Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 27-03-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Damarwulan[1]

--- [f. 1r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 1 dari 94

[Asmaradana]

1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...]pa |[2] aksara bangêt mêmaru | tandukipun tanpa cara ||[3]

2. surupe pratanggapati | sang hyang latri kapagutan | gambura ima-imane | ganti tugang[4] ing acala | gambura marang mega | têgêse ikang gandhanu | yèn uwang marang [...] ||[5]

--- [f. 1v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 2 dari 94

1. Asmaradana

1. natkala wiwit tinulis | enjang dintêne Jumaat | pi[6] sanga iku tanggale | ing sasi Urabiawal | Manis rangkêping dina |[7] antuking wong sêsinau | atêmbang asmarandana ||

2. sagung ingkang maos tulis | dèn agung sapuntên dika | aksara kirang tanduke | aksara mêmadha rupa | yèn kirang wuwuhana | dèn êlonga lamon langkung | kumawi paksa bumisa ||

3. kapaksa dikon nênulis | anut parentahing tuwang | kinèn nyaritakên[8] mangko | kandhah ing duk tata buda | alaming tanah Jawa | karucil ing jêjêripun | kadya yangyang munggèng sêrat ||

4. sang nata agung ginupit | jênêng [...][9]

--- [f. 2r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 3 dari 94

wija | ing Majapait kithane | ingkang kinarya wiwitan | Sang Na Brawijaya |[10] kala jênêngipun ratu | Brawijaya tanpa sama ||

5. suyud sakèhing nagari | ing Jawa lan tanah sabrang | atur upêti sang katong | kawarnaa sampun lama | jênêngira sang nata | kagêntenan putranipun | jangkêpe têdhak pi tiga ||

6. Brawijaya kang karihin | tan adarbe putra lanang | amung sajuga putrane | kaloka kajana priya | anênggih wastanira | Kusuma Kancanawungu | umur kawan wêlas warsa ||

7. tinari krama sang putri | kasaru kang rama seda | anênggih atmaja wadon | nênggih gêntèni kang rama | jumênêng Wilatikta | sadaya kaprabonipun | kagêntenan [kagênte...]

--- [f. 2v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 4 dari 94

[...nan] ingkang putra ||

8. jangkaning wong Majapait | ingkang alul amicara | besuk ana ratu wadon | luwih arjaning nagara | ing jagad tanpa sama | sami pêpadhaning ratu | Prabu Èstri tanpa sama ||

9. kala jênênge narpati | Prabu Èstri Majalêngka | para buyut adèn-adèn | ajar wêwasih[11] jêjanggan | malandang lan bujangga | para juru para sêpuh | atur bakti kumawula ||

10. sajênênge sri bopati | nyakrawati baudhêngdha[12] | lir banyu mili danane | asri arjaning nagara | sajagad tanpa sama | wadyabala samya rêmpug | tuhu adil palamarta ||

11. ikang kinarya pêpatih | dènira Sang Prabu Kênya | nênggih Ki Patih Logêndèr | agung dipun bapa-bapa | dènira sri nalendra | datan pêgat dipun tangtun[13] | yèn sang putri darbe karsa ||

12. kasusra yèn ratu luwih | Prabu Èstri Majalêngka | agung wadyabala kabèh | parentah lir guladrawa | suka sugih wong desa | tulus kang sarya tinandur | murah kang sarya tinumbas ||

13. kalangkung singit narpati | kala miyos sinewaka | anèng jroning kobong mangko | munggèng ing kathil kancana | amawi galedhegan | sinèrèd pêdhêkan agung | lêlangse kumitir jiga[14] ||

14. sakèhe wong Majapait | para mantri lan ponggawa | tan wikan marang [ma...]

--- [f. 3r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 5 dari 94

[...rang] sang katong | amung syarane kapirsa | yèn kala angandika | agêtas rênyah tur arum | kadi ngalapana jiwa ||

15. sang nata miyos tinangkil | dawêg miyos sinewaka | ingayap pêdhêkan akèh | ing kèri kalawan kanan | andhèr punggawa seba | ki patih munggèh[15] ing ngayun | pêpêkan para santana ||

16. kang anèng ngarsa narpati | rare bule rare bajang | tanapi wong kêkêbirèn | wong saliwah rare kêmbar | ra andhap kesodan |[16] rare bucu rare wungkuk | rare dhèmpèt kawan pasang ||

17. kêkacu mas sawunggaling | kidang lan ardawalika | waos mamas binang andhèr | sinulam lawan kancana | jinggring ponthang atarap | bokor kancana pinanggul | kalawan kêndhi pratul |[17]|

18. adangu dènnya tinangkil | kasênên ing raditya |[18] dinulu pating pancorong | Prabu Kênya ngandika |[19] sagunging wadyabala | prasamya kojêm[20] tumungkul | langkung ajrih ing sang nata ||

19. ingandikan maring ngarsi | wau ta rêkyana patya | ingandikan Ki Logêndèr | sarawuhe ing ngajêngan | ingawe marang ngarsa | angandika sang aprabu | lah inya padha mundura ||

--- [f. 3v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 6 dari 94

[Ilustrasi]

2. Durma

1. bapa patih manira kadya punapa | rèh isun[21] ratu èstri | agêntèni rama | tulus jênêng manira | umatur rêkyana patih | anuhun duka | pukulun panduka ji ||

2. jangkanipun ingkang tapa kina-kina | ajar lawan wêwasih | miwah kang bujangga | buyut lan para menak | anadene kang wus luwih | sami ajangka | tulus panduka aji ||

3. angandika wau Sang Prabu Wanodya | nagara Majapait | gêmah êndi bapa | mangke lan jaman kina | lan wong cili[22] akèh êndi | kalihan kina | matur rêkyana pati[23] ||

4. gêmah mangkin pukulun lawan ing kuna | tanapi wadya alit | kalane punika | ing satingal kawula | asuka sugih wong cili | Sang Prabu Kênya |

--- [f. 4r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 7 dari 94

[Ilustrasi]

mèsêm sajroning ati ||

5. kèn apatih umatur raja juwita | pukulun panduka ji | kawula tamian | wontên têngah samudra | baita kapal kêkalih | ingkang potusan | Ratu Wandhan lan Anggris ||

6. sêjanipun pukulun arsa anglamar | angêbun-êbun enjing | dhatêng sri nalendra | angaturi barana | kathahe salawe kêthi | muga katura | pukulun pandukaji ||

7. angandika wau Sang Prabu Wanodya | ingsun tan arsa krami | ngêndi ana bapa | èstri lumuh ing priya | benjang manira akrami | yèn angsal tingal | ikang panuju ngati ||

8. milanipun ingsun tan arsa akrama | yèn ingsun aningali | mantri Majalêngka | ingkang kaya kombala | kang sami agêng ainggil | kang simbar dhadha |

--- [f. 4v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 8 dari 94

lir dulu padha istri ||

9. balèkêna utusane Ratu Wandha[24] | kalawan Ratu Anggris | karo balèkêna | ingsun tan arsa krama | sumangkeyan ratu sugih | ngaturi brana | ingsun pugih[25] pribadi ||

10. bapa patih alah sira dèn prayatna | manawi angalani | batur jagabela | lawan wong kajinêman | baturku wong Durapati | lah undhangana | kabèh dipun agêlis ||

11. timbalana ingkang atunggu tampingan | sakèh mancanêgari | Si Adipati Daha |[26] acaosa gêgaman | patrolana têpis wiring | raksa tampingan | padha dingati-ati ||

12. sigra bubar Prabu Wanodya sineba | malêbêt dalêm puri | kadi Brawijaya | dipun iring biyada | mung sirika ratu èstri | datan kawarna | ikang malêbu puri ||

13. aluwaran sagunging mantri aseba | ki patih mundur mulih | ingiring putranya | Rahadèn Layangsetra | kalawan Layangkumitir | Ni Anjêsmara | putrane kang wuragil ||

14. sakalangkung ayune Ni Anjêsmara | wasis saliring kardi | wignya mêmarada | nongkèt anênun renda | nênun alus ngantih alit | tanpa dongdoman | lamun damêl kulambi ||

3. Puh Santana Gêrogol[27]

--- [f. 5r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 9 dari 94

[Ilustrasi]

1. Ki Buyut i[28] Paluamba | ingkang pinurwa ing kawi | kalangkung mukti wibawa | keringan mancanêgari | wasis sangliring kadi | ambêking manah rahayu | darbe putra sanunggal | pawèstri sampun alaki | pan kagarwa marang Ki Patih Udara ||

2. anênggih Patih Udara | pêpatih ing Majapait | sapatine Brawijaya | merang manahe ki patih | mila tilar nagari | purwa duk sang nata iku | pakartine adagang | kalangkung [kalang...]

--- [f. 5v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 10 dari 94

[...kung] amati ragi | kambil mantu dening Buyut Paluamba ||

3. duk nyidham-nyidham kaworan | ki patih kesah pratapi | ing guwa Sigala-gala | jalma mara jalma mati | kalangkung mati ragi | mila tapane ginêntur | panêdhane ing dewa | lamun atmajane lair | amêngkua nagara ing Majalêngka ||

4. pan kacatur roro sanak | Ki Patih Udara sigih[29] | Patih Udara kang tuwa | anênggih wau kang rayi | maksih dadi pêpatih | Patih Logêndèr ranipun | apan têdhak-tumêdhak | anguyuni Majapait | prênah buyut maring Patih Gajahmada ||

5. wêwêkase kyana patyah[30] | karihin dhatêng kang rayi | yèn atmajanira lanang | aranana Damarsasi | lamun miyos pawèstri | sakarsanira jêjuluk | dupi têkèng antara | lair ikang jabang bayi | miyos lanang ingaranan Damarwulan ||

6. kacatur sampun diwasa | baguse tan ana tandhing | tansah tinari akrama | ing ibu kalihan kaki | nanging Ki Damarsasi | langgananira kalangkung | jêjêplak lan lêlangak | angunggahi dipun tampik | kawarnaa Kai[31] Êmas Damarwulan ||

7. ya ta wau takon bapa | pitung dina pitung bêngi | amonthah atakon bapa | mojar nyai pramèsyari | katuwone wak mami | rara gêdhang tanpa kakung | apêputra ing sira | rara gêdhang tanpa laki | ananira saking karsaning bathara ||

8. alon ature kang putra | adhuh [a...]

--- [f. 6r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 11 dari 94

[...dhuh] ibu atur mami | sanadyan silih pisanga | sayakti adarbe laki | lakine pisang ugih[32] | inggih ibu kang anandur | yèn karsaning bathara | sintên dewane nuruni | pramèsyari kèmêngan tanpa karana ||

9. sêsambate amlasarsa | wuwuse awor lan tangis | kaniaya kang têtilar | ora bisa ingsun kari | dewa gawanên mami | tan bisa amongmong sunu | baya nora nupêna | kalangkung amati ragi | yèn putrane amolar atakon bapa ||

10. datan kawarna samana | kèmêngan ni pramèsyari | ginubêl dening kang putra | têmahan lumayu nangis | tan kawarna ing margi | anungkêmi pada sampun | padane ingkang rama | ature amêlasasi[33] | angandika Ki Buyut ing Paluamba ||

11. rara ta sira matura | pagene sira anangis | alon ature kang putra | mila kawula anangis | amêgêlakên ati | wayah sampeyan pukulun | amolar takon bapa | lakung[34] supêk ingkang galih | angandika Ki Buyut ing Paluamba ||

12. hèh rara sira matura | pagene sira anangis | alon ature kang putra | mila kawula anangis | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[35]

13. kaya lamon mêngkanaa | jingan wis diwasa ênting | balik tarinên akrama | dimène marêm kang ati | sungana mas lan picis | dimène kècèk lan dhadhu | agimêr ngadu ayam | pramèsyari matur aris | pindhe[36] damêl wayah sampeyan [sampe...]

--- [f. 6v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 12 dari 94

[...yan] puruna ||

14. Ki Buyut ing Paluamba | wuwuse arum amanis | layak lamon mangkonoa | pae dhingin lagi cili | yèn wayah ingong nangis | mênêng panggal lawan gandhu | apan sampun diwasa | pasthi atakèn sudarmi | yèn mangkono putuningsun timbalana ||

15. Ki Damarwulan wus prapta | ing ngarsane eyang kaki | ki buyut alon ngandika | adhuh putuningsun kaki | aja sira abudi | kawêlasana ibumu | balik sira kramaa | suta wadenên pun kaki | lah tungtunên si kaki marang patopan ||

16. balik ta sira kramaa | sasênêngira pribadi | atmajane para menak | jêjagan[37] lawan wêwasih | ingsun lamare kaki | miwah anak para êmpu | adèn-adèn akathah | alaming wong Majapait | apan sira putu amukti wibawa ||

17. alon ature kang wayah | atur kawula yang kaki | botên purun kula krama | amung tuduhêna ugih | ingkang ayuga mami | pêrnahe sudarmanisun | lamon maksih agêsang | ayun kawula ngunjungi | yèn gêsanga pundi prênahe si rama ||

18. kalangkung sangêt kawula | ajêng anêmbah sudarmi | arsa ngabakti ing bapa | mila larane kang ati | kawula amarani | ing wong ngundha-undha manuk | gêgandhon pêpanggalan | sarêng kawula parani | kula têka pan sami bubar sadaya ||

19. pangucape wong akathah | iku Ki Mas [Ma...]

--- [f. 7r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 13 dari 94

[...s] Damarsasi | iku uga tpa[38] bapa |[39] panase anglêliwati | ora kêna sinandhing | iku dèng[40] alêlaku |[41] pan tumpêr cinawêtan | panase anglêliwati | tanpa bapa iku aran Damarwulan ||

20. yèn pun eyang botên têdah | pêrnahe sudarma mami | pasthi kula amit kesah | manjing wana niba curi | munggah ing ardi sungil | suka matia wana gung | ki buyut angandika | adhuh putuningsun kaki | apan sira putu aduwe sudara ||

21. apan Ki Patih Udara | pêpatih ing Majapait | iya iku ramanira | nanging akesah pratapi | buh gone mati ragi | panêdhane Dewa Agung | mulane apratapa | ora ketang tandra pati | sajatine anapakakên ing sira ||

22. nanging sun duga ing nala | ramanira wus ngêmasi | supami lamon gêsanga | enggal lawase wus prapti | duk lungane pratapi | natkala nyidham ibumu | lagi nyidham kaworan | malah mangke dèrèng prapti | ramanira tanbuh gone mati raga ||

23. Ki Damarwulan angucap | eyang kawula apamit | angulari dhatêng rama | anjajah guwa kang singit | migah[42] ing ardi sungil | nadyan matia wak ingsun | ki buyut angandika | wuwuse arum amanis | aja lunga pun eyang dados punapa ||

24. balik sira ngawulaa | mring nagara Majapait | sadulure ramanira | pan maksih dados pêpatih | anang[43] ing Majapait | Patih Logêndèr ranipun [ranipu...]

--- [f. 7v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 14 dari 94

[...n] | ramanira kang tuwa | Patih Logêndèr kang rayi | nanging sira putu dèn bisa ngawula ||

25. wêwêkas ingsun ing sira | manawa ki patih lali | kalingan ing kawibawan | wantuning wong jaman mangkin | nuli gêlisa mulih | aja sira parikudu | kang wayah atur sêmbah | ingeyah[44] nulya ngunjungi | ibunira andulu asmu karuna ||

26. kang ibu alon angucap | ala payu[45] muli[46] dhingin | êmas sira busanaa | i sapatute wong miskin | pasthi akèh ngèsêmi | kang ora dhêmên maringsun | yèn sira nganggo ala | pan ramanira karihin | milu karya nagara ing Majalêngka ||

27. kinampuhan jiga masa | rinèjèng tumpale adi | akuluk kinanigara | lancingan sêkar balingbing | asabuk cindhe ringgit | ukiran cula sinêmu | kandêlan cinarangcang[47] | angucap ni pramèsyari | bagus têmên babu anake si biyang ||

28. ni rangdha ing Paluamba | wuwuse arum amanis | adhuh nyawa anak ingwang | aja sira lami-lami | nuli gêlisa mulih | dadi punapa pun ibu | ramanira ing kuna | tilar panakawan kalih | Sabdapalon Nayagenggong tinimbalana |[48]|

29. kang kinèn sampun lumampah | nimbali pawongan kalih | Ki Nayagenggong punika | Ki Sabdapalon kapanggih | anèng soring waringin | pan siwêg sami adhadhu | pawongan alon

--- [f. 8r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 15 dari 94

mojar | Nayagenggong ditimbali | lan man Sabda padha dikon kêkêbatan ||

30. Ki Sabdapalon angucap | ana gawe apa iki | ingong bibi lagi kalah | Nayagenggong angling aris | mangsabadaa[49] iki | wus mayu padha lumaku | nuli sarêng lumampah | ing potusan sampun kering | nulya prapta ing ngarsane pramèsyara ||

31. kang ibu aris ngandika | Sêbdapalon diabêcik | Nayagenggong diprayatna | padha dèn angati-ati | ngiring gustimu iki | Sêbdapalon nulya matur | inggih bêndara kula | ajêng lumampah ing pundi | pramyèsyara[50] ngandika mring Majalêngka ||

32. arêp malê[51] ngawula |[52] ing pamanane ki patih | ing jro kutha Majalêka[53] | Sabdapalon matur aris | inggih kawula gusti | sampeyan paringi sangu | kula dèrèng sêsarap | kalih sata ingkang mandi | Sêbdapalon carècète dipun gêlar ||

33. sampun sira sinangonan | wau panakawan kalih | Nayagenggong bonggol wadhang | damêl sêsarap ing margi | pan sampun pinisalin | panêkawan[54] kalihipun |

--- [f. 8v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 16 dari 94

anulya sarêng nêmbah | wau dhatêng pramèsyari | Damarwulan angunjungi ibunira ||

34. kang ibu aris ngandika | Sêbdapalon wêkas mami | sun karya kêrta wadana | karta upamane èsthi | wadana lir sarati | dèn bisa angraksa kewuh | yèn enak ajokêna | yèn dudu durêna singgih | poma-poma dèn bisa aja pêpeka ||

35. Ki Damarwulan wus kesah | sêja maring Majapait | panakawane nèng wuntat | datan kawarna ing margi | akathah kang ningali | ing warnane kang lumaku | jêjêplak lan lêlangak | mêmondrèng lawan dêdungik | arantaban jêblogan lawan aluran ||

36. têgêse jêblogan rangdha | aluran kêrêp alaki | mêmondrèng iku somahan | dêdungik parawan sunthi | alam wong Majapait | wus tatane para buyut | jêjêplak lan lêlangak | anèng marga ting karintip | atanapi bêbakul lan sambewara ||

37. dhasar wong bagus utama | warnanira Damarsasi | agung ingkang ajêjawat | akèh mêmondrèng anginthil | wong dodol aling[55] aris | mampira ing dhasar isun | bature dodol ngucap | mampira ing dhasar mami | dadya

--- [f. 9r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 17 dari 94

tukar wêwarung pati[56] burakrak ||

38. Ki Sêbdapalon rêrayah | ondhe-ondhe dikandhuti | ambarêndung[57] wêtêngira | Nayagong[58] anjupoki |[59] ampyang lawan sêrabi | wus pinangan ngamuk-amuk | awake duleweran | lêcate ngandhut gêlali | kang dhêdhasar samya tulung-tinulungan ||

39. sawanèh ana jêjawat | wuwuse anyalawadi | ki êmas dika mampira | sampun kawula cawisi | sêsumping surèngpati | madat sapacetanipun | ududa rokok dawa | wus sun jogi mênyan putih | sun kêbuti wong bagus dhahara wedang ||

40. sawanèh ana angacap[60] | ora basa mambu ati | Ki Jaka tilar sasana | agawe rasaning ati | pasthi ika asêpi | Paluamba kêmbangipun | pasthi suwung kewala | yèn kesah Ki Damarsasi | ora nana bêbanthengan Paluamba ||

41. ana maning kang jêjawat | mampira ing wisma mami | sun cawisi dhêdhaharan | nginêpa têka sawêngi | Ki Êmas Damarsasi | lunga dagang lakiningsun | tuwa rupane ala | akêrêng bari madati | panêdhaku aja kongsi mulih wisma ||

42. ana sawiji angucap | mampira wêwarung mami | thêthèngèling Paluamba | anginanga jambe wangi | sata kang luwih mandi | suruh canang apu campur | sawanèh ana ngucap | wuwuse asêmu [asê...]

--- [f. 9v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 18 dari 94

[Ilustrasi]

[...mu] tangis | pan atembak agêbagan arantaban ||

43. Ki Sêbdapalon nèng wuntat | acingcing awagêt kuping | brahalane kulaweran | runtik sakèh aningali | baya ika wong baring | konthole katon gumandhul | Sêbdapalon angucap | dipramana aningali | iya mêngko ngong malaku lêlèndhêkan ||

44. ana parawan angucap | si dhêngkah konthole sanglir | Ki Sêbdapalon angucap | apa sanglir-sanglir iki | ni wulanjar nauri | nyata yèn sanglir kontholmu | Sabdapalon angucap | lamon tajêm konthol mami | larang uyah murah bêras Majalêngka ||

45. datan kawarna ing marga | wus prapta ing Majapait | lampahe Ki Damarwulan | jujug dalême ki patih | sampun [sampu...]

--- [f. 10r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 19 dari 94

[Ilustrasi]

[...n] malêbu kori | kandhêg paregolanipun | manglong-manglong ing lawang | wau Radèn Damarsasi | kang tumingal padha ngêmu guladrawa ||

4. Dhandhanggula

1. panyanane wong ing Majapait | dipun nyana ki jaka punika | santanane kang agêdhe | sakèhe kang andulu | datan wani ngaruh-aruhi | marang Ki Damarwulan | cayane umancur | nyanane wong kapatihan | dipun nyana santanane sang narpati | dening tan mawi taha ||

2. kawarnaa putrane ki patih | Layangsetra wastane kang tuwa | Layangkumitir kang anom | sohan ing ramanipun | gulang-gulang kathah angiring | durapati ing ngarsa | jagabela pungkur | miwah kang wong barêngtandang | sami [sa...]

--- [f. 10v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 20 dari 94

[...mi] bakta gêgaman pêdhang lan tamsir | lan waos cêcebolan ||

3. Ki Layangsetra kagèt ningali | Layangkumitir awas tumingal | andulu wong bagus anom | wus tinimbalan sampun | tinakonan lan basa riri[61] | kinêpung anèng têngah | Damarwulan wau | angucap Ki Layangsetra | sira iki raja sinatriya ngêndi | dening manglong ing lawang ||

4. sapa sintên sinambat wêwangi | alon ature Ki Damarwulan | atur kawula rahadèn | wisma kawula dhusun | Paluamba wastane singgih | inggih pun Damarwulan | radèn aran ingsun | Ki buyut ing Paluamba | prênah kaki radèn dhatêng kawulèki | asal sing Paluamba ||

5. asru ngandika Layangkumitir | hèh wong bagus para sêjanira | pakanira têka kene | Damarwulan umatur | wêrtinipun kiyai patih | sadhèrèke pun bapa | nênggih ramanisun | aran Ki Patih Udara | milanipun kawula marêk mariki | arsa amanakawan ||

6. suka lila ginadhuhan arit | pan sandika mikula kêranjang | asabuka pandharate | yèn sawawi wak ingsun | larapêna dhatêng ki patih | ya ta ki Layangsetra | saure asêndhu | asru dènira anyêntak | wus jamake wong desa tan wruh i titi | amurang tatakrama ||

7. apanira kangjêng kyai patih |

--- [f. 11r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 21 dari 94

têka sira tan mawi larapan | angadêg paregolane | pan dudu cêcêndhêngmu | dudu kadangira kiyai | lan dudu lêskarira | dudu kawulamu | dudu têtêbusanira | kangjêng rara[62] pêpantêse ora sudi | duwe putra i desa ||

8. katuwongne[63] wong desa tur dèsi | jaba rangkah tur adoh parentah | korekah tanbuh asile | baya sira kapaung | ora idhêp dalêm dipati | têka amalang kadhak | pintune wong agung | baya tan duwe dêduga | dening iku panakawane kêkalih | karo padha manyunyang ||

9. asru mojar Ki Layangkumitir | baya wismamu ing Paluamba | ora nana wong dhawuke | yèn anaa wong jambul | pasthi ana kang mêmarahi | ing tatakramanira | warnamu abagus | têka atilar dêduga | ting palongo iku bature kêkalih | dhangkal padha kaparat ||

10. Sêbdapalon anauri ririh | ladak têmên putra kapatihan | kaya dudu ing sanake | dhasare lawang kayu | mêntak ngapa kèdêk sathithik | sok aja manjing umah | thêthongkrong ing kasur | iku sêdhêng dipun santap | kaluwihan êdir yèn [yè...]

--- [f. 11v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 22 dari 94

[...n] putraning patih | pan dudu lawang êmas ||

11. alon ature Ki Damarsasi | inggih kawula nêdha apura | kang manah langkung supene | wantu têtiyang dhusun | ora wikan dalêm dipati | amung nêmbe punika | uninga sêsiku | yaktos kawula wong desa | jaba rangkah wantune dede nêgari | anêdha pangapura ||

12. yèn kawula wong ing Majapait | anglampahi kang kadya punika | sêdhêng pinatenan radèn | mênggêh têtiyang dhusun | ingapura rèhing wong dèsi | wantu wong jaba rangkah | sosot tambung lakung[64] | Ki Layangsetra angucap | akalihan Rahadèn Layangkumitir | asru dènira nabda ||

13. age ulungêna krismu anjing | sira iku kalêbu larangan | age ta ingsun pundhute | iku lironing umur | alon matur Ki Damarsasi | bok sampun sapunika | kaliman kasuhun | dhuhunge têtiyang desa | sun watara mangsa payua sabiti[65] | nanging sun tohi pêjah ||

14. Layangkumitir sigra ngêjèpi | kajinêman lawan gulang-gulang | sami angêbyoki kabèh | ana ingkang abusur [a...]

--- [f. 12r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 23 dari 94

[...busur] | ana ikang mêdhang anamsir | ana ingkang anyanggah | radèn kinarubut | malah ora ngambah lêmah | Damarwulan anglèlèh dipun tumbaki | marang Ki Layangsetra ||

15. malah putung lawung nagasari | waosira tur biring lanangan | dadi gulali karone | kalangkung têguhipun | mutah gêtih Ki Damarsasi | nanging dhuhung tan kêna | maksih anèng lambung | Ki Sabdapalon punika | Nayagengrong[66] karo padha ditêndhangi | wong roro tinalenan ||

16. Ki Damarwulan wus mutah gêtih | kaledan rinampog wong kathah |[67] nanging tan pasah kulite | i jêro ingkang wêruh | sêsambate amêlasasi | ibu kawula pêjah | anèng Malangu |[68] ibu atukua warta | putra dika mati anèng Majapait | kawula dèn sikara ||

17. mung kêrise maksih dèn sungkêmi | Ki Sêbdapalon asru karuna | anangisi ing gustine | sênggruk-sênggruk amuwus | kaniaya wong kene iki | wong angulari sanak | têka diprih lampus | syarani[69] wong kadya gêrah | Damarwulan anglèlèh dipun [dipu...]

--- [f. 12v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 24 dari 94

[...n] tumbaki | dening Ki Layangsetra ||

18. Layangkumitir asru numbaki | ya ta kagèt ki rêkyahna[70] patyah | miyos Dipati Logêndèr | amicara ing kalbu | panyanane rêkyana patih | wong padha ting gariya | apa nacak sawung | sapraptanira ing jaba | alon matur sira Ki Layangkumitir | lan Radèn Layangsetra ||

19. alon ature Layangkumitir | akalihan Adèn[71] Layangsetra | akya patih timbalane | siramên lawan banyu | timbalana ing ngarsa mami | ya ta Ki Damarwulan | wus siniram banyu | Damarwulan kalesedan | dupi lilir kapisêlêk mutah gêtih | angadhuh sambat biyang ||

20. Ki Damarwulan wus ditimbali | prapta ngarsane rêkyana patyah | anikêl asta linggihe | ki apatih amuwus | sira nyawa bocah sing ngêndi | sapa sudarmanira | Damarwulan matur | dêlape kang asung aran | Damarwulan wasta kawula kiyai | inggih sing Paluamba ||

21. angandika ki rêkyana pati | sapa rane sudarma manira | wong saking ngêndi wijile | Damarwulan umatur | tiyang saki[72] ing Majapait |

--- [f. 13r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 25 dari 94

[Ilustrasi]

aran Patih Udara | jatine puniku | mila pêputra kawula | kambil mantu dhatêng pun eyang kiyai | Ki Buyut Paluamba ||

22. ki apatih amicarèng ati | rare iki anake si kakang | abagus anom warnane | yèn katura sang prabu | anak ingsun Layangkumitir | miwah si Layangsetra | pasthi yèn kalungsur | putraku karo kasoran | rare iki sujana ing pasang lungid | wasis ing tatakrama ||

23. pamrih isun ing sri narapati | aja ana ingkang kinasihan | amung anak ingsun dhèwèk | katura ing Sang Prabu | Raja Èstri ing Majapait | ki apatih ngandika | lingnya manis arum | apa baya sêjanira | jumarojog malêbu ing

--- [f. 13v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 26 dari 94

dalêm mami | têka apancakara ||

24. alon matur Ki Mas Damarsasi | mila kawula marêk ing tuwan | anakawan wiyose |[73] suka lila wak ingsun | sabuk tampar nukêlang arit | amikula kêranjang | ki patih gumuyu | iya nyawa ngong tarima | sukur bage sira angawula mami | ngong karya gamêl sira ||

25. pan sadasa rêke kuda mami | gamêlana pajêgên sadaya | dipun karaksa pangane | pan sira ora patut | wong agamêl busana adi | lah indi[74] kampuhira | sabuk lawan dhuhung | umatur Ki Damarwulan | pan sumangga ing karsa kajêng[75] kiyai | dhatêng sumangga karsa ||

26. katura kampuh lan sabuk mami | atangnapi[76] lancingane pisan | sarta lawan paningsête | nanging dhuhung kasuhun | botên suka kula kiyai | sanadyan angarita | yakti botên kantun | manawa ana rancana | anèng têgal punika sun gawa mati | têtilare si bapa ||

27. Ki Damarwulan wus pinisalin | kinampuhan sarung rêrombengan | tur waring amoh sabuke | kawarnaa ing ênu | wau sira Ki Damarsasi | sampun maring gêdhogan | samana wus lunggu[77] | Ki Sabdapalon karuna | Nayagenggong gustine dipun tangisi | pan sarwi sinukêman[78] ||

28. Ki Damarwulan sinungan arit [ari...]

--- [f. 14r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 27 dari 94

[...t] | apan sarwi sinungan kêranjang | sadhêpa amba idêre | tur timah aritipun | gêdhenira sagodhong pari | Sêbdapalon karuna | adhuh gustiningsun | amangsa ambangkata karya |[79] aritêna marang wadhuke si patih | timah mangsa mêmpana ||

29. Nayagenggong matur awor tangis | adhuh gusti nyawa dawêg minggat | salira mati têmahe | punapa angsilipun | kudu wontên ing Majapait | sinungan arit timah | langkung kêdhulipun[80] | mangsa ambangkata karya | tur sadasa kudane kiyai patih | sapa kêlara nyangga ||

30. Ki Damarwulan alon nauri | sampun karsaning dewa bathara | padha linakon larane | pirangbara ing besuk | manggih papan lampahi[81] mukti | nanging ta pirangbara | amanggih rahyu |[82] Ki Sabdapalon angucap | dede padu pasthi kang asta asakit | babut-babut kewala ||

31. kawarnaa ri sampun alami | Damarwulan agamêl punika | sakalangkung siasate | Nayagenggong anjuju | Sabdapalon ingkang angarit | apan sarwi karuna | adhuh gustinisun | nêdha gusti dawêg minggat | sapa kêlar anjujuh[83] bari angarit | dhuh radèn dawêg merad ||

32. Sêbdapalon matur angrêrintih | adhuh radèn nyawa dawêg migat[84] | manira tan bêtah luwe | yèn muncul catunipun | sêga mambu awor timêndhil | wicara yèn akeha | tan [ta...]

--- [f. 14v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 28 dari 94

[...n] sudi amuluk | yèn jarane kirang pakan | wingi sore kula disulêdi gêni | dening kêkirik Setra ||

33. Ki Damarwulan alon nauri | lamon rika paman ora kêlar | padha muliha dèn age | ingong dhèwèk kang kantun | angariti kuda sadasi | Sêbdapalon angucap | Nayagenggong muwus | sanadyan pêjah gêsanga | botên tega atilar dhatêng ing gusti | ketang kang atêtilar ||

34. kawarnaa ri sampun alami | Damarwulan agamêl punika | sakalangkung siasate | tan kawarna ing ênu | Damarwulan kesah angarit | ya ta langkung ing pasar | kathah kang andulu | bêbakul lan sambewara | kang sawanèh ana kang ngaruh-aruhi | wong ngêndi ika baya ||

35. bêbakule wong ing Majapait | akêkasih Ni Bakul Parada | kalangkung kasugihane | pan ana jajaripun | akêkasih Bakul Sumampir | lawan Bakul Parujang | iku jajaripun | lawan Bakul Puspalaya | sarêng mulat sadaya wêlas ningali | maring Ki Damarwulan ||

36. ya ta ngaub nèng soring waringin | wau sira Radèn Damarwulan | anyulami kêranjange | bêbakul sami rawuh | atêtanya mring Damarsasi | bagus ing pundi wisma | têmbene kadulu | angucap Ki Damarwulan | pan kawula gamêle kiyai patih | arsa ngarit kawula ||

--- [f. 15r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 29 dari 94

37. para bakul amicarèng ati | wau sira Nyai Sambewara | adhuh lae katuwone | dening wong bagus tulus | eman têmên dadi pangarit | rama dika ing kuna | sin wastanipun |[85] angucap Ki Damarwulan | wartanipun duk dhingin wong Majapait | aran Patih Udara ||

38. para bakul sadaya nungkêmi | adhuh anggèr anake si biyang | mangke sun pajari radèn | mulane sugih isun | pan kawula dipun gadhuhi | marang Patih Udara | yatra gangsal èwu | kawula dum wong sakawan | yèn sêmbada andika sampun angarit | kawula nyaosana ||

39. Sabdapalon bungahe tan sipi | yèn mangkono nyai sambewara | saos sukêt diakèh |[86] kawula sabên kesuk | pasthi nyai jujug mariki | mojar bakul parada | lan sabaturipun | sampun ngangge walangdriya | sabên ejing[87] pasthi kawula caosi | sun tumbaskên kewala ||

40. Nayagenggong jawil saking wuri | nyai bakul ingong nêdha sarab | pêrih têmên wêtêng kiye | kapengin têmên puthu | kaya ngilêr dêlêng surabi | nyai bakul angucap | lan sabaturipun | nyah iki rika jajana | sênêng rika wong papat awèh nyatali | Sabdapalon anjajan ||

41. nanging wontên wêkas kula bibi | pun paman Sêbdapalon [Sêbdapalo...]

--- [f. 15v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 30 dari 94

[Ilustrasi]

[...n] punika | dipun karaksa pangane | dika gawani sêkul | yèn marani sukêt mariki | mejar[88] bakul parada | lan sabaturipun | sampun dika kumalamar | dèn piyandêl Ki Damarwulan wus mulih | anyaponi gêdhogan ||

42. kawarnaa ri sampun alami | Damarwulan agamêl punika | sakalangkung siasate | sadaya sami lêmu | turangne kiyai patih |[89] miwah Ki Damarwulan | sadhahare tuwuk | dipun kirim saban dina | nanging radèn wau tan arsa abukti | Ki Bda abêlêndhang |[90]|

43. Sabdapalon bungahe tan sipi | Nayagenggong pan ora kangelan | angarit ing pêpasar bae |[91] bari wadhuke pênuh | sabên enjing jajan sêrabi | apêm kalawan cara | binonggol barêndung | pinangan luhur gêdhogan | Sêbdapalon [Sêbdapalo...]

--- [f. 16r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 31 dari 94

[...n] angimêl mangan lêlinting | janggute guladrahan ||

44. Damarwulan wau dèn kintuni | kampuh jingga lancingane pisan | sarta lawan paningsête | Damarwulan amuwus | balèkêna paman diaglis | yaktine tanpa ngrasa | kaya awak ingsu[92] | wong agamêl kampuh jingga | wus pantêse bêbêd sarung bosok mami | ikêt cêrècèt basah ||

45. kawarnaa putrane ki patih | akêkasih Dèwi Anjêsmara | kalangkung ayu nrupane[93] | iku wuragilipun | anging sang dya[94] tan arsa krami | sakèh mantri ponggawa | wong ing Majalangu | dipun tampiki sadaya | sang dya ayu dahat tan arsa akrami | lagi momong salira ||

46. Ni Anjêsmara amuwus aris | biyang inya ingsun amiyarsa | yèn kangjêng rama wartine | ana wong anyar rawuh | manakawan ing rama mami | wong saking Paluamba | warnane abagus | duk prapta jujug ing lawang | sinikara ing kakang Layangkumitir | lan kakang Layangsetra ||

47. pawongane asru aturnèki | apan Ki Jaka ing Paluamba | kinarya gamê[95] wiyose | eman têmên wong bagus | mêsakakên dadi pangarit | karsane ramandika | niaya kalaku[96] |

--- [f. 16v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 32 dari 94

pinilara sab dina |[97] lamun kirang gusti sukête sadhidhik | tur sinung arit tima[98] ||

48. dèn ingoni gusti sêga aking | winadhahan cowèt gowèng ika | tur awor timêndhil bae | sang dya wêlas angrungu | sakalangkung angrêsing ati | sira Ni Anjêsmara | kasmaran ing kalbu | manahe wadhak-widhikan | angandika ngong tilikane tumuli | maring ing pagamêlan ||

49. Ki Damarwulan kapanggih guling | Ni Anjêsmara kacatur prapta | angadêg anang dagane | amicara ing kalbu | baya iki kang dadi cawis | sapa arane baya | warnane abagus | Sabdapalon ora wikan | Anjêsmara amuwus saking ing wuri | Sêbdapalon anjola ||

50. Ki Damarwulan wau tinangi | Ni Anjêsmara lon ngandika |[99] paman dimène asare | Damarwulan aturu | anang soring ing nagasari | alèmèk roning pisang | cayane umancur | kadya wulan karainan | Anjêsmara aliwung sajroning ati | kasmaran ing wardaya ||

51. Ni Anjêsmara amuwus aris | sapa rane gusti rika paman | kang lagi mujung asare | mandah sarea kasur | baya mati ora anglilir | wong lèmèk roning pisang | kapati [ka...]

--- [f. 17r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 33 dari 94

[...pati] aturu | lan sapa kang duwe putra | sun watara dudu anaking wong cili | pagamêle si rama ||

52. Sêbdapalon asru aturnèki | akêkasih Jaka Damarwulan | sing Paluamba wijile | anênggih ramanipun | tiyang saking ing Majapait | aran Patih Udara | nanging sampun lampus | nênggih Ki Patih Udara | sadulure dalêm Logêndèr sêng[100] jail | Ki Udara kang tuwa ||

53. Ni Anjêsmara ngandika aris | atêtanya ing pawonganira | inyane aris ature | alêrês aturipun | apan rama dika karihin | adarbe kadang tuwa | nênggih wastanipun | aran Ki Patih Udara | ramandika kalingan jêng wong wus mukti | êdir dados parentah ||

54. Ni Anjêsmara bungah tan sipih[101] | yèn mêngkono Jaka Damarwulan | rada mambu kadang dhèwèk | warnanipun abagus | mêsakakên dadi pangarit | manawa kangjêng rama | baya lagi wuru | lali marang kaponakan | kawarnaa Ni Anjêsmara wus mulih | lèngsèr sing pagamêlan ||

55. sapraptane ing wisma aligih[102] | Ni Anjêsmara sigra busana | cindhe kêkupu sinjange | sangkang bapang mangungkung | akêkêmban[103] jingga tinêpi | dhasar ayu utama | pêpilise wungu | Ni Anjêsmara ngandika | biyang inya miyanga pasar tumuli | tukua dhêdhaharan ||

56. agawea wida

--- [f. 17v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 34 dari 94

[Ilustrasi]

ikang wangi | sun panggihane kang Damarwulan | ika kadang ingsun dhèwèk | ramakane karuhun | pan Si Uwa Udara dhingin | manawa kanjêng rama | baya lagi wuru | lali maring kaponakan | Damarwulan biyang warnane jalanthir | pagamêle si rama ||

57. ingsun biyang tinaria laki | sakathahe mantri lan ponggawa | biyang sun tampaki[104] kabèh | ora nana panuju | amung iki kang Damarsasi | raose ingkang manah | lir dulu cêmpaluk | sêmangsane lagi nyadham | Damarwulan biyang rupane aramping | pakathike si rama ||

58. Ni Anjêsmara sigra marani | ing prênahe Jaka Damarwulan | nuju tanggal padbêlase | dhasar wong ayu tulus | lêlewane

--- [f. 18r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 35 dari 94

anjukarangi[105] | sarêng mêmbat ing madya | tinon mandul-mandul | kadi padapa kang ina | lembehane ariyak gajah anguling | lir ngalapana jiwa ||

59. gandanya rum lir nêrus pratiwi | Ni Anjêsmara anuli prapta | anjujug marang pranahe[106] | Damarwulan lumayu | Anjêsmara sigra nututi | mubêng anèng gêdhogan | pan sampun kabutuh | cinandhak sabuke tampar | Damarwulan têka pulantar-pulintir | mojar saroning kamal ||

[Ilustrasi]

5. Sinom

1. pagene Ki Damarwulan | lumayu ingong parani | mapan ingsun dudu buta | dudu macan sarpa mandi | katon punapa mami | si dhêngkah têka lumayu | lah mara lumayua | sabukira sun bondhèti | sun tênyênga putung iga wêkasira ||

--- [f. 18v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 36 dari 94

2. andhepok Ki Damarwulan | wuwuse awor lan tangis | sira Dèwi Anjêsmara | akêncêng dènnya bondhèti | kênang apa anangis | mangsa boya awèh ucul | baya wong lanang apa | kaya wong lanang kêmangi | bagus anom cacade wêdi wanodya ||

3. Ki Damarwulan angucap | mas ayu culêna mami | pan ora utang anyêlang | mulane dika bondhèti | marase ingkang ati | alah apa duk karuhun | lagya kawula prapta | binendrong ing tumbak kêris | malah mangke marase ati kawula ||

4. dados punapa kawula | katura dhatêng kiyai | pasthi kawula palastra | tinêlasan ing Ki Patih | Ni Anjêsmara angling | lamon dika têkang lampus | kula mangsa karia | tatu jaja ngong belani | amung dika ingkang dadi lara brangta ||

5. angucap Ki Damarwulan | Mas ayu culêna mami | ayun nyaponi gêdhogan | arsa makani turanggi | Ni Anjêsmara angling | daya-deye awèh ucul | yèn ora jampèna |[107] kang ati kadhohan[108] kingkin | jêbug arum palanên kidung sênggara ||

6. ingsun uga cili mula | gêthing wong lanang anangis | têmbe manira tumingal | wong lanang wêdi pawèstri | yèn si rama udani | dika mirong kampuh sindur | payu [pa...]

--- [f. 19r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 37 dari 94

[...yu] maring paprêman | wuluh rawa awak mami | raga mara ingsun karyanên apungan[109] ||

7. dika uga sanak ingwang | anake si uwa dhingin | aran Wa Patih Udara | biyang inya kang awarti | bok aja ngadi-adi | sumakeyan wong binagus | sok kaparênga uga | aja tanggung mala gitik | jae wana kang ati poyang-payingan ||

8. Ki Sêbdapalon angucap | dhuh radèn dika ecani | mès[110] ayu ing kapatihan | yèn tuhu asih kapati | ya ta Ki Damarsasi | amicara jroning kalbu | kala apa rêrasan | wadung pari sun wastani | kaniaya mas ayu ing kapatihan ||

9. Ki Sêbdapalon angucap | dhuh radèn sampun kêwatir | masalah makani jaran | ni êmas dika turuti | kula raksa ing jawi | bilih wontên langlang kewuh | kapanggiha kawula | radèn dieca arasmi | pan wasisan ni êmas nirukêt[111] pisan ||

10. wau Radèn Damarwulan | samana ika wus kering | marang Dèwi Anjêsmara | sampun prapta tilam wangi | pan sampun pinasalin[112] | binorehan jêbat arum | sanadyan wong atapa | akèh wudhar ing pawèstri | dhasar ayu acanggèh Ni Anjêsmara ||

11. dhasar bagus Damarwulan | sinumpingan surèngpati | kinampuhan jiga [...] |[113] [...] dya tansah amboti |[114] sarya dipun turoni | Damarwulan pangkonipun [pangko...]

--- [f. 19v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 38 dari 94

[...nipun] | dhasar Ni Anjêsmara | kalangkung canggèh ing rasmi | angrêrêmpa[115] lir kumbang angisêp sêkar ||

12. awayah mèh bangun rina | Damarwulan arsa mulih | wau marang pagamêlan | Ni Anjêsmara bonti |[116] wuwuse ngasih-asih | baya dhêmên kampuh wulung | akuthah lawan dhadhag | wong bagus kapati-pati | pasthi eman matia kalawan kula ||

13. ya ta Dèwi Anjêsmara | ambondhètana wong mulih | kèmêngan Ki Damarwulan | Sêbdapalon kang tinudhing[117] | lan Nayagenggong iki | wong roro wus kinèn mantuk | atunggu pagamêlan | poma paman diabêcik | mangsa bo wonga wus tuwa |[118]|

14. kocapa Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | lagi mingêr arsa lalang |

[Ilustrasi]

--- [f. 20r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 39 dari 94

[Ilustrasi]

asikêp pêdhang lan tamsir | dingaran[119] padhang sasi | ana bêbênce têtuhu | wismane Anjêsmara | wau ingkang dèn sambêri | wus ajêjêp kêng raka karo lir dhustha ||

15. angucap Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | baya lagi cêcarita | Si Anjêsmara awidi | sadanguni[120] nirsèki | sakalangkung mêlasayun | dangu-dangu pinirsa | kang rayi anyalawadi | sarêng mundur kang raka karo bramatya ||

6. Durma

1. asru mojar sira Radèn Layangsetra | lawan Layangkumitir | sapa rowangira | sira Ni Anjêsmara | Anjêsmara nauri |[121] kakang ligiha[122] | kadang dika pribadi ||

2. anauri sira Radèn Layangsetra | lawan Layangkumitir | wong ing ngêndi baya | ora aduwe kadang | Ni Anjêsmara nauri | lah tingalana | manawa dika pangling ||

--- [f. 20v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 40 dari 94

3. dika linggih kakang udud rokok dawa | nginanga jambe wangi | dhahara pijêtan | manggis kalawan duryan | kakang pinarêka riki | lah tingalana | ipe dika jêlanthir ||

4. ya ta awas andulu Ki Layangsetra | lawan Layangkumitir | amicarèng nala | nyata si gamêl ala | jurjana anyidra rasmi | Si Anjêsmara | ala kapati-pati ||

5. asru mojar sira Radèn Layangsetra | lawan Layangkumitir | ala Anjêsmara | iku Si Damarwulan | si gamêl ajêjêmbêri | wus ingingonan | têka anyidra rasmi ||

6. anauri sira Dèwi Anjêsmara | lagi ingong aturi | wicara suwea | tinundhung dosa apa | ujar dika wong wus mukti | adarbe kadang | dipun karya pangarit ||

7. apa baya alane rayi andika | angarit dilakoni | sapardene[123] kakang | boya sinungan sandhang | wong ambangkèk lan julanthir | sayakti eman | si kakang nyandhang wurik ||

8. anauri sira Radèn Layangsatra[124] | dhingin tinari laki | marang kangjêng rama | aturira langgana | sakèhing wong Majapait | sira tan arsa | mêko[125] olih pangarit ||

9. anauri sira Dèwi Anjêsmara | nadyan ponggawa mantri | ingong gawe apa | rupane kaya kompra | sanadyan iki pangarit | panuju manah | angrêsêpakên ati ||

--- [f. 21r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 41 dari 94

10. lah dèn enggal gamêl mêtua ing jaba | apa gawemu anjing | anèng pawadonan | pacawis tanpangrasa | Ki Damarwulan nauri | witning kawula | arsa mêdal manggihi ||

11. pindho gawe rayi andika awèha | kawul dibondhèti |[126] sarwi tinangisan | têlês kampuh kawula | Ni Anjêsmara nauri | mangsa awèha | jêr arêp dipatèni ||

12. sakalangkung bramatya Ki Layangsetra | lawan Layangkumitir | gêbyog tinarajang | rubuh pating sulayah | tinarajang kanan kèri | Ki Damarwulan | kinêmbulan ajurit ||

13. pangrasane lir amêdhang wêwayangan | Damarwulan tan gingsir | asru dènnya mêdhang | nanging radèn tan kênya[127] | Ki Layangsetra anitir | pan kadi yaksa | tandange amêdhangi ||

14. ajur amoh gubah sutra kênang pêdhang | gêguling sirna ênting | bantal ting dharongkah | ranjang pating palêsat | gêgulinge rontang-ranting | kadya kitiran | pêdhange mowat-mawit[128] ||

15. Damarwulan saengga lir wêwayangan | kinêmbulan tan gingsir | Radèn Layangsetra | narajang saking kiwa | Rahadèn Layangkumitir | pan kadi yaksa | tandange amêdhangi ||

16. wus cinandhak sira wau Layangsetra | dening Ki Damarsasi | anulya binuwang | kapêlag ing dêlika | ambêkane kêmpas-kêmpis [kêmpas-kê...]

--- [f. 21v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 42 dari 94

[...mpis] | na kucing wajang | bathuke dicakari ||

17. wus narajang Layangkumitir cinandhak | dening Ki Damarsasi | anulya binuwang | katanggor ing sêsaka | bathuke bênjut sacêkir[129] | banjur kalumah | bêlêman angrungkêbi ||

18. wus raina lumayu Ki Layangsetra | lawan Layangkumitir | matur dhatêng rama | pun Damarwulan ala | jurjana anyidra rasmi | pun Damarwulan | ajêng kula patèni ||

19. pan pakewuh bok kaliru Anjêsmara | kelangan sanak èstri | ki patih bramatya | wong ala gawe apa | patènana Damarsasi | Ni Anjêsmara | aja sira patèni ||

20. sampun pêpêk sakathahe jagabela | lawan wong durapati | lawan gulang-gulang | lawan wong barêngtandang | sangusana[130] ing ajurit | lir wêrdu angga | sami angêpung wani ||

21. Sabdapalon Nayagenggong amiyarsa | sami ngapingi[131] gusti | Sabdapalon ngucap | iki kêrisku gêrang | sêbari paksine gênting | angur salarak | dak gawe ngamuk bêcik ||

22. ya ta sigra Damarwulan kinêmbulan | sinosog waos biring | parung lan godebag[132] | Damarwulan tan pasah | malèsèd nora nêdhasi | wong kapatihan | padha ngalokkên mati ||

23. nagasari gêgitikira sadhêpa | ngamuk Ki Damarsasi | bala

--- [f. 22r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 43 dari 94

kapatihan | ana êndhase pêcah | kang sêmpal baune kalih | ilang kupingnya | balane kyana patih ||

24. Sabdapalon angamuk karo sêlarak | tandange bat-abit |[133] sing kaparak bubar | Nayagenggong punika | pan angamuk karo arit | tur arit timah | dawane mung satudhing ||

25. ya ta ana kajinêman siji tiba | anulya ditunggangi | ingarit wêtêngnya | kajinêman alatah | adhuh kêri wêtêng mami | Ki Naya ika | alara ingkang ati ||

26. kajinêman dipun arit gulunira | bênêri kalamênjing | wau arit timah | ika pinindha tatah | gêgarane dipun timbis | jangkêp ping sanga | kajinêman malirik ||

27. Nayagenggong abaksa sarwi ambapang | amuk balane patih | kêkèjèk makanjar | wus modar babarpisan | mati sira ingsun timbis | arit kaparat | kaya pêlining patih ||

28. kyana patih kalangkung dènnya bramatya | ningali Damarsasi | talêmpêk[134] cinandhak | sigra ki patih mara | angucap sarya nudhingi | Ni Anjêsmara | sigra amalayoni ||

29. anungkêmi anèng padane kang rama | matur sarwi anangis | adhuh dewa rama | pukulun arsa [ar...]

--- [f. 22v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 44 dari 94

[...sa] apa | têka gêthana-gêthini | baya tan wêlas | aningali ing mami ||

30. baya arsa amatèni ing si kakang | anglêng kawula dhingin | rama patènana | dening dêdawa wirang | yèn kawula maksi[135] urip | mangsa awèha | kang êmas dipatèni ||

31. Anjêsmara umatur sarya karuna | katuwone wak mami | lagi arsa krama | ana kang dadi trêsna | nuli arsa dèn patèni | dhuh dewa rama | angur kawula dhingin ||

32. kyana patih kalangkung dènira wêlas | dhatêng atmaja èstri | dadi trêsnanira | dening èstri satunggal | tautate andodoti | nyabuki rama | ngudhêngi ngulambèni ||

33. kya patih amicara jroning nala |[136] baya sampun pinasthi | ingsun kawirangan | marga saking ing sira | upama ingsun patèni | Si Damarwulan | si rara milu mati ||

34. yèn mangkono sira lara sun konjara | lawan Si Damarsasi | mojar Anjêsmara | nadyan dipun dhèngdhènga | sampun pisah wong kêkalih | lawan si kakang | mantu dika julanthir ||

35. Damarwulan wus prapta ambanda tangan | mirong gadhung malathi | sampun prapta ngarsa- | nira rêkyana patya | ngaturakên pati urip | Ni Anjêsmara | mungkur sarya anangi[137] ||

--- [f. 23r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 45 dari 94

7. Pangkur

[Ilustrasi]

1. anênggih Ni Anjêsmara | kinonjara kalawan Damarsasi | pakêbonan pêrnahipun | ora sinungan pangan | Sêbdapalon Nayagenggong tinalikung | Sang Prabu ing Balangbangan | ingkang pinurwa ing kawi ||

2. Sang Prabu ing Balangbangan | apan ratu gagah prawirèng jurit | bisikanira Sang Prabu | Nalendra Menakjingga [Menakjing...]

--- [f. 23v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 46 dari 94

[...ga] | ora pasah satapak tilasing palu | miwah têpaking gurinda | muwah sasisaning kikir ||

3. tan ana braja tumama | sri nalendra tan pasah dening wêsi | sakalangkung têguh timbul | Raja ing Balangbangan | sakathaha[138] nagara bang wetan suyud | mring Sang Nata Balangbangan | kumawula atur putri ||

4. Dipati ing Bali seba | Adipati Bandhung prapta anangkil | Dipati Cangcangan rawuh | Dipati Prabalingga | Adipati ing Kincang Gêndhungsaruwung | Adibati[139] Padhomasan | miwah Adipati Gêndhing ||

5. Dipati Walèri seba | Adipati Trênggolak[140] samya nangkil | ing Kartasana acundhuk | asrah putri ngawula | Adipati ing Sarêngat sampun rawuh | suyud marang Menakjingga | miwah Wajak Watuurip ||

6. sakèh nagara bang wetan | saban warsa angaturi upêti | marang Menakjingga suyud | samya atur rêruba | pan kasuksrah[141] sang nata yèn ratu têguh | Maharaja Menakjingga | tanpa tandhing yèn ajurit ||

7. karsane Ki Menakjingga | arsa lamar marang ing Majapait | kang wadya pinêpêk sampun | miwah para dipatya | Menak Sopal ing Tranggolak

--- [f. 24r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 47 dari 94

sampun rawuh | Ki Menak Kulupilada | iku Adipati Gêndhi[142] ||

8. Ki Menak Jayamiruda | iya iku Adipati ing Bali | nênggih Adipati Bandhung | Menak Jayapralaya | pan ing Wajak Menak Panatas ranipun | Adipati Pajarakan | aran Menak Jayèngpati ||

9. pêpatih ing Balangbangan | akêkasih Angkatbuta anênggih | pun Kotbuta sisihipun | sami gagah prakosa | tautate angrusak jajahan musuh | angêlar jaja ing rana | tate rangsang boluwarti[143] ||

10. pêpêk sagunging ponggawa | atanapi sagung para prajurit | kang kaya singa dinulu | ana kang kaya macan | kang sawanèh kaya padhawangan agung | ana kang kaya barongan | prakosa anggêgilani ||

11. ana jimat kinatipa | kang sawanèh sagung para prajurit | ana simbar jajanipun | kadi kombala wudhar | kang sawanèh jêjenggotipun rangguyut | ana godhèg palawangan | asawang lêlumut aking ||

12. ana kang brêngos sakilan | dipun pidih kadya lintah ngêmasi | awarna-warna dinulu | sabusanane ika | kang bêbadhong sawanci-wanci gêngipun | ikang landheyan kancana | sagolèk-golèk ngajrihi ||

13. ana kang jamang kancana | kang sawanèh sêsumping surèngpati | ana ingkang acêcundhuk [acêcu...]

--- [f. 24v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 48 dari 94

[...ndhuk] | jarot ngasêm kancana | kang sawanèh asumping pudhak sadhapur | dalah pandhogane pisan | kancana ingkang kinardi ||

14. ana kang jimat komala | rinajutan kancana kang kinardi | munggèng wêwangkingan murub | sinawur lawan mirah | kang sawanèh anganggo paripih susun | kinancingan êmas jingga | kancana sinilih asih ||

15. Sang Nata ing Balangbangan | Menakjingga enjang miyos tinangkil | ajamang kancana murub | agêlang kang rineka | acêcundhuk sang nata asêkar susun | pinarêk ing sitibêntar | kojêm sagunging bopati ||

16. sakèhe para dipatya | ingandikan majêng dhatêng ing ngarsi | bopati samya wotsantun | sami cundhuk sadaya | sakathahe para bopati tinangtun | sakèhe sanak manira | padha rabèkêna mami ||

17. hèh yayi Jayasantika | atanapi yayi Jayapralagi | hèh yayi Menak Pamutung | miwah Si Menak Sopal | adhi Menak Balaruci lan Pamangsul | yayi Menak Tunjungseta | adhi Menak Wiladèki ||

18. sadaya sanak manira | apan ingong iki arsa arabi | ingsun amidhangêt tutur | saking juragan dagang | kang jumênêng Majapait ratu ayu | kaloka ing sarat Jawa | yèn rêmpug ingong karsani ||

19. bopati [bo...]

--- [f. 25r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 49 dari 94

[...pati] rêmpak sadaya | sami matur dhatêng sri narapati | inggih pukulun arêmpug | yèn kadya sapunika | langkung dhèrèk patibra sèwu jumurung | yèn sawawi ingutusan | dhumatêng ing Majapait ||

20. yèn sawawi ingutusan | atur sêrat dhatêng ing Majapait | Ki Menakjingga amuwus | yayi Menak Panatas | nênulisa kang yogya katur wong agung | Ki Adipati ing Wajak | Menak Panatas nênulis ||

21. wus dadya punang nawala | pan apelag pangaksamaning tulis | wus katur dhatêng sang Prabu | Menakjingga ngandika | kyana patih tinimbalan marang ngayun | Kotbuta lan Angkatbuta | wus majêng konjêm ing siti ||

22. Ki Menakjingga ngandika | hèh ya patih ngong utus Majapait | aturêna surat ingsun | marang Prabu Wanodya | kang jumênêng Majapait ratu ayu | kasuksra[144] ing sarat jagad | yèn ratu ayu linuwi[145] ||

23. sadina mêngko miyanga | wus dangdana hèh patih dèn agêlis | poma pacuhan dika tur | Angkatbuta tur sêmbah | pun Kotbuta atur sêmbah sêrat pinanggul |[146] sampun miyos pinayungan | ingiring wong durapati ||

24. wus sami nitih turangga | awatara tigang atus kang ngiring | sami sikêp pêdhang suduk | bêdhil kêrbin [kêr...]

--- [f. 25v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 50 dari 94

[...bin] unggalan | nyandêr nyongklang tan ana kang dharat iku | raina wêngi lumampah | anendra bari lumaris ||

25. kang minangka panganira | arêrayah gêriya pêdhêk margi | lamon wau manggih sêkul | nora kongsi jinêbab | bèbèk ayam pan ora nganggo anjaluk | ingkang darbe lamon wang la | dèn bêdhil saking turanggi ||

26. wantune bala bang wetan | padha wantêr kabèh wani ngêmasi | yèn manggih pawèstri ayu | angiras ingambungan | ikang jalêr sami lumayu anusup | tan wani amanggihana | wantu dutaning narpati ||

27. nêngêna ingkang lumampah | Menakjingga kang kari dalêm puri | andrawina mangan nginum | lawan para dipatya | sami pista gumêrah ing dalêm agung | pasang damar lir raina | gamelan jêro lan jawi ||

28. sampun lêkas bêbêdhayan | dalêm pura gamêlan angrêrangin | bopati sadaya nginum | anggur arak wêragang | copot kopyah usi-usi surakipun | mariyêm wus sinulêdan | ing alun-alun ngidêri ||

29. Kodhokngorèk asauran | gêledhegan lawan ing pancaniti | gêmêrah[147] kang sami nayub | wau kang anèng pura | ti[148] sulayah kang mêndêm wus samya mêtu | wontên kang ingaku bapa | dhatêng sira sri bopati ||

30. Ajar

--- [f. 26r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 51 dari 94

Pamênggêr wastanya | apitutur dhatêng sri narapati | sakalangkung nora pêthuk | karsane Menakjingga | apitutur lir pendah kang bèthèt sèwu | kadi paksi adon wohan | pituture amrih singgih ||

31. sang prabu sampun mangkana | sampun dika lamar mring Majapait | pasthi cilaka tinêmu | dede sasami dika | pan manawi lêmah lêbak mili banyu | luwange ing kina-kina | tan wontên kadi narpati ||

32. duk ing kuna Balangbangan | kaparentah dhatêng ing Majapait | yèn sêwawi dika susul | lampahe ki apatya | aja kongsi dhumatêng ing Majalangu | wasisan atur rêruba | dhumatêng Sang Prabu Èstri ||

33. tanbuh asile punapa | dika damêl sêsocaning nagari | tan kadhahar darbe atur | kula momong panduka | Menakjingga asêndhu-sêndhu kang wuwus | wis bapa rika mênênga | ora layak yèn tinari ||

34. aran jamaking wong lanang | angulari jodho lawan pawèstri | ing kina aja winuwus | alam[149] mêngko kewala | apan aku sakalangkung brangta wuyung | marang Sang Prabu Wanodya | Ratu Ayu Majapait ||

35. arsaa nora arsaa | ratu ayu anging ingong

--- [f. 26v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 52 dari 94

karsani | rasayaa[150] guru sèwu | reyang mangsa wêdia | apa baya kinarya matèni ingsun | pan isun ratu kawasa | nora pasah dening wêsi ||

36. Ki Ajar Pamênggêr mojar | sampun kibir dika sri narapati | margane tiwas sang prabu | pêpilingan kang kiwa | anglampahi andika tumêka lampus | pan wêsi kuning pêpujan | andika raksa dèn bêcik ||

37. Ki Menakjingga bramatya | yèn sampuna ajar nulya ngesahi | kapinêdhanga gapruk |[151] ya ta Ki Menakjingga | awêkasan asêndhu-sêndhu kang wuwus | sudhah lu pigi sêkarang | tidhak bae orang ini ||

38. nulya lèngsèr Menakjingga | amarani sagunging para rabi | ing pajungutan wus rawuh | carêm sêlir lan garwa | sakalangkung gènira nuwuki kayun | para garwane sadaya | sakalangkung wêdi gêthing ||

39. lapakipun kawasesa | karantêne kênaa pulang rasmi | Ki Menakjingga amuwus | kabèh wadonan ingwang | lamon ingsun ing benjang kalakon têmu | sakèhe rabiku lawas | padha ingong gawe cèthi ||

40. kabèh padha amarêkan | yèn sang putri benjang

--- [f. 27r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 53 dari 94

arsa ing mami | sakathahe bojoningsun | benjang padha ngawula | dêdimène ratu ayu asih lulut | pêpantêse jaluk êmban | bari jiwir-jiwir kuping ||

41. nadyan silih nyawowoa | mring lambeku benjang dèn kongsi dhawir[152] | anampêka waja runtuh | mangsa ingsun dukaa | mênak[153] ngruntik Ratu Ayu Majalangu | pan ingsun bisa sênggara | rangram-rungrum ingik-ingik ||

42. yèn ratu ayu karuna | ingong êmban bari ngong sênggarani | pan ingsun bisa angidung | têtilare si bapa | jambu alas uyah asin banyu ajur | balêngur putraning banyak | waluh bundêr êri lancip ||

43. sakahe[154] kang para garwa | amiyarsa padha ewa kang ati | kidunge wong kênang antu | têka ngênêr kewala | jamak waluh abundêr kaya êndhasmu | baya êrahira benjang | mêtu kaya uyah asin ||

44. panêdhaningsun ing benjang | nganti apa durung ana matèni | maring si dikêrah ngasu | pan ingsun nora soktah[155] | ngaku laki maring wong kang kaya iku | pan ingsun arsa lênggana | wêdi mênak dipatèni ||

45. wantune Ki Menakjingga | maring sêlir tanapi para rabi | lamon lênggana salulut | pasthine pinêjahan | padha ajrih aningali têpanipun | luwange [luwang...]

--- [f. 27v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 54 dari 94

[Ilustrasi]

[...e] kang kalampahan | milane sadaya wêdi ||

46. nêngêna Ki Menakjingga | kawarnaa Sa[156] Prabu Majapait | sineba ponggawa agung | êmpu lawan malandang | Layangsetra Layangkumitir nèng ngayun | satong sanjata aseba | miwah Ki Menak Giyanti ||

47. Ki Menak Kidang Gandhora | atanapi Ki Menak Ki Gandhili | miwah Tumênggung Talutur | miwah Ki Arya Bangah | Adipati Logêndèr munggèng ing ngayun | Ki Menak Jamang aseba | miwah Ki Arya Sêsimping ||

48. Rangga Minangsraya seba | iya iku santanane narpati | lêlurahe Jayèngranu | sami seba sadaya | Sabuk Giwang kalawan Ki Sabuk Janur | Sabuk Jangêt Sabuk Tampar | Ki Sabuk Mingmang anangkil ||

49. Sabuk Alu Sabuk Wangan | Sabuk Sumur

--- [f. 28r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 55 dari 94

[Ilustrasi]

Sabuk Balungbang nangkil | andhèr ponggawa ing ngayun | miyos Sang Prabu Kênya | munggèng kobong sang nata datan kadulu | yèn sang putri angandika | kasmaran kang miyarsèki ||

8. Asmaradana

1. lagi sakeca tinangkil | kasaru kang duta prapta | saking Balangbangan mangko | Kotbuta lan Angkatbuta | ingkang bakta nawala | sêrat saking sang aprabu | Sri Nalendra Menakjingga ||

2. wus katur dhatêng sang putri | lamon ana duta prapta | sing Balangbangan sangkane | utusane Menakjingga | ngaturakên nawala | Prabu Wanodya amuwus | timbalana marang ngarsa ||

3. padha apingana[157] mami | manawi salah balila | sang duta wus prapta karo | ingarsane Prabu Kênya | duta micarèng nala | kaya apa warnanipun | baya Sang Prabu Wanodya ||

4. kalingane Prabu Istri | lamun miyos siniwaka |

--- [f. 28v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 56 dari 94

baya anang kobong bae | yèn ingsun tinatakonan | mring gusti panêmbahan | kayaparan atur ingsun | dene tan wikan ing warna ||

5. angandika Prabu Èstri | hèh duta kinongkon apa | sira marang ing sang katong | dene awadi ta sira | nora mawi larapan | sang duta karo umatur | kêbêk lalêr cangkêmira ||

6. sapa datan kêna aling | lapake miyarsa syara | amicara jro kalbune | mandahane kang ngandika | baya asor kusuma | wêcanane pait madu | têka punjul ingkang syara ||

7. sang duta umatur aris | pukulun lampah kawula | ingutus marang sang katong | gusti kula Menakjingga | angaturakên sêrat | konjuka dhatêng sang prabu | wêlinge gusti kawula ||

8. aja liyan kang nampani | yèn dudu Prabu Wanodya | gustiku pangandikane | bapa patih tampakêna | rika wakil manira | kya patih anyandhak gupuh | nawalane sri nalendra ||

9. angandika Prabu Èstri | bapa patih ulungêna | nawala sun tingalane | kyana patih sigra mara | ngaturakên nawala | ya ta tinampanan sampun | munggèng asta ingkang kiwa ||

10. Prabu Kênya Majapait | dhasar wasis ing aksara | nawala pinijêt bae | unine sampun kaduga [ka...]

--- [f. 29r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 57 dari 94

[...duga] | mangkana tandukira | nawalane sang aprabu | kang palênggah Bêlangbangan ||

11. pratandhane ingkang tulis | katura kang salam donga | dhumatêng sang liring sinom | kang palênggah Majalêngka | mila pun Menakjingga | ngaturi sêrat wong agung | sah sampuning salam kula ||

12. pangaksamaningsun gusti | mugi Sang Prabu Wanodya | tinulusêna jênênge | pinanjangêna kang yusya | tutuga baudhêngdha | Ratu Mas Kancanawungu | sugiha suka wriyaa ||

13. lawan kaping kalih malih | wiyose Ki Menakjingga | amanakawan wiyose | yèn kangge Sang Prabu Kênya | Ratu ing Majalêngka | kawula angawu-awu | agêsang sasat pralaya ||

14. dika mundhut sêsotya di | mas rêtna rajabêrana | gusti diabot tukone | kang ana pitambuhana | gusti lah amêmundhuta |[158] sajong lawan saparau | dhatêng sumangga ing karsa ||

15. lamon sang putri anampik | dhumatêng pun Menakjingga | jêrokêna lêlarène | lacipana[159] kapurancang | dikandêl bitingira | kêkarase diadhuwur | obat mimis diakathah ||

16. kêrigên wong Majapait | dhapat wong mancanêgara | diagung bêdhil waose | mangsa wandea ngong prapta | pasthi dadi irêngan [irênga...]

--- [f. 29v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 58 dari 94

[...n] | Majapait ingsun gêmpur | mangkana unining sêrat ||

17. Prabu Èstri Majapait | miyarsa ungêli[160] sêrat | kalangkung runtik manahe | amicara jroning nala | baya karsaning dewa | yèn jaman lagi binawur | yèn dhingin ing Bêlangbangan ||

18. kaparentah Majapait | eyang tumêka ing rama | mangke anglamar maring ngong | nadyan ingsun akramaa | tan arsa wong bang wetan | sang nata riyak aidu | nawala nulya binuwang ||

19. wus lèngsèr Sang Prabu Èstri | malêbu ing dhatulaya | èsmu sungkawa manahe | kang maksih anèng paseban | Layangkumitir sigra | gupuh nyandhak surat sampun | winaca sinumèng[161] nala ||

20. sampun kadhadha kang tulis | bramatya sinuwèk pisan | sinabêtakên mukane | banjur anarik curiga | cinandhak Layangsetra | adhi nistha jênêngipun | apancakara lan duta ||

21. angucap Layangkumitir | matura Si Menakjingga | gustimu edan alamong | kapan gustimu luruga | marang ing Majalêngka | Kangjêng Ratu Majalangu | nora arsa orang gila ||

22. aja siyang nadyan latri | ngong caosi biting jaja | isun kêmbarane dhèwèk | pêpadhane jênthik kiwa | asu ing Bêlambangan |

--- [f. 30r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 59 dari 94

baya gustimu kapaung | wus age padha mantoga ||

23. Ki Patih Kotbuta angling | hèh apa têngêranira | Layangkumitir saure | ing benjang têngêran ingwang | iku sira nrajanga | pêpari anom ing besuk | aja oncat narajanga ||

24. bramatyanira tan sipi | Ki Apatih Angkatbuta | dipun pulir babrêngose | arsa binanting kewala | sinikêp ing Kotbuta | untune sampun dèn adu | adhi sampun sangdya ika ||

25. Ki Patih Kotbuta angling | dhuh adhi sampun mêngkana | mandah dukane sang katong | lamon dika patènana | mantri ing Majalêngka | adhi padha sami mantuk | umatur dhatêng sang nata ||

26. sampun anitih turanggi | Kotbuta lan Angkatbuta | datan kawarna lampahe | siyang dalu sêsandêran | wus prapta ing bang wetan | Ki Menakjingga winuwus | andhèr bopati sêseban ||

27. pêpêk kanang pancaniti | mantri kalawan dipatya | punggawa lênggah atèrèp | santana jajar anglambak | ngajênge sri nalendra | ki patih karo wus rawuh | cingak sagung wong sêseban ||

28. sampun prapta anèng ngarsi | karo matur awotsêkar | sang nata pangandikane | olih gawe patih sira | dimaju marang ngarsa | ki patih

--- [f. 30v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 60 dari 94

[Ilustrasi]

majêng wotsantun | sampun kawula lumampah ||

29. dhumatêng ing Majapait | angaturêna kang sêrat | anuhun duka sang katong | Sang Prabu ing Majalêngka | datan arsa akrama | nanging kawula sang prabu | warnane dèrèng uninga ||

30. Sang Prabu ing Majapait | kala miyos sinewaka | anang jroning kobong bae | wadyabalane sadaya | botên wontên uninga | Prabu Wanodya pukulun | tan arsa dhatêng panduka ||

31. wadana lir mêtu gêni | bramatya Ki Menakjingga | asangêt pangandikane | sun gêmpure Majalêngka | pasthi dadi irêngan | sun karyane alas agung | bapa ajar timbalana ||

32. ki ajar anulya prapti | Ki Menakjingga ngandika | hèh bapa kaya kapriye | ingsun arsa angluruga | marang ing Majalêngka |

--- [f. 31r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 61 dari 94

[Ilustrasi]

Ki Ajar Pamênggêr matur | patibra sampun mangkana ||

33. dèn lurugana narpati | ing Jawa lan tanah sabrang | dèn sami surèng palugon | datan bêdhah Majalêngka | gusti atur kawula | kariya saubing payung | mundura aja pêpeka ||

9. Durma

1. sakalangkung bramatya Ki Menakjingga | bapa aja baribin | baya rika gila | lamon ingsun taria | mundur têka gègèrisi[162] | kakehan polah | wus bubarêna patih ||

2. kyana patih sampun anata gêgaman | lèncèng[163] ginoyang anjrit | tambure angawang | awor bêndhe sauran | sampun taha ingkang baris | wong Balangbangan | miwah para dipati ||

3. warna-warna barise mancanagara | payung bawat kèh mijil | sinar kang bêndera |

--- [f. 31v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 62 dari 94

alun-alun agêlar | awor syaraning turanggi | baris sênjata | lir kilat lawan thathit ||

4. jagabela kalawan wong kajinêman | miwah wong durapati | ngagêm waos mamas | bung ampèl lawan ponthang | acêlana kêre wêsi | lan gêgênderan | kulambi sora-sari ||

5. sakèh bala tan kaliru ing cêpêngnya | kawula saragêni | nyêpêng bêdhil tinggar | watara kalih nambang | sadaya rasukan kuning | wus sami ajar | anèng luhur turanggi ||

6. lir raditya lêlayu lawan bandera | dalugdag[164] tinon asri | lir sêkar sataman | gêgaman Bêlangbangan | bêdhil gêdhe mangkat dhingin | wêlur ing marga | gêgaman angibêki ||

7. gulang-gulang sami kulambi sangkêlat | rinangkêp kutang putih | nganggo pêdhang dawa | calana bolang-bolang | kopyahe lêlancur kuni[165] | wong kawan dasa | brêngose dibundhêli ||

8. sabragadha[166] kawan dasa jagabela | samya rasukan putih | sami dhêsthar jingga | calananipun abang | samya sikêp kêpêng cundrik | wong gêgangsingan | padha wani ngêmasi ||

9. sarya irêng kêlambine barêngtandang | calana rante wêsi | tiyang kawan dasa | dhastha[167] jingga nonoman | nyêkêl tamèng lawan lêmbing | wus sami ajar | ing alun-alun [a...]

--- [f. 32r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 63 dari 94

[...lun-alun] baris ||

10. wadyabala angantos wau sang nata | dêdêg pami abaris | sami lêlumbungan | ingkang sikêp sênjata | waos gotong sampun mijil | saking jro pura | wêlur miyos ing jawi ||

11. Menakjingga anari ing para garwa | papa[168] dangdana yayi | ingsun gawa sira | marang ing Majalêngka | malar dadia pangari[169] | pasthi têtawan | putri ing Majapait ||

12. besuk sira yayi padha boyongana | ing Ratu Majapait | Sang Prabu Wanodya | benjang yèn anang marga | dèn bisa angari-ari[170] | malar ing benjang | asiha dhatêng mami ||

13. sigra dangdan sakathahe para garwa | samya busana adi | sira Menakjingga | sampun rasuk makutha | abusana sarya adi | angangge jimat | abigêl[171] silih asih ||

14. wus palastha Menakjingga dènnya dangdan | sampun anitih isthi | ingkang para garwa | nitih joli jampana | sadaya wau wus mijil | saking jro pura | dulur lampahi[172] margi ||

15. awurahan ingkang sami nata tundhan | titihan para nyai | wus caos marapag | tundhan kuda tingtingyang[173] | badhe ingkang ngrêmbat joli | wus sami budhal | mumyang[174] gumuruh margi ||

16. kang lumampah ing ngarsa dhadha prawira | Adipati ing Bali | Adipati Kincang | Bandhung lawan Cangcangan | sagêgaman saha mantri |

--- [f. 32v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 64 dari 94

rêmpêging bala | rame turangga muni ||

17. Adipati Pajarakan Tugarana[175] | ingkang lumampah wuri | saha mantrinira | Dipati Prabaliga[176] | Adipati ing Walèri | sagêgamannya | bandera mancawarni ||

18. tinajubung ginarêbê[177] dening bala | wau sri narapati | tambure angawang | êgong bêndhe sauran | badha baksa cara Bali | angnyêpêng[178] mamas | wau para kapilih ||

19. ya ta wau lampahe Ki Menakjingga | asra[179] umyang ing margi | lir sagara bêna | songsong awarna-warna | wau kang para bopati | kang pêdhêk marga | wong desa sami ngili ||

20. padhusunan tiyang alit sami bubar | minggah dhatêng ing ardi | wau sri nalendra | wus lêpas lampahira | lir pendah sela blêkithi | lampahing bala | jêjêl kêbêk ing margi ||

21. wus kancikan têpis wiringe wong Daha | dening Dipati Bali | wong paminggir desa | ngungsi nagari Daha | bèbèk ayame kang kari | padha dèn rayah | kêbo disêmbêlèhi ||

22. sinewaka sira Adipati Daha | pêpêk punggawa mantri | miwah kang santana | lurah bêbêkêl desa | umatur ing adipati |

--- [f. 33r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 65 dari 94

[Ilustrasi]

abdi sampeyan | rêsak dipun rayahi ||

10. Puh Kênang Lêlatêng[180]

1. mojar Adipati Daha | lamon ingsun mangke magut ajurit | nadyan tumêkaa lampus | katona ing sang nata | bêbêcike awèh wêruh Majalangu | nadyan ingsun ayudaa | yèn wis katur ing sang putri ||

2. hèh yayi Menak Santênan | nênulisa badhe konjuk sang putri | rèning[181] kaunggahan musuh | Ratu ing Balangbangan | lah unine iku anjaluka bantu | hèh yayi sira miyanga | prayoga matur narpati ||

3. Menak Santênan lumampah | nyandêr nyokyang[182] wus prapta Majapai[183] | nawalanira wu[184] konjuk | ing Sang Prabu [Pra...]

--- [f. 33v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 66 dari 94

[...bu] Wanodya | kang nawala nulya ingungkaban sampun | dening Sang Prabu Wanodya | wus binabar punang tulis ||

[Ilustrasi]

11. Puh Patratruna[185]

1. anuhun duka kawula | katura ing kangjêng gusti | abdi sampeyan pun Daha | ngaturakên pati urip | tiwas tênggê[186] nagari | dening kadhatêngan musuh | Sang Prabu Balangbangan | balanipun kathah prapti | nuhun bantu kawula bontên[187] kawawa ||

2. mangkana ungêling sêrat | Prabu Èstri Majapait | angandika dhatêng raga[188] | agawea surat kalih | mring man Dipati Tubin | sawiji surat puniku | kang sawiji mring Daha | Rangga Minangsraya nulis | kawarnaa wus dadya punang nawala ||

3. wus katur dhatêng sang nata | angandika Prabu Èstri | Layangkumitir miyanga | mring paman Dipati Tubin | atêrna surat mami | poma iki dipun katur | gawaa kajinêman | jagabela durapati | sah kêrigên sira ambanjura pêrang ||

4. hèh Layangsetra miyanga | atêrêna surat mami | marang Adipati Daha | anitiha naga jurit | sakèh mancanagari | padha dunên aprang pupuh | gawaa

--- [f. 34r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 67 dari 94

pêrangtandang | jagabela durapati | aja mulih ambanjura ing ayuda ||

5. pun Layangsetra kalawan | Layangkumitir |[189] sakathahe jagabela | kajinêman durapati | pêrangtandang tan kari | kinêrig sabaturipun | watara kawan nambang | sadaya sampun pinalih | kang sapindhah tumut dhatêng Layangsetra ||

6. sami anitih turangga | datan kawarna ing margi | wau ta ingkang kocapa | Ki Adipati ing Tubin | apan kacatur singgih | yèn roro saduluripun | istri ingkang atuwa | Dipati Tuban wuragil | ikang raka kagarwa ing Brawijaya ||

7. adarbe putra sanunggal | nênggih miyos Prabu Èstri | pan kapêrnah kaponakan | marang Adipati Tubin | kang ibu sampun mati | sapunika kandhanipun | Ki Ranggalawe Tuban | miyos sineba ing mantri | pêpêk kabèh sagunging mantri aseba ||

8. Layangkumitir wus prapta | ngarsane Dipati Tubin | Layangkumitir angucap | sumangga karsa narpati | katur sang adipati | nawala tinampan sampun | anulya ingungkaban | ulêse taluki kuning | wus winaca nawala dening ki arya ||

9. katura sêmbah kawula | Prabu Èstri Majapait | dhumatênga mring pun paman | kang lênggah [lêng...]

--- [f. 34v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 68 dari 94

[...gah] nagari Tubin | wiyosipun kang tulis | mung dika wong tuwaningsun | gêgêntine pun bapa | paman botên wontên kalih | kang prayoga ngundurêna musuh prapta ||

10. ngong têmpuhakên pun paman | musuh bang wetan kang prapti | mangsaboronga pun paman | amriyogaa ngajurit | pan ingong ratu èstri | garêbyuh kawratan pinjung | poma paman dipatya | ilangêna kang kalilip | sapunika ungêle ingkang nawala ||

11. kagèt Adipati Tuban | angusap jaja pribadi | Prabu Rara kurang tega | adarbe paman ing mami | mangsa ajriha pati | rèng ingsun mongmong sang prabu | bojar[190] Dipati Tuban | dèn akêbat Sanggalangit | anabuha tangara amêpêk bala ||

12. nênggih Pêpatih ing Tuban | aran Dêmang Sanggalangit | lan Dêmang Juranggarawa[191] | kajinêman Rujakbêling | lawan pun Kilat Thathit | pan sami wong têguh timbul | tate angêlar jaja | angsring rangsang boluwarti | ing paseban sampun anabuh têngara ||

13. loncèng kalih wus ginoyang | adangu satêngah ari | bala Tuban sami prapta | mêranggu kang griya têbih | wus pêpêk pancaniti | anyêpêng gêgamanipun | pan sami bêbarisan | saha balane wong Tubin | wus pêpêkan mantri

--- [f. 35r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 69 dari 94

kalawan santana ||

14. usarira kawan dasa | abaris saha turanggi | lêlayu ngadêg lir teta | banderane lusir[192] kuning | bung ampèl waos jinggring | bênang balèrèng akumpul | salurah ngalih dasa | wus tata barising Tubin | ting galêbyar lir thathit barung lan kilat ||

15. Ki Adipati ing Tuban | apamit ing para rabi | atmajanira têtiga | pawèstri ingkang sawiji | aran Dèwi Sakati | atmajanira kang sêpuh | panggulune punika | Radèn Buntaran apêkik | wuragile awasta Radèn Watangan ||

16. pan dèrèng wontên akrama | putra istri wus birai | atmajanira kang lanang | diwêg sami bêbêkuki | nênggih ingkang sawiji | umur gangsal wêlas taun | ya ta Radèn Watangan | umur tiga wêlas warsi | samya monthah kêdah tumut ingkang rama ||

17. sakathahe para garwa | sadaya sami nungkêmi | mojar Adipati Tuban | isun yayi nora lami | nulia gêlis prapti | yèn sampun apranga pupuh | sapa yogyane baya | kang wani amagut jurit | ngundurêna musuh aguh[193] ingkang prapta ||

18. putra kalih sangêt molar | kêdah amilu ajurit | ya ta Adipati Tuban | angimur kang para rabi | kacatur tigang wêngi | gènnya anuwuki kayun | sampu[194]

--- [f. 35v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 70 dari 94

têkèh[195] sêmaya | wêwêkase wanti-wanti | Ni Sakati anungkêmi mring kang rama ||

19. angucap sarwi karuna | rama sampun lami-lami | Dipati Tuban angucap | ingsun rara nora lami | nulya agêlis prapti | atmaja jalu amuwus | kawula tumut aprang | sayaktine lumuh kari | wus jamake putra lanang milu aprang ||

20. Dipati Tuban ngandika | putra ngong gawanên dhingin | Dêmang Gathul diakêbat | putra ngong sun gawa jurit | ki dêmang awotsari | sampun kaduga ing sêmu | sigra Radèn Buntaran | Radèn Watangan ngastuti | wus binakta cangkrama dhatêng ing wana ||

21. sampun katungkul kang putra | Ki Adipati ing Tubin | sampun angrasuk busana | sakaprabuning[196] ajurit | agêlang anting-anting | kilatbau lan kêkalung | rineka ing kancana | tinarètès intên adi | ngangge pêdhang dhuhung nyuriga sakawan ||

22. wus miyos Dipati Tuban | sigra anitih turanggi | sumahab lampahing bala | kadi udan sinamèni | nênggih pun Kilat Thathit | kang dadi cucuking laku | rasukan kêre waja | acêlana rante wêsi | nitih kuda pêdhange kangsar ing lêmah ||

23. datan kawarna ing marga | Ki Adipati ing Tubin | sakèhe mancanêgara | sadaya samya kinêrig | sawahana

--- [f. 36r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 71 dari 94

ajurit | Dipati Lasêm Sidayu | ing Warung Garobogan | Dipati Rêmbang Garêsik | Adipati Kalangbrèt lawan Balora ||

24. Dipati Jipang Panolan | ing Jinggan lan Punaragi | Kaduwang lan Pamagêtan | Madiun lan Surabanggi | Dêmak Jêpara ngiring | Dipati Kaputran rawuh | sampun dado[197] satunggal | gêgaman mancanagari | yèn sinawang kadi ardi kawalagar ||

25. Layangkumitir punika | nitih kuda anèng wuri | ginarêbêg pinayungan | dèn iring wong durapati | gêgaman Majapait | sagolongan anèng pungkur | bandera warna-warna | angulur anang ing margi | kadi kilat gêbyare sanjata lanang ||

26. yèn pinirsa kang gamêlan | lir taru sêdhênge sêmi | anglêrêsi labuh kapat | kadya yayang munggèng tulis | surêm kang banaspati | kalingan dening lêlayu | endhe kombala badhak | pêdhang tamèng waos jinggring | awurahan awor pangriking turangga ||

27. samana wus masanggrahan | Ki Adipati ing Tubin | sami pasang pabitingan | sakèhe mancanagari | sabrang kilèning rawi | adhuwur kêkarasipun | wau datan kawarna | ingkang ngajêngakên jurit | kawarnaa lampahe Ki Layangsetra [La...]

--- [f. 36v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 72 dari 94

[...yangsetra] ||

28. Kiya Adipati Daha | miyos sineba ing mantri | Ki Layangsetra wus prapta | pinaringakên tumuli | marang sang adipati | nawala tinampan sampun | marang Dipati Daha | wus winaca punang tulis | lamat sêrat tumêkaa ing Si Daha ||

29. pèngêt punika kang surat | layange Sang Prabu Èstri | sira durung babak bunyak | nulya akèn ambantoni | yèn sira wêdi mati | angur lah agea pinjung | dening wus awibawa | angrèh ing wong sanêgari | bok iyaa wania yudakênaka ||

[Ilustrasi]

--- [f. 37r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 73 dari 94

[Ilustrasi]

12. Pangkur

1. mojar Adipati Daha | bêlèh ingsun lamun aji amati | nadyan tumêkaa lampus | katona ing sang nata | ewuh têmên angawula ratu ayu | ana wong atur uninga | ingaranan wêdi mati ||

2. bramatya Dipati Daha | gigit waja bêbrêngose dipulir | kawula asoroh amuk | magut ing Prabalingga | anak ingwang ing benjang sampun diingu | yèn Adipati ing Daha | palastra tatune gigir ||

3. sigra Adipati Daha | tilar bala awahana turanggi | sakathahe balanipun | padha nusul kewala | Mantri Daha saupacaranya nusul | awatara wong sanambang | wus sêja barêng ngêmasi ||

4. sampun campuh kang ayuda | Adipati Gêndhing tinêmpuh dhingin | wadya alit sami cucu[198] | surak ambal-ambalan [ambal-amba...]

--- [f. 37v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 74 dari 94

[...lan] | lir bêrondong syaraning bêdhil kumrutug | kadya pyahara[199] ing wana | kang wantêr gêlis ngêmasi ||

5. abênthak ganjur lan watang | amêkanjar rame asilih ukih | ana ingkang salin suduk | padha pating karomplah | ingkang kanin padha digendhong lumayu | wau ingkang duwe sanak | maksih rame kang ajurit ||

6. Adipati Prabaliga | anarajang wau saking ing wuri | bala ing Daha wus gêmpur | Dipati Pajarakan | anarajang wau saking kananipun | Ki Adipati ing Wajak | anarajang saking kèri ||

7. Ki Layangsetra tumingal | yèn Dipati Daha sampun ngêmasi | kudane sinabêt mamprung | sabature sadaya | cêcongklangan syaranira gumarudug | malayu tunjang-tinunjang | jujug barise wong Tubin ||

8. Layangsetra atur sêmbah | kadipundi karsa dika kiyai | Dipati Daha kasambut | mêsêh[200] ngancik mring Daha | yèn sawawi kiyai dawêg pinagut | yudane wong Prabaliga | mungpung dèrèng nabrang wari ||

9. Dipati Tuban ngandika | marang sagung ingkang para dipati | Dipati Lasêm Siyu |[201] Pathi lawan Bêlora | atanapi Rêmbang Lamongan Madiun | ing Warung lan [la...]

--- [f. 38r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 75 dari 94

[...n] Garobogan | ngong karya pangawak kèri ||

10. Dipati Jipang Panolan | Adipati Jinggan lan Saosragi | ing Prênaraga akumpul | Kaduwang Pamagêtan | dèn prayatna aja nêniwasi kèwuh | manira kang dadi dhadha | sabalaningong wong Tubin ||

11. miwah anak Layangsetra | atanapi anak Layangkumitir | ngong karya cucuking kewuh | lawan wong kajinêman | jagabela durapati Majalangu | sapa kang tilar gêlanggang | pasthi sun tumbak sing wuri ||

12. sagungi[202] para dipatya | pan sadaya tinari sanggup wani | Dipati Tuban amuwus | turangga saosêna | anabuha tangarane wong prang pupuh | tunggu ngong sira pasanga | kang ciri wanara putih ||

13. wong Tuban atêtabuhan | tangarane lamun miyosi jurit | bêndhe tinabuh angungkung | kêndhang kênong sauran | êgong bèri yèn rinungu kamarusuk[203] | awor syaraning turangga | yèn pinirsa gègèrisi ||

14. samya miyosi ayuda | wus apagut kapanggih padha wani | gumaruduk sami cucuh | nanging kalangan [kalang...]

--- [f. 38v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 76 dari 94

[...an] toya | ingkang wantêr ambyar lan turangganipun | anglangi anang ing toya | mati dèn kêrutug bêdhil ||

15. awor kukusing sundawa | pêtêng dhêdhêt pan kadi têngah wêngi | lir kilat thathit ambarung | pancoroting sundawa | alimêngan bêdhil muni bumlurut |[204] mimis anèng awang-awang | dinulu lir udan api ||

16. sigra Ki Patih Kotbuta | lan Ki Patih Angkatbuta ningali | bala ing Gêndhungsaruwung | dipun irid sadaya | mung barise Layangkumitir jinujug | Kotbuta lan Angkatbuta | bangawan dipun langèni ||

17. sabalanira wus mêntas | aningali barising Majapait | tanggina[205] sinandêr asru | rame silih marjaya | ganjur rampak arame amuk-ingamuk | Kotbuta lan Angkatbuta | pangamuke golong pipis ||

18. Ki Layangsetra lumajar | akalihan Radèn Layangkumitir | gêgabahan Majalangu | sampun rêmpuh sadaya | Sabuk Lumpang Ki Sabuk Giwang kapupu | Sabun[206] Jangêt babarpisan | Ki Sabuk Sumur ngêmasi ||

19. Ki Sabuk Tampar palastra | Sabuk Dhadhung Sabuk Wangan

--- [f. 39r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 77 dari 94

ngêmasi | satdong sanjata lumayu | tan amanggapuliha | rêmêk kabèh kajinêman Majalangu | Kotbuta sami ambêdhag | sabalanira angusir ||

20. Ki Angkatbuta angucap | lah mandhêga sira Layangkumitir | pagene sira lumayu | angucap Layangsetra | êmoh kêndêl manawa cêndhêk kang umur | jêjêrih angur uripa | awèta mangan rajêki ||

21. malayu tunjang-tinunjang | Layangsetra lawan Layangkumitir | wus singidan baris agung | kudanira rêngosan[207] | Layangsetra Layangkumitir wus mudhun | awor lan mancanagara | pan sami pating karêmpis ||

22. Ki Menak Sopal wus nabrang | Adipati Prabalingga lan Gêndhing | Kincang Kinandhang tan kantun | Dipati Pajajaran | wus pinapag dening balaning Sidayu | Lasêm Pathi lan Bêlora | Garobogan angêbyoki ||

23. arame êbyoking watang | datan kandhêg kang nabrang anèng wuri | daludag lawan lêlayu | mapan minangka aram | endhe kantar katujah turangga rêmuk | sumahab kang anèng ngarsasa |[208] bangawan dipun langèni ||

24. para dipati bang wetan | sakathahe [sakathah...]

--- [f. 39v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 78 dari 94

[Ilustrasi]

[...e] sami nabrang bênawi | sigra pinagut prang pupuh | marang Dipati Jipang | Adipati ing Jinggan lawan Madiun | wadya alit sami bênthak | kang ajrih mundur tan pamit ||

13. Durma

1. rameni[209] prang tanbuh musuh lawan rowang | rame asilih ukih | lir gabah ngintêran | abilulungan samya | kang sami wantêr ajurit | sambungan konca | suduk-sinuduk sami ||

2. kang sawanèh musuhe sarwi têtêgar | amuk padha prajurit | anuli narajang | rame sêrang-sinêrang | pêdhang ujungan lan kêris | pan kacèk dawa | astane ajur kalih ||

3. rameni prang kunarpa susun atumpang | baunya nguwir-uwir | bêdhil brêg-êbrêgan | surak ambal-ambalan | awor

--- [f. 40r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 79 dari 94

[Ilustrasi]

lawan gutuk api | kadi prahara | lir gêrêh syaranèki ||

4. kang sawanèh ana sambat biyang-biyang | ana kang sambat rabi | lah bojo karia | ingsun mati paprangan | aja sira laki maning | mongmonga anak | kêndamu ngèngèri |[210]|

5. tiningalan ludira lir lèpèn bêna | anang têngahing baris | lir bulus nèng rawa | wastra watang lir sarah | wus dadya sagara gêtih | êgong kèh kambang | kadya bulus anglangi ||

6. kawarnaa kang anèng pangawak kiwa | Adipati ing Bali | Dipati Cangcangan | Bandhung lan Pasuruan | Dipati Wajak Waturip | wus sami nabrang | ambyur dhatêng ing rawi ||

7. sampun nabrang para dipati bang wetan | sabala lan turanggi | tan kêna winilang | sami langi nèng toya [to...]

--- [f. 40v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 80 dari 94

[...ya] | sumahab susun atindhih | kang anèng ngarsa | katunjang ing turanggi ||

8. ganjur watang lêlayu minangka aram | kathah mati nèh[211] wari | katunjang kewala | dening kathahing bala | dadi wote kang nèng wuri | tunjang-tinunjang | sami arêbut dhingin ||

9. ana wong anglangi aramon watang |[212] durung tumêka pigir[213] | sêlêk katagihan | nuli rèrèn anguntal | bature kinèn jagani | yèn ingsun uga | kaul yèn têka pinggir ||

10. sun undangi mêko yèn wis prapta dharat | ingkang padha madati | nuli buwang madat | agunge saparapat | sun go anaur punagih[214] | sok dhumatênga | ingsun marang pêpinggir ||

11. sampun gêmut bopati bang wetan nabrang | bala padha prajurit | wus ajêng-ajêngan | musuh kalawan rowang | abêlabar wana giri | suraking bala | lir rubuhêna langit ||

12. Adipati Lasêm kalawan Bêlora | Kudus Lasêm lan Pathi | wus maju ayuda | ngamuk pan saha bala | tan ana kang sambat ajrih | musuh lan rowang | padha tan ana gingsir ||

13. lir ampuhan syaraning bala kabranan | bêdhil norana muni | akuwêl kewala | rame abarêkuhan | gumêrah kang sami kanin | ingkang lumajar | sami dipun bêdhili ||

14. têtumpêsan ing wau [wa...]

--- [f. 41r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 81 dari 94

[Ilustrasi]

[...u] kang wadyabala | saking wantêring jurit | apungan bêngawan | prajurit kang sapindhah | tangtang-tinangtang wadya lit | ana makanjar | ana nyipat ing bêdhil ||

15. ginêbyuran bangawan pan linangenan | saha bala turanggi | dèn bêdhil sing dharat | ingkang langi ing toya | bopatine nabrang dhingin | mila kang bala | padha arêbut dhingin ||

16. nora kandhêg sinosog ing ganjur rampak | binarondong ing bêdhil | saking ing dharatan | mimis anampar toya | tan kandhêg gènnya anglangi | asarah watang | kang pêjah padha kèli ||

17. ingkang sampun mêntas gènira anabrang | angamuk ngobat-abit | ramene kang aprang | lindhu awor prahara | apan surêm punang wari [wa...]

--- [f. 41v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 82 dari 94

[Ilustrasi]

[...ri] | dening ludira | sumamburat lir riris ||

18. ikang sami pêjah anèng ing ngajêngan | ora nana anolih | sami ingidêkan | kinarya wot kewala | pan sampun sagara gêtih | gunung kapala | kang urip maksih wani ||

19. kang bangawan apan asarah kunarpa | sampun alaru[215] gêtih | têtugêlan watang | anglambak ing bangawan | ing wuri maksih anglangi | pating kudhangsang | tan ana ngucap ajrih ||

20. ing paprangan pêtêng dhêdhêt alimun |[216] mimis kadi gêrimis | prasami abangal | ingkang abratayuda | padha wantêr ing ajurit | para dipatya | wau sami ngajoni ||

21. Adipati ing Jipang ngamuk manêngah | asikêp watang putih | kuda ulês napas | singa katrajang bubar | angucap sarya nudhingi | lah iya mara | aja ngadu wong cili ||

22. iya êndi bopatine [bo...]

--- [f. 42r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 83 dari 94

[Ilustrasi]

[...patine] wong bang wetan | ikang uwis amukti | payu papagêna | tandhinga ing ayuda | sigra Dipati Walèri | mara ing ngarsa | asikêp watang putih ||

23. Adipati Walèri langkung bramatya | maju sarwi sêsirig | watange ingikal | ingêmbat anèng asta | kapanggih samya dipati | asru angucap | Adipati Walèri ||

24. lah mundura sira Adipati Jipang | eman manawa mati | balik ngawulaa | maring ing Balangbangan | Dipati Jipang nudhingi | sira mundura | eman manawa mati ||

25. Adipati Walèri asru anumbak | jarane nulya mati | Adipati Jipang | tiba karangkang-rangkang | surak lir karungu langit | musuh lan rowang | bêndhe kalawan bèri ||

26. ngikal watang atangi Dipati Jipang | anuli dèn lahiri[217] | jaja kaprajaya | Walèri sampun niba | surake awanti-wanti [a...]

--- [f. 42v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 84 dari 94

[Ilustrasi]

[...wanti-wanti] | sampun kabranan | ginotong mundur sami ||

27. salin kuda sira Adipati Jipang | maju sarya sêsirig | sarya ngikal watang | ingêmbat anèng asta | kêmbulana sun ajurit | wong Balangbangan | aja ngadu wong cili ||

28. katingalan dènira Sang Menak Sopal | asikêp watang biring | kudane anyongklang | ulêse abang sêpah | lah ngucap sarya nudhingi | Ki Menak Sopal | aja damu gingsiri ||

29. ri saksana kapanggih ayun-ayunan | tudhing-tinudhing sami | sira Menak Sopal | turanggane tinumbak | anglumba anulya mati | Ki Menak Sopal | tiba kongsêb kawalik ||

30. sigra tangi sarwi anarik curiga | anulya dèn lahiri | wêtênging turangga | jaranira anglumba | anulya tiba kawalik | Dipati Jipang | anuli dèn kakahi ||

31. ingidêkan sinambêlèh gulunira | Dipati Jipang mati | sigra Menak [Mena...]

--- [f. 43r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 85 dari 94

[Ilustrasi]

[...k] Sopal | sampun salin turangga | maju sarwi asêsirig | asumbar-sumbar | payu padha bopati ||

32. ya ta wau Ki Adipati ing Tuban | manggung luhur turanggi | sarwi pinayungan | watang ing kèri kanan | panurung cêmêng ingapit | pan waos sulam | ing wingking anjajari ||

33. pan ingadhêp dening tiyang gêgabahan | badhe kang milu mati | tuwuk dipun dadar | Adipati ing Tuban | balabah tulus ing budi | sabar darana | Ranggalawe ing Tubin ||

34. aningali Adipati Jipang pêjah | anulya angawati | nyandhak pangawinan | wus anyamêthi kuda | edhehan nyongklang aririh | nyirig mêndhapan | surak kabèh wong Tubin ||

35. waosira adhapur biring lanangan | landheyane tangguli | waos tigang dhêpa | ingêmbat lir kitiran | waose ampuh alungit | marang ing ngarsa | kudane alon nyirig ||

36. nyongklang wêdhar kudane Dipati Tuban |

--- [f. 43v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 86 dari 94

[Ilustrasi]

asumbar ing ajurit | rêbutên ayuda | Adipati ing Tuban | lajêre wong Majapait | lah papagêna | kang padha wus amukti ||

37. nitih kuda Adipati Prabaliga | ngêmbat watang raspati | panggih yun-ayunan | anuli linarihan | Ki Adipati ing Tubin | sigra anggêbang | watange tilas[218] pacing ||

38. dyan winalês Menak Pralaga katawan | baune ingkang kanin | ludirane muncar | rinêbat dening bala | wus ginotongan tumuli | tinandhu kêbat | surak bala ing Tubin ||

39. Menak Sopal kalangkung bramatyanira | kudane cinamêthi | sarwi ngêmbat watang | kapanggih yun-ayunan | Menak Sopal anudhingi | sira mundura | asu Rangga ing Tubin ||

40. putrinira a[...]na Menakjingga |[219] lan sira adipati | banjura ngawula | marang wong Balangbangan | nistha jênênging bopati | kowên wong Tuban | ngawula ratu èstri ||

--- [f. 44r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 87 dari 94

[Ilustrasi]

41. kaya ingsun angur ngaluwata pisan | ngawula ratu èstri | Adipati Tuban | langkung dènnya bramatya | witning ingsun nora sudi | aprang lan sira | pan sira wong ambalik ||

42. Menak Sopal ngulua ambêkanira | dening saemu urip | sira wêdi pêjah | aprang lan Menakjiga[220] | wus mundura ora sudi | musuh lan sira | dhingin kapretah[221] mami ||

43. Menak Sopal kalangkung bramatyanira | anulya numbak dhingin | anulya ginêbang | waosipun kangsingsal[222] | Dipati Tuban larihi[223] | jaja kabranan | Menak Sopal ngêmasi ||

44. Adipati Cangcangan rapakên[224] kuda | ngêmbat watang raspati | sami yun-ayunan | langkung kêbat acukat | Ranggalawe dèn larihi | jangkêp ping tiga | kêbat dènnya anangkis ||

45. mêsat gigal watangira tibèng lêmah | Ranggalawe larihi | tênggêk kaprajaya | ludiranira muncar | niba saking ing turanggi | wus ginosongan | Tunjungseta ngêmasi

--- [f. 44v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 88 dari 94

[Ilustrasi]

ta ngêmasi |[225]|

46. maju rana Adipati Pasuruan | ngêmbat watang kumitir | panggih yun-ayunan | lan Adipati Tuban | Pasuruan mangkya angling | sira mundura | Ranggalawe ing Tubin ||

47. angur sira ngawulaa Menakjingga | ratumu Prabu Èstri | sira aturêna | mring gusti Menakjiga | bramatya Dipati Tubin | sigra anumbak | Pasuruan ngêmasi ||

48. ngikal watang Ki Ranggalawe i Tuban | kudane asêsirig | payu kêmbulana | iki rupane iya | lajêre wong Majapait | Si Menakjingga | mêtua ngong kêmbari ||

49. wus kalindhih yudane wong ing bang wetan | rêmpuh tan ana kari | gègèr apuyêngan | lumayu rêbut paran | ya ta Adipati Tubin | wus masanggrahan | sampun anata baris ||

50. kawarnaa kang anang ing Prabaliga | Menakjingga tinangkil | Ki Patih Kotbuta [Kotbu...]

--- [f. 45r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 89 dari 94

[Ilustrasi]

[...ta] | ingkang mugèng[226] ing ngarsa | umatur dhatêng narpati | anuhun duka | pukulun panduka ji ||

51. abdi dalêm ingkang amagut ayuda | rêsak kawula alit | tan mangga puliha | kathah pêjah ing toya | bopati kathah ngêmasi | rayi sampeyan | Menak Sopal ngêmasi ||

52. rayi panduka Dipati Prabalingga | Menak Jayapralagi | pan anandhang brana | Adipati Cangcangan | Jayasantika ngêmasi | wus katriwandhan | Adipati Walèri ||

53. rayi dika Ki Adipati ing Kincang | Balaruci ngêmasi | Adipati Tuban | langkung dening prawira | adipatine wong Tubin | kêbat acukat | atêguh tur tarampil ||

54. prit anêba gêlare Dipati Tuban | sabêne yèn ajurit | kalangkung bramatya |

--- [f. 45v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 90 dari 94

[Ilustrasi]

sira Ki Menakjingga | yèn ta mangkonoa patih | supitên urang | Si Ranggalawe Tubin ||

55. patih sira gawaa bala salaksa | sira dadia supit | lawan Si Katbuta | Tumênggung Tunggarana | amêndhêma ing wanadri | aja katingal | dening bala ing Tubin ||

56. Si Dipati ing Bandhung lan ing Wangsulan | dadi sunguting jurit | Dipati Pragunan | ing Batal Padhomasan | ing Wajak lawan Waturit[227] | samantrinira | kabèh aja na kari ||

57. sawarnine bopati kang sampun pêjah | patihe kèn gêntèni | kang darbe atmaja | ginantèn dening putra | ana ganti ing pêpatih | sami dinadar | rasukan ingkang adi ||

58. sampun rêmpug sagunging para dipatya | akasukan sawêngi | rame andrawina | ana ing Prabalingga | ya ta

--- [f. 46r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 91 dari 94

[Ilustrasi]

kawarnaa enjing | wus sami dangdan | sabusana ajurit ||

59. têtabuman[228] gong agêng muni sauran | gumuruh bêndhe nitir | tambure angawang | barise apêpanthan | dinulu lir gunung api | busana abra | surêm kang banaspati ||

60. Angkatbuta anggawa bala salaksa | asingidan wanadri | Ki Patih Kotbuta | mapan gawa salaksa | amêndhêm pangawat kèri | sang adipatya | Tuban mangsêh ajurit ||

61. Layangsetra kang dadi cucuking yuda | lawan Layangkumitir | lawan gulang-gulang | miwah wong kajinêman | barêngtandang durapati | bala ing Tuban | samana anèng wingking ||

62. sampun mangkat Ki Ranggalawe ing Tuban | lawan wong Saosragi | Lasêm lan Balora | barise wus satata | barise mancananagari[229] [mancana...]

--- [f. 46v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 92 dari 94

[...nagari] |[230] wus dhêp-adhêpan | kapanggih padha wani ||

63. anadene wau ikang dadi dhadha | sakèha[231] bala Tubin | wus tangtang-tinangtang | rame abêbêdhilan | anang ingkang kênang mimis | bala ing Tuban | majêng kang anèng wuri ||

64. Layangsetra ningali untabing mêngsah | lawan Layangkumitir | manahe kumêpyar | bokonge têtarungan | anèng luhuring turanggi | padha apungan | adhi ing kene dhingin ||

65. Layangkumitir ngucap agurawalan | lah sukur kakang inggih | kawula tumingal | musuh dede wadinya | aja katingal wong Tubin | dhasar kalingan | gêgodog ing wanadri ||

66. sigra campuh yudane wong ing bang wetan | kalangkung golong pipis | êbyok-ingêbyokan | akèh pating sarêmpal | ana kang dèn gitik bêdhil | êndhase pêcah | mangsêh kang anèng wingking ||

67. kadya gunung kunarpa susun atumpang | rêmpuh mancanêgari | watang ting garopak | kang lumayu kabranan | ingkang wantêr angêmasi | wong ing bang wetan | maksih majêng ing wingking ||

68. wong bang kulon atanggoh ênggènnya [êng...]

--- [f. 47r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 93 dari 94

[...gènnya] yuda | wong wetan susun tindhih | watang kadi sarah | bandera ting sulayah | ingkang dhangan dirangkêpi | waos sênjata | gendhong mantune kanin ||

69. wus kalindhih Dipati Lasêm Balora | Dêmak Kudus Garêsik | Waru Garobogan | datan manggapuliha | ana kang malik kulambi | ikang lumajar | dêdêre diputungi ||

70. maju rana Dipati Rêmbang têtêgar | sikêp watang ngajrihi | Ki Menak Pralaga | sigra mêgati ngarsa | angucap sarwi nudhingi | lah lumayua | mungpung durung ngêmasi ||

71. kasarêngan Dipati Rêmbang anumbak | nanging ora nêdhasi | Ki Menak Pralaga | eca gènnya têtêgar | kudane nongklang anyirig | barênga mara | kabèh wong Majapait ||

72. wus winalês Dipati Rêmbang kabranan | aniba nulya mati | pan kasuci mata | Dipati Lasêm mara | angucap sarya nudhingi | bopati wetan | aja na kang gumingsir ||

73. kinêmbulan dening Ki Menak Pralaga | ingkang nanggohi jurit | rame silih watang | tan ana kang kasoran | bênthak ing luhur turanggi | wus kasisipan | Dipati Lasêm mati ||

74. bubar larut sakarine ingkang pêjah | rêmpuh mancanêgari | tan mangga puliha | sami tilar gêlanggang | ngungsi kitha Majapait | sêjane padha | matur ing sang narpati ||

75. tandangira para dipati [dipa...]

--- [f. 47v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13): Citra 94 dari 94

[Ilustrasi]

[...ti] bang wetan | kalangkung gêgilani | lir singa marjaya | galak amangsa sarpa | arêbut bandhangan sami | pating galidra[232] | wau para dipati ||

 


Judul ini berdasarkan catatan pada bagian depan naskah (front-i): "Damar Wulan, a Javanese poem, with figures." Naskah asli tidak memiliki judul. (kembali)
Kurang enam suku kata. (kembali)
Kurang empat gatra: ke-1 (8i), ke-2 (8a), ke-3 (8e/o), dan ke-4 (8a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang sebelum folio 1. (kembali)
tunggang (dan di tempat lain). (kembali)
Sepertinya ada folio yang hilang karena halaman f. 1v bukan lanjutan dari halaman f.1r. (kembali)
ping (dan di tempat lain). (kembali)
Tanggal: Jumaat Manis (Jumungah Lêgi) sanga (9) Urabiawal (Mulud). Tidak ada tahun. Di halaman f.215v terdapat catatan bahwa naskah ini telah diserahkan oleh Letkol. Raban pada tanggal 20 Januari 1815 (Presented by Lt.-Col. Raban 20 January 1815). Jika bagian "Jumungah Lêgi 9 Mulud" dari tanggal ini benar, maka berdasarkan perhitungan penanggalan Jawa dan tanggal naskah ini diserahkan oleh Letkol. Raban, dapat disimpulkan bahwa naskah ini ditulis suatu waktu antara Jumungah Lêgi 9 Mulud Ehe AJ 1676 (Jumat 5 Februari 1751 M) dan Jumungah Lêgi 9 Mulud Ehe AJ 1740 (Jumat 12 Maret 1813 M). Mengingat kondisi fisik manuskrip ini (British Library) yang menunjukkan sering dibaca, semestinya sudah ditulis jauh sebelum Letkol. Raban menyerahkannya. Jadi penanggalan naskah sampai akhir abad ke-18 tampaknya tepat. (kembali)
nyaritakkên. (kembali)
Teks asli tidak terbaca. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: Sang Nata Brawijaya. (kembali)
11 wêwasi (dan di tempat lain). (kembali)
12 baudhêndha (dan di tempat lain). (kembali)
13 Variasi: tantun (dan di tempat lain). (kembali)
14 jingga (dan di tempat lain). (kembali)
15 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
16 Kurang satu suku kata: rare andhap kesodan. (kembali)
17 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kalawan kêndhi pratula. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: kasênênan ing raditya. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: Prabu Kênya angandika. (kembali)
20 konjêm (dan di tempat lain). (kembali)
21 ingsun (dan di tempat lain). (kembali)
22 cilik (dan di tempat lain). (kembali)
23 rêkyana patih (dan di tempat lain). (kembali)
24 Wandhan. (kembali)
25 sugih. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: Si Dipati Daha. (kembali)
27 Nama pupuh Santana Gêrogol ini merupakan sejenis wangsalan untuk Sinom. (kembali)
28 ing (dan di tempat lain). (kembali)
29 singgih (dan di tempat lain). (kembali)
30 patya (dan di tempat lain). (kembali)
31 Kyai (dan di tempat lain). (kembali)
32 Variasi: ugi (dan di tempat lain). (kembali)
33 amêlasasih (dan di tempat lain). (kembali)
34 langkung (dan di tempat lain). (kembali)
35 Kurang lima gatra: ke-5 (7i), ke-6 (8u), ke-7 (7a), ke-8 (8i), dan ke-9 (12a). Bait ini mengulang bait 11 dan sepertinya setelah menyadari kalau tertulis ulang maka tidak dilanjutkan. (kembali)
36 pindho. (kembali)
37 jêjanggan. (kembali)
38 tanpa. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: iku uga tanpa bapa. (kembali)
40 dening. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: iku dening alêlaku. (kembali)
42 minggah (dan di tempat lain). (kembali)
43 Variasi: ana (dan di tempat lain). (kembali)
44 ing eyang. (kembali)
45 payo (dan di tempat lain). (kembali)
46 mulih. (kembali)
47 cinarancang. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: Sabdapalon Nayagenggong timbalana. (kembali)
49 mangsabodhoa. (kembali)
50 pramèsyara. (kembali)
51 malêbu. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: arêp malêbu ngawula. (kembali)
53 Majalêngka (dan di tempat lain). (kembali)
54 panakawan (dan di tempat lain). (kembali)
55 angling (dan di tempat lain). (kembali)
56 pating. (kembali)
57 Variasi: am + balêndhung (dan di tempat lain). (kembali)
58 Nayagenggong. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: Nayagenggong anjupuki. (kembali)
60 angucap. (kembali)
61 ririh. (kembali)
62 rama. (kembali)
63 katuwone. (kembali)
64 langkung. (kembali)
65 sabiting. (kembali)
66 Nayagenggong. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: kalesedan rinampog wong kathah. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: anèng Majalangu. (kembali)
69 syaraning. (kembali)
70 rêkyana. (kembali)
71 Radèn. (kembali)
72 saking. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: amanakawan wiyose. (kembali)
74 êndi. (kembali)
75 kangjêng. (kembali)
76 atanapi. (kembali)
77 lungguh. (kembali)
78 sinungkêman. (kembali)
79 Lebih satu suku kata: mangsa ambangkata karya. (kembali)
80 kêthulipun. (kembali)
81 nglampahi. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: amanggih rahayu. (kembali)
83 anjuju. (kembali)
84 minggat (dan di tempat lain). (kembali)
85 Kurang satu suku kata: sintên wastanipun. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: saos sukêt dipun akèh. (kembali)
87 enjing. (kembali)
88 mojar (dan di tempat lain). (kembali)
89 Kurang satu suku kata: turanggane kiyai patih. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: Ki Sabda abêlêndhang. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: angarit ing pasar bae. (kembali)
92 ingsun (dan di tempat lain). (kembali)
93 rupane. (kembali)
94 dyah (dan di tempat lain). (kembali)
95 gamêl. (kembali)
96 kalangkung. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: pinilara sabên dina. (kembali)
98 timah. (kembali)
99 Kurang satu suku kata: Ni Anjêsmara alon ngandika. (kembali)
100 Variasi: sing (dan di tempat lain). (kembali)
101 sipi (dan di tempat lain). (kembali)
102 alinggih (dan di tempat lain). (kembali)
103 akêkêmbên. (kembali)
104 tampiki. (kembali)
105 anjungkarangi (dan di tempat lain). (kembali)
106 prênahe (dan di tempat lain). (kembali)
107 Kurang satu suku kata: yên ora jampènana. (kembali)
108 kandhohan (dan di tempat lain). (kembali)
109 ampungan. (kembali)
110 mas. (kembali)
111 rinukêt. (kembali)
112 pinisalin. (kembali)
113 Kurang dua suku kata: kinampuhan sinjang jingga. (kembali)
114 Kurang dua suku kata: sang dyah tansah ambondhèti. (kembali)
115 Variasi: angrêrêpa (dan di tempat lain). (kembali)
116 Kurang satu suku kata: Ni Anjêsmara bondhèti. (kembali)
117 tinuding. (kembali)
118 Kurang empat suku kata: mangsa borong wong abdi kalih wus tuwa. (kembali)
119 dingarèn. (kembali)
120 sadanguning. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: Anjêsmara anauri. (kembali)
122 linggiha (dan di tempat lain). (kembali)
123 Variasi: suprandene (dan di tempat lain). (kembali)
124 Layangsetra. (kembali)
125 mêngko (dan di tempat lain). (kembali)
126 Kurang satu suku kata: kawula dibondhèti. (kembali)
127 kêna. (kembali)
128 mobat-mabit. (kembali)
129 sacêngkir. (kembali)
130 sabusana. (kembali)
131 ngampingi. (kembali)
132 Variasi: gadebag (dan di tempat lain). (kembali)
133 Kurang satu suku kata: tandange ngobat-abit. (kembali)
134 Variasi: talêmpak (dan di tempat lain). (kembali)
135 maksih (dan di tempat lain). (kembali)
136 Kurang satu suku kata: kyana patih amicara jroning nala. (kembali)
137 anangis. (kembali)
138 sakathahe (dan di tempat lain). (kembali)
139 adipati. (kembali)
140 Trênggalèk (dan di tempat lain). (kembali)
141 kasusra. (kembali)
142 Gêndhing. (kembali)
143 baluwarti (dan di tempat lain). (kembali)
144 kasusra. (kembali)
145 linuwih. (kembali)
146 Lêbih satu suku kata: pun Kotbuta atur sêmbah srat pinanggul. (kembali)
147 gumêrah. (kembali)
148 ting. (kembali)
149 alah. (kembali)
150 rêsayaa. (kembali)
151 Kurang satu suku kata: kapinêdhangana gapruk. (kembali)
152 dawir. (kembali)
153 mênèk (dan di tempat lain). (kembali)
154 sakèhe. (kembali)
155 sotah. (kembali)
156 Sang (dan di tempat lain). (kembali)
157 ampingana. (kembali)
158 Lebih satu suku kata: gusti lah amundhuta. (kembali)
159 lancipana. (kembali)
160 ungêling. (kembali)
161 sinukmèng. (kembali)
162 gêgirisi (dan di tempat lain). (kembali)
163 loncèng. (kembali)
164 daludag (dan di tempat lain). (kembali)
165 kuning. (kembali)
166 sabragada. (kembali)
167 dhêsthar. (kembali)
168 padha. (kembali)
169 panarih. (kembali)
170 angarih-arih (dan di tempat lain). (kembali)
171 abinggêl. (kembali)
172 lampahing. (kembali)
173 titihan. (kembali)
174 umyang. (kembali)
175 Tunggarana. (kembali)
176 Prabalingga (dan di tempat lain). (kembali)
177 ginarêbêg. (kembali)
178 anyêpêng. (kembali)
179 asru. (kembali)
180 Nama pupuh Kênang Lêlatêng ini merupakan sejenis wangsalan untuk Pangkur. (kembali)
181 rèhning. (kembali)
182 nyongklang. (kembali)
183 Majapait. (kembali)
184 wus. (kembali)
185 Nama pupuh Patratruna ini merupakan sejenis wangsalan untuk Sinom. (kembali)
186 têngga. (kembali)
187 botên (dan di tempat lain). (kembali)
188 raka. (kembali)
189 Kurang tiga suku kata: Layangkumitir lan malih. (kembali)
190 mojar. (kembali)
191 Juranggarawah (dan di tempat lain). (kembali)
192 lungsir. (kembali)
193 agung. (kembali)
194 sampun (dan di tempat lain). (kembali)
195 têkèng. (kembali)
196 sakapraboning. (kembali)
197 dados. (kembali)
198 cucuh. (kembali)
199 prahara. (kembali)
200 mêsah (dan di tempat lain). (kembali)
201 Kurang satu suku kata: Dipati Lasêm Sidayu. (kembali)
202 sagunging (dan di tempat lain). (kembali)
203 kumarusuk. (kembali)
204 Kurang satu suku kata: alimêngan bêdhil muni cumalurut. (kembali)
205 tangginas. (kembali)
206 Sabuk. (kembali)
207 Variasi: rênggosan (dan di tempat lain). (kembali)
208 Lebih satu suku kata: sumahab kang anèng ngarsa. (kembali)
209 ramening (dan di tempat lain). (kembali)
210 Kurang satu suku kata: bêndaramu ngèngèri. (kembali)
211 nèng. (kembali)
212 Kurang satu suku kata: ana uwong anglangi aramon watang. (kembali)
213 pinggir (dan di tempat lain). (kembali)
214 punagi (dan di tempat lain). (kembali)
215 aliru. (kembali)
216 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ing paprangan pêtêng dhêdhêt alimunan. (kembali)
217 larihi (dan di tempat lain). (kembali)
218 tigas. (kembali)
219 Kurang dua suku kata: putrinira aturêna Menakjingga. (kembali)
220 Menakjingga (dan di tempat lain). (kembali)
221 kaprentah. (kembali)
222 kasingsal. (kembali)
223 nglarihi. (kembali)
224 ngrapakên. (kembali)
225 Lêbih empat suku kata: Tunjungseta ngêmasi. (kembali)
226 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
227 Waturip. (kembali)
228 têtabuhan. (kembali)
229 mancanagari. (kembali)
230 Lebih satu suku kata: barise mancanagari. (kembali)
231 sakèhe. (kembali)
232 galidrah. (kembali)