Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/1)

Judul
Sambungan
1. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 2/2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Pararaton, Mangkudimêja, 1912–3, #1053 (Jilid 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 79a.

Sêrat Pararaton.

Pararaton.

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok.

Jilidan ăngka: II.

Kakarang ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

Kaêcap ing Kantor Pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi 1912.

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 79a.

SêratPararaton.

Pararaton.

Inggih punika ingkang ugi nama Sêrat Kèn Arok utawi Kèn Angrok

Jilidan ăngka: II.

Kakarang ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

Kaêcap ing Kantor Pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi 1912.

--- [2] ---

Cariyos mawi sêkar.

Anyariyosakên kawontênanipun para Ratu ing Daha, Tumapêl tuwin ing Majapait, kawêdalakên sarta katêrangakên ing têmbung Walandi dening suwargi Tuwan Doktêr Y. L. A. Brandhês (DR. J. L. A. BRANDES), amtênar ingkang piniji amarsudi basa ing India Nèdêrlan.

--- [3] ---

Bêbuka

1. Dhandhanggula

1. rumancana srêngkara muryani | nidikara pambudi dyatmika | manggupita caritane | têmbung Lănda sinawung | raja swara rasmana Jawi | mamèstu kahastaman | astamèng tyas agung | mahapti mêmantrokara | karanane nglêluri pustaka aji | Tumapêl lan Paradya ||

2. Majapait rikala tinulis | malèk candrama candra Purnama | Puwasa Wawu warsane | tinêngran angka taun | sèwu wolung atus pan luwih | kawan dasa satunggal | tanggal Lănda nuju | ping sanga Sèptèmbêr warsa | sèwu sangang atus sawêlas marêngi | dene kanang carita ||

3. winastan srat Pararaton nênggih | Srat Kèn Angrok utawi winastan | Kèn Arok iku critane | ing kawontênanipun | para Ratu Tumapêl tuwin | pra Nata Majalêngka | rinipta sadarum | kang ngrênggani tanah Jawa | duk ing nguni turune Kèn Angrok nênggih | watonira mangalap ||

4. babonira sing têmbung Walandi | anggitannya ingkang sampun swarga | Dhoktêr Y. Brandhês wus dene | kasub paramèng têmbung | basa wetan sampurna titi | tekang mangriptèng sastra | atur pambagyayu | dhumatêng ingkang karênan | maos Sêrat Pararaton iki nênggih | kula Mangkudimêja ||

--- 4 ---

I[1]

2. Sinom

1. rinênggèng sêkar srinata | purwakanirèng kang tulis | mêdharkên lampahanira | Kèn Angrok ingkang winarni | nalikanira lair | ana warăndha ing Jiput | darbyatma priya juga | kang lampahe tan prayogi | rêmên bandrèk jina mursal ambêlasar ||

2. tan maèlu awisannya | ingkang sipat datan kèksi | nujwèng satunggiling dina | pun mursal atilar panti | sing Jiput wus lumaris | mentar ngungsi sanès dhusun | yèku bawah Bulalak | de kang măngka pangagênging | i[2] Bulalak Êmpu Tapawangkêng rannya ||

3. ingkang ing kala punika | yun damêl gapura siki | tumrap ing patapanira | kranèku dewaning kori | nêdha tumbal menda brit | satunggal dhatêng Sang Êmpu | Tapawangkêng gya mojar | sanadyana datan olih | tan ngapaa pasthi ngong têmah sangsara ||

4. kalêbèng gêni naraka | mungguh anaa kang janmi | ingkang yogya pinatenan | nanging reka lyane maning | tan bisa anuruti | ing paminta murih antuk | wêdhus abang sajuga |[3] nahênta ingkang winarni | lare mursal anyaguhi

--- 5 ---

dadya kurban ||

5. kinarya tumbal gapura | Êmpu Tapawangkêng tampi | lare mursal datan cidra | ing janji anglêksanani | mungguh karêpirèki | kang kaya mangkana iku | pinrih ing wangsulira | mring Wisnu Buwana malih | sagêdira manukma mring wran wibawa ||

6. nênggih ing manuswa pada | sang êmpu wus anuruti | sapanêdhanirèng bocah | sagêda manukma malih | kaya ingkang wus pinrih | ing nalika pêjahipun | ngalami pitung jaman | dupi lare wus ngêmasi | sigra-sigra ginawe tumbal gapura ||

7. nahên riwusnya mangkana | lare mursal musnèng pati | bali mring Wisnu Buwana | kaya ingkang wus kinapti | panuwunira malih | sagêd manukma dumunung | wetaning Kawiarga | ya ta kawuwusa malih | purwakane kang dadi bakuning kăndha ||

8. Bathara Brama anganglang | midêr-midêr miling-miling | ngupados pawèstri ingkang | sagêd kadhawahan wiji | patutan lan dewa di | katuju ana kadulu | nênggih pangantèn mudha | nêdhêngnya pasihan sami | namanira ingkang jalêr Gajah Pura ||

9. Kèn Êndhok raning wanudya | wran karo gawene tani | anggarap kang pasawahan | nuju satunggiling ari | Kèn Êndhok sawêg ngirim | dhumatêng ing lakinipun [lakini...]

--- 6 ---

[...pun] | kang nêmbe nggarap sawah | ing Ayuga raning sabin | saking Pangkur yèku raning dunungira ||

10. praptèng ênu kawurcita | Bathara Brama umèksi | wanudya maksih taruna | yèku Kèn Êndhok kawarti | lumampah mung pribadi | datan wontên rowangipun | praptèng sasana sunya | Bathara Brama wus yakin | datan samar yèku èstri kang kuwawa ||

11. kanggonan wiji minulya | măngka sarananing dadi | pamêncaring tuwuhira | Bathara Brama tumuli | tumurun anyêlaki | sarwi nilakramèng têmbung | ingkang mêmalad driya | Kèn Êndhok dipun cakêti | Sang Bathara saya ngangsêg lênggahira ||

12. Kèn Êndhok kang datan mojar | rinungrum ing têmbung manis | Kèn Êndhok lir mawurcita | mengo tumungkul ing siti | sakêcap tanpa angling | nulya arsa kinalulut | anèng lêlatêng Têgal | Kèn Êndhok gya mojar bêngis | dhuh-dhuh adhuh Sang Maha Bathara cidra ||

13. dene têka asêmbrana | tan wêdi dhêndhaning Widhi | Bathara Brama wacana | mêdharkên ênyêting galih | Kèn Êndhok duk miyarsi | tan suwala tansah manut | rinurah ing asmara | enggaling carita mangkin | samya nutug [nu...]

--- 7 ---

[...tug] gyannya andatêngkên karsa ||

14. Bathara Brama pêpoyan | Kèn Êndhok dipun walêri | pan mangkana têmbungira | dhuh titahing bathara di | kang tuhu sun trêsnani | poma kita aywa purun | winoran laki kita | sinanggama lambang rêsmi | kang mangkana iku nyambori kang rahsa ||

15. rahsèngong kang wus cumithak | ing baga kita ing wuri | bakale pan dadi suta | mijil priya sun namani | Kèn Angrok ranirèki | yèn kongsia lambang santun | kita lan laki kita | tan tulèn wijiling siwi | yèn katêrak wêling kita katêmahan ||

16. laki kita pasthi lena | wêling ulun aywa lali | Kèn Angrok ing têmbe bakal | kang ambangun kaananing | jagad rat pulo Jawi | amung iku wêling ulun | sang bathara gya mukswa | Kèn Êndhok kari pribadi | datan dangu Kèn Êndhok nutukkên lampah ||

17. marang sawah ing Ayuga | têgal lêlatêng kawuri | Gajah Pura duk tumingal | ingkang èstri andhatêngi | dahat sukaning ati | măngka durung lami pangguh | mantèn nêdhêng pasihan | anèng dalan dèn icipi | kawimbuhan sêlak ngêlih wêtêngira ||

18. mulane mangarsa-arsa | dhatêngira ingkang èstri | bakda mangan [manga...]

--- 8 ---

[...n] Gajah Pura | ingkang èstri nyariyosi | mangkana lingira ris | wong lanang dadèkna pawruh | nalika sun tumêka | nèng têgal lêlatêng nênggih | sinanggama ingsun ring Bathara Brama ||

19. sang bathara apêpoyan | ingsun dipun wanti-wanti | tan awèh asarêsmia | manèh kalawan sirèki | yèn ta sira tan arsi | anggugu pituturipun | wêcane sang bathara | sira bakal nêmu pati | krana sira momori rahsa minulya ||

20. kang wus rumêmbês cumithak | anèng guwa garba mami | bakal wijiling atapa | têdhaking andanawarih | kusuma rêrêmbêsing | madu pinusthika nulus | Gajah Pura duk myarsa | pituture ingkang èstri | Êkèn Êndhok ingajak mantuk saksana ||

21. sadumuginirèng wisma | Kèn Êndhok ingarih-arih | ingajak tilêm sadhela | Kèn Êndhok tinari rêsmi | nanging kukuh tan arsi | dahat lênggana ing kalbu | lumuh anurutana | Kèn Êndhok wicantên bêngis | hèh wong lanang wit saiki sun pêgatan ||

22. wit aku wêdi kaliwat | wêlinge Bathara Agni | Gajah Pura lon manêbda | yèn mangkana datanapi | iya ingsun nuruti | pêgatan lawan sirèku | dene sabarang [sa...]

--- 9 ---

[...barang] gadhah- | anmu bali mring sirèki | darbèkingsun iya bali jênêng ingwang ||

23. riwusira pêpêgatan | Kèn Êndhok kang dèn dunungi | ing Pangkur ing sêsabrangan | ingkang êlorirèng kali | dene Gajah Purèki | ing Campara dunungipun | sabrang ingkang narmada | ingkang kidul dèn goni | kawuwusa durung nganti limang dina ||

24. antarane pêpêgatan | Gajah Pura têmah lalis | têtiyang kang samya myarsa | gumune kêpati-pati | ngungun sajroning ati | mangkana rêrasanipun | anggumunake dahat | bayi ingkang durung lahir | isih ana ngêtêngan tumuse panas ||

25. mêntas bae pêpêgatan | ramakne gya banjur mati | nahên Kèn Êndhok samana | wus lèkira babar bayi | mêtu priya apêkik | pun jabang binucal laju | marang ing Pabayangan | nahênta ingkang kawarni | ing dalunya ana dursila kasasar ||

26. dhumatêng ing Pabayangan | Lêmbong aranira maling | ing kono Lêmbong tumingal | wontên pêpadhang nêlahi | Lêmbong sigra murugi | mring sangkanirèng kêkuwung | dahat dènira jingkat | Lêmbong anrênjuhi bayi | cêngèr-cêngèr nangis anèng Pabayangan ||

27. dupi wus pêrak têtela | bayi ngujwala nêlahi [nêlah...]

--- 10 ---

[...i] | mawa praba lêng-ulêngan | kumêdhap wangkawa wingit | nyata dudu bangsaning | sabarang bayi puniku | Lêmbong datan sarănta | bêbayi jinunjung aglis | dipun othong binêkta mantuk mring wisma ||

28. rinêksa lan ingopenan | dening Lêmbong lawan rabi | rinêngkuh lir sutanira | pribadi dera sêsiwi | samana ana warti | sumêbar sangkaning tutuk | salah sijining rowang | ngira Lêmbong kang pawarti | yèn pun Lêmbong darbyatma pupon panggihan ||

29. wanci dalu dera angsal | anèng Pabayangan sêpi | nalika pinanggih ana | ing Pabayangan umawi | ngujwala anêlahi | saking kadohan umancur | tan dangu antaranya | pawarta kamirêng dening | Êkèn Êndhok gupuh-gupuh mring wismanya ||

30. Lêmbong kagyat duk katêkan | Kèn Êndhok alon dera angling | dupi sumêrêp sutanya | wus tan kasamaran yêkti | ki sanak Lêmbong bayi | iki têmêne sutèngsun | kang sun sèlèhkên ana | Pabayangan wanci bêngi | de mangkene larahe ingkang sanyata ||

31. Kèn Êndhok saksana mojar | hèh Lêmbong sira pa tan wrin | yèn bayi kang sira panggya | anèng Pabayangan yèki | sutaningsun sayêkti [sa...]

--- 11 ---

[...yêkti] | yèn sira kapengin wêruh | purwakanirèng wêka | Bathara Brama kang siwi | unggyanira patutan lan jênêng ingwang ||

32. sayogya sira rêksaa | dèn bêcik lan ngati-ati | sun gawe upama kaya | lare ki awibi kalih | ramanira satunggil | yèku Lêmbong sira ingsun | anggêp lir yayahira | Lêmbong lan rabinirèki | tan lênggana nyaguhi pangrêksanira ||

33. wran karonya dahat trêsna | mring lare dènira manggih | wus sinung aran mring rena | Kèn Angrok namanirèki | mangkana saya lami | saya wuwuh asihipun | Lêmbong lan rabinira | Kèn Angrok samantên ugi | datan pae trêsnanira mring karonya ||

34. wus kaya wong tuwanira | pribadi ingkang sêsiwi | nahên ta kala samana | Kèn Angrok wus dungkap wanci- | nira angon kang mundhing | Kèn Angrok gyannya dêdunung | samana anèng desa | ing Pangkur Kèn Angrok asring | kinèn tumut winulang ing laku samar ||

35. dening Lêmbong sring ingajak | mêmandung ambêdhah kori | sakêdhap kewala lêbda | pratingkahe pandung julig | borosira kapati | Kèn Angrok brèh budinipun | gawene mung royalan | sakèhing darbèking wibi | Êkèn Êndhok lan darbèking

--- 12 ---

bapa angkat ||

36. apan wus têlas-têlasan | Kèn Angrok ingkang ngambili | tinotohkên pramainan | nahên kawuwusa malih | Angrok kinèn ngon mundhing | kêkalih pan cacahipun | darbèking Amandhala | ing Lêbak datan antawis | lami ingkang maesa sapasang ilang ||

37. kinarta aji arganya | dening Amandhala nênggih | kêbo sapasang murwatnya | wolung èwu kèpèng nguni | Kèn Angrok dèn srêngêni | inguman-uman wran têlu | yayah rena katrinya | dahat dènnya nguring-uring | tan kayaa sira bocah ambêlasar ||

38. tan manut rèhing budyarja | candhala silib dèn goni | ora kaya-kaya sira | gawene mung nyênyêdhihi | mring sudarmanirèki | ingkang tan wurung kêcêmplung | ingsun dadi wong mujang | tan lyan mung saka sirèki | mrêbês mili Kèn Êndhok atêbah jaja ||

39. sanadyan sira tan mentar | lunga saka kene ugi | sun mêsthi dadi wong mujang- | ira Amandhala yêkti | Angrok tan bisa uning | saksana pan nuli mamprung | atilar yayah rena | ingkang dêdunung ing dèsi | ing Campara lan ing Pangkur kanang desa ||

40. Kèn Angrok apan wus mentar | tan tolèh bapa myang wibi | jujug desa

--- 13 ---

Kapundhungan | kabèh kang yun dèn ungsèni | prasamya datan apti | kanggonan Angrok winuwus | ana sawijining wran | sing Karuman botoh saji | aranira ki botoh Bango Samparan ||

41. ki botoh êntèk-êntèkan | denira totohan saji | lawan malandhang Karuman | dupi ki botoh tinagih | tan bisa ambayari | Bango Samparan winuwus | gya mentar sing Karuman | mring Rabutjalu têtèki | jro sêmadi ana swara kapiyarsa ||

42. dumêling wêwarahira | hèh Bango Samparan aglis | kita ge-age balia | marang Karuman saiki | ulun pan darbe siwi | Kèn Angrok ingkang rum-arum | saiki nèng Karuman | iku kang bakal ngêsahi | utangira ring malandhang ing Karuman ||

43. Bango Samparan gya mangkat | tan tolih ing dina wêngi | Rabutjalu wus kawuntat | dumugyèng marga kapanggih | lan Kèn Angrok wus kadi | samayan kapanggyèng ênu | Bango Samparan ngrasa | antuk pitulunging Widhi | sokur ing Hyang bungahe marwata suta ||

44. Kèn Angrok nuli ingajak | kaya ge-age sinunggi | ingajak marang Karuman | pinêndhêt suta ing mangkin | Bango Samparan nuli | dhumatêng

--- 14 ---

patopan pangguh | lan mêlandhang mêngsahnya | karone wus têmpuk main | Sang malandhang kalah pan têlas-têlasan ||

45. kalahe Bango Samparan | wus bali sadaya mangkin | apan wus têtela nyata | Ki Bango Samparan nênggih | antuk parmaning Widhi | dupi Ki Bango umantuk | saka ing pamainan | Kèn Angrok tumut tan kari | kawuwusa Bango Samparan punika ||

46. wayuh ngalapdho rabinya | karo samya kakang adhi | rabi kang tuwa ranira | Gênuk Buntu kang taruni | Tirtaja ingkang nami | darbyatmaja cacahipun | lima rannya kang tuwa | Panji Bawuk ingkang kadyi | Panji Kuncung aranira kang pandhadha ||

47. Panji Kunal malihira | Panji Kênêngkung lan malih | èstri wuragil namanya | iyèku Cêcupuranti | Gênuk Buntu tan siwi | Kèn Angrok ingambil sunu | Kèn Angrok nèng Karuman | nganti lawas paran dening | datan bisa athuk lan sadulur angkat ||

48. para panji caturira | samana Kèn Angrok nuli | kesah saka ing Karuman | marang Kapundhungan ngalih | nèng Kapundhungan nuli | katêmu lan lare ngucul | lare angon anaknya | Tuwan Sahaya anênggih | buyut ing Sagênggêng Tuwan Cita rannya ||

--- 15 ---

49. wran têlu wus pawong mitra | lan Kèn Angrok samya asih | samono Kèn Angrok uga | tan pisah pra mitra sami | Kèn Angrok atunggil ing | Twan Sahaya wismanipun | Kèn Angrok lan Twan Cita | lir mitra sinarawèdi | datan pisah wong loro arsa pruhita ||

50. Kèn Angrok lan Tuwan Cita | arsa puruhita nulis | klawan maca milanira | lare kêkalih wus panggih | kalawan jêjanggan ing | Sagênggêng dera gêguru | ngèngèr dadya muridnya | pra murid samya pinardi | nulis maca panganggone kang aksara ||

51. suwara wyanjana sastra | sawrêdi kridhaning tulis | winulang căndra sangkala | petung palak dina sasi | taun myang wuku sami | sampun sampurna ing kawruh | wit saking pamulangnya | janggan ing Sagênggêng titi | ênêngêna kawuwus janggan samana ||

52. gadhah wit jambu sajuga | kang măngka pasrèning panti | lagi nêdhêng uwohira | dhêdhompolan anèng uwit | ananging dèrèng sami | sêpuh-sêpuh uwohipun | ki janggan wus anglarang | ywa na padha nêrak mêthik | datan ana wong wani nglanggar larangan ||

53. ki janggan sampun wacana | yèn wohe wus matêng sami | nênggih kaparêng ngundhuha | nanging

--- 16 ---

Kèn Angrok duk uning | wohing jambu andadi | Kèn Angrok kapengin ngundhuh | ing manah tan sarănta | dupi ing wancining wêngi | mangsanira têtiyang samya anendra ||

54. Kèn Angrok uga anendra | lawa pira-pira sami | mêtu sing bun-bunanira | andilir mabur marang wit | saratri muput sami | umăngsa ponang woh jambu | gadhahanira janggan | esuke blèsèh ing siti | pinêndhêtan dening rowangira janggan ||

55. dupi ki janggan umiyat | woh jambu blèsèh ing siti | ki janggan muntab muringnya | takon mring rwang salah siji | apa darunanèki | uwoh jambu samya runtuh | blèsèh sumêbar kisma | kang tinanya lon dera ngling | risakira woh jambu minăngsa lawa ||

56. wit jambu tandya sinungan | sêrung êrining panjalin | dalunya jinagèn ngandhap | janggan turu ngandhaping wit | Kèn Angrok apan nuli | mapan tilêm ngèmpèr kidul | asandhing kang tumpukan | alang-alang panggonaning | kyai janggan yèn mêlit atêp lang-alang ||

57. kawuwus dalu punika | dupi sampun tilêm sami | ki janggan kagyat umiyat | lawa andalidir sami | mabur umêdal saking | Kèn Angrok bun-bunanipun | atusan kanang lawa | sa

--- 17 ---

ngrusak jambu lagis |[4] kyai janggan dahat dènira bramantya ||

58. lawa ginêtak ginusah | janggan kuwalahan yêkti | mulanya saya bramantya | Kèn Angrok tinundhung aglis | watara madyèng ratri | Kèn Angrok kagyat sru bingung | tan darana umêdal | mapan têtilêman sabin | alang-alang gènnya mapan têtilêman ||

59. tan dangu antaranira | janggan nuwèni mring sabin | purugira Angrok tandya | tumingal cahya nêlahi | anèng madyaning sabin | alang-alang janggan masmu | kagyat angira ana | barang kobong madyèng sabin | sarêng pêrak gumune janggan kalintang ||

60. umiyat Kèn Angrok nendra | anèng madyanirèng sabin | sarwi ngorok sêsêngguran | janggan panglocitèng ati | Angrok dudu sasami | mijil cahyanira mancur | Angrok ginugah sigra | ingajak bali mring panti | kinèn turu ing sajroning wismèng janggan ||

61. esuke janggan lingira | dhumatêng Kèn Angrok aris | kinèn ngundhuh uwohira | jambu sasênêngirèki | Angrok suka kapati | alon dènira amuwus | yèn ingsun wus agênga | ki janggan sun walês pasthi | unggyaningsun kapotangan kabêcikan ||

62. Kèn Angrok wus saya arda | karyane [kar...]

--- 18 ---

[...yane] umangon mundhing | tan pisah lan Tuwan Cita | sadina-dina anambi | damêl padhukuhan lit | sawetan Sagênggêng dhusun | ing patêgalan sanja | kinarya papan ngadhangi | para liwat samya ingadhang-adhangan ||

63. dêning Angrok lan Twan Cita | nahên ta ingkang winarni | ana wong dèrès sajuga | marang alasing wong dèsi | Kapundhungan iyèki | darbe atma wadon ayu | tumut dèrès bapaknya | mring Adiyuga wanadri | yèku wananira wran ing Kapundhungan ||

64. lare ingkang tumut bapa | andèrès marang wanadri | kalimpe tandya rinujag | sinanggama nèng wanadri | pakartyèng Angrok ndadi | wong liwat cinêgat purun | têmah rusuh kang marga | dangu-dangu kapiyarsi | marang Daha wartanya sampun sumêbar ||

65. Angrok kalakuwanira | dêrapon aywa mawêrdi | sigra pinrih kacêkêlnya | Sang Akuwu budyèng kapti | yèku Akuwu nênggih | ing Tumapêl namanipun | Tunggul Amêtung ika | kabawah ing Daha nagri | murih nyêkêl Kèn Angrok gêsang-gêsangan ||

66. Kèn Angrok ge tilar desa | ing Sagênggêng ngungsi maring | Rabut Garontol ranira | desa ingkang dèn ungsèni | Kèn Angrok turut margi | kinuya-kuya [kinu...]

--- 19 ---

[...ya-kuya] binujung | Angrok nuli manabda | ngêsotkên kang atut wuri | kang padharsa nyêkêl Kèn Angrok mangkana ||

67. têmbungira muga-muga | ana toya gêng dhatêngi | tanpa sangkan anyêgata | kang padharsa nyêkêl mami | winor ing bajra pati | nêmpuh para kang amburu | yèn mangkana ing Jawa | tan ana kang ngêbot-boti |[5] Êkèn Angrok nuli mentar ngluru gêsang ||

68. Rabut Garontol kawuntat | ngungsi marang Wayang aglis | jujug ing Sukamanggala | mangkana araning têgil | Êkèn Angrok tumuli | anjarah wong mikat manuk | ngantos têlas-têlasan | saksana umentar malih | ngungsi dhatêng Rabut Katu duk samana ||

69. prihatos Angrok tumingal | ana uwit Katu siki | sawaringin agêngira | Kèn Angrok saksana dhêlik | anèng sajroning uwit | dene ing salajêngipun | Kèn Angrok manèh mentar | mring Jun Watu dera ngungsi | yèku papanira wong kang wus sampurna ||

70. mring Lêlumbang salajêngnya | umondhok ing wismanèki | wong mănca desa kawarta | atmajanirèng prajurit | Gagak Ingêt bêbisik | wontên ngriku ngantos [nganto...]

--- 20 ---

[...s] dangu | Kèn Angrok katuwuhan | bêbudène kang rumiyin | jarah rayah wong liwat têlas-têlasan ||

71. Kèn Angrok gya bali marang | Kapundhungan arsa maling | dhumatêng Pamalantênan | nanging konangan yèn prapti | ingoyak-oyak aglis | kinalang-kalang kinêpung | Angrok tan bisa dhadhal | saksana mènèk ing uwit | uwit êtal sapinggiripun narmada ||

72. dupyenjang wong Kapundhungan | kang samya ngupêngi maling | wêruh yèn Angrok nèng êtal | mathangkrong mudhun tan wani | ngisoring wit jinagi | dening wran kang samya ngêpung | sarwi anabuh kajar |[6]arsa tinêgor kang uwit | Êkèn Angrok dahat dènira karuna ||

73. sêsambat nguwuh mring bapa | gya ana swara kapyarsi | dumêling karêngèng wiyat | tan kasat mata kang angling | hèh hèh Angrok sirèki | ambacoka ron tal gupuh | sajodho bae sigra | ênggonên măngka suwiwi | glis mabura marang sabranging narmada ||

74. krana durung pêsthi kita | yèn kita bakal ngêmasi | ge-age sira nglayanga | mring sabrang wetaning kali | Kèn Angrok [Angro...]

--- 21 ---

[...k] tumuntên glis | niyup saking tal kang pohun | mring sabrang ingkang wetan | bisa oncat sigra lari | ngungsi marang Nagamasa[7] mamrih gêsang ||

75. Kèn Angrok maksih ingoyak | saparan-paran kininthil | angungsi papan ing Oran |[8] Kèn Angrok maksih kininthil | binuru para jalmi | gya mring Kapundhungan wangsul | katêmu lan mandhala | ing Kapundhungan kang lagi | tandur anèng sawah Kèn Angrok saksana ||

76. ingakên anak mandhala | supaya datan katawis | rèhning anake mandhala | mung nênêm cacahirèki | kapinujon satunggil | sawêg pados ulam banyu | dadi jangkêp etangnya | kanême Kèn Angrok nênggih | lagya tandur nèng sawah sadayanira ||

77. kang ngoyak wus samya têkan | cundhuk mandhala nèng sabin | Amandhala tinakenan | mring kang samya buru sami | kyai paduka napi | datan wrin lare lumayu | wau mriki purugnya | lare rêsah karya tintrim | mlajar mriki katone sing katêbihan ||

78. Amandhala lon lingira | ingsun tan goroh sayêkti | sirèku [si...]

--- 22 ---

[...rèku] wêruh priyăngga | nakingsun mung nêm tan luwih | kang padha tandur iki | tan kasêlan liyanipun | etungên dhewe sigra | rak ya gênêp ora luwih | saurira kang takon lêrês paduka ||

79. têtiyang wau ginêman | klawan rowangira sami | ya mula bênêr mangkana | mung nênêm putrane kyai | tyang ingkang nginthil sami | dumugèkkên lampahipun | gyanira badhe nyandhak | bêntèri dèrèng kapanggih | kawuwusa Amandhala lon lingira ||

80. Angrok sira tumulia | lunga saka papan ngriki | kang golèki marang sira | wangune gya nuli bali | sanadyan sun wangsuli | tanpa guna iku kulup | bêcik sira dhêlika | mring samadyaning wanadri | Kèn Angrok alon pamêdharing wicara ||

81. inggih Kyai kula mentar | age-age saking ngriki | aywa nganti katututan | Kèn Angrok malbèng wanadri | Patangtangan kang nami | Kèn Angrok sing ngriku laju | mring Ano lampahira | sing ngriku umentar malih | dhatêng wana ing Têrwag sangsayandadra ||

82. kawuwusa duk samana | Sang Amandhala ing Luki | sangajêngirèng Wêlahan |[9] kesah

--- 23 ---

garap marang sabin | mluku pagagan arsi | tinanêman kacang wau | pan Amandhala nujwa | ambêktakkên sêkul maring | lare ingkang angèn maesèng mandhala ||

83. kanang sêga winadhahan | anèng bumbung tinaruk ing | tumpukan salah saeka | katungkul dera makardi | sira mandhala nênggih | katungkul pijêr maluku | tan wrin yèn sêkulira | lon-alon dèn dhik-indhiki | dening Angrok kang sêga binêkta mentar ||

84. makatên sadina-dina | gawe eraming kang ati | grêgêtên marang kang ngalap | sapa baya wani-wani | pangudasmarèng ati | paran ilange kang sêkul | dene sun tan uninga | sasuwene nambut kardi | lamun ana wong prapta ing patêgalan ||

85. Amandhala bêntèr ing tyas | gya sêsingidan anêlik | sapa baya kang jupuka | sêgane laryangon mundhing | têka kêpati-pati | sabên dina dadi rêmbug | tan lêga rasèng driya | yèn wonge datan kapanggih | pangone kang dèn kon maluku ing sawah ||

86. tan dangu Kèn Angrok mêdal | saka ing jroning wanadri | yun nyêlêr ponang makanan | Sang Amandhala tumuli | Angrok dipun purugi | Amandhala alon muwus | hèh bocah [bo...]

--- 24 ---

[...cah] dadi sira | ingkang pijêr jumuk nasi | panganira si pangon sira kang ngalap ||

87. Kèn Angrok mangsuli nabda | kasinggihan sira kyai | mulane sun ngambil sêga | pangane pangoning mundhing | rowang paduka kyai | katarik ngêlihing wadhuk | sabên dina sun datan | sagêd nêdha yèn tan ngambil | sêga lawuh darbèke pangon maesa ||

88. Kiyai Mandhala lingnya | yèn mangkono sira bêcik | mênyanga asramaningwang | ing kana tan kurang nasi | jaluka sabên ari | ingsun wus sudhia sêkul | mrantèni dhayoh ingwang | yèn ana kang samya prapti | sawusira Êkèn Angrok sinêdhahan ||

89. milu Kiyai Mandhala | ing Batur kanang asrami | Kèn Angrok binujakrama | tan kurang lawuh myang nasi | Amandhala lingnya ris | dhumatêng ing rabinipun | Ni Bathari sun wêkas | yèn sira katêkan dening | Kèn Angrok sira ywa lali bujakrama ||

90. Angrok pantês winêlasan | kawuwusa sabên ari | Kèn Angrok datansah prapta | nêdha sêkul Ni Bathari | kocapa Angrok nuli | kesah saking ngriku jujug | dhumatêng ing Lêlumbang | apan dene tumêka ring | Banjar Kocapêt [Kocapê...]

--- 25 ---

[...t] kawarnaa duk mangkya ||

91. Mandhalèng Turyantapadha | nuju mantuk kesah saking | ing Kabalon namanira | Êmpu Palot anggadhahi | darma kancana nênggih |[10] Êmpu Palot muridipun | hyang buyut kang sasana | ing Kabalon pangawaking | darma kancana sidhi-sidhi sanidya ||[11]

92. kawarta satunggil dina | Êmpu Palot mantuk saking | Kabalon ambêkta rukma | têksih kasar limang tail | anèng Lêlumbang mawi | ngaso sawatawis dangu | awit ajrih lumampah | pyambak dening myarsa warti | yèn ing marga ana wong kang ambêk rêsah ||

93. yèku Kèn Angrok kang nama | Êmpu Palot datan uning | yèn Kèn Angrok mung sajuga | yèku ingkang dadi wêri | ambegal wong lumaris | saksana Kiyai Êmpu | panggih Angrok nèng marga | Êmpu Palot dèn takèni | dhuh pukulun paran karsa tindakira ||

94. Êmpu Palot lon sahurnya | têka sing Kabalon kaki | yun mring Turiyantapadha | ing kana padunung mami | nanging ingsun sru wêdi | kawarta rusuh ing ênu | Kèn Angrok [Angro...]

--- 26 ---

[...k] raning janma | kang dadi wêrining margi | ambêbegal jarah rayah wong kang liwat ||

95. ngujiwat Kèn Angrok nabda | pukulun kula kang ngiring | mring paduka ing salampah | pukulun ywa walang galih | kula ingkang ngayomi | Kèn Angrok mangke yèn purun | ganggu damêl nèng marga | yêkti ingsun kang ngêmbari | Êmpu Palot sukèng tyas marwata suta ||

96. duk myarsa kasaguhannya | Kèn Angrok Sang Êmpu mikir | rumăngsarda kapotangan | yèn iku Kèn Angrok nênggih | tunggal wong tunggal warni | lan kang ambêbegal ngênu | sarêng dumugyèng wisma | Kèn Angrok winulang ngèlmi | darma kancana kang măngka ganjarannya ||

97. Kèn Angrok tan lami bisa | tan kandhih mring gurunèki | Angrok wus ingambil suta | mring Êmpu Palot winarni | yèku mulanirèki | Turiyantapadha dipun | wastani dening kathah | Mandhala ing bapa nênggih | Êkèn Angrok kala samana kawarna ||

98. rèhning Êmpu Palot nyata | durung wrin bontosing ngèlmi | darma kancana mulanya | tinag mring Kabalon aglis | mrih sampurnaning ngèlmi | puruhita mring Hyang Buyut | Kabalon kang asrama | wah malih mawi winêling | yèn abali

--- 27 ---

kinèn bêkta tirahannya ||

99. sapira isihing rukma | samana Angrok wus prapti | ing Kabalon tiyang samya | tan ngandêl mring Angrok yêkti | tansah dèn sujanani | têmah dadya nêpsunipun | Angrok tandya wacana | ing panapèn mugi-mugi |[12] ana Êmbang[13] Kèn Angrok budi palastra ||

100. palastrane kang kapala | ing Kabalon ingkang pinrih | nanging luput panuduknya | sang kapala sigra lari | angungsi mring asrami- | nirèng Kabalon Hyang Buyut | parajar gya ingundang | wit guru hyang[14] tumêkaning | pra kapuntan[15] samya mêdal agegeran ||

101. samyambêkta palugăngsa | amburu ring Angrok nuli | cinêpêng gya pinukulan | ing palugăngsa mrih mati | nanging pra ingkang nginthil | mangkya mirêng swara tuwuh | saking awiyat lingnya | hèh para ajar ywa nganti | uwong iku sira patèni gya culna ||

102. wong iku pan anak ingwang | durung tutug kang kinardi | lêlakon nèng madyapada | sarêng para ajar sami | midhangêt swara kang ngling | tanpa sangkan tanpa dunung | Angrok cinulkên sigra | tinulungan urip [u...]

--- 28 ---

[...rip] maning | Kèn Angrok nuli mêdharkên pamudyarja ||

103. sawetaning Kawiarga | bakal tan ana maharsi | ingkang datan wrin sampurna | ring darma kancana ngèlmi | kabèh bakal wrin titi | Kèn Angrok nulya ge wangsul | mring Turiyantapadha | Kabalon pan wus kawuri | mangkya para ajar ing Mandhalèngbapa ||

104. samyolih darma kancana | kalawan sampurna yêkti | nahên ta kala samana | Kèn Angrok wus lunga maring | ing Tugaran kang dèsi | Mandhalèngbapa kapungkur | nanging Buyut Tugaran | dahat datan arsa tampi | Êkèn Angrok ing Tugaran karya rêsah ||

105. ngrêrusuhi kang tatarja | Kèn Angrok rinêksa dening | gopalane ing Tugaran | siningkirakên tumuli | mring Mandhalèngbapèki | nahênta ingkang winuwus | Angrok sawiji dina | mrangguli sutaning èstri | Kyai Buyut ing Tugaran kanang lagya ||

106. nandur kacang nèng pagagan | Kèn Angrok tan drana ugi | mrêpêki kang nèng pagagan | saksana rinujag wani | lamya kacange sami | dinèh ing kampilan mungguh |[16] yaiku

--- 29 ---

mulanira | kacang ing Tugaran nênggih | akalimis agêng gurih raosira ||

107. ya ta Kèn Angrok samana | lunga sing Tugaran nuli | marang Mandhala ing Bapa | Kèn Angrok lingira aris | yèn sun dadi wran benjing | wus pasthi sun emut-emut | Ki Ajar ing Mandhala | ing bapa sun ganjar yêkti | rupa slaka kang măngka pamalês ingwang ||

108. ing rèh kalakuanira | Kèn Angrok pan wus kawarti | koningan nagari Daha | dahat rêsah gêgirisi | wong padesan prasami | miris atis manahipun | mangkya Angrok umpêtan | nèng Turyantapadha mangkin | yun cinêpêng dening cundhaka sing Daha ||

109. Kèn Angrok dupi miyarsa | warta mangkana tumuli | linggar sing Mandhalèngbapa | dhêlik mring Pustakaardi | sing ngriku ngungsi maring | Limbehan ing wismèng buyut | kang sarju kapondhokan | nanging Kèn Angrok tumuli | mentar dhatêng Rabuk Kêwung Panitikan ||

110. ing ngriku Angrok anendra | wit krasa sayah lan arip | badane dahat marlupa | sawêg eca dènnya guling | saksana krungu wangsit | kinèn angungsia gupuh | mring Rabut Gunung Lêjar | nujwèng dina Rêbo Lêgi | wukunira wariga dyan duk samana [sama...]

--- 30 ---

[...na] ||[17]

111. Ni Nyèng Panitikan uga | mring Kèn Angrok mituturi | para dewa yun klumpukan | sirarsa sun pitulungi | sun umpêtakên mangkin | supaya ywa na kang wêruh | ingsun ya marang Arga | Lêjar arsa nyênyaponi | papanira ingkang kinarya klumpukan ||

112. Kèn Angrok sampun lumampah | dhumatêng Lêjar kang ardi | dupi wus andungkap dina | klumpukan ing Rêbo Lêgi | wuku wariga dyan ing | ngriku Angrok sampun tutug | gya dhêlik ing pawuhan | ingurugan rumput dening | nini Panitikan Angrok tan katingal ||

113. nalikane para dewa | samya mahêman ing ardi | Lêjar mawi gara-gara | muni kang sapta swara ngrik | gêtêr patêr girisi | dhèdhèt erawati kêtug | liwêran blêdhèg ngampar | lindhu ping sapta saari | lesus udan salah măngsa lir ngêlêmna ||

114. bantala samodra kocak | udan salah măngsa tistis | kêkuwung teja wangkawa | nawêngi ing awiyati | pêtêng dhêdhêt kêpati | suwara gumuruh umung | gênti-gênti wacana | para jawata kang lagi | amahêman nèng rêdi Lêjar mangkana ||

115. kang bakal agawe kêkah |

--- 31 ---

bakuhing sanuswa Jawi | yèn yaya tandhi Mandhala |[18] pra jawata apitakin | sapa kang yogya dadi | ratu ing nungsa Jawèku | Hyang Guru pasrangkara | wruhanta para dewadi | ulun darbe atmaja pèk-pèkan priya ||

116. titahing manuswa pada | sutane Hyang Brama yêkti | dènira patutan klawan | wanita ing Pangkur dèsi | iku kang bakal kardi | nuswa Jawa kukuh bakuh | ratu trahing bathara | Kèn Angrok sarêng miyarsi | kang mangkana saksana anulya mêdal ||

117. saking pandhêlikanira | ing pawuhan wus kaèksi | dening para dewa samya | sêsantyarja angidèni | dadinira narpati | dhinawuhan mring Hyang Guru | kinèn sêsilih nama | Bathara Guru Sang Aji | ingestrenan pra jawata surak-surak ||

118. Angrok dhinawuhan dewa | kudu ngaku bapa maring | Brahmana Lohgawe rannya | kang nêmbe têka ngajawi | sing Jambudwipa mawi | ron katang baitanipun | Sang Brahmana yun ngupa | Angrok nèng Taloka yèki | mulanira sawetaning Kawiarga ||

119. katêkan para Brahmana | Dhanghyang

--- 32 ---

Lohgawe wus prapti | ing bumi bawah Taloka | samana nulya ngulati | mring Angrok pundi-pundi | pan rinuruh datan pangguh | Dhanghyang Lohgawe lingnya | jro batos ngungun kêpati | de saprene lèhku ngruruh tan kapanggya ||

120. kang katon awela-wela | jro samadi datan sisip | bocahe tangane dawa | dhêngkule kandêl kang kèksi | ing tangan têngên mawi | tulisan cakra winuwus | ing tangan kering mawa | tulisan sangka kang nami | Êkèn Angrok katon cêtha ing pamuja ||

121. titising Wisnu Bathara | kang wêwarah marang mami | duk ana ing Jambudwipa | mangkana têmbungira ris | hèh sira maharêsi | sira mêmuja wus dangu | ing arca pêthaningwang | nanging sun tan wontên ngriki | ulun apan wus nukmèng titah bathara ||

122. pan ana ing pulo Jawa | ing kana gyan ulun nitis | nukma ing wong aranira | Kèn Angrok ya iku mami | tututana maharsi | nèng Patopan mêsthi pangguh | Dhanghyang Lohgawe nulya | mring Patopan angulati | lir samayan panggih ingkang pinadosan ||

123. Kèn Angrok gya pinrêpêkan | dening Lohgawe Maharsi | nênggih nulya tinakenan | apa sira iku kaki |

--- 33 ---

bocah ingkang bêbisik | Kèn Angrok ingkang sun ruruh | margèngsun wruh ing sira | katon ing puja samadi | kang tinanya arum pasrangkaranira ||

124. pukulun pan kasinggihan | ran ingsun Kèn Angrok yêkti | Lohgawe dupi miyarsa | Kèn Angrok rinangkul kadi | sampun nate udani | Dhanghyang Lohgawe amuwus | sira ingsun pèk anak | sun kang bakal mitulungi | ing cintraka têmpuhna mring jênêng ingwang ||

125. ingsun kang anjaga sira | ing saparanira kaki | jroning durbala tan ulap | ingsun pasthi angayomi | mring jênêngira kaki | nahên ta ingkang winuwus | Dhanghyang Lohgawe klawan | Kèn Angrok samya lumaris | sing Talokah mring Tumapêl parèng sêdya ||

126. praptèng Tumapêl kalihnya | kabênêran ingkang pinrih | Dhanghyang Lohgawe gya seba | ing Akuwuning nagari | Tunggul Amêtung nami | Kèn Angrok nênggih tan kantun | sampun prapta ing ngarsa- | nira Sang Akuwu aglis | sinambrama mring Tunggul Amêtung lingnya ||

127. bagya pukulun brahmana | kang lagi anyar kaèksi | brahmana alon turira | kawula nuwun kapundhi | Akuwu kang ngwasani | nagri Tumapêl sadarum | mugi-mugi lulusa |

--- 34 ---

ing kawibawan nutugi | Sang Akuwu malih pangandikanira ||

128. pukulun sang dwijawara | sintên sinambat ing wangi | ing pundi pinangkanira | pukulun prapta ing ngriki | punapa kang wigati | brahmana pasrangkara rum | kawula nuwun tuwan | ingkang kinawasa ngriki | nama kula Dhanghyang Lohgawe ing sabrang ||

129. dhatêng kula angajawa | nabrang laut numpal kèli | kula kamipurun dahat | nuwila gănda nuwun sih | sakaro lan nak mami | angkat ingkang tumut ingsun | Kèn Angrok namanira | nuwun suwita angabdi | ing paduka Sang Akuwu pamintèngwang ||

130. Tunggul Amêtung karênan | miyarsa turing maharsi | cinêndhak paswitanira | kanggêp ing Akuwu sami | kalihira samangkin | samya pinaringan dunung | Sang Akuwu sru sihnya | dhumatêng janma kêkalih | unggyanira tansah damêl ascaryèng tyas ||

131. sira Kèn Angrok samana | saya kanggêp gènnya ngabdi | karone sang yogiswara | kawarnaa kang ginupit | ing Panawijan mangkin | ana wong pintêr dêdunung | pujăngga Budha stapka |[19] Êmpu Purwa kang wêwangi | darbyasrama panutannya Mahayana ||

--- 35 ---

132. dununging asramanira | anèng patêgalan nênggih | ing Panawijèn kawindra | darbyatma èstri satunggil | anggènira sêsiwi | duk dèrèng Mahyananipun |[20] Kèn Dhêdhês namanira | ing warna ayu linuwih | angasorkên prabane Hyang Sasadara ||

133. wus kawêntar satlatahnya | ing wetaning ardi Kawi | tumêkèng Tumapêl tanpa | ana kang umadha warni | ojating kang pawarti | tumêkèng Tumapêl krungu | ing Sang Akuwu nulya | arsa wruh yakining warti | Tunggul Amêtung mring Panawijèn sigra ||

134. ring asramèng Êmpu Purwa | sang kawindra nuju lagi | tan ana ing wismanira | mung Kèn Dhêdhês kang pinanggih | Tunggul Amêtung dupi | mulat warnanya sang ayu | tuhu mustikaning dyah | hyang-hyanging rêtna sabumi | dhasar mêmpêng sang dyah nêdhênging diwasa ||

135. Tunggul Amêtung kagiwang | ing tyas kalênglêng mêmanis | tan wignya angêndhakêna | ring ardanirèng panggalih | kbanjiran madu brangti | sang dyah winasesa purun | nadyan dahat lênggana | sêsambat amêlas asih | binêkta lêng ing Tunggul Amêtung pulang ||

136. saantuknya sang kawindra | saking purug angulari | sutanira datan panggya | wus garjita [garji...]

--- 36 ---

[...ta] jroning galih | lamun sutanirèki | binêkta tiyang umamprung | ya ta Sang Êmpu Purwa | dahat bramantya ing galih | amêdharkên upata mangkana lingnya ||

137. lah kang nginggatke nak ingwang | muga-muga tan dumugi | unggyanira sih-sinihan | kamuktène nuli anis | patinira sun èsthi | kang muga-muga sinuduk | ing kêris kapisanan | apa manèh mugi-mugi | kasatana ing tuk tyang ngriki sadaya ||

138. sumur sumbêr padha êsat | tan manggih toya sakêdhik | wong Panawijèn samua | karana dosa ring mami | awit datan suka wrin | nak ingsun binêkta mamprung | inginggatakên jalma | wis pasthi bakal nêmahi | klawan manèh panuwun ingsun ing Suksma ||

139. nêmua rahayu sira | kang mulang wadine ngèlmi | ngèlmu kang akarya padhang | ran karma amêmadhangi | narambahi nak mami | arja agêng bêgjanipun | mangkanèku sotira | Sang Mahayana ing nguni | kang asramèng Panawijèn ênêngêna ||

140. Tunggul Amêtung lampahnya | sampun prapta ing nagari | Tumapêl sadumuginya | Kèn Dhêdhês binêkta manjing | sajroning tilamsari | rinoda pêksa sang ing rum | winasesèng asmara | rêroncène tan kawarti | sanga

--- 37 ---

ayu sampun mupus anarima ||

141. ing pêpasthèning sarira | têntrêm sakaroron sami | wontên Tumapêl nagara | atut runtut ing akrami | Dhêdhês dahat dèn sihi | dening Sang Tunggul Amêtung | Sang Rêtna sampun ngidham | ngidham kaworan tri sasi | kawuwusa nuju ing satunggal dina ||

142. Sang Akuwarsa cangkrama | dhumatêng taman bêboji | Kèn Dhêdhês datan kawuntat | dhinèrèkkên para abdi | Kèn Dhêdhês klawan swami | samya nitih padhati gung | sarêng dumugyèng taman | samya mêdhak sing padhati | karsaning Hyang dilalah ana lêlakyan ||

143. Kèn Dhêdhês tumêdhakira | kengis wêntisira kèksi | nglingkap katon wêwadinya | Angrok tumingal umèksi | wêwadinya sang dèwi | akaton mubyar amurub | Angrok dahat kagiwang | kasêngsêm mulat sang dèwi | tuhu ayu ing jagad datanpa sama ||

144. tan kawarta duk kalihnya | Tunggul Amêtung lan rabi | ana ing bêboji taman | samya parisuka ngênting | samana pan wus bali | mantuk mring wisma rahayu | praptèng Tumapêl sigra | Kèn Angrok kapanggya maring | sudarmanya Dhanghyang Lohgawe akăndha ||

145. kyai ngong nyuwun têtanya | tiyang èstri ingkang mawi | katon murub [muru...]

--- 38 ---

[...b] wêwadinya | ngalad-alad anêlahi | punapa kang wigati | mênggah ta lêpiyanipun | sae punapa ala | tanjêge tiyang pawèstri | kang makatên ngong nyuwun winêdharêna ||

146. sumaur sira brahmana | sapa baya iku kaki | Kèn Angrok alon turira | wontên sawênèhing èstri | katon ingkang wêwadi | murub kadulu dening sun | Dhanghyang Lohgawe mojar | yèn anaa wong pawèstri | kang kadyèku nariswari aranira ||

147. têtunggulirèng wanodya | nadyan priya papa miskin | yèn antuk èstri kayeka | dadi ratu nyakrawati | Angrok kèndêl watawis | tan adangu nulya matur | kyai walèh punapa | mring paduka mawi wadi | de èstrine wau kang ingsun aturna ||

148. kyai iku garwanira | Akuwu Tumapêl nagri | Tunggul Amêtung kalanya | cangkrama marang bêboji | Kèn Angrok gya wêwarti | mula bukanira wêruh | wusana lon lingira | yèn makatên iku kyai | Sang Akuwu sayogyane ulun cidra ||

149. mawi dhuwung sun tan ulap | mêsthi mati dening mami | lamun kyai ngidènana | kularsa mangkat samangkin | Lohgawe lingiraris | dhuh Kèn Angrok anakingsun | Akuwu [a...]

--- 39 ---

[...kuwu] bakal laya | dening sira anak mami | sakarsanta gyanira anindakêna ||

150. nanging ulun tan sayogya | ngidèni laku kadyèki | sakarêpira priyăngga | pandhita tan kêna yêkti | ngidèni laku silib | Kèn Angrok alon amuwus | yèn makatên samangkya | sun nyuwun madal palinggih | sang pandhita alon pasrangkaranira ||

151. nyang ngêndi kulup paranta | Kèn Angrok sumaur ririh | mring Karuman purug kula | madosi tyang ingkang nami | Bango Samparan nênggih | botoh main saji iku | kang ngakên anak ingwang | dahat trêsna sih mring mami | bokmanawi yèn sun tari nglêganana ||

152. bêcik kaki yèn mêngkana | sira dèn mranaa nuli | rahayu ingkang pinanggya | nanging aywa lami-lami | anèng Karuman kaki | yèn wis rampung nuli wangsul | Kèn Angrok lon lingira | dhatêng sandika kiyai | nèng Karuman lami-lami tanpa karya ||

153. Kèn Angrok sampun lumampah | datan kawarna ing margi | sampun prapta ing Karuman | Bango Samparan wus panggih | Kèn Angrok sinambrami | binujakrama anutug | sarêng kalihnya samya | nuju alinggih pribadi | Bango Samparan alon dènnya têtanya ||

154. kaya ngimpi sun kapanggya [kapang...]

--- 40 ---

[...gya] | klawan sira anak mami | saking wus kalamèn dahat | sun tan panggih lan sirèki | ana ngêndi nak mami | Kèn Angrok mangsuli wuwus | wontên Tumapêl kula | suwitèng Akuwu mangkin | dhatêng kula nèng ngarsa paduka bapa ||

155. yun minta sraya andika | nalika Akuwu maring | taman bêboji cangkrama | kalawan garwanirèki | Kèn Dhêdhês kang wêwangi | nalika Dhêdhês tumurun | saking padhati klingkap | wastrane sakala kèksi | maring ingwang wêwadine murub mubyar ||

156. kawarna ana brahmana | kang dèrèng lami ngajawi | Dhanghyang Lohgawe namanya | angakên putra mring mami | dupi sun samantani | kawontênanipun wau | Sang Lohgawe lingira | èstri kang makatên nênggih | dèn arani ardha nariswari ika ||

157. pawèstri ambêkta bêgja | sapa-sapa kang darbèni | pasthi agêng daulatnya | madêg ratu nyakrawati | dêrênging manah mangkin | sun kapengin madêg ratu | Tunggul Amêtung arsa | sun cidra tumêkèng pati | garwanipun sun alap mrih dadya nata ||

158. nanging dupi sang brahmana | kawula suwuni idi | wangsulanira tan yoga | lamun brahmana ngidèni | mring wong kang laku sisib | nanging ta yèn kawula yun |

--- 41 ---

nindakna kang mangkana | sinarah sakarsa mami | pramulane ingsun minta sih paduka ||

159. nuwun pudya pangastawa | bisane katêkan karsi | aywa na sakara-kara | gyan ingsun arsa mêjahi | Tunggul Amêtung pasthi | sun cidra mati dening sun | Bango Samparan nabda | iku ya prayoga kaki | mungguh ingsun sayêkti mangayubagya ||

160. sira yun alaku cidra | matèni Akuwu mawi | dhuwung nanging sanyatanya | Sang Tunggul Amêtung kaki | sikêpe badan kwawi | sulaksana têguh timbul | yèn tan ampuh dhuwungnya | bisa uga tanpa kardi | prayogane sira mênyanga Lêlumbang ||

161. ingsun adarbe têpungan | sumitra sinarawèdi | ana ing Lêlumbang gènnya | Êmpu Gandring iku kaki | karyane gawe kêris | gaweane ampuh-ampuh | tan ana wong lêksana | dening krise Êmpu Gandring | sing kataman wus pasthi têmah pralaya ||

162. sadaya kris damêlannya | Êmpu Gandring iku yêkti | singa kataman tan ngantya | ngaping pindho gawe kaki | sapisan bae pasthi | mati tan anjaluk banyu | sira age mranaa | êkonên gawèkke kêris | yèn wis rampung nuli ênggonên anyidra ||

163. yèku

--- 42 ---

pamrayoganira | Ki Bango Samparan maring | Kèn Angrok ingkang samana | ge-age umangkat saking | ing Karuman umaring | Lêlumbang apan wus pangguh | lan Êmpu Gandring lagya | kabênêr anèng basalin | Kèn Angrok alon gyanira atêtanya ||

164. kawula nuwun ki sanak | punapandika kang nami | Êmpu Gandring kang kaloka | tuhu baud karya kêris | Êmpu Gandring lingnya ris | kaki sirèku tan kliru | iya ingsun kang aran | Êmpu Gandring datan kalih | paran karsa sira ngupaya maring wang ||

165. ki êmpu ingsun karyakna | kêris kang ampuh sawiji | sun têdha jro limang wulan | mêsthi iku kêris dadi | ginatèkna kiyai | iku kêris bisa rampung | Êmpu Gandring saurnya | yèn sira purih prayogi | pêpalone kudu rampung ing sawarsa ||

166. limang sasi durung yogya | Kèn Angrok manêbda malih | ing sarupa-rupanira | panggrendane iku kêris | ingsun tan ngrêmbag janji | rampung dalêm limang santun | Kèn Angrok nulya kesah | saking Lêlumbang abali | mring Tumapêl panggih Lohgawe Brahmana ||

167. Dhanghyang Lohgawe lingira | paran sangkanira lami | anèng Karuman tan nulya | wangsul bae

--- 43---

sira kaki | Kèn angsok lon nauri | saking Karuman sun laju | marang Lêlumbang panggya | klawan kang ran Êmpu Gandring | tan kawarna ing sajroning limang căndra ||

168. sarêng sampun limang căndra | Angrok kèngêtan ubanggi | gyannyandandakkên curiga | dhumatêng ing Êmpu Gandring | saksana pan lumaris | dhumatêng Lêlumbang ayun | marani kêrisira | datan kawarna ing margi | praptèng Lêlumbang Kèn Angrok nuli panggya ||

169. Êmpu Gandring ingkang lagya | pinuju ngikiri kêris | Kèn Angrok alon lingira | kyai napa sampun dadi | wêlingan kula kêris | Gandring pasrangkara arum | dhuh kaki kêrisira | lagi sun kikiri iki | duk miyarsa Angrok mungkurkên silarja ||

3. Pangkur

1. Kèn Angrok ayun umiyat | kêrisira kang lagya dèn kikiri | kêris ingulungkên sampun | tinampèn tiningalan | dupi wêruh yèn kêrise durung rampung | Kèn Angrok bêndu amojar | iki kêris durung dadi ||

2. dene wus sun wantya-wantya | alah dene sun wling mring sira Kyai | kêbangêtên sira êmpu | ngikiri bae iya | nganti limang sasi mêksa durung rampung | sira tan gatèkkên [gatè...]

--- 44 ---

[...kkên] dahat | hèh-hèh sira Êmpu Gandring ||

3. Kèn Angrok krodha mangancar | Êmpu Gandring sinuduk lawan kêris | dêdamêlanipun iku | Ki Gandring kapidhara | Êkèn Angrok kadêlarung amèt punggung | kêris sinabêtkên lumpang | wadhahing kikiran wêsi ||

4. lumpang sela sigar êbyak | tandya sinabêtakên manèh maring | paron wêsi pêcah sumyar |[21] nuli kapyarsèng swara- | nira Êmpu Gandring ngupatani besuk | sira Angrok uga pêjah | dening kêris iku yêkti ||

5. anak lawan putunira | ratu pitu kang bakal angêmasi | dening kêris iku besuk | sawusira angucap | kang mangkana Êmpu Gandring nulya lampus | Angrok dahat gêtunira | mring patine Êmpu Gandring ||

6. Kèn Angrok nulya manabda | ing têmbene yèn ingsun bisa dadi | priyayi gêdhe aluhur | yêkti sun walês sira | Êmpu Gandring ing saturun-turunipun | Kèn Angrok saksana mentar | dhumatêng Tumapêl nagri ||

7. gantya ingkang winursita | Tunggul Amêtung adarbe kêkasih | Kêbo Ijo aranipun | klawan Kèn Angrok dadya | mitra tuhu satunggiling dina nuju | Kèn Angrok nyangklit curiga | anyar ukirannya

--- 45 ---

cangkring ||

8. ingkang maksih êrinira | tanpa jinabung tinrapirèng paksi | Kêbo Ijo dupyandulu | ring Angrok kêrisira | akumêcêr ing tyas dahat kumacèlu | dhatêng Angrok kêrisira | Kêbo Ijo nêmbung wani ||

9. mangkana panêmbungira | kakang Angrok dupi ingsun umaksi | marang darbèkira dhuwung | ingsun kapengin dahat | nganggo kêris kaya kang ko sangklit iku | bokya ingsun silihana | Angrok kapinujwèng galih ||

10. kêris sinukakkên marang | Kêbo Ijo apan wus dèn sangkêlit | sabên dintên kanang dhuwung | datan sah dipun anggya | saking rêmênira Kêbo Ijo iku | sasat tanpa sinèlèhna | wong Tumapêl wruhirèki ||

11. yèn dhuwung iku darbèknya | Kêbo Ijo dudu gyanira nyilih | nahên ing satunggilipun | dalu ponang curiga | cinolong dening Angrok binêkta mlêbu | mring Sang Akuwu dalêmnya | yun kinarya nyidrèng pati ||

12. Sang Tunggul Amêtung lagya | asakeca nendra nèng jroning panti | tan ana wong ingkang wêruh | Kèn Angrok lêbunira | wus dilalah patine Tunggul Amêtung | kang nendra sinuduk sigra | kapisanan angêmasi ||

13. saksana Angrok [A...]

--- 46 ---

[...ngrok] umentar | saking ngriku lumayu maring jawi | kêris tumancêp jêjantung | mula nêdya katilar | kawuwusa ing enjangira gumuruh | tangis salêbêting wisma | garwa putra rêmpwèng galih ||

14. koncatan sihirèng raka | tuwin rama lir coploking sotya di | saka ing êmbananipun | samana tan kawarna | samaktane upakartinirèng layun | Kêbo Ijo wus cinandhak | cinêpêng binanda aglis ||

15. wit saking dera kacihna | curigane ingkang pinanggih kari | kathah ingkang sami sampun | sumêrêp yèn punika | curigane Kêbo Ijo ingkang kantun | tumancêp ing jajanira | Tunggul Amêtung sayêkti ||

16. liyane pan ora ana | kang adarbe curiga lir kang kari | kajabane iya amung | Kêbo Ijo samana | wus tinuwêk akalayan dhuwungipun | ingkang taksih kari ana | ing jaja tumancêp ngati ||

17. nahên ta ingkang kawarna | Kêbo Ijo maksih atilar siwi | Mahisa Randhi ranipun | dadi pakathikira | Êkèn Angrok awit saking wêlasipun | wah rumaos kasambutan | Angrok mring Mahisa Randhi ||

18. wus dadi karsaning dewa | Kèn Dhêdhês kudu rinabenan dening | Angrok wus lami gyanipun [gyani...]

--- 47 ---

[...pun] | sami atêtêpangan | klayan Dhêdhês nanging tan ana kang purun | ngrêraosi patrapira | kalih-kalihipun nênggih ||

19. sanadyan pra kadangira | Sang Akuwu tanna wani maoni | apan kalampahan sampun | samangke dadya semah- | ipun Angrok nanging Dhêdhês kala iku | sampun ngandhêg tiga wulan | tilaran Sang Akuwu nguni ||

20. ewadene tan sarănta | ngantèkake pambabarirèng bayi | Dhêdhês sinanggama purun | kalihnya tansah samya | pêpasihan pan samya sih trêsna tuhu | sarêng dumugi lèkira | Kèn Dhêdhês ambabar siwi ||

21. mêdal jalêr yèku naknya | Tunggul Amêtung ingkang sampun lalis | sinung nama bayi wau | Anusapati măngka | pêparabnya: Anêngah gantya cinatur | Kèn Dhêdhês alama-lama | sampun anggarbini malih ||

22. kalawan Kèn Angrok dupya | têkaping lèk pambabaripun siwi | mêdal lare jalêr sinung | nama dening sudarma | Mahisa Wong Atêlêng lami pan sampun | apatutan malih priya | Panji Saprang namanèki ||

23. pandhadha priya ranira | Agnibaya wuragilira èstri | Dèwi Rimbu namanipun | sadaya suta papat | patutannya Angrok saking Dhêdhês iku |

--- 48 ---

dene saking slir kang nama | Kèn Umang patutanèki ||

24. uga papat aranira | kang pambarêb Panji Tohjaya kadwi | ranira Panji Sahutu | pandhadha priya nama | Twan Wrêgola dene èstri kang waruju | Dèwi Rambi namanira | dadi sêsanga kang siwi ||

25. kalêbu tilaranira | Tunggul Amêtung ran Anusapati | kalih èstri pitu jalu | mangkana salinira | ing lêlakyan ing sawetanirèng gunung | Kawi dera kang kawarta | tiyang sawetaning Kawi ||

26. samya ajrih asih samya | sumungku mring Angrok pinindha aji | Kèn Angrok duk kala iku | tuwuh osiking driya | kumacèlu bisa ge umadêg ratu | gantya ingkang winursita | ana kang jumênêng aji ||

27. ing Daha nagarinira | ajêjuluk Sang Prabu Dhandhanggêndhis | satunggal dina pinuju | dilalah karsa ing Hyang | duk sewaka Dhandhanggêndhis Sang Aprabu | ngandika mring pra pandhita | mangkana lingira aji ||

28. hèh-hèh ta para pandhita- | ning agama Siwah twin Budha sami | punapa darunanipun | dene para pandhita | datan arsa manêmbah mring jênêng ingsun | krana ingsun wus tan siwah | lan Bathara Guru yêkti ||

29. pra pandhita sadayanya | tan ngarani kang nguni nèng Kadhiri | samya pasrangkara [pa...]

--- 49 ---

[...srangkara] manuk |[22] dhuh pukulun Sang Nata | dèrèng nate wontên ing salaminipun | pandhita nêmbah mring nata | Dhandhanggêndhis amangsuli ||

30. yèn ta durung tau ana | rumiyine saiki sira sami | anêmbaha jênêng ulun | yèn sira durung priksa | kasêktène jênêng mara sira dulu | yêkti tan ana kang madha | mangkana Sang Dhandhanggêndhis ||

31. angêdêgakên kang tumbak | tunjungira tinancêpakên siti | saksana alunggyèng dhuwur | pucukirèng kang tumbak | sarwi nabda hèh dulunên sira ingsun | sapa wonge madhanana | lan kasêktèn ingsun iki ||

32. Dhandhanggêndhis nulya rupa | Caturbuja netra tri mêmadhani | Bathara Guru saèstu | dêlêngên sira padha | pra pandhita kalawau ugi manut | manêmbah ing Sri Narendra | nanging tan sarju ing galih ||

33. saklangkung meranging driya | pra pandhita tandya samya angungsi | dhumatêng Tumapêl pangguh | klawan Kèn Angrok ingkang | binombong ing para pandhita sadarum | jinunjung madêg narendra | pra kawula angèstrèni ||

34. Kèn Angrok jêjulukira | Sri Rajasa Sang Amurwa ing Bumi | pan nagari Singasantun | para rêsi jêjanggan | ingkang agami

--- 50 ---

Siwah myang Budhanipun | Lohgawe têtunggulira | saha ing Daha nagari ||

35. prasamya sumungku suka | asêsanti jaya-jaya arjanti | misuwuring asma prabu | kontap ing liyan praja | sakathahe wran ingkang nguni têtulung | mring Angrok duk lara lapa | winalês tinulung gênti ||

36. iyèku Bango Samparan | lan Mandhala Turyantapadha tuwin | para sutanira Êmpu | Gandring ingkang wus laya | apan samya dipun opèni tinulung | mangkana pra pandhe uga | ing Lêlumbang satus sami ||

37. linuputkên pasok bea | dhumatêng ing nagari Singasari | parandene anakipun | Kêbo Ijo ya angsal | wêwênang lir Êmpu Gandring anakipun | ya ta kawarta sutanya | Dhanghyang Lohgawe anami ||

38. Sadhang gyanira patutan | sing pawèstri Wisnu agamanèki | pan sinimahakên antuk | Cêcupuranti naknya | Bapa Bango Samparan iku winuwus | apan saka karsanira | Sri Rajasa Murwèng Bumi ||

39. kawuwusa ing nagara | Singasari sajumênêngira ji | Sri Rajasa Sang Aprabu | arja karta sapraja | tiyang alit têntrêm-têntrêm manahipun | tan wontên kang ambêg rêsah | nahên gantya kang winarni [wi...]

--- 51 ---

[...narni] ||

40. dupi wus lama kawarta | Kèn Angrok gyanira jumênêng Aji | Sri Rajasa arum-arum | kapyarsèng natèng Daha | malah-malah Sri Rajasa ayun gêpuk | yuda mring nagari Daha | duka Prabu Dhandhanggêndhis ||

41. mangkana pangandikanya | sapa baya ngalahkên jênêng mami | yèn dudu Bathara Guru | anêdhaki priyăngga | marang Daha ing suralaya tumurun | mung iku manawa bisa | nêlukkên nagara mami ||

42. sakathahing pangandika- | nirèng Prabu ing Daha Dhandhanggêndhis | kêmirêng dening sang prabu | ing Singasari praja | Sri Rajasa Sang Amurwèng Bumi laju | nglumpukkên para pandhita | samya pinundhutan idi ||

43. pukulun para pandhita | pakênira sadaya sun aturi | punapa pukulun byantu | yèn ta kula pêparab | asmanira Sang Hyang Caturbuja iku | Bathara Guru ran ingwang | pukulun napa ngrujuki ||

44. pra pandhita mangastawa | tan kawarna solahira wadya ji | Sri Rajasa Sang Aprabu | samana wus umangsah | marang Daha wadya agêng alit kêbut | Natèng Daha duk miyarsa | Sri Rajasa nêmpuh jurit ||

45. yun anggêpuk nagri Daha | mampang-mampang duka yayah sinipi | nyata Sri Rajasa Prabu | lagi

--- 52 ---

winongwong dewa | pra Brahmana samya suyud mêmudyayu | siyaga prajurit Daha | mêthukkên mêngsah kang prapti ||

46. samana wus acampuh prang | wadyèng Daha lan wadya ing nagari | Tumapêl rame kalangkung | sami prawirèng yuda | gênti kasor apan gênti ingkang unggul | ana ing saêlèrira | Gantêr anggènira jurit ||

47. nagari kêkalihira | wadyanira kèh kang samya ngêmasi | ing wêkasanirèng pupuh | wadya ing Daha kalah | arinira Sang Natèng Daha kasambut | ing prang pati kang utama | utamane satriya di ||

48. Radèn Mahisa Walungan | pan mangkana namanira kang lalis | atanapi mantrinipun | aran Gubar Balêman | nênggih pêjah nèng samadyaning prang pupuh | wit samya karoban lawan | nadyan ngamuk punggung wani ||

49. kocapa pra wadyabala | nagri Daha dupi wruh Senapati- | nira ing prang wus kasambut | tandya lumajar bubar | asar-saran samya rêbat gêsang tambuh | solahe kang kuwalahan | sampun tan măngga apulih ||

50. mundur Prabu Dhandhanggula | sing payudan pawongane angungsi | mring dewa laya gumantung | ana ing awang-awang | lan turăngga titihanira Sang Prabu | tanapi pra punakawan |

--- 53 ---

panongsong lan ingkang ngampil ||

51. gantênan lan pangunjukan | miwah lante samya tanna kang kari | sadaya dhèrèk gumantung | ana ing awang-awang | para wadya ing Daha kang don prang sampun | gusis sadaya lumajar | saparan-paran mèt urip ||

52. Kawarnaa para garwa- | nira Prabu Sang Dhandhanggêndhis katri | Dèwi Amisani sêpuh | Dèwi Asin têngahan | katêlune Dèwi Paja namanipun | pan wus samya ingaturan | priksa kaananira ji ||

53. para putri katêlunya | tandya musna tan kasatmatèng janmi | ngical sakadhatonipun | myang uparêngganira | wus têtela kalah yudanira Prabu | Dhandhanggêndhis mêngsah lawan | Sri Rajasa Murwèng Bumi ||

54. sawusira unggul ing prang | Sri Rajasa wus wangsul mring nagari | Tumapêl kala puniku | marêngi taun Saka | sinêngkalan warna-warna janma iku |[23] mungguhing lêlakonira | Kèn Arok amutêr bumi ||

55. bumi Jawa wus kaasta | dening Arok kalèku nunggil warsi | sèwu satus langkungipun | kawan dasa sakawan | ênêngêna ingkang cinaritèng dhuwur | lami-lami kawarsita |

--- 54 ---

anênggih Anusapati ||

56. ya Tunggul Amêtung putra | apitakon marang pamongirèki | apa ta darunanipun | dene rêngkuhe rama | marang ingwang pae lan sadulur ingsun | pamongira ajrih dahat | mêdharkên liring wêwadi ||

57. makatên pamong turira | dhuh bandara kawula jrih kapati | dhumatêng rama pukulun | langkung prayoga tanya | mring ibunta ingkang yêkti langkung wêruh | mênggah mulabukanira | mung ibunta ingkang uning ||

58. Sang Anusapati sigra | marêk maring ibunira pitakin | ngasih-asih anênuwun | mangkana têmbungira | dhuh-dhuh ibu punapa darunanipun | dene pangrêngkuhe rama | mring kula bineda yêkti ||

59. lan sadhèrèk kula kathah | nadyan dhatêng ingkang asanès wibi | tingale rama maring sun | pangrêngkuhe kaliwat | kalis mawon beda lan lyaning sadulur | kula nyuwun kawêdharna | kapengin dahat yun uning ||

60. samana pan wus têtela | lêlakone Rajasa yun mêkasi | Kèn Dhêdhês pasrangkara rum | mring sunu têmbungira | dhuh nak ingsun kaya sira datan tuhu | ngandêl marang ramanira | nanging yèn sira yun uning ||

61. têmêne sirèku bukan | putranira Risang Amurwa Bumi | kalane ingsun [ingsu...]

--- 55 ---

[...n] pinundhut | garwa mring Sri Rajasa | apan uwus anggarbini tigang santun | klawan ramanta kang seda | Tunggul Amêtung wêwangi ||

62. yèku ramanta kang nyata | apikakèn[24] malih Anusapati | yèn makatên nuwun ibu | paran sababe seda | ramaningsun kang nyata Tunggul Amêtung | kawula kapengin dahat | wêruh darunaning pati ||

63. Kèn Dhêdhês sêrêt lingira | dhuh nak ingsun tan yogya sira wruhi | Kèn Dhêdhês ginubêl sunu | kang dahat yun uninga | tan kuwawa nahên pamothahing sunu | kawratên ing sih sutrêsna | wêkasan walèh sayêkti ||

64. mungguh sedane ramanta | cinidra mring Risang Amurwa Bumi | sapandurat datan muwus | Kèn Dhêdhês katon netya | amiduwung ing tuturira ing sunu | rumăngsa wus kaluputan | kaliwat dènnya nuturi ||

65. darunaning kang rahasya | mangke sampun pinupus karsèng Widhi | Anusapati turipun | ibu jêng rama Risang | Sri Rajasa pan nênggih kagungan dhuwung | saking Êmpu Gandring yeka | kula suwun sapuniki ||

66. Kèn Dhêdhês datan lênggana | kêris sampun sinungkên marang siwi | Anusapati mit kondur | saksana mring dalêmnya | praptèng wisma Anusapati anuduh | ngundang Pangalasanira | ingkang gêgriya

--- 56 ---

ing Bathil ||

67. kinongkon amatènana | marang Sang Sri Rajasa Murwa Bumi | klawan Gandring dhuwungipun | Pangalasan ingêbang | lamun bisa anyidra marang Sang Ratu | dupi palastha lingira | Pangalasan gya lumaris ||

68. lumêbu ing dhatulaya | wanci surup kapanggih sri bupati | lagya bukti gya sinuduk | Sang Nata têmah laya | amarêngi ing dina Kêmis Pon wuku | Landêp sangkalaning warsa | têrus sabda Êmpu Gandring ||[25]

69. tan kawarna solahira | ing kadhaton Pangalasan wus gêndring | lumayu umasung wêruh | mring Nusapati lingnya | rama tuwan pan sampun kawula suduk | kongsi atêkèng pralaya | kêris nuli dèn tampani ||

70. dening Nusapati sigra | sinudukkên mring Pangalasan mati | tumangkaring ujaripun | tiyang sapraja nyata | bab sedane Sang Sri Rajasa sinuduk | dening Pangalasan tiyang | ing Bathil araning dèsi ||

71. ing nginggil sampun kawêdhar | lêlakone Kèn Angrok kang tan yukti | maksudira tan lyan amung | nguningkên kang istijrat- | ira Kèn Angrok kang bakal madêg ratu | ajêjuluk Sri Rajasa | Bathara

--- 57 ---

Amurwa Bumi ||

72. trahing bathara nindhita | wit putrane Bathara Brama nênggih | ingakên putra Hyang Guru | panukmèng Hyang Kesawa | mulanira luput sakèhing bêbêndu | tan kêna yèn dinulura |[26] marang padhaning dumadi ||

73. katon kaluwihanira | angungkuli sasamining narpati | kang misesani sawêgung | tlatah ing nungsa Jawa | duk ing nguni durung ana kang anyundhul | kadibyane Sri Rajasa | Bathara Amurwa Bumi ||

74. kang măngka pêpancêr enggal | kang nurunkên pra ratu Majapait | krana Dyan Wijaya kasbut | ing wingking kang iyasa | kraton anyar nênggih Majapait besuk | iyèku trah-tumrahira | Sri Rajasa Murwa Bumi ||

75. lêlakon lare kadyeka | kang tabyate manjila samèng jalmi | kaelokane linangkung | wêkasan dadi mulya | pae lawan kalumrahanirèng manus | tansah dadi kêkêmbangnya | ing sakèhing Babad Jawi ||

76. nganti êmèh datan ana | Babad Nagri ingkang tan mawi isi | kaelokan kang kadyèku | kang măngka sudarsana | kapindhone prakara titising Wisnu | Kèn Angrok tan myambakana | kang kawrat ing

--- 58 ---

Sêrat Jawi ||

77. panitising Wisnu măngka | pasrayane sakèhing pra dumadi | mambêg darma among tuwuh | mangkanèku wus kaprah | kawêntaring carita Jawa sawêgung | nadyan lumrahe watara | ping pindho gyannya manitis ||

78. ingkang dahat kawistara | dene titisira kang anyar nênggih | miturut caritanipun | kang lugu asal Jawa | iya iku Radèn Panji Arum-arum | Inokartapati ingkang | wus kawêntar ing srat Jawi ||

79. makatên malih ranira | Êmpu Gandring ing Lêlumbang tan lali | nganti têkèng jamanipun | carita Damarwulan | ana uga carita wênèhing êmpu | ingkang uga nama Lumbang | kawrat ing Srat Damarsasi ||

80. ingkang sampun kasumrêpan | ing Twan Rurdhah van Èsênghah lan malih | mênggah kawontênanipun | Kèn Dhêdhês mahya brama | sing pawèstrèn iku uga na kasêbut | ing Baron Sakèndhèr Sêrat | kang sinung pèngêtan dening ||

81. Twan Kohèn Stuwart ing kaca | sangang dasa wolu lan satus siji | satus swidak lajêngipun | lamun tinandhing lawan | ingkang kasbut ing Srat Pararaton iku | banjur têtela katara | yèn crita iku sayêkti ||

82. surasane

--- 59 ---

ana mawa | kang lwih jêro tinimbang srapadaning | kang kocap ing srat puniku | kawarta Bantên lawan | Cêrbon nadyan Mataram ingkang linangkung | datan bisa lêstaria | mêngkoni warising nagri ||

83. ing Pajajaran kajaba | mung pakumpulaning pra dagang sami | bisa nampani lêstantun | warising Pajajaran | pakumpulan wong dagang yèku ranipun | Kumpêni saka Eropah | têka gêgramèn ing Jawi ||

84. awit sajuga tan ana | kang abisa ngrabèni ring sang putri | kang mahyagni baganipun | lamun yun tinunggilan | măngka ingkang sampun dados wêcanipun | wêca sing sapa-sapaa | ingkang bisa angrabèni ||

85. bakal antuk warisira | Pajajaran ngasta pusarèng nagri | kawasa ing rat sawêgung | tanah Jawa kaasta | ing wusana sang putri dadine sinung- | akên marang wong Walanda | namung linintonan nênggih ||

86. klawan mriyêm kêkalihnya | alit-alit sapele tan mantêsi | carita kadi kang kasbut | ing dhuwur iku kaprah | kawrat sêrat babad-babad mèh sadarum | ing pulo Jawa pracima | jrah wursita kang kadyèki ||

87. nadyan ana prabedanya | sawatara nanging maksude sami | ing Babad Cêrbon [Cêr...]

--- 60 ---

[...bon] na kasbut | putri Tanoran Gagang | kang bagane uga mêdal latunipun | myang Babad Cêrbon lyanira | uga mot crita kadyèki ||

88. mung prabeda sawatara | caritane nanging maksude sami | nahên mangsuli ing dhuwur | ing pêpèngêtanira | Kèn Angrok namanira maksih lêstantun | pan dadya ucap-ucapan | ing srat nganti têkèng warsi ||

89. abad ingkang ping wolulas | taun Lănda ingkang sampun lumaris | kadi ingkang wus kasêbut | ing Srat Cêrbon wêwarta | ing bab Kidung Arok utawi kasêbut | ing Khikayat Raja Banjar | lan Raja Kota Waringin ||

90. kang nyritakkên ananira | kraton Jawa Nagari Maospait | ing ngriku kasêbut Angruk | ratu ing Majalêngka | nadyan uga anaa sulayanipun | ing sawatara kalawan | carita ing nuswa Jawi ||

91. nanging ana wataranya | ingkang kêna kangge tăndha kasaksin | yèn pulo Jawa na èstu | ingkang umadêg nata | ajêjuluk Kèn Angrok gantya winuwus | Kèn Êndhok ing ngajêng datan | kacrita titisira Sri ||

92. nadyan datan kawursita | ewadene miturut adat kang wis | èstri kang lampahanipun [lampah...]

--- 61 ---

[...anipun] | kang saèmpêr mangkana | datan linyok yèn titise garwa Wisnu | Dèwi Sri ingkang minulya | mustikaning pra apsari ||

93. ing ngajêng Bathara Brahma | wus amêca mring Kèn Êndhok iyèki | yèn Kèn Angrok têmbenipun | bakal amutêr jagad | mandhirèng rat mangrèhkên Jawa sawêgung | katêmahanira dadya | Ratu nèng Tumapêl nagri ||

94. ambawahakên ing Daha | wus kawêngku pinukul jayèng jurit | salajênge uga durung | ana wuwuhing bawah | kajabane nagri-nagri kang kawêngku | pinarentah mring nagara | Tumapêl wusana ugi ||

95. kaananira nagara | durung mundhak namung kaya kang uwis | maksih apanggêng lêstantun | tan katon owahira | datan mundhak datan suda têmahipun | lami-lami malah risak | gênti rinèhkên lyan nagri ||

96. watara lêt sèkêt warsa | nagri Daha ana kang madêg aji | Sri Jayakatong pinunjul | ambawahakên praja | ing Tumapêl gênti kawêngku Sang Prabu | Jayakatong mandhirèng rat | tan ana kang mêmadhani ||

97. mungguh ta papan kang aran | Gantêr tanapi Kantêr kang kawarti | ing ngarsane mangkenipun | wus linarah tan panggya | apituwin papan liya-liyanipun [liya-...]

--- 62 ---

[...liyanipun] | mangke kèh kang wus tan ana | mung Turyantapadha mangkin ||

98. turèn iku bokmanawa | dene namanira Kèn Angrok nênggih | Rajasa salajêngipun | kasbut ing Srat Pralambang | ingkang nêmbe kawêdal ing sêratipun | pawartosing Gênutsêkap | ing buk angka tri dasa dwi ||

99. ing kaca tri atus sangang | dasa luwih sakawan kasbut dadi | Angrajasa ewahipun | lajêng saturunira | ingkang samya madêg nata ajêjuluk | nyêmpèt ing nama Rajasa | kados ta ingkang wêwangi ||

100. Kêrtarêjasa kalawan | Rajasanara malihe nênggih |[27] Rajasawardhana iku | kunêng gantya winarna | ananira agama Hindhu kasêbut | dhatênge nèng Jawi Wetan | jujuge mênggah samangkin ||

101. ing nagari Pasuruan | sadurunge Kèn Angrok madêg Aji | Sri Rajasa kang rum-arum | ing Jawi Wetan datan | na Brahmana kang ngajawi wêktu iku | Lohgawe Risang Brahmana | kang miwiti angajawi ||

102. lir kanang wus kocap ngarsa | dhatêngira Lohgawe Sang Maharsi | saka ing tanah gêng Hindhu | nagara Jambudwipa | nèng Pasruan Sang Brahmana jujugipun | ya ta sajumênêngira | Kèn Angrok mêngku nagari ||

--- 63 ---

103. ajêjuluk Sri Rajasa | nata ing Tumapêl kawarta nênggih | pra pujăngga samya kêbut | Budha kalawan Siwah | sing nagari Daha apan purugipun | mring Tumapêl pra pujăngga | ngungsi pangayoman sami ||

104. lir kang wus kocap ing ngarsa | awit saking kinèn nêmbah Sang Aji | ing Panawijèn kacatur |[28] uga ana pujăngga | bokmanawa dhatênge ngriku puniku | sabakdane praptanira | Sang Lohgawe angajawi ||

105. saking nagri Jambudwipa | pracayane golongan Mahayani |[29] Sang Êmpu Purwa puniku | apan Budhastapaka | rumiyine Êmpu Purwa datan manut | ing pangandêl Mahayana | de piyandêle kang dhingin ||

106. apan datan kawêruhan | yèn ta manut golongan pangandêl ing | Hinayana iya iku | agama Budha ingkang | tumindak ing tanah Hindhu sisih kidul | iku tan nate tumêka | ing Jawa jaman rumiyin ||

107. manawa sadurungira | Êmpu Purwa lumaku Mahayani | maksih pasèk durung ngrasuk | agama lyan-lyanira | maksih lugu manêmbah ing kayu watu | utawa

--- 64 ---

mung manut marang | kang lumrahe dèn wastani ||

108. panutaning gama Brahma | de anane agama Hindhwèng Jawi | wetan nênggih têkanipun | ing Pasuruan nyata | wus dhisiki praptane Lohgawe ngriku | myang pra pujăngga kang kocap | sami ngungsi mring nagari ||

109. ing Tumapêl pasaksènnya | sêsêratan kina ingkang pinanggih | jamanira wus karuhun | Lohgawe pan kawuntat | gama Hindhu ingkang adhatêng rumuhun | golongan agama Brahma | Siwah Budha Mahayani ||

110. Êmpu Purwa ingkang kocap | ing carita ingkang kasêbut nginggil | apa ta agaminipun | kala sadurungira | alumaku Mahayana apa Hindhu | apa pasèk tan agama | yèn ta Hindhu ingkang mêsthi ||

111. kudu umawa Brahmana | tan ana agama Hindhu tan mawi | sanadyan ing tanah Hindhu | tumrap agama Budha | ing perangan sisih lor tanahing Hindhu | iyèku ing nagri Nepal | kang Brahmana datan kèri ||

112. panganggêpira tan beda | mring Brahmana lir lyalyaning agami | peranganing gama Hindhu | măngka agama Budha | ingkang pêncar ing tanah Jawa puniku | rêrèjènganing agama | mèmpêr kang tumindak nagri ||

113. Nepal [Nepa...]

--- 65 ---

[...l] ing tanah Hindhustan | kang sisih lor lir ingkang wus kawarti | măngka ing salajêngipun | Êmpu Purwa kawarta | apan dadya Bodhastapaka amungguh | lajêng dadine Brahmana | ing nginggil datan kawarti ||

114. nadyan kèhing sratan kuna | kang pinanggih sakiwa têngan sami | kêna kanggo saksi èstu | bab kaananing kuna | bisa têrang saka ing sratan puniku | nadyan jamane wus kwuntat | nanging ananira slisir ||

115. klawan kaananing crita | pêpiridan ingkang kasbut ing ngarsi | apa manèh nadyan mungguh | kêna inganggêp nyata | yèn Êmpu Purwa sawuse praptanipun | Lohgawe Sang Abrahmana | apan sampun nate prapti ||

116. ing Pasuruan karana | mirid crita ingkang wus kasbut ngarsi | yèn ing Pasuruan iku | ing rikala samana | wus tan ana tiyang pasèk saminipun | tiyang kang tanpa agama | apa manèh angèngêti ||

117. sela kang mawa tulisan | salêbêting abad sêdasa tuwin | sawêlas tumêkanipun | rolas ing Pasuruan | durung ana kang kêna kaanggêp èstu | yèn kono wus na agama | Hindhu sapangetannèki ||

118. mila ta Sang Êmpu Purwa | sadurunge Dhanghyang Lohgawe prapti | mêsthine

--- 66 ---

durung angrasuk | agama Hindhu de kang | sêsêratan ingkang dumunung ing watu | ingkang pinanggih ing ngantang | sumimpên anèng Musiyim ||

119. ciri ăngka urut sanga | tinêngêran taun Isaka nênggih | sèwu sèkêt luwih pitu | iku pancène sela | ing Kadhiri dene sela sangkanipun | asal saking Pasuruan | apa manèh ingkang tulis ||

120. kang dumunung ing têmpayang | sêsimpênan ing Musium Batawi | ăngka tri tus sangangpuluh | luwih juga tinêngran | taun Saka sèwu pitung dasa yèku | asline pan dudu Saka | Pasuruan gyannya manggih ||

121. Twan Skipmakêr gyanira | nglêmpakakên ana ing Surawèsthi | mila ing ngriki cinatur | prakara Êmpu Purwa | nganti nglantrah panjange kalantur-lantur | awit kala jaman kina | pra êmpu amilu dadi ||

122. pokok jêjêring carita | kuna-kuna kandhanira tan kari | para êmpu samya milu | dadi kêmbanging kăndha | mèh tan pae kalawan kang para wiku | dadi ujating paradya | pra êmpu makatên ugi ||

II.

4. Durma

1. durmanira kawêtu pangrênggèng kata | jumênêngira aji | Sang Anusapatya | gumanti naranata |

--- 67 ---

Sri Rajasa Murwa Bumi | Tumapêl praja | taun Saka marêngi ||

2. sinêngkalan sirna swara wani nata |[30] kawarnaa ing mangkin | ana kang pawarta | marang Radèn Tohjaya | putra Sang Amurwa Bumi | patutan saka | garwa ingkang taruni ||

3. bab sedane ingkang rama Sri Rajasa | cinidra ing wong Bangil | wit saka pakènnya | Risang Anusapatya | ingêbang yun dèn opahi | dupi kalakyan | kang nyidra dèn pêjahi ||

4. mung kinarya ambuwang tilas kewala | dadi Tohjaya mangkin | datan kèndêl gyannya | ambudi marganira | pêjahe Anusapati | măngka walêsan | sedanira rama ji ||

5. nanging sêdyanira Sang Panji Tohjaya | kawanguran sang aji | milanya sang nata | Anusapati tansah | awêweka aywa nganti | Panji Tohjaya | bisa nêkani kapti ||

6. saubênge pasareyannya sang nata | mawi sinung botrawi | ing nataring pura | jinaganan santosa | tanapi pra andêl sami | kinèn wêweka | rumantos ing awèsthi ||

7. kawuwusa nuju satunggiling dina | Panji Tohjaya prapti | marêk [ma...]

--- 68 ---

[...rêk] ngarsèng nata | Risang Anusapatya | Sang Panji Tohjaya mawi | bêbêktanira | jago abênan siki ||

8. aturira Tohjaya marang Sang Nata | rakendra rama riyin | kagungan curiga | asalira pan saka | Êmpu Gandring ingkang kardi | kalamun lêga | lila galihira ji ||

9. kula suwun anggadhuh kanang curiga | krana kapengin mawi | Sang Anusapatya | dilalah karsèng Suksma | ical wêwekaning galih | mandi upata- | nira Sang Êmpu Gandring ||

10. dhuwung ingkang pininta sinungkên maring | Panji Tohjaya aglis | nampani curiga | paringira rakendra | Tohjaya suka kapati | batosing manah | katêkan ingsun mangkin ||

11. dhuwungira priyăngga sinungkên marang | abdi nulya tinampin | Sang Panji Tohjaya | matur malih mring Raka | Sang Prabu Anusapati | nuwun kawula | wus samêkta dewaji ||

12. sowan amba ambêkta sawung abênan | punapa ta sang aji | datan akarsaa | ngabên sawung sakêmbar | kawula pan sampun mranti | lingira nata | iya prayoga yayi ||

13. Sang Narendra Anusapati dhawuhnya | mring abdi gadhuh pitik | kinèn umêndhêta | sawung adon sajuga | wus [wu...]

--- 69 ---

[...s] pinêndhêt gya tinandhing | samya binolang | pyambak tajine mranti ||

14. rame tarungira sawung sakalihan | sang nata lenèng galih | kasalamur loknya | datan mawi nglagewa | Sang Panji Tohjaya aglis | narik curiga | yasanya Êmpu Gandring ||

15. atangginas ingkang raka linarihan | sinuduk angêmasi | nalika punika | nuju warsa Isaka | sèwu satus pitung dèsi | luwih sajuga | ya ta Anusapati ||

16. wus sinarèkakên nèng Kidal atunggal | lan lêluhurirèki | nêngna sedanira | Nata Anusapatya | ing ngriki dipun pèngêti | kawontênannya | Nata Anusapati ||

17. ingkang namanira tan siwah lan Radyan | Panji Hno Kêrtapati | Sang Anusapatya | ingkang salêrêsira | Tunggul Amêtung kang siwi | kaya kang kocap | ing dhuwur caritèki ||

18. wus têtela Kèn Angrok duk jumnêngira | anèng Tumapêl Aji | mirid ananira | sêlang-sêlinging nata | kang ngasta pangwasa nagri | dèrèng tinata | tumrun marang kang wajib ||

19. pangastanya pusarèng praja narendra | panatanira awit | kala jumênêngnya | nata Radèn Wijaya | yasa kraton Majapait [Ma...] |

--- 70 ---

[...japait] kala punika | warising nata awit ||

20. tinamtokkên tumurun kalawan kêkah | mring putra wayah sami | mirid kang carita | ing sasedanira Sang | Nusapati kang gumanti | Kèn Arokputra | Panji Tohjaya nami ||

21. nulya ginêntenan Sang Wisnuwardana | iyèku Rănggawuni | apan putranira | Risang Anusapatya | Wisnuwardana ginanti | ing putranira | Kartanagara nami ||

22. sedanira Anusapati kawarta | taun Saka marêngi | sèwu satus sapta | dasa luwih sajuga | sinarèkakên atunggil | lêluhurira | anêng Kidal anênggih ||

23. kenging dipun dugi yèn Kidal samangkya | Candhi Kidal ing dhistrik | Pakis afdhling Malang | nèng nagri Pasuruan | yèn iku astanèng aji | kunêng agantya | ingkang sinawung manis ||

III.

5. Dhandhanggula

1. madêgira Tohjaya dadya ji | nuju taun Isaka pinetang | sèwu satus pan langkunge | pitung dasa lwihipun | sajuga tumêkaning warsi | sèwu satus langkungnya | pitung dasa wuwuh | sajuga Panji Tohjaya | yèku putranira Kèn Angrok kang saking | Kèn Umang garwampeyan [garwampe...]

--- 71 ---

[...yan] ||

2. wus angasta pusaraning nagri | ing Tumapêl dene Nusapatya | Tunggul Amêtung putrane | patutan saking ibu | Êkèn Dhêdhês Anusapati | apan darbe atmaja | jalu namanipun | Rănggawuni pan kaprênah | kaponakanira Tohjaya anênggih |[31] wontên malih pulunan- ||

3. nira Panji Tohjaya bêbisik | Mahisa Campaka putranira | Mahisa Wong Atêlênge | Mesa Wong Atlêng iku | putranira Kèn Arok saking | Kèn Dhêdhês apan dadya | dulur tunggal ibu | seje rama akalawan | Sang Anusapati ingkang asêsiwi | Tunggul Amêtung yeka ||

4. akuwu ing Tumapêl nagari | kunêng gantya ingkang cinarita | Apanji Tohjaya mangke | wus jumnêngakên ratu | nèng Tumapêl mêngkoni nagri | para punggawa pêpak | sumewa sadarum | para mantri pra nararya | sami sowan pra pandhita angèstrani |[32] ing madêgira nata ||

--- 72 ---

5. Kêbo Campaka lan Rănggawuni | uga pêpak anèng pasewakan | saksana sang nata linge | hèh pra mantri sadarum | myang pra narywa dêlêngên sami | kaponakan manira | pan kêkalih iku | Rănggawuni lan Campaka | samya bagus ing warna tan nguciwani | sadêdêg pangadêgnya ||

6. apa ana mungsuh kang nimbangi | anduwèni dêl-andêling praja | kang kayèku sêmbadane | baya mapaki durung | kang liningan sêmbah turnya ris | kasinggihan sanyata | sabdendra kang runtuh | datan awiwang sakisma | ing warnane satriya kêkalih pêkik | sêmbada ing sarira ||

7. prawirèng prang măngka senapati | mung kuciwa angandhut bêbaya | tumrap pukulun pamase | pamane kadi wudun | manang-manang amunggwing nadi | tan wun gawe palastra | mring kang nandhang wudun | makatên malih kadwinya | sinatriya makèwêdi agêng yêkti | ring paduka narendra ||

8. Sang Apanji Tohjaya Narpati | dupi myarsa ature pra narywa | pungun-pungun ing galihe | rinasa jroning kalbu | saya krasa dahat ngranuhi | sakondurnya ngadhatyan | ing galih tanpa wus | panggagasira mring turnya | pra nararywa ing rèh satriya kêkalih |

--- 73 ---

têmah nimbali sigra ||

9. Lêmbu Ampal ngandikan jro puri | dhinawuhan kinèn ambudia | satriya kalih sirnane | Rănggawuni winuwus | Mahisa Wong Atêlêng kalih | kalamun datan bisa | gawe sirnanipun | Lêmbu Ampal dipun ancam | pinatenan piyambak ywa takon api- | dosane tuk wasesa ||

10. nalikane Sang Prabu dhawuhi | marang Lêmbu Ampal kapiyarsa | ing Brahmana kang lagya nèng | kadhaton sang awiku | ingkang nuju asangkapani |[33] marang Prabu Tohjaya | sang brahmana langkung | kamiwêlasên ing driya | mring satriya kêkalih gya dèn tuturi | saliring kang kapyarsa ||

11. sang nararya kêkalih nauri | dhuh pukulun sang maha pandhita | kawula sami tan darbe | luput marang sang prabu | parandene badhe atampi | wasesanirèng nata | sang brahmana muwus | gugunên wêwarah ingwang | dhuh nah anggèr lajêng kesaha tumuli | pun kaki tuhu mirma ||

12. krana ulun midhangêt sayêkti | kalanira ramanta narendra | dhawuh marang kang ingakèn | nênggih ika pun Lêmbu | Ampal ingkang kinèn mêjahi | paduka sakalihnya | yèn nganti [nga...]

--- 74 ---

[...nti] tan antuk | gawe sira Lêmbu Ampal | yun pinatèn Lêmbu Ampal măngka sulih- | ing radyan sakalihnya ||

13. suprandene nararya kêkalih | mêksa durung pracaya aturnya | Brahmana narywa karone | apan manggihi laju | marang Apanji Pati-pati | kapanggih ing wismanya | narywa kalihipun | alon ing panêmbungira | Apanji Pati-pati praptèng ngong ngriki | ayun angungsi gêsang ||

14. ing wismanira sun tyang kêkalih | yun pinêjahan dening narendra | măngka ingsun sakalihe | têmên tan darbe luput | duk myarsa Panji Pati-pati | dahat pangunguning tyas | saksana umatur | sumanggèng karsa paduka | yun singidan ing wismèngsun ya prayogi | ingsun kang ngayomana ||

15. ananging Apanji Pati-pati | mêksa durung ngandêl kang pawarta | sigra nungsung warta rêke | datan dangu wus antuk | kăndha nyata lamun narpati | wus andhawuhi marang | Lêmbu Ampal manut | dhawuh anyirnakkên marang | narywa karo yèn kongsi tan bisa mati | Lêmbu Ampal kasandhang ||

16. sadayèku wus ingaturkên mring | narywa karo pan samya umpêtan | tan kesah saking wismane | Pati-pati winuwus |

--- 75 ---

narywa karo dipun padosi | kêmput sajroning praja | linarah tan antuk | katrangan tanna kang wikan | ing parane nararywa kêkalih sami | Lêmbu Ampal dinakwa ||

17. asabyantu lan arywa kêkalih | winêdharan saliring dinuta | mangkya Lêmbu Ampal badhe | măngka lêlintunipun | pinêjahan Lêmbwampal anis | sing praja jujugira | ing pagriyanipun | nênggih ing têtangganira | Sang Apanji Pati-pati dèn ungsèni | pininta pasingidan ||

18. anèng kono Lêmbu Ampal mèksi | satriya dwi ingkang pinadosan | Lêmbu Ampal nulya age | mrêpêki kang linuru | aturira amêlas asih | dhuh gusti dhuh bêndara | praptèng ngong pan amung | nyuwun ngungsi gêsang amba | wontên ngriki anunggil paduka gusti | ulun tan nêdya ala ||

19. wit kawula mangkya tampi runtik- | irèng rama paduka narendra | darunane amba kinèn | nyedani ing pukulun | nanging amba tan sagêd manggih | ring paduka bêndara | mangkya sêdyèng ulun | apan asrah jiwa raga | ring paduka amba tan nêdya nyidrani | sanadyan supaosa ||

20. datan mèngèng amba pan kadugi | sakarsanta sun nêdya prasêtya | ing sapangrèhira [sapangrèh...]

--- 76 ---

[...ira] Radèn | nahên ta kang winuwus | Lêmbwampal wus dèn supatani | sawusira mangkana | Lêmbu Ampal matur | kadiparan karsandika | nuwun gusti yèn tansah manggung kadyèki | yakti tanpa wasana ||

21. sabên ari tansah manggung dhêlik | anglir tiyang wontên pakunjaran | datan ana kapenake | mungguh sing kajêng ulun | mangkya lamun ana dhatêngi | tiyang saking Rajasa | ingkang têka adus | pan badhe ingsun prajaya | ingsun suduk kang kongsi têka ing pati | kawarta sontênira ||

22. yêkti ana wong kang andhatêngi | badhe adus sinuduk dènira | Lêmbu Ampal têmahane | ingêlokakên mlayu | Lêmbu Ampal tan nolih wuri | playunya lonjong tigan | mring Sinêlir mamprung | ujaring wong ing Rajasa | wong Sinêlir nuduk wong Rajasa nênggih | dadya wêwinihira ||

23. têtukaran băndawala pati | wong Rajasa lawan Pangalasan- | ira wong Sinêlir mangke | sinapih dening prabu | parandene mêksa tan wigih | ambangkang dhawuh Nata | tan ana kang purun | angalah salah sajuga | têmahane sang nata dahat aruntik | yèku Panji Tohjaya ||

24. kang bawahkên Rajasa pituwin |

--- 77 ---

ing Sinêlir Tumapêl tlatahnya | samana Nata dhawuhe | mundhut pjah gêsangipun | bêbature dhusun kêkalih |[34] ing Sinlir lan Rajasa | pinêjahan sampun | Lêmbu Ampal sarêng myarsa | ing wartane yèn bature desa kalih | wus samya pinêjahan ||

25. age Lêmbu Ampal andhatêngi | tyang Rajasa samya winarahan | mangkana Ampal têmbunge | yèn sira uga ayun | pinêjahan dening narpati | yogya sira mlayua | ngungsi dunungipun | nararywa kêkalih ingkang | dadi buron uga badhè dèn pêjahi | mangkya maksih singidan ||

26. wong Rajasa samya anginggihi | ing wêwarahira Lêmbu Ampal | saksana ana kang akèn | mangkana têmbungipun | hèh-hèh Lêmbu Ampal ya bêcik | ulun ngrêsaya sira | iku uwong batur | sowana narywa kalihnya | iki wong Rajasa kang tuwa pribadi | sumanggakna ing karsa ||

27. sêdyèng ulun wong Rajasa sami | pan wus kamot dhèwèke sadaya | kang bakal ingaturake | wran ingkang sêpuh-sêpuh | wau sampun kairid [kairi...]

--- 78 ---

[...d] dening | Lêmbu Ampal apanggya | lan dyan kalihipun | sampun sami mabyantara | ing rahadyan kêkalih datan kawarni | sakèhing aturira ||

28. mung cinêkak pêpuntoning kapti | têtuwaning Rajasa aturnya | dhumatêng kalihnya radèn | paduka nararya nung | sami ulun turi ngayomi | mring têtiyang Rajasa | sabyantu ing rêmbug | kawula sadaya samya | datan mèngèng ing tuduh pakènnya gusti | sakarsa tan suminggah ||

29. yèn tan ngandêl paduka mring mami | lan sakèhing tiyang ing Rajasa | yèn kadugi amalèsèt | tan tuhu sêtyanipun | prayogane samya tinanting | pinundhutana samya | katêmênanipun | ingkang sarana upata | nadyan ulun tumraptêng bêbaya pati | tan nêdya sumingkira ||

30. apadene uwong ing Sinêlir | têtuwane uga tinimbalan | wus ingantêp sadayane | tan pae saguhipun | lan têtiyang Rajasa yêkti | sami atur prasêtya | batur kalihipun | ing Sinêlir sasampunnya | ingupatan lajêng samya kinèn mulih | kapanggih kancanira ||

31. ing dalune samya kinèn bali | mawyambêkta rowang pyambak-pyambak | wong Rajasa apa manèh | ing Sinêlir [Si...]

--- 79 ---

[...nêlir] tyangipun | dhinawuhan sikêp rumanti | ing dadamêlirèng prang | dyan kalih winuwus | ing dalu punika karsa | malbèng pura ngamuk nukup sri bupati | kawuwusa dalunya ||

32. tyang Rajasa lan Sinêlir sami | wangsul mabyantara ing rahadyan | wus sikêp dêdamêl kabèh | ingirid tutwanipun | samya katon wani ing pati | tan mundur ing bêbaya | dadia têtawur | datan suminggah ing pêjah | kawarnaa têtiyang wau nulya glis | soroh amuk mring pura ||

33. Sang Apanji Tohjaya kêpati | kagètira ing galih tan duga | yèn badhe ingamuk ngakèh | Tohjaya kapalayu | tinumbak wong sri narapati | têmah anandhang brana | tan kapisan lampus | sasirêpira rêrêsah | Sang Panji Tohjaya dipun upadosi | dening punakawannya ||

33. wus kapanggih Tohjaya narpati | kinukup ing abdi punakawan | binêkta ngili parane | marang Katang Lumbang wus | praptèng margi tyang salah siki | ingkang ngrêmbat ing ngarsa | mlorod sinjangipun | balêdhèh katon bokongnya | Sang Apanji Tohjaya uning lingnya ris | hèh bocah kang angrêmbat ||

34. anèng ngarêp bêbêdmu kang wuri | amalorod katon bokongira | bênêrna [bênêr...]

--- 80 ---

[...na] bêbêdmu age | iku ilapatipun | mulanira sun tan lastari | jumênêng naranata | mêngkoni praja gung | kawuwusa sri narendra | praptèng Lumbang Katang tan dangu ngêmasi |[35] layonira narendra ||

35. pan wus sinarèkakên ana ing | Katang Lumbang duk kala punika | amarêngi ing warsane | Isaka angkanipun | sèwu satus pitung dasa dwi | nêngna kang ginupita | mangkya kang winuwus | pêpèngêtane kang kocap | ingkang kasbut wontên ing nginggil puniki | iyèku kang ingaran ||

36. Rajasa lan Sinêlir ngriki | dipun anggêp namaning panggenan | kaya datan na lêpate | nanging Rajasa iku | jêjuluke Kèn Arok nênggih | sarêng jumênêng Nata | Sri Rajasa mungguh | ingkang kasêbut ing sêrat | babonira kang jinarwakkên puniki | mungêl tiyang Rajasa ||

37. apadene muni wong Sinêlir | datan muni tiyang ing Rajasa | myang tiyang ing Sinêlire | tiyang Rajasa iku | yèn makatên manawi ugi | araning gêgolongan | kang pinijèng ratu | myang kagawa sing lyanira | upamane sing pagawean [pagawea...]

--- 81 ---

[...n] lyan-lyaning | kawajiban swang-sowang ||

38. sasamine wong Kalang wong Sêmbir | iku rane gêgolonganing tyang | kang piniji ing gawene | tanapi aranipun | gêgolonganing para abdi | wong Kanoman upama | iku abdinipun | Sang Pangeran Adipatya | Anom dene ingkang ingaranan nênggih | wong kasêpuhan ika ||

39. abdinira Kangjêng Sri Bupati | ana manèh kang nalikanira | ing Ngayogyakarta rêke | panjênêngannya Prabu | Mêngkubwana kang kaping kalih | sêsarêngan kalawan | ing nalikanipun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Amêngkunagara Sudibya di | jumênêng kangjêng raja ||

40. abdinira Kangjêng Sri Bupati | Mêngkubwana kapindho kang uga | jêjuluk Sultan Sêpuhe | ing nalika puniku | uga karan ingakèh nami | abdi ing Kasêpuhan | dene abdinipun | kangjêng sultan raja katlah | abdi dalêm ing Kanoman iku nênggih | mangkono wong Rajasa ||

41. atanapi têtiyang Sinêlir | kêna uga kalamun sinăngka | araning gêgolonganing | wit Sri Rajasa iku | jêjuluknya Kèn Angrok nênggih | nalika madêg nata | măngka Tohjayèku | miyos [mi...]

--- 82 ---

[...yos] ing garwa ampeyan | kawulane dadya ingaran Sinêlir | wit sêlir ya ampeyan ||

42. dene kawulanira Rajasa ji | ingkang tinêngênakên katêlah | wong Rajasa apadene | lamun pinikir tuhu | paekanya ingkang rinêmpit | Lêmbu Ampal unggyannya | nyuduk nganti lampus | dhumatêng tiyang Rajasa | gya lumayu age-age mring Sinêlir | kaya uga sinêdya ||

43. supayane dadine amuring | wong Rajasa saya adrêngira | pinarentah ing pamase | ingkang aturun ratu | pramèswari Kèn Dhêdhês nênggih | iyèku wong Rajasa | narywa kadwinipun | dene Apanji Tohjaya | putra Arok mung patutan saking sêlir | Kèn Umang wibinira ||

44. manawèku kêna dèn arani | klêbu ing gêgolonganira tyang | Sinêlir mulane rêke | duk kalanira campuh | wong Rajasa lan wong Sinêlir | Sang Apanji Tohjaya | ngangkah sapihipun | saka aris yèn tan gêga | sinantosan ingancam kalawan pati | kalakyan wong Rajasa ||

45. kang anêmpuh têtiyang Sinêlir | kanggêp luput têmah pinatenan | sanadyan Pangalasane | wong Sinêlir ugyantuk | ukum pati măngka winihing |

--- 83 ---

pasulayannya tanya | kang marahi ngayun | pan tiyang Sinêlir ingkang | nyuduk tiyang Rajasa satêmah mati | nadyan sayêktinira ||

46. Lêmbu Ampal ingkang amatèni | nanging kaprahira ing pawarta | wong Sinêlir ingkang gawe | patinira puniku | suprandene kokume sami | iku ana telaknya | nyatane ing dhuwur | yèn Sinêlir lan Rajasa | iku samya raning gêgolongan janmi | kang piniji ing nata ||

47. yèn mangkono ika antuk yêkti | lan ubête ing nalar kapanggya | ewasamono babone | uga ana kang kasbut | wong Rajasa myang wong Sinêlir | utawa manèh ana | Lêmbu Ampal mlayu | marang Sinêlir têka tan | marang Sinêliran iyèku papaning | golonganira tiyang ||

48. Sinêlir pan makatên upami | papaning wong Silir ya Siliran | Sêmbir Sêmbiran papane | tanapi babonipun | uga ana têmbung kang muni | kawula ing Rajasa | samonwèku namung | sumanggèng karsa kang ngrêmbag | kunêng gantya ingkang cinarita mangkin | kala jumênêngira ||

IV.

49. Rănggawuni putra Nusapati | wus ingangkat jumênêng Narendra | Wisnuwardhana asmane | kala

--- 84 ---

jumênêngipun | salêbêting Isaka warsi | sèwu satus lwihira | pitung dasa langkung | kêkalih Wisnuwardhana | lan Mahisa Campaka wus dadya siji | lir sarpa tunggal lobang ||

50. Rănggawuni ingkang madêg aji | jêjulukira Wisnuwardhana | Mahisa Campaka rêke | apan umadêg Ratu | Hănggabaya pêparab nênggih | Bathara Narasinga | sakalihanipun | asami saekapraya | datan nate bênggang sulaya ing pikir | kawuwusa samana ||

51. Sang Bathara Wisnuwardhana ji | kaparêng tyas nênggih yasa kutha | ing Canggu lor nujwarsane | Isaka sèwu satus | sangang dasa têtiga luwih | smana Wisnuwardhana | nglurug ing prang gêpuk | ing Maibit mrih patinya | kang anama Lingganingpati wus kandhih | Maibit akasoran ||

52. awit saking bisane umanjing | kutha sira Mahisa Bungalan | Rănggawuni jumênênge | Wisnuwardhana Prabu | laminira patbêlas warsi | sedanira kawarta | salêbêting taun | sèwu satus sangang dasa | lwih sakawan sinarèkakên sang aji | nèng Jêjagu astana ||

53. dene Mahisa Campaka nênggih | sasedanya sinarèkkên ana | ing Kumêpêr apadene | Pamêlêsatanipun [Pamêlêsata...]

--- 85 ---

[...nipun] |[36] pan kawarta nèng Wudhi Kuncir | nêngna kang ginupita | gantya kang winuwus | ingkang măngka pêpèngêtan | ananira ingkang wus kocap ing nginggil | wiyose Sri Narendra ||

54. Rănggawuni jêjulukira ji | Wisnuwardhana dene Mahisa | Campaka umpak-umpake | Ratu Hănggabayèku | ajêjuluk Narasinga ji | apa ta Hănggabaya | pikajênganipun | dèrèng koningan kang nyata | parandene yèn dipun piyagah kadi | manawa ratu mudha ||

55. dene Canggu iku pan kawarti | ing carita ingkang badhe kocap | ing ngandhap lan malih dene | jumênêngira Prabu | Rănggawuni kawartèng nginggil | laminya pat blas warsa | iku datan cundhuk | kawarta duk madêg nata | amarêngi warsa sèwu satus luwih | pitung dasa karonya ||

56. sedanira ing sajroning warsi | sèwu satus sangang dasa papat | iku rolikur lamine | yèn luput ing pangetung | tinêmune carita ngarsi | utawa ing wurinya | Tohjayèstunipun | tanapi gêgêntinira | Rănggawuni kang jumênêng langkung lami | yèku Sang Siwabudha ||

--- 86 ---

57. luputira ing ăngka winarni | atanapi luputirèng warsa | ingkang akasêbut anèng | Pararaton sawastu | ingkang akèh kasêbut wingking | apa manèh têgêsnya | Pamlêsatan iku | lan surasane tan pagya |[37] yèn jinarwan mlêsat iku uwal yêkti | tan mantuk pikajêngnya ||

58. apa manèh kang ingaran nênggih | ing Jêjagu saka kira-kira | Candhi Jago saikine | yèku Candhi Tumpang wus | datan pêrlu kaandhar tulis | nêngna kang cinarita | ing mangke winuwus | jumênêngira Narendra | Siwabudha Sri Kêrtanagara nênggih | ing salêbêting warsa ||

V.

59. sèwu satus sangang dasa luwih | papat tumêkanira ing warsa | sèwu satus pan langkunge | sangang dasa pêpitu | Sang Sri Kêrtanagara Aji | nênggih Sang Siwabudha | yèku putranipun | Anusapati Sang Nata | Nusapati putranira Akuwu ing | Tumapêl kang anama ||

60. Tunggul Amêtung patutan saking | Kèn Dhêdhês sutaning Êmpu Purwa | pandhita ing Panawijèn | apadene kang kasbut | Mahisa Campaka puniki | putranira Mahisa | Wong Atêlêng iku | Kèn Arok kang darbe putra | apatutan saking Êkèn Dhêdhês [Dhêdhê...]

--- 87 ---

[...s] anênggih | Sang Mahisa Campaka ||

61. tilar putra sinêbut ing nami | Radèn Wijaya dadya prênahnya | lan Sri Kêrtanagarane | sadulur misan namung | sing Kèn Dhêdhês Sang Pramèswari | Aji Kêrtanagara | ajêjuluk prabu | Sang Bathara Siwabudha | pan kawarta darbe bêbatangan saking | sira buyuting Năngka ||

62. namanira bêbatangan nênggih | Banyak Widhe linintu kang nama | Arya Wiraraja mangke | nanging ing sêmunipun | Wiraraja saaturnèki | tan kèndêl mring Sang Nata | apramilanipun | dipun singkirakên marang | ing Sungênêp dinadèkakkên bupati | anèng Madura Wetan ||

63. bêbatangan sing pandugi mami | manawa ing jaman sapunika | juru pambatang namane | iyèku ahli nujum | tukang pêthèk liring sinandi | nanging mung duga-duga | wit ambatang iku | mêthèk uga têgêsira | măngka dhoktêr Brandhês uga durung yakin | têgêsira kang nyata ||

64. pandugine Dhoktêr Brandhês nênggih | bokmanawa iku karerehan | bêbatangan pangêrtine | samono iku namung | măngsa borong ingkang mastani | awit sanyatanira | têmbung kawak awu | kathah ingkang wus tan panggya |

--- 88 ---

malah-malah têgêsira asring salin | mangkana ananira ||

65. pêpatihnya Kêrtanagara ji | namanira Êmpu Raganata | rumiyin nênggih namane | Puspapata puniku | tansah budi arjaning nagri | lulusing jumênêngnya | ratu gustinipun | nanging Sri Kêrtanagara | tan ngyêktosi lêlabêtira kya patih | têmah nglokro kya patya ||

66. Raganata ngaturkên palinggih- | ira pêpatihirèng narendra | tumuli anyuwun sèlèh | nyaoskên pangkatipun | Kêbo Têngah ingkang gêntèni | dadi rêkyana patya | Kêbo Têngah iku | uga ingkang apêparab | katlahira Sang Apanji Aragani | dene Sang Raganata ||

67. sumilih ing Panji Aragani | dadi Adiyaksa ing Nagara | Tumapêl gantya ing mangke | nênggih ingkang winuwus | Sang Aprabu Kêrtanagari | ing sajumênêngira | kang tansah rinêmbug | pan sirnane mêngsahira | kang mahambêg dirgangkara gung mawêngis | Prabu Kalanabaya ||

68. sasirnane Kalanabayèki | Sang Mahaprabu Kêrtanagara | nglurugakên wadya akèh | dhumatêng ing Malayu | para wadya kang samya kari | pan namung sawatara | kang akèh anglurug | Ki Patih

--- 89 ---

kala samana | nguntapakên wadyèku tumêkèng Tubin | nuntên wangsul mring praja ||

69. têkèng praja Patih Aragani | tansah among suka parisuka | kalawan wadyabala kèh | ing sabên dinanipun | kyana patih atoya mili | nyênyaosi sang nata | dhêdhaharan mungguh | kang dadi kêparêng nata | kawuwusa Sri Kêrtanagara mangkin | atêpang rêmbag lawan ||

70. apan kintun-kinintun palupi | akalihan Jayakatong Nata | ing Daha iku prajane | lan nata tilas mungsuh | Aji Jayakatong samangkin | katuwuhan ing driya | badhe arsa nêmpuh | marang Tumapêl nagara | mumpung lagi mangsane wadya sathithik | kang akèh nglurug ing prang ||

71. Banyak Widhe umure pan lagi | kala iku kawan dasa tiga | warsa Risang Banyak Widhe | apawong mitra tuhu | klawan Jayakatong narpati | karêp Sang Banyak matah | cundhaka ingutus | sing Madura dhatêng Daha | mangkonwogi risang Jayakatong Aji | karêp malêsi duta ||

72. marang Daha kawuwusa mangkin | Banyak Widhe nênggih Wiraraja | kongkonan mring Daha manèh | amundhi sêrat katur | Aji Jayakatong kang tulis | surasane tur wikan | yeka têmbungipun | sang nata

--- 90 ---

amba tur wikan | yèn paduka karsa ambêrêg lir nguni | mring patêgalan lawas ||

73. prayogine linakyan samangkin | mumpung nuju ing măngsa prayoga | tanna walang salisike | tan wontên bajulipun | sima sêpên banthèngira nis | êri tanapi sarpa | tan ana sadarum | wontên uga simanira | mung sajuga nanging wus ompong tan gigit | mung makatên turira ||

74. sinawung ing prasêmon iyèki | pikajêngnya ing Tumapêl nujwa | sêpên prandêl-andêl kabèh | sima ompong puniku | pasêmone tilas ki patih | Sang Êmpu Ragana |[38] ingkang sampun sêpuh | kawak guguh arambutwan | ri iku sakèhning ewuh kang matiri | kawuwusa Narendra ||

75. Jayakatong ngangkatakên baris | mring Tumapêl yun anggêpuk praja | wadyabala kuswa akèh | sami samêktèng pupuh | sikêp gaman bandera tuwin | tabuhanira pêpak | cucukirèng laku | wus budhal sajawèng praja | mring Tumapêl lampahe ingkang prajurit | sumêdya ngrampit kitha ||

76. wadyèng Daha ingkang nyêlut saking | êlèr marang Tumapêl paradya | punika kang akèh-akèh | sami tiyang bêg dlarung | rusuh gêlah-gêlahing bumi | ing salorirèng praja |

--- 91 ---

wus tinêmpuh punggung | jinarah-rayah rinusak | tityang ngriku ingkang nglawan dèn patèni | kathah ingkang kabranan ||

77. wadyèng Daha kang saking lèr ngrêmpit | nagri Tumapêl dupi tumêka | ing Mêmêlêng nulya lèrèn | kawuwusa Sang Prabu | Siwabudha ing sabên ari | tansah suka-prisuka | bujandrawina gung | kasajêngan ngunjuk arak | pan katungkul tan galih kridhèng nagari | samana ana prapta ||

78. kawulendra asaos pawarti | wontên mêngsah dhatêng saking Daha | anêmpuh prajèng Pamase | Tumapêl sampun sinlud | tan angandêl Siwabudha ji | sang nata angandika | aris wahyèng wuwus | têka dahat anglêngkara | Aji Jayakatong têka anyidrani | măngka lan ingsun mitra ||

79. têpungira Jayakatong Aji | tan kuciwa lawan jênêng ingwang | tan dangu ana wong manèh | prapta asaos unjuk | maksih gobrah rahira mijil | saking ing tatunira | kabranan ing mungsuh | sri narendra sawêg gêga | nyata lamun Jayakatong mangsah jurit | arsa ngrabasèng praja ||

80. Siwabudha duka lir sinipi | sarêng sampun têtela kang warta | lir tinêbak mong mukane | asêrêt wahyèng wuwus | hèh-hèh

--- 92 ---

sira Jayakatong ji | ratu nisthaning jagad | alane sinamun | sinamudana pamitran | mrih pakantuk kang sinêdya tan wruh nisthip | ratu gêlahing jagad ||

81. nêmpuh ing prang tan nganggo suka wrin | lêlantaran ing layang panantang | sira ratu dahat saèn | tan wruh isin sirèku | kotamane narendra ênis | sang nata dhawuh enggal | nanggulang ing mungsuh | Radèn Wijaya pinatah | mandhegani wadya măngka senapati | magut mring loring praja ||

82. kinanthenan gul-aguling jurit | sira Arya Dikara kalawan | Banyak Kapuk katêlune | Rănggalawe patipun | sira Pêdhang kalimanèki | Sora ingkang kanêmnya | Dhangdhi pitunipun | Gajah Pagon kawolunya | myang sutane Sang Wiraraja ana tri | samya tumut magut prang ||

83. kang sasiki namanira Nambi | kêkalihe Pêtêng katêlunya | Wirot iku pan namane | sadayèku gul-agul | prawirèng prang tan kewran maring | kridhaning rananggana | tate munah satru | wadya Tumapêl wus prapta | rêp-arêpan kalawan mêngsahingra[39] glis | pagut sami prawira ||

84. wadyèng Daha kasêsêr ing jurit | binujung ing para mêngsahira | kathèthèran [kathèthèr...]

--- 93 ---

[...an] palayune | kèh kabranang myang lampus | bosah-basèh tan măngga pulih | nanging tan dangu nulya | ana kang kêkiwul | wadya akèh saking Daha | kang rumêksa ing kikis iring nagari | nrambul lumêbèng kutha ||

85. mêtu Lawor[40] nêmpuh jro nagari | sêsidhêman dhatênge kang wadya | nglimpèkkên kang mAngsah ngalèr | sing kidul lêbêtipun | para wadya dipun awisi | tan parêng asabawa | kang nganti gumuruh | pramila lampahe wadya | tanpa unèn-unèn bandhera tan mawi | têtêp asêsidhêman ||

86. para wadya Daha wau prapti | ing Sidhabawana sigra-sigra | mring Singasari lampahe | ingkang dadi panganjur | sira Patih Daha wêwangi | Kêbo Mundharang klawan | gul-aguling pupuh | ing Daha iyèku sira | kang anama Pudhot lan Bowong wran katri | kang măngka pandhegèng prang ||

87 duk kalèku Siwabudha Aji | lan patihnya lagi lêlênggahan | ngunjuk sajêng tanpa jêlèh | kasHaru praptanipun | para mêngsah ing Daha prapti | nêmpuh anjarah rayah | yun malbèng kadhatun | singa malang-malang tiwas | kyana patih lan Siwabudha Sang Aji | magut mêthukkên [mêthu...]

--- 94 ---

[...kkên] mêngsah ||

88. sri narendra kapracondhang lalis | wit karoban dening mêngsahira | tanpa wilangan kathahe | kyana patih aliwung | nganan ngering anênumbaki | mêngsahe kèh kang pêjah | nanging têmahipun | karoban lawan kya patya | Kêbo Têngah nèng Manguntur angêmasi | atatu arang kranjang ||

89. anyêlani cariyos rumiyin | amèngêti ananirèng kăndha | kang tumrap duk jumênênge | Kêrtanagara Prabu | nênggih Siwabudha wêwangi | kang gumanti ramendra | Rănggawuni prabu | anênggih Wisnuwardhana | nalikane ing taun Saka marêngi | sèwu satus luwihnya ||

90. sangang dasa sakawan Sang Aji | Kartanagara Sang Siwabudha | tan nganti lami madêge | nèng Tumapêl Sang Prabu | samênggah ta lêpating warsi | dumunung anèng ăngka | ing bab nênêm ngayun | utawane ing bab tiga | lir ingkang wus pinèngêtan ing bab ngarsi | jinèrèng ing pangrêmbag ||

91. utawane samênggah sedaning | Rănggawuni nyata duk ing warsa | sèwu satus pan luwihe | sangang dasa lan catur | măngka ingkang kawrat ing tulis | ing bab nênêm ing ngandhap | pangkatirèng wadu | nglurug mring Mlayu nagara | utawane bêdhahnya ingkang [ing...]

--- 95 ---

[...kang] nagari | Tumapêl dening Daha ||

92. ana jroning taun sèwu luwih | satus sangang dasa luwih sapta | sarta nalika madêge | Jayakatong Sang Prabu | anèng nagri Daha ing warsi | sèwu satus luwihnya | sangang dasa wolu | yèn mangkono madêgira | Sang Aprabu Kêrtanagara ing nagri | Tumapêl mung pat warsa ||

93. mênggah ingkang kasêbut ing tulis | pêpèngêtanira băngsa Cina | kang kawêdalakên dene | Tuwan Grunêvèl iku | pêpêthikan saking palupi | babad duk kalanira | kang jumênêng ratu | ing nagri Cina trahira | Yuwan kala ing salêbêtirèng warsi | sèwu rong atus lwihnya ||

94. wolung dasa ing taun Mêsèhi | dumugining taun sèwu tigang | atus suwidak pitune | ing ngriku pan katutur | sadèrènge wadya prajurit | sing nagri Cina prapta | kinèn magut pupuh | malês wirang mring Sang Nata | Aji Katanakala kasbut ing nami | dene senapatinya ||

95. wadya Cina namanira Sih Pi | kang jumênêng narendra ing Cina | kala iku jêjuluke | Kublaikhan sang prabu | madêg nata kala ing warsi | sèwu dwi atus lawan | wolung dasa namung | dumugi taun Walănda | sèwu kalih atus [atu...]

--- 96 ---

[...s] sangang dasa luwih | lêlima de pangkatnya ||

96. wadya Cina saka ing nagari | kala taun sèwu luwihira | rong atus sangang dasane | kalih petanganipun | taun Lănda Saka marêngi | sèwu rong atus pat blas | dene praptanipun | ing pulo Jawi ing warsa | sèwu kalih atus sangang dasa lwih tri | iku etangan Lănda ||

97. yèn Isaka panuju ing warsi | sèwu rong atus luwih limalas | yèn mangkono têtelane | sadurung mangkana wus | kacundhaka saking nagari | Cina ingkang ngajawa | iku têrangipun | miturut saka pèngêtan | ingkang madêg narendra ing pulo Jawi | maksih Kêrtanagara ||

98. nahên gênti kawuwusa mangkin | caritane kang kêna kinarya | pasêksèn kawontênane | nitik pangintunipun | wadya Jawa mring Mlayu nagri | wus katara têtela | gumluwèhing prabu | nglurugkên wadya sapala | ingkang dudu timbange wong Mlayu nagri | yêkti kawon santosa ||

99. ewadene nêmpuh byat sang aji | tan manggalih rusakirèng wamya |[41] wit kang nglurug satuhune | kudu mawang mring mungsuh | wong nagari Mlayu sayêkti | kèhe dudu timbangnya | lan wadya kang nglurug |

--- 97 ---

sanadyan têmahanira | kacarita yèn wadya Jawa kang sami | mêngsah Mlayu nagara ||

100. antuk karya gyannya andon jurit | malah angsal tawanan wanudya | putri sing Mlayu namane | Dara Pêthak sang ingrum | nahên gênti kawarta malih | duk kalanira nata | karênan aminum | tansah buja andrawina | lan kya patih samana sri narapati | pinuju andrawina ||

101. ngunjuk sajêng dipun aturi wrin | yèn wadyèng Daha soroh ing yuda | marang Tumapêl puruge | sang prabu datan gugu | mung sinanggi eca ing pikir | katon sêmbrananira | wêweka tan wêruh | yèku Sri Kêrtanagara | mèmpêr uga kalamun kacrita mawi | ngêndhak kluhuranira ||

102. natèng Cina srana damêl runtik | mring cundhakanira sri narendra | ing Cina Mèng Ci namane | winirangakên prabu | ingkang yêktinira ngênani | dhumatêng natèng Cina | damêl asoripun | yèn nitik saking punika | datan lêpat yèn Katanakala Aji | iku Kêrtanagara ||

103. ambalèni carita ing ngarsi | kang winastan Sungênêp punika | Sumênêp iku samangke | Madura dunungipun | ingkang sisih wetan nagari | kawuwusa samana | wong Daha wus

--- 98 ---

mlêbu | mangrurah sajroning pura | sampun bêdhah nagari Tumapêl dening | wadyabala ing Daha ||

104. Jayakatong jumênêngira ji | miturut Pararaton ing warsa | sèwu lan satus luwihe | sangang dasa lan wolu | tumêkaning sèwu rong biting | nêmbêlas luwihira | Jayakatong Prabu | saklangkung sukaning driya | dupyangrungu bêdhahing Tumapêl nagri | katêkanirèng karsa ||

VI.

105. Dyan Wijaya kang umangsah jurit | ananggulang marang satru kala | lan pra andêl-andêl ngalèr | apan wus sinung wêruh | ing sedane Siwabudhwaji| apa dene Kya Patya | Kêbo Têngah lampus | dening wadyabala Daha | para abdi dêl-andêling narapati | ingkang rumêksèng nata ||

106. samya pêjah kasambut ing jurit | Radèn Wijaya dupi miyarsa | bab sedanira pamase | Radèn Wijaya laju | wangsul marang Tumapêl nagri | arsa pêpulih nglawan | mêngsah kang narambul | saka ing daksinèng praja | nanging Radèn Wijaya karoban tandhing | satêmah tinanggulang ||

107. wangsul ngalèr binujung anggêndring | dening Kêbo Mundharang Kya Patya | kalawan wadyabalane | Dyan Wijaya kaplayu | nasak sawah grumbul [gru...]

--- 99 ---

[...mbul] atêbih | Kêbo Mundharang nulya | dhatêng Buntal gupuh | kapêthuk Radèn Wijaya | rèh kaslêpêg Dyan Wijaya nyandhak aglis | singkaling kang walukya ||

108. Kêbo Mundharang dhadhanirèki | lan mukanya kêbak êndhut kathah | berong-berong pating clèprèt | pinukul singkal wluku | kang sumèlèh ana ing sabin | Sang Kêbo gudandapan | mundur sira laju | kya patih sarwi angucap | hèh-hèh radèn tuhu trahirèng dewa di | sira iku sanyata ||

109. Dyan Wijaya nglêmpakkên pra abdi | sami dipun dumi kang lancingan | garingsing siji-sijine | wit Dyan Wijaya ayun | nêmpuh mêngsah lan para abdi | nêdya ngamuk tan ulap | kang dinuman wau | Sora Rănggalawe Pêdhang | kapat Gajah kalimane nênggih Dhangdhi | sami ngamuk gêntosan ||

110. Sora tandya ngamuk nêmpuh wani | pra prajurit ing Daha kèh pêjah | tinarajang bosah-basèh | Sora wus sayah mundur | praptèng ngarsanira dyan mantri | Sora alon wicara | mring sang prawira nung | anênggih Radèn Wijaya | aturira Gusti samangke prayogi | paduka mangsah ing prang ||

111. Dyan Wijaya ngamuk nêmpuh jurit | akèh mêngsah ingkang katiwasan |

--- 100 ---

ngluwihi Sora ngamuke | kang pêjah sungsun timbun | wadyèng Daha kasaput wêngi | mundur sing rananggana | pan wus samya nglumpuk | damêl pakuwon santosa | ya ta Radyan Wijaya ing wanci ratri | duk mêngsah samya nendra ||

112. Dyan Wijaya nêmpuh ngamuk malih | mring pakuwonira dur angkara | kang samya nendra balèsèh | kagyat kang para ripu | bilulungan akèh ngêmasi | wênèh ana lumajar | gudandapan numbuk | tumbak-tinumbak lan rowang | saking bingung pêtêng dhêdhêt wênèh lari | sasaran rêbut gêsang ||

113. bya tita Sang Siwabudha Aji | sasedane tilar putra kênya | kêkalih bakal jagane | garwa sang prawira nung | nanging putri kêkalih sami | katawan dening mêngsah | pisah purugipun | para prajurit ing Daha | ingkang sami kaplayu kalaniratri | duk ingamuk Rahadyan ||

114. Wijaya nganti parênca mangkin | pra prajurit ing dalu punika | adamêl bêdhiyan gêdhe | urubira kalangkung | ngalad-alad ngayuh wiyati | kalèku Dyan Wijaya | tan samar pandulu | sumêrêp dhatêng Sang Rêtna | ingkang sêpuh putranya Siwabudhwaji | nèng tawananing mêngsah ||

115. Dyan Wijaya arsa nêmpuh malih | mring pakuwonira para mêngsah | laju Sang Prawira anèm |

--- 101 ---

ring mêngsah soroh amuk | nganan ngering amêmêjahi | pra mêngsah samya bubar | tambuh solahipun | rêbut dhucung ting bêlasar | Dyan Wijaya wus sagêd ngrêbat sang putri | binêkta wangsul marang ||

116. pakuwonira sang nararya di | lan sang putri pinanggya raharja | ngamungakên ingkang ênèm | ingkang datan kapangguh | wit kaplêsit purugnya têbih | Dyan Wijaya ngandika | mring Sora lingipun | mara Sora tumulia | ngamuk manèh sapisan êngkas amurih | katêmune sang rara ||

117. ingkang ênom kang sun durung uning | sun ulati mêksa tan kapanggya | cobanên mara ta age | Sora aturira rum | gusti amba tan nyuwawèni | jêr kêng sêpuh wus panggya | nrima iku sampun | wit wadya tuwan ing mangkya | namung kari samatra măngsa nguwisi | tandhing lan mêngsah kathah ||

118. malah-malah prayogining mangkin | samya mundur rumiyin kewala | anglêmpakkên wadya manèh | karsa twan kinèn ngamuk | ya pakantuk yèn sagêd manggih | sang putri lamun ora | nekad jênêngipun | tan pae pêpindhanira | apan kadya sulung kèh lumêbèng gêni | tan wus[42] pasthi tumpêsan ||

119. Dyan Wijaya anggêga sakèhing | aturira Sora

--- 102 ---

sira radyan | ing dalu wau nulya ge | ngesahi saking ngriku | lan pra wadya saananèki | sang putri gya binêkta | kinanthi tan kantun | mangalor parane radyan | sarêng enjing katututan mêngsah nuli | campuh abăndayuda ||

120. anèng Tlaga Pagêr gyannya panggih | kalawan mêngsahira rahadyan | wadyanya pininta mangke | gênti-gênti amukul | nanggulangi mêngsah nututi | murih adoh lampahnya | radyan lan kang ngêtut | sang putri datan katinggal | pan binêkta saparanira umiring | ya ta kang nanggulèng prang ||

121. Gajah Pagon têmah nandhang kanin | wit kawaos dening mêngsahira | nganti butul ing wêntise | nging maksih bisa mlaku | Dyan Wijaya mulat lingnya ris | Gajah Pagon pa sira | maksih bisa mlaku | yèn sira tan bisa mlampah | bêcik ingsun kabèh belani sirèki | ngamuk tumraptèng lena ||

122. ywa sumêlang gusti wrin pun patik | pincang-pincang maksi[43] sagêd mlampah | anggêre lon-lonan bae | kawuwusa pra mungsuh | angêndhoni pangodholnèki | têmah bali kalepat | dhumatêng ing dhusun | Talaga Pagêr samana | Dyan Wijaya kalunta-lunta lumaris | anêbihi kang mêngsah ||

123. lampahira [lampah...]

--- 103 ---

[...ira] Dyan Wijaya mangkin | murang marga nusup ngayam alas | kêsasar-sasar parane | tan pisah wadyanipun | kang gêntosan ngrêmbat sang putri | lèrèn samana radyan | ing madyèng wana gung | pra wadya sami rêmbagan | paranbaya wêkase yèn mung kadyèki | sabyantu aturira ||

124. sèwu lêpat aksamanta kèsthi | de kawula apangawak braja |[44] kamipurun matur walèh | paran wêkasanipun | yèn mung manggung makatên gusti | nèng wana ngalor ngetan | ngumbara tanpa wus | saking pamanggih kawula | lêhêng gusti ngungsi mring Madura nagri | bang wetan prajanira ||

125. Wiraraja yogya dèn ungsèni | wus pantêse yèn ta ngayomana | mring paduka sabênêre | dadinira wong agung | mêngku bawah angrèh nagari | Wiraraja sangkanya | sing rama pukulun | tamtu pyambake kèngêtan | kadarmane ramanta prabu suwargi | mring dhèwèke tan kirang ||

126. Dyan Wijaya arum anauri | ya prayoga aturmu sadaya | iku tan ana sisipe | yèn manahipun sarju | nanging lamun tan sarjwèng karsi | ingsun wirang kaliwat | iku ewuhipun | dupi Rănggalawe Sora | lawan Nambi miyarsa wêdharipun ling- |

--- 104 ---

ira Radèn Wijaya ||

127. katri samya matur saur pêksi | gusti saking pamanggih kawula | Wiraraja datan badhe | selak kadarman prabu | iku têbih pangintên mami | dene slamine Risang | Wiraraja iku | pangawulane mring nata | tansah sêtya tuhu datan nguciwani | nganti antuk nugraha ||

128. Dyan Wijaya kaluhuran angling | têmah manut ing saaturira | pra wadya kang sami walèh | tandya samya akêbut | mêdal saking wana grêng maring | Kabuyutan Pandhakan | jujug wismèng Buyut | Macan Kuping aranira | wontên ngriku rahadyan sinêgah nuli | dêgan măngka jampi nglak ||

129. dupi dêgan wus pinlathok kalih | karya gawokira ing ngakathah | dene ing jêro isine | dede klapa nging sêkul | putih mêmplak matêng ngêbaki | bathoking kang kalapa | ingkang sumrêp gumun | têka dèrèng nate mulat | wontên dêgan isine pan sêkul putih | sèstu dahat nglêngkara ||

130. kawuwusa Gajah Pagon mangkin | wus tan bisa lumaku wit saka | tatu ingkang nèng wêntise | Gajah Pagon yun kantun | tan andhèrèk paraning gusti | Dyan Wijaya rum lingnya | dhumatêng Ki Buyut | Macan Kuping ing Pandhakan | Kaki Buyut [Bu...]

--- 105 ---

[...yut] sun minta tulungirèki | titip kawulaningwang ||

131. Gajah Pagon aranira kaki | awit datan bisa lumaksana | dening sangêting tatune | ingsun titip sirèku | tyang Pandhakan alon nauri | mugi twan anêbihna | dêduka pukulun | kawulane mintaksama | sing karsanta gusti iku tan prayogi | yèn tyang ngriki kanggenan ||

132. Gajah Pagon ing têmbe manawi | pinanggih dening mêngsah paduka | wontên ngriki têmahane | kawula yêkti luput | kanggenan tyang paduka gusti | nanging panuwun amba | kang tuhu pakantuk | Gajah Pagon sun ênggèna | nèng ra-ara ing panggonan ingkang sêpi | pangaritan lang-alang ||

133. ing têngahe binubak watawis | sinung gubug pangaubanira | ing têngah lang-alang akèh | sing jawi tan kadulu | namung pêndhak wêktuning bukti | sun kirim sing Pandhakan | ing sacukupipun | Gajah Pagon kêdah pyambak | măngsa wontên têtiyang ingkang bisa wrin | ing padununganira ||

134. kunêng gantya ing dalu winarni | Dyan Wijaya wus mangkat sawadya | dhumatêng Dhatar parane | Gajah Pagon kang kantun | Dyan Wijaya lampahnya aglis | sampun dumugi Dhatar | numpak [numpa...]

--- 106 ---

[...k] prau laju | lan pra wadyabalanira | sang aputri uga apan datan kèri | tumut dhatêng Madura ||

135. kawarnaa wadyèng Daha sami | wangsul marang ing nagarinira | bunêkan nênggih lampahe | sang putri putrèng prabu | Siwabudha kang anèm maksih | anèng gêgêman mêngsah | tinawan kaatur | dhumatêng prabu ing Daha | Aji Jayakatong sukanya tan sipi | myarsa sedanira Sang ||

136. Siwabudha kunêng gantya mangkin | lampahira Rahadyan Wijaya | lêlayaran baitane | nuju ing sabrang laut | sisih êlèr kiduling nagri | Madura Dyan Wijaya | mangke sampun tutug | ing gisik nagri Madura | Dyan Wijaya kalihan pra andêl sami | mudhun pêgat sing palwa ||

6. Mêgatruh

1. Dyan Wijaya sapandhèrèk lampahipun | dhumatêng Sungênêp nagri | ing Madura sisihipun | ingkang wetan radyan mangkin | prapta ing kikis kadalon ||

2. tandya lèrèn anèng sawah dalu iku | mêntas ginHaru kang sabin | maksih nèng galênganipun | bêbanjêngan alit-alit | Dyan Wijaya lèrèn manggon ||

3. ya ta sira Sora mêngkurêb aturu | Dyan Wijaya lan Sang Putri | nuntên lunggyèng gêgêripun | Sora măngka dadi [da...]

--- 107 ---

[...di] dhingklik | palinggyanira karongron ||

4. enjingira maksih bangun umun-umun | kang andon lampah pra sami | dumugèkkên wisata wis | praptèng Sumênêp jro nagri | tan dangu pan sampun rawoh ||

5. sajabaning rêgoling pura dyan gupuh | utusan tiyang nuwèni | Wiraraja na pilungguh | anèng jêro napi jawi | Dyan Wijaya arsa panggoh ||

6. Wiraraja dupyandulu ingkang rawuh | gurawalan mudhun saking | pasewakan gyannya lungguh | bubaran kang seba sami | Wiraraja gupoh-gupoh ||

7. jêngkar saking pasewakan gya lumêbu | ing dalêm agêng kawarni | Dyan Wijaya dahat gêtun | ngandika mring para abdi | Sora Rănggalawe domblong ||

8. datan sisip ingsun apan wus atutur | marang sira kabèh sami | ingsun wirang têmahipun | lêhêng matia rumiyin | nèng rananggana rêrêmpon ||

9. binelanan pra mungsuh mêsthi kèh lampus | tinimbang anêmu isin | saèn têmên boya ingsun | garêmêtan praptèng ngriki | kang ngrungu akêlop-kêlop [akê...]

--- 108 ---

[...lop-kêlop] ||

10. Dyan Wijaya lajêng lênggah ing balyagung | ngantosakên sawatawis | kadiparan wêkasipun | Rănggalawe matur aris | gusti pêthèk ngong tan linyok ||

11. Sang Dipati Arya Wiraraja sampun | katingal twin garwa prapti | lan pra kadang gyannya rawuh | mêthukkên paduka gusti | punika sampun tan adoh ||

12. Sang Dipati Wiraraja katon sêmu | suka pirêna ing galih | gurawalan gyannya mêthuk | rawuhnya radyan minantri | lan garwanya angêdhupoh ||

13. Adipati Wiraraja alon matur | gusti kawula sayêkti | rumaos bêgja kalangkung | karawuhan nararywadi | turuning dewa kinaot ||

14. kamipurun ngaturkên kawulanipun | pamudya raharja gusti | mring sang putri ugi matur | pamujyarja ngong kêkalih | rahadyan pasrangkara lon ||

15. paman sangêt-sangêt ing tarimaningsun | napi paman gih basuki | saking pangèstu pukulun | kawula sami basuki | kunêng unggyanira omong ||

16. garwanira sang dipati alon maju | ngaturkên sêgahan gantin | radyan ingaturan laju | marang dalêm kabupatin | nitih glindhing sang putryanom ||

17. Dyan Wijaya apan dharat [dha...]

--- 109 ---

[...rat] tindakipun | dhinèrèkkên Sang Dipati | Wiraraja garwanipun | andhèrèkakên sang putri | lumampah dharat kemawon ||

18. Dyan Wijaya kalawan sang rêtna ayu | sami ingaturan manjing | dalêm kabupatèn agung | ing sênthongira Dipati | Wiraraja sang kinaot ||

19. Dyan Wijaya ngandharkên lampahanipun | mring Wiraraja Dipati | duk nalikanira rawuh | praptèng gapura kang kaping | kalih anane ing batos ||

20. lan wontêne sang nata duk sedanipun | nênggih Sang Siwabudhwaji | tinukup ing para mungsuh | sawêg pinuju alinggih | ngunjuk sajêng sang akatong ||

21. lan wontêne nalika Dyan Wijayèku | pinatah umagut jurit | kalawan pra agul-agul | miwiti malah mêkasi | sadaya sampun kacriyos ||

22. Adipati Wiraraja alon matur | paran karsanira mangkin | gusti rawuh wismèng ulun | punapi wontên wigati | pun bapa amung cumadhong ||

23. Dyan Wijaya aris pasrangkaranipun | bapa yèn panujwèng galih | kula anêdha pitulung | kaparênga lêrêp ngriki | ngasokkên awak kalêson ||

24. Adipati Wiraraja aturipun | sumangga paduka gusti | kasarèhna [kasarèh...]

--- 110 ---

[...na] tyas pukulun | sampun mawi walang galih | ingkang sakeca kemawon ||

25. ing bab ingkang kalajêng kang sampun-sampun | pan maksih kenging binudi | pinurih ing pulihipun | nanging kêdah lan lumaris | saking sakêdhik lon-alon ||

26. Dyan Wijaya sampun kaaturan mlêbu | ing panendran ngaso dhingin | sang nararya mawi sinung | pisantun saking garwa di | adipati sarwa mrabot ||

27. gêm-agêman mirantos dumugi sabuk | Dyan Wijaya ngandika ris | bapa Wiraraja ingsun | rumăngsa kapotangan sih- | ira bapa gêng sayêktos ||

28. pamalês sun bapa lamun têmbenipun | katêkan ing sêdya mami | bumi Jawa karsaningsun | tyang kêkalih kang darbèni | sapalih edhang lan ingong ||

29. sakarsanta pan dadi lamun pukulun | sampun sagêd jumnêng aji | iku èstune kang kudu | kalakyan ingkang rumiyin | ingkang ngantos agumathok ||

30. mangkanèku ubanggane sang binagus | lan Wiraraja Dipati | kawuwusa sang binagus | tan kurang sênênging ati | binujakrama kinaot ||

31. nèng Sungênêp rahadyan sinuhun-suhun | Wiraraja gumatèni | bujanandrawina nutug | manginum sajêng [sa...]

--- 111 ---

[...jêng] tan kari | Wiraraja winiraos ||

32. sarêng sampun sawatawis laminipun | Dyan Wijaya lêrêp panti- | nira Wiraraja nuju | sawiji dina dipati | manggihi Sang Prawira nom ||

33. Wiraraja lan Dyan Wijaya wus pangguh | Wiraraja matur aris | rahadyan kawula ayun | pasaja sèsthining ati | saking pamrayoginingong ||

34. sayogyane paduka suwitèng ratu | ing Daha Sri Narapati | Aji Jayakatong mungguh | pracekane api-api | minta pangaksamèng katong ||

35. asrah pati urip sumăngga sang prabu | dèn sumungku katon lair | yèn paduka têmbenipun | wus kanggêp dènira ngabdi | paduka wus pinitados ||

36. amintaa bumi bêra ing Trik iku | kinarya desa ing benjing | tyang Madura kang têtulung | babati kanang pasitin | sacêlake ngriku panggon- ||

37. nane têtyang Madura sami dêdunung | samăngsa-măngsa kinapti | yêkti samya prapta laju | bantoni karsanta yêkti | nanging paduka kemawon ||

38. yèn wus kanggêp pangawulanira besuk | dèn satiti nênitèni | mring wadu wandawèng prabu | kang sêtya wani ing jurit | kang jirèh miwah kang tanggon ||

--- 112 ---

39. ingkang bodho miwah pintêr dèn mut-emut | langkung malih Kyana Patih | Kbo Mundharang watakipun | kêdah paduka kawruhi | ingkang kalawan sayêktos ||

40. lamun sampun kacakup sadayanipun | lan paduka wus antuk sih | nuli mintaa dêdunung | anèng Trik iku prayogi | tandya kinarya desa grong ||

41. benjing lamun wontên tyang Tumapêl nyuwun | ngungsi dhatêng Trik prayogi | paduka pintani dunung | tanapi tyang Daha ngungsi | tinampèna sukèng batos ||

42. yèn paduka sampun kuwat têmbenipun | kaconggah amukul jurit | dhatêng Daha mangsah pupuh | ge-age dipun lampahi | ngrabasèng Daha karaton ||

43. mangke kula kèngkènan mring Daha laju | ngaturkên kanang kintaki | katur Jayakatong Prabu | surasanira kang tulis | ngèngèrkên paduka manggon ||

44. kawuwusa cundhaka wus mangkat nuju | ing Jawa amundhi tulis | nunggang palwa nabrang laut | datan kawarna ing margi | têkèng Jawa marêk katong ||

45. wus tinampan sêrat marang Sang Aprabu | Aji Jayakatong dening | surasaning layang nêmbung- | akên mring Rahadyan Mantri | Wijayarsa ngèngèr katong ||

46. asrah pêjah gêsang mring nata wus [wu...]

--- 113 ---

[...s] têluk | datan nêdya wani malih | Jayakatong sukèng kalbu | dèn ngèngèri dyan minantri | wangsulanira sang katong ||

47. kamot sêrat sinungkên cundhakanipun | Wiraraja Adipati | cundhaka kalilan mundur | tan kawarna anèng margi | wus praptèng Sungênêp gupoh ||

48. marêk marang ngarsane bandaranipun | Wiraraja Adipati | cundhaka matur wotsantun | lampahnya kala tinuding | purwa madya wasana lon ||

49. klawan ngaturakên kintaka sul-angsul | wus tinampèn sang dipati | winaos ascaryèng kalbu | surasanira kang tulis | sêdyaning galih kalakon ||

50. ênggyanira ngèngèrkên Dyan Wijayèku | katampèn lan sukèng galih- | ira Jayakatong Prabu | sêrat tandya sinungkên ring | Dyan Wijaya sukèng batos ||

51. liya dina Dyan Wijaya mangkat laju | marang Daha tanah Jawi | para abdi datan kantun | dhinèrèkkên têtiyang ing | Madura watara mawon ||

52. Wiraraja nguntapkên tumraptèng Têrung | datan kawarna ing margi | lampahira sang binagus | wus rawuh ing tanah Jawi | gya marêk ring Daha kraton ||

53. mabyantara Dyan Wijaya ring Sang Prabu | Aji Jayakatong nênggih | pinanggihan sukèng kalbu | cinêkak [cinêka...]

--- 114 ---

[...k] wosing wigati | paswitanira wong anom ||

54. sampun kanggêp Jayakatong lwih sihipun | Dyan Wijaya smantên ugi | ingkang kadulu ing ngayun | dahat susêtyèng pangabdi | duk rawuhira kawartos ||

55. Dyan Wijaya ing Daha panuju wuku | Galungan salining warsi | sawijining dina antuk | Dyan Wijaya dhawuh saking | Sang Prabwaji Jayakatong ||

56. abdinira bêbêktan gul-agul pupuh | Sora Rănggalawe Nambi | Pêdhang Dhangdhi limanipun | dimèn sêsarama sami | lan mantri ing Daha mungsoh ||

57. para mantri ing Daha cingak sadarum | sarêng sami nguningani | sikêpira badanipun | tangguhira wani mati | wong lima tuhu kinaot ||

58. sampun mlêbêt ing pasasraman sadarum | tyang lêlima tandhing sami | lan pra mantri Daha sampun | munggèng pasasraman sami | ing manguntur kang wus mrantos ||

59. tiyang gangsal ing Tumapêl mêngsahipun | katêlu pra andêl jurit | ing Daha Mahesa Rubuh | kalih Panglèt dene katri | Patih Kêbo Mundharang tos ||

60. gênti kalah gênti mênang playunipun | wong Tumapêl lan pra mantri | ing Daha wêkasanipun | palayune para mantri |

--- 115 ---

ing Daha kasêsêr yêktos ||

61. ingkang nama pasasaraman puniku | ing kuna mungguhing mangkin | manawa balapan manus | adu rikating palari | kaya kang kasbut ing criyos ||

62. karamean ing Majapait kasêbut | ing sajarah Mlayu nênggih | sêrat wêdalan Singgapur | ing kaca papaning tulis | satus sèkêt sanga manggon ||

63. lami-lami Aji Jayakatong dhawuh | angwontênakên pramain | bêsilat sudukan dhuwung | kawuwusa Sang Amulki | ing Daha Ji Jayakatong ||

64. wus samêkta lan para pandhèrèkipun | yun mriksani sudukan kris | êbêg kang para andulu | Aji Jayakatong aris | ngandika ring Dyan Wiranom ||

65. hèh ta sira Arya Wijaya nak ingsun | ingsun kêpengin udani | gyanira bêsilat dhuwung | kalawan pra mantri mami | êndi kang unggul sayêktos ||

66. Dyan Wijaya nêmbah aturira arum | sandika amba nglampahi | sadhawuh paduka prabu | amba tan nêdya gumingsir | anglampahi ing sapakon ||

67. kawuwusa Arya Wijaya wus mlêbu | ing kalangan lan pra mantri | mêngsahnya bêsilat dhuwung | umajêng magênti-gênti | para mantri mundur kasor ||

68. pra ningali ing papan jêjêl supênuh |

--- 116 ---

sabên kasoran kang mantri | sinurak ambata rubuh | kacarita Sanga Aji | ing Daha Sri Jayakatong ||

69. dupyandulu pra mantri samya kaplayu | sang nata nuduh mring abdi | hèh sira dhawuhna laju | mring Wijaya kang du wasis | ing bêsilat dhuwung kinon ||

70. lèrèn bae sapa ta mungguh tyangipun | wania lawan mring gusti | wus bênêre mantriningsun | padha mlayu tan awani | lumawan gustine tanggon ||

71. nulya kèndêl Dyan Wijaya datan tumut | adu wasis lan pra mantri | kridhaning bêsilat dhuwung | mung kari kang para mantri | adu arêp gênti kasor ||

72. wusanane Sora gêntèni umaju | mêngsahira Kyai Patih | Kêbo Mundharang gul-agul | Rănggalawe mêngsah kalih | Panglêt prajurit kinaot ||

73. nambi mêngsah kalawan Mahisa Rubuh | wusanane para mantri | ing Daha sami kaplayu | kasoran bêsilat kêris | lan wadyanya kang kinaot ||

74. Dyan Wijaya dene wadya Daha sampun | datan mangga pulih malih | pra mainan bubaran wus | gusis kang samya ningali | sang nata kondur ngadhaton ||

75. pra sumewa samya bubaran umantuk | nahên gantya kang kawarti | Dyan Wijaya mangke sampun | sumêrêp tangguhing jurit |

--- 117 ---

pra mantri ing Daha kawon ||

76. liya dina Dyan Wijaya asung wêruh | mring Wiraraja Dipati | surasanira kang têmbung | asung wrin kaananèki | pra mantri kang samya kawon ||

77. tangguhira ing jurit mung ngandhapipun | dêl-andêl bêbêktanèki | Dyan Wijaya sing praja gung | Tumapêl kang datan kari | ing saparan nut kemawon ||

78. Dyan Wijaya wus tan kewran ing pakewuh | kaananira ing nagri | Daha ing jaba jronipun | apan sampun dèn sumrêpi | myang kaananirèng katong ||

79. Wiraraja mênggahing wangsulanipun | mring Radyan Wijaya mangkin | radyan pamrayogi ulun | paduka yogya tumuli | amintaa mring Sang Katong ||

80. ambadhèni siti bêra ing Trik iku | kawuwusa dyan minantri | cinêndhak cariyosipun | siti Trik sinuwun dening | Dyan Wijaya mring sang katong ||

81. wus sinungkên siti Trik wiwit puniku | ginarap dening pra janmi | saking Madura ngarubut | ing pakaryan karya dèsi | ambabadi kang kêkayon ||

82. kawuwusa ing nalikanira iku | wontên sawênèhing janmi | ingkang tumut babad dhusun | ngêlih bêktanira bukti [bu...]

--- 118 ---

[...kti] | tan nyukupi arsa pados ||

83. uwoh maja arsa kangge buktinipun | măngka pangarêm-arêming | ngêlihira dupi antuk | woh maja ing sawatawis | dupi binukti kang raos ||

84. dahat pait woh maja binucal sêbut | tandya tumular kang warti | yèn woh maja desa ngriku | wontên jinise kang pahit | wit saking punika kang gon ||

85. Trik linintu winastan ing Majalangu | anênggih ing Majapait | kawuwusa dangu-dangu | Majapait pan wus dadi | padesan arja kèh kang wong ||

86. kawulanya Dipati Wiraraja gung | ingkang sami alih-alih | dhumatêng Daha dêdunung | ing padesan Majapait | wong Sungênêp lajêng manggon ||

87. kawuwusa Dipati Wiraraja wus | asung pamrayoga maring | Dyan Wijaya kinèn nyuwun | mring Jayakatong Sang Aji | ngalih padunungan manggon ||

88. ing padesan Majapait kang winuwus | Jayakatong nujwèng galih | nir sănggarunggi ing kalbu | katutupan dahating sih | sira Aji Jayakatong ||

89. mring Rahadyan Wijaya kang bisa jupuk | panggalihira sang aji | ingkang têmahan kalimput | nir wêweka pakewuh nis | Dyan Wijaya angalih [a...]

--- 119 ---

[...ngalih] gon ||

90. adêdunung anèng desa Majalangu | sarêng sampun sawatawis | rahadyan têntrêm tyasipun | tandya mring Sungênêp sung wrin | marang Wiraraja kamot ||

91. ing cundhaka Pangalasan sampun tutug | mring Wiraraja Dipati | surasanira kang têmbung | yèn rahadyan sampun ngalih | pra kawula samya tos-tos ||

92. pan kaconggah lawan Daha ing prang pupuh | lamun anuju ing galih | dipati pininta rawuh | ambantoni lawan jurit | nagri Daha yun tinêmpoh ||

93. Wiraraja maksih dèrèng sabiyantu | saksana ngandika aris | hèh Pangalasan sirèku | matura gustimu dèn glis | aywa kasêsa ing batos ||

94. ingsun darbe niyat ingkang langkung têguh | matura gustinirèki | ingsun darbe mitra punjul | ratu ing Tatar linuwih | ingsun wus sobat sayêktos ||

95. karsaningsun yun minta sraya Sang ratu | ing Tatar ulun sagahi | putri tawanan yu-ayu | yèn Daha kasor ing jurit | kêna karêbut wadyèngong ||

96. wus muliha Pangalasan dèn agupuh | aturna apa wling mami | ing sapungkurira laju | sun arsa atur kintaki | mring nagri Tatar sang katong ||

97. kabênêran ing

--- 120 ---

kene nuju na prau | dagang saka ing nagari | Tatar samonwoga ingsun | yun nuduh prau pribadi | kanthi cundhaka pitados ||

98. milu prau ing Tatar supaya pangguh | pribadi kalawan aji | ing Tatar sun pinta rawuh | piyambak ing Tanah Jawi | magut suraning palugon ||

99. yèn wus kalah ratu ing Daha prangipun | pra putri Tumapêl ugi | sun aturkên mring sang ratu | ing Tatar ingkang darbèni | pra putri ayu kinaot ||

100. para putri Tumapêl yêkti pinunjul | ing warna tanna nyamèni | midêr ing rat Jawa kêmput | măngsa anaa kang tandhing | Pangalasan nuli bodhol ||

101. wangsul mantuk marang desa Majalangu | cêkaking kăndha wus prapti | ing Majapait wus pangguh | lan Radyan Wijaya tur wrin | saliring dinuta kawyos ||

102. Dyan Wijaya myarsa duta aturipun | saklangkung suka ing galih | kawarna sapangkatipun | duta kang marang nagari | Tatar Wiraraja mrantos ||

103. alih-alih lan wadu wandawanipun | dhumatêng ing Majapait | kèhning dêdamêl prang sampun | binêkta apan miranti | tyang Madura akèh tumot ||

104. prandêl-andêl Madura ugi tan kantun | samya milu alih-alih [a...]

--- 121 ---

[...lih-alih] | mrantos sagêgamanipun | nêngêna ingkang winarni | laminira tan kacriyos ||

105. pra cundhaka ingkang sami ngutus tumut | prau dagang mring nagari | Tatar sampun sami wangsul | akanthi wadya prajurit | Tatar sami surèng kewoh ||

106. apan sampun tinata panêmpuhipun | wadya Tatar nêmpuh saking | êlèr dene wadyanipun | Wiraraja klawan malih | wadya Majapait amor ||

107. mangkat saking wetan gyanira manêmpuh | nagri Daha yun rinêmpit | kinagetakên tinêmpuh | datanpa sinukanan wrin | satataning aprang pupoh ||

108. tiyang saking Madura pra wadyanipun | Wiraraja samya wani | ing pêrang tan ajrih lampus | dene wadya Majapait | tan siwah lir durma tanggon ||

7. Durma

1. Aji Jayakatong agugup kaliwat | myarsa mêngsah dhatêngi | saking lor myang wetan | ngêndi kang yun jinaga | bingung awit tan rumanti | saking lèr prapta | wadya Tatar girisi ||

2. datan gampang kalamun linawanana | ing prang kabotan tandhing | de Kêbo Mundharang | Mahisa Rubuh klawan | Panglèt samya nanggulangi | mêngsah kang prapta | nêmpuh sing wetan nagri ||

3. para mêngsah

--- 122 ---

pan sampun campuh ing yuda | swaranya gumruh atri | mungsuh lawan rowang | apan samya sudira | ing paprangan wani mati | tan na mundura | wus akèh wadya lalis ||

4. ana ingkang kabranan êndhase ilang | têmpuh padha prajurit | sami kalongira | mungsuh pêjah lan rowang | ing payudan banjir gêtih | langkung gambira | rame tanna ngunduri ||

5. sampun rukêt prangira mêngsah lan rowang | Panglêt têmahan lalis | dening kang ran Sora | Kêbo Rubuh palastra | dening Sang Nambi prajurit | Kêbo Mundharang | mêngsah Rănggalawèki ||

6. kasêsêr ing prangira Kêbo Mundharang | têmah kêplayu têbih | tinut saplayunya | mring Rănggalawe ngantya | tumêka ing Trini panti | kacandhak sigra | saksana dèn pêjahi ||

7. dening Rănggalawe Ki Kêbo Mundharang | tandya tilar piwêling | mangkana lingira | hèh Rănggalawe wruha | ulun darbyatmaja èstri | amung sajuga | muga kapèka maring ||

8. Sora ingkang minangka ganjaranira | lêlabêtirèng jurit | nadyan sun mêngsahnya | kudu eram mring Sora | kawantêranirèng jurit | arang kang madha | Sang Kêbo nulya lalis [lali...]

--- 123 ---

[...s] ||

9. Aji Jayakatong non rusaking wadya | rudahing tyas tan sipi | yun nylirani pyambak | pêpulih ing ayuda | nanggulang prajurit saking | Tatar lampahnya | mangalor Sanga Aji ||

10. rame campuh wadyè[45] Nata lan wong Tatar | nanging karoban tandhing | wadyèng nata kalah | akèh ingkang palastra | sang nata cinêpêng kêni | dening tyang Tatar | wadyèng Daha ngunduri ||

11. Dyan Wijaya sawadyabala wus mangsah | manêmpuh mring jro puri | wadya Daha kalah | wus lumayu sasaran | orêg wong sajroning puri | datan na lawan | kaputrèn wus dèn jègi ||

12. dening mêngsah saksana Radèn Wijaya | umanjing mring kaputrin | arsa madosana | sang putri sing nagara | Tumapêl ingkang satunggil | ingkang katawan | mring Daha duk rumiyin ||

13. kalanira Tumapêl bêdhah ing yuda | yèku arinirèki | kang kabêkta Radyan | Wijaya mring Madura | katêmu kalaning jurit | lir kang wus kocap | ing nginggil sang aputri ||

14. datan dangu sang aputri wus kapanggya | nulya ingajak dening | Dyan Arya Wijaya | mring Majapait sigra | ywa nganti kacandhak dening | wadya ing Tatar | ingkang tan dangu prapti ||

15. saking êlor wadyèng Tatar [Ta...]

--- 124 ---

[...tar] sampun bêdhah | kithaning Daha nagri | apan wus kajegan | wadyabala sing Tatar | wong Daha kèh samya ngili | jrih miris dahat | lamun kacêpêng dening ||

16. mêngsah Tatar cêkake kang ginupita | ing mangke kang nagari | wus karêgêm mêngsah | kawarna pangagêngnya | Tatar kapanggih pra mantri | nagih saguhnya | Wiraraja rumiyin ||

17. lamun bêdhah nagri Daha Wiraraja | arsa ngaturkên putri | têtawanan klawan | putri saking nagara | Tumapêl kang listyèng warni | katura marang | ratu ing Tatar sami ||

18. para mantri samya rêrêmbagan nalar | lan Wiraraja nênggih | nalar gyanirarsa | nyidrani janjinira | marang Tatar Sanga Aji | Sora aturnya | marang Sang Adipati ||

19. prayogine kalamun tyang Tatar prapta | ngrikyarsa sun antèni | kawula tan ulap | nadyan têkèng palastra | badhe kula amuk wani | dimèn tumpêsa | datan ana kang bali ||

20. pangagênge kang sun arah patinira | kang alit iku gampil | wadyabala saka | ing Majapait desa | binantonan wong nagari | Sungênêp apan | sampun samya mratasi ||

21. mêngsah wadya Tatar măngsa dadak lawan | kăncèngong wani mati | mojar Wiraraja | kulup iku

--- 125 ---

prayoga | nanging ana lwih prayogi | saka karsèngwang | bêcik dèn adu manis ||

8. Dhandhanggula

1. Wiraraja kalawan pra mantri | tansah samya ambudi sampeka | mrih wadyèng Tatar risake | Sora panggah ing kalbu | panêmunya datan gumingsir | pracaya ing driyarsa | nêmpuh Tatar purun | mangkana Sora aturnya | tiyang Tatar sun tumpês wus pasthi mati | kula sakănca sagah ||

2. măngsa dadak ngaping kalih kardi | wadya ing Tatar măngsa dhadhaga | sun tumpêse êntèk kabèh | Wiraraja tan byantu | rêmbugira tansah gendhèli | iku nalaring bocah | namung kaduk purun | tan mawang risaking kănca | prayogane mêngko ingsun kang nêmoni | lamun tyang Tatar prapta ||

3. minta putri isining jro puri | ingsun ingkang bakal mangsulana | nahên kawuwus sorene | duk wanci lingsiripun | Hyang Aruna gumlewang munggwing | pantaraning pascima | tiyang Tatar rawuh | kapanggya Sang Wiraraja | minta putri ingkang wus dadya ubanggi | Wiraraja lon nabda ||

4. hèh ki sanak aywa walang galih | dèn sarănta ywa kasêsèng driya | anggujêg para putrine | kadhaton Daha kang wus | sun saguhkên mring ratunèki | pra putri [pu...]

--- 126 ---

[...tri] têtawanan | ing Daha yu-ayu | ratunira tan kuciwa | nadyan sira sayêkti kaduman ugi | krana putri boyongan ||

5. datan kirang kathah yu linuwih | nanging para putri ing samangkya | maksih rudah ing galihe | măngka ingkang yu-ayu | têtawanan saking nagari | Tumapêl duk bêdhahnya | mêngsah Daha iku | pan samya dahat duhkita | ing tyas miris umiyat gêgaman nênggih | kanji kala tinawan ||

6. benjing-enjing kemawon sun pasthi | masrahakên pra putri mring sira | sun tumpakkên tandhu kabèh | mangangge sarwa luhung | langkêp mawi raja kaputrin | binêkta mring baita- | nira munggwing tandhu | tinutup mula mangkana | awit saking tan bisa mulat pra putri | marang gêgaman pêrang ||

7. lamun sumrêp lajêng dhrodhog sami | apa manèh wong Tatar kang samya | mêthuk para putri kabèh | benjang-enjang puniku | aywa nganti kaslan tyang alit | tandange tan prayoga | karya ajrihipun | pra putri ingkang sayogya | ingkang mêthuk ngamungna pra andêl sami | aywa akanthi rowang ||

8. supayane tan kagèt pra putri | dene sampun asami prasêtya | kalamun katêkan manèh | mungsuh kang sêdyanipun [sêdyanipu...]

--- 127 ---

[...n] | amboyongi pra putri nênggih | mung sumêdya palastra | têmah nganyut tuwuh | karsèngong mung ingapusan | supayane dimèn enaka kang ati | aywa ana bêbeka ||

9. apadene kalamun udani | gêgaman prang pra putri sumêdya | nyêgur ing banyu kabèhe | nadyan tumêkèng prau | datan ajrih prapta ing pati | anjêgur ing samodra | ing wêkasanipun | sira kabèh kapitunan | tanpa gawe praptanira têkèng ngriki | bêcik kang krana akal ||

10. wadyèng Tatar samya nayogyani | pamintanya Arya Wiraraja | makatên Tatar têmbunge | lêrês paduka èstu | wadyèng Tatar katujwèng ati | manthuk-manthuk gumuywa | nulya samya wangsul | dhumatêng pakuwonira | enjingira têtiyang Tatar wus bali | nagih putri boyongan ||

11. sarêng tiyang Tatar wus dumugi | angliwati kori biyangkara | wong Tatar tinutup age | sadaya kori pan wus | kinancingan kukuh sing jawi | Sora kang wus samêkta | dingkik nyangklit dhuwung | saksana krura umêdal | sing pandhlikan Sora ngamuk nganan ngering | nyuduki tiyang Tatar ||

12. wadyèng Tatar wus tumpês sakalir | de kang anèng jabaning paseban | kang matèni

--- 128 ---

Rănggalawe | ingamuk akèh lampus | na kaplayu têkèng pasisir | praptanira tumêkan | palabuhan Canggu | kacandhak gya tinêlasan | têtyang Tatar wus tan ana ingkang urip | kajaba kang nèng palwa ||

13. nahên gantya kawuwusa nênggih | sawusira ing sapuluh dina | kalakon mangkono rêke | wadyabala kang nglurug | mring nagara Malayu prapti | antuk tawanan kênya | putri sing Malayu | kêkalih ingkang satunggal | namanira Dara Pêthak kang taruni | anama Dara Jingga ||

14. Dara Pêthak kagarwa sinêlir | dening Rahadyan Arya Wijaya | Dyah Dara Jingga ginarwèng | dewa nulya sêsunu | Ratu Nagri Malayu nami | Tuan Janaka ingkang | kasir-kasiripun |[46] jêjuluk Sri Marmadewa | dupi dadya nata jêjulukirèki | Aji Mantrolot ika ||

15. kawuwusa angkate prajurit | mring Malayu salêbêting warsa | sarêng kalawan bêdhahe | nagri Tumapêl yèku | taun sèwu satus linuwih | sangang dasa lwih sapta | taun Saka iku | dene jumênênge Nata | Aji Jayakatong ing Daha nagari | ing salêbêting warsa ||

16. sèwu satus sangang [sa...]

--- 129 ---

[...ngang] dasa asthi | praptanira ing Jung Galuh nata | Aji Jayakatong mangke | apan karsa mangapus | Kidung Wukir Polaman yèki | arga Blumbang gon mina | rampunge winuwus | sang nata anulya seda | nahên gantya kawuwusa duk sugênging | Jayakatong Narendra ||

17. amêngkoni karaton Kadhiri | yèku Daha namane samana | kaananing lêlakone | kraton Daha winuwus | duk kalane jumênêng Aji | Jayakatong Narendra | kaya kang wus kasbut | ing nginggil sri naranata | ambawani karaton satlatahnèki | kang dadya jêjêrira ||

18. kang kacrita ing sêrat puniki | nadyan Tumapêl kala samana | apan durung sakabèhe | têluk marang Sang Prabu | Aji Jayakatong wit saking | ing duk kala samana | kaya kang winuwus | ing ngarsa pan wadyanira | Dyan Wijaya ingkang ngalor lampahnèki | apan durung ginêbag ||

19. durung nungkul suprandene nênggih | sampun kenging lamun winastanan | jumênêngira Pamase | Jayakatong Sang Prabu | anyêlani bawani nagri | Tumapêl lan ing Daha | sawêwêngkonipun | ing salêbêtirèng warsa | sèwu satus sangang dasa pitu nênggih | utawa ing jro warsa ||

20. sèwu satus sangang dasa

--- 130 ---

asthi | wit ing nginggil kawarta bêdhahnya | nagari Tumapêl rêke | ing taun sèwu satus | sangang dasa pêpitu mangkin | jumênênge nèng Daha | kacriyos ing taun | sèwu satus sangang dasa | luwih astha dene salêbêting warsi | sèwu dwi atus lawan ||

21. nêmbêlas ing Isaka marêngi | utawane taun sangajêngnya | Jayakatong kasêsêre | lolos marang Jung Galuh | kala iku măngka puputing | kawibawan Narendra | mêngkoni praja gung | mangasta pusaranira | nagri kalih ing Tumapêl Daha tuwin | ing nagri tlatahira ||

22. ing sajroning wêktu kang lumaris | salêbête ing jumênêngira | Aji Jayakatong rêke | ana lêlakon pêrlu | kang dadèkkên owahing nagri | punapa malih ingkang | wigati katutur | nênggih awit adêgira | Majapait nagara wite mung dèsi | alit Trik aranira ||

23. apadene dhatênge prajurit | saking Tatar yèku nagri Cina | kang pininta sraya dene | Arya Wirarajèku | ngrabasèng prang ngêndhih nagari | Daha lan lêlakonnya | kang kaplayèng pupuh | anênggih Radyan Wijaya | nabrang ngungsi dhumatêng Madura nagri | Sungênêb raning praja ||

24. kados ingkang wus kasbut ing

--- 131 ---

nginggil | anadene lêlakon punika | uga na tăndha saksine | ing sratan titinipun | taun sèwu rong atus luwih | nêmbêlas taun Saka | pan têtela tuhu | rikala ing taun Lănda | sèwu kalih atus sangang dasa lan tri | utawa taun Saka ||

25. sèwu dwi tus gangsal wêlas nênggih | ana wadya lurugan sing Cina | prapta ing pulo Jawane | ngudhunakên wadya gung | ing dharatan kawarna malih | saperanganing sêrat | srat wau puniku | kang dumunung ing blebekan | ăngka siji tumêkane papat nênggih | mung kuciwa sapala ||

26. ana ingkang kurang sawatawis | banjur nyritakakên wadya Cina | nalikanira dhatênge | ing tanah Jawa wuwuh | duk wiwite adêging nagri | tanapi laminira | dêge Majalangu | ingkang pêrlu winartakna | sanadyana blebekan têmbaga iki | wus lami tan karuwan ||

27. ngantos lami lêtira sayêkti | bisane wruh ing kaananira | sêsêratan ingkang munggèng | blebekan têmbagèku | ingkang akèh gunane yêkti | ingkang pinanggih kala | salêbêting taun | sèwu pitung atus miwah | wolung dasa petangan Lănda marêngi | ana ing Gunung Buthak ||

28. ing tlatahe Surabaya nagri |

--- 132 ---

katujune anêmu têdhakan | kang trang tumrap pèngêtane | têdhakan têmbagèku | ingkang kathah pinanggih mungging | pêthi tilaranira | tuwan kang rum-arum | sarta ingkang wus suwarga | Mistêr S.I.E. Rau ingkang kawarti | kapisungsungkên marang ||

29. Bibliotik yèku klumpukaning | sêrat-sêratira pamulangan | luhur ing kitha Lèdhêne | unine ingkang pemut | sratan ingkang tinulis mangsi | têkèng samono ika | têtêdhakanipun | blebekan têmbaga kathah | pan tinatah sratanira kang têmbagi | sakaki wiyarira ||

30. panjangira pitung kaki luwih | wolung êdim têmbaga blebekan | kang tinêmu ing gununge | Buthak kala ing taun | sèwu pitung atus lan malih | wolung dasa Walănda | kados ingkang kasbut | ing nginggil wau punika | sasampune katêdhak ing sratan Latin | kawêdalakên saka ||

31. karsanira Jêng Litnan Gupêrnir | Inggris pêparabira Jêng Tuwan | Tomas Sêtamporêd Rèplês | ing salêbêting taun | sèwu wolung atus sadèsi | nênêm pan luwihira | ing têdhakanipun | blebekan kang angka tiga | lan sakawan punapa malih winarni | nênggih kang angka astha ||

--- 133 ---

32. ingkang sampun winêdalkên dening | Gênotsêkap nagri Batawiyah | tuwin sêrat anggitane | Jêng Twan Rèplês winuwus | caritane bab nuswa Jawi | pipiridane saka | têtêdhakanipun | blebekan angka satunggal | wêwah malih wit saka têtêdhakaning | blebekan ingkang angka ||

33. kalih yèku têdhakan winarni | kagungane Jêng Sultan Madura | ing Sumênêp karatone | kang nunggil lyan-lyanipun | sêrat-sêrat kagungan aji | kang wus sumimpên ana | Gênotskap winuwus | sawêg sagêd trang sanyata | kala taun sèwu wolung atus luwih | wolung dasa nêm yeka ||

34. yèn sakèhing têdhakan puniki | pancèn mila urute kewala | panunggalanira kabèh | awit kang saka iku | pan kacakup surasèng tulis | kèh kang pêrlu kacandhak | sing pambantunipun | sang sarjana kang pêparab | tuwan Dhoktêr Van Dêr Tik nalika warsi | sèwu astha tus lawan ||

35. wolung dasa nênêm pan kawarti | kala taun sèwu wolung sata | wolung dasa wolu rêke | têdhakan kang winuwus | pêpêthaning sratan kang mungging | balebekan têmbaga | têtilaranipun | Tuwan Rau kang wus kocap | ing nginggil têtêdhakanira kang tulis |

--- 134 ---

pêpêthan ăngka juga ||

36. têlu papat wolu lan sadèsi | atanapi ăngka kalih wêlas | bab kaanan iku age | pujăngga Kèrên kintun | wartos dhatêng Twan Brandhês nênggih | sawatara laminya | Tuwan Kèrên kintun | têdhakanirèng pêpêthan | yèn mangkono lwih satus warsa lumaris | lagi antuk têrangnya ||

37. srana nglumpukakên têtilasing | jaman kuna ingkang wus sumêbar | wusana lowung tuk gawe | mênggah suraosipun | sêsêratan wau ing mangkin | tinêdhak têmbung Jawa | awit ungêlipun | maksih têmbung Jawi Kina | sinisihan prêtalan têmbung Walandi | makatên kang surasa ||

38. mêmudyayu warsa kang lumaris | nênggih sèwu rong atus nêmbêlas | Badrapada ing wulane | nuju ing tanggalipun | kaping lima panglonging sasi | Aryang Umanis ika | Sanêscara[47] wuku | Madhangkungan kang Candrama | nuju anèng kidul wetan sangandhaping | kang Rohini dewanya ||

39. apan nênggih Sang Hyang Prajapati | panunggalanira kang buwêngan | Maendra ing jro wêktune | Yogasidhi jamipun | Weraraywa ing sangandhaping | Sang Hyang Yama kang măngka |

--- 135 ---

nênggih dewanipun | têmpuking kanang buwêngan | dina krana panuju Têtila ari | ngandhap lintangan kênya ||

40. rikalèku wêdaling palupi | dhawuhira Sri Maha Nindhita | jêjulukira Sang Rajèng | Kêrtarajasa mungguh | pêparabe Sang Maha Mulki | nênggih Jayawardhana | ratu gung pinunjul | sudibya prawirèng yuda | miswur ing rat asmanira sri bupati | pra ratu mêngsahira ||

41. sami suyud sumawita ajrih | datan klayan ginêbag ing pêrang | anggêpira mring sang rajèng | ambathara sinuhun | mring sang nata dahat jrih asih | Sang Sri Kêrtarajasa | kasujanan putus | limpad sakèhing wiweka | sugih gêlar panangkêping satru sêkti | tanpa kanyanan mêngsah ||

42. kontaping rèh kasudiran aji | karya mirising mêngsah kang myarsa | kêkês tan nêdya mêthènthèng | ambêg wiku tyas prabu | paramarta silanrus trusing | budya santa lêgawa | asih samèng tuwuh | kulina budi raharja | wimbuh-wimbuh bagusing warna ngluwihi | dulu merang Hyang Arka ||

43. binathara ngratoni rat Jawi | Sang Sri Kêrtarajasa kang măngka | pangayoman kawulane | samya jrih asih tuhu | mring sang nata anggêpirèki [anggêpirè...]

--- 136 ---

[...ki] | lir ratu dewanira | dhasar sang aprabu | turunira Narasinga | tuhu ratu dibya di murtining bumi | winênangkên anggarwa ||

44. putranira Kêrtanagara ji | Sang Sri Kêrtarajasa wus saplak | putra Narasinga jiblès | bayèku titisipun | Narasinga nuksmèng Sang Aji | Sang Sri Kêrtarajasa | Jayawardhanèku | nahên balèni ing ngarsa | dhawuhira Kêrtarêjasa Sang Aji | mring rakryan mantri tiga ||

45. Rakryan Mantri Ino awêwangi | Dyah Pamase kalihira Rakryan| Mantri Alu pêparabe | Dyah Singlar katrinipun | Rakryan Mantri Sirikan nami | Dyah Plisir dhawuh nata | ring mantri katêlu | pinundhi sinuksmèng driya | linampahan kalawan sukaning galih | dhinèrèkakên marang ||

46. Rakryan Mantri Pranaraja nênggih | sudirèng prang prajurit nindita | kang bisa karya girise | pra mêngsah kêkês lamun | mirêng namanira dyan mantri | larut bêbayunira | dene kadwinipun | rakryan mantri ingkang nama | Nayapati prajurit anglêluwihi | suraya ing ngalaga ||

47. kinèringan ing mêngsah wit saking | kawantêranira ring ayuda | angèl antuk ing tandhinge | katri ingkang winuwus | rakryan mantri ingkang bêbisik | Dyan Arya Adikara [Adi...]

--- 137 ---

[...kara] | pamunahing ripu | ing sabrang kêkês yèn myarsa | namanira Arya Adikara giris | miris tan nêdya lawan ||

48. dhinisikan dening Rakryan Mantri | Arya Wiraraja ingkang măngka | pangajênging lêlurahe | prawira tamèng pupuh | Radyan Arya Wirarajèki | wignya dahat mèt manah | myang piyandêlipun | sakèhning kang para mitra | samya suyud lulut ing batos jrih asih | mring Arya Wiraraja ||

49. rêsêp têpang lan sadhengah janmi | ingkang arsa nêpangi kapadhan | ing sihira samurwate | Arya Wirarajèku | kênèng aran muridira ji | Sang Sri Kêrtanagara | wah malih tan kantun | rakryan mantri pinitaya | ingkang măngka pangagêngira para abdi | punakawan sadaya ||

50. kang kawarta undhagi ing kardi | cikat-cakut ing sabarang karya | kanuruhan golongane | kalihira winuwus | rakryan mantri kang măngka dadi | pangajêng wirotama | golonganing dêmung | atanapi katêlunya | rakryan mantri patih kinèringan dening | prawira tamèng mêngsah ||

51. samya giris miris kang miyarsi | lamun patih umangsah ing yuda | kêkês pra mêngsah manahe | yêkti patih pinunjul | miswur limpad kridhaning jurit | mumpuni saniskara | kasujanan [ka...]

--- 138 ---

[...sujanan] putus | tatas têlênging lukita | kontaping rèh pangastaning praja niti | kukuh bakuh tan ginggang ||

52. gung prasêtya ingandêl mrantasi | ngasta bang-bang lum-aluming praja | myang pringga durbaya kabèh | sang nata wus tan kadung | sakarsendra wus tan nguciwani | sang nata pêpindhannya | Hyang Iswara tuhu | wus datan wingwang sakiswa | mung jumênêng ratu bathara pinundhi | patih kang bengkasana ||

53. ruwêt rêntêngira kang praja di | atanapi kang tan kari uga | Pradaksa ingkang rumêksèng | traping anggêr praja gung | golongane ingkang anami | Pamgêt I Tirwan miwah | Sang sarjana punjul | ingkang tan kewran ing wulang | Sangkya aranira sang sujana nênggih | kang kaunang waskitha ||

54. Sang Kusumayuda ripu malih | ingkang nama Paragata yeka | golonganira namane | Pamgêt I Tirwan tan wruh | marang wulang Sang Kya mumpuni | lan malih sang sarjana | anggaraksa yèku | golonganira kang nama | nênggih Samgat I Jambi ingkang mumpuni | saliring wulang Sangkya ||

55. wêwah malih ingkang datan kari | kang kawêntar sarjana sujana | iyèku Rudra namane | ingkang putus ing kawruh | wulang nyaya malihe nênggih | rakryan juru anama | Kêrtanagarèku | ingkang wignya ambabara [amba...]

--- 139 ---

[...bara] | sakèhing kang ruwêt rungsit atanapi | sang sarjana kang nama ||

56. sang agraya golongane nênggih | ing pandhlêgan dyaksaning agama | Siwah tanapi malihe | pandhlêgan dyaksanipun | gama Budha namanirèki | nênggih Sang Ginantaka | putus liring kawruh | piwulang agami Budha | datan kêwran sakyèhning kang rungsit sungil | ing bab agami Budha ||

57. dhawuhira sang nata kang mijil | sung wêwaton tumrap padhukuhan | Kudadu paperangane | siti pêpundhèn luhung | Klême ingkang inganggêp suci | dhawuh wau minăngka | kêkancingan prabu | mawi sinung cap narendra | Kêrtarajasa Jayawardhana munggwing | sela tuwin têmbaga ||

58. rinipta kang pratisara aji | ing têmbaga tanapi ing sela | wau saungêle kabèh | măngka cêpênganipun | pra lêlurah ingkang ngwasani | Kudadu padhêkahan | ing dhawuh kasêbut | pranatan wêwênangira | mardikane Kudadu pan uwal saking | gêgêbêngane desa ||

59. Klême mardikane Kudadèki | sêsawahe kang inggil myang ngandhap | ing arga myang pêpèrènge | ing jurang trêbis pangul | sadayane mardika saking | sêsanggan marang desa | Klême kang winuwus | dadine lêlurah

--- 140 ---

desa | wus mardika saka sêsangganirèki | saanak turunira ||

60. marma tampi sihirèng narpati | awit saking katarimanira | lurah ing Kudadu dene | nalikanya sang prabu | kapalayu sing madyèng jurit | kasingidakên wisma- | nira lurahipun | ing Kudadu duk samana | sri narendra apan dèrèng madêg aji | nênggih maksih nararya ||

61. Sanggramawijaya namanèki | duk kaplayu binujung ing mêngsah | dene larahira rêke | duk panjênêngan prabu | Kêrtanagara kang wus swargi | kang sumarèng astana | apan namanipun | nênggih Siwa Budhalaya | nalikane jumênêngira sang aji | katêmpuh parangmuka ||

62. wadyanira Sang Sri Narapati | Jayakatyêng[48] saking Gêlang-Gêlang |[49] kang dahat asor tindake | cidra ring mitra tuhu | mungkur maring ing rèh utami | nyulayani prajanjyan |

--- 141 ---

pawong mitra tuhu | nêdya tulung tinulungan | yèn tinêkan parangmuka salah siji | datan nêdya sulaya ||

63. Saekapraya datan gumingsir | têmahane makarti sampeka | ring mitra saka kacènèng | ardaning melik prabu | amêngkoni nagri gung kalih | tan merang ingèsêman | ing rèh tindak dudu | Sri Kêrtanagara nulya | ginêbag prang cinidra tanpa prakawis | kanthi lampah sidhêman ||

64. dening Prabu Jayakatyêng dupi | Sang Sri Kêrtanagara miyarsa | lamun linurugan dene | wadyanira Sang Prabu | Jayakatyêng pan sampun prapti | wontên ing Jasun Wungkal | sang sri matah laju | nanggulang mêngsah kang prapta | tinindhihan dening sang nata samangkin | akanthi Ardharaja ||

65. kawarnaa Kêrtarajasa ji | lan Sang Ardharaja kalihira | kamantu dening Pamase | Sang Kêrtanagarèku | Ardharaja putranirèki | Jayakatyêng Sang Nata | mangsuli ing dhuwur | nalikane kalihira | magut ing prang praptèng Kêdhungplut kang dèsi | tandya têmpuk ing yuda ||

66. wadyanira sang sri narapati | ngrumiyini băndawalapatya | rukêt lan pra mangsah rame | têmahan mêngsah mundur | kasêsring prang tandya ngoncati | lumayu asasaran |

--- 142 ---

akèh kang kasambut | mati jroning rananggana | kawarnaa wadyanira sri bupati | nuli ngangsêg mring Lêmbah ||

67. dupi datan manggih mêngsah nuli | mentar saking ing Lêmbah mring Batang | ing ngriku wadya Pamase | cucukira kacundhuk | lan wadyane kang mêngsah nuli | lumayu tanpa lawan | sing Batang sang prabu | mentar marang Kapulungan | anèng ngriku wadyanira sri bupati | têmpuk malih lan mêngsah ||

68. campuhing prang rame sami wani | nèng kulone desa Kapulungan | têmah kasêsêr mêngsahe | akèh kang samya lampus | kêkarène lumayu gêndring | rêbut urip lan rowang | datan măngga wangsul | sang nata sawadyanira | dupi ngangsêg ngulati mêngsah kang prapti | tumêkèng Rabut Karat ||

69. tan adangu ana mêngsah kèksi | saka kulon dhatênge kang wadya | samya ngangsêg têmah rame | rukêt băndayuda wus | akèh mati mêngsah ngunduri | binujung kapalajar | tan mawi kêkiwul | tan dangu na mangsah prapta | saka wetaning Anyiru raning dèsi | kathah tanpa wilangan ||

70. ganderane brit pêthak mawarni | umbul-umbul daludag bra sinang | sarêng Ardharaja mangke | miyat wadya kang rawuh | tan darana age ngunduri | tan ana

--- 143 ---

wrin kang sabab | Ardharaja tuhu | ngucira asoring lampah | kaya dudu tusing prajurit linuwih | lumayu tanpa sêdya ||

71. mring Kapulungan dènnya andhêlik | sri narendra kaoncatan wadya | sagolongan klèrèhane | Ardharaja kang mlayu | wadyèng nata suda kuwawi | nglawan mêngsah kang prapta | dupi wus tinêmpuh | kathetheran gènnya lawan | wit karoban ing mêngsah anyêngka tandhing | ngowêl risaking wadya ||

72. sri narendra tandya angoncati | lan pra wadya satirahanira | ingkang karusakan dening | sang nata tandya laju | marang Rabut Karat andhêlik | ngasokkên para wadya | sawataranipun | ri sampunira mangkana | sri narendra sawadyanira mentar glis | ngalèr mring loring kalya ||

73. ing Pamwatan Apajêg kang[50] dèsi | kang kinarya lêrêp sri narendra | kanthi sawadyabalane | tirahan mung nêm atus | watarane cacah prajurit | nahên kawarta enjang- | ira kang winuwus | maksih umun-umun ana | mêngsah prapta ngangsêg wadyèng sri bupati | tandya linawan ing prang ||

74. rame gyannya campuh ing ajurit | sri narendra njênêngi nèng wuntat [wu...]

--- 144 ---

[...ntat] | dupi tumingal sang rajèng | wadyanira kèh lampus | lan kaplayu angungsi urip | rusak karoban lawan | tan kuwawa kiwul | kuwagugên tyas narendra | watir lamun kasêlut ing mêngsah mangkin | wus sarêmbag sri nata ||

75. lan pra agul-agulirèng jurit | luwih bêcik lamun ngoncatana | saking rananggana dene | karsanira sang prabu | yun mentar mring Trung ngendhani | sang natarsa rêmbagan | lan akuwunipun | ran Rakryan Wuru Agraya | kang tampi sihirèng Kêrtanagara ji | tinanêm nèng Trung dadya ||

76. Akuwu nèng Trung sabawahnèki | supayane nglumpukakên wadya | sawetan twin lèr wetane | ing Trung ingkang winuwus | drapon sami kinèn bantoni | dêging prang lawan mêngsah | para kang tinantun | pan sami mangayubagya | ngunduri prang mèt waluya ngaso dhingin | kasmaran nimpun wadya ||

 


§ Pitêdahing Bab. (kembali)
ing. (kembali)
§ ing babonipun suraosing ukara punika inggih botên cêtha. (kembali)
Kurang satu suku kata: samya ngrusak jambu aglis. (kembali)
§ Ing babonipun suraosing ukara punika inggih kirang cêtha. (kembali)
§ têgêsipun têmbung kajar dèrèng kasumêrêpan kalayan yêkti, ing pêrtalanipun namung katêgêsan: têngara bêbaya. (kembali)
§ utawi Ragamasa,yêktinipun dèrèng têrang). (kembali)
§ Oran punika namanipun satunggiling ênggèn. (kembali)
§ wêlahan punika têgêsipun: juranging lèpèn agêng. (kembali)
10 § darma kancana punika mantranipun têtiyang ingkang badhe ngupados utawi andamêl êmas). (kembali)
11 § bokmanawi punika namaning măntra utawi ngèlmi). (kembali)
12 § têgêsipun dèrèng kasumêrêpan. (kembali)
13 § têgêsipun dèrèng kasumêrêpan. (kembali)
14 § guru hyang punika têgêsipun ajar. (kembali)
15 § kapuntan punika têgêsipun jawata. (kembali)
16 § Mênggah pikajêngipun têtêmbungan punika ing babonipun inggih botên têrang. (kembali)
17 § wariga dyan dipun têgêsi wariga gung. (kembali)
18 § yaya punika têgêsipun supados, mênggah tandhi punika dèrèng kasumêrêpan têgêsipun. (kembali)
19 § Budha stapka = Budha stapaka. (kembali)
20 § Mahyana = Mahayana. (kembali)
21 Guru lagu seharusnya: 8u, paron wêsi pêcah sumyur. (kembali)
22 manut. (kembali)
23 § = 1144. (kembali)
24 apitakèn. (kembali)
25 § = 1169. (kembali)
26 § dulur Kawi = milu: dinulura = ingilu-ilua. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: Rajasanagara malihe nênggih. (kembali)
28 § Janggan ing Sagênggêng bapakipun Tuan Tita inggih pujăngga. (kembali)
29 § pracaya = pangandêl = ugêm = iman = Mahayana. (kembali)
30 § = 1170. (kembali)
31 § Lêrêsipun punika namung kadang katut, ing babonipun kasêbut kaprênah kaponakan, bokmanawi gêgayutan saking èstri, ing babonipun inggih botên katêrangakên, utawi anggènipun mastani kaponakan wau bokmanawi sarèhning Anusapati kaanggêp putranipun Kèn Arok (Sang Amurwa Bumi). (kembali)
32 angèstrèni. (kembali)
33 § têgêsipun têmbung sangkapani, dèrèng kasumêrêpan. (kembali)
34 § bêbatur utawi batur punika bokmanawi lêlurah utawi kapala dhusun, bilih ing Ngayogya dipun wastani Bêkêl. (kembali)
35 § ing babonipun inggih kasêbut sapisanipun: Katang Lumbang, kaping kalihipun lajêng: Lumbang Katang. (kembali)
36 § Pamêlêsatan, dèrèng kasumêrêpan têgêsipun bokmanawi: patilasan. (kembali)
37 panggya. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: Sang Êmpu Raganata. (kembali)
39 mêngsahira. (kembali)
40 § Lawor bokmanawi namaning padhusunan utawi pasitèn. (kembali)
41 wadya. (kembali)
42 wun. (kembali)
43 maksih. (kembali)
44 bajra. (kembali)
45 wadyèng. (kembali)
46 §têgêsipun: kasir-kasir dèrèng kasumêrêpan. (kembali)
47 § Sêtu kaping 11 Sèptèmbêr 1294. (kembali)
48 § Miturut ing pitêdahipun Profesor Kèrên (Kern) kasêbut ing panjurungipun ingkang kawrat ing Tidsêkrip Taal-, Land-en Volkenkunde van Ned. Ind. 5e volgr., IV, 291, ing wêwaton bab ewah-ewahing suwara ing têmbung Jawi Kina, Katyêng saminipun: Katong. (kembali)
49 § Miturut pitêdahipun Tuwan Rouffaer padunungan ingkang nama Gêlang-Gêlang kasêbut ugi ing kar de Jonge's Opkomst enz. VII tilas karaton ing jaman kina, dumunung ing sakilènipun Rêdi Wilis. (kembali)
50 § Pamwatan Apajêg (Pamwatan-apajêg) = namaning dhusun. (kembali)