Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28)

Judul
Sambungan
1. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 29–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 51–71). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Jayalêngkara Wulang[1]

--- [f. 1r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 1 dari 97

Maskumambang[2]

1. [...]ndra dahat wagugên ing galih |[3] paran karsanira | pramèswari tan kêna ngling | sang nata malih ngandika ||

2. tur ya sapa kang wruhèng prênahe ugi | nanging angur sira | dilalahêna ki mantri | ja sinung mantri kang milwa ||

3. wus pêgatên yayi trêsnanta sawiji | srahênèng Pangeran | wruha takdiring Ywang Widi | kawula darma punapa ||

4. kawruhana ari sarèhning dumadi | jênênging kawula | suka duka larapati | pinanci takdiring Sukma ||

5. karan dasih tan kêna nampik amilih | rèh kêdah sumarah | sapa nulak yèn wus pêsthi | lina balik yèn raharja ||

6. titahing Ywang aja kagèt sira yayi | prandene nakira | yèn ana sihing Ywang Widi | putranira manggih arja ||

7. pan pinanggihkên maning lan sira yayi | lungane ki putra | kaya nora mrih tan yukti | pan dudu rare nyalunthang ||

8. pasêmone ngulari darma kang suci | lan kramaning nata | pramèswari tan kêna ngling | wêkasan matur sungkawa ||

9. jêng narendra pukulun putra narpati | sampun rinojongan | inggih sampun sinung mantri | malah meranga ing marga ||

10. sokur dènnya kesah wandeya ki mantri | ajriha ing marga | wigugên sri narapati | putêg sajroning wardaya ||

11. kewran ing tyas de sori tan wrin pamanggih | nulya angandika | mindêla yayi kariyin | ingsun mijil sinewaka ||

--- [f. 1v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 2 dari 97

Wau ta wiyosan Sri Narpa Sonyawibawa. Mahraja Santagnyana. Pamijil têmbang kang lumakwa. Padha ulaha graita ing sêsmita.

Mijil

1. pêpêk kang wadyabala anangkil | tan owah ing ênggon | kadi sabên tan ninang prênahe | dana mring srimênganti ningali | kang niwi pra gusti | tan kadya ingutus ||

2. anamun tingal amitambuhi | bangkite kang kinon | ing liring pilih wikan wadine | tan adangu dènira ningali | gya matur ing aji | yèn wadwa wus pênuh ||

3. sang prabu akampuh datan apti |

--- [f. 2r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 3 dari 97

[...]

--- [f. 2v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 4 dari 97

1. Puh Dhangdhanggula

1. purwaning wangsit têmbang artati | kang wus sidik wisudèng sudarga | apuranta panggujênge | rèhning mudha apunggung | cumênthaka milwa angawi | kêdah

--- [f. 3r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 5 dari 97

ingalêm wignya | tansah sasar-susur | sastrane kathah kang băngga | tuna liwat akithal tanduking dhong-dhing | dèn gêng sih paramarta ||

2. apuranên dera sang

--- [f. 3v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 6 dari 97

sudyapti | kang amaca miwah kang miyarsa | andonga-dinongakake | ayua imanipun | myang mulyane kang jisim sami | antuka nugraning Ywang | Pangeran Kang Agung | kang murah ing dunya marma | ing akhirat langgêng kang kun bumi langit | ping dwi martaning duta ||

3. kangjêng gusti nabi kang umiyi | ingkang sidik ing tyas kang amanat | tablèh barang parentahe | lilaning manah nêrus | têrus maring ing jaman akhir | akhire asung rahmat | mring umat sêdarum | ping tiga babu lan bapa | sanak tuwa maratuwa ping nêm Gusti | ingkang ulah ngibadah ||

4. ping pitu barkating gurunadi | ingkang salèh kang kêrana Allah | trêwalok ing Pangerane | lan barkating pra ratu | kang pinaring nugrahèng Widi | Kangjêng Sultan Mataram | kang turun-tumurun | Kangjêng Sultan ing Ngayogya | ngrilanana ingkang abdi mangun tulis | kăndha Jayalêngkara ||

5. ri sampunnya sipat pasang putih | patah brêstha gandaning sarira | pinrih anjrah ing jrênihe | nênggih wit kang ingapus | astha brăngta sinalin gêndhing | ngaran Jayalêngkara | cinampur lan ngilmu | karsaning para oliya | wus mufakat uliya ing tanah Jawi | kang kangge ing narendra ||

6. wanci jam nawa wiwit manulis | ri Soma Pon ping rolikur Rajab | Jimakhir titimangsane | sèwu lan pitung atus | tigang dasa angkaning warsi |[4] punika kuningana | taun măngka tugu | pasongkara sang mangripta | Purwarêja dalême sang murwèng gurit | kinarya smarondona ||

2. Asmaradana

1. sigêgên têmbang artati | asmarondona [asmaro...]

--- [f. 4r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 7 dari 97

[...ndona] gumantya | karsane sang amangun rèh | winangsulan purwaning rat | duk karya kênyatahan | Pangeran Kang Murbèng Tuwuh | witing ora dadi ana ||

2. ring pupusing alam tunggil | ana măntra-măntra wetan | angêndhanu kilèn gène | ana gatra tanpa warna | katetesan kampinta[5] | ring Ywang Găngga Wirantanu | dadi sarining buwana ||

3. kang kaeka dasa adi | purwa eka têdah tunggal | adi ing kaluwihane | dasa sêpuluh artinya | purwa liring wiwitan | nadyan kathaha praja gung | tan wontên kang mirib memba ||

4. sêdasa kathah praja di | jêr sawêg Sonyawibawa | kang tinêdahkên baguse | kinarya witing carita | pasir wukir wulusan | mêngkêr arga mangku laut | murah sandhang muwah pangan ||

5. limpade ingkang ngrênggani | Sri Maha Sonyawibawa | pinudya dening wadyane | narendra kanthi sêntana | kèringan pramudita | bisikanira Sang Prabu | Abathara Santagnyana ||

6. rumêksa ing bala tani | miwah mantri kulawarga | tan sinung rêngat manahe | kalangkung asih ing wadya | panjênêngan sang nata | atitikrama ing têmbung | kinajrihan parangmuka ||

7. angecani tyasing dasih | tan wontên rêntênging cipta | anrapi langkung martane | andhap tan kenging kongkulan | prayitnane pêsaja | titiprayane wus putus | sandi upayaning cidra ||

8. prabu wicaksana [wica...]

--- [f. 4v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 8 dari 97

[...ksana] luwih | kapandhitannya wus limpad | tan nyipta ing kawiryane | sugih tur lila ing donya | ratu taklim ngagama | pangawak surya sitangsu | ajrih ing laranganing Ywang ||

9. kinamulèn pra maharsi | samya pyuh jumurung tapa | tuhu patut sabawane | pracina sinihan ing Ywang | dadya bakah akêkah | lulusing karatonipun | parangmuka sumewaka ||

10. asih dhatêng fêkir miskin | miwah yèn arkarya[6] guna | ing wadya sura sêktine | tuwin yèn akarya sêtya | tuhuning sasining rat | amêdhari mindha punggung | widagdya karya la-êla ||

11. kongasing gănda tan kengis | deramiguna ngaguna | tan amêpêr gunaning wong | suraning dasih pinudya | dadya kinalulutan | sruning mrih tustha sawêgung | sri narendra kasupêna ||

12. pêparabira narpati | Mahpandhita Kalasonya | sêmbada ambêking rajèng | suwawi lan kang têngêran | prabu maksih taruna | abagus mênggêp aluhur | jêtmika tanpa sêsama ||

13. pramèswarinira luwih | lir intên rineka jalma | amêdani pangadêge | angripta kumbacarana | apa lire mêngkana | amêdani lir andulu | jro supêna ayunira ||

14. têgêsing angripta kadi | antuking nyipta yunira | akumba iku têgêse | kadi ukiran kêncana | têgêse acarana | lir pêrada kang pamulu | mubyare kala

--- [f. 5r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 9 dari 97

binabar ||

15. têgêsing ngreka pan kadi | gambar molah ajêngira | angawêngi sakalangon- | ing pasir wukir wulusan | ajêngnya tanpa wada | gêmi nêstiti ring kakung | suhud sêtya kumawula ||

16. ngèstu angguru ing laki | sru rumênggèng kanarendran | Dèwi Wilasmara rane | sang dyah dawêg wayahira | laminira kagarwa | dera kangjêng sang aprabu | dèrèng uninga kang duka ||

17. ing cipta sampun winasis | tampi sêsmitaning priya | arju lumrah kang têtêkon | mong raka myang sining pura | nir rêngating sêsama | patutannya sang wah ing rum | lan nata sawêg têtiga ||

18. pamurwa kakung apêkik | nama Dyan Jayalêngkara | lir Nabi Yusuf citrane | cahya anawang sêsăngka | sampun utamèng sêstra | Jawi Arab kirat putus | ing têmbang têmbung ulama ||

19. tan sinung lampah tan yukti | ing rama jêng sri narendra | bilih winanci dening wong | saking langkung sihing rama | ginadhang madêg nata | ing Sonyawibawa èstu | munjulana kang yang-eyang ||

20. kaduk mindêl dahat lungid | limpad lêpasing wiweka | napis pyuh pangandikane | wasis karya smaraningrat | tatrapane pêsaja | tuhu bagus alus nêrus | tanpa irib jêtmikanya ||

21. kang anèm Radèn Subêkti | samya kang citra lir kêmbar | tuwin sakaliring rèhe | mêmingking niskarèng raka | dyan ari myang bêktinya | ing yayah ibu mangkya duk | samya sowan ingkang rama ||

--- [f. 5v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 10 dari 97

22. dyan sêpuh anuwun pamit | ing rama yun don lêlana | anglampuskên sarirane | apti uninga ing arga | rama ibu tan suka | miwah rayi kalihipun | kalayu dhatêng kang raka ||

23. akathah sandining galih | Rahadèn Jayalêngkara | ginubêl ngari dyah sinom | wasta Dèwi Ragasmara | dera sru sih ing raka | sang dyah sumungkêm ing suku | lir mas kumambang ing tirta ||

3. Maskumambang

1. wijiling ling liringe asêpêt gêndhis | kasmaran kang mulat | sang dyah citrane pan luwih | sor Dèwi Ratih ing swarga ||

2. yèn sinawang yayah mukswaa mring langit | mêncarong rahina | mêlik-mêlik lamun wêngi | lir lintang katrangan mega ||

3. mangun keswa sang dyah katona suwawi | mangrês karsaning lyan | Dèwi Ragasmara luwih | sêmune antêng jêtmika ||

4. asmu lungid ing cipta tur angêntèni | manahing kawula | wagêd nirkên ing tyas brangti | mrih pyuh sagunging cèthinya ||

5. eman tanpandulu sukanirèng aji | kah ambêngan brăngta | karan mrih driya sang dèwi | de raka mangun sungkawa ||

6. Radèn Jayalêngkara anuwun pamit | matur ing ramendra | yèn arsa minggah ing wukir | arsa andon anglêlana ||

7. karananta patikbra mit agêng juti | padu sri narendra | gêng lêlana patik aji | rèh langkung cupêt patikbra ||

8. sinayutan rahadèn amêksa amit | kang rayi taruna | sira Rahadèn Subêkti | kêdah tumutur [tu...]

--- [f. 6r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 11 dari 97

[...mutur] ing raka ||

9. dadya kewran Dyan Jayalêngkara dening | yèn ri tumutura | uwus dene jêng rama ji | dahat marma sru tan suka ||

10. ingsun cidrakêna kangjêng sri rama ji | ri mas kaya ngapa | yèn tumutura mas yayi | tan wrin marga paran ingwang ||

11. yêkti pisah yayi tan wrin paran mami | dadya sêmang-sêmang | utawi nala rama ji | awuwuh prihatinira ||

12. dene datan ana ingkang dèn tingali | ingsun dugèng nala | wuwuh wingit jêng rama ji | dadya mrih marga singlonan ||

13. rajaputra ing tyas mrih tungkuling abdi | sampun tigang căndra | tansah gêng mendra mong rêsmi | tan pêgat anglipur karsa ||

14. karya sandi nêrambah angrakêt dasih | ngandikan myang tindak | mring wismane ginagênti | lingsèn anglêlantih lampah ||

15. sêngadinya kasukan nawung myang judhi | saliring abênan | ingon tuwin kang ingulig | punika nawung artinya ||

16. sakathahing kasukan kang rêbat bangkit | ngabên kawagêdan | punika kang wasta judhi | yèn nimbali tan prabeda ||

17. myang sêmoan wênèh ana ringgit jalmi | mawi buron wana | rineka mrih sukèng galih | sruning dènnya namun driya ||

18. ring panduluning wadya punggawa mantri | wus lipur kang karsa | sangking wagêd namun kapti | misayèng limpening nyana ||

19. langkung narah rèhing rama ibu sori | kawarna sang nata | lagyarsa miyos tinangkil [ti...]

--- [f. 6v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 12 dari 97

[...nangkil] | dan rinangkul padanira ||

20. dera risang kangjêng sri mahpramèswari | kalih ingkang putra | katiga Radèn Subêkti | katrinya samya ngudrasa ||

21. sotya balut saya imbah mêlad ati | angrês tyas narendra | ature sri pramèswari | pukulun kados punapa ||

22. kêlakona paran polah patik aji | yèn putra paduka | tansah kah angên ing ati | sintên gumantya narendra ||

23. yèn suruda ing têmbe paduka aji | dyan putri lan putra | karuna katri bu sori | cêngêng tyas sri naranata ||

24. pramèswari matur sumêla ing tangis | yèn tulusa nata | kaki mantri tilar puri | kawularsa tumutura ||

25. patik aji tan arsa anèng nêgari | suka yèn linaa | kawula ing wana giri | dyan putri asru panjritnya ||

26. kula ibu inggih datan bisa kari | sang nata ngandika | ala sira dening mami | sruning marmèng driyaningwang ||

27. nanging yayi tan ana luputing kapti | kaptine ki putra | amêmati ingkang dhiri | wêtaraningsun ki putra ||

28. nora lipur angur kesahe ki mantri | lêhêng lilanana | sinung mantri kang tut wuri | dimèn wruh ing prênahira ||

29. myang parane sangkane ana udani | iku kang tur wikan | yèn kinolunga nglês benjing | sru sumêlang driyaningwang ||

30. nêsêl tangis malih ture jêng sri sori | amba sru lênggana | ring karsanta pan putra ji | kang manah saya andadra ||

31. sri narendra [nare...]

--- [f. 7r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 13 dari 97

[...ndra] dahat wagugên ing galih | paran karsanira | pramèswari tan kêna ngling | sang nata malih ngandika ||

32. tur ya sapa kang wruhèng prênahe ugi | nanging angur sira | dilalahêna ki mantri | ja sinung mantri kang milwa ||

33. wus pêgatên yayi trêsnanta sawiji | srahênèng Pangeran | wruha takdiring Yyang Widi | kawula darma punapa ||

34. kawruhana ari sarèhning dumadi | jênênging kawula | suka duka larapati | pinanci takdiring Sukma ||

35. karan dasih tan kêna nampik amilih | rèh kêdah sumarah | sapa nulak yèn wus pêsthi | lina balik yèn raharja ||

36. titahing Ywang aja kagèt sira yayi | prandene nakira | yèn ana sihing Ywang Widi | putranira manggih arja ||

37. pan pinanggihkên malih lan sira yayi | lungane nakira | kaya ora mrih tan yukti | pan dudu rare nyalunthang ||

38. pasêmone ngulari darma kang suci | lan kramaning nata | pramèswari tan kêna ngling | wêkasan matur sungkawa ||

39. jêng narendra pukulun putra narpati | sampun rinojongan | inggih sampun sinung mantri | malah meranga ing marga ||

40. sokur dènnya kesah wandea ki mantri | ajriha ing marga | wigugên sri narapati | putêk sajroning wardaya ||

41. kewraning tyas de sori tan wrin pamanggih | nulya angandika | mindêla yayi kariyin | ingsun mijil sinewaka ||

--- [f. 7v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 14 dari 97

4. Mijil

1. aris têdhak kangjêng sri bupati | ngandikarsa miyos | gung wong puranggrahita sarèhe | mangkya pan nuju Soma kang ari | kunêng dalêm puri | paglaran winuwus ||

2. pêpêk kang wadyabala anangkil | tan owah ing ênggon | kadi sabên tan ninang prênahe | dana mring srimênganti ningali | kang niwi pra gusti | tan kadya ingutus ||

3. anamun tingal amitambuhi | bangkite kang kinon | ing liring pilih wikan wadine | tan adangu dènira ningali | gya matur ing aji | yèn wadya wus pênuh ||

4. sang prabu akampuh datan apti |

--- [f. 8r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 15 dari 97

ingkang kagêm pindho | wus aès lir cinitrèng baguse | kèhning dyah myat la-êla ing ati | nulya miyos aji | upacara ngayun ||

5. banyakdhalang kidang sawunggaling | ardawalika grong | kacu kuthuk lantaran lan gandhèk | saput kandil mojokan cêpuri | dhampar ro gêng alit | angapit kang kang kêbut |[7]|

6. lar dewata kêmbar tuwin kêndhi | pratula nèng bakor[8] | waos kalih tri lan talêmpake | endhong langkap pêdhang srampang bêdhil | kabèh pusaka ji | kaprabon piturun ||

7. kèhning ngampil yu rumaja putri | busana di kaot | kampuh jingga pinarêmas kabèh | sêngkang singsim liwêran rêtna di | samir wali kuning | ngarsendra lan pungkur ||

8. kanan kering lir lintang trang langit | mangulapkên panon | rêbut sênên lawan ampilane | myang bêdhaya kalih lajur sisih | langkung ring kang ngampil | dining prabanipun ||

9. orêg gunging sowan samya ngèksi | busana sang katong | jrih mênawa na nyami pangangge | lan agêm tinundhung yèn ton dadi | nalendra mastani | tanna wong wrin ngangkuh ||

10. samya mêmiring ing cipta dening | tan wrin kăntha katong | anêlaskên wiwekaning rajèng | kang tinundhung mêdal pan suwawi | dadya samya uning | nitikramèng prabu ||

11. kang dèrèng wruh

--- [f. 8v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 16 dari 97

iku sangkaning wrin | ya ta jêng sang katong | wus pinarak ing dhêdhampar jêne | sinudamèng rêtna jingga wilis | ababut sinuji | nêlahi sisantun[9] ||

12. sri kasongan ing bangsal pêngrawit | risang wuryan miyos | wus nrambahkên liring maring kabèh | sinung sipta sagunging anangkil | sêdaya atampi | sipta sami lungguh ||

13. mukaning sila lir konjêm tiwi | sasap warga katong | kang kaarsa dera sri sang rajèng | Kya Patih Jayasănta pangapti | putus anampèni | sêsmitaning prabu ||

14. kang nambungi kananing apatih | bupati kaliwon | Tumênggung Mulyawêcana rane | Arya Jagalaya anambungi | Amongpraja nuli | Răngga Sutikna lus ||

15. kang kering Tumênggung Maospati | Urawan tan adoh | Mongsipta Răngga Wijaya dene | bupati jro prênahe kapering | pangajêngnya Kyai | Mongyuda Tumênggung ||

16. Arya Tampolas lan Purbatiti | Dêmang Panatasron | kang jajar patih sêntana rajèng | Radèn Sujanasêstra prituwin | Dyan Ywanjanasandi | Radèn Dirgabau ||

17. Ki Ngabèi Sandisastra Carik | rumêksèng wêwados | lantip tampi sêsmitaning rajèng | mêngku pringganing praja kaarti | netyasa wikrami | ganda rus dadya rum ||

18. kêndhuruan pandêlêgan tuwin | ăndhamoi gawong | pêcattăndha lan tăndhamantrine | pangalasan [pangala...]

--- [f. 9r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 17 dari 97

[...san] lawan waduaji | kang nèng wuri patih | Wiryaduta patut ||

19. anjagani utusan narpati | tansah ngèsthi pakon | mantri jajar tap banjêng linggihe | sasap gandhèk mantri anom miji | kêbayan kriya di | kêmasan lan êmpu ||

20. panyarigan gêndhing sayang nunggil | ing prayayi gêdhong | kalang gawong undhagi marisèn | ngukir bubut jalagra ajaid | kêparak gèn nunggil | sami wingking prabu ||

21. grêji ngrahab pan kêparak ugi | sungging galong[10] gêdhong | suranata lan suryagamane | gamêl pênandhon lawan sêrati | prajurit jajari | pangarsa wong mandhung ||

22. maudara sasikêpnya sami | sênjata myang waos | tanuastra lan jayăntakane | jagabaya jagasura tuwin | kanoman tanapi | judhipati têpung ||

23. namèngyuda patrayuda sami | sikêp tamèng tawok[11] | yudamênggala brajakilate | wirabraja brajanala tuwin | wong tamtama sami | sikêp buwis ganjur ||

24. wong nyakragnyana[12] wisamarta di | sikêp pasêr dêmon | wong anutra kanan kering rajèng | mantri jêro pinilih kêpilih | ngampil magêrsari | miwah martalulut ||

25. kajinêman myang singanêgari | priyantaka nongsong | kang rumêksèng pungkuran sang rajèng | wong prawirèng lan wong talangpati | gulang-gulang tuwin | jagabela jadhug ||

26. pangulu natagama nèng srambi | kêtib modin mrêbot | nitisêbda jêksèng prêdatane | tinimbalan [ti...]

--- [f. 9v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 18 dari 97

[...nimbalan] sinandhing narpati | bilih supe aji | punika sumambung ||

27. pan winênangakên anjagani | supene sang katong | nyulama timbalan tur sêmbahe | wus putus jangji saeka kapti | yèn ngandika aji | gung sowan tumungkul ||

28. sampuning tata sagunging nangkil | tan ana baning wong | kabèh ngajêng-ajêng sêbda rajèng | langkung dènnya yun-yunên ing gusti | kang lungid wruh aji | mêgat sihing sunu ||

5. Mêgatruh

1. samya kacaryan mulat ing sang aprabu | dening mawênês cahyaning | kadya cahyaning sitangsu | lir asmara nahên kingking | baguse lir mukswèng ênggon ||

2. saya sumunu kapandhitannya luhur | nulya rawuh radèn kalih | cingak sakèh kang andulu | citranya dyan putra kalih | tan manusa idhêping wong ||

3. kadi binusanan ingkang sitiluhur | kaujwalan nur cahyaning | rahadèn putra pandulu- | ning wong tan wênah lumiring | ing atiru radèn karo ||

4. sang nata ngling ki radèn linggihèng dhuwur | Dyan Jayalêngkarambêkti | mangrêpa nungkêmi suku | sang nata ngênting ingkang sih | awungua putraningong ||

5. nulya wungu rahadèn ngabêkti lungguh | angandika sri bupati | sêdhêng sira putraningsun | mangkya gumantia aji | wis patut mêngku kaprabon ||

6. Ki Subêkti kanthinira dadi ratu | ecaa sun mujimbêkti | anêdha sihing Ywang Agung | tulusanira dadya ji | lan martaa patiningong ||

7. awotsêkar

--- [f. 10r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 19 dari 97

rahadyan ature nuhun | patikbra lêngganèng kang sih | yèn nata sèlèh kêprabun | têmah karya runtik aji | karan patikbra mit marod[13] ||

8. saking merang patik jumênênga ratu | dening tan wrin sastra tunggil | ing wiweka dèrèng antuk | tan uning awon prayogi | punapa wêdaling katong ||

9. yêkti kawi sastra agung munggèng ngayun | tur tan tumut mungêl ugi | pada punika pukulun | nging sirikipun rumiyin | yèn tinitèn tanpa wiyos ||

10. katêlangso ature anut kang tan wruh | ing pada ngarani cantrik | sidhêp mênga ungêlipun | karan pada ngaran cantrik | mangkya ngandika sang katong ||

11. kaki unining pada ta wruhanamu | padèku pan Sastra Panji | artining panji têtunggul | êndi ta wancine kaki | rahadèn matur wotsinom ||

12. cacadipun mugên ungêle pukulun | kadospundi ta narpati | mugêna tan wrin pamêngku | sayêktine datan amrih | jaga-jaga tyasing katong ||

13. punapa têmahing mantri sabda tuhu | rèhning ratu salah ati | milamba benjing yun lungguh | yèn putus raosing tulis | lan uning surèng palugon ||

14. jayèng mêngsah waskithèng sandining satru | tanpantuk ngèsêm kang dasih | wicaksuh titining wadu | punikambarsa madhiri | yèn sampun mirib jêng katong ||

15. yèn marêngi yayi jumênênga prabu | kasigug gunga suwawi | kapuntên dening sih timur [ti...]

--- [f. 10v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 20 dari 97

[...mur] | ngandika sri narapati | lah ya apa ta ling ingong ||

16. lamun karsanira tan kêna sun sayut | mandar wus karsaning Widi | nyata tan kuwasa ingsun | ngambêng budi ring titahing | Sukma tan wurung linakon ||

17. kyana patih tumênggung nambungi atur | prayogi dipun lampahi | kang karsa ramanta prabu | pra bupati saur pêksi | gusti sintên kawulantos ||

18. inggih kaki wa paman nêdha sêdarum | pangajêng-ajênge sami | winalêsa ing Ywang Agung | adangu dènnya tinangkil | sang nata tyasira kudon ||

19. aluwaran kandhêg wijil ping tri prabu | animbali kyana patih | lawan tumênggung katêlu | ngandika sri narapati | patih tumênggung dèn ngartos ||

20. wruhanta yèn ki putra mêksa anglangut | panduganingsun anilib | lungane ki putra besuk | sira tumênggung sun wèhi | gawe ngrêksa putraningong ||

21. Ki Subêkti pangarahe kudu milu | ing kakange dèn abêcik | tumênggung dera nênungkul | ring sutèngsun Ki Subêkti | prihên suka ja wèh awor ||

22. ki tumênggung nêmbah nata malih muwus | hèh patih rabimu aglis | konên ngrêsa ing bok ratu | lan rumêksa ing ni putri | dèn bisa rabimu momong ||

23. pan ciptane nimbok sori angêlampus | tan arsa andulu puri | yèn ki putra sida nglangut | sira rumêksa dèn bêcik | poma sakapti rinajong[14] ||

24. sang nata [na...]

--- [f. 11r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 21 dari 97

[...ta] gya lajêng kondur patih mantuk | kunêng pangêdhaton aji | awêtawis tigang dalu | Dèn Jalêngkara kawarni | mamrih silib dènnya lalos ||

25. rinasèng tyas kewran dhatêng yayah ibu | miwah ingkang rayi kalih | nanging winangsul ing kalbu | mapan ta ing sêdya mami | mamrih mulya rama karo ||

26. karsaningsun amrih kukuh prajanipun | tulusa kangjêng rama ji | yèn têmbe sun madêg ratu | aja lingsêm rama aji | aja anggêgawa awon ||

27. pan karsane radèn kesah têngah dalu | ênting wêlas mring kang kari | kèh lire wrat ngarinipun | supe duk kang waspa mijil | radèn artatinya repot ||

6. Dhandhanggula

1. amêgat trêsna anulya mijil | kadya dinulur dening Ywang Sukma | kang rumêksa turu kabèh | mêdal lawang kutha wus | tan ana wruh kang wadwa mantri | ambêkta kêncana wrat | kalih kati sampun | praptèng wana karahinan | asiluman kang tinaha kang ngulati | wadwa sêntana duta ||

2. kawarnaa orêg ing nêgari | asrang-srangan angulati radyan | sampun katur ing sang rajèng | pramèswari sinung wruh | yèn rahadèn kesah ing wêngi | tan ambêkta parêpat | pramèswari kantu | gumêrah sajroning pura | kadi wrêsa panjriting èstri anangis | sambat amêlasarsa ||

3. nyai patih rumêksa ing sori | miwah Radèn Galuh pan kantaka | kang tangis saya arame | wênèh nibèng bêbatur | gêlung lukar [lu...]

--- [f. 11v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 22 dari 97

[...kar] tan dèn waoni | sotya balut bêk lumrah | mung nata tan muhun | pan andulu titahing Ywang | saya wêning kapandhitan sri bupati | lir wukir kapawanan ||

4. Radyan Subêkti arsa nusul ing- | kang raka nging ki tumênggung tansah | angimur angarèh-arèh | wontên palihanipun | Radèn Jayalêngkara apti | sumusula kang lunga | Sujalma ranipun | pêputrane Jayasănta | alit mila pinupu kyai apatih | lir antuk ing ayoga ||

5. Ki Sujalma lali yayah bibi | mung ki patih yayah renanira | mangkya pinêdhot trêsnane | mung radèn kang kaetung | sahambêkta êmas sêkati | lumakwa pêpalaywan | wus praptèng wana gung | kawarna para pandhita | pra sêntana astha mênggala anangkil | jêjêl ing panangkilan ||

6. kawarnaa kangjêng sri bupati | pan pinarak anèng singasana | sêk sumèru jro driyane | ngandika jêng sang prabu | timbalana kakang apatih | kang tampi pangandika | nyi dêmang lumayu | kadya mênjangan kêtawang | nyingkur wêdhung astane atuding-tuding | piyak sagung niyaka ||

7. timbalan dalêm rêkyana patih | jêngandika ingandikan enggal | gêpah mêndhapan lampahe | wêdhungira sumusul | miwir kunca anikêl warti | kerid mring Nyai Dêmang | Sêmangko lumêbu | wus tumamèng ngabyantara | nikêl warti muka lir konjêm pratiwi | sri tan kêna ngandika [nga...]

--- [f. 12r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 23 dari 97

[...ndika] ||

8. tri pandurat anggana sang aji | kyana patih nêmbah tur prayoga | antuk nalika ature | kawula nuwun bêndu | patik aji ngungkul-ungkuli | ing jêng paduka nata | prayogi sinusul | sinêbar wadwa sêpraja | sanggènipun radèn punika kapanggih | sang nata angandika ||

9. iya bênêr aturira patih | nanging sira ulatana ika | katêmua yèn atine | anakira tan surud | dènnya supe tingaling pamrih | lunga maning ki putra | tan pêgat tyas ingsun | prihatin angur ing mangkya | sun pêgate trêsna ngong sun asrah dhiri | langkung parentahing Ywang ||

10. yèn rinêksa sapa kang matèni | yèn rinusak sapa sanggup ngrêksa | nadyan si ana ing kene | apa lyan Allah mêngku | kyana patih dhêku ngabêkti | kaluhuran ing sêbda | luwaran sang prabu | samya mantuk asmu waspa | kawarnaa Sujalma lampahnya prapti | ing marga panunggalan ||

11. ararywan sira nganti ing wêngi | wus sumurup wilaba gumantya | sêsăngka mêlok padhange | purnama kapatipun | sira radyan tumurun aris | sangking wrêksa lumampah | sira ngantun-antun | tansah kaciptèng wardaya | kang lênggana ing yayah rena smu tangis | nanging merang wangsula ||

12. salangkah-langkah mandhêg anolih | kang tinolih kang tinilar brăngta | ancala sêndhu tindake | amurang-murang ênu | tan dêduga sang agêng kingkin | asongsong larasmara | atêkên lulut kung | kang ngribêdi [ngri...]

--- [f. 12v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 24 dari 97

[...bêdi] wardayanya | arinira tansah mulêt kulung galih | dènirarsa tumuta ||

13. mangkya arawat waspa samargi | nanging sangêt wrat ing sêdyanira | sinêmbadan pamêsune | ing manah dènnya trênyuh | dadya silib byat trêsna ngrayi | sinasaban ngajrihnya | kandhap ing apunggung | lulus ngiski sarèhing Ywang | raga sirna kawayang kang karya dhiri | pan wus waspadèng titah ||

14. langkung ing panunggalaning margi | Ki Sujalma wikan ing rahadyan | sigra mudhun saking gone | mêne katon tut pungkur | pan ora yun katon angiring | bilih dede kang karsa | dulu tan dinulu | mangkya radyan karêsan |[15] anèng sela sumayon akedran warih | kasongan ing asoka ||

15. kang linendhehan dening sang brangti | anèng sela ana sang ngurambang | ing tirta amrih mangsane | pêksi asrang asêlur | ciptanira mangkya ngaruhi | mêrak kadya angandhap | purwaka pitutur | aturing pêksi kukila | anglilani karsane rahadyan mantri | kadya kèn lumarisa ||

16. gurnang karêngwa swaraning pêksi | samya anacor[16] woh karasula | antya wurahan swarane | wênèh wohe dèn cucuk | tibèng toya mina ambukti | pinêsthi datan owah | bêksana[17] tinêmu | kalocipta dening radyan | sakathahing tinitah sinungan bukti | pinêsthi datan owah ||

17. wontên kaarsa manuk maniti | tumiling we yeka rang-urangan | waspada ing panambêre | kadi tan ana luput | wus pêsthi bêksana pinanggih | miwah patining mina | tan gingsir tinêmu | wusana maniti pêjah | sinambêr ing wayasa [waya...]

--- [f. 13r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 25 dari 97

[...sa] radyan ningali | sampun waspadèng cipta ||

18. sayêkti-yêktining karsa jati | lêngkêp akarya sakarsanira | datan lawan kawignyane | radèn saya anglangut | pasrahira marang Ywang Widi | pan wus wruh sêsmitanya | lampahe lumaju | tyasira anglugas raga | raga lila lendhehan kaharing Widi | anging tyas karepotan ||

19. repoting lampah aminggir warih | angririhi manah kaputungan | ing nala tan kêna lilèh | anglila ing sakayun | ayun wikan wêkasing sandi | sandi kramaning nata | ana ta kadulu | Ki Sujalma kagyat radyan | ciptanira baya akèh kang nusuli | winangwang mung priyăngga ||

20. karsanira silumana ugi | nanging kepyan wus kaparêk prênah | têmahan nêmah Rahadèn | Sujalma api tan wruh | kagèt lajêng bêkti manangis | tinanya dening radyan | mring ngêndi sira yun | kang Sujalma tanpa rowang | sang liningan ngrangkul pada tur wor tangis | dhuh gustiku pangeran ||

21. tan andipe ta kawula gusti | dening pada kêpanggih ing wana | punapa kang paduka prèh | dasih tan wontên tumut | dyan ngandika lah sira iki | kakang paran gawenta | Ki Sujalma matur | kawula gusti dinukan | de pun bapa patih laminipun runtik | mung mangke langkung puwas ||

22. tan ingangkên tênaya tur sarwi | nguman-uman tinundhung kawula | yèn tan kesaha pinatèn | winastanan pulangyun | lan kang sêlir kang têlênging sih | nganggêp turipun corah | wirang kawula gung | winastan angalap biyang | sru tinundhung kawula supe ing gusti | tan [ta...]

--- [f. 13v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 26 dari 97

[...n] ngantos mit ing pada ||

23. ing mangke gusti kula amit |[18] merang mulat ing nagri paduka | suka pêjah ngwana rajèng | kèndêl myarsa dyan sunu | ing aturing Sujalma dening | tan arsa kacinaa | sêtya lairipun | nanging rahadyan uninga | iya rane sun walêse ujar manis | arum wijiling sabda ||

24. kakang sun milu ing sira ugi | amlasakên sira tanpa rewang | mandahing jana ucape | ujare radèn sunu | mring wargane alulut asih | endah apa awèha | parpat kang tut pungkur | mêngkono ujaring jana | dadi mêngko sun milu sêlarapati- | nira wruh ing sira |[19]|

25. ênggon ingsun amalêsa ing sih | biyang inya sun walês ing sira | Sujalma kumêjot tyase | sumungkêm pada muwun | sarya matur amêlasasih | dhuh pangeran katulyan | sêbdanta pukulun | ila-ila pun Sujalma | kairinga dening gusti kirang kithing | ta kawula pangeran ||

26. ping sapta jalma dadosa dasih | jêng rahadyan ing sêtya kawula | adarbea sêdya mawon | anyamèni pukulun | ywa manggyayu samargi dasih | ing panyipta kawula | langgênga mangulun | ing paduka wangsul tuwan | kadospundi karsa pada kangjêng gusti | abdi nuwun kajarwan ||

27. mugi paringa wrin karsa jati | dening gusti kang panggih ing wana | punapa kinarsakake | dyan ling kakang wak ingsun | pan pinrêdi dadi narpati | pêtênge atiningwang | de durung wrin tanduk | tatakrama durung wikan | parentah myang manasi wadya tan bangkit | iku wirangku kakang ||

--- [f. 14r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 27 dari 97

28. angkah ingsun kakang tuna budi | anggêgawa marang ibu rama | dadya sun wanting-wantinge | awak ingsun dimèn wruh | lara anglih iki sun panggih | wong ugungan gêng mendra | mêngkene sun têmu | Sujalma aris aturnya | yèn sêmbada prayogi dados narpati | pan wontên linanjaran ||

29. patih tumênggung jêksa myang rêsi | pan punika kang mulang narendra | măngsa samia lan rajèng | ing wicêksananipun | anging wontên kang dipun irib | sakirangipun minta | rèh ramanta prabu | mumpung nata dèrèng seda | ling rahadyan iya iku wirang mami | misih kangelan rama ||

30. arah ingsun yèn jumênêng aji | sakecaa rama ulah mulya | aja kawoworan ngake | Sujalma aturipun | datan wontên ratu kang mirib | kangjêng sri rama tuwan | ing jagat pukulun | amung kangjêng sri narendra | kang linangkung angling radyan iku sun prih | kakang sira muliha ||

31. yèn wa patih tan bangêt kang runtik | yêkti sira kakang kang dèn êrah | Sujalma atur sêmbahe | nadyan lipur kang bêndu | nging kawula wirang ing jalmi | winastan ngrong asmara | amba lawan ibu | karan patikbra lênggana | yèn mantuka radèn nêbda lah sun iring | yèn sira kêdah lunga ||

32. payo kakang namur laku yêkti | aja ana abasa akrama | sira ingsun bae-bae | basa adhi maring sun | Sujalma ngling anuhun kami | yèn dadosa kang sêpah | kawula kang timur | maksiha bêkti ing pada | radèn angling iya kakang padha ngalih | sira nom sun kang tuwa ||

7. Sinom

1. tan wêdhar purwakanira | lunga nanging wus wruh kalih | samya kalêswan [kalêswa...]

--- [f. 14v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 28 dari 97

[...n] anendra | sayana roning tangguli | toyanya angidêri | adrês ilinya kumrusuk | lêse mulat ing tawang | brêmara angoswa sari | angrêrêmih lir risang mrêdi asmara ||

2. ngungkung kang pêksi kitiran | swarane agalik-galik | munya ing pang asauran | kukila yayah mangsiti | marang sang wuryan prapti | kapodhang munya acilung | cocak marga kewuhan | ing tahên angarih-arih | jalu èstri lir ing tilam mangun raras ||

3. pêksi gêndhing munya umyang | kêpodhang kadya ngêndhangi | cunggèrèrèt lir kangsinya | kukila kadya ngidungi | miyak ajêrit-jêrit | cakbak[20] munya lir wong ngêtur | manyura ambêdhaya | sêsikatan ambandhingi | pêksi jabêl angakak kadya wong latah ||

4. sangkuni munya wurahan | srigunting lir darbe kardi | kadya kêkarèn polahnya | pêksi asêlur kang prapti | lir wong kondangan sami | mêrak angundang ing pêcuk | pêlatuk sewagara | sulindhit anglêladèni | kadya pemut garba lir anopèng băngsa ||

5. guthilang gulathik munya | kadya asawala sami | ing panginuman lan besan | murina tukon sathithik | jalak biyung jêksani | kadya kèn agadhe batur | bêbêluk puncêrêngan | sêngit sarowange linggih | johan mibêr kadya amadal pasilan ||

6. buyar kang pêksi wurahan | lir pendah suwala sami | arame ing panginuman | wulung bêbidho akêncing | cintaka mituturi | mêrak lir wong jaluk tulung | menco lir

--- [f. 15r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 29 dari 97

wong atandang | cakbak kadya wong atitir | sêsikatan polahe lir sikêp dhadhap ||

7. kagyat pêpungun rahadyan | miyarsa swaraning pêksi | liyêp languting wardaya | rahadyan nampèni wangsit | manuk iki ngaruhi | ya maring polahan ingsun | praptèng wana anendra | nêpsune dèn kuratèni | yèn jalmaa kadya ngucapa mêngkana ||

8. lèngsèr sangking prênahira | rahadèn ningsêti pênding | lupa aminggir ing toya | wus asipat sotya kalih | kurah waja lumaris | ron taru nèng marga rungrum | amrik gandaning sêkar | yayah nêgahi sang brangti | pala wrêksa aglar pinangan ing rêngas ||

9. johan wênah amêmăngsa | cocak anacak ing wuni | guthilang ilang buktinya | gêbrès-gêbrès dènnya bukti | lêlawa anggawani | moco-moco ngulu-ulu | bèthèt rèntèp ing êpang | sulindhit angindhit bukti | pêksi êngkuk manthuk-manthuk kuwarêgan ||

10. pêksi êngkak lênggak-lênggak | anglênggak warêg abukti | kêpodhang angadhang măngsa | prêkutut tutut abukti | putêr pintêr atampi | anucuk gabah sumawur | kêdhawa kawênahan | sata wana wani kari | kari ngwuri ya ta wontên kang kocapa ||

11. kêkalih bêbatoh[21] kalah | drubiksa buntoni margi | samya julig ari kakang | kang sêpuh Kalpa wêwangi | Sang Kalpika taruni | akèh kalahe anglampus | dadi wêrining wana | mangkya kalih aningali | ing satriya busanane murub mubyar ||

12. langkung tustha ing tyasira | rare nom pêsthi kacangking | aglis nulya pinaranan | rahadèn [rah...]

--- [f. 15v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 30 dari 97

[...adèn] garjitèng galih | yayi wong apa iki | Sujalma matur tan wêruh | bilih tiyang bêbegal | kanthane punika kadi | anggêgila polahe amrih jinrihan ||

13. iya kaya kalêrêsan | panduganira ta yayi | kayaparan karsanira | apa sung busana sami | Sujalma tur tan apti | kaluhurana piyangkuh | paduka kirang paran | dyan ngandika iya yayi | bangêt nistha wong ilang panganggonira ||

14. nanging ta pangrasaningwang | măngsa mungna wastra kêris | yèn wis kêna kang busana | ya tan wurung amatèni | mapan ta sira yayi | anggawa kêncana agung | kaya pa karsanira | Sujalma matur wotsari | inggih kakang măngsa-boronga paduka ||

15. lah yayi asilumana | ingsun pagute pribadi | sun coba wuruk jêng rama | tingkahing asikêp kêris | duk ana ing nêgari | ingsun kinêmbulan catur | jalma tumêkèng pănca | tan anggêpok marang mami | buh ing têmah ing karya yon ora padha ||

16. yèn mungsuh sun yayi jalma | utama abêksa kêris | nanging sun durung karuan | wis ta silumana yayi | Sujalma tur tan apti | kula cacake rumuwun | inggih wulang pun bapa | lêhêng paduka wus yêkti | kakang êmas jêng paduka silumana ||

17. ling radèn apa ta sira | kuwawa aja nyurnani | amapalana kewala | maring duratmaka kalih | Sujalma atur bêkti | mugi angsala pangèstu- | nipun kangjêng kakang mas | lan kang barkat jêng narpati | saparentah kawula darma lumampah ||

8. Durma

1. sampun misah Rahadèn Jayalêngkara | Kalpa Kalpik angling |[22] kakukup rareka | kakang pan wus kapisah | lah ingayok[23] têka siji | mupung katingal | aja doh anututi ||

2. sigra

--- [f. 16r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 31 dari 97

mara kalihe sami angucap | thole juk jarit kêris | sèlèhêna enggal | tinggalên malayua | eman mati wong ambênthing | angur uripa | bagusmu bocah tolih ||

3. ling Sujalma pan măngsa nora pasraha | wastra kalawan kêris | yèn rare urakan | yèn kaya Si Sujalma | nora ngipi tinggal kêris | yèn masih gasang[24] | mênawa ta yèn mati ||

4. linging Kalpa rare iki pêksa lancang | dêlêng kêmitan mami | ambêkaning barat | kang biru maya-maya | andhoging surya kang abrit | atining mega | iki siyunging langit ||

5. kang akuning iki galiganing teja | iya kang putih iki | kang atining mega | kang dadu gêbyar-gêbyar | musthikaning kilat thathit | kasêktèn ingwang | agancang tanpa tandhing ||

6. Sang Kalpika angling pan sarwi anêntak | thole ko aja wani | reyang udud mênyan | mèsêm sira Sujalma | Kalpikarsa nêndhal kêris | Kalpa yun nêndhal | sabuk tinangkis kalih ||

7. Kalpa Kalpika anubruk linumpatan | kèngêl kasampe sikil | murdaning durjana | srêngên anarik katga | kalih anggoco anitir | kantun agancang | Ki Sujalma wus wasis ||

8. nyandhak kayu Sujalma anuju anggas | pinupuh poking jari | kris Kalpa malêsat | Kalpika nuduk liwat | panggêlangane kagitik | kris gigal samya | pinupu nuduk malih ||

9. pinarêngan kampyak kalih putung krisnya | ngrasuk parêng kagitik | mukane adus rah | kalih bingung lumajar | radèn tangginas mêgati | karo mandhêga | yèn tan mandhêg bilai ||

10. gugup ajrih kalih mêndhak nêmbah-nêmbah | anuwun gêsang gusti | radèn angandika [angandi...]

--- [f. 16v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 32 dari 97

[...ka] | paman aja sangsaya | sun takoni sira kalih | paran purwanta | ambêgegal[25] ing nguni ||

11. turing Kalpa tan wontên tustus kawula | ambêbegal jêng gusti | purwamba ing kina | anglampahi durjana | kawula kawon ajudhi | gêlar pan têlas | rajakaya barêsih ||

12. nuntên kula mandhêt[26] darbèk tiyang liyan | darbening mantri kambil | myang darbening kadang | tiyang sêpuh kah alap | malah mêmandung ing gusti | saya balanthah | têmah begal ta gusti ||

13. nguni sangking panggurangsanging kang manah | sarêng karaos bangkit | ugungan abungah | tuman sring angsal gêlar | wong sêdhusun kula wrêdi | amêmalinga | mêmuriha ing kami ||

14. ling rahadyan jawane yayi Sujalma | ala ing wong ajudhi | talutuhing praja | têmah bêbatoh kalah | ingkang tan duwe pakarti | yêkti alampah | dhustha ngrusak wong cilik ||

15. nadyan sudagar wong kriya lamun kalah | judhi iya mèt silib | bêcike ing praja | aja na wong totohan | ya ta kang durjana kalih | sinung kêncana | awêtara rong tail ||

16. iku paman karyanên pêparêmira | aja durjana maning | poma ja totohan | Kalpa Kalpika nêmbah | amit tur muji ing ati | lunga kêrasa | wirangrongirèng ati ||

9. Wirangrong[27]

1. lampahe satriya kalih | tan ana baya kang katon | alas lanang kah ambah | ri maja pung | bandhil baga sisir | daranjang lan mêmêrakan |[28] angrongkob limuting awan ||

--- [f. 17r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 33 dari 97

2. amiyak sukêt samargi | kang pêtêng luwih ing ayom | nuju têngahing măngsa | măngsa catur | kang taru asêmi | măngsa asahên sêkar | sêkar mrik gandanya ngambar ||

3. sêkar cêpaka cêpiring | kênanga cêpaka gondhok | myang kalak-kalak sumyar | sumyar arum | sêkar babar wangi | gandanya katub pawana |[29] kacampuran ing srigadhing |[30]|

4. arum gandaning mêlathi | mênur kawuryan katonton | sănggalangit gadhung sêkar |[31] manglung-manglung | nèng pinggiring margi | nagasari kajênar | wratsari sari jêlamprang ||

5. angambar pudhak sêsili | sili-silihan pan angrok | pandhansari anglangun tyas |[32] cindhaga gung | angambar kang gambir | kurinjêm abra ing tawang |[33] srigadhing gumadhing sinang ||

6. sakèhing asahên sari | sari mayange mrik rontog | kayên rakit parêkan | pan kayungyun | parêk găndasuli | sulitama pan angambar |[34] angambar danguning lirang ||

7. kadya anêgah ing wangi | dhumatêng ing radèn karo | wangi sêkar rinurah | amrik arum | kombang karsanya mrih | ing madu pan amardawa |[35] kang sêkar kinuswa-kuswa ||

8. kang sêkar misih akincip | kincip culita ing sinom | mèsêm Jayalêngkara | dènnyandulu | kombang ta awadi | pan kadi wong asênggama |[36] nanging datan wruh ing prênah ||

9. mapan ing èstri arungsit | têmah kangelan tantuk don | radyan aris lumakwa | marga rungrum | lajêng siyang latri | datan ana kang ketang | nrang ri pung bandhil ri maja ||

10. dukut mrakan dèn susupi | limuting awan anggêrot | hawaning marga sêpi |[37] sêpinipun | margi kang ngayomi | dêranjang lan mêmêrakan |[38] ron pucung katon nèng padhang ||

--- [f. 17v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 34 dari 97

10. Pocung[39]

1. kunêng ingkang lumampah wontên kawuwus | anênggih pratapan | ing Dorabêksana dene | kang dhêdhepok ran Ki Buyut Inawirya ||

2. dènnya adhêdhêkah têngahing wana gung | ingungsi rahadyan | atulus pêpêthetane | rumpyuh-rumpyuh pisang saba wohe sinang ||

3. turi jingga ing pinggir mubêng apatut | sêling turi seta | amiyut abra sêkare | kombang ngambung ing kêmbang mamrih madunya ||

4. kang adhukuh wayahe sampun asêpuh | parab Inawirya | têtanggane alas gêdhe | dêstun tăngga desa lakon têngah wulan ||

5. karana ngêdohi padesan ki buyut | tan arsa kawora | nirkên sakèh pandulune | datan arsa andulu maring wong kathah ||

6. lagya babad ing marga Kiyai Buyut | Inawirya mulat | satriya ambancèr-bancèr | pan lumampah mijil saking

--- [f. 18r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 35 dari 97

wanawasa ||

7. nulya napa Ki Inawirya agupuh | pundi pinangkanta | ing wingking ajêng kinapti | lamun kangên sintên sinambat mas nyawa ||

8. radèn kalih agati sêbdanya arum | tan adarbe wisma | kasihan yang salamine | alit mila yang kaki kalunta-lunta ||

9. pan nurut sapuruge ingkang suku |[40] sakecaning manah | Inawirya gêpah linge | adhuh nyawa mas putu radèn kampira ||

10. pinaraka dhêkah kula bilih ayun | radèn tan lênggana | ya ta wus kampir kalihe | sinêgahan pala kapêndhêm kasimpar ||

11. samya dhahar rahadèn atanya arum | wastaning kang dhêkah | Inawirya lon jawabe | wastanya mas putu ing Dorabêksana ||

12. têbih praja myang tăngga desa dohipun | lakon têngah wulan | ngetan ngilèn ngidul ngalèr | purwa kula ing kina wonging narendra ||

13. sami tilar ing praja sawadwa prabu | gusti sri narendra | daut sêdaya sawonge | andhèrèk ing tindak jêng sri naranata ||

14. Radèn Jayalêngkara ngandika arum | paran purwakanya | sang nata tilar prajane | saha wadya Inawirya saurira ||

15. de wus sêpuh wancinira jêng sang prabu | uning wangsiting Ywang | nata angeja têmahe | pan tan wande ing gêsang wêkasan pêjah ||

16. ingkang karsa pan ing tingal jêng sang prabu | cipta madhêp nama | kinarya samun dunyane | datan arsa kawoworan ing ngakathah ||

17. tan kenging tinilar wadyane sêdarum | dhèrèk sruning trêsna | tumut sêdaya dunyane | lir kilayu ing kangjêng sri naranata ||

18. samya nusul prapta lir praja kang gunung | rahadèn atanya | lah ta eyang paran rèhe | ingkang cipta patrape jêng sri narendra ||

19. dening wadyabala langkung asih lulut [lu...]

--- [f. 18v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 36 dari 97

[...lut] | marang ing gustinya | Ki Inawirya saure | dhuh mas putu langkung wignya sri narendra ||

20. ala bêcik wadyabala jêng sang prabu | pan winot ing budya | bisa amêmatah kardi | kang ingutus dèn unggar ing manahira ||

21. tan kêrasa yèn anrapi sang aprabu | datan pantaranya | yèn ana baud wadyane | tan tinunggal lawan wadya ingkang ala ||

22. pan apanjang mas putu yèn kula tutur | lan dika mas nyawa | yèn dika ajêng linuwèh | miwah dika yun ulah darma sampurna ||

23. lumajua mas putu minggah ing gunung | eman laku dika | yèn kandhêgèng ngriki rèhe | radèn mirsa pituture Inawirya ||

24. langkung angsrêp[41] kang driya sang rajasunu | radèn angandika | kula nêdhi yang têdahe | kula amit eyang dika lilanana ||

25. Inawirya aris dènira amuwus | dhuh mas putuningwang | sipênga kariyin anggèr | durung mari onêng pun kaki mas nyawa ||

26. lah kèndêla ing ngriki karuwun masku | pun kaki mring wana | mèt jangan kuluban anggèr | pala wrêksa sawontêne sining wana ||

27. kae buyut mêdal radèn lênggah kantun | sarwi angandika | yayi saya têmu rèhe | luwanganing narapati kang utama ||

28. rada padhang tyas ngong mirsa kang pitutur | Kaki Inawirya | para ratu kang linuwèh | sun dadia narendra ingsun têtula ||

29. sun wêwuri tatrapane sang aprabu | eca angandika | agunêm catur rahadèn | wontên kocap lampah anyarang jinăngka ||

11. Pangkur

1. ya ta rahadèn tumingal | wong têtiga parêng samya alinggih | kang sawiji anèng ngayun | Jayalêngkara nêbda | kula [ku...]

--- [f. 19r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 37 dari 97

[...la] tanya pundi wismane katêlu | lan pundi ingkang sinêdya | sintên ta sinambat ing sih ||

2. ature ingkang tinanya | pun Nirbaya wasta kula sang pêkik | pun Nirbala kang puniku | sami ingutus dera | sri nalendra kèn bucal jalma tan arus | Jayalêngkara ngandika | lah mila binuwang jalmi ||

3. Sang Nirbaya saurira | pan durjana tansah dadi wêwêri | Dyan Jayalêngkara muwus | karan tan pinêjahan | Ki Nirbaya saure inggih sang bagus | mila datan kapêjahan | pan trahing jalma linuwih ||

4. nata pan masih katingal | ing pênêde ramanipun kariyin | mila tan ngapuntên prabu | wali-wali pan tita | awonipun tan wontên wirang kaetung | wuruk tan ana pinirsa | radèn angrês ingkang galih ||

5. kalangkung wêlas tumingal | Dyan Jayalêngkara ngandika ririh | lah paman bok kula tuku | yèn marêngi ing karsa | kula wêlas ningali yèn dika asung | kêncana rong tail paman | dika karya tumbas warih ||

6. Sang Nirbaya saurira | kawula jrih ing kangjêng sri bupati | kang langkung pêpacakipun | nambungi Sang Prabala | lah ta kakang Nirbaya prayogi sinung | sintên matur ing nalendra | kawula langkung suwiwi ||

7. benjang matur yèn binuwang | pan wus kerut tyase Nirbaya lali | ing wêdinirèng sang prabu | katon bungah ing êmas | nulya angling Ki Nirbaya lah sang bagus | pundi mas pêndhêtan jalma | pan wus wèh-winèhkên amit ||

8. Jayalêngkara ngandika | kalingane yayi anêdha dasih | tan arus doha lan prabu | gung butarêpan ingwang | yèn têbiha lan nata pêsthi dhinaku | lah ta paman kang binuwang | sapa aranira ugi ||

9. kang tinanya atur sêmbah | Wirasmara wasta kawula gusti | rahadèn ngandika arum | paran ta karêpira [karêpi...]

--- [f. 19v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 38 dari 97

[...ra] | kang liningan ature sumanggèng kayun | Jayalêngkara ngandika | marènana sira juti ||

10. sêtyaa marang manira | atur sêmbah matur anuhun ing sih | sandika sarèh pukulun | kawula tiyang pêjah | wus kêpêndhêm pitung bumi basah ajur | paduka asung waluywa | gêsang amba sangking gusti ||

11. sêdya kawula pangeran | nglêbur tapak jêng gusti radèn angling | yayi Sujalma sun tantun | paran ing karsanira | ling Sujalma kawula tan kenging matur | anglangkungi jêng pangeran | rahadèn ngandika aris ||

12. Ki Wirasmara lungaa | aja milu sira ing laku mami | amlasakên sira lamun | tut wuria maringwang | dening ingsun wong datan manggon anglangut | lah ta sira ngulatana | nêgara lyan aja bali ||

13. mring nêgaranira lawas | lamun sira balia manggih wèsthi | Wirasma kêdah tumut |[42] nanging tinundhung uga | atur sêmbah Wirasmara mit kesah wus | rahadèn alon ngandika | yayi têgêsêna maning ||

14. paran lire ujarira | ingsun misih ringêng durung andugi | Sujalma nêmbah umatur | kajêng crah wastra bêdhah | tamtu angèl jêng kakang mas manwukipun[43] | mapan tiyang awon têmah | ambêbêkta durbalani ||

15. gumujêng Jayalêngkara | pan adawa yèn warnanên wus lami | tigang dina dyan nèng riku | winarah-warah dera | Inawirya tingkahing wong jayèngkewuh | langkung sihe sang atapa | tan wênah dènnya lumiring ||

16. kasmaran ing basa kraman- | ira radyan myang kabagusan mangkin | pan wus wanci tunggang gunung | atur pamit rahadyan | kagèt tyase Inawirya ling dhuh masku | angrês kang manah pun eyang | nyawa karsanta mring pundi ||

17. dyan ling tan wontên kasêdya | anutakên salembake kang ati | Inawirya sêbdanya pyuh | adhuh mase pun eyang | yèn dika mung yun putusing darma ratu | sapamanggihe

--- [f. 20r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 39 dari 97

pun eyang | timbanên dèn kadi warih ||

18. linging dyan nêdha sih eyang | nanging amung mugi asunga tuding | pundi wukir kang kah ayun | Inawirya sêbdanya | inggih ardi kang katingal ta puniku | yèn dika ambêk lêlana | miwah yèn dikarsa sêkti ||

19. sakaliring kabudayan | dika sagêd yèn minggaha ing wukir | ingkang katingal puniku | araning kang aldaka | ing Pamriyan dening sêsukuning gunung | kang kilèning Pangadhangan | Dipaprawata kang nami ||

20. karane ingaran Dipa- | prawata kang prapta ing riku yêkti | tan wun agêng budinipun | karan ngaran Pamriyan | ingkang dhatêng ing riku sampurnèng kawruh | sampurna jaya sampurna | ing ratu sampurna saklir ||

21. ling Radèn Jayalêngkara | kirang paran pun putu barkat kaki | kewala yun wrin ing arum | wulang ta ling sang tapa | inggih putu nging kirang sampurna nulus | yèn benjang dika wus minggah | ing Pamriyan tulus luwih ||

22. adangu dènnya winêjang | ing agama wus dalu sami guling | enjing amit nulya laju | alama sirèng marga | tan amanggih desa anging kang rinênggut | wowohan lan ron taruna | mung punika kang binukti ||

23. gunung singit kang linakyan | jurang ajro pêngungang gêgilani | gumropak swaraning kayu | sêmpal katub ing barat | piniyarsa swaraning jati kumrusuk | bêngoking warak karuna | kadya panjriting wong kanin ||

24. wijung lumayu sumepa | wong kabêdhag pati susup-susupi | mrak kadya alok ing mungsuh | rêbahing kayu pama | kunarpa nèng rana atumpang asusun | gya non padhang wontên dhêkah | pêthetan asêm ronnya sri ||

--- [f. 20v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 40 dari 97

12. Sinom

1. kunêng sang karon lêlana | dhêkah punika anênggih | awasta ing Pangadhangan | Dipaprêwata tuhwasri | pan kaprênah padaning | kilèn Pamriyan arga gung | sandhaping madya-madya | kang darbe dhepok winarni | apêparab Kae Buyut Wignyantara ||

2. awilis kang têtanêman | rahadèn sumêdya mampir | kang wisma parêng kapêdhak | anèng sajawining kori | sigra anapa gipih | wong pundi sira ki bagus | pinangkanta mas nyawa | anglangkungi wana singit | ingsun dulu citranira lir tan jalma ||

3. kadi murca yèn kèdhêpa | nging sumalah papa kaki | bagusira sakalintang | myang tindak-tanduk utami | miwah kang pasang lungid | pasêmonira amungguh | kina duk anèng praja | durung non lir sira kaki | ling rahadyan pun putu kalih idêran ||

4. manira tan darbe wisma | anut salembaking ati | ing wana kalunta-lunta | tanna kang kasêdyèng kapti | kasihan ta ywang kaki | lir layangan tanpa kênur | anut drêsing pawana | Sang Wignyantara [Wignya...]

--- [f. 21r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 41 dari 97

[...ntara] miyarsi | angrês tyase Wignyantara nambut asta ||

5. kinanthi mantuk mring wisma | wus sami lênggah ing panti | dêlingira Wignyantara | atamian sira nyai | olah-olaha ugi | sira ngratêngana wilus | cacahên barang-barang | pan sami lêkas tumuli | abêbêthak anak putune sêdaya ||

6. samya suka wijah-wijah | wanodya mulat têtami | sarowange padhasmara | tanbuh rasane kang ati | non dhayoh nglênging-nglênging | saênggon-ênggone mangu | kêkêmbên asring lukar | wus matêng wilus sumaji | ing têtamu rahadèn sami dhêdharan ||

7. Ki Wignyantara lingira | putu punapa kang marmi | wontên ing wana asonya | dèrèng mangsanira kaki | ulah darma kang suci | sêdhênging suwitèng ratu | dadya sêkaring praja | sanggènira tan tinampik | eman-eman wong bagus wêdi ing karya ||

8. tan ana kasoranira | bagus sêmunya alungid | lan malih pambatang ingwang | ana surane kang kari | pêthèk sun măngsa nisip | sabêne tan kêna luput | nyawa asêwitaa | wong misih nom ja nèng wukir | lah gunên pitutur ingsun mring sira |[44]|

9. benjang yèn wrin tata praja | sira minggahing[45] ing wukir | yèn tan antuk doning praja | sêdhêng wayahira kaki | dening mangke puniki | putu amêlara tuwuh | linge Jayalêngkara | anêdha pun putu kaki | jêngandika dhimin tiyang pundi eyang ||

10. rêsi ling sun wong nêgara | kawulaning ratu mami | ingsun mantri kinasihan | kêdhik tandhing ingsun nanging | dêmang tumênggung patih | kang tan kari dening ingsun | lyan iku tanna padha | lan ingsun kang sih narpati | radèn angling paran karaning sinihan ||

11. iya putu kang sun gêlar- | akên kang nêgara krami | sun sarirakkên agama | ingsun [ing...]

--- [f. 21v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 42 dari 97

[...sun] wignya sêtya wêdi | tuhu lawan gumati | mring kagungane sang prabu | uninganku kalintang | mring sagung kagungan aji | iku purwaningsun putu kinasihan ||

12. duk sang nata aputusan | atuku srayaning jurit | kang kinon atur sawêkca | lan tan angundhakkên aji | iku daganging gusti | mung sapisan olèhipun | ingsun tuku kumbala | ji salêksa sun arani | ji nêm èwu ya ta sang nata karênan ||

13. kang cidra wêca kasoran | dadya salir tukon aji | pun kaki kang kinèn tumbas | nuli sinung dhusun mami | kang pangandika aji | Wignyantara ingsun asung | desa maring ing sira | bêktine iku sakêthi | sasampuning sataun bêktèn sun gawa ||

14. ingsun matur ing nalendra | pukulun dhusun kang mijil | sakêthi punika lintang | mangke dados kalih kêthi | kang pamêdal ta gusti | langkunge punika katur | angandika sang nata | Wignyantara sêtya luwih | saking mantriningsun lah sakèhing desa ||

15. kang bêbêktèn kabèh sira | kang gadhuha ya ta kaki | ing riku wirya pun eyang | yèn kinèn tuku pêsthyolih | sêserehan mangkyangling | radèn paran marminipun | eyang wontên ing sunya | Wignyantara mrêbês mili | waspanya drês asmu srêt saur karuna ||

16. inggih putu paman dika | kakange bibinta nguni | angladèni sêlir nata | gya wontên kawula mèri | mring kula niku uni | nuli matur ing sang prabu | dhinahar aturira | apan kula sêtyèng gusti | sarta gêlar bêrana kang kaprêcaya ||

17. mas rêtna sêlaka wastra | arta tan kula ji-aji | kula sungakên kawula | ingkang kaparêk ing gusti | dadi kalah kang yêkti | dening sêrana ki putu | lami-lami kacirnan | dhatêng sang nata pribadi | pan ing asta priyăngga paman ta pêja[46] ||

18. sun ayun ingawakêna [ing...]

--- [f. 22r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 43 dari 97

[...awakêna] | niku marmaningsun ngungsi | ring wana tan olèh daya | pan kasêlak wêlas maring | bibinta niku cili | misih gêgombak kêkuncung | rine niku ramangkang[47] | pan lèmpèr bibinta niki | rine malih pasuson langkung wlas kula ||

19. ling Radèn Jayalêngkara | yayi sêngsaya kêpanggih | pangambilaning kawula | kaya tan gampang nêrpati | ywang kaki pundi malih | pratapan ingkang kaayun | lingira Wignyantara | tan ana pratapan maning | saliyaning dhukuh Dipaprêwata |[48]|

20. rahadèn aris ngandika | ywang kaki kawula amit | arsandugèkakên lampah | yun uning luhuring wukir | iya mas putu nanging | sira ja jênêk nèng gunung | eman ta suwarnanta | têbiha lan praja kaki | sami mentar dhêdhane[49] padhasmara |[50]|

21. kari brăngta nêng para dyah | kawarnaa kang lumaris | tigang dina tan adhahar | nèng wana gêrotan wêrit | pringgabaya tan kèsthi | warak marga pati agung | baruwang ngadhang marga | jurang ajro ula mandi | sêsêngkane ing jurang watune kocak ||

22. gumulung lamun ingambah | samarga ngrambat têtali | singa karura baruwang | kang agalak akèh mati | dening satriya kalih | kang linêkasakên wuruk- | ira Ki Inawirya | yèn rinêbut sima kalih | dasa pêjah sima kalih dasa pisan ||

23. lingira Radèn Sujalma | kakang kadospundi kapti- | nipun Tuwan Inawirya | sinungan êmas tan apti | pangandika sang yogi | sun tan yun masira iku | benjang gunung Pamriyan | êmasira gone kari | kari iku kêgawa malih ing sira ||

24. kadospundi ingka[51] sipta | pangandika sang atapi | ling Radèn Jayalêngkara | ingsun yayi ya tan dugi | lampahira winarni | wus mêdal saking wana gung | praptèng jaran sundhulan | kalangkung rêsmi kaèksi | pala wrêksa bra sinang nêdhênge mêdal ||

--- [f. 22v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 44 dari 97

13. Mijil

1. nêngna sang lêlana kalih nênggih | pratapan cinriyos | punika ing Dipaprêwatane | Sang Mah Jatiwara kang têtaki | wangunnya sarywa di | sangking doh kadulu ||

2. asri katon dhukuhe sang yogi | hèr ngapit marganjog | samya tinalang pring citra wênèh | ana ingkang tinalang pring gadhing | anglangên kaèksi | andrês ting pêlancur ||

3. joging sela tirtanya awêning | kasongan ing rondhon | nagapuspa cêpaka jajare | pandhansurat ngrêmbayèng nut têpi | ing tirah kang warih | bakung angrêmbuyung ||

4. pakis krêndha banjaran asari | pinarigi kaot | wratsari andhap-andhap pêdmane | nyudênta jajar

--- [f. 23r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 45 dari 97

lan pucang gadhing | woh pakèl kuwèni | wawohane[52] miyut ||

5. pêlêm bêbêd woh kayungyun asri | sang prapta dwi anon | rêsêp sruning kang dhepok rêsmine | dangu lênggah sang lêlana kalih | ana têka guling | ngênggène alungguh ||

6. de lami tan dhahar sarira nglih | myang lumampah kasok | mangkya kasongan eca asare | dangu tan wungu satriya kalih | nahan kang aguling | kawarna sang wiku ||

7. lagya lênggah nèng bangsal angrawit | paliwara kinon | rêrêsik ing madenira kabèh | nêmbah mêdal ya ta kang aguling | wus alênggah kalih | paliwara mêtu ||

8. ran Jaga Wasitarsa rêrêsik | kèh pakèh paseban wiyos |[53] Jaga kagyat myat dyan ro citrane | de bagus-bagus alungid-lungid | panapanira ris | bageya pukulun ||

9. ing pundi praja sang adi gusti | myang karsanta karo | Radèn Jayalêngkara sêbdane | tanpa wisma kasihan wong kalih | pan idêran ugi | tan manggon anglangut ||

10. samyarsa sowan yèn amarêngi | karsa sang kinaot | Jaga Wasita tur uning age | yèn wontên têtami kalih prapti | yun marêk sang yogi | Jatiwara manggut ||

11. aturana lumêbu sang prapti | tur sêmbah kang kinon | Jaga mêdal praptèng ngarsa radèn | ingacaran nut sêbdaning gusti | kah aturan sami | dyan kalih lumêbu ||

12. duk katingal sang lêlana kalih | sang tapi agawok | umiyat ing dyan kalih cahyane | Sang Jatiwara linge amanis | alênggaha kalih | rahadèn anuhun ||

13. awotsêkar dyan kalih alinggih | ing manah pêpondhong | duk [du...]

--- [f. 23v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 46 dari 97

[...k] mulat sang maharsi cahyane | Sang Jatiwara arum dera ngling | katuran pambagi | mucanga sang ulun ||

14. pundi praja ing wingking lan pundi | kinarsan mas kaot | sintên sinambat ing kangên sihe | sangking tambête pun kaki gusti | sang lêlana kalih | kumêsar ing kalbu ||

15. amiyarsa sêbdane sang yogi | wrin trusing pandulon | dyan kalih saya sru pyuh ajrihe | nyipta tan kuciwa ngabêktèni | dyan kalih wotsari | mangrêpa turipun ||

16. kasihan amba sangkaning alit | sru papa nistha sor | tan uningèng tuwuh satuwuke | ran pun Jayalêngkara pun ari | wasta pun Sulmi |[54] umanggut sang wiku ||

17. awoning jalma atilar panti | dyan kalih ngalap sor | karan mêngkatên sêbdanta lire | Sang Jatiwara ngandika manis | de nirkên têngraning | susastran sinamun ||

18. kang tantuk rèh sipta inggih ugi | kalimput ing panon | pan tan kenging kinayah jalma kèh | yèn kang sinung ilham minallahi | maya têngran dyan ling | paran kang tinamtu ||

19. wiku nêbda yèn mêgah[55] pun kaki | panitik wus kanggo | basan subasita ing jalma kèh | non patrap măngka sandining Widi | yêkti mitraning sih | sêmbrama kang tuduh ||

20. sanetya têngran ngrèh sêsmitaning | wijil kramaning wong | sila juru basaning lungguhe | lungguh warah ing liring pan liring | tăndha tyas drajating | rèhing urip tuhu ||

21. urip kangkên tandhaning Sukmadi | miwah nayaning wong | pan pangucap awaking liringe | liring nyata kêbayaning ati | tan sêlaya ugi | polatan lan kalbu ||

22. niku bahan sujana dyan ngiski | wuruk [wu...]

--- [f. 24r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 47 dari 97

[...ruk] sang kinaot | dyan kalih samya tur pranatane | sru lumuh sinêmbah sang tapa ngling | sampun nêmbah ugi | paran milanipun ||

23. anggèr kalih prênatèng pun kaki | sampun ta wotsinom | yèn tan pantês lan kang kinabêktèn | datan pandon ambubrah prayogi | kasusastran yêkti | kacampuran rusuh ||

24. angrisakakên anggêring titi | nêmbah sawiyah wong | radèn kalih anuwun gênahe | Sang Jatiwara ngling mangke ugi | kula têdah traping | artatining ujung ||

14. Dhandhanggula

1. datan wontên kinabêktèn yêkti | lyan kang dhihin wong tuwa kalihan | bapa lan babu lungguhe | ping kalih sanak sêpuh | maratuwa ingkang kaping tri | ping sêkawan bêndara | kaping gangsal guru | puniku dununging sêmbah | pan mêngkètên karaning tiyang ngabêkti | dhatêng ing wong atuwa ||

2. de kinarya ênggèn duk dina di | inggih wontên ing ibu lan rama | ingkang kinarya pangimbon | nêmbah ing sanak sêpuh | pan puniku dados gêgênti | ing ibu lawan rama | karan marasêpuh | sinêmbah dene sung rasa | rasa mulya kanikmataning aurip | ya urup sukaning tyas ||

3. karananing anêmbah ing Gusti | rèh kinuwasa asung kawiryan | lan sandhang pangan margane | mêrail repotipun | kinuwasa sung marga pati | nguripi kinuwasa | kaping gasalipun[56] | milane guru sinêmbah | dening asih sung têdah dhanganing pati | kasampurnaning agsang ||

4. Radèn Jayalêngkara tur bêkti | karan amba ngabêkti ing tuwan | pan sêdya amba tan mèngèng | ing

--- [f. 24v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 48 dari 97

paduka angguru | bilih sudi angangkên santri | ing pun Jayalêngkara | kathah kang kasuwun | badhenipun barkat tuwan | sruning cubluk utawi kang sampun mijil | wulang tuwan akathah ||

5. punika srêping amba ngabêkti | măngsa tanggêla pangguru amba | sang pandhita kêna tyase | sêbda nor asmu guyu | dhuh anggèr anglarakkên ati | andikanta nglêngkara | pun kakinggih jugul | sagêd punapa kawula | mapan inggih dede pandhita sayêkti | dyan tumungkul wotsêkar ||

6. kapranan tyase sang maha yêkti | lir sinuntak sihira mring radyan | gya mundhut dhêdharan age | wanodya ayu-ayu | kang sêsaji mulat têtami | pan samya ngumbar tingal | lênglêng brăngta lênguk | wuyung mring tamu kalihnya | lali nèng yuning tuwan jawil-jinawil | ana kang bêbisikan ||

7. ngiwa ting kêranthuk angrasani | ing dyan kalih dhuh lae wong ika | dene bagus-bagus karo | antêng jêtmikèng sêmu | mandahane yèn pulangrêsmi | dening ngrahabkên manah | kang sawênèh muwus | mandah benjang sun kramaa | wong mêngkana sun karya kêkêmbang panti | ngong tan wèh lunga-lunga ||

8. rina wêngi tansah sun kêloni | kang pênjalon ling sun tan sir ora | wahir lakir wong lir kae | ngur lakia wak ingsun | nadyan kumpra yèn sugih amrih | pak-apik pêkolihnya | dyan adhahar sampun | sang wiku ngling kula nyawa | dede rêsi sayêkti pan nguni Patih | ing Sri Bojanêgara ||

9. radèn matur paran marmi dening | eyang nêpi sang pandhita nêbda | ing kina kangjêng sang rajèng | ing wanci ngraos sêpuh | pan [pa...]

--- [f. 25r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 49 dari 97

[...n] putranya gangsal kang sami | priya kèn ngawruh ingwang | won sae dyan sunu | nata dahat pracangyèngwang[57] | pêmbajêng Dyan Sêtyabuwana kang nami | nênggak Dyan Wilêksana ||

10. Radèn Wicaksana kang prêmadi | kang kêkalih apan miyos kêmbar | tan siwah bagus-baguse | kathah tiyang kalintu | tanpa sama wigyane kalih | Dyan Wisa lan Dyan Marta | ing wêwanginipun | nging dyan kalih karêm ing dyah | dados corah măngka wêrining nêgari | bojon mantri cinidra ||

11. dyan kalih lina cinidrèng mantri | radèn matur dening mantri nyidra | sang tapa pangandikane | inggih wit semahipun | minirudan ing radèn kalih | èstri niku yu lintang | tan kenging sinayut | jalu èstri sami sihnya | lami-lami koningan kang darbe rabi | sarèh dyan kalih myang dyah ||

12. radèn matur kalingan ing èstri | datan wênang cêlaka lan priya | sang tapa pangandikane | lêrês anggèr puniku | sampun ayu kalawan pêkik | yèn saea tinêmah | nadyan jaka bagus | cêlaka lan dyah luwas rah | tan wun gathik nadyan gurua yèn èstri | mring priya kêdrawasan ||

13. dyan kalih nêmbah matur sang yogi | paran mantri rekanyantuk nyidra | dening dyan kenging kalihe | sang wiku ngandika rum | radèn kalih adarbe dasih | aniji kinasihan | kêpati gèn lulut | tan kenging pisah sakêdhap | nanging sandhang têdha tan dèn kuningani | amung asih kewala ||

14. awasta pun Sêpala Sêpali | rare kalih punika sinraya | mring mantri sakajêngane | sandhang têdha tinutug | miwah sinung [si...]

--- [f. 25v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 50 dari 97

[...nung] arta mring mantri | wusnya karoban trêsna | rare ro tinantun | wus sagah purun gustinya | sruning sampun kabyatan ing dana lan sih | tur sarywa ngêbang-êbang ||

15. mêngkatên nuju bêdhag dyan kalih | dhatêng wana rare ro tan pisah | ing dyan kalih saparane | dupi nèng wana dangu | pan kaparêng pisah dyan kalih | kininthil niji sewang | prênca rewangnya gung | tan antara tinêrajang | sinudukan rahadèn kalih ngêmasi | lami tan kauningan ||

16. lami-lami dyan ro tan kaèksi | nata duka gègèr wong sêpraja | ngulari radèn kalihe | lami datan karuruh | kula ngraos wirang tan sipi | kula gya siyumbara | mas rêtna ngong gantung | sêlaka wastra myang arta | nuntên wontên matur ing kula bêbisik | sruning yuning gantungan ||

17. kadangipun Sêpala Sêpali | wasta Talirasa tan winrasan | duk pun mantri panglopane | pan wrin satingkahipun | Talira[58] gya kula sungi |[59] gantungan pun Sêpala | Sêpali kapikut | katur ing nata linunas | radèn nêbda jawane yayi Sujalmi | kêncanarta kuwasa ||

18. rosa kinarya ngrêksa nêgari | bisa gawe cidra gawe sêtya | gawe wêdi myang kuwanèn | bisa ngalahkên mungsuh | iya kêna ingaran bêcik | yèn kaprabon sêpia | mas rêtna arta gung | kaya katêrak ing tiwas | radèn matur takèn ing sang wiku malih | mênggah putra kang tiga ||

19. punika sêmangke wontên pundi | ling sang tapa sami madêg nata | ratu punika kang anèm | kèdhêp parentahipun | kang panêngah wagêd mrih pacis[60] [paci...]

--- [f. 26r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 51 dari 97

[...s] | dening kang sêpuh nata | tan kenging cinatur | matur Dyan Jayalêngkara | sri katiga amba nuwun sampun ugi | mêgat wruhênèng watak ||

15. Mêgatruh

1. sang nata kang kèdhêp ing parentahipun | sang pandhita amatèni | yèn paring ratu puniku | tan ngeman mas picis maring | wadya saprayoganingwong ||

2. ingkang alit atanapi ingkang agung | tan tinunggil kang pêmaring | mila kèdhêp sang aprabu | wrata tan pinilih kasih | punika trape sang katong ||

3. Radèn Jayalêngkara malih umatur | kados pundi prentah aji | rêsi ngling inggih sang prabu | sapisan parentah yêkti | tan têbih lan sarak katong ||

4. saliring kang parentahira sang prabu | dipun aji siyang latri | rinuntutakên lan khukum | mila kêkah prentah aji | tan kenging ngukih dening wong ||

5. sakarsane yèn sampun lêrês tan kondur | punggawa niyaka ajrih | angambêngana yèn sampun | pinatut lawan agami | sampun mumpuni sang katong ||

6. niku radèn sang nata watêkanipun | tan arsa nêbda ping kalih | prentah ing wadya tan sêndhu | pêngraosing wadya sami | yèn sampun rèhing Ywang Manon ||

7. Radèn Jayalêngkara malih umatur | kadospundi prentah aji | de tan wontên wana suwung | sagêde mêdalkên picis | tan dèn larangi ponang wong ||

8. sakathahe ingkang wana lawan talun | miwah èrèng-èrèng kali | sêmodra utawi gunung | tiyang alit srêp kang ati | dening parentah sang katong ||

9. miwah tata-titining [tata-...]

--- [f. 26v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 52 dari 97

[...titining] têtês tinau | kèhning konjuk dèn sêrati | won sane sampun katur |[61] pan jaga-jinaga sami | tur langkung dana sang katong ||

16. Asmaradana

1. karane ingaran titi | prana sang nata tan arsa | amuwunga aturing wong | kawula kang kaprêcaya | yun wikana priyăngga | karya alit lawan agung | miwah karya kang tan prana ||

2. dadya sakathahing kardi | atatag datan sêmbrana | wadya lit ajrih ing katong | saking titi sri nalendra | niku ajrih ing bala | mêngkatên ajrih ing putus | tan ingandêl dening nata ||

3. sêntana wadya gêng alit | tan ingandêl dening nata | wrin osiking jagat kabèh | yèn tan ana wong warêga | ing mas lawan ardana | sakathahe kang tumuwuh | samya mrih gunging sarira ||

4. ing sakira-kira ugi | kang agêng alit tan beda | sami amrih ing gungane | upami kajêng mêndira | tuwuhing barang wrêksa | yèn agêng ngêndhih gèn tuwuh | tan etang panutan kina ||

5. kang ketang mung gèn kêdugi | kang agêng alit tan beda | tanna ingadêl[62] wadyane | samya pinrih sêsêg uga | saulah karyanira | sami tinaha ing kayun | rinampèk yèn wontên karya ||

6. sêntana dipun bêciki | yèn ngajêngkên prang kewala | karan mêngkatên sang katong | sampun uningèng lêpihan | sêntana kathah cidra | yèn sêntana niku agung | trêkadhang adarbe karsa ||

7. nanging wontên kang prayogi | sêntana warga myang putra | nata sagêd mrih jrih sihe | sang nata datan sikara | kasub jrih ing dutèng Ywang | tan kewran bingkas talutuh |

--- [f. 27r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 53 dari 97

dènnya mrih ayuning praja ||

8. lêpating kagol tyas aji | aniksa ing ulah corah | nging watêkipun sang katong | datan arsa kawêdhara | sakarsane sinukma | uning-uning wadyanipun | yèn dados yèn lumêksana ||

9. yèn dèrèng dasih tanna wrin | dening aradin lèjêmnya | dados tansah ing sêsêmon | pan dawêg ratu punika | tinelada ing nata | Dyan Jayalêngkara matur | lah ratu kang sêpuh eyang ||

10. kadospundi ingkang niti | sumaur Sang Krêtiraga | lêpat winuwus sang katong | ratu purun tan sikara | agung tan anorêna | pan ngalim ratu puniku | nging tan ngangkah kapandhitan ||

11. sagêd tan mraical kardi | amiguna ingaguna | ngandhapakên para katong | asugih tanpa gêgadhah | arungsit tan jinrihan | budi gampil tan apurun | kang pariksa sakalintang ||

12. dasih kang agêng myang alit | tan beda ingkang pariksa | tan pêgat butarêpane | wus kinawruhan kang bisa | ngucap lan kang tan bisa | sampun pinariksèng ngayun- | irèng wisma tinilikan ||

13. tiwas sagêde arêbi | paran karan mêngkatêna | ingkang karsa sang akatong | tan arsa ngagêm tidharsa | lok ingkang kaya-kaya | niku sang nata tanpa yun | kathah tiyang palacidra ||

14. yèn ing putusing darma ji | matur Dyan Jayalêngkara | inggih sugih paran lire | winastan tanpa gêgadhah | ngling rêsi gih tan măntra | angraosi mas rêtna gung | yèn tumuta darbènana ||

--- [f. 27v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 54 dari 97

15. kang pangraos siyang latri | tan lyan kagêngan Ywang Sukma | pinundhuta esuk sore | ananggakakên ing karsa | dyan matur paran budya | gampil datan wontên purun | sumaur Sang Jatiwara ||

16. inggih putu sri bupati | amrat sabudining wadya | sêdaya tinujwèng sêmon | kang wadya pinrih grahita | sinêmbadaning budya | ning praja rahadèn matur | lah ingkang wau punika ||

17. èwêdipun tan wontên jrih | rêsi ngling gèr sri narendra | ingkang budi anukmèng jro | tan kadugi dening wadya | niku èwêde nyawa | gampile kang budi arum | wantah tan măntra mong cipta ||

18. angecani dhatêng dasih | myang warga tênayanira | pan sang nata panganggene | loking tiyang kang tidharsa | mêngkatên sri narendra | tan ayun aniksèng samun | pêmangwanging suka wirya ||

19. dhuh gèr panêlasan yêkti | gèning panêlasan wignya | panêlasan wira kaot | myang panêlasaning sêtya | nadyan anuduhêna | tuduh wênang tan tinêguh | tanpa ngalihèng gèn liyan ||

20. karan mêngkatên kang dasih | ratu tan watêk wiweka | tan arsa cidra ing linge | [...] | rahadèn atur sêmbah | punapa purwakanipun | eyang kesah sangking praja ||[63]

21. wiku ngling karan sun nêpi | wontên panjawiling Sukma | mring kula mêngkètên lire | dhihin tingal kula suda | yêkti kirang waspada | kula ngulah praja masku | wangsit malih untu obah ||

22. măngsa akêkaha malih | rumêksa dhatêng nêgara | wangsit malih sarwa kasèp | măngsa kang sênên kongasa | kula rumêksèng

--- [f. 28r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 55 dari 97

praja | lampah abêr dhuh mas putu | măngsa lêpasa ngrêksèng rat ||

23. mêngkatên gèr ing aurip | yèn karaos sarwa ewah | taksih trêsnèng kang mêncarong[64] | dede niku jalma mulya | yèn jalma kang utama | madhêp ing dundumanipun | tumindak ing darma mulya ||

24. yèn trêsnaning dunya maksih | niku tiyang supe têngran | kalimputan ing trêsnane | ing dunya supe kawitan | niku pitêdahing Ywang | kandhêg ing dundumanipun | dados tan wêdhar budinya ||

25. yèn jalma kang wrin ing wangsit | bilih dulu sarwi ewah | sêdaya arus sinapèh | sangêt nyêgah budi siya | nanging ngantukkên uga | tingalnya dhatêng kang mêngku | tingal mung madhêp ing pêjah ||

26. ngabêkti satriya kalih | sruning rêsêpnya miyarsa | sang rêsi kathah wuruke | mêngkatên Sang Jatiwara | tumingal ing rahadyan | sakêlangkung gènnya lulut | kang pisêgah adi mulya ||

27. wong dalême padha brangti | tumingal dhatêng rahadyan | areg-regan tênagane | akèh dadak salin sinjang | akampuh padha palyas | pandulune muncar-mancur | angadhang tingaling priya ||

28. yèn kaparêngan lumiring | wanita samya sung sipta | ana lêpèh-lêpèh gantèn | ana angaras puspita | ana angucap keswa | ana ngowahi sêsampur | wênèh dulu payudara ||

29. sawênèh niba aguling | siptane angajak nendra | tanbuh rasaning jro tyase | kathah polahing wong brăngta | tumingal ing dhatêngan | kasmaranira kalangkung | polahe pating buntayang ||

30. ana ingkang ngintip-intip |

--- [f. 28v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 56 dari 97

angliga pêmbayunira | astane angawe-awe | akèh siptaning wanita | nging tan kapadhan karsa | rahadèn tyasira jujur | kang èstri brăngta angarang ||

31. sawênèh ana kang angling | dhuh bagus têmên wong ika | mandahane ing kanane | dening atiningsun rahab | kramaa wong mêngkana | tan sun wèhi amêmacul | suka sakèh kang miyarsa ||

32. alami satriya kalih | winulang ing aji darma | rahadèn enjing atakèn | dhatêng sang maha pandhita | kawula nuwun têdah | prênahipun gèn palungguh | narendra ingkang pangarsa ||

33. Sang Jatiwara nauri | mas putu sapêngkêr kula | lèngsèr sangking ing prajane | amratapi nèng asrama | gènipun mangun brăngta | ngarga Pamriyan ing luhur | sapucunge kang aldaka ||

17. Pocung[65]

1. sri narendra ing mangke sampun anêkung | Sang Maha Pandhita | Ngragasukma jêjuluke | karanipun sang nata tilar nêgara ||

2. yèn suryaa lingsir kang wanci sang prabu | ing sit sampun patah | wrin ing tuwuh wêkasane | radèn kalih samya matur awotsêkar ||

3. Panêmbahan Pamriyan punapa tuduh- | ipun jarwanana | wukir punika têgêse | sang pandhita aris dènira ngandika ||

4. inggih putu karan winastanan gunung | Pamriyan punika | măngka gêntosing pangèksèn | datan ical kang tingal ing sri narendra ||

5. ardi niku panglêburaning pandulu | lêburaning swara | panglêburan sakathahe | kang kawula sri naranata sêdaya ||

6. sami tumut agêng alit dhatêng gunung | rahadèn turira | punapa têbih ardine | sangking ngriki prênahe sang maha mulya ||

7. asêmita sang

--- [f. 29r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 57 dari 97

tapa têbih kang gunung | kang sampun wrin cêlak | kang dèrèng uning têbihe | ing wontêne aldaka niku katingal ||

8. radèn kalih matur nuhun têdahipun | sang pandhita nêbda | yèn dika sampun wrin radèn | dika migah[66] umarêk sang wiku raja ||

9. bilih anggèr datan minggaha ing gunung | eman gèr lampahnya | yèn anggèr kèndêlèng ngriki | radèn kalih tur pamit nungkêmi pada ||

10. risang maha yêkti alon dènnya muwus | sokur sèwu nyawa | pun eyang jumurung radèn | mugi kalih jinurunga ing Ywang Sukma ||

11. tumindaka benjing-enjing gusti masku | asae dintênnya | lan malih pun kaki dèrèng | wênah mulat dyan nêmbah nuwun sih eyang ||

12. pan kawula ing benjang anuntên wangsul | kados botên lama | dèrèng ngiski paduka rèh | inggih sangking cêkap kawula jêng eyang ||

13. sang rêsi ngling kèndêla rumiyin ku |[67] èwêd dayèng marga | pan mangke sêlak kawêngèn | lan margine mring arga wana kewala ||

14. radèn kandhêg sinêgahan dhahar sampun | surup sang ywang arka | kagêntèn wulan padhange | pan sêdalu rahadèn wus binabaran ||

15. gènnya asung sêsmita lir bèthèt sèwu | mring radèn kalihnya | pema wêling kawulanggèr | dèn waskitha nampèni ingkang sasmita ||

16. lan dèn awas kêkêrane ing pamuwus | lan prerenan sêbda | rahadèn kalih ature | kadospundi kalih bab punikartinya ||

17. ling sang wiku kêkêran wêcana masku | sampun nimpang nyahak | basa kang kêdhik damêle | napa malih atur tanpa damêl [damê...]

--- [f. 29v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 58 dari 97

[...l] pisan ||

18. dening parerenan andika sang ulun | purwa madya wêkas | ing dalêm sak bab sak babe | sampun ura tumanêmèng wardayanta ||

19. sampun nungsung unjuk yèn tan nuta matur | wantingên daryanta | sampun ngririp trahing sihe | dèn kalingling wirasanta rêmên maca ||

20. radèn kalih nêmbah amit ling sang wiku | dhuh mugi nyandhunga | cêpaka sawakul anggèr | dwi sun têdha mugyantuka sih nugraha ||

21. nulya mangkat dyan kalih manjing wana gung | ing wingking kawarna | samya wuyung wanodyane | lênglêng mangu lirna sêpining pratapan ||

22. sira Jagawasita lon dènnya matur | ing sang mah pandhita | pan satuwuk amba dèrèng | wrin têtamu kang lir punika citranya ||

23. sang tapa ngling lah iya Jaga wruhanmu | rahadèn kang mintar | ika pan putraning rajèng | nanging datan arsa maring sun wêkcaa ||

24. besuk babar dyan karo ika nèng gunung | wis aja dinawa | payo babad marga age | sakabèhing padhukuhan undhangana ||

25. kawarnaa radèn kalih lampahipun | ngambah wanawasa | awêrit singub margane | warak singa andaka samya lumajar ||

26. sênuk mèmrèng blêgêdaba kêthèk lutung | baruwang lan sarpa | kidang sangsam kancil cele[68] | sasaran trênggiling jêlarang garangan ||

27. yèn jalmaa kadya tuduh marga agung | puspitanjrah tiba | yayah nêgah dyan kalihe | rajaputra samarga arêreyongan ||

28. nulya prapta radèn sasukuning gunung | kèh dhêkah katingal | akathah-kathah tiyange | warnanira

--- [f. 30r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 59 dari 97

kadya wandaning wong praja ||

29. dhukuh agung-agung tandurane tulus | layap-layap kontap | têpung kang arga sukune | ingkang wetan padhukuhan sri kawuryan ||

30. Ki Pragalba têtindhihe ingkang agung | samya wirèng kina | dhukuh kang kidul tindhihe | Ki Sutali inggih sami tus prawira ||

31. ingkang kilèn pra sêntana tindhihipun | Dyan Prataliyuda | lan Dyan Yudapati jèjèr | samyandhèrèk ing karsa jêng sri narendra ||

32. pan kilayu ing raka jêng sang aprabu | kang lèr lamat-lamat | Sang Wiradi têtindhihe | tus prawira abagus maksih taruna ||

33. lir bupati ing saulah-bawanipun | tata lir niyaka | nguni duk anèng prajane | radèn kalih arêmên dènnya tumingal ||

34. lampahira dyan kalih nulya lumaju | praptèng kalangênan | sahên banjaran sarine | masjid binotrawi cinandhi apelag ||

35. ingidêran jo mirah gêdhah anglangun | ya isi sêkaran | pipi kori ngapit cêngkèh | găndapura sulastri lan sarpapuspa ||

36. soka munggèng laleyan gănda macampur | mêngarakên grana | cêpaka kênanga jèjèr | andong jurudêmung puring lan kayu mas ||

37. satêpining botrawi mêlathi mênur | gambir gulo nganjang | dangan srigadhing lan tongkèng | pacar cêpiring sikatan soka cêmpa ||

38. pan rinakit supit urang pipinipun | langgar sêsak jalma | hèr wêning pating sêrèwèh | kacaryan dyan kalih kèndêl wijil pisan ||

--- [f. 30v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 60 dari 97

18. Mijil

1. mêne sang lêlana lingên nênggih | sang maharsi katong | kang palênggah Pamriyan parabe | Sang Mah Wiku Angragasukma Ji | ing mangkya pan lagi | lênggah sang mangun kung ||

2. anèng made pamanggihan adi |

--- [f. 31r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 61 dari 97

kang nèng ngarsa saos | sêntana Dyan Yudapati rane | lan Dyan Prataliyuda winrêdi | darma mulya êning | mulyaning winangun ||

3. wangunira malah sor duk maksih | amêngku kêprabon [kêprabo...]

--- [f. 31v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 62 dari 97

[...n] | kantun lap ro pamèt pasêmone | wănda pura dhasar narapati | arêsmi maharsi | dhasar mahawiku ||

4. kadi tumon sajroning angimpi | sang ngumbara karo | sêngkan lir pangurakan nging kacèk | rekan tirta mawarna di luwih | sinumbagèng margi | gapura mangunggul ||

5. wontên kadi sarpa tambang warih | ngluhur grudha tinon | toya mijil sangking ing tutuke | parang èsthi mijil tirta wêning | tètèsnya nut gadhing | kadi liman adus ||

6. sakèhing tirtanjog ing botrawi | lir siluman tinon | pêksi arbat măngsa wohan rame | dèrèng tutug sang rawuh ningali | rêsmining kang sari | pariwara mêtu ||

7. arsa ngrêsiki wangan botrawi | wangane kang miyos | ponang pariwara astha kèhe | padha jêngêr andulu sang prapti | panapanira ris | bagea pukulun ||

8. pundi sinêdya myang kang kawingking | ling satriya karo | tanpa sana idêran lamine | sêdya marêk panêmbahan mami | pariwara angling | inggih kula matur ||

9. wontên pamanggihan sang atapi | lah ta padukantos | kèndêl kalih andulu rarase | ing tirta wêwangunan saya di | luwih srining sangking | banjar nagasantun ||

10. têpas witana padha lit-alit | cinitrèng paraos | pinapajang kumêndhung langsene | padha tatrap kêncana pinatik | mirah mantên wilis | intên muncar-mancur ||

11. puspita nadhêng[69] gandanya amrik | jo mirah mêncarong | padha gêdhah sêdaya ginawe | ambanjêng sêbaris gêdhah putih | sêbarise wilis | na rêpta na wungu ||

12. lir kaswargan [kaswarga...]

--- [f. 32r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 63 dari 97

[...n] kalangwan sang tapi | kawarna sang katong | ngunjukan uning pariwarane | yèn wontên satriya marêk kalih | ngandika sang yogi | lah konên malêbu ||

13. sang tamung[70] lênglêng dènnya ningali | gapura di kaot | tundha sanga umpak gapurane | apucak manik ukirannya sri | pinatik ngrêtna di | anêlahi gunung ||

14. kadi dede ukiraning jalmi | rakiting sêsaton | gupalane angapit warnane | lir Kumba Swanikumba ngajrihi | lir naut wong manjing | mijil isthanipun ||

15. pariwara kalih mêndhak angling | ngandikan maring jro | dwi lumampah tinata kampuhe | radèn sami aningsêti bênting | jumangkah ing kori | kalih têkên dêkung ||

16. sampun lênggah sandhap nagasari | dyan ingawe katong | nulya nêmbah andhadhap lampahe | ngling sang tapa alinggiha kalih | awotsêkar linggih | sang rêsi pi tan wruh ||

17. pênapanira kadi tan uning | săngka ngêndi karo | pinangkane miwah sinêdyane | rahadèn matur saha wotsari | jalma kèsi-èsi | tan uningèng tuwuh ||

18. idêran patikbra sangking alit | kang kasêdya katong | sêdya dasih tur gêsang kalihe | ngling sang tapa paran pêlêng ati | rêrasan kang êndi | dera prih mring gunung ||

19. wontên atur kêkalih kang pinrih | wênèh minggah mingsor | ing asrama tanpantuk jatine | ling sang tapa ingsun murang krami | karo sapa wangi | sami nêmbah matur ||

20. pun Jayalêngkara pun Sujalmi | ngandika sang katong |

--- [f. 32v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 64 dari 97

iya kaya lawasa lungane | kampuhira kaki kang sun tawis | pariwara aglis | amundhuta kampuh ||

21. sampun prapta katur ngling sang tapi | lah anggonên karo | samyambêkti anuhun ature | dhatêng made kang asimpar salin | tadhahan sumaji | kinèn dhahar sampun ||

22. pariwara pan sampun anyarik | wangsul marêk karo | mangkya imbah bagusira radèn | akampuh bèrêm cinitrèng rukmi | sang tapa lingnya ris | undangên putrèngsun ||

23. kang dinuk ing liring lumakwa ris | pariwara roro | aglis praptèng ngarsane rahadèn | pariwara ro matur wotsari | ingandikan gusti | ngramanta sang ulun ||

24. kêkalih putra binêktèng wukir | kang èstri yu kaot | ing pangimpèn tan wontên tandhinge | Dèwi Ratih pantês dadi abdi | ingkang manjing mijil | tan pantês andulu ||

25. yèn dinulu lir mukswa mring langit | cahyane mêncarong | sang radetya tan kumram tejane | kasênênan ing cahya dyan dèwi | kang citra tan kêni | winarna ing kidung ||

26. midêr ing rat saubing kang langit | măngsantuka anon | kadya Dèwi Sunyagnyana yune | ingkang wignya luwih sangking jalmi | gya priya kang rayi | citranya abagus ||

27. kadya kêmbar kantun jalu èstri | kêkasih Dyan Ino | Radèn Wirasêstra dan rahadèn | dera ngandikan ing rama prapti | ing ngarsa anuli | ngandika sang prabu ||

28. atamian sira putra mami | lah sapanên karo | sarêng mulat radèn katigane | sira Jayalêngkara amuji | Wirasêstra [Wira...]

--- [f. 33r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 65 dari 97

[...sêstra] muji | ing kăntha myang sêmu ||

29. ciptaning driya rahadèn kalih | baya sanak wadon | andawèng tyas asmara karsane | Radyan Jayalêngkara ketang ing | kangêning kang kari | ketang laraning kung ||

30. mangkya supe duk waspanya mijil | cinêgah ing uwot | jrih kasirnan bok têmah patakèn | sang tapi wrin nging api tan uning | kang cipta asêpi | apilih kang wêruh ||

31. nulya Sang Sukmaraga ningali | mring dyan tami karo | tadhah sêmbah Dyan Jaya ature | singgih sêpi lan mênêng ngling tapi | wuwusira kaki | pantês nora antuk ||

32. patakonta iku dahat rungsit | tan kaduga ingong | karo patakonira pan angèl | nanging arus ginêmêtan ugi | pilihana dasih | ing Ywang kang sinung wruh ||

33. awotsêkar ature amanis | anênggih ing awon | jalma ingkang lêngganèng witane | langkung awon-awon sangking jalmi | susastranira nir | wong lêngganèng babu ||

34. datan wrin ing basa sing pakarti- | nipun kang rinajong | dening Widi sang tapandikane | lah mulane lênggana ta kaki | singgih dening apti | wrin kăntha myang sêmu ||

35. ajêng uningèng darma kang suci | lan karsaning katong | tunggil-tunggil supados kang olèh | katilasa nging wikana ugi | tustha tyas sang tapi | nging tan montrèng sêmu ||

36. lah Ki Wirasêstra sira kaki | tămpaa pêtakon | wotsêkar Dyan Wirasêstra ture | panêmbahan tan kenging mangsuli | pami amba tampi | bilih salah wuwus ||

37. ling sang tapi bênêr sira kaki | aja pêksa kaot | yèn tan wikan aja ngangkah radèn [ra...]

--- [f. 33v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 66 dari 97

[...dèn] | yèn durung tuk tuduh ja sêmêkti | ngèsêman ing jalmi | bot wong pêksa luhung ||

38. mêngkene kaki pêmanggih mami | yèn sira yun anon | ing asêpi ulihêna kabèh | ing rupa maring kang anduwèni | rupa lamun apti | wruh ing ênêngipun ||

39. ulihna sakèhing swara ugi | mring kang duwe Manon | swara lamun wus mulih ênggone | yêkti sira lumaku ngasêpi | alinggih lumaris | lumaywambi lungguh ||

40. gon mênêng ing rupa swara yêkti | yèku radèn karo | lumaku sambi andhepok rane | ambisu sambi carita kaki | alêlungan têbih | tur sambi aturu ||

41. saur sêmbah mangrêpa nuhun sih | lêbu pada katong | adangu dyan datan matur malèh | prayogining atur kang inganti | mangkyantuk prayogi | nulya nêmbah matur ||

42. panêmbahan patikbra nuhun sih | paran tiyang kaot | ing asrama tan antuk jatose | siyang dalu dèn uninga ugi | ya kaki dèn ririh | yèn sira yun wêruh ||

43. apa bayune dhèwèk têtapi | pan wit sih Ywang Manon | dyan umatur anuhun têgêse | iya kaki karo manjing mijil | tunggal kang pakardi | nanging sira wis wruh ||

44. asèngsèng ngandika sang atapi | dan tadhahan miyos | asri aèng sangkêpe ulame | munggèng talam kêncana winarni | ing rêtna bang wilis | tinon muncar murub ||

45. ingkang nămpa nom-anom yu luwih | citrane pêpondhong | samya kampuh jingga wrata kabèh | abinggêl niyaka êmêr rukmi | samir wali kuning | lêlèpène mancur ||

46. samya nilib tingal mring têtami | wus katur ing katong | tadhahane mundur bêkti kabèh | ngling sang tapa adhahara [a...]

--- [f. 34r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 67 dari 97

[...dhahara] kaki | lan kakanta kalih | dyan bêkti katêlu ||

47. nulya dhahar katiga sang tapi | tan adhahar katong | wus luwaran linarod[71] ambênge | pariwara astha sami bukti | carikan wus ênting | ngandika sang wiku ||

48. dunungêna kakangira kaki | dimène lêlêson | amlasakên niku salawase | pan lumampah ngidêri wanadri | dyan samya wotsari | sang anom katêlu ||

19. Sinom

1. sang tapi sampun luwaran | kawarna rahadèn mantri | tan arsa lênggah ing wisma | maksih arêmên ningali | kalangênan sang tapi | radyan tan wênah andulu | kerid Dyan Wirasastra | kanthèn katiga dyan siwi | lir asmara tri langlang rêsmining sêkar ||

2. midêr-midêr patamanan | pawèstri kèh aningali | ingkang mulat anggung brăngta | ing citrane radèn mantri | dyah asung sipta sami | ana ngaras-aras santun | lyan ngêmak payudara | ana ngusap-usap pipi | èstri sami gumuyu ngrasani radyan ||

3. dhuh bagus têmên wong ika | mandahane sun ing benjing | akramaa wong mêngkana | dening arahab kang ati | sun tan wèh nglembar margi | anggung sun ajaka turu | sawênèh ana ngucap | lamun ingsun aningali | tamu ika tanbuh rasane tiningwang ||

4. awak ingsun têka lupa | akèh kêrasa kang ati | sawênèh ana angucap | lamun ingsun aningali | sapolahe sung brangti | gawe lara nora lampus | lyan lênguk-lênguk lênggah | nora milu obah osik | ngling jroning tyas yèn besuk alaki ingwang ||

5. olèha

--- [f. 34v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 68 dari 97

priya kang loba | olèh donya olèh nyilib | sakèh èstri bilulungan | sapolahe dyan ginusthi | akèh solahing brangti | radèn kalih kang winuwus | sampun sinungan prênah | ya ta sang tapa nèng puri | lênggah lan kang garwa ngraosi rahadyan ||

6. kasuwawèn ing wardaya | tinutur mring pramèswari | sapawartaning kang raka | kamantyan rêsêping galih | sori kêpengin uning | ing radèn kalih kang rawuh | dadya katujon karsa | sang tapa dangu ngraosi | surup arka swaraning pêksi wurahan ||

7. padha amilih ing wrêksa | lir ngrusak larangan aji | galik jriting sata wana | lir nanggung dosaning sisip | mêrak ngungong mangsèngi | yayah aundhang ing batur | yèn larangan narendra | ingambah wong lyan durung wrin | prapta ingkang pêksi dhêdhali nêrajang ||

8. kadi nyapih lêlawa prang | kang muluk dipun sambêri | kang pêksi wus sami nendra | sêsăngka mêlok dhadhari | kawarna miyos maring | wijil ping kalih sang wiku | lênggah kèn nimbalana | kang putra myang tamu kalih | katri prapta andhadhap tumamèng ngarsa ||

9. nata ngling kene linggiha | dyan nêmbah wus lênggah sami | warnane radèn katiga | lir kadang sayayah bibi | nêbda sang maha sidi | ngraosi tingkah tumuwuh | radèn wus binabaran | sêdaya sampun udani | wus dalu ing wanci lingên sang kusuma ||

10. pan sampun miyarsa warta | yèn ana têtamu prapti | marêk dhatêng ingkang rama | abagus-bagus kang

--- [f. 35r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 69 dari 97

warni | wong dalêm kathah brangti | malah dadi panjang kidung | saparan rinasanan | cèthi matur ing dyan putri | mandah kula upami tamu punika ||

11. dadosa gusti kawula | mandah rahabe kang galih | ngong ladosi dalu siyang | sang dyah kentir ingkang galih | pan kêpengin udani | mring têtamu ingkang rawuh | kang gung dadya pralambang | pan wus diwasa sang dèwi | wus birai ngasmara dadya srênging tyas ||

12. dènira arsa uninga | nanging kèwêdan ing galih | margane gènnya yun wikan | yèn tan sêtyaa ing bibi | lan pêngraos sang suji | ajrih mulata ing kakung | lawan drusilèng lênggah | angintipa ing têtami | sru kewran tyas nging mijêri kasmarannya ||

13. sang dyah pan sami anendra | amujung ngêkêp gêguling | sampun wungu byar rahina | Dèwi Sunyagnyana tuwin | lan Supadni pan tunggil | dènnya guling sang rêtna yu | Kèn Supadni putranya | rêkyana patih ingambil | ing sang nata kinadang lan sang kusuma ||

14. kadi kêmbar citranira | panganggenira sinami | kampuh seta pinêrada | cinêplok ing mas angrawit | dhasar samya yu luwih | dyah kalih sor widadarum | adarbe raosing tyas | sangsayembah lêntrih-lêntrih | kumêdhaping warna lir mas munggèng tirta ||

20. Maskumambang

1. pan pinarak nèng made citra angrawit | ingayap pawongan | kalihan lan Kèn Supadni | sang rêtna alon ngandika ||

2. kakang wak ngong kalêsu mayo mring bèji | Supadni aturnya |

--- [f. 35v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 70 dari 97

kawula dhatêng lumiring | sang rêtna kalih dan mintar ||

3. kang parêkan tan ana sinung ingiring | mung êmban lan inya | datan têbih lan sang suji | lumampah ngarsa sang rêtna ||

4. pan mênawi wontên wong kang tan sumingkir | kinèn suminggaha | sang dyah mêngkak ing jro galih | ana kêduwung polahnya ||

5. sang dyah kalih prapta ing pancuran jawi | asiram kalihan | Ni Supadni angasoki[72] | gênti kasok-kinosokan[73] ||

6. kawarna dyan putra lan radèn têtami | katri yun sewaka | akampuh bèrêm sumilir | paningsêt cindhe puspita ||

7. alancingan cindhe wilis tinatêpi | dhuwung kasatriyan | wrăngka pinrêmas angrawit | kandêlan malat prabata ||

8. dhuwung parung sêkar ukiran sinêmi | sêkar anggrèk wulan | mas căndra winangun adi | binara ing ngèr mandaya ||

9. jumbuh asrawungan lan kocak ingèksi | rênyêp lir sudama | wuluh sinewèng upami | danu kuluk barci krêsna ||

10. rinênggèng mas luru yayah mêndhung mingit | ing sang ywang basănta | pasuryan riyêm ngrimangi | keswa mêmak anjaladra ||

11. tri badhong mênggala winarnèng ngèr bumi | sêmbuh lan rarasnya | kang lathi ngingking anjrênih | waja dumênta taruna ||

12. sapratingkah sateja sabusana di | tan silir katiga | tanbuh kang pinilih ugi | dyah mulat tri pisan arsa ||

13. Dyan Jayalêngkara Sujalma kadêling | malah lintang lagya | wiryanyèng prajane nguni | kèh mêdaka badhe [ba...]

--- [f. 36r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 71 dari 97

[...dhe] raja ||

14. myang Sujalma yèn êmbanan kèh andugi | rancanging pinăngka | ing mangkya dènnya dumêling | minuhi[74] luhur sang tapa ||

15. dera èstu tan kênèng silib ingèksi | tan borong rêngkuhnya | mêngkana ciptaning uning | wus manuharèng Pamriyan ||

16. sampun tindak sewaka dyan tri duk mijil | sangking ing gapura | kagyat anon ing dyah luwih | sang rêtna parêng tumingal ||

17. kadi panjangputra ing sela binanting | pyur tanpa jamuga | sumyur mawur tyasnya ênting | kamisêsêgên dyan praja ||

18. dyah ro gumêtêr mèh tan kêna lumaris | sarira lir pêjah | tan ngrasa jiwaning urip | saya ketang wirangira ||

19. ngudasmara kusuma dalêm ing galih | tingkah sun dudu dyah | lir angadhang ing têtami | sarira pindha niskala ||

20. dadya waspanya trah alantaran pipi | tibèng salang-salang | wirang tan kêna sinilib | saya ngranuhi ing cipta ||

21. witning ingkang darya radèn tamu kalih | sru lir tanpa jiwa | kêsandhung-sandhung samargi | kèsthi dyah kang kaprêgata ||

22. Radèn Jayalêngkara andugèng galih | baya iki sang dyah | putrine sang maha yêkti | dening ro citra lir kêmbar ||

23. Dyan Rahadyan Wirasastra pi tan uning | karan namun tingal | tan mulat ing kangbok dening | kang ciniptèng wardayanya ||

24. mênèk katon ngabên ing kangbok lan tami | mila pi tan wikan | mêngkana drigamèng galih | dadya eca kanthèn asta ||

21. Kinanthi

1. wus praptèng yun têkên dêkung | katiga [ka...]

--- [f. 36v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 72 dari 97

[...tiga] parêng ngabêkti | pinapag sêbda dèn nata | padha alinggiha kaki | radèn katiga wus lênggah | sang maha tan kêna angling ||

2. tri pandurat dera mangu | mênggah sêsêgên nap[75] galih | ciptaning tyas datan ana | cacade ta rare iki | gya wêdharing pangandika | radèn mêngko karsa mami ||

3. sira ingsun angkên sunu | mêsisan sun pirapêti | ana radèn putriningwang | sun sungkên ing sira ugi | karyanên panêkarira | iku lamun sira sudi ||

4. nanging warnane tan luhung | cêguk mudhane kêpati | ulah sêsmitaning priya | durung paja-paja ngarti | Rahadèn Jayalêngkara | kumêsar gugup wotsari ||

5. dangu kèwêdan ing atur | dening kacupaning galih | saèsthine kawatgata | nêmbah ature wor ajrih | pukulun sang adi mulya | nuhun dukanta pun patik ||

6. kang kêna putrèng sinuwun | punapa têmahing dasih | kawula botên supêna | anyipta arabi gusti | punapa tan yun waluywa | banggi bosên dados jalmi ||

7. nata mèsèm ngandika rum | ya wis sun tarima kaki | saking sêtyanira nyawa | nanging sira nora yogi | yèn lêngganaa karsèngwang | pan sira ingsun prih bêcik ||

8. lan ujarira angguru | maringsun mêngko sirapti | magok[76] ing sakarsaningwang | nêmbah tumungkul dyan kalih | anyaoskên pêjah gêsang | patikbra anuhun runtik ||

9. sangking jrih amba pukulun | kawula pan kadi ringgit | kinudang dening dhêdhalang | mèsêm risang maha sidi [si...]

--- [f. 37r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 73 dari 97

[...di] | mêngkono siking wardaya | sêlayèng ture lan yêkti ||

10. dyan wrin gugup nêmbah matur | sangking kêtêripun dasih | mapan kados bangke sarah | kapranan sang maha yêkti | măngsa sun amriha ala | karo maring sira kaki ||

11. nanging ta pangrasaningsun | mênawa sira tan apti | dening rare misih mudha | lan rupane nora bêcik | awidhung satandangira | sakadare rare wukir ||

12. sapolahe têka kau | tan padha lan wong nêgari | Dyan Jayalêngkara nêmbah | tansah nuhun-nuhun ing sih | sang tapa malih ngandika | lah undangên putra mami ||

13. pawongan dinuk ing dulu | nimbali rahadèn putri | sang dyah kêpanggih alênggah | kalihan lawan Supadni | lamine kinêmbar-kêmbar | ingangkên putra sayêkti ||

14. dening mèmpêr warnanipun | kawignyanira pan sami | parêkan prapta tur sêmbah | sampeyan ngandikan gusti | ing kangjêng rama paduka | sang putri dangu tan angling ||

15. ingulatan wadinipun | pinangudasmarèng galih | baya sun ngandikan apa | sang dyah ningali mring cèthi | ing sêmu sampun kêduga | sang dyah mêngkak ing jro galih ||

16. lampahira gandrung-gandrung | ketang wiranging pawèstri | sang dyah kalih pan wus prapta | ing ngarsa sang maha yêkti | marêk ing wingking kalihnya | tan wrin duk waspane mijil ||

22. Mijil

1. kadi banjir madu ingkang liring | sangsaya yu kaot | dènnya ngrusak aès tan angangge | sêkar sêngkang lawan ali-ali | kampuhira maksih | kampuhe duk adus ||

--- [f. 37v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 74 dari 97

2. kadi kasêndhu dènnya ngambili | bingare kang panon | anging manising sarira radèn | datan kêna pinêsu kang manis | kadi pusuh mungging | jro sêgara madu ||

3. angandika arum sang natarsi | kaki radèn karo | iku rare kang sun arahake | lah ta sira radèn kang ing wuri | Ki Sujalma dening | sira kang ing ngayun ||

4. kang liningan kalih awotsari | nuhun pada katong | punapa kawangsulna ing têmbe | ing sih pada nadyan ping sakêthi | winalêsèng pati | kirang kang sêsaur ||

5. sang rêsindra ngandika amanis | pati iku abot | yèn ing sira iku pangrasane | kang sinauran iku sathithik | pan tan maning-maning | ing sêsauripun ||

6. walêsên ing sêtya tuhu kang sih | iku tan ana sor | atur bêkti rahadèn kalihe | ngling sang tapa putraningsun nini | karo ingsun tari | akramaa masku ||

7. tan matur sang dyah kagubêd ngisin | dadya mung wotsinom | nging kang rama wus mêngku sêmune | wis muliha karo sira nini | sang rêtna wotsari | wirange tumuduh ||

8. mèh tan kêna tumindak dyah kalih | pêrayang-pêrayong | tan wrin tindak kabyatan wirange | sinjang kumêlab kengis kang wêntis | sênênnya naput ing | ngèksi sang tinuduh ||

9. lir ana glap laping tyas dyan kalih | sumingêb kang panon | tarataban kumêsar anggane | dangu cape pindha nglih dyan kalih | tan kampah pinripih | wardayanya sumyur [su...]

--- [f. 38r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 75 dari 97

[...myur] ||

10. sêkêdhap supe satriya kalih | yèn nèng ngarsa katong | sruning kasèbêt kang cumalèrèt | yayah mangayuh rowange linggih | ri sampunnya aring | rahadèn tumungkul ||

11. katula mar jiwanglir nglalosi[77] | wibuh jrih ing katong | pan gumêtêr kumyus tirtanggane | tanbuh rèhe pangimuring èsthi | sang wiku wlas ngèksi | tingale sinamun ||

12. asmu guyu ngandika amanis | sira putraningong | Wirasêstra sun bubuhi gawe | êmbokira palakine kaki | wusèng sira ugi | sun tan milu-milu ||

13. mèsêm mangrêpa rahadèn siwi | sandika wotsinom | nêsêl Dyan Jayalêngkara ture | myang Sujalma saha awotsari | pukulun pun patik | tan kuwawi nuhun ||

14. dahat tan sagêd amba nampèni | ing sih jêng sang katong | nuhun duka dasih saos rajèng | bilih dados wêwah-wêwah biting | ngandika sang yogi | tarima sutèngsun ||

15. nanging ingsun kaki tan nampani | ing mas sira karo | nora kurang bêgjanira radèn | dene yèn sira sukêr ngrawati | kagêngan ta kaki | iku rêmbug ingsun ||

16. sira sungna ngarinira dhimin | Wirasêstra dimon | sinungakên marang bok ayune | iku ingkang sayogya nimpêni | pan ora sun kardi | patukuning bumbu ||

17. dyan kalih manêmbah asmu ajrih | mênawi kêdudon | sang wiku wrin arum andikane | nora sisip karo sira kaki | sun gênah sayêkti | dununge kang tamtu ||

18. sarywa mèsêm namun ling sang tapi | hèh ta putraningong | jakên [ja...]

--- [f. 38v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 76 dari 97

[...kên] mulih kakanta karone | besuk esuk padha sun timbali | kangjêng sri bupati | kondur angêdhatun ||

19. katri kondur praptèng dalêm sami | Dyan Wirasêstra kon | pariwara prentah ing wadya kèh | parpat kontrang-kantring undhang maring | wong arga gêng alit | kasmaran kayungyun ||

23. Asmaradana

1. sigêgên rahadèn mantri | kang surya tunggang ancala | kang pêksi umyang arame | padha amilih panggonan | tan liru nrak kêkêran | mega bang sambung lan layung | kocapa wong dalêm pura ||

2. adhikutan nambut kardi | ana nglawêd găndawida | wênèh gêlak sunggingane | ana kang nganggit puspita | kathah kang olah-olah | sadalu umyang gumuruh | ya ta jêng sri naradipa ||

3. alênggah lan pramèswari | sang tapa alon ngandika | nimas sun takon dhèwèkke | aprêkara putranira | sira pa wus pitaya | sakalire Nini Galuh | mungguh rèhing palakrama ||

4. kêrana wruhanta yayi | pan ing têmbe putranira | dadi surya pandam gêdhe | madhangi rat sabuwana | raja-rajèng pra raja | pramèswari awotsantun | pukulun mênggah kawula ||

5. ing manah taksih kuwatir | dening kogung alit mila | atêmah pisah lan katong | bilih lêleda ing krama | punika watir amba | angandika sang aprabu | timbalana nini rara ||

6. nêmbah kang dinuk ing liring | mintar sangking byantarendra | ya ta kang duk wibuh tyase | sira sang nayakaning dyah | Kèn Supadni tan pisah | ingimur ing êmbanipun | Ni Sêpêtmadu carita ||

7. tatkala Buda rumiyin [ru...]

--- [f. 39r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 77 dari 97

[...miyin] | caritaning Dèwi Sinta | nèng taman Ngargasanane | dhinawuhan krama daya | kasaru tusan prapta | mangênjali nulya matur | gusti kawula dinuta ||

8. ngramanta lan ibu sori | sang dyah pan arsa lênggana | nanging pinêpês karsane | pan ingsun darma punapa | mayo kakang lan sira | lumampah pan asmu kuwur | wus rawuh ngarsa narendra ||

9. ngandika aris sang yogi | nini putraningsun sira | dèn bisa krama mas ingong | pan apês rèhing wanodya | nyawa dèn aprayitna | aywa lêleda ing kakung | lah tirunên ibunira ||

10. tanggap kang ibu ngririhi | babo nyawa putraningwang | dèn têmên ing wanitane | jrihèng sêsiku larangan | pêpêsthèn takdiring Ywang | brangtèkêna ta wong ayu | patitising palakrama ||

11. pringganyanggèr dèn kaèsthi | ling-lingên sajroning driya | watir yèn têmu rèhe |[78] pamrêdining mrih sih trêsna | trêsnèng driya priyăngga | têmêna amrih rahayu | kayungyun têkdir sarira ||

12. grahitanên lunturing sih | marganing priya sih trêsna | wilanguna ing lungane | dening kawibuhan trêsna | trêsna tan lan busana | dènira amrih rahayu | sokur lila têkdir Sukma ||

13. winalês dening Ywang Widi | kawiryan donya ngakhirat | kakung saya gêng trêsnane | iku jatining wanita | têgêse ing wanita | wani toh ing jiwa masku | ingkang patut lawan sastra ||

--- [f. 39v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 78 dari 97

14. angandika sang atapi | iku nini pirsakêna | ibunira pituture | ati-atinên mas nyawa | garitên ing wardaya | ywa nikêl tangan ngatuduh | ing driya dèn akadriyan ||

15. ni êmban dinuk ing liring | sira wêdrah kang malanga | barang kang dudu karsane | Ni Sêpêtmadu wotsêkar | sandika sah andika | nging cêkaping dasih konjuk | koningan nèng padukendra ||

16. ngandika sri pramèswari | babo nyawa putraningwang | umatura ing ramane | barang kang dadi sumêlang | dhuh mas sira matura | nyawa mumpung durung rikuh | sang tapa lon angandika ||

17. tyas dèn nganam anuntagi | têbêri têmên ing priya | ywa kewran lumêksanèng rèh | yèn wrin ing wadi sinukma | nyawa dèn aprayitna | lan sikuning têmbung tanduk | juru basaning wardaya ||

18. ing panutanta dèn eling | Jêng Gusti Dèwi Fatimah | wêwurinên salampahe | asuci sêtyèng priyanya | rumêksèng driyèng ulah | iku wanita satuhu | ing wahya kula jêtmika ||

19. nut wulang dèn anêstiti | lumrah èstri mrih utama | mrih rahayu ing kakunge | margane carêm ing nala | tatane dèn têtela | ing budi mrih tyasing kakung | dènnya mrih saekapraya ||

20. ing têtalèn ing praniti | prayitna mangsud ing nala | ilang sukêr ing awake | grahitanên paningalnya | tingal ta dèn waspada | waspadaa jroning kalbu [ka...]

--- [f. 40r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 79 dari 97

[...lbu] | kalbuning sang dèn waspada ||

21. kang rahayu ing akrami | dèn wikan ing bêktinira | bêktiku pan akèh lire | kalawan ing pasang sipta | dèn awas smuning priya | ajrih wêwalêring kakung | sêtya suci kumawula ||

22. ing kakung dèn anêstiti | aywa sêlaya ing têmbang | pan iku bêkti lêkase | ing wêtara lumêksana | ulatira dèn arja | pamong sumèh ing pandulu | iku nyawa lakonana ||

23. asaur sêmbah dyan putri | pan ing kono mèh rahina | sata wana umyang bêkèr | wetan sumorot mega bang | lir wêntis kowan sinjang | kèhing nendra wus awungu | mijil sang ywang kulăndara ||

24. Mijil

1. krigan sakèh dhêkah soring wukir | kumêbul ponang wong | jalu èstri wus pêpakan kabèh | Ki Pragalba kalawan Sutali | tuwin Sang Wiradi | jajare alungguh ||

2. dyan putra lan ingkang paman kalih | mangkin sampun kinon | angaturi ing raka kalihe | tan adangu kapat sarêng prapti | akêkanthèn sami | kang lumampah ngayun ||

3. Gusti Prataliyuda pan sarwi | anganthi pindha mong | ing Dyan Jayalêngkara wondene | Gusti Yudapati pan anganthi | maring Dyan Sujalmi | lumampah ing pungkur ||

4. Dyan Rêsindratmaja ngacaran ing | ngraka paman saos | parêng mangkat manjing kalimane | praptèng manggyan [manggya...]

--- [f. 40v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 80 dari 97

[...n] tata lênggah sami | tan adangu mijil | kangjêng sang aulun ||

5. lèngsèr risang saos ing gèn linggih | kalima andhodhok | saha samya anglukar keswane | karna tumiling tadhah pandêling | kapănca mênawi | wontên sêbda dhawuh ||

6. sampun lênggah kangjêng sang ayogi | kalima sih dhadhok[79] | sinasmitan nêmbah lênggah kabèh | baya suwe dera padha nangkil | dyan putra wotsari | nuwun dèrèng dangu ||

7. sri narendra nêbda kèn nimbali | pra rêsi kang saos | myang pangulu kêtib lan modine | sêdaya pan wus andhèr sumiwi | ing ngarsa narpati | ngandika sang prabu ||

8. kang pangulu angrêsaya mami | nikahna nak ingong | Ni Rara Sunyagnyana ing Radèn | Jayalêngkara ingkang maskawin | mukarar ambangkit- | akên ing Ni Galuh ||

9. ki pangulu nêmbah dan sumilih | ki patih nêbda lon | ngijabkên Ni Supadni ing Radèn | Sujalma pan tan pae kang jangji | ki pangulu pan wis | nrapkên kalihipun ||

10. nulyandonga saputusing kawin | kang amin swara ngrok | lir sundhula ngawiyat gumêre | pra ngulama pandhita ngèstrèni | sarampunging kawin | sang tapa ngêdhatun ||

11. Dyan Jayalêngkara myang Sujalmi | wus kinèn mêkuwon | ingaesan dyan kalih ing Radèn | Prataliyuda Dyan Yudapati | ingkang nglêladèni | busana sang bagus ||

12. rajakaputran sangking jro puri | ing nampan sumaos | gya dandan lir Ywang Citra baguse | lir Nabi Yusuf minaljannatti | arja kampuh randhi |

--- [f. 41r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 81 dari 97

cinitrèng mas luru ||

13. apaningsêt pita mas surati | lancingan bêbunton | kinartikèng rêtna bra jamange | sêkar căndra winangun naka sri | binggêl têksaka ji | têbah jaja murub ||

14. adhuwung piturun jêng sang tapi | Sujalma tan adoh | mèmpêr-mèmpêr dyan kabagusane | para nyai ingkang lêladèni[80] | têka kontrang-kantring | ngambung baturipun ||

15. Radèn Wirasêstra ingkang kari | anata ponang wong | ki kinarya radèn bawahane | rêtna kêncana kalawan picis | busana kang adi | mapan sampun dinum ||

16. Ki Pragalba Wiradi Sutali | andum sakèhing wong | myang pangulu akathah brêkate | kêtib modin santri pan wêradin | bukti tan kawarni | langkung dènnya pênuh ||

17. pra pandhita sampun sami mijil | kawarna Dyan Ino | sampun ingaès lênggah kalihe | prapta Dyan Wirasêstra ningali | jêngêr tan kêna ngling | warna lir piturun ||

18. anulya Radèn Wirasêstra glis | malêbèng kêdhaton | ngaturakên wau kêncanane | lawan malih karsanya ningali | dandanan ing puri | yèn sampun sêdarum ||

19. kang raka sampun dènnya ngaèsi | radèn nulya miyos | sapraptane ing padalêmane | wus pêpak sagung rabining mantri | badhe kinèn ngiring | pêngantèn malêbu ||

20. ingkang raka sampun dèn aturi | malêbèng kêdhaton | rabining mantri angiring kabèh | kawarnaa kang wong nêningali | kèh kapilis myat ing | sang anom abagus ||

--- [f. 41v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 82 dari 97

25. Sinom

1. nêngna ingkang anêningal | kocapa sajroning puri | Rêtna Dèwi Sunyagnyana | kalawan Nikèn Supadni | wusnya ngaesan kalih | tan kêna winarnèng kidung | sèlèh para pujăngga | ngripta ayunira kalih | ya ta radèn pêngantèn kakung kalihnya ||

2. sampun manjing ing kêdhatyan | saupacaranya ngiring | ginantyan ponang ambêkta | kênya kalih kang angapit | wayah rumaja putri [pu...]

--- [f. 42r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 83 dari 97

[...tri] | kang citra samya yu-ayu | sami abinggêl kana | ya êmêr lulut suwarni | sêkar suwun amênggala asumping mas ||

3. kunêng sang nayakaning dyah | lênggah patarana gadhing | ukirane tinatrapan | naka pinatik ngrêtna di | citrane dyah pan luwih | saking widadari nurun | nunggal kêdhèp pan beda | kang citra asalin-salin | radèn putra kang citra mapan mêngkana ||

4. parêkan marak ing ngandhap | atap samya angyapi |[81] kang ambêkta upacara | prapta mêndhêk anambungi | kang angayap kariyin | rahadèn putra lumaju | Sujalma rada mênggah | dènira non kèhing èstri | inya nêrêg akèn nirua rahadyan ||

5. murtining èstri tumêdhak | saking patarana gadhing | radèn putra nambut asta | dhatêng pundi dhuh mas gusti | anggèr punapa gêthing | mring abdi kusumaning rum | de kula tan kantênan | tiyang kawongan ing dasih | sotahêna pujaning rat pinarêka ||

6. wus linênggahakên sang dyah | rahadyan sampun alinggih | ing tundhane kang palangkan | sarwi amangwang angliring | sukma mulatèng abdi | papa kula dèn kadulu | mas mirah ngandikaa | ing dasihe kawlasasih | prasasatna wulucumbunta bêndara ||

7. mung gèr kang pinintongkara | tan wontên yogine malih | kang mupu dasih andika | yèn dedea kangjêng gusti | kang abdi lir angimpi | andarbèni gusti masku | tan nyipta lyan sing pada- | nira Sang Sukmaning Ratih | mung andika kang pantês mêkathikêna ||

8. aningalana sakêdhap [sa...]

--- [f. 42v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 84 dari 97

[...kêdhap] | mirah usadaning agring | punapandika tan sotah | ing kula gustining Ratih | dening dahat tan apti | mulat dumèh wong mlasayun | dhuh jumantên nêbdakna | yèn wontên sêsiring abdi | pan kawula tan pisan nêdya angambah ||

9. awisan sang binêndara | tuwin wêwadining gusti | punika sêtya kawula | mugi amanggiha kithing | lan timbila sakênthi | yèn kawula kamipurun | nêrak ing awisanta | gusti Sang Pujaning Ratih | ngungsi pundi yèn binêndon ing bêndara ||

10. èsêming dyah tan kêtara | ngudasmaranya wong iki | basane nora pêsaja | sang rêtna têka angliring | kaku parêng ningali | kalihe sarêng suh rêmpu | lir thathit barung kilat | sumyar tan gagap basuki | risang priya gugup têka ngaras asta ||

11. adhuh gusti sang kusuma | kawula tur pati urip | gêtih daging kula mirah | tan wontên lyan kang darbèni | rawis rema thi-athi | bêbalung kula lan sungsum | tan liyan sangking pada | pêjah gêsang kang darbèni | mung andika ratu mas kang amadea ||

12. nanging mugi ta andika | tamtua asih ing kingkin | mirah gusti sotahêna | rèhning nistha ingkang abdi | dening ta anglangkungi | la-êla ing dika masku | karane tilar praja | yayah ibu tan katolih | mung andika katon ngawe ing kawula ||

13. mila anrang pringgabaya | jurang sêngkan tan kafikir[82] | pan namung mêlêng ing pada | sang sukma ratuning Ratih | sang dyah kapranan galih | liringe tan mantrèng sêmu | pan lininggihkên ingkang | kajêtmikaning pawèstri | lamis têmên bisa ngrakit [ngraki...]

--- [f. 43r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 85 dari 97

[...t] amicara ||

14. kapan ta duk wêruh baya | sanggup la-êla ing kami | banjête saya kêtara | ya ta pira dohing lathi | mêngkono siking galih | mangkya sang kakung anuhun | nuhun astane sang dyah | sarywa angaras jariji | baya ingsun ing mangke angsal usada ||

15. dening gustiningsun sotah | myat ing dasihe kaswasih | kawula dahat tan nyana | yèn sinudèn ing mas gusti | dêlap andika Ratih | sihing tiyang papa tuhu | kusuma tulusêna | angangkên abdine nisthip | tan gumingsir pêjaha ing padandika ||

16. dhuh intên nuntên nêbdaa | dimèn dasih wande lalis | banggi andika tan wêlas | yèn lalisa ponang abdi | sarwi ngaras jariji | kang asta dèn suhun-suhun | bayèki sarining rat | tinitah angusumani | ing Pamriyan nugrane Jayalêngkara ||

17. dening pinrênah ing Sukma | dèn ngèngèrakên ing gusti | musthikaning dyah sadonya | datan was srah pati urip | sarèhe tan gumingsir | kang pawongan padha tukup | lathi mengo angucap | têka mulês wêtêng mami | sun angrungu manise kang pangandika ||

18. wênèh lunga mring patirtan | abêbrêsih padha angling | dhuh ngêlu lir sigar-sigar | kênèng sawan borang-baring | baya sirahku iki | padha gêguyon agêbyug | ginablog padha latah | lingên kang lagya malatsih | dhasar radyan lintang lêbda jiwèng tilam ||

26. Lêbdajiwa

1. dhuh mas gusti |

--- [f. 43v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 86 dari 97

saurana kang abdi | mirah kawlasana | dasih papa kalunta | idêran sampun lama | tanpa lungguh | miwah tadhah guling | wênah nrang pringga ||

2. ngambah curi | jurang jro sun labêti | anênggêl sêsêngkan | ing mangkya manggih wirya | datan wontên kang yoga | amung masku | ingkang sih ing dasih | paring nugrahan ||

3. kadalon ing | lêsah kula ngranuhi | imbah larasmara | dhuh anggèr bayonana | bilih sêlak palastra | abdinipun | yèn tan dèn marmani | kang panakawan ||

4. yêkti lalis | ambêbacini puri | kadospundi ta mas | tan darbe jaga upa | sang dyah nyêne ing tyasnya | nanging samun | tan wantah ing wingit | ana mantranya ||

5. rêngat kadi | mijil ingkang pandêling | mênggah nyandhak gantyan | sang dyah lon nulya mucang | kakung anuwun gantyan | sang dyah rêngu | sarwi nêndhal liring | priya tan kêna ||

6. tinampik ing | garwa mêksa pinrih |[83] gantèn măngka sêmburnya |[84] ing kagringan asmara | anggèr paringna ingkang | sêpah arum | măngka usadaning | kasmala brăngta ||

7. tan mulyabdi | yèn tan dèn sêranani | sêbdanta kusuma | ing sakêcap kewala | kula tumbas sayuta | sang dyah rêngu | dadya mijil kang ling | pantês mêngkana ||

8. jêr wong wukir | măngsa darbea picis | măngsa tan malika | ing ardana sayuta | pae wong ing nêgara | brananya gung | anglarakkên ati | sun wong tan gadhah ||

9. dyan nungkêmi | pangkon gugup mangarih | dhuh

--- [f. 44r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 87 dari 97

Jayalêngkara | dening kalintang bêgja | binêndon ing bêndara | sasat antuk | nugrahaning Widi | pinangêndikan ||

10. para cèthi | kang prak jawining samir | tan tahan miyarsa | manising kang pangrêpa | padha mengo lyan niba | ngadho biyung | wênèh kocrat-kacrit | abêrangkangan ||

11. ana ngintip | bari akirig-kirig | lunga bali ngungak | ulate pêndirangan | tapih kêpoh ing wuntat | mancrut-mancrut | banjur kapêcerit | jinêngkang rowang ||

12. sangsaya mrih | sru panrêging arêsmi | gusti murtining rat | musthikaning buwana | pundi tunggiling sêbda | ingkang wau | măngka timbanganing | atur kawula ||

13. sampun ta lir | tiyang matur ing tulis | lir ngame abdinta | bayarana bêndara | baya tan sudi marang | wong kaswayun | ewa aningali | tan yun ngandika ||

14. sang wahini | nêndhal tingal ing wingit | bêtahe ngandika | apa tan kêsêl mana | garêgêtên rahadyan | lon sinambut | ingaras sang suji | dyah asmu merang ||

15. sang kakung wrin | mangrêpa sru saya mrih | kula gusti kepyan | katrahan daru sêbda | sangking Ngendrabuwana | ciptèng kalbu | lir manggih kumala di |[85] mandi andika ||

16. saya mrati | tan dêrananing galih | sang kakung mangêmban | sang wahini sru nyêngkah | kakung tan kêna ngendran | sang rêtna yu | binêktèng jinêm mrik | angayang-ayang ||

17. ban inya glis | langse tundha prasami | tinangkêb

--- [f. 44v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 88 dari 97

sêdaya | dyah winangwang ing pangkwan | pan apongah-pangihan | sah angga rut | jaja dan sang pêkik | angayuh madya ||

18. ngaras pipi | rarasing sinjang kokih | sang rêtna kumêsar | repoting tyas sru maras | priya nêcêp lathinya | sang dyah muwun | nanging tan kapyarsi | jawining tilam ||

19. rêngih-rêngih | lir satpada mamrih sari |[86] rinarêmih sang dyah | wus titis pahyasira | kuthah surăngga tumpang | sang rêtna yu | wus kataman sari | wastra kusuma ||

20. kantun kalih | sacampuhing arêsmi | tan ana kaetang | sarira dyah lir pêjah | sang manglurug tan beda | lêsahipun | yayah tanpa dhiri | mèh dadag kang prang ||

21. manuruni | wastra priya wlas ngèksi | ing sang lir wilaba | layap-layap kawuryan | kakung nungkêmi lingnya | adhuh masku | awungua gusti | myatèng pun kakang ||

22. sakathahing | pawongan kang prak samir | tan nêdya mundura | malah sêne gèn lênggah | sruning tan yun gingsira | sing gèn lungguh | dan sang jayèng rêsmi | tansah ngrêrêpa ||

23. ring sang manglih | wus wungu dèn sinjangi | dyah kampuh linambang | ingajak mring patirtan | sang kusuma lênggana | sambat lêsu | dèn ban praptèng bèji | kalih wus siram ||

24. cèthi prapti | atur sangku mas isi | jamas dwi dan jamas | wus suci samya mêntas | agêgănda mrik sumyar | sang rêtna yu | apan dèn sinjangi | munggèng ing pangkwan ||

25. wus kampuh dwi | gadhung pinarmas ngrawit | mêrlululut[87] [mêrlu...]

--- [f. 45r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 89 dari 97

[...lulut] niyaka |[88] binggêl kana asêkar | tên bara amênggala | sêngkang mancur | kang hèr jalanidi | pindha sudama ||

26. kari enjing | basa lêsu sang suji | ingaturan gantyan | tinarimèng lathinya | sru tusthaning parêkan | derandulu | ing gusti karonsih | dan dyah ingêmban ||

27. binêkta mring | gupita măndrakini | ing rangkang musthika | rahina Dyan Sujalma | marêk lir prit anjala | sêdhêng ngujung | ing Ywang Marmata di | kanthèn lan garwa ||

27. Kinanthi

1. Sujalma wus kinèn lungguh | Dyan Wirasêstra dèn wuri | prapta wus kinèn alênggah | ya ta nuli dhahar sami | wênah wusan samya mucang | carikan pinangan cèthi ||

2. tan ana kasor kang sêmu | pan tunggil wuruk sang yogi | wus dangu katri luwaran | mring prênah-prênah pribadi | tan kawarna laminira | dera karonsih nèng wukir ||

3. pan tansah urup pandulu | sami tyase jalu èstri | mangkya wus samadya măngsa | laminira muktisari | mangkin enjing kawarnaa | sang kadi asmara kalih ||

4. pinarêk nèng prabalulut | aganti maos lêlungid | ingkang swara kapiyarsa | pênguk jêbad pait gêndhis | kang mirêng tan kêna nendra | mêlèk kêpati lir mati ||

5. angandika rêtnaning rum | pangeran paran milaning | kesah sangking Sukawirya | priya ngling wit pinrih rabi | pun kakang dahat lênggana | linging dyah paran kang marmi ||

6. mila paduka tanpa yun | priya nêbda dhuh mas gusti | sangking sun milih wanodya | dyah matur kang paduka prih | pangeran èstri punapa | dyan ling gèr kang sun ulari [u...]

--- [f. 45v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 90 dari 97

[...lari] ||

7. kang luwih susila ngangkuh | ingkang anrapakên maring | nêgara krama kang tanggap | sêsmitaning praja gusti | ingkang datan măntra-măntra | rêngat wijil sêsmitèng sit ||

8. angglarkên jêtmikanipun | iku mas kang sun upadi | mêngko gusti sun wus ana | manggih sarêngganing wukir | tan mangmang kawulanira | prêcaya srah pati urip ||

9. tan lyan mung sêdya mangulun | paran sarèhanta gusti | satuwuk mangranu pada | Jayalêngkara tan gingsir | dyah masêm sruning kêpranan | kadya banjir madu gêndhis ||

10. katulyan sêbdèng wong agung | katuwon dènnya nglarati | pundi wêrnine sêbdanta | kang tumrap ngangganing cèthi | sumbalingan ta pangeran | pan kawula rare wukir ||

11. pintên kadaring dyah gunung | măngsa uninga ing wadi | măngsa ta botên pongaha | apunggung tamtuning dèsi | yêkti tan wrin subasita | tangèh ing sipta kang rungsit ||

12. dho pangeran kula suwun | kang wêlasan dhatêng cèthi | nanging ta pangraos kula | kapopongan dika ugi | dados lami nèng asrama | manglêlana tanpa kardi ||

13. pan dados alara-luru | ing lampah paduka dadi | tan wusan kalunta-lunta | wulangun tanbuh kang pinrih | amung kang măngka pambilan | paduka mrih lènging gangsir ||

14. asêmbawa ta wong agung | anutupana kang pinrih | sampun ta mênggah ngasrama | yèn angsala angulati | nadyan ing sasranêgara | măngsantuk kang paduka ling ||

15. ya ta sang kakung angguguk [anggugu...]

--- [f. 46r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 91 dari 97

[...k] | gumujêng atukup lathi | ling wanti-wanti mangaras | kêjaba suwunging wukir | Pamriyan iku mênawa | tan olèh kang sun ulati ||

16. pantês pinadon jêr busuk | gêgêbale dhuh mas gusti | bodhone Jayalêngkara | tan wrin tăndha trusing yêkti | mokhaling tan bisa salat | mungguhing wong maca tafsir ||

17. kadi upamaning taru | ngadat tan ana tanpa wit | mêngkono mungguhing jalma | angsal bisa anjarwani | mokhal myang bumining rasa | bisa uga anglakoni ||

18. sêbda jarwa măngka taru | munggèng pang krêntêging ati | pang munggèng wite bisanya | anglakoni barang dèn ling | gustine Jayalêngkara | tarka ayun dèn mukiri ||

19. kênan tyas dyah gintêl pupu | ngandika sarwi angliring | sayêkti suwung ing jagat | yèn kang paduka ulati | dene nglêngkara manggiha | mirib mawon angsal ugi ||

20. èstri susila puniku | wrin kramèng praja tur sarwi | ingkang patut lawan sastra | lan sapamirsaning cèthi | mênggah lênggahing wanita | sampun won-awoning jalmi ||

21. kakung tanggap ngandika rum | êndi nggèr alaning èstri | mirah dening ta kalintang | angêsorakên ing èstri | turnya sang murtining rêtna | kang kêpanggih tiyang wukir ||

22. awoning èstri pukulun | pawongan ta kang pinanggih | dho kangmas tanpa wicalan | salangkunganing pawèstri | tan kenging anglangkungana | sabarang karsaning laki ||

23. nadyan lintang sangking putus | tan wênang mumpang

--- [f. 46v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 92 dari 97

ing laki | utawi anglangkungana | muhung pangawoning èstri | miwah ing dalêm dêlahan | pan dyah anunut ing laki ||

24. yèn wontên kang pranèng wuwus | tan wênang dipun jatèni | kang nglênggahi wanodyanya | panganggene wuta tuli | dening pancèning wanita | paningal myang kang pamyarsi ||

25. kawasane sangking kakung | punika nisthaning èstri | sang priya suka mangaras | dhuh iki kang dèn arani | lara-luru lakuningwang | manglêlana tanpa kardi ||

26. sarywa astèng dyah sinuhun | tansah sang sarining sasi | pinapacah linêmbana | kusuma nglêmbanèng laki | kakung saya sru kapranan | ngaras uswa dyan cinarik ||

27. pambêngana dutanipun | sang palênggah tan kêna ngling | pijêr anjêngêr tumingal | cipta yayah aningali | Sang Bathara Kamajaya | kalihan lan Kamaratih ||

28. sarêng kaduk ing pandulu | kang duta matur wotsari | gusti paduka ngandikan | kalihan ngramanta aji | rahadyan sampun dugèng tyas | ing karsa wingi tinuding ||

29. kang timbalan sang palungguh | dikakkên kondur mring nagri | dyan maoni kampuhira | kamandyan warna sarimbit | cèthi cêngêng dera mulat | ing radyan manising liring ||

28. Dhandhanggula

1. kadya gègèr sawiyosing wijil | umyang gumuruh kawong nêningal | tuhu tan ana warêge | myang srine kang dinulu | supacara tuhu lêp asri | wus prapta ngarsa nata | pinapag ing sêmu | ya ta kalih atur sêmbah | Dyan Sujalma praptanira awotsari |

--- [f. 47r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 93 dari 97

samya marêk kalihan ||

2. pinarêg ing tadhahan tumuli | samya dhahar wusan sami mucang | parêkan amangan kabèh | kapat wus sinung kampuh | binggêl botlor lan ali-ali | wus ngangge samya nêmbah | ngandika sang wiku | kaki karan ta sun undang | tutugêna aturira wingi kaki | sira mulihèng praja ||

3. aja lawas sira anèng wukir | yayi prabu dahat êla-êla | yayi sori sru onênge | apan prajanta rêtu | lamun sira lawas tan mulih | lan ingsun titip nyawa | ngarinira iku | Ki Wirasêstra sun asrah | manakawan ing sira sakarsa ugi | ambênêrkên ing karya ||

4. dyan tur bêkti patikbra nuhun sih | tan lênggana sah andika nata | dan sang tapi andikane | kaki pitungkas ingsun | lamun sira winardi aji | sira angulatana | wong kang mêlèk dalu | kang anorakên sarira | kang tan trêsnèng kawiryan lan nora asih | mring pangamêng-amêngan ||

5. kang anggulang sastra lamun olih | kasihana wrêdinên ing akal | datan wun gêdhe budine | têlase wêkas ingsun | sira dèn sih ing wong bèrbudi | têkanana sakarsa | rêksan èstrinipun | miwah saisining wisma | dèn karêksa têkèng anak putu sami | sêsanakên sihana ||

6. prihên mangeran ing sira kaki | palaning wong agêdhe budinya | wêruh wêkasaning gawe | apa ta karaning wruh | dening

--- [f. 47v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 94 dari 97

wite kang dipun kardi | wiwitan lan wêkasan | ginawe wit ngetung | iku karan dadi wikan | sapaekaning mungsuh poma ta kaki | dèn èngêt wêkas ingwang ||

7. lan maning sira kaki dèn eling | aja krakêt ing păncakêrana | kang iki kaki rupane | nayakèstri lan bau | ing niyaka lan ina budi | kalawan wara boga | kapit ing pêmuluk | Jayalêngkara tur sêmbah | kadospundi liripun satunggil |[89] ngandika sang tapendra ||

8. nayakèstri aja mitayani | wong wanita karya punggawa dyah | tan ateja nêgarane | sawab budine kungsut[90] | ngêdohakên para sinêkti | kasusilaning praja | pangrusake nguthuh | angrèh wadya cacah-cucah | lir anginum andina ngrusak ing dasih | wong wadon tan rumasa ||

9. katon tiwase ratu akardi | mantri kênya têgêse ing kênya | tan ngurusi saprentahe | yèn ana tunjung tuwuh | munggèng curi lan dhangdhang putih | iku sepa supaya | prakaraning bau | niyaka aja akarya | ing wong roro tan ana bêcik pinanggih | nora wun pêlawanan ||

10. yêkti nyèwèngakên salir kardi | sawab karo tansah prawadulan | ning sisihe mrih dhinewe | de wara boga kulup | ja ngandêl wong bêk suka sugih | weya barang karyanya | nora pati kudu | tan atitih ulah karya | pan wong warêg wus sarwa sokur ing ati | weya

--- [f. 48r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 95 dari 97

barang karyanya ||

11. têgêse kapit bêksana kaki | ja nênggênah ing luwih alanya | nora yuswa parentahe | dèn wor lan asilipun | pêngambilan sawêtuning ngling | tan andulu rusaknya | wadyanta nak ingsun | amung sêdaya olèha | anadene prêkarane ina budi | wis tan layak kinarya ||

12. sing gawene tan amrayogani | angungsuti ing nêgaranira | sabab adoh wiwekane | èmêng atining putus | têmah rusak prajanta kaki | poma dèn èngêt limang | prêkara nak ingsun | nadyan tusing wadya sêtya | wadya sêkti nadyan sira luwih asih | aja sira kon prentah ||

13. nanging uninganira ja lali | sandhang pangan katona mulènta | poma kalima ja supe | angrusak praja iku | lamun sira ya ulah jurit | kaki măngsa mênanga | bêkti sang abagus | nuhun kapundhi ing murda | angling malih sang tapa lan maning kaki | yèn sira mêmungsuhan ||

14. mungsuhmu wruhên kang tata-titi | gêgamane mantrine dèn awas | sorêna miwah danane | pan wong apêrang iku | lamun tan wruh ing tata-titi- | ning mungsuh wuta prangnya | kasor sabab kuwur | de tan wruh titining mêngsah | anadene mungsuhira lamun titi | sêritên wadyanira ||

15. upayanira aja na uning | lyan piyandêl wadyanta ja wikan | myang kang tan sêtya padene | wadya tan sêtya [sê...]

--- [f. 48v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 96 dari 97

[...tya] iku | pariksanên mênawa sandi- | ning mungsuh lawan sira | nglampahna lumintu | sandi upaya andina | budinira pêrêsên aja na uning | yèn durung lumêksana ||

16. iku gêlaring prawira kaki | lawan sira asih ing bala |[91] ingkang agêdhe budine | landhêp grahitèng kalbu | sarupane sihana ugi | lan sira asihèng ba | kang kèh gusti pundhuh | prakarane akèh dènnya | anitèni ing wong agung siji-siji | akèh pamiyarsanya ||

17. dadi panggarayanganing budi | lawan sira asihèng wong sêtya | wèhana sandiprayane | ja sira dohkên kulup | pan karyanên timbalaning ling | kang ala bêcikana | kang bêcik dèn èstu | ki radèn suwitanana | radèn matur punapa ingkang prakawis | sang tapa angandika ||

18. karane binêcikan kang juti | aja lunga ja dadi mungsuh ta | anging ta prihên bêcike | sêdayanira lamun | kadi toya kang tata-titi | nging prihên sêtya uga | pan kaki ing ratu | tinilar dening balanya | ina nistha sasat kalukaran nyamping | anèng madyaning pasar ||

19. karane sinawitan kang bêcik | dêdimone têmên pangrêksanya | nadyan si ana dudune | sariraknèng pamêngku | lawan sira kaki ja sugih | anyar aja kawêdhar | kawiryanta kulup | dyan matur paran wêrdinya | ling sang wiku iya sugih anyar kaki | aja sira sikara ||

20. aja sira anggêgawok dasih | aja sira [si...]

--- [f. 49r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28): Citra 97 dari 97

[...ra] uninga ing arta | ja ngeman kawiryan radèn | ngemana jalma luhung | aja sêngit ing wirya kaki | asring ngowahi tata | saprakaranipun | ingkang mêdhar wirya guna | aja pêgat angramèkakên nêgari | amrih rakêting wadya ||

21. sêdayane sukaa kang dasih | aja na kang binotan sêsmita | mantri myang kulawargane | prihên karasanipun | sagung ngambah prajanta ugi | kono gonira mêdal- | akên gunanipun | ing wadya myang ingkang sura | wignya mêtu bala ja binotan wadi | tingalira dèn lumrah ||

22. dèn wêrata sira mriksèng dasih | sira mêdalakên ramèng praja | sukmanên jaja na mantrane |[92] yèn saking sira nuduh | wêdalênèng dasihirapti | kang kapracayèng sira | dèn lir burat mênur | têgêse aja kêtara | sariptanta yèn kontap têmah asêpi | rêsmining wangunira ||

 


Naskah ini tidak ada judul, namun disebut di dalem teks (Pupuh 1.4.10 dan Pupuh 94.9.1) bahwa cerita ini adalah cerita Jayalengkara (kăndha Jayalêngkara). Judul Jayalêngkara Wulang berasal dari British Library dan Pigeaud (1967, Vol. 1, hlm. 230). (kembali)
Teks dari halaman ini (f.1r) dan halaman berikutnya (f.1v) ditemukan kemudian dalam naskah: Pupuh 5.30–40 (f.7r); dan Pupuh 6.2–4 (f.7v) masing-masing. Karena itu, dan mengingat wadana rêngga (frontispiece) untuk awal naskah ini muncul setelah dua halaman tersebut, maka pupuh yang tidak lengkap ini tidak dihitung sebagai bagian dari teks induk. (kembali)
Teks sebelumnya tidak ada. Lihat: Pupuh 3.31.1 di bawah: sri narendra dahat wagugên ing galih. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) Pon rolikur (22) Rajab (Rêjêb) Jimakhir (Jimakir): sèwu pitungatus tigang dasa (AJ 1730). Tanggal Masehi: Senin 7 November 1803. (kembali)
kampita. (kembali)
akarya. (kembali)
Lebih satu suku kata: angapit kang kêbut. (kembali)
bokor. (kembali)
sêsantun. (kembali)
10 golong (dan di tempat lain). (kembali)
11 towok (dan di tempat lain). (kembali)
12 nyangkragnyana. (kembali)
13 morod. (kembali)
14 rinojong (dan di tempat lain). (kembali)
15 Kurang satu suku kata: mangkya radyan katêrêsan. (kembali)
16 anocor. (kembali)
17 Variasi: baksana (dan di tempat lain). (kembali)
18 Kurang satu suku kata: ing mangke gusti kawula amit. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: nira wêruh ing sira. (kembali)
20 Variasi: cabak (dan di tempat lain). (kembali)
21 bêbotoh (dan di tempat lain). (kembali)
22 Kurang satu suku kata: Kalpa Kalpika angling. (kembali)
23 ingoyok. (kembali)
24 gêsang. (kembali)
25 ambêbegal. (kembali)
26 mêndhêt. (kembali)
27 Pupuh Wirangrong ini tidak sesuai dengan aturan tembang macapat umum. Gatra ke-3 yang biasanya 10u menjadi dua gatra: ke-3 (7a) dan ke-4 (4u). Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: dranjang lan mêmêrakan. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: ganda katub pawana. (kembali)
30 Biasanya guru lagu a: ing srigadhing kacampuran. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: sănggalangit gadhung skar. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: pandhansari nglangun tyas. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: kurinjêm bra ing tawang. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: sulitama angambar. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: ing madu amardawa. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: pan kadi wong sênggama. (kembali)
37 Biasanya guru lagu a: sêpa. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: dranjang lan mêmêrakan. (kembali)
39 Pada pupuh Pocung ini hampir semua gatra ke-3 guru lagunya e, hanya dua bait yang guru lagunya i sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. Lihat juga Pupuh 17 di bawah. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: pan anurut sapuruge ingkang suku. (kembali)
41 asrêp. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Wirasmara kêdah tumut. (kembali)
43 mantukipun. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: lah gugunên pitutur ingsun mring sira. (kembali)
45 minggaha. (kembali)
46 pêjah. (kembali)
47 rumangkang. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: saliyaning ing dhukuh Dipaprêwata. (kembali)
49 dhêdhangkane. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: sami mentar dhêdhangkane padhasmara. (kembali)
51 ingkang. (kembali)
52 wowohane. (kembali)
53 Lebih dua suku kata: kèh paseban wiyos. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: wasta pun Sujalmi. (kembali)
55 mênggah. (kembali)
56 gangsalipun. (kembali)
57 pracayèngwang. (kembali)
58 Talirasa. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: Talirasa gya kula sungi. (kembali)
60 picis. (kembali)
61 Kurang satu suku kata: won saene sampun katur. (kembali)
62 ingandêl. (kembali)
63 Kurang satu gatra: ke-4 (8a). (kembali)
64 mêncorong (dan di tempat lain). (kembali)
65 Pada pupuh Pocung ini hampir semua gatra ke-3 guru lagunya e, hanya satu bait yang guru lagunya i sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. Lihat juga Pupuh 10 di atas. (kembali)
66 minggah. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: sang rêsi ngling kèndêla rumiyin masku. (kembali)
68 cèlèng. (kembali)
69 nêdhêng. (kembali)
70 tamu. (kembali)
71 linorod. (kembali)
72 angosoki. (kembali)
73 kosok-kinosokan. (kembali)
74 mênuhi. (kembali)
75 ing. (kembali)
76 mogok. (kembali)
77 nglolosi. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: watir yèn katêmu rèhe. (kembali)
79 dhodhok (dan di tempat lain). (kembali)
80 nglêladèni. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: atap samya angayapi. (kembali)
82 kapikir. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: garwa amêksa pinrih. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: pan gantèn sêmburnya. (kembali)
85 Lebih satu suku kata: lir manggih sotya di. (kembali)
86 Lebih satu suku kata: lir satpada mrih sari. (kembali)
87 mêrlulut. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: mêrlulut niyaka. (kembali)
89 Kurang dua suku kata: kadospundi liripun satunggil-tunggil. (kembali)
90 kusut (dan di tempat lain). (kembali)
91 Kurang satu suku kata: lawan sira asiha ing bala. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: sukmanên ja na mantrane. (kembali)