9. Asmaradana

1. kawarnaa Sri Bupati | ing dalunira wus oncat | saking payudan ge-age | angliwati ing Kulawan | jrih tinututan mêngsah | kang akèhe tanpa petung | nèng Kulawan sri narendra ||

2. malah kêpapag prajurit- | irèng mêngsah gya ingoyak | lumayu oncat ge-age | mangalor [manga...]

--- 145 ---

[...lor] sêdyaning karsa | lamun sagêd tumêkan | ing Kêmbangsri kang jinujug | tumêkèng ngrika saksana ||

3. kacundhuk ing mêngsah malih | kathahe tanpa wilangan | ambujung sri sawadyane | rèh kasupit mèh kacandhak | tandya anggêbyur tirta | ngêlangi narmada agung | mangalor kathah kang tiwas ||

4. ana kang kablêbêk warih | wontên kang tinumbak mêngsah | ana kacêkêl pinatèn | kathah bubar salang tunjang | samya arêbut gêsang | ing saparan-paranipun | gyannya anis ing palagan ||

5. kang umiring sri bupati | mung kari wadya dwi wêlas | kang anjagi sang arajèng | kawuwusa sri narendra | gagat esuk samana | wus prapta anèng Kudadu | saabdine kalih wêlas ||

6. ing galih dahat prihatin | ngraoskên risaking wadya | kawêwahan cape luwe | mangkana uga pra wadya | kèrènira kalih wlas | dahat dènira alêsu | kang awak saklangkung sayah ||

7. ginagas saya ngranuhi | risake kang wadyabala | yêkti kangèlan pulihe | samana sang sri narendra | apan wus panggih lawan | lêlurahirèng Kudadu | dahat wlas wêruh mring nata ||

8. katara dahat jrih asih | rêsêp [rêsê...]

--- 146 ---

[...p] ing pamboja krama | agêng ing pitulungane | sang nata sawadyanira | têtiyang kalih wêlas | tan kurang boja lan minum | sabên dina tanpa kêndhat ||

9. parandene sanga aji | lan para wadya kalih wlas | siningidakên kabèhe | supadi datan koningan | mêngsah kang sami ngulat | dupi sri narendra ayun | oncat mring nagri Madura ||

10. lurah Kudadu umiring | dumugi ing bawah Rêmbang | sing ngriku nuli sang rajèng | nitih palwa mring Madura | kaya kang wus kinarsan | lurah Kudadu gya mantuk | mangkana lampahanira ||

11. Kêrtarajasa Sang Aji | duk kala kaplayu ing prang | marang Kudadu parane | myang anane lêlabêtnya | Kudadu lurahira | mring Kêrtarajasa Prabu | sang nata gêng panrimanya ||

12. sarêng panjênêngan aji | wus umadêg naranata | minăngka pangayomane | sakèhning wran bumi Jawa | kang kawêngku narendra | sadaya jrih asih lulut | marang ratu gustinira ||

13. nata pêpakuning bumi | gung mahambêg susilarja | kotamanira sang rajèng | èngêt ing lêlakonira | kala manggih durgama | tibra lara ing tyas wibuh | kayatnan lêlabuhira ||

14. marmane sri narapati | gung angganjar mring

--- 147 ---

lêlurah | ing Kudadu minangkane | pamalêsirèng kotaman | wus sinung pamardikan | têkèng anak putunipun | saturunira mardika ||

15. parêng tan mawi sêsanggi | uwal sing gêbênganira | ing Klême nênggih kwasane | tan sumendhe ing lyan desa | mligi madêg priyăngga | ing satalatah Kudadu | ingkang dahat aut lirnya ||

16. kalêbu sawah parêdin | myang ing lêbak sakabèhnya | gung-gung jurang èrèng-èrèng | măngka dadi melikira | mawi sinungan layang | kêkancinganirèng prabu | mawa cap asma narendra ||

17. apa manèh kang kawarti | sri narendra wus andhindhal | Kudadu ing klèrèhane | wêwêngkon Klême pan dadya | melikira lêlurah | ing Kudadu wit Sang Prabu | Jayakatyêng nalikanya ||

18. lampah cidra anyedani | Sri Kêrtanagara ingkang | tan nyana ing kapêsane | Jayakatyêng kang tan pisan | sinăngka yèn wêntala | ngêtrapkên tindak tan ayu | mring mitra sinamun yogya ||

19. nalikane Sanga Aji | Jayakatyêng anèng Daha | pan sampun ngandikakake | kadi ingkang wus warata | antero pulo Jawa | samya winêruhan èstu | nahên sambunge tan ana ||

20. mung têkan samene [sa...]

--- 148 ---

[...mene] iki | ungêling sratan ing logam | nadyan tan akèh kandhane | kang kêna kanggo landhêsan | tumrap sêrat punika | tanapi panganggêpipun | têmêne ponang têmbaga ||

21. ewadene sawatawis | kêna uga kanggo tăndha | sanadyan ana gèsèhe | nanging kèh kang nunggal kăndha | ingkang datan prabeda | kalawan ingkang katutur | ing Pararaton punika ||

22. kang kêna inganggêp yêkti | yèn Srat Pararaton ika | dudu dêdongengan bae | nadyan ana kandhanira | kang elok doh ing nyata | sumisih mangkana iku | mung pinêndhêt pêrlunira ||

23. kêna inganggêp sayêkti | akèh èmpêre kang kăndha | dene Jayakatyêng mangke | yèku Jayakatong Nata | ing Daha kratonira | kaya ingkang wus kasêbut | ing Srat Pararaton ngarsa ||

24. katong dadi katyêng mangkin | iku saka owahira | traping pakêcapan kangge | ing Jawi kina samana | kaya ingkang wus kawrat | ing dalêm panjurungipun | Profêsor Kèrên ing sêrat ||

25. Bèidragên kang kawarni | Tal lan Volkênkundhê yeka | ing India Nèdêrlane | ăngka lima

--- 149 ---

urutira | ing bab kaping sêkawan | kasêbut kaca rong atus | sangang dasa lwih sajuga ||

26. yèn kapirid kaananing | sêrat kang riniptèng logam | lan lêlakon kaanane | kang kocap ing dalêm sêrat | Pararaton wus nyata | ana kang kocap sawastu | kalamun Radèn Wijaya ||

27. yêkti kalamun akrami | antuk putrine Sang Nata | Kêrtanagara paradyèng | Tumapêl nyata ginêbag | dening nata ing Daha | Jayakatong kalanipun | ngajêngkên warsa Isaka ||

28. sèwu kalih atus luwih | nêmbêlas malihnya nyata | yèn Radèn Wijaya gêntèn | anggêbag nagari Daha | Jayakatong Narendra | mung ing têmbagi kasêbut | jêjuluke Dyan Wijaya ||

29. nararya punapa malih | Sanggramawijaya ingkang | nuli jumênêng Pamase | sêbutannya tan prabeda | ing kropak lan têmbaga | sami mawi têmbung prabu | tumrap ing asma narendra ||

30. wontên malih măngka saksi | tumrap umpak-umpakira | ing jêjulukira Radèn | Wijaya sajumnêngira | nata kocap trahira | Narasinga ugi kasbut | ing bab sakawan twin gangsal ||

31. ing Srat Pararaton nênggih | Dyan Wijaya kacarita |

--- 150 ---

yèn iku nênggih putrane | Mahisa Campaka yeka | Bathara Narasinga | makatên malih kawuwus | Sang Wiraraja Dipatya ||

32. kawontênanira nênggih | pakaryan myang patrapira | kang kawartakakên dene | Pararaton lan têmbaga | tan siwah gênti warta | anênggih duk kalanipun | Dyan Wijaya kawlas arsa ||

33. kaplayu sing madyèng jurit | ingkang kasbut ing têmbaga | kalamun tinandhingake | lan ing Pararaton nyata | ana salisirira | sawatara ingkang kasbut | ing Pararaton samana ||

34. lampahira dyan minantri | sing Talaga Pagêr marang | Pandhakan iku jujuge | nulya tinulungan marang | Buyutira Pandhakan | sing ngriku ngliwati dhusun | ing Dhatar praptèng têpinya ||

35. samodra tandya umunggwing | baita nulya manabrang | mring Sungênêb palayune | dene kocap ing têmbaga | ranira padunungan | ingkang ingambah sang bagus | Jasun Wungkal malihira ||

36. Tumapêl Kêdhungplut nênggih | Lêmbah Batang Kapulungan | Rabut Carat[1] lan malihe | Anyiru malih akocap | Kapulungan kalihan | Rabut Carat malihipun | kados ingkang kasbut ngandhap ||

37. Pamwatan Apajêg nênggih | Trung nadyan tan dhinatêngan [dhina...]

--- 151 ---

[...têngan] | nanging kasêbut namane | Kêmbangsri tuwin Kulawan | Bangawan malihira | Kudadu klerehanipun | Klême Rêmbang tlatahira ||

38. tanah Pasuruan nênggih | tanapi namane para | pandhèrèkira Rahadèn | Wijaya myang liyanira | kang riniptèng têmbaga | gèsèh lan ingkang kasêbut | ing srat Pararaton yeka ||

39. Raganata Aragani | utawa ran Kêbo Têngah | Banyak Kapuk Rănggalawe | Pêdhang Sora Dhangdhi lawan | Gajah Pagon malihnya | Nambi yèku sutanipun | Adipati Wiraraja ||

40. Pêtêng Wirot Macan Kuping | dene kang kasbut têmbaga | Dyah Pamasi apadene | Dyah Singlar lan malihira | Dyah Palisir katrinya | Pranaraja malihipun | nênggih Arya Adikara ||

41. nama-nama datan sami | ingkang riniptèng têmbaga | lan ingkang sinêbutake | ing srat Pararaton măngka | ing têmbaga na aran | Dêmung lir raning palungguh | manawa iyèku dêmang ||

42. kang riniptèng ing têmbagi | patih ana kocap uga | têtiyang ingkang namane | Paragata Anggaraksa | Rudra Kêrtanagara | ingkang dudu asma ratu | malihira Ginantaka ||

43. Agraya malihe nênggih | Wuru Agraya kalawan [ka...]

--- 152 ---

[...lawan] | Kudadu nênggih lurahe | mangsuli ingkang anama | Pranaraja iyeka | yèn ing Pararaton kasbut | namane pêpatihira ||

44. Tohjaya Sri Narapati | Ratu Tumapêl nagara | kados ingkang wus kajèrèng | ing Pararaton bab tiga | de nama wau samya | lyane katri kang rumuhun | iku samya raning pangkat ||

45. nama wau sagêd ugi | tumraping wran liyanira | tanapi santun ing gawe | lan malih indhaking pangkat | utawa nama bocah | nanging duga-duganipun | kang kocap anèng têmbaga ||

46. salong raning seje janmi | kalawan ingkang kaucap- | akên anèng Praratone | ing têmbaga têka ana | carita kang kaandhar | yèn Ardharaja puniku | kalawan Radèn Wijaya ||

47. kamantu Sri Narapati | Kêrtanagara kang kocap | nênggih Tumapêl prajane | kunêng gantya kawuwusa | ingkang kocap ing crita | babad pêpèngêtanipun | băngsa Cina nalikanya ||

48. nglurug dhatêng pulo Jawi | salêbête taun Saka | sèwu kalih atus luwèh | gangsal wêlas nênggih warsa | Ngisa nuju pinetang | sèwu kalih atus langkung | sangang dasa luwih tiga ||

49. miturut ing pratelaning |

--- 153 ---

Twan W.P. Grunêfèl nadyan | sapisana dèrèng nate | sumêrêp ungêling layang | Pararaton punika | ewadene pyambakipun | pantês antuk panglêmbana ||

50. nadyan sadèrènge ugi | wus ana ingkang uninga | sawatara ing unine | pèngêtane băngsa Cina | kang agêng pêrlunira | tumrap Pararaton iku | nanging kalanirèng warsa ||

51. sèwu wolung atus luwih | pitung dasa lan lêlima | taun Walandi Twan W.P. | Grunêfèl antuk pratelan | kêna kinarya tăndha | saksi kalamun satuhu | nyatane pèngêtan Cina ||

52. kaya ingkang wus tinulis | ing Pararaton bab gangsal | pratelane Twan Grunêfèl | ugi măngka pikêkahnya | nyatane kang carita | anênggih ingkang kasêbut | Rèplês Histori of Yava (Raffless 'History of Java)||

53. ing sêrat bagian kalih (II) | kaca satus luwih astha | kang nyritakake babade | nagari ing Majalêngka | kados ingkang kapacak | ing sêrat babad gyanipun | angsal sing Bali samana ||

54. tanapi cocoge nênggih | kalawan pèngêtanira | băngsa Cina rikalane | nglurug prang mring pulo Jawa [Ja...]|

--- 154 ---

[...wa] kalèku natèng Cina | Kublai Khan (Kublai Khan) asmanipun | kala ing taun Walănda ||

55. sèwu kalih atus luwih | kawan dasa lan karonya | atanapi ing warsane | sèwu kalih atus sangang | dasa luwih têtiga | ing taun Isaka nuju | sèwu rong atus pat bêlas ||

56. mênggah unine kang tulis | pratelan ingkang kacrita | saking Twan W.P. Grunêvèl | warni rêpotan satunggal | tiga iji pawarta | ingkang ngêwrat kandhanipun | lampahane senapatya ||

57. kang dinuta mangsah jurit | dhumatêng ing pulo Jawa | satunggal nênggih namane | Sihpi (Shihpi) ingkang kadwinira | Kao Sing (Kau – Hsing) katêlunya | Ikêmès ( Ikemese) samya gul-agul | ing prajurit băngsa Cina ||

58. bab gangsal ing srat puniki | wus kawarta darunanya | pangluruge wadya rajèng | Cina marang pulo Jawa | kala cundhakanira | Kublai Khan Sang Aprabu | salah satunggal nèng Jawa ||

59. ingerang-erang ngênani | mring nata nagari Cina | dening ratu ing Jawane | pramila kala samana | Sang Nata Kublai Khan | kang madêg nata ing taun | sèwu kalih atus miwah ||

--- 155 ---

60. wolung dasa têkèng warsi | sèwu kalih atus sangang | dasa lêlima luwihe | yèku petang taun Ngisa | arsa gêbag mring Jawa | kalampahan kala taun | sèwu kalih atus miwah ||

61. sangang dasa kalih yèki | petangan taun Walănda | taun Saka panujune | sèwu kalih atus patblas | ngangkatkên wadyabala | tiyang kalih dasa èwu | senapatine têtiga ||

62. Ikêmès Kao Sing Sihpi | ingkang wus kocap ing ngarsa | samya tinuduh ngrêbasèng | pêrang marang pulo Jawa | kinarya malês wirang | angkate kang wadya agung | datan mawi sêsidhêman ||

63. senapati dèn dhawuhi | kinèn samya laku padhang | aywa nganggo atêtèdhèng | kinetokna lamun arsa | malês ing wirangira | Ratu Cina mring sang prabu | nahênta purwaning warsa ||

64. sèwu kalih atus luwih | sangang dasa lan têtiga | taun Walănda petunge | dene taune Isaka | petangira samana | sèwu kalih atus langkung | gangsal wêlas wadya Cina ||

65. wus praptèng sagantên Jawi | datan kawarna ing marga | para prajurit lampahe | sarêng dugi pulo Kolan | sami kèndêl sawega | pulo Kolan yèku Blitung |

--- 156 ---

mangkana tataning lampah ||

66. Ikêmès mangkat rumiyin | kanthi limang atus wadya | nênggih sadasa praune | dene wadya liyanira | pangkatira aliwat | ing Karimun Jawa pulu | tumuntên dhumatêng Tuban ||

67. Tuban winastanan dening | wong Cina Tupingsuh (Tupingtsuh) ika | ing ngriku samya alèrèn | wus ngumpul malih lan wadya | gangsal atus kang mangkat | ngrumiyini lampahipun | pra wadya nuntên tinata ||

68. sanega ing lampah mangkin | kêkênthêlanirèng sêdya | pra senapati katrine | kang sapalihirèng wadya | kinèn lampah baita | pan mangetan purugipun | kang sapalih lampah dharat ||

69. kang lampah prau winarni | têtindhih Sihpi samana | praptèng sungapaning lèpèn | winastan dening wong Cina | Sugalu kang narmada | yèku lèpèn ing Sêdayu | de senapati kalihnya ||

70. Ikmès lan Kao Sing sami | lumampah dharat lan wadya | nahên kawuwusa mangke | Sihpi tandya anyundaka | gul-aguling prang tiga | dhumatêng ing Majalangu | ngaturkên liring dinuta ||

71. ing Cina sri narapati | mring Narendra Majalêngka | dene katri gul-agule | samya tampi dhawuhira |

--- 157 ---

senapati mangkana | sarampungira kang pêrlu | tinuduh nulya wangsula ||

72. mring panglêrêpanirèki | nunggil para kancanira | ingkang samana gya badhe | nglajêngakên lampah nyêlak | marang Patsih (Pa-tsih) narmada | lèpèn alit criyosipun | mênggah pandugi Lèpènmas ||

73. băngsa Cina amastani | ing dalêm srat babadira | narmada Patsih arane | mirid sing panduginira | W.P.Grunêvèl Tuwan | Patsih iku èmpêripun | Pacekan sakidulira ||

74. Surabaya residhènsi | kasêbut ing Bausastra | tumraping ngèlmu bumine | tuwin ing kawruh paradya | punapa malih nama | nama ingkang wus kasêbut | anèng sorogan ing ngandhap ||

75. asale gyannya jarwani | Tuwan Grunêvèl sadaya | dinugi iku samine | nahên ta para cundaka | nênggih sawangsulira | ngaturkên liring tinuduh | mring Sihpi pêngagêngira ||

76. ature para tinuding | kalamun Tuhan Pijaya (Tuhan Piaya) |[2] sang natèng Jawa mantune | pan arsa nungkul kewala | datan nêdya lumawan | marang Cina wadyanipun | ananging nuju kapalang ||

--- 158 ---

77. tan bisa ninggal wadyèki | kang pacak baris sanega | anèng payudan wus andhèr | amarga Tuhan Pijaya | kalêrês andon ing prang | lêlawanan sang aprabu | ing Kalang [3] nagarinira ||

78. Aji Jayakatang[4] nênggih | jêjulukira Narendra | ingkang nyedani sang rajèng | winastan dening wong Cina | ratu ing Nuswa Jawa | jêjulukira Sang Prabu | Sang Aji Katanakala [5] (Haji Katanakala) ||

79. yèki ingkang dèn dhatêngi | linuru dening wong Cina | arsa winalês wirange | dene wus nyênyamahana | dhumatêng wadya Cina | ngênani wirang Sang Prabu | Kublai Kan nagri Cina ||

80. nênggih marasêpuhnèki | Tuhan Pijaya kang lagya | andon prang kunêng samangke | kang nama Tuhan Pijaya | mungguh ta cêthanira | yèn ilat Jawa puniku | Radèn Wijaya wus nyata ||

81. dene Aji Katang nênggih | kang kasêbut ing tulisan | ing blebekan têmbagane | Aji Jayakatyêng yeka | Ratu ing Gêlang-gêlang | ing Pararaton kasêbut | Jayakatong Natèng Daha ||

82. Tuhan Pijaya kawarni | kasêbut ing

--- 159 ---

babad Cina | murwani andon yudane | lawanan Sang Aji Katang | nanging Tuhan Pijaya | durung bisa mamrih nungkul | mêngsahira pramilanya ||

83. mundur marang Majapait | nulya angirimi êkar | ing nagri Kalang dununge | myang pratelan sakèhira | plabuhan lan narmada | ing wêwêngkon nagrinipun | kanthi sêrat sung uninga ||

84. yèn Tuhan Pijaya sulih- | ing pêpatihira klawan | dêl-andêl nênggih cacahe | kawan wlas kang yun dhatênga | kêpanggih senapatya- | nirèng prajurit kawuwus | nagri Cina kang ngajawa ||

85. miturut unining tulis | kang kasêbut babad Cina | kya patih ingkang kinèngkèn | wau nênggih namanira | patih Sihlanandhacaya (Sih-la-nan-da-cha-ya) |[6] dutendra badhe pinêthuk | nahên ing dina ubăngga ||

86. wadya Cina wus abaris | ngalumpuk ana ing papan | unggyane samayanane | dununge papan kaliwat | prayoga pamilihnya | kranèku dêdalanipun | lumêbu têngah nagara ||

87. yèn nungsung mêtu ing kali | pasthi bisa praptèng pura | ing nagri Tumapan dene | ing ngriku apan katara | papane sinantosan | kinarya nanggulang mungsuh | băngsa Cina kang ngajawa ||

--- 160 ---

88. Tumapan iku wus mêsthi | Tumapêl pikajêngira | mung datan cêtha ilate | băngsa Cina clathu Jawa | kosok wangsule uga | băngsa Jawa ugi kisruh | mastani têmbunging Cina ||

89. kawuwusa kyana patih |[7] ing Jawi nênggih namanya | Iningkuwan[8] samanane | kyana patih nunggang palwa | arsa jênêngi gyannya | pra wadya samyandon pupuh | kapriye wusananira ||

90. kya patih koningan dening | wadya Cina kinèn mêdhak | saka ing baita age | wus wanti-wanti dèn atag | datan arsa anggêga | prajurit Cina pan laju | nyantosani pakuwonnya ||

91. lajêng badhe nukup patih | pra prajurit băngsa Cina | salong numpak ing praune | dene wadya dharatira | tuwin wadya kapalan | samya ngrumiyini laku | turut pinggiring narmada ||

92. Iningkuwan Kyana Patih | dupi uninga lampahnya | wadya Cina urut lèpèn | dene kang wadya baita | samya samêktèng palwa | ngrasa lamun yun tinukup | dalune kya patih oncat ||

93. saking [sa...]

--- 161 ---

[...king] palwa umentar glis | datan kauningan mêngsah | wusana wadya Cinane | antuk jarahan baita | satus luwih cacahnya | i ngarêpirèng kang prau | rinêngga wujud dênawa ||

94. wadya Cina sasampuning | ngêjèki Patsih kang desa | Pasekan yèku Jawane | kados ingkang wus kacêtha | ing pamanggihe Tuwan | W.P. Grunêvèl ing dhuwur | Patsih pan wus sinantosan ||

95. prajurit Cina tumuli | ngangsêg dhumatêng nagara | tan dangu na utusane | Tuhan Pijaya sung wikan | slirane katiwasan | binujung ing mêngsahipun | ngantos dugi Majalêngka ||

96. mêngsah ing Kalang Narpati | Tuhan Pijaya rumăngsa | yêkti kuwalahan mangke | pramilanê gya uminta | saraya mring wong Cina | Ikêmès umăngkat laju | kanthi wadya andhahannya ||

97. dhumatêng ing Majapait | nuruti pamintanira | Tuhan Pijaya wondene | prajurit kang sagolongan | tumut măngka andungan | marang Cangku purugipun | dene Kao Sing lampahnya ||

98. kanthi wadyanira ugi | marang Majapait arsa | lumawan mêngsah praptane | dupi praptèng Majalêngka | gya tampi dhawuh saka | Ikêmès pangagêngipun | Kao Sing kinèn [kinè...]

--- 162 ---

[...n] balia ||

99. dhumatêng Patsih wit saking | dèrèng trang mirêng ing warta | prajurit Kalang praptane | napyadoh apa wus pêrak | saha ing Majalêngka | nanging Kao Sing tan dangu | nulya tampi dhawuhira ||

100. Ikêmès kinèn abali | malih marang Majalêngka | awit Ikêmès mirênge | dhatêngira para mêngsah | ayun ngrêbasèng pura | samăngsa-mangsane dalu | wau mêngsah bisa prapta ||

101. kawuwusa têngah ratri | wadya Kalang samya prapta | sing tigang ênggèn dhatênge | enjinge prajurit Kalang | kang saking kidul wetan | tinanggulang tanpa kiwul | dening Kao Sing sawadya ||

102. Ikêmès sawadyanèki | mêthukkên mêngsah kang prapta | sing kidul kilèn sangkane | nanging datan antuk karya | wong Kalang tanna prapta | pra prajurit lajêng kumpul | anggolong mring rowangira ||

103. lêt wolung dina lumaris | sasampuning wadyabala | pinerang tri golongane | tandya umangsah mring Kalang | dene ubayanira | patang dinane pasthi wus | samya ngêpang nagri Taha (Taha)||

104. Taha iku Daha nênggih | miturut pratelan ingkang | sing Tuwan W.P.Grunêvèl | kunêng mangsuli ing kăndha | lamun wus samya prapta | ing Taha dèn awas [a...]

--- 163 ---

[...was] dulu | mring sasmitaning ubaya ||

105. nuli barêng nêmpuh sami | lamun wus ana sasmita | sing pangagêng pangiride | wadya ingkang saperangan | turut lèpèn lampahnya | Ikêmès sawadyanipun | ngêpung sing wetaning pura ||

106. Kao Sing sing kilèn nagri | Tuhan Pijaya sawadya | nindhihi saking wurine | wadyabala nagri Cina | dupi sampun sanega | asasmita lajêng nêmpuh | wong Cina tan jrih palastra ||

107. wong Taha wani nglawani | andêrpati abipraya | nanging kasoran yudane | nagri Taha wus kajegan | ing mêngsah tiyang Cina | ingkang măngka srayanipun | Tuhan Pijaya samana ||

108. Aji Katang gya ngunduri | marang kraton lan pra wadya | tandya kinêpang mêngsahe | Sang Nata tandya pininta | nungkul klawan sayogya | krana yèn tan arsa nungkul | kang kraton arsa rinurah ||

109. dening mêngsah ingkang prapti | Aji Katang tan lênggana | nulya masrahkên slirane | tuwin para wadyanira | wus nungkul tanpa lawan | nahên ri wusira antuk | pat bêlas dina kalawan ||

110. bêdhahing Taha nagari | Tuhan Pijaya acidra | ing lampah anungkulake | wadya Cina sagolongan | alit ingkang [ing...]

--- 164 ---

[...kang] pinatah | andhèrèkkên tindakipun | Sang Tuhan Pijaya marang ||

111. Majapait pêrlu tampi | embalan paminta sraya | wadya Cina sasampune | dipun krenah uwal saka | pangiringira kathah | nèng margi tandya tinukup | nahên ta kang cinarita ||

112. wuse tri Jumwah lumaris | pra prajurit băngsa Cina | wus samya bodhol jangkare | mulih marang nagri Cina | pulo Jawa kawuntat | ambêkta tawanan agung | pra lurah prajurit Taha ||

113. lan pra putrane Narpati | Aji Katong nagri Taha | sajuga putra namane | nênggih Silahpatisilah | Tanpuah malihira | Sang Nata Aji Katèngku | miturut kandhaning warta ||

114. kang ngandhakke bab Kao Sing | critane wus pinatenan | sadèrèngira pangkate | wadya Cina saking Jawa | kajabèku akèhnya | tawanan kang winot prau | binêkta mantuk mring Cina ||

115. wong satus kalawan malih | êkar gambaring nagara | lan sêrat angsul-angsule | Tuhan Pijaya mring Nata | Kublai Khan ing Cina | sastranira rukma murub | lan pratelan cacah jiwa ||

116. Tuhan Pijaya winarni | wus rambah-rambah derarsa | ngarenah mamrih risake |

--- 165 ---

wadyabala nagri Cina | pinurih pêthalira | lan rowang golongan agung | nging sinamun samudana ||

117. wong Cina kang senapati | ing tyas tan tilar wêweka | kunêng gantya caritane | mèngêti ingkang rinipta | ing nginggil wau ika | Sri Kêrtanagara Prabu | kawarta seda narendra ||

118. miturut unining tulis | Pararaton kala warsa | sèwu satus pan luwihe | sangang dasa pitu Saka | wondene taun Lănda | sèwu kalih atus pitung | dasa gangsal luwihira ||

119. ewadene ing babading | băngsa Cina kacarita | yèn Kêrtanagara rajèng | ingkang yun winalês wirang | kaya ingkang wus kocap | ing nginggil darunanipun | dhatênge prajurit Cina ||

120. wit saking punika mangkin | anuwuhakên pangira | kalamun Mènci dhatênge | dinuta mring pulo Jawa | dening sri natèng Cina | kados ingkang wus kasêbut | anèng pèngêtan bab lima ||

121. sampun sadèrènging warsi | sèwu rong atus luwihnya | wolung dasa Walandine | yèku ing taun kalanya | wiwit jumênêngira | Kublai Khan Sang Aprabu | nuju ing taun Walănda ||

122. sèwu kalih atus luwih | suwidak papat [papa...]

--- 166 ---

[...t] dene kar | gambar talatah nagrine | tanapi pratelan cacah | jiwa tyang ing nagara | manawèku tunggalipun | ingkang kinintunkên marang ||

123. senapatining prajurit | pan saking Tuhan Pijaya | kados ingkang kasbutake | ing nginggil duk kalanira | mêntas dhatêng ngajawa | Sihpi senapati agung | wijiling gambar nagara ||

10. Mijil

1. sasampunira anupiksani | carita kang winot | ing srat Babad Cina kang yêktine | srat maligi datan nêdhak sungging | botên yèn amêthik | sing srat sanèsipun ||

2. yêkti kêna kanggo tăndha yêkti | kang tuhu gumathok | kèh èmpêre kang sinêbutake | anèng bab lima lan nênêm sami | ing Kèn Arok nênggih | Pararaton iku ||

3. tanpa sêmang-sêmang ing pangèsthi | yêktining suraos | ingkang kasêbut Babad Cinane | kèh kang pantês ginugu sayêkti | anglangkungi saking | criyos Jawi lugu ||

4. kados dene sabab kang kawarti | dhatênge wadya grong | saking nagari Cina sangkane | nadyan datan elok saupami | ingkang kasbut tulis | Pararaton iku ||

5. apan mawi sinaguhan putri | tanapi kacriyos | pangrenahe murih sangsarane | wadya

--- 167 ---

Cina ingkang mênang jurit | iku sagêd ugi | kalampahan èstu ||

6. mung èmpêre ing dugi prayogi | yêkti ingkang winot | ing Babade wong Cina ing mangke | kajabane kang wus kasbut nginggil | bab taun dhatênging | Mènci kang tinuduh ||

7. dening nata ing Cina ngajawi | lir ingkang wus winot | ing pèngêtan bab gangsal kandhane | mangkana manèh Twan Dhoktêr Brandhês | apratela bilih | nyulayani kawruh ||

8. sawatara klayan pamanggihing | Twan Grunêvèl kawyos | bab anane tyang Jawi kang badhe | ananggulang udhuning prajurit | ngancik ing nagari | saking praunipun ||

9. miturut ing kaca tri dasa tri | ing pèngêtan manggon | darbèkira Twan W.P.Grunêvèl | sing pamanggihe Tuwan winarni | pan iku prajurit | sing Kalang yun gêpuk ||

10. utawa wong Jawa ingkang sami | nungkul sampun kasor | ing jurite lan wong Kalang mangke | arsa nêmpuh mring wong Cina sami | dene pamanggihing | Dhoktêr Brandhês dudu ||

11. kang kasêbut ing babade nênggih | băngsa Cina munggoh | kang ingaran Jawèku yêktine | băngsa Tatar mung lugu mastani | kinintên Tumapil | Jawa

--- 168 ---

saminipun ||

12. dene aranira Jawa nênggih | binedakkên yêktos | klayan ingkang winastan Kalange | sapisane winastanan Jawi | dene pasitèning | sandhingipun ngriku ||

13. dèn wastani Kalang lajêng malih | Jawi dipun uwor | panganggone lan Kalang tan sanès | wit sakèku tuwuhing pamikir | Tuwan Dhoktêr Brandhês | yèn ta Cina sampun ||

14. tumêka ing Majapait nagri | lajêng wadya Katong | saking Kalang lumêbu nagrine | Majapait sangkanira saking | kidul wetan malih | kidul kulon nêmpuh ||

15. sadurunge prapta kang wadya ji | Kalang Jayakatong | datan ana kang wêruh dununge | măngka Tuhan Pijaya asung wrin | marang senapati | Cina dhatêngipun ||

16. mêngsah saking Kalang wus anginthil | Dyan Pijaya anom | yèn mêngkono pan dadi mêngsahe | wus amburu têkèng Majapait | yèn tan kang kayèki | mungguh ta rinêmbug ||

17. yèn wadya Kalang sadaya sami | lajêng amakuwon | anèng papan ing saantarane | Majapait lan dunungirèki | pakuwone nênggih | wadya Cina iku ||

18. yêkti angèl klêbune pamikir | nanging poma enjoh | kang mangkono iku sayêktine [sayêkti...]

--- 169 ---

[...ne] | para wadya kang ngalang-alangi | udhuning prajurit | Cina yêktinipun ||

19. dudu lamun wadya Kalang yêkti | saking pandugèngong |[9] iku Tuhan Pijaya wadyane | nadyan ing Babad Cina tan mawi | nyêbutakên bilih | Tuhan Pijayèku ||

20. nandukakên pakarti cidra mring | wadya Cina mêngko | nalikanira wiwit udhune | saking prau dhumatêng nagari | nanging cundhaka tri | sing prau winuwus ||

21. kengkenannya Sihpi Senapati | ingkang dipun jujog | ing nagari Majapait dene | nagri Kalang ingkang dèn purugi | apa manèh ugi | bêkta angsul-angsul ||

22. saking Tuhan Pijaya nagari | Majapait kaot | datan saking Aji Katang Rajèng | apa manèh sawêg nalikaning | dutanira Sihpi | katêlu lumaku ||

23. angliwati wadya ingkang jagi | sanega ing kewoh | nèng sungapan narmada tatane | liniwatan duta Cina katri | yèn ta wadyèng nagri | Kalang kang saèstu ||

24. duta katri tamtu dèn awisi | datan suka bodhol | kapanggih Tuhan Pijaya Rajèng | kêna uga upama wadya ji | Kalang gyannya baris | sanega ing

--- 170 ---

kewuh ||

25. sawangsulira cundhaka katri | lumampah kinongkon | saking praja ing Majapaite | yèn mangkono saya tan madhangi | ing pamikir dadi | kisruh têmahipun ||

26. sabab Tuhan Pijaya umawi | mring Sihpi sung wêroh | yèn pra wadya sing Kalang samangke | amburu mring slirane têkap ing | saclakirèng nagri | Majapait iku ||

27. măngka sarêng wadya Cina prapti | ing nagari Maos- | pait ngriku pan dèrèng pinanggèh | wadya Kalang pan dèrèng nêkani | iku nyulayani | lan unine dhuwur ||

28. dene dhatêngira wadya saking | nagri Kalang bobrol | saking tigang panggenan sangkane | ingkang kasbut ing pratelan yêkti | ing măngka ananing | mung saking dwi purug ||

29. ingkang tinanggulang pra prajurit | Cina samya bodhol | ngidul ngetan lan ngidul ngilène | purugira wadya Cina sami | yèn ta saupami | kanggêp yêktosipun ||

30. tiyang Jawi ingkang pacak baris | nèng sungapan manggon | yun makewuh wong Cina lampahe | iku wadya saking Majapait | apan bisa ugi | kalakon kadyèku ||

31. yèn amirid lêlampahan nguni | ingkang wus kalakon | akèh

--- 171 ---

ingkang tumindak mangkene | kaya ingkang kasbut Babad Jawi | patrap guna sandi | cidra tindakipun ||

32. kèh èmpêre yèn kaangêp yêkti | kaya kang kalakon | uga Tuhan Pijaya tindake | laku cidra mrih pakolèh kalih | kèh lêlakon Jawi | ing babad kadyèku ||

33. dene nama-nama kasbut tulis | Babad Cina kados | araning wong lan padunungane | ana ingkang gampang gyannya manggih | ana ingkang maksih | dèrèng cêtha lugu ||

34. kados ingkang katêrangkên dening | Twan Grunêvèl manggon | pratelane mungguh ta karêpe | têmbung Tuhan Pijayèku yêkti | Dyan Wijaya nênggih | dene têrangipun ||

35. têmbung Katanakala sayêkti | têranging suraos | Kêrtanagara dene maksude | Aji Katang iyèku asmaning | Ratu Daha Aji | Jayakatong kasbut ||

36. ing Têmbaga Jayaktyêng nênggih | Tumapan kacriyos | yèku Tumapêl mênggah kajênge | dene Kalang iku Gêlang nênggih | kasbut ing Têmbagi | Gêlang-gêlang iku ||

37. nagri Taha Daha iku pasthi | Majapait manggon | datan ana nênggih prabedane | dene Patsih saking pangintêning [pa...]

--- 172 ---

[...ngintêning] | Twan Grunêvèl bilih | Pacêkan puniku ||

38. lan manèh plabuhan Cangku yêkti | Jawa Canggu manggon | ing Pararaton wus nyêbutake | nama Canggu nganti wus kaping tri | ing Canggu Lor nênggih | papan ingkang sinung ||

39. têtamping prang dening Rănggawuni | asmanirèng Katong | Wisnuwardhana nahên critane | ing Praraton yèn ing Canggu nênggih | ana uwong mati | lir ingkang wus kasbut ||

40. kasaksenan sêratan têmbagi | taune kang winot | sèwu tigang atus wolulase | kados jaman kraton Majapait | lan malih wus pasthi | têmbaga kang tinmu ||

41. sangkanira saking Majapait | cêkaking suraos | linuputke saka sêsanggane | lêladène rupa uyah malih | urug-urug margi | jagi tatanipun ||

42. tuwin têntrêmira Canggu nênggih | wus cêtha sayêktos | lamun Cangka[10] iyèku karêpe | ilat Cina mungguh ta ing Jawi | Canggu wus tan slisir | cêthanira tau ||

43. ênêngêna kang kasêbut nginggil | gantya winiraos | ingkang pêrlu yèku bab adêge | kraton Jawa Nagri Majapait | ing Praraton muni | Majapait iku ||

44. kang murwani iyasa nagari | Radèn Wijaya nom [no...]

--- 173 ---

[...m] | dene ingkang kasêbut Babade | Tanah Jawa nênggih Majapait | kang iyasa nagri | Rahadyan Sêsuruh ||

45. datan pêrlu kacariyos ngriki | wus kasêbut manggon | anèng Babading Tanah Jawine | mung sun cêkak pan kinarya nandhing | ing srat babad muni | kang rama Dyan Suruh ||

46. ingkang sinedanan dening siwi | yèn Srat Pararaton | ingkang pinêjahan mrasêpuhe | dening mêngsah nahên ta winarni | Dyan Sêsuruh nuli | kesah mangetan trus ||

47. kacarita wong têlu kang sami | biyantu agolong | wran têtêlu anênggih namane | Nambi Wira Banyak Widhe katri | lan Banyak Widhèki | Dyan Sêsuruh ayun ||

48. ngêdum tanah Jawa pinaro dwi | sami darbe paron | Pararaton ana nyêbutake | Banyak Widhe araning Dipati | Wiraraja nênggih | sinagahan antuk ||

49. pandumaning tanah Jawa dening | Dyan Wijaya anom | lamun bisa ngalahke Sang Rajèng | Jayakatong ing Daha nagari | dene Wira nênggih | Wirot èmpêripun ||

50. kang kasêbut Pararaton nênggih | mirid kang kacriyos | ing srat babad lan Pararatone | crita Jawi Kilèn lan kang sisih | wetan têka mirib | tan kèh bedanipun [be...]

--- 174 ---

[...danipun] ||

51. critanira bab adêging nagri | Majapait kaot | srapadane kaya kèh bedane | nanging lamun pinêlêng ing pikir | nadyan na nalisir | nunggil misah laku ||

52. ewadene yèn tinandhing yêkti | crita kalih mêngko | ingkang wetan kang antuk pasêksèn | ing panganggêp bênêr awit saking | akèh landhêsaning | wus kasêbut dhuwur ||

53. crita kilèn yêktine dhèwèki | datan ana loro | panganggêpe tan antuk pasaksèn | purnèng rêmbug golonging pamikir | wetan kanggêp yêkti | mung bab adêgipun ||

54. Nagri Majapait kang sayêkti | sulaya ing kawroh | mirid uninira ing tulise | kang riniptèng blebekan têmbagi | pan panunggilaning | nênggih darbèkipun ||

55. Tuwan Kohèn Stuwart kang mawi | ciri ăngka loro | kawrat wontên ing kêklêmpakane | winastan Kawi urkondhên nênggih | urkondhên ăngka dwi | miwiti katutur ||

56. titimăngsa angkaning kang warsi | isaka kawiyos | taun sapta tus swidak kalihe | cocogira lan taun Mêsèhi | pinetang ing warsi | wolung atus langkung ||

57. kawan dasa pungkasaning tulis | ana kang

--- 175 ---

kacriyos | nama Majapait nanging mangke | ingsun cêkak samantên rumiyin | wit kèh cariyosing | kang gêpokan iku ||

58. yèn kaandharna ngriki sakalir | kapanjangên criyos | kang nyêlani Praraton lugune | luwih bêcik sun dadèkkên siji | lan crita kalaning | rusak Majalangu ||

59. dadi miwiti malah mêkasi | ananing cariyos | kasbut ana ing layang namane | Brastha Praja Budha kang winarni | măngka susulaning | Pararaton iku ||

VII.

60. kawarnaa Dyan Wijaya nuli | ajumênêng katong | salêbête ing warsa petunge | sèwu dwi tus nêmbêlas marêngi | Isaka kang warsi | rahadyan jêjuluk ||

61. Prabu Kêrtarajasa anênggih | lajênge kacriyos | apêputra sing sang dyah namane | Radèn Dara Pêthak ingkang siwi | mijil priya pêkik | sinung nama mungguh ||

62. Radèn Kalagêmêt lawan malih | kadwi putra katong | Sang Bathara Siwabudha nênggih | kang kinarya ngapusi ing nguni | sinaguhkên maring | tiyang Tatar wurung ||

63. nanging lajêng kagarwa sang aji | winayuh ngalapdho | ingkang sêpuh angadhaton anèng | Kahuripan araning praja di | dene kang taruni | nèng Daha ngadhatun ||

--- 176 ---

64. Prabu Kêrtarajasa utawi | asmane Sang Katong | Sri Kêrtarajasa duk sedane | taun sèwu kalih atus luwih | pitulas Sanga Sri | pan sumarenipun ||

65. anèng Antapura nêngna nênggih | gênti kang kacriyos | pèngêtane carita ing mangke | mirid ingkang kasêbut têmbagi | ingkang mawa titi | sèwu kalih atus ||

66. nêmbêlas taun Saka marêngi | wus kacêtha manggon | asmanira klawan sêbutane | Dyan Wijaya duk madêgira ji | lir kasêbut nginggil | wus têrang saèstu ||

67. mung cêthane asmanira aji | kang rinipta manggon | ing têmbaga apanjang unine | Sri Kêrtarajasa klawan malih | ing wingkinge mawi | Jayawardhanèku ||

68. sêbutane mêksih ana malih | ing têmbaga manggon | Nararya Sanggramawijayane | kunanira sêbutan kadyèki | nate kangge dening | putri jamanipun ||

69. Èrlangga duk kalanirèng warsi | kirang langkung mawon | sangang atus sèkêt Isakane | sêbutannya nênggih Sang Aputri | Rakryan Mahamantri | Ino malihipun ||

70. Sri Sanggramawijaya puniki | apan mung nunggal wong | yêkti panjang wran siji namane | wah Darmaprasadhot Tunggadèwi | kasbut ing klêmpaking | têmbagi

--- 177 ---

winuwus ||

71. darbèkira tuwan kang anami | Kohèn Stuwart manggon | anèng Kawi urkondhên angkane | lima dene putri katlu sami | kang kagarwa dening | Kêrtarajasèku ||

72. namanira dyah ingkang satunggil | Dara Pêthak karo | Brê Kahuripan nênggih namane | Brê Daha katêluning kang rabi | de sedane katri | kapan tan kasêbut ||

73. mung anane garwa kang kêkalih | kasêbut ing mêngko | nèng pèngêtan bab kaping sangane | Brê Kahuripan kadwinya nênggih | Brê Daha kang nami | kang siji kapungkur ||

VIII.

11. Pangkur

1. nahên gênti kacarita | sasedane Sri Kêrtarajasa ji | kang putra gumanti prabu | Dyan Kalagêmêt yeka | putranira patutan sing Sang Dyah Ayu | nama Radèn Dara Pêthak | Dyan Kalagêmêt nama ji ||

2. Bathara Jayanagara | nahên gênti ingkang kocap ing mangkin | awuning layon sang prabu | nênggih Sri Siwabudha | sinarèkkên anèng Tumapêl dumunung | anèng pêpundhèn astana | ing Purwapatapan yèki ||

3. ingkang linilan mardika | mati sêsanggènnya marang kang wajib | antaraning adêgipun | astana ingkang măngka | pêpundhèn pasareanira [pasare...]

--- 178 ---

[...anira] Sang Prabu | Sri Siwabudha kalawan | duk ngramanira kang nami ||

4. Rănggalawe wus lumakya | sapta wêlas taun dene sababing | ngraman Răngga kumacèlu | dinadèkkên kya patya | nanging datan tinurutan milanipun | lajêng kesah sing nagara | mring Tuban ambêbaluhi ||

5. dhatêng para mitranira | nuli madêk kraman sampun rumanti | têtiyang Tuban lèr sampun | kathah kang tumut ngraman | dene ingkang tumut balela panganjur | sira Panji Marajaya | Jaran Waha lawan malih ||

6. Arya Sidhi lawan Lintang | Tosan Galathik atanapi Thathi | sakabèhe wus bêg purun | datan sumêdya ulap | arsanggêpuk karaton ing Majalangu | dene ta pakartinira | Rănggalawe kang ngonangi ||

7. anênggih ingkang pêparab | Mahapati yeka ingkang wêwarti | Rănggalawe têmahipun | kawanguran sêdyanya | Mahapati tan taha mêdharkên wuwus | sira Rănggalawe mangkya | sinanggarunggenan yêkti ||

8. saka ing cariyosira | Mahapati Rănggalawe pan mawi | mêdharkên wicara umuk | makatên anglingira | wis aywa kadawa-dawa ing caturmu | ing Partayannya[11]

--- 179 ---

uga na | papanira para jirih ||

9. sang nata ing Majalêngka | wus miyarsa madêgirèng ngajurit | Rănggalawe nêdya purun | nêmpuh byat abalela | sing aturnya Mahapati mring Sang Prabu | Sang Aji Jayanagara | dahat duka lir sinipi ||

10. ing wusananira dadya | pra gul-agulirèng kraman samangkin | pinatenan kabèh sampun | kajaba mung sajuga | ingkang nama Galathik iku tan lampus | tan parêng umatènana | sing dhawuhe Mahapati ||

11. Rănggalawe duk kalanya | abalela madêg kraman ing warsi | sèwu kalih atus langkung | pitulas taun Saka | nahên gantya ing mangke ingkang winuwus | Wiraraja pamit minta | wangsul mring dunungirèki ||

12. dhumatêng nagri Lumajang | ingkang dadya ubayanya rumiyin | Dyan Wijaya sagah masung | saparoning rat Jawa | yèn kalakon sagêd ngalahakên mungsuh | Aji Jayakatong Daha | samana wus dèn paringi ||

13. pandumannya ing Lumajang | awit êlèr tumêkèng kidul nagri | lan malih tigang panjuru | wus dadi darbèkira | Wiraraja tandya linilanan mantuk | apilunggwèng pandumannya | ing Lumajang kang nagari ||

14. lami umanggih sakeca | Wiraraja mukti [mu...]

--- 180 ---

[...kti] wibawa singgih | dene Nambi wus jinunjung | dadi rêkyana patya | anèng nagri Majapait malihipun | Sora uga wus ingangkat | dadi dêmung ing nagari ||

15. Majapait dene Tipar | wus jinunjung dadi tumênggung yèki | kalane kuna tumênggung | kalungguhan ngandhapnya | ingkang nama Dêmung gantya kang cinatur | Wiraraja Adipatya | salajêngira ing wuri ||

16. kalamangsane paseban | ing nagari Majapait yèn sasi | măngsa ingkang kaping wolu | lir kang wus dadya cara | datan arsa sowan marang Majalangu | nahên kawuwusa Sora | sawusira tiga warsi ||

17. saking duk pangramanira | Rănggalawe Sora lajêng umanggih | kasusahan sababipun | saking pakartinira | Mahapati anggugat Sora winuwus | tan lami gya pinatenan | Sora dening ingkang nami ||

18. Kêbo Anabrang kalanya | pêjahira Sora sajroning warsi | sèwu kalih atus langkung | rolikur taun Saka | ênêngêna ganti malih kang katutur | Nambi uga dèn paeka | dening risang Mahapati ||

19. Nambi dadya kinirala | pramilane dipun sanggarunggèni | nanging Mahapati iku | alane tinutupan | aywa nganti katara kalamun ayun [ayu...]

--- 181 ---

[...n] | murih ing sangsaranira | Nambi kawuwusa dupi ||

20. kapinujon mangsanira | Nambi nulya minta pamit yun tuwi | Wiraraja yayahipun | ingkang pinuju lara | Sang Aprabu Jayanagara wus masung | anglinali pamitira | mung winalêran ywa nganti ||

21. Suwe-suwe gyannya kesah | yèn wus rampung kinèn tumuli bali | samana Nambi tan wangsul | lajêng manggèn nèng Lêmbah | malah damêl kitha twin prajurit agung | kalawau Wiraraja | sakitira têmah lalis ||

22. duk kala wau Sang Nata | Prabu Jayanagara umadêg ji | wus antuk kalih wlas taun | ngasta pusarèng praja | Majapait satlatah wêwêngkonipun | nêngna ingkang kacarita | ing mangke gantya winarni ||

23. carita kang kasbut ngandhap | pêdhot-pêdhot datan urut kang warti | nênggih kalanira taun | sèwu rong atus lawan | tigang dasa têtiga pan langkungipun | apan kacarita ana | gunung longsor ing Lunggèki ||

24. tumuli lêlakonira | Juru Dêmung lêt kalih wêlas warsi | lan Sora lêlakonipun | dene duk pêjahira | Juru Dêmung panuju sajroning taun | sèwu dwi atus tri dasa | lima luwihira nuli ||

25. anane lêlakonira |

--- 182 ---

Gajah Biru ing sajroning kang warsi | sèwu rong atus tri puluh | nênêm etanging warsa | Isakèku kabèh taun kasbut dhuwur | gya lêlakon ing Mandhana | Jayanagara Sang Aji ||

26. nylirani magut ing yuda | amrawasa wong Mandhana kalindhih | kalèku panuju wêktu | măngsa kalih pinetang | sing Mandhana Sang Jayanagara laju | mangetan ing lampahira | lan para prajurit arsi ||

27. nanggulang kang madêg kraman | amrawasa Nambi kang dadi tindhih | kalane wus samya têmpuk | wadya lan mêngsahira | Nambi myarsa kalamun pangajêngipun | pra wadya kasambut ing prang | iyèku kang têmah lalis ||

28. Juru Dêmung kang satunggal | kalihira Patih Êmban ngêmasi | katêlunira tumênggung | Jaran Lêyong kapatnya | Mantri Parakrama sarêng Nambi krungu | mangkana Nambi lingira | hèh-hèh sira ngandêl mami ||

29. samara Têguh Dêrpana | paman Jaran Bangkal Wirot lan malih | Pindhan atanapi Jangkung | yèn ta kula timbanga | tiyang kilèn lan wetan saèstunipun | tyang wetan tan bisa kalah | nadyan kalah pasthi pulih ||

30. wit saking kathahing wadya | kawuwuhan pra andêl wani mati | sapa kang măngka gul-agul [gul-a...]

--- 183 ---

[...gul] | wong kulon datan ana | kajabane Jabung Têrètês lyanipun | Lêmbu Pêtêng katiganya | Ikal-ikalan Bang nanging ||

31. ingsun tan ajrih katrinya | nadyan ana sapuluh èwu janmi | kang kadyèku sun tan mlayu | majua barêng lawan | nêmpuh ngarêp nrambul buryarsa sun amuk | kaya nalika prang ingwang | duk ana ing Bubat nguni ||

32. duk wong Majapait prapta | Nambi aglis mentar lan wadyanèki | amangidul paranipun | Gandhing pan wus rinurah | prasastrine wus jinarah Nambi tinut | binujung saparanira | duk myat gya tumandang jurit ||

33. sira Darpana Samara | Wirot Made Windhan Jangkung lan malih | Têguh Arya Nambi ngayun | samya nêmpuh ing mêngsah | wadya Majapait kaplayu umawut | rêbut gêsang salang tunjang | saparan tan măngga pulih ||

34. kawarna gul-agul wetan | tandya samya umangsah ing ajurit | Jabung Têrèwès wira nung | Lêmbu Pêtêng malihnya | Ikal-ikalan Bang lan Nambi wus nêmpuh | ing yuda têmahan kalah | kapracondhang samya lalis ||

35. kawarna malih kang kocap | Rabut Buaya Abang sampun kêni | rinurah dhatêng pra mungsuh | wong wetan kapalajar | wusananê wong

--- 184 ---

Lumajang dadya nungkul | nagarinira wus bêdhah | kêna wong ing Majapait ||

36. bali dadi wêwêngkonnya | Majapait kados kala rumiyin | bêdhahing Lumajang nuju | etangan taun Saka | sêwu kalih atus tigang dasa wolu | dadi darbèkirèng nata | ing Majapait lir nguni ||

37. kawarna caritanira | kaananing Wagal sarêngan kalih | ing Mandhana kang winuwus | sawuse lêt tri warsa | lan lêlakon ing Wagal ingkang cinatur | nulya ing Lasêm kalakyan | atanapi sira Sêmi ||

38. pinêjahan nèng ngandhapnya | Randhuwana amarêngi ing warsi | sèwu dwi tus patang puluh | petangan taun Saka | ingkang kocap salajênge critanipun | Kuthi ing kala samana | wondene critane mangkin ||

39. kang kasbut ngandhap punika | wontên kang lagi ruwêt sawatawis | pramila pamêrtalipun | Dhoktêr Brandhês samana | yêkti kanthi pangati-ati saèstu | murih aywa karya lêpat | sisiping luguning yêkti ||

40. ywa nganti kêna ingaran | amyagahapa kang tuhune tan wrin | wit saking ruwêting tutur | pramila ing samana | pamêrtale Dhoktêr Brandhês mung salugu | nurutkèn kanang carita | mandar kanthi ngati-ati [ngati-a...]

--- 185 ---

[...ti] ||

41. murih ing pangêrtosira | para maos kawarnaa ing mangkin | mangkana pan têmbungipun | bakdaning pêjahira | Sêmi nuntên kawartos lampahanipun | Kuthi rikala samana | wontên Dharmaputra Aji ||

42. tuwin Pangalasan ingkang | winênangkên dhatêng ing bab punapi |[12] pêpitu ing cacahipun | Kuthi Sêmi lan Pangsa | Wêdhêng Yuyu Tanca lawan malihipun | Banyak dênê kang kalihnya | anênggih Kuthi lan Sêmi ||

43. sampun samya pinêjahan | awit saking panggugat kang tan yêkti | dening Mahapati iku | awit saking punika | Mahapati kacihna ing awonipun | sinamudanambêg yoga | bangkit ngêtrapkên lêlamis ||

44. saksana sang mahapatya | gya cinêlêng-cêlêng têmah ngêmasi | dêning kalêpatanipun | rêmên tumbak cucukan | ngalor ngidul karyane mung adu-adu | nyêbar wiji pasulayan | mraceka warta tan yukti ||

45. nalika sadèrèngira | pêjahipun Kuthi Sang Nata arsi | tindak mring Badhandhêr laju | mung piyambak kewala | wanci dalu tindakira sang aprabu | tan ana wong kang uninga | kajaba kang nuju jagi ||

--- 186 ---

46. yèku para bayangkara | nalikane wruh sang nata lumaris | wong limalas tandya tumut | satindaking narendra | kalawau ingkang ambêkêli laku | bêbêkêling bayangkara | Gajahmada ingkang lagi ||

47. Nuju jaga Gajahmada | mandhêgani bayangkara kang miring | ing satindakirèng prabu | kawuwusa sang nata | sarêng sampun wontên Badhandhêr dêdunung | watara dina laminya | Pangalasan salah siki ||

48. ana kang minta palilah | kêparênga lajêng wangsul umulih | Gajahmada datan ayun | wit ingkang dhèrèk nata | mung sakêdhik panglasan wau laju | ngadêg yun mêksa kewala | Gajahmada tan sarênti ||

49. Pangalasan linarihan | mawi dhuwung sinuduk angêmasi | mangkana locitèng kalbu | nyatane wong kadyeka | nir prasêtya mandar karya wisunèstu | bisa kăndha yèn sang nata | maywa sing praja ing ratri ||

50. lêrêp anèng wismanira | buyut ing Badhandhêr lamun kapyarsi | dêning Kuthi kwatosipun | sang bêkêl Gajahmada | Nahên sarêng wus sapasar êlêtipun | Sang Gajahmada piyambak | mit mantuk mring Majapait ||

51. praptèng nagri Majalêngka | Gajahmada gya tinakenan dêning | pra măncanagri [mănca...]

--- 187 ---

[...nagri] sadarum | mênggah dununge nata | Gajahmada amangsuli yèn sang prabu | wus palastra sinedanan | dening wadyanira Kuthi ||

52. para ingkang samya myarsa | dahat dènnya krodha yayah sinipi | angglêg ing manah kadulu | katon ing asihira | marang nata Gajahmada dupyandulu | gênging sihirèng pra mănca- | praja dhatêng sanga aji ||

53. sanalika awacana | hèh-hèh kănca dèn sabarna rumiyin | yèn ngatên sira sadarum | tan arsa ngakên tuwan | marang Kuthi têka asih mring sang prabu | pra măncanagri saurnya | dos pundi ujarirèki ||

54. salamine ingsun datan | sarta bakal tan ngawula mring Kuthi | sira yêkti uga wêruh | nglêngkara yèn tan wruha | Gajahmada saksana umêdhot catur | gya mituruti mring mănca | yèn sayêktine sang aji ||

55. ing samangkya lêrêp ana | ing Badhandhêr ngomahe buyut mangkin | Gajahmada pados bantu | twin pangayoman marang | para mantri ingkang sampun sami saguh | mêjahi Kuthi saksana | linampahan Kuthi lalis ||

56. sang nata dupi miyarsa | ing pêjahe Kuthi tumulya bali | kondur marang Majalangu | buyut kari anggana | sakondure sang

--- 188 ---

nata apan tan dangu | Gajahmada linerenan | saka gyannya ambêkêli ||

57. dhatêng para bayangkara | sasampuning lêt kalih wulan nuli | winisudha ing sang prabu | jinunjung ing pangkatira | dinadèkkên apatih[13] ingkang palungguh | anèng nagri Kahuripan | êlêt kalih taun nuli ||

58. Arya Tilam Patih Daha | praptèng janji tilar donya tumuli | ginêntenan kang palungguh | dening Sang Gajahmada | binantonan dening Arya Tadhah iku | ingkang ing samana dadya | Pêpatih Amangkubumi ||

59. nêngna ingkang cinarita | Aji Jayanagara darbe ari | putri kalih seje biyung | Aji Jayanagara | datan parêng lamun kadwi arinipun | dhaup angsal ing lyanira | arsa ginarwa pribadi ||

60. pramulane pra satriya | lajêng sami ngesahi ing sang aji | mentar saka Majalangu | gêng butarêpan nata | lamun ana satriya ingkang kadulu | anèng sajroning nagara | nuli kinèn [kinè...]

--- 189 ---

[...n] amêjahi ||

61. supaya aja na ingkang | gadhah uthut tampi sihnya sang putri | utawa nginggatkên mamprung | rangkat lan salah juga | putri kalih punika sang nata èstu | dahat ing kuwatirira | mênèk-mênèk andrawasi ||

62. pra satriya gya umpêtan | ajrih lamun koningan dèn pêjahi | kawuwusa semahipun | Tanca akarya warta | yèn sang nata arsa karya awonipun | Patih Gajahmada myarsa | sumêbar ingkang pawarti ||

63. Tanca tumulya ginugat | dening Gajahmada Rêkyana Patih | kapinujon sang aprabu | sawêg gêrah tan bisa | mêdal-mêdal saking ing jroning kadhatun | awit ing sariranira | ana kang abuh tumuli ||

64. Tanca dhinawuhan sigra | nyudhèt abuhira sri narapati | ana ing jroning tilam rum | dènnya anyudhèt Tanca | kaping kalih tan ana wusananipun | Tanca saksana uminta | supaya sri narapati ||

65. alukar kêmitanira |[14] sri narendra nurut cucul tumuli | sinèlèhkên sandhingipun | pasarean narendra | Tanca nuli [nu...]

--- 190 ---

[...li] anyudhèt gêrahnya prabu | ing mangke wus kalêksanan | kêna sinudhèt malwa ji ||

66. malah Tanca tan darana | sang aprabu sinuduk angêmasi | Tanca tumuli binujung | cinêpêng ing Kya Patya | Gajahmada Tanca pinatenan gupuh | kawuwusa duk samana | nuju Isaka ing warsi ||

67. sèwu rong atus luwihnya | sèkêt kala iku êlêtê kalih | pêjahe Kuthi wus antuk | sangang taun nahênta | layonira Jayanagara Sang Prabu | sinarèkkên Kapopongan | kang lajêng sinungan nami ||

68. Srênggapura duk sedanya | Aji Jayanagara jroning sasi | Was anta ingkang winuwus | samana pra satriya | lajêng sami wangsul marang Majalangu | dene Radèn Cakradhara | pinilih dadi suami ||

69. dènira Brê Kahuripan | awit saka wus bisa anêkani | ingkang sayêmbara mungguh | Rahadèn Kudamêrta | wus pinilih apan dadi garwanipun | Brêng Daha ingkang kawarna | Radèn Kudamêrta nguni ||

70. nèng Wêngkêr palênggahira | Brêng Pramiswara nèng Pamotan nênggih | Brêng Pramiswara jêjuluk | Sri Wijayarajasa | de putrane Radèn Cakradara iku | nèng Tumapêl palênggannya | Sri Kêrsawardhana nami ||

71. ing nginggil wus kacarita |

--- 191 ---

yèn sedane Kêrtarajasa Aji | ugèku ingkang rum-arum | nênggih Radèn Wijaya | rikala ing taun sèwu kalih atus | pitulas petangan Saka | Dyan Kalagêmêt putra ji ||

72. gumanti umadêg nata | jroning taun iku uga wêwangi | Jayanagara Sang Prabu | dene sêbutan Nata | Sang Bathara Jayanagara winuwus | saklangkung ing dukanira | sarêng sang nata miyarsi ||

73. yên Rănggalawe balela | madêg ngraman atanapi kawarti | kalane Nambi anyuwun | pamit tuwi mring bapa | Aji Jayanagara nglilani mantuk | nanging tan kaparêng lamya | kinèn anulia bali ||

74. apa manèh kacarita | Aji Jayanagara anylirani | pribadi arsa anggêpuk | dhumatêng ing Mandhana | wus têtela duk gumantinira prabu | ana ing sajroning warsa | sèwu kalih atus luwih ||

75. pitulas miturut Saka | gêgayutanira kang kasbut tulis | apa manèh yèn miturut | angkaning kanang warsa | kang kasêbut ing nginggil wau sadarum | jumênêngira sang nata | ing taun wau puniki ||

76. dene nalika ngramannya | Rănggalawe iku uga ing warsi | sèwu kalih atus langkung [lang...]

--- 192 ---

[...kung] | pitulas taun Saka | dene Sora lêlampahannya lêtipun | tigang taun duk samana | nênggih taun sèwu luwih ||

77. kalih atus kalih dasa | ing taune sèwu rong atus luwih | rolikur Sora winuwus | pinêjahan watara | taun Wiraraja tumuli amurut | ing kasidan duk samana | Jayanagara Sang Aji ||

78. kawarta jumênêngira | prabu ana ing nagri Majapait | wus antuk kalih wlas taun | nuntên ana pèngêtan | kados ingkang sampun kasêbut ing dhuwur | taun sèwu rong atus lan | tigang dasa tri tumuli ||

79. ana pèngêtan lêlakyan | tinêngêran sèwu rong atus luwih | tigang dasa luwih catur | nênggih sapiturutnya | taun sèwu rong atus tri dasa langkung | lêlima lan malih warsa | sèwu kalih atus luwih ||

80. tri dasa nêm sabanjurnya | nanging ingkang mangkono iku yêkti | sawatara karya gidhuh | kaya ta duk praptanya | wadyabala lurugan saking praja gung | Cina lir kang wus kacêtha | ing dhuwur pinuju warsi ||

81. sèwu rong atus luwihnya | sangang dasa tiga taun Masèhi | Isaka panuju taun | sèwu dwi tus limalas | wangsulira wulan Mèi nunggil taun | saantuke [saantu...]

--- 193 ---

[...ke] wadya Cina | wadya Jawa kang tinuding ||

82. anglurugi mring nagara | Mlayu apan wus praptèng Jawa malih | yêktine bakda puniku | nênggih Radèn Wijaya | sawêg sagêd anggarwa putri sing Mlayu | kang jêjuluk Dara Pêthak | patutan kalawan Aji ||

83. mijil priya kala warsa | sèwu kalih atus nêmbêlas nênggih | petung Saka dene taun | Walănda petungira | sèwu kalih atus sangang dasa catur | Dyan Kalagêmêt pêparab | ingkang ing nginggil kawarti ||

84. anggêntosi ingkang rama | sasedane ing taun sèwu luwih | pitulas Saka pinetung | ingkang mangkana ika | wus têtela Radèn Kalagêmêt wau | nênggih Sri Jayanagara | duk madêg ratu pan maksih ||

85. timur sangêt ingkang măngka | kacaritèng nginggil wus mangsah jurit | mring Mandhana malihipun | wus kacarita duka | kalanira mirêng Rănggalawe purun | madêg suraning alaga | tuwin sanèsipun malih ||

86. kang anêrangakên kaya | wus diwasa nyukupi liring kardi | kang mangkono iku mungguh | anane ingkang kăndha | kang kasêbut anèng Pararaton iku | ingsun datan maidoa | kasêksèn ing tăndha yêkti ||

87. ingkang sapisan [sapi...]

--- 194 ---

[...san] têmbaga | balebekan kalanira ing warsi | sèwu kalih atus langkung | nêmbêlas kang blebekan | ciri ăngka sadasa Be sastranipun | uga wus anyariyosna | Sri Jayanagara Aji ||

88. mangkono iku manawa | kliru saka petunganing kang warsi | utawa mula satuhu | Aji Jayanagara | kala iku maksih sangêt timuripun | awit ana tuladhanya | narendra timur ing Jawi ||

89. mung rinêngga kaya nyata | sakathahe kridhaning pangrèh nagri | tuwin lêlampahanipun | nadyan kang mangrèhêna | para wakil dinamêl kaya saèstu | tumindak dening narendra | karya ngluhurkên asma ji ||

90. mangkono iku wus nyata | tan dhèwèki mungguhing adat Jawi | dene kalamun andulu | akèhe para kraman | pra pangagêng akèh ingkang datan sarju | ing tyas têmah ambalela | mêtu madêg ing ajurit ||

91. adate kang wus tumindak | crita kuna mêngkono iku yêkti | saking tan rujuk ing kalbu | lan para wakil nata | wit sakèku kêna dadi titikipun | manawa ana bênêrnya | yèn maksih timur sang aji ||

92. ing nginggil apan têtela | Mahapati kang dadya witing runtik | nahên ing

--- 195 ---

Bantên winuwus | uga ana carita | ratu timur ingkang wus ngasta kêprabun | nadyan pangrèhing nagara | maksih katindakkên dening ||

93. wêwakilirèng narendra | gancarira carita Bantên iki | arsa sun critakkên mungguh | ing srat babad wêwahan- | ira layang Pararaton ikyèng pungkur | samangke prayoganira | sun cêkak dumugi ngriki ||

IX.

94. wit kathah caritanira | amakèwêd lamun amêdhot tulis | nahên ta ingkang winuwus | sasedanira Nata | Aji Jayanagara ing Majalangu | ingkang gumanti narendra | ing nagari Majapait ||

95. Brêng Kahuripan Sang Kênya | tilas garwanya Kêrtarajasa ji | ingkang sasedane Prabu | Aji Jayanagara | lajêng dhaup antuk satriya rum-arum- | ira Radèn Cakradhara | jumênêngira sang putri ||

96. ngasta pusaraning praja | Majapait tinêngêran ing warsi | sèwu kalih atus langkung | sèkêt tiga Isaka | Prabu kênya kagungan putra têtêlu | Bathara Prabu namanya | utawi pêparab ugi ||

97. Sri Hayamwuruk utawa | Radèn Têtêp dene yèn nuju ngringgit | dadya dhalang namanipun | Tri Tarayu yèn nujwa | dadi kidungira para wanudya yu | Pagêr Antimun karannya [kara...]-

--- 196 ---

[...nnya] | bilih ing banyolan ringgit ||

98. Gagak Katawang namanya | ing agama Siwah asmanira ji | Êmpu Janèswara kasup | duk têtêpan Narendra |[15] Sri Rajasanagara asmèng Kaprabun | Bra Sang Hyang Wêkas ing Sukha | arindra pangulu putri ||

99. Brêng Mataun aranira | krama antuk Radèn Larang ananging | tan patutan de rinipun | Brêng Pajang namanira | krama antuk Radèn Sumana rum-arum | pêparape Brêng Paguhan | kaprênah sanak kinanthi ||

12. Kinanthi

1. Radèn Sumana winuwus | misananira sang putri | Brêng Kahuripan Nata Dyah | ya ta semahira nênggih | Bra Gundhal ingkang pinêtak | anèng Sajabung kang nami ||

2. minangkane darmanipun | karan Bajra Jina nênggih | Pari Mitrapura ika | namane dados satunggil | nahên gênti kacarita | lajêng lampahannya nênggih ||

3. ing Sadhèng ya ta winuwus | Tadhah Patih Mangkubumi | pinuju nandhang lêlara | tansah dhuwêl anèng panti | tan bisa sowan narendra | kala măngsa ana kardi ||

4. pramilane lajêng nyuwun | lèrèh gyannya dadi patih | Sang Prabu Kênya tan klilan |

--- 197 ---

dumugi griya tumuli | angundang ring Gajahmada | ingajak rêmbagan pikir ||

5. nèng pandhapa andon wuwus | Tadhah dahat dènnya murih | supaya Sang Gajahmada | puruna umadêg patih | ing nagara Majalêngka | mrangkani Sang Prabu Dèwi ||

6. ananging tan mawi sinung | panguwasa Mangkubumi | iku katêmu ing wuntat | lamun wus ana titiking | lêlabêting kyana patya | wus pasthi antuk ing wuri ||

7. dene yèn nêmu pakewuh | ruwêt rêntênging nagari | ingsun byantoni ing sira | kang iku aja kuwatir | măngsa ingsun êculêna | pasthi maksih sun jampangi ||

8. Gajahmada lon umatur | kya patih mugya ywa runtik | kawula wêktu punika | dèrèng gadhahi kapengin | umadêg rêkyana patya | benjing kalamun wus bali ||

9. kawula sing Sadhèng saguh | janjine dipun ampuni | yèn wontên kang kalêpatan | panindaking prajaniti | yêkti sun datan suwala | nyagahi karsa kya patih ||

10. yèn mangkono bêcik kulup | ingsun sayêkti tan gingsir | ambantoni jênêng mara | yèn ana nalar kang rungsit | măngsa dadak sun êculna | pasthi sun rewangi mikir ||

11. dupi Gajahmada ngrungu | tuture rêkyana patih |

--- 198 ---

Arya Tadhah duk samana | saklangkung suka ing galih | wangsul kapurunanira | nir was sumlangirèng ati ||

12. Gajahmada tandya laju | umangkat mring Sadhèng nênggih | kawuwusa kyana patya | Mangkubumi lan pra mantri | arêraman[16]ingapusan | yèn Kêmbar angrumiyini ||

13. ing Sadhèng ingkang winuwus | kyana patih Mangkubumi | kalangkung ing dukanira | lajêng nuduh para mantri | cacah gangsal bêkêlira | kanthi wong lima sawiji ||

14. anyêpêng Kêmbar winuwus | kapanggih anèng wanadri | sawêg kaparêng anumpak | wit-witan kang rubwèng siti | tinumpakan kados kuda | sarêng para duta prapti ||

15. kang kinèn numpaki lamun |[17] Kêmbar wus sagêd kajodhi | sarêng dhatêng ingagaran | dening Kêmbar lan camêthi- | nira Kêmbar para duta | dahat watosirèng galih ||

16. milane Kêmbar Sa dipun | tumpaki ing para mantri(?) | wit Kêmbar sampun angêpang | Sadhèng atas sawijining | kang dinuta kyana patya | kang yun ginitik ing rai ||

17. bisa oncat wurinipun | Kêmbar awacana bêngis [bêngi...]

--- 199 ---

[...s] | hèh duta sun măngsarsaa | nungkul mring ratunirèki | sun pilaur băndayuda | praptèng pati dèn lakoni ||

18. pra duta dupi angrungu | ujare Kêmbar tumuli | wangsul mring praja tur wikan | saliring dinuta titi | atanapi ujarira | Kêmbar wus tinutur skalir ||

19. Dene Gajahmada amung | kèndêl kewala wit saking | pan sampun karumiyinan | gyannya ngêpang para janmi (?) | ing Sadhèng Gantya winarni | Tuan Waruju iyèki ||

20. Dewaputra sangkanipun | Sing Pamêlêkahan nênggih | kawarta Sang Dewaputra | darbe pêcut mung satunggil | kalamun ingunèkêna | kamirêng ing pundi-pundi ||

21. Nadyan nagri Majalangu | nênggih kagèt kapiyarsi | gênti malih kang kawarta | sawatara wêktu nuli | sang sinuhun arsa gêbag | nêlukkên Sadhèng pribadi ||

22. tri warsa sasampunipun | lêlampahanira nênggih | Tanca nuntên lampahannya | Sadhèng salêbêting warsi | sèwu rong atus sèkêt lan | têtiga ing jroning warsi ||

23. sèwu kalih atus langkung | sèkêt nênêm pan kawarti | sitinira Banyu pindhah | longsor kawarnaa malih | dupi Kêmbar wus aprapta | saking Sadhèng nuntên dadi ||

--- 200 ---

24. bêkêling pra mantrinipun | arêraman parandening | Gajahmada apan dadya | ngabèi kalawan malih | Jaran Bayu Dêmang Bucang | Jalu Gagak Minge tuwin ||

25. Jênar Arya Rahu sampun | sami sinung pangkat singgih | Lêmbu Pêtêng winisudha | dadi Tumênggung mantêsi | kawarta Sang Gajahmada | Apatih Amangkubumi ||

26. sadurunge samya nungkul | Nusantara Pulo Bali | Gurun Seran Tanjungpura | Haru Pahang lan Tumasik | Dhompo Sundha lan Palembang | tan arsa bukti rumiyin ||

27. iyèku ingkang kasêbut | bukti palapa tan arsi | sadurunge Nusantara | nungkul marang Majapait | pra mantri kala punika | sami mirêng nuju nangkil ||

28. Kêmbar dahat datan gugu | mring tuture Kyana Patih | Gajahmada unggyanira | sagêd nêlukakên maring | Nusantara sadayanya | ingkang kasêbut ing nginggil ||

29. malah sang nindyamantri nung | mawi winêlèhkên dening | Kêmbar sarwyèng nguman-uman | Banyak dahat anyampahi | mring tuturing Kyana Patya | Jabung Têrèwès lan malih ||

30. Lêmbu Pêtêng anggêguyu | dahat merang kyana patih | tandya jêngkar sing paseban | umarêk sarta atur wrin | kyèhning kang pangala-ala [pangala-...]

--- 201 ---

[...ala] | dhumatêng ingkang palinggih ||

31. Batharèng Koripan ngrungu | aturnya rêkyana patih | kalamun rêkyana patya | dahat merangirèng galih | unggyanira cinampahan | dening Arya Tadhah nênggih ||

32. Kêmbar wus kèh lêpatipun | mila pinêjahan nuli | Warak ugi pinatenan | nahên gantya kang winarni | mungguhing pasêksènira | ananging sang prabu dèwi ||

33. kajaba ingkang wus kasbut | anèng Pararaton iki | sêratan ing sela ăngka | tigang dasa wolu yèki | darbèkira gênutsêkap | ing nagri agêng Batawi ||

34. uga ana ungêlipun | nadyan akèh kang wus anis | ewadene maksih uga | kêna kinarya pasêksin | sratan kang maksih katara | munggèng sela wau nênggih ||

35. yèn pinirid sratan wau | cinêkak ungêling mangkin | ingkang jumênêng Natèng Dyah | Sang Jaya Wisnuwardhani | yèku atmèng nata ingkang | ing Pararaton tan muni ||

36. putranira Sang Aprabu | Wisnuwardhana putraning | Nata ingkang wêkasannya | ing asma tinulis muni | Hogara ing ngajêngira | kang sratan wus swuh tan muni ||

37. ing sratan wau kasêbut | Sang Jaya Wisnuwardhani | maksih kaprênah lan nata | Wisnuwardhana [Wisnu...]

--- 202 ---

[...wardhana] punapi | prênahe anèng tulisan | wus tan katara kang uni ||

38. Wisnuwardhana Sang Prabu | jêjuluke Rănggawuni | ingkang umadêg narendra | kala salêbêting warsi | sèwu satus pitung dasa | kêkalih dumugi warsi ||

39. sèwu satus sangang puluh | sêkawan Sang Rănggawuni | punika pan yayahira | Kêrtanagara Sang Aji | ajêjuluk Siwabudha | Putri Kêrtanagara ji ||

40. miturut ingkang kasêbut | anèng blebekan têmbagi | ingkang mawi titi ăngka | warsa Isaka marêngi | sèwu rong atus nêmbêlas | kagarwa dening sang aji ||

41. kang mandhirèng Majalangu | Kêrtarajasa ing nguni | kang nama Radèn Wijaya | kawarna Sang Nata Dèwi | kang ibu putrining nata | Kêrtanagara wêwangi ||

42. dene putri nagri Mlayu | Dara Pêthak kang wêwangi | pramulane Sang Natèng Dyah | ingkang kasêbut ing tulis | tan lyan salah sawijinya | putri sadhèrèkira ji ||

43. Jayanagara lyan biyung | wus nyata lamun sang putri | tan ana malih kajaba | mung Brêng Kahuripan nênggih | wit kacrita magêpokan | lan Kêrtawardhana yèki ||

44. Ing Pararaton kasêbut | Kêrtawardhana putraning | Radèn Cakradara

--- 203 ---

ingkang | kapilih dadi suami | dhumatêng Brêng Kahuripan | kang jumênêng Nata Dèwi ||

45. Majapait nagrinipun | Pararaton ingkang muni | ing rikalanirèng warsa | sèwu kalih atus luwih | sèkêt kados kang wus kocap | dene kawartane malih ||

46. ing Praraton kang wus kasbut | têtela yèn nata dèwi | dede yèn randhaning Nata | Kêrtarêjasa rumiyin | putri Sang Kêrtanagara | nanging sang narendra dèwi ||

47. Kêrtarêjasa kang sunu | mung namane ingkang sami | dene putri kang kalihnya | kasêbut ing watu tulis | ingkang mandhirèng ing Daha | iku Brêng Daha wus pasthi ||

48. kaya ingkang wus kasêbut | ing Srat Pararaton iki | mangkono manèh namanya | swaminira Sang Sudèwi | Brêng Daha kocap ing sela | Wijayarajasa yèki ||

49. ing Praraton namanipun | Dyan Kudamêrta utawi | Pramèswara ring Pamotan | utawa Praraton ugi | nyêbutkên yèn garwanira | Brêng Daha ingkang kawarni ||

50. mirid ing Praraton iku | kêploke lan watu tulis | wus têtela dyah kadwinya | sadhèrèkira Sang Aji | Jayanagara lyan rena | de Jaya Wisnuwardhani ||

--- 204 ---

51. Brêng Kahuripan iyèku | wus trang dyah kang ăngka kalih | dene ibu kwalon nata | Jayanagara kang nami- | nira Sang Brêng Kahuripan | dene dyah ingkang kaping tri ||

52. namung karan garwanipun | Kêrtarajasa Sang Aji | dene ping pate kang kocap | Hayamwuruk ingkang nami | mênggah tulisan ing sela | kang tan katara ing mangkin ||

53. winuwuhan ingkang têmbung | anênggih Sang Bathara Sri | Rajasanagaran nulya | sambunge klayan kang muni | amaraja biseka lan | malih ingkang kasbut tulis ||

54. ing blebekan têmbagèku | ingkang wus kocap ing nginggil | wran papat iku gêpokan | pawong sanak kados ugi | ingkang wus kocap ing sêrat | nênggih Praraton ing nginggil ||

55. putri kêkalih kang kasbut | Brêng Kahuripan satunggil | Brêng Daha kêkalihira | kados kwasanipun sami | wêwênangnya uga padha | tan mrentah datan pinardi ||

56. ing bab kridhaning praja gung | sami umadêg pribadi | datan ngrèh-rinèhkên samya | dene Hayamwuruk yèki | risang Rajasanagara | kalênggahannya tan sami ||

57. pangkate mung ngisoripun | putri kêkalih kang iki | bênêr uga pêrnah mudha | kalawan [ka...]

--- 205 ---

[...lawan] putri kang kalih | dene putri kang katiga | nadyan sinêbutkên kari ||

58. ewadene Sang Aprabu | Kênya dahat dènira jrih | sapantêse mring wran tuwa | pêrnah ibu kwalon yêkti | patut lamun ingajenan | nahên kawuwusa malih ||

59. kaananing Pararatun | lan anane watu tulis | yèn kacocogakên lawan | tulisan rêca Manjusri | kang miturut ing panduga- | nira Dhoktêr Fêrbik yèki ||

60. sing Pnataran asalipun | ingkang jinarwanan dening | Tuwan Fridrih lan Pujăngga | Profêsor Kèrên winasis | mangke yêkti tan kangelan | namtokkên titimangsaning ||

61. sratan sela kang katutur | kang gawe waton tan têbih | mungguh kayêktosanira | antarane kang kawarti | ing Pararaton kalawan | anane kang watu tulis ||

62. sampuna kenging sinêbut | pamiagah kang pakarti | nadyan wus mirid ananya | kang kasêbut ing palupi | Pararaton kang wus kocap | pasthi wus pêrak lan yêkti ||

63. nadyan Pararaton durung | nyêbutkên titimangsaning | duk jumênêngira nata | kang gêntèni nata dèwi | kala ing taun punapa | wondene manut bab wingking ||

64. apan wus têtela

--- 206 ---

tuhu | jumênêngira sang aji | kang gêntosi Nata Kênya | kang jumnêngira ing warsi | sèwu rong atus kalawan | sèkêt kalanirèng warsi ||

65. sèwu dwi tus pitung puluh | luwih sasanga malah wis | madêg Natèng Majalêngka | punapa malih kawarti | ing sratan sela duk kala | taun sèwu dwi tus luwih ||

66. sèkêt nêm ing Bali sampun | kabawah mring nuswa Jawi | măngka Pararaton kocap | ing rikalanirèng warsi | wau punika kang nuswa | Bali maksih durung dadi ||

67. bawah nagri Majalangu | katitik sumbare Patih | Gajahmada kala warsa | punika wau pan maksih | pan dadi têmbayanira | Gajahmada datan arsi ||

68. bukti palapa[18] rumuhun | sadurunge nuswa Jawi | ambawahkên kapuloan | Nusantara kang kawarti | Gurun Seran Tanjungpura | Haru Pahang Dhompo Bali ||

69. lan malih nagri têtêlu | Sundha Palembang Tumasik | awit saka kang kadyeka | nadyan mung tumrap ing Bali | kang rinipta anèng sela | ing wêktu wau kawarti ||

70. durung dadi bawahipun | nuswa Jawa trange malih | sêratan ing watu ika | lan sêratan ingkang mungging [mung...]

--- 207 ---

[...ging] | ing rêca Manjusri yeka | asalipun tunggil saking ||

71. nata dyah nadyan ing watu | datan kasêbut kang nami | nanging mênggah ananira | ing taun watara sami | sèwu dwi tus swidak lima | ing taun Saka marêngi ||

72. nahên gêntya kang katutur | mungguh Sadhèng iku pundi | ingkang kasêbut ing Sêrat | Pararaton yèn dèn udi | pinadosan dunungira | ing mangke angèl kapanggih ||

73. manawa Sadhèng puniku | malah wus tanna ing mangkin | sarèhning kang kasbut Sêrat | Pararaton wau sami | lêlampahan ingkang wetan | kang nama Sadhèng rumiyin ||

74. manawa samangkyanipun | nênggih Sadhèng bawah nagri | Pasuruan dhistrikira | ing Rajasa apituwin | Sadhèng bawah kadhistrikan | Pugêr nagari Basuki ||

75. dene sakubênging gunung | ing ngriku apan pinanggih | patilasaning yêyasan | ing jaman Budha rumiyin | kados ta kang Candhi Ponthang | Kuthabara Coramanis ||

76. kang Candhi Kutha Kêdhawung | Candhi Kêdhaton lan malih | Kutha Blatêr lan Krajingan | ing candhi ingkang kêkalih | nênggih Candhi Ponthang klayan | Candhi Kadhaton pinanggih ||

77. wontên titinirèng taun | sèwu rong atus nêm dèsi | lan sèwu [sè...]

--- 208 ---

[...wu] rong atus sangang | dasa kalih ingkang warsi | Saka kang tan kèh kacèknya | lan kalapa Sadhèng nguni ||

78. taun sèwu kalih atus | sèkêt têtêlu marêngi | nandhakkên yèn ing nagara | Basuki kalaning warsi | abad ingkang ping têlulas | ing kidul kilèn nagari ||

79. tuwin ing talatah kidul | langkung kambah yèn tinandhing | lan jaman sadèrèngira | abad ingkang kasbut nginggil | manawa Sadhèng kang kocap | yeka Sadhèng ing Bêsuki ||

80. mênggah kaananing taun | titi kang tumrap ing candhi | kang kina pyambak panujwa | jamanira Nata dèwi | kang mandhirèng Majalêngka | Sang Jaya Wisnuwardhani ||

81. ananging pamanggih iku | namung têtêp dugi-dugi | mung madosi sambêtira | carita kang kasbut nginggil | nadyan ing Praraton kocap | kala ing pasadhèng nênggih ||

82. tumrap nagri Majalangu | kalèku unggul ing jurit | Sadhèng wus têluk binêdhah | dening kang sinuhun nênggih | manawa kang ingaranan | sinuhun ngriku garwa ji ||

83. Nata Dèwi kang rum-arum | Dyan Cakradhara winarni | nahên mirid ingkang kocap | bab têmbayanirèng Patih | Gajahmada dèrèng karsa | bukti palapa rumiyin ||

--- 209 ---

84. lamun durung bisa nungkul | Nusantara mring nagari | Majapait kala ika | têtela ingkang nagari | kang winastan Nusantara | durung rinèh Majapait ||

85. jalaran tan sêlanipun | sing ruwêt rêntêng nagari | kados ingkang sampun kocap | ing ngajênge srat puniki | mung ngrêbat wangsuling praja | saking kraman kang bêg wani ||

86. yèn dulu kaananipun | ruwêt rêntênging nagari | mêsthi adêging kang kraman | akèh kang waune sami | wus kabawah ing nagara | Majapait têmah wani ||

87. lumawan marang sang prabu | nrambul mumpung kèh kang wani | iku tan kawartèng ngarsa | nahên gantya kang winarni | mênggah nama-namanira | Nusantara kang kawarti ||

88. Sêrang Pahang Sundha Haru | Palembang Dhompo myang Bali | Gurun iku sadayanya | mênggah dunungira mangkin | Haru iku ing Sumatra | raning kraton duk rumiyin ||

89. ing Sumatra tlatahipun | ing bang wetan cêlak saking | sungapaning lèpèn Rokan | kasêbut ing pèngêtaning | ngèlmu bumi tanah Indya | tuwin ing wurdênbuk nagri ||

90. ing tanah Nèdêrlan Hindhu (Stat. Wdb. van Nêd-Indie) | Ing bab Sumatra nagari | kaca sapta tus astha wlas |

--- 210 ---

ing ngriku wontên kang muni | yèn Haru wau ga kawrat | ing karipun Twan Valêntin ||

91. dene Pahang dunungipun | nèng Malaka tlatah sisih | wetan de Dhompo dunungnya | nèng pulo Sumbawa nênggih | kasêbut ing tidskrif-ira | gênutsêkap ing Batawi ||

92. bagian angka sapuluh | kaca tri tus sapta dèsi | luwih papat lan bagian | sawlas kaca satu luwih | sèkêt pitu dene Sundha | lan Palembang tuwin Bali ||

93. sadhengah pan sampun wêruh | tan susah kasbut ing ngriki | tanapi Seran punika | nênggih Seram sapuniki | ing Molokus dunungira | ing Ambon kang residhènsi ||

94. dene kang ingaran gurun | bokmanawa iku mangkin | kapuloan Goram ingkang | dèn wastani Gorong dening | têtiyang ing nagri ngrika | bawah ing Bandhan afdèling ||

95. mung nagri kang kalihipun | Tanjungpura lan Tumasik | yèn miturut sambêtira | lan pulo kang kocap sami | wus pasthi pan dunungira | sajawining pulo Jawi ||

96. ananging pundi gyanipun | dèrèng kenging dèn watoni | mung yèn mirid ingkang kocap | ing Srat Panji têmbung Jawi | tuwin têmbung Mlayu ika | dunungnya nagri Tumasik [Tuma...]

--- 211 ---

[...sik] ||

97. saka kira-kiranipun | yêktine dèrèng nyêkapi | mung panduga kang nagara | Tumasik iku ing nguni | iyèku nagri Samudra | ing Sumatra ingkang sisih ||

98. wetan nadyan Samudrèku | salajênge dados nami- | nira Sumatra sadaya | dene Samudra anênggih | mung kinarya ambêcikna | Sangskrite têmbung Tumasik ||

99. wit Samudra têgêsipun | sami ugi klayan Tasik | wontên malih liyanira | ing Silalatassalitin (Silalatassalitin) | iyèku namaning sêrat | sajarah Malayu bab tri ||

100. kacarita Sang Binagus | Nilautama kang nami | nalika wus palakrama | ana ing Bintan nagari | banjur kari anèng ngrika | nuju satunggiling ari ||

101. ing tyas dahat kapilayu | Sang Nilautama arsi | umiyat mring Tanjung Bêmban | duk prapta ingkang kinapti | lajêng umènèk ing sela | saksana katon sing têbih ||

102. ing sabrangan kanang Tanjung | Bêmban ana gisik putih | kandhaning wong kang tinanya | ing Nilautama yèki | têpining kanang nagara | ingkang anama Tumasik ||

103. katon mênggah wiyaripun | twin endahing kang nagari | tuhu nêngsêmakên manah | nglam-lami tyas kang umèksi [u...]

--- 212 ---

[...mèksi] | kapencut Nilautama | dhumatêng sabrang Tumasik ||

104. Sang Nilautama laju | nabrang mring nagri kang kèksi | tan kèri pra pandhèrèknya | sanadyana sang apêkik | nèng sabrangan kang samodra | kecalan jamangira di ||

105. nanging mêksa bisa tutug | lêstari tan kawis-kawis | praptèng nagri kang sinêdya | nulya manggèn apêpanti | nagri wau gya sinungan | Singapura (Singhapura) ingkang nami ||

106. iyèku ing kinanipun | kang nama nagri Tumasik | kang kasêbut nèng hikayat | ran Silalatassalitin | ing bab ingkang kaping tiga | wau punika manawi ||

107. nênggih nagri kang kasêbut | ing Pararaton Tumasik | mung iku pasaksènira | kunêng gantya kang kawarti | ingkang nama Tanjungpura | ingkang kawrat ing jro tulis ||

108. Pararaton tuhunipun | kangelan gyannya nêksèni | ing pundi padunungira | Tanjungpura kang nagari | na Tanjungpura sandhingnya | Haru (Haru) ing Sumatra sisih ||

109. wetan ana aranipun | Tanjungpura loring Dhèli | nanging ing bab kang karonya | ing Silalatassalitin | uga kasbut Tanjungpura | dunungnya kiduling nagri ||

110. Palembang antaranipun | Palembang [Pale...]

--- 213 ---

[...mbang] lan peranganing | pulo Jawa sawatara | ing Silalatassalitin | kasbut yèn mring Tanjungpura | sing Plembang mêdal jaladri ||

111. ana manèh aranipun | Tanjungpura ing nagari | Palembang nanging punika | pasthi dudu kang kinapti | ing srat Pararaton ika | makatên malih kang nami ||

112. Tanjungpura kang dumunung | ing Lais Bèngkulèn nagri | apadene Tanjungpura | ing Borneo tlatah sisih | kilèn tuwin Tanjungpura | ing Krawang ing pulo Jawi ||

113. nanging Tanjungpura iku | samungguhing pulo Jawi | tan cundhuk lan caritanya | jalaran kang tumrap tulis | surasane Tanjungpura | dumunung ing sabrang nagri ||

114. kangelan gyannya andumuk | Tanjungpura ingkang pundi | mirid ing Sêrat Hang Tuah | kala ing jaman rumiyin | palayaran sing Malaka | dhumatêng ing Majapait ||

115. lakunira ingkang prau | ngliwati Palembang nagri | lajêng dhumatêng Jakarta | nulya mring Tuban nagari | tandya marang Majalêngka | wangsulnya makatên ugi ||

116. apa ta ingkang kadyèku | mirid lakune ing nguni | Tanjungpura ingkang kocap | ing Pararaton ing nginggil | iku dudu Tanjungpura | ing Krawang ing pulo Jawi ||

117. yèn mirid wasitanipun | asal-usuling

--- 214 ---

pra aji | kang jumênêng Sukadhana | iku trah sing Majapait | ing saturun-turunira | Tanjungpurèku manawi ||

118. ing Borneo dunungipun | ing tlatah kilèn lir kang wis | kocap nginggil wau ika | nahên gantya kang winarni | mênggah ingkang winastanan | tanah Mlayu wau pundi ||

119. kang wus kawahya ing dhuwur | nalikanira ing warsi | sèwu satus sangang dasa | pitu Isaka nagari | Majapait wus angangsah- | akên wadya mring nagari ||

120. Malayu de wangsulipun | mring nagari Maospait | nalikanira ing warsa | sèwu kalih atus luwih | gangsal wlas petangan Saka | bêkta têtawanan putri ||

121. nadyan ing nginggil tan kasbut | yèn nagri Mlayu wus kandhih | ananging katitik saka | putri tawanan ngajawi | tanapi ing sumbarira | Gajahmada tan kawijil ||

122. namaning nagari Mlayu | kajawi mung pulo Bali | Pahang Dhompo Gurun Seran | myang panunggalannya sami | yèn pinirid caritanya | ing Mênangkabo nagari ||

123. nalikanira ing taun | sèwu kalih atus luwih | suwidak lima Isaka | ing kana kang madêg Aji | Sang Adityawarma Dewa | pan gêpokan kadang saking ||

124. Prabu Kênya Majalangu | kang jumênêng kaping siki |

--- 215 ---

nadyan wus kêna kinira | yèn kang winastan nagari | Malayu iku ing kuna | Mênangkabo iku nanging ||

125. mungguh panganggêping tuhu | maksih durung anyukupi | durung trang kèh pakewuhnya | pasaksène tan nguwati | kawuwusa babadira | tyang Malayu kathah ugi ||

126. kang nyritakkên kalanipun | Majapait jarah nagri | kados ta ingkang wus kocap | ing Hikayat Raja Pasi | tuwin ing Sêrat Sêjarah | Malayu ugi kawarti ||

127. milanya ing ngriku ulun | ngangge têmbung jarah awit | carane amangun yuda | kala kinane sayêkti | mêmêngsahan rêbut papan | sababe sring tan mantêsi ||

128. yèn tinimbang jamanipun | abad kaping kalih dèsi | petangan taun Walănda | kang tumindak ing nagari | ingkang wus angangge tata | tumindakirèng prang yêkti ||

129. prang kala jaman rumuhun | dede timbange sayêkti | ana kang mung saka sabab | kapengin pawèstri dadi | sababirèng băndayuda | nglurug jarah ngrayah nagri ||

130. wontên ingkang sababipun | mung nêluk-nêlukkên nagri | tan arsa nungkul ginêbag | sasat mung ngrêbut nagari | miwah panguwasanira | dimèn kèdhêp samèng aji ||

131. pae sapunikanipun [sa...]

--- 216 ---

[...punikanipun] | tiyang prang kêdah pinikir | jalimêt pan aywa ngantya | winastan mung jêjarahi | pathok wani ngrêbut praja | nahên kawarnaa mangkin ||

132. carita ingkang katutur | ing Hikayat Raja Pasi | kang gêpokan Majalêngka | sun cêkak samantên dhihin | badhe sun critakkên benjang | ing wêwahan srat puniki ||

133. wit kadawan critanipun | nyêlani pokoking warti | ana manèh landhêsannya | nyatane madêgira ji | Sang Dyah Yu Brêng Kahuripan | Nata Kênya Majapait ||

134. pan lagi sapisan iku | kang madêg ji Majapait | wanudya kasêbut uga | ing sêratan kang pinanggih | nèng sela cinirèn ăngka | tigang dasa wolu yèki ||

135. wus dadya gadhahanipun | gênutsêkap ing Batawi | kajaba ananing Sang Dyah | Prabu Kênya Majapait | ing sela uga rinipta | kaananira kang siwi ||

136. rum-arum Dyah Hayamwuruk | nênggih ugi kang bêbisik | Sang Sri Rajasanagara | sarêng sampun umadêg ji | kawarna kocap ing sêrat | Praraton sinom gumanti ||

X.

13. Sinom

1. Hayamwuruk kang winarna | namanya dupi madêg ji | Risang Rajasanagara | jêjulukira Sang Aji [A...]

--- 217 ---

[...ji] | madêg nèng Majapait | mêngkoni nagari agung | Sang Hyang Wêkasing Suka | kalane jumênêng aji | tan kacrita wiwite ing taun pira ||

2. wah tan kawarta sedanya | Brêng Kahuripan Prabwèstri | namung lajêng kacarita | jumênêngira Sang Aji | Rajasanagarogi | Hayamwuruk asmanipun | kala ing sadèrèngnya | umadêg sri narapati | jumênêngnya Sang Sri Rajasanagara ||

3. dumugi ing taun Saka | sèwu têlung atus luwih | sawlas ing sajumênêngnya | Hayamwuruk gya kawarti | nuntên lêlampahaning | Pasundha ing Bubat iku | kawarta Sri Narendra | Hayamwuruk adrêng arsi | anggarwa ring putri Sundha kawuwusa ||

4. Patih Madu pan pinatah | nyuruhi tyang Sundha sami | supados sagêd guyuba | tyang Sundha sami nyagahi | mikramakakên aji | kawuwusa sang aprabu | Sri Narendra ing Sundha | Maharaja sampun prapti | nanging tanpa putri dhatêng Majalêngka ||

5. tiyang Sundha sami arsa | awiramena tingkahing | jurungên[19] mungguh maksudnya | têmbung têtiga puniki | Dhoktêr Brandhês datan wrin | dalah ngawak bae tan wruh |

--- 218 ---

wit pakewuh candhaknya | datan mantuk ing pangêrti | kawuwusa Kya Patih ing Majalêngka ||

6. tan suka kalamun nata | anggarwa marang sang putri | awit makatura-tura |[20] Sang Putri ing Sundha nênggih | mênggah têgêsirèki | makatura-tura iku | uga tan kauningan | tyang Sundha dahat tan arsi | tan jumurung pakarti ingkang kadyeka ||

7. Kyana Patih Gajahmada | saksana apan atur wrin | mênggah ta pratingkahira | têtiyang Sundha winarni | (Bra Pramèswara myarsi | pratingkahe kang kadyèku | saklangkung dukanira | aturnya mring Sri Bupati | Bra Pramèswara ing Wêngkêr lon aturnya) ||

8. kaka prabu ywa sumêlang | ing galih ywa nganti sêdhih | amba kang badhe nanggulang | tyang Sundha kang ambêk wani | tyang Majapait sami | sanega badhe angêpung | nadyan tyang Sundha rila | angaturakên sang putri | ewadene pinênggak dening pra menak ||

9. kang sampun saabipraya | nadyan tumêka ing pati | anèng Bubat tan sumêdya | mundur palarasan mulih | prasêtya kang kadyèki | nênangi gambiranipun | têtiyang ing Pasundhan | pangagêngira wus mantri |[21] ngarsa-arsa têmpuking [têmpu...]

--- 219 ---

[...king] kang băndayuda ||

10. Larang Agung Tuhan Sohan | Tuhan Gêmpong Urang Siring | lan tiyang ing Tobongbarang | tanapi Răngga Kawèni | Panji Mêlong lan malih | Răngga Caot Tuhan Usus | Urang Pangulu lawan | Urang Saya Sêtrajali | Jagad Saya twin tiyang Sundha sadaya ||

11. samya surak giyak-giyak | pratandhanira yèn wani | pagut lawan uninira | kang rêyong |[22] dahat mêlingi | gurnitaning surak lir | bêdhahna bumi sap pitu | tan kawarna solahnya | mêngsah rowang têmpuk jurit | kang kawarna Sri Maharaja ing Sundha ||

12. lan Tuhan Usus samana | andhisiki mangsah jurit | tandya nêmahi palastra | De Bra Pramèswara nênggih | mangkat mring Bubat nuli | awit saking tan sumurup | kalamun maksih kathah | tyang Sundha kang maksih kèri | lan pra menak kang maksih samyandon yuda ||

13. tyang Sundha adamêl gêlar | mangidul lampahirèki | têmahan wong Majalêngka | tinêmpuh kasêsêr aglis | lumaywarsa pêpulih | ing yuda kang para wadu | Majalêngka tinata | malih murih samya wani | dening para dêl-andêling Majalêngka ||

14. Arya

--- 220 ---

Sênthong Jaran Baya | Patih Têtêg Patih Gowi | Patih Margalêwih ya ta | pra mantri wus nunggang wajik | umangsah yuda wani | mandhegani wadyanipun | pra mantri arêraman | wau ingkang anuranggi | nêmpuh ing prang tan tolih ing pêjahira ||

15. ngamuk lir banthèng kabranan | ngiwa nêngên mêmêjahi | tyang Sundha dahat kagiwang | ing manah têmah anuli | ngidul ngulon nêmpuh mring | barisanira nindya nung | Kya Patih Gajahmada | wong Sundha datan ngudhili | mêngsah ingkang aparêk ing titihannya ||

16. kareta Rêkyana Patya | Gajahmada datan bali | sing apêrak linarihan | ing gêgaman tan mindhoni | dhawah ngênggon tan urip | kang ranangga banjir marus | mêngsah tan ingapura | tanpa pilih dèn pêjahi | sungsun timbun kang bangke apindha arga ||

17. sampun tinumpês wong Sundha | kala iku amarêngi | taun sèwu rong atus lan | pitung dasa sanga nênggih | etanganirèng warsi | Isaka ingkang winuwus | kalanira umangsah | mring Dhompo nuju nyarêngi | panumpêse wong Sundha gantya winarna ||

18. sarêng sampun kalampahan | tumpês tyang Sundha sakalir | Kyana Patih Gajahmada | lajêng apalapa malih | Gajahmada [Gajah...]

--- 221 ---

[...mada] Kya Patih | laminipun sawlas taun | unggyanira mangasta | pangrèhing Amangkubumi | kawuwusa Sang Nata ing sasedanya ||

19. garwa sang putri ing Sundha | lajêng anggarwa sutaning | anênggih Bra Pramèswara | jêjuluk Paduka Sori | apêputra satunggil | putri Brê Lasêm rum-arum | sulistya ingkang warna | dene putra saking sêlir | sri narendra namung kagungan satunggal ||

20. namane putra narendra | anênggih Brê Wirabumi | kapêndhêt putra Brê Daha | dene Brê Pajang sêsiwi | têtiga ingkang nami | Bre Hyang Wisesa kacêluk | namanira satriya | nênggih Radèn Gagak Sali | sarêng madêg ratu pan jêjulukira ||

21. Sanga Aji Wirakrama | ingkang lajêng krama olih | Brê Lasêm sang asulistya | patutan putra satunggil | sinihan yayah wibi | sampun sinungan rum-arum | Bra Hyang Wêkasing Sukha | dene putra ăngka kalih | mêdal putri Brê Lasêm pan namanira ||

22. Sang Alêmu karanira | kagarwa Bra Wirabumi | putra pandhadha wanudya | Brê Kahuripan kang nami | de Brê Tumapêl siwi | priya kasatriyanipun | Radèn Sotor namanya | măngka Ino anèng nagri | ing Koripan salajênge anèng Daha ||

23. măngka

--- 222 ---

Ino salajêngnya | nênggih dadi Ino malih | anèng nagri Majalêngka | ing ngriku apan sêsiwi | Radèn Sumirat nami | anggarwa putri rum-arum- | ira Bre Kahuripan | lajêng santun kang sêsilih | nênggih Sang Brê Pandhan Salas kawarnaa ||

24. lajêng ana wilujêngan | Agêng Sakraddha kang nami | mêmule pra kulawarga | ingkang sampun sami lalis | măngka pasamuwaning | têtiyang kèh sami kumpul | nèng praja wilujêngan | kalèku pinuju warsi | sèwu kalih atus wolung dasa papat ||

25. nêm taun malih Kya Patya | Gajahmada têkèng janji | tilar donya mantuk marang | jaman baka kala warsi | sèwu rong atus luwih | sangang dasa sajronipun | têlung taun tan ana | kang gumanti madêg patih | sarêng taun sèwu dwi tus sangang dasa ||

26. têtiga pan luwihira | petangan Saka winarni | lagi ana madêg Patya | Gajah Ênggon ingkang nami | ya ta ingkang winarni | Brê Daha uga wus murud | ing kasidan minakam | anèng Adilangu nênggih | măngka darma ran Gunung Purwawisesa ||

27. Brê Kahuripan ya seda | sinarèkakên ing Panggih | măngka darma karanira | Pantarapurwa kang ardi | kawarnaa ing warsi |

--- 223 ---

sèwu dwi tus sangang puluh | wolu taun Isaka | ana gunung anyar kèksi | kawuwusa kala ing taun Isaka ||

28. sèwu tri tus luwih sapta | wuku Madhasiya nênggih | na ardi longsor sitinya | dupi Isaka kang warsi | sèwu tri atus luwih | wolu Brê Tumapêl murud | marang kasidan ana | Sunyalaya gyannya mati | sinarèkkên anèng astana ing Japan ||

29. kang măngka dharma ingaran | Sarwanyapura kang nami | kawarna Brê Hyang Wisesa | pêputra priya kang nami | Brê Tumapêl anênggih | kang panggulu wanudyayu | Brê Prabu èstri nama | yèku Sri Narendra Putri | kang kapindho jumênêng ing Majalêngka ||

30. Sang Prabu Kênya mangasta | pusarèng praja pribadi | jêjulukira narendra | Dèwi Suhita kawarni | putra ingkang wuragil | kakung sinungan rum-arum | Brê Tumapêl Sri Kêrta- | wijaya kawarna malih | Sang Brê Pandhan Salas apêputra tiga ||

31. pambajêngnya Brê Koripan | namanira katlah ugi | nênggih Bra Hyang Pramèswara | namanya dupi madêg ji | Rêtna Pangkaja Aji | kagarwa narendra wadu | Prabwèstri Majalêngka | nanging datan asêsiwi | kang panggulu èstri Brê Lasêm kang nama ||

--- 224 ---

32. Brê Tumapêl ingkang garwa | Kang pandhadha ugi èstri | Brê Daha nênggih namanya | Sang Dyah yu kagarwa dening | Brê Tumapêl anênggih | kapanggih sami waruju | nahên gênti kawarna | Brê Wirabumi sêsiwi | Kang pambajêng priya ran Brê Pakêmbangan ||

33. pralena kalaning bêdhag | nèng madyanirèng wanadri | panggulu putra wanudya | Brê Mataram garwanèki | Bra Hyang Wisesa nênggih | pandhadha putri kramantuk | lan Brê Tumapêl ingkang | waruju uga pawèstri | sang dyah ayu rum-arumnya Brê Mataram ||

34. Brê Tumapêl asêsuta | jalu dunungira nênggih | anèng Wêngkêr wus anggarwa | Brê Mataun Sang Aputri | de panggulunirèki | Brê Paguhan namanipun | putra ingkang pandhadha | Brê Jayaraga kang nami | apatutan saka ing garwa taruna ||

35. dede Dyah Brê Jagaraga | ginarwa dening sang pêkik | nênggih Brê Paramèswara | nanging datan asêsiwi | sakawanira nênggih | Tanjungpura namanipun | kagarwa Brê Paguhan | nanging ugi tan sêsiwi | putri ingkang kaping lima namanira ||

36. Brê Pajang ingambil garwa | kinalapdho tan sêsiwi | dening risang Brê Paguhan | nahên kawarnaa malih | Brê Kêling wus ngrabèni | Brê Kêmbang Jênar kawuwus | Brê Wêngkêr sutanira [sutani...]

--- 225 ---

[...ra] | nama Brê Kabalan nênggih | dene Brê Paguhan uga darbyatmaja ||

37. èstri apatutan saka | wanudya trah satriya di | namanya Brê Singapura | pan sampun ginarwa dening | Brê Pandhan Salas mangkin | agênti ingkang katutur | nênggih Brê Pramèswara | ing Pamotan sampun lalis | ing sajroning taun Isaka pinetang ||

38. sèwu tlung atus sadasa | kinubur nèng astana di | ing Manyar karaning darma | Wisnu Buwanapurèki | de Brê Mataun dupi | prapta ing janji kinubur | ing Tigawangi măngka | darma karanirèng nami | Kusumapura gênti kang cinarita ||

39. paduka sang sori seda | Brê Pajang dupi wus lalis | sinarèkkên nèng astana | Êmbul karanirèng nami | măngka dharma winarni | ing Girindrapura iku | dene sasedanira | Brê Paguhan kinubur ing | Lobêncal namanira ingkang astana ||

40. măngka darma karan nama | Parwatigapura nênggih | ing salêbêtirèng warsa | sèwu tigang atus luwih | sawêlas petanganing | Isaka ana kawuwus | Bra Hyang Wêkas ing Suka | seda tilar alam kabir | amangsuli bab Sri Rajasanagara ||

41. nadyan ing kropak babonnya | Sêrat Pararaton naming | kasêbut ing asma Nata [Na...]

--- 226 ---

[...ta] | Brê Prabu tan wontên malih | praptèng sedane muni | asmane Brê Prabu iku | Bra Hyang Wêkas ing Suka | nadyan makatêna ugi | wus têtela kêna inganggêp sanyata ||

42. wit ing bab sanga wus kocap | Rajasanagara yèki | putranira Prabu Kênya | Brê Kahuripan kang nami | Hayamwuruk utawi | Radèn Têtêp malihipun | lir kang wus kocap ngarsa | ing samangke wus siniwi | măngka sedane Dyah Prabu tan kawarta ||

43. anane wus kasaksènan | awit dene kasbut ugi | ana ing tulisan sela | ingkang kasêbut ing nginggil | miwah tulisan malih | ingkang ugi sampun sêpuh | riniptèng taun Saka | sèwu kalih atus luwih | sangang dasa lêlima ingkang tulisan ||

44. wus tinêdhak dening Tuwan | K.F. Holê lawan malih | jinarwan ing têmbung Lănda | dening profêsor kang nami | Dhoktêr Kèrên winasis | ing sratan wau kasêbut | Sri Rajasanagara | inggih ugi dèn wastani | Dyah Hayamwuruk pan akèh saksinira ||

45. sratan ing têmbaga ingkang | pinanggih nèng Pulo Bali | nagri Bulèlèng ran desa | Sambiran ya măngka saksi | anane sri bupati | Rajasanagara [Rajasana...]

--- 227 ---

[...gara] iku | kala umadêg nata | anèng nagri Maospait | yêkti akèh tulisan măngka pikêkah ||

46. sratan sela twin têmbaga | lan tulisan sawatawis | tilaran duk jamanira | punapa malih kang tulis | kang winêdharkên dening | Twan Grunêvèl saking têmbung | Cina kang nyaritakna | kala jamannya Sang Aji | Hayamwuruk Sang Sri Rajasanagara ||

47. sratan Cina nyaritakna | wiwit jamannya Sang Aji | Sang Sri Rajasanagara | pinetang taun Walandi | sèwu tlung atus luwih | sèkêt pitu dugi taun | sèwu tigang atus lan | wolung dasa sanga yèki | yèn pinetang nuju ing taun Isaka ||

48. sèwu rong atus kalawan | pitung dasa sanga dugi | sèwu triatus sawêlas | sêbutanira sang aji | ing kêdal Cina yèki | kasbut Patanapanabu | mênggah ta cêthanira | Bathara Prabu iyèki | sêbutannya Sang Sri Rajasanagara ||

49. punapa malih kang kawrat | ing sêratan Cina muni | Bulapobu sêbutannya | Sri Rajasanagarèki | cêthanira ing Jawi | yêktine iku Bra Prabu | sami lan ingkang kawrat | ing Praraton têmbung Jawi | Kina kawak babone kang têmbung Lănda ||

50. malah [ma...]

--- 228 ---

[...lah] bab panglurugira | wadyabala Maospait | nêlukkên Plembang nagara | ing Praraton tan kawarti | pèngêtan Cina muni | kala jamannya Bra Prabu | etanging taun Ngisa | sèwu tigang atus luwih | pitung dasa pêpitu de taun Saka ||

51. sèwu dwi tus sangang dasa | sasanga kawartèng tulis | Bra Prabu ing tanah Jawa | ngangkatkên wadya angêndhih | nagara Sambatsai | Samboja ing Jawanipun | yèku raning nagara | palembang jaman rumiyin | kang kasêbut ing srat sêrat kala kina ||

52. mirid saking bab punika | pangangsahe mring nagari | Plembang wadya Majalêngka | sampun ragi êlêt lami | lan wêdharing ubanggi- | nirèng sang nindyamantri nung | Kyana Patih Gajahmada | patêmbayannya rumiyin | kayatnane ana ing satilarira ||

53. kya patih atilar donya | kala salêbêting warsi | sèwu dwi tus sangang dasa | ing taun Saka marêngi | dene taun Walandi | sèwu tri tus swidak wolu | kala punika Plembang | dèrèng nungkul Pulo Jawi | karèhira kala panjênêngan Nata ||

54. Hayamwuruk Sri Rajasa- | nagara ingkang sêsilih | nênggih Hyang Wêkasing Suka | madêg natèng Majapait | dadi lêt sangang warsi | nagri [na...]

--- 229 ---

[...gri] Plembang nungkulipun | kalihan tilarira | Gajahmada kyana patih | apadene ana bênêre kang crita ||

55. kalanira wadya Cina | nglurug dhatêng Pulo Jawi | tan kaparêng dening nata | ing nagri Cina yèn gitik | ing Sumatra nagari | talatah kang sisih kidul | wit iku bawahira | narendra ing pulo Jawi | datan parêng nglurug prang anggêbag bawah ||

56. yèn Hayamwuruk yêktinya | iku uga ingkang nami | nênggih Hyang Wêkasing Suka | ana surasaning tulis | munggwing Sêrat Kakawin | Arjunawijaya iku | têmbung Kawi kinarang | dening pujăngga winasis | kalanira Êmpu Tantular kang nama ||

57. wit Nata Ranamanggala | iku kaponakan Aji | nênggih Hyang Wêkasing Suka | kados wus têtela yêkti | babon Praraton ugi | Bra Hyang Wisesa kasêbut | wus yakin titikannya | ing Srat Sutasoma malih | pan kasêbut Sang Aji Ranamanggala ||

58. ingkang surasaning ana | yèn Hayamwuruk sayakti | iku Hyang Wêkasing Suka | nahên ta ingkang winarni | sasedanira Aji | Rajasanagara tuwuh | tan rujuk Tanah Jawa | pra pangrèh pating barênjing | iya iku

--- 230 ---

ngalamating risakira ||

59. kala panjênênganira | Hayamwuruk ya Sang Aji | Rajasanagara yeka | Hyang Wêkasing Suka mirid | gyannya nêlukkên nagri | Sundha Bali twin Malayu | dene Bali saksinya | sêratan ingkang pinanggih | anèng rêca Manjusri tinêngran warsa ||

60. sèwu dwi tus swidak lima | wataranira kang warsi | wus kêna kinira nyata | yèn nagari Majapait | duk jumnêngnya sang aji | lagi kombul-kombulipun | sugih rèh mănca praja | bawahkên samining aji | wit sakèku manawa jalaranira ||

61. Hayamwuruk lan Kya Patya | Gajahmada praptèng mangkin | lastari dadi pocapan | misuwurira kang nami | nahên kawêdhar mangkin | pratelan sajarahipun | para kang sami kocap | ing jroning tulis puniki | namung ingkang pêrlu-pêrlu kasumrêpan ||

62. nanging tumrap panglèlèrnya | sajarah mawi balèni | ngandharkên ingkang wus kocap | ing bab ingkang uwis-uwis | sawatara utawi | nyritakakên ingkang durung | kocap supaya têrang | mawi nyandhak sawatawis | tumêka ing bab kawan wêlas ing wuntat ||

63. balèni ingkang wus kocap | bab kang dhuwur-dhuwur yêkti | datan [data...]

--- 231 ---

[...n] pêrlu mung kajaba | bab wolu kang dèn wiwiti | duk jumnêngnya Sang Aji | Jayanagara praja gung | Majapait mung ana | kuciwane sawatawis | sajarahe karaton ing Majalêngka ||

64. mawi pinêdhot kalawan | bab kalih wêlas ing mangkin | prayogane winiwitan | saka turunira èstri | Jaya Wisnuwardhani | anênggih ingkang rum-arum | Sang Dyah Brê Kahuripan | Prabu Kênya kaping siki | kang jumênêng ing nagara Majalêngka ||

65. sadurungira winêdhar | ingsun nyêlani rumiyin | supaya ing têrangira | sadaya nama kang sami | murih bedanirèki | nama ingkang sami sinung | ăngka rum sawingkingnya | iku urutira nami | kang wus kasbut ing nginggil wau sadaya ||

66. dene kang ăngka lan sastra | kinurung măngka panuding | têrusanira kang nama | ingkang kawahya ing tulis | sarasilahing wingking | de ta ingkang wus kasêbut | ing ngajêng ing bab astha | yèn Jayanagara Aji | (18) sadhèrèknya Prabwèstri Brê Kahuripan II (19) ||

67. tunggil yayah seje rena | seda datan tilar siwi | kawarna ing pungkasannya | ing bab wolu wau ugi | yèn Sang Putri kêkalih | Brê Kahuripan Sang Prabu II (19) | kalihira Brê Daha (20) |

--- 232 ---

samya krama kang satunggil | olèh garwa kang wus ambêkta utawa ||

68. kang lajênge darbe putra | dadi kwalonnya sang putri | măngka kasbut ing purwanya | bab sanga bilih Sang Putri | Brê Kahuripan Aji | patutan putra têtêlu | ingkang satunggal priya | kang kêkalih sami putri | ingkang lajêng kawarta pan sami krama ||

69. pramulanira ing mangkya | kang kangge jêjêr rumiyin | têturutan sarasilah | sing tiyang sawlas winarni | ingkang sakawan sami | nurunakên pyambak iku | dene ta ingkang sapta | pan samya langkung taruni | têdhak turunira uga lwih taruna ||

70. kados kang kasbut ing wuntat | putranira Prabu Èstri I | anênggih Brê Kahuripan II | kawarta adarbe siwi | nanging turunnya sami | tan kawêdhar namanipun | ing mangkya kawuwusa | tiyang sawlas wau nênggih | kang kapisan Prabwèstri I Brê Kahuripan II ||

71. utawa ingkang pêparab | Sang Jaya Wisnuwardhani | putra Sang Kêrtarajasa (19) | kramantuk ingkang wêwangi | Radèn Cakradharèki (A) | dene ta sadhèrèk prabu | ingkang nama Brê Daha II (20) | garwanira awêwangi | Radèn Kudamêrta de jêjulukira ||

72. Pramèswara I ing Pamotan |

--- 233 ---

utawa Brê Wêngkêr I nami | nênggih Wijayarajasa (B) | Brê Kahuripan sêsiwi | Hayamwuruk kang nami | jêjuluk Bathara Prabu | gih Rajasanagara | utawa pêparab malih | Hyang Wêkasing Suka Natèng Majalêngka I (21) ||

73. garwanira Sri Narendra | Hayamwuruk ingkang nami | Paduka Sori (25) putranya | Pramèswara I garwanèki | Brê Daha II kasbut nginggil | Brê Daha nênggih sêsunu | stri kang tan kasbut nama (22) | ingkang lajêng krama olih | Radèn Larang Brê Mataun I namanira (C) ||

74. putrèstrinira Brê Daha | kang nomêr kalih wuragil | Brê Pajang I pêparabira (23) | kramantuk ingkang wêwangi | Radèn Sumanayèki | Brê Paguhan I karanipun (D) | Brê Daha darbe putra | kuwalon jalu satunggil | putranira Pramèswara I ing Pamotan ||

75. anama Kêrtawardhana | nênggih Brê Tumapêl (24) mangkin | sedane Brê Kahuripan II | lan Brê Daha II wus kawarti | de garwane Prabwèstri I (A) | lan putrinya Nata Wadu (22) | kang tan kasbut namanya | lan sedanira wran kalih | garwa putra tan kasbut sêrat punika ||

76. mangkana pan maksih ana | kang salong durung winarti | taun kala sedanira | kados ta Paduka [Pa...]

--- 234 ---

[...duka] Sori (25) | lan Brê Mataun ugi I (C) | miwah Brê Pajang tan kasbut I (23) | sakawan Brê Paguhan I (D) | dene ingkang kasbut tulis | iya iku Pramèswara ing Pamotan ||

77. tuwin sapanunggilannya | ingkang wus kasbut ing nginggil | ing mangke tinata saka | duga-duga yèn umirid | kang nurunkên rumiyin | pêjahe nênggih rumuhun | kang nurunkên ing wuntat | pêjahe anênggih kari | yèn mangkono urute ingkang palastra ||

78. kados ingkang kasbut ngandhap | mung murih urute nami- | nira ingkang samya gadhah | turun kawarta ing tulis | Brê Pramèswara I yèki | ing Pamotan sedanipun (B) | duk kala taun Saka | sèwu tri atus sadèsi | dene Hyang Wêkasing Suka sedanira I (20) ||

79. sèwu tigang atus sawlas | taun Isaka marêngi | nalikane sedanira | anênggih Paduka Sori (25) | taun Saka marêngi | sèwu tigang atus wuwuh | sawlas dene sedanya | Brê Mataun kala warsi I (C) | uga taun sèwu tri atus sawêlas ||

80. kala sedane Brê Pajang I (23) | uga amarêngi warsi | sèwu tigang atus sawlas | Brê Paguhan kala lalis I (D) | taun tri atus luwih [lu...]

--- 235 ---

[...wih] | sawêlas duk sedanipun | Brê Tumapêl ing warsa I (24) | sèwu tigang atus luwih | wolu de ta ingkang anama Brê Gundal ||

81. kang wus kasêbut ing ngarsa | ing nginggil tan mawi muni | sababe ingkang mangkana | jalaran sambêting tulis | dahat tan têrang yêkti | dene ing pêrtalanipun | Dhoktêr Brandhês kacêtha | Brê Gundal kaanggêp nami- | nira janma priya ewadene uga ||

82. mawi kaol rèh nyatanya | ing babone datan yakin | pramila prayoganira | rèhning Brê Gundal sayêkti | priya tanapi èstri | datan karya ruwêtipun | ing cariyos punika | Brê Gundal sae sumisih | datan kawrat pratelan kang kasbut ngandhap ||

83. Hayamwuruk kang winarna | Rajasanagara Aji | pêputra dwi putri priya | kang putri namanirèki | Brê Lasêm ayu luwih I (d) (26) | de kang priya namanipun | Brê Wirabumi mangkya (27) | Brê Pajang mêdali saking I | Brê Paguhan putranira kabèh tiga ||

84. kang satunggal Hyang Wisesa (28) | Brê Lasêm Sang Lêmu kalih II (d) (29) | katiga Brê Kahuripan III (d) (30) | dene Brê Tumapêl nênggih I | pêputra priya siki | Radèn Sothor namanipun (31) | pra putra kang sakawan [saka...]

--- 236 ---

[...wan] | ingkang kasêbut ing nginggil | sami krama Brê Lasêm kang ayu angsal I ||

85. Hyang Wisesa dadi garwa (28) | dene Sang Brê Wirabumi (27) | anggarwa Brê Lasêm ingkang II | karan Sang Alêmu nênggih II (29) | Brê Kahuripan krami (30) | antuk Dyan Sumirat yèku | ingkang uga pêparab | Brê Pandhan Salas Sang Pêkik I (40) | putranira Dyan Sothor kasmaran driya ||

14. Asmaradana

1. sing tigang jodho puniki | mêtoni tanaya kathah | de Hyang Wisesa putrane (28) | cukup yèn mung kasêbutna | ingkang pêrlu kewala | kang satunggal namanipun | nênggih Hyang Wêkasing Suka II (36) ||

2. kalihira ingkang nami | Brê Tumapêl katiganya III (b) (39) | Dèwi Suhita Sang Rajèng | Prabu Kênya Majalêngka II (d) (38) | Brê Tumapêl kapatnya III (b) (39) | dene Wirabumi sunu (27) | Brê Pakêmbangan namanya (32) ||

3. Brê Mataram ingkang kalih I (d) (33) | Brê Lasêm katiganira III (d) (34) | Brê Mataun sakawane II (d) (35) | de Pandhan Salas pêputra I (40) | têtiga namanira | Brê Koripan karanipun IV | Brê Hyang Paramèswara II (47) ||[23]

4. Brê Lasêm kang kaping kalih IV (d) (48) | Brê Daha katêlunira III (d) (49) | turun ingkang [ing...]

--- 237 ---

[...kang] anèm-anèm | ing nginggil wau sadaya | tuwin sabanjurira | lajêng samya krama antuk | alap-ingalapan sanak ||

5. lajêng mêncarakên siwi | dumugi saturunira | jaba Brê Koripan dhewe | namung kalih putranira | nitik saking punika | turunira Sang Aprabu | Kêrtarajasa tumêka ||

6. turunanira kang kaping | gangsal pokoking witarda | pancêr sing Majapaite | wus saya suda mèh sirna | apa manèh katăndha | pajodhoanirèng sunu | tuwin ana turunira ||

7. datan kasêbut ing tulis | Pararaton bab punika | durung nyukupi yêktine | măngka turun Majalêngka | saèstune angrêda | nadyan mangkonoa iku | caritane ingkang kawrat ||

8. ing Pararaton puniki | kêdah dipun èngêtana | panjangipun caritane | ngluwihi saumurira | turune Dyan Wijaya | Sri Kêrtarajasa iku | ingkang wus kasêbut ngarsa ||

9. saupama ana malih | saèstune uga kawrat | ing sêrat punika dene | liyane wus datan ana | ewa samono măngsa- | boronga kang sarju ngrêmbug | têrange sêrat punika ||

10. nadyan ing ngandhap puniki |

--- 238 ---

uga badhe kasêbutna | namane para têdhake | Sang Prabu Kêrtarajasa | êmèh sadaya lena | tan kawarta tilar sunu | ngandhap punika namanya ||

11. kajawi kang kasêbut nginggil | têdhakira Dyan Wijaya | maksih ana lyane manèh | Radèn Sothor namanira (31) | yaiku putranira | Brê Tumapêl kang kawuwus I (29) | Radèn Sothor awêwêka ||

12. Radèn Sumana wêwangi | ana manèh turunira | Sri Kêrtarajasa rajèng | Brê Pandhan Salas kang nama I (40) | dene kala sedanya | Rahadèn Sothor winuwus | datan mawi dèn criyosna ||

13. sedanira Sang Aputri | Brê Lasêm ingkang pêparab I | Sang Ayu kala taune (26) | sèwu tri atus dwi dasa | têtiga luwihira | nadyan ing babon tan kasbut | yèn iku Brê Lasêm ingkang ||

14. pêparap Sang Ayu luwih | awit Brê Lasêm punika | ana dwi padha namane | mung beda pêparabira | sanadyana mangkana | duga-duga bae têmtu | datan kaliru wit saka ||

15. kalamun sampun kapanggih | namane lya-liyanira | kang watara nunggal bae | jamane kala tilarnya | măngka ing ngrika-ngrika | namane datan kasêbut | wus pasthi

--- 239 ---

cêpak bênêrnya ||

16. kawarna Brê Wirabumi (27) | sedane kala ing warsa | sèwu tri atus luwihe | kalih dasa luwih astha | duk seda Hyang Wisesa (28) | ing sajêronirèng taun | sèwu tri atus luwihnya ||

17. sèkêt satunggal lan malih | Brê Lasêm kala sedanya III (29) | taun sèwu tri atuse | dwi dasa luwih têtiga | dene kala sedane | Brê Kahuripan ing taun III (30) | sèwu tri atus dwi dasa ||

18. luwih tiga datanapi | sedane Brê Pandhan Salas I (40) | ing tatun[24] sèwu luwihe | tri atus dwi dasa tiga | nahên ingkang kawarna | wontên malih pèngêtipun | sedane para satriya ||

19. apa dene para putri | nênggih Hyang Wêkasing Suka II (63) | seda kala ing taune | sèwu tri atus dwi dasa | satunggal luwihira | dene kala sedanipun | Brê Tumapêl tan kawarta II (a) (37) ||

20. sedane maksih taruni | katăndha sadhèrèkira | kang mudha uga namane | Brê Tumapêl ingkang seda III (b) (39) | ing salêbêting warsa | sèwu tigang atus wuwuh | kawandasa luwih sanga ||

21. ing wurine nama mawi | sinung ciri sastra Lănda | a lan b iku pêrlune | kanggo [kang...]

--- 240 ---

[...go] bedakakên nama | kang tuwa aksara a (a) | kang ênom b (b) sastranipun | maksude dimèn dhamanga ||

22. sedanira Sang Adèwi | Suhita Prabu wanudya II (38) | ing sajronirèng taune | sèwu tri atus kalawan | sèkêt luwih satunggal | dene kala sedanipun | Brê Tumapêl ingkang mudha III (b) (39) ||

23. sampun kawartos ing nginggil | sedane Brê Pakêmbangan (32) | datan kasêbut taune | sadaya nuju bêbêdhag | buron ing wana wasa | Brê Mataram sedanipun I (33) | ing taun sèwu tri kupang ||

24. tigang dasa wolu nênggih | sedane Brê Lasêm kala III (34) | taun sèwu tri atuse | sèkêt lima luwihira | Brê Mataun sedanya II (35) | ing taun sèwu tri atus | tri dasa wolu sedanya ||

25. Brê Koripan ingkang ugi IV | nama Hyang Paramèswara II (47) | ing taun sèwu luwihe | tigang atus swidak astha | Brê Lasêm sedanira IV (48) | datan kasbut taunipun | dene sedane Brê Daha III (49) ||

26. taun sèwu tigang biting | luwih tigang dasa astha | nahên kawuwusa mangke | ing ngandhap kawrat jodhonya | satunggal-tunggalira | pra satriya [sa...]

--- 241 ---

[...triya] kang winuwus | tuwin pra putri kang kocap ||

27. ing ngriki dipun wiwiti | nalika ing kramanira | Hyang Wêkasing Suka dene II (36) | Brê Tumapêl datan kawrat II (a) (37) | kala pikramanira | jalaran kadugi sampun | seda wiwit timur mila ||

28. dados ingkang kawrat nginggil | nadyan ing bab kawan wêlas | ana Brê Tumapêl manèh | ing bab patbêlas wus ngêwrat | sakèhing katrangannya | wit tăndha saksi kang tamtu | dene arinira uga ||

29. nama Brê Tumapêl nênggih | ing măngka salajêngira | namung nyritakkên turune | sajuga ingkang anama | Brê Tumapêl punika | masthine iku rinipun | nênggih Brê Tumapêl tiga (b) ||

30. nahên kawuwusa mangkin | nênggih Hyang Wêkasing Suka II (36) | tan mawi krama critane | dene Prabu Kênya ingkang | nama Dèwi Suhita II (38) | krama olèh kang rum-arum | Brê Koripan ingkang uga IV ||

31. katêlahira ing nami | nênggih Hyang Paramèswara II (47) | dene Brê Tumapêl olèh III (b) | miturut pêpiridannya | lan Brê Lasêm katiga III (34) | Brê Lasêm kapat kramantuk IV (48) | Brê Daha kang kaping tiga III (49) ||

32. Brê Pakêmbangan tan mawi (32) | krama dene Brê Mataram

--- 242 ---

I (33) | Sang Hyang Wisesa garwane (28) | Brê Mataun krama angsal II (35) | Brê Wêngkêr kawuwusa II (41) | Brê Lasêm kang taping catur IV (48) | lan Brê Daha kaping tiga III (49) ||

33. kalih pisan sami dadi | garwanira Sang Kusuma | Brê Tumapêl kang katrine III (b) (39) | iku kawarta pêputra | Brê Wêngkêr kalihira II (41) | Brê Paguhan kang katêlu II (42) | patutan sing garwa mudha ||

34. Brê Jagaraga wêwangi I (d) (43) | Brê Tanjungpura arinya (d) (44) | Brê Pajang tuwin manèhe II (d) (45) | Brê Kêling kang lajêng samya (46) | nambut silaning krama | Brê Wêngkêr wus krama antuk II (41) | Brê Mataun putrinira II (35) ||

35. anênggih Brê Wirabumi | dene Brê Paguhan krama II (42) | antuk kêkalih arine | dhewe kang tan tunggal rena | ingalapdho kalihnya | Brê Tanjungpura kramantuk (44) | Brê Pajang dene arinya II (45) ||

36. Brê Jagaraga kramolih I (43) | kang nama Brê Kahuripan IV | ingkang uga jêjuluke | Hyang Paramèswara ingkang II (47) | ing nginggil sampun kocap | dene Brê Kêling kramantuk | kang nama Brê Kêmbang Jênar (E) ||

37. dene turunira sami | datan kawarta ing Sêrat | Pararaton kajawine | turune Brê Wêngkêr klawan

--- 243 ---

II (41) | garwanira sang rêtna | ingkang nama Brê Mataun II (35) | tumêrah kados ing ngandhap ||

38. Brê Kabalan kang satunggil (d) (50) | dene Brê Paguhan ika II (42) | darbyatmèstri patutane | kalawan rabi ksatrya | katlu Brê Singapura (d?) (51) | malihe wus tan kasêbut | nahên murih ing trangira ||

39. kinarya nglèlèr prayogi | lan kang kasbut ing pungkasan- | ira Srat Praraton kiye | ing ngandhap sinung pratelan | sedane pra brê ingkang | ing ngajêng dèrèng kasêbut | utawa murih wêruhnya ||

40. yèn dumugining bab kaping | kalih wêlas tiga wêlas | praptèng bab kawan wêlase | wus rampung ingkang sajarah | kang pêrlu kasumrêpan | dene liya-liyanipun | tan pêrlu kapratelakna ||

41. awit tan gêpokan kalih | kang dadi bakuning kăndha | tumêrah praptèng akhire | gêpokan ing Majalêngka | Brê Wêngkêr kawuwusa II (41) | sedanira kala taun | sèwu tri atus kalawan ||

42. sèkêt satunggal marêngi | sedanira Brê Paguhan II (42) | amarêngi ing taune | sèwu tri atus kalawan | pitung dasa têtiga | Brê Jagaraga duk murud I (43) | ing kasidan kala warsa ||

43. sèwu tigang atus luwih | pitung dasa

--- 244 ---

lan têtiga | Brê Tanjungpura sedane (44) | tan kawarta taunira | de sedanya Brê Pajang II (45) | taun sèwu tigang atus | pitung dasa dwi luwihnya ||

44. kala sedane Brê Kêling (46) | sèwu tri atus suwidak | sasanga nênggih luwihe | sedane Brê Kêmbang Jênar (E) | tan kawarta taunnya | Brê Kabalan sedanipun (50) | sèwu tri atus luwihnya ||

45. pitung dasa tiga mangkin | sedane Brê Singapura (50) | datan kawarta taune | dene nama-nama ingkang | kocap ana bab tlulas | lan bab kawan wêlas iku | sami kalawan kang kawrat ||

46. ing bab sadasa ing nginggil | kalawan bab kalih wêlas | nadyan padhaa namane | têmêne iku wran liya | namung umadha nama | wit para kang kasbut dhuwur | pan sampun sami palastra ||

47. kajabane kang wêwangi | Radèn Gajah maksih gêsang | dumugi Saka warsane | sèwu tigang atus klawan | sèkêt luwih lêlima | kasêbut anèng babipun | tiga wlas sêrat punika ||

48. dene ingkang awêwangi | Radèn Jagulu punika | liniwatan pratelane | awit dinuga kang nama | mangkana Pandhan Salas | mirid saking babonipun [ba...]

--- 245 ---

[...bonipun] | namung kasêbut mangkana ||

49. Brê Pandhan Salas ngêmasi | Radèn Jagulu mung ika | tanna katrangane manèh | măngka pinisah ing pada | pêpuntonirèng rêmbag | Radèn Jagulu puniku | anênggih Brê Pandhan Salas ||

50. mênggah kang kangge nêksèni | kèhing nama-nama ingkang | ing wuri tanna têrange | tuwin cariyosing Sêrat | Praraton kang wêkasan | dumugi sapriki durung | pinanggih ing srat liyanya ||

51. nahên kawuwusa mangkin | ingkang pêrlu kinandhakna | Brê Wirabumi putrane | Sang Sri Rajasanagara | ingkang ugi anama | anênggih Sang Hayamwuruk | punika pinêndhêt suta ||

52. dening Brê Daha samangkin | uga pêrlu kasumrêpan | Brê Daha ingkang angêpèk | putra mring Sang Sri Rajasa | awit ingkang anama | Brê Daha yêktine têlu | sami wontên têkèng warsa ||

53. sèwu tigang atus luwih | tigang dasa luwih astha | supaya bisa cêthane | sawiji-wijine ingkang | namanira Brê Daha | sarta dhatêng ingkang kasbut | ing bab kalih wêlas mangkya ||

54. Brê Daha ingkang satunggil I | iku nênggih garwanira | Sang Sri Kêrtarajasane | inggih Rahadyan Wijaya | nata ing Majalêngka | Brê Daha kaping dwinipun [dwi...]

--- 246 ---

[...nipun] II | putra Sang Kêrtarajasa ||

55. sadhèrèkira Prabwèstri I | dene Brê Daha katiga III | iku kang lêrês buyute | putra kwalon Prabu Kênya | dadi canggah kuwalonnya | Sang Prabu Èstri minuwus | kawarna Bra Hyang Wisesa ||

XI.

56. jêjulukira Narpati | Aji Wikrama madêgnya | kala taun Isakane | sèwu tri atus sawêlas | tumêkanirèng warsa | sèwu tri atus rong puluh | luwih loro kawarnaa ||

57. lêt nêm taun lan madêging | Naranata Hyang Wisesa | nuju Prangbakat wukune | sèwu tri atus sadasa | pêpitu taun Saka | ana gunung longsor mawut | dupi ing taun Isaka ||

58. sèwu tri atus dwi dèsi | Gajah Ênggon tilar donya | mantuk ring asal mulane | antuk pitulikur warsa | gyannya madêg kya patya | miturut pamintanipun | Sang Brê Hyang Wêkasing Suka ||

59. prayogine kang gumanti | patih ing satilarira | Gajah Ênggon iku mangke | Gajah Manguri kewala | inggih lajêng gumantya | dene ingkang arum-arum | Sang Brê Hyang Wêkasing Suka ||

60. sedanira kala warsi | sèwu tri atus dwi dasa | satunggal apan luwihe | seda ing Êndrabawana | dene

--- 247 ---

sumarenira | ana ing astana Tanjung | utawane ingkang karan ||

61. Parama Sukapurèki | kawarta Bra Hyang Wisesa | nalika taun Sakane | sèwu tri atus dwi dasa | kêkalih luwihira | lajêng mêngkêrkên praja gung | kasêngsêm ulah subrata ||

62. mandhita mataki-taki | ing ngriki yun dèn andharna | mênggahing kawontênane | madêge Brê Hyang Wisesa | nênggih Aji Wikrama | ngasta pusarèng praja gung | ing Majalêngka mangkana ||

63. umadêgira narpati | nênggih Sang Aji Wikrama | pancèn dudu sabênêre | awit dudu putranira | Sri Rajasanagara | anênggih Sang Hayamwuruk | ri Sang Hyang Wêkasing Suka ||

64. punika kadudut saking | garwa Brê Lasêm Sang Rêtna I (26) | ayu nênggih parabane | Brê Lasêm iku putranya I | Sang Hayamwuruk uga | saking Paduka Sori ku | dadine Bra Hyang Wisesa ||

65. ingkang uga asêsilih | namendra Aji Wikrama | kamantu Hayamwuruke | kalêrês pulunanira | piyambak putranira | rine èstri Hayamwuruk | putra kang tuwa priyăngga ||

6. dene Sang Brê Wirabumi | nadyan Hayamwuruk putra | nanging mung saking sêlire | tan gumanti ingkang rama | mandhirèng Majalêngka | kang gumanti [gu...]

--- 248 ---

[...manti] putra mantu | beda lan Jayanagara ||

67. nadyan putra saking sêlir | prandene gumanti rama | Kêrtarajasa sang rajèng | anênggih Radèn Wijaya | ngrèh nagri Majalêngka | nging mirid surasèng têmbung | wangune mêksa tan kwasa ||

68. mangrèh antero nagari | gênti mirid ingkang kocap | ing bab kalih wêlas mangke | nagara Jawa pinerang | dadi kêkalih yeka | Bang Wetan satunggilipun | Bang Kilèn kêkalihira ||

69. ingkang mandhirèng narpati | anèng Bang Wetan Blambangan | putra Hayamwuruk rêke | Brê Wirabumi manawa | kala ing sugêngira | Rajasanagara Prabu | Ratu Agêng Majalêngka ||

70. karsanira Sri Bupati | nadyan putrane wanudya | kang patutan sing garwane | pikantuk warising rama | ananging putranira | patutan sing sêlir Prabu | Brê Wirabumi angsala ||

71. warisan ing sawatawis | saking tilarane rama | pramula ing sasedane | Sang Sri Rajasanagara | Brê Wirabumi nulya | jumênêng ngasta kaprabun | anèng Bang Wetan Blambangan ||

72. kawuwusa dèrèng lami | lan jumênêngira Nata | Bra Hyang Wisesa sang rajèng | anênggih Aji Wikrama | lajêng kasedan putra | kakung arum-arumipin [a...]

--- 249 ---

[...rum-arumipin] | Sang Bra Hyang Wêkasing Suka II ||

73. patutanira Sang Aji | lan pramèswari Sang Rêtna | Brê Lasêm Ayu putrane I (26) | Sang Sri Rajasanagara | dene pêparabira | Bra Hyang Wêkas ing Sukhèku II | nunggak sêmi namanira ||

74. lan nata salah satunggil | kang nurunkên ibunira | yèn mirid dhuwur unine | pamilihira mring Patya | Gajah Manguri ika | kang mangkana èmpêripun | Sang Bra Hyang Wêkasing Suka ||

75. kalèku wus andarbèni | pangawasa pangrèh praja | ing sawatara agênge | dene ingkang milih patya | Sang Hyang Wêkasing Suka II | dene ingkang rama Prabu | Aji Wikrama samana ||

76. saseda putranira ji | ing kala taun kasêbat | ing dhuwur karsa sang rajèng | Aji Wikrama mandhita | mêngkêrkên pangrèh praja | asèlèh ingkang kaprabun | mring putra Dèwi Suhita ||

XII.

77. jumênêng Narendra Putri | anèng nagri Majalêngka | Bathara Êstri asmane | kalane taun Isaka | sèwu tri tus dwi dasa | langkung kalih praptanipun | sèwu tri atus luwihnya ||

78. sèkêt pan langkung satunggil | tan lami Brê Lasêm seda | wontên ing Kawidyadarèn | kasarèkkên [ka...]

--- 250 ---

[...sarèkkên] ing Pabangan | kang măngka darma aran | Laksmipura lajêngipun | Brê Kahuripan palastra ||

79. nuntên Brê Lasêm winarni | kang karan Sang Lêmu seda | garwa Brê Wirabumine | tan lami Brê Pandhan Salas | uga seda minakam | anèng Jingga karanipun | darma ing Sri Wisnupura ||

80. Bra Hyang Wisesa winarni | kacarita pasulayan | klawan Bra Wirabumine | tigang taun êlêtira | kêkalih smyandon yuda | Bra Wirabumi winuwus | lawanan Bra Hyang Wisesa ||

81. kêkalih samya suka wrin | marang Bra Hyang Pramèswara | lan Brê Tumapêl karone | dupi atampi suruhan | pininta sraya ing prang | sami kewuhan ing kalbu | pundi kang dèn bantonana ||

82. padha sanak tan prayogi | yèn ta ngilonana sowang | luwih bêcik kèndêl bae | kapyarsakkên sing kadohan | gyanira andon pêrang | kalihira tunggak waru | nanging ing kawêkasannya ||

83. tumêkaning têmpuk jurit | rame sakarone sura | ananging katêmahane | kasêsêr tyang Majalêngka | twin Bang Kulon sadaya | Bra Hyang Wisesa amundur | ngeman rusakirèng wadya ||

84. wong Bang Wetan ngangsêg wani | Bra Hyang Wisesa saksana | asung

--- 251 ---

wruh marang kalihe | Brê Tumapêl malihira | Sang Bra Paramèswara | yèn kasoran ing prang pupuh | nyaguhi kang sinung wikan ||

85. ambantoni ing ajurit | arum pasrangkaranira | utusan kinèn balyage | umatur mring Hyang Wisesa | yogya dèn antèkêna | aywa ngunduri rumuhun | dèn tanggon nanggulang mêngsah ||

86. Bra Hyang Wisesa miyarsi | ature kanang utusan | pulihing kuwanènane | mêngsah tandya tinanggulang | tan suwe bantu prapta | wadyèng Brê Tumapêl wuwuh | wadyèng Brê Paramèswara ||

87. samyanggrêgut ngangsêg wani | tatag wong Bang Wetan panggah | nanging karoban mêngsahe | wong Bang Wetan akèh pêjah | mundur saking ranangga | kathetheran salang tubruk | Brê Wirabumi kaplajar ||

88. wong Bang Wetan tan pêpulih | wus kasêsêr asasaran | lumayu rêbut gêsange | Brê Daha sampun kiniwat | dening Bra Hyang Wisesa | binêkta mangilèn laju | Brê Wirabumi kawarna ||

89. dalunya wus mlayu gêndring | numpak baita manabrang | kinodhol dening Rahadèn | Gajah ingkang namanira | Bra Narapati dadya | Ratu Angabaya iku | praptèng giyata kacandhak ||

90. tan polah Brê Wirabumi [Wira...]

--- 252 ---

[...bumi] | pinatenan gya tinigas | uwal sing gêmbung murdane | binêkta mring Majalêngka | Wirabumi samana | sinarèkakên anèng Lung | ran Darma Gorisapura ||

91. ing warsa Saka marêngi | sèwu tri atus dwi dasa | wolu anênggih luwihe | nalika prang Hyang Wisesa | mêngsah tiyang Bang Wetan | uga ing taun puniku | ran prang agêng Majalêngka ||

92. lêt kawan taun tumuli | Gajah Manguri palastra | ing taun sèwu luwihe | tigang atus tigang dasa | kêkalih luwihira | antuk kalih wêlas taun | gyanira umadêg patya ||

93. Gajah Lêmbana gumanti | patih nagri Majalêngka | nahên ing kala taune | sèwu tri atus tri dasa | têtiga luwihira | nuju wuku Julungpujut | ana gunung longsor juga ||

94. sarêng ing taun marêngi | sèwu tri atus tri dasa | lêlima nênggih luwihe | Gajah Lêmbana palastra | namung antuk tri warsa | dadya nindyamantri anung | Tuhan Kanaka gumantya ||

95. Brê Daha tan dangu lalis | Brê Mataun Brê Mataram | tan dangu uga wus praptèng | janji murud ing kasidan | sawusira nulya na | lantaran kala ing taun (?) | sèwu tri atus tri dasa ||

96. luwih wolu amarêngi | lêt sapuluh taun [ta...]

--- 253 ---

[...un] yeka | ing warsa sèwu luwihnya | tri atus lan kawan dasa | luwih wolu Isaka | sarêng dumugi ing taun | sèwu tri atus lwihira ||

97. kawan dasa sanga nênggih | Brê Tumapêl tandya seda | nèng Lokêrêp sumarene | dene ta namaning darma | iku Amarasaba | Brê Wêngkêr uga wus murud | ing kasidan smarenira ||

98. ing Sumêngka napi malih | Bra Hyang Wisesa tumulya | seda dene sumarene | nèng Lêlangon kang astana | minulya sinaksama | araning darma puniku | Paramawisesapura ||

99. sarêng ing warsa winilis | sèwu tigang atus miwah | sèkêt satunggal Sang Rajèng | Prabu Kênya Majalêngka | seda atilar donya | nahên gantya kang winuwus | mèngêti Bra Hyang Wisesa ||

100. ing bab sawêlas kawarti | yèn sang nata wus magawan | mêngkêrkên pangrèh prajane | sèlèh mring putra wanudya | asma dèwi Suhita | nanging bab rolas ing dhuwur | Bra Hyang Wisesa kawarta ||

101. pasulayan bèncèng pikir | lan Brê Wirabumi têmah | dadi andon pêrang gêdhe | Bra Hyang Wisesa priyăngga | nylirani mangun yuda | nitik saking bab puniku | Bra Hyang Wisesa kang uga ||

102. jêjulukira Narpati | Aji [A...]

--- 254 ---

[...ji] Wikrama samana | banjur angatingal manèh | manawa Bra Hyang Wisesa | tan lastari magawan | nitik ing kaananipun | sêmune wangsul ngrèh praja ||

103. kasaksènan pèngêtaning | băngsa Cina jaman kuna | kang maksih sinimpên bae | ing mangke sampun winahya | dening tuwan kang nama | W.P. Grunêvèl pan sinung | têmbung Inggris kawrat sêrat ||

104. Tidskrip Gênutskap Batawi | nalika ing taun Cina | taun Walănda samine | sèwu kawan atus miwah | gangsal wêlas saminya | ing taun Saka panuju | sèwu tri atus tri dasa ||

105. pêpitu luwihirèki | narendra Jawa ingaran | dening Cina ing namane | Yang Wisisa (Yang Wisisa) yèn mangkana | rada ana nyatanya | yèn Hyang Wisesa satuhu | mawi wangsul mangrèh praja ||

106. saking magawan ananging | kala taun sèwu tigang | atus pitu iku maksèh | lami êlêtira seda | ing warsa wus kawahya | sedane êlêt rong puluh | taun sabakdaning pêrang ||

107. dadi antaraning warsi | sèwu tigang atus lawan | sèkêt tumêka warsane | sèwu tigang atus lawan | sèkêt satunggal Saka | de Prabwèstri surudipun II | tumuli bae lan rama [ra...]

--- 255 ---

[...ma] ||

108. kawarna Brê Wirabumi | kajaba putra narendra | Hayamwuruk sing sêlire | kaya kang wus kocap ngarsa | dadine prênahira | lan Brê Lasêm Sanga Ayu | sadhèrèk mung nunggil yayah ||

109. dadi ipe lan Sang Aji | Wikrama de garwanira | Brê Wirabumi Sang Rajèng | Brê Lasêm Sang Lêmu ika | sadhèrèk Hyang Wisesa | dadi ipe brangkêp iku | sami alap-ingalapan ||

110. wuwuh Sang Brê Wirabumi | ingambil putra Brê Daha (II) | Kêrtarajasa putrine | patutan saking Brê Daha (I) | mula umpak-umpaknya | Brê Wirabumi puniku | putra ing Daha panduga ||

111. mula wani angayoni | prang kalawan Majalêngka | manawa ana kwasane | tumraping nagari Daha | manwangsal bantunira | saking Daha wuwuh têguh | nahên gênti kang kawarna ||

112. nalikane ayon jurit | Bra Hyang Wisesa kalawan | Brê Wirabumi kalihe | sami asung wikan marang | Sang Brê Paramèswara | lan Brê Tumapêl puniku | sakawite alênggana ||

113. sami tunggak waru dhingin | kang awit saka punika | kêna inganggêp samangke | yèn Brê Tumapêl kalihan | Sang Bra Paramèswara | sami gêng pangwasanipun | katăndha pininta sraya [sra...]

--- 256 ---

[...ya] ||

114. sarêng sampun amiyarsi | Majapait kuwalahan | anulya têtulung age | ambantoni ing ranangga | marang Bra Hyang Wisesa | mirid saka iku èstu | pan kadi dadya sajuga ||

115. lan nagari Maospait | andêrpati abipraya | dene Brê Tumapêl kiye | Brê Tumapêl putranira (b) (39) | nênggih BrA Hyang Wisesa | kamantu dening wong agung | Brê Wirabumi Blambangan ||

116. de Bra Paramèswarèki | iku Hyang Paramèswara II (47) | Brê Pandhan Salas putrane I (40) | garwane Dèwi Suhita | Prabwèstri Majalêngka II | dadi kamantu Sang Prabu | Majapait Hyang Wisesa ||

117. layak bae angiloni | kajaba tăndha sajuga | lan nagri Majapaite | uga sing pêraking kadang | pèngêtaning wong Cina | tunggale kang kasbut dhuwur | uga na pêrang sanyata ||

118. wong Bang Wetan tanah Jawi | lawanan wong ing Tumapan | Bang Kulon tanah Jawane | Tumapan iku manawa | Tumapêl pikajêngnya | rèh kêdaling Cina èstu | tan manis ngucapkên Jawa ||

15. Dhandhanggula

1. nalikane prang panuju warsi | manut etangane wong ing Cina | ing taun Lănda samine | sèwu patang tus têlu | taun Saka nuju marêngi | sèwu

--- 257 ---

tri tus dwi dasa | lêlima katutur | kasêbut pèngêtan Cina | namung muni yèn Ratu Tumapan jurit | lan Ratu Pilingtahah ||

2. Pilingtahah iku bokmanawi | Brê Daha mungguh ing kêdal Jawa | dene Tumapêl karêpe | manawèku sinêngguh | dening Cina raning nagari | Bang Wetan tanah Jawa | ananing prang iku | apan wus cocog tatela | yèn kalèku ing tanah Jawa ajurit | kilèn mêngsah Bang Wetan ||

3. Pararaton kandhane tan sisip | malah lamun kaèmpêr kang crita | nalikèku kèh èmpêre | lan crita Damarsantun | nadyan sêrat Dyan Damarsasi | akèh rêrêngganira | bedane kalangkung | nadyan mangkana manawa | layang Damarwulan pêndhêtane saking | landhêsan critèng Babad ||

4. mung lajênge rinêngga kang tulis | myang binabar jinèrèng kang kăndha | inganggit sapamanggihe | nadyan turutanipun | kang ngèmpêri tan kathah ugi | ananging mêksa ana | ingkang rada sambung | kaya ta ananing pêrang | Majapait umangsah Blambangan nagri | wiwite Majalêngka ||

5. kalah lajêng angsal bantu jurit | ing wêkasan Blambangan kasoran | iku pan ana èmpêre | dene namaning Prabu | Majapait Suhita [Su...]

--- 258 ---

[...hita] Dèwi | dene Kancanawulan | tuwin Ratu Ayu | Kancanawungu lan lyannya | mung Sang dèwi Suhita Bathara Êstri | Wirabumi èmpêrnya ||

6. Menak Jingga Sang Bisma Dipati | murdanira tinigas ginawa | mring Majalêngka parane | iku kèh èmpêripun | namung ingkang nigas lyan nami | dede Damarsasăngka | Radèn Gajah iku | nênggih Ratu Angabaya | jêjulukira nênggih Bra Narapati | nahên gênti kawarna ||

7. mirid saking jêjuluking nami | Radèn Gajah Ratu Angabaya | Bra Narapati kirane | Dyan Gajah yêktinipun | pangkatira luhur wah nitik | gyannya mawi sêbutan | ing murwating ratu | dene kang nama Brê Daha | kang binêkta mangilèn dening Sang Aji | Hyang Wisesa duk yuda ||

8. iku apa Brê Daha kang ngambil | putra marang Wirabumi Nata | ing Blambangan sayêktine | yèn mirid têmbungipun | uninira ingêmban iki | mêsthinèku wanudya | pêpuntoning rêmbug | rèhning tan têrang sanyata | măngka sampun pinikir ingolak-alik | tan ana manèh jaba ||

9. mung Brê Daha ingkang ngambil siwi II | marang Sang Ratu ing Balambangan | yèku Brê Wirabumine | dene lamun rinêmbug | Brê Dahèku ingkang [ing...]

--- 259 ---

[...kang] upami | Brê Daha putranira III (49) | Pandhan Salas iku | garwa Brê Tumapêl ingkang (b) (39) | kawuntat dèn kiwat mring Brê Wirabumi | saka ing kira-kira ||

10. sabab lamun Brê Daha kang ngambil II (20) | putra marang Brê Wirabumèka | sampun lami ing sedane | antawisirèng taun | sèwu dwi tus sangang dasa tri | dumuginirèng warsa | sèwu kalih atus | sangang dasa luwih astha | rèhning namung saking kira-kira ugi | mênggah Brê Daha ika ||

11. durung têrang mung dugi prayogi | măngka ing ngandhap ana carita | namane Brê Daha manèh | dudu Brê Daha sunu III (49)- | nira Pandhan Salas wit saking | wus kliwat sedanira | kalanirèng taun | sèwu tri atus tri dasa | luwih astha măngka Brê Daha kang kari | muncule ing carita ||

12. Brê Daha kang kasêbut ing nginggil II-III | sampun sami palastra sadaya | têka ana katon manèh | nama Brê Daha kasbut | ana ing bab tiga wlas wuri | mungguh ta nyatanira | angèl tangguhipun | nahên gênti kang kawarna | pèngêtane băngsa Cina ana muni | kala ing taun Cina ||

13. saminira ing taun Walandi | sèwu patang atus luwih lima | lan sèwu patang atuse | astha Isaka taun [tau...]

--- 260 ---

[...n] | sèwu tigang atus tri dèsi | bagendha nagri Cina | pawong mitra tuhu | lan sawijining narendra | nagri Puni nanging sarèhne ing mangkin | tan gêpokan kang crita ||

14. ingsun pêdhot prayoga ing wingking | sun kandhakkên ana ing jro Sêrat | Pararaton tambahane | lan sanès-sanèsipun | kang sayogya dipun wêruhi | marang kang samya maca | Pararaton iku | gênti samangke kang kocap | kala taun sèwu tigang atus luwih | sèkêt kalih kawarta ||

XIII.

15. Tuhan Kanaka tandya ngêmasi | unggyanira umadêg kya patya | pitulas taun lamine | tumuntên sedanipun | Sang Brê Lasêm nèng Jinggan nuli | Brê Pandhan Salas seda | nuntên Dyan Jagulu | tan dangu uga palastra | datan dangu Dyan Gajah dipun pêjahi | wit kalêpatan gyannya ||

16. amêjahi mring Brê Wirabumi | kalanira lumayu kêcandhak | anèng baita nulya ge | tinigas murdanipun | kalanya Dyan Gajah linalis | marêngi taun Saka | sèwu tigang atus | sèkêt lêlima luwihnya | kawarnaa sarêng ing sajroning warsi | sèwu tri atus miwah ||

17. sèkêt sanga Brê Daha madêg ji | Prabu Putri nagri Majalêngka | sarêng sajroning taune [tau...]

--- 261 ---

[...ne] | sèwu tri atus langkung | swidak astha ana kang lalis | nênggih Brê Pramèswara | dene sedanipun | ana ing Wisnubuwana | sinarèkkên anèng Singhajaya nuli | Brê Kêling uga seda ||

18. ana ing Apa-apa Brê Kêling | sumarenya nahên jroning warsa | sèwu tri atus swidake | sasanga luwihipun | Prabu Putra Brê Daha lalis | sumaryèng Singhajaya | gênti kang kawuwus | mèngêti kaananira | ingkang kawrat ing bab kasêbut ing ngarsi | sedane Prabu Kênya ||

19. Dèwi Suhita Bathara Èstri II | ing taun sèwu tri atus miwah | sèkêt sawiji luwihe | măngka madêging ratu | Brê Dahèku nèng Majapait | jumênêng Prabu Kênya | ing sajroning taun | sèwu tigang atus miwah | sèkêt sanga yèn mêngkono nganti lami | lowok tan mawi nata ||

20. tan kacêtha ingkang nguwasani | pangrèh praja ing kala lowoknya | nagara Majapaite | dene Brê Daha iku | kang umadêg Narendra Putri | Prabwèstri kaping tiga | kalanirèng taun | sèwu tri atus luwihnya | sèkêt sanga supaya gampil kang nami | apan kenging winastan ||

21. Brê Daha ingkang kaping pat awit IV | ingkang sampun kasêbut [ka...]

--- 262 ---

[...sêbut] ing ngarsa | Brê Daha kang sapisane I | iku pan garwanipun | Sang Sri Kêrtarajasa nguni | de Brê Daha kalihnya II | klêrês putranipun | Sang Prabu Kêrtarajasa | dene ingkang nama Brê Daha kaping tri III | putra Brê Pandhan Salas II ||

22. katri sami wus seda rumiyin | mung Brê Daha ingkang kapat ika IV | ingkang linarah ing mangke | yèn mirid ingkang kasbut | anèng nginggil têtela yêkti | yèn Brê Daha kaping pat IV | Sri Narendra Wadu | ing Majapait ping tiga | magêpokan kalawan Brê Wirabumi | makatên nyatanira ||

23. Hyang Wisesa seda kala warsi | sèwu tigang atus sèkêt juga | kaya kang wus winartakke | ing nginggil dene Prabu | Putri ingkang kaping dwi nênggih II | dèwi Suhita seda | tan dangu lan iku | maksih ing sajroning warsa | sèwu tri atus sèkêt luwih satunggil | dene kala ing warsa ||

24. sèwu tri atus dwi dasa luwih | wolu kawarta Dyan Gajah munah | mêngsah Wirabumi Rajèng | tinigas jăngga prabu | murdanira binêkta maring | Majapait nagara | ing kalèku têmtu | katrima mring Hyang Wisesa | munah ripu kang dadi kliliping Aji | katon gêng lêlabêtnya ||

25. ing sajroning jaman Sang Prabwèstri | lan Hyang Wisesa [Wi...]

--- 263 ---

[...sesa] Dyan Gajah nyata | datan ana wong samine | mênggah kotamanipun | marang prabu ing Majapait | nanging dumugi warsa | sèwu tigang atus | lan sèkêt luwih lêlima | sarêng ingkang jumênêng natèng nagari | Majapait sang rêtna ||

26. Brê Daha ingkang ping pat Prabwèstri III | Radèn Gajah têka pinidana | pinêjahan jalarane | nyedani ring Sang Prabu | Wirabumi nyatane mangkin | ingkang jumênêng nata | gêpokan saèstu | lan Brê Wirabumi ika | kotamane salin dipun anggêp sisip | nadyan sampun lêt lama ||

27. sampun langkung kalih dasa warsi | apadene jumênênging nata | Brê Daha ingkang ping pate | manawèku binantu | dening tiyang kang manah nisih | dhatêng natèng Blambangan | Wirabumi Prabu | yèn ta aja amiyagah | Brê Daha ingkang kaping sakawan iki | kang binêkta lumajar ||

28. ing Hyang Wisesa duk mênang jurit | binêkta ngilèn saking Bang Wetan | saking papaning mêngsahe | apa ta iya iku | Brê Daha ingkang kaping kalih | ingkang ingambil putra | Wirabumi Prabu | dene nganti malês pêjah | mring Dyan Gajah pamalêse Wirabumi | aja na pakewuhnya ||

29. kados ingkang sampun kasbut ngarsi | yèn Brê Daha

--- 264 ---

kalih wus palastra | rikala ing sadurunge | wong Majapait mungsuh | tyang Blambangan atêmpuk jurit | saka ing kira-kira | Brê Daha ping catur | iku pan ana piyambak | namung Sêrat Pararaton tan ngandhani | têrangira sanyata ||

30. nahên gênti mirid crita nginggil | sasedanya Sang Narendra Kênya | Prabu Èstri ping tigane III | Brê Daha kapat iku | sinarèkkên cinandhi nunggil | ana ing Singhajaya | lan sapa tan kasbut | nanging mirid kang kacrita | nalikane ing taun sèwu aluwih | tri atus swidak astha ||

31. Pramèswara ingkang kaping kalih II | seda sampun sumare ing kana | dadi nunggal sumarene | kang awit saka iku | nuwuhakên panggagas rungsit | kadwinya prênah apa | de sasedanipun | awuning jisim kalihnya | tinunggalkên cinandhi dadi sawiji | yèn karêmbag ananya ||

32. kang kasêbut ing Praraton iki | ana uga kang kinarya nglalar | mungguh awu sumarene | anunggal ing sadunung | kados ta Brê Paguhan yèki II (42) | sarêng seda samana | sinarèkkên tumut | pan cinandhi awunira | anèng Sabyantara lan Brê Pajang iki II (45) | kêna lamun dinuga ||

33. bokmanawa awuning kang

--- 265 ---

jisim | kang dinarma nunggal ing sapapan | iku wus mêsthi jodhone | katăndha kalihipun | Brê Paguhan klayan Sang Putri | Brê Pajang prênahira | sanadyan sadulur | sanès ibu nunggil rama | nanging sami dados jodho laki rabi | bab sadasa wus ngêwrat ||

34. yèn mangkono nitik sumarening | Bra Pramèswara kang kaping dwinya II (47) | dene anunggal sumare | lan Brê Daha ping catur | Prabu Kênya ingkang kaping tri | jumênêng Majalêngka | mirid saka iku | têtela Bra Pramèswara | dudu garwanira Suhita Sang Dèwi | Prabwèstri kaping dwinya ||

35. yêkti lamun garwane Prabwèstri | ing Majapait kang kaping tiga | Brê Daha kang kaping pate | măngka ing ngajêng namung | kasbut bilih garwa Prabwèstri | nênggih Bra Pramèswara | tan nganggo kasêbut | Prabwèstri Dèwi Suhita | dadi durung têrang Prabwèstri kang pundi | kaping dwi napi tiga ||

36. dene dèwi Suhita winarni | sanadyana ana titikira | kalamun darbe garwane | nanging datan katutur | nalikane apalakrami | cêkake durung têrang | sintên garwanipun | ing pèngêtan bab sadasa | lan sajarah nyêbutkên garwa Prabwèstri | nênggih Dèwi Suhita ||

37. yeka Bra Pramèswara [Pramè...]

--- 266 ---

[...swara] ananging | rèhning durung têrang ing sanyata | sêmang-sêmang panganggêpe | pramilanira sinung | pada pananya kang kayèki (?) | măngka ana kêndhonya | panganggêping tuduh | yèn awuning jisim ingkang | sinarèkkên dinarma dadi sawiji | iku mêsthi jodhonya ||

38. pan katăndha saking sumarening | Brê Wêngkêr ingkang kaping kalihnya II (41) | sumare dinarma manggèn | apan tunggal sadunung | nèng Sumêngka gyannya cinandhi | lan Brê Kabalan măngka | rama klayan sunu | wusana namung sumăngga | ing karsaning ingkang samya karsanggalih | kawontênan punika ||

39. malah ana kang tuwuh ing pikir | nalikane pêrang Majalêngka | mêngsah Balambangan rajèng | Dèwi Suhita wau | dèrèng nambut silaning krami | sarêng sabakdanira | pan ana katutur | yèn Sang Dèwi mawi krama | kang sakèku mulane kalêbèng pikir | manawa Radèn Gajah ||

40. ingkang măngka garwane Sang Dèwi | wit katrima nigas jangganira | mêngsah kang dadi klilipe | nênggih Wirabumi nung | măngka nitik gênging kang nami | Rahadèn Gajah ika | pan mawi sinêbut | Sang Aratu Angabaya | ingkang iku nuwuhkên gagasing pikir | manawa Radèn Gajah ||

41. iku garwanira Prabu Putri |

--- 267 ---

kang kapindho Sang Dèwi Suhita | nahên kawuwusa mangke | sasedanira Prabu | Majapait Narendra Putri | kang jumênêng ping tiga | Brê Daha ping catur | kang gumanti Naranata | Brê Tumapêl jêjulukira sang aji | Sang Sri Kêrtawijaya ||

XIV.

42. jumênênge duk kala ing warsi | sèwu tri atus suwidak sanga | ganti Brê Paguhan mangke | nyirnakakên wongipun | ing Tidhunggala nging katur mring | nagara Majalêngka | praptanira taun | sèwu tigang atus miwah | pitung dasa kêkalih ing Majapait | ana lindhu samana ||

43. Brê Paguhan ingkang wus ngêmasi | anèng Canggu sinarèkkên nulya | ing Sabyantara namane | ingkang pêpundhèn iku | datan dangu Brê Hyang alalis | sinarèkakên ana | ing Puri kawuwus | Brê Jagaraga tan lama | nulya seda Brê Kabalan uga lalis | dinarma ing Sumêngka ||

44. nunggil dinarma anèng pêpundhin | datan lami Brê Pajang ya seda | dinarmèng nunggal papane | lan Brê Paguhan dhuwur | anèng Sabyantara pinundhi | sarêng nuju ing warsa | sèwu tigang atus | pitung dasa luwih tiga | wukunira Kuningan pan ana rêdi | longsor nunggal ing warsa ||

45. lan puniku Kêrtawijaya [Kêr...]

--- 268 ---

[...tawijaya] ji | uga seda dadi mung pat warsa | gyannya jumênêng pamase | de Brê Tumapêl iku | wus sumare anèng pêpundhin | măngka darma ranira | papaning kang awu | ing Kêrtawijayapura | ênêngêna gênti mèngêti ing nginggil | Brê Tumapêl sang nata ||

46. kang jumênêng nagri Majapait | ajêjuluk Sri Kêrtawijaya | kala Isaka taune | sèwu tri atus langkung | swidak sanga tumêkèng warsi | sèwu tri atus miwah | pitung dasa têlu | rèhning datan têrang nyata | Brê Tumapêl ingkang pundi iku yêkti | prayogane linaras ||

47. upamane Brê Tumapêl iki | Brê Tumapêl ingkang kaping tiga III (b) (39) | putra Bra Hyang Wisesane | ingkang wuragil iku | nadyan ana katrangan ngarsi | uninira mangkana | putra kang pamungsu | jalu Brê Tumapêl nama | Sang Sri Kêrtawijaya yèn iku yêkti | măngka ing ngajêng kocap ||

48. yèn Brê Tumapêl wau wus lalis | duk ing warsa sèwu tri tus miwah | kawan dasa sêsangane | yèn Brê Tumapêl iku | Brê Tumapêl kang kaping kalih II (a) (37) | kang kawarti wus seda | duk kalaning timur | kasêbut ing bab sadasa | nanging datan ana katrangan kang yakin | babonira

--- 269 ---

tan ngêwrat ||

49. têrangira Brê Tumapêl pundi | miwah dudu pajodhoanira | yèku ing palakramane | tan antuk nalaripun | yèn ta iku Brê Tumapêl dwi | dene bisane owah | mung ana ing taun | miturut cariyos ngarsa | ingkang seda kala taun sèwu luwih | tri atus kawan dasa ||

50. luwih sanga Brê Tumapêl katri | rèhning datan tinêrangkên nyata | upamèku duk sedane | Brê Tumapêl dwinipun II (a) | sumare ing Lokêrêp nênggih | ananira ing darma | Amarasabèku | dene Brê Tumapêl tiga III (b) (39) | Sang Aprabu ing nagari Majapait | garwa Brê Lasêm tiga III (34) ? ||

51. iku namung ingkang saupami | mila sinungan tăndha patanya | ing sawurining angkane | tăndha tan nyata tuhu | utawane anggarwa maring | Brê Lasêm ping sakawan (48) ? | lan Brê Daha têlu III (49) | Brê Tumapêl kaping tiga III (b) | wau ingkang madêg Natèng Majapait | kala ing taun Saka ||

52. sèwu tigang atus swidak luwih | sanga dene sedane ing warsa | sèwu tri atus luwihe | pitung dasa têtêlu | sumare kang awu cinandhi | nèng Kêrtawijyapura | pratelan ing dhuwur | iku ana owahira | klayan [klaya...]

--- 270 ---

[...n]ingkang kasbut ing sajarah wingking | wusana mung sumăngga ||

53. apa manèh Brê Tumapêl pundi | ingkang sêpuh punapa kang mudha | kang anggarwa Brê Lasême | Brê Lasêm kaping têlu III (34) | apa ingkang kaping pat awit IV (48) | sakaro tan sêsuta | gênti kang winuwus | rikalanira ing warsa | sèwu tigang atus pitung dasa lan tri | Bra Pamotan tumulya ||

XV.

54. madêg narendra ana ing Kêling | Kahuripan jêjuluking nata | Rajasawardhana dene | Si Nagara katutur | sedanira kala ing warsi | sèwu tri atus miwah | pitung dasa langkung | yêktine crita punika | saya dangu saya tan cêtha ing mangkin | sinung pèngêtan trangnya ||

55. mirid saking carita ing wingking | ana têtikira pitêmbungan | yèn ta Si Nagara rêke | jêjuluknya Sang Prabu | Sri Rajasawardhana yèki | Brê Pamotan kawarta | ing carita pungkur | ing bab ping wolulas ana | putranira papat dene ta Sang Aji | Sri Rajasawardhana ||

56. jumênênge Si Nagara Aji | rikalane ing taun Isaka | sèwu tri atus luwihe | pitung dasa têtêlu | dumugi ing Isaka warsi | sèwu tri atus miwah | pitung dasa wuwuh | lêlima sumarenira [sumare...]

--- 271 ---

[...nira] | anèng Sêpang nahên gantya kang kawarni | tigang taun bakdanya ||

XVI.

57. sedanira Si Nagara Aji | tigang taun lowok tan mawyendra | awit kala ing taune | sèwu tri atus wuwuh | pitung dasa lima praptaning | taun sèwu luwihnya | tigang atus wuwuh- | ira pitung dasa astha | ênêngêna gantya kawarna ing mangkin | jumênêngira nata ||

XVII.

58. Brê Wêngkêr jêjulukira Aji | anênggih Bra Hyang Purwawisesa | jumênêng kala taune | sèwu tri atus langkung | pitung dasa wolu sajroning | taun tri atus klawan | wolung dasa catur | ana gunung longsor gantya | kang kawarta Brê Daha seda ing warsi | sèwu tri atus klawan ||

59. wolung dasa nênêm dene Sang Sri | Bra Hyang Purwawisesa sedanya | kala ing taun Sakane | sèwu tri atus langkung | wolung dasa wolu cinandhi | anèng Puri tan lamya | nuli sedanipun | Brê Jagaraga nahên ta | gênti kasbut pèngêtan kăndha ing nginggil | ing bab patbêlas kocap ||

60. Bra Hyang seda dinarma ing Puri | manawèku tuwuhe kang nama | Bra Hyang Purwawisesane | dinarma ring

--- 272 ---

Purèku | kawuwusa sajroning warsi | sèwu tri atus miwah | wolung dasa wolu | Brê Pandhan Salas anulya | madêg nata ana ing Tumapêl nagri | lamine mung rong warsa ||

XVIII.

61. tandya murca sing kadhaton Aji | dene putranira Sinagara | sakawan iku namane | Brê Koripan pambayun | Brê Mataram panggulu katri | Brê Pamotan kapatnya | nênggih kang rum-arum | Bra Kêrtabumi namanya | Sang Aprabu ingkang kacarita lalis | ana ing jro kadhatyan ||

62. salêbêting taun sèwu luwih | kawan atus dupi taun Saka | sèwu pat atus tigane | wontên gunung anjêblug | ngalad-alad mêtu kang api | gênti pèngêtanira | carita ing dhuwur | ingkang nama Sinagara | iku yêkti ingkang kasêbut ing nginggil | kawrat bab gangsal wêlas ||

63. dene nata kang kawarta lalis | ing kadhaton rikala ing warsa | sèwu kawan atus dene | ing babone kasêbut | unggyanira madêg narpati | Brê Pandhan Salas ika | namung kalih taun | ing taun sèwu kalawan | tigang atus wolung dasa wolu dugi | taun sèwu kalawan ||

64. tigang atus luwih sangang dèsi | datan [data...]

--- 273 ---

[...n] cocok lan sedane nata | kang kasêbut ing sajrone | ing taun sèwu langkung | kawan atus petange dadi | rolas taun sanyata | iku mêksa dudu | yèn Brê Pandhan Salas tiga (III) | ingkang madêg nata ing kala puniki | awit ana kandhanya ||

65. yèn sang nata murca saking puri | apa manèh pêprênahanira | paman lan kaponakane | datan têrang satuhu | sintên ingkang dipun wastani | aprênah kaponakan | ing dhuwur mung kasbut | pamanira sri narendra | ingkang seda ing taun sèwu pat biting | tan kasêbut namendra ||

66. dene ing Srat Pararaton iki | mêksa nganggêp yèn Brê Pandhan Salas | nadyan tan têrang critane | nata kang kasbut dhuwur | ingkang seda kala ing warsi | sèwu kawan atusnya | nanging datan kukuh | tan arsa lamun miyagah | yèn tan jangkêp tăndha pasaksining miring | sumăngga pra nupiksa ||

67. kawuwusa panutuping tulis | Pararaton pan muni mangkana | itih Pararaton mangke | sinurat jroning taun | sèwu gangsal atus tri dèsi | lêlima luwihira | nèng Icasadhèku | ing sela pênêk samana | rampungira nuju dintên Saptu Paing | yeka kang winastanan [wina...]

--- 274 ---

[...stanan] ||

68. Paing sanès cara wukunèki | Warigadyan mungguh ta ing Jawa | Warigagung pikarêpe | masa krêsna pasèku |[25] dwi tiyaning karo kang sasi | mungguh pikajêngira | kaping kalihipun | măngsa panglong wulanira | karo iku kalêrês ing wulan Wlandi | Agustus kaping tiga ||

69. taun sèwu nêm atus sadèsi | luwih tiga dene ingkang nama | Icasadha iku mangke | Sukasadha ranipun | padunungan ing nagri Bali | kidul wetan prênahnya | lan Singarajèku | kutha Bulèlèng nagara | ingkang nganggit minta aksama kang sisip | wit saking punggung arda ||

70. wuwuh lagi sinau anganggit | ing wusana mung pamujinira | sami manggiha arjane | sumrambah mring kang nurun | pan mangkana wêdharing tulis- | ira ingkang mangripta | Pararaton iku | ingkang uga winastanan | Kèn Arok utawa Angrok uga kenging | karo pisan kalumrah ||

71. awit saking Pararaton iki | tuwin Sêrat Babad Tanah Jawa | tanapi srat wêwahane | Pararaton ing pungkur | para maos sagêd udani | tuwin nandhing bedanya | cariyosing dangu | anane kanang nagara | Majapait kang kawrat cariyos Jawi |

--- 275 ---

Bali twin liyanira ||

72. cêkakaning Pararaton iki | uga badhe kawrat ing wêwahan | Sêrat Pararaton têmbe | murih ing gampilipun | anggènira nandhing kang warti | awit mung pinilihan | pinêndhêt kang pêrlu | kang dadi jêjêring kăndha | tamat ing srat Pararaton Jilid kalih | nyandhak wêwahanira//i// ||

--- [276] ---

Pratelad[26] II.

Pratelan nama-nama ingkang kasêbut ing sajarah, ananging ingkang botên mawi katêrangakên sintên ingkang nurunakên.

A. Radèn Cakradara, garwanipun Brê Kahuripan II (19),[27] sedanipun botên kasêbutakên, sumare ing pundi inggih botên kasêbut.

B. Radèn Kudamêrta = (Brê) Wêngkêr I = Pramèswara I = Brê Pamotan I = Wijayarajasa, krama angsal Brê Daha II (20), seda kala ing taun 1310, sumare ing Manyar = Wisnubuwanapura.

C. Radèn Larang = Brê Mataun I, krama angsal ... (d)[28] (22), sadhèrèkipun putri Hayamwuruk, seda ing taun 1311, sumare ing Tigawangi = Kusumapura.

--- 278[29] ---

D. Radèn Sumana = Brê Paguhan I, krama angsal Brê Payang I (23), seda ing taun 1311, sumare ing Lobêncal = Parwatigapura.

Ê. Brê Kêmbang Jênar, krama angsal Brê Kêling I (46), sedanipun botên kasêbutakên, sumare ing pundi botên kasêbutakên.

__________

--- [279] ---

Pratelan III.

Pratelan asmanipun para ratu ing Majapait ingkang kantun-kantun.

Ing dalêm 8 taun lowok botên mawi Ratu, wiwit ing taun 1351 dumugi taun 1359.

52. Brê Daha IV = Prabu Putri III jumênêng ing taun 1351, seda ing taun 1369, sumare ing Singhajaya.

53. Brê Tumapêl IV = Kartawijaya (?), jumênêng ing taun 1369, seda ing taun 1373, sumare ing Kêrtawijayapura.

54. Brê Pamotan II = Brê Kêling II = Brê Kahuripan V = Rajasawardhana = Si(nga)nagara, jumênêng ing taun 1373, seda ing taun 1375, sumare ing Sêpang.

--- 280 ---

Ingkang kasêbut putranipun Sang Nata sêkawan.

55. Brê Koripan VI.
56. Brê Mataram II.
57. Brê Pamotan III.
58. Brê Kêrtabumi.

Ing dalêm 3 taun lowok botên mawi ratu, wiwit taun 1375 dumugi 1378.

59. Brê Wêngkêr III = Hyang Purwawisesa, jumênêng ing taun 1378, seda ing taun 1388.

60. Brê Pandhan Salas III, jumênêng ing taun 1388, tilar kadhaton 1390.

__________

--- [281] ---

Pratelan IV.

Pratelan nama-namanipun para ingkang kinintên sarta kaanggêp dharahing ratu, ing Pararaton botên mawi katêrangakên, namung nitik sêsangkutaning cariyos kathah sangêt èmpêripun yèn ingkang sami kasêbut ing ngandhap punika sami dharahing ratu.

61. Brê Gundal.
62. Radèn Gajah, Bra Narapati.
63. Brê Pandhan Salas II.
64. Radèn Jagulu.
65. Bra Hyang.
66. Brê Daha V.
67. Brê Jagaraga II.

__________

--- [282] ---

Pratelan V.

Pratelan cêkak uruting jumênêngipun para ratu ing Tumapêl sarta ing Majapait.

Ing Tumapêl.

Kèn Angrok (Arok) sarêng jumênêng ratu asma: Rajasa, 1144-1169.

Anusapati, Ratu, 1170-1171.

Tohjaya, Ratu, 1171-1172.

Rănggowuni, sarêng jumênêng ratu: Wisnuwardhana, 1171-1194.

Kêrtanagara, sarêng jumênêng Prabu: Siwabudha, 1194-1197.

Sumêla jumênêng, Jayakatong, 1197-1216.

Ing Majapait

Radèn Wijaya, sarêng jumênêng Prabu: Kêrtarajasa (Jayawardhana) 1216-1217.

Kalagêmêt, sarêng jumênêng Prabu: Jayanagara, 1217-1250.

--- 283 ---

Brê Kahuripan II jumênêng Prabu Putri I (Jaya Wisnuwardhani) 1250-....?

Hayamwuruk, jumênêng Prabu: Rajasanaga(ra), ... ? - 1311.

Hyang Wisesa, jumênêng Prabu: Ajiwikrama, 1311-1322.

Dèwi Suhita, jumênêng Prabu Putri II: 1322-1351.

Lowok botên wontên ingkang jumênêng ratu 1351-1359.

Brê Daha IV, jumênêng Prabu Putri III, 1359-1369.

Brê Tumapêl IV, jumênêng Prabu: Kêrtawijaya (?), 1369-1373.

Brê Pamotan II jumênêng Prabu: Rajasawardhana: 1373-1375.

Lowok botên wontên ingkang jumênêng ratu 1375-1378.

Brê Wêngkêr III jumênêng Prabu: Hyang Purwawisesa, 1378-1388.

Brê pandhan Salas III jumênêng Prabu 1388-1390 (?)

__________

--- [284] ---

Isinipun Sêrat Pararaton Jilidan II

ing kaca
Bêbuka"3
Bab I. Kèn Angrok Sri Rajasa.
Ngêwrat cariyos kawontênanipun Kèn Angrok ngantos dadosipun ratu wontên ing nagari Tumapêl, ajêjuluk Sri Rajasa, Bathara Sang Amurwabumi, Bathara Guru, kala ing taun Isaka: 1144 dumugi ing taun: 1169, tuwin sapanunggilanipun ingkang têksih magêpokan lêlampahan ing jamanipun Kèn Angrok.
"4
Bab II. Anusapati.
Jumênêngipun ratu kala ing taun Isaka: 1170 dumugi ing taun: 1171, tuwin lêlampahanipun sarta cariyos ingkang magêpokan ing jamanipun Anusapati.
"66

--- 285 ---

ing kaca
Bab III. Tohjaya.
Jumênêngipun Ratu ing Tumapêl kala ing taun: 1171 dumugi ing taun 1172 Isaka, tuwin lêlampahanipun.
"70
Bab IV. Rănggawuni, Wisnuwardhana.
Dadosipun ratu ing nagari Tumapêl ajêjuluk Wisnuwardhana kala ing taun Isaka: 1172 dumugi ing taun: 1194, sarta lêlampahan tuwin kawontênanipun.
"83
Bab V. Sri Kêrtanagara, Siwabudha.
Jumênêngipun nata wontên ing nagari Tumapêl ajêjuluk Prabu Siwabudha, kala ing taun: 1194 dumugi ing taun: 1197 Isaka, sarta lêlampahan tuwin kawontênanipun, punapadene pêpiridan saking babad pèngêtanipun băngsa Cina.
"86

--- 286 ---

ing kaca
Bab VI. Aji Jayakatong.
Aji Jayakatong ing nagari Daha ambawahakên nagari Tumapêl kala ing taun: 1198 dumuginipun ing taun: 1216 Isaka, sarta lêlampahanipun Radèn Wijaya, miturut sêratan ing blebekan têmbagi, inggih punika urkondhê ing taun: 1216 pangangsahipun wadya Cina miturut pèngêtanipun băngsa Cina, tuwin lêlampahan sanès-sanèsipun ingkang magêpokan kalihan jamanipun Radèn Wijaya.
"98
Bab VII. Radèn Wijaya, Kêrtarajasa.
Nyariyosakên jumênêngipun Nata Radèn Wijaya wontên ing nagari Majapait, ajêjuluk Prabu Kêrtarajasa (Jayawardhana),kala
"175

--- 287 ---

ing kaca
ing taun: 1216 dumugi ing taun: 1217 Isaka, sarta lêlampahan tuwin kawontênanipun.
Bab VIII. Radèn Kalagêmêt, Jayanagara.
Nyariyosakên jumênêngipun Nata Radèn Kalagêmêt ajêjuluk Prabu Jayanagara, kala ing taun: 1217 dumugi ing taun: 1250 Isaka, sarta lêlampahan tuwin kawontênanipun ing jaman wau.
"177
Bab IX. Brê Kahuripan.
Brê Kahuripan jumênêngipun Prabu Putri I ing Majapait kala ing taun: 1250 Isaka, dumugi ing taun ... ? sarta lêlampahan tuwin kawontênanipun.
"195
Bab X. Hayamwuruk, Rajasanagara."216

--- 288 ---

ing kaca
Hayamwuruk jumênêngipun nata kala ing taun ... ? dumugi ing taun Isaka: 1311 mawi sêsêbutan Bathara Prabu, kasêbuting asma ingkang tumrap ing blebekan têmbagi kala ing taun: 1295 Rajasanagara, ing Arjunawijaya jêjuluk Sang Hyang Wêkasing Suka, ing Sutasoma kasêbut nama Rajasaraywa, sarta lêlampahanipun tuwin kawontênan sanès-sanèsipun.
Bab XI. Hyang Wisesa, Aji Wikrama.
Hyang Wisesa jumênêngipun nata wontên ing Majapait ajêjuluk Aji Wikrama, kala ing taun Isaka: 1311 dumugi ing taun: 1322, sarta lêlampahanipun tuwin kawontênan sanèsipun.
"246

--- 289 ---

ing kaca
Bab XII. Dèwi Suhita, Prabu Putri II.
Dèwi Suhita jumênêngipun Prabu Putri II ing Majapait kala ing taun Isaka: 1322 dumugi ing taun: 1351, sarta lêlampahanipun tuwin kawontênan sanèsipun.
"249
Bab XIII. Brê Daha, Prabu Putri III.
Brê Daha jumênêngipun Prabu Putri III kala ing taun Isaka: 1359 dumugi ing taun 1369.
"260
Bab XIV. Brê Tumapêl (Kêrtawijaya)?
Brê Tumapêl jumênêngipun nata (Kêrtawijaya) ? ing taun: 1369 dumugi ing taun Isaka: 1373, sarta kawontênan sanèsipun.
"267
Bab XV. Brê Pamotan, Rajasawardhana.
Brê Pamotan jumênêngipun nata ajêjuluk [ajê...]
"270

--- 290 ---

ing kaca
[...juluk] Prabu Rajasawardhana kala ing taun Isaka: 1373 dumugi ing taun: 1375, sarta kawontênan sanèsipun.
Bab XVI. Lowok tanpa ratu.
Wiwit ing taun: 1375 dumugi ing taun 1378 Isaka.
"271
Bab XVII. Brê Wêngkêr, Hyang Purwawisesa.
Brê Wêngkêr jumênêngipun nata ajêjuluk Hyang Purwawisesa kala ing taun: 1378 dumugi ing taun 1388 Isaka.
"271
Bab XVIII. Brê Pandhan Salas
Brê Pandhan Salas jumênêngipun nata kala ing taun Isaka: 1388, dumugi ing taun: 1390 utawi 1400 (?) sarta kawontênan sanèsipun.
"272
Pratelan I. Sajarahing para nata ing Tumapêl tuwin ing Majapait."276

--- 291 ---

ing kaca
Pratelan II. Nama-namanipun para ingkang kasêbut ing sajarah, ananging ingkang botên kasumêrêpan turunipunsintên."277
Pratelan III. Para ratu ing Majapait ingkang kantun-kantun."279
Pratelan IV. Nama-namanipun para ingkang gadhah darah ratu, kajawi ingkang sampun kasêbut ing pratelan II sarta III."281
Pratelan V. Pratelan cêkak bab urutipun para nata ing Tumapêl sarta ing Majapait."282

Rabut Karat (dan di tempat lain) (kembali)
Rabut Karat (dan di tempat lain)
§ Tuhan Pijaya = Radèn Wijaya (kembali)
§ Tuhan Pijaya = Radèn Wijaya
§ Bokmanawi Gêlang-gêlang (kembali)
§ Bokmanawi Gêlang-gêlang
§ Aji Jayakatang = Jayakatong (kembali)
§ Aji Jayakatang = Jayakatong
§ Katanakala = Kêrtanagara (kembali)
§ Katanakala = Kêrtanagara
Lebih satu suku kata: patih Shlanandhacaya (kembali)
Lebih satu suku kata: patih Shlanandhacaya
§ Ing babonipun botên mawi katêrangakên patih ing nagari pundi, namung yèn miturut cariyosipun ing ngandhap kados patih ing Daha (kembali)
§ Ing babonipun botên mawi katêrangakên patih ing nagari pundi, namung yèn miturut cariyosipun ing ngandhap kados patih ing Daha
§ Inwèng Koripan? (kembali)
§ Inwèng Koripan?
§ pandugèngong = Dhoktêr Brandhês (kembali)
§ pandugèngong = Dhoktêr Brandhês
10 Cangku (kembali)
Cangku
11 § Partayannya = Parthayanya = namaning sawênèhing kakawin (kembali)
§ Partayannya = Parthayanya = namaning sawênèhing kakawin
12 § Bab punapa botên mawi katêrangakên (kembali)
§ Bab punapa botên mawi katêrangakên
13 § Apatih punika manawi saminipun adipati ingkang mêngku nagari piyambak, utawi bupati ing măncanagari, awit nalika Gajahmada wontên ing Kahuripan kasêbut: jinunjung apatih, sarêng kadadosakên pêpatih wontên ing Majapait kasêbut: jinunjung patih, ing salajêngipun wontên ingkang panganggenipun têmbung: apatih namung linta-lintu kemawon kalihan: patih (kembali)
§ Apatih punika manawi saminipun adipati ingkang mêngku nagari piyambak, utawi bupati ing măncanagari, awit nalika Gajahmada wontên ing Kahuripan kasêbut: jinunjung apatih, sarêng kadadosakên pêpatih wontên ing Majapait kasêbut: jinunjung patih, ing salajêngipun wontên ingkang panganggenipun têmbung: apatih namung linta-lintu kemawon kalihan: patih
14 § Punapa pangagêm panjagining salira supados sampun ngantos pasah ing dêdamêl, upaminipun kadosdene kêre, punapa jimat supados sampun têdhas ing tapaking gurenda (?) (kembali)
§ Punapa pangagêm panjagining salira supados sampun ngantos pasah ing dêdamêl, upaminipun kadosdene kêre, punapa jimat supados sampun têdhas ing tapaking gurenda (?)
15 § duk têtêp jumnêng nata (kembali)
§ duk têtêp jumnêng nata
16 § arêraman dèrèng kasumêrêpan têgêsipun (kembali)
§ arêraman dèrèng kasumêrêpan têgêsipun
17 § Ing babonipun inggih botên têrang suraosipun (kembali)
§ Ing babonipun inggih botên têrang suraosipun
18 § Bukti palapa? (kembali)
§ Bukti palapa?
19 § awiramena tingkahing jurungên? (kembali)
§ awiramena tingkahing jurungên?
20 § makatura-tura? (kembali)
§ makatura-tura?
21 mranti (kembali)
mranti
22 § têngaraning yuda ing jaman samantên (kembali)
§ têngaraning yuda ing jaman samantên
23 Kurang satu suku kata: ya Brê Hyang Paramèswara II (47) (kembali)
Kurang satu suku kata: ya Brê Hyang Paramèswara II (47)
24 taun (kembali)
taun
25 paksèku (kembali)
paksèku
26 Pratelan (kembali)
Pratelan
27 § ăngka Sorogan ing sajarah (kembali)
§ ăngka Sorogan ing sajarah
28 § Aksara sorogan ing sajarah (kembali)
§ Aksara sorogan ing sajarah
29 Seharusnya halaman 277 dan seterusnya. (kembali)
Seharusnya halaman 277 dan seterusnya.