Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49)

Judul
Sambungan
1. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-08-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 105r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 1 dari 99

[Ilustrasi]

35. Puh Lêbar Tanêm[1]

1. pantêse minggat si gêjul | labête nguntal têtai | kasusula ing dadan |[2] ora wurung sun patèni | kumaki kabina-bina | asanggup wani ajurit ||

2. dèn sangoni reyal satus | dening putri Majapait | sarwi digunggung si edan | tur awake kuru aking | wong desa tur banyak akal | kawarnaa Damarsasi ||

3. wus manjing pakuwonipun | wayahira têngah wêngi | anglêrêsi padhang wulan | anuju purnamasidi | Ki Sabdapalon angucap | dawêg radèn lampah maling ||

4. ana abaning têtuhu | bêbênce bêbèkêr[3] muni | angubêngi [angubêng...]

--- [f. 105v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 2 dari 99

[...i] dalêm pura | ciciu myang ing waringin | anambêri pagêr bata | kasaru dening gong muni ||

5. para garwa kang winuwus | ing latar andhèr alinggih | lagya padha pagunêman | sakathahe para putri | panêdhane para garwa | Menakjingga dèn pêpati ||

6. saur paksi para arum | ratu ayu Majapait | dening lawas nora prapta | basane arêp ngunggahi | nanging ta panêdhaningwang | aja kongsi angunggahi ||

7. dening eman têmên iku | alaki olih wong baring | baya putri Majalêngka | pantêse andhap ing budi | dèn tangguh dede[4] wong gila | rabine sakabèh jêring ||

8. Rêtna Campaka amuwus | nanging ta panêdha mami | Ratu Ayu Majalêngka | oliha sraya kang sakti | kang yogya kêlar maguta | marang yudane si anjing ||

9. Rêtna Wiyati amuwus | nanging ta panêdha mami | kongsi mati Menakjingga | kaul ingsun buwang patih | angur mara kaboyonga | dening putri Majapait ||

10. Ki Damarwulan wus rawuh | adangu ngadêg ing puri | para putri tan uninga | adhèhèm-dhèhèm aririh | para putri padha bubar | singidan maring kang sêpi ||

11. nyananipun para arum [aru...]

--- [f. 106r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 3 dari 99

[...m] | Ki Menakjingga mring puri | pan sami padha singidan | manahe sadaya ajrih | Ki Damarwulan angucap | pan ingong wong Majapait ||

12. syarane manis tur arum | têka rêsêpakên ati | sênêning ajrih kalingan | gumantung sênêning pêkik | kadya murca kêdhèpêna | gumiwang sêmu nêlêhi ||

13. Ki Damarwulan amuwus | maring sakathahing putri | alah inggih sampun bubar | kawula dede narpati | sadaya para biyada | apan uwus bali maning ||

14. putri sadaya amuwus | dika katura nèng riki | lan punapa kang sinêdya | pinarêk anèng ing riki | sintên sinambat ing nama | pinarêk anèng ing riki ||

15. aran ingsun Damarsantun | dèn utus dening sang putri | kinèkèn[5] ingsun adhustha | wondene kang sun pandungi | dudu dunya dudu brana | murdanira sang narpati ||

16. bari para rabinipun | ingsun kinèn amboyongi | para garwa kabèh ngucap | dening têka kumawani | malinge wong Majalêngka | baguse anglêliwati ||

17. sami kasmaran andulu | sakathahe para rabi | padha sami suka bungah | ana atur burat wangi | ana kang ngaturi tigan | ana kêmbang surèngpati ||

36. Puh Nênang Lêlatêng[6]

--- [f. 106v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 4 dari 99

[Ilustrasi]

1. kocapa Ki Menakjingga | bubar nginum wau malêbèng puri | anguwuh maring Si Dayun | kabèh wadonan ingwang | lah undangên dèn age yèn ingong rawuh | sakabèh konên amapag | matura yèn ingong prapti ||

2. Ki Menakjingga angucap | padha edan sakèhe bojo mami | pan ingong langgi[7] anginum | nora nana amapag | sok dhatênga Ratu Ayu Majalangu | sakèhe bojoku lawas | padha ingong gawe cèthi ||

3. lah dèn age malêbua | kêbatêna sakabèh garwa mami | matura yèn ingong rawuh | kon padhaa

--- [f. 107r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 5 dari 99

[Ilustrasi]

abusana |[8] padha konên lalembeyan lêngkung-lêngkung | pun Dayun sigra lumampah | wus prapta ing jinêm wangi ||

4. Ki Dayun jomblong kewala | aningali dhatêng Ki Damarsasi | anulya matur pun Dayun | kabèh dika ngandikan | raka dika apan lagya wuru nginum | putri sadaya angucap | matura ana têtami ||

5. wong pundi têtamu dika | anauri iya wong Majapait | anulya mêdal pun Dayun | matur ing Menakjingga | rayi dika sami lênggana turipun | apan siwêg dhêdhayohan | tiyang saking Majapait ||

6. Ki Menakjingga angucap | dhayoh apa têka jujug pawèstri | apa istri apa jalu | Ki Dayun atur sêmbah | inggih jalu warnane anom abagus | sakèhe rayi

--- [f. 107v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 6 dari 99

andika | padha sami gumatèni ||

7. Ki Menakjingga angucap | sira Dayun sun arani panyakit | pagene nora kosuduk | aran iku wong dhustha | sira Dayun alon anauri wuwus | ora gêlêm utang pêjah | têtêp bênêr ati eling ||

8. Ki Menakjingga bramatya | tandangira kalangkung gêgilani | Menakjingga angrik nguwuh | kagèt Ki Damarwulan | arsa sa mêdal ginubêl ing para arum |[9] Ki Damarwulan angucap | marang sagung para putri ||

9. mas ayu culêna ingwang | apan ingong duda[10] ing Majapait | kinèn nigas murdanipun | êndhase Menakjingga | para garwa alon dènira amuwus | inggih ta mangke rahadyan | nanging ta dèn ngati-ati ||

10. Radèn Damarwulan mojar | Menakjingga aling sarwi nudhingi | dening warnamu abagus | maling sapa ranira | lan wong pira golonganira lêlungguh | lan pira kamuktènira | baya sira bosên urip ||

11. Ki Damarwulan angucap | iya ingsun mantune ki apatih | pan ora duwe lêlungguh | dudu mantri ponggawa | sakathahe bala mantri Majalangu | tan ana [a...]

--- [f. 108r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 7 dari 99

[...na] wani ing sira | mung aku sanggup matèni ||

12. Ki Menakjingga alatah | apa sira gawe matèni mami | pilihana ngarsa pungkur | kèri kalawan kanan | apan aku prajurit têguh atimbul | wêsi sajagat sadaya | nora pasah marang mami ||

13. pan kaya dudu wanodya | anggorohi Ratu ing Majapait | sun sidhêp mawongan tuhu | Ratu ing Majalêngka | baya wurung mara bari lêngkung-lêngku[11] | balik sira lumayua | tan wurung sira ngêmasi ||

14. Ki Damarwulan bramatya | tan darana nulya anarik kêris | asru dènira anuduk | Menakjingga tan pasah | nora kèngsêr awanti-wanti sinuduk | Ki Menakjingga alatah | awanti-wanti tinitir ||

15. Ki Damarwulan kewuhan | astanira nira malah dèn angluh sakit |[12] sinudukan saking ngayun | kèri kalawan kanan | akêkèjèk Ki Menakjingga gumuyu | asuka alatah-latah | pêgêl tyase Damarsasi ||

16. punggêl pucuking curiga | muwêr pêcah ukiran tunggak sêmi | astanira ngêmu marus | Menakjingga alatah | Damarwulan [Damar...]

--- [f. 108v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 8 dari 99

[...wulan] jinogedan anèng ayun | mara-mara pilihana | anyuduka dèn ariri[13] ||

17. Ki Menakjingga angucap | pan mangkene baya rasane benjing | pêpanggile ratu ayu | dhêdhongklèk[14] Majalêngka | sêngkrang-sêngkrang ratu ayu aja garut | mênak punggêl kukunira | calêkat-calêkit jiwit ||

18. Ki Menakjingga jinambak | wau dening Rahadèn Damarsasi | dipun gorok gulunipun | Menakjiga alatah | aja nyêthot Ratu Ayu Majalangu | aja ngêlik-êlik jangga | akêri kang kalamênjing ||

19. dipun pêrang cangkêmira | nora pasah malah bêngkung kang kêris | Ki Menakjingga amuwus | sarwi gumuyu suka | anyawowo Ratu Ayu Majalangu | sira Radèn Damarwulan | pêgêl tyasira anangis ||

20. Ki Menakjingga angucap | gêmbèng têmên Ratu ing Majapait | pbaya[15] punggêl kukunipun | kêsêl jiwit agêblaga |[16] kêsêl gêblog agaruta kêrak-kêruk | kêsêl nyêthon[17] nyawowoa | marang ing lambeku kalih ||

21. Ki Sabda pan nèng lawang |[18] ikang lawang saking jêro kinunci | sakèh

--- [f. 109r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 9 dari 99

wadya ora wêruh |

[Ilustrasi]

kasamur ing gamêlan | padha nayub syarane pating carêngkung | sira Dayun arsa mêdal | Nayagenggong angadhangi ||

22. Ki Sabdapalon angucap | payu Dayun aprang kalawan mami | pun Dayun alon amuwus | reyang rare aliman | têtêp bênêr ati eling awak ingsun | ênya kêrisku tinatah | lan uwang nêm suku iki ||

23. uwangku lah pilihana | lamon ana gêdhong prêkis sawiji | balèkêna marang ingsun | padha rare gampangan | upamane ginawe nêmpur ing besuk | tinampik lah balèkêna | padha

--- [f. 109v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 10 dari 99

rare tanggoh mami ||

24. Ki Sabdapalon angucap | jaluk sêga luwe têmên sun iki | Si Dayun alon amuwus | reyang rare wêlasan | sigra ngambil sêga wauwa[19] satêtumbu |[20] ulam gêgorengan cangak | jangan pindhang rong kêwali ||

25. Ki Nayagenggong angucap | aja dêlêng mêngko ingong suduki | Ki Dayun alon amuwus | reyang bangun turutan | kadya pêrjak[21] Damarwulan polahipun | Sri Bopati Balangbangan | gumuyu abêlik-bêlik ||

26. kang para putri sadaya | sami ngintip dhatêng ikang ajurit | sakalangkung marmanipun | sasi kadi raina | Damarwulan alon dènira amuwus | lah Menakjingga malêsa | yèn sira tuhu prajurit ||

27. sang nata narik curiga | Menakjiga asru dènira angling | dèn prayatna sira lampus | Menakjingga narajang | sigra goco arame suduk-sinuduk | tan ana ingkang kasoran | sami prawirane kalih ||

28. sarêng campuh kang curiga | Menakjingga nyak talêmpêk aglis |[22] tinumbak Ki Damarsantun | nanging sira tan pasah | wus kalimpe nulya rinêbat kang lawung | winalês Ki Menakjingga | gumuyu sira tan busik ||

29. Menakjingga [Menakjing...]

--- [f. 110r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 11 dari 99

[...ga] narik pêdhang | asru mêdhang marang Ki Damarsasi | wus rubuh Ki Damarsantun | ya ta luntak ludira | nora pasah nanging kalêngêr tan emut | nyananipun Menakjingga | Ki Damarwulan wus mati ||

30. Ki Menakjingga angucap | sira Dayun rêksanên têlik iki | apan iki uwus lampus | benjang enjang raina | ngong tigase dèn bêcik kang raksa Dayun | putri sadaya tumingal | awêlas waspane mijil ||

37. Mijil

1. Ki Menakjiga duka tan sipi | marang para wadon | ngêmpal-êmpul akèh pêpisuhe | dening ala kabèh sundêl anjing | iya benjing enjing | kabèh ingong bunuh ||

2. benjang raina sagunging putri | kang edan alamong | pasthi lamon sun tuwêki kabèh | Menakjiga wus eca kang ati | aniba ing kathil | kapati aturu ||

3. kang para putri pating kalêsik | ajrih kang kalakon | ana ingkang ngajak minggat bae | kang sawanèh awêwêkas dhingin | wanèh nangis ri ririh |[23] sambat rama ibu ||

4. ya ta ana wau putri kalih | ayune kinaot | nênggih Dèwi Waita namane | saking Japan angsale karihin | kang saking Walèri | Ni Puyêngan ayu ||

5. putri kalih

--- [f. 110v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 12 dari 99

[Ilustrasi]

tan kêna sinandhing | dahat dènnya lumoh | ora sudi ing Menakjinggane | apan sang dya[24] dèn palaur mati | padha sinjang putih | samangsane lampus ||

6. wontên pêdhêkan sawiji angling | matur sang lir sinom | wau kawula ningali anggèr | sakalangkung wêlase ing ati | maling ingkang mati | soring nagasantun ||

7. kêkasihe gusti punang têlik | Damarwulan kang wong | kalangku[25] dening bagus rupane | sêsumbare wau dangajurit[26] | mantune ki patih | dèrèng apalungguh ||

8. putri kalih angling marang cèthi | ingsun arsa tinon | mênak wêruh ing Menakjinggane | dadi apa iya awak mami | pawongan tur bakti | Menakjingga turu ||

--- [f. 111r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 13 dari 99

9. sampun lumampah sang putri kalih | pan sarwi amirong | dhasar kênya sang ayu warnane | sinjang seta abêborèh wangi | kadi widadari | karo gandrung-gandrung ||

10. akêkêmbênane jingga tinêpi |[27] tapih cindhe ijo | lir parada sang rara gêbyare | lêlèpène ya intên sarakit | gêbyare lir thathit | salira malêtuk ||

11. sira wau Radèn Damarsasi | nèng isor[28] kêkayon | ya ta kasilir samiranane | Ki Damarwulan nulya anglilir | mêgah[29] mutah gêtih | Damarwulan ngadhuh ||

12. Anjêsmara ariningsun yayi | wong kuning mancorong | ingsun yayi mati anèng kene | durung malês sihira mas yayi | sêlêk angêmasi | karia wong ayu ||

13. Dèwi Waita anulya prapti | ngarsane sang anom | gêpêh nyandhak asta kiwa age | Dèwi Puyêngan anulya prapti | nyandhak asta kèri | karo sami nungtun ||

14. Ki Sabdapalon eca aguling | lawan Nayagenggong | padha turu ing paregolane | lamon gustine mati tan uning | ngêloni kêwali | anyêngkêling irus ||

15. sira Dayun eca dènnya guling | anjêngking angorok | ora uning marang rêraksane | ora nyana Damarwulan urip | Radèn Damarsasi | wau kang tinungtun ||

16. radèn binakta

--- [f. 111v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 14 dari 99

ing tilam wangi | dèn tungtun wong roro | Damarwulan kagagas wirange | dening mêntas kasoran ing jurit | Radèn Damarsasi | awaking pun pêsuh[30] ||

17. putri kalih marase kang ati | gupuh nyandhak bokor | pan kasusu banyu idu bae | sigra winêdhakakên tumuli | marase kang ati | mênak sêlêk lampus ||

18. Dèwi Waita maras kang ati | amamah sêdhah woh | sira radèn sinêmbur bathuke | Dèwi Waita sarwi japani | pan mangkana ugih | japane sang ayu ||

19. kaki Uma nini Yang Pramèsthi | angrasaya ingong | angrasados kang migêna kabèh | warasêna satriya kang sakit | cacing krêmi mati | mèsêm Damarsantun ||

20. Ki Damarwulan micara ngati | dipun suwuk ingong | dipun ulihakên lagya rare | Ki Damarwulan anulya linggih | rajaputri kalih | kasmaran andulu ||

[Ilustrasi]

--- [f. 112r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 15 dari 99

[Ilustrasi]

38. Asmaradana

1. angling Radèn Damarsasi | wong ayu kadya punapa | ingong digawa marene | angucap Dèwi Waita | lawan Dèwi Puyêngan | eman matia wong bagus | rabine buri kelangan ||

2. dening rupane apêkik | apan kadi Kamajaya | suwanda kirang jajale | dening tarunge kasoran | sawunga wijil muhar | pêpêrêpe kurang sêru | baya dika kurang gabah ||

3. kêkaruha lawan mami | amatèni Menjingga |[31] sun watara nora suwe | wêsi ing jagat sadaya | nora nana tumama | yèn sisip pratikêlipun | yèn bênêr gampang kewala ||

4. mojar Sang Putri Walèri | mangsa ta silih arsaa | sêsanak lan wong kinubon | ingsun sanggup asung prênah | patine Menakjingga | dadi jail atiningsun | tur masa dèn upahana [u...]

--- [f. 112v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 16 dari 99

[...pahana] ||

5. mèsêm Radèn Damarsasi | arum mijiling wacana | atma gusti jiwaningong | kang sawang rêtna pakaja | wêlasa ing kawula | kaya priye polah ingsun | amatèni Menakjingga ||

6. dening kalangkung asakti | wau duk aprang lan ingwang | ingsu goco latah bae | malah ingsun dikêkudang | tan wande ingong pêjah | karantênipun wong ayu | yèn asih aja kapalang ||

7. mas ayu dèn tulus asih | rinangkul Dèwi Waita | munggèng asa[32] têngên mangko | rinangkul ing asta kiwa | sira Dèwi Puyêngan | agênti kinusya wau | wuwuse amêlasarsa ||

8. lir ciptaka awak mami | nèng tawang aminta warsa | atma jiwaningsun karo | kadya canthuka pun kakang | anèng sajroning jurang | yèn mas ayu tulus mupu | prasasat minggah ing syarga ||

9. yèn Menakjingga ngêmasi | katawan ing astaniwang | marga sing mas ayu karo | rujitên kadi puspita | pun kakang tan langgana | dhumatêng sang liring santun | pun kakang kawulakêna ||

10. wong ayu dèn tulus asi[33] | kawula nêdha gêgaman | sa[34] putri sumaur karo | kudu jail asil apa | mangsa diupahana | kurang gawe kudu tutur | prênahe sanjata mulya ||

11. akèh ujaring [ujar...]

--- [f. 113r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 17 dari 99

[...ing] wong sakit | lamon sampun mênang aprang | raganingsun lir bintaro | sapa sudia mupua | Dèwi Puyêngan mojar | durung karuwan ing besuk | gawe bêcik kala apa ||

12. Ki Damarwulan mangkya ling | wacanane pait kilang | Dèwi Waita ature | kakang kang kawula têdha | tunjung mêkar ing nala | raditya tan kêna surup | sêgara tan kêna asat ||

13. mèsêm Radèn Damarsasi | sêmune sampun anduga | tunjung mêkar ing nalane | têgêse nêdha asmara | sagara ora asat | apan sêmune sang ayu | ing benjing dipun êmonga ||

14. srêngenge tan kêna wêngi | sapisan tumêkèng pêjah | kaya mangkana sêmune | saloka tigang prakara | kumpul dados sanugal[35] | apa têgêse sang ayu | karone arsa mawongan ||

15. ikang maca banyol iki | nênggih sêmuning wanodya | kalih prakara kathahe | kang aran kusuma lena | lana[36] iku bêbathang | ingkang basah luwih arum | iya yèn wanodya korda ||

16. têgêse kusuma adi | iku kêmbang upamanya | awangi luwih gandane | iku atining wanodya |

--- [f. 113v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 18 dari 99

yèn wangi kadi kêmbang | yèn adarbe manahipun | yèn adarbe banjir bathang ||

17. ana wong bakti alaki | ginawa wayuh ing priya | ingkang ajrih ing kakunge | apan ora munasika | têka minggu kewala | ngandhut kêmiri têtêlu | pan dadi awu sadaya ||

18. kang rada wani ing laki | ginawa wayuh ing priya | lagi dipun tari bae | sosote lir calapita | ikang lanang dipala | ingkang lanang rada kuru | dèn sêsuwèk wêwarasan ||

19. sampune apulang rasmi | angling Radèn Damarwulan | atma jiwaningsun karo | manawa sêlêk raina | gusti dadi punapa | lah tuduhêna wak ingsun | pêrnahe sanjata mulya ||

20. pangraose putri kalih | aningali Damarwulan | atisna[37] langkung wêlase | pangrasane ingkang manah | yèn pêjahe Damarwulan |[38] kaya pa milua lampus | saking trêsnane kang manah ||

21. Dèwi Waita mangkya ling | kang matèni Menakjingga | pan wêsi kuning wastane | punika dhingin tatiban | kang yogya ya matènana |[39] anging arupi pêpênthung | anèng kandhaga kancana ||

22. dinokon[40] luhure guling | mila kawula uninga | Ajar Pamênggêr wartine | punika

--- [f. 114r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 19 dari 99

ingakên bapa | dening pun Menakjingga | tatkalane apitutur | mila kawula miyarsa ||

23. sakathahing para putri | datan wontên amiyarsa | natkalane pacalathon | amung kawula miyarsa | kalih Dèwi Puyêngan | sang putri karo amuwus | manira sagup[41] ngambila ||

24. nanging radèn atur mami | lamon dika mênang aprang | amukti jumênêng katong | sampun dika dodol gula | sampun lali kawula | Ki Damarwulan amuwus | ya kèh dènnya prasêtya |[42]|

25. angling rajaputri kalih | andika atêr rahadyan | mangke wula ambile |[43] apa ta sampun lumampah | Damarwulan nèng latar | sa putri kalih malêbu | mindhik-mindhik kadi dhustha ||

26. sirêp sagung para putri | apan ta kadi tinuba | Menakjingga eca ngorok | dènira turu ambathang | alindur[44] Menakjingga | Ratu Ayu Majalangu | ênyah dhadha garutana ||

27. putri kalih mindhik-mindhik | ne[45] luhure Menakjingga | sarirane dhêrodhog |[46] kadi sawung matarangan | ya polahe kang adhustha |[47] tan ana dharatan ketung | mung kacipta Damarwulan [Damarwu...]

--- [f. 114v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 20 dari 99

[...lan] ||

28. wus kêna mêdal tumuli | aling Ni Dèwi Waita | ingsun kakang asal[48] gawe | mèsêm Radèn Damarwulan | sang putri karo ingaras |[49] kandhaga binuka sampun | murub kang pêpênthung waja ||

29. Dèwi Waita mangkya ling | yèn mangke dika aprang |[50] dika gitika pilingane |[51] Menakjingga ingkang kiwa | pasthi lamon palastra | sapunika pajaripun | Ajar Pamêgêr[52] ing kina ||

30. mungpung Menakjingga guling | dawêg radèn pinaranan | dika gitik pilingane | mojar Radèn Damarwulan | dudu prajurit nyata | amatèni wong aturu | yèn ajrih angur mundura ||

39. Durma

[Ilustrasi]

1. alon mejar[53] sira Radèn Damarwulan | sira dangdana yayi | sok sing

--- [f. 115r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 21 dari 99

[Ilustrasi]

kacangkinga | murdane Menakjingga | pan sira sun gawa dhingin | dalu kewala | marang ing Majapait ||

2. langkung bungah sang dya kalih manahira | sampun adangdan kalih | Radèn Damarwulan | marang ing paregolan | Ki Sabdapalon kapanggih | lan Nayagonggong[54] |[55] angêloni kêwali ||

3. ya ta lindur Ki Sabdapalon angomyang | jênang bêkatul inthil | êmplèk lêlintingan | angkêp-angkêpe pisan | dilèr tampah suru upih | barênga mara | gula lan santên kêkanin[56] |[57]|

4. wus dhinupak Ki Sabdapalon anjola | radèn amuwus aris | paman diakêbat | gugahên Menakjingga | mêngko yèn uwus atangi | lah lumayua [lu...]

--- [f. 115v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 22 dari 99

[...mayua] | ingsun dhèwèk ngêmbari ||

5. Sêbdapalon gupuh nulya cêcawêtan | watu itêm sinunggi | umpaking jambangan | malêbu pasareyan | Menakjingga maksih guling | dèn balang sela | jajane diantêbi ||

6. lir galêpung watu itêm tiba jaja | Menakjiga tan busik | anglindur kewala | sira Ki Menakjiga | Ratu Ayu Majapait | lamon rudita | sok jaja digalbogi[58] ||

7. Nayagenggong sigra gawa alu mara | dhêdhêngkule dèn gitik | alu lir galêpang | anglindur Menakjingga | Ratu Ayu Majapait | lamon rudita | dhêdhêngkul dicêthoti ||

8. Sêbdapalon sigra manggul êncèh gêdhah | kang isi arak api | dèn sokakên sigra | marang wadananira | Menakjingga nulya lilir | agulagêpan | anggêbrès sarya wahin[59] ||

9. turu maning Ki Menakjingga angomyang | gawok têmên kang ati | Ratu Majalêngka | lêngkung-lêngkung yèn duka | sok cangkêm dipun uyuhi | uyuh utama | suwe-suwe ngêndêmi ||

10. Sêbdapalon sigra amanggul badhiyang | marong wangwane dadi | sigra ingantêban | murdane Menakjingga | dadya rambute kobar-bir | murub mêngangah | Menakjingga atangi ||

11. Sêbdapalon Nayagenggong [Naya...]

--- [f. 116r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 23 dari 99

[...genggong] wus malêmpat | lumayu tiba tangi | kagèt Menakjingga | aningali kandhaga | kang aisi wêsi kuning | pan ora nana | bramatyane tan sipi ||

12. sakalangkung bramatyanira sang nata | sakèhe para rabi | ana jinêjêkan | ana kang dipun dhupak | ana kang dipun tampiling | sarya angucap | duwèkku anang ngêndi ||

13. Damarwulan sumbar-sumbar anèng latar | pan ingsun ora mati | payu Menakjingga | yèn prajurit mêtua | padha atandhing kawanin | kagèt miyarsa | pêdhange dipun tarik ||

14. tan antara Ki Menakjingga narajang | pinêdhang Damarsasi | apan ora pasah | Damarwulan angucap | tumungkula ing pratiwi | nênga akasa | sambata kang ayogi ||

15. wus pinasthi tibane antakanira | iya sawêngi mangkin | Radèn Damarwulan | sigra nuli narajang | Ki Menakjingga tininggil | pilingan kiwa | aniba angêmasi ||

16. Menakjingga upamane wêsi abang | siniram dening wari | atêmah murcita | tan kongsi amalêsa | ludirane andrês mijil | pan sumamburat | gumuling anèng siti ||

17. Sabdapalon abaksa sarwi ambapang | baya eca kang ati | kinthol Menakjingga | gène pulang asmara | lawan Ratu Majapait | êndhase [êndhas...]

--- [f. 116v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 24 dari 99

[Ilustrasi]

[...e] pêcah | baya dipun idoni ||

18. wus tinigas murdane Ki Menakjingga | dening Ki Damarsasi | dinalah[60] kêndhaga | sakèhe garwanira | sadaya dipun timbali | dening rahadyan | wong anom ayu ramping ||

40. Sinom

1. mojar Radèn Damarwulan | sakèhe putri tinari | sapa kang milu palastra | kang asih aduwe laki | yaktine sun patèni | mojar sagung para arum | boya kudu abela | kaboyonga sun lakoni | sukur sèwu Menakjingga yèn matia ||

2. sakathahe para garwa | samya nauri punagih | ana kaul buwang reyal | ana kaul nyêbar picis | ana kaul anjingking | ana kang kaul macucu | ana kaul wêwuda | ananging gone kang sêsêpi [sê...]

--- [f. 117r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 25 dari 99

[Ilustrasi]

[...sêpi] |[61] kang sawanèh ana kaul ngura-ura ||

3. Dèwi Waita angucap | yèn mênggêha awak mami | wus kênang pulang asmara | wus konjara dadi rabi | yèn Menakjingga mati | jamake milua lampus | yèn mungguh Ni Waita | asih marang Damarsasi | lalu kêndhat lumuh maring Menakjingga ||

4. upamane awak ingwang | yèn mati Ki Damarsasi | pasthi ingsun milu pêjah | mojar sagung para putri | sakarsane mastani | apan larês[62] radèn ayu | ngadhang kucah andika | nadyan ing apulang rasmi | pan narima kêkabaripun kewala ||

5. Dèwi Waita ariyak | wuwuse anyalawadi | dening ingsun wus alama | ingarah apulang rasmi | ing Menakjingga baring | pan ingsun palaur lampus | angling Dèwi Puyêngan [Pu...]

--- [f. 117v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 26 dari 99

[...yêngan] | padha wong dêlap aurip | lalu pêjah lumuh marang asu abang ||

6. Rinangkul Dèwi Puyêngan | marang Radèn Damarsasi | atma gustine si kakang | kang asih aduwe laki | marmaningsun aurip | saking sira radèn ayu | baya mas ayu sira | dinus ing guna piranti | baya sira mirah kang munggèng kumuda ||

7. ya ta Ni Dèwi Waita | anggèndèng saking ing wuri | kakang kula kari apa | mèsêm Radèn Damarsasi | iya maningan iki | gustine pun Damarsantun | kang asawang komala | kuninge anêmu giring | suka dolên si kakang dhatêng langgana ||

8. rinangkul Dèwi Waita | dening Radèn Damarsasi | agênti pinriyêmbada | sakathahe para putri | sami lingsêm ningali | ana kang lungguh tumungkul | ana sandi anginang | ana sandi kênang êri | kang sawanèh ana kang idu angiwa ||

9. awayah bangun raina | angling Radèn Damarsasi | sakèhe putri karia | dening benjang sun balèni | ora mêmêkas mami | dèn bisa sira nalimur | sakèh wong Balangbangan | padha kilapana yayi | aja wikan yèn Menakjingga pralaya ||

10. datan kawarna samana | Ki Damar wus mulih |[63] amung Ni Dèwi Waita | kalawan Putri Walèri | ingkang binakta [bina...]

--- [f. 118r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 27 dari 99

[...kta] dhingin | Sabdapalon anèng ngayun | sarwi mundhi kandhaga | isi murdaning prajurit | ora kandhêg lampahe Ki Damarwulan ||

11. apa ta sampun raina | uwus manjing ing wanadri | lampahe Ki Damarwulan | tan kandhêg dènnya lumaris | sakèhe para putri | sadaya sami mituhu | padha nabuh gamêlan | sakathahe para putri | pan anamur pêjahe Ki Menakjingga ||

12. andarung Ki Damarwulan | ngambah têngahing wanadri | Ki Nayagenggong nèng wuntat | sarwi kandhaga pinundhi | sayah arsa anangis | Ki Nayagenggong amuwus | pae gawa jawadah[64] | yèn sayah kêna binukti | gawa êndhas diwade mangsa payua ||

13. Ki Sabdapalon angucap | dibêcik sira anyugi[65] | yèn ora gumati sira | iku uga nyokot kuping | Nayagenggong awêdi | binuwang bari lumayu | sapa gêlêma gawa | yèn sisip anyokot kuping | Sabdapalon nudhingi sarwi angucap ||

14. upama ora kon gawa | iku uga gubêd sikil | nyokoti dhêdhêngkulira | Ki Nayagenggong anangis | ewuh têmên kang ati | anulya acucul sabuk | kandhaga wus ingêmban |

--- [f. 118v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 28 dari 99

[Ilustrasi]

ngucape awor tangis |[66] inggih dawêg ki mastaka kula êmban ||

15. kocapa Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | anang satêngahing wana | sagêgaman saturanggi | balane kang sinêlir | awatara patang puluh | sangang puluh kang dharat | masanggrahan ing wanadri | sabalane yèn bukti sami rêrayah ||

16. kagèt Radèn Layangsetra | kalawan Layangkumitir | aningali Damarwulan | sarya ngiringakên putri | apa ta nora pangling | sigra pinaranan gupuh | sampun linggih satata | kinêpung Ki Damarsasi | balanira apan sarwi winangsitan ||

17. ya ta Radèn Damarwulan | kalawan Layangkumitir | sami rangkul Damarwulan [Damar...]

--- [f. 119r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 29 dari 99

[Ilustrasi]

[...wulan] | mojar Ki Layangkumitir | punapa angsal kardi | rèh dika adhi ingutus | mojar Ki Damarwulan | saking barkating narpati | inggih angsal rahadèn lampah kawula ||

18. murdane Ki Menakjingga | punika sampun kacangking | munggèng kandhaga kancana | mojar Ki Layangkumitir | nênggih pawèstri kalih | kaprênah punapanipun | marang pun Menakjingga | mojar Radèn Damarsasi | pan kagarwa nanging dèrèng pagêpokan ||

19. angucap Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | pawèstri kalih punika | kawula gawa karihin | amrih gangsar ing margi | tinunggangakên ing tandhu | samar wontên ing marga | asae sami ingiring | tan langgana rahadyan punapa karsa ||

20. sang putri wus ingapusan | anitih tandhu karihin | awatara [a...]

--- [f. 119v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 30 dari 99

[...watara] saonjotan | Ki Layangsetra ngêbyoki | lawan Layangkumitir | wus cinêkêl Damarsantun | mojar Ki Damarwulan | ora dosa awak mami | Layangsetra angucap sira asraha ||

21. angucap Ki Damarwulan | iya asrah pati urip | ing dewa lawan bathara | ing siyang kalawan latri | yèn maring sira ugih | pasthi isun era[67] asung | sami narik curiga | Setra kalawan Kumitir | sarêng goco tinitir tinimbal-timbal ||

22. malah punggêl sami pêcah | malero kalih kang kêris | wulu salamba tan pasah | angucap Layangkumitir | Ki Layangsetra angling | ujarmu tega ing lampus | dumèh apa tan lila | ing dewa bathara luwih | apan ingsun kinarya marga jalaran ||

23. ya ta Radèn Damarwulan | alon sira muwus aris | kasusu tanpa[68] ganjaran | kang arsa arabi putri | sakèhing tapa iki | wus kalakon dening ingsun | kang durung kalampahan | atapa pucuking kêris | lah ta mara sun japa pucuking braja ||

24. ingungalakên jajanya | iya uwis asrah

--- [f. 120r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 31 dari 99

mami | ing dewa lawan bathara | sira kang dadia margi | ingsun ingkang lampahi | anulya sarêng anuduk | pasah ludira mubyar | kalesedan anèng siti | kang sinambat amung Dèwi Anjêsmara ||

25. yayi mas sira karia | kawula amit ngêmasi | aja atakèn pun kakang | witning manira ta yayi | langkung mandhêg tumolih | dening ta pasihanamu | pan durung kawalêsan | pun kakang sêlêk ngêmasi | lah kantuna pun kakang amit ing sira ||

26. Damarwulan kudhangdhangan | kapisêlêk mutah gêtih | mêgah sambat Anjêsmara | paran polahira yayi | sun têdha dewa luwih | iya ing satilar ingsun | gusti sira kramaa | kang bagus sabar ing budi | ing sasami padhanira wong santana ||

27. Ki Sabdapalon punika | karo mati dèn gitiki | Ki Damarwulan wus niba | lêga tyase radèn kalih | dening tumêka pati | sira wau Damarsantun | sira Ki Layangsetra | miwah Ki Layangkumitir | Damarwulan kunarpane gilang-gilang ||

28. Ki Sêbdapalon punika | karo padha ditalèni | binuwang jro sumur mangko |[69] kang anèng soring waringin | layone Damarsasi |

--- [f. 120v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 32 dari 99

radèn kalih bubar mantuk | lunga mawarta suta[70] | sadalan dènnya sêsirig | murdanira Ki Menakjingga binakta ||

29. kocapa ana wong tapa | kalangkung dènira sakti | anênggih kêkasihira | aran Ajar Tunggulmanik | pratapanira singgih | sukuning gunung Mamèru | langkung dening kawasa | tau nguripi wong mati | sapolahe kaya wong yuda kênaka ||

[Ilustrasi]

41. Pangkur

1. kacatur darbe atmaja | wau sira Ki Ajar Tunggulmanik | atmaja angsal mêmupu | sami rare nênêka | tan karuwan tambang paranteyanipun [paranteya...]

--- [f. 121r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 33 dari 99

[...nipun] | umur kalih wêlas warsa | pinupu kawêlasasi ||

2. kêkalih atmajanira | jalêr èstri apan sami linuwih | Ni Tanpauni satuhu | jatinipun kusuma | ikang lanang Tanpauna wastanipun | sami wijiling kusuma | Sa Kamajaya lan Rati ||

3. ki ajar pan ora kilap | lamon ratu ika asale dhingin | nênggih asale karuhun | ratu sing Pajajaran | kacarita ing kina seda linabuh | lawan garwane sanunggal | munggèh ing konjara wêsi ||

4. siyang dalu abêbana | mring ki ajar ature amlasasi | Radèn Tanpauna muwus | bapa nganti punapa | awak ingwang age jumênênga[71] ratu | karasa lagya ing kuna | manira nalendra luwih ||

5. Ajar Tugulmanik[72] mojar | iya sira gusti ingong turuti | ing kene ana wong lampus | anging durung palastra | akêkasih Ki Damarwulan abagus | iku sira panjingana | dadi pêpakuning bumi ||

6. sasampunira winêjang | nulya sira wau alabuh gêni | ingu[73] raosêna kalbu | iku ingkang palastra | sapa ikang amukti wibawa besuk | warnane sira rahadyan | kadi ta êmas sinangling ||

7. upamane sira radyan [ra...]

--- [f. 121v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 34 dari 99

[...dyan] | kadi kapuk tumiba anèng wari | karsaning bathara luhung | tan asamar ing tita[74] | upamane lir êmas katiban sêpuh | gupuh anungkêmi pada | Dèwi Tanpauni nangis ||

8. dhuh bapa kawula ajar | sampun kari maring panutan mami | ketang duk kala karuhun | amukti awibawa | angrèh jagat amongmonga para maru | ya ta gumuyu asuka | Kyai Ajar Tunggulmanik ||

9. iya ngong turuti sira | aja samar marga ikang abêcik | ya i kene ana ratu | kuthane Majalêngka | akêkasih Ratu Mas Kancanawungu | iku sira panjingana | tur kênya durung akrami ||

10. sasampunira winêjang | kusuma yu nulya malêbu gêni | karsaning bathara luhung | ora nana kang wikan | pralambine lir êmas katiban sêpuh | apa ingkang sinêpuhan | punapa ingkang nêpuhi[75] ||

11. milanipun kalampahan | ana putra pêpagih[76] lawan putri | parandene ora tulus | atêmah pêpêgatan | nuli krama anaking nistha kalangkung | têka tumêdhak ping sanga | barkate tunggal panitis ||

12. karane kang ora wikan | radèn ayu dhingin adol banyênyik[77] | mangka dirabèn ing ratu | dadi pangdangming[78] utama |[79] kinaryanan aparentah [apa...]

--- [f. 122r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 35 dari 99

[...rentah] para arum | ujare kang sampun wikan | tunggal titah wus pinasthi ||

13. mudhun saking ing aldaka | sira wau Ki Ajar Tugulmanik | ingiring prahara lisus | udane mancawura | kawarnaa kang anang sajroning sumur | Ki Sabdapalon samana | lir kodhok anang i wari ||

14. kadi kintêl asomahan | Nayagenggong Sabdapalo[80] nèng wari | apan sami dèn talikung | atangi nora bisa | padha nangis sambat jênang lan bêkatul | dewa êntasên kawula | manira nêdha gulali ||

42. Dhandhanggula

1. ya ta prata[81] Ajar Tunggulmanik | ing prênahe kang anandhang brana | Ki Damarwulan ragane | ajar mangkya andulu | ir[82] warnane kang nandhang kanin | bagus Ki Damarwulan | cayane umancur | lir sasi katrangan mega | taha mèsêm warnane kang nandhang kanin | munggèng sandhaping gorda ||

2. mèsêm mojar Ajar Tunggulmanik | apa dosane ingkang palastra | dening ajêro tatune | mandah duk uripipun | em têmên anandhang kanin |[83] pantês dadi nalendra | ing wataraningsun | baya ta durung palastra | duk dinumuk jajane [ja...]

--- [f. 122v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 36 dari 99

[Ilustrasi]

[...jane] kang nandhang kanin | tilas kadhohan lara ||

3. eman têmên wong bagus ngêmasi | kaya anyar tilase palastra | maksih têlês ludirane | nanging wataraningsun | durung mati satriya iki | anulya ginarayang | wau jajanipun | prênahe kadhohan lara | panyiptane anang kêkulunging ati | lapak sangêting lara ||

4. langkung awlas ki ajar ningali | marang wau kang anyandhang brana | eman kalangkung trêsnane | anglilira kang lampus | lawan pakoning dewa luwih | nyawa

--- [f. 123r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 37 dari 99

wa sira tangia |[84] tan osik kang lampus | maksih amujung kewala | kae ajar gumujêng atutup lathi | alon mijiling sabda ||

5. angandika Ajar Tugulmanik | atangia nyawa putuniwang | lawan pakoningsun dhèwèk | lembon tênmên[85] aturu | nulya lilir Ki Damarsasi | tatunipun walulya[86] | sumungkêm ing suku | Ki Damarwulan karuna | pan ki ajar mèsêm sajêroning ati | arum mijiling sabda ||

6. aja nangis putuningsun kaki | satriya iku lamon karuna | pasthi gêtas bêbalunge | amoh ing kulitipun | mila sira anandhang kanin | mara sira pajara | Damarwulan matur | tinutur sapolahira | ya ta mèsêm Kai Ajar Tunggulmanik | arum mijil wêcana ||

7. aja sira tutur wus udani | wêlas têmên ingsun marang sira | wong ora desa[87] pinatèn | pan sampun jamakipun | witning mukti marganing pati | têka ing lara lapa | kaki putraningsun | wong arsa jumênêng nata | karantêne bekanira dhingin prapti | nanging nora ngapaa ||

8. wus pinasthi putuningsun kaki | saking karsaning dewa bathara ra |[88] dadi ratu sira têmbe | anang ing Majalangu | pan aknyakra[89] kusuma adi |

--- [f. 123v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 38 dari 99

pilih kang kaya sira | ya turun-tumurun | wus sira radèn muliha | dèn akêbat maring kitha Majapait | matur Ki Damarwulan ||

9. nanging kawula langgana mulih | pêjah gêsang tumut ing ki ajar | ki ajar alon wuwuse | sira turuta ingsun | kang atapa anyungku[90] bumi | kapengin kaya sira | pan dadia ratu | pan iku wêkasing lampah | sira iku wus dadi sira bakali | mundur mêrangi tatal ||

10. lah turutên ujar ingsun kaki | iya sira rahadèn muliha | Ki Damarwulan ature | kawula darbe batur | kadi tumut dipun pêjahi | wikane gèn ambuwang | ki ajar gumuyu | ki ajar tumulya mulat | anèng sumur wong roro padha rêrintih | sami arêrangkulan ||

11. Sabdapalon langkung kawlasasi | angrêrintih anèng jroning toya | wong roro kinanthèt bae | cangkêm kêbêk ding[91] banyu | Nayagenggong sarya kapesing | taine kurambangan | êbêk anang janggut | Ki Sabdapalon angucap | Nayagenggong bok aja sira angising | silitmu sumpêlana ||

12. janggut ingwang lêlothod ing tai | Nayagenggong iku lerobana | aja kongsi maring lambe | Nayagenggong [Naya...]

--- [f. 124r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 39 dari 99

[...genggong] amuwus | najan kêna dipun lerobi | kapriye gènnya buwang | Sabdapalon muwus | êmutên ing cangkêmira | bula aku iya ingkang duwe tai | ora soktah[92] ambunya ||

13. Sabdapalon alara anangis | Nayagenggong ngambu pung kewala | pating salênggruk tangise | sami pating kacêbur | anèng toya tiyang kêkalih | amêntas nora bisa | Sabdapalon muwus | dewa êntasên manira | yèn wus mêntas wèhana bakatul inthil | pathi kalawan kinca ||

14. Ki Sabdapalon mulat ing nginggil | pan adulu lamon ana jalma | sinapa aris ujare | sapa sintên puniku | apa dewa kang awèh inthil | yèn wêlas ing manira | age nêdha tulung | tan bêtah anang ing toya | pan ki ajar wuwuse arum amanis | ingsun pan dudu dewa ||

15. iya ingsun Ajar Tunggulmanik | wêlas têmên ingsun marang sira | wong ora dosa pinatèn | sira anang jro sumur | arêp mêntas ta sira kaki | Sabdapalon angucap [anguca...]

--- [f. 124v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 40 dari 99

[Ilustrasi]

[...p] | inggih sakalangkung | ki ajar anyipta andha | munggèng sumur wong roro sami ningali | amêntas rêrêbutan ||

16. padha nangis karo anungkêmi | kai ajar alon angandika | adhuh putuningsun karo | Sêbdapalon amuwus | gusti kula dipun pêjahi | ki ajar angandika | sarwi apitudhuh[93] | kaki ika gustinira | wus waluya saking bathara kang êning | mugèng sandhaping gorda ||

17. Sabdapalon sarêng aningali | ing gustine pan pinalajêngan | sami nungkêmi wong roro | dhuh anggèr gustiningsun | bontên nyana andika urip | sun sidhêp wus palastra | dalah ajur mumur | Ki Damarwulan angucap | saking barkating eyang sang maha yakti | iku kang awèh gêsang ||

18. angandika

--- [f. 125r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 41 dari 99

[Ilustrasi]

Ajar Tunggulmanik | wus karia sun amit ing sira | nanging dipun pênêd radèn | radyan nulya wotsantun | kai ajar nulya lumaris | mantuk maring patapan | Gunung Mahamèru | ya ta Radèn Damarwulan | arsa mantuk dhumatêng ing Majapait | maju mundur kang manah ||

43. Durma

1. angandika sira Radèn Damarwulan | ingsun tan sae mulih | payu bali paman | marang ing Prabaliga | amboyong putri kang kari | nuli katura | marang Sang Prabu Èstri ||

2. ora wande sira yayi Anjêsmara [A...]

--- [f. 125v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 42 dari 99

[...njêsmara] | atakèn maring mami | jaluk kang sal-asal | yèn ingsun tan angsala | pasthi awirang aurip | payu ta paman | angambil putri malih ||

3. mandahane tangise Ni Anjêsmara | ingsun kawêrta mati | sun têdha ing dewa | aja kongsi abela | pun kakang nora ngêmasi | mung bocah ika | kang gèndèng-gèndèng ati ||

4. ya ta sigra rahadyan sampun lumampah | tan kawarna ing margi | prapta Prabalingga | sakèhe wong bang wetan | prasamya atakon warti | tan ana wikan | yèn Menakjingga mati ||

5. sakathahe kang pramèsyari sadaya | sami bisa nasabi | rame têtabuhan | ing lêbêt bêbêdhahan | lawang agêng dipun kunci | nyananing bala | Menakjingga don rasmi ||

6. sampun prapta sira Radèn Damarwulan | ing ngarsane ki patih | amiyak gêgaman | nyanane wong akathah | arsa malêbu pakathik | marang ki patyah | tan wruh yèn ambayani ||

7. angandika Ki Apatih Angkatbuta | lah iki yang wong ngêndi | angadêg ing ngarsa | ingong lagi sineba | mojar Radèn Damarsasi | wong Majalêngka | ingutus ing narpati ||

8. apan ingsun kinèn nigas [niga...]

--- [f. 126r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 43 dari 99

[...s] murdanira | bari kinèn boyongi | mring putri sadaya | rabine Menakjingga | bramatya rêkyana patih | anarik pêdhang | alok kalêbon têlik ||

9. kinêmbulan sira Radèn Damarwulan | dening para prajurit | ana kang amêdhang | ana ingkang anumbak | ana nyundrikana lêmbing | lir pendah gêrah | dèn canggah ora kêni ||

10. tandangira rahadèn lir saradulah[94] | pangamuke ngajrihi | sing kaparag bubar | Ki Apatih Kotbuta | ginitik nuli ngêmasi | pating sulayah | karo patih wus mati ||

11. kadya murub wau kang pêpênthung waja | anèng asta kumitir | singa mara pêjah | sami êndhase sigar | sing kasampe tigas pacing | bubar kabrasat | mawur para dipati ||

12. wus tinigas murdane Patih Kotbuta | sami dipun kanthèti | lan Ki Angkatbuta | wangke susun atembak | Sabdapalon angrayangi[95] | kêris lan pêdhang | calana lan kulambi ||

13. Nayagenggong rêrayah dodot lan kopyah | sakèhe kang wus mati | sarwi amakanjar | abaksa jêjingklakan | wus larut punggawa mantri | bubar sadaya | malajêng rêbut dhingin ||

14. Sabdapalon gupuh sira gawa wangwa |

--- [f. 126v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 44 dari 99

pasanggrahan dibasmi | muntab punang brama | lisus agung limbungan | dinulu api lir ukir[96] | pating balêdhag | kasêrot dening angin ||

15. kadya mina saega[97] kalêbon tuba | singa mangsêh ngêmasi | wor kukus limêngan | lumayu rêbut paran | tan ana wani apulih | pating balêsar | ana gumbênge kari ||

16. salokane sira Radèn Damarwulan | nistha maja[98] utami | dening nisthanira | ora angadu bala | madyane mênang ajurit | utamanira | dening amboyong putri ||

17. ya ta ana mantri lagi mêmadatan | katunjang dening api | jimat bêbrêkatan | waos dhuhung tinilar | lumayu akonthal-kanthil | amung padudan | lênga sumbu tan kari ||

18. ya ta ana sikêp desa arêp mangan | lagi angêruk intip | jêlbos[99] tanganira | iku pênthile growah | sêlêk katunjang ing api | sigra lumajar | kilatbau pêpêndhil ||

19. pan lumayu kinipatakên tan kêna | pêgêl atine nangis | lara kênang wingka | eman dipun pêcaha | sêsambate andrês mili | lah tulungana | Si Nala arêp mati ||

20. baturira sawiji ikang angucap | sira gêcêka aglis | sumaur

--- [f. 127r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 45 dari 99

karuna | yèn kêkêndhilku pêcah | aku pinancal ing rabi | pêndhilku wasa[100] | sajêge ora ngintip ||

21. sigra mara Ki Wangsa anggawa gobang | ginêcêk kang kêkêndhil | Ki Nala anjola | Singawangsa angucap | besuk atukua maning | mring pêkalangan | yèn wus kêrta nêgari ||

22. ya ta ana kang karakêt Menakjingga | iku lurahing maling | Ki Marawas tanya | lumayu kojengkangan | tangginas dipun cêgati | i Nayagenggong |[101] diêpok dibêkêmi ||

23. Sabdapalon marani bari thêthikrang[102] | pundhak pinancad siji | kiye êwong apa | lumayu bari baksa | pundhake dipun uyuhi | Ki Mara ika | gêro-gêro anangis ||

24. kawarnaa sira Radèn Damarwulan | sampun malêbèng puri | kitha Prabalingga | sakèhe para garwa | Ki Menakjingga kang mati | tarap ing latar | sami bungah tan sipih ||

25. pan sadaya para putri sami dangdan | sêdya mring Majapait | wong ing Balangbangan | wus anungkul sadaya | marang Radèn Damarsasi | atur bongkokan | sadaya wus kinanthi ||

--- [f. 127v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 46 dari 99

[Ilustrasi]

44. Kinanthi

1. busêkan wong dalêm agung | ikang dadan tandhu joli | garêbong lawan jampana | rinobyongan cindhe wilis | anarobyong cindhe abang | sawanèh mandhala giri ||

2. para nyai dangdan sampunan |[103] sadaya kalambi putih | ana kang ngêmban lêlancang | padhaharan lawan kêndhi | paidon tan kêna têbah | tandhu joli sampun mijil ||

3. miyosi kutha adulur | iya ingkang nitih joli | iku Ni Rêtna Cêmpaka | apan pinayungan kuning | nganggo lêleregan sutra | ingampyag ing para nyai ||

4. ingapit lawan panurung | wau Ni Rêtna Widuri | anitih tandhu nênagan | rinobyongan cindhe wilis | pinayungan pêparadan |

--- [f. 128r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 47 dari 99

[Ilustrasi]

waos mamas ajajari ||

5. Rêtna Wrasari nèng pungkur | anitih jolang raspati | lêleregan sutra jingga | waos sulam ajajari | payung ijo pinêrada | lancang paidon angapit ||

6. Rêtna Kênanga nèng ngayun | waos ponthang anjajari | nitih tandhu gêgêrudhan | leregan sutra Majêthi | songsong wungu winarada[104] | jajar lan Rêtna Wiyati ||

7. anitih garêbong ugul | waos binang anjajari | para nyaine kumêrab | êmban inya lawan cèthi | gêguyon sadalan-dalan | wantuning wong dalêm puri ||

8. ingkang lumampah karuhun | bongkokan waos lan bêdhil | pêdhang lêmbing lawan panah | sadaya dipun bongkoki [bong...]

--- [f. 128v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 48 dari 99

[...koki] | dunyane Ki Menakjingga | adulur dipun gotongi ||

9. yèn tinon kadi kêkupu | songsong adulur lumaris | gamêlan tinabuh raras | wau i saurut margi | Sabdapalon anèng wuntat | anitihi kuda gêring ||

10. panganggonira barêndung | sikil disarung kakèni | undur ngruk anganggo cabang | kutang dirangkêpi roti | nunggang jaran lênggak-lênggak | sêmbari mangku pêpêndhil ||

11. Ki Nayagènggèng[105] nèng pungkur | tinandhu geyong lumaris | sambari mangku dhêdhulang | isi ampyang lan gêlali | pinikul bari mêmangan | ngêjak lèrèn lamon ngising ||

12. sadaya wus sami tumut | agêng alit sami ngiring | wau Radèn Damarwulan | titihane kapal tèji | apan sarwi pinayungan | ngiringakên para putri ||

13. Ni Anjêsmara winuwus | pan sampun miyarsa warti | yèn kang raka sampun pêjah | kasoran gènira jurit | anèng nagri Prabalingga | tangise kaya sun tari ||

14. ora etang rama ibu | lumayu manjing wanadri | sadalan-dalan karuna | sêsambate amlasasi | sêdya dhatêng Prabalingga | angluruh layoning laki ||

--- [f. 129r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 49 dari 99

[Ilustrasi]

15. sêsambate amlasayun | ora nyana ora ngimpi | kakang Radèn Damarwulan | tega tilar marang mami | ngêndi gone kunarpanya | aku dhèwèk kêkaponi ||

16. janur kuning awak ingsun | sun pupus kawêlasasi | dodol gula dika kakang | aja lali maring mami | ombak agung ing tunjung bang | galang-golong wong kêkalih ||

17. upamane awak ingsun | lir êwoh bintaro kèli | sapa sudi amupua | kang amupu mung sawiji | têmahan oli[106] palastra | dhuh kang êmas milu mati ||

18. kang soka padapa wungu | kakang êmas jênang siti | sapa ingsun alam-alam | lêbur luluh aja kari | baya ingsu gudhe pandhak | wong papa dêlap aurip ||

19. tan etang galagah rayung | anusup kêkuwut iri[107] | anasak ing alang-alang | awak ajur kênang êri | sinjange pating sarêmpal | saprandene tan tinolih ||

20. aniba tangi sang ayu | ketang êntènana [êntèna...]

--- [f. 129v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 50 dari 99

[...na] mami | sarwi mala-mala jaja | sêsambate amlasasi | baya iki sira panas | tan darman aduwe laki ||

21. sun kêkêmbang awak ingsun | sêkar satêngahing êri | sapa sudi amupua | kang amupu sampun mati | mêrak muni asauran | kaya pangundanging laki ||

22. lampahe sangsaya darung | anang satêngah wanadri | sira Dèwi Anjêsmara | salirane dilabuhi | iki sira nganti apa | durung nusul milu mati ||

23. upamane awak ingsun | yèn sêkar argulo putih | anang satêngahing rawa | ora nana kang langèni | amung kangmas Damarwulan | palangan mati ajurit ||

24. jambe nom bangbangan tanggung | dening gêgêle kang ati | dèrèng mukti awibawa | ora kêna sun warahi | ujar ingsun silih apa | kudu milu magut jurit ||

25. sukune pati[108] palêpuh | sêngkang runtuh tan tinolih | rema êbêk pêpulutan | anyêrang ri bandhil sisir | cêgêrèrèt[109] asauran | paksi puthut muni nginggil ||

26. gêdêring paksi sumawur | awurahan mencok ngigil[110] | cakêt têpining pêgagan | êmbuh rasane kang ati | kokila mencok [menco...]

--- [f. 130r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 51 dari 99

[...k] anèng pang | gêgombol dêrêgêm muni ||

27. sêsambate kadya pulung | lir ciptaka minta ris |[111] toya banjir ing samudra | agawe êrobing ati | baya ingsun gudhe pandhak | wong papa dêlap aurip ||

28. wowohan mindha kilayu | juwête kang awèh urip | duwêt alit rêrentengan | tan kêna sun kilayoni | sêkar jinah ing wardaya | tan kêna sun dingalêmi ||

29. sêmut abang kang wêwungkus | arang-arang apêpanggih | balingbing awoh widara | durung carêm kula laki | sêkar pisang dika kang |[112] gumatung[113] anang ing ati ||

30. kêmbu dawa awak ingsun | wuwuh trêsnane kang ati | wohing arèn sok kèlingan | garanggati saba wari | sapa ingkang narimaa | dèn anggang-anggang wong laki ||

31. kalapaking wong abagus | paksa ngiringakên putri | kumêntul gung saba wraksa | gati-gati lunga jurit | gêntha kayu awak ingwang | kurakrakan sun lêlari ||

32. amandhêg mangu lumaku | waspa mijil diusapi | gurnita katon sumirat | karasa èsêming laki | kala ana pagulingan | angadhuh asambat mati ||

33. upamane [u...]

--- [f. 130v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 52 dari 99

[...pamane] awak ingsun | lung-lungan mindha cêcipir | Kakang Êmas Damarwulan | kumêngkara milu jurit | kêmbang jambe dika kakang | kumayangyang mondhong putri ||

34. kaya prèmèn[114] polah isun | yèn kakang êmas ngêmasi | centhong alit paliwêtan | galo-galo sun tangisi | balagbag[115] ing panênunan | daya-daya masih urip ||

35. aja dadi dewa ratu | yèn kawula angêmasi | dadia sarining kêmbang | kang êmas bramara adi | angingsêpa ing kawula | yèn kang êmas dadi paksi ||

36. dadia wowohan ingsun | anucuka awak mami | yèn kang êmas dadi jalma | kawula dadia margi | aja liyanan kang angambah |[116] amung kangmas Damarsasi ||

37. tan liyaning kakungipun | ingkang sinambat ing tangis | wau Dèwi Anjêsmara | aniba-niba ing curi | angrungu abaning gamêlan |[117] payung agung kathah kaksi ||

38. datan kawarna ing ênu | wau Radèn Damarsasi | angiringakên boyongan | jampana tandhu lan joli | Ni Anjêsmara tumingal | mata kapèn ora pangling ||

39. amicara jroning kalbu | kakang êmas maksih urip | ngagea[118] cara Walanda | mangsa boya kula pangling | edan taun [ta...]

--- [f. 131r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 53 dari 99

[Ilustrasi]

[...un] kang wêwarta | kang êmas ingaran mati ||

40. sukur rinak dewa gung |[119] kakang êmas maksih urip | wêruha yèn maksih gêsang | mangsa nusula wak mami | Ni Anjêsmara tangginas | sigra wau malayoni ||

41. kang raka eca lumaku | nitih kuda dèn payungi | sira Dèwi Anjêsmara | angrangkul padane siji | pan sarwi sira karuna | kagungan têmên wong iki ||

42. Ni Anjêsmara amuwus | angkoh têmên wong puniki | wêruha yèn maksih gêsang | kadêrêng têmên sun iki | Ni Anjêsmara tumênga | sang anom kagèt ningali ||

45. Sinom

1. mudhun saking ing turangga | rahadèn asêmu tangis | sakalangkung wêlasira | aningali ingkang rayi | pan sarwi dèn ulapi |

--- [f. 131v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 54 dari 99

[Ilustrasi]

pêpulutan duk anusup | sinjange ting sarêmpal | awak ajur kênang êri | tinangisan kang rayi kinusya-kusya ||

2. Ni Anjêsmara ingêmban | amular lara anangis | kêdêh amudhun ing lêmah | lah jênat udhuna mami | sukur lamon amukti | nunggang jaran manggut-manggut | ngiringakên boyongan | ora etang maring rabi | sèlèhêna manira iki wong apa ||

3. wêruha yèn maksi gêsang | supaya nusula mami | dening wartane wus pêjah | anèng têngahing ngajurit | tan ana angrawati | ususe dicucuk manuk | yakti isun tan etang | labête trêsna wong laki | lêbur luluh pawe

--- [f. 132r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 55 dari 99

pawèstri mangsa andêla[120] |[121]|

4. lêga rasane kang manah | ingsun undang kosi ail | baya eman sumaura | kalane miyang ajurit | ingsun tinilar guling | satanginingsun aturu | anênêdha ing dewa | tarak brata sun lakoni | udhunêna manira iki wong apa ||

5. age udhunêna ingwang | arsa amincati êri | sukuku kênang ri maja | mojar Radèn Damarsasi | iya ni êmas mêndi | sun catone radèn ayu | ya ta Ni Anjêsmara | dalamakane kang kèri | dinamonan runtuh êrine sêng sanga ||

6. paningsête cindhe kêmbang | rahadèn dipun uculi | sang ayu wus sininjangan | mung iki wohe wak mami | wong ayu milangoni | nanging baringkêk kalangkung | nuli agêlis lêjar |

--- [f. 132v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 56 dari 99

mirahe pun Damarsasi | amung sira kang sêca tuhu maringwang ||

7. sakathahing putri tawan | sadaya sami ngaturi | marang Dèwi Anjêsmara | atur sinjang busana di | nanging ta dèn tampani | Ni Anjêsmara amuwus | boya tau busana | baya sun palaur mati | ora sudi angaub ing bêboyongan ||

8. mojar Radèn Damarwulan | pun kakang atadhah runtik | rujitên kadi puspita | saking sisip ingsun yayi | nanging dèn tulus asi | mirah ingsun radèn ayu | yèn pun kakang sagêda | kusuma rewangi mukti | lah mèsêma sun têbasa rong gotongan ||

9. ayunira kadi rêtna | kang sêtya asih ing mami | mirahe pun Damarwulan | wong ayu sêdhêng birai | pantês gêmi nastiti | tur alul lamon nênurut | pêpêking badhenira | kang asih ing awak mami | Anjêsmara sampun marêm ingkang manah ||

10. Ki Sabdapalon punika | jawil-jawil para nyai | wong pawèstri bubar-bubar | Nayagenggong muwus aris | garobo[122] têmên iki | Ki Sabdapalon pumaur[123] | wong jèndhèt kaluwihan | jaluk bako ora olih |

--- [f. 133r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 57 dari 99

pungpung Radyan Genggong padha sêsogokan ||

11. ya ta Dèwi Anjêsmara | ingunggahakên tumuli | ing joli linggih kalihan | lawan Radèn Damarsasi | budhal kang bala ngiring | putri tawan anèng pungkur | sakathahe wong wetan | kang têluk mring Damarsasi | agêbagan kang wadya sami lumampah ||

12. ya ta sampun padha bubar | boyongan prasami ngapit | sakathahe wong bang wetan | jajarane anêlêhi | binangbung ampèl asri | waos ponthang samya dulur | alèrèng lawan ponthang | lêlayu dulur ing margi | abra sinang bandera awarna-warna ||

13. ing ngayun Putri Cangcangan | awasta Cêmpakawati | anitih tandhu angraras | asamiran payung kukning[124] | Putri Bali nèng wuri | anitih joli apatut | samiran payung abang | awasta Campakawati | nitih tandhu Sang Putri ing Prabalingga ||

14. Nilawati ingkang nama | asamiran sutra kuning | songsong cêmêng pinarada | dinulu têka mantêsi | Putri Tragolak wingking | raspati anitih tandhu | samiran songsong pêthak | leregan mandhalagiri | ikang nama Dèwi Wiyati wastanya ||

15. Putri

--- [f. 133v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 58 dari 99

Wajak anèng wuntat | anitih joli rinukmi | asamiran sutra jingga | songsong ijo dipun rasmi | ing pajarakan adi | anitih jolang apatut | samiran gêgêdhahan | awasta Ambarawati | atanapi Putri Batal Padhomasan ||

16. Sarirasa ingkang nama | Sirnarasa kang wêwangi | anitih tandhu ajajar | asamiran cindhe wilis | Kincang Kinandhang iki | anitih joli apatut | samiran payung abang | dinulu têka mantêsi | awurahan kang tawan sami lumampah ||

17. parêkan sami lumampah | gumarudug anang margi | sami têtudhung salendhang | ana kang mingkis kulami[125] | gêguyon urut margi | ana ngure-ure gêlung | ana ingkang anginang | jaluk-jinalukan sami | kang kêngelan para nyai nitih tundhan ||

18. wus ngambah ing padêdesan | akathah ingkang ningali | suk bungah kang tumingal |[126] sawanèh jawil-jinawil | ana ingkang bêbisik | sawanèh ana amuwus | edane kang wêwarta | rahadèn ingaran mati | maksih bancèr lakine Ni Anjêsmara ||

19. ilang kêmbanging nagara | yèn pêjah Ki Damarsasi | busêkan wong Majalêngka [Maja...]

--- [f. 134r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 59 dari 99

[...lêngka] | lêsêk[127] jêjêl anèng margi | ikang sawiji angling | Radèn Êmas Damarsantun | dening wartane pêjah | mêngko prapa boyong putri | kang sawanèh kontrang-kantring anèng marga ||

20. pating balêdrèg lumajar | wau ikang aningali | Ki Damarwulan wus prapta | para dipati kang ngiring | pinondhokakên sami | ing dalême para bakul | êbêk ambèr balabar | apondhokan para mantri | Puspalaya Sumampir lawan Parujang ||

21. sira ni bakul parada | dalême dipun rêsiki | wus dèn pêpajang apelag | kapondhokan para putri | Nyai Bakul Sumampir | pêpajangane bra murub | Nyai Bakul Parujang | dalême lir syarga ngalih | para putri sadaya wus masanggrahan ||

22. Patih Logêndèr punika | pinarêk ing pancaniti | kyana patih sêmu merang | putra kalih dèn paèsi | arahe ki apatih | nadyan si nyandhanga padu | lawan Ki Damarwulan | karaos yèn mênang uni | kawarnaa wau Sang Prabu Wanodya ||

23. kang lagi mujung anendra | kalangkung dènnya prihatin | putêkan badra erawan | dening Radèn Damarsasi |

--- [f. 134v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 60 dari 99

[Ilustrasi]

kawarta angêmasi | kaniayane dewa gung | iya kang asung syara | basane Ki Damarsasi | bangkat karya amatèni Menakjingga ||

24. durung mukti awibawa | anèng kitha Majapait | Ki Pangantèn Damarwulan | têka puwara ngêmasi | ora nyana angimpi | Ki Pêngan Damarsantun |[128] layak bangkat akarya | dening têka nêniwasi | Prabu Kênya niba tangi karungrungan ||

25. pantêse Si Anjêsmara | anêmpuhakên ing mami | apa isun lirokêna | pae bêbêthut lan kisi | gampang anglêlironi | mênggêh katêpuhan[129] kakung | apa sun ilèkêna | ewuh têmên ingkang ati | Prabu Kênya monggo-monggo[130] [monggo-mong...]

--- [f. 135r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 61 dari 99

[...go] lênglêng brangta ||

[Ilustrasi]

26. nalane wadhak-widhikan | apan sarwi sênig-sênig | amicara jroning nala | yèn ingsun sida alaki | lawan Layangkumitir | dadi jamane ra-èru | miwah Ki Layangsetra | yèn dadia laki mami | ora kêrta nagara ing Wilatikta ||

27. angandika Prabu Kênya | yayi sira sun takoni | kang matèni Menakjingga | satêmên-têmêne yayi | matura disayakti | Dèwi Waita umatur | inggih ikang anigas | yaktos Radèn Damarsasi | Menakjingga pêjahipun pêsanggrahan ||

28. tatune Ki Menakjingga | inggih saluhuring kuping | pilingane ikang kiwa | ginitik mring Damarsasi | patine têngah wêngi | balane tan ana wêruh |

--- [f. 135v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 62 dari 99

[Ilustrasi]

lir paksi andon wohan | ature sang putri kalih | pan kasaru dhatênge Ni Anjêsmara ||

46. Asmaradana

1. sampun manjing dalêm puri | sira Dèwi Anjêsmara | angaturakên tawane | kalawan kang rajabrana | sampun katur sadaya | wau Radèn Damarsantun | pinarêk ing panangkilan ||

2. sineba ing bala sami | têtêlukan saking wetan | bopati lan samantrine | ana linggih sabragadha[131] | putra kalih ing Tuban | sineba ing mantrinipun | Radèn Watangan Buntaran ||

3. miwah mantri Majapait | para êmpu lan walandang | wong pardikan pêpêk kabèh | pinisêpuh lan jêjanggan | rame sami rêrasan |

--- [f. 136r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 63 dari 99

[Ilustrasi]

dening wartane wus lampus | têmahan olih boyongan ||

4. kang lagya anang ing puri | sira Dèwi Anjêsmara | alon matur ing sang katong | pêjahipun Menakjingga | kawula nuhun priksa | apan patine puniku | angandika Prabu Kênya ||

5. pan ana ujarku dhingin | kang matèni Menakjingga | cèkèl lan longangni[132] bale | miwah wong kumbah karakah | asal ambakat karya | anom sun aku sadulur | yèn tuwa sun aku bapa ||

6. angandika Prabu Èstri | padmine Si Menakjingga | iya sapa kêkasihe | umatur Ni Anjêsmara | aran Rêtna Cêmpaka | Rêtna Kênanga panggulu | Rêtna Wratsari pamêkas ||

7. lan malihe [ma...]

--- [f. 136v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 64 dari 99

[...lihe] Ni Wiyati | kalihan Rêtna Candrasa | Nilawati kêkasihe | Kanakawati punika | sami ayu utama | Menakjingga garwanipun | punika gusti katura ||

8. sadaya dipun takèni | marang Sang Prabu Wanodya | para putri matur kabèh | inggih Radèn Damarwulan | kang nigas Menakjingga | inggih gusti tatunipun | pêpilingane kang kiwa ||

9. angandika Prabu Istri | ujar ingsun dhingin apa | ora linyo[133] ujar ingong | yèn anake bapa patya | karo padha jurjana | padha bisa ngaku-aku | karone wong padha cidra ||

10. Prabu Kênya ngandika ris | biyang inya timbalana | bapa patih dipun age | ni inya mêdal ing jaba | ki patih tinimbalan | sira Êmban Sêpêtmadu | ki patih wus munggèng ngarsa ||

11. angandika Prabu Èstri | bapa patih sun atanya | awacaa[134] sabênêre | umatur kiyana patyah | igih anak kawula | wong kêkalih sarêng nuduk | mila Menakjingga pêjah ||

12. inggih pun Layangkumitir | kalawan pun Layangsetra | sami ginoco wong ro |[135] pun Menakjingga aniba | anuli dipun tigas | mèsêm

--- [f. 137r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 65 dari 99

sêlir para arum | angandika Prabu Kênya ||

13. ujar wartine wong jawi | masêwur[136] yèn Damarwulan | Ni Anjêsmara ature | pan lakine Anjêsmara | iya kang olih karya | iku wartine misêwur[137] | balane ora uninga ||

14. Ni Anjêsmara nauri | si bapa kirang pariksa | ora nganggo sabênêre | atmajane padha cidra | parandene digêga | angandika sang aprabu | yèn mangkono Anjêsmara ||

15. ingsun adu aprang tandhing | lah tarinên lakinira | wani kinarubut toro[138] | pangakune Layangsetra | matèni Menakjingga | bapa patih dèn agupuh | tarinên atmajanira ||

16. ki apatih sampun mijil | wau dhatêng dalêm pura | anake dèn tari karo | sami asanggup kang putra | wahni[139] aprang tandhingan | Dèwi Anjêsmara rawuh | anari dhatêng kang priya ||

17. Dèwi Anjêsmara angling | lah kakang atur kawula | wong bagus kawula taros | punapa dika wania | ingadu prang tandhingan | lawana karsane sang prabu |[140] amusuh Ki Layangsetra ||

18. kalih kang Layangkumitir | iku timbalani[141] nata | dika kinarubut

--- [f. 137v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 66 dari 99

roro | pangakune Layangsetra | matèni Menakjingga | Ki Damarwulan gumuyu | alon mijiling wacana ||

19. sukur wibawa amukti | anèng nagri Majalêngka | padha angaub ing ipe | sêsinau manakawan | manawi kalêrêsan | Anjêsmara jiwêl pupu | pan sarwi sira angucap ||

20. yèn Layangkumitir mukti | atanapi Layangsetra | pasthi dika ajur amoh | tur mangsa diuripana | pasthi dika palastra | apan gêthing nandhês balung | adarbe ipe panduka ||

21. Dèwi Anjêsmara aling | lah kakang atur kawula | wong urip sarèhi[142] bae | sapa bêcik binêcikan | wong ala ingalanan | sanadyan ipe sadulur | wong ala ginawe apa ||

22. Sabdapalon anauri | yèn andika wêdi aprang | wêdi kinarubut roro | tur kula mangsa ajênga | ngaku gusti mring dika | yèn wêdi aprang apupuh | maksih awrat Menakjingga ||

23. Ki Damarwulan sira ling | mas ayu sira matura | marang kusumaning sinom | lamun angsala pangaja[143] | sampun [sam...]

--- [f. 138r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 67 dari 99

[...pun] mênggah punika | nadyan rupaa rong atus | kawula mangsa wêdia ||

24. sira matura tumuli | dhumatêng Sang Prabu Kênya | inggih ing saparentahe | nadyan anaa salaksa | ingsun mangsa wêdia | nadyan siyang nadyan dalu | mèsêm Dèwi Anjêsmara ||

25. sampun prapta dalêm puri | sira Dèwi Anjêsmara | Prabu Kênya ngandikalon | kaya priye Anjêsmara | sanggupe lakinira | Ni Anjêsmara umatur | unjuke laki kawula ||

26. apan botên sanggup wani | ajrih pan dèrèng karuhan | dhatêng sumangga ature | yèn sampun wontên pangaja | sampun mêgah[144] punika | Kusuma ing Majalangu | anulya salin busana ||

27. wus asinjang cindhe wilis | adhapur sampaka mulya | akampuh jingga saka lor | arja sêngkang nata brangta | panunggul intên mulya | dinulu warnane mancur | padha èstri lênglêng brangta ||

28. sakathahe para putri | rabine Ki Menakjingga | wus kinèn busana kabèh | atanapi Ni Waita | miwah Dèwi Puyêngan | warnanira [warnani...]

--- [f. 138v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 68 dari 99

[...ra] wuwuh ayu | sadaya salin busana ||

29. akampuh gadhung malathi | wau Ni Rêtna Campaka | murub pinarada abyor | kêkêmbêne udaraga | rinèjèng ing toya mas | asêngkang bapang mangungkung | apanunggul intên mubyar ||

30. salira lurus raspati | bonyo winida kalêmpak | rêtna kananga kampuhe | limar cêpuk pinarada | kêmbên jingga rinenda | asêngkang maniking banyu | angandika Prabu Kênya ||

31. sakèhe kang para putri | padha ngiringa maringwang | payu padha anênongton | wong arsa aprang tandhingan | sapa kang mênang aprang | pasthi sun ngèngèri besuk | bari ngong srahi nagara ||

32. Sang Prabu Kênya tinangkil | pinarêk i sitibêntar | apan tan amawi kobong | wong pura mêdal sadaya | ningali wong têtandhingan |[145] gumêdêr wong dalêm agung | sami kinèn angêpunga ||

33. têpis wiring ing pamigir[146] | pan sami prapta sadaya | wong desa wus prapta kabèh | malah ambèr galedhegan | ingkang lakon rong dina | sadaya wus sami

--- [f. 139r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 69 dari 99

rawuh | ananocol sangunira ||

34. angandika Prabu Èstri | sapa lumayu tandhingan | sira rampoga wong akèh | sagunging mantri sadaya | sami matur sandika | Dèwi Anjêsmara wau | amêmantês mring kang priya ||

35. sira Radèn Damarsasi | kinampuhan jingga masa | asri rinèjèng tumpale | binuka si[147] pinarada | lancingan cindhe kêmbang | asabuk pathola wungu | adhuhu[148] tinaturangga[149] ||

36. warnane lir Yayang Rasmi | mojar Dèwi Anjêsmara | kang êmas lakiku dhèwèk | baguse tanpa tandhingan | kaya Sang Kamajaya | aja na kang milu-milu | kang êmas laki kawula ||

37. sira Radèn Damarsasi | wus malêbu ing kalangan | sang dya anggawa jêbênge | mojar Radèn Damarwulan | mirah gusti kawula | adhuh atma jiwaningsun | aja milu mring kalangan ||

38. manawa kasawat yayi | mojar Dèwi Anjêsmara | mila kawula tan adoh | manawa andika tiwas | kawula tumut bela | sanadyan matia ingsun | kawula nungkêmi pada ||

39. alon rinangkul kang rayi | mojar Radèn Damarwulan | atma jiwaningsun dhèwèk | kang sawang nila pakaja | wêlasasih [wêlas...]

--- [f. 139v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 70 dari 99

[Ilustrasi]

[...asih] kawula | gustine pun Damarsantun | kang sêca tuhu maringwang ||

40. sira pun Layangkumitir | wus akampuh parangrusak | tinaturangga kêrise | asabuk sutra diwangga | sampun asikêp watang | abaksa angikal lawung | akêkèjèk ing kalangan ||

41. Ki Layangsetra tan kari | wus akampuh las-alasan | adhuhung parungsarine | asabuk sutra di papan | kêkèjèk ing kalangan | abaksa angikal lawung | ongkèk bau mêmêndhapan ||

42. sakèhing wong Majapait | para mantri lan ponggawa | pan sami totohan kabèh | ana kang êtoh kandhaga | ana toh payung bawat | ana êtoh waos dhuhung | ana badhik ana gobang ||

--- [f. 140r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 71 dari 99

[Ilustrasi]

43. kang sugih êtoh mas picis | uwang atanapi reyal | ana êtoh saruwale | gênthone wong Majalêka | tan ana ngilonana | dhatêng Radèn Damarsantun | kang roro gagah prakosa ||

44. amung satriya ing Tubin | awasta Radèn Buntaran | Radèn Watangan arine | kalawan wong têtêlukan | kang milu Damarwulan | bae-bae padha tumpuk | kabèh tinakut sadaya ||

45. dhasar satriya ing Tubin | panas atine tumingal | mring putra Patih Logêndèr | yèn ningali Layangsetra | mungguh angsal pangaja | kaya sinuduka gapruk | wani atakêr ludira ||

46. wontên ta satriya malih | wasta Radèn Menak Koncar | saking Lumajang

--- [f. 140v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 72 dari 99

wijile | satriya prawirèng yuda | ningali Layangsetra | untune tansah ingadu | saking panase tumingal ||

47. para mantri Majapait | dhasar wantêr yèn totohan | angandêlakên jagone | êtohipun gêgantangan | apan sami tumpukan | sadaya sami tinakut | marang Radèn Menak Koncar ||

48. sami sira muwus aris | bopati kang têluk anyar | amicara sarowange | iki maning yèn nanggaa | amusuh Damarwulan | maksih tatab gustiningsun | sapardènipun palastra ||

49. ujare kang durung uning | layak kalah Damarwulan | kang wu[150] priksa ing gawene | pasthi mênang Damarwulan | lakine Anjêsmara | dhasar rupane abagus | sêmune têka wilêtan ||

50. ingkang wontên ing sitigil[151] | sakathahe putri tawan | miwah para nyai kabèh | sadaya sami nênêdha | iya dewa mênanga | eman matia wong bagus | yèn ora kêlar mundura ||

47. Durma

1. Sabdapalon lara atine miyarsa | dening dèn majanani | mara musuhana | milua kirik Setra | ingsun milu gusti mami | dodot manira |

--- [f. 141r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 73 dari 99

[Ilustrasi]

musuhana lêlinting ||

2. sabuk iwang mara musuhana kinca | lah mara wêdhung mami-mami |[152] musuhana jênang | iki saruwal iwang | mara musuhana pathi | ikêt manira | musuhên lawan inthil ||

3. Sêbdapalon sigra cucul awêwuda | pan sampun dimusuhi | inthil lawan jênang | pathi kalawan kinca | anulya dèn pangan dhingin | gêmut sadaya | lir pinangan ing bêlis ||

4. baturipun totohan asru angucap | têka dipangan dhingin | pan durung karuwan | mênange lawan kalah | Sêbdapalon anauri | pasthi yèn mênang | lah payu bae maning ||

5. sampun muni gamêlan aprang tandhingan | Ni Anjêsmara angling | dhuh dewa kawula | kakang andika baksa | mèsêm Radèn Damarsasi | yayi ta

--- [f. 141v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 74 dari 99

tan bisa |[153] kaping kalih aisin ||

6. cênthèng-cênthèng sira Dèwi Anjêsmara | baya tan darbe galih | wong bancèr punapa | ora bisa abaksa | yèn sawunga wiring kuning | wijil Mataram | Kang Êmas Damarsasi ||

7. wataraku nyangga êtoh kêkoyanan | têka anglêlingsêmi | apan kadi gêrah | Damarwulan sinurak | dening wong ing Majapait | angrasa wirang | koncane dipun wiwir ||

8. nyandhak jêbêng sira Radèn Damarwulan | munggèng astane kèri | astane kang kanan | anyabêtakên konca | kadya amêrak kasimpir | maju mandhapan | wignya abaksa rangin ||

9. dipun ikal jêbênge sawang gurnita | lir dali nampar wari | maju mêmandhapan | mundur angon wirama | mêmondrèng kathah ningali | padha kasmaran | lênglêng sagunging putri ||

10. Anjêsmara mèsêm sarwi kêplok tangan | lir kamandhang dènnya ling | sapa kang totohan | lamun arêp mênanga | milua ing dewa mami | ya ta kang êmas | maksih bancèr julanthir ||

11. Anjêsmara wau sira bondhèt konca | dhuh kakang uwis-uwis | sampun dika baksa | maras ati kawula | akèh mêmondrèng dêdungik |

--- [f. 142r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 75 dari 99

padha kasmaran | bok dika dèn malingi ||

12. ya ta mèsêm sira Radèn Damarwulan | têka angrêrèbêdi[154] | mojar Anjêsmara | wêdi adoh manira | akèh putri aningali | padha nèng wuntat | bok kula digruwêki ||

13. sakathahe para putri ing bang wetan | padha brangta ningali | andulu Anjêsmara |[155] wau lêlewanira | manahira mêdal gêni | si lènjèh ika | matia kênang kêris ||

14. Sabdapalon menthok-menthok dènnya baksa | anèng wurining baris | pan sarwi wêwuda | konthole kulaweran | pan sarwi nyêkêl kêwali | tamèng dhêdhulang | lir bulus kênang panci ||

15. uculêna yayi aja bondhèt konca | sun mangsêh aprang tandhing | musuh kakangira | Anjêsmara angucap | kang êmas kathah dêdungik | mênak kawula | disayom para putri ||

16. lamon dika tan piyandêl ing manira | kakang pêjahna dhingin | kakang botên suka | sarwi amêlasarsa | ora duwe kadang-kiding | amung andika | kawula tumut mati ||

17. dhingin kula kawula sura mêmêrata |[156] wani mêrang rêrai | mojar Damarwulan | yayi nêdya

--- [f. 142v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 76 dari 99

[Ilustrasi]

punapa | ingong ngadhêpakên pati | Ni Anjêsmara | mengkok-mengkok angliring ||

18. buwang jêbêng sira Radèn Damarwulan | dhuh atma jiwa mami | mirahe pun kakang | mengkok Ni Anjêsmara | komalaning mirah adi | aja karuna | angeroni kang ati ||

19. kawarnaa kang anèng ing pêpanggungan | ningali wong prang tandhing | andhèr putri tawan | anèng made garudha | apalisir sutra kuning | Sang Prabu Kênya | lênglêng sajroning ati ||

20. sampun mangsêh Ki Layangsetra anumbak | lawan Layangkumitir | angraosi sayah | lir numbak wêwayangan | Ki Damarwulan tan gingsir | Ni Anjêsmara [Anjêsma...]

--- [f. 143r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 77 dari 99

[Ilustrasi]

[...ra] | tangise kontrang-kantring ||

21. Anjêsmara kadi Dèwi Nilotama | natkala milu jurit | marang Sang Arjuna | musuh Nityakawaca | sira pun Layangkumitir | lan Layangsetra | anêcêr anumbaki ||

22. tandangira wong roro kagila-gila | anumbak kanan kèri | Radèn Damarwulan | tinumbak nora kêna | eca gènnya baksa rangin | Ni Anjêsmara | anangis jêrit-jêrit ||

23. dipun gitik ing jêbêng Ki Layangsetra | lawan Layangkumitir | karo kalabakan | malah lali ing watang | malayu narajang baris | mêdhot balabar | sinurak bali maning ||

24. Anjêsmara amêgati saking ngarsa | kakang elinga

--- [f. 143v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 78 dari 99

linga kalih |[157] sampun kaniaya | marang kang Damarwulan | bramatya Layangkumitir | Ni Anjêsmara | nuli dipun lairi[158] ||

25. pan gumênyang pambayune ora pasah | Ni Anjêsmara angling | adhuh kakang êmas | lêbar kagungan dika | ditumbak wong edan baring | sirik kang êmas | animbul saban wêngi ||

26. pambayune amindha maja kancana | awayah cumangkrami | pan sinangga maya | sêdhêng agênge ika | artine pambayun kalih | mênggêh satriya | pacangkraman kang adi ||

27. ya ta ana iku rangdhane wong todhan | pambayune puniki | amba tur adawa | dipun têkuk ping sanga | akêncêng dikêkêmbêni | arahe ika | katon amênis-mênis ||

28. ya ta eca gènnya midhang lanthang-lanthang | kêkêmbên wudhar margi | langkung wirangira | dening kêkêmbên wudhar | akèh wong bagus ningali | mulih anglaras | anjontroti pasisir ||

29. sakalangkung dukane Ki Damarwulan | asru dènira angling | iya Layangsetra | iki banthange[159] ana | têka anumbak jêjawi | lamun matia | kelangan sanak istri ||

30. anuduki wau Radèn Layangsetra | lawan Layangkumitir | asru [a...]

--- [f. 144r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 79 dari 99

[Ilustrasi]

[...sru] nudukira | marang Ki Damarwulan | putri sadaya ningali | sing katêbahan | sami mèsêm ing ati ||

31. anganandika kang anèng ing made ratna |[160] wau Sang Prabu Èstri | marang babu inya | biyang Ki Damarwulan | konên malês dipun aglis | ni babu ina[161] | prapta mring Damarsasi ||

32. radèn êmas kawula ngêmban timbalan | andhawuhakên mangkin | katura mring dika | timbalane sang nata | wau kinèn malês tuli[162] | mring Layangsetra | miwah Layangkumitir ||

33. Damarwulan wau ature sandika | pun inya mundur aglis | sigra Damarwulan | gupuh nulya anyandhak | sira Ki Layangkumitir | lan Layangsetra | karo sami binanting ||

48. Puh Mudha[163]

1. Ki Layangsetra [Layang...]

--- [f. 144v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 80 dari 99

[Ilustrasi]

[...setra] kasoran | kalêngêr binanting siti | Layangkumitir kasoran | kuleletan[164] anèng siti | karo pating gulinting | tan ana bisa alungguh | ki patih wus lumajar | angrangkul mring Damarsasi | uripêna iku gusti kadangira ||

2. wong Tuban asru asurak | gumuruh syaranirèki | kalawan wong têtêlukan | gumuruh syara ngêbêki | sami narik tohnèki | wong Tuban surak gumuruh | dene wong Majalêngka | kabèh padha dèn dhèdhèli | kerut kabèh êtohe dening wong Tuban ||

3. sawanèh ana anunggak | asêmaya mêngko bêngi | ana dèn dhèdhèli sira | bêbêd ikêt lan kulambi | sakèh wong Majapait | barundhul mulih ambêncungl[165] | sawanèh ana nungg[166] [nung...]

--- [f. 145r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 81 dari 99

[Ilustrasi]

[...g] |[167] dikinthil dening wong Tubin | prapta griya wicarane arêrêmpa ||

4. ana ikang tinabokan | ana lumayu agêndri[168] | ana ikang asingidan | ana ingkang ngêngêmbangi | ana kang ngasih-asih | besuk êmbèn ingong nyaur | besuk têtaganiwang[169] | kêbone dicangcang jawi | awurahan kang kalah dipun bêbayang ||

5. Ki Patih Logêndèr ika | sidhakêp bari anangis | marêk marang Damarwulan | dhuh jênat sun têdha gusti | pan kadangira kalih | asangêt panêdhanisun | karyanên panêkawan | radèn sampun dipêjahi | Anjêsmara jalukêna dulurira ||

6. Ki Sabdapalon punika | wau malêdhingi silit | Ki Nayagenggong punika | ngede-ede mring ki patih | Sêbdapalon nauri | lah têbungsên[170] lan bêkatul | Nayagenggong angucap | patih kinca aja kari [ka...]

--- [f. 145v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 82 dari 99

[...ri] | santên kanin anaa wolung jêmbaran ||

7. Ni Anjêsmara angucap | pamuwuse asmu tangis | kang êmas kawula têdha | sadulur kawula kalih | sampu dika patèni | manawi pêputra besuk | sintên binasan uwa | mèsêm Radèn Damarsasi | wus tinawa kang raka karo waluya ||

8. Ni Anjêsmara karuna | marmane lara anangis | karaos ing nalanira | manawa kang raka singgih | pinundhut ing sang putri | marmanipun sênggruk-sênggruk | ya ta Ki Damarwulan | angrangkul saking ing wuri | milanira anangis tapa[171] karana ||

9. galêpung mugah[172] wadana | sêsulung kang mêdal enjing | sataun mangsa lipura | yèn ta dèrèng aliros[173] sih | wilatung ing Mêrapi | têtingalêna wak ingsun | toya bèr dhinawuhan | pênalit[174] mêgat margi |[175] nora wurung dèn mêmaru orang bêsar ||

10. panu biru munggèng jaja | mung sira sun tohi pati | kalabang sinandhung muncar | ora rêna kula yayi | dhèngdhèng dêlêg wak mami | sun lawani bolar-balur | inggih amung andika | kang dadi têlênging galih | anjajaha nagara mangsa antuka ||

11. mojar Dèwi Anjêsmara | ing raka sarwi anjiwit | marase ati [a...]

--- [f. 146r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 83 dari 99

[...ti] kawula | kang êmas ingsun tuturi | dening dede sasami | wong mêmaru lan wong agung | nanging kang êmas poma | gêgêlang munggèng jariji | akramaa aja lali ing kawitan ||

12. Sang Prabu Kênya tumingal | ing manah kadhohan kingkin | amung Radèn Damarwulan | nora darbe cipta kalih | amicara ing ati | sêsinau mongmong maru | baya karsaning dewa | nora bakaling wong laki | kaki dewa têguhêna awak ingwang ||

13. nadyan rêkèh tumuruna | widadara-widadari | awuwuha Dèwi Uma | kalawan Sang Yang Pramèsthi | kaya tan kêna mari | anambani laraningsun | dewa lara kawula | nora mati nora urip | laraningsun monggo-monggo karungrungan ||

14. angadêg Ki Damarwulan | wontên sandhaping waringin | Prabu Kênya sira mulat | waspada dènnya ningali | baya sampun pinasthi | jalu e èstri sami dulu |[176] nanging sakêdhap netra | kadi raditya lan sasi | jalu èstri lênglêng imbuh-ingimbuhan ||

15. ya ta wau Prabu Kênya | malêbu ing dalêm puri | sakathahe putri tawan | sadaya sami angiring | sira

--- [f. 146v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 84 dari 99

Sang Prabu Èstri | lampahipun gandrung-gandrung | rasane ingkang manah | kaya mati kaya urip | langkung sêmang sênan-sênig[177] manahira ||

16. sakathahe rajabrana | ingkang sami adi luwih | sinjang ikang sarwa endah | sêsoca mirah kang adi | sadaya didhudhahi | kinarya panglipur wuyung | marang Sang Prabu Kênya | saprandene maksih brangti | angandika undangên Si Anjêsmara ||

17. datan kawarna samana | Dèwi Anjêsmara prapti | angandika Prabu Kênya | mung dika sadulur mami | yayi dèn marang ngarsi | nulya majêng awotsantun | sapraptane ngajêngan | angandika Prabu Èstri | ingsun pundhut yayi pati uripira ||

18. iya sadulur manira | sira sun basani yayi | dipun lila manahira | payu yayi padha mukti | anang ing Majapait | sêsinau mongmong maru | matur Ni Anjêsmara | gumuyu sarya wotsari | rintên dalu dhatêng sumangga ing karsa ||

19. sampun mênggah sapunika | nadyan pati lawan urip | sumangga karsa sang nata | dyan ngandika Prabu Èstri | tarimaningsun iki | ngêpèk bae yayi ingsun | sakèhe putri tawan | kasraha i sira yayi | wis muliha aturana [atur...]

--- [f. 147r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 85 dari 99

[...ana] lakinira ||

20. sakathahe putri tawan | sami amicarèng ati | baya wus karsaning dewa | lêlakone awak mami | tan drêman lêliwati[178] | apisah lan rama ibu | prapta ing Majalêngka | atêmah kajiwa bumi | wis mangkono dèn mêmaru orang bêsar ||

21. lèngsèr Dèwi Anjêsmara | wau saking dalêm puring[179] | sakathahing putri tawan | sadaya sami angiring | Anjêsmara nèng ngarsi | ginarêbêg para arum | para putri sadaya | garwane para dipati | samya ngiring duk malêbêt dalêm pura ||

22. wus prapta kagok ping tingga[180] | punggawa lan para mantri | wus sami bali sadaya | sakathahe para putri | sadaya sami ngiring | duk malêbêt dalêm agung | ya ta Sang Prabu Kênya | wus sinjang garingsing ringgit | tanpa sêngkang amapag ing paregolan ||

23. ya ta wau Prabu Kênya | andulu mring Damarsasi | jajane kang katingalan | pinandêng dening sang putri | apan Ki Damarsasi | jajane murub pumunu[181] | apan patang prakara | urubing jaja awêning | raosêna sêmuning urubing jaja ||

24. urube ingkang apêthak | nyata wijiling atapi | urube ika aabang | nyata [nya...]

--- [f. 147v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 86 dari 99

[...ta] rêmbês danawari[182] | iya ikang akuning | iku nyata Damarsantun | nyata trêhing kusuma | kaki bagawan linuwih | ibu sora[183] bapa madu trêh kusuma ||

25. sirna urube kang jaja | dinulu ana wong linggih | munggèh dhêdhampar kancana | ing garbane Damarsasi | ingayap para putri | amakutha abra murub | agêlung kêkêlingan | cayane luwih nêlêhi | ora samar apan wus tunggal panukma ||

26. ya ta Sang Prabu Wanodya | gupuh-gupuh malayoni | marang Radèn Damarwulan | sangdyane arsa ngunjungi | sinambut Prabu Èstri | pinondhong sang murtini[184] rum | adhuh dewane si kakang |[185] kusuma gon ingsun ngabdi | amung sira mustikaning Majalêngka ||

27. mojar Dèwi Anjêsmara | marang sagung para putri | payu padha têtabuhan | gêndhinge ikang abêcik | wus sami dèn gêlari | dening sagung para arum | bêdhaya wus marapag | gamêlan munya rêrangin | lir bramara kang anèng ing pagulingan ||

28. gamêlan muni angraras | lir taru sêdhênge sêmi | Ni Anjêsmara angucap | marang sagung para putri | aja anjêjaruhi | hèh sakabèh kancanisun | lah wis payu [pa...]

--- [f. 148r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 87 dari 99

[...yu] padha wisan |[186] sakathahe para putri | padha mulih aja rèbêdi ni lura[187] ||

29. binakta mring pagulingan | wau ta Sang Prabu Istri | dhatêng Radèn Damarwulan | kalangkung angasih-asih | sarwi angaras pipi | pangrungrume pait juruh | ora rumasa krama | rumasa lamon angabdi | amung dika ratu êmas adi mulya ||

30. yèn sun sawang warnanira | sajagat tan ana tandhing | kang kadi kusumani[188] rat | intên ratna kang linuwih | mirah nila widuri | komalane mirah dadu | sorot andrabuwana[189] | midêra sèwu nêgari | amung sira ratu ayu adi mulya ||

31. têgêse kusuma kêmbang | dudu gampir[190] lan malathi | dudu campaka kênanga | dudu kêmbang ingkang wangi | sajatinèku yayi | kang anukma ing panglulut | tingale Damarwulan | dhumatêng Sang Prabu Èstri | raosêna kêdhik toyaning sagara ||

32. sakathahe para inya | sadaya sami angintip | marang Radèn Damarwulan | bibèkane aku mati | tan kawawa mirsèki | syarane aluwih arum | lir madu pinasthika | syarane amêlasasi | lara paran cingcing-cingcing nêdha

--- [f. 148v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 88 dari 99

[Ilustrasi]

rowang ||

33. datan kawarna ing siyang | wau gumanti kang wêngi | sang kakung amriyêmbada | sang kakung angari-ari | siyang dalu lir mimi | tan kêna bênggang sarambut | langkung dènnya pasihan | tan kêna bênggang sanyari | siyang dalu rinungrum lir guladrawa ||

49. Dhandhanggula

1. kawarnaa wau ta Sang Dèwi | Anjêsmara alara karuna | piyarsa wau tangise | ya ta kusumaning rum | rajaputri amuwus aris | kakang rayi andika | alara amungun | Rêtna Dèwi Anjêsmara | dika tulung mangsa beda wong alaki | kakang sapadha-padha ||

2. mèsêm sang kakung angaras pipi | lah kantuna mirahe si kakang | isun atulung arine | ya ta sang rajasunu |

--- [f. 149r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 89 dari 99

[Ilustrasi]

sampun prapta sinambut aglis | Anjêsmara karuna | tangginas anggarut | lah jênat udhuna iwang | nora kêlar dèn mêmaru lan narpati | ingsun tan karawata ||

3. ya ta rinungrum ingari-ari | pantês têmên mirahe si kakang | wong ayu putungan atèn | baringkêke kalangkung | sapa baya kang duwe rabi | iya Ki Damarwulan | ayune anulus | nanging sakêdhap kewala | nuli lêjar binakta munggah aguling | wau Ni Anjêsmara ||

4. kinusya-kusya wau kang rayi | apan sampun kagantenan rasa | ana putri kalih mangko | Ni Waita amungun | Ni Puyêngan lara anangis | sambate amlasarsa | adhuh awak ingsun | atilar ing ibu rama |

--- [f. 149v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 90 dari 99

atêmahan ingsun anèng Majapait | têka kasurang-surang ||

5. apan sampun sinabut[191] tumuli | Ni Waita Ni Puyêngan sigra | kajatèn rasan kalihe | miwah kang para arum | apan sampun kajatèn uni | rasa kang luwih mulya | wau sang abagus | sampun pinarêk atata | Ratu Ayu Kusuma Kancanawati | lawan Ni Anjêsmara ||

6. Ni Waita Puyêngan ing ngarsi | para putri atarap ngajêngan | pêdhêkan umyang syarane | anglêladèni sampun | pêpanganan kang adi-adi | miwah putri ing Tuban | Ni Sakati iku | putri Daha anèng ngarsa | Prabu Kênya ingapit gènnya alinggih | ngarsa putri agêlar ||

7. sampun kasrah saisini[192] puri | ingkang warna mas rajabarana | wus asalin jêjuluke | Brawijaya Sang Prabu | Prabu Anom i Maospait | agêlung kêkêlingan | panganggoning ratu | sampun ingangge sadaya | suka bungah sakathahe para putri | miwah para pawongan ||

8. enjing sang nata miyos tinangkil | pêpêk kabèh ka[193] para punggawa | mantri Majapait kabèh | bopati ingkang têluk | sampun prapta sakancanèki | agar[194] ing pagêlaran | atarap alungguh | wus pinarêk sri nalendra | ing dhêdhampar kancana adi rinukmi | tarap kang

--- [f. 150r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 91 dari 99

para inya ||

9. Sabdapalon alinggih ing ngarsi | Nayagenggong pinarêk ing ngarsa | awor lan wong wadon akèh | malangkêrik ka lungguh | para inya micarèng ati | iki ta baya sapa | awor dènnya lungguh | kabèh padha linggih têbah | iki dhèwèk têka awor lan pawèstri | Sabdapalon muncangah ||

10. sami kojêm sagung aningali | para dipati mantri ponggawa | sami tumungkul silae[195] | ikang linggih ing ngayun | Radèn Buntar Watangan uni | lan Radèn Menak Koncar | alênggah tumunggul[196] | Prabu Anom angandika | sakathahe bopati kang mati jurit | padha nunggak sêmia ||

11. yayi Buntaran Watangan singgih | jumênênga Dipati ing Tuban | iku luwih prayogane | mancanagara iku | lah angrèhên ing sira yayi | sira ingkang marentah | sawarnane iku | Menak Koncar jumênênga | ing Lumajang iku nagarane dhingin | bang wetan kaêraha[197] ||

12. sampun wau ingundhangan sami | ingkang pêjah marang adilaga | sami nunggak sêmi kabèh | ing Daha putranipun | mung sawiji nêgih[198] pawèstri | aran Dèwi Graita | pan anèng kadhatun | tan [ta...]

--- [f. 150v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 92 dari 99

[...n] ana kang jumênênga | sira Radèn Watangan anang Kadhiri | jumênêng anèng Daha ||

13. sampun dangu sang nata tinangkil | ya ta kondur Sang Abrawijaya | bubar punggawa mantrine | ingiring para arum | myang pêdhêkan lan para cèthi | prapta kagok ping tiga | lampahe sang prabu | kadi jênênge kang rama | Brawijaya karihin kang sampun lalis | kagêntèn Damarwulan ||

14. Prabu Kênya amapag ing laki | akêkanthèn lawan Anjêsmara | wus prapta mêndhêk kalihe | sigra nulya sinambut | sampun wau pinarêk sami | Puyêngan anèng ngarsa | Waita ing ngayun | ingapit dènira lênggah | Prabu Kênya tan têbah gènira linggih | lawan Ni Anjêsmara ||

15. kawarnaa kagêntèn ing sasi | padhang wulan pan didi[199] raina | wus kinèn gamêlan age | bêbêdhayan sang prabu | akasukan lan para rabi | Prabu Anom ngandika | dhatêng êmbanipun | babu inya timbala |[200] Menak Koncar Buntar Watangan dèn aglis | babu inya tur sêmbah ||

16. babu inya wus prapta ing jawi | ingandikan pan sampun lumampah | katiga prapta ngarsane | yayi dèn marang ngayun |

--- [f. 151r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 93 dari 99

[Ilustrasi]

atur sembah satriya kalih | lan Radèn Menak Koncar | alênggah tumungkul | arame gènya bêdhayan | gamêlane ikang nabuh padha èstri | syaraning punang raras ||

17. ya ta wau Buntaran ningali | mring arine Radèn Menak Koncar | Putri Lumajang wijile | Rarasati ranipun | sadangune pinandêng liring | dhasar sampun kasmaran | Watangan andulu | mring Putri Dipati Daha | Menak Koncar Dèwi Sakati dèn liring | merang gènira mulat ||

18. Prabu Anom tumingal awasis | wus uninga sêmune sadaya | para santana pikire | Prabu Anom awus |[201] dhatêng sira Buntaran uni | yayi sira kramaa [kra...]

--- [f. 151v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 94 dari 99

[...maa] | lawan arinisun | Si Watangan apanggiha | miwah kakang Menak Koncar ingong tari | sadaya mawi krama ||

19. ya ta wau sami angabakti | Buntar Watangan lan Menak Kocar | sami anuhun ature | Anjêsmara tinangtun | wau dhatêng i sang narpati | aturipun sandika | Prabu Anom muwus | yayi sira panggihêna | Putri Daha lan rayi Watangan uni | kang wasta Ni Graita ||

20. Rarasati lan Buntaran uni | Ni Sakati sira apanggiha | kalawan kadange dhèwèk | Menak Kocar apatut | ya ta sampun dinuman radin | sakèh para santana | tinariman sampun | kalangkung prayoganira | yat bubar kang sampun atampa putri |[202] sadaya suka bunga[203] ||

21. Ki Sêbdapalon jinungjung linggih | apan wau dening sri nalendra | Dêmang Sêcabawa rane | Nayagènggèng jinungjung | Sêcayuda ingkang wêwangi | wus pinaringan desa | damêl gangsal atus | pamiyosi[204] kang nagara | pajêg inthil bêbongko kalawan pipis | gênge sagudèl modar ||

22. pangiringe jênang lan gulali | pangajênge ya bakatul mêntah | santên kanin gangsal pane |

--- [f. 152r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 95 dari 99

kinca kalawan juruh | sabên pêndhak Sênèn ngaturi | sami sêdhih baturnya | lemonera[205] mêtu | binoyong anak rabinya | kai dêmang sampun tinariman putri | Kincang lawan Kinandhang ||

23. kawarnaa ri sampun alami | Prabu Anom linggih Majalêngka | Brawijaya bisikane | agung gawe nênumpu | kidang lawan manjangan kancil | dèn iring ing badhaya | parêkan gumuruh | akanthèn lan Anjêsmara | Prabu Kênya saparane nora kari | Waita lan Puyêngan ||

24. akasukan anopèng angringgit | gêdhog pêrwa[206] lawan bêbarongan | wong abanjêt wong abetho | atanapi wong gêmbyung | ngura-ura Ki Dhalang Rudin | nutug kasukanira | wau sang aprabu | êgon mèku[207] nêgara |[208] langkung kêrta nêgara i Majapait | sarya murah tinumbas ||

25. langkung gêmah kitha Majapait | padêdesan dapak pawukiran | êwos tan ana rêgane | tulus sarya tinandur | suka sugih wau wong cili | saking bêrkah nêgara | rêngrêng sêmunipun | nêngêna datan kawarna | kang sinihan Prabu Anom Majapait | kang amukti wibawa ||

--- [f. 152v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 96 dari 99

26. kawarnaa ki rêkyana tih |[209] lagya pinarêk ing palataran | agunêm lawan garwane | putra kalih nèng ngayun | Layangsetra Layangkumitir | silah anang ing ngarsa | ngadhêp ramanipun | kyana patih angandika | kaya priye rêmpagira pramèsyari | apa karsa nungkula ||

27. marang ikang aran Damarsasi | ya ta matur wau ikang garwa | yèn rêmpug kawula mangke | dawêg sami anungkul | marang Ratu ing Majapait | mangsa dipun bucala | Anjêsmara iku | ingadu lawan sang nata | pêpantêse ingapura ing narpati | marga Si Anjêsmara ||

28. Layangsetra asru anauri | Layangkumitir asru angucap | umatur marang ramane | yèn sawawi pukulun | angulari sraya kang sakti | mangsa kuranga jaman |

--- [f. 153r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 97 dari 99

[Ilustrasi]

tan sae katèngsun | ngawula ing Damarwulan | gamêl dika punika asale dhingin | wijil kêkirik desa ||

29. mandahane wirange kang ati | kang ngawula marang Damarwulan | inggih rama katong sone | ki patih alon muwus | marang ngêndi gonira ngungsi | kang layak mêjahana | marang Damarsantun | Layangkumitir anêmbah | pan ing ngriki kêkalih ratu sinakti | Anggris kalawan Wandhan ||

30. apan inggih kang lamar karihin | inggih rama sae winartanan | Sang Prabu Kênya lakine | olih pakathik dhusun | ora layak dadi narpati | anglêng Sang Ratu Wandhan | lan Anggris puniku | ki patih alon [alo...]

--- [f. 153v] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 98 dari 99

[...n] ngandika | lah dangdana kajinêman durapati | lan saos rêmbatan |[210]|

31. pramèsyari akèh aturnèki | sampun dika kesah minangsraya | najan ana ratu kaot | tan nyangga juritipun | Damarwulan langkung sinakti | sinihan ing Jawata | pilih tandhingipun | Layangkumitir anyêntak | tambuh-tambuh anggugu ujaring istri | mangsa dadi dangdangnan[211] ||

32. sampun surup kagêntenan sasi | kajinêman lawan gulang-gulang | cumaos durapatine | tandhu rêmbatan agung | nulya budhal rêkyana patih | wêlur tan ana ngucap | morod têngah dalu | awatara karo bêlah | gêgamane wau ki rêkyana patih | sêja ngungsi mring Wandhan ||

33. kawarnaa wus katur sang a sang aji |[212] Prabu Anom langkung marmanira | ye[213] Patih Logêndèr morod | kesahe têngah dalu | ora nana ingkang udani | Sang Prabu Brawijaya | langkung dènnya ngungun | sapa baya kang ngêmonga | awak ingsun yèn dedea bapa patih | kang layak dadi dhadha ||

34. Anjêsmara mangke matur ririh | sampun mênggah kakang wong atuwa | wong awon karêpe

--- [f. 154r] ---

Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49): Citra 99 dari 99

dhèwèk | sanadyan wong asêpuh | botên kenging ginawe bêcik | mangsa ta wonga liya | manggih laranipun | nadyan silèh kang ayoga | botên idhêp kabêcikan sami-sami | têmah manggih cilaka ||

35. alon rinangkul wau kang rayi | sêdyaningsun mirah bapa patya | sun êkon mukti nèng kene | anguyunana iku | sakathahe para bupati | ya ta datan winarna | wus lami tinutur | dalême Ni Anjêsmara | mungge[214] kilèn ikang têngah Prabu Èstri | kang wetan Ni Waita ||

36. kalawan Dèwi Puyêngan sigih | Prabu Kênya dadya tunggulira | Anjêsmara ing kèrine | parentah para arum | turunane Dèwi Walèri | lawan Dèwi Waita | langkung rêmpugipun | wus ajangkêp kawan dasa | jêjamahan kang padmi sakawan uni | putri mungkur sadaya ||

 


Nama pupuh Lêbar Tanêm ini merupakan sejenis wangsalan untuk Kinanthi. (kembali)
Kurang satu suku kata: kasusula ing dêdalan. (kembali)
bêbêkèr. (kembali)
dening. (kembali)
kinèngkèn. (kembali)
Nama pupuh Nênang Lêlatêng ini merupakan sejenis wangsalan untuk Pangkur. (kembali)
lagi. (kembali)
Lebih satu suku kata: kon padha abusana. (kembali)
Lebih satu suku kata: arsa mêdal ginubêl ing para arum. (kembali)
10 duta. (kembali)
11 lêngkung-lêngkung. (kembali)
12 Lebih dua suku kata: astanira malah dèn angluh sakit. (kembali)
13 aririh. (kembali)
14 dhêdhongklak. (kembali)
15 baya. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: kêsêl jiwit agêblag. (kembali)
17 nyêthot. (kembali)
18 Kurang satu suku: Ki Sabdapalon nèng lawang. (kembali)
19 lawuha. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: sigra ngambil sêga lawuha satumbu. (kembali)
21 prênjak. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: Menakjingga nyandhak talêmpak aglis. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: wanèh nangis ririh. (kembali)
24 dyah (dan di tempat lain). (kembali)
25 kalangkung. (kembali)
26 sang ajurit. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: akêkêmbênan jingga tinêpi. (kembali)
28 ngisor. (kembali)
29 mênggah (dan di tempat lain). (kembali)
30 pêsu. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: amatèni Menakjingga. (kembali)
32 asta. (kembali)
33 asih (dan di tempat lain). (kembali)
34 sang (dan di tempat lain). (kembali)
35 sanunggal. (kembali)
36 lena. (kembali)
37 atinya. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: yèn pêjah Damarwulan. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: kang yogya matènana. (kembali)
40 dinokok. (kembali)
41 sanggup. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: ya akèh dènnya prasêtya. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: mangke kawula ambile. (kembali)
44 anglindur. (kembali)
45 nèng. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: sarirane andhêrodhok. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: polahe kang adhustha. (kembali)
48 angsal. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: putri karo ingaras. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: yèn mangke andika aprang. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: dika gitik pilingane. (kembali)
52 Pamênggêr (dan di tempat lain). (kembali)
53 mojar. (kembali)
54 Nayagenggong. (kembali)
55 Biasanya guru lagu a: Nayagenggong lan. (kembali)
56 santên kêkanil (dan di tempat lain). (kembali)
57 Lebih satu kata: gula lan santên kanil. (kembali)
58 digablogi. (kembali)
59 wahing. (kembali)
60 dinèlèh. (kembali)
61 Lebih satu suku kata: ananging gone kang sêpi. (kembali)
62 lêrês. (kembali)
63 Kurang dua suku kata: Ki Damarsasi wus mulih. (kembali)
64 juwadah. (kembali)
65 anyunggi. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: pangucape awor tangis. (kembali)
67 ora. (kembali)
68 tampa. (kembali)
69 Biasanya guru lagu a: mangkya. (kembali)
70 marwata suta (dan di tempat lain). (kembali)
71 jumênêngna. (kembali)
72 Tunggulmanik (dan di tempat lain). (kembali)
73 iku. (kembali)
74 titah. (kembali)
75 nyêpuhi. (kembali)
76 pêpanggih. (kembali)
77 balênyik. (kembali)
78 pandaming. (kembali)
79 Lebih satu suku kata: dadi pandam utama. (kembali)
80 Sabdapalon. (kembali)
81 prapta. (kembali)
82 ing. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: eman têmên anandhang kanin. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: nyawa sira tangia. (kembali)
85 têmên. (kembali)
86 waluywa. (kembali)
87 dosa. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: saking karsaning dewa bathara. (kembali)
89 anyakra. (kembali)
90 anyuku. (kembali)
91 ing. (kembali)
92 sotah. (kembali)
93 apituduh. (kembali)
94 saradula (dan di tempat lain). (kembali)
95 anggrayangi. (kembali)
96 wukir (dan di tempat lain). (kembali)
97 saengga. (kembali)
98 madya. (kembali)
99 jêblos. (kembali)
100 waja. (kembali)
101 Biasanya guru lagu a: Genggongnaya. (kembali)
102 thêthingkrang. (kembali)
103 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: para nyai dangdan sampun. (kembali)
104 pinarada. (kembali)
105 Nayagenggong (dan di tempat lain). (kembali)
106 olih. (kembali)
107 êri. (kembali)
108 pating. (kembali)
109 cênggêrèrèt. (kembali)
110 nginggil (dan di tempat lain). (kembali)
111 Kurang satu suku kata: lir ciptaka minta riris. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: sêkar pisang dika kakang. (kembali)
113 gumantung. (kembali)
114 primèn. (kembali)
115 balabag. (kembali)
116 Lebih satu suku kata: aja liyanan kang ngambah. (kembali)
117 Lebih satu suku kata: ngrungu abaning gamêlan. (kembali)
118 nganggea. (kembali)
119 Kurang satu suku kata: sukur rinaksa dewa gung. (kembali)
120 ngandêla. (kembali)
121 Lebih dua suku kata: lêbur luluh pawèstri mangsa ngandêla. (kembali)
122 garoboh. (kembali)
123 sumaur. (kembali)
124 kuning. (kembali)
125 kulambi. (kembali)
126 Kurang satu suku kata: suka bungah kang tumingal. (kembali)
127 sêsêk. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: Ki Pêngantèn Damarsantun. (kembali)
129 katêmpuhan. (kembali)
130 Variasi: ngonggo-onggo (dan di tempat lain). (kembali)
131 sabragada. (kembali)
132 longaning. (kembali)
133 linyok. (kembali)
134 awakcaa. (kembali)
135 Kurang satu suku kata: sami ginoco wong roro. (kembali)
136 misuwur. (kembali)
137 misuwur. (kembali)
138 loro. (kembali)
139 wani. (kembali)
140 Lebih satu suku kata: lawan karsane sang prabu. (kembali)
141 timbalaning. (kembali)
142 sarèha. (kembali)
143 pangajap (dan di tempat lain). (kembali)
144 mênggah. (kembali)
145 Lebih satu suku kata: ningali têtandhingan. (kembali)
146 paminggir (dan di tempat lain). (kembali)
147 sri. (kembali)
148 adhuhung. (kembali)
149 tinaturêngga (dan di tempat lain). (kembali)
150 wus. (kembali)
151 sitinggil. (kembali)
152 Lebih dua suku kata: lah mara wêdhung mami. (kembali)
153 Lebih satu suku kata: yayi tan bisa. (kembali)
154 angrêribêdi (dan di tempat lain). (kembali)
155 Lebih satu suku kata: dulu Anjêsmara. (kembali)
156 Lebih satu suku kata: dhingin kula kawula sura mêrata. (kembali)
157 Lebih dua suku kata: kakang elinga kalih. (kembali)
158 larihi. (kembali)
159 banthènge. (kembali)
160 Lebih satu suku kata: angandika kang anèng ing made ratna. (kembali)
161 inya. (kembali)
162 nuli. (kembali)
163 Nama pupuh Mudha ini merupakan sejenis wangsalan untuk Sinom. (kembali)
164 kulesetan. (kembali)
165 ambêncung. (kembali)
166 nunggak. (kembali)
167 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sawanèh ana nunggak. (kembali)
168 agêndring. (kembali)
169 têtangganingwang. (kembali)
170 têbusên. (kembali)
171 tanpa. (kembali)
172 munggah. (kembali)
173 aliron. (kembali)
174 pêkên alit. (kembali)
175 Kurang satu suku kata: pêkên alit mêgat margi. (kembali)
176 Lebih satu suku kata: jalu èstri sami dulu. (kembali)
177 sênag-sênig. (kembali)
178 nglêliwati (dan di tempat lain). (kembali)
179 puri. (kembali)
180 tiga. (kembali)
181 sumunu. (kembali)
182 danawarih. (kembali)
183 sori. (kembali)
184 murtining. (kembali)
185 Lebih satu suku kata: dhuh dewane si kakang. (kembali)
186 Lebih satu suku kata: wis payu padha wisan. (kembali)
187 lurah. (kembali)
188 kusumaning. (kembali)
189 endrabuwana. (kembali)
190 gambir. (kembali)
191 sinambut. (kembali)
192 saisining. (kembali)
193 kang (dan di tempat lain). (kembali)
194 aglar. (kembali)
195 silane. (kembali)
196 tumungkul. (kembali)
197 kaêrèha. (kembali)
198 nênggih (dan di tempat lain). (kembali)
199 kadi. (kembali)
200 Kurang satu suku kata: babu inya timbalana. (kembali)
201 Kurang satu suku kata: Prabu Anom amuwus. (kembali)
202 Kurang satu suku kata: ya ta bubar kang sampun atampa putri. (kembali)
203 bungah. (kembali)
204 pamiyosing. (kembali)
205 lamun ora. (kembali)
206 purwa. (kembali)
207 mêngku. (kembali)
208 Kurang satu suku kata: ênggone mêngku nagara. (kembali)
209 Kurang satu suku kata: kawarnaa ki rêkyana patih. (kembali)
210 Kurang satu suku kata: lan saosa rêmbatan. (kembali)
211 dangdanan. (kembali)
212 Lebih dua suku kata: kawarnaa wus katur sang aji. (kembali)
213 yèn. (kembali)
214 munggèng. (kembali)