Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 1)

Judul
Sambungan
1. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 79

Sêrat Pararaton

Pararaton

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok

Jilidan ăngka: I

Kakarang ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus,
Bêtawi 1912

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 79

Sêrat Pararaton

Pararaton

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok

Jilidan ăngka: I

Kakarang ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus,
Bêtawi 1912

--- [2] ---

Cariyos Gancaran

Anyariyosakên kawontênanipun para Ratu ing Daha, Tumapêl tuwin ing Majapait. Kawêdalakên sarta katêrangakên ing têmbung Walandi dening suwargi Tuwan Doktêr Y. L. A. Brandês (DR. J. L. A. BRANDES), amtênar ingkang piniji amarsudi basa ing India Nèdêrlan.

--- [3] ---

Bêbuka

Kawêdharakên dening Komisining Sêrat Waosan ingkang kangge dhatêng têtiyang Jawi sasaminipun. (Commissie voor de Volkslectuur).

Wiyosipun, mênggah panalitinipun dhatêng babading nagari, bab kawontênanipun băngsa tuwin babading kitha, punika wontên ing tanah Eropah, sampun kina-makina dados kagunan ingkang sami dipun parsudi dening para sarjana. Jalaran saking punika botên maligi badhe kasumêrêpan kemawon, kadosdene kawruh sanès-sanèsipun, ananging wontên pikajêngan kalih prakawis ingkang amigunani sangêt.

Ingkang sapisan: pamarsudining kawruh babad punika adamêl dahat ing sêngsêmipun manah, awit punika kathah piyambak magêpokanipun kawruh kamanungsan, jêr para wirotama ing jaman kina, sanadyan kawontênaning lêlampahan rinêngga [rinêng...]

--- 4 ---

[...ga] sinaèkakên, ewadene mênggahing bab grêngsênging pikajêngan tuwin pangăngsa-angsaning manahipun, botên tilar bêbudèning manungsa, punapadene mênggahing têkon tuwin wêwatêkanipun kathah kêdhik pinanggih ugi ingkang angèmpêri pangraos tuwin tabeyatipun têtiyang ing jaman sapunika.

Ingkang kaping kalih: awit saking sêrat babad tiyang sagêd katuwuhan ing panggraita dhatêng lêlampahaning para ratu sarta para pamarentah ing jaman kina, ingkang kala jumênêngipun kadumugèn ing karsa utawi ingkang cabar botên katurutan, punapadene sababipun botên kadumugèn tuwin kalangkunganipun para ratu kalawau, awit saking warni-warnining lêlampahan, nistha madya utama, punapa malih papa nandhang cintaka, minăngka sudarsana tumraping jaman sapunika, sagêdipun saya pakantuk pambudinipun dhatêng bab kuwajiban satataning ngagêsang.

Wêwaton kalih bab punika tumraping băngsa Jawi ugi tansah agêng sumbang surungipun dhatêng ing pamurih sagêdipun ingkang winastan babad wau (Ingkang kula wastani punika ingkang

--- 5 ---

pêrlu bab cêcriyosan ing babad, sarta ing bab lêlampahaning ringgit), dados karêmênan lumêbêt ing manah sarta kalimrahing ngakathah.

Ananging sanadyan kalêbêt ing pamanah ingkang makatên wau măngka sudarsana tumrapipun băngsa Jawi sami kemawon kalihan pamanggihing băngsa Eropah, ewadene bab pamarsudinipun băngsa Eropah dhatêng kawruh babad, nate gèsèh sangêt kalihan pamarsudinipun têtiyang Jawi, pambudinipun para pangarang tuwin para dhalang ing tanah Jawi ingkang sapisan tujunipun ngangkah angsalipun cêcriyosan ingkang damêl sêngsêm, lêlampahanipun ingkang kawêdharakên sagêdipun anuju dhatêng ing manahipun para ingkang mirêngakên, ananging lugunipun lêlampahan asring kapintên, utawi botên kacariyosakên kalayan yêkti. Pambudinipun pangarang ing tanah Eropah botên makatên, sadaya lêlampahan kacariyosakên ing babad kalayan yêkti, botên mawi mawang tiyang, utawi sêsêngkêran, lêlampahanipun kasêbatakên, ingkang têmahipun lajêng sagêd têtela amastani tuwuhipun lêlampahan ingkang dipun [dipu...]

--- 6 ---

[...n] kintên lêrês, ingkang yêktos, utawi ingkang jujur. Wontên ugi sawênèhing lêlampahan utawi cariyos sapanunggilanipun, ingkang sagêd kasumêrêpan kalintu sarta lêpatipun, punika sabab saking têtiyangipun pangarang mawi angalingi (nutupi) dhatêng sadaya ingkang andadosakên kalingsêmaning para kaluhuran, cariyosipun binusanan sarwa rêrênggan ngantos botên katawis luguning yêkti, ewadene saking talatosipun para sagêd, saking katêmênanipun, sarta saking botên ilon-ilonên, têmahan sagêd nyumêrêpi luguning yêkti wau kalayan cêtha awela-wela.

Dhêdhasaring pambudi ingkang katumrapakên dhatêng pangudinipun kawruh babad ing Tanah Eropah kados ingkang kasêbut ing nginggil, ugi katindakakên wontên ing ngriki dening para sarjana ing tanah Eropah ingkang sami naliti kawontênanipun ing tanah India kala ing jaman rumiyin, ing wusana pakantuking titi pariksa karampunganipun atêtela yèn panalitinipun para sarjana sujana băngsa Eropah wau kathah gèsèhipun kalihan ingkang kasêbut [ka...]

--- 7 ---

[...sêbut] ing sêrat-sêrat babad, tuwin ing cariyosan ringgit.

Wondene panindaking panalitinipun para sarjana băngsa Eropah wau, botên namung mêndhêt saking katrangan satunggal kemawon, ananging tansah katandhing-tandhing kalihan katrangan utawi sabab sanèsipun, ingkang langkung têrang sarta cêtha, punapa katrangan utawi cariyos wau sampun lêrês saha kenging kaanggêp.

Awit saking paniti priksa, panglalar sarta pêpiridan, lajêng sagêd têtela yèn kawontênaning cariyos jaman kina ingkang kasêbut ing babad kathah ingkang sulaya kalihan kayêktosan pakantuking titi pariksa wau, sadaya babad ingkang sampun kasumêrêpan ing sapunika sami têksih enggal, manawi kapirid kalihan kawontênanipun ing tanah Jawi watawis wiwit kala pêrang Trunajaya ngantos dumugining palihan nagari, dadosipun kontrak ing Giyanti, sawêg wontên têntrêmipun watawis lami, yèn makatên ngantos pitung dasa gangsal taun laminipun ing tanah Jawi tansah wontên pêrang sarta kraman kemawon. Ing nalika wau kitha-kitha [kitha-...]

--- 8 ---

[...kitha] sarta padhusunan tansah karisakan tuwin kabêsmènan, têtiyang ingkang sagêd adamêl karangan, sêrat babad sapanunggilanipun, sami kinèn ambiyantu saha tumindak dhatêng paprangan.

Sarêng sampun lami wangsul tata têntrêm malih, têtela yèn wêwatonipun ing kina kathah ingkang kapintên, botên ngêmungakên sêrat-sêrat wêwaton kina kemawon, malah têtiyang sêpuh ingkang mangêrtos dhatêng sêsêratan kina sarta sagêd nyariyosakên kawontênanipun ing jaman kina, sampun sami pêjah, wusana sarêng rampung pandamêling babad tamtu kemawon tuna dungkap, awit wêwatoning cariyos salong namung anggitan saking dugi-duginipun piyambak kemawon, pamêndhêtipun wêwaton salong ugi mêndhêt saking sêrat-sêrat têtilaran kina, samantên wau ingkang têksih dipun mangêrtosi.

Wiwit ing kala samantên babad yasan enggal tansah sontan-santun panganggitipun, sarta ewah-ewah panêdhakipun, punapa malih kasantunan sêkaripun, satunggal-tunggaling pangarang utawi tiyang ingkang nêdhak mawi kasupèn, utawi malih anjarag ngewahi, têrkadhang nyuda cêcriyosanipun [cêcriyosanipu...]

--- 9 ---

[...n] ingkang kala samantên karêmbag kirang prayogi, punapa malih amêwahi sawatawis saking pamanggihipun piyambak, cêkakipun tansah kabêsut, ngantos dados ruwêd cêcriyosanipun, sanadyan wontên ugi peranganipun cariyos ingkang lêrês, ewadene botên pêdhot katunggilan cariyos ingkang botên lêrês.

Pramila panandhingipun sarana pakêmpalaning sêrat babad awarni-warni punika, sabab bilih kados caranipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita badhe botên sagêd angsal paugêran ingkang maton. Botên langkung prayogi saking cariyosipun satunggil-tunggiling sêrat babad, ing kala punika kawruh bab lêlampahan kina ingkang kathah sampun ical, pramila botên sagêd kasumêrêpan pundi ingkang lêrês, pundi ingkang lêpat, têmahan namung nandhing milih pundi ingkang dados kasênênganipun kemawon.

Ingkang langkung pêrlu sarta kenging dipun pitados sangêt punika sêsêratan ingkang dumunung ing kropak, inggih punika lontar utawi ron tal (ron tal = godhong tal). Sabab saking sêsêratan ing kropak kenging kapirid [kapi...]

--- 10 ---

[...rid] têtêmbunganipun, tuwin kasusastran sapanunggilanipun, ingkang sagêd nêdahakên kala ing jaman punapa wiwitipun sêsêratan wau rinipta ing kropak, punapa malih kenging kapitados jalaran ing sapêngkêripun botên kaewahan utawi kabêsut malih.

Dados sampun têtela bilih sêsêratan Jawi ing jaman punika kathah sangêt bedanipun kalihan sêsêratan ing jaman kina, ananging ewahipun mingsêt saking sakêdhik lami-lami santun babar pisan, satunggal-tunggaling abad kathah ewahipun utawi botên, anggadhahi wêwangunan sêseratan piyambak-piyambak, ingkang kosokwangsulipun lajêng dados titikanipun măngsakala kanggenipun satunggal-tunggaling wangunipun sêsêratan, mèh kados makatên ugi ewah mingsêtipun basa, upaminipun wana, botên ajêg ing kawontênanipun, sabên-sabên katuwuhan wit-witan sarta têtuwuhan sanès, ananging santunipun tumruntun, botên sêsarêngan, makatên malih ewah mingsêtipun basa, kathah têmbung-têmbung saha rimbagipun ingkang santun, awit saking kanggenipun pitêmbungan ing satunggal-tunggaling măngsakala, [măngsaka...]

--- 11 ---

[...la] para sagêd lajêng sagêd angyêktosi sarta sawatawis lajêng sagêd namtokakên jamanipun kala kanggenipun pitêmbungan wau.

Mênggah ingkang kangge têturutan ing pangarangipun Sêrat Pararaton, inggih punika babadipun nagari Tumapêl, Daha sarta Majapait, ingkang kasêbut ing ngandhap, awêwaton ing sêsêratan ing kropak. Ewadene yèn namung saking punika kemawon, utawi saking wêwaton satunggal, têksih dèrèng nyêkapi, sabab kropak-kropak wau panyêratipun mèh botên ingkang nunggil jaman kalihan wontênipun lêlampahan, ingkang kathah malah sampun lami sangêt lêtipun, măngka sipating manungsa punika kadunungan supe lan kêlintu, makatên malih pangarangipun babad, sagêd ugi kêlintu utawi lêpat ing bab panyêrating angkaning taun, nalika cariyos wau kadadosan. Bab punika sampun cêtha sangêt, karana titimangsanipun kala wontêning lêlampahan wau ingkang limrah têtiyang Jawi pinèngêtan mawi sangkala taun, sarana ukara niga utawi nyêkawan têmbung, ingkang sabên satêmbung gadhah watêk, [wa...]

--- 12 ---

[...têk] ăngka piyambak-piyambak, miturut ing watakipun satunggil-tunggiling têmbung ingkang kangge sangkalan. Ingkang makatên wau, awit saking têtêmbunganipun botên mêsthi kados ingkang kasêbut ing dalêm buku pathokanipun, têrkadhang wontên ugi salah satunggaling têmbung salêbêting ukara sangkalan ingkang katilar botên dipun têgêsi.

Kajawi saking punika, têtêmbunganipun watêking ăngka wau, jaman rumiyin kalihan sapunika kathah ingkang botên sami, upaminipun: agni, dados: gêni, ananging wontên ugi ingkang santun têmbung babar pisan, kados ta: Sawêg bêdhahipun karaton ing Majapait, dipun sangkalani ing babad mungêl: sirna ilang kartaning bumi (1400), punika mênggahing suraos tumraping pasêmon risakipun karaton ing Majapait mila inggih mungguh, têmbungipun angèngingi sangêt kalihan kawontênanipun[1], ananging pancèn pakèwêd awit angewahi luguning têmbung ingkang anggadhahi watak sakawan, inggih punika: karti,

--- 13 ---

lajêng dados: karta, măngka: karti sanès têgês[2] saya ruwêt malih sangkalan ingkang namung kapitêdahakên sarana gambaran, inggih punika ingkang dipun wastani sangkalan mêmêt, ingkang namung tansah dados cangkriman kemawon, ingkang kathah beda sangêt panganggenipun sangkalan kalihan kala ing kinanipun, awit saking punika tansah pakèwêd pundi ingkang kêdah dipun ênut, milanipun manawi para sagêd băngsa Eropah badhe ngupados têrangipun sawênèhing bab lêlampahan kina, botên namung narimah dhatêng pèngêtan sangkalan kemawon, kêdah ngupados katêrangan [katê...]

--- 14 ---

[...rangan] saking wêwaton sanèsipun, ingkang kenging kapitados, awit saking pamêtèking sangkalan wau ing manah tansah sumêlang bokmanawi botên sagêd cocog kalihan pikajêngipun ingkang damêl, bokmanawi inggih sagêd cocog ugi, ananging kaping kalih bokmanawi punika saminipun: dèrèng kantênan.

Ing jaman sapunika ing tanah Jawi pinanggih kathah sela sarta blèbèkan têmbagi ingkang mawi sêsêratan, sarêng katêrangakên têtela yèn sêsêratan wau cariyosing

--- 15 ---

lêlampahan kina, ingkang kathah pisungsung saking sawênèhing ratu nuju ing dintên kabingahan, tuwin paugêran pranataning siti pardikan utawi dhusun, ingkang kaanggêp pêrlu rinipta ing sela utawi ing têmbagi tuwin ing barang sanèsipun, wontênipun sêsêratan ingkang kados makatên punika sampun mêsthi kemawon kenging kangge tăndha pasaksèn ingkang kapara yakin, sabab sela-sela wau taksih dèrèng ewah kados ing kala kinanipun, sarta botên nate dipun têdhak, utawi botên kenging kaewahan sêratanipun, mila botên sagêd dora, wontên ugi ingkang risak sêsêratanipun, ananging kakantunanipun tamtu têtêp ing sawantahipun, sawênèhing tiyang wontên ingkang nyoba nêdhak damêl sela utawi têmbagi kados makatên wau, supados adamêl kalintunipun para sagêd ingkang sami kaparêng analiti dados doranipun inggih lajêng sagêd kasumêrêpan, ing wusana sapunika sampun botên nate kalampahan makatên malih.

Panganggitipun babad ing Tumapêl, Daha sarta ing Majapait, kajawi ngangge wêwaton ingkang sampun kasêbut ing nginggil, [nging...]

--- 16 ---

[...gil] ugi têksih mawi pitulungan kathah saking sêrat-sêrat babad ing nagari Cina, sabab băngsa Cina kala ing jaman kina nate andon yuda kalihan băngsa Jawi. Tamtunipun gadhah cariyos ingkang magêpokan kalihan tanah Jawi ing kala kinanipun, sakathahing lêlampahan kapèngêtan kalayan satiti dening băngsa Cina, sabab ingatasing pêpèngêtan băngsa Cina langkung satiti tinimbang têtiyang Jawi, punapa malih sêrat-sêrat babad ing nagari Cina botên nate risak kabêsmèn, utawi kapintên dening pêrang utawi kraman, sarta botên lajêng kaanggit malih miturut ing sapamanggihipun ingkang ngarang enggal, pramila cariyosing sêrat-sêratipun babad kenging kaanggêp têmên, namung kawonipun ing pêpêrangan tansah dipun tutupi, unggulipun kaandharakên ngantos kalangkung-langkung, kadosdene pandamêlipun babad băngsa Jawi ugi makatên, milanipun sêrat-sêrat babad wau kêdah kacundhukakên sarta katimbang.

Kadospundi sagêdipun para sarjana băngsa Eropah maos ungêling sêsêratan ing kropak sarta ing sela sapanunggilanipun wau, măngka sastranipun Budha, têmbungipun [têmbungipu...]

--- 17 ---

[...n] Kawi, sanadyan tiyang Jawi piyambak botên mangêrtos, sagêdipun mangêrtos băngsa Walandi kemawon kados pundi.

Kawuningana, pamarsudinipun para sarjana băngsa Eropah dhatêng basa Jawi botên namung narimah sagêd dhatêng basa Jawi kemawon, ananging mawi marsudi têmbung-têmbung ingkang magêpokan basa Jawi, kados ta: Sangskrit, Malayu, Sundha, Madura, Makasar, Arab sapanunggilanipun. Sampun tamtu kemawon ingkang makatên punika botên sagêd linampahan ing tiyang satunggal, para sarjana sami tulung-tinulungan, ing wusana sagêd kadumugèn kajêngipun, têmahan atêtela yèn:

1. Baboning basa Jawi punika dede rêrimbagan saking basa Sangskrit, kados pangintêning ngakathah, nanging inggih kasrêmpilan têmbung-têmbung Sangskrit ngantos kathah, saya kathah malih ing têmbung Kawi, pramila pamarsudining têmbung Jawi Kina kêdah kawiwitan saking têmbung Sangskrit.

2. Basa Jawi kathah èmpêripun basa-basa ing India Nèdêrlan, katitik saking têmbung-têmbungipun ingkang nunggil raos, utawi nunggil misah ing raos, punapa malih [ma...]

--- 18 ---

[...lih] kathah têmbung ingkang ing basa Jawi enggal sampun botên kasrambah, kajawi ing basa Jawi, ananging ing basa India sanèsipun têksih ngangge, pramila têmbung Kawi ingkang sampun botên kasumêrêpan têgêsipun, utawi ingkang dede ewoning basa Sangskrit, asring têksih pinanggih wontên ing basa Malayu, Sundha, Mangkasar, utawi ing basa-basa sanèsipun, awit saking punika lajêng sagêd namtokakên têgês lan pikajênganipun.

3. Basa Kawi punika dede ewoning basa ingkang maligi, ananging basa ingkang ewah gingsir miturut ing măngsakalanipun, basa Kawi awit saking basa Jawi Kina lajêng dados basa Jawi Têngahan, lajêng malih dados basa Jawi Enggal, mingsêdipun saking sakêdhik, botên nate andadak sami sanalika. Awit saking punika lajêng kenging kangge namtokakên, jaman ing nalika kanggenipun limrah têmbung-têmbung wau sarimbagipun. Makatên ugi kawontênanipun sêsêratan-sêsêratan utawi sastranipun băngsa Jawi mêndhêt saking băngsa Hindhu, nanging angèngêti ing bab 1 botên ngangge basanipun têtiyang Jawi ing

--- 19 ---

kinanipun mêndhêt sêsêratan ingkang kangge ing têtiyang Hindhu kala samantên, ananging lami-lami sakathahing sastra ingkang sampun botên tumrap ing têmbung Jawi inggih lajêng botên dipun angge, kajawi wontên ugi sawatawis ingkang kangge minăngka aksara agêng, sanadyan kanggenipun wau pancèn botên patos kathah, lêrêsipun punika pancèn dede aksara agêng (aksara murda), nanging aksara Mahaprana ingkang kêdah kaungêlakên kanthi abab kathah, lami-lami ungêlipun botên wontên bedanipun kalihan aksara alit (Aksara Alpaprana), namung wujudipun ingkang beda.

Sêratan wau sasampunipun kangge ing tiyang Jawi lami-lami sagêd malih warni, sawênèh mindhak ukêlipun, wontên ingkang suda engkokipun, ngantos dados sêratan ingkang limrah kangge ing jaman punika.

Para sarjana băngsa Eropah sampun nglêmpakakên sêratan warni-warni saking tanah Hindhu, sarta sêratan Jawi tuwin Bali ingkang langkung kina. Ingkang lajêng kaparsudi ngantos kenging kawaos, sakathahing sêratan wau lajêng tinata

--- 20 ---

kapacak wontên ing dalancang piyambak-piyambak, adhapur pratelan sêratan satunggal-tunggaling warni. Sabên wontên sêratan kina pinanggih, ingkang rinipta ing sela, ing logam utawi ing kropak, lajêng kacundhukakên kalihan pratelan wau, sarta lajêng kemawon sagêd manggih sêratan ingkang ngèmpêri, sanadyan botên mêsthi yèn ngêplêki, ewadene saking pamarsudi saha panggilutipun satêmah sagêd nabukani[3] èwêd-pakèwêding sastra ingkang nyalênèh botên sami kalihan panunggilanipun, dene ing sapunikanipun sampun tumindak lami ngantos sagêd nêrangakên sadaya sêsêratan ingkang tumrap ing sela, ing logam, sarta ing kropak kanthi sabar sawatawis panandhingipun, janji sêratanipun botên risak kemawon saking kêlamèn. Saking rekadaya ingkang makatên sagêd kasumêrêpan lêlampahan ing kina-kina, ingkang kacariyosakên dening têtiyang ing jaman samantên, tanpa mawi rangu-rangu ing manah dening sumêlang yèn sêsêratan wau salong suda wêwah saking pakartining pangarang ingkang kantun-kantun, utawi kasêsêlan ing anggitan saking pamanggihipun piyambak, mila [mi...]

--- 21 ---

[...la] ta cariyos ing jaman kina ingkang sagêd têrang dening pambudidaya ingkang makatên punika, kenging kagêga anglangkungi cariyosing babad tuwin sanès-sanèsipun ingkang kantun-kantun, sarta ingkang cariyosipun sulaya botên sagêd cocog, ngantos anuwuhakên sêmang-sêmanging manah anggèning badhe anggêga ingkang pantês ginêga utawi maibên ingkang botên pantês pinaibên.

Bab panalitinipun kawontênaning lêlampahan kina namung gumantung wontên ing sêsêratan ing kropak utawi ing sela punapa malih ing logam, dene bab kawontênaning jaman ingkang kathah-kathah botên sagêd angsal katêrangan ingkang êsah, jalaran sêsêratan ingkang pinanggih sampun botên wontên ingkang nyêbutakên kawontênanipun ing satunggal-tunggaling jaman, beda kalihan ing babad, ing babad mawi nyêbutakên cariyos warni-warni kawontênanipun ing satunggl-tunggiling jaman, ananging langkung sae pundi: ngakêni botên sumêrêp, kalihan sumêrêp ingkang sarwa kêlintu.

Para sarjana băngsa Eropah botên nate ngangge wados [wado...]

--- 22 ---

[...s] angsal-angsalanipun paniti priksa, ananging tansah jujur ing rêmbag, sarta barès ing sasumêrêpipun botên kasalingkuhakên, malah kacriyosakên, kados pundi sagêdipun angsal katêrangan sarta kêkênthêling pamanggih, punapa ingkang têksih karêmbag sêmang-sêmang, utawi kirang mèmpêr, sarta botên lêrês, sadaya kapratelakakên kalayan jalèntrèh, pêrlunipun supados sanèsipun ugi sagêd ngyêktosakên punapa pamariksanipun wau sampun prayogi punapa botên.

Para sagêd băngsa Jawi ingkang sampun-sampun botên mawi mratelakakên babonipun sêrat ingkang kapêthik, utawi ingkang kangge wêwaton ing panganggitipun, salong wontên ugi ingkang kangge wêwaton, nanging dipun angge angèl, mila botên sagêd nocogakên, sadaya-sadaya kangge wados, wangun-wangunipun namung ajrih utawi kuwatos manawi wontên ingkang maoni. Para sagêd băngsa Eropah kosok wangsul, punapa kawontênanipun ingkang katêdhak, kapêthik, namanipun sêrat, dalah kaca utawi sêsêrêpanipun angsal saking pundi, [pu...]

--- 23 ---

[...ndi] saking sintên, sabab punapa babipun ingkang satunggal kêdah kaurutakên kalihan sanèsipun, makatên sapiturutipun. Anggènipun nindakakên makatên punika mila kasêdya supados wontêna ingkang mabêni, sarta maoni, amargi para sagêd wau sampun botên kêkilapan bilih sipating manusa punika sagêd lêpat lan kalintu, yèn nyata kêlintu utawi lêpat lajêng sagêda angsal pitêdah saking sanèsipun ingkang sagêd dados langkung têrang malih, dene bilih para sagêd băngsa Jawi botên purun anglampahana ingkang makatên wau.

Mirid kawontênanipun ingkang kasêbut ing nginggil, yèn karêmbag ing srapadanipun, dados sampun têtela yèn pangarang sêrat babad wau sami anjarag goroh, kêlintu yèn katampènana makatên, botên anjarag goroh, sanadyan ingkang kêrêp dipun cariyosakên ing karanganipun namung bab ingkang anèh-anèh tuwin rèmèh-rèmèh kemawon, ingkang namung sagêd kalêbêt ing piyandêlipun lare alit, pikajêngipun botên makatên, namung kêdah dipun sumêrêpi bilih pikajênganipun [pika...]

--- 24 ---

[...jênganipun] satunggil-tunggiling cariyos punika ingkang kathah gumantung ing tiyang ingkang damêl cariyos, tiyang ingkang nganggit sêrat babad, saya malih ingkang damêl cariyos lêlampahan ingkang dipun sumêrêpi piyambak, kenging kasamèkakên tiyang ingkang kangge saksi wontên ing ngarsaning pangadilan, dene murwating piandêl dhatêng saksi botên namung gumantung wontên ing saksi ingkang adatipun botên rêmên goroh, nanging ugi wontên ing wêwatakan sanès-sanèsipun, kados ta: tiyang sagêd ingkang dados saksi têmtu kemawon langkung cêtha sarta patitis tinimbang tiyang bodho, yèn kawontênaning wêwatakanipun sami. Tiyang ingkang manuh kagêgulang pracaya dhatêng dhêmit tuwin bangsaning lêlêmbat awit alit mila, bokmanawi bilih mrangguli lêlampahan sarta kawontênan ingkang anèh sarta nyalênèh, lajêng kemawon kaanggêp saking pandamêling kaki dhêmit utawi êmbah setan, dene tiyang ingkang kajêjêl ing kawruh piwulang têmtu mastani yèn kawontênan wau namung saking sabab kasunyatan kemawon, makatên malih bab pandamêling sêrat babad, tiyang ingkang manuh

--- 25 ---

kagêgulang awit alit mila angantêpi dhatêng pêpasthèn, sampun mêsthi kemawon manawi ngarang sêrat babad, sarta nyariyosakên lêlampahaning tiyang satunggal-tunggalipun, sèlèhipun lajêng saking pandamêling dewa, setan tuwin sanès-sanèsipun, kadosdene pranataning Allah ing bab kauntunganing agêsang, ananging tiyang ingkang tuwuk sinaunipun, manawi wontên lêlampahan ingkang anèh tamtu dipun padosi sababipun ingkang nyata. Upaminipun wadyabala sakêdhik sagêd ngawonakên, utawi ngesahakên wadyabala kathah, botên lajêng kakintên jalaran saking pitulunganing jim utawi lêlêmbat sapanunggilanipun, punapa malih saking kasêktèning senapatinipun, ananging kêdah dipun padosi sababipun ingkang nyata, bokmanawi mênangipun ingkang sakêdhik wau saking saening pangajaranipun anglangkungi ingkang kathah, utawi têdhanipun langkung sae, yèn botên inggih pamêrdinipun utawi dêdamêlipun langkung sae tinimbang ingkang agêng, pêrangipun adhêdhasar kautamèn, utawi para têtindhihipun yuda langkung sagêd tinimbang sanèsipun,

--- 26 ---

makatên sapiturutipun, botên lajêng karêmbag awit saking angsal pitulungipun jim pêri prayangan.

Bêbuka punika taksih kenging kaulur malih ingkang langkung panjang ananging pandugi kula ingkang kasêbut ing nginggil sampun cêkap minăngka pitêdah kados pundi mênggah pamarsudinipun para sagêd băngsa Eropah dhatêng samukawis, langkung malih dhatêng bab kawruh babad.

Ing wusana mênggah rêringkêsanipun:

1. Para pêngarang babad tuwin sanèsipun, botên mêsthi nganggit-anggit ing sapikajêngipun piyambak kemawon ingkang tanpa wêwaton. Utawi botên mêsthi anjarag goroh ngarang babad ingkang botên wontên nyatanipun, ananging namung kabêkta saking turunan, saking pangajaran, saking wêwêngkon sêsrawunganipun sarta saking kukubaning pandamêlipun, ingkang kathah sungkanan nyatakakên ingkang pêrlu kasumêrêpan, ingkang pancèn kenging kagêga, wêkasan klintu, inggih lajêng dipun sêrati kemawon tumrap ing karanganipun.

2. Aturaning saksi (pangarang mênggahing babad) kêdah kanthi [ka...]

--- 27 ---

[...nthi] pangatos-atos pangêndêlipun, sanadyan ingkang măngka saksi wau pancèn tiyang kenging kapitados, sarta anjalimêt botên sagêd kêlintu, ewadene inggih kêdah dipun satitèkakên rumiyin, ing sadèrèngipun inganggêp cariyos wau, amargi tiyang gêsang punika anggènipun manoni isèn-isèning jagad, upaminipun kados mawi têsmakipun piyambak ingkang kadamêl gêlas dhasaripun warni-warni, sakathahing wêwarnèn katingalipun ing mripat inggih manut ing sawarnining dhasaripun têsmak ingkang warni-warni wau. Cêkakipun wêdaling cariyosipun tiyang punika minăngka pangiloning budi pakartinipun, upaminipun tiyang cêmêng ngilo layanganipun inggih katingal ing sawantahing pakulitanipun, botên sagêd malih pêthak. Mênggahing kawontênaning awakipun piyambak, kawontênaning pangajaran, kawontênaning wêwêngkon sêsrawunganipun, sapanunggilanipun kados ingkang kasêbut ing nginggil, sadaya anumusi ing pangêrtos.

Sintên ingkang sarju badhe sumêrêp kawontênanipun kropak ingkang kangge wêwaton ing nalika pangarangipun Dhoktêr

--- 28 ---

Brandhês Sêrat Pararaton (Kèn Angrok) kenging angyêktosakên dhatêng Batawi, sadhengah ingkang kapengin sumêrêp kenging ningali sadaya sela ingkang wontên sêsêratanipun anyêbutakên asmanipun para ratu ing jaman kina, sarta namanipun para agêng, punapa malih titimangsaning taun jamanipun para ratu sarta para agêng wau, sadhengah ingkang sumêrêp tamtu lajêng sagêd amastani bilih cariyos ingkang kasêbut ing nginggil wau botên dora.

Ingkang punika pangajêng-ajêng kula sêrat punika dadosa lantaran ing suka pirênanipun ingkang sami maos.

__________

--- [29] ---

Bêbukanipun ingkang Nganggit

Awit saking katêtangi dening karsanipun komisining volkslèktir ing nagari Batawi, ing salêbêtipun taun 1911 kula angadani Sêrat Pararaton ing basa Jawi, ingkang ugi winastanan Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok, inggih punika sêrat ingkang nyariyosakên kawontênanipun para ratu ing nagari Daha, Tumapêl tuwin ing Majapait, babonipun ing têmbung Kawi mawi kasantunan têmbung Walandi anggitanipun suwargi sang sarjana Tuwan Dhoktêr Y.L.A. Brandhês, mawi dipun sêlani pêpèngêtan sarta sorogan warni-warni dumunung ing sangandhaping cariyos, minăngka pitêdah utawi katrangan dhatêng para maos ingkang marsudi ing kawruh tuwin kagunan. Ingkang makatên punika tumrapipun dhatêng para marsudi ing kawruh babad, anggampilakên anggènipun nyundhuk-nyundhukakên kalihan [kaliha...]

--- 30 ---

[...n] sêrat sanès-sanèsipun, utawi kalihan bab-bab ingkang kasêbut ing ngajêng wingkingipun sêrat wau, amurih saya cêtha sarta mantêp dhatêng panganggêping yêkti, sarana panandhing lajêng sagêd atêtela, ananging pakèwêdipun bilih panyantunipun wau mawi kasêkarakên, karoncènên.

Pangangkah kula Sêrat Pararaton kula dhapur sêrat waosan murih gampil mangêrtosipun sadhengah ingkang maos, sarta kula karang malih mawi kula wêwahi ingkang pêrlu kasumêrêpan ing ngakathah, utawi kula suda ingkang kula dugi namung badhe tumrap dhatêng para marsudi ing kawruh kagunan, ingkang botên pêrlu kangge ingkang limrah.

Sêrat Pararaton punika kula damêl tigang jilid, jilidan ăngka I cariyos gancaran kemawon, jilidan ăngka II mawi sêkar, jilidan ăngka III katêrangan sanès-sanèsipun.

Panganggitipun Sêrat Pararaton Tuwan Dhoktêr Brandhês, awêwaton sêsêratan kina ingkang tumrap ing kropak, dene katêrangan sanès-sanèsipun mawi lêlandhêsan tăndha saksi saking pêpèngêtan babadipun băngsa Cina

--- 31 ---

Tionghoa kala ing jaman kina, saking sêsêratan ingkang dumunung ing blebekan logam ingkang pinanggih wontên ing pêtakan, sarta saking sêsêratan ingkang wontên ing candhi-candhi tuwin sanès-sanèsipun kados ingkang kasêbut ing dalêm sêrat punika.

Namung dumugi samantên atur kula, pangajêng-ajêng kula sêrat punika dadosa sêrat waosanipun ing ngakathah.

Ing wusana sangêt ing panuwun kula dhatêng Tuwan Dhoktêr D.A. RINKES anggènipun sampun paring pitêdah kathah, sarta anuntun dhatêng kula ing nalika pandamêl kula sêrat punika, makatên malih dhumatêng Radèn Riya Nitidipura, anggènipun sarju anyambuti buku Encyclopaedie van Ned. Ind. dhumatêng kula.

M.D.

__________

--- [32] ---

Pambuka

Om awignam astunamasiddham.

Purwakanipun Sêrat Pararaton amratelakakên bab kawontênanipun pulo Jawi kala ing jaman Hindhu, dumugi ngancikipun jaman Islam, miturut wêwaton kados ingkang sampun kapratelakakên ing bêbukaning sêrat punika, dene wontêning lêlampahan jaman purwa, inggih punika wontênipun lêlampahan ringgit (wayang), kados ta: lêlampahaning para ratu, para pandhita, para satriya, para punggawa tuwin sanès-sanèsipun, botên pêrlu kacariyosakên ing ngriki, awit ingkang kocap ing lêlampahan ringgit purwa wau, sadaya adhapur carangan saking sêrat Bratayuda, dene Sêrat Bratayuda punika sêrat dêdongèngipun băngsa Hindhu ing jaman kina, isi pintên-pintên èwu kidungan, inggih punika pêpêthikan saking sêrat dongèng Hindhu anama: Mahabharata, [Mahabha...]

--- 33 ---

[...rata] makatên malih lêlampahan ing ringgit purwa cêcarangan ugi saking sêrat dongèng: Mahabharata, ingkang langkung sêpuh tinimbang Sêrat Bratayuda.

Ing nalikanipun tiyang Hindhu angajawi, botên ngamungakên nularakên kawruh tuwin kagunanipun kemawon dhatêng têtiyang Jawi, dalah karênanipun têtiyang Jawi inggih kableberan. Sêrat-sêrat dongèng wau kapêthik dening têtiyang Jawi sarta karingkês, punapa malih kacarang ing lêlampahan warni-warni. Nama-namanipun ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat wau lajêng kangge namaning panggenan, rêdi, lèpèn sapanunggilanipun ing pulo Jawi, ngantos botên katawis kados kalampahan sayêktos ing tanah Jawi.

Kawontênanipun jaman ing tanah Jawi tuwin ing Kapuloan India Nèdêrlan kenging karingkês sarta kaperang sakawan: ingkang sapisan jamanipun kala tiyang Jawi têksih majêng saking kajêngipun piyambak, têgêsipun dèrèng sarawungan kalihan sanès băngsa, dèrèng katularan kawruhipun băngsa sanès, dipun wastani jaman kaluthuk utawi kluthuk [kluthu...]

--- 34 ---

[...k] têgêsipun: lugu, utawi tulèn, botên kamoran. Kaping kalih jaman Hindhu inggih punika wiwit kala têtiyang Hindhu angajawi. Kaping tiga jaman Islam, wiwit kala têtiyang băngsa Islam angajawi sarta mêncarakên agami Islam wontên ing tanah Jawi tuwin ing pulo-pulo India Nèdêrlan. Kaping sakawan jaman Eropah, wiwit abad ingkang kaping nêmbêlas, kalanipun băngsa Eropah angajawi sapriki minăngka dados pangauban sarta panuntunipun têtiyang Jawi dhatêng ing bab kamajêngan.

__________

I. Jaman Kaluthuk

Kawontênanipun kala ing jaman ingkang kapisan wau, inggih punika ing jaman kaluthuk, ingkang lami lêtipun kalihan nalika băngsa Hindhu wiwit angêjawi, katêranganipun botên wontên ingkang sagêd nyariyosakên, awit têtiyang Jawi kala ing jaman samantên têksih sangêt pasajanipun, dèrèng gadhah patilasan punapa-punapa ingkang kenging kangge wêwaton tuwin tăndha saksi ing cêcriyosan. Wontên ugi sêrat-sêrat Jawi ingkang sagêd nyariyosakên [nyariyo...]

--- 35 ---

[...sakên] jaman brêkasakan, tuwin sanès-sanèsipun ingkang elok-elok, tanpa mawi wêwaton. Ingkang makatên wau botên sagêd kalêbêt ing manahipun têtiyang sagêd ing jaman sapunika, wusana namung kaanggêp dêdongengan kemawon.

Miturut ingkang kacariyos ing wingking, bab dhatêngipun têtiyang Hindhu ing tanah Jawi, wontênipun têtiyang băngsa Hindhu ing India Nèdêrlan, langkung malih ing pulo Jawi, sampun wiwit awalipun windu Walandi.

Ing salêbêtipun taun: 400 ing Jawi Kilèn sampun kadunungan têtiyang băngsa Hindhu, miturut tăndha pasaksèn sêsêratan ing sela ingkang pinanggih ing Bogor tuwin ing Batawi, gancaripun sampun kacariyosakên ing wingking, wontên ing bab jaman Hindhu, ananging kala ing jaman samantên bokmanawi kawruh Hindhu dèrèng pêncar waradin dhatêng pundi-pundi. Awit miturut pamanggihipun sang sarjana Dhoktêr Brandês, mirid sêsêratan Jawi ingkang pinanggih dumunung ing sela, tuwin ing blebekan logam, dumuginipun ing taun Walandi kirang langkung ăngka: 799 ing sêsêratan [sêsêrata...]

--- 36 ---

[...n] Jawi têmbung-têmbungipun têksih lugu Jawi, dèrèng katunggilan têmbung-têmbung Sangskrit, sarta pangêrtos Hindhu, bokmanawi dumuginipun ing taun wau kamajêngan Jawi ingkang kathah têksih lugu Jawi.

__________

II. Dhatêngipun Băngsa Hindhu Angajawi

Sêrat-sêrat ing têmbung Sangskrit kala ing awalipun taun etangan Walandi, pulo Jawi sampun kacariyos nama: Yawadwipa (Yawadwipa), atêgês pulo juwawut, makatên malih Ptolêmeyus (Ptolomaeus) ing salêbêting abad ingkang kaping kalih amastani: Yabadhiyu (Yabadiu) atêgês pulo Jawa, utawi Jawi, ingkang ugi atêgês juwawut. Têmbung: Yawa (Yawa) mênggahing kêdaling tiyang Jawi dados: Jawa, saminipun: yas dados: jas, yan dados: jan, jongêns dados: jongos, sanadyan tumrapipun ing têmbung Jawi sami têmbung Jawi inggih sagêd ewah, kados ta: aksara: wa, sagêd alintu swara dados: ba, amargi kalêbêt warga sami aksara lambe, upaminipun têmbung: wae, dados: bae,

--- 37 ---

wicaksana, dados: bijaksana, wuwuh, dados: buwuh, wangsul, dados: bangsul, Wibisana, dados: Bibisana. Dados têmbung: yaba (yaba) inggih sagêd malih swaranipun dados: Jawa. Diyu (diu) ing têmbung Hindhu atêgês nagari.

Bab ewahing kêdalipun sastra Jawi botên ngêmungakên tumrapipun samining têmbung Jawi kemawon, upaminipun wae, dados bae, têmbung Jawi ingkang sinarambah kangge ing basa sanès băngsa, utawi kosokwangsulipun têmbung amănca ingkang kangge ing basa Jawi, utawi ingkang namung saking mingsêtipun kêdal, sanadyan ingkang têksih kalêbêt nunggil bangsaning abăngsa, inggih makatên, kados ta: upaminipun tiyang Malayu amastani: bakul, ing têmbung Jawi dados: wakul, batu dados: watu, sasaminipun.

Têtiyang ing pulo Jawi makatên malih têtiyang ing kapuloan Malayu kados-kados asalipun sapisan saking tanah agêng ing Asia, ingkang kathah saking India wingking, sagantên alit sarta margi-margi ing sagantêning kapuloan [kapu...]

--- 38 ---

[...loan] Malayu wau ingkang anênangi pikajênganipun têtiyang ing India wingking andon palayaran ngalih papan dhatêng ing sanès nagari, awit sanadyan kamajênganipun têtiyang ing jaman samantên têksih pasaja sangêt, saking botên têbih ing purugipun mêksa sagêd kalampahan.

Ing pêperanganipun sagantên ing kapuloan India sawatawis, kathah pulo-pulonipun agêng alit, ajèjèr-jèjèr kados sinêbar ing sapurug-purug, wêwangunan saha kawontênanipun awarni-warni, anginipun kapuloan wau ingkang lampahipun ajêg gilir gumantos saking pundi-pundi purug, kawêwahan saking botên têbihing lêtipun saking satunggal dhatêng sanèsipun pulo, anjalari gampilipun ing lampah palayaran.

Bab kamajênganipun têtiyang Jawi kala ing jaman kina katularan saking tiyang Hindhu, inggih punika saking nagari Kalingga, Selong, saking têtiyang ing pasisiripun tanah Malaka sarta Kambaya, utawi kasrambahan saking têtiyang ing India wingking, saking nagari Kmir (Kamboja) utawi malih [ma...]

--- 39 ---

[...lih] saking nagari-nagari ing sawetanipun nagari wau, kados ta: Siyêm. Nagari-nagari ingkang nyarambahi kamajêngan wau pikantukipun kamajêngan saking têtiyang Hindhu ugi.

Ing jaman kinanipun ing Asiah sampun wontên palabuhanipun agêng sarta kitha bandaran agêng, kados ta: ing Tunsun. Lami-lami kawartos bandaran agêng ing Tunsun lajêng ngalih dhatêng ing Kalah, inggih punika: Kra, Kêrah, Kalah, Kila utawi Kêdhah, dumunung ing Banjar panjangipun tanah Malakah, ing pasitèn ingkang aut piyambak, kitha bandaran ing Kêndhali, dumunung ing pulo Kondhor, ing Sambotsal sapanunggilanipun. Bab mula bukaning dhatêngipun têtiyang ingkang sami ngajawi sapisan wau kasêbut ing pêpèngêtan babad ing nagari Cina, ingkang kathah sangêt èmpêripun kalihan kawontênanipun tăndha-tăndha pasaksèn ingkang badhe kasêbut ing wingking.

Sêrat pêpèngêtan babad ing nagari Cina wau, ingkang mawi nyêbutakên sakathahing nama-namanipun padunungan ing kapuloan India, anêrangakên bilih dhatêngipun têtiyang Hindhu ing tanah Jawi sarana angèn angin têtêp saking [sa...]

--- 40 ---

[...king] lèr kilèn sarta wangsulipun angèn angin têtêp ingkang gilir gumantos saking kidul wetan, sarta botên lami lajêng kathah ingkang sami ngalih panggenan dêdunung wontên ing pulo Jawi. Punapa malih lajêng mulangakên agami tuwin dêdamêlipun sarta tatacaranipun dhatêng pokokipun tiyang Jawi, ingkang kala samantên têksih sakêdhik sangêt cacahipun, sarta têtiyang Hindhu lajêng sagêd ngêrèhakên têtiyang Jawi kluthuk wau.

Mênggah kawontênanipun margi agêng ingkang kangge lampah dagang palayaran saking kapuloan India ing jaman kinanipun, ngantos dumuginipun jaman Portêgis, sambêtipun dumugi ing Ngêrum (Rome) lami-lami mradini dhumatêng kitha-kitha ing nagari Itali sarta sanès-sanèsipun, tuwin ing Eropah sisih kidul, namung anglangkungi margi dharatan satunggal, wiwitipun lêlayaran mêdal ing Ambon, Bandhan, kapuloan alit-alit ing kidul kilèn, turut pinggiring kapuloan Sundha alit, pasisiring pulo Jawi ingkang êlèr, turut pinggir pulo Sumatra ingkang wetan, ing pasisiring pulo Banjar Panjang Malayu, [Mala...]

--- 41 ---

[...yu] lajêng sambêt akalihan margi dagang ingkang saking nagari Cina, saking Kanton ingkang kinanipun têksih nama Katigarah, mêdal ing pulo Kondhor, lampahipun lajêng dhatêng ing panggenan sacêlaking Lêgor, Sanggora sapunika, utawi Patani. Saking ngriku lajêng alampah dharatan dhumatêng Tunsun, lami-lami ngalih purug dhumatêng Kalah, lampah palayaran wau katindakakên dening băngsa Hindhu, ananging prasasat namung turut pinggiring pasisir kemawon, botên nênggêl mêdal ing sagantên agêng, dados namung mrambat-mrambat saking satunggiling panggenan, mlêbêt mêdal ing sungapan tuwin pripitan dharatan dhatêng ing panggenan sanèsipun, ngantos dumugi ing jaman dhatêngipun băngsa Nèdêrlan têtiyang Hindhu sarta Cina têksih nindakakên palayaran turut pasisir. Ingkang makatên wau manawi saking têksih ajrih, utawi saking kamanuhanipun, tăndha saksinipun baita-baita ingkang lampah palayaran ing jaman kina sami mêdal ing supitan sagantên ing saantawisipun Singgapura lan tanah sanèsipun, botên mêdal ing sakiduling pulo Singgapura kados ing jaman samangke, punapa

--- 42 ---

malih tăndha saksinipun, lampahing palayaran ing Kidul mêdal ing pripitan sagantên saantawisipun Palembang akalihan Bangkak. Pramila pulo Biliton ing salêbêting taun 1292 kasumêrêpan rumiyin piyambak dhatêng băngsa Cina, nalika băngsa Cina nglurug pêrang dhatêng tanah Jawi mawi bragada baita pêrang kathah mratandhani yèn lampahipun bragada baita kathah wau mêdal ing ngriku. Punapa malih dumuginipun ing pulo Jawi mêdal ing sagantên sakiduling Pulo Madura, botên mêdal ing salèripun, miturut cariyos ingkang badhe kasêbut ing wingking.

Têtiyang palayaran băngsa Hindhu kala ing jaman samantên, sarta turunipun, punapa malih lami-lami băngsa Cina, mênawi badhe dhatêng kapuloan Molokus, ingkang lampahipun saking Kalah sakêlangkung têbih, rumaos pêrlu sangêt anggadhahi papan pakèndêlan, kangge angêntosi mênawi dumuginipun ing margi nungkak măngsa anginipun botên prayogi, măngka ngajêngakên badhe lêlayaran turut pangul utawi rêdi ingkang mutawatosi, [mutawato...]

--- 43 ---

[...si] dene pakèndêlan wau ingkang kathah wontên ing pinggir lèpèn ingkang primpên dunungipun.

Mênawi nitik kathahing rawa ingkang andhap-andhap ing pasisiripun tanah Sumatra ingkang wetan, sarta kathahing wana grêng, ngantos kados botên kenging dipun udhuni têtiyang palayaran, têtela kala ing jaman samantên ing Palembang sarta ing Jawi Têngah ingkang tansah dados pêpenginanipun têtiyang Hindhu ingkang lampah gramèn, adêdunung. Dene sudaning dhatêngipun băngsa Hindhu alampah gramèn dhatêng kapuloan India, langkung malih ing pulo Jawi, ing salêbêting taun Walandi + 600 inggih punika sarêng têtiyang Hindhu ingkang sami dêdunung wontên ing pulo Jawi sampun tumêngkar sarta kuwawi nindakakên lampah gramèn piyambak dhatêng kapuloan Molokus. Dene kèndêlipun babar pisan bab lampah gramèn saking Hindhu wau watawis ing taun Walandi: 1000, ing nalika samantên agami Islam pêncar wontên ing India ngajêng (Hindhustan) sarta têtiyang agami Islam anêngkarakên agaminipun kanthi paprangan ingkang ngantos damêl karisakan agêng.

--- 44 ---

Miturut cêcriyosan Jawi wiwit dhatêngipun băngsa Hindhu angajawi ing salêbêting windu Walandi ingkang kapisan (windu Walandi = abad = 100 taun).

Dhatêngipun padagangan cêngkèh ing Ngêrum sampun wiwit kala awalipun taun Walandi, măngka padagangan cêngkèh punika asalipun botên wontên malih kajawi saking kapuloan Molokus ingkang sisih êlèr, awit ingkang kathah sangêt witipun cêngkèh punika namung ing pulo ngriku, ngantos dados padagangan agêng dhatêng ing pundi-pundi. Nitik bab punika têtela manawi awitipun dhatêng têtiyang Hindhu ing India Nèdêrlan, langkung malih ing pulo Jawi inggih sampun kala awalipun taun Walandi, awit ing pulo Jawi ingkang kangge jujugan, utawi ampir-ampiran layar turut pasisir lampah mantuk dhatêng Molokus, kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, nanging ing kala samantên têtiyang băngsa Hindhu dèrèng kathah ingkang têtêp dêdunung wontên ing tanah Jawi tuwin kapuloan India sanèsipun.

__________

--- 45 ---

III. Agami Hindhu

Mênggah ingkang dados pokokipun kawruh Hindhu ingkang têngkar-tumêngkar wontên ing pulo-pulo ingkang kasêbut ing nginggil, langkung malih ing tanah Jawi, ngantos narambahi dhatêng tatacaranipun têtiyang Jawi, punika agaminipun ing ngriki badhe kula têrangakên.

Saperangan agêng ingkang dipun wastani agami Hindhu punika kalêbêt ugi tatacaranipun băngsa Hindhu, dene ing peranganipun alit artosipun agami Hindhu punika tumêngkaripun agami Brahma: Hindhu ingkang triyoga, têgêsipun ing perangan jaman ingkang kaping tiga, kados ingkang kawrat wontên ing sêrat: Mahabrata, ing Ramayana, ing Purana, ing Darmasastra dêdamêlanipun Manu Yajnyawalkya (Yajnyawalkya) tuwin sanès-sanèsipun.

Sadhengah pêperanganing gêgolonganipun agami Hindhu, ingkang agêng piyambak agami Wisnu tuwin Siwah, sanadyan kawruhipun mênggah ingkang dipun wastani Allah beda-beda, ewadene sadaya golongan agami Hindhu [Hi...]

--- 46 ---

[...ndhu] agêng alit sami nunggil kawruh apracaya dhatêng bab panitisan, utawi panukman, sarta bab gêsang tumimbal lair malih. Miturut piwulanging agami Brahma bab tumimbal lair malih, nyawaning manungsa punika peranganing adêgipun datullah, inggih punika Brahma ingkang luhur piyambak, utawi winastan: nyawa luhur (Paramatman). Wondene gancaripun, adêging tiyang gêsang punika saking adêging bagian kalih prakawis, inggih punika bagian luhur, akalihan bagian andhap. Bagian luhur adêgipun saking kalêmpaking dat tigang prakawis: 1. Atma (roh), ing têmbung Walandi dipun wastani geest. 2. Buddhi (jiwa) ingkang minăngka wêwadhahipun atma, atma botên sagêd gumolong maujud bilih botên asarana buddhi, ingkang minăngka wêwadhah wau, ananging sanadyan atma akalihan buddhi wau sampun nunggil dados satunggal, suprandene saking alusing wujud kêkalih wau ngantos botên katawis manawi atma sampun pangawak buddhi, pamoring dat warni kalih punika dipun wastani: atma buddhi (roh rohani), ing têmbung Walandi dipun wastani: geestelijke ziel perangan ingkang kaping [ka...]

--- 47 ---

[...ping] tiga dipun wastani Manas (pramana utawi roh insani) ing têmbung Walandi kawastanan menschelijke ziel. Bilih tigang prakawis wau, inggih punika: atma, buddhi, manas (roh, jiwa, pramana) sampun nunggil dados satunggal, panjing-pinanjingan, punika sawêg jumênêng trimurti, tiyang ingkang sampun kapanjingan trimurti sawêg gadhah èngêtan sarta sagêd ngrêmbag, tuwin gadhah pikajêngan.

Wondene adêging bagian andhap punika saking kalêmpaking jad kawan prakawis, 1. Kama, ing têmbung Walandi dipun wastani de dierlijke ziel (roh khewani), 2. Prana (gêsanging manungsa), 3. Roh, ing têmbung Walandi kawastanan: het etherische dubbel (roh utawi badan alus), 4. Badan wadhag, het stoffelijke lichaam (roh jasmani), kalêmpakipun kawan prakawis punika amujudakên badanipun manungsa. Manawi bagian andhap wau sampun kapanjingan bagian luhur, manungsa sawêg ngadêg jangkêp saranduning badan, gêsang kados satataning manungsa ing ngalam donya punika. Dene nyawa luhur wau botên sagêd angsal kamulyan jati, pikajêngipun botên sagêd anunggil kawula Gusti, yèn dèrèng sagêd [sa...]

--- 48 ---

[...gêd] dumugi ing panggayuhipun dhatêng dat ingkang asipat nyata. Ing sadèrèngipun manungsa pêjah nyawa tansah sinêngkêr ing badan kita, mênawi kita pêjah nyawa oncat saking badan wadhag, sarta sasampuning angsal badan roh sanèsipun, punapa malih sasampunipun angsal ganjaran manggèn wontên ing salah satunggiling alam kaalusan, utawi tampi paukuman, enggal laminipun miturut sapintên pantêsipun ingkang timbang kalihan awon saenipun kalakuan nalika gêsangipun wontên ing alam donya. Yèn sampun makatên nyawa sawêg anglampahi nitis ing alam donya, inggih punika tumimbal lair malih, tumrapipun tiyang ingkang sae kalakuanipun nalika gêsangipun wontên ing alam donya, ing gêsangipun malih inggih manggih sakeca, dene tumrapipun tiyang ingkang awon kalakuanipun, ing gêsangipun malih inggih botên sakeca, tiyang ingkang awon kalakuanipun wau manawi ing gêsangipun malih mêksa botên sagêd mantuni kalakuanipun, ing tumimbalipun lair rambah-rambah inggih saya suda ajining kamanungsanipun, ngantos sagêd nitis utawi nukma dhatêng kêkajêngan utawi sela.

--- 49 ---

Dene ingkang ing tumimbalipun lair rambah-rambah sagêd saya mindhak-mindhak kasaenanipun, inggih sagêd saya luhur kadadosanipun, ing wêkasan ingkang luhur piyambak ing pêjahipun sagêd anunggil kalihan Brahma ingkang linuhur, ingkang namung sagêd ginayuh dening sampurnaning kawruh kasampurnan, manawi sampun makatên langgêng ing kadadosanipun, botên mawi tumimbal lahir malih, namung ngraosakên nikmat lan mupangat oncat saking sangsara, ingkang tansah pinanggih ing sabu lêbêting nyakra panggilingan.

Bab tumimbal lair rambah-rambah punika ngoyodipun ing kapracayaning têtiyang Hindhu sampun wiwit kala jaman tumêngkaripun agami Brahma kina, angajêngakên babaripun agami Hindhu ngantos tumular dhatêng tiyang ingkang agami Budha, sanadyan agami Budha mukir dhatêng bab wontênipun nyawa wau. Pramila piwulangipun ragi dipun ewahi.

Kajawi kapracayanipun dhatêng ing bab tumimbal lair tuwin sanès-sanèsipun ingkang magêpokan dhatêng bab tumimbal lair wau, têtiyang agami Hindhu inggih pracaya dhatêng candhi-candhi patilasaning lêluhuripun, sarta bab kawontênanipun [kawontêna...]

--- 50 ---

[...nipun] dewa-dewa, sadêdongenganipun, kados ingkang kasêbutakên wontên ing sêrat-sêratipun ingkang sami kaanggêp suci, awit saking Sêrat Wedha sapangandhap. Mênggah kapracayanipun dhatêng ing bab ingkang makatên punika, kathah ingkang tumular ing kapracayanipun têtiyang agami Budha.

Patraping panêmbah wêdharing kapracayanipun têtiyang agami Hindhu, katindakakên wontên ing griya, jiyarah dhatêng ing candhi-candhi tuwin rêca-rêca, sarta nênuwun wontên ing ngriku, anêmbah rêca-rêca pêpêthaning para dewa, sarana asêsaji sêkar tuwin sanès-sanèsipun, ngwontênakên wilujêngan sarta karamean ingkang tumrap ing agaminipun. Wilujêngan agêng kados ingkang tumindak ing jaman Wèdhi sarta jaman tumêngkaripun agami Brahma ing kinanipun, lami-lami saya ical pandamêl bab kadarman sarta kamursidan, kados ta: sidhêkah ingkang warni têtêdhan dhatêng para pêkir miskin, asung pasitèn dhatêng para Brahmana, angadêgakên pasêngkêran, pêpundhèn, pasucèn, griya pangupakaranipun têtiyang sakit, adamêl balumbang,

--- 51 ---

tuwin sapanunggilanipun ingkang adamêl kamayaranipun para miskin, kêpatuh kaanggêp linangkung.

Dewa ingkang kaanggêp linangkung măngka pangajêng mênggahing agami Hindhu ing India wiwit kala ing abad ingkang têngahan, punika Siwah kalihan jodhonipun: Durga, Wisnu akalihan garwanipun: Sri, Brahma ingkang nitahakên, Ganêsah, Surya dewaning srêngenge, Sêkandhah dewaning paprangan, Saraswati, dewaning kawicaksanan tuwin pamicara. Dene dewa ingkang limrah, nanging kêrêp kasarambah ing cariyos, punika dewaning pamiluta: Kama (Kamadewa) sarta sisihanipun: Rati (Dèwi Ratih) sarta Kuberah, dewaning kasugihan, punapadene malih dewa ingkang sakêlangkung kinèringan saha dipun èstokakên dening têtiyang Hindhu punika: Yama, utawi Dharma, dewaning pêjah sarta kaadilan. Dene dewa-dewa sanèsipun, kados ta: Êndra, ratuning para dèwa, sarta dèwaning jawah, Agni, dewaning Brama, ingkang kala ing jaman Wèdhi dados pangajênging kapêrcayan. Wontênipun ing jaman agami Hindhu ingkang kantun-kantun amung kaanggêp dewa andhap.

--- 52 ---

Ewadene wontênipun ing sêrat-sêrat cariyos bab kadewan, dumuginipun ing jaman ingkang kantun, Êndra punika têksih lêstantun minăngka rêrênggan dados pangagênging kadewatan.

Kajawi para dewa luhur tuwin dewa andhap sanès-sanèsipun, ingkang kasêbut ing cêcriyosan bab kadewan sapanunggilanipun, ing salêbêtipun ingkang winastan jaman purwa, kandêl tipis sumêbar kalimrah dhatêng băngsa warni-warni ing kapuloan India, tăndha saksinipun pêpêthaning pêksi garudha, ingkang minăngka têtumpakanipun Bathara Wisnu, pinindha gêlap ngampar ing awiyat, ing kala jaman kinanipun ingaji-aji wontên ing tanah Jawi, kados ingkang têksih kalampah wontên ing Bali. Makatên malih têtiyang băngsa Malayu inggih botên kirang pêpèngêtinipun[4] dhatêng pêksi ingkang minulya sarta linuhurakên wau. Salah satunggiling upacaranipun ratu ing Maguwa, ing jaman sapunika kemawon wontên ingkang kanamakakên garudha. Piyandêlipun dhatêng naga, inggih punika pêpêthaning mêndhung ingkang maujud sawêr, sarta ingaji-aji kaanggêp ingkang [ing...]

--- 53 ---

[...kang] ambaurêksa toya, maratah ing kapuloan India, ngantos dumugi ing Halmaherah. Makatên malih manawi grahana wulan utawi srêngenge, kaanggêp bilih wulan utawi srêngenge wau kacaplok dening danawa ingkang nama: Rahu, punika inggih maratah dados gugon tuhonipun têtiyang Dhayak, Batak, Malayu sarta têtiyang ing Pilipeinên, gèsèhipun kalihan ing tanah Jawi lan Bali mênggahing kapracayan namung sawatawis, wontên ingkang kandêl, wontên ingkang tipis, nanging wosipun sami kemawon.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, lintang-lintang (kalêbêt srêngenge kalihan rêmbulan) inggih ingaji-aji, malah namaning dintên ugi mêndhêt saking namaning lintang-lintang wau.

Wontêning widadara (widyadhara) èstrinipun widadari (widyadhari) sarta gandarwa, inggih punika ingkang kaanggêp dewa lan dèwining langit, tumrapipun ing dêdongèngan Jawi lan Bali, punapa malih ing gugon tuhonipun dados pokoking jêjêr. Makatên malih wontênipun raksasa [ra...]

--- 54 ---

[...ksasa] tuwin danawa kêrêp kasarambah kacariyosakên wontên ing sêrat-sêratipun băngsa Malayu.

Agami Hindhu punika tumularipun dhatêng kapuloan India tamtu sampun wiwit ing purwanipun petangan abad Walandi, katăndha tiyang lêlana băngsa Cina ingkang anama Fahin (Fa Hiên) ingkang dhatêng ing tanah Jawi kala wiwitipun abad Walandi ingkang kaping gangsal, ing wingking badhe kacariyosakên malih gancaripun. Nyumêrêpi ing tanah Jawi sampun kathah têtiyangipun ingkang agami Brahma, punapa malih mirid sêsêratan ing têmbung Sanskrit ingkang pinanggih ing Jawi Kilèn, inggih anunggil wêktu kalihan cariyosipun Fahin. Sêsêratan ing taun Saka: 654 ingkang pinanggih wontên ing Canggal, ing paresidenan Kêdhu, punika ingkang kina piyambak, wontên ing sêsêratan têtilaranipun têtiyang ing jaman samantên, kasêbut ratu ing nagari ngriku asmanipun mawi têmbung Sanskrit, agaminipun Siwah. Sêsêratan ingkang tumrap ing sela ingkang pinanggih ing Kalasan (Ngayogya) mawi angka taun Saka: 700, sêsêratanipun cara Budha. Sêsêratan kêkalih wau manawi katitik kalihan [ka...]

--- 55 ---

[...lihan] kawontênanipun candhi-candhi tuwin barang sêsêngkêraning agami panunggilanipun, ingkang kasêbutakên wontên ing sêsêratan wau, mratandhani manawi agami Hindhu sarta Budha kala abad ingkang kaping wolu sampun tumêngkar wontên ing tanah Jawi. Pasaksèn ingkang alêlandhêsan sêsêratan Jawi Kina ingkang dumunung ing sela-sela, sarta têmbagi, makatên ugi pasangrakitipun patilasan-patilasan yêyasan ingkang awujud candhi tuwin rêca-rêca, ugi nelakakên yèn wontêning yêyasan Hindhu sawêg ing antawisipun taun Saka: 800 dumugi abad ingkang kaping 15, nalika wiwit gumantosipun agami Islam.

Ing pulo Bali agami Hindhu têksih kaèstokakên dumugi ing sapriki. Dene yèn pulo-pulo sanès-sanèsipun inggih botên kêkirangan tăndha saksi ingkang nyata yèn cêcriyosanipun têtiyang ing pulo-pulo wau ingkang magêpokan agaminipun, inggih mêksa kamaksudan agami Hindhu tuwin Budha, saya cêtha malih têtiyang Batak, amêthik pêpêthan tuwin rêrênggan saking cariyos kadewan Hindhu. Sêsêratan têmbung Sangskrit ingkang pinanggih ing

--- 56 ---

Kute (Borneo) tuwin têngêr-têngêr patilasaning têtiyang Hindhu ing Borneo Kilèn, dados tăndha saksi ugi yèn ing ngriku kamaksudan pêncaring agami Hindhu ngantos sawatawis narambahi dhatêng sêsêratanipun têtiyang ing ngriku dumugi ing Sèlèbês tuwin Pilipèinên.

Mênggah agaminipun kina têtiyang ing kapuloan wau, ingkang katut maksud dhatêng agami Hindhu ing salêbêting pêncaripun, punika sarêmpilaning agami punapa, dèrèng kenging katamtokakên kalihan nyata. Wondene ingkang sampun têtela kasumêrêpan, yèn agaminipun băngsa Jawi kala ing abad ingkang têngahan, botên mastani Hindhu utawi Budha, sadaya adhapur bêbangunan miturut satatacaranipun ing India.

Miturut wontêning sêsêratan ing candhi-candhi, ing sela-sela tuwin têtilaran barang yêyasan Hindhu sanès-sanèsipun, têtiyang ing Jawi Têngah kala tumêngkaripun agami Hindhu ingkang kathah sami ngangge agami Siwah, sabab wontêning sêsêratan Budha sakêdhik sangêt, măngka sêsêratan Siwah langkung kathah, ngantos kados kalimrah kang kangge ing Jawi Têngah, [Tê...]

--- 57 ---

[...ngah] ananging dêdamêlanipun têtiyang agami Budha ing Jawi Têngah sakêlangkung ngebat-ebatakên mênggahing agêng saha awiging pakirtyanipun, ngantos angungkuli candhi-candhi ingkang sami wangunipun ing tanah Hindhu, kados ta: Candhi Kalasan, Candhi Sari, Candhi Barabudhur, Candhi Mêndut, Candhi Sèwu, Candhi Plaosan, punika sadaya kajawi ingkang alit-alit, botên kasêbutakê, sami Candhi Budha. Makatên malih candhinipun têtiyang agami Siwah ing Prambanan inggih botên kirang awig pandamêlipun, botên kirang agêng, kathah uparêngganipun, kenging katêmbungakên măngka têtimbanganipun Candhi Budha Barabudhur. Wontênipun candhi-candhi Budha namung manggèn ing Jawi Têngah ingkang sisih kidul. Dene candhi-candhi Siwah sumêbar ing satalatahing Jawi Têngah, êpang dhatêng pundi-pundi. Sanadyan candhi-candhi wau ingkang kathah sampun risak sangêt, sarta sampun botên kenging kapandhing kalihan sanès-sanèsipun, sabab rêca-rêcanipun sampun kathah ingkang sami ical, ewadene saking kathahipun sêsêratan Siwah ingkang pinanggih ing Jawi Têngah, sampun têtela sangêt bilih têtiyang [têti...]

--- 58 ---

[...yang] Jawi ingkang agami Hindhu ing Jawi Têngah manut dhatêng kaum Siwah. Sêsêratan Budha namung pinanggih sakêdhik sangêt, kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, ingkang makatên wau punapa wontên lampah mêmêngsahan, kaum Budha akalihan kaum Siwah, botên pisan-pisan, kaum kêkalih wau sami rukun, awit ing sêsêratan panyêbutipun dhatêng Budha kasami kemawon kalihan dhatêng Siwah.

Bab wontêning sêsêratan ing Jawi Têngah ewahipun wiwit kala ing taun Saka: 850 ing taun Walandi: 928, wiwit ing taun punika wau wontên sêratan sastra wênggi sarta sastra nagari, ingkang botên mawi têmbung Sangskrit inggih punika ingkang kaanggêp têmbung suci dening têtiyang Hindhu, ingkang agami Siwah utawi Budha sami kemawon panganggêpipun, ananging sêsêratan wau mawi têmbung Jawi kagok Sangskrit ingkang kenging lajêng dipun wastani têmbung Jawi Kina, awit kala samantên lajêng kalimrahipun kangge têmbung Jawi kina tumrap ing sêsêratan anggitan sapanunggilanipun, dênê wontêning sêsêratan ingkang enggal têksih magêpokan kaum Siwah.

--- 59 ---

Wontên malih sêratan ingkang pinanggih ugi têksih magêpokan dhatêng kaum Siwah, ananging tataning pitêmbungan dipun walik miturut gagrag enggal. Sakathahing sêsêratan wau ingkang anggumunakên têka botên wontên sulak-sulakipun magêpokan agami Budha, yèn ndulu agêng saha kalangkunganing yêyasan Budha, kados ta: candhi-candhi ingkang kasêbut ing nginggil, pancèn mêsthi kemawon kawruh agami Budha narambahi dhatêng cêcriyosan ing sêrat-sêrat, măngka botên wontên tilas-tilasipun Budha babarpisan, kajawi sêrat-sêrat ing jaman ingkang ngandhap-ngandhap, ingkang asalipun saking Jawi Wetan.

Ing Jawi Wetan kala jaman Hindhu ingkang têngahan, kajawi kala jamanipun Ratu Sindhok, botên wontên têtilaranipun sêratan, sabakdanipun taun Saka: 900, utawi taun Walandi: 978 sêsêratan ingkang pinanggih, sarta têtiyang ing ngriku sami ngangge têmbung Jawi Kina. Mirid kanggenipun têmbung Jawi Kina ing Jawi Têngah kados ingkang kasêbut ing nginggil, kala taun Saka: 850 ngantos dumuginipun ing Jawi Wetan lêtipun kirang langkung: 50 taun. Ingkang makatên [maka...]

--- 60 ---

[...tên] punika bokmanawi jalaran saking badhe sirnaning piandêlipun têtiyang ing Jawi Têngah dhatêng agami Budha, amung nami Siwah ingkang gêsang malih.

Miturut ing titi pamriksanipun para sagêd, têpangipun agami Budha ing Jawi Têngah kala ing jaman kina, punika akalihan tanah Hindhu ingkang sisih lèr kilèn, inggih punika ing nagari Nepal, wontênipun patilasan Budha sarta agaminipun ing ngriku sami kalihan kawontênanipun ingkang tumindak ing Jawi Têngah. Dene candhi Budha ing Barabudhur punika mênggahing wujud sarta wangunipun angêplêki candhi ing Pagan ing nagari Birmah, ingkang têtiyangipun agami Budha, Madhab Hinayana, sarta candhi ing Mengun ing nagari Afa.

Mênawi nitik wangunipun Candhi Sèwu, têtela dêdamêlanipun tiyang agami Budha, kathah èmpêripun kalihan candhi Siwah ing Prambanan. Yèn makatên punika sagêd ugi Candhi Triratna, papan pêpundhènipun têtiyang ingkang mêmundhi dhatêng Trimurti, pangajêngipun Siwah, kalih Brahma, tiganipun Wisnu, dewa têtiga wau sami dipun kupêng dening dewa

--- 61 ---

alit-alit, dewanipun piyambak-piyambak, kados ta: Bathara Brahma kakupêng dening para rêsi, Bathara Wisnu dening para pangagêngipun ingkang sami mêmundhi, para sêsulihipun ingkang sami mêmundhi, tuwin para awatara. Makatên malih Bathara Siwah inggih kakupêng dening para pinitadosipun, sarta para wêwakilipun têtiyang ingkang sami mêmundhi.

Ing Jawi Wetan tumêngkaripun agami Hindhu pokokipun ingkang agêng gêgolonganing agami Siwah, sangkanipun saking Jawi Têngah, malah ing Jawi Wetan babar pisan botên wontên candhi dêdamêlipun têtiyang Budha ingkang kalêbêt sêpuh, sadaya candhi ingkang sêpuh-sêpuh sami dêdamêlanipun têtiyang agami Siwah.

Ing sêlêbêtipun taun Saka: 900 agami Budha têksih lami gêsangipun wontên ing Jawi Wetan, ananging sampun katutupan tumêngkaripun agami Siwah, ngantos mèh botên katawis babar pisan. Ing salêbêting taun wau agami Budha ingkang tumêngkar wontên ing Pasuruan kathah sudanipun, ingkang tumêngkar wontên ing Kêdhiri sampun botên êpang malih [ma...]

--- 62 ---

[...lih] malah suda sawatawis. Ing nalika wau têlênging agami Budha kenging winastan nglêmpak wontên ing Surabaya, namung sawatawis katingal tumêngkar wontên ing Madiun, ing ngriku pinanggih lumbung-lumbung Budha, sarta griya pêpundhèn alit-alit kathah.

__________

IV. Jaman Hindhu

Nitik ing kawontênaning patilasan-patilasanipun têtiyang Hindhu ingkang sami dhatêng ing India Nèdêrlan, kados-kados wiwit kala ing jaman kina mila pulo Jawi tinimbang pulo-pulo India Nèdêrlan sanès-sanèsipun, kalêbêt sampun majêng piyambak. Kawruh tuwin kagunanipun băngsa Hindhu tuwin agaminipun, pêncaripun wontên ing tanah Jawi anglangkungi ing kapuloan sanès-sanèsipun, ing sangandhapipun tanah Jawi ingkang sampun kalêbêt kambah ing têtiyang Hindhu kala ing jaman samantên, pulo Bali kalihan Madura, Sumatra, Borneo tuwin pulo alit-alit sanèsipun ing sacêlaking tanah Jawi, Sumatra, Madura sarta Bali. Panduginipun [pandugi...]

--- 63 ---

[...nipun] para sagêd bokmanawi kamajênganipun Bali kalihan Madura kala ing jaman Hindhu katularan saking pulo Jawi, katăndha kawontênanipun kawruh tuwin kagunan Hindhu, punapa malih tatacaranipun, ingkang dumugi ing nagari kêkalih wau sampun kamoran padatan kados ingkang tumindak ing pulo Jawi.

Sêsêratan sastra wênggi ingkang pinanggih ing Jawi Kilèn, inggih punika ing Bogor tuwin ing Batawi, anêdahakên taun: 400 sarta 500, punapa malih amratelakakên bab anjrakipun têtiyang băngsa Hindhu ing Jawi Kilèn sangkanipun saking nagari Kalingga, ing India ngajêng (Hindhustan), ananging têtiyang băngsa Hindhu ingkang sami ngalih saking nagarinipun sarta lajêng adêdunung wontên ing ngriku wau botên patos kathah, sarta maksudipun kêmajêngan tuwin agami Hindhu inggih botên sangêt. Wontêning patilasan Hindhu ingkang pinanggih ing ngriku, kados ta: rêca-rêca, candhi-candhi, gua ingkang cinandhi, sêsêratan ingkang dumunung ing sela-sela, undhak-undhakan ingkang anjog dhatêng pêpundhèn sapanunggilanipun, ing Jawi

--- 64 ---

Kilèn sakêdhik sangêt, beda kalihan ing Jawi Têngah sarta ing Jawi Wetan. Patilasan-patilasan wau nglêmpak dados satunggal lajêng êpang dhatêng pundi-pundi, kados ta: ing Jawi Têngah ing Sêmarang, Kêdhu, Bagêlèn, Ngayugyakarta, Surakarta. Ing Jawi Wetan, kados ta: ing Surabaya, Kêdhiri, Pasuruan, pasitèn ing urutipun lèpèn Brantas, sarta êpang dhatêng Madiun, Prabalingga, Basuki tuwin sanès-sanèsipun, kados ingkang kasêbut ing bab Bayinat.

Ingkang makatên punika jalaran têtiyang Hindhu ingkang dêdunung wontên ing Jawi Kilèn ing sasêlot-sêlotipun lajêng ngalih nilar padununganipun mangetan dhatêng Jawi Têngah, wondene dhatêngipun ing Jawi Têngah sêsarêngan kathah. Mênggah kawotênanipun ingkang pinanggih ing Jawi Têngah têtiyang Hindhu ingkang sami dhatêng wau botên wontên titikanipun têtiyang agami Wisnu, ananging agami Siwah kalihan Budha, inggih punika agami-agami ingkang kaprah kangge wontên ing tanah Hindhu ingkang sisih kidul, dados têtela yèn ingkang sami dhatêng wau têtiyang saking tanah Hindhu

--- 65 ---

ingkang sisih kidul, kados ingkang badhe katêrangakên malih ing ngandhap sarta ing wingking.

Sêsêratan saking Sang Ratu Sênjaya, ingkang pinanggih wontên ing paresidenan Kêdhu ingkang sisih kidul, mawi titimăngsa ing taun Saka: 654 cocogipun kalihan taun Walandi: 732 punika sêratan ingkang pinanggih ing Jawi Têngah sêpuh piyambak sarta kasêrat mawi sastra wênggi. Punapa malih sêratan ingkang tumrap ing sela ingkang pinanggih wontên ing Dhakawu ing paresidenan Kêdhu ingkang sisih Kidul Wetan sarta ingkang pinanggih wontên ing Dièng, punika ingkang langkung cêtha malih mawi kasêrat ing sastra wênggi. Awit saking punika nelakakên bilih têtiyang Hindhu ingkang sami dhatêng ing Jawi Têngah asalipun saking tanah Hindhu ingkang sisih kidul, awit sêratan sastra wênggi punika kala ing jaman samantên kalimrah kangge ing nagari Dekan ing wêwêngkon talatahing tanah Hindhu ingkang sisih Kidul.

Tuwan Fergusson ingkang paham dhatêng bab kawontênanipun barang kina, amastani yèn candhi-candhi ing Dièng sami awangun calukiyah, dene wangun calukiyah (Calukya) punika kalihan [ka...]

--- 66 ---

[...lihan] sêratan sastra wênggi nunggil misah, ananging ingkang anggumunakên wangunipun candhi-candhi ing Dièng tuwin ing sakiwa têngênipun têka botên cocog kalihan sastra sêsêratanipun ingkang mêsthi kangge ing wangun calukiyah. Miturut tăndha-tăndha pasaksèn ingkang sampun kasêbut ing nginggil, sampun têtela yèn têtiyang Hindhu ingkang dêdunung wontên ing Jawi Têngah ingkang rumiyin piyambak, nunggil kalihan têtiyang Hindhu ingkang rumiyinipun dêdunung ing Jawi Kilèn.

Wontên malih sêsêratan sanès warni, inggih punika sêratan Budha ingkang pinanggih dumunung ing selaning candhi ing Kalasan bawah ing Ngayogyakarta, mawi titimăngsa taun Saka: 700 cocogipun taun Walandi: 778 sami-sami sêratan Budha ingkang sampun pinanggih kalêbêt sêpuh piyambak. Yèn makatên wontênipun tiyang agami Budha ing Jawi Têngah rumiyin agami Siwah, sêratan wau awangun sastra nêgari, nandhakakên dhatêngipun têtiyang Budha saking tanah Hindhu ingkang sisih êlèr. Makatên malih candhi ing Kalasan wangunipun beda kalihan candhi-candhi ing Dièng, wanguning candhi

--- 67 ---

ing Kalasan mèmpêr kalihan candhi-candhi ing tanah Hindhu ingkang sisih lèr kilèn, makatên malih candhi-candhi ing ngriku pakirtyanipun awig, sami kalihan candhi-candhi Budha ing Jawi Têngah, ingkang sami-sami têtilaranipun têtiyang Hindhu kalêbêt unggul piyambak pakirtyanipun. Ananging ingkang makatên wau inggih dèrèng tamtu yèn dhatêngipun băngsa Hindhu gêntosan măngsa, awit kawotênanipun tăndha pasaksèn ing Jawi Têngah cêcaruban, sasampunipun titimăngsa taun warni kalih ingkang kasêbut ing nginggil taksih wontên sanèsipun, inggih punika ingkang pinanggih tumraping sela ing rêdi Dièng, sêsêratanipun mawi têmbung Jawi Kina (Kawi), ingkang kina piyambak, mawi titimăngsa taun Saka: 731 cocogipun kalihan taun Walandi: 809, sêsêratan wau nunggil misah kalihan sêratan Pali. Sarta sastra Hindhu ingkang kanggê ing tanah Hindhu wingking, kados-kados dhatêngipun ragi sêsarêngan kalihan sêratan nagari ingkang kasêbut ing nginggil. Wontên malih sêsêratan ingkang wangunipun langkung kina, nanging titimăngsanipun langkung enggal, mawi titimăngsa taun Saka: 750

--- 68 ---

cocogipun kalihan taun Walandi: 828. Manawi nitik dhapuripun sastra ingkang kangge kina piyambak sarta kathah èmpêripun sastra jirnar, ingkang kangge ing salèr wetanipun nagari Bombai, mirid saking nunggil misahipun sêsêratan, kenging katamtokakên yèn sêsêratan wau ingkang nglimrahakên wontên ing tanah Jawi inggih têtiyang Hindhu ingkang nglimrahakên sastra nêgari wau. Nitik kawontênanipun sadaya wau, bab dêdamêlan Budha ingkang pinanggih ing Jawi Têngah sadaya gêgolonganipun kaum Mahayani (Mahayani) dene wontênipun sêratan ingkang pinanggih ing tanah Jawi botên ngamungakên ingkang kangge ing Budha, malah ingkang kathah ingkang kangge ing têtiyang agami Siwah.

Kajawi padununganing patilasan-patilasan kala ing jaman Hindhu, kapanggih ing titimăngsa taun ing rêca-rêca, ing candhi-candhi, ing barang logam, ing têmbagi blebekan sapanunggilanipun, kenging kangge namtokakên wiwit sarta papanipun têlênging kamajêngan Hindhu. Manawi titimăngsa taun ingkang pinanggih wau kaparinci sarta [sar...]

--- 69 ---

[...ta] pêprincènipun lajêng kagolongakên piyambak-piyambak ing dalêm wêktu nyadasa taun, upaminipun taun 725-730 dumugi taun 734; taun 735, 740 dumugi 744, lajêng sagêd kasumêrêpan jamaning mêkaripun kawruh Hindhu wontên ing tanah Jawi. Punapa malih suda tuwin sirnanipun kamajêngan kawruh Hindhu wau sarta ngalihipun panggenan, ing pasitèn sawetaning parêdèn Dièng, kalêbêt ing Bagêlèn, Kêdhu, sarta candhi-candhi Budha Barabudhur, tuwin Mêndut, ing Ngayogyakarta sarta Surakarta sawatawis kanthi patilasan-patilasan ing Prambanan, kalêbêt ing kidul wetan, titimangsaning taun ingkang lami piyambak: 732, sasampuning nyandhak taun: + 940 ing ngriku sampun botên wontên urut-urutanipun, lajêng ngangge taun: + 1420, dados mèh gangsal abad (+ 500 taun), ing saantawisipun wêktu wau mêkaripun kawruh kagunan Hindhu ngalih saking ngriku dhatêng Jawi Wetan. Sanadyan sêsarêngan ing wêktu wau ing Jawi wetan inggih sampun kadhatêngan kawruh kagunan Hindhu, nanging dèrèng kenging winastan mêkar, katăndha saking angka-angka taun [tau...]

--- 70 ---

[...n] ingkang pinanggih ing ngriku, kados ingkang kasêbut ing ngandhap.

Têlênging kawruh kagunan Hindhu ing Jawi Wetan punika ing Surabaya, Kêdhiri sarta Pasuruan. Ing Madiun sanadyan botên kathah patilasanipun Hindhu ingkang warni candhi-candhi tuwin rêca-rêca, ewadene sêratan-sêratan ingkang pinanggih ing ngriku kathah sangêt. Mênggah titimăngsa taun ingkang pinanggih ing Madiun, Kêdhiri, Surabaya, tuwin Pasuruan ing saantawisipun taun + 890 kalihan + 1040, ing salajêngipun ing saantawisipun: 1100 lan: 1490, ing Kêdhiri ing saantawisipun: 1120–1240, lajêng ing Kêdhiri ing saantawisipun: 1270–1490 dumugi ing Madiun sawatawis. Punapa malih ing Pasuruan, Prabalingga kalihan ing Bêsuki ing saantawisipun taun: 1340–1470, ing Madura: 1290–1440, ing Rêmbang: 1370–1390, ing Sêmarang kalihan ing Surakarta mêkar malih kala ing saantawisipun taun: 1420–1460.

Pêpèngêtan Babad ing nagari Cina nyariyosakên ugi wontênipun têtiyang Hindhu ing tanah Jawi.

--- 71 ---

Wontên satunggiling pandhita băngsa Cina anama Fahiyan (Fa Hian) ingkang andon lampah ulah ing kasucèn jiyarah dhatêng papan-papan pêpundhèn ing Hindhustan tuwin ing Selong. Sawangsulipun dhatêng nagari Cina anumpak baita mêdal ing sagantên, anêmahi sangsara, baitanipun kabuncang ing angin tuwin aluning sagantên, dumugi ing pulo Jawi, ingkang kala samantên dipun wastani dening Fahiyan: Yafadhi, inggih punika kala ing salêbêtipun taun Cina ingkang cocogipun kalihan taun Walandi nuju warsa: 414, wontên ing ngriku Fahiyan dêdunung gangsal wulan laminipun. Sasumêrêpipun Fahiyan, ing ngriku kathah têtiyangipun Pasèk, inggih punika tiyang-tiyang ingkang botên anggadhahi panutan agami, têtêp anêmbah kayu watu, tuwin barang isèn-isèning alam sanèsipun. Punapa malih ingkang wontên têtiyang agami Brahma, dene têtiyang ingkang ngèstokakên dhatêng agami Budha namung sakêdhik, ngantos kirang pêrlunipun kacariyosakên. Ing nalikanipun Fahiyan kabuncang wontên ing pasisiripun pulo Jawi, sarta wangsulipun mantuk dhatêng nagari Cina, awak-awakipun [awa...]

--- 72 ---

[...k-awakipun] baita sami têtiyang agami Brahma, awit saking punika ing kala samantên ing pulo Jawi sampun wontên tiyang Hindhu, nanging sawêg sakêdhik, dèrèng ngantos tumêngkar sangêt.

Wontên malih sêsêratan ingkang nungil jaman, namung ragi kapêngkêr titimangsanipun, anêdahakên yèn têtiyang Hindhu ingkang dhatêng kala samantên wontên ing padunungan ingkang dipun dhatêngi Fahiyan wau asalipun saking Dhekan (Dekkan) ing India Inggris (Hindhu) ingkang sisih kidul, awit sêratan wau mawi sastra wênggi ingkang ing jaman samantên kalimrah kangge ing Dhekan.

Miturut ing pêpèngêtan babad ing nagari Cina, kala ing taun Walandi: 435 nagari ingkang têpang rêmbag akalihan karajan Cina winastan: Yavadah (Yavada) watawis ing taun: 515. Nagari wau kasêbut nama: Langasu (Langasu) utawi Langga (Langga) ing pêpèngêtan babad kala jamanipun karaton ing nagari Cina ingkang jumênêng ratu têksih turun: Taang (T'ang) ing salêbêting taun Walandi: 618 dumugi: 906 kasêbut namaning karaton ingkang [ing...]

--- 73 ---

[...kang] têtiyangipun sampun wontên ingkang among dagang wontên ing nagari Cina, utawi ingkang ratunipun sampun utusan atêpang rêmbag, punika anama Karajan Kaling (Kaling) ing sanèsipun bab mawi katêrangakên yèn: Kaling punika ugi anama Yava (Yava). Bokmanawi ingkang dipun wastani dhatêng băngsa Cina kala ing jaman samantên karajan Kaling wau Kalingga, dumunung ing pasisiripun tanah India Ngajêng ingkang lèr wetan. Mirid saking linta-lintuning nama wau, dugi-dugi ing nagari Kalingga kala ing jaman wau agêng kuwasanipun wontên ing pulo Jawi.

__________

V.Bayinatipun Tumêngkaring Agami Hindhu tuwin Budha wontên ing Tanah Jawi

Ing pundi-pundi satalatahing tanah Jawi prasasat wontên patilasanipun jaman Hindhu, kados ta: candhi-candhi sapanunggilanipun, sanadyan botên sami kathahipun, utawi botên sami wujud tuwin kawontênanipun, kados ta: ingkang pinanggih ing Jawi Kilèn, ing sacêlakipun Batawi akalihan Bogor, ing Jawi Têngah dumunung ing paresidhenan [pa...]

--- 74 ---

[...residhenan] Ngayogyakarta, Kêdhu, Surakarta. Ingkang pinanggih ing sawetaning paresidhenan têtiga punika dumunung ing paresidhenan Surabaya, Kêdhiri tuwin Pasuruan, urut titimangsanipun awit ingkang rumiyin piyambak, punika ingkang minăngka têlêng, pokok utawi lajêripun. Sanadyan dunungipun têtilaran kala ing jaman Hindhu ingkang kenging dipun junjung sarta kaêlih panggènanipun, dèrèng mêsthi manawi ing salaminipun manggèn têtêp ing satunggiling panggènan, ngantos ingkang makatên wau dados panggagasipun para sagêd. Ewadene patilasan ingkang agêng-agêng, kados ta: candhi, sanadyan ugi wontên ingkang pancèn kenging dipun êlih saking panggènanipun kawitan, ananging mirid saking tăndha-tăndha bilih panggènanipun têtêp ing ngriku salaminipun, mratandhani yèn wontêning patilasan ingkang agêng wau, ing Bogor, Batawi, Ngayogya, Kêdhu, Surakarta, Surabaya, Kêdhiri, Pasuruan, dados têlêngipun pambabaring agami Hindhu ing jaman kina. Wontênipun patilasan-patilasan wau ing Jawi Kilèn namung sakêdhik, ingkang kathah

--- 75 ---

ing Jawi Têngah sarta ing Jawi Wetan, saking pokokipun panggenan ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng êpang dhatêng ing nagari-nagari ing sakiwa têngênipun. Ingkang dumunung ing Pasuruan lajêng mradini ing Jawi Wetan, sarta êpang dhatêng Madura tuwin Bali, punapa malih Madiun kenging kaetang êpang.

Lajêr ing Jawi Kilèn, katitik saking sêsêratan ingkang dumunung sela-sela gêsang, têgêsipun sela ingkang dèrèng kagarap, ing Jambu, ing Kêbon Kopi, Ciarutin sarta ing Tugu.

Lajêr ing Jawi Têngah, katitik saking kathahing sêsêratan sarta patilasan pêpundhèn tuwin griya pamujanipun têtiyang agami Hindhu kados ta: candhi-candhi sasaminipun, tilas undhak-undhakan minggah dhatêng Dièng, sarta gua-gua ingkang wontên titikipun patilasaning têtiyang agami Hindhu, nandhakakên bilih ing Jawi Têngah kala ing jaman samantên sampun kathah sangêt têtiyang agami Hindhu. Ing Jawi Têngah ugi pinanggih kathah tapak tilasing candhi, sarta ingkang têksih wujud candhi, kados ta: ing paresidhenan [Paresi...]

--- 76 ---

[...dhenan] Sêmarang, candhi Tegakusuma, Si Kunir, Kalitaman, sapanunggilanipun. Ing Bagêlèn, candhi Sawangan, gua-gua ing Kuthaarja, desa Candhi, Candhi: 44 ing Dièng, ing Kêdhu: Barabudhur, candhi Pawon, Mêndut, tuwin kathah panunggilanipun. Ing Ngayogyakarta: candhi Ijo, candhi Sari, candhi Kalasan, candhi Prambanan. Ing Surakarta: candhi Sèwu, candhi Lumbung, candhi Plaosan, candhi Sujiwan sapanunggilanipun.

Lajêr ing Jawi Wetan, katitik saking kathahing sêsêratan kala ing jaman Hindhu, sarta tapak tilasing yêyasan warni-warni, nanging botên patos kathah utawi botên ngebat-ebatakên kados ing Jawi Têngah, ing ngriku ugi pinanggih kathah guwanipun, padusan, gapura-gapura, capuri, bètèng, patamanan, sapanunggilanipun, ingkang ing Jawi Têngah botên wontên. Punapa malih tilas lumbung sapanunggilanipun, ingkang pinanggih ing paresidhenan Madiun: Gêdhonggong, Sadhan, Gêlang (Tilas Kraton). Ing Surabaya: candhi Ngrimbi, candhi Kadhaton, sapanunggilanipun. Ing Kêdhiri: candhi Lor, candhi

--- 77 ---

Ngêtas sarta sanès-sanèsipun. Ing Pasuruan: candhi Tênggiling, Selabraja, tuwin sanès-sanèsipun. Ing Prabalingga: candhi Pura, candhi Jabung sapanunggilanipun. Ing Bêsuki: candhi Argapura, candhi Kadhaton tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid saking sêsêratan ingkang dumunung ing patilasan-patilasan, sarta ing sela-sela ingkang pinanggih, punapa malih saking panandhing, sampun têtela yèn sêsêratan ingkang pinanggih ing Jawi Kilèn sêpuh piyambak, sarta kadunungakên dening têtiyang ingkang mêmundhi dhatêng Wisnu, dede têtiyang agami Budha.

Rikala agami Hindhu tumêngkar wontên ing Jawi Wetan, miturut ungêlipun sêsêratan ingkang pinanggih, ing Jawi Wetan ing sakidul Surabaya, salèr Pasuruan, sarta ing Kadhiri ingkang dados têlênging kawruh kagunan Hindhu, ing sêratan wau kasêbut para ratu ingkang asmanipun kados nama-nama ingkang kangge ing para têtiyang ingkang pangkat alit kemawon.

Ing Jawi Têngah ugi pinanggih ingkang makatên.

--- 78 ---

Sêsarêngan kalihan surutipun agami Budha, ing nagari Pasuruan, Kêdhiri, sarta nglêmpakipun dhatêng Surabaya, watawis ing taun Saka: 900, kados ingkang kasêbut ing babad agami, ing salêbêtipun jumênêngipun Prabu Èrlangga, têtiyang Bali ingkang kabawah dhatêng sang prabu angwontênakên kasusastran tuwin têtêmbungan Jawi Kina ing sasagêd-sagêdipun, sanadyan ing wêktu jumênêngipun sang prabu, têksih kathah sêrat-sêrat ingkang kopèn, utawi ingkang pancèn kaanggit ing salêbêting jumênêngipun sang prabu, kados ta: sapalihipun Sêrat Mahabarata ingkang ngajêng, inggih punika Adiwirata, Udiyoga, Bismaparta, sarta sêrat Ramayana, ingkang sampun kaanggit dhapur kêkidungan mawi têmbung Jawi Kina.

Kacariyos ing salêbêting taun Saka: 1000 sapangandhap nagari Madiun madêg piyambak, punapa malih nagari Kadhiri tuwin Pasuruan, badhe kathah cêcriyosanipun tumrap ing Sêrat Pararaton jilidan ăngka II.

Tăndha pasêksènipun manawi têtiyang băngsa Hindhu gêgolonganipun têtiyang agami Wisnu inggih kalêbêt [kalêbê...]

--- 79 ---

[...t] dhatêng gêgolonganipun băngsa Hindhu ingkang ngajawi rumiyin piyambak. Katitik saking kathahing patilasan-patilasan Hindhu ingkang kina piyambak, sarta ingkang kantun-kantun, kados ta: candhi Suka, sarta candhi Cêtha ing rêdi Lawu, katawis yèn têtilaranipun têtiyang agami Wisnu, kajawi rêca-rêcaning Wisnu ing pulo Jawi pinanggih ugi rêca pêpêthaning saktinipun, sakti makatên garwaning dewa, ingkang kacariyos kababarakên mêdal saking salêbêting sagantên, sarta sakêlangkung listya ing warni, inggih punika Dèwi Laksmi utawi Sri. Ing ngriku ugi wontên rêca pêthaning Bathara Brahma saha Trimurti, ananging mirid kawontênanipun ing candhi-candhi sarta kathahing rêca-rêca pêpêthaning Siwah, anelakakên manawi sami-sami agami Hindhu ingkang pêncar wontên ing pulo Jawi gêgolonganipun agami Siwah ingkang kalêbêt agêng piyambak.

Rêca-rêca ingkang pinanggih wontên ing pulo Jawi miturut ing dhapuripun kaperang warni-warni, dhapur Pajajaran, kanamakakên makatên miturut karaton ing Pajajaran, ingkang dunungipun wontên ing Jawi Kilèn. Sadaya rêca-rêca [rêca-rê...]

--- 80 ---

[...ca] ingkang dumunung ing Jawi Kilèn sami kalêbêt dhapur Pajajaran, kados ta: Rêca Dhomas, sarta rêca-rêca ingkang pinanggih ing Bogor tuwin ing Priyangan. Rêca-rêca adhapur Pajajaran punika garapanipun sakalangkung pasaja, awis-awis ingkang panatahipun uwal saking sela, ananging ingkang kathah-kathah têksih kăntha wontên ing sela ingkang tinatah, punapa malih ingkang limrah wujudipun awon-awon, corèkanipun botên ajêg, sarta aut-aut, botên mawi katimbang kalihan agêng aliting wujud, mirid ulat-ulatanipun mracihnani yèn kamajênganipun rêca ingkang tumindak ing tanah India ing jaman kina anglangkungi luguning garapan Hindhu, dene umuripun rêca-rêca ingkang adhapur Pajajaran wau miturut ăngka taun ingkang dumunung ing sawênèhing rêca-rêca, kala ing sadèrèngipun taun: 1200 dumugi taun: 1500.

Panatahing rêca-rêca ingkang kawical sampun langkung majêng miturut dhapuripun kaperang dados tiga: ingkang satunggal dhapur Majapait, kenging winastan garapan Hindhu ing tanah Jawi ingkang linangkung.

--- 81 ---

Dhapur ingkang nomêr kalih, bokmanawi awitipun wontên inggih nunggil jaman kalihan wontênipun dhapur Majapait, ingkang kathah-kathah pandamêlipun inggih sakalangkung awig, garapanipun Jawi lugu, katitik saking warni saha ulat-ulatanipun, têtela yèn pêpêthanipun têtiyang băngsa Polini, inggih punika băngsa Jawi sapanunggilanipun, punapa malih pakiraning badan, pangangge sêsaminipun saèmpêr kawontênanipun têtiyang Jawi.

Dhapur ingkang nomêr tiga ingkang sampun pinanggih sawêg sakêdhik, umuripun botên langkung saking kala abad ingkang kaping nêmbêlas, namung pinanggih ing Jawi Wetan, punika têturutanipun rêca-rêca ingkang sêpuh piyambak, ingkang têksih karumat wontên ing Bali. Dene ingkang kadamêl rêca-rêca wau namung saking bangsaning sela ingkang botên patos atos, kados badhening rêca ingkang dhapur Majapait, sarta ingkang nomêr kalih, wontên ugi ingkang kadamêl saking prunggu, tosan, salaka tuwin êmas. Rêca-rêca sela inggilipun ngantos mètêran, dene ingkang saking logam inggilipun namung sèntimètêran dumugi dhèsimètêran.

--- 82 ---

Banciking rêca namanipun: padmasana, sampiripun para Brahmana, ingkang ugi nandhakakên rêca pêpêthaning tiyang jalêr, anama: upawita, kêpêtipun winastan: camara, tumpakanipun Brahma winastan: wahana. Makatên malih banyak ingkang măngka têtumpakanipun Bathara Brahma winastan: Angsa, dene ingkang dados upacaranipun Bathara Wisnu, punika: 1. Syangka, salomprèt ingkang măngka têngaraning yuda, 2. Cakra, jêmparing ingkang sawarni rodha, 3. Garudha, tumpakanipun Wisnu.

__________

VI. Wiwit Santosanipun Malih Agami, Kawruh, tuwin Kagunan Hindhu

Salêbêting jumênêngipun karaton Majapait, ingkang iyasa Radèn Wijaya, wiwit ing taun Saka: 1214 ing taun Walandi: 1292 kacariyos karatonipun sangêt amisuwur dhumatêng liyan praja, dhasar Radèn Wijaya limpad ing saniskara. Ing kala punika agami kawruh tuwin kagunan Hindhu ing tanah Jawi wiwit mêkar malih, kala watawis kirang tigang abad kalihan jumênêngipun karaton ing Majapait,

--- 83 ---

kalêbêt ugi kala jamanipun Prabu Aji Jayabaya, wontênipun kawruh sêsêratan tuwin têtêmbungan ingkang winastan Jawi Kina, inggih punika watawis wiwit kala ing taun: 900 sawêg sae-saenipun, dene kumpulipun kawruh Hindhu kalihan kawruh Jawi awit kala punika langkung sangêt tinimbang sawêg jamanipun agami, kawruh tuwin kagunan Hindhu mêkar wontên ing Jawi Têngah. Sawêg kala têksih sisih-sisihan, sanadyan kawruh kagunan Jawi katunggilan kawruh Hindhu, ewadene lajêng sagêd wangsul sae malih kados nalika mêkar-mêkaripun kawruh kagunan Hindhu ingkang wiwitan. Makatên malih kawontênanipun ing Kêdhiri kawruh kagunan sapanunggilanipun ingkang ing waunipun sampun kathah Jawinipun tulèn tinimbang Hindhu, sarèhning kawruh tuwin kagunan Hindhu ingkang dados pokok, Jawinipun lami-lami inggih mêksa kawon, têmahan lajêng katuwuhan kawruh Hindhu malih, malah dados pokok.

Kacariyos ing nalika jamanipun karaton ing Tumapêl tuwin Majapait, agami Budha tumêngkar malih, malah karaton kêkalih wau sami ngèstokakên agami

--- 84 ---

Budha, sanadyan madab Mahayani, ananging mêkaripun botên ngantos sangêt kados nalika wontên ing Jawi Têngah ngantos anilar patilasan ingkang ngebat-ebatakên. Ing ngriku têtiyang Budha inggih gadhah patilasan, kados ta: candhi Cumpang, katitik saking rêca-rêca Budha ingkang dumunung ing ngriku, namung candhinipun yèn katitik saking wontênipun sêsêkaran sarta rêrêngganipun, kados candhi Siwah.

Miturut ingkang kasêbut ing pêpèngêtan babad ing nagari Cina, sabakdaning mantukipun Brahmana Fahiyan saking pulo Jawi ingkang bab dhatêngipun sampun kasêbut ing ngajêng, wontên ing bab jaman Hindhu, kacariyos wiwit kala samantên nagari Cina atêpang rêmbag kalihan ing pulo Jawi dhatêng bab prakawis dagang, sabên-sabên nagari Cina amatah cundaka dhatêng pulo Jawi ing bab pêrluning dagang.

Ing pêpèngêtan Babad Nagari Cina inggih nyariyosakên, kala akiripun abad ingkang kaping tigawêlas, inggih punika ing salêbêtipun taun Walandi: 1292 karajan Cina angangkatakên wadyabala dhatêng karaton ing Tumapêl, [Tuma...]

--- 85 ---

[...pêl] dene ingkang măngka tăndha saksinipun cariyos wau kagancarakên wontên ing Sêrat Pararaton ing jilidan ăngka II.

Miturut ingkang kasêbut ing Sêrat Pararaton jilidan ăngka II ingkang wêwaton sêsêratan ing kropak, sarta sêrat iyasanipun Tuwan Groeneveldt ingkang wêwaton pêpèngêtan ingkang pinanggih wontên ing nagari Cina, sarta sêrat dêdamêlanipun Tuwan Van der Lith: Merveilles ing kaca: 241 ingkang ugi awêwaton ing tăndha saksi sanès-sanèsipun, sampun têtela sangêt bilih ing jaman abad ingkang kaping tigawêlas ing taun Walandi kados ingkang kasêbut ing nginggil, ing salèripun lèpèn Brantês,[5] sarta ing kidulipun, wontên karatonipun kêkalih, ingkang êlèr karaton Tumapêl, ingkang kidul inggih punika ing Kêdhiri sapunika, dunungipun karaton ing Daha. Bab ingkang kathah-kathah prakawis karaton kêkalih punika dumuginipun karaton ing Majapait, ngancikipun jaman Islam, kacariyos wontên ing sêrat ingkang jilidan ăngka II.

__________

--- 86 ---

VII. Bab Kawontênanipun Agami tuwin Kawruh Hindhu ing Pulo-pulo India sanês-sanêsipun

Bab kawontênanipun agami tuwin kawruh Hindhu ing pulo sanès-sanèsipun, kajawi ingkang sampun kasarambah dipun cariyosakên ing ngajêng ing bab dhatêngipun tiyang Hindhu, namung wontên cariyosipun sawatawis kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Ing Madura.

Kawontênanipun agami tuwin kawruh Hindhu ing Madura, sakêdhik sangêt cêcriyosanipun, kawontênanipun ing ngriku sadaya magêpokan kalihan gêgolonganipun kawruh kagunan Hindhu ing Jawi Wetan. Mênggah bayinatipun ingkang pinanggih ing ngriku kalêbêt yêyasan sarta dêdamêlan ing salêbêtipun abad ingkang wêkasan, kados ingkang pinanggih wontên ing pulo Jawi ingkang wetan piyambak.

--- 87 ---

Ing Pulo Bali.

Mênggah kawontênanipun kawruh tuwin kagunan Hindhu ing pulo Bali langkung kathah tinimbang ing Madura. Bayinat ingkang pinanggih wontên ing Bali bawah guprêmên kalêbêt gêgolonganipun sarta nunggil jaman tuwin têturutanipun ingkang pinanggih ing Jawi Wetan, kados ta: bayinat ingkang pinanggih ing bab sêratanipun tiyang ing Bali, ingkang ugi dipun wastani sêratan Jawi Bali, punika sêratan Jawi Enggal mawi tata kina, sêsêratan ăngka taun ingkang dumunung ing guwa ing Sangit, tuwin sêsêratan kina sanèsipun, anêdahakên manawi pulo Bali sampun sami lêlanggatan kalayan santosa akalihan tanah Jawi kala ing abadipun taun Saka ingkang kaping sanga sarta sadasa. Ananging ing pulo Bali botên wontên patilasan-patilasan, sarta kêkantunaning patilasan ingkang samantên sêpuhipun. Punapa malih sêsêratan Jawi Kina, kala jamanipun Èrlangga, inggih punika ing salêbêtipun taun Saka, kirang langkung ăngka: 950 utawi ingkang katitimangsan kala ing jaman watawis satus taun sabakdanipun Èrlangga, inggih punika ingkang pinanggih [pi...]

--- 88 ---

[...nanggih] wontên ing Bali, ngangge tataning kasusastran ingkang kangge ing sadèrèngipun jaman Majapait. Awit saking punika kênging kaanggêp manawi kala kinanipun, inggih punika ing salêbêting abad ingkang kaping sanga sarta sadasa wau, pulo Bali sampun kamaksudan kawruh tuwin kagunan Hindhu saking pulo Jawi, ananging mawi sirna sarta lajêng tuwuh malih, candhi-candhi sarta rêca-rêca ingkang kina sangêt ing Bali botên wontên.

Ing Pulo Sumbawa.

Mênggah bayinat wontênipun kawruh tuwin kagunan Hindhu ingkang pinanggih wontên ing pulo Sumbawa, sakêdhik sangêt, sarta dumuginipun ing ngriku wangun-wangunipun namung dumadakan kemawon. Punapa malih titimangsanipun anggèning dumugi ing ngriku kala pêncaripun kawruh kagunan Hindhu wontên ing Jawi Wetan ingkang wêkasan, dhatêngipun ing ngriku bokmanawi inggih têtularan saking Jawi Wetan.

Ing Bornêo.

Bayinat wontênipun kawruh tuwin kagunan Hindhu ingkang dumugi ing Borneo dumunung ing sêratan ingkang pinanggih

--- 89 ---

wontên ing dhusun: Sanggo, ing pasisiripun tanah Borneo ingkang sisih wetan, sanadyan wontênipun sêratan wau dumuginipun sapriki dèrèng têrang. Dene ingkang sami pinanggih wontên ing Kute sarta wontên ing sacêlakipun nagari Martapura, sami katitimangsan nunggil jaman kalihan bayinat-bayinat ingkang pinanggih ing Jawi Kilèn. Malah wontên ugi ingkang kados-kados langkung sêpuh, sêratanipun mawi sastra Wênggi, dene rêca-rêca saking Kute ingkang kabêkta dhatêng Batawi, wêwangunanipun beda sarta langkung sêpuh tinimbang sadaya rêca ingkang pinanggih wontên ing pulo Jawi.

Ing Malaka.

Wontênipun sêsêratan dumugi sapriki ingkang pinanggih wontên ing tanah Malaka inggih mawi sastra wênggi, ananging wontên ugi ingkang mawi sêratan Jawi Kina, kados ingkang pinanggih ing pulo Sumatra.

Ing Sumatra.

Mênggah wontênipun sêsêratan ingkang pinanggih ing pulo Sumatra dumugi sapriki sêratanipun Jawi Kina, kados [kado...]

--- 90 ---

[...s] ingkang pinanggih ing nagari Malaka, ananging ingkang wontên namung ing pasisiripun pulo Sumatra ingkang sisih kilèn, miturut ing titimangsanipun sêratan ingkang pinanggih wau têtela yèn pulo Sumatra sampun kasumêrêpan dhatêng têtiyang băngsa Hindhu kala ing salêbêting abadipun taun Saka ingkang kaping sadasa, dumugi ing pungkasaning abadipun taun Saka ingkang kaping tigawêlas. Sêratan wau têksih lêstantun kangge miturut wujudipun lami, nanging ngangge wêwangunan piyambak, lami-lami sêratan wau ingkang kathah-kathah lajêng botên kangge, kajawi ing Batak, ing Rêncung sarta ing Lampung ingkang têksih ngangge sêratan wau, namung tatanipun beda-beda. Dene ingkang kangge ing Rêncung punika ingkang lugunipun sêratan Malayu, ing sadèrèngipun têtiyang Malayu ngangge sastra Arab.

Kajawi sêratan sastra wênggi sarta sastra Jawi Kina kados ingkang kasêbut ing nginggil, wontên ugi sawatawis sêsêratan ingkang pinanggih ing Tanjung Medhan, sarta ing candhi Bungsu mawi sastra nagari. Ingkang satunggal katawis sangêt yèn asalipun saking gêgolongan madab Mahayani Budha,

--- 91 ---

kadosdene sêsêratan Jawi Kina ingkang katitimangsan taun Saka: 946, cocogipun ing taun Walandi: 1024. Saking kawontênanipun ing sêsêratan ing Sumatra Kilèn wau, anelakakên yèn têtiyang Hindhu ingkang sami ngalih panggenan ing ngriku, sarta têtiyang ing ngriku ingkang lajêng sami manut ing agaminipun tiyang Hindhu, agaminipun sami Budha, cocog kalihan kawontênanipun patilasan-patilasan kina, sarta kakantunaning yêyasan kina ingkang pinanggih ing ngriku, maratah awit saking ing Singkêl dumugi ing Moko-moko. Mênggah kalangkunganipun patilasan-patilasan wau sanajan pasaja nanging dados lan saenipun. Wondene ingkang pinanggih ing Padhang Lawas sarta ing Padhang Sêbopênlandhên, têtela patilasan Budha, têbih sangêt sungsatipun kalihan kawontênanipun patilasan Hindhu ingkang pinanggih wontên ing pasisiripun pulo Sumatra ingkang wetan, inggih punika ing sakidul Asahan, sarta ing Palembang, sami dèrèng kasumêrêpan kalayan yakin. Saking kintên-kintên ing sacêlaking nagari Jambi punika ing kinanipun dumunung ing karatonipun [karatoni...]

--- 92 ---

[...pun] Prabu Sri utawi Prabu Samboja, inggih Sambotsai, ananging kintên-kintên wau tansah dados gagasan kemawon, dèrèng kenging kaanggêp yakin dene dèrèng dipun cocogi dhatêng para sagêd sanèsipun, awit têksih sêpên tăndha pasaksènipun ingkang gumathok. Wontênipun kawruh kagunan Hindhu tuwin Budha ingkang kalimrahahakên wontên ing pasisiripun pulo Sumatra ingkang wetan sarta kilèn, botên kêkah kados kawontênanipun ing pulo Jawi. Tăndha pasaksènipun dene pagêsangan, sêsêratan, têmbung-têmbungipun têtiyang ngriku namung sawatawis anggèning kamaksudan kawruh tuwin kagunan Hindhu. Sanadyan pakêcapanipun dêlês ing băngsa Malayu ing ngriku inggih botên mèmpêr babar pisan, malah têbih sangêt sungsatipun kalihan wontênipun ingkang narambahi ing pulo Jawi. Punapa malih têmbung-têmbung Sangskrit inggih sakêdhik sangêt ingkang tumular kangge têtiyang ing ngriku, malah ingkang kathah têmbung-têmbung Sangskrit ingkang kangge ing basa Malayu, sampun cêcangkokan saking basa Jawi, dalah cêcriyosanipun ingkang tumrap ing dêdongengan, ingkang

--- 93 ---

pêndhêtan, utawi pêthikan saking cariyos-cariyos Sangskrit ingkang sampun dados cariyos Jawi. Cêkakipun kawontênaning têtilaran kala ing jaman Hindhu ing pulo Sumatra sakêdhik sangêt.

Ing Karimon, ing sacêlaking pulo Sumatra, ing sangajênging sungapanipun lèpèn Kampar wontên sêsêratan ingkang pinanggih mawi sastra nagari, ingkang makatên punika nandhakakên yèn agami Hindhu ingkang mangsudi ing ngriku madab Mahayani Budha. Dene sêsêratan ingkang pinanggih wontên ing lèpèn mundho ing Kitha Kapur, ing wêwêngkon nagari Bangkak, mawi sastra wênggi, nitik ing kawontênanipun kados-kados pandamêlipun wontên ing salêbêting taun Saka: 608.

Agami ing India Ngajêng.

Agaminipun têtiyang ing India Ngajêng, ingkang kawical pêncar piyambak punika agami Siwah akalihan agami Wisnu, wondene ingkang agêng piyambak agami Siwah. Dewa kêkalih wau ugi kaanggêp dados panutanipun agami Brahma, sarta kasêbutakên ing piwulangipun

--- 94 ---

Bathara Siwah minăngka panglêburing donya, Brahma ingkang nitahakên, Wisnu ingkang among tuwuh, gancaripun kasêbut ing piwulang bab jêjèrènganipun Trimurti, dene dumuginipun ing pulo Jawi rumiyin agami Brahma tinimbang agami Budha.

__________

--- [95] ---

Isinipun Sêrat Pararaton Jilidan Ăngka: I Punika.

nomêr ... kaca

Bêbuka ... 3

Pambuka ... 32

I. Jaman Kaluthuk ... 34

II. Dhatêngipun Băngsa Hindhu Angajawi ... 36

III. Agami Hindhu ... 45

IV. Jaman Hindhu ... 62

V. Bayinatipun Tumêngkaripun Agami Hindhu tuwin Budha Wontên ing Tanah jawi ... 73

VI. Wiwit Santosanipun malih Agami, Kawruh, tuwin Kagunan Hindhu ... 82

VII. Bab Kawontênanipun Agami tuwin Kawruh Hindhu ing pulo-pulo India sanès-sanèsipun ... 86

__________

 


§) Saking pamriksanipun Tuwan G.P. Rupar (G.P. ROUFFAER), bêdhahipun nagari Majapait kalêrêsan kalampahan ing taun Jawi: 1438 utawi taun Walandi: 1516, dene tuwan wau angsalipun katrangan makatên saking babad-babad băngsa Portêgis, dipun tandhing kalihan cariyos Malajêng tuwin Jawi. (kembali)
§) Awit saking punika kula kèngêtan pangandikanipun Dhoktêr G.A.J. Hazeu kala wontên ing Ngayogya, nuju jumênêng dalêm kangjêng rajaputri ing Nèdêrlan ngasta kaprabon, kala taun Walandi 1898. Ing salah satunggiling gapura ing karamean wontên ungêl-ungêlan sangkala makatên: ngèsthi tusthaning manggala nata, ing salêbêtipun Dhoktêr Hazeu, kula sarta para mitra sami pêpanggihan wontên ing kamar bolah Jawi: Mardiwara, kula nyuwun priksa dhatêng Dhoktêr Hazeu mênggah têgêsipun têmbung tustha, sarta bab suraosipun sangkalan wau, saking pangandikanipun makatên: bab sangkalanL ngèsthi tusthaning manggala nata, punika mungguh sangêt tumrapipun kangge pasêmon ing kawontênanipun dintên punika, pikajêng kula botên badhe mancahi dhatêng wontênipun sangkalan wau, namung badhe nêrangakên dhatêng saudara, sèlèhipun têmbung-têmbung wau, lêrêsipun ngèngingi sangêt dhatêng kawontênaning karamean, dhasar mila makatên pikajêngipun ingkang damêl, ananging mênggah luguning suraosipun [sura...]

--- 14 ---

[...osipun] botên makatên, awit: ngèsthi, punika rimbagipun têmbung: èsthi, ingkang têgêsipun: pangajêng-ajêng, saking têmbung Sanskrit: isthi ananging punika pêpiridan saking têmbung: èsthi, ingkang Sanskritipun: hasthin atêgês: liman, miturut ing căndrasangkala anggadhahi watak wolu. Dene têmbung: tustha, ingkang ing ungêl-ungêlan wau têgês: trustha, botên kalêbêt ing petungan căndrasangkala, ingkang kalêbêt ing căndrasangkala punika trustha utawi trusthi, ing têmbungipun Sanskrit, trutha utawi truthi têgêsipun: pêcah, bênthèt, sigar sarta anggadhahi watak: 9.
Miturut pangandikanipun Dhoktêr Hazeu têmbung sangkala utawi sêngkala asalipun saking têmbung Sanskrit: çakakala ingkang ugi têksih kangge ing Jawi Kina; têgêsipun petangan măngsa miturut çaka, inggih punika ingkang dipun wastani dening tiyang Jawi Ajisaka, wiwitipun kala taun Walandi: 78 (taun Jawi angka: 1).
M.D. (kembali)
narbukani. (kembali)
pêpèngêtanipun. (kembali)
Brantas. (kembali)