Bimapaksa, Siswaharsayan, 1952–3, #919

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat ringkêsan Dewaruci Kawêdhar

(Warăngka Manjing Curiga)

Minăngka purwakaning sêrat

Bimapaksa

(Curiga Manjing Warăngka)

Cithakan ingkang kaping kalih

Anggitan Siswaharsayan.

__________

Kawêdalakên dening paguyuban Mahadewa - Sumadijaya

Bumija - Ngayogyakarta

__________

Cakêpan ada-ada manyura, Sena anggêbyur samodra.

Cancut gumrêgut manjing | samodra nulya drêng | wiraganya lêgawa banyu sumaput ing wêntis e | mêlêg ing angganira | sumingêb nampêki | migêg jăngga kang warih | katon naga kumambang gêngnya sawukir anak | ngakak galak kumêlap o ||

--- [0] ---

Pratelan ringkêsanipun Sêrat Bimapaksa.

1. Bantahipun tiyang ahli ngèlmu akalayan tiyang ahli kaprajan.
2. Lênggahipun pralampita: curiga manjing wrăngka.
3. Wêdharan mapan ing laksitarja.
4. Bantahipun gurunadi ingkang kaprabawan wasesaning praja, akalayan siswadi ingkang sampun pana pranawa.
5. Wêdharan pilênggahipun pralampita ingkang sumandhang.
6. Gègèring setan dhêdhêmit ingkang kaprabawan êmpaning budi ayu.
7. Teteran kalantipanipun calon siswadi.
8. Pakartining juru sandi badhe ambalithuk kukum, têmahan korup ing laktisarja.
9. Jubriyaning manahipun sang maha wasesa, têmah kawêlèh dening yuwananing budi ayu. (Rawe-rawe rantas malang-malang putung).
10. Wêjangan patraping panêmbah jati.
11. Dumukan bab tekad sarta brataning janma sawiji-wiji.

--- [1] ---

Ringkêsan Sêrat Dewaruci Kawêdhar

Minăngka purwakaning Sêrat

Bimapaksa

[Grafik]

Cithakan ingkang kaping kalih.

Kawêdalakên dening paguyuban Mahadewa ing Bumija, Ngayogyakarta.
1883

--- [2] ---

Bimapaksa, Siswaharsayan, 1952–3, #919: Citra 1 dari 1
Ki Siswaharsaya
Juru ngarang ingkang ngandhêmi basa lan kasusastran Jawi.

--- 3 ---

Wara-wara

Sêrat Dewaruci Kawêdhar cithakan ingkang kaping kalih punika, ing perangan Sêkar Pocung, mawi wêwahan 43 pada, dumunung ing têngah. Wigatosing wêwahan, prêlu kangge nalêsihakên runtuting gati tuwin suraos.

Wosing Sêrat Dewaruci punika, mênggahing saloka, limrahipun binasakakên: warăngka manjing curiga. Nanging wêdharan ing ngriki, kadamêl ringkês sangêt, jêr pancènipun namung minăngka purwakaning Sêrat Bimapaksa ingkang badhe mêdal. Wondene Sêrat Bimapaksa, salokanipun: curiga manjing warăngka. Sapunika, panggubahipun sampun rampung, nanging dèrèng kacithak.

Aturipun pangripta miwah panêrbit, sintên ingkang ngarsakakên mundhut sêrat Bimapaksa wau, mugi kaparênga paring pratelan rumiyin dhatêng panêrbit, manawi kathahing pratelan wau sakintên ngirib-iribi kangge ngungak petangan badhe [ba...]

--- 4 ---

[...dhe] wêdaling waragad, Sêrat Bimapaksa tamtu tumuntên kawêdalakên.

Bab punika, prêlu kawarak-warakakên rumiyin, awit: ngèngêti wêdaling prabeya cithakan ing wêkdal punika pancèn dede baèn-baèn awratipun.

Sêrat Bimapaksa, manawi sampun kacithak, kandêlipun watawis wontên 160 kaca, sarta ugi sinawung sêkar macapat. Bab isinipun, sagêd dipun ungak saking pratelan ingkang kawrat ing samak punika. Ing salajêngipun: salam mardika langgêng mugi têtêpa sumăndha ing băngsa kita nuswantara.

Pangripta - panêrbit.

--- 5 ---

1. Dhandhanggula

1. sinarkara panguswaning gati | arsa mangun citraning gitaya | mèt carita laksitane | Sang Sena madêg wiku | apêparab Sang Bimasuci | inggih Sang Bimapaksa | sasana nèng gunung | laladan nagri Ngastina | sinung têngran Ngarga Kelasa kang wukir | winangun pacrabakan ||

2. marmanira Risang Bayusiwi | sêkunging tyas mahambêg pandhita | tilar mring kasatriyane | ing nguni gancaripun | duk Sang Sena maksih taruni | wus sêngsêm ulah brata | puruhitèng guru | yèku Rêsi Kumbayana | Arya Sena minta wêdharing lêlungid | dununging tirta marta ||

3. saking drênge dènira mangungkih | mring wulange Rêsi Kumbayana | Sang Sena prasêtya tyase | sagah arsa mituhu | sapitêdahira sang rêsi | marma Sang Kumbayana | kakênan tyasipun | Sang Sena nulya winarah | tatarane anggayuh prawitasari | tirta sucining gêsang ||

4. nging wulange Kumbayana Rêsi | sinamun ing basa kêkerasan | kinarya nètèr siswane | yèku Sang Bayusunu | dhinawuhan andhungkar wukir | kang aran Rêksamuka | ngriku marginipun | anggayuh sucining gêsang | Bratasena tanggap gatining lêlungid | wulange dwijanira ||

--- 6 ---

5. Arya Sena sigra anglêkasi | mêsu brata lir mêmati raga | tyas darana pangêkêse | marang kridhaning kayun | păncadriya dahat liniling | wênganing cipta rasa | winawas mrih lulut | marang laksitaning brata | sarwa sarèh pangulahe awas eling | pinêlêng lênging cipta ||

6. adèn-adèn pêpaèsing dhiri | myang penginan kamuktèning angga | wus samya dèn kipatake | nadyan prawirèng pupuh | aji jaya sêktining jurit | samya papal binengkas | kang kèsthi ing kalbu | tarlèn mung sucining gêsang | amituhu wulange sang gurunadi | tan mèngèng praptèng laya ||

7. sing kandhase tyas mêmasuh dhiri | samantara gya nawung prabawa | yayah dadya usadane | mring sanggya kang andulu | kang mahambêg dursila juti | tyas wadhag pindha yaksa | têmah sami emut | marang kamanungsanira | ngrasa wirang ngambalana tindak juti | dadya sêngsêm tyas arja ||

8. mung gawate amêmardi kapti | mrih sêmbada laksitaning tekad | tuhu wêrit pangulahe | marma sanepanipun | yèn ginambar pakliran ringgit | pinêtha Arya Sena | andhungkari gunung | kongsi karya kagegeran | ditya kalih kang ambaurêksa [ambaurê...]

--- 7 ---

[...ksa] wukir | krura sami nêmpuh prang ||

9. Arya Sena kinarubut kalih | sami ditya gung luhur berawa | galak tur rusuh tandange | nanging Sang Bayusunu | datan kewran tangkêping jurit | among kridhaning mêngsah | dupyantara dangu | yaksa kalih pinarwasa | sirah yaksa kinumba sarêng ngêmasi | kuwănda sami musna ||

10. kang makatên mung dadya palupi | mujudakên gawating laksita | tumrap anggayuh kasucèn | patrape lampahipun | nadyan manggèn ing papan sêpi | tan ana janma wikan | pradene tyasipun | anggung rinidu ru-ara | lir paprangan tekad mangsah akal budi | samya rêbut prabawa ||

11. sasirnane ditya kang wus lalis | nulya ana jawata kang prapta | kalih lir kêmbar warnane | praptane sami ngidung | sung sêsanti mring Bayusiwi | dewa tan kasamaran | marang osikipun | Sang Sena kang mêsu brata | gya wêwarah wasita nawung wigati | kang linakyan Sang Sena ||

12. praptanipun jawata kêkalih | ingkang ruwat saking wujud yaksa | iku mung pralambang bae | dene suraosipun | yèku para mahambêg juti | dupi wus sarawungan | lan janma tyas ayu | têmah karoban [ka...]

--- 8 ---

[...roban] prabawa | ngrumangsani dènira atindak sisip | tan nêdya ngambalana ||

13. miwah malih Sena dèn paringi | sabuk bara wilis cindhera |[1] măngka tăndha katrimane | dènira sung pitulung | ngruwat saking cintrakèng dhiri | warni ditya alasan | têmah sami wangsul | purna awarni jawata | sing kapraban darmane Sang Bayusiwi | kang ulah laksitarja ||

14. kanang bara tinrap kanan kering | sami numpang wêntis kalihira | minăngka pralampitane | lêrêse lampahipun | Arya Sena dènira ngèsthi | marang wulanging dwija | lahir batin runtut | bara ingkang munggwing kanan | dadya tăndha lêrêse pangulah lair | linakyan mêsu brata ||

15. bara ingkang numpang wêntis kering | dadya tăndha laksitaning tekad | têtêp madhêp piyandêle | marang sipating guru | datan mamang idhêping batin | nyata traping laksita | lahir batin jumbuh | ing ngriku Sang Arya Sena | dhinawuhan ngadhêpa gurune malih | minta lajuning wulang ||

16. awit wulang kang wus dèn lampahi | iku muhung purwaning wiyata | sarana amrih sucine | wadhah kang arsa sinung | wosing wulang minăngka wiji [wi...]

--- 9 ---

[...ji] | lamun datan mangkana | sayêkti tumpang suh | traping wulang kang sanyata | kudu mapan ing sasana kang wus suci | dadine lan laksita ||

17. sapurnane sami paring wangsit | dewa kalih gya pamit ngambara | yun wangsus[2] mring kahyangane | Sena gambirèng kalbu | gêgancangan arsa ngadhêpi | marang sang dwijatama | samana wus pangguh | Sena ngaturkên laksita | myang ngrarêpa pamintane wiyatadi | kadi wêcaning dewa ||

18. kacaryèng tyas Kumbayana Rêsi | duk miyarsa ature Sang Sena | kang mragat ngulah wulange | ing ngriku gya winuruk | patrapira panêmbah jati | titi traping wiyata | Sena gya tinuduh | sarana basa kerasan | dènirarsa anggayuh sucining urip | kinèn gêbyur samodra ||

19. Bayusuta tanggap ing panggalih | mring sandining basa kêkerasan | ingkang kawahyèng gurune | tandya Sena sumujud | mring sang dwija aminta pamit | arsa mèstuti têdah | manjing samodra gung | suka tyase Dhahyang Druna | gya sêsanti yuwanane sang siswa di | mrih bangkit antuk karya ||

20. kacarita Prabu Kurupati | kang tyas lămba wadhag ruwag-ruwag | kagyat duk myarsa wulange | sang rêsi kang kadyèku | mring sang Sena wus dèn [dè...]

--- 10 ---

[...n] sagahi | nadyan Sri Duryudana | sajatine mungsuh | kalayan kadang Pandhawa | parandene wêlas tan kogêl ing galih | mring lêkase Sang Sena ||

21. kang rinasa arsa nglalu dhiri | mring samodra ngangkah tirtamarta | andupara kalakone | lamun kongsi kêbanjur | tiwas tuwas nêmahi lalis | palastra siya-siya | binadhog mina gung | dadya Prabu Duryudana | sru mambêngi mring sena ywa nglalu dhiri | yogya mukti nèng praja ||

22. nging Sang Sena tan keguh ing galih | mring pêpalang kang mêmurung lampah | gya lèngsèr saking ngarsane | Sang Kumbayana wiku | arsa pamit marang raka ji | Prabu Darmakusuma | miwah ingkang ibu | Dèwi Kunthi Talibrata | tan cinatur samana lampahe prapti | praja Cintakapura ||

23. duk samana Prabu Darma Aji | miwah ibu Kunthi Talibrata | miwah ari Pintèn Tangsèn | manggihi rawuhipun | Naranata ing Dwarawati | Prabu Bathara Krêsna | nèng jroning kadhatun | lagyeca imbal wacana | gya katungka praptane Sang Bayusiwi | anjujug dhatulaya ||

24. sukèng driya pra kadang myang wibi | mulat marang praptane Sang Sena | gya sami ambagèkake | sawise tata lungguh | para kadang miwah

--- 11 ---

kang wibi | samya têtanya warta | mring Sang Bayusunu | kang tinanya gya sajarwa | sasolahe puruhita gurunadi | Pandhita Sokalima ||

25. ngunguning tyas kang samya miyarsi | mring ature Sena kang mangkana | ginagas dahat eloke | puwara sukèng kalbu | de wus panggih sami basuki | Sena laju aturnya | aminta pangèstu | mring ibu myang raka nata | dènirarsa anggêbyur marang jaladri | ngupaya tirtamarta ||

26. kacarita Prabu Darma Aji | miwah ibu Kunthi Talibrata | kagyat duk myarsa pamite | Sang Sena kang kadyèku | tyas kumêsar yayah ginarit | tan kobêr tanggap sabda | saking tyas sru trênyuh | warna-warna kang kadriya | uwas miris datan kogêl anglilani | pamite Arya Sena ||

27. sruning wêlas mawor tyas kuwatir | têmah kaduk locitaning driya | lir supêna tanpa sare | kêgambar jroning kalbu | Arya Sena kèksi wus lalis | kunarpa kasangsaya | kawasesèng alun | ngambang tumêmpuh ing parang | rontang-ranting sinarap mina jaladri | lêbur kuwandhanira ||

28. têmah kagyat sang korup ing galih | duk tumênga mulat Arya Sena | maksih têtêp pilênggahe | saksana gya rinangkul | para kadang myang

--- 12 ---

Dèwi Kunthi | sarêng panggubêlira | mring Sang Bayusunu | sarwi nabda pêgat-pêgat | sru maripih supadya Sang Bayusiwi | ywa anis saking praja ||

29. nging Sang Sena wus gêlêng ing galih | dènirarsa mangsah mêsu brata | tyas tan luluh panggubêle | pra kadang miwah ibu | kang rinasa amung ngribêdi | mring tekad kasunyatan | wit sotaning kalbu | tumrap mrih sucining gêsang | mung dumunung anèng tekade pribadi | dwija kang têdah marga ||

30. panggubêle pra kadang myang wibi | nadyan tuwuh saking gênging trisna | kalamun beda êmpane | lan èsthining panggayuh | iku têtêp amung ngribêdi | dadya godhaning lampah | kang mêmurung laku | makatên osiking cipta | Bratasena kang lêbda ulah lêlungid | tan kewran traping driya ||

31. samantara Sang Sena tan osik | sing kèmêngan dènirarsa nilar | pra kadang miwah ibune | kang dahat karya gidhuh | ambondhèti lir rare alit | dupi antara lama | tan sabar tyasipun | kang samyanggubêl sarira | kinipatkên samya dhawah kawlasasih | bablas Sang Arya Sena ||

32. pindha grantang gumêrahing tangis | jroning pura lir kataman gêrah | saking dahat rudatine [rudati...]

--- 13 ---

[...ne] | oncate Bayusunu | wèh marase kadang myang wibi | gantya Sri Darmaputra | sakadang myang ibu | samya anggubêl Sri Krêsna | binêtahkên nututi Sang Bayusiwi | ywa kongsi kêdrawasan ||

33. katgadèng tyas Prabu Harimurti | kang pranyata Wisnu ngejawantah | datan samar panggalihe | mring sanggya kang kadulu | agal alus kamot ing galih | nadyan sining triloka | Wisnu wênang dulu | silih sêsandining sastra | kang ginêbêng laksitane Bayusiwi | Wisnu wênang narbuka ||

34. alon nabda Prabu Harimurti | para kadang kang sami karuna | kinèn amberat tikbrane | tanpa karya rawat luh | anggêtuni wong ambêg suci | karana Bratasena | kang sêngsêm maguru | yêkti wus sangu kawignyan | bêbane ngangsu wus pikulan warih |[3] amèk gêni dêdamar ||

35. de wulange Kumbayana Rêsi | mrih Sang Sena anggêbyur samodra | iku mung pralambang bae | dene suraosipun | kinèn ngêlêm purbaning Widhi | tokid basane mănca | mrih bangkit katêmu | marang sajitining dwija | kang kawasa mardi sampurnaning urip | langgêng praptèng dêlahan ||

36. basa iku Sena wus mumpuni [mumpu...]

--- 14 ---

[...ni] | nanging sirik kalamun mêdharna | wit kalêbu gêbêngane | ngêrtine tanpa tuduh | amung saking purbaning Widhi | limpad bundhuning siswa | sowang-sowangipun | tan kêna pinadha-padha | gurunadi sadarma pitêdah margi | mring sanggya para siswa ||

37. nadyan Sena wus sarwa mumpuni | tur wus lêbda pangulahing brata | saking limpade budine | pintêr api balilu | puruhita mring gurunadi | inggih saking wus wikan | patraping panggayuh | marang sampurnaning gêsang | kudu antuk pitêdahe gurunadi | tan cukup nèng kawignyan ||

38. mung katone saking muna-muni | Bratasena watake lir kompra | andêrwolo sasolahe | sabarang kang kinayun | datan kaprah lumrahing janmi | saking tyase wus pana | wêkasaning laku | yêkti bênêr kang pinanggya | jêr wong akeh wêruhe amung kang kèksi | tan wikan wosing karya ||

39. gêgulange watak Bayusiwi | nadyan sêrêng pratingkahing gêlar | nanging alus bêbudène | sabarang traping laku | sêrêngira amêngku eling | marang purbaning Suksma | marma solahipun | tan ulap samining janma | tyas santosa tan sêrik ingèsi-èsi |

--- 15 ---

tan mongkog ginunggunga ||

40. yèn wus mapan anglênggahi adil | datan pilih kadang kulawarga | amung bênêr pangèsthine | sanadyan baunipun | yèn kacihna atindak sisip | sinêmpal tan kaeman | nanging yèn tyas jujur | nadyan pidak pêdarakan | Bratasena yêkti panggah angayomi | tan wangwang praptèng lena ||

41. wus mangkono tyase satriya di | kang kawawa nampi kanugrahan | bangkit nyungging suwargane | kang rama miwah ibu | pantês dadya sotyaning bumi | kinudang pra sujana | sinihan Hyang Agung | nging jamake janma lumrah | tangèh lamun bangkita anguningani | mring sajatining Sena ||

42. lêjar tyase kang sami prihatin | dupi myarsa sabdane Sri Krêsna | ingkang makatên babare | puwara gya nênuwun | basukine Sang Bayusiwi | supadya kasêmbadan | èsthining panggayuh | gantya ingkang lumaksana | Bratasena kang wus bangkit angendhani | godha kang sipat janma ||

43. lire godha ingkang sipat janmi | awit ana pratingkahing godha | kang datan katon praptane | tandange yayah ngrubut | sowang-sowang mahambêg sakti | samya rêbut prabawa | ngaku bênêripun | lumaku dipun gugua [gu...]

--- 16 ---

[...gua] | mêmêrangi panduking tyas ambêg suci | yayah yuda kênaka ||

2. Pangkur

1. samana Sang Bratasena | lalu lulus lêkase masuh dhiri | angèsthi sucining kayun | kapardi mêsu brata | tinalatèn mungkul mahas ing asamun | angungkurkên karamean | kawuri boga myang guling ||

2. samantara tyase panggah | tan tumolih kang kapyarsa myang kèksi | lêsahing sariranipun | kasor lan srênging tekad | dadya tatag laksitane bratanipun | nanging dupi saya lama | angga saya gagang aking ||

3. ing ngriku tuwuh penginan | păncadriya pêncar sawiji-wiji | pangănda miwah pangrungu | paningal lan pangrasa | pating jrêdhul minta pakarêmanipun | ngêsuk gumêlênging tekad | kang marang sucining urip ||

4. subratane Bratasena | dupi ngancik laksita kang kadyèku |[4] urasotane tyasipun | adrêng tuwuh penginan | ingkang dhihin kêpengin boga myang nginum | iku pakartining loba | kang ngayahi dhahar guling ||

5. sakêdhap tuwuh penginan | parikudu mulat kang sarwa adi | sakêdhap kumudu ngrungu | swara kang sarwa raras | têrkadhangan gêtap prawiraning pupuh | kabèh pakartining driya | lêlima sami [sa...]

--- 17 ---

[...mi] mandiri ||

6. sajuga kinrubut papat | kang sajuga yèku èsthining budi | kudu mrih sucining kayun | catur wênganing karsa | sowang-sowang samya ngêsuk kudu unggul | marma tumanduking driya | lir paprangan jroning batin ||

7. tan dangu ubaling karsa | catur warna ingkang sami mandhiri | kasoran prabawanipun | kalayan lênging tekad | duk punika Sang Sena angga wus lêsu | mung kantun wahana tekad | kang dadi kanthining brati ||

8. laksitane Bratasena | kang makatên lamun ginambar ringgit | anèng pakêliranipun | sawuse Bayusuta | tilar praja tan tolih kadang myang ibu | laksitane anèng marga | binegal kadang pribadi ||

9. kadang catur ngadhang marga | kang sajuga warni palwaga putih | Sang Anoman wastanipun | miwah wujud yaksendra | gung aluhur Gajahwrêka namanipun | kaping tri wujud dwipangga | Setubănda ingkang nami ||

10. kacatur wujud pandhita | apêparab Sang Maenaka Rêsi | pra kadang catur puniku | yèn crita padhalangan | lan Sang Sena sami kadang tunggil bayu | ganêpe bayu lêlima | kalêbu Sang Bayusiwi ||

11. warnane bayu

--- 18 ---

lêlima | abang irêng ijo kuning lan putih | bayu abang wujudipun | yaksendra Gajahwrêka | bayu putih Sang Anoman wujudipun | kang ijo Sang Setubănda | Maenaka ingkang kuning ||

12. bayu irêng wujudira | Arya Sena inggih Sang Bayusiwi | jênar wilis seta dadu | kabèh karoban krêsna | sadayane kawêngku Sang Bayusunu | badan kang pinèt sanepa | anggayuh sucining urip ||

13. ing ngriku Sang Arya Sena | drênging karsa arsa manjing jaladri | pinambêngan kadang catur | dahat pangemanira | Bratasena ywa kongsi tumamèng layu | saking gawating laksita | ngambah têlênging jaladri ||

14. nanging Risang Bratasena | tyas tan miris mring ujar kang kapyarsi | kudu laju lampahipun | samana para kadang | saking gênge pangeman mring Bayusunu | sami ngroda paripaksa | Sang Sena dèn sêmbadani ||

15. kinarubut kadang papat | Bayusuta tan ulap traping jurit | nging madyane aprang pupuh | locitane Sang Sena | yèn kêdangon ngêmbuli godhaning laku | nama ambêbècèr lampah | marma kadang catur sami ||

16. sarêng kinipatkên sigra | Bratasena [Brata...]

--- 19 ---

[...sena] laju bablas ngoncati | sapungkure Bayusunu | pra kadang sami rêmbag | yun nututi Bratasena kang andarung | kudu anggêbyur samodra | maksih arsa dèn tulungi ||

17. gêlêng gumolonging rêmbag | kadang catur dènnyarsa mitulungi | arsa nyanggi lampahipun | Sang Sena nèng samodra | sinaranan kadang catur sami ngumpul | manunggal badan satunggal | nèng Sètubănda kang nami ||

18. sawuse sami manunggal | Sètubănda bablas sigra nglancangi | anggêbyur mring samodra gung | samana Bratasena | lampahira praptèng têpi samodra gung | mangu mulat gênging ombak | mangampak-ampak naputi ||

19. cancut gumrêgut Sang Sena | tyas gambira saksana sigra manjing | mring samodra nasak alun | nanging laksitanira | wus sinăngga Sètubănda nèng jro banyu | panunggale kadang papat | kang paripaksa nulungi ||

20. Sang Sena saya manêngah | tyase panggah tinêmpuh ombak tasik | dupi sangsaya andarung | lampahe Bayusuta | têmah karya pêgêle kang nyăngga laku | yèku gajah Sètubănda | grêgêtên têmah ngoncati ||

21. surasaning pralampita | kang makatên kaprah pakliran [pa...]

--- 20 ---

[...kliran] ringgit | kadi kang kasêbut ngayun | gawate mêsu brata | yun anggayuh mring sucining gêsangipun | wusing pêpês păncadriya | kantun tekad kang kinanthi ||

22. yèku wujuding sanepa | bayu catur kang wus kasor ing jurit | kantun sajuga kang katut | dadi kanthining lampah | kang pinêtha wujud gajah kalawau | prandene gajah tan panggah | wekasane angoncati ||

23. punika gambaranira | traping brata lamun wus praptèng wanci | nadyan tekad kudu kantun | amung kari pramana | pramanane maring sêdya kang kinayun | yèku sêdya kang wiwitan | kudu têtêp anèng eling ||

24. samana Sang Bratasena | badanira wus lêsah tanpa budi | sotane jiwangganipun | lir kataman rogarda | tanpa krêkat sarira lêsah marlêsu | saksana gya na prabawa | gêtêr-patêr gêgirisi ||

25. pangrasane Bratasena | angganira panas yayah kabêsmi | pêtêng panon kalihipun | karna kering myang kanan | lir pinêtik gêlap ngampar ngawur-awur | ing ngriku eling ing driya | ugi wus lalu kawuri ||

26. mung kari pasrah sumarah |

--- 21 ---

pasrahira marang purbaning Widhi | sumarah pêpasthènipun | ingkang kudu sumandhang | Bratasena wus andhadha lênggahipun | wajibe dadi kawula | tan bangkit nyelaki pasthi ||

27. yèn ginambar pakêliran | saoncate dwipangga sing jaladri | Sena gya tinêmpuh alun | kinêlêm gêgulungan | kambang-kambang kabuncang kocaking banyu | sasolahe tanpa guna | Sena dahat kawlasasih ||

28. saksana gya na bêncana | warni sarpa agêng anggigirisi | Klanabuntung wastanipun | ngambang ngakak agalak | dupi mulat Sang Sena kang kampul-kampul | gambira kanang taksaka | gya naut Sang Bayusiwi ||

29. Arya Sena kawasesa | dhatêng sarpa tan kongang nglawan jurit | pinulêt angga ngalumpruk | Sena wus tanpa krêkat | driyanira kandhas pasrah mring Hyang Agung | gumlawate astanira | mung anduwa pamulêting ||

30. sarpa kang paksa marusa | dumadakan păncanaka ngênani | tênggaking taksaka butul | nging Sena kaprawasa | dhatêng sarpa têmahan sakalihipun | sarêng nêmah ing pralaya | mati sampyuh nèng jaladri ||

31. sawuse sami pralaya |

--- 22 ---

taksaka gung miwah Sang Bayusiwi | samodra saisinipun | wus sami tan kacrita | Bratasena lir supêna tanpa turu | ing ngriku wus jêng-ajêngan | kalayan jawata alit ||

32. citrane kanang jawata | datan siwah kalayan Bayusiwi | mung kaci sariranipun | alit lir rare bajang | gawoking tyas Sang Sena têtanya atur | mring kang pindha rare bajang | thênguk-thênguk tanpa kanthi ||

33. kang tinanyan tanggap sabda | kalingane sira tambuh mring mami | Dewaruci parab ingsun | sun tan darbe pinăngka | myang sasana ngêndi kang manira jujug | yèku padunungan ingwang | among karsèng sun pribadi ||

34. andhêku Sang Bratasena | sarwi sujud dhumatêng Dewaruci | trapsilane marikêlu | Dewaruci ngandika | apitambuh mring solahe Bayusunu | paran kang sinêdyèng karsa | têka dahat masuh dhiri ||

35. Sang Sena matur prasaja | yun ngupaya tirta sucining urip | kadi kang kasêbut ngayun | Dewaruci kacaryan | gya andangu apa sira wus sumurup | tirta kang sira upaya | kaya pocung sira kaki ||

3. Pocung

1. Bayusunu nêmbah malih sarwi matur | amba dèrèng wikan | wujuding prawirasari[5] | mung mituhu wiyatane para wrêdha ||

--- 23 ---

2. nging tyas ulun pracaya anrus ing kalbu | lamun wontên asma | inggih wontên wujud yêkti | mokal lamun wontên asam tanpa sipat ||

3. tanggap sêmu Dewaruci sabdanipun | bênêr wuwusira | nging paran margane panggih | ngarah sipat kang binudi saking asma ||

4. dahat dhêku Sang Sena sumambung atur | bangkite pinanggya | tarlèn minta pitêdah ing | kang wus wikan asma miwah wujudira ||

5. mangkya kulup paran kang kinarya sangu | yun minta pitêdah | mring janma kang sung udani | măngka dadya abon-aboning laksita ||

6. Sena matur sanguning minta pituduh | mung ngandêl pracaya | myang mituhu mangastuti | mring warahe kang dèn andêl pinarcaya ||

7. malih dangu Dewaruci sabdanipun | lah sapa kang sira | pracaya paring udani | mring wujude asma kang sira upaya ||

8. aturipun Sang Sena amung pukulun | kang yogya sung wikan | tirta pasucèning urip | mring jiwamba kang dahat sudama papa ||

9. sukèng kalbu duk myarsa titising atur- | ipun Bayusuta | mangkana Sang Dewaruci | sabdanira winor ing pangêla-êla ||

10. titah ulun wus dangu sun antu-antu | samangkya wus wayah | sira pinarêng [pi...]

--- 24 ---

[...narêng] nampani | tirtamarta pasucène gêsangira ||

11. mara kulup sira umanjinga gupuh | guwagarbaningwang | ing kono wikan pribadi | mring unggyane pasucène gêsangira ||

12. Bayusunu kodhêng tyasira duk ngrungu | marang dhawuhira | Rucidewa kang kawijil | ginagas ing nala dahat andupara ||

13. elokipun wit Sang Sena gung aluhur | măngka Rucidewa | sarira bajang tur alit | paranbaya margane bangkit manjinga ||

14. tanggap sêmu Dewaruci sabdanipun | kaki Bratasena | sira ywa mamang ing galih | nyipta lamun sira sêsak lumêbua ||

15. wruhanamu mungguhing sira lan ingsun | gung luhur tan ana | andhap inggil uga sêpi | ingkang ana mung purba wasesèng Suksma ||

16. ywa kalimput sira patêmon lan Ingsun | anèng alam sonya | wus wahana badan suci | tan dumunung anèng alam kuwadhagan ||

17. marma kulup ywa mamang mring dhawuh ingsun | nuli umanjinga | saka karnaningsun kering | iku marga praptèng guwagarbaningwang ||

18. Bayusunu katgadèng tyas gya sumujud | mring Sang Rucidewa | nuli manjing karna [kar...]

--- 25 ---

[...na] kering | solahira darana èsmu gambira ||

19. praptèng dunung bawane Sang Bayusunu | katêmbèn umulat | sasana kang anyar kèksi | dahat kodhêng tan wikan purwa duksina ||

20. datan dangu Sena kang kodhêng tyasipun | nulya duk samana | winangsit Sang Dewaruci | kadhawuhan matrapkên samadinira ||

21. Bayusunu tanggap wasitaning dhawuh | gya mangsah subrata | solah jatmika tan osik | cipta rasa pinêsat sing păncadriya ||

22. bawanipun sêmadine badan alus | jiwa wus lagnyana | dumunung nèng alam suci | subratane sakêdhap wus katarima ||

23. basanipun tanggal pisan purnama wus | warana kabuka | byar kababar gumêlaring | jagad raya sampad isèn-isènira ||

24. wana gunung akasa ngawêng ngênguwung | căndra lan kartika | samodrane tanpa têpi | gilar-gilar tirtane mawa wangkawa ||

25. dahat ngungun sotaning tyas Bayusunu | mulat sèsining rat | nèng sajrone Dewaruci | tan prabeda sèn-isène janaloka ||

26. tyas katungkul Sena kacaryan andulu | sanggya kang kawuryan | sarwa wèh ascaryèng galih | Dewaruci [De...]

--- 26 ---

[...waruci] wikan lêkase Sang Sena ||

27. nulya dhawuh hèh kulup aywa kalimput | mung mulat kaanan | iku mung pratăndha yêkti | kang gumêlar janaloka kono ana ||

28. iya iku têtêpe sanyatanipun | sabda kang kawêdhar | jagad agung jagad alit | sakarone sèn-isène tan prabeda ||

29. nanging kulup sira sayêkti tan tuwuk | mung mulat kaanan | kang siranggêp sarwa adi | mara kulup tutugna subratanira ||

30. laksitamu durung prapta gon tinuju | maksih nèng antara | yogya dèn sêmbada kaki | aywa kongsi korup gumêlaring unggyan ||

31. Bayusunu wus tanggap wêcaning dhawuh | saksana umangsah | mêlêng patrape sêmadi | saniskara kang kawuryan tan kadriya ||

32. datan dangu mêlêng ing sêmadinipun | gya tumêngèng byuha | samana Sang Bayusiwi | mulat cahya ngênguwung amăncawarna ||

33. seta dadu jênar wilis krêsna tuhu | cahya pănca warna | kang seta wêning nêlahi | ingkang jênar sumunar mangkara-kara ||

34. ingkang dadu abra markata kadulu | kang wilis prasaja | sênêne nêsêk nglimputi | ingkang krêsna mêngês mêmak amalela [amale...]

--- 27 ---

[...la] ||

35. Bayusunu kagawokan duk andulu | mring sanggyaning cahya | kang sarwendah anglam-lami | èsmu gêsang rêbut praba lan prabawa ||

36. tyas kang ngungun samana gya myarsa dhawuh | hèh Bayutanaya | wruhanta kang sira èksi | iya iku kumarane napsunira ||

37. kang sinêbut suwargane hawa napsu | kang dadi sandhangan | parabot agêming urip | kang mangulah kabèh cipta rasa karsa ||

38. cahya dadu iku kumaraning napsu | kang aran amarah | sudira yèn sun mastani | sumandhange nèng jiwa raganing janma ||

39. iya iku kang ngayahi sanggyanipun | tandang kasrêgêpan | tabêri ngayahi kardi | de dhasare tatag tanggon lan prawira ||

40. watakipun kanêpson sudira iku | gêtapan brangasan | opèn dahwèn drêngki srèi | sabarang rèh kumudu unggul manjila ||

41. darmanipun nèng angga anggung anggayuh | marang kaluhuran | kawiryan lan sugih singgih | mrih ngalela kinèringan ing sasama ||

42. kadwinipun cahya krêsna kang kadulu | iku mayanira | napsu luamah kang nami | lamun ingsun mastani kanêpsèn lodra ||

43. lodra

--- 28 ---

iku nèng angga ngayahi kayun | marang boga nendra | minum myang dêrêng sarêsmi | de watake kêsèd sungkan tandang karya ||

44. darmanipun nadyan kêsèd sungkan lumuh | iku wèh pikuwat | saras santosaning dhiri | miwah malih nyranani panjanging darah ||

45. katrinipun cahya jênar kang ngênguwung | iku swarga maya | kumara napsu birai | ingkang kaprah ingaran napsu supiyah ||

46. lamun ingsun napsu supiyah ngong sêbut | kanêpson sukarda | nèng angga kang ambawani | rasa karsa papaès myang kaendahan ||

47. watakipun kanêpson sukarda iku | rila lan lêgawa | rumêngkuh paradhah adil | suka bungah sabarang kudu tumata ||

48. labuhipun sukarda mring gêsangipun | raga miwah jiwa | nuwuhkên pangaji-aji | singa mulat kataman rasa pirêna ||

49. kaping catur cahya seta kang sumunu | iku swarga maya | kumaraning napsu suci | ingkang kaprah aran napsu mutmainah ||

50. lamun ingsun mutmainah ingsun sêbut | kanêpson: nuraga | nèng angga amandhegani | kabèh rasa karsa marang kaêningan ||

51. watakipun sabar narima ing pandum | uwas [uwa...]

--- 29 ---

[...s] sumêlangan | rikuhan sumuci-suci | gêmi kumêt lumuh kalepetan dosa ||

52. iya iku kang nuntun rasa gêgêtun | pêduwung nalăngsa | susah sêdhih myang prihatin | mugên têntrêm suminggah sing karamean ||

53. darmanipun kanêpson nuraga iku | mangayuni karsa | tarak brata ênêng êning | laku tama sumungkêm marang Hyang Suksma ||

54. gangsalipun cahya wilis kang kadulu | nglimputi sadaya | kang kaèksi păncawarni | iya iku kumara napsu mulimah ||

55. lamun Ingsun napsu mulimah ngong sêbut | kanêpson nimpuna | dene sumandhanging urip | angêsuhi kanêpson kang catur warna ||

56. mula lamun ana sawênèhing napsu | dêrêng andaluya | sakala mandhêk tumolih | iku marga kaprabawan ing nimpuna ||

57. mara kulup mangkya êningna ciptamu | kadi kang kawuntat | samana Sang Bayusiwi | wus mèstuti dhawuhe Sang Rucidewa ||

58. gya kadangu hèh kulup apa kadulu | ature Sang Sena: | ngong mulat rêrupan adi | citranipun asawang pêputran tênta[6] ||

59. candranipun karya samaring pandulu | lir tawon gumana | datan kakung tan pawèstri |

--- 30 ---

mawa cahya kinawêng teja wangkawa ||

60. datan tuwuk amba tumingal kang wujud | dahat adi endah | sênên pasmone nglam-lami | yayah gêsang nging datan mobah sabawa ||

61. sabdanipun Rucidewa wruhanamu | yaiku musthika | ratu-ratuning sarwèdi | iya iku tuking kabèh kaendahan ||

62. wujud samun tan wanodya datan kakung | iku mêngku lambang | kabèh janma jalu èstri | andarbèni musthika ingkang mangkana ||

63. citranipun lir tawon gumana iku | sajatine gêsang | nging durung wênang makarti | makartine lamun winêlahan rasa ||

64. sipat iku yèn antuk têba kang runtut | ing kono ambabar | woh kêmbang kang endah adi | babarane kagunan lan kabudayan ||

65. têrangipun lire têba ingkang runtut | yèn sawênèh janma | kawignyane anyukupi | myang sawangan uga pêpak warna-warna ||

66. janma iku yêkti widagda mêmangun | yêyasan kang endah | nganggit-anggit sarwa wêgig | dadi kawruh têtêp wadhah kabudayan ||

67. kawruh mau linaras rasa myang kayun | ngobahkên musthika | têmah nuwuhakên budi | tinampèn ing tandang gya wujud kagunan ||

--- 31 ---

68. lambangipun praba nglimputi ngênguwung | wèh sêngsêming tingal | winawas saya nglam-lami | datan marêp[7] mulat adining musthika ||

69. wruhanamu sing jêmbare têbanipun | guna kabudayan | tanpa watês tanpa wilis | samubarang sinartan ing kaendahan ||

70. kabèh maklum yêkti tan ana kang gaduk | niti andarbeya | apa manèh angimpuni | sakabèhe kang sarwendah adi mulya ||

71. sanggya wangun karawitan têmbang kidung | wilêting wicara | lungiding rasa agami | gêgubahan kasusastran tata praja ||

72. kabèh mau tuke ing musthika iku | mara ngêndi ana | janma kang bangkit mumpuni | mring kagunan kang tanpa watês têbanya ||

73. mara kulup nuli bacutna lakumu | Risang Bayusuta | samana wus tanggap gati | gya tumungkul ngêningakên cipta asa ||

74. sotanipun mung sakêdhèping pandulu | wus kabul kabuka | sêntèg pisan anigasi | byar kababar ana sasana di mulya ||

75. sanggyanipun kang kèksi sarwa wèh kenyut | kinênyam ing rahsa | saya ayêm angayomi | sagèn-ênggèn kongas rum andumapara ||

76. rêngganipun sarwendah nawung kêkuwung | kinawêng wangkawa | mawa [ma...]

--- 32 ---

[...wa] praba anêlahi | doh katingal kang cêlak saya ngumala ||

77. sasanèku elok kalamun winuwus | katone tan băntra[8] | kleblat[9] papat kêmput kèksi | nging kalamun jagad raya saisinya ||

78. kamot ngriku sayêktine datan wujud | maksih turah papan | samana Sang Bayusiwi | carêming tyas korup prabawaning unggyan ||

79. wontên ngriku Sena wus katrêm tyasipun | tan nêdya lajua | miwah tan sumêdya bali | srêg narima ngrênggani sasana mulya ||

80. tyas kakorup samana gya myarsa dhawuh | saking Rucidewa | kalingane sira kaki | laksitanta pijêr karoban pangrasa ||

81. tanpa uwus kalamun anggung kalimput | kèrêm mring kamulyan | karamate kang sirèsthi | pangrasanta wus marêm mulya sampurna ||

82. yèn kadyèku karak[10] kêbegal sirèku | mring rasa-pangrasa | karême wibawa mukti | paripaksa kudu langgêng anggung mulya ||

83. nora luput rasa-pangrasa kang mikut | marang atmanira | supadya têtêp ngrênggani | nèng swargane kang pranyata adi mulya ||

84. awit iku mung nêtêpi wajibipun | wus wataking rasa | sungkan papa kudu mukti | yèn wus mukti [mu...]

--- 33 ---

[...kti] tan sumêdya ngikêtana ||

85. yèn sirèku wus marêm katrêm nèng ngriku | uga nora salah | jamak lumrahe dumadi | kang binudi tarlèm[11] marêm luhur mulya ||

86. amung kulup srênge tyasira anggayuh | mring sucining gêsang | isih aran nampik milih | mring cadhangan purba wasesaning Suksma ||

87. wruhanamu nampik milih uga prêlu | nanging êmpan papan | ukur gati kang binudi | yèn ambudi marang sampurnaning gêsang ||

88. dipun emut sira asal saking ingsun | yogya traping tekad | kudu wangsul mring Hyang Widhi | dadi têtêp mulih mula-mulanira ||

89. lêkasipun pralêbda paramèng kayun | kayungyuning brata | kang kèsthi lênging pambudi | tarlèn ngèli purba wasesaning Suksma ||

90. traping kayun ngayati sarwa angrasuk | sipating Suksmana | ala bêcik tan tinampik | papa mulya kabèh kapurbèng Hyang Suksma ||

91. mara kulup aywa kêsuwèn nèng ngriku | nuli prastawakna | têmêne kang sira èsthi | kadi kang wus sira wêdharkên maringwang ||

92. Bayusunu katgadèng tyas gya manungku | mêsu bratanira | kang kèsthi lênging sêmedi | kadi kang wus winêca

--- 34 ---

Sang Rucidewa ||

93. traping laku sawatgata wus jinurung | purna sanggyèng brata | nglimputi saliring gati | duk samana sang sêmbada Arya Sena ||

94. sampun ngrasuk kasucèn ingkang ginayuh | winênang nyarira | sampurnaning alam suci | nging Sang Sena tan uninga tan karasa ||

95. lah ing ngriku wus sirna sanggyaning kayun | cipta rasa ilang | sajatine Bayusiwi | uga ilang tanpa warna tan sasana ||

96. sasanèku tan kêna ginambar têmbung | pêpindhan tan ana | jêr sanggya kang nyarirani | wus tan krasa saking wus têtêp sampurna ||

97. praptèng ngriku lêlakone Bayusunu | pantêse wus tamat | punapa dèn ucap malih | jêr jiwane wus têtêp ilang sampurna ||

98. nging kalamun duk samana Bayusunu | lulus nèng kasidan | Sang Sena tan wangsul malih | dadya janma ngrasuk badan kawadhagan ||

99. têgêsipun surasane crita wau | ing ngriku Sang Sena | nama bangkit anyelaki | pirang-pirang lampah kang kudu linakyan ||

100. tuhunipun nadyan janma sampun wanuh | mring doning kasêdan[12] | yêkti tan bangkit nyelaki | samubarang purba wasesaning Suksma ||

101. milanipun nadyan [nadya...]

--- 35 ---

[...n] Sena jiwanipun | wus têtêp sampurna | manunggal Sang Dewaruci | gya ginugah tarunaning păncadriya ||

4. Sinom

1. Sang Dewaruci tan samar | mring lêkase Bayusiwi | kang kèksi anggege măngsa | katrêm anèng alam suci | saksana gya pinêtik | ginugah kanêpsonipun | jiwa kang wus sampurna | dupi kanêpsone bali | têmah wangsul dadya manungsa balaka ||

2. pamêtike Rucidewa | dhumatêng Sang Bayusiwi | yêktine mung srana karsa | kanthi purbane Hyang Widhi | tan kawiyos ing lathi | miwah tan sarana têmbung | amung surasanira | upami ginambar tulis | kirang langkung kadi ing ngandhap punika ||

3. hèh hèh kaki Bayusuta | titah ingsun kang wus suci | aywa kabêsturon sira | dupèh wus ingsun rilani | ngrasuk sucining urip | mangkya durung mangsanipun | sira lulus sampurna | isih kudu anglakoni | pirang-pirang ayahane satriyanta ||

4. mara kaki glis wungua | tutugna nyantria malih | sanggya kawajibanira | aywa sira pitambuhi | dosa lamun nyelaki | marang kawajibanamu | sira iku satriya | darbe wajib angayomi | para tapa miwah bumi

--- 36 ---

kalahiran ||

5. garegah Sang Bratasena | yayah wungu saking guling | angga kang sawang kunarpa | sakala wus tungtum malih | amung sotaning galih | maksih lam-lamên kalangkung | mring sanggya kang linakyan | nèng sajroning Dewaruci | tyas katrêsan kumêdah ngambali lampah ||

6. nanging dêrênge tyasira | mangkya wus kapalang margi | Sang Dewaruci wus musna | dadya Risang Bayusiwi | lalu mupus ing galih | mungkasi subratanipun | èngêt wêdharing wêca | kinèn angayomi dasih | Batasena madêg kasatriyanira ||

7. yèn carita padhalangan | sawuse Sang Bayusiwi | katrêm jroning Rucidewa | tyase tan sumêdya bali | dhawuhe Dewaruci | Sang Sena kinèn andulu | sanggya kang tiningalan | ing ngriku Sang Bayusiwi | pangrasane wus anèng nagri Ngastina ||

8. kagyat tyase Bayusuta | waspada dera ningali | marang Rêsi Kumbayana | ambêbidhung Dèwi Kunthi | sakala Bayusiwi | lir tinêpak mukanipun | dahat bramantyaira | gêtêr astanira kalih | Dhanghyang Druna yayah ginêcak-gêcaka ||

9. gêgambaran kang mangkana | sayêktine mêngku sandi | mung kinarya pralampita | dènira

--- 37 ---

Sang Dewaruci | mêmungu Bayusiwi | mrih wangsul kanêpsonipun | lamun datan mangkana | wilête pakliran ringgit | Dhanghyang Druna yayah wus tan darbe dosa ||

10. kadi kang kasêbat ngarsa | sanadyan jiwa wus suci | yèn tuwuh kanêpsonira | yêkti wangsul wadhag malih | makatên kaprah ugi | tumrap pra paramèng kayun | nadyan pana pranawa | mring done kasidan jati | samadyane isih ngrasuk badan wadhag ||

11. ugi maksih sinandhangan | lali eling ewah gingsir | apan bunika busana | anggon-anggoning aurip | marma traping pakarti | adhakane kadukkadung | titise kalamăngsa | jêr kridhaning akal budi | gung sinartan lan pêncaring păncadriya ||

12. marma nadyan pra pandhita | datan pêgat atêtèki | pangulahe bratanira | linambaran ênêng êning | êmpaning akal budi | pinardi mrih mênêpipun | mungkaring păncadriya | sinidhikara mrih titis | linalantih kênia pinèt wahana ||

13. pandam tumanduking nala | sinarêngan awas eling | awas marang pangrêncana | kang kudu dipun pêrangi | eling marang pangèsthi | ywa kongsi keron panggayuh | jêr trape tapa brata [bra...]

--- 38 ---

[...ta] | jatine amung nglêlantih | ajar-ajar kang supadya jiwanira ||

14. tuman-tumamèng lagnyana | ucul saking bêbandaning | budi ngakal păncadriya | nadyan kabèh andarbèni | pangwasa jroning urip | nanging kabèh kudu tundhuk | mring wasesaning jiwa | malah lamun ana gati | ngakal budi păncadriya gya tinilar ||

15. titi caritane Sena | ing lampahan Dewaruci | sampun sinêmbadèng karsa | nèng sajrone Dewaruci | manjing ing Dewaruci | punika nêtêpi têmbung | wrăngka manjing curiga | awit Sena sipat janmi | bisa manjing guwagarbaning jawata ||

16. samana Sang Bratasena | wus wangsul nyatriya malih | nyantana raka narendra | Maha Prabu Darma Aji | nèng Ngamarta nagari | dadya manggala gul-agul | jêjêt[13] wêngkuning praja | kaasta Sang Bayusiwi | Darmaputra sadarma madêg narendra ||

17. tan cinatur dangunira | miwah sêmpalaning gati | dupi Sang Sena wus wrêdha | kêgugah osiking galih | kumêdah angambali | patêmon lan gurunipun | yèku Sang Rucidewa | adrêng tyase Bayusiwi | sotanira nir brăngta kandhuan rimang ||

18. saking sruning tyas katrêsan | samana Sang Bayusiwi [Bayu...]

--- 39 ---

[...siwi] | nulya tilar kasatriyan | lalu mahas ing asêpi | yayah traping maharsi | mangasrama anèng gunung | pêparab Bimapaksa | Hya[14] Bagawan Bimasuci | para putra sami nyantrik anjêjanggan ||

19. dhasar bakuning carita | gêgubahan srat puniki | nama Sêrat Bimapaksa | mila dipun purwakani | ringkêsan Dewaruci | miwah katêranganipun | ujare ingkang ngarang | supadya kang nupiksani | aywa punggêl panggilute kang surasa ||

20. dene gancaring carita | srat lampahan Bimasuci | ngemba pakêm padhalangan | sampada pakliran saratri |[15] kajangkêpakên ugi | prênès banyol grêgêtsaut | nging janturan cinêkak | binukan jêjêr nagari | ing Ngastina wangsul sêkar dhandhanggula ||

--- [40] ---

Pratelan bab sêkar isining sêrat punika.
1. Sinarkara: sarkara: kelang: gula: dhandhanggula: 43 pada.
2. Yudakênaka: pêranging kuku: kukur-kukur: pangkur: 35 pada.
3. Yayah pocung: kaya pocung: pocung: 100 pada.
4. Tarunaning: taruna: anom: sinom: 20 pada.

--- [0] ---

Pangêcapan Pêrsatuan N.V. Ngabeyan Kilèn 43, Ngayogyakarta.

 


Kurang satu suku kata: sabuk bara wilis cindhenira. (kembali)
wangsul. (kembali)
Kurang satu suku kata: bêbasane ngangsu wus pikulan warih. (kembali)
Biasanya guru lagu i: kadyèki. (kembali)
prawitasari. (kembali)
dênta. (kembali)
marêm. (kembali)
măntra. (kembali)
keblat. (kembali)
10 karan. (kembali)
11 tarlèn. (kembali)
12 kasidan. (kembali)
13 jêjêg. (kembali)
14 Hyang. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: sampad pakliran saratri. (kembali)