Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 01–22)
| 1. | Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 01–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 2. | Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 23–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Găndakusuma
--- [f. 1r] ---
Purchased of J. Crawfurd Esq.
Feb. 1842
--- [f. 1v] ---
[Catatan lepas]
--- [f. 2r] ---
[Catatan lepas]
--- [f. 2v] ---
[Catatan lepas]
--- [f. 3r] ---
[...]
--- [f. 3v] ---
1. Asmaradana
1. ingsun amimiti muji | anêbut namaning Sukma | kang murah ing dunya rêko | ingkang asih ing akerat | kang pinuji tan pêgat | angganjar i[1] kawlasayun | angapura [anga...]
--- [f. 4r] ---
[...pura] ing dêdosan ||
2. panêdhane kang anulis | dhatêng kang darbe kagungan | muga tulusa jênênge | têtêpêna ing agama | singgahna i dursila | tulusa sinuhun-suhun [si...]
--- [f. 4v] ---
[...nuhun-suhun] | dhatêng kang abdi sêdaya ||
3. tatkala wiwit tinulis | Sêlasa Êpon dinanya | Rabiyulawal sasine | tanggal kalih likurira | Kulawu wukunira | taun Be sêngkalanipun | jilma muni kêrni naga |[2]|
4. Sri Bupati Bandaralim | wau ingkang ginupita | nalendra pilih bobote | kinajrihan parangmuka | suyud măncanêgara | jêjulukira Sang Prabu | Senapati Ngalaga |[3]|
5. cinarita sri bupati | tiksih[4] anyar praptanira | duk kesahira sang katong | têksih nama Jayèngtilam | dènira anglêlana | amanting sariranipun | ing mangke olèh kamulyan ||
6. kala anjajah nêgari | tan pêgat ingambil sraya | tampi ganjaran kêdhaton | lawan putrine kagarwa | sabên ingambil sraya | milane mangke pinujul[5] | aparentah para nata ||
7. mantuk dhatêng Bandaralim | anggêntosi ingkang rama | lir guladrawa prentahe | saadile ukumolah | anêtêpi sarengat | nalendra bagus anêrus | lir Nabi Yusup kang warna ||
8. lêlima garwa narpati | kang sêpuh putri siluman | ing Surandil nêgarane | lagya pêputra satunggal | rabine kang panêngah | punika ingkang panggulu | putrine natèng Bragêdad ||
9. milane kinarya padmi | putrine [putri...]
--- [f. 5r] ---
[...ne] natèng Bargêdad[6] | langkung endah ing warnane | lan asru bêkti ing priya | idhêpe kumawula | marmanipun sang rêtna yu | kalintang ingêla-êla ||
10. marune sadaya asih | marang Dèwi Ambarwulan | trêrus ing lair batine | Sang Rêtna Yu Ambarmolah | lagya putra satunggal | jalu warnane abagus | awasta Găndakusuma ||
11. kalangkung sihe narpati | kang putra dinama-dama | adalêm ing kadipatèn | sinung aran dening rama | Radèn Pênambangraga | dadya kêmbang alun-alun | dadya kidunging biyada ||
12. sandhung jêkuk adipati | tiba cêngèk Lambangraga | pan dadi kêkêmbang lambe | dene sakèhing aluran | êmbês-êmbês jêbyogan | pêpêtrèk lêlèngèk ciklu | jêjêplak lawan lêlangak ||
13. sagunging mondrèng dêdungik | tan ana liyan ingucap | Găndakusuma dèn ame | kang dadi têmbang rêrasan | Radèn Panambangraga | darbe rayi sanès iku | patutan lan putri Ngêsam ||
14. jêjuluk Radèn Surati | anglangkungi ingkang raka | tumut anèng kadipatèn | punika sadulurira | kêkalih ibunira | ingkang dèrèng asêsunu | putrine Raja Karsinah ||
15. lan putri ing Ngatasangin | ingkang dèrèng apêputra | pan sami lagya ababot[7] | kalih samya angrong wulan | dènira sami wawrat | mangkana sira sang prabu | lagya amangun sungkawa ||
16. sangêt dènira prihatin | dene ta katilar ngrama | miwah [mi...]
--- [f. 5v] ---
[...wah] marasêpuh kabèh | seda satêngahing rana | aprang lawan sawara | pan anyar gènira mantuk | senapati saking aprang ||
17. marmanya rundah kang galih | anyar tinilar sudarma | miyos sineba sang katong | pinarêk anèng paglaran | pêpêk kang para nata | Patih Gaibolah ngayun | lawan Gêndari Gêndara ||
18. Raja Sêpara Supari | miwah têtêlukan anyar | Sêpala Sêpali mangko | Raja Gêndari Gêndara | Raja Una Tanuna | lan Raja Taru Tantaru | Raja Sumbagi Sumbega ||
19. pêpak ratu kêmbar sami | miwah Radèn Darundara | punika kaparnah ipe | ingkang raka Dèwi Ambar | iku alap-ingalap | ingkang rayi radèn bagus | kang wasta Asmarawulan ||
20. punika ingkang karabi | dhatêng Raja Darundana | anggêntosi ing ramane | madêg ratu nèng Bragêdat | dene Ratu Karsinah | kagêntèn ing putranipun | aran Ra[8] Wirasmara |[9]|
21. Ratu Ngêsam kang gêntosi | Radèn Surati punika | Rajèng Kanustam kagêntèn | kang putra karan Budhardha | apanggah surèng ing prang | lir Gathotkaca dinulu | bisa ngambah ing drigata ||
22. sang nata ing Ngatasangin | wus kagêntèn ingkang putra | kêmbar kêkalih wastane | Rahadèn Murca Murcita | mêngkana kang kawarna | angandika sang aprabu | marang Patih Gaibollah ||
--- [f. 6r] ---
23. pira lawase hèh patih | sasedane kangjêng rama | ki patih atur sêmbahe | inggih tilare nalendra | sampun samadya căndra | angandika sang aprabu | ing mêngko parentahêna ||
24. sakèhing wong Bandaralim | sira ingkang parentaha | anadene para katong | sakèhing kang lawas-lawas | Si Gêndari Gêndara | ingkang angrèhêna iku | sakèh ratu kang panuwa ||
25. ratu kêmbar kawandasi | Si Sêpali lan Sêpala | ingkang nrapêna gawene | kyana patih atur sêmbah | miwah kang para nata | sang senapatya wus kondur | mengo angusap srinata ||
2. Sinom
1. Sang Aprabu Ingalaga | tuhu yèn bagus rêspati | nadyan kathah para nata | tan ana kadya narpati | lamun kondur tinangkil | sêlir bêdhaya gumrudug | ambêkta upacara | kêkacu mas sawunggaling | banyakdhalang kidang myang ardawalika ||
2. pawongan gandane ngambar | kang tapak sajari miring | kang ijo pilinganira | kang sapêkak têngahnèki | sinome ginggang sisih | kang mandul pambayunipun | he mara ta lah mara | mênawa kasêlak kari | dèn aenggal mênawa sêlak kadukan ||
3. wontên sêlir kinasihan | awasta Ni Sêtyawati | Senapati rinaosan | gêthing-gêthinge kang ati | lamun ana ing jawi | angkuhe alah kumêndur |
--- [f. 6v] ---
lêgane atiningwang | dèn tingalana sadhidhik | beda têmên karo anèng jroning pura ||
4. Ni Erawati angucap | dhuh lae yèn ingsun pikir | kang sarira tanpa jiwa | manggung anyênyungah ati | yèn kamuritên mami | tur mulih maring Madiun | ngong rasa-rasa uga | muliha Madiun mami | yèn kanggea amêmaru kurang bêsar ||
5. gumujêng ingkang mêmaca | kapikêl[10] apijêt ati | datan kawarna sêmana | sampun rawuh sri bupati | sajroning kênyapuri | kang garwa sêdaya mêthuk | sampun sami alênggah | Senapati ngandika ris | dhatêng garwa kang wasta Ni Ambarmolah ||
6. yayi mau putranira | aseba ing ngarsa mami | warnane beda lan saban | dene ijo alêlêntrih | kaya tan ana tandhing | ing warnane putraningsun | pantês dadia nata | anakira ki dipati | anauri kang garwa Ni Ambarmolah ||
7. mênawi wontên kang gêrah | tuwanku sri bupati |[11] angandika sri nalendra | nora si mêngkono yayi | saki[12] marmaning Widi | tinurunan cahya luhung | kinarya kênyataan | yèn ingsun pakuning bumi | wus pinasthi dadi pêpakuning jagat ||
8. ênêngêna sri nalendra | won cinarita malih |[13] Senapati darbe garwa | binuwang lagya garbini[14] | aran Dèwi Jêsmani | duk binucal milanipun | dene anaking buta | tur dudu putra sayêkti | dènnya mupu ing kuna ingakên putra ||
9. ya ta Dèwi Jêsmaniyah [Jê...]
--- [f. 7r] ---
[...smaniyah] | wus sêpuh gènnya garbini | sêdhêng êlèkipun babar | miyos jalu tur apêkik | wus sinungan kêkasih | awasta Radèn Takiyur | saya lami diwasa | akathah ing wong angabdi | tuwa anom lanang wadon angawula ||
10. dhukuhe Ki Darbamoha | ingalih ing Jongbiraji | ya ta sampun dadi arja | udakawis wong sakêthi | ingkang sami angabdi | dhatêng Rahadèn Takiyur | mangkana rajaputra | atakèn traranging ati | kaki buta sun jaluk pêdhang lan panah ||
11. saka sikêpaning yuda | miwah têtugangan[15] mami | nupya wau tinutugan | dening ibu lawan kaki | ya ta sang raja pêkik | sineba ing balanipun | matur sakyèhing wadya | dhuh gusti madêga aji | wadyabala akathah kinarya paran ||
12. lingira raja pinutra | iya sun jumênêng aji | sira akaryaa kutha | nulya wadyabala sami | akarya kitha aglis | wus dadya anulya matur | dhatêng raja pinutra | lamun kitha sampun dadi | angandika wau sang raja pinutra ||
13. sira ka[16] nênêlukêna | ratu ingkang têbih-têbih | sira kirimana layang | sêdaya para dipati | ya ta sang raja pêkik | pan sampun jumênêng ratu | sinaidan ing bala | akutha ing Jongdiraji[17] | patih kêmbar ajêjuluk Miring Mêndhang ||
14. ki patih wus aputusan | nêlukakên para aji | tatan [ta...]
--- [f. 7v] ---
[...tan] kawarna sampun prapta |[18] akathah para narpati | atêluk mring sang pêkik | sêdaya samya sumuyud | sami asrah bongkokan | wanèh atur-atur putri | atur donya atur kuda atur wastra ||
15. ri sampunira mangkana | Prabu Jaka malbèng puri | dèn iring punang biyada | warnanira adi-adi | kang bêkta upacawis | lêlancang bakor kêkacu | ya ta raja pinutra | saudurira[19] tinangkil | pan ajujug marang kêbon pêpungkuran ||
3. Pangkur
1. anjujug Ki Darbamoha | Prabu Jaka ngandika marang kaki | kaki dèn kaparèng ngayun | Dêrbamoha gli[20] |[21] Prabu Jaka asru dènira amuwus | kaki sira abasaa | anêmbaha marang mami ||
2. yèn sira nora nêmbaha | datan wurung sira ingsun patèni | Ki Darbamoha gêgêtun | wuwuse putunira | bocah iki eling banthèng kang sêsunu | ingsun kinèn anêmbaha | bok iya ingsun lakoni ||
3. pan nyata ingsun kawula | Darbamoha sigra mêndhak tur bêkti | Ki Prabu Jaka amuwus | kaki ingsun atanya | gaman isun ana ngêndi parnahipun | dene sun iki alawas | durung wruh ing rama mami ||
4. umatur Ki Darbamoha | rama dika ratu ing Bandaralim | Ki Prabu Anom amuwus | kaki lamun mangkana | ingsun arsa mring Bandaralim angujung | angabêkti maring rama | dêlingira sang rasêksi ||
5. sampun dhatêng
--- [f. 8r] ---
Bandariman | amêmirang ing têmah ingsun gusti | mênawi batên ingaku | dados punapa dika | Prabu Anom asru dèni[22] amuwus |[23] mêmirang krêpêna paran | Darbamoha matur aris ||
6. ibu jêngandika uga | dipun buwang dhatêng Ki Senapati | ingaranan bisa nêluh | milanipun binucal | datan arsa andulu ing warnanipun | Ki Prabu Anom ruditya | mirsa ibu kawlasasih ||
7. yèn mêngkono kaki ingwang | bapa iku arsa ingsun patèni | Ki Darbamoha umatur | sampun dhatêng ing rama | ila-ila ingkang jêngandika têmu | Ki Prabu Jaka angucap | kapriye karêpmu karêpmu kaki |[24]|
8. ingsun malês lara wirang | paran sangkanane malêsa kaki | Sang Darbamoha umatur | pan wontên raka dika | ingkang wajib anauri utangipun | punika paraning manah | kinudang jumênêng aji ||
9. Rahadèn Gandakusuma | gih punika yogyane sri bupati | Ki Prabu Jaka amuwus | kaki lamun mêngkana | payo mêsat marang drigate[25] dèn gupuh | ajuput[26] Gadakusuma[27] | mara ta ingsun titihi ||
10. sigra dumugi ing pundhak | Prabu Jaka sinunggi dening kaki | Darbamoha sigra mumbul | marang ing madyatara | miling-miling midêr-midêr kadi jangkung | tan kawarna lampahira | wus prapta ing Bandaralim ||
11. tumut ing kadipatyan |[28] Radèn Êmas Găndakusuma guling | Ki Prabu Jaka anyambut | binakta mring awiyat | asêsumbar Prabu Jaka angrik nguwuh [ngu...]
--- [f. 8v] ---
[...wuh] | wong Bandaralim nusula | aja girang guyu ugi ||
12. rêbutên rêrêksanira | ya ta kagèt sakathah wong Bandaralim |[29] apuyêngan aprang umyung | sêdaya asasrangan | dene radèn murca tatkalaning dalu | gumêre wong dalêm pura | pawongan sami anangis ||
13. ciptane kang para nata | sailange pangeran adipati | lintang duka para ratu | angur ingadu aprang | ya ta kabèh para ratu sami rawuh | samya atêtakèn warta | ingkang kêmit awêwarti ||
14. ri sampun pinituturan | para ratu samya sêkêl kang galih | angrasa manggih bêbêndu | sagunging para nata | ana têbah-têbah jaja ana ngungun | dumadya asalin sêkar | lir êmas tinimbul warih ||
4. Maskumambang
1. kawarnaa sang prabu ing Bandaralim | datan kêna ngucap | aningali ingkang rayi | anangis angaruara ||
2. angandika wau kangjêng sri bupati | lah padha kèndêla | sakèhe juwita mami | aja dadi manahira ||
3. wus pupusên lamun karsaning Yyang Widi | tan kêna cinêgah | pasthi datan kêna gingsir | yèn kinarya lêlampahan ||
4. pirabara putranira kaki mantri | apanggih lan sira | ing têmbe têmbe wus olih | apuranira Yyang Sukma ||
5. Dèwi Ambar wus kèndêl dènira nangis | saking jrih ing priya | pitutur
--- [f. 9r] ---
dèn uri-uri | tan etang kalangan trisna ||
6. sang aprabu ngandika dhatêng kang rabi | lah tulungên nyawa | dasihira pa putri |[30] sira kèdhêp anulunga ||
7. pinaranan para maru ingkang nangis | balik pêpaèsa | dimon marêm sri bupati | dimone lipur kang trisna ||
8. lah mênênga yayi ratu aja nangis | lah sira pasraha | dèn rêna titahing Widi | amupusa karsaning Yyang ||
9. para garwa sêdaya marêm kang galih | sang nata ngandika | nora karsa yèn sarêsmi | ingsun pondhonge kewala ||
10. Ni Kêncanawungu pinondhong kariyin | lawan putri Ngêsam | katiga Si Kênyawati | sang rêtna angayang-ayang ||
11. datan purun angungkuli sri bupati | Dèwi Ambarmolah | kang tiga tumurun aris | kang mulat sami kasmaran ||
5. Asmaradana
1. kocapa ingkang mêmaling | wau sira Prabu Jaka | anèng drigănta parnahe | Rahdèn Găndakusuma |[31] ginodhi tinalenan | Găndakusuma amuwus | sira kapakakên ingwang ||
2. Prabu Jaka anauri | iya sun patèni sira | Găndakusuma wuwuse | sira amatèni mringwang | paran dosa manira | Ki Prabu Jaka amuwus | iya sira nora ngrasa ||
3. ramanira ingkang ciri | gêdhe dosane maringwang | Găndakusuma saure | paran dosane jêng rama | Prabu Jaka angucap | dosane ramane rèku | amilara tanpa dosa ||
--- [f. 9v] ---
4. si ibu nora aciri | ya pagene pinilara | Găndakusuma wuwuse | ibunira iku sapa | Prabu Jaka angucap | Rêtna Jasmani si ibu | emut ing kuna kang rama ||
5. tuture kang rama dhingin | arabi putrining buta | pan sawiji patutane | Găndakusuma angucap | iya wus wêruh ingwang | dosa rama sang prabu |[32] Ki Prabu Jaka sru ngucap ||
6. ing besuk ramane rèki | nêgarane ingsun bêdhah | ngong tumpês sanak putune | singa ingkang mêtu lanang | pan ingsun karya lesan | Găndakusuma amuwus | iya salah ujarira ||
7. rama ora utang pati | akawira iku nyata | pan uwis pulih maringong | têka sira kaniaya | pan sira kaluwihan | yèn ingsun tumêkèng lampus | iku luwih pisan-pisan ||
8. tan wurung ingsun anagih | nora anagih ing donya | mapan sun tagih ing têmbe | ing ngayunaning Sukma |[33] Prabu Jaka bramatya | pan sarwi anarik dhuwung | kakehan têmên wicara ||
9. besuk mêngko ingsun wani | agênti kêris lan sira | asambata rama katong | asambata ibunira | tumungkula pratala | dèn prayitna ingong suduk | nora wande sira pêjah ||
10. Prabu Jaka marêpêki | sarwi tanarik[34] curiga | sigra dèn êmèk jajane | adan wau cinuriga | jaja trus ing walikat | ludiranira sumêbur[35] | rahadèn anulya niba ||
11. aniba radèn [radè...]
--- [f. 10r] ---
[...n] tan eling | wau Ki Găndakusuma | amlasasih sêsambate | Rahadèn Pênambangraga | sarwi agulasahan | Găndakusuma angadhuh | asambat ibu lan rama ||
12. adhuh rama ibu mami | sampun takèn mring kawula | tulusa mêngku kaprabon | nyakrawati baudhêndha | kawula amit pêjah | sapindhah kawula nuhun | pangapuntên ing sampeyan ||
13. lah ibu kawula pamit | kantuna sampun kecalan | ing sapungkur-pungkur ingong | pun ibu-ibu sêdaya | sampun wontên kecalan | ibu mung wêwêling ingsun | dèn bêkti ajrih ing rama ||
14. sampun lênggana ing kapti | pun ibu-ibu sêdaya | aja ngêsakkên tèning wong | puniku ibu[36] sêdaya | sampun asiya-siya | adhuh Surati rèningsun | sira pisah lawan ingwang ||
15. sira kariya Surati | yayi ingsun amit pêjah | aja atakon maringong | pun ibu-ibu sêdaya | dèn agung pangapura | miwah kangjêng rama prabu | dèn agung pangapuntênnya ||
16. ing wau sampun ngêmasi | Rahadèn Găndakusuma | nulya Prabu Jaka age | kunarpa sigra binuwang | binêkta ing muara | jêladri ingkang jinujug | alun gurnita syaranya ||
17. tatkala binuwang singgih | suh sirna ingkang kunarpa | asasaran jêlajate | sêgara umob kang toya | umbak kumbul lumebak[37] | gêgana prapta alimut | grahana wulan lan surya [sur...]
--- [f. 10v] ---
[...ya] ||
18. gra-gara pênuh sabumi | mawur sindhung aliwawar | wraksa kaparag tur gosong | tratrang obahing acala | mawur-mawur apadhang | ngaldaka kawah lumusur[38] | lumembak maring samodra ||
19. jaladri murub lir gêni | mina anglumba kumambang | asangêt gara-garane | obah bumi prakêmpa |[39] lindhung awor prahara | gumlêdhug muni kang gunung | asangêt kang gara-gara ||
20. ingkang wontên ing jaladri | kang aran Sang Yyang Baruna | Yyang Naga Baya rowange | Sa[40] Yang Boga arêrasan | kaya pa ingkang polah | gara-gara ketang agung | lingira Sa Yyang Baruna ||
21. kêrana bilai iki | ana satriya cinidra | palastra binuwang kene | kapindho Pramèstha[41] rara | ing mêngko kêna owah | mulane prahara agung | tanna bisa anambaka ||
22. nanging aja baribin |[42] mênawa manggih dêduka | ya ta sigêgên sakabèh | wontên malih kawarnaa | sadhasare samodra | wontên èstri luwih ayu | punika dede manusya ||
23. dudu êjim widadari | ingaran maniking toya | ingkang ngrèh samodra kabèh | Sang Pramèsthi Sarirasa | Sang Manik Turateyan | kalintang warnane ayu | ing donya tan ana memba ||
24. pan widadari ing syargi | pantês dadia juru dang | tan ana memba warnane | kadi jumantên rineka | yusyane sang dyah rara | kala mêksih awang-uwung | Nang[43] Pramèsthi sampun ana ||
25. naking[44] sêktine Pramèsthi | bisa anom bisa tuwa | anut ing tanggal warnane | angrèh isining samodra | yèn tanggal midêr ing rat | mangkana Pramèsthi ayu | mêdal saking dalêm pura ||
26. angrasuk rajakaputrèn |[45]
--- [f. 11r] ---
sigra midêr ing samodra | wus mêdal saking kêdhaton | sang rêtna kagyat tumingal | aningali kunarpa | sigra mara sang rêtna yu | jisim ingiling-ilingan ||
27. tuhu warnane abêcik | Sang Yyang Pramèsthi kagiwang | arsa lukar kêkêmbêne | yitnane kusuma rara | mendahane uripa | lagi patine marusul | kêkêmbên arsa linukar ||
28. sang rêtna aling[46] jro ngati | mêsakakên dalêm bathang | sun cacake sun uripne | manawa amalês arja | sigra kusuma rara | tirta mulya wus sinambut | sarwi angucap[47] srinata ||
6. Sinom
1. yitnane kusuma rara | nora talah dalêm mayid | paran dosane ta baya | Prabu Jaka nora eling | kakange dèn patèni | nyata ala Si Takiyur | radèn wus tinetesan | nulya nglilir sang apêkik | kagyat mulat aningali Sarirasa ||
2. rajaputra mungkur sigra | miwah kusumaning adi | sêmona ukur-ungkuran[48] | yetnane sang raja pêkik | wong apa baya iki | têka angadhêp maring sun | rupane ora jamak | ayu kuning minthing-minthing | baik sungguh ini urang parampuan ||
3. saumur ingsun agêsang | durung tumon wong kayèki | dene ayune tan jamak | wong kaya intên ingukir | rasane ati mami | isine wêtêng kadulu | dene amaya-maya | apa rupane ing ngarsi | mendahane wêruha têka ngarêpan ||
4. sun tingali saking wuntat | kadya jumantên ingukir | mendahane saking ngarsa | dene kuning ajukithit | mêngkana ruming sari | tan prabeda lan sang bagus | apa rupane baya | ki mayid mangke wus urip | baya salin warnane [war...]
--- [f. 11v] ---
[...nane] kang dadi bathang ||
5. dene akuh[49] dalêm bathang | nora gêlêm nolih-nulih[50] | yitnane Găndakusuma | nyata lêngus bok jêkithit | nora nolih-nolih |[51] têka minggu kaya tugu | sapa layak wiwita | ingkang anyapa kariyin | enak-enuk bakayu ngariyinana ||
6. lêga-lêgane kang manah | duwea batur sawiji | dene ta kapasangyogya | kaya wong dèn adu iki | bok iya sun kalahi | ingsun angucap karuhun | iya dêdaulatan | măngsa kalah kêbo sapi | kaya priye mendah dene langkung wirang ||
7. patute basa angucap | têka nuli kêtir-kêtir | sungkan-sungkan babo sungkan | mendah wirange wak mami | ya ta karêpe ugi | nora kudu cêcalathu | padha mênêng kewala | munduran pêgêl kang ati | babo-babo padha mênêng aja ngucap ||
8. upama basa angucap | têka mêtu salah uni | angur aja muni pisan | mendahane wirang mami | ya ta karêpe ugi | nora kudu cêcalathu | mênawa gugup ingwang | isine nora ngêlari | yèn sun rasa kapriye wêkasanira ||
9. bismilahi babarpisan | prandene sapa ngawruhi | dhuh nuli kapriye baya | nuli sangêt gagang pari | dimèn ta wirang mami | kêthèk langking wuru kontung | kudu imbal wêcana | kadhal gung baya bok uwis | babo-babo padha mênêng uga-uga [u...]
--- [f. 12r] ---
[...ga-uga] ||
10. kaya pa wêkasaneya | awèta pating kulirik | tandang tandu[52] Gathotkaca | mati-mati urip-urip | kudu agendhong isin | aking têmahing wong kakung | iku kalawan rama | sumbangên saèn sadhidhik | sun amuke kumasaris pa parampuan |[53]|
11. rahadèn sigra angucap | gumêtêr asêmu isin | kaya ngapa tingkah ingwang | têka ana ing jêladri | ingsu[54] nora andugi | baya ginawa ing pandung | dene ingsun anendra | mêngko ana ing jêladri | ana ngadhêp akuhe pan kadi jendral ||
12. ngandika kusuma rara | tarimane dana mayid | nyata bêcik têmên uga | ingsun ingaranan maling | dene amêjanani | manira ingaran pandung | ingkang pantês jurjana | dhèwèke si rojah-rajih | marga rupak lumuh yèn kadhinginan |[55]|
13. tan ana katolih pisan | bêcik ingsun akèh kêdhik | dene maune bêbathang | amoh ajur dèn dhêdhaing | urip têka ing kami | tarimane kaya êmbuh | têka anjungjung jendral | bok dhèwèke kuli-kuli | baya tau dipèk tundhan ing Pêlandan ||
14. wêruha lamun mêngkana | nora êsir nora wahir | anguripakên kunarpa | sun sidhêp oleha bêcik | sidhêp nora kalindhih | emane kumêndur busung | nora angrasa pisan | lamun mati urip maning | anauri Rahadèn Găndakusuma [Gănda...]
--- [f. 12v] ---
[...kusuma] ||
15. nyunyah mudha jangan gusar | lupa sungguh saya tadhi | jangan gusar amat-amat | bêlum tau saya tadhi | sungguh-sungguh rang kêcil | sudhah tau saya takut | kalu dhiam mat gusar | saya tadhi kuli-kuli | pêgimana saya turut nyunyah mudha ||
16. kusuma rara ngandika | adhuh lae têka wêdi | pangucape kaya amral | baya anak komasaris | têka agêgirisi | ting karênyah ting karênyuh | Senaputra angucap | mênawa botên udani | jawabipun mas ayu atur kawula ||
17. ratu ayu sampun duka | kawula tan eling |[56] sampun duka liwat-liwat | ing wau dèrèng udani | sayêkti dèrèng uning | ing mangke kawula emut | yèn dika mêksih duka | kula gusti gih angabdi | dhatêng pundi kawula angiringêna ||
18. punika jawabe pisan | pangucap kula ing nguni | angling Rêtna Sarirasa | iya maning dèn aririh | amondhong Ni Pramèsthi | dèn abêcik boke dhawuh | dene sing ora-ora | dènira ngakên wong sigit | boya gêtun lumaku iring-iringan ||
19. mêksih kêrasa ing nala | pangucape mau ugi | isun ingaranan jendral | têka bisa jêjuluki | pae dhèwèke sigit | kaya wong kumêndur wurung | iya maning karia | ingsun babo
--- [f. 13r] ---
padha mulih | kurang gawe angadhêp Wêlănda pincang ||
20. Rêtna Sarirasa kesah | ing manah mandhêg anolih | Radèn Mas Gandakusuma | langkung kasmaran ing ati | micarèng jroning ati | maring ngêndi mirah ingsun | têka agawe brăngta | bok ayu ingkang jukêthit | sun têlika wong ayu nora pêsaja ||
21. sasuwene apocapan | têka putaras-putiris | têka têratab-têratab | arsa sun cêkêla gipih | mênawa ora apti | mêngko lunga priye ingsun | dene ora kayaa | kang pikir katêmu buri | kurang thithik ing mau ingsun cêkêla ||
22. nora kaya atiningwang | pikire katêmu buri | mau ingsun tan têkiyar | kenthol ati bagus ati | baya palane iki | wong asring mangan bêrutu | nora kaparèng ngarsa | pikir sun katêmu buri | besuk têmba[57] sun mangan êndhas sing kathah ||
23. kayaparan polah ingwang | têka kudu atut wuri | yèn ingsun nora panggiha | yêkti pêjah tanpa kanin | sun rasa ngêndi olih | wanodya kadya bok ayu | ya ta raja pinutra | wus riwut rasaning ati | pan angeja mati pisan urip pisan ||
24. nulya nututi rahadyan | sang ayu datan udani | cinêkêlan saking wuntat | kusuma rara anolih | asru dènira angling | mau pan bêladha wurung | ata têlalu jahat | itu salah punya ati | pêgimanah kalu jadhi saudara [sau...]
--- [f. 13v] ---
[...dara] ||
25. ponya ti jangan dhilantas | dhahulu sama barênti | bukan itu bêsar salah | jadhi saudara baik | dhia jadi rang kêring | saya jadhi mudha bêtul | saya nyo panggil kakak | itu sungguh baik-baik | tidhak parti dhahulu ati lu salah ||
26. angling radèn putra seda | botên rêmbug kula gusti | muga si yèn sanak enak | sampun siyang nadyan latri | sumăngga angladosi | tan arsa sanak sadulur | dene kurang gawean | asêsanak lan pawèstri | yèn sun rasa măngsa wandea kêmamah ||
27. dene-dene si denea | lamun wonga nini-nini | mênawa gêlêm sêsanak | dene lagi ungsumnèki | lagya ngajar-ajari | têka sêsanak lan kakung | abagus tur jêjaka | măngsa wandea kathithik | bonggan gawe pêrawan sanak jêjaka ||
28. angling Rêtna Sarirasa | sênadya[58] wong nora eling | kudu angrusak agama | tan sêmono karsa mami | manjinga kadang ugi | ing donya ngakeratipun | rajaputra ngandika | sanak ingsun têka ngêndi | iya sanak yèn nuruti pikir ingwang ||
29. Radèn Mas Găndakusuma | manahe saya balègi | mirah gustine pun kakang | wong kaya ukiran gadhing | lir Dèwi Drêsapati | baya kang lagya tumurun | têka pantês pinarak | sêkathahe widadari | Dèwi Ratih lan Supraba dadi êmban ||
30. sapa aranira dewa | kawula arsa udani | angling Rêtna [Rê...]
--- [f. 14r] ---
[...tna] Sarirasa | uculêna sun tuturi | astane dèn uculi | padoning sinjang sinambut | angling kusuma rara | ucul asta nyandhak tapih | gêthing têmên aku wong kurang pracaya ||
31. mèsêm rahadyan angucap | mara tuturana yayi | angli[59] Rêtna Sarirasa | aran ingsun Sang Pramèsthi | Ni Turateyan mami | Sarirasa aran ingsun | wis ta mara uculna | rahadèn anyambut aglis | astanira cinêkêl sarwi ingaras ||
32. kusuma rara anyêndhal | asta siji anyablèki | ya ta tan ginawe rasa | arsa anggayuh panêpi | sang dyah angrêjêng wani | rahadèn sangsaya purun | sang ayu nulya musna | kari gana sang apêpik | rajaputra langkung brangti kinanthika ||
7. Kinanthi
1. anulya niba sang bagus | kantaka dangu tan lilir | wêtara tigang pandurat | radèn putra sambat mati | adhuh mirah gustiniwang[60] | marang ngêndi sira yayi ||
2. rajaputra sangêt liwung | kadya sata amèmèti | wadung pari kaniaya | awèh lara nora mati | dhuh gusti sira balia | pasthi moyang ingsun kari ||
3. mas ayu andika wangsul | sun caritakakên ringgit | sun dongèng Kalêting Jênar | bator bejo sira gusti | gawe lênguk-lênguk brăngta | gustiningsun wong akuning ||
4. ingkang sutra badhe kampuh | pêgêl gèn ingsun nganti |[61] saron bungbung manah kula | cêcêngklungên sira dungik | bêndha ijo sabuk kapa | liwat [liwa...]
--- [f. 14v] ---
[...t] luwih anglangkungi ||
5. toya mijil saking luhur | kedanan wong ayu kuning | puspa cêmêng mugèng[62] têgal | yèn sira nora wlasasih | roning kacang pinardika | pêsthi nglayung awak mami ||
6. tigang dina lamènipun | rahadèn gènira brangti | mung Sarirasa sinambat | wong ayu balia gusti | wurung dèn raganingwang |[63] sida ingsun brăngta kingkin ||
7. raja pinutra andulu | ana gumêbyar lir thathit | radèn tan samar ing tingal | nulya lumampah marani | kusuma rara katingal | radèn suka jroning ati ||
8. pinêrpêkan sang rêtna yu | arsa tinubruk sang dèwi | Ni Sarirasa prayitna | dhuh babo arsa punapi | katujune ingsun wikan | akarsa ngrusak agami ||
9. Găndakusuma lingnya rum | kadipundi mirah gusti | yèn sira nora asiha | pêsthi ingsun angêmasi | karantêne nimas rêtna | aja kêpalang sira sih ||
10. Rêtna Sarirasa muwus | ya pêgene ujar mami | sayêkti dadia sanak | yèn no[64] pêthuk bok uwis |[65] raja pinutra ngandika | iya karsanira gusti ||
11. sapa ingkang dadi sêpuh | Rêtna Sarirasa angling | kawula dados taruna | andi[66] kang sêpuh ugi |[67] gumujêng Găndakusuma | iya yayi wus prayogi ||
12. mara isun sandhing masku | ngong joba[68] sun êmban gusti | Ni Sarirasa anguc[69] |[70] ujare wong apa iki | têka nuli nganikrak[71] |[72] jangan rusuh tardhak baik ||
13. rajaputra ngandika rum |
--- [f. 15r] ---
nora bisa ingsun iki | ngong turut saujarira | anuli nimas aruntik | wus jamake wong kêkadang | ingêmban dhinandhanggêndhis ||
8. Dhandhanggula
1. ngêndi ana wong aduwe ari | durung tumon yayi kang mêngkana | gêdhe cilik nora bènèh | ing wong duwe sadulur | wus jamake dipun gêgêndhil | nadyan anom tuwaa | ingêmban rinangkul | măngsa nuli dèn mamaha | mapan lumrah jagat sabumi rat iki | jamak rayi ingêmban ||
2. lamun sira amaido yayi | têtakona maring kang mêmaca | mênawa ingsun nyarwètèh | Sarira amuwus |[73] suthing-suthing boya duloni | pêthuk boya pêthuka | boya ya pêthuk sampun |[74] dene têka daya-daya | rajaputra saya gêmbira ing ati | manise kang wêcana ||
3. ingampah-ampah saya mranani | sinalamur sangsaya kawawang | liwat arum pangucape | manising waja macur[75] | yèn amèsêm agênjot alis | yèn mèsêm tinukupan | sangsaya sung wuyung | rahadèn sigra nêrajang | Sarirasa akarsa pinondhong wani | sang dyah anulya murca ||
4. rajaputra sêk mati tan eling | pan adangu gènira kantaka | wus dangu anglilir malèh | radèn asambat ngadhuh | tega têmên mas mirah gusti | kaya pratingkahira | sira tan kadulu | angur ingsun patènana | nora kêlar anandhang kandhohan kingkin | mas mirah tulungana ||
--- [f. 15v] ---
5. bisa agawe rasaraning ati |[76] kongangane yèn wong ora karsa | pêgene dhingin-dhingine | têka katon kadulu | wong wis mati sinungan urip | lah gusti abalia | tingalana ingsun | sira tilar karungrungan | rajaputra midêr-midêr angulati | lamine tigang dina ||
6. kawarnaa kusumaning adi | apinarak banjar pamêlêngan | punika pacangkramane | wismane kang satuhu | aran Guwa Sirullah singgih | mêngkana sang juwita | tansah mangu-mangu | yèn angucapa ing tyas |[77] mendahane tinilar kongsi nêm bêngi | paran polahe baya ||
7. sun tinjone pangeran dipati | mêsakakên mênawa ta buyan | uga dhasare wong anèh | sang rêtna yu lumaku | sampun prapta ngarsa sang pêkik | nanging datan katingal | mung gănda anêrus | lir kapur ngambar kusuma | rajaputra mulat lor kidul anolih | wus wikan lamun prapta ||
8. ingulatan kusumaning adi | rajaputra arum angandika | angatona mirah anggèr | sadhela gustiningsun | sampun tanggêl akarya bêcik | gănda kang amrik ilang | kari ingkang arum | amis awangur asêngak | sigra prapta sura dênawa kêkalih | mara mundur gêgila ||
9. Durma
1. kang sawiji ajêjuluk Mamangmurka | Mamangdarba sawiji | samya ngure roma | anggro saryya agêtak | anyawang sarwi anjungkir | sarya anyandhak | rahadyan dèn cêkêli ||
--- [f. 16r] ---
2. rajaputra tan osik wulu salămba | nanging ingkang kaèsthi | Dèwi Sarirasa | kang ingame dèn ucap | abalia mirah gusti | mara sun êmban | bari ingsun kidungi ||
3. duta roro nyandhak asta siji sowang | sarwi ngiling-ilingi | rahadèn angucap | mirah ing têmbe liya | kawlasana ingsun gusti | mara sun êmban | sarwi ngong arêrêpi ||
4. lah balia Rêtna Dèwi Sarirasa | kang dadi woding ati | ingsun nora ulap | anaa tigang lêksa | rasêksi kang gêgilani | nora sun etang | mung sira sun tingali ||
5. nulya sirna ditya kêkalih punika | wontên wong wadon prapti | aran Ni Panggagar | kalintang ayunira | rajaputra dèn bondhèti | kakang mênênga | sira iku kalindhih ||
6. Sarirasa tansah sira ajap-ajap | tandhingên lawan mami | măngsa sun karia | payo kalawan ingwang | wong bangun turutan mami | sakarsanira | kakang sun sêmbadani ||
7. ingsun iki kang ngidhêp sakarsanira | angajak sun turuti | ingsun têka êmah | tobatna yèn kalaha | rahadèn amuwus aris | sira balia | Sarirasa dèn aglis ||
8. ana ngêndi Turateyan ênggènira | gawanên ingsun gusti | nora bêtah pisah | angling Rêtna Panggagar | kakang anginanga aglis | dimèn maria | rahadèn tan gumingsir ||
9. Ni Panggagar angliga kang payudara | rajaputra tan gingsir | amung Sarirasa | kang dèn ame dèn ucap | Panggagar kewran ing ati |
--- [f. 16v] ---
anulya murca | saking ngarsa sang pêkik ||
10. rajaputra kesah saking parnahira | angidung amênyanyi | gusti abalia | ing benjang karsanira | lamun ingsun angêmasi | sakarêpira | yèn ingsun mêksih urip ||
11. măngsa ingsun maria angêla-êla | mring sira kumala di | yyangyyanging kusuma | musthikaning wanodya | padakane kumala di | kang asung edan | sêsinome angrawit ||
10. Sinom
1. mangkana Ni Sarirasa | katingal dènira linggih | rajaputra sampun prapta | sarwi ngucap awlasasih | gustiningsun wong kuning | kang sarira lagi emut | yèn duwe panakawan | nora dèn tilik-tiliki | kurang thithik mèh mati dèn kêrah buta ||
2. mara gusti ingsun êmban | kusuma mulya rêtna di | gustine Găndakusuma | Rêtna Sarirasa angling | ya dalanane ugi | yèn katêmu lawan ingsun | lir pendah bajag Sampang | polahe agêgilani | dalanane yèn ingsun wania pêrak ||
3. kaya wong katêmbe mana | têka gêthana-gêthini | lir Wêlănda gala-gala | dene-dene ta ya ugi | Wêlănda juru tulis | dene lir Wêlănda wurung | lir macan olih măngsa | nora kêna dèn sayuti | kaya ngapa karêpe Kumêndur Picang ||
4. rajaputra angandika | saduka-duka mas Ratih | kawula nêdha wêwênang | anjalmaa ping sakêthi | kawulane dêdasih | Rêtna Sarirasa muwus | saujar-ujar dika | manira [mani...]
--- [f. 17r] ---
[...ra] boya duluni | lamun kêna dadia sa[78] kewala |[79]|
5. lingira raja pinutra | têka abuntu kang ati | padone tanpa wêkasan | suthing-suthing babo suthing | têka pêgêl kang ati | ana ujar tan rinungu | nganggo pikire dhawak | ujar wong tan pinarduli | bogan[80] têmên jêjaka sanak pêrawan ||
6. mèsêm Rêtna Sarirasa | mangke kawula tuturi | kula darbe pawong sanak | putri langkung saking adi | nanging sampun alaki | apan batên atut-atut | tan kêni sacumbana | saking lumuhe sang putri | mila krama kapêksa ing ibu rama ||
7. inggih angsal ratu kopar | nêgarane Kăndhabumi | ajêjuluk Dasaboja | nalendra agêng angigil[81] | dêdêge sang nêrpati | kalih atus pitung puluh | dening wong sanak kula | wasta Dèwi Sariragi | nêgarane ingaran Kababuldiman ||
8. ajêjuluk Raja Bahman | Islam natèng Kabah bumi | marmane mêmantu kopar | dhapur kawon dènya jurit | mangke sang rajaputri | kinungkung dhatêng sang prabu | anèng gêdhong kuwaca | ing pikir kula puniki | dika alap yèn kurda pan sinêmbadan ||
9. dawêg sami pinaranan | lah kadipundi ing pikir | angling Radèn Putrasena | têka dèn adu ajurit | ana kang arsa dadi | mundur têka luru-luru | iya si lamun iya | arabi putri sadhidhik | lamun kalah dèn kon mikul to[82] kewala ||
10. sang rêtna mèsêm ngandika | sêmbada wêdi ajurit | bak[83] [ba...]
--- [f. 17v] ---
[...k] aja dadi wong lanang | rahadèn nauri aris | wicara yèn sirèki | ambotohi marang ingsun | angling kusuma rara | ing anu têka nyanyêngit | gêthing têmên aku wong kurang pracaya ||
11. lah dawêg sami lumampah | dika gendhola mri[84] kami | puniki sêsapur[85] ingwang | salandheyan sun wangêni | sampun dika gêrmêti | punika wêwêkas isun | dika mêrêm kewala | poma-poma dipun dalit | lamun cidra pasthi tiba saking wiyat ||
12. sampun kirang salandheyan | têbahipun lawan mami | lah dawêga dika candhak | sampur kula dèn abêcik | rahadèn nyandhak aglis | udhêtipun sang dyah ayu | nulya rêtna juwita | andêdêl saking pratiwi | rajaputra gandhul-gandhul anèng konca ||
13. sampun angambah drigata | kadi jangkung miling-miling | mangkana raja pinutra | ingkang saya garêmêti | kurang sadhidhik prapti | angandika sang dyah ayu | mau mila sun warah | têka saya garêmêti | tur sun buwang kapesing tiba ing dharat ||
14. rahadèn aris ngandika | iya mara isun bali | ingsun pêtêng manah ingwang | asuwe mêrêm kapati | sang dyah mèsêm nauri | mangke uga êmèh rawuh | sang dyah sigra anglayang | têdhak dhatêng Kăndhabumi | sang dyah ayu anjujug gêdhong kuwaca ||
15. andika mêlèk pangeran | anulya mêlèk sang pêkik | adhuh gusti arèningwang | nyata sêkti tanpa tandhing | ngandika nata dèwi | lah nêdha andika mudhun | mojar Găndakusuma | udhunêna dèn aririh | wus tumêdhak sang rêtna lawan ki putra ||
16. kadipundi [kadipu...]
--- [f. 18r] ---
[...ndi] pun karsa dika |[86] tuwan radèn sukêtaris | angling Radèn Putrasena | têka ingsun sira tari | ingsun tan darbe pikir | kusuma rara amuwus | dika tingali uga | warnane sang rajaputri | dawêg talah ingintip saking ing jaba ||
17. angling Radèn Putrasena | ingsun tan mirsa ing margi | baya mêntas mêrêm ika | turuh tan wikan ing margi | sira tutuna yayi | Rêtna Sarirasa muwus | iya mara maningan | udhêt paduka cêkêli | anauri Radèn Mas Pênambaraga ||
18. tan olih dene nyênyambat | têka dandan nyênyêkêli | yèn bisa agêgujêngan | măngsa anyambata mami | kusuma rara angling | dhasare wong balung janur | iya mara maningan | ningan usada nyênyêngit | mara talah darijiku cêkêlana ||
19. rahadèn masêm[87] anyandhak | jariji dipun cêkêli | yèn angucapa ing nala | dene cilik mênthik-mênthik | dudu surupe ugi | kalawan darijiningsun | sun pijête mêngkana | nulya sira dèn kapithing | sang dyah ayu angucap sarwi anyêndhal ||
20. iya dalanane uga | nora kapoka sing kari | sungkan-sungkan babo sungkan | rahadèn aris nauri | ya ora ningan yayi | payo ta padha lumaku | tan antara wus prapta | ing gêdhong kuwaca aglis | samya ngitip[88] sang rêtna lan radèn putra ||
21. kocapa kang anèng gêdhah | raina wêngi anangis | Sang Rêtna Yu Sariraga | ingkang sinambat [sinamba...]
--- [f. 18v] ---
[...t] ing tangis | rama kalawan bibi | miwah kang raka ing laut | Sang Rêtna Sarirasa | si kakang cidra ing jangji | sanggup prapta atulung ing kawlasarsa ||
22. yèn dika botên dhatênga | sumados kula nêkani | maring Raja Dasaboja | dadi apa awak mami | kapriye saur mami | marenea Dasabau | kaniaya si kakang | mêngkana kang anèng jawi | sang rêtna yu angucap dhatêng kang raka ||
23. andika kantun sakêdhap | sampun kesah saking ngriki | kula lumêbêt ing gêdhah | sang rêtna lumêbèng aglis | adhèhèm anèng kori | yayi dèwi nêdha pintu | kagèt Ni Sariraga | kang ra[89] dipun wêngani |[90] wus kapanggih sang [...] arêrangkulan |[91]|
24. dene lami têmên kakang | sun anti nora na prapti | mojar Rêtna Sarirasa | lagi kumat encok mami | mèsêm Ni Sariragi | Rêtna Sarirasa muwus | yayi kapriye sira | sida milu marang kami | anauri Rêtna Ayu Sariraga ||
25. kakang dhingin-dhingin mila | kadipudi[92] atur mami | dadosa cèthi andika | kakang ayu ngong lampahi | Ni Sarirasa angling | yayi ayo padha turu | yayi ingsun karipan | mêngko thithik padha mulih | nulya sare Rêtna Ayu Sariraga ||
26. dhasare lami karipan | ing mangke eca kang galih | sapraptane ingkang raka | angrasa yèn darbe urip | ya ta sare kapati | Rêtna Sarirasa mundur | ajujug ingkang raka | nêdha tuwan sukêtaris | malêbêta sang bagus sandhinga nendra ||
27. malêbu raja pinutra | têka asare sumandhing | dèn lingling ingkang anendra | nyata ayu tanpa tandhing | baya barêng anitis | anglir kêmbar yèn dinulu | kaduk uga kang tuta | sang dyah ingaras aririh | katêlanjur anêtêp pêngarasira ||
--- [f. 19r] ---
28. kagyat sang rêtnaning pura | anglilir gènira guling | kagyat aningali priya | gumêtêr sang rajaputri | jêngêr tan kêna angling | andulu kakung abagus | rajaputra anyandhak | ya pêgene sira yayi | lir kawaon aningali ing pun kakang ||
29. baya dèn arani sawa | yayi dèwi têka wêdi | dene kaya wong Kaduwang | durung wruh têtêkon mami | sang dyah nauri aris | kakang suwe têmên ingsun | lali lamun kuwasa | bisa lanang bisa èstri | pangarase si kakang kaya wong priya ||
30. dhuh kakang sampun mangkana | têka gila awak mami | raja pinutra ngandika | mulane mêngkono yayi | sira sun jajal yayi | tingkahing wong among lulut | yèn bejang[93] palakrama | lah yayi tumrapa ugi | mangke uga sun wuruk pulang asmara ||
31. sun ethok-ethok kewala | Rêtna Sariraga angling | kakang kawula lênggana | dadosa pawèstri malih | rajaputra nauri | yayi acêmplang dinulu | yèn maksiha wanodya | payo yayi padha guling | sun cacake pun kakang dadi wong lanang ||
32. yèn sira yayi lênggana | tur nora sun gawa mulih | lan yayi măngsa têmêna | wong karonsih padha èstri | angling kusuma adi | kakang têka gila ingsun | rajaputra ngandika | têka dèn pitaya yayi | têmpuhêna kakangira Sarirasa ||
33. lamun duwe alugora | umpah-umpahên ing benjing | angling Rêtna Sariraga | dhuh kakang têka awêdi | mênawa anêmêni | nulya rahadèn amuwus | sang dyah sarwi ingaras | kusuma yu nêdha guling | baya
--- [f. 19v] ---
iki kusuma munggèng kumuda ||
34. baya yayyangi[94] kuwaca | ratune ing èstri adi | rêrujakane kinarya | gadhung kacubung kinardi | dinus sumbaga dhêsthi | sarira adi linulur | kapur gambar kusuma | rasamala lan kasturi | karanipun ayune tanpa tandhinga ||
35. kakang sampun dawa-dawa | alupa sarira mami | ngandika raja pinutra | têka mênênga kariyin | ya ta sang rajaputri | padoning sinjang kalungsur | sang dyah tanpa jamuga | rahadèn mangsah tumuli | sang dyah ayu pangucape lêmpah-lêmpah ||
36. kakangbok sampun mangkana | kaya-kaya anêmêni | mêngko yayi sabarêna | sun wuruk ingkang abêcik | radèn nêrajang aglis | kagyat sang rêtna angadhuh | si kakang nyata ala | sang ayu akongah-kangih | mèsêm-mèsêm[95] rajaputra tan mudura[96] ||
11. Durma
1. kawarnaa Maharaja Dasaboja | amiyarsa kêkulik | têtuhu lan têkak | bêbênce asauran | sigra miyos sri bupati | angagêm gada | malêbêt kênyapuri ||
2. wus malêbu ing kênyapura apadhang | nulya mring gêdhong aglis | Rêtna Sarirasa | wikan lamun sang nata | sigra ya owah camênthing | anarik pêdhang | sang dyah kewran ing ati ||
3. karsanira kapopohan ingkang raka | dene lagya don rêsmi | lamun angucapa | suwe têmên si tuwan | kawogan ingsun pribadi | nulya amapag | dhatêng sri narapati ||
4. sri nalendra bramatya asru angucap | sapa kang mapag mami | sumaur sang rêtna | ingsun ikang amapag | duratmaka ingsun iki | lah arêp paran | gadaa sun tadhahi ||
5. asru mojar sira wau sri nalendra | apa wadon kumini | mati isun gada | angling kusuma rara | iya payo pa siji |[97] lah agaa[98] |[99] sang nata sun tanggoni ||
6. sra[100] nalendra [na...]
--- [f. 20r] ---
[...lendra] gadane kinisar-kisar | nulya ginada aglis | sang ayu prayitna | tan kêna dipun gada | sang nata asru dènya ngling | lah tadhahana | lamun sira prajurit ||
7. anauri Rêtna Ayu Sarirasa | ya mara sun tadhahi | anulya ginada | tinitir-titir sang dyah | angeca-eca sang dèwi | sang ayu ngucap | payo gadaa maning ||
8. alah ngundang dhêdhukun nganggo sêlawat | kapenak dèn gadani | mêngkana kocapa | Radèn Găndakusuma | wus pênuh gènya don rêsmi | sang dyah murcita | sang kakung anungkêmi ||
9. sarêng emut rahadèn anulya mêdal | sang ayu anggendholi | marang pundi kakang | kawula tumut kesah | lingira wau sang pêkik | sadulurira | anganti anèng jawi ||
10. kakangira yayi Dèwi Sarirasa | yayi kang sun tiliki | kantuna sakêdhap | rahadèn arsa mêdal | kang rayi datan kaèksi | nulya miyarsa | syarane wong ajurit ||
11. radèn putra tumandang agurawalan | tan supe yèn kang rayi | nulya tinarajang | sarwi asru angucap | adhuh arènisun gusti | nora kayaa | datan asung udani ||
12. anauri Rêtna Dèwi Sarirasa | kakang mundura dhingin | ingsun mêksih kêlar | têka pêngantènana | rajaputra datan kêni | nulya narajang | ginada wus galinting ||
13. Sarirasa angucap lah katiwasan | nulya sinambut aglis | rahadyan ingêmban | radèn putra angrasa | yèn ngucapa sang apêkik | sajênêng ingwang | dèrèng kongsi dèn idhit[101] ||
14. rajaputra kasenggol ing payudara | anjingkat sang rêtna di | apa iki pêjah | utawi yèn uripa | baya api-api mati | yèn ingsun rasa | ambêkan masih aring ||
15. ya karêpe sun dakokne[102] ing pawuhan | karia wong asigit | sang rêtna umangsah | asru dènira
--- [f. 20v] ---
ngucap | mara-mara sri bupati | pondhongên ingwang | lamun ingsun kajodhi ||
16. walikatku mara sira pijêtana | sayah labête ngrangin | sang nata bramatya | mara angundha gada | wong wadon dene kumini | mendah lananga | si mènthèl angêndhali ||
17. pan ginada Rêtna Ayu Sarirasa | eca dènira ngrangin | mangkana rahadyan | ingkang anèng pawuhan | karêsêk nulya anglilir | aguragapan | miyang ngêndi si kuning ||
18. katingalan lamun aprang lan sang nata | radèn narajang aglis | anulya ginada | rahadèn kapidara | Sarirasa amarani | pêgene uga | apês kaya mêmêri ||
19. kongangane wong ora ejuh apêrang | aja kudu kumaki | sun dêlênge uga | apa iki palastra | mêngkana sang raja pêkik | nora amêkan[103] | angayong awaknèki ||
20. ginurayang marang Dèwi Sarirasa | kalinganeya mati | kumêndurku Picang | nulya radèn ingêmban | grana ambênêri pipi | banjur ingaras | ya ta karêpe urip ||
21. ngêndi ana wong mati bisa angaras | ya ta karêpe ugi | ma ana ngisor gêdhang |[104] baguse mral kariya | nulya mangsah kusuma di | asru angucap | alah payo sang aji ||
22. payo-payo mara-mara anglamara | padha gêguyon maning | sok sira bêtaha | gêguyon lawan ingwang | bramatya sri narapati | si londèr ika | si gomlah angêndhali ||
23. panas têmên atiku kaya diagar[105] | aningali si dawir | sigra anarajang | sang rêtna yu ginada | sang rêtna eca angrangin | bêksa curiga | tandange lir Srikandhi ||
24. angandika Rêtna Dèwi Sarirasa | payo ta lah aganti | sira tadhahana | garute Sarirasa | sang nata asru nauri | dawir lah mara | bungkêr malêsa aglis ||
25. sigra narik pêdhang Rêtna Sarirasa | sarwi ambêksa rangin | nulya tinarajang | sang nata dyan pinêdhang | gulunira [guluni...]
--- [f. 21r] ---
[...ra] nguwir-uwir | nulya aniba | Dasabau ngêmasi ||
26. sang dyah ayu amurugi ingkang raka | mêngkana sang apêkik | api-api pêjah | sang ayu nulya prapta | lamun kang raka ngêmasi | kusuma rara | awlas waspanya mijil ||
12. Mijil
1. apa têmên pangeran dipati | tan kêna ginêpok | ginurayang bae nuli pothèl | sun gawane maring gêdhong aglis | sinambut tumuli | sarirane kakung ||
2. nyata mati tuwan juru tulis | sarirane ngayong | amung kari kêkêtêge bae | wus ingêmban dhatêng sang rêtna di | pêmbayun kapipit | gènya ngêmban ucul ||
3. tiba cumêngèk sang raja pêkik | gêtun sang lir sinom | mati têmên pangeranku anggèr | mati-mati têka agulidhig | pangrasane ugi | tiba sarwi dhawuh ||
4. sinambut malih sang raja pêkik | anulya pinandhong[106] | sinjang kengis katut ing sukune | adhuh lae mayid apa iki | tur mêngko sun banting | têka sêngit ingsun ||
5. nulya lumampah sang rajaputri | lumêbêt jro gêdhong | yayi dèwi tulungana age | sudaranira yayi dèn aglis | kang rayi ningali | kang rayi gêgêtun ||
6. Sariraga angling èsmu tangis | kakang dipun alon | dika sarèkkên kakang dèn sarèh | wus sinèlèhkên sang raja pêkik | Sariraga angling | paran mulanipun ||
7. Sarirasa anauri aris | aprang lan sang katong | tuwanira yayi kusumane | Sariraga anangis aririh | Sarirasa angling | mindêla karuwun ||
8. sungana gantèn yayi rumiyin | sira dhahara woh | Sariraga sigra mucang age | ingampêlakên tan anglagati[107] | Sarirasa gipih | tumulya dhahar wuh ||
9. sampun amucang sang rêtna adi | sinungakên alon | ingampêlakên gantèn lathine | sinêsêp-sêsêp
--- [f. 21v] ---
gantèn aririh | sang ayu nginggati | kang rayi gumuyu ||
10. Rêtna Sarirasa angling aris | wungua sang anom | rajaputra wus anglilir age | api kagyat dènira atangi | Sarirasa jongkit | pêmbayun kasundhul ||
11. Sarirasa wuwuse amanis | nyata yèn kinaot | wong abagus sawiji cacade | nora tèyèng lamun manggih jurit | loma têmên pati | mèsêm sang abagus ||
12. mungsuh dika pan sampun ngêmasi | jumênênga katong | dika sare ing pagulingane | dimèn kagèt sakathahing aji | jisime nêrpati | dinakon[108] ing lumbung ||
13. dika sare lawan yayi dèwi | nêdha mring paturon | sigra lumampah mring pasareane |[109] wong têtiga lumakya aririh | prapta jinêm wangi | rahadèn aturu ||
14. Sarirasa aguling pribadi | anèng gêdhong kulon | rajaputra wau ne[110] wetane | Sariraga tunggal lan sang pêkik | ing wayah wus enjing | kang wong padha wungu ||
15. gatanapi[111] Radèn Gandasari | lan sang putra karo | kagyat mulat wong dalême kabèh | mulat citrane sri narapati | beda lawan dhingin | dene lir piturun ||
16. rajaputra ngandika mring cèthi | ja na kuwaon |[112] sira mulat marang isun dene | akèh bedane kalawan dhingin | milanisun salin | kinèn Islam ingsun ||
17. ing mêngko sakèhing para cèthi | anuta maringong | pan sira mawia eman kabèh | ngèstokêna ing nabi kêkasih | tata gama suci | agung sawabipun ||
18. ya ta sagung ingkang para cèthi | ngèstokkên sang katong | apan sampun mawa iman kabèh | samya gêgêtun kang para cèthi | mulat mring sang aji | dene lir piturun ||
19. sakathahe ing wong dalêm puri | pan sami kuwaon | wanèh maido ngarani dede | mandahane [ma...]
--- [f. 22r] ---
[...ndahane] wong kaya rasêksi | amaliha sigit | lir wong gandruwèku ||
20. lah apane kang mèpêr[113] kang mirib | wong kaya garduwo[114] | iki inya abagus warnane | sapidhone[115] atut lan sang putri | lawan putri iki | anyar ingsun dulu ||
21. ayu têmên putri anyar iki | ingsun durung tumon | têka pantês dadia marune | putri ayu kakunge jêlanthir | têka rêmên mami | mendah yèn sinikut ||
22. iki wong bisa mêmatah rabi | putri roro kaot | ingsun durung tumon putri kiye | putri anyar citrane linuwih | asor widadari | mendah yèn ciniyum ||
23. karaga-ragan[116] wong dalêm puri | kasmaran kang tumon | dene sang kakung lintang baguse | miwah èstri kalih adi-adi | mandah yèn ginêndhing | kêsmaran kang dulu ||
13. Asmaradana
1. mêngkana sang raja pêkik | angling dhatêng Sarirasa | kadipundi wêkasane | kusuma adi kang mulya | maring pun kakang Gănda | Rêtna Sarirasa muwus | iku wêkasane ngapa ||
2. nadyan dhimin nadyan mangkin | kawula angaku kadang | angladèni parentahe | ngandika raja pinutra | yayi aja mêngkana | iku dadi laranisun | pasthi ingsun saba pasar ||
3. Sarirasa anauri | sampun kathah rinaosan | balikan andika miyos | anataa ingkang bala | andika Sêlamêna | rahadyan sampun akampuh | upacarane sumêkta ||
4. tan antara sigra mijil | ginarêbêg ing bêdhaya | kang ijo pêpilingane | kang mandul payudaranya | sapêkak têngahira | kang sêsinom mawur-mawur | padha bêkta upacara ||
5. dadi pantêse sang aji | akampuh gilap tinatrap | kinêbo rèjèng tumpale | paningsêt renda
--- [f. 22v] ---
di mulya | akris tinaturăngga | pêndhok kêna linuru |[117] landheyan cula bungalan ||
6. rêspati kuluk barêci | nyamate katon gumawang | sêngkang mas kinêba cêngkèh | asêkar sinurèngpatya | urap-urap gêgănda | lir pendah dewa tumurun | tuhu yèn ratu jêjaka ||
7. sanadyan darbea rabi | dèrèng êsah ing agama | mêngkana sira sang katong | pinarêk ing pagêlaran | cingak sakèh mulat |[118] sagung ingkang para ratu | lir singgatên cangkêmira ||
8. angandika sri bupati | marang sagung para nata | aja na ingkang kuwaon | dene ingsun malih warna | pratăndha sih Yyang Sukma | pangandikaning Yyang Agung | sun kinon gama Islam |[119]|
9. nadyan sakyèh wadya mami | padha amawia iman | wong ing Kăndhabumi kabèh | lah apatih timbalana | konên ama iman |[120] patih pitaya anuhun | sang prabu anata gama ||
10. wus tinata kang agami | sigra kondur sri nalendra | lumêbêt dalêm kadhaton | Ni Sarirasa amapag | kalawan Sariraga | prapta kadhaton agupuh | sri nalendra angandika ||
11. yayi wis ingsun wiyosi | anata agama Islam | sampun tata agamane | paran karsanira dewa | Sarirasa angucap | dika tulus dadi ratu | kula mulih mring sasana ||
12. rajaputra anauri | ingsun milu marang sira | tan arsa jumênêng katong | Sarirasa angandika | pangeran yèn mêngka[121] |[122] mring Kabah sami karuwun | jumênênga anèng Kabah ||
13. dene Ratu Kăndhabumi | tulusa jumênêng nata | ing mangke sun uripêne | sigra maring lumbung sira | kalawan Senaputra | ya ta Raja Dasabau | wis binănda cinêngkalak ||
14. anulya dipun tètèsi | tirta mulya
--- [f. 23r] ---
wus waluyya | angandika sang akatong | ya pagene awak ingwang | mulane tinalenan | angandika sang abagus | lah iya sira Islama ||
15. ngucapa kalimah kalih | Dasabau nulya sadat | sampun Islam sang akatong | bêbêstane wus nguculan | ngabêkti ngaras pada | angandika sang abagus | sun maring Kabah Budiman ||
16. sira karia sang aji | anata agama Islam | rabinira kaya priye | matur Raja Dasaboja | sumăngga ing sa nata | raja pinutra wus mumbul | wong têtiga angêmbara ||
17. kagawokan sri bupati | kocapa raja pinutra | Ni Sarirasa rowange | lawan Dèwi Sariraga | mugèng ijo makara | Ni Sarirasa amuwus | dawêg mudhun mring dharatan ||
18. ajujug gunung puniki | wontên jalmane atapa | kalangkung gêntur tapane | ujare jăngka kawula | dadi kathi[123] andika | pan maksih jêjaka tuhu | badhe kanthi jêngandika ||
19. yèn dika kanthi puniki | dadi pêpakuning jagat | anênggih dasanamane | Bêgawan Kanekaputra | jêjuluk Radèn Mustal | nyata si lamun èbègus[124] | Sênting Kumuning pêparab ||
20. andika godha rumiyin | dimèn luwar gènnya tapa | pinasthi andika radèn | kang bêbadhar dènnya tapa | dawêg sami ginodha | angandika sang abagus | iya apa karsanira ||
21. anulya tumurun aglis | mari[125] Gunung Paliwara | tumurun ing sêsukune | Sarirasa angandika | kakang dika kantuna | kula godhane karuhun | kalih yayi Sariraga ||
22. angandika sang apêkik | iya yayi karsanira | sok aja kongsi kajêron | angling Rêtna Sarirasa | sakarêp-karêp ingwang | sok sênênga ati sun |[126] măngsa ngrawatana dika ||
23. radèn angandika aris [a...]
--- [f. 23v] ---
[...ris] | aja yayi nora enak | yèn si ana tuduh ingong | yayi sira lakonana | yèn bejang palakrama | olèha putraning ratu | ingkang bagus wicaksana ||
24. mèsêm sang rêtna lumaris | marang ing dhepok pratapan | wong kalih aris lampahe | kocapa Kanekaputra | atapa datan mona | lawan nora turu-turu | lamine limalas warsa ||
25. cahyane macur nêlahi | mawi teja kara-kara | saking gêntur sutapane | Rêtna Sarirasa prapta | lan Rêtna Sariraga | dhatêng ngarsane sang wiku | sang dyah ngucap maskumambang ||
14. Maskumambang
1. lawas têmên tapane tan dèn luwari | baya amrih apa | Radèn mèsêm Ting Kumuning | pan wus sêkti mahambara ||
2. angandika kakangmas kula borèhi | sêdhênge ababar | duk kariyin kula anti | milanisun nora sida ||
3. ya pangeran milane kawula prapti | amêdhara tapa | pan karsa dika wus dadi | pan sampun angraga sukma ||
4. tan gumingsir Kanekaputra ing ati | Rêtna Sarirasa | nyandhak astane sang tapi | liningling sarwi ngujiwat ||
5. sang dyah ayu ambondhèt ing kanan kering | kakang bêboreha | aja lawas mati ragi | iki burat priyêbada[127] ||
6. amadhara tolèhên kang kari-kari | kakang putranira | raina wêngi anangis | sêsambate rama-rama ||
7. nora bisa amongmong putrane kari | agung gawe mothah | uring-uringên kang ati | ning anu gawanên pis |[128]|
8. tan gumingsir manahe Sênting Kamuning | nanging kang kaetang | kang asung syara kariyin | wong ginaib asung syara ||
9. kinon tapa ing bejang ugi kapanggih | pangajapanira | sêsotya ing nusya bumi | êmbanane iya sira ||
10. nging pu[129]
--- [f. 24r] ---
ajare syara dumêling |[130] milane atapa | lawa[131] ora owah gingsir | yèn gingsir măngsa panggiha ||
11. Sarirasa mênggah kewuhan ing ati | dene tan kagodha | nanging mêksih dèn bondhèti | Kanekaputra wus sirna ||
12. angandika Sarira mring kang rayi |[132] sira aturana | tuwanira dipun aglis | ngong susule sang pandhita ||
13. ingkang raka ingaturan sampun prapti | sang rêtna ngandika | karsa dika kadipundi | sang pandhita sampun sirna ||
14. rajaputra angandika mring kang rayi | luwih karsanira | ingsun ora duwe pikir | kusuma rara ngandika ||
15. dika kari kula susule sang tapi | sang dyah nulya murca | Kanekaputra kapanggih | nulya ablês[133] ing pratala ||
16. Sarirasa umatur ablês ing bumi | sang tapa kapêndhak | anulya mumbul ing langit | sang rêtna sigra ngumbara ||
17. sang pandhita kapanggih ing mega putih | kewran sang atapa | tumurun dhatêng pratiwi | sang dyah ayu malih warna ||
18. wus arupa Umarmaya rajaputri | Kaneka ingundang | balia Sênting Kamuning | alah sira abalia ||
19. ingsun mau kang mindha-mindha pawèstri | sira abadhara | sêdyanira wus kapanggih | pêngajapanira tawang ||
20. ya ta kandhêg Kanekaputra anolih | anulya lumajar | Sarirasa dèn sungkêmi | sang rêtna aris ngandika ||
21. abadhara tapanira wong asigit | sêdyanira têka | pangajapanira prapti | wus ana ing wismanira ||
22. ya ta ngucap Rahadèn Sênting Kamuning | sarêng lan gurnita | pocawura[134] awor riris | pratandhane badhar tapa ||
23. sakathahe malekat samya nêksèni | yèn badhar kang tapa | ya ta kusumaning adi | ngandika lir gula [gu...]
--- [f. 24v] ---
[...la] kentar ||
15. Dhandhanggula
1. sang dyah ayu wus amalih warni | wus ambabar Dèwi Sarirasa | angucap asru wuwuse | Kaneka sapa ingsun | sira sêmbah sira ujungi | mêngko sira angucap | wus badhar lakumu | ingsun sira sênggih sapa | balololokên[135] sang pandhita aningali |[136] langkung bramatyanira ||
2. sigra narajang Sênting Kumuning | karsanira cinêkêl sang rêtna | sang dyah matêk kasêktine | akathah warnanipun | sabuwona sêsêk mênuhi | arupa Sarirasa | sang pandhita mangu | yèn ta ngucapa ing nala | wus pinasthi iki pangauban mami | wus takdiring Yyang Sukma ||
3. Kanekaputra anulya mulih | Sarirasa wus warni satunggal | nulya maring pratapane | sampun prapta ing dhukuh | sang pandhita sigra marani | ing Rêtna Sarirasa | lawan rajasunu | sang pandhita awêcana | jêngandika rahadèn tan sintên wêwangi |[137] miwah pinăngka sêdya ||
4. rajaputra angandika aris | aran ingsun Ki Găndakusuma | ing Bandaralim mulane | putrane sang aprabu | sri nalendra i Bandaralim | sang pandhita miyarsa | sigra angrangkul |[138] sukune radèn kinosya | milanipun kawula tapa puniki | sampeyan kula sêdya ||
5. radèn putra angandika aris | milanira isun sira sêdya | Kanekaputra ature | kalanipun karuhun | wisma kula ing Bandaralim | putune Gaibolah | kawula pukulun | anake Radèn Kaneka | pan kawula angaluwat pitung bêngi | wontên manusya prapta ||
6. Umarmaya nênggih ikang prapti | apitutur dhatêng ing kawula | inggih mêngkatên [mêngkatê...]
--- [f. 25r] ---
[...n] tuture | sira atapa iku | aja tagung[139] amati ragi | yèn sira sêdya tapa | nêdya gêntur laku | lamun ora aja pisan | yèn ta sira anurut ing karsa mami | gênturên lakunira ||
7. besuk sira kinasihan wiwi[140] | pinunjul lawan jalma akathah | iya dadi êmbanane | sêsotyane ing besuk | iya putra ing Bandaralim | wasta Găndakusuma | iku besuk punjul | iya sira êmbanana | nuntên kula atapa ngidang tumuli | lamine tigang warsa ||
8. Umarmaya nutên[141] dhatêng malih | pan kawula sinungakên kasang | lan pêdhang pilah rowange | kula kinèn ambisu | aja ngucap yèn dèrèng prapti | Radèn Găndakusuma | inggih milanipun | kawula tapa tan mona | dadya mangke kawula gusti umiring | nênggih dhatêng sampeyan ||
9. rajaputra anauri aris | kakang basanisun maring sira | Kanekaputra ature | datan lênggana tèngsun | rajaputra ngandika malih | manira kakang Mustal | arsa mring sang prabu | marang ing Kabah Budiman | payo kakang mêsat ing madya wiyati | sigra marang drigănta ||
10. Sarirasa lawan Sariragi | kapat Bêgawan Kanekaputra | datan kawarna lampahe | prapta Kabah pan sampun | nulya panggih lawan sang aji | Ni Rêtna Sariraga | kang rama rinangkul | padane kinosya-kosya | Sariraga matur ing rama narpati | yèn Dasabau pêjah ||
11. Radèn Găndakusuma mêjahi | mangke kawula rama mawongan | ing putra tuwan rahadèn | punika warnanipun | sri bupati sigra marani | rinangkul radèn putra | adhuh putraningsun | sang nata mut angiwa |[142] aningali lamun ana Yyang Pramèsthi |
--- [f. 25v] ---
gusti andika lênggah ||
12. Sarirasa angandika aris | inggih rama kawula anêdha | wus sami tata linggihe | angandika sang prabu | kaki radèn madêga aji | pun bapa ambêgawan | rahadèn anuhun | datan lênggana ing karsa | sri nalendra animbali kyana patih | tan asuwe glis prapta ||
13. sri bupati angandika aris | ingsun karsa atapa ing arga | balaningsun sarupane | ingkang jumênêng ratu | putraningsun rahadèn mantri | mantuningsun kang anyar | iki warnanipun | ingsun tapa anèng arga | wis karia dèn bêcik rêksa ing gusti | rumêksa ing nêgara ||
14. ki apatih anulya apamit | mêdal ing jaba ya undhang-undhang | sang nata sigra lumèngsèr | atêtapa ing gunung | pramèsyari tan kêna kari | kocapa rajaputra | kang jumênêng ratu | sinaidan dening wadya | duk pinarêk akalihan Ni Pramèsthi | sang nata angandika ||
15. kadipundi kusumaning puri | lamun kawula tan kapanggiha | kalawan sira mas anggèr | tan purun dadi ratu | pasthi kula angiring-iring | saparan dika lunga | kawulane tumut | yèn angucapa sang rêtna | anêmêni karsane ki juru tulis | sun pêthèk ngupa kêtan ||
16. yan nyata ingsun sampun pinasthi | kudu kinon amawi wong lanang | têka dhêmên têka anèh | maring tuwan kumêndur | dhingin mula sun kathêkêri | apan sun arah-arah | si kenthol kumêndur | kalane mêksih mêlarat | mangke mukti dêdêlan têka ing mami | singa wonga kang mamah ||
17. dene têka sêkar pudhak dening | enak-enuk seje ingkang măngsa | sok awèha ingkang duwe | angandika sang prabu | mara gusti apa dèn pikir | yayi angandikaa | sampun têka minggu | lêgane kumêndurira | Sarirasa gumujêng atukup lathi | sarwi ngusap srinata ||
16. Sinom
1. jêlèh bosên kangsi mutah | anggung gawe dèn rêrêngih | kongsi [kong...]
--- [f. 26r] ---
[...si] lir tuli-tulia | anggung gawe ngajak kawin | têka basên ningali | kongsi êna kongsi gumuh | lah yayi Sariraga | bok dèn ampah baya iki | ya pêgene baya sun iki ing kuna ||
2. asasak lêleweran |[143] pêdhot rêntêng angêndhali | mendahane ya wadona | ambakoki anguyuni | sêsumping anyungkêlit | angêmpit sarwi cêcundhuk | dadi lanang mêngkana | sêmbère nora ngêlari | yayi dèwi aturana tuwanira ||
3. angling Rêtna Sariraga | kakangbok kawula malih | yèn kèdhêpa malang-malang | angur paduka turuti | dimèn marêm kang galih | sokur-sokur babo sokur | kula ngèngèr kewala | kakang panduka turuti | pan kawula kakang tulusa mawongan ||
4. Sarirasa angandika | suthing-suthing yayi suthing | yayi sira ngalangana | Sariraga anauri | botên kakang suwawi | sang nata andika tunggu | kawula suka lila | tan angrasa kêmaron sih | dika bêdhèl kakangbok manah kawula ||
5. milane kawula gêsang | paduka ingkang nguripi | ing mangke kula mawongan | datan ngawruhi sang aji | mung dika gusti mami | ing dunya ngakheratipun | pirangbara sang nata | wontên sihe dhatêng kami | amung dika tulusa kawula sêmbah ||
6. angling Rêtna Sarirasa | padha dene yayi dèwi | lir Ratih lan Kamajaya | tugale[144] cope ing pikir | dora dèn gêgadani | yèn tuwane arsa mabuk | munduran dipun umbar | Sariraga angling aris | botên kakang dika turuti sang nata ||
7. lah yayi mara dienggal | paran wêkasane yayi | sêlak kêsêl kang mêmaca | sira ingsun dèn antèni | wêkasane ing ati | maring kang maca andulu | miwah ingkang [ing...]
--- [f. 26v] ---
[...kang] miyarsa | kapengin têmên ningali | patêmone sang putri kalawan putra ||
8. mêsakakên kang mêmaca | kongsi pundêlak-pundêlik | ambêkane akêsotan | karingête andrês mijil | wêtênge kêmpas-kêmpis | iganipun mêlar mingkus | anganti-anti sira | patêmon putra lan putri | mêsakakên maningan kang anênurat ||
9. angling Rêtna Sarirasa | inggih dika sun turuti | wontên kang kawula têdha | sang nata aris nauri | paran pinundhut gusti | sok wontêna dhatêng katur | angling kusuma rara | wontên cêcangkriman mami | yèn kabadhe kawula akênên garwa ||
10. sang nata aris ngandika | kang pundi kêcape yayi | angling Rêtna Sarirasa | puniki cangkriman mami | wontên samodra kalih | sami wêninge kang banyu | nênggih samodra kêmbar | ambane sagadhong[145] pari | isinipun punika isi kandêlan ||
11. lah dawêg andika batang | angandika sri bupati | iku yayi jawab iwang | lamun tan darbe jaladri | umat tuwan puniki | yêkti makrifate suwung | mara yayi sun êmban | Sarirasa anauri | pan agampang wong ngêmban-êmban biyada ||
12. pan kawula dèrèng kalah | punika cangkriman mami | ana papan tanpa surat | kadipundi ungêlnèki | sang nata anauri | unine papan puniku | yêkti muni kawula | punapa dedea yayi | kula êmban sampun kalah padu dika ||
13. angling Rêtna Sarirasa | bosên wong arsa ngapithing | kalahe durung karuhan | iki cêcangkriman mami | tulis tan papan iki | wontên pundi prênahipun | sang nata angandika | yayi wong têtêlu iki | ingsun dhewe wong lanang angênang-ênang ||
14. wus kalah mara sun êmban | Rêtna Sarirasa angling | wontên [wo...]
--- [f. 27r] ---
[...ntên] malih sual ingwang | sampun age angapithing | cangkriman kari siji | tur kari jêjêndhulipun | iki cangkriman ingwang | sêntèg pisan anigasi | tanggal pisan sêdhênge purnamasada ||
15. kalawan turuning Johar | kang sayêkti têkèng aksi | sèbêt byar sri naranata | cêlanane dèn uculi | kampuhe dèn waoni | saryya aningsêti sabuk | anêtêpakên kopyah | gêlungane dèn waoni | srinatane ingêlus ingêmak-êmak ||
16. nulya mara mêmêndhapan | sarya atur dhuwungnèki | prapta mêndhak anèng ngarsa | sang ayu amiwal kapti | sigra mêndhak sung bêkti | kang raka gupuh anambut | dhuh yayyanging kusuma | baya ratuning sabumi | amung sira musthikane pagulingan ||
17. cipta kawula kusuma | dene antuk sihing gusti | lir katiban gunung mirah | kumala intên widuri | iki ratuning adi | widadari ingkang luhung | abdine Sarirasa | Dèwi Supraba lan Ratih | karo pisan dadi gêbal karo inya ||
18. binakta mring pagulingan | sang rêtna rinêmih-rêmih | sang kakung dhasar widadya | anêmbang sinom pamijil | duduhwuluh kinanthi | palugon lan jurudêmung | sumêkar lan pawagal | mêgatruh kênya Kadhiri | sang dyah ayu suh rêmpu tanpa jamuga ||
19. sang dyah liniling ingaras | mengo mèsêm kusuma di | sangsaya manahing priya | kaya plêk dadia siji | sang kakung ngaras pipi | sang dyah anyêngkah tumungkul | nglingnya sri naranata | kawula ajrih akrami | monakawan sakarsa datan lênggana ||
20. panêdha kawula mirah | tulusa [tu...]
--- [f. 27v] ---
[...lusa] gèn kula ngabdi | anjalmaa ping sayuta | kawula gusti adasih | dadia irim-irim | baya putih kang atunggu | galake liwat-liwat | saprandene sun lêbêti | amung dika tulusa angadèkêna[146] ||
21. mangkana kusuma rara | kaguturan[147] srênggara di | wêkasan mijil kang waspa | misak-misak kusuma di | saking tarnyuhing ati | sang kakung gupuh anyambut | mirah kêrana paran | dadi rudahe kang galih | baya dika kaduwung dene kawula ||
22. midêla[148] yayyanging tilam | punapa kang dadi runtik | suka kawula kusuma | linawêt ing burat wangi | rujitên ingsun gusti | dèn kadi puspita arum | sampun asru karuna | sarta ingaras dèn lingling | sang dyah mèsêm sang kakung gêpah angaras ||
23. sakathahe kang mêmaca | sampun rudita ing ati | ing rêsmi padha kêrasa | iku ujare kang nulis | yèn kabacuta ugi | yêkti wêlèh têmahipun | milane sadêrana[149] | iku ujare kang nulis | banjurêna pêsthi kongsi kaping tiga ||
24. datan kawarna sêmana | enjang prasamya atangi | pinarêk ing maderêtna | sang kakung lawan sang putri | ngalor ngidul kinanthi | tan kêna pisah sarambut | Ni Rêtna Sarirasa | kalintang bêkti ing laki | sakarsane kang raka datan lênggana ||
25. miwah Dèwi Sariraga | kalangkung ajrih ing laki | tanapi dhatêng kang raka | Rêtna Sarirasa nênggih | kamawula[150] ing ati | datan angrasa mêmaru | mêngkana nimbok êmban | matur dhumatêng sang aji | pun apatih angaturakên kêndhaga ||
26. lawan bawat miwah kuda | lawan putranipun èstri | katura paduka nata | angandika sri pati |[151] mulane [mula...]
--- [f. 28r] ---
[...ne] uwa patih | angaturakên lêlungguh | aturipun ni êmban | milane atur lêlinggih | kyai patih sêdya milya atêtapa ||
27. sri nalendra angandika | warahên si uwa patih | Kaneka anggêntènana | ingkang jumênêng apatih | dene anake èstri | sun tarimakakên iku | marang kakang Kaneka | ni êmban anulya mijil | tinimbalan ki patih anulya mêdal ||
28. anikahakên kang putra | kalawan Sênting Kamuning | kang aran Dèwi Kureta | iku anake ki patih | rare warnanya adi | kaloka ayu pinujul | kang wasta Ni Kureta | datan kawarnaa malih | Radèn Mustal anggêntosi maratuwa ||
29. antarane tigang căndra | tinimbalan dhatêng puri | Rahadèn Kanekaputra | prapta ngarsane sang aji | kakang dèn maring ngapti | iya sun kongkon sirèku | miyanga ing Sadalsah | Sadalya wêstane aji | amudhuta[152] payung tunggul nagakăntha ||
30. ing tuture arènira | Sarirasa asung warti | sing sapa ingkang kagonan[153] | tunggul nagakatha[154] ugi | wasiyat Bagendha Mir | sing sapa kanggonan iku | dadi pakuning jagat | sira pudhuta[155] dèn aglis | lan ratune konên aseba maringwang ||
31. natèng Dustam Raja Kusmar | kang duwe wasiyat nabi | payung abang susun tiga | lan kêndhang Si Takêrbumi | parise rajaputri | Rêtna Kalsika puniku | kang duwe pêdhang kangkam | lah poma kakang dèn kêni | Radèn Mustal sigra mit asung salam |[156]|
32. mantuk dhatêng kapatihan | apêpoyan mring kang rabi | lah yayi sira karia | ingsun ingutus sang aji | marang Sadalsah mami | marang ing Dustam sun jujug | ingkang
--- [f. 28v] ---
rayi turira | kakang sampun lami-lami | bilih sakit kawula sapungkur dika ||
17. Pangkur
1. wus lèsèr[157] Kanekaputra | saking ngarsanira kang punang rabi | mêsat drigănta anglangut | midêr-midêr lir undar | miling-miling ningali nêgara agung | ing Saldasah tinurunan | anjog ngarsane nêrpati ||
2. kagèt Sang Raja Saldasah | mulat dhatêng Rahadèn Guritwêsi | dèn nyana dewa anurun | anulya ingacaran | kinèn linggih Kanekaputra aluguh[158] | lingira Raja Sadalya | kawula tambêt sang pêkik ||
3. Kanekaputra ngandika | pan manira utusane narpati | Kabah Budiman Sang Prabu | amudhut tunggul naga | sarta sira sebaa marang sang prabu | ing sasi Rabiyulawal | sira sebaa tumuli ||
4. Raja Sadalwa ngandika | nora gêlêm aseba ingsun iki | myang tunggul ingsun tan asung | mojar Kanekaputra | awèh nora awèh ya manira pudhut | arêp apa ko Sadalwa | budia ingsun kêmbuli ||
5. bramatya Raja Sadalwa | Radèn Mustal ingêbyukan ing mantri | kinarubut sang asêlur | sagung mantri pugawa[159] | Radèn Mutal[160] kinarubut para ratu | tan nyana manah gambira | angamuk amobat-mabit ||
6. Radèn Mutal sigra minta | rante wêsi saking kêkasang mijil | rante lumêpasan sampun | para ratu kabănda | miwah Raja Sadalwa wus tinalikung | lingira Raja Sadalwa | rante baya apa iki ||
7. têka bisa bănda dhawak | Raja Mustal angling marang sang aji | lah paran karsane rèku | Raja Sadalwa ngucap | inggih radèn kawula gusti atêluk | sumăngga kang tunggul naga | katura sampeyan gusti ||
8. Kanekaputra ngandika | lah Islama [Isla...]
--- [f. 29r] ---
[...ma] mangko ingsun uculi | Raja Sadalwa umatur | angucapakên sadat | sampun Islam Raja Sadalwa wus ucul | mangkana Kanekaputra | panata agama suci ||
9. apan kawan dasa dina | Radèn Mustal anata gama suci | tunggul naga wus kapudhut | winadhahan kêkasang | Radèn Mustal angandika mring sang prabu | sira apradandana |[161] iya sebaa tumuli ||
10. karia ingsun lumampah | maring Dustam lingira sri bupati | dèn abêcik sira kantun | Dyan Mustal sigra mêsat | mring awiyat miling-miling kadi jangkung | sigra angungkuli kitha | winastan nêgari Jênggi ||
11. Radèn Mustal minta surat | ing kêkasang tan antara wus mijil | ungêle sêrat puniku | pèngêt iki kang sêrat | sri nalendra Kabah Budiman Sang Prabu | dhawuha sri naranata | Raja Pamutung ing Jênggi ||
12. marmane akirim surat | Sri Pamutung asebaa ing kami | aturêna putri ayu | lamun tan kêlakona | saunine ing lang manira gêmpur |[162] titi tamat kang nuwala | têmbang raga nyakrawati ||
13. sakèh nêgara katiban | ing surate Radèn Sênting Kamuning | datan kawarna ing ênu | Radèn Kanekaputra | angungkuli ing Dustam sigra tumurun | ajujug ing wong padesan | anuju wong kaki-kaki ||
14. lingira Kanekaputra | kaki tuwa sira Islama kaki | aja anêmbah ing watu | iku dudu Pangeran | kaki tuwa wuwuse amêlasayun | witning ingsun arsa Sêlam | awêdi dhatêng sang aji ||
15. Kanekaputra angucap | lah Islama kaki ingsun tangguhi | kaki-kaki
--- [f. 29v] ---
Islam sampun | mojar Kanekaputra | alah kaki aja rika tutur-tutur | ngong gêmpure kang brahala | Radèn Mustam[163] amarani ||
16. kang brahala wus rinusak | Radèn Mutal anulya anêsulis | pèngêt iki layang ingsung | karan Kanekaputra | marènana sira anêmbah ing watu | ngabêktia ing Pangeran | iku paretah Yyang Widi ||
17. sampun dènnya anênurat | pan kasaru sumurup sang yyang rawi | Kanekaputra malêbu | dhatêng sajroning pura | pan ajujug pasareane sang prabu | payung susun wus ingalap | lan kêndhang Si Takêrbumi ||
18. wus anèng sajroning kêkasang |[164] Radèn Mustal sigra mring kênyapuri | Rêtna Kalpika jinujug | pêdhang nulya ingalap | sampun kêni pêdhang dene rujak jênu | srigra[165] muluk angêmbara | kêsmaran Sênting Kamuning ||
18. Asmaradana
1. kocapa Kalpikawati | anglilir dènira nendra | aningali kêndhang age | tan ana wau katingal | kagyat kusuma rara | sigra ya owah gêgêlung | sikêp dhuwung anyuriga ||
2. sigra ya owah cumênthing | nulya mêsat angêmbara | kêbat lir thathit ibêre | Kanekaputra katingal | sang dyah akèn madhêga[166] | antènana bapa pandung | yèn sira maling digdaya ||
3. mandhêga payo ajurit | Kanekaputra ngandika | iya sun antèni kene | Rêtna Kalpika narajang | pêdhang sampun karêbat | dhatêng kusumaning ayu | Kanekaputra narajang ||
4. pêdhang rinêjêng wus kêni | dhatêng Sang Kanekaputra | Kanekaputra tan alon | wus amatêk kêkêmayan [kêkêmaya...]
--- [f. 30r] ---
[...n] | Rêtna Kalpika kepyan | sigra murca sang rêtna yu | anusul ing duratmaka ||
5. sigra rinêbat wus kêni | pêdhang dhumatêng Sang Rêtna | Kalpikawati tan alon | Kanekaputra wus kewran | sigra amalih warna | awarni dhadhali sampun | anututi sang kusuma ||
6. sang rêtna dipun tututi | ya ta sarwi sinabrêran[167] | wus kêna pêdhang kangkame | denera Kanekaputra | winadhahan kêkasang | Rêtna Kalpika anusul | mangu pêdhange tan ana ||
7. sang putri narajang aglis | apan arsa sinusula | Kanekaputra tan katon | sarya sira asêsumbar | rêbutên jênêng ingwang | Kanekaputra ran ingsun | duta ing Kabah Budiman ||
8. kapan sira anêkani | sumaur Rêtna Kalpika | ingsun tan wurung kalakon | Kalpikawati karuna | mantuk apêlarasan | kocapa sira sang prabu | Sang Raja Kusmar bramatya ||
9. ilange Si Takêrbumi | payung abang susun tiga | langkung dukane sang katong | wontên ta wong manggih surat | katur ing sri nalendra | sang nata anukma sampun | kasaru kang raka prata[168] ||
10. Kalpika ngandika aris | yèn duta Kabah Budiman | Sênting Kamuni[169] wastane | atutur sapolahira | yèn pêdhang kangkam ilang | sang nata payo anglurug | marang ing Kabah Budiman ||
11. anêmbang têngara aglis | sampun pêpak kang gêgaman | tanapi kang para katong | cacahi[170] bala binêkta | kalih yuta kalawan | pitung kêthi sangang èwu | pala[171] ratu catur dasa ||
12. sigra bubar tan asari | datan kawarna ing marga | Kaneka kocapa mangke | prapta ing Kabah Budiman | wus katur sri nalendra | pêdhang tunggul lawan payung | sarta tutur polahira ||
13. umatur Sênting Kumuning | nênggih sang nata ing Dustam | kang tan arsa [ar...]
--- [f. 30v] ---
[...sa] têluk anggèr | andhatêngi maring tuwan | arsa anglurugana | anging Sadalwa kang nungkul | aseba dhatêng ing tuwan ||
14. ing mangke sampun kajodhi | anungkul sohan ing tuwan | angandika Prabu Anom | kakang Mustal saosêna | sabalanira kakang | Radèn Mustal sigra mêtu | mring jaba ya udhang-undhang[172] ||
15. Raja Dasabau prapti | natèng Sadalsah wus prapta | kang katiban surat kabèh | Raja Pamutung wus prapta | Kusyani Raja Jarmah | ing Turki Raja Mêmangsul | ing Kore Raja Subaga ||
16. Raja Kaskaya Parêsi | Raja Makrubi Ngabêsah | sami atur putri kabèh | putrine Raja Sadalwa | aran Rêtna Pêkaja | putrine Raja Pamutung | awasta Rêtna Puspita ||
17. putrine Rajèng Kusani | aran Ni Rêtna Suwastra | putri ing Turki wastane | Kumalawati kang nama | putri ing Kore aran | Ni Rêtna Pamêdharsantun | ing Pêrsi Rêtna Widarsa ||
18. putri Ngabêsah winarni | anama Rêtna Sêsmita | sami yu-ayu warnane | wus katur ing sri nalendra | kalangkung sukanira | sagung ingkang para ratu | datan kawarna sêmana ||
19. enji[173] sang nata tinangkil | pinarêk ing pagêlaran | pêpak sagung para katong | jêngêr sadaya tumingal | dene bagus utama | angandika sang aprabu | kakang Mustal marenea ||
20. sakèhe ratu kang prapti | sungana kaprajuritan | lan tatanên agamane | sadaya mawia iman | aturira Kaneka | sandika ing aturipun | sang nata anulya jêngkar ||
21. wontên malih ratu prapti | nêgarane ing Kurisan | Jayakarma kêkasihe | ing Babul Raja Pamunah | atur kuda nonoman | panggung ulêsipun gêmpung | pancal suku [su...]
--- [f. 31r] ---
[...ku] kapat pisan ||
22. ingaran pun Jayènggati | kuda kalintang apelag | wus katur ing Prabu Anom | panungkule sri nalendra | Prabu Jayawikarna | atur bèri Si Panggugur | wasiyate Raja Kandar ||
23. wus katur ing prabu sêkti | datan kawarna sêmana | sakathahe para katong | kang sampun sami agama | sadaya mawa iman | antarane tigang dalu | praptane sang natèng Dustam ||
24. samargi ngabong-abongi[174] | ambêbayong[175] anjêjarah | datan kêna i wong katon | angili ingkang agêsang | kang lanang kapêjahan | wong kapir kalangkung rusuh | sing dèn ambah bubar-bubar ||
25. tandange kang wadya kapir | kadi ta sima ambabal | kagila-gila rusuhe | angambah ing padêdesan | sabên dina jêjarah | kêbo sapi bèbèk wêdhus | têlas sami dipun rayah ||
26. anêmbang têngara aglis | wus pêpak kang wadyabala | sigra bubar pangajure[176] | anggêrgut kang wadyabala | wau ta sri nalendra | nitih kuda saking Babul | binusanan abra mucar[177] ||
27. aralab[178] biludru adi | gêgiwang kêncana mubyar | arja cêkathok arukmèn | ambêne sutra diwăngga | èbège tinatrapan | akêkalung intên macur | abêbadhong nawa rêtna ||
28. apus buntut manik warih | dene palisiring larab | sami kêncana ginèpèng | sukunipun ginosengan | dene sri naranata | angrasuk busana luwung | akampuh gilap tinatrap ||
29. paningsêt pathola wilis | akilatbau naga mas | anting-anting abadhong |[179] jamang kêcana[180] rinêngga | abinggêl gêlang kana | grudha marêp grudha mungkur | tuhu yèn ratu jêjaka ||
30. sinongsongan susun kuning | wasiyat Bagendha Ambyah | pêdhang kangkam nèng ngarsane | tunggul nagakotha[181] ngarsa | têtêg bèri ing wuntat | datan kawar[182]
--- [f. 31v] ---
sang prabu |[183] ing ngarsa ayun-ayunan ||
31. sigra atata kang baris | bala Islam lawan kopar | sampun campuh pangajênge | wus maju kang anèng wuntat | rame sêra-sinêrang[184] | agênti buru-binuru | tan ana sêdya mundura ||
19. Durma
1. kadi warsa panjrite sênjata lanang | mimis lawan jêmparing | watang kadi sarah | bêdhil lir gunung rêbah | mimis macurat[185] lir thathit | anèng awiyat | tinon lir udan gêni ||
2. wontên ratu umangsah ing ranagana | wasta Raja Sêrani | awahana liman | sarya sikêp bêdhama | atulung ing wadya alit | asru sumbar |[186] rêbutên ing ajurit ||
3. Dasabau pamit dhatêng sri nalendra | sinung sigra miyosi | anitih dipăngga | angundha-udha[187] gada | wus ayun-ayunan sami | asru angucap | wau Raja Sêrani ||
4. sapa ranmu prajurit maju ing rana | ingsun ing Kăndhabumi | Dasabau ingwang | Raja Sêrani ngucap | anggadaa sun tadhahi | sang nata mojar | sira mêdhanga dhingin ||
5. Prabu Srani amarani sigra mêdhang | Dasabau nadhahi | tan pasah pinêdhang | Dasabau anyandhak | gulune Raja Sêrani | pinulir pêgat | mundur sirah cinangking ||
6. sampun katur kang sirah dhatêng sang nata | ginanjar sri bupati | sakaprabonira | ri sampuning mangkana | wontên kapir kang mêtoni | ratu prakosa | wasta Raja Yahudi ||
7. Sang Sadalwa pamit dhatêng sri nalendra | sinungan sampun mijil | sarya ngagêm gada | mara tanpa wahana | wus ayun-ayunan sami | Yahudi latah | ika kaya mêmêdi ||
8. sarirane agêdhe dêdêge andhap | susune salêlêmpir | pekoh lampahira | babo sira mundura | nora sudi têmên mami | aprang lan [la...]
--- [f. 32r] ---
[...n] sira | Sadalwa anudingi ||
9. banyak kata si dondros ala binatang | gila si jokrênali | mari lêkas angkat | mara sira gadaa | angkat parang lu ciwahi | lu banyak kata | angli Raja Yahudi ||
10. babo-babo miyang acara malumumpat[188] |[189] rupamu lir mêmêdi | bramatya Sadalwa | Yahudi tinarajang | gulune pêgat pinulir | nulya sinepak | murdanira Yahudi ||
11. Sri Sadalwa mundur saking ing ranănggana |[190] Raja Pamutung amit | umangsah ing rana | wontên kapir kang mapag | jêjuluk Raja Garibi | asru atanya | sapa ranmu prajurit ||
12. anauri Raja Pamutung ran ingwang | nagriningsun ing Jênggi | sira agadaa | Sang Garibig[191] anggada | Raja Pamutung tan eling | sigra cinandhak | Sang Garibi binanting ||
13. ajur luluh awor kalawan pratala | sinurak wadya mantri | syarane lir gêrah | surak mungsuh lan rowang | nulya sinapih ing wêngi | mudur kang yuda | amêsanggrahan sami ||
14. bêbêdhayan Prabu Anom lan kang bala | akasukan salatri | enjang atêngara | kêndhang bèri sauran | wus tata kang punang baris | sigra magêlar | bala Islam lan kapir ||
15. ana ratu umangsah ing ranagana | aran Raja Baskari | ngamuk bala Islam | natèng Kabah Budiman | dikên[192] Raja Kusani |[193] hèh Raja Jarmah | papagêna si kapir ||
16. nulya pamit Raja Kusani ing rana | ayun-ayunan jurit | angling Raja Bêskar | sapa ranmu prawira | Raja Kusani nauri | lah iya ingwang | Sang Jarmah ing Kusani ||
17. Raja Baskar asru dènira angucap | sira gadaa dhingin | Sang Jarmah angucapa |[194]
--- [f. 32v] ---
sira kang dhinginana | Raja Bêskar marêpêki | sigra anggada | Raja Jarmah tan eling ||
18. tangi malês Sang Jarmah mring Raja Bêskar | nulya ginada gipih | rêmpu Raja Bêskar | luluh têkèng wahana | sinurak ing bala mantri | sang natèng Dustam | dukanira sinipi ||
19. Ni Kalpika ngandika dhatêng sang nata | karia yayi aji | manira tumandang | sang dyah nulya umangsah | prapta paprangan sira glis | ayun-ayunan | lawan Raja Kusani ||
20. sang rêtna yu angling lah sira mundura | êndi ratune kari | Raja Jarmah ngucap | aja kudu nênantang | măngsa wurunga mêtoni | yèn uwis têlas | balane kabèh iki ||
21. besuk mêtu gustiningsun sri nalendra | yèn uwis ingsun mati | dene gustiningwang | sun larangi kang warna | eman kajambar kang warni | lamun katuna[195] | pasthi sira kagimir ||
22. sira uga wêruha ing gustiningwang | pasthi sira anginthil | Ni Rêtna Kalpika | kasmaran ing pawarta | dumadya sang rêtna angling | sira gadaa | mara ingsun tadhahi ||
23. Raja Jarmah nulya sira ngangkat gada | mara sarya nudingi | sang ayu ginada | sang dyah sigra anyandhak | gadanira sampun kêni | nulya ginada | Raja Jarmah tan eling ||
24. wus rinêbut dening wadyabalanira | Raja Pamutung amit | sigra mangsah ngrana | sampun ayun-ayunan | Rêtna Kalpika marani | sigra amêdhang | kantaka Raja Turki ||
25. Sri Sumbaga amit wus mangsah ing rona | pinapagakên aglis | anulya pinêdhang | rajèng Kore kantaka | Raja Kaskaya apamit | mangsah ing rana | Kalpika amarani ||
26. wus pinêdhang Raja Kaskaya kantaka | Raja Makrub apamit | umangsah ing rana | Ni Kalpika amêdhang | natèng Ngabêsah tan [ta...]
--- [f. 33r] ---
[...n] eling | natèng Koresan | amit sigra marani ||
27. wus pinêdhang dening Sang Rêtna Kalpika | Jayakarma tan eling | sigra Sang Pamunah | mara agurewalan | sigra pinêdhang tumuli | nulya kantaka | Prabu Anom kawarni ||
28. angandika Rêtna Dèwi Sarirasa | gusti kawula pamit | arsa magut aprang | kang rayi aturira | kawula tumut ajurit | sang nata mojar | karsanira mas yayi ||
29. sri nalendra sigra anitih turăngga | kang wasta Jayènggati | Rêtna Sarirasa | ambuntut anèng kuda | Raja Sadalwa angiring | angampil kangkam | têtêg tinêmbang aglis ||
30. marmanipun kêndhang Si Takêrbuntala | iya kalamun muni | ngobahakên jagat | mila ingaranan |[196] ing wau Si Takêrbumi | bèri ingaran | Si Panggugur puniki ||
31. dene gugurkên kang pirsa sêdaya |[197] wasiyat sri bupati | Sang Kandar punika | mêngkana sri nalendra | mangsah ing rana tumuli | Rêtna Kalpika | mangu dènya ningali ||
32. yèn ngucapa Rêtna Kalpika ing nala | arèningsun sang aji | ing Dustam tan ana | kang memba warnanira | saprandene bagus iki | apane ika | wong wadon anèng wuri ||
33. ayu têmên wong iki nora kajamak | baya ika kang rabi | dene endah ika | kang priya bagus liwat | kang èstri ayu linuwih | apane ika | dene abêcik-bêcik ||
34. gawa kêbo ratu ika sun badhea | kaya kêbo kabiri | dene gêdhe ika | kêbo apa ta baya | têka udhêng-udhêng gilig | Raja Sadalwa | angucap anudingi ||
35. iya kêbo marenea ingsun singat | mara sun gêgambuli | mangkana sang nata |
--- [f. 33v] ---
anyirigakên kuda | Sarirasa wêcana ris | kakang mandhêga | atiku kêtir-kêtir ||
36. mungsuh dika sun dulu nora pêsaja | bok dika dirêbuti | sapa kelangana | yèn dudu Sarirasa | lah kakang pidhone malih | kathah biyada | kakang sampun ajurit ||
37. eman-eman babo maning eman-eman | mênawa dèn rêbuti | sampun dika aprang | kawula kang maguta | yèn dika mêksih ajurit | mendah kang manah | dhuh kakang sênig-sênig ||
38. sri nalendra mès[198] dènnya amiyarsa |[199] têdhak saking turanggi | kang rayi dèn êmban | nèng têngahing paprangan | anjoblong[200] ingkang ningali | Rêtna Kalpika | srinatane winawir[201] ||
20. Sinom
1. mêngkana Rêtna Kalpika | langkung bramatya ningali | dene sira pêksa lancang | angucap sarya nudingi | bungkêr payo ajurit | aja pijêr adol idu | si sundêl pêlanyahan | ala têmên si ngêndhali | marenea tur mêngko dak ulêng pisan ||
2. baya tuli baya dhêngkak | kupinge si dikêlèti | api-api nora mirsa | si goblah si londar-landir | dèn uwuh nora nolih | baya kasêsêlan anu | cêcuwêre si dhongkah | bilai kowe bilai | ala têmên si didhangkok Wlănda songa ||
3. sigra amanthêng gandhewa | Ni Rêtna Kalpikawati | tan antara wus lumêpas | Sarirasa sampun kêni | matur dhatêng sang aji | alah lidok ujar ingsun | nginanga durung abang | mungsuh dika amaron sih | adhuh lae têka kudu mèsêm iwang ||
4. iya mara karêpira | bêcik buyan bêcik baring | măngsa ingsun pardulia | ingsun nora anyênyilih | pan lakiku pribadi | ya sakarêp-karêp ingsun | yèn ana wong kang malang | sun arani
--- [f. 34r] ---
wong gêgingsir | bok karêpe bêcik salah ton noraa ||
5. rudita Rêtna Kalpika | mêrenea didhêdhaing | dene manasakên baran | sang ayu mênthang jêmparing | nulya lumêpas aglis | panahira kusuma yu | Ni Rêtna Sarirasa | walikatira kang kêni | sang rêtna yu umatur dhatêng ikang raka |[202]|
6. pangeran nyata kasanglat | si buntêt Kalpikawati | si bêra satus katiga | kakang udhunêna mami | dawêg sami angrangin | dimèn saya mingut-mingut | sang dyah nulya tumêdhak | sang nata nulya angrangin | mawi jêbêng solahe kadi jênaka ||
7. Sarirasa ambêdhaya | rêspati tan ana tandhing | kadi wayang kêkidungan | nulya mêdal kusuma di | kang raka dèn purugi | sampun-sampun kakang sampun | akèh têmên aluran | têka mêmarasi ati | mênèk dika kakang êmas dibêradhad ||
8. angandika sri nalendra | mirah isun kusuma di | aja sira bondhèt koca | angregoni wong angrangin | kang rayi anauri | kakang êmas wêdi ingsun | wong anênanton[203] ika | matane pating kulirik | mênèk kula diulêng dadi punapa ||
9. mêngkana Rêtna Kalpika | manahe angigit-igit | nulya amanthêng gandhewa | sigra lumêpas tumuli | Sarirasa wus kêni | bramatya kusuma ayu | matur dhatêng kang raka | pangeran kawula pamit | sri nalendra ngandika dhatêng kang garwa ||
10. yèn sira mangsah ing yuda | nêdha gantènira gusti | sang rêtna nulya amucang | nuli katur dhatêng laki | sigra kusuma adi | mangsah ngalaga sang ayu | pêtrèk-pêtrèk angucap | lah payo Kalpikawati | tutugêna olèhmu akudhung sinjang ||
11. dene kaya têtugêlan | akuhmu Kalpikawati | ingsun nora anyênyêlang | têka sira kêmaron sih | wong nora ngidhêp ngisin | si bêra sèkêt galudhug | wong lagi sêsêpahan | têka
--- [f. 34v] ---
miyang mêmanahi | mêngko uwis maraa lah arêp apa ||
12. Rêtna Kalpika ngandika | êmbuh anu aja muni | ujug-ujug maring rana | sun sidhêp mêtoni jurit | munduran ngiming-iming | ingsun si têgêse ingsun | sapa amadhanana | enyor kang binuntêl tapih | anauri Rêtna Ayu Sarirasa ||
13. sikak anu aja ngucap | êmbuh-êmbuh dèn panasi | rêrakulan[204] bêcik ora | pan wong lanangku pribadi | sakerah-kerah mami | pagene panas atimu | kawên si yèn duwea | jigara sapa kang pênging | sae ngucap si disodo ing Wêlănda ||
14. bramatya Rêtna Kalpika | anarajang ngunus kêris | prayitna Ni Sarirasa | sigra sinuduk tumuli | Sarirasa tan osik | iya mara rêraimu | iki si nora pira | cucuke lara muring |[205] sêngguh silih nuli butul kacêp gănja ||
15. mara-mara ingkang rosa | aja gêramang-gêriming | Rêtna Kalpika ruditya | dhuwunge binuwang aglis | mara angunus tamsir | dèn pêdhang kusuma ayu | Sarirasa tan obah | angandika Sang Pramèsthi | adhuh lae ingsun mati kêna pêdhang ||
16. apa ta rasane baya | bauku anguwir-uwir | dèn pêdhang Rêtna Kalpika | adhuh mati ningan mati | Rêtna Kalpika runtik | gadane nulya sinambut | Sarirasa ginada | Rêtna Sarirasa angling | babo-babo anggada ningan anggada ||
17. adhuh luluh awak ingwang | arata awor lan siti | dèn gada Ratu Kalpika | sang rêtna kaku kang galih | anulya dèn lèrèni | Rêtna Sarirasa muwus | padha rèrèn maningan | Kalpikawati sira ngling | amalêsa ingsun tadhahane jaja ||
18. angling Rêtna Sarirasa | suthing-suthing babo suthing | ingsun babo wong kalahan | mara bayongên sun iki | Kalpika datan kèksi | [...] | [...] | [...] | Sarirasa [Sari...]
--- [f. 35r] ---
[...rasa] wus amatêk kêkêmayan ||[206]
19. nulya musna Sarirasa | Kalpikawati kapanggih | mojar Rêtna Sarirasa | mara miyang ngêndi maning | ya ta Kalpikawati | malêbêt sajroning watu | Sarirasa wus ana | sigra Ni Kalpikawati | alês[207] bumi kapitu Rêtna Kalpika ||
20. Sarirasa pan wus ana | angandika Ni Pramèsthi | mara-mara babo mara | miyang ngêndi sira maning | kari marang ing loji | lawan malêbu ing kampung | ya ta Rêtna Kalpika | mêdal saking ing pratiwi | têkèng rana Sarirasa sampun ana ||
21. yitnane Rêtna Kalpika | nyata kuwasa wong iki | lingira Rêtna Kalpika | lah payo padha aganti | sira ingsun ulati | Rêtna Sarirasa muwus | lah iya ningan ingya[208] | yèn ingsun nora kêpanggih | apan sira dadia boyongan ingwang ||
22. angling Ni Rêtna Kalpika | iya mara sun ulati | nulya Rêtna Sarirasa | musna datanna kaisi[209] | Rêtna Kalpikawati | guwagêrbane dèn êsuk | marang Ni Sarirasa | Kalpika kewran ing ati | ingulatan Sarirasa tan kapêndhak ||
23. sigra prapta Sarirasa | wus mara sira kajodhi | sumaur Rêtna Kalpika | apa gawe ingsun iki | dene ngisin-isini | kudu atêluk sirèku | runtik Ni Sarirasa | sigra amanthêng jêmparing | tan antara lumêpas punang sênjata ||
24. sarwi sira angandika | tumungkula ing pratiwi | tumêngaa ing akasa | asambata rama bibi | lumêpas kang jêmparing | Rêtna Kalpika kacundhuk | jaja trus ing walikat | Rêtna Kalpika ngêmasi | tan antara ingkang sirah wus tinigas ||
25. kinarya undhi sinepak | sirahe Kalpikawati | nulya kondur sang kusuma | kang sirah sarya cinangking | sakèhe kang ningali | kalangkung dene gêgêtun | dening sêkti kalintang | Sarirasa tanpa tandhing | sakathahe wong Dustam tan kêna ngucap ||
26. Rêtna Kalpika ing Dustam | prajurit tan olih tandhing | milane abala nata | iya Ni Kalpikawati | ing mangke sampun mati | dadi apa
--- [f. 35v] ---
iki besuk | kang sawanèh angucap | yèn ilang Kalpikawati | nora wurung sang nata anêmbang Durma ||
21. Durma
1. dyan warnanên Sang Nata Dustam miyarsa | yèn kang raka ngêmasi | langkung dukanira | sapindhah trisnanira | kapindho adêling[210] jurit | Sang Raja Kusmar | sigra anitih èsthi ||
2. sigra mangsah dèn iring kang wadyabala | prapta ngrana sira glis | asru asêsumbar | payo rêbutên ingwang | wong Kabah maraa ganti | maju ing rana | ya ta sri narapati ||
3. nulya Raja Găndakusuma umangsah | sigra anitih wajik | dèn iring ing bala | Radèn Kanekaputra | lawan Sadalwa angiring | angampil kangkam | mundhi kêndhang lan bèri ||
4. kadi guntur kang akasa tinêtêgan | kêndhang amor myang bèri | suraking kang bala | kadya gêlap sayuta | sigra caruk wadya alit | anrang sinêrang | rame asilih ukih ||
5. asêsirig tandange lir singa lodra | sarya angêrak-ngêrik | yèn bisaa ngucap | Jayènggati mangkana | yèn dèn ajanana mami | amungsuh kopar | ingsun dhewe nguwisi ||
6. Jayènggati tandange kadya bêdhaya | sang nata wruh ing wadi | karêping turăngga | anulya tinurutan | sigra mangsah Jayegati[211] | nandêr anêngah | abrakot anujahi ||
7. ngidak ngilês amengkal nyepak anujah | anyaut anubruki | Jayènggati abra | pangangge pulang êrah | suh sirna kang bala kapir | têngahing rana | dening Sang Jayènggati ||
8. Raja Kusmar pan sampun ayun-ayunan | lawan sri narapati | Raja Kusmar ngucap | sang nata amêdhanga | Prabu Anom ngandika ris | sira dhingina | amêdhanga kariyin ||
9. asru mojar sira Sang Araja Kusmar | dèn prayitna sang aji | Sang Kusmar amêdhang | katanggung badabaya[212] | lir gêrah syarane rèki | tibanèng[213] pêdhang | Kusmar anulya angling ||
10. lah malêsa Sang Nata Kabah Budiman | angandika sang aji | iya tadhahana | mêngko pamêdhang ingwang | sang nata sigra anarik | pêdhang dèn ikal | têtêg bèri tinitir [ti...]
--- [f. 36r] ---
[...nitir] ||
11. anêrajang sang nata sigra amêdhang | parise ngênèni |[214] sigar amêrapat | têkèng guluning kuda | Sang Ratu Kusmar kuwalik | tiba malêsat | pêdhangira tinarik ||
12. Raja Kusmar arsa amêdhang turăngga | sang nata anuruni | nulya ingampingan | Raja Kabah pinêdhang | ping tiga nora nêdhasi | pining pat |[215] ping lima datan osik ||
13. asru mojar Raja Kusmar mring sang nata | lah payo salin gêndhing | sira anjujunga[216] | sang nata lawan ingwang | ing mêngko payo agênti | sang nata mojar | sira jujunga dhingin ||
14. awak ingsun mara ta sira jujunga | Raja Kusmar marani | anulya cinandhak | ingkêp[217] pigang[218] sang nata | sigra ingangkat tumuli | nora kaangkat | sang prabu tan gumingsir ||
15. Raja Kusmar ambêkane akêsotan | karingêt ngêmu gêtih | pan nora kaangkat | Raja Kusmar angucap | sang nata payo agênti | jujungên ingwang | angandika sang aji ||
16. iya mara angadêga ingsun angkat | sang nata amarani | anulya cinandhak | ikêt pigang sang nata | ingayog-ayog sang aji | Sang Raja Kusmar | angling sri narapati ||
17. ya pagene ingsun sira oyag-oyag | ngandika sri bupati | mulane sun oyag | sun jajal bobotira | abot ènthèng sun kawruhi | mênawa ingwang | kalaju[219] krosan mami ||
18. dèn prayitna sang nata sira sun angkat | sigra cinandhak aglis | pan sarya apêtak | kagyat Sang Raja Kusmar | sampun kajujung sang aji | kinarya oclang[220] | Kusmar sigra binanting ||
19. nora mati Kusmar kalêngêr kewala | anulya dèn talèni | dening Sang Sadalwa | Raja Kusmar binasta | sampune dipun awêri | matur Sang Nata | Kusmar mring sri bupati ||
20. uripana kawula ngabdi ing tuwan | ngandika sri bupati | sun uripi sira | nanging para Islama | Raja Kusmar matur aris | datan lênggana | ing parentah sang aji ||
21. Raja Kusmar nulya ngucapakên sadat | sampun Islam sang aji | nulya inguculan | Raja Kusmar anêmbah | langkung jrihira nêrpati | datan kawarna | sigra kondur nrapati ||
22. Prabu
--- [f. 36v] ---
Anom sampun malêbêt ing pura | amêthuk para rabi | sami awètsêkar[221] | wus ngabêkti sang nata | Sarirasa kinabêktin | sagunging garwa | bêktinira kawijil ||
22. Mijil
1. Sarirasa matur mring sang aji | kakang Prabu Anom | sakathahe putri-putri kabèh | cangkramanana dipun waradin | rèhning among èstri | dening garwa agung ||
2. yêkti punika anganti-anti | sih dika sang katong | para putri kawlasasih kabèh | wong tau dhahar sarya sumaji | mangke anèng ngriki | sarya ngantu-antu ||
3. mèsêm ngandika sri narapati | manah ingsun keron | mênèk kang liyan dadi atine | ing rayi mèsêm anauri |[222] kurang têmên ati | sang dewaning bagus ||
4. mangke kakang kawula aturi | sêmaragamaning wong |[223] partingkahe[224] wong kakehan êlèng | lamun kewuhan abandhung rêsmi | ngandika ka sang aji |[225] paran tingkahipun ||
5. Sarirasa matur ing raka ji | tingkah among turon | kang wêrata yèn lagi têmbene | i benjang uga winiji-wiji | yèn sampun waradin | kang sami sadalu ||
6. nulya sang ayu abêbisiki | mring raka sang katong | lah punika kakang dika angge | dika racut ing sadalu mangke |[226] amung yayi dèwi | andika satuhu ||
7. alah dawêg andika purugi | yayi ratu anom | sri nalendra anulya lumèngsèr | Sariraga sinêdya ing ati | pan sampun kapanggih | sang rêtna sinambut ||
8. gustiningsu[227] kusumaning adi | musthikaning wadon | langkung kangên pun kakang nahing anggèr |[228] saking lami gèn ingsun ajurit | lir dèn tilar mati | anggung brăngta wuyung ||
9. ing mangke gusti kawula prapti | dèn sapaa ingong | sun karyane jêjampi wirage | Rêtna Sariraga lang ajrih |[229] ingaras tumuli | sang dyah nyêngkah bau ||
10. sang dyah binêkta mring jinêm wangi | kinusyèng paturon | dhasar sami kangêne kalihe | datan winarna sajroning rêsmi | rèhning jalu èstri | tan wande sinikut ||
11. sampun
--- [f. 37r] ---
pênuh ingkang andon rêsmi | ngandika sang katong | lah karia mirah ingsun anggèr | sun tijone[230] dasihira yayi | sakèh para putri | sami ngayun-ayun ||
12. Sariraga matur angabêkti | dhumatêng sang katong | datan beda putri-putri kabèh | sigra mintar sang nata tumuli | sagung para putri | sadaya rinacut ||
13. datan kawarna kang andon rêsmi | sagung para sinom | sampun sami kawaratan kabèh | kunêng cacahe kang para putri | patang puluh siji | sami ayu-ayu ||
14. sampun puput sêkathahe putri | sigra sang akatong | kondur saking ing pasareane | Ni Sarirasa sampun kapanggih | sinambut tumuli | maring sang aprabu ||
15. apan wus alaya sari gusti | tan marêm wak ingong | amung sira gèn ingsun angèngèr | ingkang katon sajroning rêsmi |[231] kang asawang Ratih | musthikaning ayu ||
16. sang dyah mèsêm sang kakung marani | sinambut pinondhong | mring paprêman kalihan lampahe | prapta jinêm amrik andon rêsmi | dhasar andhahari | karone salulut ||
17. datan kawarnaa ya ta wus enjing |[232] sang nata pan miyos | wus samêkta saupacarane | madya pantara kèbêkan sêlir | sang nata kina |[233] busananing ratu ||
18. akampuh gilap cinitrèng ngrawit | tuhu bagus anom | rêspati rada alit badhonge | abinggêl tatrap kacana[234] rukmi | asêngkang pêpêlik | urap-urap garut ||
19. arja asêkar traluki[235] wilis | angangge kaprabon | asri niyaka mirah jamange | apigang gringsing atêpus putih | sêmune alungid | jatmika tur alus ||
20. nulya jumênêng gènira ligih[236] | upacara abyor | Ni Sarirasa anguntapake | Sariraga myang sagunging putri | wus prapta ing jawi | para garwa mangu ||
21. sampun kawijil sri narapati | saking ing kadhaton | wus pinarak ing panangkilane | pêpak pra mănca lan adipati | Kaneka ngabêkti | umatur sang prabu ||
22. wus satata wau kang agami | sagung para
--- [f. 37v] ---
para katong |[237] sri bupati aris andikane | kakang ingsun akarya pêpatih | lurahi[238] nêrpati | Raja Dasabau ||
23. kang sapalih Si Kusmar nindhihi | kabayane katong | Si Sadalwa dadi kabayane | Radèn Kanekaputra ngabêkti | Kusmar angabêkti | miwah Dasabau ||
24. Raja Sadalwa samya ngabêkti | matur patih anom | kawula matur panduka anggèr | Raja Kusmar atur-atur èsthi | ngandika sang aji | lah tarima ingsun ||
25. jêngkar sang nata dènya tinangkil | malêbèng kadhaton | para garwa sami mêthuk kabèh | ing prabayêksa prapta alinggih | para garwa ngapit | lir pêksi acampuh ||
| 1 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Tanggal: Sêlasa Êpon (Slasa Pon) kalih likur (23) Rabiulawa (Mulud) Be: jilma muni kêrni naga (AJ I728). Tanggal Masehi: Selasa 4 Agustus 1801. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: Senapati Ingalaga. (kembali) |
| 4 | têksih. (kembali) |
| 5 | pinunjul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 6 | Bragêdad. (kembali) |
| 7 | ambobot. (kembali) |
| 8 | Radèn. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata: aran Radèn Wirasmara. (kembali) |
| 10 | kapingkêl. (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata: tuwan kula sri bupati. (kembali) |
| 12 | saking. (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata: wontên cinarita malih. (kembali) |
| 14 | Catatan: terdapat dobel sandangan: garbini atau garbèni. (kembali) |
| 15 | têtunggangan. (kembali) |
| 16 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 17 | Jongbiraji. (kembali) |
| 18 | Lebih satu suku kata: tan kawarna sampun prapta. (kembali) |
| 19 | saundurira. (kembali) |
| 20 | glis. (kembali) |
| 21 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: Drêbamoha glis prapta. (kembali) |
| 22 | dènira. (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata: Prabu Anom asru dènira amuwus. (kembali) |
| 24 | Lebih tiga suku kata: kapriye karêpmu kaki. (kembali) |
| 25 | drigata. (kembali) |
| 26 | anjuput. (kembali) |
| 27 | Găndakusuma. (kembali) |
| 28 | Kurang satu suku kata: tumuntên ing kadipatyan. (kembali) |
| 29 | Lebih satu suku kata: ya ta kagèt sakèh wong Bandaralim. (kembali) |
| 30 | Kurang satu suku kata: dasihira para putri. (kembali) |
| 31 | Kurang satu suku kata: Rahadèn Găndakusuma. (kembali) |
| 32 | Kurang satu suku kata: dosane rama sang prabu. (kembali) |
| 33 | Kurang satu suku kata: ing ngayunaning Yyang Sukma. (kembali) |
| 34 | anarik. (kembali) |
| 35 | sumêmbur. (kembali) |
| 36 | pun ibu-ibu. (kembali) |
| 37 | lumembak. (kembali) |
| 38 | lumungsur. (kembali) |
| 39 | Kurang satu suku kata: obah kang bumi prakêmpa. (kembali) |
| 40 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 41 | Pramèsthi. (kembali) |
| 42 | Kurang satu suku kata: ananging aja baribin. (kembali) |
| 43 | Sang. (kembali) |
| 44 | saking. (kembali) |
| 45 | Biasanya guru lagu i: rajakaputrin. (kembali) |
| 46 | angling. (kembali) |
| 47 | angusap. (kembali) |
| 48 | ungkur-ungkuran. (kembali) |
| 49 | angkuh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 50 | nolih-nolih. (kembali) |
| 51 | Kurang satu suku kata: nora anolih-nolih. (kembali) |
| 52 | tanduk. (kembali) |
| 53 | Lebih satu suku kata: sun amuke kumasaris parampuan. (kembali) |
| 54 | ingsun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata: marga rupak lumuh yèn kadhinginana. (kembali) |
| 56 | Kurang dua suku kata: kawula inggih tan eling. (kembali) |
| 57 | têmbe. (kembali) |
| 58 | sênadyan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 59 | angling (dan di tempat lain). (kembali) |
| 60 | gustiningwang ( dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 61 | Kurang satu suku kata: pêgêl gèn ingsun anganti. (kembali) |
| 62 | munggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 63 | Kurang satu suku kata: wurung dene raganingwang. (kembali) |
| 64 | nora. (kembali) |
| 65 | Kurang satu suku kata: yèn nora pêthuk bok uwis. (kembali) |
| 66 | andika. (kembali) |
| 67 | Kurang satu suku kata: andika kang sêpuh ugi. (kembali) |
| 68 | coba. (kembali) |
| 69 | angucap. (kembali) |
| 70 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: Ni Sarirasa angucap. (kembali) |
| 71 | angingkrak. (kembali) |
| 72 | Kurang satu suku kata: têka nuli ngingkrak-ingkrak. (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata: Sarirasa amuwus. (kembali) |
| 74 | Lebih satu suku kata: boya pêthuk sampun. (kembali) |
| 75 | mancur (dan di tempat lain). (kembali) |
| 76 | Lebih satu suku kata: bisa agawe rasaning ati. (kembali) |
| 77 | Kurang satu suku kata: yèn angucapa jroning tyas. (kembali) |
| 78 | sanak. (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata: lamun kêna dadia sanak kewala. (kembali) |
| 80 | bonggan. (kembali) |
| 81 | ainggil. (kembali) |
| 82 | tong. (kembali) |
| 83 | bok. (kembali) |
| 84 | mring (dan di tempat lain). (kembali) |
| 85 | sêsampur. (kembali) |
| 86 | Lebih satu suku kata: kadipundi karsa dika. (kembali) |
| 87 | mèsêm. (kembali) |
| 88 | ngintip. (kembali) |
| 89 | raka. (kembali) |
| 90 | Kurang satu suku kata: kang raka dipun wêngani. (kembali) |
| 91 | Kurang dua suku kata: wus kapanggih sang ayu arêrangkulan. (kembali) |
| 92 | kadipundi. (kembali) |
| 93 | benjang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 94 | yangyyanging. (kembali) |
| 95 | Catatan: terdapat dobel sandangan: mèsêm-mèsêm atau kèsèm-mèsêm. (kembali) |
| 96 | mundura (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata: iya payo padha siji. (kembali) |
| 98 | agadaa. (kembali) |
| 99 | Kurang satu suku kata: lah agadaa. (kembali) |
| 100 | sri. (kembali) |
| 101 | indhit. (kembali) |
| 102 | dokokne. (kembali) |
| 103 | ambêkan. (kembali) |
| 104 | Lebih satu suku kata: ana ngisor gêdhang. (kembali) |
| 105 | dianggar. (kembali) |
| 106 | pinondhong. (kembali) |
| 107 | anglanggati. (kembali) |
| 108 | dinokok. (kembali) |
| 109 | Lebih satu suku kata: sigra lumampah mring sareane. (kembali) |
| 110 | nèng. (kembali) |
| 111 | atanapi. (kembali) |
| 112 | Kurang satu suku kata: ja ana kuwaon. (kembali) |
| 113 | mèmpêr. (kembali) |
| 114 | gandruwo. (kembali) |
| 115 | sapindhone (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 116 | karagan-ragan. (kembali) |
| 117 | Kurang satu suku kata: pêndhok kênaka linuru. (kembali) |
| 118 | Kurang satu suku kata: cingak sakèhing mulat. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata: sun kinon agama Islam. (kembali) |
| 120 | Kurang satu suku kata: konên amawa iman. (kembali) |
| 121 | mêngkana. (kembali) |
| 122 | Kurang satu suku kata: pangeran yèn mêngkana. (kembali) |
| 123 | kanthi. (kembali) |
| 124 | abagus. (kembali) |
| 125 | maring (dan di tempat lain). (kembali) |
| 126 | Kurang satu suku kata: sok sênênga atiningsun. (kembali) |
| 127 | priyêmbada. (kembali) |
| 128 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ning anu gawanên pisan. (kembali) |
| 129 | punika. (kembali) |
| 130 | Kurang dua suku kata: nging punika ajare syara dumêling. (kembali) |
| 131 | lawas. (kembali) |
| 132 | Kurang satu suku kata: angandika Sarirasa mring kang rayi. (kembali) |
| 133 | amblês (dan di tempat lain). (kembali) |
| 134 | păncawura. (kembali) |
| 135 | balolokên. (kembali) |
| 136 | Lebih satu suku kata: balolokên sang pandhita aningali. (kembali) |
| 137 | Lebih satu suku kata: jêngandika rahadèn sintên wêwangi. (kembali) |
| 138 | Kurang satu suku kata: sigra angêrangkul. (kembali) |
| 139 | tanggung. (kembali) |
| 140 | siwi. (kembali) |
| 141 | nuntên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 142 | Kurang satu suku kata: sang nata mulat angiwa. (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata: asasak alêleweran. (kembali) |
| 144 | tunggale. (kembali) |
| 145 | sagodhong. (kembali) |
| 146 | angabdèkêna. (kembali) |
| 147 | kagunturan. (kembali) |
| 148 | mindêla. (kembali) |
| 149 | sandêrana. (kembali) |
| 150 | kumawula. (kembali) |
| 151 | Kurang satu suku kata: angandika sri bupati. (kembali) |
| 152 | amundhuta (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 153 | kanggonan. (kembali) |
| 154 | nagakăntha. (kembali) |
| 155 | pundhuta (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 156 | Kurang satu suku kata: Radèn Mustal sigra amit asung salam. (kembali) |
| 157 | lèngsèr. (kembali) |
| 158 | alungguh. (kembali) |
| 159 | punggawa. (kembali) |
| 160 | Mustal (dan di tempat lain). (kembali) |
| 161 | Kurang satu suku kata: lah sira apradandana. (kembali) |
| 162 | Kurang satu suku kata: saunine ing layang manira gêmpur. (kembali) |
| 163 | Mustal. (kembali) |
| 164 | Lebih satu suku kata: wus anèng jroning kêkasang. (kembali) |
| 165 | sigra. (kembali) |
| 166 | mandhêga. (kembali) |
| 167 | sinambêran. (kembali) |
| 168 | prapta. (kembali) |
| 169 | Kamuning. (kembali) |
| 170 | cacahing. (kembali) |
| 171 | para. (kembali) |
| 172 | undhang-undhang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 173 | enjing. (kembali) |
| 174 | ngobong-abongi. (kembali) |
| 175 | ambêboyong. (kembali) |
| 176 | panganjure. (kembali) |
| 177 | muncar (dan di tempat lain). (kembali) |
| 178 | alarab. (kembali) |
| 179 | Kurang satu suku kata: anting-anting abêbadhong. (kembali) |
| 180 | kêncana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 181 | nagakontha. (kembali) |
| 182 | kawarna. (kembali) |
| 183 | Kurang satu suku kata: datan kawarna ing ngarsa. (kembali) |
| 184 | sêrang-sinêrang. (kembali) |
| 185 | mancurat. (kembali) |
| 186 | Kurang satu suku kata: asru sêsumbar. (kembali) |
| 187 | angundha-undha. (kembali) |
| 188 | malumpat. (kembali) |
| 189 | Lebih satu suku kata: babo-babo miyang acara malumpat. (kembali) |
| 190 | Lebih satu suku kata: Sri Sadalwa mundur saking ranănggana. (kembali) |
| 191 | Garibi. (kembali) |
| 192 | dikakkên. (kembali) |
| 193 | Kurang satu suku kata: dikakkên Raja Kusani. (kembali) |
| 194 | Lebih satu suku kata: Sang Jarmah angucap. (kembali) |
| 195 | kantuna. (kembali) |
| 196 | Kurang satu suku kata: milane ingaranan. (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata: dene gugurakên kang pirsa sêdaya. (kembali) |
| 198 | mèsêm. (kembali) |
| 199 | Kurang satu suku kata: sri nalendra mèsêm dènya amiyarsa. (kembali) |
| 200 | anjomblong. (kembali) |
| 201 | winiwir. (kembali) |
| 202 | Lebih satu suku kata: sang rêtna yu umatur dhatêng kang raka. (kembali) |
| 203 | anênonton. (kembali) |
| 204 | rêrangkulan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 205 | Kurang satu suku kata: cucuke lara amuring. (kembali) |
| 206 | Kurang tiga gatra ke-6 (8u), ke-7 (7a), dan ke-8 (8i). (kembali) |
| 207 | anglês. (kembali) |
| 208 | iya (dan di tempat lain). (kembali) |
| 209 | kaèksi. (kembali) |
| 210 | andêling. (kembali) |
| 211 | Jayènggati. (kembali) |
| 212 | bandabaya. (kembali) |
| 213 | tibane. (kembali) |
| 214 | Kurang satu suku kata: parise angênèni. (kembali) |
| 215 | Kurang dua suku kata: sigra pining pat. (kembali) |
| 216 | anjunjunga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 217 | ikêt. (kembali) |
| 218 | pinggang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 219 | kalajuk. (kembali) |
| 220 | onclang. (kembali) |
| 221 | awotsêkar. (kembali) |
| 222 | Kurang satu suku kata: ingkang rayi mèsêm anauri. (kembali) |
| 223 | Lebih satu suku kata: smaragamaning wong. (kembali) |
| 224 | pratingkahe. (kembali) |
| 225 | Lebih satu suku kata: ngandika sang aji. (kembali) |
| 226 | Biasanya guru lagu i: mangkin. (kembali) |
| 227 | gustiningsun. (kembali) |
| 228 | Lebih satu suku kata: langkung kangên pun kakang nah anggèr. (kembali) |
| 229 | Kurang satu suku kata: Rêtna Sariraga langkung ajrih. (kembali) |
| 230 | tinjone. (kembali) |
| 231 | Kurang satu suku kata: ingkang katon sajroning arêsmi. (kembali) |
| 232 | Lebih satu suku kata: datan kawarna ya ta wus enjing. (kembali) |
| 233 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: sang nata kinapit. (kembali) |
| 234 | kancana. (kembali) |
| 235 | taluki. (kembali) |
| 236 | linggih. (kembali) |
| 237 | Lebih dua suku kata: sagung para katong. (kembali) |
| 238 | lurahing. (kembali) |