Raja Turki ||

7. Anggêndaru sigra mangsah ing ayuda | sikêp gada ngajrihi | anitih turăngga | praptèng madyaning ngrana | wus ayun-ayunan panggih | Sang Basunănda | asru gènira angling ||

8. apa sira ingkang arsa ngayonana | iya marang ing mami | dene nora pira | dêdêgira narendra | pan arsa amondhong putri | sun eman sira | mundura lamun mati ||

9. angur sira Anggêndaru angabdia | lah iya marang mami | sun aku sudara | Anggêndaru miyarsa | kêlangkung runtik ing galih | asru angucap | aja kakehan angling ||

10. la ta payo Basunănda anggadaa | ing kene sun tadhahi | yèn sira prawira | Mahraja Basunănda | mujar sarwi anudingi | iya dèn yitna | katiban gada mami ||

11. akudhunga iya lawan băndabaya | sun gada aja gingsir | pan sampun prayitna | Anggêndaru sêmana | akudhung parise wêsi | pinupuh sigra | tangkis parise wêsi ||

12. pan kumêmprèng kadya gêlap sèwu ngampar | mubal kang punang api | pan akatar-katar | sênggak Prabu Ngabêsah | hèh Turki sira ngêmasi | katiban gada | sirna kang punang api ||

13. pan anglela Raja Turki duk sêmana | Sang Basunănda angling | lah nyata prawira | dèn age amalêsa | Anggêndaru asru angling | dipun prayitna | Basunănda sun gitik ||

14. Basunănda sêmana sampun prayitna | kadhung parise wêsi | Anggêndaru sigra | ngadêg ing luhur kuda | pan sarwi angikal bindi | kadya likasan | Basunănda ginitik ||

15. pan atangkis lawan parise malela | dupi pinupuh bindi | kêju astanira | Mahraja Basunănda | sumèlèh kang tamèng wêsi | nèng sirah liman | asru pinupuh malih ||

16. tamèng sigar anêmpuh kumbaning liman | anjrum dirada mati | Raja Basunănda | karungkêp anèng kisma | surak lir karêngèng langit | Sang Basunănda | tangi atêkên bindi ||

17. dupi arsa angarah [ang...]

--- 78 ---

[...arah] sukuning kuda | kêbat sang Raja Turki | têdhak saking kuda | sarwi angikal gada | agada-ginada gênti | samya sudira | tan ana ngucap ajrih ||

18. kalihira tan ana ingkang kuciwa | gênti gitik-ginitik | surak awurahan | mungsuh kêlawan rowang | ya ta kêsaput ing wêngi | mundur kang yuda | amêsanggrahan sami ||

19. pan ing dalu sêmana lajêng kasukan | sagung para narpati | saha wadyanira | boja sarwi drawina | ya ta kawarnaa enjing | nêmbang têngara | tangkêp kang punang jurit ||

20. Basunănda sampun amiyosi yuda | sikêp pêdhang rêspati | datanpa titihan | kya patih atut wuntat | pan sarwi asikêp bindi | wus praptèng ngrana | sêsumbar wanti-wanti ||

21. mêtonana hèh Turki kang kaya sira | tutugna tandhing jurit | sira lawan ingwang | dene tanggung kêpalang | lah ing wingi asêlak wêngi |[24] duk amiyarsa | dhatêng Sang Raja Turki ||

22. tan antara sigra miyos ing ayuda | sikêp pêdhang ngajrihi | adharat kewala | datan anitih kuda | wus ayun-ayunan panggih | Sang Turki mujar | kaya dudu prajurit ||

23. Basunănda dene nganggo rowang sira | wêdi lamun ngêmasi | wis age gadaa | Mahraja Basunănda | sêksana angikal bindi | kadya gurenda | lir pucung mangsah jurit ||

33. Pucung

1. Basunănda asru gènira amuwus | Turki dèn prayitna | kudhunga parise wêsi | ingsun gada lah aja gumingsir sira ||

2. wus prayitna Maharaja Anggêndaru | kudhung tamèng waja | anulya pinupuh bindi | pan kumêmprang kadya gêlap sèwu ngampar ||

3. suraking wong gumêr gumêdêr gumuruh | linêngkêr ngawiyat | mêngkono ingkang ajurit | pan arame agênti gada-ginada ||

4. malah rêmpu gadanira kalihipun | sigra salin pêdhang | apêdhang-pinêdhang gênti | sèlèh pêdhang agênti candhak-cinandhak ||

5. Basunănda pan asru gènira muwus | hèh Turki bantinga | kêlamun sira prajurit | Raja Turki sumaur iya dèn yitna ||

6. Basunănda prayitna sigra jinunjung | binanting sêksana | anulya binuwang aglis [a...]

--- 79 ---

[...glis] | Basunănda tan atêbah tibanira ||

7. pan sinurak ing wadyabala gumuruh | kya patih bramatya | sêksana angikal bindi | ri sêksana Sang Raja Turki ginada ||

8. wus prayitna atangkis parisenipun | têmpuhirèng gada | mubal ingkang punang api | ri sêksana winalês rêkyana patya ||

9. pan sinabêt ing gada kya patih asru | tangkis tamèng waja | saking sangêting panggitik | tamèng sigar anêratas anèng sirah ||

10. dadya rêmêk sirah awor lawan lêbu | surake kang wadya | yayah manêngkêr ing langit | asêsumbar lah payo rêbutên ingwang ||

11. Raja Turki aran ingsun Anggêndaru | sapa ingkang arsa | amondhong ing putri Mêsir | ayonana gêgarute sang juwita ||

12. duk miyarsa Basundara wuwusipun | runtiking wardaya | sigra mangsah ing ajurit | nitih kuda rêspati asikêp gada ||

13. praptèng rana wus ayun-ayunan pangguh | Raja Turki mujar | hèh Basundara sirèki | lah mundura eman mênawa palastra ||

14. angur sira anungkula marang ingsun | sun aku sudara | Basundara anauri | lah ta apa Anggêndaru ujarira ||

15. ingsun kinèn angawula ing sirèku | rasaning wardaya | pantês kang kaya sirèki | ngawulaa pantês sun karya wêdana ||

16. langkung runtik Mahraja Anggêndaru |[25] sigra mutêr gada | ri sêksana marêpêki | Basundara prayitna pinupuh gada ||

17. pan akudhung parise asru tinêmpuh | kadya gêlap sasra | saking asrune panggitik | tamèng rêmak anêratas anèng sirah ||

18. pan anjungkêl dhawah anèng kuda sampun | Raja Basundara | pan sumaput panonèki | gya sinepak Sang Basundara malêsat ||

19. pan sinurak ing wadyabala gumuruh | Raja Anggêndara | kêlangkung runtik ing galih | mangsah ngrana nanging adharat kiwala ||

20. sikêp gada wus ayun-ayunan pangguh | Raja Anggêndara | pan asru gènira angling | Anggêndaru nyata yèn sira prawira ||

21. nora nana kang ngalahakên sirèku | pan ing mêngko sira | olih tandhing ing ajurit | dèn apanggah wong anom ingkang umangsah [u...]

--- 80 ---

[...mangsah] ||

34. Sinom

1. Raja Anggêndaru ngucap | lah aja kakèhan angling | dèn age sira gadaa | Raja Anggêndara angling | lah dudu watak mami | lamun andhingini mupuh | balikan pêkênira | dhinginana sun tadhahi | langkung duka Anggêndaru ngikal gada ||

2. yèn tinon kadi gurenda | ri sêksana marêpêki | Anggêndaru wus prayitna | akudhung parise wêsi | nulya asru ginitik | asangêt pamupuhipun | kadya gêlap angampar | mubal ingkang punang api | Anggêndara langkung panggah ing ayuda ||

3. ri sêksana ngikal gada | Anggêndara asru angling | hèh Turki sira dèn yitna | kudhunga parise wêsi | sun walês aja gingsir | wus prayitna Anggêndaru | kudhung parise waja | sêksana asru ginitik | kadya gêlap parise sigar nêratas ||

4. anêratas anèng sirah | Anggêndaru tibèng siti | sênggak Raja Anggêndara | hèh Turki sira ngêmasi | tan padha lawan mami | ya ta Raja Anggêndaru | tangi angikal gada | sêksana nêrajang aglis | Anggêndara prayitna asru ginada ||

5. arame gènira yuda | gada-ginada agênti | tan ana ingkang kuciwa | surak lir karêngèng langit | ya ta kang punang jurit | sêmana kêsaput dalu | sapih ingkang ayuda | ya ta mêsanggrahan sami | sowang-sowang kang mungsuh kalawan rowang ||

6. ing dalu samya kasukan | kunêng ta mangke rumiyin | ya ta ingkang kawarnaa | kusuma adi ing Mêsir | kang anèng dalêm puri | langkung prihatin ing kalbu | kang tansah dadi brăngta | kusuma adi ing Mêsir | dene kancil adangu tan ana prapta ||

7. pinundhut ing ibunira | binêktèng sowan sang aji | kang dadi maras ing nala | bokmênawi punang kancil | mangke dipun pêjahi | dhatêng ingkang rama prabu | mila kusuma rara | kêlangkung maras ing galih | ananêdha mugi kancil basukia ||

8. tanpa dhahar lawan nendra | kusuma adi ing Mêsir | tansah anèng pêlataran | dèn ayap pawongan cèthi | nèng ngandhap nagasari | pinarak kathil mas luhung | nuju sasi purnama | lir rina padhange sasi | samya suka sagunge pawongan inya ||

--- 81 ---

9. ya ta ingkang kawarnaa | praptane kang punang kancil | kagèt sagung para inya | pan andulu punang kancil | inya pating kalêsik | aja baribin sirèku | ki agus[26] kancil prapta | rowangira abêbisik | bibèkane yèn ingsun ingkang duwea ||

10. ingsun sambêlèh kiwala | sun sate ingsun sujèni | mendahane gurih mana | rowange jawil sing wuri | aja sira ngrasani | mêngko mênawa karungu | pan sira dinukanan | iya marang ing sang putri | duk sêmana kancil wus prapta ing ngarsa ||

11. bungah manahe sang rêtna | anulya dèn andikani | lah dèn age marenea | kancil kêlangênan mami | dene kangên ing galih | lir tininggal pitung taun | kancil anulya marak | anèng ngarsane sang putri | apandhêku kancil alon aturira ||

12. dhuh gusti atur kawula | mugi lilanana mami | pan kawula amit kesah | sang dyah angandika aris | pagene sira kancil | pamit marang awak ingsun | arsa mring ngêndi sira | yèn kênaa sira kancil | aja lunga bêcik ing kene kiwala ||

13. lah ta sira kurang apa | arsa lunga saking Mêsir | mênawa ana kang kurang | sira jaluka mring mami | pêsthi ingsun paringi | pêngrasane atiningsun | nadyan arsa nganggoa | rajabrana ingkang adi | sun cawisi mung aja lunga kiwala ||

14. lah dèn age aranana | apa kang sira karsani | ingkang anèng dalêm pura | sang kancil umatur aris | mila kawula pamit | inggih dhatêng sang lir santun | dene marasing nala | pan kawula anèng Mêsir | sang juwita mujar sira maras apa ||

15. apa kurang pangan sira | sang kancil umatur aris | inggih alêrês kiwala | nanging dados prihatin |[27] sun arsa dèn sujèni | dèn sambêlèh awak ingsun | inggih dhatêng bok êmban | wantune kawula kancil | yêkti ajrih aluhung kula kesaha ||

16. sang rêtna kêlangkung duka | pan asru gènira angling | dèn sate dosane apa | lah mosa[28] awèha mami | sapa kang padha angling | hèh sagunge para babu | kagèt êmban Jêlamprang |

--- 82 ---

matur dhatêng gustinèki | tan rumăngsa kawula ngucap mêngkana ||

17. kilap yèn rowang kawula | ban Jêlamprang nolih wuri | pan sarwi asru angucap | batur sapa ingkang angling | arsa nyêmbêlèh kancil | sumaura dèn agupuh | sagunge para inya | sêdaya maras ing galih | nora wurung lamun mangke dinukanan ||

18. ingkang rumăngsa angucap | êmban Wungu langkung ajrih | sang rêtna aris ngandika | kancil sapa ingkang angling | mara duduhna mami | sang kancil alon umatur | gusti atur kawula | pawongan ingkang atêbih | kang sajujung alênggah madhêp mangetan ||

19. êmban Wungu tinakonan | umatur sarwi anangis | inggih kawula rumăngsa | angucap arsa nujèni | nanging nujèni pitik | rowange samya gumuyu | sang dyah alon angucap | lah uwis aja dèn pikir | balik sira tinimbalan ing sang nata ||

20. dene sira kongsi lama | paran karsane sang aji | sang kancil alon angucap | mila kawula alami | pan kinèn angadili | dhatêng sagung para ratu | dene rama paduka | botên wagêd angandili | sang juwita kêlangkung bungah ing nala ||

21. aris gènira ngandika | bisa têmên sira kancil | sapa kang murug ing sira | lah mara tutugna maning | kancil gonmu wêwarti | kayaparan para ratu | sang kancil aturira | ing mangke para narpati | sèwu praja kawula abên ing yuda ||

22. sintên kang unggul ing yuda | sayêkti akrama putri | nanging raosing wardaya | kadya datan miyatani | sang dyah ngandika aris | măngsa bodhoa sirèku | ingsun anut kewala | iya marang karsanèki | wis tarima kancil sira amangana ||

23. iki cêcaosanira | gêdhang êmas lan kuwèni | pijêtan kêlawan năngka | durèn kokosan lan manggis | langsêp lan salak pasir | dhuku kêlawan kapundhung | sang kancil aturira | adhuh gustiku sang putri | pan asangêt inggih panuwun kawula ||

24. pasihane sang juwita | ingkang dhatêng awak mami | sang kancil anulya dhahar | gêdhang êmas amung kalih | manggis amung satunggil | nulya matur sampun tuwuk | sang dyah aris ngandika | cicik têmên [têmê...]

--- 83 ---

[...n] sira kancil | yèn amangan nora padha lan kang maca ||

25. ya ta ni êmban Jêlamprang | mêlengos anolih wuri | api-api buang sêpah | pangucape anyalêkit | kancil anake babi | sadulure si warêgul | ponakane janggitan | dene ta angadi-adi | anèng alas pantêse mangan woh ingas ||

26. mêngko mangan gêdhang êmas | pêrandene ngadi-adi | sang kancil sarêng uninga | ni Jêlamprang nolih wuri | asru gènira angling | pagene anolih pungkur | ya ta êmban Jêlamprang | umatur pan èsmu ajrih | bucal sêpah mila anolih ing wuntat ||

27. sang kancil asru anyêntak | dene calêmak-calêmik | paran ingkang sira ucap | ban Jêlamprang matur aris | milane anyalêmik | kathah sêmut rubung-rubung | dimèkne sami bubar | mèsêm sagung kang miyarsi | tan winarna ing dalu enjing kocapa ||

28. kancil awit ing sang rêtna | dhuh gusti kawula amit | pan arsa mêdal ing jaba | aningali wong ajurit | lawan ramanta aji | sang rêtna alon amuwus | iya sakarsanira | nanging dèn angati-ati | kurang apa kancil ingkang kaya sira ||

29. sang kancil mêdal ing jaba | sang rêtna langkung prihatin | ya ta ingkang kawarnaa | sagunge para narpati | kang samya tandhing jurit | Maharaja Anggêndaru | lan Raja Anggêndara | samya siyagèng ajurit | supe ing tyas datan anolih ing wuntat ||

35. Pangkur

1. enjing anêmbang têngara | awurahan kêndhang gong lawan bèri | bêndhe tinabuh angungkung | têtêk kaya butula | tan antara pêpêk kang wadya gumuruh | para ratu sèwu praja | pan arsa ngawaki jurit ||

2. sêdaya sampun samêkta | gêgamane sagung para narpati | Maharaja Anggêndaru | wus miyos ing ayuda | sikêp gada praptèng papan asru muwus | lah ta payo Anggêndara | sapa arsa krama putri ||

3. payo sira tutugêna | gonmu tandhing lan ingsun dina wingi | aja oncat ing pakewuh | Maharaja Anggêndara |[29] duk miyarsa lir sinêbit karnanipun | sigra miyos ing ayuda | rêspati asikêp bindi ||

4. wus apanggih [apang...]

--- 84 ---

[...gih] yun-ayunan | Anggêndara asru dènira angling | lah ta payo Anggêndaru | apa sagêndhingira | ingsun turut angling Raja Anggêndaru | Anggêndara dèn prayitna | kudhunga parise wêsi ||

5. Anggêndaru ngikal gada | Anggêndara prayitna ing awèsthi | sêksana asru pinupuh | tangkis parise waja | kadya gêlap saking sangêting pamupuh | parise sigar mêrapat | anêmpuh dhatêng sang aji ||

6. têguh Raja Anggêndara | ri sêksana tangi angikal bindi | prayitna Sang Anggêndaru | kudhung parise waja | sru pinupuh rêmuk parisnya sang prabu | anêratas anèng sirah | Anggêndaru tibèng siti ||

7. pan adangu kêlosodan | Anggêndaru ya ta cinandhak aglis | anulya binuwang asru | atêbih tibanira | Anggêndara sêsumbar sarya gumuyu | nora padha lawan ingwang | Turki balia dèn aglis ||

8. payo kêmbulana ingwang | sapa ingkang arsa arabi putri | lah ta payo dèn agupuh | ing kene ngadu yasa | kapiyarsa dhatêng raja ing Yakyukum | jêjuluk Raja Baskara | sigra angawaki jurit ||

9. mangsah ngrana sikêp gada | tamèng waja cinangking asta kiri | wus ayun-ayunan pangguh | angling Sang Anggêndara | ratu êndi ingkang amêtoni pupuh | dene ta mêksih taruna | pan arsa ngayoni mami ||

10. mundara eman palastra | bêcik sira dadya kadang mami |[30] bramantya Raja Yakyukum | sigra angikal gada | anêrajang Anggêndara sru pinupuh | tinangkis kêlawan gada | bindi putung dadya kalih ||

11. Baskara runtik ing nala | sèlèh gada anarik pêdhang aglis | Anggêndara yètning kewuh | sinabêt maran pêdhang | pan tinangkis ing gada pêdhangnya putung | Baskara sinampe gada | kêna pilingane kiri ||

12. sumaput tiba ing kisma | gya cinandhak binuwang tiba têbih | surake wadya gumuruh | yayah nêngkêr ngawiyat | pan kêsaput ing dalu ingkang prang pupuh | samya mundur sowang-sowang | dene kêsaput ing wêngi ||

13. apan samya mêsanggrahan | para ratu ingkang kasoran jurit | kancil kang kacipta wau | dene bisa akarya | bisa-bisa runtikira [runtiki...]

--- 85 ---

[...ra] marang kalbu | ya ta ingkang kawarnaa | Basunănda sri bupati ||

14. sêdalu apagunêman | karsanira sowan Sang Prabu Mêsir | kancil pan arsa dèn suwun | dhatêng sri naranata | dene wagêd akarya pitênah agung | ya ta enjing kawarnaa | sri nata miyos tinangkil ||

36. Sinom

1. pinarak ing siti bêntar | nênggih sang prabu ing Mêsir | dèn ayap para pawongan | tuwin ingkang para cèthi | upacaranya asri | munggèng ngarsanya sang prabu | kidang mas arda walika |[31] banyak dhalang sawunggaling | pan ajajar cêcêpan kêncana mulya ||

2. yèn tinon abra asinang | kang munggèng ngarsa narpati | tan liyan rêkyana patya | muka lir konjêm ing siti | miwah para bupati | mantri punggawa gung-agung | dêmang lan sinangarya | ulubalang myang prajurit | pan asinang supênuh ing sitibêntar ||

3. pan kadya sêkar sêtaman | busanane para mantri | nênggih Raja Basunănda | caos ngarsane sang aji | èsmu runtik ing galih | dene kasoran ing pupuh | mila lèngsêm[32] ing nala | ngandika Sang Prabu Mêsir | anak prabu paran wartane ayuda ||

4. pun bapa arsa miyarsa | sintên kang unggul ing jurit | matur Raja Basunănda | ămba kang unggul ing jurit | mujar prabu ing Mêsir | inggih sokur anak prabu | unggula ing ayuda | sang kancil anulya prapti | anèng ngarsa matur dhatêng sri narendra ||

5. dhuh gusti atur kawula | pan punika mêksih sandi | dèntên kang unggul ing yuda | wingi kawula udani | Anggêndara Nêrpati | nanging mangke Sang Aprabu | Maharaja Anggêndara |[33] mêksih atandhing ajurit | angêmbari Narendra Sasranêgara ||

6. mêksih rame ing ayuda | ratu catur kang kêjodhi | inggih Raja Basunănda | kang sampun asor ing jurit | wondene mêngsahnèki | Maharaja Anggêndaru | lan Raja Basundara | kang samya kawon ing wingi | Anggêndaru kawon lawan Anggêndara ||

7. kawula ingkang uninga | nuntê[34] wontên ratu malih | jêjuluk Raja Baskara | andhingini ing ajurit | inggih kasoran malih | Anggêndara ingkang unggul | Maharaja Basunănda |[35]

--- 86 ---

kêlangkung runtik ing galih | duk miyarsa sang kancil matur mangkana ||

8. Maharaja Basunănda | matur dhatêng sri bupati | dewaji atur kawula | sampun anggêga ing kancil | pan inggih sanès jalmi | pramila sampun ginugu | wangsul paduka nata | paran ing karsane galih | angandika Sang Prabu Mêsir sêmana ||

9. dèntên ing karsa manira | sintên kang unggul ing jurit | dadya jodhone sang rêtna | sampun siyang nadyan ratri | dhatêng sumăngga mami | tan rumaos yèn sêsunu | Maharaja Basunănda |[36] kêlangkung kewran ing galih | atur pamit sigra lèngsèr saking ngarsa ||

10. pan tansah micorèng nala | nora jamak sira kancil | dene luwih nunggèng toya | iya lawan awak mami | kapan sira kêpanggih | nora wurung sira lampus | ya ta ingkang kocapa | kancil matur ing Sang Aji | apan maksih sineba para punggawa ||

11. kancil ingkang kawarnaa | lampahira anututi | dhatêng Raja Basunănda | pan kêbat ing lampahnèki | pan sampun praptèng ngarsi | Raja Basunănda dulu | dhatêng kancil sêmana | manahe angigit-igit | tinututan sang kancil lumayu kêbat ||

12. apan sarwi lincak-lincak | anèng ngarsane Sang Aji | Maharaja basunănda | kêlangkung panas ing galih | kêbat dènya nututi | kancil parak sru tinubruk | kancil indha tan kêna | tuna dungkap sri bupati | kajêrungup karungkêp tiba ing kisma ||

13. Maharaja Basunănda | kêlangkung runtik ing galih | anulya tangi sang nata | kancil alon lampahnèki | sêksana dèn tututi | kancil akêbat lumayu | Maharaja Basunănda |[37] mandhêk amicorèng galih | yèn sun rasa mundhak amêmirang nala ||

14. yèn ingsun anututana | marang pêlayune kancil | tur măngsa bisa anyandhak | mundhak amêmanas ati | angur ingsun ngundhangi | iya marang wadyaningsun | padha kinèn nyêkêla | sêksana sri narapati | angundhangi dhatêng wadyabalanira ||

15. apan kinèn anyêkêla | sagunge punggawa mantri | apan sampun ingundhangan | dhumatêng sri narapati | ya ta tumandang [tu...]

--- 87 ---

[...mandang] aglis | sagunge para tumênggung | miwah mantri punggawa | saha wadyabalanèki | wus kinêpung punang kancil anèng têngah ||

16. apan tansah lincak-lincak | langkung amêmanas ati | sigra rinêbut ing kathah | sang kancil malumpat aglis | pan sampun praptèng jawi | sêmana kang samya ngêpung | tumbakan padha rowang | pan arane swaranèki | rarêbutan wruh yèn kancil wus malumpat ||

17. apan samya lêng-ulêngan | ting barêkuh swaranèki | padha rowang kêtindhihan | agêlut-ginêlut sami | pêngrasane kang ati | sang kancil ingkang dèn gêlut | tan wikan padha rowang | pan kongsi pating gulinting | kang sawênèh angucap wus kêna ingwang ||

18. ingkang sawênèh angucap | lah iya wus kêna mami | sang kancil angeca-eca | gènnya lumampah alirih | wontên mantri satunggil | awas gènira andulu | dhatêng kancil sêmana | mantri asru gènnya angling | hèh ta batur aja sira garêjêgan ||

19. dene kancile wus mêdal | mara awasna dèn aglis | sagunge para punggawa | sêdaya awas ningali | dhatêng kang punang kancil | sedaya gawok ing kalbu | dene kancil dikjaya | wus kinêpung bisa mijil | iya payo dèn udak sêparanira ||

20. sagunge para punggawa | sêksana tumandang sami | punang kancil tinututan | pan akêbat lampahnèki | yèn tinon kadya thathit | awêtara têbahipun | pan amung sapêmbalang | sang kancil lèrèn adhidhis | tinututan awêtara wus aparak ||

21. tinubruk indha malumpat | anulya tinubruk malih | tinubruk-tubruk tan kêna | dadya sagung para mantri | akaku ingkang galih | pan dadya suka gumuyu | ingkang sawênèh ngucap | kancil amêmanas ati | yèn kênaa si kancil anêmbang durma ||

37. Durma

1. ri sêksana sagunge mantri punggawa | pan samya anututi | kancil cinêgatan | lor kulon kidul wetan | sêdaya wus dèn idêri | kancil nèng têngah | abungah para mantri ||

2. ana mantri kamisêpuh asru ngucap | hèh mêngko batur mami | aja gugup sira | dèn sabar ing

--- 88 ---

wardaya | yèn nora sabar sirèki | sayêkti gagal | sang kancil nora kêni ||

3. lamun rêmbag ingkang dadi karêp ingwang | yèn arsa nyêkêl kancil | wong roro kiwala | ingkah akèh ngêpunga | êlor wetan kidul sami | nanging dèn awas | marang polahe kancil ||

4. lamun luput dèn akêbat nututana | iya wong roro maning | sayêkti kêcandhak | sêdaya wus arêmbag | sêksana mantri kêkalih | ingkang tumandang | kancil prayitnèng galih ||

5. sinurakan anyuraki kidul wetan | lor kulon anyuraki | kancil eca-eca | ya ta tinubruk sigra | kancil malumpat alirih | indha anganan | nulya tinubruk aglis ||

6. kancil indha tinubruk nganan tan kêna | kancil indha angiri | tinubruk sêksana | wong kalih sarêng mara | saking ngarsa lan ing wuri | sang kancil indha | angiwa nora kêni ||

7. pêngrasane sang kancil wus anèng asta | dèn gêlut ing wong kalih | dèn banting sêksana | ingkang siji aniba | pan anulya dèn tindhihi | sarwi angucap | lah kancil sira mati ||

8. kang nèng ngandhap angucap hèh kancil modar | sun gêlut sira kancil | wadya ingkang ngêpang | datan pijêr angucap | pijêr gumuyu prasami | ambata rêbah | kongsi kakên ing galih ||

9. nulya ana mantri kalih nubruk sigra | kancil malumpat aglis | marak ing wong kathah | ingkang baris ing wetan | anulya tinubruk aglis | sang kancil indha | malumpat praptèng jawi ||

10. lincak-lincak sang kancil lumayu ngetan | sêksana dèn tututi | dadya ting têrunjang | ngidak rowangnya dhawak | akèh wong kang ora eling | dene katunjang | rewangira pribadi ||

11. kawarnaa sang kancil angeca-eca | angetan dèn tututi | dhatêng wadya kathah | punang kancil angithar | nanging kang sinêdyèng galih | Sang Anggêndara | pakuwone dèn incih ||

12. pan anuju Maharaja Anggêndara | sineba wadyanèki | yèn tinon akêpang | nèng jawi pêsanggrahan | sagunge punggawa mantri | tuwin [tuwi...]

--- 89 ---

[...n] satria | awas dènya ningali ||

13. jêng paduka dene maksih siniwaka | punapa tan miyosi | Raja Anggêndara | pan asru wuwusira | mara papagna dèn aglis | aja kuciwa | aprang padha wong cilik ||

14. lamun Raja Basunănda miyosana | sira mundura aglis | ingsun ingkang mapag | sigra sarêng tumandang | sagunge punggawa mantri | nanging tan wikan | dhumatêng punang kancil ||

15. wadyanira Maharaja Anggêndara | sêdya ambujêng kancil | tinadhahan sigra | wadyane Anggêndara | kinagètakên ing jurit | tinêmpuh sigra | wadyane pating jalêrit |[38]|

16. apuyêngan tambuh mungsuhira aprang | kancil lumayu gêndring | sedyane wardaya | kancil malêbèng pura | kocapa kang para mantri | ulêng-ulêngan | tan wikan dosanèki ||

17. pan akathah pêpatih pating jalêmpah | wênèh anandhang kanin | wadya kang kêbranan | sambate lir ampuan | ya ta kêsaput ing wêngi | bubar sêksana | sagung punggawa mantri ||

18. sowang-sowang apan samya mêsanggrahan | kocapa sri bupati | Raja Basunănda | anèng pakuwonira | langkung gagêtun ing galih | dene kang wadya | akathah kang ngêmasi ||

19. tanpa dosa gènira sami ayuda | marga bêbujung kancil | Raja Basunănda | saya runtik ing nala | mêngkana usiking galih | lah kaya paran | gonku ngakali kancil ||

20. tan kawarna Maharaja Basunănda | kancil kocapa malih | malêbêt ing pura | warnanên sang juwita | ingkang anèng dalêm puri | lagya sineba | sagung pawongan cèthi ||

21. ni Jêlamprang tansah ing ngarsa tan têbah | sang dyah ngandika aris | êmban ingsun tanya | apa sira miyarsa | sagunge para narpati | kang tandhing yuda | sapa unggul ing jurit ||

22. lawan sapa ingkang kalah ing ayuda | kêlawan kancil mami | dene ora prapta | pan kongsi têlung dina | ban Jêlamprang matur aris | raosing nala | kancil kalêbèng warih ||

38. Maskumambang

1. yèn gêsanga sayêktine sampun prapti | raosing wardaya | kancil sampun angêmasi | dèn patèni para raja ||

2. dene kancil wagêd [wa...]

--- 90 ---

[...gêd] akarya piranti | ngabên para raja | sang rêtna runtik ing galih | miyarsa atur mangkana ||

3. angandika kusuma lêsmining puri | sapa kang uninga | lamun kancil angêmasi | sapa kang tutur ing sira ||

4. lagya eca ngandika sang raja putri | kêsaru kang prapta | kancil amiyak wong linggih | sêmana wus praptèng ngarsa ||

5. pan andhêku punang kancil awotsari | sinambut sêksana | dhumatêng sang raja putri | dèn ajak jajar alênggah ||

6. sakêlangkung bungah manahe sang putri | aris angandika | paran ing wartanirèki | dene lawas nora prapta ||

7. punang kancil ature amêlasasih | mila kongsi lama | aningali wong ajurit | kawula kêlangkung suka ||

8. rêbat unggul sagunge para narpati | malah sri narendra | kewran dènira ngadili | dhatêng sagung para raja ||

9. angandika kusuma adining Mêsir | hèh êmban Jêlamprang | dene kancil maksih urip | ujarira wus palastra ||

10. lamun nyata si kancil tumêkèng pati | paran dosanira | yèn kongsia angêmasi | yèn mêngkono pêkênira ||

11. luwih sêngit iya marang kancil mami | lamun asisipa | sayêkti sira patèni | nanging rasaning wardaya ||

12. lamun mati si kancil ingsun belani | aja kongsi têbah | kancil lawan awak mami | matia tunggal kunarpa ||

13. lan maninge ban Jêlamprang karsa mami | bêcik pêkênira | aja anèng dalêm puri | dèn age sira lungaa ||

14. lamun sira anèng dalêm puri |[39] pêsthi pêkênira | besuk kang matèni kancil | mulane bêcik lungaa ||

15. nora sudi ingsun mulat ing sirèki | si êmban Jêlamprang | tumungkul waspane mijil | pamit sarwi awotsêkar ||

16. sigra lèngsèr sangking ngarsane sang putri | ni êmban Jêlamprang | kêlangkung kawêlasasih | mundure apêlarasan ||

17. ban Jêlamprang sampun mêdal saking puri | pan sarwi karuna | mêngkana usiking galih | dene luwih kaningaya ||

18. gustiningsun kusuma adi ing Mêsir | dene alit mila | sun êmong sang raja putri | pan kongsi têkèng diwasa ||

19. tan adarbe sang rêtna runtik ing galih | marang awak ingwang |

--- 91 ---

wêkasane awak mami | dene kongsi dinukanan ||

20. pan amarga dene bature si kancil | apan nora kêna | wus pêsthine awak mami | pisah lawan sang juwita ||

21. bokmênawa bisa amalês ing benjing | iya awak ingwang | marang kancile sang putri | sêksana êmban Jêlamprang ||

22. mêdal jawi tan liyan sinêdyèng galih | Raja Basunănda | kang arsa dèn suwitani | dhatêng ni êmban Jêlamprang ||

23. ya ta enjing sang nata miyos tinangkil | pêpêk para raja | tanapi para prajurit | samya kasmaran ing nala ||

39. Asmaradana

1. mêngkana sri narapati | Maharaja Basunănda | langkung sungkawa manahe | kang dadya prihatinira | Maharaja Basunănda |[40] dene kasoran ing pupuh | lawan Raja Anggêndara ||

2. lan kaping pindhone malih | apêrkara sang juwita | dene awrat pundhutane | yèn upama amundhuta | sêsotya rajabrana | sajung miwah sak pêrahu | kaya lamun tinêkanan ||

3. kang dadya runtiking galih | Maharaja Basunănda | pan amung kancil ing mangke | dene kèdhêp aturira | marang sri naranata | yèn anaa kang dèn utus | matèni kancil sêmana ||

4. dèn kongsi tumêkèng pati | kaya lamun sri narendra | pan agêdhe ganjarane | Maharaja Basunănda | tan dangu siniwaka | ya ta kêsaru kang rawuh | ban Jêlamprang anèng ngarsa ||

5. atur sêmbah ing Sang Aji | Maharaja Basunănda | langkung kagèt ing galihe | dene saking dalêm pura | êmban Jêlamprang marak | angandika sang aprabu | hèh êmban paran ing karsa ||

6. sira praptèng ngarsa mami | baya dèn utus punapa | sira marang sang lir sinom | ni êmban matur anêmbah | pan sarwi parêmbean | adhuh gusti atur ulun | pramila kawula prapta ||

7. anèng ngarsane sang aji | wiyose arsa suwita | inggih dhatêng sang akatong | dene tinundhung kawula | dhumatêng sang juwita | angandika sang aprabu | pagene tinundhung sira ||

8. lah iya marang sang putri | êmban apa dosanira | ni êmban alon ature | mila tinundhung kawula | inggih dhatêng sang rêtna | dene [de...]

--- 92 ---

[...ne] kancil awêwadul | ginêga dhatêng sang rêtna ||

9. kawula dipun dukani | wêkasan tinundhung pisan | inggih dhatêng sang lir sinom | mila ing mangke kawula | ngabdi dhatêng sang nata | angandika sang aprabu | luwih bêcik yèn mangkana ||

10. nanging êmban ujar mami | apa sanggup pêkênira | amrih si kancil patine | bokmênawa bisa pêjah | gêdhe ganjaran ingwang | êmban marang ing sirèku | ban Jêlamprang awotsêkar ||

11. lah inggih gusti agampil | pêrkawis ingkang punika | amrih ing kancil pêjahe | Maharaja Basunănda | langkung bungah ing nala | dene ban Jêlamprang sanggup | amrih kancil pêjahira ||

12. Raja Basunănda angling | hèh sira êmban Jêlamprang | paran kang dadya rêmbuge | ban Jêlamprang aturira | gusti lamun sêmbada | ing karsa paduka prabu | akaryaa jala sutra ||

13. kang alus sampun kêtawis | punika atur kawula | bênjang lamun sampun dados | nuntên paduka caosa | dhumatêng sri narendra | mênawi rêmbag ing kayun | mugi kancil dèn suwuna ||

14. inggih dhatêng sri bupati | sayêkti dèn paringêna | lamun prayogya ature | Maharaja Basunănda | alon ing wuwusira | lah iya êmban sun turut | aturira marang ingwang ||

15. balik kaya ngapa mami | gon ingsun angakalana | amrih si kancil mêtune | êmban Jêlamprang aturnya | gusti gampil kiwala | mangke lamun sang aprabu | Mêsir miyos siniwaka ||

16. sayêkti kancil anangkil | nuntên paduka suwuna | inggih dhatêng sang akatong | dene kancil dipun kêna | lamun dipun suwuna | pan anuntên karya umbul | ngandêlakê[41] măndraguna ||

17. abungah sri narapati | miyarsa atur mangkana | nulya jêngkar sang akatong | pan arsa caos ing pura | Maharaja Basunănda |[42] sigêgên mangke rumuhun | kocapa sang lir kusuma ||

18. ingkang anèng dalêm puri | Rêtna Dèwi Sêtyapraba | dèn ayap pawongan andhèr | yèn tinon awarna-warna | sagung pawongan inya | kancil tansah anèng ngayun | tan têbah lawan sang rêtna ||

19. kancil matur ing sang dèwi | dhuh gusti

--- 93 ---

kusuma rara | ing dalu kawula sare | anèng dagane sang rêtna | kawula anyupêna | mêkatên supênan ingsun | katingal êmban Jêlamprang ||

20. awade palwa rinukmi | dhatêng Raja Basunănda | lajêng tinumbas palwane | anuntên palwa kinarya | awrat dhatêng kawula | datan wontên rowangipun | alayar anèng samodra ||

21. nuntên paduka sang putri | anusul dhatêng kawula | lawon pawongan sawiyos | anuntên wungu kawula | paran wahananira | kusuma rara amuwus | lah ta kancil impènira ||

22. pêrtandha yèn ingsun asih | iya kancil marang sira | têrus ing lair batine | lah ta aja winicara | kancil ing impènira | lah ta payo padha adus | alêsu saliraningwang ||

23. anulya sang raja putri | siram anèng pêpungkuran | kêlawan kancil rowange | ya ta ni êmban Saroja | sampun caos busana | wastra ingkang adiluhung | lan acaos gănda wida ||

24. kancil dipun kuramasi | dèn lulur saliranira | dhumatêng sang liring sinom | atanapi sang juwita | sampun kuramas lăndha | sawusira sami adus | sang rêtna salin busana ||

25. arja sinjang cindhe wilis | akêmbên jingga maruta | linuding pêrada abyor | pan asêngkang nata brăngta | panunggul intêm[43] mulya | agêgănda marbuk arum | sang dyah pan angure rikma ||

26. wus pinarak sang lir ratih | pan anèng kathil rinêngga | sang kancil anèng ngandhape | sagunge para pawongan | atarab nèng ngayunan | sang kancil alon umatur | dhuh gustiku sang juwita ||

27. kawula anuwun pamit | pan arsa caos kawula | inggih dhatêng sang akatong | dene sampun tigang dina | dèrèng caos kawula | sayêkti dèn ayun-ayun | dhumatêng ramanta nata ||

28. ngandika sang raja putri | lah iya sakarsanira | nanging aja suwe-suwe | sigra lèngsèr saking ngarsa | kancil mêdal ing jaba | kawarnaa sang aprabu | ing Mêsir miyos sinêba ||

29. ngandika sri narapati | mantri kêlawan punggawa | ulukalang[44] apadene | tanapi rêkyana patya | sowan ing ngarsa nata | awêtara [a...]

--- 94 ---

[...wêtara] dèrèng dangu | sang nata gènnya sineba ||

30. ya ta kêsaru kang prapti | Maharaja Basunănda | anèng ngarsane sang katong | ingaturan linggih sigra | Maharaja Basunănda |[45] atur sêmbah ing sang prabu | anulya lênggah atata ||

31. ngandika sri narapati | anak prabu ing Ngabêsah | paran baya ing wartane | kang samya tandhing ayuda | sintên kang angsal karya | Raja Basunănda muwus | amanis lir guladrawa ||

40. Dhandhanggula

1. Basunănda matur awotsari | mêksih rame atandhing ayuda | atur kawula wiyose | dhumatêng rama prabu | bokmênawi parêng ing galih | kancil kawula têdha | dhatêng rama prabu | parênga botên parênga | rama nata pêrkawis ing atur mami | mugi dèn paringêna ||

2. Prabu Mêsir angandika aris | apêrkawis ing kancil punika | sanès kawula kang darbe | putra ngong sang lir santun | inggih ingkang adarbe kancil | Maharaja Basunănda |[46] alon aturipun | nadyan silih sang juwita | ingkang darbe kancil wagêd tata jalmi | mugi dèn paringêna ||

3. Basunănda angandika aris | dene ămba kêpengin punika | darbe kancil ta wiyose | pintên panumbasipun | nadyan sajung lan sapêdhati | amung kancil punika | paringna pukulun | kewran manahe sang nata | tan antara sang kancil prapta ing ngarsi | andhêku aturira ||

4. Basunănda sarêng aningali | dhatêng kancil panase wardaya | lir mêdal api manahe | jaja bang sumung-sumung | pan kumêdut padoning lathi | Maharaja Basunănda |[47] raosirèng kalbu | lamun aja anèng ngarsa | kaya lamun dèn mamah lan balungnèki | kêpalang anèng ngarsa ||

5. Basunănda matur ing sang aji | kadyaparan mênggah karsa tuwan | Sang Prabu Mêsir wuwuse | hèh kancil ta sirèku | kayaparan ing karsanèki | dene dèn pundhut sira | marang sang aprabu | ing Abêsah Basunănda | kancil matur lamun paduka lêgani | kula sumanggèng karsa ||

6. nanging wontên atur kula gusti | nadyan silih kula dèn pundhuta | nanging dèn cêpênga dhewe | punika atur ulun | ya ta mèsêm [mè...]

--- 95 ---

[...sêm] prabu ing Mêsir | aris gènnya ngandika | hèh ta anak prabu | pun bapa dhatêng sumăngga | nanging kancil andika cêpêng pribadi | sampun margi kawula ||

7. ingkang nyêpêng inggih dhatêng kancil | Basunănda matur ing sang nata | dhatêng sandika wiyose | kancil sarêng angrungu | ing ature rajèng Ngabêsi | kancil mêdal ing jaba | dhingini lumaku | pan sampun prapta ing jaba | ya ta Raja Basunănda atur pamit | gya lèngsèr sangking ngarsa ||

8. duk sêmana sang prabu ing Mêsir | sakêlangkung ngungun ing wardaya | anulya jêngkar sang rajèng | kundur anèng kêdhatun | pan dèn ayap pawongan cèthi | nanging èsmu sungkawa | manahnya sang prabu | bubar sagung kang siwaka | kawarnaa kang punang kancil anganti | mring Raja Basunănda ||

9. amêlangkring anèng ngancak suji | tan antara Raja Basunănda | anututi ing lampahe | sang kancil awas dulu | sigra têdhak si ngancak suji | sang kancil alon-lonan | gènira lumaku | ri sêksana tinututan | dupi parak sang kancil lumayu gêndring | sakêdhap wus atêbah ||

10. pan angaup nèng ngisor waringin | angêntosi dhatêng Basunănda | tan antara prapta age | kancil aglis lumayu | pan sakêdhap wus praptèng têbih | Maharaja Basunănda |[48] apanas ing kalbu | mêngkana usiking nala | lamun ingsun ingkang nyêkêla pribadi | sayêkti nora bisa ||

11. nulya kundur Sang Prabu Ngabêsi | nèng pakuwon karsane wardaya | angundhangi ing wadyane | sêdaya kinèn ngêpung | dhatêng kancil kang pêksa julik | sagung para punggawa | tumandang sêdarum | ya ta ni êmban Jêlamprang | alon matur lah suwawi sri bupati | jala dipun agêma ||

12. nanging sampun ngatingal sang aji | dèn adhêmit karsane sang nata | amrih ing kancil kênine | lamun sampun kinêpung | jêng paduka dèn yitnèng galih | sampun angantos lêpat | sapindhah sang prabu | kêlamun lêpat sapindhah | pêsthi manahipun punang kancil kanji | mila dipun prayitna ||

13. ri sêksana Sang Prabu Ngabêsi | wus angagêm ingkang jala sutra | anulya tumandang age | pan arsa tumut ngêpung | awor lawan punggawa mantri | kancil ingkang kocapa |

--- 96 ---

salirane lêsu | kancil amicorèng manah | kadingarèn anêsu sarira mami | kaya tan darbe jiwa ||

14. tan antara nulya dèn tututi | dhatêng sagung mantri lan punggawa | kancil akêbat lampahe | sêmana wus kabutuh | ri sêksana dipun idêri | mapan kinandhang-kandhang | ing lor wetan kidul | kulon sampun ingidêran | punang kancil kêlangkung maras ing galih | sêlamine tumitah ||

15. ri sang kancil tan kadya ing mangkin | pan asangêt panasing wardaya | dadya pasrah ing nalane | dhatêng kang maha luhur | duk sêmana kang punang kancil | nèng têngah lincak-lincak | pan kongsi adangu | Maharaja Basunănda | wus angagêm ing jala sutra rêspati | nèng wetan prênahira ||

16. angêjèpi dhatêng para mantri | apan kinèn angrampit sêksana | ingkang baris anèng kilèn | ing lor lawan ing kidul | pan asarêng gènnya angrampit | sang kancil wus angetan | salirane lêsu | Maharaja Basunănda | wus prayitna angagêm jala rêspati | nanging tan katingalan ||

17. dèn ampili dhatêng wadya mantri | dupi parak sang kancil malumpat | ya ta sinêrêngan age | ing jala sutra luhung | dadya kêna kang punang kancil | gubêl ing jala sutra | pinalêlêt asru | sang kancil tan bisa obah | anèng jala kancil amicorèng galih | tan linyok ujar ingwang ||

18. nora wurung ingsun dèn patèni | duk sêmana Raja Basunănda | kêlangkung bungah manahe | nulya tinarik asru | jala sutra saya ningsêti | kancil tan bisa polah | karuna ing kalbu | ingkang sinambat karuna | amung putri ing Mêsir ingkang nèng puri | dhuh anggèr gustiningwang ||

19. akantuna awibawa mukti | pan kawula gusti amit pêjah | ban Jêlamprang pênggawene | tanapi sang aprabu | pan kawula amit ngêmasi | ingkang mugi tulusa | panjênênganipun | tuwan amêngku nêgara | dhuh gustiku kusuma adi ing mêsir | mugi kulaka warta ||

20. wus binêkta kancil kundur aglis | mring pakuwon sêmana wus prapta | kang wadya suka arame | samya duka ing kalbu | dene kancil pan sampun kêni | ya ta êmban Jêlamprang [Jêla...]

--- 97 ---

[...mprang] | sêmana glis rawuh | anèng ngarsane sang nata | atur sêmbah dhumatêng sri narapati | anuwun pangaksama ||

21. pan kawula adarbe punagi | lamun kancil wagêd kenging jala | pan kawula kêplok bokong | pan inggih kaping pitu | apan sampun dipun lilani | ngadêg êmban Jêlamprang | ing ngarsa sang prabu | kêplok-kêplok bokongira | sarwi ngucap lah sandhangên sira kancil | walês ingsun mring sira ||

22. dene dhingin sira ngadi-adi | nora kêna wong angucap salah | dèn sêntak kongsi dhêrodhog | ing mêngko sira kuntung | bêja lamun mêksih aurib | Maharaja Basunănda |[49] pan asru gumuyu | pan asru gènira ngucap | hèh ta patih sira karyaa dèn aglis | pan iya pêgantungan ||

23. kang sakira ngungkuli waringin | wènèhana tali kang adawa | si kancil ingsun gantunge | dimèkne uwas ingsun | dene kancil apêksa luwih | patih matur sandika | lèngsèr saking ngayun | sampun akarya gantungan | langkung inggil angungkuli wringin kalih | sinungan tali panjang ||

24. sampun katur dhatêng sri bupati | tan antara sang kancil binêkta | nulya tinalenan age | kancil tinarik asru | prapèng nginggil kang punang kancil | mêksih nèng jala sutra | sang nata amuwus | hèh kancil sira sandhanga | ingsun dhingin anèng ngarsane sang aji | wirang marga ing sira ||

25. pan ing mêngko sandhangên pribadi | walês ingsun kancil marang sira | aja atakon dosane | kancil kang anèng luhur | pan sumaur wis pasrah mami | dèn age patènana | tan lêngana ingsun | balik sira Basunănda | sumangkeyan ingkang arsa mondhong putri | agirang ing wardaya ||

26. nanging aja kêsusu sirèki | dèn asabar gonmu darbe karsa | aja kaya wong katêmbèn | akrama putri ayu | dene kaya bajak ngêjawi | Maharaja Basunănda |[50] asru gènnya muwus | hèh kancil pagene sira | wani ngucap mêngkono nèng ngarsa mami | dèn age udhunêna ||

27. kancil adan anèng ngarsa mami | dene panas nèng rasaning wardaya |[51] ing mêngko ingsun ajare | nulya tinarik mudhun | praptèng ngandhap kang punang [pu...]

--- 98 ---

[...nang] kancil | Maharaja Basunănda |[52] pan amundhut kayu | punang kancil ginitikan | asêsambat angur patènana mami | aja dipun pêlara ||

28. mundhak pira hèh rajèng Ngabêsi | amêlara marang raganingwang | angur patènana age | sêpira balung ingsun | dene sangêt sira gitiki | Maharaja Basunănda |[53] asru gènnya muwus | besuk sun patèni sira | lamun uwis apuwas rasaning ati | sun pêgat nyawanira ||

41. Mêgatruh

1. pan ing mêngko tan arsa matèni ingsun | iya marang sira kancil | durung uwas atiningsun | sang kancil asru anangis | pan asambat sang lir sinom ||

2. adhuh gusti kusuma sang liring santun | baya ta datan angimpi | yèn abdine têkèng lampus | dhuh gusti kulaka warti | sarta adol parungon |[54]|

3. adhuh gusti pan kawula amit lampus | kantuna wibawa mukti | pan anèng Mêsir kêdhatun | sampun atakèn ing mami | yèn abdine wus anglayon ||

4. ban Jêlamprang sêmana sarêng angrungu | sêsambate punang kancil | emut dhatêng gustinipun | kusuma adi ing Mêsir | kang tinilar ing kêdhaton ||

5. ni Jêlamprang manahnya kadi winuluh | pan kadya mèlu anangis | sêsambate mêlas ayun | sang kancil dipun rungkêbi | nora nyana têmên ingong ||

6. kancil ngucap hèh pagene ta sirèku | êmban Jêlamprang anangis | wis mênênga dèn agupuh | apa kang sira tangisi | ing mau wus kêplok bokong ||

7. ing têgêse baya sira sokur sèwu | yèn ingsun tumêkèng pati | pagene nangisirèku | apa kang sira tangisi | Raja Basunănda takon ||

8. hèh ta êmban Jêlamprang atakon ingsun | pagene sira anangis | apa kêpengin sirèku | sun gantung awor lan kancil | lamun kêpengin sira wong ||

9. sun turuti êmban Jêlamprang wotsantun | mila kawula anangis | kemutan ing gustiningsun | kusuma adi ing Mêsir | alit mila ingsun êmong ||

10. pan ing mangke dadya pisah lawan ingsun | Raja Basunănda angling | mênênga aja bisturu | măngsa [măng...]

--- 99 ---

[...sa] wurunga sirèki | panggih lawan sang lir sinom ||

11. tan antara kancil tinarik nèng luhur | dupi surup sang hyang rawi | sigra kundur sang aprabu | anèng pêsanggrahanèki | sarwi ngundhangi punang wong ||

12. kinèn jaga punang kancil kang dèn gantung | kawandasa para mantri | tanapi para tumênggung | kang samya rumèksèng kancil | anèng ngandhap sakèhing wong ||

13. pan sêdalu kancil ginantung nèng luhur | alara gènira nangis | sêsambate mêlasayun | ingkang sinambat ing tangis | putri ing Mêsir kêdhaton ||

14. kaningaya gustiningsun sang lir santun | baya tan akulak warti | lamun abdine dèn gantung | anèng luhur dèn barisi | dhuh gusti rêbutên ingong ||

15. mumpung durung kawula tumêkèng lampus | baya ta ing benjing enjing | pinatenan awak ingsun | iya marang sri bupati | yèn matia awak ingong ||

16. sintên ingkang dadya kêlangênan ingsun | mêngkana ingkang miyarsi | sagunge para tumênggung | manahira lir jinait | sêdaya sarêng anggêmbor ||

17. ya ta kagèt Raja Basunănda wungu | akêbat gènira mijil | sêmu kuwatos ing kalbu | mênawa ucul sang kancil | mila gupuh gènnya miyos ||

18. praptèng jawi Raja Basunănda muwus | ana paran para mantri | dene anangis gumuruh | kongsi kagèt ingsun guling | matur sagung kang tinakon ||

19. inggih gusti mila anangis sêdarum | myarsa sêsambate kancil | sêdalu amêlasayun | mila dadya sami nangis | dene kasmaran gumantos ||

42. Asmaradana

1. mêngkana sri narapati | Maharaja Basunănda | myarsa ature punang wong | mèndêl amicorèng nala | lamun kancil uripa | pêsthi kabèh wadyaningsun | kêna ing pêngawibawa. ||

2. kêna wisayane kancil | yêkti kabèh padha wêlas | bêcik ingsun patènane | Maharaja Basunănda | asru gènnya ngandika | lah udhuna dèn agupuh | kancil anèng ngarsaningwang ||

3. mêngkana kang para mantri | uninga dukaning nata | samya ajrih sêdayane | punang kancil inguculan | sampun prapta ing ngandhap |

--- 100 ---

cinaosakên ing ngayun | gupuh ni êmban Jêlamprang ||

4. sang kancil dipun sungkêmi | alara gènya karuna | mêlasasih sêsambate | wêruha kaya mêngkana | supaya kancil sira | măngsa gêlêma wak ingsun | matur marang sri narendra ||

5. sun arani sira kancil | nora kongsi pinatenan | iya marang sang akatong | Maharaja Basunănda | kêlangkung dukanira | asru gènira amuwus | hèh Jêlamprang sira uga ||

6. alumuh ginawe bêcik | dèn age sira lungaa | aja anèng ngarsaningong | ni êmban anulya kesah | èsmu runtik ing manah | Raja Basunănda gupuh | pan anarik pêdhang sigra ||

7. sarwi asru gènnya angling | hèh kancil sira sandhanga | pan ing mêngko malês ingong | sang kancil alon angucap | lah mêngko sadhela êngkas |[55] mêksih esuk umun-umun | bok aja kêsusu sira ||

8. ingsun amamêkas dhingin | bokmênawa sira benjang | panggih lawan sang lir sinom | dèn bisa amomong sira | marang sang lir kusuma | aja garusa-garusu | lan maninge wêkas ingwang ||

9. mênawa takon ing mami | lah iya măngsa wurunga | dene bêcik sang akatong | gènira anglipur brăngta | aja kongsi karuna | Raja Basunănda muwus | lah kancil sira tegakna ||

10. aja akèh sira pikir | balik sira adhêpêna | ing pati uripmu mangke | sang kancil asru karuna | wis age lêkasana | ri sêksana sang aprabu | nyandhak sang kancil tinigas ||

11. murdanira tigas pacing | ludira pêthak nyamburat | anèng mukane sang katong | kagèt Raja Basunănda | dèn usap mukanira | ludira tan kêna surut | kêrakêt anèng wêdana ||

 


wis. (kembali)
Kurang satu suku kata: wêtênge isi nagara. (kembali)
Kurang satu suku kata: ya ta sang kancil sêksana. (kembali)
Lebih satu suku kata: cariwis ungêlnèki. (kembali)
praptèng. (kembali)
kandhêg. (kembali)
bobot. (kembali)
lèrèha. (kembali)
amba (dan di tempat lain). (kembali)
10 Lebih satu suku kata: têmbang gambuh kang gumantya. (kembali)
11 Pada pupuh Gambuh ini semua gatra ke-1 lebih satu suku kata menjadi 8u (biasanya 7u). Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: êmban Jêlamprang sigra andulu. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: rowangira asru dènya muwus. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kang abisa anyêkêl warêgul. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: apan dene kêlangkung abagus. (kembali)
16 adhuh-adhuh. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: sapa kang duwe ajat. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: bathuke êmban Jêlamprang. (kembali)
19 Kurang dua suku kata: gajah warak lawan macan jêjawi. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: ri sêksana binendrong sênjata asru. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: pan sampun tinalenan. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: anèng taman duk kula asiram. (kembali)
23 Anggêndaru. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: lah ing wingi sêlak wêngi. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: langkung runtik Maharaja Anggêndaru. (kembali)
26 bagus. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: nanging dadosa prihatin. (kembali)
28 măngsa. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: Mahraja Anggêndara. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: bêcik sira dadiya kadang mami. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: kidang arda walika. (kembali)
32 lingsêm. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: Mahraja Anggêndara. (kembali)
34 nuntên. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: wadyane pating jlêrit. (kembali)
39 Kurang dua suku kata: lamun sira anèng jroning dalêm puri. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
41 ngandêlakên. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
43 intên. (kembali)
44 ulubalang. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: dene panas rasaning wardaya. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: Mahraja Basunănda. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: sarta adola parungon. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: mêngko sadhela êngkas. (kembali)