Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 01–21)
1. | Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 01–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 22–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 1v] ---
Punika Sêrat kagunganipun Nyanyah[1] Sakèbêr ing Surapringga.
1. Puh Têmbang Asmaradona[2]
1. Tatkala wiwit tinulis | ing ditên[3] Ngahad punika | pukul sapta ing wayahe | kawan likur ingkang tanggal | nênggih ing sasi Sapar | taun Alip duk tinurun | jêjêging măngsa katiga ||
2. sinêngkalan duk tinulis | anuju ing zamanira | sèwu pitung atus kèhe | tigang dasa lan satunggal |[4] samya dèn èngêtana | waspada aja kaliru | ingêre taun lan jaman ||
3. anêdhèng pangaksamaning | kang nêrat jalma amudha | kang kinudang ing sêstrane [sêstra...]
--- [f. 2r] ---
[...ne] | tumraping dêlancang kêrtas | ala nênggih abăngga | tanduking kathah kang singguk | ukaranya tuna liwat ||
4. kang sudya amaos tuwin | sampun walgita ing nala | ing têmbang miwah têmbunge | akaku tanpa têkênan | lila dèn wancènana | kang luwih sudabyèng[5] kidung | deningwang kadya kunjana ||
5. rumênggêp umagêm ringgit | nisthane raga tan ketang | lir sêsawi upamine | ngukuli[6] punang ing awan | pan kadya sang kukila | ngucap tan wrin têgêsipun | pasthi ngèsêman
--- [f. 2v] ---
sujana ||
6. purwaning wasita luwih | sujalma di amangkurat | marma citrane ratune | sangkane sasi purnama | sidik tanpa tandhingan | baguse susunan ingsun | kadya sukma onèng dunya ||
7. kadi kumala ingukir | susunan nêgri ing ing Cêmpa |[7] lir Nabi Yusup citrane | kadya ratu saking swarga | tuhu yèn pintuning yang | pangandika sêpêt madu | kang asuka pait kilang ||
8. nêgari Cêmpa winarni | nêgarinira Sang Nata | Selabêrèt bisikane | putrane Ki Jangtisyara | sabakdane lêlana | Selabêrèt jênêng ratu | anyakrawati ing Cêmpa ||
9. tan kawarna sakalaning | Sèh Bêrèt jumênêng nata | kêlangkung dènira kaot | ambêk budi kalamarta[8] | ngibadate tan pêgat | baktine dhatêng Yyang Agung | tuhu yèn kalipatolah ||
10. sigêgên ingkang kawarni | Sèh Bêrèt sampun sumalah | nêgri ing Cêmpa kandhane | wus kasrah dhatêng kang putra | apan tilar wawêka | kang kacatur sami jalu | kunêng kêkasihe putra ||
11. Radèn Selangkara nênggih | kêkasihira kang wêrdah | Selasyara panênggêke | kang sumêndhi Selagănda | pamuragile pisan | Selarasya jênêngipun | sangang taun ingkang yusya ||
12. sasedane sri bupati | awêtawis ganti wêrsa | ngêmasi pramèswarine | tumutur dhatêng kang raka | sampunira mangkana | Selangkara jênêng ratu | kêlangkung ing murkanira ||
13. saisine kang nêgari | têtiyang miwah bêrana | mapan kinukutan kabèh | kang rayi miwah têtiga | tan sinungan warisan | mangkana pangekanipun | Maharaja Silangkara [Silang...]
--- [f. 3r] ---
[...kara] ||
14. yèn dèn wèhana wêwaris | sadulur sêdaya |[9] donya bêrana lan wonge | yèn angrasa duwe bala | utawi yèn sugiha | bok angêndhih jênêng ingsun | măngsa sun tulus wibawa ||
15. mangkana sajroning ati | sira Radèn Selangkara | tansah jinaga wangsane | bilih angukih nêgara | malah rayi katiga | pinisah panggenanipun | pinêrnah jawining kitha ||
16. sandhang pangan dèn batoni[10] | tan sinung kirang langkunga | kêlangkung butarêpane | sira Raja Selangkara | wuwusên duk sinohan | saupacara supênuh | ulubalang lan panglima ||
17. miwah kang sêntana mantri | prajurit kang ginongsongan | kinèn angubêng sang katon[11] | sinangkêpan tubak[12] pêdhang | kèhe wong tupang[13] sila | sinêlan tawok[14] lan tulup | tinitih lawan prayatna ||
18. sajawining wotrêrawi | mantri ingkang cawis tumbak | sami liniga gamane | sang nata sikêpanira | bêdhil pêstol tinatah | tigang cêngkang paosipun | ingapit pêdhang malela ||
19. injing mangsane tinangkil | Maharaja Selangkara | miwah tigang dhawuh dèrèng | bubare saksana apyak | ing alun-alun sigra | kang rayi katiganipun | arsa sowan ingkang raka ||
20. sami sanggit mantri baris | pêpêk tan ana sung marga | Selagănda ris wuwusing |[15] hèh mantri para panglima | piyaka jaluk lawang | ingsun pan arsa angunjung[16] | ing padane kangjêng raka ||
21. panglima asaur pêksi | gusti dunungan kawula | mangke gusti radi ngantos |
--- [f. 3v] ---
pan lagi atur uninga | ing kangjêng raka tuwan | paduka lèrèh rumuhun | sampun ragi nêrang watang ||
22. kampah satriya katrini | Selasyara Selagănda | Selarasya katigane | saksana utusan mêdal | prajurit ganggang sinang | awêtawis kawan puluh | praptane angliga pêdhang[17] ||
23. ingkang angaturi sami | praptanira ing rahadyan | matur sarya ngagêd[18] bae | rahadyan sami katuran | katigane kèringa | dening kawula lumaju | pangandikaning sang nata ||
24. wus mintar kang dèn aturi | minggah lampahe tinata | katiga lajêng lampahe | praptane sumukêm[19] pada | padanira kang raka | nulya sami kinèn lungguh | ing ngarsa dados kawan sap ||
25. pêpêk malah tan kaaksi | sang nata dening kang wăngsa | katiga kampuh linggihe | minggah ing bêbatur ngandhap | lan panakawan malang | katiga linggih tumungkul | tan antara waspanira ||
26. kèngêtan duk sajênênging | kang rama sok sinatata | ing sabên ika linggihe | lan kêna sakarsanira | mangke dhatêng kang raka | asor dènira alungguh | jinajar lan panakawan ||
27. tumungkul tan kêna angling | sakatiga mijil waspa | sangsaya wuwuh kêraos | yèn ara[20] sinapa-sapa | mangke dening kang raka | linggih têbah pinitambuh | sapisan ora sinapa ||
28. sakathah ingkang ningali | mantri panglima punggawa | kalangkung angrês manahe | dhatêng radèn sakatiga | lara tan sinapa |[21] kyana patih aris matur | dhatêng Rajèng Selangkara ||
29. nuhun atur patik aji | pukulun patik bêthara | lir canthuka muni ing rong | kokok bêluk muni longan | yèn kangge tan kanggea |
--- [f. 4r] ---
bobohane tuwan matur | dhatêng Raja Selangkara ||
30. sayojyaning[22] wong siniwi | ratu ngagungakên kêlar | dumèh ta agung wadyane | wangsul dèn ragêm wêwarta | dèn rêmbak[23] lawan bala | punika pamirêng ulun | prayogine dadi nyata ||
31. tinulungan ing sang kapti | ing sansana[24] wadyabala | badhea mênang jurite | yèn ugi ratu punika | tan ragêm lawan bala | tan angsal jênênging ratu | samar kartaning nêgara ||
32. sugiha sundhul ing langit | yèn tan ragêm yan sêsanak | nganggo sakarsa-karsane | sang nata aris ngandika | êndi ta yèn mênanga | kêlampahan brana larut | dening tingkahing priyăngga ||
33. marminipun sakyèh ngaji | wajib kêkumpul bêrana | inggih punika karyane | dados gêganjêling praja | Selangkara ngandika | iya tuturên dèn dhapur | uwa patih aja mangmang ||
34. apa prayogane patih | lêlakoning kuna-kuna | tutura sawakcane |[25] wira mantri atur sêmbah | kawula nuhun duka | tan wontên awoning sarju | ing sastra bêndu santana ||
35. kang gumêlar ing dumadi | lawan ambêke nalendra | ratu punika kathahe | miwah surgi ingyang tuwan | karuhun duk abawa | jumênênging Cêmpa Ratu | langkung adil palamarta ||
36. ing waktune ajêng lalis | para putra ingaturan | miwah para warga kabèh | samya kêmpêl ing ngajêngan | ingkang wăngsa sêdaya | pêpêk alinggih ing ngayun | putra saking pêri prapta ||
37. gangsal sêdaya kang siwi | eyang paduka surga |[26] patutan ing pêri anggèr | amung kang saking manusya [ma...]
--- [f. 4v] ---
[...nusya] | sawargi rama tuwan | punika kapêrnah sêpuh | sêdaya pêrnah taruna ||
38. pêpêk kang putra alinggih | iya tuwan angandika | dhatêng putra sêdayane | kabèh anak ingsun padha | aja ana pitênah | dèn atut sanak sadulur | bisuk[27] ing sapungkur ingwang ||
39. anging anak ingsun siji | bisuk jumênêng nalendra | nêgara iki kaduwe | amung anak ingsun wăngsa | kabèh padha atuta | pan wus patut lawan ukum | sira aja na lênggana ||
40. putra sêdaya wotsari | kawula sêdya sumăngga | ing kangjêng rama karsane | dhatêng wăngsa ingkang wêrdah | pan dunungane sêmbah | kang patut jumênêng ratu | amêngkua ing nêgara ||
41. sampuning mangkana malih | iyang tuwan angêndika | pangulu ngandikan kabèh | sapraptane ing ngajêngan | iyang tuwan ngandika | sêkathahe donyanipun | pangulu ing karsanira ||
42. sabênêr-bênêre iki | dening anak ingsun iya | kapriye wêwarisane | pun pangulu atur sêmbah | putra tuwan punika | kang wêdah[28] jumênêng ratu | nanging sampun sinung dunya ||
43. ingkang anèm andêrbèni | ing dunyanipun pinadha | sawang-sawang dudumane[29] | nanging kasrah kang nêgara | mêngkatên ukum sarak | punika pêmanggih ulun | kawula anuhun duka ||
44. karantên nulya awaris | sasampuning maris dunya | rama paduka kang dêrbe | nêgari mulya ing Cêmpa | iyang padu pêjah |[30] tan dangu nulya kinubur | rama tuwan dados nata ||
45. mêngkatên aturing dasih | nandhês aturing ki patya | kang rayi sakatigane | miyarsa merang kalintang | arsa
--- [f. 5r] ---
mêdal pasilan | tan amit malih ing ratu | kang katiga sami mêdal ||
46. sang nata bubar tinangkil | tumulya aglis ngadhatyan | para mantri bubar kabèh | saksana surup yyang arka | tan kawarna sang nata | putra têtiga winuwus | kumpul anèng wismanira ||
47. têngah dalu wêtaraning | rare samya pagunêman | Selarasa ing wuwuse | raka dawêk[31] sami kesah | apa pinrih ing Cêpa[32] | măngsa jumênênga ratu | angur kesah anglêlana ||
48. lan malih watêking aji | ingkang sami sugih wăngsa | sami dados kawulane | punika kawula sungkan | ngawula kathah ilang | sami-sami naking ratu | têka andika ngawula ||
49. Selanggănda angling aris | lunga sih apa dèn sêdya | Selarasa dèn wuwuse | tuwi sih anèng nêgara | yèn maksih anèng Cêmpa | kakang langkung wirang ingsun | aningali wong ing Cêpa ||
50. Selarasya matur aris | yèn paduka nurut karsa | saparentahing wong gêdhe | kakang botên kêlampahan | wirang têmên kawula | padha-padha naking ratu | têka paduka kandhapan ||
51. kawula anyêgah kingking | benjang yèn dhatêng ing paran | dhatêng yang kula pintane | paduka dadosa nata | Selagănda lingira | inggih raka kula mahkul | ature rayi sampeyan ||
52. Selasyara angling aris | yèn mangkana karêpira | iya kapriye bêcike | lunga aja kawênangan | yayi dening wong Cêmpa | Selarasa nêmbah matur | mangke minggah ing baitra ||
53. kesah mangke dalu iki |
--- [f. 5v] ---
supaya aja na wikan | samya mintar katigane | punang wong abaurêksa | datan wontên uninga | kesah wanci têngah dalu | mring pasisir kang sinadya[33] ||
54. sapraptane ing pasisir | akathah punang baitra | jukung kunthing lan kècine | pêranti yèn ngambil ulam | jajar sêkong mayangan | atembak anèng ing laut | arsa kesah amisaya ||
55. sadaya pan dipun pilih | pêrahu kang nèng pinggiran | wontên pamisayaning wong | samakta dhayung lan layar | kamundhinipun[34] pisan | adan tinitihan sampun | wus nêngah dhatêng samodra ||
56. sigra alayar tumuli | wus lêpas palayarira | tan karuwan ing sêdyane | Selarasa aturira | kakang wontên nêgara | ing ngriki kawula jujuk[35] | sri nata ingkang sinadya ||
2. Sinom
1. Dening dhatêng kang sinadya | kapêlêk têdhaking angin | kabiyas tan wruh ing paran | tigang siyang tigang latri | anut paraning angin | Selasyara mangke muwus | yayi kapriye bala | ara[36] wurung kita mati | Selarasa ature dhatêng kang raka ||
2. kakang sampun salah tekad | èngêtêna raga iki | yèn kawulaning Yang Sukma | kang tansah amurbèng dasih | jênêng kita puniki | pangucape wong kang ahlul | Gusti dede kawula | kawula pan dede Gusti | sanyatane kawula tansah kapurba ||
3. inggih kakang nora bakal | lara pakiwuh puniki | yèn sampun dhatêng ing măngsa |
--- [f. 6r] ---
[Ilustrasi]
datan kenging dèn gingsiri | puniki marga pati | punapa malih winuwus | pan dawêk linampahan | mariki kula ngêmudhi | botên pêjah yèn dèrèng dhatênging măngsa ||
4. Selarasa dhatêng wutat[37] | arsa nêgêri kamudhi | rinangkul dening kang raka | tuwa budinira yayi | tur sarya dèn tangisi |
--- [f. 6v] ---
dening raka kalihipun | lara dènnya sêsambat | rama tingalana mami | lara lapa ing sapatilar paduka ||
5. alara dènnya karuna | kalih angrangkul kang rayi | wontên dening Selarasa | tan samar tingalerèki | pan wus titahing Widi | sakarsane Yyang dinunung | wêkasan aris majar | dhatêng kang raka kêkalih | lah kèndêla raka sampun akaruna ||
6. wangsul raka têtêpêna | ing iman dika puniki | mapan wus titahing Sukma | têka linampahan iki | saking parmaning iki | palwanira layar manjur | barêng têdhuh kang barat | nulya manggih pulo mangke |[38] pêpantêsing palwanya dugi dharatan ||
7. kang awasta pulo Nila | Ki Selarasa tumuli | anjênêng ngungak sing wuntat | waspaos dènnya ningali | ing dharatan nulya ngling | kakang dharatan kadulu | lah kakang tingalana | kang raka kalih angaksi | dhatêng pulo manahe kadya siniram ||
8. adhêm manahe kalintang | samya-samya kacaryan ningali |[39] kang raka kalih angucap | yayi cangcangên ing ngriki | parau kita iki | ingsun yayi arêp mudhun | kapingin mring dharatan | katiga mêntas tumuli | karsanipun amêng-amêng pulo Nila ||
9. kawarnaa pulo Nila | bêbanjaran tulya asri | tanjung kumuning ajajar | soka lawan nagasari | cêmpaka lan srigadhing | kanginan sêkaring mawur | glar sêkar măndhalika | asandhing gambir mêlathi | bêbanjaranira pandhita tapa |[40]|
10. satriya ingkang têtiga | samya rêmên aningali | tumingal ing sarya sêkar | angidêri [angi...]
--- [f. 7r] ---
[...dêri] pulo asri | gandanya marbuk wangi | satriya katiga wau | malah supe ing lapa | gangsal siyang gangsal latri | laminira ing pulo wus têmu gêlang ||
11. pêdhêk pêrnahipun mêntas | prapta pêrnahing bênawi | angsrasani[41] lapa lupa | angrempong soring tangguli | duk kesahipun uni | tan wontên abêkta sangu | Selarasa ngandika | yayi lèrèh dhimin iki | awak ingsun yayi têka lêsu lupa ||
12. Selagănda wuwusira | kawula mêngkatên malih | sakêlangkung lêsu lupa | kapingin amanggih bukti | samar mintara maning | saking awak ingsun lêsu | Selarasa miyarsa | sêsambate raka kalih | kapiluyu têtiga arêrangkulan ||
13. adhuh kakang sanak ingwang | kawula mêngkatên malih | katiga lara karuna | ing salamine dumadi | duk ana ing nêgari | tau tate mukti tuhu | mangke kadi baksana | angraos lara kêpati | Selasyara sêsambate amêlasarsa |[42]|
14. adhuh rama tingalana | putra tuwan kawêlasasih |[43] nora wurung yayi kita | mati anèng pulo ngriki | Selagănda nauri | wande enaking nêmu |[44] ingkang dadi usada | pêrih atiningsun iki | Selarasa alon matur ingkang raka ||
15. yèn mêngkatên ta lah kakang | paduka kantun ing ngriki | sampun paduka akesah | kawula mangke ngulari | wowohan ing ngariki | lah yèn ing panyananingsun | pulo puniki têngah | pantês wontên dhukuhnèki | lah kantuna wong kêkalih kula kesah ||
16. Selasyara aris majar | adhuh ariningsun gusti | wus katêdha ing sihira | aja lunga sira yayi | barêng sapati urip | aja [a...]
--- [f. 7v] ---
[...ja] pisah wong tatêlu | yayi sapa wêruha | angkêr têmên pulo iki | sira lunga mênawi ana durbiksa ||
17. Selarasa wuwusira | kangkang[45] dika mêntah malih | gêdhongana kuncènana | ing pati tan kêna gingsir | wus panduming Yang Widi | saking tulis lohingmahpul | lah paduka kantuna | kang raka ngandika aris | lah ta iya yayi kang pênêt ing marga ||
18. pan sampun Ki Selarasa | nêngah ing pulo tumuli | ana wukir lêbak-lêbak | ningali toya awêning | ing sabrangan kaèksi | bêbanjaran wohing anbut | kang pêlêm wohe sinang | bangwang bêmbêm kawèni |[46] jêruk jirêt salak kapundhung rambutan ||
19. sêkathahing kang wowohan | pan lagya sêdhêng ngêmohi | samăngka jingga lan nanas | capêdhak lan jêruk kuwik | durèn manggis anggêrit | arêmpayak wohe antub | sêgayuhan pan kêna | dhuku langsêp runtuh sami | angrêmpayak sami rinambatan sêdhah ||
20. Selarasa linging nala | iki parmining Yyang Widi | manggih têtambane lapa | lajêng anabrang tumuli | Selarasa ningali | maring wong kang lagya lungguh | anèng ing sela karang | kagubêd ing ayot[47] sami | Selarasa cêngêng dènira tumingal ||
21. kêkasihe ingkang tapa | awasta Ki Sèh Nursaid | sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan mawi dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang ingaras-aras | kang minăngka dhaharnèki |
--- [f. 8r] ---
[Ilustrasi]
mung Yyang Suma[48] kang kaèsthi i[49] jro nala ||
22. kagyat wau ingkang tapa | patapan kadya ginunjing | alinggih lir kajungjunga | rêbah kayon kanan kèri | kasêrang dening angin | sêkare pan samya runtuh | angucap jroning nala | prabawaning apa iki | mulat muring katingalira kang tapa ||
23. waspawos[50] wau [wa...]
--- [f. 8v] ---
[...u] kang tapa | yèn wontên rare kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn wontên ingkang darbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah sêmpal | sangêt kasêrang ing angin | Selarasa ing manah ragi muringah ||
24. saya parêk Selarasa | kang tapa nulya ningali | kagyat wau tingalira | wong ngêndi baya puniki | rare lucu apêkik | dening gagombak kakuncung | wêruh mring pulo Nila | wong akèh pilih kang uning | pilih wonge kang wêruh mring pulo Nila ||
25. angucap sajroning nala | pantês têrahing abêcik | anak putunira mangka | mulane prapta ing ngriki | yèn dudu wong abêcik | măngsa kasia[51] katêmu | patapan iki simpar | pilih kang têka mariki | lan kêtara têkène[52] mawi jalajat ||
26. Sèh Nursaid angêndika | ing rare wau kang prapti | ki putu kêparèng ngarsa | bagus linggiha ing ngriki | ara bayaning kaki | ing kene barênga lungguh | sajroning manahira | iki wong rame ing budi | sun têteja ya ta wijiling kusuma ||
27. alon ta Ki Selarasa | kang tapa wus dèn parêki | malar asunga usada | marang lara lapa mami | amung ta lah mênawi | Selarasa nulya ngujung | munggah ing undhak tiga | tur sarya amêpês dhiri | Selarasa matur sarya apranata ||
28. alon matur Selarasa | nuhun kawula yang kaki | anêdha sih pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakêlangkung kumapurun | inggih nuhun paduka | rèhning dasih kawêlasasih |[53] Sèh Nursaid ngandika akèn marêka ||
29. Sèh Nursaid angandika | kaki putu saking ngêndi | anyar têmbene katingal | pun [pu...]
--- [f. 9r] ---
[...n] kaki têmbe ningali | marêk dhatêng Yang Widi | apa ingkang sira jaluk | lah mara sujarwaa | ki putu dipun sayakti | Selarasa ature măngsa kilapa ||
30. Sèh Nursaid ngandika |[54] iya ki putu wus ngarti | sinangsangya[55] lakunira | jinaga dèn priha mati | sadulurira aji | langkunge murkanerèku | mring sira iku nyawa | iya dèn êprih kasèsi | lakunira prapta arêp jaluk sêga ||
31. ing kene ta lăngka sêga | pun kaki sampun udani | ora katêmu ing sêga | mung gandane sêkar sari | ingkang minăngka bukti | amung gandane kang santun | Sèh Nursaid kèngêtan | pituture ingkang dhingin | angandika Nursaid ing Selarasa ||
32. ki putu sok tumukula[56] | Selarasa anukêmi[57] | binêdhol kêkuncungira | angsal tigang lêmbar iki | ki putu ênyak iki | dokêna ing pusêripun | pan warêp[58] tan pangan |[59] rambutira pan kêkalih | êdumêna ki putu salêmbar sowang ||
33. atampi Ki Selarasa | wontên ing ngandhap pinundhi | Sèh Nursaid angandika | uwis lungaa dèn aglis | age budhala maning | ngulon ana desa agung | iku dèn paranana | besuk yèn praptèng nêgari | dadi kêmbang ing payudan putu sira ||
34. Selarasa nulya nêmbah | mring ngarsa nulya ngujungi | yang kaki nuhun kawula | anuhun bêrkat kiyai | ing kula ing yang kaki | sakêlangkung nêdha nuhun | Sèh Nursaid ngandika | iya putu dèn agêlis | nanging sira dèn ati-ati ing marga ||
35. bisuk sira nêmu baya | nanging tan kêna ing pati | iku gusti lampahana | yèn uwis têkèng nêgari | jamaking wong ajurit | ing besuk [be...]
--- [f. 9v] ---
[...suk] sira tinêmu | ingkang dadi kamulyan | uwis jangjining Yang Widi | sira besuk dada[60] kalifa[61] ing dota[62] ||
36. Selarasa angandika | Sèh Nursaid ajampèni | sun têtêdha ing Yyang Suma | sakèh dewa padha asih | jayaa sira benjing | awèha marga rahayu | malikat rumêksaa | ing salamining dumadi | muga-muga jinujunga[63] jênêngira ||
37. wus amit Ki Selarasa | alon dènira lumaris | lampahira kêbêtengan | sarira lêsu kêpati | prapta pinggir pasisir | kawarnaa ingkang kantun | Rahadèn Selasyara | Selagănda tansah nangis | Selarasa kang sinambat ing karuna ||
38. Selasyara pan karuna | sarya ling dhatêng kang rayi | Selagănda duganira | Selarasa baya mati | lah payo tinut buri | barêng mati wong tatêlu | tan dangu nulya prapta | Selarasa saking wingking | sarya angling raka karuna ngapaa ||
39. Selarasa amiyarsa | yèn syaraning raka nangis | pinêthuk nrinangkul[64] enggal | kang rayi aglis nukêmi | kang raka ngandika ris | adhuh gusti ariningsun | sun nyana wus palastra | Selarasa matur aris | lah kèndêla raka sampun akaruna ||
40. yèn dening paduka lapa | punika têtaba[65] pêrih | rambut kawula salêmbar | dokêna ing pusêr iki | gawe jimat paripih | warêk[66] tan mangan iku |[67] kang raka ika mojar | sajroning manah pribadi | pantês yayi olih rahêmating Yang Sukma |[68]|
41. sarya anampani sigra | wau kang raka kêkalih | dinuman salêmbar sowang | sampun kinarya paripih | tumulya sêgêr sami | Selarasa nulya muwus | raka anêdha minggah | ing palwa samya ngulari [ngu...]
--- [f. 10r] ---
[...lari] | nêgara gung tinêmbang yuda kênaka ||
[Ilustrasi]
3. Pangkur
1. Radèn katiga rangkulan | anèng ngandhap wrêksa gêng puniki |[69] Radèn Selarasa matur | kakang dawêk abidhal | dhatêng palwa kang raka aris amuwus | yayi bênêr sira uga | pulo ki kaliwat singit ||
2. Radèn Selagănda ngucap | yayi payo padha alêloloni | mênawi sêlêk rob banyu | dadi tan bisa munggah | dhatêng palya tan dangu anulya [anu...]
--- [f. 10v] ---
[...lya] rawuh | mring prau onèng pinggiran | samodra ing pulo iki ||
3. wus mancal saking pinggiran | pulo Nila silêm datan kaaksi | mangulon palayaripun | Selarasa nèng wuntat | raka kalih dadi juru batu ngayun | kathah baita kêpapak[70] | kapal pragata lan kèci ||
4. wus mancal saking pinggiran | pulo Nila silêm datan kaaksi | mangulon pêlayaripun | Selasara[71] nèng wuntat | raka kalih dadi juru batu ngayun | kathah baitra kapapag | kapal pragata lan kèci ||
5. ana palya lêlayaran | kêdhap-kêdhap ika palwaning Anggris | wong Mêla[72] nugang[73] sêlup |[74] wontên malih katingalan |[75] lêlayaran pêlalange wong Balitung | sahing wong Tulang Bawang |[76] kang alok bêbajo iki ||
6. Selagănda angandika | ika yayi tingalana dèn yakti | wong Tulang Bawang puniku | biluk arsa bêbajak[77] | dèn agancang yayi kita bok sinusul | kêbating yèn sinusula | tan wande dèn êdol bijing[78] ||
7. wontên malih lêlayaran | layar kastub baita saking Prênggi | kang layar sutra wong Ngêrum | layar mari wong Surat | êjong Cina layar godhong pring tinutus | ana layar cindhe kêmbang | anênggih palwa Si Kêling ||
8. ana ingkang layar mutha | kang sawênèh layare kastub kuning | kang palwa asrang asêlur | kapapak piduluran | tiningalan lir pendah kakupu tarung | ana kang layar mangetan | sawênèh ngulon bêbalik ||
9. apan dulur apapagan | palwa Ambon layare kastub wilis | wong Minangkabuh kumêndhung | layare lungse seta | palwa Siyêm layare pêrada murub | kadut
--- [f. 11r] ---
layaring wong Jawa | kêpapagan anakèni ||
10. dhimana lu punya tanah | muwat apa budhak dhi mana pêgi | kang tinakèn nak amuwus | saya arang dhi Cêmpa | tidhak muwat sing prau kita sunggu |[79] ki nakuda dhari mana | dhi mana têmpat nêgari ||
11. sumaur punang nakuda | saya mau pêgi nêgari Tukin | saya orang nagri Êrum | tapi dhi luwar kutha | palwanipun wus laju nora kadulu | sampun têbah lêliwatan | sawênèh kari kawuri ||
12. wontên malih katingalan | kêthip-kêthip layar katon sailir | wus silêm dharatan gunung | amung pangulu litang | lan srêngenge Selarasa layaripun | tigang dalu tigang siyang | duk katêdhakan ing angin ||
13. pêpêtêng angin tunggara | silir wêngi têdhak kang punang angin | anut paraning pêrau | tan kêna sinayutan | ngucur angin tigang siyang tigang dalu | kabiyas tibèng dharatan | ing Atashulu kapinggir ||
14. tiba ing pamigir[80] desa | pasisire angetan mawi kali | têmbir ombakipun agung | bangkat anêmpuh karang | Selarasa anjênêng ing wuri muwus | kakang ika tangguhana | ing pundi labuh puniki ||
15. nulya kagitik ing ombak | babarpisan palya pêjah kabanting | mring dharatan lir sinurung | Selarasa malêmpat | jangjining Yang puniki kakang tinêmu | bang-bang wetan wayahira | samya linggih ing pasisir ||
16. paminggiraning nêgara | Atashulu wastane [wa...]
--- [f. 11v] ---
[...stane] kang nêgari | winastanan desa Mundhu | kunêng rare têtiga | yèn ing dalu nusup ing alas aturu | sampun angsal tigang dina | yèn siyang anèng gagisik ||
17. tan kocapa wong têtiga | kawuwusa wontên dhudha tur pêkir | awisma ing desa Mundhu | awasta Ki Lubama | nênggih darbe anak wadon siji ayu | gawene tansah cok mular | anangis raina wêngi ||
18. Ni Rumsari wastanira | pan katilar ing rena dèrèng lami | gangsal sasi laminipun | nangis sarya wêcana | rama kula angipi kalaning dalu | katon warnane gumawang | rare têtiga apêkik ||
19. dawêk rama ularana | wetan kono pêrnahe duk angipi | dede rare mukti iku | nanging angsale kuna | kawêlasasih nama ta rare puniku |[81] nanging angsale ing kuna | iku têrahing bupati ||
20. pêkir Lubama angucap | angulèthèk rêrasanira iki | salahe saya andarung | angandêl ing supêna | wong angipi babo tan kêna binastu | apan akèh ipèn dora | iku tan kêna pinasthi ||
21. aja ta kang kaya sira | wong kang arip ipene kadhang sisip | saengga ngambil wong iku | wus kanggo tingal tunggal | supênane mênawa kêna binastu | jaring turuning ku ekram | munajat ênêngerèki ||
22. saujarèku akullah | paningale makripatollah ugi |
--- [f. 12r] ---
pangambu pamiyarsèku | usiking dadi sêmbahan |[82] barang polah wus ora ana kadulu | wus nganggo paningal tunggal | tahyun malukèku singgih ||
23. iku ta ika mangkana | supênane iku tan kêna sisip | uwus ta mênênga babu | sêdhêng aja karuna | ingsun iki susah ati durung mantun | satilare ibunira | durung enak dhahar guling ||
24. Ni Rumsari angandika | adhuh rama mangke manira purik | yèn tan kêpanggih wong iku | lah rama ulatana | kula uga ngipi datan pati turu | kula tangi maksih wayah | dalah mangke kantos maksih ||
25. yèn awèt mêngkatên rama | datan wande kawula pêjah brangti | kèwêran kang rama amuwus |[83] sarya ngrangkul kang putra | iya gusti lah mênênga ankingsun[84] |[85] karia si rama lunga | Ki Lubama sigra mijil ||
26. lêpas lampahe mangetan | Ki Lubama anurut pigir[86] pasisir |[87] lampahira mandhêk mangu | tan wontên ingkang sinadya |[88] malah wayah lingsir kilèn têkèng waktu | Ki Lubama asêmbayang | lohor sandhaping sulasri[89] ||
27. sabakdanira sêmbayang | nulya ngetan Lubama aningali | rare têtiga alungguh | awas dènnya tumingal | dene bagus rare katigane wau | rare ngêndi iki baya | dene katigane pêkik ||
28. Lubama mangu kacaryan | pinaranan anèng sore sulasri | Lubama aris amuwus [a...]
--- [f. 12v] ---
[...muwus] | hèh teja sulêksana | bagus pundi pinangkaning duk ing dangu | manira têmbe tumingal | Selarasa anauri ||
29. kawula wong mêndhang kentar | sagèn kampir saking Cêmpa alami | winastan Wedang Lêlaku | wong tumpêr cinawêtan | rare panas nèng gnêra[90] akèh nundhung |[91] malah Sang Nata ing Cêmpa | mring kawula anyar pati ||
30. baya lami sira nyawa | anèng kene dèrèng amanggih panti | inggih paman sampun antuk | tigang dalu kawula | Ki Lubama muwus nyawa anak ingsun | pun paman karyanên bapa | lah payo mring wisma gusti ||
31. Selarasa angandika | gih katêdha si andika mring kami | Selasyara aris muwus | pantêse kai paman | yèn wontêna ing desa ngariki bisuk | tan wande dadi pitênah | pan kawula rare singit ||
32. wontên ing ngariki paman | datan wande kawarta ing nêgari | katon yèn rare kumukus | tan wande kula pêjah | Ki Lubama asru ing pamuwusipun | pun paman karyanên dhadha | bisuk yèn ana bilai ||
33. anak bagus yaktènana | pan si paman gusti akênên siwi | lir mulat ing kamal ingsun | alon radèn têtiga | têka nêdha ingsun mulih ngawu-awu | yèn dening gusti ing pêjah | datan kêna owah gingsir ||
34. ki bagus pacuwan limpad | ing aurip pati sampun pinasthi | alon
--- [f. 13r] ---
Selarasa muwus | dhumatêng ingkang raka | dawêk raka sihe paman dika turut | ing lara pati sinăngga | kang raka nurut sakabti[92] ||
35. wus binêkta mantuk sigra | tan kawarna ing marga sampun prapti | waktu asar wancinipun | praptanira ing wisma | Ki Lubama anake inguwuh sampun | Ni Rumsari marenea | gawaa kêlasa agêlis |[93]|
36. Selaswara wuwusira | sampun paman bilih wontên undani[94] | pun paman akên katèngsun | pulunane pun paman | lah yèn wontên tatăngga lor kilèn kidul | pacuwan kabyantaraa | dipun wêlas dhatêng kami ||
37. warnanên Dèwi Rumsêkar | amarani dhatêng kang rama aririh |[95] uni yèn dhatêngan wau | sarya bêkta kêlasa | arsa gêlar ing bale mangkya adulu | têtamu kang anèng manah | Ni Rumsari nulya balik ||
38. malêbêt mangu nèng wisma | aningali satriya anom apêkik |[96] lir dinaud manahipun | gumêbyar ing wardaya | Ki Lubama ngancarani ingkang rawuh | Selasyara Selagănda | Selarasa samya linggih ||
39. anèng bale sakatiga | Ni Rumsari onèng jro wisma linggih | kalihan pawonganipun | kang wasta Ni Jumêna | alon matur marminipun dika mangu | èngêt kala duk supêna | sinabêran[97] dhangdhanggêndhis [dhang...]
--- [f. 13v] ---
[...dhanggêndhis] ||
4. Dhandhanggula
1. milaningsun babo mênêng iki | pan kèngêtan wau kang supêna | iya mangkana rupane | têtiga bagus-bagus | dhuh si rama dene abangkit | angulati supêna | Ni Jumêna matur | kinèn ambyantarakêna | kapulunan ing têtăngga kanan kèri | Rumsari suka bungah ||
2. Ki Lubama anake
[Ilustrasi]
dèn bisik | nini sira ya olah-olaha | sanakira pan kaluwèn | saksana kang inguwuh | Ni Rumsari sumaur aris | wus damêl ambêng kula | têka dika lungguh | Ni Rumsari olah-olah | lan Jumêna tan dangu
--- [f. 14r] ---
nulya mahgêrip | Ki Lubama angucap ||
3. lah kantuna nyawa anèng ngriki | ingsun arsa lunga asêmbayang | Rumsari lungguha kene | rewangana alungguh | aja sira age sêsaji | ingsun arsa sêmbayang | Rumsari sumaur | dawêk rama sêmbayanga | ariningsun sun rawangane[98] alinggih | Lubama dhatêng langgar ||
4. têtanggane padha angrowangi | ni wulanjar kidul sami prapta | lawan ni pêrawan kilèn | răndha lor padha rawuh | ora maning kang dèn rasani | payo nonton wong anyar | wartane abagus | kyai duwe pulunan |[99] rare anom têtiga wêrnane pêkik | gêbagan kang wong prapta ||
[Ilustrasi]
5. Ni Rumsari wus sarêng alinggih | miring-miring manahe kagiwang | sarêng linggih onèng bale | gantale mung tatêlu | ing nênampan salaka adi | wong bagus lah mucanga | Selasyara muwus | kang êmbok
--- [f. 14v] ---
kawula nêdha | sampun lami kawula botên nginangi | miwah sanak kawula ||
6. Ni Rumsari wuwusing amanis | nora tulus andika sêsanak | yèn dèrèng nginang jambene | dumèh ta mung têtêlu | anginanga suruh sacandhik | lawan jambe samayang | măngsa kirang suruh | mulane amung têtiga | sanak kula têtiga kang anèng ati | sarwi anglirik ngiwa ||
7. Selasyara arine dèn lirik | sarêng dulu wangsane katiga | sarêng samya juput jambe | katiga mucang sampun | Ni Rumsari angling ing ati | kapriye polah ingwang | kang manah ta giyur | yèn ingsun mêlang ing nala | asêsanak kang mulat malang atèni | angur sun rasuk pisan ||
8. dimèn padha sun basani adhi | nulya angling Jumêna mènèha | anglêlayanana kene | ing kono akèh batur | ora kurang ing ngladèni |[100] ni wulanjar angucap | buhêna maringsun | age sira maranaa | adan kesah Jumêna mêndhêk ing wuri | Rumsari aris majar ||
9. Ni Rumsari lingira amanis | ariningsun katiga sirama | karuhun dipun arèrèh | rama dika pan dangu | anèng masjid kêlawan santri | wu[101] watêking saban |[102] yèn sêmbayang dalu | rare katiga wêcana | inggih kakang nuhun pasihan dikèki | tan sagêt mangsulana ||
10. pan tumêdhak wau putra katri | ing sêdyane wau arsa siram | mring bèji ika sêdyane | lampahe mandhêk mangu | wau mulat padhanging sasi | sangsaya mangu lara | ketang duk ing dangu | lagya duk anèng nêgara | nanging ta lah sinamur-samur [si...]
--- [f. 15r] ---
[...namur-samur] ing ati | dadya angêne ilang ||
11. samya siram katiga ing bèji | padhang wulan sasi kapurwanan[103] | prapta ing bèji lampahe | Selasyara amuwus | Selarasa dipun takèni | yayi wus balèk sira | atawa sih durung | kang rayi sih saurira | dèrèng balèk kakang kawula puniki | tandhane yayi apa ||
12. tandhanipun kakang kula ngipi | pan kêpanggih kêlawan wanudya | cinêkêl sinungan gantèn | sira tampani iku | botên arsa kula nampèni | kakang kêlawan asta | nanging lawan untu | sun cakot lathine pisan | raka kalih gumujêng atutup lathi | mung samono kewala ||
13. muga kithing kakang botên uning | nula[104] kakang lah yèn mêngkatêna | muga busung muga gondhok | Selagănda ris wuwus | yayi ingsun atakèn malih | lah mara tutugêna | Selarasa muwus | kula dèn ajah[105] mring wisma | ing wanita sun êmban tur sun ambungi | sarwi sun urus pisan ||
14. Selasyara angrangkul kang rayi | ariningsun apa aran ika | Selarasa lon ature | wikaning wismanipun | kula tutugakên ta malih | dangu ing pagulingan | wong wadon anggarut | anjiwit nyêthot amular | nutên[106] kakang sun sarèkakên tumuli | tur sun bantali asta ||
15. apan dangu dènira agosthi[107] | anèng bèji wau apaguyyan | nulya siram katigane | warnanên ingkang kantun | Ni Rumsari kêlawan cèthi | umatur Kèn Jumêna | dhatêng Ni Rumsantun | sampun gusti radi mirang | ing wong ika lir darbe
--- [f. 15v] ---
rasaning ati | punika wong pêsaja ||
16. sampun gusti radi angêtawis | dipun kadi sadhèrèk priyăngga | Rumsari alon saure | wite babu tyas ingsun | pan kapingin dadulur yakti | yèn warnane sun wangwang | lir Parta tumurun | kumêpyar raosing manah | mulaningsun kadhang lali kadhang iling | dadya salira lupa ||
17. wus malêbêt wisma Rumsari |[108] arsa mipis burat pagêgandan | yudha angêlamong arane |[109] akêdhik racikipun | mung sêkawan racikannèki | pala lan têmulawak | unêm datan kantun | pucuk datan kalintangan | kawruhana warnane gănda wêwangi | ika nastitèkêna ||
18. wontên malih wastane wêwangi | bêburatan wangi tur prayoga | balibar manggis wastane | akathah racikipun | têmu giring lampuyang wangi | cêndhana das kawuryan | pulasari kêncur | jitên[110] cêngkèh kajêng tinja | jêruk purut cêndhana têki mêsuyi | lan godhong găndapura ||
19. ingukupan lawan gêdhis[111] abrit | banyonana lan air kukuman[112] | kuncine dèn bênêm bae | cêmpaka datan kantun | pan pinanggang sêkare dhimin | binênêm kang sapindhah | pinipis dèn lêmbut | kajêng gasturi[113] rawangnya[114] | kawruhana racike balibar manggis | iku nastitèkêna ||
20. sasampuning Ni Dèwi Rumsari | arêracik burat kang butama | cêcadhang marang wangsane | dening wulanjar kidul | saking pawon padha tut wingking | malêbêt dhatêng wisma | samya marêk lungguh | ni parawan [pa...]
--- [f. 16r] ---
[...rawan] anut wutat | samya marêk anèng pagêlaran linggih | Rumsari aris majar ||
21. wus palastha sêsajène asri | ni wulanjar muwus mêlasarsa | sampun sumaos sakabèh | ni pêrawan amuwus | dhuh kawula takèn sayakti | marga punapa dika | ing rare kang rawuh | dening warnane lir Parta | Ni Rumsari aris dènira nauri | sadulur mêmisanan ||
22. ing pisahe ingsun sèjèn ragi | payo yayi atilik si rama | kawarta mati ujare | ni wulanjar amuwus | ingkang sêpuh punika pundi | wêrnane kaya kêmbar | padha bagus-bagus | tan ana ingkang kaciwa | Ni Rumsari wuwuse arum amanis | watêk sabèbètira ||
23. ni wulanjar angling asih-asih | kula ngèngèr ing mariki pisan | juru dang esuk lan sure[115] | sun sêsambi lan nutu | ni parawan alon nauri | nyai wăngsa andika | sun lamar ing besuk | kang anom miwah kang tuwa | dhingahane aja liyan kang duwèni | sun tuku kanèskara ||
24. Ni Rumsari saure amanis | ora rabi kabèh sanak ingwang | yèn durung laki sanake | watêk sabèbèt ingsun | sapa tuwa alaki dhingin | ni wulanjar angucap | darmane kang antuk | tan katara wuwusira | Ki Lubama wau mantuk saking masjid | dèn iring santri papat ||
25. Ki Lubama anguwuh ing siwi | Ni Rumsari êndi sakankira[116] | padha mring ngêndi parane [pa...]
--- [f. 16v] ---
[...rane] | Ni Rumsari sumaur | diwêk[117] siram wau mring bèji | kawula mipis wida | Lubama amuwus | babo wus daulatira | ulih sanak wêrnane anom apêkik | ingkang ingucap prapta ||
26. ingkang mêntas asiram ing bèji | rare tiga sampun linggih samya | Lubama suka ing tyase | Rumsari nulya matur | atur burat prapta alinggih | tan arasa-rumasa | pasaja amuwus | yayi padha baburata | rare tiga matur sêpdane[118] amanis | kang êmbok wus katêdha ||
27. Ki Lubama wuwusing amanis | aja kêmba iku sanakira | aja sumêlang atine | cinandhak astanipun | binuratan wargane sami | tumukul tur pasaja | katigane sampun | wus palastha binuratan | sakatiga arine tansah dèn liring | dening Dèwi Rumsêkar ||
28. sasampuning binuratan sami | nulya mêdal ingkang pêpundhutan | saksana adhahar kabèh | pan jang gori jangipun | Ni Rumsari kang mêmarisi | wulanjar ngêngêt ulam | samya dhahar sampun | carikan wus ingambilan | sinungakên ing jawi santrinerèki | rame dhahar carikan ||
29. Ki Lubama lingira amanis | anak ingsun padha asarea | anulya padha asare | ênêngêna winuwus | anèng dhukuh sampun alami | wus wayah sapraja |[119] ka tansah pinupuju |[120] sampun antuk tigang warsa | laminipun dawêk sinalinan gêndhing | apan tinêmbang durma ||
--- [f. 17r] ---
5. Durma
1. ênêngêna ing mangke pêkir Lubama | lawan radèn puniki | kacapa Sang Nata | ing Atashulu ika | nênggih wastane nêgari | balane Islam | nanging ratune kapir ||
2. kalih patih iku ratu anênêka | nanging prakosèng jurit | wanci dhawuh tiga | sri nalendra sinowan | pinarêk anèng sitigil | pêpêk sadaya | santana lawan mantri ||
3. anèng ngarsa wiramantrining nêgara | Rêkya Patih Indrabumi |[121] sang nata ngandika | hèh patih lah mangsaha | ing ngarsaningong dèn aglis | patih wotsêkar | sang nata nulya angling ||
[Ilustrasi]
--- [f. 17v] ---
4. kakang patih ingsun dalu asupêna | apa wahananèki | aningali teja | prênahe ing lèr wetan | ngadêk madhangi sabumi | teja têtiga | padha agêng ainggil ||
5. teja iku ing mula kadya dinalah | têka anglentab mami | ing kêdhaton ingwang | murub akatar-katar | umah ingsun kabèh ênting | galak kang teja | têka aburu mami ||
6. ingsun malah mêlayu karangkang-rangkang | angungsi dèn tututi | dening teja ika | ingsun kêbyur ing toya | kandhêk teja angantèni | tan dangu ingwang | kagèt tumulya tangi ||
7. tigang dalu samangsaningsun turua | ara tuwang sok kèpi | ura nana liyan | kang katon ing supêna | teja katon saya inggil | ngalih ing pura | madhangi wong sanêgri ||
8. iku patih ngaya ngapa ta ing sira | wahanane dèn aglis | Patih Indrakisma | matur sarya wotsêkar | suka kinêthoka gusti | anuhun duka | pukulun paduka ji ||
9. angandika sang nata sun kagawokan | kang teja nuli dadi | rupa êtong gêdhah | anèng kêdhaton ingwang | rupane amacawarni[122] | ambune ika | ana bangcin[123] lan wangi ||
10. rupa tai ana kang rupa bêbathang | banggi-banggi kang warni | ana madu kilang | kang rupa kakêmbangan | candhana garu gasturi | lah artènana | dènira kakang patih ||
11. kyana patih asru ing panuhunira | tugêle jăngga mami | gusti tan lênggana | patik bêthara cabar | kalintang
--- [f. 18r] ---
botên gadugi[124] | angartosana | ing supêna nêrpati ||
12. angandika sang nata asêmu duka | dhatêng para bupati | mênawa na bisa | angartèni supêna | sadaya asaur paksi | sarêng anêmbah | inggih botên adugi ||
13. sakyèhing wong sira mênawa na bisa | aja nganti tinari | sêdaya matura | sapaseban anêmbah | samya atur pati urip | rapêt ing kisma | wêdanane wadya lit ||
14. langkung duka wau sri nalendra ika | dhatêng rêkyana patih | sira alungaa | aja ta kêlayatan | angulatana kang bangkit | tabit waspada | pacuwan aja mulih ||
15. yèn na durung alèh kang bisa abatang | kang patih sun patèni | dèn enggal miyanga | ki patih sigra nêmbah | wus amit tumulya mijil | lampahe sigra | rêkyana patih |[125]|
16. sampun madal sajawining gêledhegan | kang tumut dèn ampiri | kyana patih sira | anulya nitih kuda | angêrap kalih pêkathik | èngêt ki patya | mangilèn lampahnèki ||
17. wong sanake jinujug ing jawi kitha | wasta Ki Ujum Sidik | tan kawarnèng marga | gancang lampahe kuda | wus prapta Karang Paminggir | tan dangu prapta | wus tumêdhak ki patih ||
18. Ujum Sidik aris dènira atanya | bagea kyana patih | sun badhe ta sira | ya ta ing lakunira | kaya ana gawe gati | Patih Drabisma[126] | saure awor tangis ||
19. iya kakang Ujum [Uju...]
--- [f. 18v] ---
[...m] mulaningsun prapta | ajujuk dhatêng ngriki | ingsun ora pana | anjaluk tulung ingwang | kya patih sigra bêbisik | Ujum angucap | lah iya kyai patih ||
20. ingsun sanggup angartèni aturêna | marang sri narapati | manira wus wikan | ipening sri nalendra | nanging ingsun arêp jangji | ingkang sun têdha | Sêlame sri bupati ||
21. lawan sira ki patih padha Sêlama | kya patih anauri | inggih ta lah kakang | sampun ta kêlayatan | tumulya sami anitih | kalih ing kuda | kêlawan Ujum Sidik ||
22. gêgancangan ki patih asêsandêran | Ki Ujum Sidik iki | praptane ing kitha | garjita kathah mulat | sapraptanira ki patih | kampah kang kuda | nèng gêledhegan jawi ||
23. sri nalendra aris dènira ngandika | ing kene parêk mami | aglis angandikan | patih ing panangkilan | kalihan Ki Ujum Sidik | amamêndhapan | patih lan Ujum Sidik ||
24. Sri Nalendra ing Atashulu ngandika | dhatêng rêkyana patih | ulih sira patya | marang kang bisa nyêtha | sakathahe ipèn mami | patih tur sêmbah | punika kang kapiring[127] ||
25. kakang patih Ki Ujum kon marang ngarsa | mêngko sun têtakoni | kya patih angucap | Ki Ujum pêkênira | ingandikan dening gusti | mangsah ing ngarsa | wau Ki
--- [f. 19r] ---
Ujum Sidik ||
26. sri nalendra aris dènira ngandika | hi kene parêk mami | hèh Ki Ujum sira | bisa ngarti supêna | Ki Ujum ature aris | inggih sang nata | kawula ananggupi ||
27. nanging wontên kawula têdha sang nata | yèn sampeyan dhatêngi | asru angandika | mangke sri naranata | aja sira walang ati | sakarêpira | mêngko ingsun nêkani ||
28. sakarêmu[128] măngsa sun suwalanana | badhenên iku dhingin | ingsun dêlêng teja | prênahe êlor wetan | Ujum Sidik matur aris | sampun de pajar | kawula ngawikani ||
29. ing supêna paduka ningali teja | têtiga kang kaèsi | saking ngalor wetan | sumorot dhatêng pura | kabar saisining puri | malah sang nata | mêlajêng dèn tututi ||
30. sri nalendra mêlajêng karangkang-rangkang | paduka kêbyur warih | murup lir dahana | teja ngadêg ing pura | amadhangi wong sabumi | duk anèng kêdah | isining mănwarni[129] |[130]|
31. rupa tai ana kang rupa bathang |[131] ambune mocawarni[132] | mambu kakêmbangan | hèrgulo lan hèrmawar | tanapi garu kasturi | garu kalêmbak | sawarnining kang wangi ||
32. angandika wau sang sri naradipa | bêtul kata lu ini | iya artènana | kaparèkên ing sira | Ujum Sidik matur aris | teja têtiga | jênênging wong abêcik ||
33. nênggih wontên rare têtiga molana | sinihan ing Yang Widi | ujare
--- [f. 19v] ---
petangan | mangke wus anèng desa | paminggir tuwan ing ngriki | rare punika | kang badhe dados aji ||
34. gih punika yèn dhatêng rahmating Allah | kang anggêcêk nêgari | angrusak paduka | ingkang gêntosi Nata | ing Atashulu nêgari | langkung dikjaya | kang wontên ingkang musuhi |[133]|
35. balèk pisan wancine rare punika | dening sêmune kupi | gêdhah isi gănda | amis [a...]
[Ilustrasi]
[...mis] bacin punika | têgêse sri narapati | pan ari tuwan | awon pênêd kapusthi ||
36. prandenepun[134] kathah ratu ulubalang | inggih
--- [f. 20r] ---
botên nguruti | rarèku kuwasa | lan wus jangjining Allah | nêgara tuwan ing ngriki | pasthi yèn bubar | sajroning taun iki ||
37. gih punika ingkang jumênêng nalendra | saengga nutên mati | ing sasi punika | rare kang sakatiga | manawi tan tulus gusti | rusak paduka | punika atur mami ||
38. amung sasi punika paduka nata | yèn arsa angungkuli | ing rare punika | yèn ugi datan pêjah | ing sasi Sapar puniki | benjing sampeyan | datan wontên kang nyanggi ||
39. kadya duka ature dhatêng kang nata | wau Ki Ujum Sidik | ya ta sri nalendra | amiyarsa mangkana | bramatyanira tan sipi | wêdana abang | kadya mêtua gêni ||
40. sigra ngus[135] curiga sri naranata |[136] mêrang lêngên bribadi[137] | ngundêr pupu kiwa | arya asumbar-sumbar | lah dêlêngên Ujum Sidik | totonên[138] padha | kasaktèn ingsun iki ||
41. têguh wani karosan wis anèng ingwang | enyong bêbalung wêsi | kulitku tambaga | gêgala susum[139] ingwang | mana arang nyang bêrani | tur saya mêrang | awakira pribadi ||
42. malah tugêl curiganira sang nata | sampun dados kêkalih | sang nata sru mujar | mana itu rupanya | lah panggil dhatêng kêmari | orang nyang tiga | kêlawan bakalahi ||
43. mêngko aku puji êlu akuwasa | suru dhatêng kêmari | aku ajak tujah | nulya angunus pêdhang | sisinèbêt [si...]
--- [f. 20v] ---
[...sinèbêt] lambunge kèri |[140] muwêr kang pêdhang | lêmês kadya gulali ||
44. ngurêkakên ing netranira sang katong |[141] sira sri narapati | pêdhange dèn mamah | rêmuk kadya galêpang | pêdhang tan arupa wêsi | sarya sêsumbar | bêndunira tan sipi ||
45. Ujum Sidik lu pinggil arang nyang tiga | yèn aku pêsthi brani | mari sama tujah | êlu têlalu jahad | prakatahan tradhak baik | sang nata ngucap | dhatêng wong surèngpati ||
46. lêkas pegang si uci anulya nyandhak | bawak taruk pêrèsi | ya ta wus cinandhak | wau dening wong kathah | sampun dèn kunjara wêsi | duka sang nata | dhatêng kyana patih |[142]|
47. yèn ta aja sira kawulaku lawas | tugêl janggamu lêngit | liwat ala sira | tan wruh ing subasita | angaturakên wong baring | liyan sing sira | wus mau sira mati ||
48. sakathahing kang seba kojêm[143] ing lêmah | aningali sang aji | upamining sata | sinambêr saking wiyat | sirêp tan ana kulisik | ing jro ing jaba | sêlabok ingkang gêndhing ||
6. Asmaradana
1. sang nata ngandika aris | nudingi sarya anêntak | dhatêng kya patih ta mangko | lah patih sira ngambila | sakèhe bocah lanang | gêdhe cilik aja kantun | bêbêthèkana dènira ||
2. sawiji aja na kari | nadyan anaking pandhita | padha patènana kabèh | aja ana kaliwatan | têkèng [tê...]
--- [f. 21r] ---
[...kèng] Paminggir desa | yèn ana kang kari bisuk | sun têmpuhakên ing sira ||
3. jurang lêmpitan ing ardi | dèn agêmêt ulatana | aja na urip kabèhe | bacah bok dadi durbala | sampunira ngandika | tumulya jêngkar sang prabu | ginarêbêk ing bêdhaya ||
4. kawarnaa kyana patih | kêlangkung susahing manah | kadya tumètès waspane | sagunge mantri punggawa | miwah para satriya | caos ing pasowan kupul[144] | nganti tibalan[145] sang nata ||
5. kalêsiking kawula lit | kaya apa iki jaman | têka akèh buntarine | yèn ing panyana manira | pasthi kaya kiyamat | ingkang duwe anak jalu | tan wande kelangan trisna ||
6. kyana patih asru angling | ing sakèh para punggawa | satriya panglima kabèh | pun rama andhawuhna |[146] pangandika sang nata | ingkang dêrbe anak jalu | dèn samya angaturêna ||
7. lan sakèh para prajurit | lampahira lumaksana | amidêr matèni rare | lah sakyèhing kajinêman | sira sun andum paran | agawaa wong rong èwu | sakyèh dalan tugurana ||
8. mênawa na wong kang nyilib | lali sihe mring sang nata | trisna mring anak rabine | tan wande dèn gawa lunga | pacuwan kasiliban | bisuk bêndune sang prabu | pêjahe ingkang prênesan ||
9. sêdaya asaur pêksi | sagunge kang katibalan [katiba...]
--- [f. 21v] ---
[...lan] | wus mangkat ika lampahe | mêngkana mantri punggawa | ingkang amawi suta | mantuk samya ngusapi luh | kèwêdan ajrih ing nata ||
10. wus bubar sadaya sami | kyana patih wus luwaran | ismu sungkawa mantuke | punggawa ka[147] lumaksana | prapta ing jawi kitha | kang tangis umyang gumuruh | kadya gègèr ingintêran ||
11. kang lênggana dèn patèni | kang nutut samya binêkta | têbe[148] pitung dina mangke | ulihe bêbêthèk bacah | olèhe tigang nambang | ingkang mêlayu dèn susul | dening ingkang langlang dalan ||
12. akèh bawaning wong cilik | angukuhi trêsnanira | anakèni răndha kilèn | lanang wayah saprajakan | wau wus pinaranan | nulya dèn gulungi kasur | amrih aja kawênangan ||
13. kithing-kithing dèn takèni | ngaku ara duwe anak | dèn panjingi paturone | katon sikile angodha | ya ta dèn tumbak pisan | ajur têkan kasuripun | dèn byoki gêgaman kathah ||
14. wontên winuwus malih |[149] anake patigi[150] wetan | amung sawiji anake | dèn umpêtakên ing jugang | dèn pêndhêm pindhah makam | sulasih rurube dhuwur | ngulon dagan [daga...]
--- [f. 22r] ---
[...n] sinung mesan ||
15. parandene lami-lami | kababar dening tatăngga | kang padha sêrik atine | wruh lagi kinirim sêkar | pajaring kajinêman | pinaranan kinarubut | dening gêgaman akathah ||
16. kathah pratingkahe sami | wontên malih kawuwusa | ing desa Mundhu wastane | Ki Lubama wastanira | kadhatêngan gêgaman | desane sampun dèn kêpung | piniwayah kajinêman ||
17. wong sêkawan kang lêbêti | kandhêk ing masjid kiwala | akèn mêdala kang darbe | masjid Ki Lubama mêdal | nulya alêlinggihan | kajinêman samya muwus | papat sami awêcana ||
18. kawula iki kiyai | andhawuhakên tibalan | ing gusti desa kabèhe | sakathahe wong prajaka | pinundhut ing sang nata | sanugal[151] aja na kantun | jêngandika aturêna ||
19. sing sapa kayuna [kayun...]
[Ilustrasi]
--- [f. 22v] ---
[...a] urip | dèn enggal angaturêna | mung binabêthèk kimawon | yèn ara dèn aturêna | pan kathah kang rinêksa | tinataban sinalusur | prajakane kathah pêjah ||
20. kawula pan maksih iling | andika guru kawula | eman rusaka linggihe | marmine kawula prapta | purun anangguhana | andika gawaa iku | sampun lêga ingkang titah ||
21. kawula têdha ing mangkin | mênawi dhatêng wong kathah | dados punapa têmahe | Ki Lubama awêcana | sarwi angêmu waspa | sakèhe prajaka kaum | padha kumpul marenea ||
22. sadesa Mundhu dèn kêrik | sakathahe bacah lanang | angsal tigang dasa gunge | anake marbot kalipah | mudin kêtibe pisan | sugih ingkang darbe sunu | lanang sampun sami kasrah ||
23. punang kajinêman angling | mula aming sapunika | gunge prajaka ing kene | pacuwan ana kantuna | Ki Lubama wêcana | baya batên wontên kantun | manira tan darbe anak ||
24. duwe anak wadon siji | inggih pêkênira wikan | amung punika kathahe | amit punang kajinêman | kabèh padha lumampah | sakèh gêgaman wus mundur | Ki Lubama matuk sigra ||
25. sapraptane wisma mangkin | pinapag [pina...]
--- [f. 23r] ---
[...pag] ing putranira | sêkawan ngujungi kabèh | sakêlangkung bungah |[152] Ni Rumsari karuna | angrangkul sarya amuwus | rama kapêrentah nata ||
26. Lubama aris nauri | adhuh anak ingsun êmas | parentahing ratu mêngko | angêrigi bacah lanang | sing sapa adêrbea | prajaka rèh ing ratu |[153] tinrapakên i parentah ||
27. supami arsanirèki | Ni Rumsari tanpa ngucap | langkung maraste[154] atine | alon matur mring kang rama | lah kaparèpun rama | sanak kawula têtêlu | dayane lah yèn gêsanga ||
28. kawruhana pasthi mati | paran ta polah manira | yayi kapriye dayane | lah yèn ora yayi lunga | ngungsi liya nêgara | eman mati sanak ingsun | durung mukti sing nêgara ||
29. angur lunga saking ngriki | ingsun milu lara lapa | ingsun sukan kari mangko | saparane yayi lunga | sakake dèn cangkinga | yèn têka ing paran bisuk | dadia sanak kawula ||
30. Ki Lubama muwus aris | iku iwuhe si bapa | sing ngêndi margane lolos | kathah dalan tinuguran | watêke binarisan | saking ngêndi marganipun | iku iwuhe si bapa ||
31. Selarasa
--- [f. 23v] ---
muwus aris | aja na kang walang driya | dèn gawa pisan dimène | dening kokonane nata | sumăngga yèn pêjaha | aja sira milu-milu | ing pati măngsa wandea ||
32. Ki Lubama anauri | nadyan dadia kêlalar | pun paman barênga lonjor | iki silih anak ingwang | babohane[155] kawula | wajib istiyar karuhun | wong lara wênang têtaba ||
33. ing pati dipun singgahi | iku istiyare gêsang | kang layak panêdhaning wong | muga singgahênèng bala | sêlamêting sarira | Ki Selagănda sumaur | pan botên kenging suminggah ||
34. Ni Rumsari ngrangkul aris | ing warganira kang tiga | adhuh yayi kaparimèn | mara adhining si kakang | sira têka ing pêjah | praliwat panêdhaningsun | kang dhingin padha matia ||
35. Selarasa muwus aris | dhatêng Ki Pêkir Lubama | botên pêjah kula mangke | andika ta lilakêna | kula pralabi surya | batên pati-pati surup | yèn dèrèng pati ing măngsa ||
36. Lubama angling aririh | iya anakipun bapa | iya silih kaya priye | Selarasa wuwusira | dening daya kawula | kula kesah wong tatêlu | kyai dika katuna[156] |[157]|
37. Ki Lubama anauri | adhuh nyawa baya kêna [kê...]
--- [f. 24r] ---
[...na] | pan wus kapêgatan kabèh | arêp ngusi ngêndi sira | măngsa wurung kacêgat | angur mati barêng ingsun | gusti sira aja lunga ||
38. Selarasa anauri | kados botêna apêjah | yèn maksih rinêksa rèhe | Ki Lubama awêcana | kapriye kakangira | Ni Rumsari aja kantun | gawanên saparanira ||
39. dening ta lah ingsun gusti | nadyan tumêka ing pêjah | ingsun lakonane dhewe | sok sira uga tulusa | salamêta ing paran | dadia sira wong agung | lan anak ingsun sêdaya ||
40. nadyan tumêka ing pati | ingsun lila ing akherat | pan wus ana kaluhane | wus sun wuruk ngaji Kuran | lagi aliting kuna | ngaji kitab sampun putus | malah têkèng kasampurnan ||
41. amung ta dèn ati-ati | dèn pancêr ing panarima | ing Pangeran kang sadya ngroh | lawan iku kakangira | iku gawanên lunga | barêng mati lan sirèku | aja pisah saking sira ||
42. Selarasa sarêng amit | kêlawan Ki Selagănda | Selasyara dèn wuwuse | kang êmbok punapa karsa | tumut utawi ara | mêna[158] tan kêlar bisuk |[159] angêlampahi lara lapa |[160]|
43. Rumsari angrangkul aris | wau
--- [f. 24v] ---
dhatêng arinira | adhuh yayi ingsun êmas |[161] upama dèn karèkêna | pasthi lah yèn lênggana | angur mati nèng dêlanggung | sumande pisah lan sira ||
44. panêdhaningsun ing Widi | ing wêngi lawan raina | barêng mati lan awake | lan bisun[162] anèng akherat | wong tatêlu panggiha | dadia sadulur ingsun | iku sêtyaning si kakang ||
45. yèn mêngkatêna kiyai | dèn pênêt kawula tilar | dèn agung pangapuntêne | Ki Lubama aris majar | puma aja pêpeka | lah miyanga mupung dalu | malar aja kawênangan ||
46. putra sêkawan tur bakti | barêng anêmbah sêdaya | Selasyara dèn wuwuse | kiyai amit kawula | anak manira nêdha | manawa na dudunipun | aja kurang pangapura ||
47. sakatiga amlasasih | dening nêdha pangapura | Lubama mêdal waspane | putra sêkawan wus mêdal | sami kêkanthèn asta | ing têngah Nikèn Rumsantun | sampun lêpas lampahira ||
48. têngah dalu wêtaraning | kesahe angidul ngetan | saksana katingal bae | ing margi gêni apadhang | Selara[163] wêcana |[164] ingkang kêmit ing dêlanggung | lah kakang mêgatrokêna ||
7. Mêgatruh
1. kagêk[165] mangke ên-gènira[166] alêlaku | ningali ana wong baris | ing marga sami atugur | udakawis wong nêm biting | katon gêninipun montor ||
--- [f. 25r] ---
2. Selarasa matur ingkang raka wau | kakang dèn prayitna sami | punika marganing lampus | kang êmbok tan wurung mati | sing pundi margane lolos ||
3. Ni Rumsari adan remane dèn gêlung | nulya aningsêti tapèh |[167] bêngkung sarya amuwus |[168] bok ngapa yèn barêng mati | wong papat barêng angêlonjor |[169]|
4. ora maras ara barang atiningsun | nadyan matia tan gingsir | babo ane wong tumuwuh | dudu kawulaning Widi | yèn lêngganaa ing pakon ||
5. nanging ana yayi alèh ingsun guru | pêrantine wong mêmaling | sêsirêp karangdhan[170] iku | arane pan luwih mandi | sun cacake padha mêngko ||
6. pan wus idhêp padha ingsun yèn ayun |[171] anglêkasakên tumuli | angraup lêmah karuhun | dèn sawur kanan lan kèri | ping tiga sun cacak mangko ||
7. Sela[172] angambêng ing wuwusipun |[173] kakang êmbok botên mandi | muwuhi galaking musuh | uninga lamon wong èstri | saparan kita dèn sêrot ||
8. kawarnaa palahe[174] kang lagi sugur[175] | tansah kasukan ing latri | ngarêbab ana nyalêmpung | kang mêmaca dèn êgongi | papêndhil kinarya êgong ||
9. wong kang udut damare tansah dèn rubung | sêsagokan ganti-ganti | Selarasa aris muwus | kaparèpun kita iki | sing pundi dêdalan lolos ||
10. yèn mêksaa disêrang botên wurung |[176] kacêkêl dika puniki | kang raka kalih amuwus [amu...]
--- [f. 25v] ---
[...wus] | lah yèn ora yayi balih | Rumsari aturira lon ||
11. wus ta yayi padha mênênga karuhun | Ni Rumsari mara dhingin | sigra ngambil lêmah sampun | amatêk sêsirêp aglis | ngadêk sukune kang wiyos ||
12. kang sawiji sikil tumupang[177] ing pupu | nulya abalang lan siti | sampun ping kalih angutus | ana nyapa wong sawiji | sapa angadêg ing kono ||
13. ya ta kagèt bature padha sumaur | ana uwong saking ngêndi | ana ing bing kono mau | mudhuk-muke[178] mariki |[179] lah iku sih apa katon ||
14. wong sakawan batur kathahe wong iku | padha dèn angati-ati | iku wong arêp marêjul | batur cêgatên dèn aglis | Rumsari mara angêlojok |[180]|
15. pratèng[181] ngarsaning baris nulya anggutut | lan lêmah sapisan maning | wus jangkêp bali ping têlu | wong kang baris angrasaning | arip turu ting kalojor ||
16. saking sangêt sêsirêpe kang dhumawuh | sakathahe ingkang kêmit | ana turu sambi lungguh | wong kang nyapa ing Rumsari | turu ngadêk sambi ngorok ||
17. Ni Rumsari gupuh sira nulya wangsul | marani dhatêng kang rayi | yayi payo padha wangsul | dèn ganjang[182] aja baribin | mupung wus padha andhêkok ||
18. ing karsane rayi nara sakatêlu | andhèrèk kang raka sami | ya ta lamun wadon punjul | ayu rupane tur
--- [f. 26r] ---
sakti | boya tuk sihe Yang Manon ||
19. aglis mitar mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahe baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon ||
20. lagi mangan kasirêp anulya turu | sêkule maksih ing pipi | ngame lan kaburu turu | dening wong kang lagi ngising | turune maksih jêjêngku |[183]|
21. kagowokan[184] sakèhing kang won turu |[185] Selarasa ningali |[186] digapare adharudhut | sampun angliwati baris | kang rayi katiga gawok ||
22. nulya nyêgat Ki Selarasa mring ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang turu kawula tangi | mangkin kula lawan guco[187] ||
23. sampun tumut paduka kalih di dipun | mangke kawula kêmbari | saking panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgok ||
24. kawulane sêkabèhe padha mêsum | têka nêmbah ing wong kapir | Asêlame arah-uruh | angur kawula amuke |[188] Selagănda muwus alon ||
25. aja gusti Selarasa aris muwus | apa bêcike yèn uwis | kacêkêla kita iku | tan wande kita ngêmasi | angur aja lunga sing gon ||
26. Selarasa amaksa tumulya wangsul | sakèh wong turu dèn tangi | ya aja balubuh |[189] dèn dhupakana dèn bithi | sawênèh dèn oyog-ayok[190] [o...]
--- [f. 26v] ---
[...yog-ayok] ||
27. lah tangia têka sira dèn aturu | kaborosan sira iki | dipun colok matanipun | srapandene nora tangi | eca maksih dènnya ngarok[191] ||
28. Selasyara arine tansah dèn uwuh | wus sêdhêng sêmono yayi | marenea yayi uwus | angulunga gêlis-gêlis | payo sawadine adoh ||
29. Selarasa lunga sambi ri amuwus | ratune kakang ing bijing | sun malingane yèn turu | sun tigas murdane bejing[192] | sun sirêp kaya mangkono ||
30. sêsirêpe kakang êmbok ika mau | ing kawula wus kaati | Selagănda aris muwus | aja gawe tikah yayi | lagi apa kita mangko ||
31. durung karuwan sêsirêpe dèn gunggung | Selarasa nauri |[193] gih puniku nyatanipun | malih sun gugah tan tangi | maksih turu ting kalojor ||
32. kawuwusa kang kêmit anèng dêlanggung | bang-bang wetan padha tangi | kathah angrasa kagêtun[194] | dening turune kapati | rame amicorèng cewok ||
33. punggawane kajinêman tangi turu | lungguhe ababar lampit | pinarêk ing kancanipun | samya awas aningali | punapa nèng bathuk katon ||
34. sapa sitên[195] kiyai nêrat puniku | bathuk andika kiyai | sigra anulya amuwus | wacanên dèn parêk mami | yèn araa
--- [f. 27r] ---
si kaliwon ||
35. ingkang wani-wani nulis bathuk ingsun | tanbuh lakune si bêlis | kaliwone nora ngaku | muga gondhok muga kithing | muga busung muga cekot ||
36. wus winaca wau dening kanconipun[196] | kunêng unine kang tulis | dènira padha balubuh | pèngêt iki surat mami | Selarasa araning wong ||
37. wong sakawan ingsun saking desa Mundhu | lunganingsun kapatèn istri |[197] Ki Lubama ingkang sunu | susulên yèn sira wani | kêmbulana wong sêmono ||
38. amiyarsa sêdaya ing wuwusipun | talingan anglir sinêbit | lah susulên lare iku | aja wêdi salin dhing[198] |[199] pupuh rarasdriya ngantos ||
8. Mijil
1. tan adangu sinusul tumuli | ingkang wau los |[200] tiyang kawan dasa rèrèhane | dèn baikakên[201] dumèh wong kêdhik | pira ta wong siji | măngsa tan kasusul ||
2. asurak-surak samargi-margi | kang kampa[202] mangko |[203] Selarasa wau ing lampahe | lan kang raga[204] katiga miranti | yèn baris nututi | syaraning gumuruh ||
3. Selasyara angling ingkang rayi | yayi nara goroh | kayèngapa ing mangke akale | wus dèn kêpung wakul dèn idêri | Rumsari nukêmi | adhuh ariningsun ||
4. yèn ing mêngko ara wurung mati | salah siji lamon | kacêkêla [kacêkê...]
--- [f. 27v] ---
[...la] siji bela kabèh | Selarasa wuwuse amanis | lah ta dika iki | dèn gancang lumayu ||
5. mangidula kakang dèn lalis |[205] bêktanên kangêbok[206] | dêdimèning kula kang alèdhèk | sampun dening wong kêkalih |[207] Selagănda angling | bênêr yayi payo |[208]|
6. kang raka lilah dèn padha bêcik | aja pati adoh | Selagănda aris ing wuwuse | yayi apa mangke kang nardi |[209] gêgamaning jurit | lăngka bata watu ||
7. Selarasa mangkya anauri | gêgitik kimawon | dyan sinurak-surak ing wong akèh | ana ingkang aciwis[210] têtali | sing marang dèn gitik | ngamuk lan papêndhung[211] ||
8. ana ingkang nêrajang sing wuri | Selagănda dèn byok | tan wuningan wau ing wurine | Selarasa nêrajang nêmpiling | sing mara dèn gatik[212] | kundur ingkang ngêpung ||
[Ilustrasi]
--- [f. 28r] ---
9. Selagănda èngêt kang nèng wuri | ing sanake karo | pan mêlajêng dèn apriksa gone | tan katingal nyanane wus têbih | cêngkelak abalik | dhatêng arinipun ||
10. sapraptane dhatêng ingkang rayi | nulya muwus alon | payo lunga yayi saking kene | sami kesah kang rare kêkalih | wontên dhatêng malih | gêgaman kang nusul ||
11. langkung kathah gêgaman kang prapti | angêpung angrampok | Selarasa aris ing wuwusing |[213] kakang ika padha têka maning | nulya dèn tubaki | wong kathah maribuh ||
12. pangamuke wong loro lir têrjit | tan kêna rinampok | kang sawênèh kang sawênèh karêbut tubake |[214] Selarasa sampun malês malih | kang katubak mati | ana kang kagêbuk ||
[Ilustrasi]
--- [f. 28v] ---
13. Selagănda èngêt kang nèng wuri | ing sanake karo | pan mêlajêng dèn pariksa gone | tan katingal gone wus têbih |[215] cangkelak |[216] dhatêng arinipun ||
14. kang sawênèh tinubak[217] kêkicir | ana gêro-gêro | jaluk tulung wus adoh bature | pan wus kundur gêgaman rong biting | dening wong kêkalih | pêrkosane langkung ||
15. sampun sirna kudur punang baris | mêlayu punang wong | Selagănda aris ing wuwuse | payo yayi mêlayu dèn aglis | mupung kudur sami | yayi baris wau ||
16. nêdha kakang kita padha nuli | nusul kakang êmbok | baris wau wus mulih kuthane | pasthi matur marang gustinèki | tan wande angukih | sêparan dèn susul ||
17. gêgancangan Selarasa kalih | kawuwusa mangko | baris ika kang kudur lampahe | ana bêncah ana ingkang kanin | miwah ingkang mati | sawênèh dèn tandhu ||
18. dyan warnanên lampahe Rumsari | nusup ing gêrumbul |[218] ing gigir wukir ika ênggèning |[219] Selasyara wêlas aningali | lingira amanis | adhuh sanak ingsun ||
19. kakang êmbok mangke botê[220] nanggê |[221] mêsah sampun adoh | yèn [yè...]
--- [f. 29r] ---
[...n] lumampah dipun ririh bae | bilih dados gêrah dika gusti | wong tate amukti | tan ilok lumaku ||
20. Ni Rumsari lingira amanis | yayi padha asuh |[222] arêp rèrèn i kusambi kene | pêgêl têmên ingsun iki |[223] rèrèn angêntèni | marang ariningsun ||
21. Selasyara mangke anuruti | sakarsa kang êmbok | arèrèna sor kusambi kene | kakang êmbok kantuna ing ngriki | sêmange kang ati | marang ariningsun ||
22. yèn kawula kakang nora balik | pasthi pêjah lonjor | dika kesah ing desa kang gêdhe | Ni Rumsari wuwusing amanis | lêng sabaya pati | sun tan bêtah kantun ||
23. dyan warnanên wau ingkang ngikil | samya papêlayon | Selagănda Selarasa mangke | gêgêr wukir ingkang dipun idêri |[224] tan dangu kêpanggih | kang raka dulu |[225]|
24. Selasyara ningali kang rayi | rinangkul sakaro | nyanisun[226] wus mati karone |[227] ora nyana têtêmu karone |[228] Rumsari anangis | adhuh ariningsun ||
25. samya lèrèh ing soring kusambi | wong sêkawan asuh |[229] Selasyara aris ing wuwuse | musuhira yayi onèng ngêndi | kang rayi nauri | maksih wontên pungkur ||
26. margi agêng wau kang dèn titih |
--- [f. 29v] ---
barise agalong[230] | kawula nimpang ing wona age | tan anyana kawula kêpanggih | mèh bae ngêmasi | duk aprang ing wau ||
27. Ni Rumsari angrangkul kang rayi | adhuh sanak ingong | kanugrahaning Allah dadine | dangu gusti kasaput ing wêngi | [...] | [...] ||[231]
28. [...] | bang-bang wetan miyos | Ni Rumsari aris awuwuse | lêsu têmên awak ingsun iki | angambila warih | karo ariningsun ||[232]
29. Selasyara akèn ingkang rayi | ariningsun karo | ngulatana toya sampun age | Selagănda Selarasa amit | samya angulati | tumidak mangulo[233] |[234]|
30. pêpisahan dènnya angulari | toya sangsaya doh | dyan warnanên ingkang kari gone | Ni Rumsari lingira amanis | ingsun arsa yayi | sadhela aturu ||
31. Selasyara sabdane amanis | dawêk kakang êmbok | dika sare kula kêmitane | ing tyas kadi dulur sayakti |[235] ing pangidhêpnèki | lintang marminipun ||
32. Selasyara sigra dènnya ngambil | roning jati anom | pan kinarya lèmèt[236] asare |[237] nulya glis angêmpar tumuli |[238] anendra Rumsari | Selasyara tunggu ||
33. gènnya aguling naga kapulir | sumukêm kang wangkong | asta kiwa năngga pêbayune[239] | asta têngên asri năngga pipi | wajanipun kengis | lir tètèsing banyu ||
--- [f. 30r] ---
34. sêsinome lir kasilir ing angin |[240] saya angrêrompyoh | manggis karêngat gêsêng lathine | gêlung lukar kakêmbên ngisis |[241] pêbayun sasisih | katingal umancur ||
35. Selasyara awêlas ningali | ing manahe ewor | pan kagiwang amawang wêrnine | pabayune lir pendah gadhing |[242] anayuta kapti | amuwus jro kalbu ||
36. daulate ingkang ngagêm bijing | marang kakang êmbok | dening tuhu endah ing warnane | pêbayuning dening bundêr kuning | ing karsanerèki | tinutupan kampuh ||
37. nanging ta lah kagêpoka iki | kagèt kakang êmbok | puwarane cuwa gène asare |[243] arêp ingsun ara ingkang nutupi |[244] manawa jalmi |[245] liwat pan kadulu ||
38. nadyan sato kewan aningali | ing sabêlah yèn tinon |[246] endah têmên ingsun tutupane | mêsakakên sanak ingsun iki | sarya dipun lingling | warnane Rumsantun ||
39. nulya sira ajuput[247] tumuli | ujung ingkang dodot | inguculan saking bêbêngkunge | kampuh gadhung gandaning awangi | sinasaban ririh | tur sarya amuwus ||
40. adhuh kakang sanak ingsun gusti | kasumaning wadon | badhenipun bisun ing jodhone | sun tatêdha ing Sukma kang luwih | lakia prayayi | kang kêna sinungsung ||
--- [f. 30v] ---
41. kula kakang ing benjang arabi | yèn dika wus jodho | akramaa uliha wong gêdhe | kawula bijing dadi pêpatih | Rumsari ngulisih[248] | mênggah gènnya turu ||
42. kêmul kengis ingkang munggèng sikil | wêntisira katon | Selasyara anyadhak[249] kampuhe | kinêmulan mangke Ni Rumsari | kakêmbên kawingkis | pêbayun kadulu ||
43. Selasyara angling ing jro ngati | kapriye ing mangko | yèn sun bênêrêna kakêbêne[250] | ala rogane jalu lan èstri | bok ana ingbêlis[251] | angaru maringsun ||
44. nanging bala sun wêtarèng ati | ingsun yèn mêngkono | aduwèni walang ati seje | sapa ngandêl ing sarira mami | sadulure mangke |[252] kêpanggih ing besuk ||
45. dèn lêrêskên wau kêmule maning |[253] jajane kagêpok | Ni Rumsari angêlilir gulinge |[254] pan tangginas Rumsari nyêkêli | tênggêke kang rayi | anulya rinangkul ||
46. panyanane andarbèni kapti | sarya adhuh alon | Selasyara arum pamuwuse | kakang êmbok andika puniki | Rumsari bêbisik | basane angêlu ||
47. kakang êmbok andika dèn iling | wus sun sêmbah mangko | têka dika arsa dados anèm | dawêk kakang samya sarêng linggih | tan sae puniki | manah madu juruh ||
--- [f. 31r] ---
9. Dhandhanggula
1. ênêngêna mangke Ni Rumsari | kawuwusa ingkang ngambil toya | kalunta-lunta lampahe | lêpas ing lampahipun | nèng têlatah tan manggih warih | saya doh lampahira | iringane gunung | Ki Selarasa tumingal | lawang guwa mêngulon adhêperèki | tumulya pinaran |[255]|
2. saya parêk tingale rêspati | saya mangu wau Selarasa | angucap ing jro kalbune | guwa iki abagus | pantês ana ingkang duwèni | manawa ana toya | anulya malêbu | ing jrone pêtêng kalintang | Selarasa mêksa angulati warih | nanging tan manggih toya ||
3. ing jro ana lawang siji maning | saya nuli marang jêro pisan | ningali sarpa agêdhe | karsane ayun tutur | nèng têlatah sira angêni | mara pan ora kêna | sampun katalêku | kang sarpa ika tumingal | nulya marêk madhêp sisike muriding[256] | lir pendah anyandêra ||
4. Selara[257] kèmêngan ing ati |[258] mêngko ingsun datan wande pêjah | dadya asrah ing ragane | angling sajroning kalbu | angulati marga pamaning | iya wus titahing Yyang | sarpa ingkang magut | Selarasa datan abah[259] | sarpa agêng yèn bisa angucap jalmi | iki manusa pelak ||
5. baya trusing kusuma wong iki | ora mèngèng tingale wong ika | wus dèn srahakên patine |
--- [f. 31v] ---
sarpa lon dènnya mêtu | Selarasa nulya lumaris | manjing marang jro pisan | tan dangu andulu | dênawa ulêsing pêthak | siyungipun mrangangah ngisis agathik | linggih asila tumpang ||
6. pan angamping nèng pipine kori | kang dênawa ika atumingal | mring Selarasa praptane | madhêp ngadhangi pintu | sarya ngucap anjrit kapati | Selarasa tumingal | ênting marasipun | angucap sajroning nala | wurung sarpa sida buta kang matèni | marang sariraningwang ||
7. kang dênawa pan sampun sumingkir | sarya ngucap lah para liwata | Selarasa nulya mêlèk | tiningalan pan agung | gih punika wus dadi jalmi | ya ta Ki Selarasa | tumulya malêbu | saking pintu wijil tiga | nulya manggih [mang...]
[Ilustrasi]
--- [f. 32r] ---
[...gih] wong tapa cahyaning wêning | linggih anèng gêgilang ||
8. ingkang wasta Kyai Sèh Durnapi | laminira atapa ing guwa | angsal tigang jaman mangkèhe |[260] wus lali pangan turu | amung Sukma kaciptèng ati | ya ta Ki Selarasa | manahe angêlangun |[261] anulya mara ing ngarsa | nulya mêndhêk tumingal Ki Sèh Durnapi | yèn ana wong kang prapta ||
9. angandika Kyai Sèh Durnapi | lah bagea wong kang anyar prapta | lah nyawa linggiha kene | Selarasa angunjung | Sèh Durnapi angrangkul aris | arum wijiling sabda | nyawa putuningsun | apa gusti gawenira | sira prapta ing guwa dhatêng pun kaki | Selarasa tur sêmbah ||
10. pan kawula nuhun wêlasasih | tan adarbe kaki yayah rena [re...]
[Ilustrasi]
--- [f. 32v] ---
[...na] | tinilar sangkane rare | marminipun ta anglangut |[262] tilar purwa kawula kaki | arsa kinaniaya | dening sang aprabu | marmine anyata wona | inggih saking kawêlasasih kirang budi |[263] dadya sangkane tiba ||
11. Sri Nalendra Atashulu nênggih | ingkang ngarsa mêjahi kawula | sawăngsa kawula kabèh | sang tapa ris amuwus | mêngko iki ana ing ngêndi | putu sanakira |[264] Selarasa matur | tapi putu ingsun wikan | karêpira pun kaki upama warih | lah timbanên dènira ||
12. Selarasa matur awotsari | inggih tuwan ingkang kula têdha | sapangat tuwan ing mangke | malar tilar kadangu | syargi iyang duk maksih urip | lagyarsa pinêjahan | dèn abong ping pitu | kathah ngêlokakên pêjah | tur ta mangke alinggih ana ing kursi | onèng sajroning wisma ||
13. Sèh Durnapi lingira amanis | ora kêna tirua mangkana | apan uwus dudumane | ki bagus putuningsun | eyangira wong sampun luwih | pan wus angraga suma | tan kiwuhan laku | barang usiking wus nyata | pirang bara yèn sira tirua kaki | barang lampah raharja ||
14. witing kaki ngaurip puniki | sapa lumoh kang kaya mêngkana | supaya doh pandungkape | Selarasa tumungkul | kasinggihan
--- [f. 33r] ---
wêcana manis | mina kasraban toya | asrêpe kêlangkung | dawêk sinalinan têmbang | pupuhana yang kaki dipun suwawi | polahe wong kasmaran ||
10. Asmaradana
1. linggiha dipun mariki | pun kaki acêcarita | mara tadhahana mêngko | saisining dhadhaningwang | putu dipun prayatna | ing wong agêsang puniku | arêp anganggo istiyar ||
2. sampun ta manusya gusti | kêkasihing Yang Wisesa | arêp kawasaa mangko | pan murah Yang Maha Mulya | sumilih satu kewan | angurangi pangan turu | saprandene tinurutan ||
3. kaya ta ulêr puniki | lungane tan bisa têbah | tanpa suku lan astane | ya ta amatèni raga | anggeyong anèng wraksa | anèng gêgodhonganipun | ora muni ora muna ||
4. sêdyane kapingin bangkit | arêp bisa lunga têbah | ngambah wang-awang karêpe | ya ta dadi ulêr kawak | mêcah sinungan êlar | dadi kêkupu wus mabur | sawab dening tapanira ||
5. dèn agung prayatnèng Widi | marmaning sinung kuwasa | agêsêngi ing tapane | ugêt-ugêt ing jro toya | tan bisa lunga-lunga | tapane kaliwat asru | dadi bucêl ing jro toya ||
6. lami cukul êlarnèki | ya ta sinungan kuwasa | bisa mabur kadadine | bungkar saking dalêm toya | têmah
--- [f. 33v] ---
angulandara | iku bagus putuningsun | ing wong akèh panalarnya ||
7. iku lêmbutana maning | aja tungkul ing mangkana | kalurung nyawa têmahe | walik bêlahên dènira | pikirên ing wêrdaya | nadyan ugêt-ugêt iku | pan kapingin dadi paksa ||
8. pan măngsa dadia maning | wus pasthi ing kudratulah | nanging wong aurip mangko | arêp nêmênên panalar | dèn agung ing istiyar | nanging ta aja katungkul | ki putu dipun prayatna ||
9. ki putu pamanggih iki | wus pasthi sing ajalolah | nanging datan kêna linyok | pacuwan gasong[265] jroning tyas | adan binibikan[266] |[267] Selarasa nêmbah matur | yang kaki nuhun kawula ||
10. dadosipun ta yang kaki | tan kenging tilar punika | ingkang kêkalih lampahe | punika tan kêna lipyan | Sèh Durnapi ngandika | wuwusira manis arum | kaki putu iya uga ||
11. layara sagara gêni | amêgatana bêngawan | matia ing tapa rêko | yèn tanna marmaning Yyang |[268] takdirnya kanugrahan | lawan kanugrahanipun | beda tunggale mêngkana ||
12. lir angilo ing jro carmin | pralabine iku nyawa | nugrahan wêwayangane | pan ora salayèng karsa | angilo kanugrahan | ing patêmoning ku |[269] sirna rupa kalih warna ||
13. ewuhing aran [a...]
--- [f. 34r] ---
[...ran] iki |[270] kadya gèning toya tawa | lawan asin patêmone | bêja patêmoning tirta | tan ana ngaranana | asin miwah tawa iku | onta aranèku iya ||
14. tan kêna ngaranan asin | onta aranèku iya | ingkang kanugrahan mangko | kawruhana ku dènira | sirnane carmin ika | rupa jro paesan pupul | mantêp dadi rupa tunggal ||
15. pan jatine rupa iki | iya rupa rika dhawak | kira liwung tanpa wiwitane |[271] kêlawan ora wêkasan | mantuk lagi duk nora | tan wruh-kinawruhan iku | sadya wruh pribadinira ||
16. nanging iku ingkang uwis | bisa angoncèki ika | ingkang ngatos[272] sakarsane | balikan gêginaua | Selarasa tur sêmbah | kiyai kawula nuhun | anêmbah angrangkul pada ||
17. Durnapi angrakul[273] aris | uwis gusti putuningwang | awèh ingsun mong samono | apa winicara liyan | eyangira ing kuna | jêjuluk waliulèku | sinihan dening Yang Sukma ||
18. adhuh putuningsun gusti | yèn sira arsa mangkana | atawa sira rêp mangko | pasthi dinulur dening Yang | yèn arêp tasis sira | mangke pun kaki atuduh | lah gusti sira lungaa ||
19. ing kene ana jin kaki | iku gusti paranana | satus punjul siji kèhe | iku pan lagya singidan | ing sasukuning arga | êmbing kidul
--- [f. 34v] ---
pêrnahipun | tan adoh sing kene nyawa ||
20. iku marganira kaki | ulih sakti lan dikjaya | lan dadi rawang ing têmbe | yèn sira amanggih marga | kurang-kurang ta nyawa | yèn wus padha wruh ing tutur | iku kaki marganira ||
21. nanging kaki aja gingsir | dipun kuwat lara lapa | manggèh wibawa ing têmbe | nanging sira mêngko nyawa | sakêdhap tan tumingal | rupane ngêjin puniku | dening kalingane guwa ||
22. ana ing jro guwa kaki | iku kaki kawruhana | Guwa Panitis arane | pilih wonge kang wuninga | nanging yèn wus katingal | ki putu dènira iku | lawange dèn linggihana ||
23. rungunêna bae dhingin | suwe-suwe katingalan | warnane êjin ing kono | êjin ngili iku padha | mara age lungaa | dening ta sanakirèku | kapat wus ulih panggonan ||
24. Selarasa sigra mijil | anusup ing wonawasa | mulak[274] kidul lawan kulon | lor wetan katon apadhang | Selarasa rêraryyan | langkung sêkêl jroning kalbu | dening tan ana katingal ||
25. anèng têngahing wanadri | Selarasa pan kyalêsyan | anusup ana ing sèrèng[275] | langkung sêkêl manahira | dening ara katingal | tan ana ingkang kadulu | onèng sore nagapuspa ||
--- [f. 35r] ---
26. Selarasa ling jro ngati | soring nagapuspa pelak | padhang tan ana sukête | sêkare agêlar ing lêmah |[276] pantês ing kene uga | kaya pasebaning ratu | simpar tur rêkik[277] ing ngandhap ||
27. lan sagunge sarya sari | angidêri lir tinata | pating parêlok kêmbange | lagya nêdhêng punang sêkar | gandane anglêlaya | Selarasa linggih mangu | sêsendhehan nagapuspa ||
28. Selarasa ngling jro ngati | ing baya ngêndi kang guwa | baya adoh saking kene | yèn tuduhe kaki eyang | pan ing kene iya |[278] iki sasukuning gunung | baya durung angatingal ||
29. kocapa kang punang êjin | kang lagi mêmuruk jaya | lan tibulan[279] sarawange[280] | tan têbah syaraning ika | nanging tan katingalan | lawang guwa tan kadulu | dènira Ki Selarasa ||
30. saksana mangke sang pêkik | lawanging guwa katingal | tan koningan sadangune | yèn iki lawanging guwa | Selarasa wêcana | tênggane ta iki pintu | dangu têmbene katingal ||
31. baya rahmating Yang Widi | tibane ing raganingwang | surup hyang arka wayahe | katingaling lawang guwa | arsa malêbêt ika | dawêk sinalinan [sina...]
--- [f. 35v] ---
[...linan] pupuh | wong anom manjing jro guwa ||
11. Sinom
1. Selarasa wus lumakya | malêbu jro guwa iki | ningali jin lagya |[281] pan sami gêguru iki | Selarasa marani | êjin sadaya adulu | Nurjaman angandika | dhatêng sakwèh para êjin | dèn prayatna ana manusa kang prapta ||
2. prayatna atata gêlar | samya madhêp ingkang prapti | Nurjaman asru ngandika | baya iki wong abêcik | tandhane prapta ngriki | sadaya wong tan ana wruh | Nurjaman aris majar | lah udangên[282] ta dèn aglis | pinaranan dening êjin ulubalang ||
3. manusa [ma...]
[Ilustrasi]
--- [f. 36r] ---
[...nusa] sapa sinambat | ingsun kinèn ngandikani | dening kangjêng gustiningwang | dawêk kiringa sêmangke |[283] Selarasa wus kering | laju dhatêng ngarsanipun | sapraptane ngajêngan | alinggih rada kapiring | yitnaning jin padha ngapit kèri kanan ||
4. Patih Nurjaman ngandika | sira iki wong sing ngêndi | dening sira wruh ing guwa | wani katêmu lan êjin | pilih wong wani-wani | lan durung ana kang wêruh | panggonan iki sipar[284] | têka sira sugih wani | lah matura saking êndi anglaslira[285] ||
5. angucap sajroni[286] manah | Selarasa êjin iki | têka ngucap tanpa basa | lan ingsun dèn parêpêki | mangke ta sun cicipi | karusaning êjin iku | nulya linggih satata | ingsun wani êjin iki | saya suwe sun duga saya kawawa ||
6. wus linggih tunggal gêgilang | Selarasa nulya angling | sira takon angsal ingwang | utawi kêkasih mami | sira tanbuh ing mami | Selarasa jênêng ingsun | tan duwe yayah rena | kidang [ki...]
[Ilustrasi]
--- [f. 36v] ---
[...dang] mênjangan nusoni | Kyana Patih Nurjaman ngêdhèpi rawang ||
7. bramatya Patih Nurjaman | sakyèh bala angêbyoki | dhumatêng Ki Selarasa | ingundurakên tan kêni | binabayang ing êjin | Selarasa kinarubut | wus prapta pagêlaran | Selarasa asru angling | dèn prayatna pan ingsun arsa malêsa ||
8. kinipatakên kang asta | sakèh êjin ting gulinting | kang nyêkêli Selarasa | dèn kirikakên[287] barêsih | surak sakèhing êjin | ingêbyokan saking pungkur | samya arsa abănda | Selarasa datan kêni | ingkang mara êjin samya kaprawasa ||
9. êjin ulubalang mara | ngêbyoki rong puluh sisih | Selarasa cinêkêlan | sakyèh ngêjin wus tinanting[288] | kiwa têngên binanting | êjin patang puluh kawur | gagêtun Selarasa | ing karosaning pribadi | kawruh anyar sing êjin alèh miyarsa ||
10. Patih Nurjam[289] angucap |[290] lah mundura sira sami | sun paguting Selarasa | sun ayuda gada ganti | Selarasa nulya ngling | aja na tinggal pêlayu | dèn padha mati rana | paye[291] padha wong abêcik | Selarasa asaur sakarêpira ||
11. Nurjaman ajujung[292] sela | rong pikul agêngirèki | karsaning tinibisêna[293] | mring Selarasa tumu[294] |[295] ingankat tan asari | binadhêmakên[296] wus [wu...]
--- [f. 37r] ---
[...s] rêmuk | nibani Selarasa | maksih ngadêk tan gumingsir | sela mawur kadya awu anggêlêpang ||
12. Selarasa nulya mulat | ing watu rada kapiring | gêdhene rong pikul ika | binadhêmakên tumuli | dhatêng rêkyana patih | lir guntur suwaranipun | sela têmahan tirta | kya patih tumulya angling | lah mupua ênyak gada dhinginana ||
13. Selarasa wuwusira | dudu watêk ingsun iki | yèn sira tuhu prawira | mara amupua dhingin | nulya sira Kya Patih | Nurjaman asru amuwus | tur sarya ngikal gada | kya patih amuwus aris | ênyak gada Selarasa amupua ||
14. Selarasa nyandhak gada | sarya sira muwus aris | hèh patih wurukên ingwang | tandange sikêp gagitik | pan gada wêsi iki | pan têbening ingsun wêruh | Nurjaman alon majar | bira sira saking ngêndi | kajungjunga iku sira sasat bisa ||
15. bramatya Ki Selarasa | rumasa dèn cêcabuki[297] | gada sinambut ingundha | gada kinanan kinèri | asru mara tumuli | Patih Nurjaman pinupu | tinangkis lawan asta | gada wus tugêl apalih | sarêng mara pan sampun candhak-cinandhak ||
16. ingangtak[298] [ingangta...]
--- [f. 37v] ---
[...k] Ki Selarasa | lir pendah ajujung wukir | Nurjaman malih ingangkat | aboting lir pendah ardi | prakosa wrati[299] sami | kalih tan ana kajungjung | Patih Nurjaman ngucap | nanging ta nora kêlair | abot têmên wong iki bèbèting apa ||
17. Nurjaman asru anyêngkah | uwal astane nyêkêli | Selarasa wuwusira | dingapa anguciwani | lah ta majua maning | payo aja na kang mundur | Patih Nurjaman majar | mêngko padha aso dhingin | Selarasa mèngsêm aris wuwusira ||
18. hèh patih rêbutên ingwang | pan ingsun manusya luwih | bok sira tan wruh maringwang | ingsun anaking Bupati | ing Cêmpa angsal mami | Selabêrèt ramaningsun | jumênêng Natèng Cêmpa | ingsun putraning wuragil | iya ingsun putune Ki Jatisyara ||
19. iku ingkang duwe Cêmpa | Selabêrèt putranèki | ingkang gêtèni[300] nalendra | iku putrane sêjati | bagja têmên sirèki | anugêla jangganingsun | Kya Nurjaman miyarsa | sêsumbare wati-wanti[301] | kagyat mangu kèngêtan Patih Nurjaman ||
20. mêngkana Patih Nurjaman | nulya atêtakèn aris | bagus mênênga sadhela | ingsun wus kalah sêmangkin | ingsun takon sayakti [sa...]
--- [f. 38r] ---
[...yakti] | mau wuwusira iku | putune sapa sira | mara tutura sayakti | lan kang duwe anak sira ku sapa |[302]|
21. Selarasa saurira | tur sarya atutur mangkin | mênawa sira tan wikan | ing si bapa ing si kaki | ingkang mêngku nêgari | ing Cêmpa jumênêng ratu | Selabêrèt Nalendra | ingkang duwe putra uni | Jalêlana wêstane kang saudara ||
22. rinangkul Ki Selarasa | adhuh anak ingsun gusti | lah padha linggih satata | sampuning samya alinggih | Nurjaman angling aris | aris têmên wuwus ingsun | iya ingsun pamanira |[303] kang patutan lawan pêri | eyangira arata putraning gangsal ||
23. sawiji saking manusya | papat patutan lan êjin | kabèh kapêrnah taruna | putrane kang saking êjin | ramanira pribadi | punika kaprênah sêpuh | mula jumênêng nata | ing Cêmpa mêngku nêgari | pamanira ya uga jumênêng nata ||
24. sadulur ingsun kang tuwa | ajêjuluk Raja Palmin | kang panggulu iya ingwang | ingku[304] kang dadi pêpatih | angrèh sapulo Rukmi | nêgaraning êjin iku | têtigale[305] kang kuna | pulo iku goning êjin | ambaning pulo lêlampahan pitung dina |[306]|
25. pêlayuning pulo ika | lêlampahan walung[307] bêngi |
--- [f. 38v] ---
pêpêk pamanira papat | kang tuwa sinuhun aji | Selarasa awotsari |[308] paman tan nyana têtêmu | ing kawula lan dika | botên kadi sihing Widi | jin sadaya suka dènira tumingal ||
26. Patih Nurjaman ngandika | si kakang pak[309] maksih urip | kang jumênêng Natèng Cêmpa | Selarasa anauri | paman sampun alami | sedane rama pukulun | sampuning kalih warsa | mung sêkawan putranèki | ingkang sêpuh punika dados nalendra ||
27. Nurjaman aris atanya | apa mulanira iki | têka atilar nêgara | Selarasa awotsari | cupêt kawula nênggih | tan sagêt ngawulèng bêndu | wăngsa kula têtiga | dèn jaga dèn prih kasèsi | malah batên sinung pisan wêwarisan ||
28. marmine kawula kesah | katiga sanak anyilip | agêng kawula ing paran | saênggèn kawula kampir | tibèng tanah puniki | ing nêgari Atashulu | ing paminggiring desa | kawula dèn akên siwi | dèn apêkir tuwa wasta Ki Lubama ||
29. langkung sihe mring kawula | dumadakan lami-lami | sang nata adêrbe undhang | amêjahi sakèh jalmi | rare jalêr puniki | sakathahing pan ginêmpur | praja kang balèk pisan | sadaya tan wontên kari | miwah anak [ana...]
--- [f. 39r] ---
[...k] punggawi[310] pan sampun têlas ||
30. milane kawula kesah | inggih angusèkkên[311] urip | sawăngsa kula têtiga | anglasot[312] kalane wêngi | mèh botên apinanggih | putra tuwan sakatêlu | sinusul ing wong kathah | ing gêgêr wukir dèn ungsi | putra tuwan sun tilar ing wonapringga ||
31. punika kang dados sêmang | kawula arah sing ngriki | wêtawis kula tan têbah | sairing-iringing ardi | sun tilar ngambil warih | kalunta-lunta tan antuk | malah mariki prapta | baya pituduhing Widi | sanak kula sun tilare wonapringga ||
32. angrangkul Patih Nurjaman | adhuh anak ingsun gusti | ara kêlar sira nyawa | amusuh wong sanêgari | sira tinggal ing ngêndi | sanakira gèn sun ruruh | sadhela ingsun prapta | Selarasa awotsari | gih punika wukire kang katingalan ||
33. kaya priye karsanira | apa sun ajak mariki | Selarasa atur sêmbah | kantênan êgènerèki[313] | upami sampun bêcik | êgène paduka wangsul | Nurjaman aris majar | lah iya pun paman amit | lah karia ingsun mêtu pêpungkuran ||
12. Pangkur
1. Nurjaman miyos sing guwa |
--- [f. 39v] ---
nulya mabur tan dangu nulya prapti | kalêrêsan ênggènipun | ing dhukuh Kartalaya | wismanipun kathahing mung kalih surup | nanging dados pangupêtan[314] | kang darbe wisma Ki Sarbin[315] ||
2. Selagănda Selasyara | Ni Rumsari kumpul ing dhukuh iki | apan samya pinupuju | dening Ki Sarpin ika | satilare ingkang rayi lunga langut | Patih Nurjaman wus awas | tan dangu anulya balik ||
3. tan adangu nulya prapta | Sang Nurjaman dhatêng Guwa Panitis | malêbêt ing guwa sampun | kang putra Selarasa | maksih linggih pinarêk anèng ing watu | sineba ing êjin kathah | kasaru Nurjaman prapti ||
4. satingale Selarasa | yèn kang rama Nurjaman aglis prapti | gupuh dènira tumurun | sing palinggihanira | paman angsal kardi dika enggal wangsul | Patih
[Ilustrasi]
--- [f. 40r] ---
Nurjaman ngandika | sanakira uwus bêcik ||
5. olèh ên-gon[316] tumaninah | wus dèn pupu anak dening Ki Sarpin | kaliwat asih sun dulu | ing sanak-sanakira | aja sêmang sanakira balik ingsun | iya nyawa tulungana | mênawi sira tan uning ||
6. mulaningsun anèng guwa | pan upêtan si paman iki ngili | ing Pulo Rukmi wus lêbur | musuh wong Pulo Dhêndha | kang abêdhah êjin kapir dunungipun | wiwitanèku mangkana | Ratu Pulo Dhêndha uni ||
7. anglamar padhaning kupar | êjin maning kuthane Pulo Jingjrin | tinampanan padha kayun | nanging dadi walgata[317] | jalukane sang putri amung ya iku | dèn ge bêbancaking krama | adhinira Pulo Rukmi ||
8. ara laki lamon ora | abêbancik êndhasing Pulo Rukmi | sinanggupan ing sang prabu | ing Pulo Dhêndha ika | nulya luruk maring Pulo Rukmi iku | kang dèn jujuk kuthanira | mulane bêdhah ing nguni ||
9. donya bêrana pan kathah | tan dèn etang mung Mas Putra [Pu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 40v] ---
[...tra] dèn êprih | dèn daya kênane iku | nulya ingsun tumandang | arêp olih ing rana tan manggah ingsun | nanging ta sadhela ika | nyanane si paman ênting ||
10. sun amuking wong Madhêndha | akèh mati ing ratune mèh têpis | malah ratune mèh kundur | mung kari pamanira | Raja Palmin kang durung karêbut iku | dumadakan bêlis lanat | mring sang nata mêmarahi ||
11. rêrasaning bêlis lanat | mring Sang Nata Pulo Dhêndha ing nguni | aja ge sang nata kundur | kawilang ratu sabar | dening têka kalah wong sasawi mundur | têka kaya wong wanudya | têka wêdi angêmasi ||
12. wong wadon kunên[318] wawuda | amadhêpa ing wong rong puluh sisih | yèn sang patih mara majuk | dèn byokana wanita | pasthi ilang kasaktène patih iku | kagêpoka ing wanita | ilang bayune kya patih ||
13. barêng wus prapta ing rana | wong wanudya kang wêwuda ngêbyoki | kagêpok sariraningsun | ing kono tanpa yusya | pan angrasa apês anulya mêlayu | awor lawan wadya kathah | kêdhaton dèn pêlayuni ||
14. adhinira Ki Mas Putra | pan sun pondhong sun palayukkên aglis | rowang
--- [f. 41r] ---
ingsun mung rong atus | mêlayu ngungsi guwa | Ki Mas Putra kang sun palayoni iku | lah ing kono pamanira | dèn lêlakar ing sang wuri ||
15. iku gusti mulaningwang | pamanira dèn aglis |[319] dening adhinira iku | sun upêtakên ika | ing jro guwa mungguhing bang kidul iku | Ki Selarasa turira | pitên[320] agênge pun adhi ||
16. Patih Nurjaman ngandika | dhatêng êjin kang kinèn amarani | aturana anak ingsun | Ki Mas Putra dèn enggal | sigra mangkat êjin kalih kang ingutus | tan adangu nulya prapta | punang jin matur tumuli ||
17. Ki Mas andika ngaturan | dening rama dika kyai patih |[321] kyai dhatêngan iku |[322] Mas Putra angandika | iya payo kangên ing rama wus dangu | tan adangu nulya mangkat | prapta ing Guwa Panitis ||
18. sapraptane Ki Mas Putra | parêng linggih ing gêgilang ta mangkin | Nurjaman aris amuwus | iya iku adhinira |[323] iya iku kang dadi wigêna dangu | Selarasa uluk salam | Ki Mas Putra anauri ||
19. Ki Mas Putra aris nêmbah | kingkang[324] raka andowakakên aris | Patih Nurjaman amuwus | wruhanira Mas Putra | iya iku sanakira ingkang
--- [f. 41v] ---
sêpuh | sanak kang saking manusya | iku kang anèng nêgari ||
20. kang jumênêng Natèng Cêmpa | Selabêrèt uwakira sayakti | iku anaking waruju | Ki Mas Putra angakang | iku nyawa sadulurira satuhu | kang têdhak saking manusya | iku kang anèng nêgari ||
21. marmaning kawula rama | duk ing dangu miyarsa wuwus inggih | paduka têbêng mêmuruk | ing jaya kadikjayan | wulang tuwan sêdaya sampun katêmu | kadhadha dening kawula | sugri aji ngawikani ||
22. mulane sih rusanira[325] | wus pinasthi sira dadi prajurit | kawruhing jin sampun putus | sêdaya anèng ing sira |[326] lan pacuwan kang gêpok ing wadon bisuk | têmahe durma tinêmbang | wêkasan cupêting budi ||
13. Durma
1. Kya Nurjaman mangkya nauri wêcana | anak ingsun kyai |[327] sanggup sira ora | angrêbut pamènira | sasat nguripi wong mati | kaliwat wêlas | dening ta wus alami ||
2. kurang-kurang uwis mati pamanira | deni[328] uwis alami | Selarasa ngucap | lah dawêk tuduhêna | ing pêrnahing êjin kapir | acacak-cacak | lan manawi kadugi ||
3. kyana patih gumujêng asênggak-sênggak | akêplok sarya angling | yèn bèbète rama |
--- [f. 42r] ---
sanggupe wis kawêdal | wirang mundur angur mati | dawêk Ki Putra | pun paman mangke ngiring ||
4. Selarasa atakèn dhatêng kang rama | sapintên êdohnèki | Pulo Dhêndha paman | wêtawis pitên dina | lêlampahan saking ngriki | Patih Nurjaman | tangginas anauri ||
5. yèn manusya lêlampahan pitung dina | yèn sih lakuning êjin | pan ora kewuhan | dêdalaning lumampah | satêngahe bae prapti | ing awang-awang | ibêre kadya thathit ||
6. mulaningsun asraya marang manusya | sira luwih sing êjin | mapan ora padha | êjin lawan manusya | manusya kang luwih sêkti | iya manusya | ingakên rasa jati ||
7. mapan sira mangkana lan arinira | pan luwih sira gusti | utama manusya | mangkana êjin andhap | manusa kang luwih sakti | pêrmaning Suma | mulane êjin kandhih ||
8. Selarasa ature dhatêng kang rama | dawêk kesah tumuli | kya patih ngandika | êjin padha milua | ingsun arêp andon jurit | kabèh milua | aja na ingkang kari ||
9. lah milua barênga mring
--- [f. 42v] ---
Pulo Dhêndha | wêruha mring nêgari | Sang Ratu Madhêndha | duwe anak pêrawan | wêrnane lir pendah sasi | maksih wêwujang | tan arsa laki êjin ||
10. karsanira kudu alaki manusa | panêdhaning sang putri | iku gustinira | yèn jaya ingkang lampah | sinêlamakên sang putri | sira rabia | lawan putraning êjin ||
11. lah marêka sira sun wèhi busana | ora dêduwe gusti | ênyak tampanana | kulambi saking suwarga |[329] pangawasaning kulambi | ngambah sêgara | lir pendah siti rêsik ||
12. lan maninge bisa mabur tanpa êlar | dhuwure ora panci | dhuwur andhap bisa | pilih kang madhanana | wus rinasuk kang kulambi | ing Selarasa | Nurjaman sira angling ||
[Ilustrasi]
--- [f. 43r] ---
13. lawan iki têtapong[330] kêncana mulya | lamun dèn gawa jurit | pangawasanira | bêngi lawan raina | paningale pan dumêling | lamun ginawa | jurite luwih sêkti ||
14. pan pêliyas luputing sênjata uwong |[331] lawan ika camêthi | ênyak tampanana | kang winuwuku ing êmas |[332] yèn dèn sèbêtakên iki | tan ana năngga | Selarasa nampani ||
15. wus nrinasuk[333] tarênggos munggèng mustaka | cahya mancur nêlahi | kadya daru prapta | tumêdhak sing drakila | rat jagat tan ana tandhing | dikjayanira | tan ana amandhingi ||
16. sampun mêdal sadaya saking jro guwa | suka sakèhing êjin | Mas Putra ing têngah | Patih Nurjaman majar | sun pêpêti guwa iki | bok ana waka | yèn ana jêjêmbêri ||
17. sampun pêpêk lawang guwa tinutupan | Selarasa nulya ngling | dawêk bubar paman | sampun ta kêlayatan | Nurjaman mangsuli angling | dawêk Ki Putra | nulya kesah tumuli ||
18. lampahira angambah ing jumantara | awor lan mega putih | abyare lir kilat | sangêt ingkang lumampah | awor kagawa ing angin | Ki Selarasa | wus awor lawan êjin ||
19. sampun lêpas lampahe Ki Selarasa | dening awor lan êjin | tan kawarnèng marga | lêpasing lampahira | ajêjêg ing Pulo Rukmi [Ru...]
--- [f. 43v] ---
[...kmi] | wus prapta sira | ing kutha Pulo Rukmi ||
20. wus katingal ing êjin kathah cinêkêlan |[334] pêpêri dèn bandani | padha guntayangan | tan kêna amêmangan | binada[335] ing êjin kapir | jim Sêlam ika | sêdaya dèn sakiti ||
21. wus tumurun Selarasa la[336] Nurjaman | lawan Mas Putra iki | sapraptaning pura | nulya sira tumingal | saking êjin dèn bandani | sami tumingal | lah yèn gustine prapti ||
22. kawuwuha ningali maring makutha | lawan Mas Putra iki | jin kang cinêkêlan | lali ing lapa lupa | bungahe ningali gusti | punang cêngkalak | dèn tikêli pribadi ||
23. dèn kirikkên cêngkalak pating palêsat | sêdaya ucul sami | nulya marêk sigra | ki patih lan Mas Putra | Nurjaman anulya angling | lah kayèngapa | mulane dèn bandani ||
[Ilustrasi]
--- [f. 44r] ---
24. samya matur kang punang êjin sêdaya | inggih kawula gusti | satilar paduka | Sang Ratu Pulo Dhêndha | amingdêr[337] anênakèni | lampah sampeyan | sêdaya dèn takèni ||
25. tan uninga sêdaya ing atur kula | majar ratu puniki | ingsun patènana | yèn sira nara wêkca | mulanira sun bandani | sun patènana | kabèh pan padha mati ||
26. ênggo apa dudu wong cili sun arah | Mas Putra kang ingsun prih | mastakane benjang | gêgo tukuning krama | saênggone pan sun ukih | sun pupu benjang | kêlawan dhangdhanggêndhis ||
14. Dhandhanggula
1. Kyana Patih Nurjaman mangkya ngling | sarya nênggak-nênggak ingkang waspa | gustinira kaparimèn | warta sapungkur ingsun | apa mati atawa urip | kakang ingsun Sang Nata | Palmin kala iku | Ratu ing Pulo Madhêndha | satêkane sira mênangi duk mulih | apa dèn gawa ara ||
2. sakwèh êjin matur sarya nangis | mila kawula sarira lupa | kenging cinêkêlan kabèh | mila tan wagêt dulu | raka tuwan dipun sakiti | dèn sèrèd linalarak | ingidêk lir gadhung | dèn sèrèt marang pakuwon |[338] kinèn miyosakên ing Mas Putra gusti | punika tur kawula ||
3. kang sinambat dening kangjêng gusti | mung paduka kêlawan Mas Putra | sinambate karunane | Patih Nurjaman muwus | pênangise kang punang êjin |
[Ilustrasi]
--- [f. 44v] ---
gumrah suwaranira | kadya langit rubuh | panangisipun sêdaya | kadya gêrah tangise êjin lir prêri | gugoning gustinira ||
4. Selarasa wau data[339] nangis | pan kèngêtan lah yèn titahing Yyang | tandhane yèn ora duwe | kawula iki suwung | kudu ngrasa duwe sakalir | paksa kuwasa murba | ing Allah lan ayun | raga yèn sampun duduman | ara kêna sawalaa ing sakapti | karsane kawisesa ||
5. sampun tutug apikir pribadi | Selarasa bisa balik bêlah | dèn gugu ing palare |[340] èngêt lagya ing dangu | Ki Lobama duk mituturi | kawula waji[341] nalar | èngêt ing jro kalbu | mêngkana ciptaning nala | yèn mungêna anuruti basa takdir | tan karêbut si paman ||
6. awêkasan sira muwus aris | lah ta sampun yayi akaruna | lah si paman kaya rare | sintên kang datan wêruh | lah yèn trisna tiyang wawargi | sumilih satu kewan | wontên têrsnanipun | luwih êjin lan manusa | pan puniki kang kacap ing kadis dalil | pundi dèn linggihana ||
7. nulya ngrangkul Nurjaman sarya ngling | adhuh gusti anak ingsun nyawa | têgane luwih budine | tuwa kang kaya ingsun | sira gusti apan wus uning | ing ngèlmu mangaripat | mapanira dhawuk | dhawuk sote kaya jaran | durung idhêp ing ngèlmu amung pawèstri | tansah gunggung karosan ||
8. lah ta payo mantuk ing jro puri | sêsarean anèng dalêm pura | lawan arinira kene | wêkasaning tatêmu | mêngko esun[342] akon ngulati | badhe ing dhaharira | kene lăngka sêkul | ulam tan ilok adhahar | dening êjin mung kukuse sarwa sari | kang dèn pangan sadina ||
9. mulaningsun angkon[343] angulati | dhêdhaharan sêkul lawan ulam | badhe dhaharira anggèr | Selarasa umatur | sadènge[344] anuhun ing sih |[345] saking sihipun paman | kula laminipun [laminipu...]
--- [f. 45r] ---
[...n] | duk sah saking ing nêgara | dèrèng kongsi kasurupan ing rajêki | lagya rahmating Alla[346] ||
10. Kya Nurjaman saurira aris | apa ta lah yèn tan arsa dhahar | amêng-amêngan bae |[347] sakarêp manira iku |[348] apa ta lah duk anèng nêgari |[349] kasukana baita | apa rêmên ujung | utawa rêmên ing kuda | iki ana aran jaran Sabêrani[350] | ijo lir sambêr ilyan ||
11. saking Ngajêrak angsaling ing nguni |[351] têtilare iyang-iyangira | anak putune sira nès | kandhane sêkar diyu | lagi durung dèn paratholi[352] | maksih jalu ya êlar | iku bisa mabur | parantine iyangira | kakang Prabu ing Cêmpa kala tatilik | ing swarga ramanira ||
12. Selarasa ature amanis | wontên pundi pun paman punika | kuda pundi ing pêrnahe | Patih Nurjaman wuwus | duk kacandhak pamaningrèki[353] | dening Ratu Madhêndha | jaran iku ucul | samana ingsun kang nyandhak | kundhaline sun uculakên tumuli | Selarasa atur sêmbah |[354]|
13. napa kenging yèn cikêkêl[355] malih | kula paman kapingin kawula | Nurjaman aris wuwusing |[356] dhuh gusti anak ingsun | lamon sira arsa udani | sun aturakên pisan | ing sira puniku | lawan samaktaning kuda | lan camêthi rewange tarênggos rukmi | lan kulambine pisan ||
14. kyana patih angling dhatêng êjin | kang ginangsing enggal-enggal [enggal-...]
--- [f. 45v] ---
[...enggal] lampahira |[357] sira ajuputa age | marang ing jaran iku | anèng kana ing bukit Tarji | aja ta kêlayatan | mintar kang ingutus | tan adangu lampahira | sigra prapta putusan abêkta tèji | wus katur punang kuda ||
15. Selarasa gêgêtun ningali | dening enggal prataning[358] putusan | dening tan katon gununge | lan malih gawokipun | dening kuda ulêsing wilis | muncar lir manik toya | tuhên lara[359] jalu | amuwus Ki Selarasa | paman patih kawula amit nitihi | dhatêng kuda pun dika ||
16. kyana patih muwus sarya ngêlirik |[360] ing Mas Putra kèn ngêngabahana | samakta sabah-abahe | kinakapanan sampun | ingèbèkan kêncana rukmi | pinatik ing sêsotya | langkung ting pêlancur | mèh surêm kang giwangkara | dening soroting sêsotya di lêwih |[361] awor ulêsing kuda ||
17. adan mintar sira sang apêkik | arsa nitih wau dhatêng kuda | aglis dèn candhak apuse | prayuga sikêpipun | dènnya mancat ing săngga wêdhi | Patih Nurjaman ing bang | nitih sang abagus | Mas Putra mêndhêk ing wuntan[362] | sarya mundhi camêthi ingawe aglis |
[Ilustrasi]
--- [f. 46r] ---
wau dening kang raka ||
18. sampun katur wau kang camêthi | Selarasa sikêpe têtêgar | yang-yanging tulis wêrnane | nyongklang anirik[363] wau | Selara ngandika aris |[364] paman amit kawula | kapingin sinau | binêkta mabur ing jaran | kyana patih saure lah iya gusti | nanging sira ngadêga ||
19. ênyak iki wacanên tumuli | pamrèhaning palikêting jaran | sikil kêlawan kuliting |[365] yèn ujare kang muruk | palikêt lir dèn gêgalani | maring gigire jaran | marmane puniku | ngadêk ngadohana êlar | apusipun dèn kêndho pacuwan lali | maring lambene jaran ||
20. sasampuning ngadêk sira nuli | angantia gêbyare kang kilat | sakêdhap tan katon mangke | awor lan mega sampun | anglayang midêr tumuli |[366] wus lêpas punang kuda | katuwukan [katu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 46v] ---
[...wukan] kayun | anut sarèhe kang nunggang | tan kawarna midêre binakta balik | jaran dèn Selarasa ||
21. nulya bali dhatêng Pulo Rukmi | nulya ngampar ibêre anglayang | dipun kêncêngi apuse | dhawuh ing alun-alun | sigra mapak sakèhing êjin | gawok sakèhing mulat | dhatêng sang abagus | dening wus wasis ing kuda | Kyana Patih Nurjaman sigra anganti | dhatêng wau kang putra ||
22. pan binakta linggih srimênganti | Selarasa sineba ing tantra | sakyèh ngêjin pêpêk kabèh | Patih Nurjaman dulu | ingkang putra anom apêkik | rasa-rasa kèn kesah | manahe kadaud | ki patih ya ta angucap | uwis nyawa aja lunga saking ngriki | sira jênênga nata ||
23. sumbalinga sira lunga gusti | iya lamon jaya lampahira | yèn tiwas apa dadine | mapan ratu puniku | sakti padha arewang bêlis | matia dadi apa | pun paman ing besuk | anêmbah Ki Selarasa | pan kapundhi sih paduka dhatêng kami | kawula arsa kesah ||
24. datan kandhêk kawula anèng ngriki |[367] sun pêndhête kariyin pun paman | paduka kantuna kene | lan yayi mas puniku | ngêdhatona ing Pulo Rukmi | paduka rumaksaa | jumênênga ratu | Patih Nurjaman ngandika | ora kêna ratu iku luwih sakti | manawa kawênangan ||
25. Selarsa ature amanis |[368] insa Allah paman kadya kêna [kê...]
--- [f. 47r] ---
[...na] | ratu punika pêjahe | Patih Nurjaman muwus | ora kêna matèni êjin | saluwihane jalma | ingsun durung ngrungu | manusa padha manusa | amatèni kêna êjin padha êjin | iku sun amiyarsa ||
26. Selarasa nêmbah matu[369] aris | nadyan paman dhumatêng ing pêjah | ratu punika tan wande | kula prih patihnipun[370] | kyana patih ari[371] nauri | yèn sih mêngkona nyawa | pun paman jumurung | nanging mas dipun prayatna | aja lena Selarasa anauri | paman barkat paduka ||
27. saking pundi arahe sing ngriki | Pulo Dhêndha puniku ta paman | Patih Nurjaman saure | kaprênah lor puniku | Pulo Dhêndha jêrbar[372] tur radin | Selarasa angucap | paman amit ingsun | tarênggos kuda sun tilar | ing ngariki kulambi lawan camêthi | paman kawula bêkta ||
28. kyana patih mangke amêmêling | Ki Mas Putra sira ngêdhatona | si paman milu kakange | kang tinilar tanpayun | lêhêng kula sarêng ngêmasi | rama kalih pun kakang | nanging datan asung | Ki Mas Putra aris nêmbah | inggih paman dipun prayatna ing margi | mugi rinêksa ing Yyang ||
29. Selarasa mangke muwus aris | inggih paman yèn arsa tumuta | dawêk alah dipun age | patih wawêlingipun | gustinira rêksanên sami | sawuri dèn payatna[373] | pacuwan katungkul | sampun tutuk amêmêkas | sigra mabur wus angukuli jêladri | pêpatih [pê...]
--- [f. 47v] ---
[...patih] lan Selarasa |[374]|
30. tan adangu sampun angukuli | Pulo Dhêndha pan sampun kadungkap | sirêp jalma ing wayahe | Selarasa ris matur | kêdhatone kang mênggah pundi | arah-arahe paman | Nurjaman sumaur | kurang dhidhik rada ngilyan | payo ta lah rada mangulon sadhidhik | gumingsir radi ngampar ||
31. dyan warnanên mangke sang jin kapir | ingkang jaga alanglang nêgara | raina seje gilire | kang kabobohan dalu | langlang kutha êjin sakêthi | pasthi tan ana nendra | kasukan ing dalu | lawan kang kêmit ing pura | sami gilir têmu gêlang dèn idêri | ing purane sang nata ||
32. suka-sukan[375] kathah ingkang kêmit | ingkang langlang êjin sasêlaran | kang ora ana turune | Selarasa amuwus | kathah têmên êjin puniki | ana langlang ing wiyat | anèng lêmah nusup | pêrnahe pundi ta paman | wontên pundi kya patih angling manawi | dinokok sandhing pura ||
33. Selarasa matur awotsari | inggih paman mangke kula cacak | sun sirêp êjin sakabèh | Patih Nurjaman wuwus | lah ta iya dèn enggal gusti | mêngko ingsun mêcalang | bok ana jin wêruh | lah ta aja kalayatan | pan ing kene uga langlangane prapti | mênawa kawênangan ||
34. Selarasa tumêdhak ing siti | sampun ngèsthi ing prayatnanira | adan winatêk mantrane | sarya siti sinawur | pangping[376] tiga wangêningrèki[377] | nawuri dalêm pura | tan adangu wangsul | ing jawi jroning kadhatyan | para êjin kang langlang lawan kang kêmit | sadaya sampun nendra [ne...]
--- [f. 48r] ---
[...ndra] ||
35. samya sirêp sêkathahing êjin | miwah kayun tan ana kanginan | rêp-sirêp sakutha kabèh | Selarasa amuwus | dawêk paman mêdhun tumuli | kya patih agraita | ing sajrone kalbu | si bagus iki prawira | luwih wani pan sampun asalin gêndhing | gatraning raras driya ||
15. Mijil
1. wus tumêdhak ing siti sakalih | ing larta[378] kêdhaton | Selarasa angling dawêk mangko |[379] paman dawêk malêbêt jro puri | kubah wus dèn wingkis | kalih wus malêbu ||
2. sri nalendra kapanggih aguling | malumah anglojor | Selarasa waspaos tingale | agêng têmên paman ratu iki | sarirane iki | lir tambaga sêpuh ||
3. agadhèk[380] wok simbar jaja jrihi | jêjenggot babrêngos | Kya Nurjaman aris ing wuwuse | luwih gêdhe sakti saha wani | têguh rusa iki | pilih lawan musuh ||
4. bala ratu sami êjin kapir | asring abêbayong[381] | uwis ta lah mundura age |[382] aja suwe angadêg ing ngriki | pamanira gusti | rinuruh karuhun ||
5. sampun sêmang sampeyan ing galih | yèn paman arsa non | mangke ratu iki sun dhupake | lah tangia si lanat kapir |[383] kapanjingan maling | aturu barubuh ||
6. dipun dhupak malah gingsir miring | maksih eca ngorok | Kya Nurjaman angrakul putrane | apa iki palahira[384] gusti | pamanira iki | rinuruh karuhun ||
7. damar kurung katingal mêrapit | pagulingan kulon | pan kaaksi mênga lêlangsene | anglir pendah kêbyare [kêbyar...]
--- [f. 48v] ---
[...e] srigadhing | kakêmbêne kengis | pêmbayune mancur ||
8. Selarasa ningali ing kèri | pan têtela katon | Selarasa aris ing wuwuse | pan ing kilèn pasarean malih | wontên èstri guling | pelak warnanipun ||
9. kyana patih api-api sisib | atambêt kimawon | wong wanudya apa anèng kene | sira iki têka salah kaaksi |[385] Selarasa angling | dede ta puniku ||
10. Selarasa asring nênakèni | Nurjaman lingnya lon | têka gêgêl kang putra sok takon |[386] iya gusti yèn sira tan uning | putri ingkang luwih | sadulure ratu ||
11. ingkang wêdrah punika kang pundi | patih ngandika lon | ingkang èstri nênggih ingkang anèm | Selarasa angling paman patih | paduka têr mami | yun waspaos dulu ||
12. kyana patih muwus ngasih-asih | aja ge mangkono [mangko...]
[Ilustrasi]
--- [f. 49r] ---
[...no] | têka sira gusti salah gawe | angur kita padha angulati | Selarasa nuli | anut nulya mêtu ||
13. kyana patih tansah dèn takoni | masalahing wadon | botên laki kawula mulane | Ki Nurjaman atutur sarya ngling | akèh kang ngrasani | dadi tanpa yun |[387]|
14. arsa laki manusya kang luwih | salawasing mangko | tarak brangta tan ana pêgate | pan kapingin laki jalma luwih | jêjuluking putri | Sang Rêtna Pangrênyut[388] ||
15. pan wus gêmêt gènnya angulati | pêrnahing sang katon | Selarasa ing mangke ataros |[389] dhatêng pundi paman angulari | pêrnahe rama ji | pan dèrèng katêmu ||
16. dawêk paman kesah angulati | mênawi lêlangon | kula wangsul amungu putrane | mênawi kenging dipun takèni | mèngsêm kyana patih | amuwus jro kalbu ||
17. ara linyok ujar ingsun iki | bocah iki mangko |
[Ilustrasi]
--- [f. 49v] ---
kêna bêncana ing lêlagehane |[390] tiru tiyang dhêmênane èstri | lah ta iya gusti | paman mangke mêtu ||
18. Selarasa wangsul ing jro puri | kyana patih miyos | angulari dhatêng ing wangsane | Selarasa mring dagan sang putri | waspaos ningali | manahira kanyut ||
19. Selarasa wuwusira aris | wungu lir sêsinom | ayu têmên wêrnanira anggèr | uwis lawas sun urip puniki | durung aningali | kaya sira maskun ||
20. atiningsun kadingarèn iki | kumêpyar gumalong[391] | têka kerut tanbuh ing rasane | lah wungua jiwaningsun gusti | pun kakang adasih | ing dika wong ayu ||
21. lah wungua dewataning puri | kawula yun takon | wong kasasar mirah kawulane | nanging ta lah kawula puniki | adahat tan wruh wadi |[392] ingoyok[393] sang prabu ||
22. miring ngulisik tan arsa atangi |[394] mung alise gênjot | lir ngèsêmi angingis wajane | mangkis karêngat gêsêng kang lathi | sarirane kuning | ijo ing pamulu ||
23. ulês gadhung ijo pan kawingkis | pêbayuning katon | bundêr kadi nyudênta kuninge | mênthêk-mênthêk dinulu amanis | Selarasa aris | manahe wus limut ||
24. nulya linggih ngiringan sumandhing | sarya ngilo-ilo | ing pambayun gumêtêr wuwuse | lah wungua sapanên pun dasih | kawulaning gusti | dangu pinitambuh ||
25. tan dêrana ingkang wau kapti | Selarasa [Selara...]
--- [f. 50r] ---
[...sa] mangko | pan anganti sang dyah ing wungune | saprandene sang dyah tan anglilir | Selarasa amrih | karsane saya sru ||
26. nulya nyandhak wêkasaning tapèh |[395] sarya muwus alon | anglir kilang wau ing wuwusing |[396] lah wungu dewataning puniki | têka kèndêl gusti | ngantos awak ingsun ||
27. lah dhêdhanên[397] kawulaning gusti | bandanên i kojong | lah tuwêkên nimas kula anggèr | iya lah wungua ningsun gusti | tan kangkat pun dasih | dahat pinitambuh ||
28. Selarasa lir pendah wong agring | pan kandhohan wirong | manah limut wus ilang malinge | ngarih-arih sang putri aguling | wêrnanên angipi | sajroning aturu ||
29. jroning guling supêna kêpanggih | sang dyah kêlawan wong | bagus anom manusa warnane | pan tumêdhak sarya ngarih-arih | arsa anungkêmi | sang dyah cêngkah mungkur ||
30. pan sang putri kagyat angulilir | tan kantos alungguh |[398] abêbalik mangiring mangiwe | padoning lathi kadi ngèsêmi | surêm puh ningali | Selarasa gupuh ||
31. sigra nyandhak astane tumuli | sarya ngaras alon | asta kiwa anguling janggane | bêbalika madhêpa mariki | kawula angabdi | mara dika wungu ||
32. pan sang putri kagya[399] nulya nglilir | dèrèng patya anon | ana asta kêrasèng baune | pan mangkana ciptaning sang putri | tangane wong iki | lir tangane kakung ||
33. baya kakang prabu langlang iki | têka mring paturon |
--- [f. 50v] ---
wus gawayah yèn têka marene | têka ilok angagèt-agèti | mêndhêk anèng siti | tur sarya angrangkul ||
34. Ni Parênyuh sigra nulya linggih | sarêng samya anon | sumyar pandam mubyar ing padhange | sang suputri waspada ningali | astane tinarik | ngipatakên mungkur ||
35. sang dyah angling ing sajroning galih | apa iki uwong | lamun êjin pan dudu mangkene | yèn manusa dening luwih sakti | kongsi wruh mariki | lah dening bagus |[400]|
36. Selarasa mêndhêk saking wingking | panyêkêle alon | pan tinarik-tarik ing sijange[401] | pamuwusing anglir madu gêndhis | kawula ta gusti | kêkasih mêgatruh ||
Puh Pamiyos[402]
[Ilustrasi]
--- [f. 51r] ---
37. Selarasa wuwuse amanis | dhatêng sang dyah arum | êmas sampun andika rutik[403] | manusya kula sayakti | marmine dhatêng ngriki | kawula arsa takon ||
38. sang rêtna yu tangise angringik | sang dyah awor guyu | ing wirange duk angipi | apêpanggih lan wong iki | têkane andaradasih | alinggih ing paturon ||
39. pan sinăngga remaning awilis | pan kadi lir santun | remane panjang awilis | sang kakung aris wuwuse | mas ayu pun anangis | rema iman runtuh ||
40. kawulaning gusti amit gipih | anăngga gagêlung | eman tiba kangsrah ing siti | remane wong luwih iki | mas mirah andika nulih | kawula arsa takon ||
41. sampun gusti wong ayu luwih | amaos ing bêndu | lawan sanak kula ing gusti | mênawa sang nata uning | dados punapa kang abdi | ingsun tan wande putung ||
42. sang dyah mèngsêm anulih gipih | sami parêng andulu | sang dyah muwus mungkur kalihe | uculêna dhingin iki | arsa atakèn dhingin | dhatêng andika mangko ||
43. Selarasa nauri ririh | wêcana arum | adhuh gusti jiwaningsun nini | aris dènira nauri | patakèn andika gampil | kewala atakon ||
44. nuhun
--- [f. 51v] ---
duka abdining gusti | atambuh ing laku | tuwêkên kênaka kang lungit | talènana lawan kêndhit | kunjaranên jinêmparing | cêngkalakên kang arum ||
45. kaprabawan manahira sang lir | kadi ruming santun | angling sang dyah jroning atine | salawas ingsun dumugi | durung ana kang ngayèki | têka kang ati | sumadya gumulung ||[404]
46. angandika mangke sang rêtna ngringik | Sang Rêtna Pangrênyut | ing sêmune sampun lumiring | atakon apa ing ngriki | lah wêcaa dipun aglis | Selarasa muwus ||
47. lah madhêpa mangke gusti mami | ingsun arsa matur | êtur sarwi angaras gigiring | sang putri sangsaya tangise | cinandhak ing kakung ririh | sangsaya kêraos ||
48. abêbalik mangke sang rêtna di | Mas Ayu Pangrênyut | sinambut ing kakung ririhe | manahe sang dyah wus ngêliling | Selarasa anêmêni | pinangku sang arum ||
49. Sang Rêtna Pangrênyut mênggah dènnya nangis | sarwi ing pamuwus | wong abagus sitên kêkasihe | kawula wirang nglangkungi | de gawe samene iki | dèn tulus mring ingong ||
50. lah yèn arsa angrèha ing iki | rare ingkang jugul | kawula arsa gugu gustine | tambanana wirang ingsun iki | andika ingkang mimiti | kang dadi wirangrong ||
51. Selarasa ginubêl dening sih | lawan [lawa...]
--- [f. 52r] ---
[...n] sang ayu | ewa manahira mangkene | angucap jroning atine | tênggane sang putri iki | arsa têmên ingsun ||
52. Selarasa anyêngkah astane | pan sarwi amuwus | sarya nyakar sang dyah putrine | datan arsa ta lah ing sih | marmaningsun asih-asih | kewala atakon ||
53. sang dyah ayu anyadhak astane kalih | dhatêng sang akakung | jarijine kang dèn kapithingi | sang dyah muwus amêlasasih | wong bagus andika iki | bisa gawe raning wong ||
54. pundhês mara gawenên ing sih | dhatêng awak ingsun | andika ingkang mimiti ing sihe | aja dumèh wong bêcike | nora arsa ajampèni | bisa ngrudahtining wong ||
55. Selarasa mingsêr adoh sarwi | ing pamuwus | sang putri andika ing kihe | têka tampi dika kèhe | aja gimèn-gimèn iki | ingsun tan arsa mêngko ||
56. pan sang putri runtite[405] agipih | gumêtêr tyasipun | sang dyah nangis aririh sambate | wong bagus apa dèn têdhi | mêngkono isun nêkani | tambanana ingong ||
57. Selarasa angling iya iki | yayi ingsun ayun | ana jaja jalukan mami | yèn sira anut ing kami | iya mêngko sun turuti | yèn tan anut sun êmoh ||
58. kurang-kurang sira tan angênti[406] | anulya sira nut | mêngko sira sun patèni dhewe | wus patut
--- [f. 52v] ---
lan ukumi | sang dyah aris anauri | punapa pinundhut ||
59. Selarasa angling ing wuwuse | nora na sun jaluk | amung Sêlama sang putri agipih | ngucapa kalimah nabi | sadha ngimanêna ngati | mas mirah sun pondhong ||
60. utusane atuwuh ing wêngi | lêlan sang ayu | iku ngetokêna ngatine | sang putri kèndêl anauri | kawigêna jroning ati | adangu tan
[Ilustrasi]
--- [f. 53r] ---
miraos ||
61. apa mulanira mênêng iki | adangu tan muwus | sang dyah angling tungtung tangise | mulaningsun tan angapti | kewuhan ing pulah[407] mami | kakang prabu yèn takon ||
62. nanging iya wong bagus kang luwih | kawula anurut | ing agama Islam mangkine | amung ana sun jaluki | ana êmban ingsun siji | têka Sêlamêna padha ||
63. mung puniku pjah gêsang mangkin | dhatêng lawan ingsun | mila lara barêng matine | Selarasa aris wuwuse | êndi êmbanira iki | ing ngêndi prênahing mangko ||
64. parnahipun ing ngandhap puniki | gèn kawula turu | ginugah-gugah tumulya atangi | gêgêtuning ipène | ngipi angurungi pêksi | tinêmbang kasmaran ||
16. Asmaradana
1. satangine êmbak[408] iki | kèndêl dangu atumingal | wong priya anyar tingale | punika êjin kang pundya | alinggih pagulingan | dening wêrnaning abagus | sinawang kadya trênggana ||
2. Rêtna Pangrênyuh nauri | babu iku dudu setan | yèn sira dudu wêruhe | yèn i[409] manusya saktya |[410] têkane tanpa sangkan | tan ana margane wau | kalaning manjing ing pura ||
3. têka kapanggih alinggih | baya iki jodhoningwang | kala katon supênane | iya babo iki prapta | ingsun kinèn manjinga | ing Islam anêbut rasul | lawan sira nora
--- [f. 53v] ---
tinggal ||
4. babo ta i karêp mami | yèn sira wêlas maringong |[411] payo padha Sêlam bae | wong loro ingsun lan sira | kita amilu pisan | saparane wong puniku | padha ingiring kang karsa ||
5. ni êmban aris nauri | adhuh gusti êmas mirah | kawula sumăngga bae | ingkang karsa jêngandika | dawêk Ki Selarasa | lah ta Sêlamêna ingsun | anut ing agama Islam ||
6. sang kakung aris nauri | dhuh mas mirah rambiningwang[412] | payo Sêlam enggal mangke | anut ing agama tuwan | sang putri aris nabda | ing kalimah sadat iku | kêkalih ingkang ingucap ||
7. sang rêtna uwis masuk ing | maring ingkang gama Islam | Selarasa suka tyasing |[413] sinambut mangke sang putrya | sang rêtna aris nabda | kêkalih kêlimah nêbut | sang rêtna ayun anabdya ||
8. mung ni êmban durung arsi | anêbut agama Islam | kewuhan jroning manahe | arêp ora dèn turuta | wêdi ing gustinira | marang Selarasa wau | ajrih yèn kinuya-kuya ||
9. anging ta kula mas putri | kang dados èwêding manah | ing wong Islam pranatane | tan kaop gusti kawula | manah aselewengan | lali yèn ngising anguyuh | badan kula maksih gagam[414] ||
10. datan angage sêsuci | anglampahi kakepetan | tur pasaja pêngagene | kaos wêdi adhêm
--- [f. 54r] ---
kula | utawi usum barat | sangêt anginipun wau | angatisi ingkang jiwa ||
11. Rêtna Pangrênyuh nauri | miyarsa ature êmban | dènira karya paguyon | sang rêtna aris angucap | pinasthi sun lan sira | barêng gêsang barêng lampus | tan kêna wis karsaning Yang ||
12. ni êmban anulya mijil | alinggih anèng ing ngarsa | angêrsa gubah langkibe | manawa na jin kang prapta | sêmana Selarasa | langkung si èstri jalu |[415] maksih enggal pêpasihan ||
13. sang putri aris nauri | kakang mangke kadi pundya | lampah andika yèn miyos | mênawi wontên uninga | kadi pundi kawula | yèn katura kakang prabu | tan wande nêmahi pêjah ||
14. sang kakung aris nauri | andika sun bêkta benjang | sarêng pêjah lawan ingong | puma aja pisah-pisah | sampun ta walang nala | sampun karsaning Yang Agung | ingkang among tuduh marga ||
15. kawula takèn mas gusti | pajarên ingkang sênyata | pundi pêrnahing sang katong | paman Prabu Pulo Rukma | mara sun tuduhna |[416] puniku kang ingsun luruh | ingsun karsa kêpanggiha ||
16. kèndêl dangu datan angling | sang dyah kèmêngan ing nala | anguc[417] jroning driyane |[418] kaparimèn aturira | arêp ara sun pajar | mênawa dukaning asru | dhatêng ing badan manira ||
17. dadya sang putri nanggêli | matur yèn botên uninga | kawula
--- [f. 54v] ---
miyarsa têmbe | uninga sasat tan wikan | Selarasa angucap | yayi aja sira iku | angalingi ing manira ||
18. bok awêca maring mami | yèn dika tuhu maringwang | ingsun êmoh yayi anggèr | satêmêne yayi êmas | ngapaa yèn tutura | dèn tulusa sira iku | adarbe kakung kawula ||
19. lah ta mara jiwa mami | aja dangu kèndêl sira | sang putri aris ature | mangke kakang sun awarah | nanging ta jangjiningwang | padha pasêk barêng lampus | andika barêng kawula ||
20. lan kawula nêdha margi | ing tingal jatining pêjah | kaping kalihe wak ingong | anêdha sih jêngandika | saranta nganti karsa | sang kakung ngandika arum | yayi aja walang driya ||
21. Selarasa ngaras pipi | adhuh dewaningsun êmas | dèn sabar uga mas anom | măngsa wurung kêpanggiha | apulang raras tilam | tangkêp langse kastup wungu | kang anèng jro wong nonoman ||
17. Sinom
1. dhuh gustiningsun kusuma | tan wande dika pulang sih | warahên dhingin sêdhela | goning Ratu Pulo Rukmi | sang dyah megos bêbalik | mingsêr tur sarya amuwus | jêjalukan andika | sukma laku dèn turuti | pratandhane sih andika dèrèng tiba ||
2. Selarasa amiyarsa | mangkana wuwus sang putri | cinandhak kakêmbênira | ngaras sarya wuwus aris | mas ayu sampun runtik | kawulane nulya mêtu | dèn bêndoni sadhela |
--- [f. 55r] ---
lah madhêpa gusti dhingin | pan sang putri mingsêr adoh sarya nyêngkah ||
3. sumukêm Ki Sêlarasa | ing pangkonira sang putri | tur sarya angaras madya | satyanana ingsun gusti | yèn ingsun cidra bijing | tuwêkên ingsun lan dhuwung | katur curiganingwang | sarya ras wanti-wanti |[419] sang dyah jiwit anyêthot tur sarya mula[420] ||
4. ingkang ngintip kawarnaa | ni êmban kang anèng jawi | ing lêlangse mugèng[421] dagan | wruh polahe duk sarasmi[422] | ni êmban dènnya ngintip | cêngêng dènira adulu | salaminingsun gêsang | durung tumon wong sarasmi | têkane luwih têmên kang manusya |[423]|
5. adhuh kaparimèn baya | kang ati mangkene iki | tansah aperat-aperat | gumêtêr kêpyar kang ati | kang awak têka gigil | sarya sandi ting karêdut | angucap tan kawêdal | apa mulaningsun iki | kêkêmbêne malah alungsur priyăngga ||
6. tapihe wus kathetheran | malah kêsêl aningsêti | karingête surewehan | kêkêtêk rêntak ing ati | sok kulathah-kulithih | tan adangu nulya mundur | rumangkang mêtu jaba | jroning atiningsun iki | kapan baya ingsun uliha manusya ||
7. daulating gusti kita | ulih manusya alaki | pakulihe tarak brangta | panêdhane siyang latri | mêngko tinêkanan aglis |[424] alaki manusya luhung | sun uga milu tarak | durung kaduluran ngati | tan atara[425] ana kuncing[426] anêrajang ||
8. kucing nêrajang [nêr...]
--- [f. 55v] ---
[...ajang] sing wuntat | ni êmban kagèt kêpati | kucing dèn sênggih manusya | saparane dèn tu[427] wuri | ni êmban sira angling | ing pundi kakang dinunung | andika ngajak lunga | ingsun dèn gawa mring ngêndi | kucing irêng ni êmban têka lêlewa ||
9. pan kaya wong kasurupan | jêthèk-jêthèk wangsul malih | dhuh têka dhêmên têmên tumingal |[428] ingsun ing palahing jalmi | lir pendah madu gêndhis | manah ingsun têka kanyut | nulya mêndhêg ing dagan | waspada dènnya ningali | Selarasa ngandika ing sang lir sêkar ||
10. angrangkul nulya angaras | pinondhong binêkta linggih | kang rema ingêlus tinapa |[429] sêsinon[430] ingêlus malih | tur sarya dèn arasi | ingusap karingêtipun | ing pangkon sang dyah nendra | pan sampun kapranan ing sih | kakung angling tur sarwi angaras pmêdya[431] ||
11. jawining lêlangse sapta | ni êmban dènnya angintip | karagan denira mulat | tanbuh ing polahingrèki | kawula ting pungkirik | onèng joganing limpuruk | tangane gêgurayang | nêmu gêmparan sumandhing | jukekekan sêsiwo lawan gêmparan ||
12. tan adangu Selarasa | aris anênggih yyra jangji | Rêtna Pangrênyut wus wêkca | gèning Ratu Pulo Rukmi | nanging sang dyah abêbisik |[432] Selarasa aris muwus | yèn mêngkono dunungan | tuduhna ingsun gusti |[433] tan kapanggih yèn ora barêng lan sira ||
13. yèn ora anuduhna |[434] ara asih dhatêng mami | Rêtna Pangrênyuh ngandika | dawêk
--- [f. 56r] ---
kakang dèn agêlis | nanging dèn ngati-ati | sarimbit sarêng tumurun | sing pagulinganira | kakunge tansah ing wuri | sira êmban agirok mêtu ing jaba ||
14. Sang Rêtna Pangrênyuh angucap |[435] kakang êgènipun dhêmit | pinêndhêm sajroning kisma | sarya dèn kunjara wêsi | ing ngandhaping sang aji | mungguhing jogan kawêngku | yèn kakang prabu dhahar | sinungan kucahan amis | kinêmonan sarta kinuruh ing wedang ||
15. yèn karuna asêsambat | tansah angrêsakên ati | kakunge aris wêcana | nêdha malêbêt ing puri | sang nata maksih guling | sakalih samya malêbu | sampun prapta ing pura | sang dyah angrangkul bêbisik | sasampuning aduduh ing prênahira ||
16. pêrnahing punang kênjara | Selarasa wus udani | sang dyah lingira wêcana | kakang kawula mit mulih | lêsu awak kêpati | dèn kapakêna ta ingsun | kakungira angaras | iya muliha kariyin | agulinga tan dangu pun kakang prapta ||
17. adan Selarasa bungkar | watu kinarya tatindhih | ing luwang kenging sanunggal | nulya ingukaban[436] malih | têtiga sampun kenging | tutuping luwang puniku | kasênênan ing pandam | ing luwang padhang kaaksi | katingalan lagya pitêkur sang nata ||
18. astane tinali raga | têtaline rantê[437] wêsi | sang nata tan kêna obah | amung yèn sidhakêp kenging | jroning kunjara wêsi | sikile rantene [ra...]
--- [f. 56v] ---
[...ntene] agung | wêlas yèn tiningalan | Sang Nata ing Pulo Rukmi | yèn tumungkul pujine tanpa pêgata ||
19. angêrtia Selarasa | kadi ginăngsa kang galih | mèh tumètès ingkang waspa | Selarasa linging ati | ala têmên sang aji | angur patènana dangu | sumandene dèn lara | wong atuwaningsun iki | dawêk paman paduka kawula bêkta ||
20. malêbêt sajroning guwa | Ki Selarasa tumuli | kunjara wêsi binêkta | jinujung sampun tininggil | sampun binêktèng jawi | Raja Palmin kagèt jumbul | angucap jroning nala | sun dèn kapakakên iki | kang kunjara wêsi bêngi pan dèn gawa ||
21. dèn sèlèhakên ing latar | kunjara kasênên sasi | awor lan padhange pandam | Selarasa aningali | yèn mangke Raja Palmin | saya tan kêna andulu | kalingan dening waspa | sutyane[438] abuh abintit | Selarasa muwus sêmu awor waspa ||
22. sampun watos manah tuwan | paman Prabu Pulo Rukmi | kawula putra paduka | ing paman atalang pati [pa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 57r] ---
[...ti] | lah paduka tingali | Raja Palmin kagèt muwus | sapa sira manusya | atawa ta sira êjin | angur ingsu[439] baya patènana pisan ||
23. dangu imbalan wêcana | kasaru Nurjaman prapti | pan midêr apailaran | kang raka datan kêpanggih | malah wangsul ing puri | Ki Selarasa kadulu | dawêk wontên ing latar | ngadhêpi kunjara wêsi | glis rinangkul wau ta Ki Selarasa ||
24. gusti anak ingsun nyawa | sing ngêndi gone kapanggih | ramanira iku nyawa | ingsun wus midêr ngulati | Nurjaman nêmbah aris | dhatêng kang raka puniku | sing jawining kunjara | raka kawula ngulari | kapiyarsa dening Raja Palmin ika ||
25. yèn syarane rayinira | Patih Nurjaman kang prapti | lêsu tyasira sang nata | Nurjaman amuwus aris | Ki Selarasa gusti | payo dèn ganjang[440] lumayu | ingsun mikul kunjara | Selarasa awotsari | dawêk paman raka paman tuwan bêkta ||
26. dèn usap punang kunjara | ing Selarasa wis dadi | lêbur atêmahan tirta | rantene tan ana kari | wus binapong sang aji | dening Kya Nurjaman wau | lah ta gusti dèn enggal | mênawa tangi jin kapir | Selarasa matur paman rumihina ||
27. kawula pan wontên karya | kang kantos amung sadhidhik | Patih Nurjaman angucap | lah iya ta aja lami | poma dèn ngati-ati | Patih Nurjaman wus mabur | kantun Ki Selarasa | gugoni manah arsa mrih | ing sang na[441] pinupuh asmaradona |[442]|
18. Asmaradana
1. adan Selarasa prapti | ing prênahira sang nata | mapan maksih ta asare | sang pêkik marani sigra | sang nata glis cinandhak | cinandhangan[443] apusipun | binănda lan ingkêt[444] pinggang ||
2. prandene maksih aguling | sikile karo [ka...]
--- [f. 57v] ---
[...ro] sang nata | binalênggu ngapus kiye | cinukur rambute ika | sang nata pan dhinupak | malah kagingsir sang prabu | prandene maksih anendra ||
3. maksih ngarok gènnya guling | Selarasa wuwusira | tangia lanat kapire | alèhe[445] balubuk sira | pan sinèrèt sang nata | tinibakakên ing lêbu | sinèrèt kangsi mring latar ||
4. tinangi sêsirêp iki | dening wau Selarasa | sang nata anglilir sare | sigra nyêntak sri nalendra | asru gènnya angucap | sapa manusane iku | têka wani-wani sira ||
5. Selarasa muwus aris | wruhanira ta sang nata | yèn sira tanbuh maringong | iya ingsun Selarasa | ingsun manusa Cêmpa | Raja Palmin ingkang sunu | kang dèn lêlara dènira ||
6. ingsun arsa amalêsi | saukuming ramaningwang | budia lanat kapire | sang nata sira miyarsa | tan sinipi dukanya | iya manusa sirèku | apa sira gon bêbandan ||
7. anging sun yèn tan pêgoti | wêsi tan ana tumama | sumaur Selarane |[446] têka mara angrasaa | coba apêgatêna | wus takdir ta sirèku |[447] srêngên wau sri nalendra ||
8. angrasa abêkuh sarwi | datan pêgat apusira | tan bisa usik ragarane |[448] wuwuhaning sakti raga | dèn balênggu pus sira | sun rangkul lan ikêt pinggung | tan kêna abah sang nata ||
9. sang nata angrês nauri | angur ingsun patènana | aja dèn wirang mangkene | dudu wong abêcik sira | Selarasa angucap | bisa têmên sira iku | tan angrasa duwe dosa ||
10. kaya srênggara idhêping | yèn sira amatènana [ama...]
--- [f. 58r] ---
[...tènana] | rama sun patèni age | dening ta sira ta iya | saking sun asih sira | ya ta cinandhak sang prabu | sinepak ingundha-undha ||
11. wus sinèrèt linakari | saksana Ki Selarasa | ningali ămba sumure | jêrone ana tri dasa | mangkana driyanira | i[449] parmaning Yang Agung |[450] hèh sang nata dèn prayatna ||
12. sun malêsa utang pati | iki ana sumur omba | mêngko ta lah ing sarane | sang nata sru panjritira | iku lah kang manusa | angur patènana ingsun | aja dèn wènèhi lara ||
13. Ki Selarasa nauri | mangkene ta ukumira | wus linêbokakên age | sang nata ing jro balumbang | ingurugan lan kismah[451] | tinidhihan[452] lawan watu | sigra wangsul Selarasa ||
14. malêbêt dhatêng jro puri | sang putri sampun siyaga | arsa tumut ing rakane | mangkana Ki Selarasa | langkung suka kang manah | nulya silinan[453] pupuh |[454] padha anêbang[455] ing durma ||
19. Durma
1. Selarasa wau [wa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 58v] ---
[...u] ta sapraptanira | sang putri anukêmi | padaning kang raka | tur sarwi awêcana | adhuh lakiningsun gusti | dawêk ta kesah | baktanên sungkan kari ||
2. dipun enggal kakangbok kaburu awan | wus sumirat kang rawi | Selarasa nabda | gusti ariningwang |[456] lah dadana[457] dèn aglis |[458] lan sira êmban | uwarana ing jawi ||
3. sakyèh êjin kon padha mawi sênjata | nyênyigahêna[459] mangkin | warahên yèn ingwang | arsa lunga cangkrama | sang putri anjrit kêpati | dumèh punapa | nguwari sakèh êjin ||
4. wruhanira kakang kang ana ing jaba | kula kang dèn tunggoni | padha anglêlamar | para ratu jin kupar | nênggih sêlawe nêgari | wontên ing jaba | nanging kula tan apti ||
5. pirang-pirang taun padha asawita | mring raka sri bupati | ana kang rêruba | ngalahakên nêgara | sadaya prakosa jurit | lamun tangia | kakang kadi punêndi ||
6. Selarasa mèngsêm tur sarwi wêcana | aja ta êmas yayi | ing sadya kawula | mapan arsa uninga | ing gêlare êjin kapir | mara ta êmban | anêmbanga têngari ||
7. sira êmban sigra-sigra lampahira | munggyèng mangu tumuli | anabuh têngara | kêndhang gong asauran | myang sakathahing bupati | atakèn wêrta | wiyosing kang têngari ||
8. sira êmban asru dènira wêcana | wruhanira ing mangkin | iya agèr sira | arsa lunga cangkrama | ing samudra karsanèki | nyênyigahêna | kumrap sakèhing êjin ||
9. pan gumêrah surake ingkang sêsinggah | sakèh ingkang jin kapir | wus prapta samudra | kang dadi cucuk ngarsa | cucuk [cu...]
--- [f. 59r] ---
[...cuk] buri maksih têbih | pangawat kanan | ana ngapit ing kèri ||
10. tan wruh ngadating êjin ngambah samudra | yèn angiring sang putri | wangêne dohira | sapadêlêng[460] ing kanan | sapadêlêng saking kèri | Ki Selarasa | kêkanthèn lan sang putri ||
11. sampun prapta samya angambah samudra | sakathahing kang êjin | sêlawe nêgara | êjin kang asawita | sêdaya samya angiring | arak-arakan | lir paksi krêndhalangit ||
12. watêking jin bisa ngambah ing sêgara | tan mawi palwa malih | lir angambah lêmah | Selarasa mêngkana | pan antuk têrahing êjin | sinung rasukan | ăntakusuma adi ||
13. marmanipun bisa ngambah ing sêgara | warnanên ingkang ngiring | ratuning jin kupar | aran
[Ilustrasi]
--- [f. 59v] ---
Raja Tokara | lawan Sang Raja Kuwari | kêkalih sanak | kang suwita ing putri ||
14. ingkang dadi cucuking pangawak kanan | Raja Kuwari angling | hèh yayi Kuwara | mandhêga ta sadhela | ingsun atêtakon dhingin | apa karannya | raka mandhêga iki ||
15. alêlungan ora kaya saban-saban | ing sira lan ing mami | tan wus pêparentah | kinèn marigêlêna | iku sakathahing êjin | mêngko ta ora | aku dèn pitambuhi ||
16. Sang Kuwara aglis nauri wêcana | kula mangkotên malih | sadangune raka | kula mulat muringah | êne[461] pun raka aji |[462] ing Pulo Dhêndha | têka datan kaèksi ||
17. mapan agung sing luhuring ratu kathah | ana ing baris sisih | sing ngriki katingal | gumujêng angandika | sabên kapirêng sing ngriki | puniki ara | apa karane iki ||
18. angêling Raja Kuwari yayi mênawa |[463] mung sang putri pribadi | tan sarêng kang raka | têka sun salah nyana | lan mring ngêndi paranèki | lamun dhèwèka | mangke sang raja putri ||
19. lah lungaa sira mêngko saking ngarsa | midêra [mi...]
[Ilustrasi]
--- [f. 60r] ---
[...dêra] saking kèri | lungaa sing wuntat | wilmana tunggangana | ulatana kakang aji | inggih sandika | Kuwara sampun lari ||
20. Sang Kuwari wau sira angandika | ing êjin kang kapilih | hèh balunge sira | manjinga ing jro toya | awasêna rajaputri | sira dèn awas | lan parane mring ngêndi ||
21. nulya kesah pun balunge ing jro toya | tan dangu nulya prapti | wau prênahira | sang dyah lumampahira | sêsêpahaning samargi | katiga êmban | si balunge wus bali ||
22. sampun prapta matur ing Raja Kuwara | gusti wangwangan pati | sang putri punika | akundhang lan manusya | warnane anon[464] apêkik | kêkanthèn anta[465] | samarga pulang rasmi ||
23. kasusulan praptane Raja Kowara | matur datan kapanggih | Sang Ratu Madhêndha | Raja Kuwari ngucap | netrane lir mêtu gêni | langkung bramatya | akèn nêmbang têngari ||
24. lah kupêngên kandhangên
[Ilustrasi]
--- [f. 60v] ---
si satu kewan | manusa kon ngêmbari | totonên kewala | sarwi apêtak-pêtak | asumbar-sumbar ngajrihi | iya manusa | sapa aranmu anjing ||
25. lah nukula[466] sira lamon arêp gêsang | asraha pati urip | sun Raja Kuwara | pangulunge jin kupar | pêpacangane sang putri | yèn tan nungkula | sira tan wurung mati ||
26. hèh manusa sapa ta aranmu kewan | kênapa lu mancuri | jangan lari dhia | nanti lu tau rasa | sama orang laki-laki | Ki Selarasa | ragab dènnya nauri ||
27. acawisa sagênahe satu kewan | ora sun kasingkiri | sakèhing jin kupar | kabèh barênga mara | prandene musuh wong siji | warêk ta sira | amrih ing pati mami ||
28. Sang Pangrênyuh anggubêl dhatêng kang raka | apa andika iki | tan yugya linawan | ratu iku kuwasa | tan ana tandhingannèki | lêhêng ta kakang | nêdha mêlayu agêlis |[467]|
[Ilustrasi]
--- [f. 62r][468] ---
29. saking kawi punapa atur kawula | angur mêlayu aglis | têka gawe mala | kakungira wêcana | dhuh atmaja jiwa mami | têka mindêla | aja maras ing ati ||
30. botên pêjah kula dening kapir lanat | yèn rinaksa ing Widi | wangsul dika mirah | dèn têbah singidana | kalih pun babu dèn aglis | Raja Kuwara | prapta sarwi nudingi ||
31. dening sundêl têmên sira kang manusa | tan ilok duwe isin | têka bung-abungan[469] | ana ing ngarsaningwang | nulya anggiwar sang putri | Ki Selarasa | tinrajang sira aglis ||
32. wus tinitir Selarasa pinêdhangan | nanging tan anginggati | pêdhang têmah tirta | kantun gagang kewala | binirat dening sang aji | angangkat gada | sigra gupuh tumuli ||
33. Selarasa pinupuh angnangkis[470] lawan | punang camêthi rukmi | kaprawasèng têngah | gada sampun malêsat | sing asta tibèng jêladri | kêlêm kang gada | Raja Kuwari wingrin[471] ||
34. Sang Kowari alon murcita ing nala | manusa iki sakti [sa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 62v] ---
[...kti] | iya mêngko sira | cok mêngko kêcandhaka | dening sun tan wurung mati | Ki Selarasa | wuwusira aririh ||
35. kêna apa lanat kapir têka lanang | lah têka kêna maning | gêlarira yuda | ingsun maksih anăngga | saupahe sun têkani | kasrêngên sira | sang nata amarani ||
36. iya mêngko tohana suraningwang |[472] payo banting-binanting | Ni Pangrênyut mulat | marang Raja Kuwara | yèn srêngêne tan sinipi | ngagên[473] gendhewa[474] | sira sang rajaputri ||
37. karsanira amanah Raja Kuwara | Rêtna Pangrênyut mangkin | sikêp dènnya manah | kadya Putri Cêmpala | kêkasih Wara Srikandhi | sigra lumêpas | santik kang pasopati ||
38. wus cumundhuk ing gulune Sang Kuwara | tugêl wus gumalinting | kambang nèng samudra | Selarasa tumingal | ing musuhe wus ngêmasi | srêngên kalintang | sapa mau matèni ||
39. katingalan sang putri ngagêm gandhewa | bêndunira sinipi | gupuh pinaranan | cumêthi[475] wus ingangkat | sang putri arsa ginitik | Pangrênyuh mulat | lamun kang raka runtik ||
40. wus pinapak Pangrênyuh nukêmi pada | Selarasa [Se...]
[Ilustrasi]
--- [f. 63r] ---
[...larasa] marani | iya sira baya | ingkang matèni lawan | ingsun ayuda aganti | kaliwat ala | wani andhingini |[476]|
41. aris matur Pangrênyuh sarwi anêmbah | kakang kawula inggih | wau ingkang nyipat | gulune Sang Kuwara | tan bêtah panas kang ati | ningali dika | kakang botên kawawi ||
42. inggih lêpat kakang abdi jêngandika | purun adhêdhingini[477] | dawêk pêjahana | gusti wong dalêm dika | wong ngêngapêsakên gusti | nanging yèn pêjah | sintên ingkang mêtêki ||
43. ing paduka gusti yèn wontên ing wona | rewang kawêlasasih | Selarasa nulya | kadaut ing wêcana | sang putri angalap ing sih | sriga[478] ingêmban | mas mirah kumala di ||
44. sapa drêbe rabi ayu tur atrisna | satya anglêbu pati | tur sakti ing rana | ya mirah sun apura | dusane sapisan iki | ping kalih aja | wus sumingkira maning ||
45. wus adêdêl sang putri dhatêng gêgana | Ki Selarasa kari | sigra nguwuh lawan | hèh sato ênjin[479] kupar | dêlêngên gustimu mati | pan kapiyarsa | dening Raja Kuwari ||
[Ilustrasi]
--- [f. 63v] ---
46. sigra mara sarya ngingkal-ngingkal[480] gada | sikêpira ngajrihi | ngêrik kadya yaksa | pan ujaring carita | angsale ratu ing nguni | turuning Raja | Samadunduk ing nguni ||
47. kang abêndhah[481] Ngajêrak lagi duk kina | Ambyah ingkang matèni | sakyèhing jin kupar | mati wanèh malayya | mulane ana ing bumi | sakyèh jin kupar | iku purwaning dhingin ||
48. Maharaja Kuwari sira anggada | nanging tan miyatani | gadanya dèn buwang | nulya kuwêl kewala | ramene banting-binanting | dèn byoki kathah | dening jin tupang tindhih ||
49. tan katingal Selarasa anèng ngandhap | katidhihan[482] ing êjin | sang putri amulat | tumètès ingkang waspa | arsa tulung langkung ajrih | dhatêng kang raka | pan wus winanti-wati[483] ||
50. Selarasa dhatêng dhasaring sêgara | angsal padalan siti |
[Ilustrasi]
--- [f. 64r] ---
[Ilustrasi]
tumulya ingangkat | lawan camêthi êmas | dinêdêlakên tumuli | pating palêsat | mawur sakathahing êjin |[484]|
51. pan wus sirna mawur sakèhing jin kupar | tan wruh tibanerèki | wau Selarasa | timbul sampun kumabang[485] | sang putri nambut tumuli | binêtèng wiyat | Selarasa ningali ||
52. yèn sang putri kabêkta maring gêgana | sigra ingaras aris | adhuh mirah ingwang | marmanira kalintang | ing dasih dèn sênggih mati | botên palastra | maksih rinêksa Widi ||
53. angandika sang dyah dawêk sami kesah | sampun rêmbên ing margi | mapan jin punika | sêdaya maksih gêsang | Selarasa ngaras malih | dawêk kusuma | tinêmbang dhangdhanggêndhis ||
20. Dhandhanggula
1. adan sami ngambara sakalih | lampahira katiga ni êmban | samarga-marga lampahe | akarêsmèn ing ênuh[486] | tan antara [a...]
--- [f. 64v] ---
[...ntara] surup yyang rawi | punang mega katingal | kilèn angandhangnu[487] | lir mapak suruping surya | sampun dalu tan kawarna sang mêdaling | wuwusên sri nalendra ||
2. sampun prapta dhatêng Pulo Rukmi | wadyabala samya akasukan | angêluwari pênagihe |[488] dening gustining rawuh | sakyèh wong pêpêk anangkil |[489] jalu èstri gêbagan | samya atur-atur | wênèh lunga ing kêramat | atilawat wênèh ana angaturi | nopèng tandhak lan wayang ||
3. wontên malih kawula lit-alit | angaturi nanggap wong mêmaca | arêmpêk lawan panjake | kang nyuling manggut-manggut | ingkang ngêrbat[490] tumiling-miling | suka asênggak-sênggak | êgonge cumêngkung | êgong papêndhil kinarya | arantaban sawênèh anênipahi[491] | kaul gustine prapta ||
4. sapraptane injing malah latri | sampun wayah mangke ringkêl jama[492] | maksih [ma...]
[Ilustrasi]
--- [f. 65r] ---
[...ksih] rame kasukane | Sang Raja Palmin sampun | aluwaran mantuk ing puri | para santana bubar | mung patih kang kantun | mring kadhaton lan Mas Putra | sapraptane ing pura rêkyana patih | tansah tinatakonan ||
5. ingsun yayi kadi wong angipi | ucul ingsun saking apusira | ika wong sapa arane | ingkang nguculi ingsun | ika pasthi kari bilai | Patih Nurjaman nêmbah | inggih kakang prabu | kawula langkung sumêlang | dening sakit kantun têmahaning kèsthi | punika putra tuwan ||
6. gih mênawi paduka tan uning | gih punika putra raka dika | ing Cêpa kang Selabêrèt | raka paduka sampun | angêmasi atilar siwi | nênggih jalu sêkawan | siji ngadêk nratu[493] | kang têtiga angêlana | yèn punika putra tuwan kang wuragil | aras[494] Ki Selarasa ||
7. sang aprabu [apra...]
[Ilustrasi]
--- [f. 65v] ---
[...bu] èngêt ing tyasnèki | amiyarsa lah yèn ingkang putra | kêlangkung rêngka manahe | sêdalu datan turu | rainane sinahan[495] malih | enjing nêmbang têngara | karsane sang prabu | sumulus[496] ing Pulo Dhêndha | angur ingsun matia aja basuki | sumandi anak ingwang ||
8. payo lunga nusul yayi patih | yèn wêruha ingsun mangkanaa | ing wingi pituturane | ingsun tan awèh kantun | angur ingsun dèn rante malih | sumandhi anak ingwang | payo yayi nusul | lumampah ing lêbur centhang | patih mêtu awêk mingmintar tumuli | prapta saking ngambara ||
9. wayah têngange dènira prapti | Selarasa sang nata tumingal | yèn kang putra prapta age | sing wiyati umêdhun | kalih patih amêlajêngi | mapag ing putranira | wus sarêng rinangkul | dangu dènnya rêrangkulan | sang nata ling payo gusti sami linggih | satata lan si paman ||
10. nulya sarêng mangke samya linggih | sarya
[Ilustrasi]
--- [f. 66r] ---
ngucap patih lan sang nata | sira aja têka age | pun paman êmèh nusul | marang sira sêmang kang ati | mêngko satêkanira | lêga atiningsun | Selarasa awotsêkar | inggih nuhun sang nata ningali èstri | sang nata aris majar ||
11. wurinira ana wong pawèstri | pan kêkalih nyawa iku sapa | Selarasa tur sêmbahe | sadhèrèke sang prabu | ing Madhêndha inggih puniki | pramila kula bêkta | kêdah arsa tumut | malah masuk gama Islam | sêsinau kawula nêlamkên singgih | arsa tumut kasihan ||
12. Raja Palmin angandika aris | wus pinasthi dadi kramanira | nini pêri wus jodhone | sira manusa luhung | Kyana Patih Nurjaman angling | nênggih putri punika | krama jin tanpa yun | kudu alaki manusya | malah brăngta raina kêlawan wêngi | kawula amiyarsa ||
13. ingkang Raja Palmin ngancarani | ni mas ayu linggiha satata | jajara lawan lakine [laki...]
[Ilustrasi]
--- [f. 66v] ---
[...ne] | nuhun Rêtna Pangrênyuh | atur sêmbah dhatêng sang aji | wontên ngandhak[497] kewala | sih tuwan kasuwun | sang nata angling ing putra | jaring wêdi ana ujar kang dèn anti | sira ngancaranana ||
14. Selarasa anglirik ing laki | dawêk yayi linggiha satata | sang dyah nêmbah ing ramane | muwah ing kakungipun | nêmbah nulya satata linggih | rada kapiring kiwa | sang nata amuwus | jroning nala tan kawêdal | bacah iki tiru rama sun tingali | kinalulutan ing dyah ||
15. payo gusti manjing ing jro puri | Selarasa arèrèn anendra | uwus dalu ing wayahe | sirêp jalma pan sampun | sigêgên datan kawarni |[498] linggihe Selarasa | angsal petung dalu | akasukan dalu siyang | sampun angsal pitung dina sira nuli | umarêk ing sang nata ||
16. pan sarimbit lawan garwanèki | Raja Palmin ningali kang putra | aglis sarya tur sêmbahe | wus ingancaran lungguh | Selarasa mêndhêk wotsari | paman amit kawula | mangke arsa mantuk | kula kangên ing nagara | Atashulu sang nata kèndêl tan angling | langkung gêgêl ing manah ||
17. sri nalendra ika muwus aris | hèh nak ingsun tunggunên si paman | aja lunga saking kene | pun paman durung tutuk | atêmu lan sira gusti |[499] durung jangkêp sawulan | pan nagraningsun |[500] sira lu[501] ngambil apa |[502] sira gusti ing kene sakarêp mukti | mapan nêgaranira ||
18. dhêdhêk mêrangre[503] wong Pulo Rukmi | sun srahakên gusti maring sira | pun paman mangke lumèngsèr | ingsun gusti dhêdhukuh | arinira lanang sawiji | sira kang dasihêna |
--- [f. 67r] ---
iku wakcaningsun | kathah sapdaning sang nata | ngarih-arih iku putra miwal kapti | samya srah jiwa raga ||
19. Ki Mas Putra matur yèn ing bijing | bilih ratu ing Pulo Madhêndha | ngaluruk dhatêng marene | kapriye pulah ingsun | datan wande kula ngêmasi | Selarasa wêcana | dening ta lah iku | yayi sira aja sêmang | ratunipun wus sun pêndhêm ing jro bumi | sabalane wus sirna ||
20. sun amuke yayi karo rabi | kakangira asikêp gandhewa | angamuki kapir kabèh | Dèwi Rêtna Pangrênyuh | mèsêm sarwi wêcana aris | adika bisa dora | garoh raganipun | ki rayi aja andêlan | tutur iku kangka[504] dika bisa gampil | tur dèn amuki dhawak ||
21. anèng têngah samudra ajurit | sakyèh kupar kêlêm ing sagara | dèn dêdêl lan camêthine | suka sakyèh angrungu | Ki Mas Putra lan rama kalih | samya eca kang manah | bapa anak ingsun | têkane sira prawira | tiru eyang mêngkono rama swargi |[505] duk ngalahakên kupar ||
22. iya gusti muliha ing binjing | yèn wus tutug gusti sukanira | ingsun durung malês sihe | Selarasa umatur | wus katêdha sihe rama ji | agung sêmang kawula | putra tuwan kantun | kawula tilar ing wana | Raja Palmin wuwusira anduluri | ing mangke karsanira ||
23. Selarasa matur ing kya patih | jêngandika paman ngatrêrêna | ing kawula dêdalane | mangke andika wangsul | yèn wus prapta Guwa Panitis | lah ta kawula paman | nêdha dika jurung | êjin ingkang sasêliran | badhe ngănca
--- [f. 67v] ---
putra dika guwa benjing | sang nata angandika ||
24. iya iku gusti anggawa mangkin |[506] êjin ingkang samya gêgangsingan | manawa na gawe gêdhe | enggal awèha wêruh | ing si paman jin iku gusti | kongkonên abasa gancang |[507] yayi patih iku | age mara undhangana | jin kang kaot patang puluh jaga kanthi | rewange anakira ||
25. kyana patih amilihi êjin | Selarasa apamit ing rama | aris nêmbah lan garwane | sampunira angunjung | mring sang nata tumulya mijil | sapraptanira jaba | Selarasa ngrasuk | busana baju makutha | kyana patih sampun angabahi tèji | katur dhatêng kang putra ||
26. sampun mangkat saking Pulo Rukmi | pan kairing êjin kawan dasa | langkung siji lan patihe | tan kawarna ing ênuh | sampun prapta Guwa Panitis | tumêdhak sing ngambara | kyana patih wau | Si Karun ambukak lawang | tutup guwa watu ingalapan agêlis |[508] wiyar ingkang guwa |[509]|
27. wus malêbêt wau Jayèngrêsmi | lan kang garwa katiga [ka...]
[Ilustrasi]
--- [f. 68r] ---
[...tiga] ni êmban | Patih Nurjaman lampahe | anèng jawi amangun | pakêmitan sela tumawing | lir gêdhong tiyang songa | êjin kang sapuluh | mangun gêdhogane kuda | sambarane munggyèng jroning guwa mijil | pisan pêrnahe kuda ||
28. wus palastha dadanane jawi | Selarasa amit ingkang garwa | arsa tinjo ing wangsane | miyos ing jawi sampun | Kyana Patih Nurjaman angling | kadya pundi ki putra | têka enggal mêtu | tan lami ing jroning guwa | Selarasa umatur dhatêng kya patih | mapan miwal kungêna ||
21. Pocung
1. mapan agung sêmang kawula yèn emut | ing putra sampeyan | paman tuduhêna gone |[510] yèn wus prapta paman paduka wangsula ||
2. patih muwus dawêg gusti sun ajurung | ing karsane anak | lan êjin iku sakabèh | lah karia dèn karêksa gustinira ||
[Ilustrasi]
--- [f. 68v] ---
3. sampun tutuk wawêling anulya mabur | sêsangat kewala | wus prapta dhatêng pêrnahe | têngah dalu praptane ing wismanira ||
4. nulya muwus kya patih inggih puniku | rupane kang desa | kang putra kalih prênahe | ingkang mujur dalême katingal |[511]|
5. Selarasa aris dènira amuwus | dawêk ta lah paman | paduka tilare kene | dika mantuk ing Pulo Rumi[512] dèn enggal ||
6. Kya Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu |[513] iya ta lah nyawa | pun paman amit sing kene | dipun èngêt sadaya ing lampahira ||
7. sampun mabur Patih Nurjaman ing wau | kantun Selarasa | angulati ing lawange | Selarasa kaksana[514] sira miyarsa ||
8. wong anangis èstri angiyêng angrungu | mangke kawuwusa | Rumsari ing panangise | pan sêdalu saking lara tangisira ||
9. sadhatênge pawongira kang tutur |[515] ingkang aran Jumêna |[516] kapêlayu sing desane | tutur lamun Ki Lubama kabêndana ||
10. ingkang dadi tangisira Ni Rumsantun | asêsambat bapa | kaningayane anake | ingkang gawe wiwitane manggih baya ||
11. aparimènira yayi ramaningsun | wus nêmahi lara | saking sira kawitane | atêrêna ingsun yayi ing si rama ||
12. Selasyara aturira manis arum | adhuh sanak ingwang | kakang êmbok kala wite | batên wagêd kula mirêng ing pun paman ||
13. sakêlangkung karaos durakaningsun | ing paman Lubama | dening larane dhirine | inggih saking kapondhokan ing kawula ||
14. malah dhatêng babêndunira Yyang Agung | sanak kula ilang | tan kantênan ing gêsange | inggih saking [sa...]
--- [f. 70r][517] ---
[...king] kula kèn ngulari toya ||
15. nulya ngrangkul Rumsari ing arinipun | asru akaruna | katiga lara tangise | Selagănda anangis kalara-lara ||
16. Biyang Sarpin Bapa Sarpin padha ngrungu | kagèd dènnya nendra | miyarsa ing tangis rame | gidro-gidro Ni Sarpin têngahe latar ||
17. apa iku têka nangis dalu-dalu | wêwatêke lêpas | bêngi adoh karungune | baya lali anak ingsun yèn umpêtan ||
18. apa ingkang ditangisi dalu-dalu | ramane wong tuwa | matia sêdhêng kukupe | balik sira katêmua dadi apa ||
19. ayu anom lanange jatmika bagus | sêdhêng tumaruna | tangèh têkèng pamutine | wus mênênga dèn angeman ing sarira ||
20. boke ana wong alasan kêpaung |[518] lamun angrungua | wong anangis rame-rame | nora wurung dèn takuni[519] tangisira ||
21. pasthi tutur anaa wong siji wêruh | yèn tibal-tinibalan [tibal-...]
[Ilustrasi]
--- [f. 70v] ---
[...tinibalan] |[520] warta siji dadi kalih | yèn katura linggihira dadi lapa ||
22. ya ta uwis padha mênênga nak ingsun | idhêpên si biyang | angur padha ngagèr-agèr | iku kêtan ing cêcêpon pususana ||
23. Ni Rumsari amiyarsa ing pitutur | pangekaning driya | bênêr si bibi ujare | tinutupan lathine sih arinira ||
24. uwis yayi aja nangis bok karungu | sirêp kang karuna | Selarasa têka dhèhèm | sarya muwus basane anjaluk lawang ||
25. Bibi Sarpin angrungu wong jaluk pintu | kudhine dèn pasang | gupuh dènnya cawêt mangke | Bibi Sarpin anulya gawa garanggang ||
26. Selarasa gupuh tyasira angrungu | ana jaluk lawang | langkung marase atine | ting karintêl anèng longan karuwêlan ||
27. gêbyak pintu Selarasa aris muwus | hèh kang duwe wisma | si paman sapa jênênge | jaluk lawang manira arsa têtanya ||
28. saya kukuh lawange dèn tindhihi lêsung |[521] lan galêbêk bubur |[522] dèn tindhihakên kipinge | Bibi Sarpin kukuh amasangi barang ||
29. panyanane ika kokonane ratu | wong sraya nêgara | ing buri gêgaman gêdhe | saya kukuh dèn tidhihi punang lawang ||
30. sinèbêtakên kanan kèrine pintu | wus pating palêsat | têtindhihe lawang kabèh | Selarasa wus manjing anèng i latar ||
31. sawar[523] muwus êndê[524] ta ên-gone wau | ika kang karuna | ing umah iki abane | saking sirêp tan ana kang kapiyarsa ||
32. Bapa Sarpin anusup ing longan lumbung | wau Ni Jumêna | têka munggah ing paranje | sêjanira umpêtan awor lan ayam ||
33. rame barung papêtokepun[525] sawung |[526] ingampok binalang |
--- [f. 71r] ---
ara suda saya rame | bubar pisan punang sawung rak-arakan ||
34. aris muwus Selarasa adhuh kaku | atiningsun kakang | Selasyara ngangêndi gone |[527] kakang êmbok kêlawan Ki Selagănda ||
35. sakatêlu amiyarsa wuwusipun | kang rayi mangkana | gupuh katiga lampahe | samya mêdal ing jawi mêngani lawang ||
36. Ni Rumsari masang damar gupuh-gupuh | mêtu bêkta damar | mêlajêngi ing wangsane | aningali murup mumcar[528] ing mustaka ||
37. gupuh wangsul kang raka katiga wau | Kyai Selasyara | angadêg ing latar bae | Selarasa anukêmi padanira ||
38. sarêng mêngkul Selasyara arinipun | rame akaruna | Bibi Sarpin pamuwuse | Bapa Sarpin mènèha gawaa damar ||
39. sauripun Ki Sarpin lah bêbathangmu | kang agawe gita | latar dèn borangi kabèh | ingsun kêna borang ora bisa obah ||
40. saking dalu dêlasan têka ing esuk | samya rêngrangkulan[529] | Selarasa lan wangsane | byar raina Selarasa wus katingal ||
41. yèn kang rayi ngangge makutha brang murub | èsmu kagawokan [kaga...]
[Ilustrasi]
--- [f. 71v] ---
[...wokan] | aningali ing wêrnane | byar raina Selarasa pituturan ||
42. polahipun anglêlana wus dèn tutur | mangkana kang raka | tutur Lubama lampahe | malah-malah desa Mundhu wus de rusak ||
43. karsanipun Selarasa nganti waktu | ecane petangan | Ki Lobama dèn rêbuti | nganti sangat ing dina brot angarang kasmaran |[530]|
1 | Nyonyah. (kembali) |
2 | Asmaradana. (kembali) |
3 | dintên (dan di tempat lain). (kembali) |
4 | Tanggal: Ngahad kawan likur (24) Sapar Alip: AJ 1731. Tanggal Masehi: Senin 4 Juni 1804. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
5 | sudibyèng. (kembali) |
6 | ngungkuli (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: susunan nêgri ing Cêmpa. (kembali) |
8 | palamarta (kembali) |
9 | Kurang dua suku kata: sadulur tiga sêdaya. (kembali) |
10 | bantoni. (kembali) |
11 | katong. (kembali) |
12 | tumbak (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | tumpang (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | towok. (kembali) |
15 | Biasanya guru lagu e(o): wuwuse. (kembali) |
16 | angujung (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | Transliterasi kata-kata seperti: pdhang, skar, mnêng, gdhe, hnêngêna, gdhah, pkathik, pjah, jumnêng dan lain-lain langsung ditambahkan ê (pêpêt) menjadi pêdhang, sêkar, mênêng dan seterusnya sesuai dengan konvensi Yayasan Sastra Lestari. (kembali) |
18 | ngadêg. (kembali) |
19 | sumungkêm (dan di tempat lain). (kembali) |
20 | ora (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata: lara datan sinapa. (kembali) |
22 | sayogyaning. (kembali) |
23 | rêmbag. (kembali) |
24 | saksana. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: atutura sawakcane. (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata: eyang paduka suwarga. (kembali) |
27 | Variasi: besuk (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | wêrda. (kembali) |
29 | dundumane (dan di tempat lain). (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: iyang paduka pêjah. (kembali) |
31 | dawêg (dan di tempat lain). (kembali) |
32 | Cêmpa (dan di tempat lain). (kembali) |
33 | Variasi: sinêdya (dan di tempat lain). (kembali) |
34 | kamudhinipun. (kembali) |
35 | jujug (dan di tempat lain). (kembali) |
36 | Variasi: ora (dan di tempat lain). (kembali) |
37 | wuntat (dan di tempat lain). (kembali) |
38 | Biasanya guru lagu i: mangkin. (kembali) |
39 | Lebih dua suku kata: samya kacaryan ningali. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: bêbanjaranira pandhita têtapa. (kembali) |
41 | angrasa ing. (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: Selasyara sêsambate mêlasarsa. (kembali) |
43 | Lebih satu suku kata: putra tuwan kawlasasih. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: wande enaking panêmu. (kembali) |
45 | kakang. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: bangwang bêmbêm lan kawèni. (kembali) |
47 | oyot. (kembali) |
48 | Sukma (dan di tempat lain). (kembali) |
49 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
50 | waspaos. (kembali) |
51 | kangsia. (kembali) |
52 | têkane. (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: Sèh Nursaid angandika. (kembali) |
55 | sinangsaya. (kembali) |
56 | tumungkula. (kembali) |
57 | anungkêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
58 | warêg. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: pan warêg tanpa pangan. (kembali) |
60 | dadi. (kembali) |
61 | kalifah. (kembali) |
62 | donya. (kembali) |
63 | jinunjunga (dan di tempat lain). (kembali) |
64 | rinangkul. (kembali) |
65 | têtămba (dan di tempat lain). (kembali) |
66 | warêg (dan di tempat lain). (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: warêg datan mangan iku. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: pantês yayi olih rahmating Yang Sukma. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: anèng ngandhap wrêksa agêng puniki. (kembali) |
70 | kêpapag (dan di tempat lain). (kembali) |
71 | Selarasa. (kembali) |
72 | mêlayu. (kembali) |
73 | nunggang. (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata: wong mêlayu nunggang sêlup. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: wontên malih katingal. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: kesahing wong Tulang Bawang. (kembali) |
77 | bêbajag. (kembali) |
78 | binjing (dan di tempat lain). (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: tidhak muwat sing pêrau kita sunggu. (kembali) |
80 | paminggir. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: kawlasasih nama ta rare puniku. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: usiking dadi sêmbah. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: kewran kang rama amuwus. (kembali) |
84 | anak ingsun. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: iya gusti lah mênênga anak ingsun. (kembali) |
86 | pinggir. (kembali) |
87 | Lebih satu suku kata: Ki Lubama nurut pinggir pasisir. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: tan wontên kang sinêdya. (kembali) |
89 | sulastri (dan di tempat lain). (kembali) |
90 | nêgara. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: rare panas nèng nêgara akèh nundhung. (kembali) |
92 | sakapti. (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: gawaa kêlasa aglis. (kembali) |
94 | udani. (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata: amarani dhatêng rama aririh. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: aningali satriya nom apêkik. (kembali) |
97 | sinambêran. (kembali) |
98 | rewangane. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: kiyai duwe pulunan. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: ora kurang ingkang ngladèni. (kembali) |
101 | wus (dan di tempat lain). (kembali) |
102 | Kurang satu suku kata: uwus watêking saban. (kembali) |
103 | kapurnaman. (kembali) |
104 | mula. (kembali) |
105 | ajak. (kembali) |
106 | nuntên (dan di tempat lain). (kembali) |
107 | anggosthi. (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: wus malêbêt wisma Ni Rumsari. (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata: yudha anglamong arane. (kembali) |
110 | jintên. (kembali) |
111 | gêndhis. (kembali) |
112 | kumkuman. (kembali) |
113 | kasturi (dan di tempat lain). (kembali) |
114 | rewangnya. (kembali) |
115 | sore. (kembali) |
116 | sanakira. (kembali) |
117 | diwêg (dan di tempat lain). (kembali) |
118 | sêbdane (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata: wus wayahe sapraja. (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata: tansah pinupuju. (kembali) |
121 | Lebih satu suku: Kya Patih Indrabumi. (kembali) |
122 | amăncawarni. (kembali) |
123 | bacin. (kembali) |
124 | kadugi. (kembali) |
125 | Kurang dua suku kata: sang rêkyana apatih. (kembali) |
126 | Drakisma. (kembali) |
127 | kapering (dan di tempat lain). (kembali) |
128 | sakarêpmu. (kembali) |
129 | măncawarni. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: isining măncawarni. (kembali) |
131 | Kurang satu suku kata: rupa tai ana kang rupa bêbathang. (kembali) |
132 | măncawarni. (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata: kang wontên kang musuhi. (kembali) |
134 | prandenipun. (kembali) |
135 | ngunus. (kembali) |
136 | Kurang satu suku kata: sigra ngunus curiga sri naranata. (kembali) |
137 | pribadi. (kembali) |
138 | tontonên (dan di tempat lain). (kembali) |
139 | sumsum (dan di tempat lain). (kembali) |
140 | Lebih satu suku kata: sinèbêt lambunge kèri. (kembali) |
141 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
142 | Kurang satu suku kata: dhumatêng kyana patih. (kembali) |
143 | konjêm. (kembali) |
144 | kumpul. (kembali) |
145 | timbalan (dan di tempat lain). (kembali) |
146 | Kurang satu suku kata: pun rama andhawuhêna. (kembali) |
147 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
148 | têmbe (dan di tempat lain). (kembali) |
149 | Kurang satu suku kata: wontên winuwusa malih. (kembali) |
150 | patinggi. (kembali) |
151 | sanunggal (dan di tempat lain). (kembali) |
152 | Kurang dua suku kata: sakêlangkung bungahira. (kembali) |
153 | Kurang satu suku kata: prajaka karèh ing ratu. (kembali) |
154 | marase. (kembali) |
155 | bobohane. (kembali) |
156 | kantuna. (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata: kiyai dika kantuna. (kembali) |
158 | mênawi. (kembali) |
159 | Kurang satu suku kata: mênawi tan kêlar besuk. (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata: anglampahi lara lapa. (kembali) |
161 | Biasanya guru lagu e(o). (kembali) |
162 | bisuk (dan di tempat lain). (kembali) |
163 | Selarasa. (kembali) |
164 | Kurang satu suku kata: Selarasa wêcana. (kembali) |
165 | kanggêg. (kembali) |
166 | ênggènira (kembali) |
167 | Biasanya guru lagu i: tapih. (kembali) |
168 | Kurang satu suku kata: abêngkung sarya amuwus. (kembali) |
169 | Lebih satu suku kata: wong papat barêng anglonjor. (kembali) |
170 | karandhan. (kembali) |
171 | Kurang satu suku kata: pan wus idhêp padha ingsun yèn ta ayun. (kembali) |
172 | Selarasa. (kembali) |
173 | Kurang dua suku kata: Selarasa angambêng ing wuwusipun. (kembali) |
174 | polahe. (kembali) |
175 | tugur. (kembali) |
176 | Kurang satu suku kata: yèn mêksaa dipun sêrang botên wurung. (kembali) |
177 | tumumpang. (kembali) |
178 | mundhuk-mundhuke. (kembali) |
179 | Kurang satu suku kata: mudhuk-mudhuke mariki. (kembali) |
180 | Lebih satu suku kata: Rumsari mara anglojok. (kembali) |
181 | praptèng (dan di tempat lain).. (kembali) |
182 | gancang. (kembali) |
183 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
184 | kagawokan. (kembali) |
185 | Kurang satu suku kata: kagawokan sakèhing kang awon turu. (kembali) |
186 | Kurang satu suku kata: Selarasa aningali. (kembali) |
187 | Variasi: goco (dan di tempat lain). (kembali) |
188 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
189 | Kurang dua suku kata: ya aja padha balubuh. (kembali) |
190 | oyog-oyog. (kembali) |
191 | ngorok (dan di tempat lain). (kembali) |
192 | benjing. (kembali) |
193 | Kurang satu suku kata: Selarasa anauri. (kembali) |
194 | Variasi: agêtun (dan di tempat lain). (kembali) |
195 | sintên. (kembali) |
196 | kancanipun. (kembali) |
197 | Lebih satu suku kata: lunga sun kapatèn istri. (kembali) |
198 | gêndhing. (kembali) |
199 | Kurang satu suku kata: aja wêdi salin gêndhing. (kembali) |
200 | Kurang satu suku kata: ingkang wau lolos. (kembali) |
201 | baèkakên. (kembali) |
202 | kampita. (kembali) |
203 | Kurang satu suku kata: kang kampita mangko. (kembali) |
204 | raka. (kembali) |
205 | Kurang satu suku kata: mangidula kakang dèn alalis. (kembali) |
206 | kangêmbok. (kembali) |
207 | Kurang dua suku kata: sampun dening ingkang wong kêkalih. (kembali) |
208 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
209 | Kurang satu suku kata: yayi apa mangke kang kinardi. (kembali) |
210 | acawis. (kembali) |
211 | papênthung. (kembali) |
212 | gitik. (kembali) |
213 | Biasanya guru lagu e: wuwuse. (kembali) |
214 | Lebih empat suku kata: kang sawênèh karêbut tumbake. (kembali) |
215 | Kurang satu suku kata: tan katingal ênggone wus têbih. (kembali) |
216 | Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i: cangkelak abalik. (kembali) |
217 | tinumbak (dan di tempat lain). (kembali) |
218 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
219 | Biasanya guru lagu e: ênggène. (kembali) |
220 | botên. (kembali) |
221 | Biasanya guru lagu i: nanggi. (kembali) |
222 | Biasanya guru lagu o: yayi padha aso. (kembali) |
223 | Kurang dua suku kata: pêgêl têmên ingsun iki yayi. (kembali) |
224 | Lebih satu suku kata: gêgêr wukir kang dipun idêri. (kembali) |
225 | Kurang satu suku kata: kang raka andulu. (kembali) |
226 | nyananingsun. (kembali) |
227 | Kurang satu suku kata: nyananingsun wus mati karone. (kembali) |
228 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
229 | Biasanya guru lagu o: wong sêkawan aso. (kembali) |
230 | agolong. (kembali) |
231 | Kurang dua gatra: ke-5 (6i) dan ke-6 (6u). (kembali) |
232 | Kurang satu gatra: ke-1 (10i). (kembali) |
233 | mangulon. (kembali) |
234 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
235 | Kurang satu suku kata: ing tyas kadi sadulur sayakti. (kembali) |
236 | lèmèk. (kembali) |
237 | Kurang satu suku kata: pan kinarya lêlèmèk asare. (kembali) |
238 | Kurang satu suku kata: nulya aglis angêmpar tumuli. (kembali) |
239 | pêmbayune (dan di tempat lain). (kembali) |
240 | Lebih satu suku kata: sêsinome lir kasilir angin. (kembali) |
241 | Kurang satu suku kata: gêlung lukar kakêmbêne ngisis. (kembali) |
242 | Kurang satu suku kata: pambayune lir pendah gêgadhing. (kembali) |
243 | Lebih satu suku kata: puwara cuwa gène asare. (kembali) |
244 | Lebih satu suku kata: arêp ingsun ora kang nutupi. (kembali) |
245 | Kurang satu suku kata: manawa na jalmi. (kembali) |
246 | Lebih satu suku kata: ing sablah yèn tinon. (kembali) |
247 | anjuput. (kembali) |
248 | ngulisik. (kembali) |
249 | anyandhak (dan di tempat lain). (kembali) |
250 | kakêmbêne. (kembali) |
251 | ibêlis. (kembali) |
252 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
253 | Lebih satu suku kata: dèn lêrêskên wau kêmul maning. (kembali) |
254 | Lebih satu suku kata: Ni Rumsari anglilir gulinge. (kembali) |
255 | Kurang satu suku kata: tumulya pinaranan. (kembali) |
256 | murinding. (kembali) |
257 | Selarasa (dan di tempat lain). (kembali) |
258 | Kurang satu suku kata: Selarasa kèmêngan ing ati. (kembali) |
259 | obah (dan di tempat lain). (kembali) |
260 | Lebih satu suku kata: angsal tigang jaman mangkèh. (kembali) |
261 | Lebih satu suku kata: manahe anglangun. (kembali) |
262 | Lebih satu suku kata: marminipun anglangut. (kembali) |
263 | Lebih satu suku kata: inggih saking kawlasasih kirang budi. (kembali) |
264 | Kurang satu suku kata: putu sêsanakira. (kembali) |
265 | gosong. (kembali) |
266 | binisikan. (kembali) |
267 | Kurang satu suku kata: adan binibisikan. (kembali) |
268 | Kurang satu suku kata: yèn tan ana marmaning Yyang. (kembali) |
269 | Kurang dua suku kata: ing sapatêmoning iku. (kembali) |
270 | Kurang satu suku kata: ewuhing aran puniki. (kembali) |
271 | Lebih dua suku kata: liwung tanpa wiwitane. (kembali) |
272 | ngantos. (kembali) |
273 | angrangkul (dan di tempat lain). (kembali) |
274 | mulat. (kembali) |
275 | pèrèng. (kembali) |
276 | Lebih satu suku kata: sêkare aglar ing lêmah. (kembali) |
277 | rêsik. (kembali) |
278 | Kurang satu suku kata: apan ing kene iya. (kembali) |
279 | timbulan. (kembali) |
280 | sarowange. (kembali) |
281 | Kurang dua suku kata: aningali êjin lagya. (kembali) |
282 | undangên. (kembali) |
283 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
284 | simpar. (kembali) |
285 | angsalira. (kembali) |
286 | sajroning. (kembali) |
287 | kirigakên. (kembali) |
288 | binanting. (kembali) |
289 | Nurjaman. (kembali) |
290 | Kurang satu suku kata: Patih Nurjaman angucap. (kembali) |
291 | payo. (kembali) |
292 | anjunjung (dan di tempat lain). (kembali) |
293 | tinimbisêna. (kembali) |
294 | tumuli. (kembali) |
295 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: mring Selarasa tumuli. (kembali) |
296 | binandhêmakên (dan di tempat lain). (kembali) |
297 | cêcambuki. (kembali) |
298 | ingangkat. (kembali) |
299 | wrating. (kembali) |
300 | gêntèni. (kembali) |
301 | wanti-wanti. (kembali) |
302 | Kurang satu suku kata: lan kang duwe anak sira iku sapa. (kembali) |
303 | Lebih satu suku kata: ya ingsun pamanira. (kembali) |
304 | iku. (kembali) |
305 | têtinggale. (kembali) |
306 | Lebih satu suku kata: ambaning pulo lêlampah pitung dina. (kembali) |
307 | wolung. (kembali) |
308 | Lebih satu suku kata: Selarasa wotsari. (kembali) |
309 | pa. (kembali) |
310 | Variasi: punggawa (dan di tempat lain). (kembali) |
311 | angungsèkkên. (kembali) |
312 | anglosot. (kembali) |
313 | ênggènirèki (dan di tempat lain). (kembali) |
314 | pangumpêtan. (kembali) |
315 | Sarpin. (kembali) |
316 | ênggon (dan di tempat lain). (kembali) |
317 | walgita. (kembali) |
318 | konên. (kembali) |
319 | Kurang empat suku kata: . (kembali) |
320 | pintên (dan di tempat lain). (kembali) |
321 | Kurang satu suku kata: dening rama dika kiyai patih. (kembali) |
322 | Kurang satu suku kata: kyai kadhatêngan iku. (kembali) |
323 | Lebih satu suku kata: yaiku adhinira. (kembali) |
324 | ingkang. (kembali) |
325 | rosanira (dan di tempat lain). (kembali) |
326 | Lebih satu suku kata: sêdaya anèng sira. (kembali) |
327 | Kurang satu suku kata: anak ingsun kiyai. (kembali) |
328 | dening. (kembali) |
329 | Lebih satu suku kata: kulambi saking swarga. (kembali) |
330 | têtopong. (kembali) |
331 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
332 | Lebih satu suku kata: kang winuwuku êmas. (kembali) |
333 | rinasuk. (kembali) |
334 | Lebih satu suku kata: wus katingal êjin kathah cinêkêlan. (kembali) |
335 | binanda. (kembali) |
336 | lan. (kembali) |
337 | amidêr. (kembali) |
338 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
339 | datan. (kembali) |
340 | Kurang satu suku kata: dèn gugu ing panalare. (kembali) |
341 | wajib. (kembali) |
342 | ingsun. (kembali) |
343 | akon. (kembali) |
344 | sadèrènge. (kembali) |
345 | Kurang satu suku kata: sadèrènge anuhun ing sih. (kembali) |
346 | Allah. (kembali) |
347 | Kurang satu suku kata: amêng-amêngana bae. (kembali) |
348 | Lebih satu suku kata: sakarêp manirèku. (kembali) |
349 | Lebih satu suku kata: apa ta lah duk nèng nêgari. (kembali) |
350 | Variasi: Sêmbrani (dan di tempat lain). (kembali) |
351 | Lebih satu suku kata: saking Ngajêrak angsaling nguni. (kembali) |
352 | parotholi. (kembali) |
353 | pamanirèki. (kembali) |
354 | Lebih satu suku kata: Selarasa tur sêmbah. (kembali) |
355 | cinêkêl. (kembali) |
356 | Biasanya guru lagu e(o): wuwuse. (kembali) |
357 | Lebih dua suku kata: kang ginangsing enggal lampahira. (kembali) |
358 | praptaning. (kembali) |
359 | lare. (kembali) |
360 | Lebih satu suku kata: kyana patih muwus sarya nglirik. (kembali) |
361 | Kurang satu suku kata: dening soroting sêsotya adi lêwih. (kembali) |
362 | wuntat. (kembali) |
363 | anirig. (kembali) |
364 | Kurang satu suku kata: Selarasa ngandika aris. (kembali) |
365 | Biasanya guru lagu e(o): kulite. (kembali) |
366 | Kurang satu suku kata: angêlayang midêr tumuli. (kembali) |
367 | Lebih satu suku kata: datan kandhêk kawula nèng ngriki. (kembali) |
368 | Kurang satu suku kata : Selarasa ature amanis. (kembali) |
369 | matur. (kembali) |
370 | patinipun. (kembali) |
371 | aris. (kembali) |
372 | jêmbar. (kembali) |
373 | prayatna. (kembali) |
374 | Lebih satu suku kata: patih lan Selarasa. (kembali) |
375 | sukan-sukan. (kembali) |
376 | kaping. (kembali) |
377 | wangênirèki. (kembali) |
378 | latar. (kembali) |
379 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
380 | agodhèg. (kembali) |
381 | abêboyong. (kembali) |
382 | Kurang satu suku kata: uwis ta lah amundura age. (kembali) |
383 | Kurang satu suku kata: lah tangia sira lanat kapir. (kembali) |
384 | polahira. (kembali) |
385 | Lebih satu suku kata: sira iki têka salah kèksi. (kembali) |
386 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
387 | Kurang satu suku kata: dadi tanpa kayun. (kembali) |
388 | Pangrênyuh (dan di tempat lain). (kembali) |
389 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
390 | Lebih satu suku kata: kêna bêncana ing lagehane. (kembali) |
391 | gumolong (dan di tempat lain). (kembali) |
392 | Lebih satu suku kata: dahat tan wruh wadi. (kembali) |
393 | ingoyog (dan di tempat lain). (kembali) |
394 | Lebih satu suku kata: miring ngulisik tan arsa tangi. (kembali) |
395 | Biasanya guru lagu i: tapih. (kembali) |
396 | Biasanya guru lagu e: wuwuse. (kembali) |
397 | dhêndhanên. (kembali) |
398 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
399 | kagyat. (kembali) |
400 | Kurang satu suku kata: lah dening abagus. (kembali) |
401 | sinjange. (kembali) |
402 | Nama "pamiyos" ini sama dengan "mijil", maka dianggap lanjutan dari Pupuh Mijil di sebelumnya dan bukan pupuh baru atau sejenis pupuh berbeda dengan pupuh Mijil. Walaupun demikian, mulai bait 37 sampai 64 berikut, guru wilangan dan guru lagu tidak konsisten, dan tidak sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali) |
403 | runtik. (kembali) |
404 | Lebih satu gatra. (kembali) |
405 | runtike. (kembali) |
406 | angênting. (kembali) |
407 | polah (dan di tempat lain). (kembali) |
408 | êmban. (kembali) |
409 | iku. (kembali) |
410 | Kurang satu suku kata: yèn iku manusya saktya. (kembali) |
411 | Biasanya guru lagu a: maringwang. (kembali) |
412 | rabiningwang. (kembali) |
413 | Biasanya guru lagu e: tyase. (kembali) |
414 | ganggam. (kembali) |
415 | Kurang satu suku kata: langkung sihe èstri jalu. (kembali) |
416 | Kurang satu suku kata: mara sun tuduhêna. (kembali) |
417 | angucap. (kembali) |
418 | Kurang satu suku kata: angucap jroning driyane. (kembali) |
419 | Kurang satu suku kata: sarya ngaras wanti-wanti. (kembali) |
420 | mulat. (kembali) |
421 | munggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
422 | sarêsmi (dan di tempat lain). (kembali) |
423 | Kurang satu suku kata: têkane luwih têmên ingkang manusya. (kembali) |
424 | Lebih satu suku kata: mêngko tinêkan aglis. (kembali) |
425 | antara. (kembali) |
426 | kucing. (kembali) |
427 | tut. (kembali) |
428 | Lebih dua suku kata: dhuh têka dhêmên tumingal. (kembali) |
429 | Lebih satu suku kata: kang rema ingêlus tinap. (kembali) |
430 | sêsinom. (kembali) |
431 | mêdya. (kembali) |
432 | Lebih satu suku kata: nanging sang dyah bêbisik. (kembali) |
433 | Kurang satu suku kata: tuduhêna ingsun gusti. (kembali) |
434 | Kurang satu suku kata: yèn ora anuduhêna. (kembali) |
435 | Lebih satu suku kata: Sang Rêtna Pangrênyuh ngucap. (kembali) |
436 | ingungkaban. (kembali) |
437 | rante. (kembali) |
438 | sotyane (dan di tempat lain). (kembali) |
439 | ingsun. (kembali) |
440 | gancang. (kembali) |
441 | nata. (kembali) |
442 | Kurang satu suku kata: ing sang nata pinupuh asmaradona. (kembali) |
443 | cinancangan. (kembali) |
444 | ikêt. (kembali) |
445 | olèhe. (kembali) |
446 | Kurang satu suku kata: sumaur Selarasane. (kembali) |
447 | Kurang satu suku kata: wus takdir ta sira iku. (kembali) |
448 | Lebih satu suku kata: tan bisa usik ragane. (kembali) |
449 | iki. (kembali) |
450 | Kurang satu suku kata: iki parmaning Yang Agung. (kembali) |
451 | kisma. (kembali) |
452 | tinindhihan. (kembali) |
453 | sinalinan. (kembali) |
454 | Kurang satu suku kata: nulya sinalinan pupuh. (kembali) |
455 | anêmbang. (kembali) |
456 | Kurang satu suku kata: gustiku ariningwang. (kembali) |
457 | dandana (dan di tempat lain). (kembali) |
458 | Kurang satu suku kata: lah dandana dèn agêlis. (kembali) |
459 | nyênyinggahêna (dan di tempat lain). (kembali) |
460 | sapandêlêng (dan di tempat lain). (kembali) |
461 | sênêne. (kembali) |
462 | Kurang satu suku kata: sênêne pun raka aji. (kembali) |
463 | Lebih satu suku kata: angling Raja Kuwari yayi mênawa. (kembali) |
464 | anom. (kembali) |
465 | asta. (kembali) |
466 | nungkula. (kembali) |
467 | Lebih satu suku kata: nêdha mêlayu aglis. (kembali) |
468 | Semestinya halaman f. 61r dan berikutnya f. 61v. Penomoran melompat satu folio. (kembali) |
469 | bung-ambungan. (kembali) |
470 | anangkis. (kembali) |
471 | wingwrin. (kembali) |
472 | Kurang satu suku kata: iya mêngko êtohana suraningwang. (kembali) |
473 | ngagêm. (kembali) |
474 | gêndhewa. (kembali) |
475 | camêthi. (kembali) |
476 | Kurang satu suku kata: wani andhêdhingini. (kembali) |
477 | andhêdhingini. (kembali) |
478 | sigra. (kembali) |
479 | êjin. (kembali) |
480 | ngikal-ikal. (kembali) |
481 | abêdhah. (kembali) |
482 | katindhihan (dan di tempat lain). (kembali) |
483 | winanti-wanti. (kembali) |
484 | Lebih satu suku kata: mawur sakathahing jin. (kembali) |
485 | kumambang. (kembali) |
486 | ênu (dan di tempat lain). (kembali) |
487 | angandhanu. (kembali) |
488 | Lebih satu suku kata: angluwari pênagihe. (kembali) |
489 | Kurang satu suku kata: sakyèh uwong pêpêk anangkil. (kembali) |
490 | ngrêbab. (kembali) |
491 | anênimpahi. (kembali) |
492 | jalma. (kembali) |
493 | ratu. (kembali) |
494 | aran. (kembali) |
495 | sinohan (dan di tempat lain). (kembali) |
496 | sumusul. (kembali) |
497 | ngandhap. (kembali) |
498 | Kurang satu suku kata: pan sigêgên datan kawarni. (kembali) |
499 | Kurang satu suku kata: atêtêmu lan sira gusti. (kembali) |
500 | Kurang satu suku kata: pan nagaraningsun. (kembali) |
501 | lunga. (kembali) |
502 | Kurang satu suku kata: sira lunga ngambil apa. (kembali) |
503 | mêrange. (kembali) |
504 | kakang. (kembali) |
505 | Kurang satu suku kata: tiru eyang mêngkono rama suwargi. (kembali) |
506 | Lebih satu suku kata: iya iku gusti gawa mangkin. (kembali) |
507 | Lebih satu suku kata: kongkonên basa gancang. (kembali) |
508 | Lebih satu suku kata: tutup guwa watu ingalapan aglis. (kembali) |
509 | Kurang satu suku kata: awiyar ingkang guwa. (kembali) |
510 | Biasanya guru lagu i, tetapi untuk gatra ke-3 dalam Pupuh Pocung ini, guru lagu e hampir selalu (42 dari 43 bait) digunakan. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali) |
511 | Kurang dua suku kata: ingkang mujur ika dalême katingal. (kembali) |
512 | Rukmi. (kembali) |
513 | Kurang satu suku kata: Kyana Patih Nurjaman ngrangkul kang sunu. (kembali) |
514 | saksana. (kembali) |
515 | Kurang satu suku kata: sadhatênge pawongira kang tinutur. (kembali) |
516 | Lebih satu suku kata: kang aran Jumêna. (kembali) |
517 | Semestinya halaman f. 69r dan berikutnya f. 69v. Penomoran melompat satu folio. Karena sebelumnya sudah pernah melompat satu folio semestinya angka urut adalah f. 68r dan berikutnya f. 68v. (kembali) |
518 | Kurang satu suku kata: boke ana uwong alasan kêpaung. (kembali) |
519 | takoni. (kembali) |
520 | Lebih satu suku kata: yèn tibal-tinibal. (kembali) |
521 | Lebih satu suku kata: saya kukuh lawange dèn tindhih lêsung. (kembali) |
522 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
523 | sarwa. (kembali) |
524 | êndi. (kembali) |
525 | papêtokipun. (kembali) |
526 | Kurang satu suku kata: rame barung papêtokipun pun sawung. (kembali) |
527 | Lebih satu suku kata: Selasyara ngêndi gone. (kembali) |
528 | muncar. (kembali) |
529 | rêrangkulan. (kembali) |
530 | Lebih dua suku kata: nganti sangat ing dina ngarang kasmaran. (kembali) |