Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 23–40)
| 1. | Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 01–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 2. | Sêrat Găndakusuma, British Library (Add MS 12294 a), 1801, #1064 (Pupuh 23–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 37v lanjutan] ---
23. Dhandhanggula
1. ya ta sigêgên sri narapati | wontên gêti[1] ingkang cinarita | ing Betal Mukadas mangke | Senapati winuwus | saicale atmajanèki | orêg wong sanêgara | pan galêdhug gunung | sêdhênge kang sato galak | apan lumrah larang udan kathah angin | lan pêrasi ing wana ||
2. pan asangêt dêlajating bumi | pan grahana surya lawan wulan | udan awu udan lawe | tanggal lintang kumukus | cèrèt taun aganti-ganti | kawah gunung lumembak | ladhu miwah lindhu | prahara lawan liwawar | wong agêri[2] lara sore esuk mati | sangêt kang gara-gara ||
3. kang kocapa wau sri bupati | Senapati pinular ing garwa | dene wau ta putrane | ingkang garwa umatur | adhuh gusti susunan mami | dhatêng ing putra tuwan | botên sagêd kantun | angur milua pralena | tan kawawa anandhang trisnaning siwi | kawula susulêna ||
4. yèn sang prabu yèn lumraha èstri | kaya nangisa agêgulungan | saking sangête rêntênge | ciptane lir sinuduk | dening gunting atatu kalih | akathah kang kagagas | anggraitèng kalbu | upami ingsun lungaa | angulati paran polahe kang kari | ya ta sri naradipa ||
5. Dèwi Ambar sinambut aririh | lah mênênga kusumaning pura | payo ginolekan dhewe | ing mangke têngah dalu | payo lunga amajang sasi | pan ari-arènira | dimèn sami kantun | ya ta mindêl Dèwi Ambar |
--- [f. 38r] ---
tan kawarna ing siyang antara latri | pan sami pêrdandanan ||
6. Rêtna Ambar lawan sri bupati | ya ta sampun sami lumêksana | dene arsa amajang lèk | mêdal ing urung-urung | kawarnaa sampun atêbih | kesah saking nagara | lampahe lumintu | kang kari sami sangsrangan | Radèn Arya Surati lara anangis | miwah kang para garwa ||
7. rame wurahan wong dalêm puri | miwah kang para ratu sadaya | sami ngulati parane | tan kawarna ing ênu | sakathahe para nêrpati | wontên ingkang kawarna | Sang Raja Têkiyur | akarsa anglurugana | dhatêng wau Sri Bupati Bandaralim | sigra nêmbang têngara ||
8. sampun pêpak bala Jongdiraji | samya akêbut kang para nata | sami tangkêpe manahe | nulya budhal sêdarum | Prabu Jaka anitih èsthi | ingkang syara gumêrah | kang bala gumuruh | antarane kalih wulan | anèng marga wus prapta ing têpis iring | prasamya ajêjarah ||
9. singa kambah brastha tan apulih | sampun prapta ing Betalmukadas | sampun kinêpung kithane | griya kathah tinunu | tiyang èstri dipun bayongi | darbèkipun jinarah | sawênèh anungkul | sigra manjing ing kêdhatyan | Prabu Jaka wus lumêbêt dalêm puri | wadya aglar ing jaba ||
10. sakathahe wadya Bandaralim | para ratu wus têluk sêdaya | samya ngidhêp parentahe | Gêndara lan Gêndaru | datan purun têluk sang aji | marod[3] sabalanira | tan arsa anungkul | mêngkana Sang Prabu Jaka | pramèsyari sêdaya dipun bêthèki | maring Sang Prabu Jaka ||
11. Radèn Surati lara anangis | sêsambate langkung amlasarsa | kang rama paran manahe | rama kawula tumut | kari wuri kawêlasasih | nêgari dika rusak | pun ibu katêlu | rama sami kinunjara | dhatêng pundi rama Prabu Senapati | tolèhên garwa dika ||
12. Ni Kênyawati lara anangis | lawan sang rêtna ayu ing Ngêsam | Kancanawungu rowange |
--- [f. 38v] ---
asru dènira muwun | aningali wawratannèki | ing mangke wus atuwa | paran solah ingsun | ugi padha kawlasarsa | kayaparan yèn ingsun duwea bayi | paran tingkahku baya ||
13. Radèn Surati lara anangis | aningali kang ibu awawrat | amlasasih sêsambate | Rêtna Kêncanawungu | aningali marune kalih | sami kawêlasarsa | tur mèh lèkipun |[4] kêkalih sami awawrat | pantês uga barênga padha alair | piye polahe baya ||
14. matur ing bibi Radèn Surati | ibu kadipundi karsa dika | awèta anèng jro bêthèk | lamun laira besuk | yèn lananga dipun pêjahi | nadyan ibu kawula | pinatenan besuk | dene-dene wus atuwa | amung dika yèn rayi kawula lair | sangêt pangeman kula ||
15. mêngkana uga wong duwe bibi | miwah maru tiniru prayoga | nora beda lan ibune | nadyan wong amêmaru | [...] | [...] | [...] | kang sawênèh têka nora | yèn kakunge angrasani arsa rabi | têlas sranduning awak ||[5]
16. pan kakunge rada ringkik-rêngkik[6] | mati dipun sêsuwèk kewala | wutuh karia satèmpèl | yèn èstri ajrih kakung | ingkang wêdi bêkti ing laki | yèn kakunge akrama | minggu kaya tugu | saking ajrihe ing priya | nora mona nora gêlêm mêmiringi | têka bisu kewala ||
17. wêtêngipun angandhut kêmiri | ewa mêngkana dadi galêpang | dadi awu kêmirine | aja pêcak kang purun | lamun ora nguntala gandhik | ingkang ajrih priya |[7] kêmiri dadyawu | mandah kang saparti buta | laki kuru nora wande dèn jêjuwing | banjur dèn kêmah-kêmah ||
18. pan mêngkana Rahadèn Surati | matur ing ibu ingkang awawrat | lah ibu anêdha lèngsèr | aminggat mangke dalu | ingkang ibu katiga angling | lah paran polahira | anggawa maringsun | Radèn Surati angucap | dawêg ibu mêdal ngurung-urung warih | anulya lumêksana ||
19. ingkang ibu katiga tut wuri | Radèn Surati munggèng ing ngarsa | datan [da...]
--- [f. 39r] ---
[...tan] kawarna lampahe | prapta ing ngurung-urung | wus winiyak ingkang sêsuri | sampun prapta ing jaba | lampahe lumintu | angambah ing wana sonya | Prabu Jaka ing wuri kalangkung runtik | ilange bêboyongan ||
20. kocapa wau Radèn Surati | lan kang ibu samya manjing wana | katiwang-tiwang lampahe | liwat ing wana agung | ibunira tansah anangis | katiga pan karuna | akathah kagugu | tansah dheprok anèng wona | rajaputra kalangkung awlas ningali | dene kawêlasarsa ||
21. lêpas lampahe sang raja pêkik | pan kasaru putri ing Karsinah | saya mêtak wawratane | Purbaningsih amuwun | ingkang raka abêbayani | dadi apa laira | adoh êlor kidul | kakang paran polah kula | dika kakang ababara anèng ngriki | tur nora nana toya ||
22. putri Ngatasangin anglarani | saya asru tangise sang rêtna | wong kalih sarêng sakite | putri Ngarsinah ngadhuh | sigra lair kang jabang bayi | kawah dadya têlaga | marmaning Yyang Agung | sinambut mring putri Ngêsam | jabang bayi miyos wanodya tur sampir | ingkang alair nungsang ||
23. wus dinusan dene Purbaningsih | Radèn Surati kadya kapinjal | akudhangdhangan solahe | mêngkana sang rêtna yu | ing Ngarsinah wus dèn sirami | nulya dèn idak-idak | Surati amuwus | ibu ratu rayi kula | sun wastani Rêtna Kasihan puniki | dene kasiya-siya ||
24. tan antara Rêtna Kênyawati | jabang bayi ababar sêksana | miyos lanang tur agêdhe | sarêng lair alungguh | ususira binêthot wani | wus tugêl nulya ilang | tan amawi marus | kang ibu mêksih kantaka | tinulungan dening para maru kalih | sinundhang sinanginan ||
25. Radèn Surati nyandhak kang rayi | arsa ingêmban nora kaangkat | kagila-gila bobote | tan mingsêr dènnya lungguh | bocah apa sira puniki | bote nora kêjamak | jabang bayi muwus | lah kakang acabar sira | mêngko uga sun jujunge awak mami | ngadêg sang roning kamal ||
24. Sinom
1. eram [era...]
--- [f. 39v] ---
[...m] kang raka tumingal | kang rayi gagah kapati | kadi Warkudarasuta | tingale andik tan sipi | nora mirib bêbayi | bisa ngadêg bisa lungguh | karaning wus mêngkana | miyos agagah pribadi | marmanipun atilar ingkang jalaran ||
2. duk kang rama pulang raras | sarya matêk donga satit | kadigdayan katabêlan | wasiyat Bagendha Amir | mulane putranèki | gagah prakosa pinujul | mêngkana ibunira | anulya dipun sirami | Dyan Surati angli mring ibu sêdaya ||
3. ibu dawêg ingaranan | samya pinatut pribadi | sun arani ariningwang | Radèn Arya Sarukrami | dene anyaru krami | têka sarêng lairipun | angli putri Ngarsinah | ingsun milu angarani | sun arani Radèn Mas Sunyakusuma ||
4. dene lair anèng wana | angling Rêtna Purbaningsih | ingsun milu asung aran | Dratasura sun arani | dene lagi alair | têka bisa cêcalathu | ri sampuning mêngkana | ya ta ing alami-lami | rajaputra pan sampun akarya wisma ||
5. adhêdhukuh anèng wana | akathah wong kang tut wuri | tumut dhêdhukuh rahadyan | kawan dasa winêtawis | ingkang milu anêpi | dhatêng wau rajasunu | ri sampuning alama | Rêtna Kasihan anangis | marang ibu nêdha sêngkang nata brata ||
6. lawan jamang mas sêdaya | lan sêkar sinurèng pati | lawan kilatbau naga | kang ibu asru anangis | ngêndi olèhku gusti | jêjalukanira agung | jamang yèn aduwea | sinjang ingsun ting saluwir | sabên dina kang pinangan gêgodhongan ||
7. sira jaluk sêkang[8] jamang | ngêndi olèh ingsun gusti | wicara yèn amangana | bêlèh kalane kariyin | mêksih Ki Senapati | wong sugih tur dadi ratu | apa kang sira têdha | pasthi sira dèn turuti | anggon-anggon kang kêbêk dene sêsotya ||
8. kaya ta măngsa kuranga | mêngko iki sira gusti | aja kang anjaluk jamang | jaluka iwak sajuwing | sira mati anangis | kaya sira nora antuk | Ni Kasihan angucap | ibu lamun norang[9] olih | datan wande ibu manira palastra ||
--- [f. 40r] ---
9. kang ibu anjrit karuna | adhuh anak ingsun gusti | ngêndi olèh ingsun nyawa | Radèn Surati marani | kalawan ibunèki | Radèn Surati amuwus | yayi anjaluk apa | pêgene têka anangis | anauri Ni Rêtna Kêncanamulya ||
10. arènira iku nyawa | daya anjaluka nasi | ana gone utang-utang | umatur Radèn Surati | punapa dèn tangisi | dene kongsi abuh balut | mênawa nêdha kêmbang | Kêncanawungu nauri | daya-deye yèn jaluka dêdolanan ||
11. kang dèn jaluk arinira | kilatbau anting-anting | êmêr lawan têbah jaja | sêngkang jamang lan calumpring | ya ta Radèn Surati | têka êlom manahipun | ingkang rayi ingêmban | tinulung dèn arih-arih | lah mênênga ariningsun Ni Kasihan ||
12. cêp mênêng uga-uga |[10] mêngko sun gawèkkên bikir | bendha kalawan kêkeyan | ingsun gawèkakên pithi | kang rayi mêksih nangis | Radèn Surati amuwus | mênêga uga-uga | mêko padha miyang kali | amèk iwak bari padha ruru gayam ||
13. nuli padha mangan gayam | sira lawuhana kêting | padha mangan kang asopla | si ibu aja kawèhi | kang rayi mêksa nangis | Radèn Surati amuwus | mênênga uga-uga | mêngko padha miyang wukir | padha amèk kêmlaka sangua uyah ||
14. bari dhudhuk uwi alas | padha mangan ingkang èci | si ibu aja kasambat | bari aruru kucacil | padha sangu têrasi | padha mangan wi kacèlu | nuli ruru widara | cêp mênênga uga yayi | pan kasaru Radèn Sarukrama prapta ||
15. amarani ingkang raka | Radèn Surati sira ngling | lah yayi sira mênênga | arènira iki prapti | mênênga uga yayi | tur sira mêngko digêbug | alah ta dudu ika | marene gawa gêgitik | ora ningan uwis mênêng arèniwang ||
16. kang rayi mêksih karuna | Radèn Sarukrama prapti | lah ngapa nangis si kakang | wong wis gêdhe sok anangis | tur dadi kombang kêdhing[11] | wong wis tuwa sok amuwun | kakang ajêjaluk apa |[12] si kakang Kasiha[13] nangis | anauri Radèn [Radè...]
--- [f. 40v] ---
[...n] Surati mêngkana ||
17. kang dèn jaluk kakangira | anjaluk raja kaputrin | angling Radèn Carukrama | lah kakang mênênga dhingin | besuk ingsun ngulati | anjaluk marang sang prabu | Ratu Kabah Budiman | sugih pangago[14] kang adi | nulya mênêng kang nama Rara Kasihan ||
18. Radèn Surati angucap | nora yèn bocaha cilik | dene iku têka gampang | tinulung dhatêng kang rayi | dene sun arih-arih | kongsi akaku atiku | kaya milu nangisa | saprandene maksih nangis | dene iku gènnya nulung nora pira ||
19. wus lawas Rêtna Kasihan | kang rayi tansah tinagih | yayi êndi utangira | sanggupmu nulya ngulati | dene kongsi alami | Radèn Sarukrama muwus | lah kakang sabarêna | bêlèh apa nuli olih | dene kaya anjaluk marang si kakang ||
20. mêngko ingsun arêmbulgan[15] | lawan Si Kakang Surati | ingkang raka pinaranan | kakang priye polah iki | si kakang anêmêni | kala anangis ngong tulung | têka nagih maringwang | pikire kakang Surati | payo padha ngawula marang sang nata ||
21. ratu i Kabah Budiman | ujare bêlabèng budi | payo padha angawula | lingira Radèn Surati | yayi sira angabdi | basanira kowe aku | măngsa nuli kanggoa | sisip-sisip amatèni | lamun mati măngsa olèha busana ||
22. tur akèh têmên Wêlănda | hèr dêlèwèr mara tami | patute ingambil tundhan | suthing-suthi[16] yayi suthing | wong ana ing nêgari | tan bisa cara Lumayu | pasthi dadi tabokan | dèn gêpoka sirah mami | mendahane baya sun palaur pêjah ||
23. angling Radèn Carukrama | sun pêksa kakang Surati | gêlêma nora gêlêma | pan sira sun ajak ngabdi | mojar Radèn Surati | alah iya dudu padu | têka aparipêksa | yèn kêna yayi sun pênging | dene sira yayi nora bisa basa ||
24. mojar Radèn Carukrama | mohale yèn wus alami | kadêr pira wong abasa | iku dèn arani iki | kowe iya sirèki | angarani [anga...]
--- [f. 41r] ---
[...rani] dhèwèk iku | apa tan mêngkonoa | lingira Radèn Surati | alah dalah basane têka akithal ||
25. ingkang jamak wong abasa | basa iya iku inggih | basa aku iku kula | iku wong abasa yayi | kang rayi anauri | mara kakang dèn agupuh | kang raka angandika | sun matur ibu kariyin | ibu ibu kula dèn ajak ngawula ||
26. Ni Purbaningsih angucap | sapa kang ngajak sirèki | ibu yayi Carukrama | amêksa ngajak angabdi | angling Ni Purbaningsih | mênawa kêna sêsiku | wong nora bisa basa | umatur Radèn Surati | kadipundi kawula pinêksa-pêksa ||
27. Rêtna Purbaningsih ngucap | pêngingên arimu gusti | kapengin dadi boyongan | ibune kabèh puniki | lah pêngingên Surati | Radèn Surati amuwus | dika pênging piyambak | kawula ibu awêdi | putra dika botên kêna dipun ampah ||
28. sigra Radèn Carukrama | kang raka dèn jêlah-jêlih | kakang Surati dèn egal | angling Rêtna Purbaningsih | yèn mêksa putra mami | wurukên basaning ratu | Radèn Surati kesah | Rêtna Kasihan anangis | sigra wangsul kang rayi nulya ingêmban ||
29. lah mênênga uga-uga | ujare manuk kudhasih | aja cucuk-cucuk mata | anucuka sukêr sakit | dimèn gêlis birai | nuli dèn lamar ing ratu | anggawa sêsêdhêngan | pacangane ari mami | anak ratu abagus tur wicêksana ||
30. ing besuk lamun aningkah | ingsun ingkang dadi wali | ki ipe kang bagus mana | cêp mênênga uga yayi | tur dadi kombang kêdhi | wong wis gêdhe sok amuwun | mindêl Rêtna Kasihan | sinèlèhakên tumuli | ingkang raka tan antara sigra kesah ||
31. lan Radèn Sunyakusuma | samarga dèn pituturi | tingkahe olah jatmika | datan kawarna ing margi | lampahe sampun prapti | ing nagri sang rajasunu | pan sampun angawula | ing wau rahadèn kalih | tinanggênah dadi lurah panakawan ||
32. sampuning alama-lama | Radèn Surati kadêling | dhumatêng [dhu...]
--- [f. 41v] ---
[...matêng] sri naranata | nora ta bocah puniki | ana iribe ugi | apane dudu adhiku | kang kari ing nêgara | sun tilar mêksih acili | bocah iki sok amandêng marang iwang ||
33. ingsun takonane uga | angandika sri bupati | kulup sapa aranira | umatur Radèn Surati | kawula pun Surati | angandika sang aprabu | lah iku apanira | lan sapa arane malih | lan maninge ing ngêndi pinangkanira ||
34. umatur ingkang tinanya | pinăngka kawula gusti | saking dhêkah Pringgabaya | wisma kawula ing nguni | rare punika gusti | rayi kawula pukulun | yitnanira sang nata | bocah amêmadha warni | arèningsun wismane Betal Mukadas ||
35. lawan lola tanpa kadang | iki ta aduwe ari | nanging yèn sun sawang-sawang | sapolahe warnanèki | iya uga Surati | emane duwe sadulur | yitnane rajaputra | sang nata yèn sun tingali | iya uga si kakang seda ing paran ||
36. mohal si lamun uripa | dene ginawa ing mali[17] | dèn cidra ing Prabu Jaka | rahadèn waspanya mijil | sang nata ngandika ris | ya pêgene sira muwun | matur raja pinutra | mila kawula anangis | gih pun biyang kula tilar botên mangan ||
37. sang nata wêlas ing nala | angandika sri bupati | mênawa ana kêrasa | ingsun kang sira tingali | baya ana kang mirib | ingkang kaya warnaningsun | sira èmpêr-èmpêra | umatur Radèn Surati | botên darbe sadulur kang mirib tuwan ||
38. nuli sira pinaringan | arta kalawan wastra di | miwah Radèn Carukrama | ya ta sampun pinisalin | lintang bungah kang ati | radèn kalih sampun mantuk | mring dhukuh Pringgabaya | prapta ibu dèn tuturi | ibu ibu kula pinaringan arta ||
39. yayi dèwi marenea | suwèha tapih garingsing | ya ta Ni Rêtna Kasihan | ing raka dèn kaluluti | ingkang rayi tinagih | Carukrama di olèhmu | ingkang rayi angucap | tênèh-tênèh besuk maning | ênya picis sira atukua sêngkang [sêng...]
--- [f. 42r] ---
[...kang] ||
40. kang ibu samya atanya | paran polahira gusti | Radèn Surati angucap | ibu ibu sri bupati | kadi kakang dipati | warnanipun sang aprabu | sok kula tumingala | sok kudu arêp anangis | batên mirib warnane sampun si kakang ||
41. ibu lawan sri nalendra | sok kula dèn titi-titi | angling kang ibu sêdaya | priye aturira gusti | matur Radèn Surati | gih matur yèn saking gunung | punika wisma kula | kang ibu wêcana aris | besuk maning matura maring sang nata ||
42. yèn sira adarbe kadang | sampun jinêmpana ngangin | dèn cidra Sang Prabu Jaka | sira matura sayêkti | ya ta rahadèn kalih | samya amit dhatêng ibu | aseba mring sang nata | Ki Prabu Anom marani | sri naledra[18] kumêmbêng brăngta kasmaran ||
25. Asmaradana
1. sang nata ngandika aris | sapa rane arènira | Radèn Surati ature | awasta pun Carukrama | sang nata angandika | pira kèhe sadulurmu | Radèn Surati tur sêmbah ||
2. gangsal kathahipun gusti | sang nata malih ngandika | lah sapa arane kabèh | Radèn Surati anambah[19] | pun kakang ingkang tuwa | jêjuluk Sujalma prabu | wontê[20] dene kang panênggak ||
3. sampun jinêmpana ngangin | pun kakang ingkang panênggak | nutên kawula arine | anutên Rara Kasihan | nutên pun Carukrama | angandika sang prabu |[21] iku tunggal bapa biyang ||
4. umatur Radèn Surati | pan sami sanès wêwadhah | angandika Prabu Anom | kakangira ingkang pêjah | sapa arane baya | lawan arènira iku | wastane sira tutura ||
5. Radèn Surati wotsari | nênggih wastane pun rama | Senapati ing Palugon | ing Bandaralim nêgara | kêkasihe pun kakang | ingkang sedan[22] dening pandung | Rahadèn Găndakusuma ||
6. dadya pangeran dipati | pun kakang kang seda paran | ya ta nuli sang akatong | angrangkul sarwi karuna | dhuh nyawa arèningwang | nora nyana atêtêmu | yayi ingsun lawan [lawa...]
--- [f. 42v] ---
[...n] sira ||
7. adhuh arènisun yayi | ana ngêndi sira nyawa | aja nangis arèningong | balikan sira tutura | yayi aja karuna | sira wartaa maringsun | yayi lah sira mênênga ||
8. Surati mêksih anangis | sarwi anungkêmi pada | kadya sinêntak tangise | sang nata alon ngandika | yayi uwi[23] mênênga | ka rayi anulya matur | kawula botên anyana ||
9. sang nata ngandika aris | yayi wis sira mênênga | apajara arèningong | kayaparan polahira | Surati atur sêmbah | kawula atutur-tutur | mendah dika uningaa ||
10. kanjêng rama Senapati | kesah ngulati paduka | lawan ibu ing kêdhaton | saungkure rama tuwan | ing Bandaralim risak | pan kancikan dhatêng mungsuh | Prabu Ja angêdhatyan |[24]|
11. pun ibu dipun bayongi | denera Sang Prabu Jaka | kawula arsa pinatèn | nutên kawula amigat[25] | lawan ibu katiga | dupi prapta ing wana gung | ibu kalih apêputra ||
12. nênggih ibu Kênyawati | ingkang aputra wanodya | Rêtna Kasihan wêstane | pun ibu ingkang taruna | ingkang pêputra lanang | kang munggèng ngarsa sang prabu | punika rayi sampeyan ||
13. ya ta rinangkul tumuli | Rahadèn Sunyakusuma | sang nata lêga manahe | amiyarsa aturira | sang prabu angandika | mulane sira lumêbu | angawula marang ingwang ||
14. umatur Radèn Surati | mila kawula suwita | inggih rayi sang akatong | Ni Kasihan ambêbana | anêdha sêngkang jamang | angandika sang aprabu | lah yayi sira muliha ||
15. anggawaa bala mantri | kanjêng ibu bayongana | tan antara sang akatong | wus animbali punggawa | wahanane sumêkta | joli jêmpana lan tandhu | tan antara nulya bubar ||
16. lampahe Radèn Surati | lawan Radèn Carukrama | wus prapta dhukuh lampahe | ingkang ibu tinuturan | ri sampuning mêngkana | sampun bubar saking dhukuh | datan kawarna [ka...]
--- [f. 43r] ---
[...warna] wus prapta ||
17. kang para ibu anangis | sang nata kinusya-kusya | amlasasih sêsambate | mêngkana Rêtna Kasihan | sinambut mring sang nata | ingaras-aras pinangku | langkung sihira sang nata ||
18. dene èstri kawlasasih | nulya sira binusanan | pêpêk kang rajakaputrèn | kadi gambar wêwangunan | Surati ingandikan | lan Carukrama wus rawuh | samya sinungan busona ||
19. kang rayi Radèn Surati | sampun pinatêdhan bawat | pan kalih lêksa linggihe | Radèn Arya Carukrama | pinatêdhan tan arsa | kêdah anêdha ing dhukuh | sang nata aris ngandika ||
20. lah kaya ngapa Surati | yayi mas tan bisa basa | Radèn Surati ature | sampun kodrat alit mila | sang nata angandika | Ni Sarirasa inguwuh | yayi sira marenea ||
21. nulya prapta kusuma di | sri naledra angandika | lah yayi kaya kapriye | arènira Carukrama | nora bisa abasa | Rêtna Sarirasa muwus | pan agampil ingusadan ||
22. lingira sri narapati | yayi sira tambanana | Rêtna Sarirasa age | anyambut tirta sarengat | anulya ingujukan[26] | Carukrama sigra dhêku | saking tirta tatakrama ||
23. sampun kapatêdhan lampit | kêndhaga lan payung bawat | kalih lêksa lêlinggihe | adalêm ing padhukuhan | kang aran Pringgabaya | Radèn Surati winuwus | adalêm saloring pasar ||
24. sawise alami-lami | sang nata miyos sineba | pêpak sagung para katong | aglar anèng panangkilan | Radèn Kanekaputra | ingandikan ing sang prabu | sigra majêng Radèn Mustal ||
25. angandika sri bupati | kakang sira udhangana[27] | sakèh wadyaningsun kabèh | yèn ana wong lêlampah |[28] sasomah larangana | sira aturna maringsun | aja pilih-pilih jalma ||
26. nadya satriya bupati | wong desa ratu pandhita | yèn lumaku sakaroron | sira aturna maringwang | Radèn Mustal tur sêmbah | yitnane kang para ratu | ana
--- [f. 43v] ---
paran iki baya ||
27. dene asangêt nêrpati | pangandikane mêngkana | kaya ngapa ing karsane | mêngkana ciptaning bala | ya ta sri naranata | kondur ngadhaton sang prabu | Radèn Mustal udhang-undhang ||
28. sagunging kang wadya alit | prasamya mirsa sêdaya | wus têkèng têbih wartane | ingkang lêlakon sadina | tigang latri sapasar | padha mirsa undhangipun | miwah lêlakon sawulan ||
29. pan samya amirsa warti | larangane sri naledra | padha amituhu kabèh | tan purun mursal ingundhang | kang purun pinaradhah | datan kawarnaa wau | wontên ganti cinarita ||
30. ingkang atilar nêgari | Sri Naledra Bandariman | tansah kalawan garwane | gènira jajah nêgara | pan asawang kunarpa | warnanira sang aprabu | tan anedra[29] datan dhahar ||
31. lamine tilar nêgari | tan wruh rasane adhahar | amung godhongan dhahare | miwah wowohaning wana | kang dadi dhaharira | warnanira kusuma yu | kadi kêrtas wêlantênan ||
32. sang ayu tansah anangis | umatur dhatêng kang raka | paran karsa sang akatong | putra tuwan tan kapêdhak | têlas sakèhing praja | kawula aturi kondur | kawula datan kawawa ||
33. angandika sri bupati | nora mulih-mulih ingwang | yèn tan katêmu nak ingong | nadyan ki putra pêjaha | kunarpane panggiha | yèn upama tan katêmu | sun palaur mati wona ||
34. pan ingsun tan arsa mulih | lahêng matia nèng wona | upami muliha ingong | angwirang ing balaningwang | angur pêjah ing paran | lamun sira arsa mantuk | ingsun utapakên[30] sira ||
35. Rêtna Ambar anauri | yèn mangkatên karsa tuwan | kawula tumut sang katong | sanadyan pêjah gêsanga | tan purun pisah tuwan | angandika sang aprabu | yayi karsaningsun uga ||
36. akarsa lêbua pati | saprandene ingsun gêsang | kapêgatan trisna gêdhe | baya ta angur matia [ma...]
--- [f. 44r] ---
[...tia] | lingira Dèwi Ambar | punapa karsa sang prabu | kawula datan lênggana ||
37. nanging atur kula gusti | lah punapa karya marga | sang nata pangandikane | yèn sira sêtya maringwang | ana uga dêdêlan | Ni Rêtna Ambar umatur | kawula sêtya ing tuwan ||
38. angandika sri bupati | iki yayi ana marga | Kabah Budiman arane | iku akarya larangan | lamun ana wong liwat | sasomah iku pinudhut | iku laranganing nata ||
39. payo yayi labuh pati | alah sinuduk sarira | kêna bêbêndu patine | iki ta marga arata | milih marga kang apa | dadi sahid patèningsun | lah yayi payo sinêrang ||
40. nulya sang nata lumaris | dhatêng ing Kabah Budiman | tansah kalawan garwane | amung patine kaetang | sinrahakên Yyang Suksma | tan kawarna lampahipun | prapta ing Kabah Budiman ||
41. datan kawarna sang aji | kocapa kang saking sohan | Patih Dasabau mangke | kagyat sang nata tumingal | wong lumampah sasomah | kang priya litang[31] bagus |[32] kang èstri ayu kalitang ||
42. bramatya rêkyana patih | tumêdhak saking turăngga | pinapagakên sira ge | ki bagus para mandhêga | sumaur kang tinanya | sun mandhêg apa gaweku | Raja Dasabau mojar ||
43. têka amandhêga dhingin | ngêndi umah pêkênira | kalawan sapa arane | sang nata aris ngandika | yèn ingsun tanpa wisma | saênggèn-ênggène turu | Ki Sena aran manira ||
44. Raja Dasabau angling | pêkênira iku katrap | kêna laranganing katong | dene lumampah sasomah | iku mulane katrap | sang nata aris amuwus | wong lumaku ana apa ||
45. tan eca wuwuse rèki | apa sira abêbegal | lah iya sapa tatane | wong lumaku linarangan | nadyan gawaa somah | ingsun nora angrêrabut[33] | apan somah ingsun dhawak ||
46. Dasabau lingira ris | wêruh yèn rabine dhawak |
--- [f. 44v] ---
ujar larangan sang katong | sapa lumaku sasomah | alapên kang wanodya | sira aturna maringsun | iku timbalaning nata ||
47. angandika sri bupati | matura mring ratunira | lamun ingsun nora awèh | yèn ingsun maksih agêsang | ing benjang ingsun suka | yèn manira têkèng lampus | iku pisah rabiningwang ||
48. bramatya rêkyana patih | nanging emut manahira | arsa cinêkêl sang katong | mênawa dede kang karsa | Prabu Găndakusuma | sira karia karuwun | ingsun matur ing naledra ||
49. hèh bocah tunggunên iki | aja awèh lunga-lunga | Raja Dasabau age | lumampah asêsandêran | matur ing sri naledra | măngka sira sang aprabu | sineba ing pagêlaran ||
50. pêpêkan para nêrpati | miwah Radèn Carukrama | Surati anèng ngarsane | Raja Dasabau prapta | matur dhatêng sang nata | kawula nuwun pukulun | wontên têtiyang lumampah ||
51. akalihan kang pawèstri | warnine kalangkung endah | ingkang priya kêkasihe | awasta gusti pun Sena | sanggupe tanpa wisma | sang nata kèndêl pan dangu | awêkasan angandika ||
52. dhatêng Rahadèn Surati | sira yayi lumakua | para pariksaa age | kang rayi pamit anêmbah | lumampah sêsandêran | tan kawarna lampahipun | sarêng wau katingalan ||
53. byar mulat Radèn Surati | saking têbih katingalan | rajaputra nora supe | kalamun sudarmanira | Radèn Putra tumêdhak | saking turoga[34] lumayu | niba tangi kapang-kapang ||
54. anulya dipun sungkêmi | kang rama sarwi karuna | amlasasih sêsambate | kang rama kinusya-kosya[35] | kang rama wlas tumingal | kang putra sigra rinangkul | kang ibu asru karuna ||
55. angandika sri bupati | lah kulup sira mênênga | sira tutura nak ingong | lah uwis sira mênênga | gusti apêpoyana | mulanira sira nusul | sapa kang tunggu nêgara [nêga...]
--- [f. 45r] ---
[...ra] ||
56. umatur Radèn Surati | nêgari sampeyan risak | Ki Prabu Jaka wêstane | punika ingkang abêdhah | mangke sampun kacikan[36] | sêkathahe para ratu | sami anukul[37] sêdaya ||
57. dhatêng Prabu Jongdiraji | pun ibu dipun kujara[38] | kawula arsa pinatèn | anutên kawula minggat | kalih ibu têtiga | sarêng prapta ing wana gung | ibu kalih apêputra ||
58. wawratanipun alair | mêdal èstri rayi kula | nutên ibu ing kadhaton | ababar sarêng sadina | miyos jalu punika | akêras lamun amuwun | awasta pun Carukrama ||
59. amiyarsa sri bupati | lamun nêgarane rusak | kumêjot padon lathine | wêdana kadya sinêcang | andik ulat lir surya | kêtêge arêbut pujul | mênggah sarya têbah jaja ||
60. ya ta Rahadèn Surati | tumingal kang rama duka | nulya matur awotsinom | kawula atur uninga | pun kakang ingkang seda | ing mangke sampun katêmu | wontên ing Kabah Budiman ||
61. ingkang jumênêng nêrpati | inggih kangmas radèn putra | balanipun sami katong | mila adamêl awisan | paduka ingulatan | ing mangke tuwan katêmu | dados suka sri nalendra ||
62. kagèt kumênyut kang galih | Senapati amiyarsa | lir wong mati urip malèh | ciptanira sri naledra | miwah Ni Rêtna Ambar | lir siniram banyu wayu | kumêpyur radèn ing driya ||
63. sigra Rahadèn Surati | utusan atur uninga | dhumatêng Sang Prabu Anom | datan kawarna sêmana | Prabu Anom lumampah | para garwa kabèh tumut | miwah kang ibu têtiga ||
64. tan antara pan kaèksi | sang nata nulya tumêdhak | miwah para garwa kabèh | lawan kang para naledra | Prabu Anom tumingal | padaning rama rinangkul | kang rama ngaras lungaya ||
65. kang ibu lara anangis | kang putra ingaras-aras | tansah rinangkul putrane | anulya kang para garwa | sami sujud sêdaya | sri bupati alon muwus | kadya [ka...]
--- [f. 45v] ---
[...dya] mijila kang waspa ||
26. Mijil
1. uwis kaki prabu payo mulih | malêbèng kadhaton | aja suwe iya ana kene | sigra bubar sagung para rabi | nutên ingkang wuri | para ibu-ibu ||
2. wurining ibu kang rayi-rayi | ing wuri sang katong | lawan kang rama jajare lampahe |[39] sri bupati awahana èsthi | Prabu Anom nitih | kuda saking Babul ||
3. ingkang rama anitihi èsthi | mubyar kang pêngago[40] | murub muncar lir mas panganggone | rarab sangkêlat acih rinukmi | tulale ngulêsi | kadya kuwung-kuwung ||
4. apalisir kêncana rinujit | sinotyanan ijo | pathola wungu umpar-umpare | pinalisir ing sutra mas jêthi | pêlana rinukmi | sotya mawur-mawur ||
5. pangapite sutra bang rinujit | sinêlanan ijo | udaraga kinarya luhure | atêlajug kêcana[41] rinukmi | ajamang mas adi | sêsotyane mancur ||
6. apus buntut atate bang wilis | amawi pêraos | apamêkak mas murub kênyare | gadhing bêlongsong kêncana abrit | tur rinajah warni | tinon lir andaru ||
7. kang upacara tata ngidêri | kêkacu myang bakor | kidang ardawalika jajare | banyakdhalang miwah sawunggaling | kangkam tan atêbih | bèri kêndhang tunggul ||
8. ing ngarsa dulur punang pêdhati | ing wuri garêbong | tandhu joli carupung jajare | têtunggangan manggung para sêlir | ing ngarsa narpati | kuda dèn kêkarung ||
9. tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng kadhaton | para putri wus malêbu kabèh | samya mapag ing wijil ping kalih | ratu endra prapti | para putri kumpul ||
10. prapta dalêm sang nata alinggih | pawongane ngisor | para putri bêbatur pranahe | Sarirasa lawan Sariragi | nèng kering narpati | sang nata tumungkul ||
11. munggèng kanan kang rama narpati | putra lit pinondhong | pramèsyari munggèng ing keringe | Carukrama lan Radèn Surati | ing natar alinggih | samya marikêlu ||
12. sri bupati angandika aris | kaki Prabu [Pra...]
--- [f. 46r] ---
[...bu] Anom | paran mulanira anèng kene | dene ing kuna binêkta maling | mêngko sira kaki | têka madêg ratu ||
13. Prabu Anom matur angabêkti | atutur lêlakon | purwa madya têkèng wêkasane | sampun katur ing Sang Senapati | Sang Rêtna Pramèsthi | pinandêng adangu ||
14. Senapati angling jroning ati | mri Ni Sariraos | apa maning yèn ora sêktine | wong sajagat măngsa ana tandhing | asêkti tur ading[42] | tan ana kang pujul ||
15. sajênêng isun urip puniki | ingsun durung tumon | kang kadya mantuningsun warnane | pan mêngkana yèn ngucapa aji | langkung Senapati | amrawata sunu ||
16. Ni Sarirasa dinuk ing lingring[43] | miwah para sinom | Senapati kalangkung manahe | pan angrasa tuwuk tanpa bukti | Senapati nolih | mèsêm Abararum[44] ||
17. sri bupati aningali malih | iki putraningong | adoh lawan kakang-kakangane | Ni Rêtna Kênyawati dèn tolih | mèsêm Kênyawati | pra maru andulu ||
18. sri bupati angandika aris | kaki Prabu Anom | kayaparan karsanira anggèr | dene nêgaranira kalindhih | nagri Bandaralim | apa tan rinêbut ||
19. eman kaliya ing Bandaralim | matur Prabu Anom | angantosi paduka praptane | nadyan kawula atalang pati | lamun angsal idin | paduka pukulun ||
20. ngling kang rama kayaparan kaki | anganti maringong | apan uwis darbenira dhewe | Prabu Anom matur angabêkti | saking kawula jrih | kapara ing ngayun ||
21. ingkang rama anauri manis | nora anak ingong | ingsun nyawa dadi bêbantêne | sadulurira ing Jongdiraji | yêkti ika wani | aprang lawan ingsun ||
22. nadyan sêmono ingsun lakoni | sira ingsun bongbong | Prabu Anom anuhun ature | punapa têdah paduka aji | anjabêl nêgari | ngandika sang prabu ||
23. lamun sira kaki mangun jurit | aja sasi mêngko | besuk [besu...]
--- [f. 46v] ---
[...k] Dulkaji bêcik lakune | têrus ing taun widune[45] bêcik | salinana gêndhing | bayane kapungkur ||
27. Pangkur
1. sigêgên sri naranata | kang kocapa sang prabu ing Surandil | Prabu Sujalma winuwus | kalawan ingkang paman | Jayèngsêkar lagya rawuh lan sang prabu | ing Bragêdad sarêng prapta | kalih samya bêkta rabi ||
2. lingira Prabu Sujalma | paman êmas kadospundi pun yayi | punapa sampun katêmu | nauri Jayèngsêkar | tan kapanggih arinira ingsun ruruh | lawan yayi Darundana | sakèh nêgara wus ênting ||
3. ingsun kulup mirsa warta | ramanira anusul angulati | lawan kakang ratu ayu | tanbuh têmên oraa | saungkure ramanira kakang prabu | ing wuri nêgara rusak | Prabu Jaka ingkang ngêndhih ||
4. kumêpyur rasaning manah | sri nalendra kalawan inèki |[46] Căndrakusuma amuwus | yayi apa têmêna | ingkang rayi Sang Darundana umatur | gih punika têksih warta | dèrèng uninga pribadi ||
5. adan Ni Căndrakusuma | êmbanira tinibalan[47] tumuli | ingkang aran Jim Sêmadun | nyawa sira priksaa | nêgarane kakang prabu apa gêmpur | Jim Sêmadun apamitan | sigra maring Bandaralim ||
6. wantu lampahing siluman | yêkti beda lawan lampahing jalmi | sakêdhap anuli rawuh | ing Surandil nêgara | Jim Sêmadun aris matur ing sang ayu | inggih yêktos lamun bêdhah | nêgari ing Bandaralim ||
7. ingkang wontên ing kadhatyan | Prabu Jaka nêgari Jongdiraji | Prabu Sujalma gêgêtun | angling dhatêng kang paman | paman êmas miwah kangjêng paman prabu | kadipundi ingkang karsa | ing măngsa mangke puniki ||
8. dene nêgarane rama | dawêg paman rinêbat ing ajurit | sênadyan rama tan rawuh | andika jumênênga | lintang owêl diaciki Si Takiyur | dene tan pedah ing sanak | angrêrusak iku yayi ||
9. angling Radèn Jayèngsêkar | yèn mêngkono yayi mas kadipundi | Raja Darundana muwus | punapa karsa dika | pan kawula kakang darma
--- [f. 47r] ---
lumaku |[48] mojar Radèn Jayèngsêkar | yèn mêngkono yayi aji ||
10. dika mulih mring Bragêdad | dika kêrig sawadyanira yayi | lawan dika asung wêruh | ing Gêndari Gêndara | dipun egal yayi jêngandika mantuk | kapanggiha ing payudan | yayi ing sasi Dulkaji ||
11. sigra budhal kang gêgaman | tan kawarna lampahira ing margi | wontên gênti kang winuwus | sang prabu ing Karustam | Abudhardha ing mangke sampun angrungu | lamun raja ing Bragêdad | anglurugi Bandaralim ||
12. sampun anêmbang têngara | nulya budhal Abudhardha tumuli | sang natèng Sêndhu wus ngrungu | Sumbagi lan Sumbaga | sigra nêmbang têngara nulya lumêbu | Sri Bupati ing Ngarsinah | Wiramaya mirsa warti ||
13. sampun anêmbang têngara | sigra bubar samêkta ing ajurit | Nata Ngêsam wus angrungu | Ki Patih Kalamolah | atêngara sigra budhal tan asantun | gênti ingkang kawarnaa | Prabu Jaka Jongdiraji ||
14. kang jumênêng natèng Bandar | sampun mirsa yèn arsa dèn lurugi | dening sagung para ratu | ya ta Sang Prabu Jaka | sigra miyos sineba ing para ratu | ratu kêmbar kawan dasa | Umbara ing Gilingwêsi ||
15. pêpak sadaya aseba | ingkang eyang Prabu Jaka wus prapti | ana ratu lagya rawuh | ing Ngabêsah aseba | Patih Mêdhangmiring sampun munggèng ngayun | wontên malih ratu prapta | ing Paranggubarja nagri ||
16. sami ambantoni yuda | ratu sèwu ingkang bantu ngajurit | sigêgên Raja Têkiyur | gênti ingkang kocapa | kacarita ing Kabah Budiman Prabu | sampun prapta ing sêmaya | arsa anglurug sang aji ||
17. apan sagunging wahana | dina so[49] budhalira narpati |[50] Si Takêrbumi tinabuh | lir lidhu[51] kang pratala | sigra budhal ingkang lumampah ing ngayun | Dasabau Sri Nalendra | ingkang kutha Kăndhabumi ||
18. nitih èsthi binusanan | tunggul abrit kinon[52] têka
--- [f. 47v] ---
ngajrihi | saha payung-payung agung | ingiring balanira | myang pêpatih lawan mantu Dasabau | ingkang lumampah ing wuntat | Raja Pamutung ing Jênggi ||
19. samarga atêtabuhan | sawahana kuda dinulu atri | kang munggèng wuri Pamutung | natèng Kusani ika | nulya ratu ing Turki Raja Pamangsul | kang anèng wuri Kusanya | ing Kore Raja Subagi ||
20. kang munggèng wuri Sumbaga | Sri Kaskaya nagrine ing Parasi | ing Ngabêsah Raja Makrub | wuri natèng Kuresan | Jayèngkrama jêjulukira sang prabu | ing wuri Raja Pamunah | ing Babul ingkang nêgari ||
21. wurine Rajèng Sadalsah | Sri Sadalwa iku araning aji | kasêdhahan bêkta tunggul | bèri kalawan kêndhang | lawan pêdhang kangkam binêkta sang prabu | ing wuri sang natèng Dustam | lawan putrane kêkalih ||
22. ing wikinge[53] Raja Kusmar | para putri kawan dasa sawiji | nulya para ibu-ibu | kalawan Sarirasa | Sariraga tunggal sawahananipun | Sang Rêtna Yu Sarirasa | wahana joli rinukmi ||
23. Prabu Anom munggèng wuntat | anitihi kuda pun Jayènggati | panungkule rajèng Babul | binusanan bra mucar | sri bupati anitih dipăngga agung | rinêngga busana mubyar | ajajar dènya lumaris ||
24. Prabu Anom pinayungan | susun tiga wasiyat Bagendha Mir | ikang angiring nèng pungkur | Radèn Kanekaputra | miwah Radèn Carukrama padha dulur | Radèn Surati kalawan | wadya supênuh kang ngiring ||
25. abubul punang lumampah | ngarsa wuri datan wontên kaèksi | irêng lir sêmut adulur | lir gunung kawêlagar | lir sêgara rob bêlabar tri gumuruh | kadi guntur ing akasa | pinirsa agêgirisi ||
26. ingangkat Sang Kuru Nata | myang bra pênuh Kuru kula tan wiwrin | myang branandik ing rat pênuh | sêsêking wadya nata | kadya warsa kantaki lan rinungu |[54] kadya wukir guntur brama | lir jalanidi angalih ||
--- [f. 48r] ---
27. tingkahing ranwaha têkat | bala asrang mawur watang agathik | lir gunung gêni lêlaku | gajah turăngga nata | yèn pinirsa lir obah sêgara agung | rêrêm surêm kang buwana | pêtêng datan ana angin ||
28. datan kawarna ing marga | lampahira prapta ing têpis iring | kandhêg anèng wana agung | dunung sigra magêlar | abêbiting sabala sajuru-juru | antara sigra magêlar | sang prabu sinom pangrawit ||
28. Sinom
1. kocapa Ki Prabu Jaka | kang lagi tata abaris | arsa amapag ing yuda | wus pêpak sawadyanèki | miwah para nêrpati | sigra bubar tan asantun | wadyabala gumêrah | awêndran punang lumaris | kadi guntur pratiwi lawan akasa ||
2. prapta ing têgal payudan | sadaya samya bêbiting | prênahe yun-ayunan |[55] ing bêngawan catur adi | kang bêbiting nèng nginggil | wau Sang Raja Têkiyur | natèng Kabah Budiman | ing ngandhap dènnya bêbiting | prênahipun apan sakilèn bêngawan ||
3. sakuloning pabarisan | wontên aldaka ainggil | mèh kasundhul ing akasa | kalintang dènira inggil | wastane punang wukir | Gunung Trusina puniku | nênggih Gunung Trusina | tan kêna kambah ing jalmi | gunung iku isi sakathahing braja ||
4. yèn wontêna ingkang ngambah | wutuh yèn kari sanyari | singa ingkang katêrajang | pasthi luluh tanpa dadi | kiwa têngêning ardi | ingapit sêgara agung | aran Sêgara Rasa | toyane awarna kalih | pan kêkalih sêgara angapit arga ||
5. sing sapa amaca surat | sasmitane dèn patitis | tingkahe ulih-ulihan | Ki Prabu Anom puniki | mulih ing angsalnèki | amawi akarya pupuh | dèn sami agraita | sasmita langkung adhêmit | yèn awikan bisa amraceka cepta ||
6. kang nama Ki Prabu Jaka | enjang sampun tata baris | miwah wong Kabah Budiman | wus tata kang punang baris | mariyêm [mariyê...]
--- [f. 48v] ---
[...m] dèn sulêdi | monya ingkang ulu-uluk[56] | sami tantang-tinantang | gamêlan monya rêrangin | kang sawanèh abêksa cara Mêkasar ||
7. sakèhing kang para nata | sama gamêlan pribadi | sarêng muni kang pradăngga | kadi mêcahêna kuping | kadi rubuh kang langit | syaraning kuda gumuruh | surak ambal-ambalan | kêndhang gong kalawan bèri | wus acampuh sênjata sami sênjata ||
8. wontên ratu kapir mara | dèn iring wadyane rèki | praptèng ing rana sêsumbar | payo papagêna mami | sapa kang arêp mati | papagêna tandang ingsun | lah mara kêmbulana | dèn kaya mênjangan mati | kapiyarsa dene wong Kabah Budiman ||
9. sigra Sang Raja Pamunah | ing Babul nulya mêtoni | Prabu Anom angandika | lah iya sri narapati | sun srahakên ing Widi | nulya sang nata ing Babul | mangsah sabalanira | sang nata anitih èsthi | sikêp gada wawrat dhomas pitung dasa ||
10. ri sampun ayun-ayunan | acampuh kang wadya alit | arame sêrang-sinêrang | aganti bêdhil binêdhil | rame asilih ukih | arame buru-binuru | rame tumbak-tinumbak | rêmpu watang gênti kêris | bêdhil muni syarane lir gunung rêbah ||
11. agor-agor kang gamêlan | katanggor kêndhang lan bèri | kalindhih kang wadya kopar | balane Raja Majusi | sang nata wus apulih | umangsah bala ing Babul | kalindhih wadyanira | sang nata nulya mapulih | yun-ayuna[57] Majusi lawan Pamunah ||
12. Raja Pamunah angucap | sapa aranmu prajurit | Raja Majusi sru ngucap | ingya ingsun Sang Majusi | Tilampung nagri mami | sira lah sapa aranmu | angling Raja Pamunah | Sang Pamunah aran mami | nagri Babul iya ingsun kang parentah ||
13. Raja Majusi angucap | sira anggadaa dhingin | nglingira Raja Pamunah | sira anggadaa dhimin | angling Raja Majusi | lah iya ingsun karuwun | pan sira tadhahana | Raja Majusi sira glis | punang gada ingangkat sarya apêtak [apê...]
--- [f. 49r] ---
[...tak] ||
14. prayitna sarwi angucap | anêbut namaning Widi | saryya akudhung malela | nulya ginada tumuli | lir gêlap syaranèki | Raja Pamunah asaguh | Raja Majusi ngucap | lah payo maraa gitik | anauri Raja Pamunah lah iya ||
15. Pamunah angikal gada | sigra mara marêpêki | Raja Majusi prayitna | akudhung parise wêsi | nulya ginada aglis | sang nata parise têrus | têkèng sirahing liman | Majusi tiba kuwalik | ya ta pêjah Sang Majusi kapisanan ||
16. wontên ta sadulurira | Majusi sigra mapulih | Raja Uwus namanira | angamuk angobat-abit | Sang Pamunah marani | tinarajang Raja Uwus | kang Pamunah anggada | Sang Raja Uwus ngêmasi | bala Islam surake ambal-ambalan ||
17. Bramatya Sang Prabu Jaka | wontên ratu ingkang pamit | nêgarane ing Jabalba | jêjuluk Raja Bêndari | mangsah ngrana tumuli | nandêrakên kuda sampun | sarwi angikal gada | Raja Pamunah tan gingsir | wus kinada[58] dhatêng Sang Raja Bêndera[59] ||
18. saking sangêting panggada | kudanira angêmasi | gêgêr putung awatgata | Pamunah tiba ing siti | aglis sigra atangi | anêrajang mring sang prabu | Bindari wus ginada | kudanira angêmasi | asidhêkung tibane Raja Bindara ||
19. nulya atangi lumumpat | Pamunah sinandêr aglis | ikêt pinggange cinandhak | dening Sang Raja Bindari | ingangkat datan osik | Raja Pamunah amuwus | payo sun walês sira | nglingira Raja Bêndari | alah payo amalêsa Sri Pamunah ||
20. Raja Pamunah anyandhak | ikêt pinggange sang aji | sigra jinunjung ingangkat | ingantêbakên ing siti | sang nata angêmasi | bêbalunge lulur ajur | sinurak dening bala | Prabu Jaka aningali | lir sinêbit talingane amiyarsa ||
21. wontên ratu apamitan | wasta Raja Basundari | nêgarine [nê...]
--- [f. 49v] ---
[...garine] ing Budalsah | kalintang dening prajurit | dêdêge sang nêrpati | kalih atus pitung puluh | sigra mangsah ing rana | wus ayun-ayunan sami | sikêp gada wawrate sèwu kati mas ||
22. sigra wus mangsah ing rana | wus ayun-ayunan sami | kalawan Raja Pamunah | angling Raja Basundari | sapa aranmu aji | Raja Pamunah amuwus | isun Raja Pamunah | angling Raja Basundari | anggadaa ingsun tadhahane jaja ||
23. angling Sang Raja Pamunah | nora watak andhingini | sigra Raja Basundara | angundha gada marani | Sang Pamunah pakeling | nulya ginada sa prabu | kanggêk Raja Pamunah | sigra malês sri bupati | Basundari sampun sira tinarajang ||
24. limanira Basundara | ablês awor lawan siti | asinêkung Basundara | nulya tangi sri bupati | pêdhangira tinarik | Pamunah pinêdhang asru | rame pêdhang-pinêdhang | tan ana kasoran tandhing | kongsi lèrèn sang nata gènira yuda ||
25. arame gènira yuda | nulya sinapih ing wêngi | muni kêndhang bubar aprang | sami kondur ingkang jurit | mring pasanggrahan sami | atêtandhakan sêdalu | ya ta Raja Pamunah | ginanjar dhatêng sang aji | langkung sihe Prabu Anom mring Pamunah ||
26. sadalu atêtandhakan | enjange têngara muni | samya mangsah ayuda |[60] sagunging ratu prajurit | sampun anata baris | Raja Basundari maju | marang ing ranagana | asumbar-sumbar ngajrihi | kapiyarsa dening prajurit Budiman ||
27. apamit dha dhatêng nalendra |[61] sinungan sigra umijil | sêksana ayun-ayunan | Raja Basundari angling | sapa rane prajurit | ingkang tinanya sumaur | ingsun aran Buntaran | kaprênah sudara wèdi | mring Sang Nata Kabah Budiman kang garwa ||
28. angling Raja Basundara | lah sira gadaa dhingin | lingira Radèn Buntaran | sira dhinginana ugi | ing mêngko sun aganti | ya ta Basundari gupuh | mara angundha gada | Radèn Buntaran atangkis | wus ginada wau Rahadèn Buntaran [Buntara...]
--- [f. 50r] ---
[...n] ||
29. alupa rasaning awak | adon-adon owah sami | Sang Basundara narajang | Radèn Buntaran cinangking | wus binanting ing siti | Radèn Buntaran malêdug | sarira lir galêpang | wontên sudarane malih | nulya ngamuk Basundara tinarajang ||
30. mêngkana ingkang tumingal | Prabu Anom langkung runtik | ingkang rayi amit nêmbah | ingidèn dening sang aji | ya ta Radèn Surati | Basundari wus katêmu | lingira Basundara | lah babo wong apa iki | cilik mênik têka maju ing paprangan ||
31. ki bagus ayun punapa | têka gêthana-gêthini | Radèn Surati angucap | lah payo padha ajurit | gumuyu Basundari | sampun-sampun bagus sampun | sun eman warnanira | mênawa sira ngêmasi | angur sira ngawulaa gustiningwang ||
32. rahadyan langkung bramatya | pa abamu lanat kapir | dèn kudang-kudang prawira | mring ibu rama ing nguni | kinudang-kudang sêkti | marang si kaki karuhun | têka ngawula kopar | emane Radèn Surati | sira uga pantês dadi gamêl ingwang ||
33. bramatya Sang Basundara | anulya dèn parêpêki | sarya ngundha-undha gada | Radèn Surati tan gingsir | ginada tan asari | tan osik sira sang bagus | gêgêtun sri nalendra | kalintang kuwat Surati | Basundari asru dènira angucap ||
34. alah payo amalêsa | bagus anom cilik mêthik[62] | ya ta sang raja pinutra | nulya sira marêpêki | angangkat gada aglis | Raja Basundari muwus | acilik gadanira | sira goa gada mami | Dyan Surati mangkana pangucapira ||
35. cilik ora gadaningwang | doyan kapalaning kapir | mara sira tadhahana | sigra ginada tumuli | Sang Nata Asundari |[63] kanggêk sang nata gêgêtun | tate sira ginada | durung kumêpyur kang ati | amung mangke ginada angrasa lara ||
36. Basundari anarajang | anarik pêdhang tumuli | rahadyan anarik pêdhang | pêdhang-pinêdhang [pêdhang-pi...]
--- [f. 50v] ---
[...nêdhang] aganti | duduk-dinuduk sami | pan samya prawiranipun | rame sêndhal-sinêndhal | tan ana kasoran tandhing | ramening prang tan ana ingkang kasoran ||
37. wus sumurup sang yyang arka | sigra bubar kang abaris | mring pondhoke sowang-sowang | mangkana Radèn Surati | ginanjar busana di | kaprajuritan di luhung | ri sampunnya mangkana | gènnya kasukan salatri | lawan bala kang para ratu satriya ||
38. rame boga andrawina | datan kawarna ing latri | enjang anêmbang têngara | agêrgut para nêrpati | sampun sami abaris | ing ranagana wadya gung | sami ayun-ayunan | sampun samêkta kang baris | salin têmbang kang aprang samya kasmaran ||
29. Asmaradana
1. pan sampun tata abaris | wontên wong kapir umangsah | ing Garbaka nêgarane | awasta Raja Pragalba | agagah surèng ing prang | asumbar-sumbar anguwuh | kapirsa dene wong Kabah ||
2. Dasabau sampun pamit | sigra umangsah ing rona | wus ayun-ayunan karo | lingira Raja Pragalba | lah sapa aranira | anauri Dasabau | isun Raja Dasaboja ||
3. Raja Pragalba sira ngling | mara sira anggadaa | Sang Dasabau dêlinge | sira uga dhinginana | ing mêngko ingsun tămpa | Pragalba marani gupuh | saryya sira ngundha gada ||
4. nulya ginada tumuli | Dasabau datan obah | tinitir-titir sang katong | Dasabau anêrajang | Sang Pragalba cinandhak | ingumbulakên sang prabu | nulya binanting ing lêmah ||
5. sang nata sampun ngêmasi | sinurak ing wadyabala | ya ta wontên atmajane | jêjuluk Radèn Suwănda | agagah tur prawira | dêdêge agêng aluhur | Sang Dasabau ginada ||
6. Dasabau datan gisir | awanti-wanti ginada | sigra tinarajang age | Radèn Suwănda ginada | asru panggadanira | Radèn Suwănda tan emut | nulya sira tinalenan ||
7. wus sinrahakên kang abdi | bêbêstanira Suwănda | sigra mapulih sang katong | wontên kapir kang tumandang | Dasabau sinêrang | sigra Raja Dasabau | anyandhak prajurit kopar ||
8. gulune pêgat
--- [f. 51r] ---
pinulir | kang sirah nulya sinepak | katingal dhatêng sang katong | ing Gilingwêsi punika | aran Raja Tubarang | Betal Mukadas karuwun | kang têluk Sang Prabu Jaka ||
9. sigra anyandêr tumuli | nêrajang nulya anggada | tan obah sira sang katong | Dasabau langkung panggah | Tubarang tinarajang | linumpatan dhanipun[64] |[65] Tubarang tiba kalumah ||
10. banjur dèn idêg sang aji | Tubarang sinêmpal-sêmpal | ingulur-ulur ususe | ri sampun pêjah Tubarang | sabalanira bubar | Dasabau sigra mundur | angaturakên bêbandan ||
11. wus katur dhatêng sang aji | matur Raja Dasaboja | punika putraning katong | katura paduka nata | sang prabu angandika | dèn kaparèng ngarsaningsun | sigra majêng kang bêbêstan ||
12. Prabu Anom ngandika ris | alah sapa aranira | Radèn Suwănda ature | kawula wasta Suwănda | putranipun Pragalba | ing Gêrbaka kithanipun | Prabu Anom angandika ||
13. lah paran karsane rèki | yèn sira ayun nungkula | yêkti isun uculake | yèn lumaku pinatenan | ingsun pêjahi sira | Suwanda nalon[66] umatur | kawula ngabdi panduka ||
14. Prabu Anom ngandika ris | yèn sira ngabdi maringwang | lakonana ujar ingong | sira angucapna sadat | nulya Radèn Suwănda | angucap sahadat sampun | Suwănda amawa iman ||
15. anulya dipun uculi | têtangsulira Suwănda | pan kasaru wontên katong | gêgaman tanpa wilangan | awêndran pan alêksan | garjita kang para ratu | ciptane kang gêgêlaran ||
16. kocapa natèng Surandil | Prabu Sujalma nèng wiyat | kalawan wadyabalane | sagung ingkang para nata | prasamya ngawang-awang | kagèt Sujalma andulu | yèn ana ratu kang prapta ||
17. yitnane Ratu Surandil | ratu ngêndi iki baya | kang aprang ana ing kene | Nata
--- [f. 51v] ---
Surandil tumulya | utusan amariksa | punang duta wus tumurun | saking awiyat mariksa ||
18. utusan awas ningali | yèn sang nata ing Mukadas | lawan Adipati Anom | punang utusan wus mêsat | matur ing gustinira | kalamun rama sang prabu | kalawan rayi panduka ||
19. kangjêng pangeran dipati | kang aprang lan Prabu Jaka | natèng Surandil sira ge | tumurun saking awiyat | anjog ngarsaning rama | tan antara nulya cudhuk[67] | ing rama asru karuna ||
20. sampun bêkti ing rama ji | Prabu Anom sigra mara | Prabu Sujalma sira ge | amapag arêrangkulan | sami agêgêlutan | Radèn Surati pan tumut | anulya tata alênggah ||
21. atakèn Raja Sujalmi | dhatêng rayi sri nalendra | ya ta sira Prabu Anom | umatur dhatêng kang rama | wus têlas aturira | natèng Surandil tumurun | sigra anitih turăngga ||
22. kang sinandêr sri bupati | barising natèng Bragêdad | nulya prapta sang akatong | prapta ngarsane kang paman | Darundana kalawan | Jayèngsêkar lan Sang Prabu | Gêndari ing Pandhanpura ||
23. miwah sakathahing êjim | sampun sira winartanan | satingkah polah sang katong | sigra kumpul kang gêgaman | lawan Kabah Budiman | sigra Radèn Jayèngsantun | ngabêkti dhatêng kang rama ||
24. tanapi Sri Narapati | Darundana ing Bragêdad | lawan sakèh para katong | sami angumpul sêdaya | ri sampune mêngkana | kocapa Raja Takiyur | pinarêk ing para nata ||
25. Prabu Jaka ngandika ris | paran tingkahing ayuda | tansah dadi ramon bae | aturipun Miringmêdhang | marmanipun punika | paduka karoban duduh | akathah mêngsah paduka ||
26. nadyan wontêna kang sêkti | minungsuhan padha guna | natèng Yakyukung [Yakyu...]
--- [f. 52r] ---
[...kung] ature | Raja Sêpari Sêpara | nênggih atur kawula | sampun ngabên aprang buru | rèhing wong karoban mêngsah ||
27. atur kawula narpati | samya ngangge gêgêlaran | Ki Prabu Jaka wuwuse | paran gêlaring ayuda | matur Raja Sêpara | gêlaring aprang pukulun | ingaranan pritanêba ||
28. punika kados prayogi | Prabu Jaka angandika | lah iya katuju ingong | sasampunira mangkana | surup kang prabakara | ing ayuda sami mundur | maring pasanggrahanira ||
29. kocapa Raja Sêpari | wanci têngah dalu mêdal | nanging tan ana rowange | mung Sêpari lan Sêpara | nênggih ingkang sinêdya | mring pondhoke ingkang mantu | nênggih Sang Raja Sujalma ||
30. putrane Raja Sêpari | kagarwa Prabu Sujalma | Rêtna Lumiyat wastane | ayu warnane kuwasa | bisa ngambah drigata | ya ta sang natèng Yakyukub | prapta parnahing atmaja ||
31. kapanggih Raja Surandil | Prabu Sujalma tur salam | Raja Sêpara wuwuse | pun bapa asung uninga | sampun kaduka cipta | dene pun bapa anungkul | dhumatêng Sang Prabu Jaka ||
32. andika aturna gusti | dene tobate pun bapa | katura ing rama katong | mila anungkul pun bapa | nadyan ala bêcika | polahe Raja Takiyur | pun bapa ayun uninga ||
33. lawan pun bapa puniki | ing wau akarya rêmbag | ing Prabu Jaka wiyose | angaturi gêgêlaran | ingaran pritanêba | gêlare Raja Takiyur | nanging ature pun bapa ||
34. katura ing sri bupati | ing benjang lamun ayuda | ngong karya gêlar sang katong | ingaran mukarabuha | punika tur kawula | dene pun bapa ing besuk | anêrombal[68] saking wuntat ||
35. alah pun bapa apamit | poma ature pun bapa | sampun tobat kang kêlakon | yèn botên kalampahana | yêkti atêmah baya | sampun apamit katèngsung | lumiyat sira karia ||
36. wus mulih Raja Sêpari | kalawan Raja Sêpara [Sê...]
--- [f. 52v] ---
[...para] | wus prapta pamondhokane | ri sampunira mêngkana | enjing nêmbang têngara | sêkathahe wadya agung | wis tinata pritanêba ||
37. kawarnaa sri bupati | lawan wong Kabah Budiman | sampun tata sabarise | anulya Prabu Sujalma | umatur dhatêng rara | wêlinge natèng Yakyukum | sampun katur mring kang rama ||
38. mangkana ta sri bupati | angandika dhatêng putra | lah ya kaki Prabu Anom | sira karyaa gêlaran | aran mukarabuha | iku gêlare prang pupuh | mungsuhira gêgêlaran ||
39. gêlare mungsuhe kaki | ingaranan pritanêba | nanging awêwêkas ingong | ratu kêmbar kawan dasa | minăngka rowangira | aja sira arubiru | iku kang dadi panjêjak ||
40. ingkang putra anuhun sih | ri sampunira mêngkana | angandika Prabu Anom | mring sagunging para nata | samya kinèn siyaga | sêksana kang para ratu | sami angrasuk busona ||
41. sêksana wontên mêtoni | balane Sang Prabu Jaka | Raja Maksum kêkasihe | kinarya têpaning yuda | Prabu Anom tumingal | Raja Kaskaya tinuduh | sira papaga si kopar ||
42. Raja Kaskaya wus pamit | gumêrah sabalanira | ri sampun prapta palugon | anulya Sang Prabu Jaka | mangsah sawadyanira | ratu sèwu ingkang ngrubut | tan ana sêdya mundura ||
30. Durma
1. sigra mangsah bala ing Kabah Budiman | mangkana byuh andadi | sakèh para nata | samya sarêng tumandang | kadi rubuha kang langit | syaraning bala | awor sanjata muni ||
2. ramening prang wadya ing Kabah Budiman | rame asilih ukih | asêrêng-sinêrang[69] | wanèh watang-winatang | arame asilih-ukih | watang lir sarah | kadi babadan pacing ||
3. loking bala payo sira anumbaka | amuk padha wong bêcik | dyan tumbak-tinumbak | ana pêdhang-pinêdhang | salang tunjang kuda èsthi | rameni[70] yuda | tan ana ngucap ajrih ||
4. sarêng mangsah i rona kang para nata | sagunging para aji | kunêng para nata | Sang Gêndari Gêndara | Abudhardha wira [wi...]
--- [f. 53r] ---
[...ra] sêkti | Prabu Sujalma | Dasabau myang patih ||
5. Prabu Kusmar natèng Mangkrub Sri Kaskaya | Jayèngkarma Surati | Sang Sonyakusuma | sarêng mangsah i rana | kalawan kang ratu kapir | rame puyêngan | langkung ramening jurit ||
6. kunêng wau tingkahing kang para nata | rame tangkêping jurit | Prabu Anom kalawan |[71] ratu sêpta nêgara | mangsah Radèn Carukrami | Manon Nalendra | kang aran Basundari ||
7. Carukrama anyandêr sigra anyandhak | pegange[72] Basundari | anulya sinêndhal | ing Radèn Carukrama | Sang Basundari kajodhi | wus tilanenan | Basundari ginadhi[73] ||
8. Basundari wus sinrahakên ing bala | mangsah Dèn Carukrami | Manon Carukrama | tur agagah prakosa | kang aran Sang Abubasir | Paranggubarja | nagarine sang aji ||
9. tinarajang denera Sang Carukrama | sinikêp Abubasir | ingundha sang nata | anulya tinalenan | wus sinungakên ing abdi | Sonyakusuma | sêsumbar nantang jurit ||
10. lah rêbutên ingsun aran Carukrama | Si Kombang Ali-ali | têguh tanpa jaya | aku Jayasampurna | kêmbulana ing ajurit | Sang Prabu Jaka | majua sun kêmbuli ||
11. datatita wau Radèn Carukrama | mangkana sri para ji | sami asasaran | sarêng mangsah ing rana | Raja Gêndara ngajrihi | pangamukira | lir banthèng tawan kanin ||
12. Abudhardha kalawan Prabu Sujalma | samya anitih wajik | anandêr ing kopar | singa kaparêg pêjah | kathah antuknya bupati | Prabu Taruna | nulya mangsah ing jurit ||
13. Darundana lawan Radèn Jayèngsêkar | sarêng mangsah ing jurit | Radèn Carukrama | tandang lir singa lodra | kalangkung ramèni[74] jurit | mêndhung limêngan | têdhuh tan ana angin ||
14. kèdêk mati kasampe lawan kasampar | kapalupuh pan mati | sing kaparag pêjah | kang mundur kabarasat | kang lumayu nandhang kanin | Ki Carukrama | angamuk mobat-mabit ||
15. datatita kocapa Prabu Sêpara | sabalanya nungkêbi | rame prang kotbuta | wontên ratu umangsah | pan asikêp panah sami | Guwawijaya | bramastra pasopati ||
16. kunta lipung[75] trisula [tri...]
--- [f. 53v] ---
[...sula] lawan nênggala | lokapriya sêngkali | lawan alugora | gada lawan bêdhama | duduk pêdhang lawan tamsir | endhe myang watang | lir awun-awun gêni ||
17. kang kabranan angadhuh asambat pêjah | agêrêng angrêrintih | kaluluh kèdêkan | balane Prabu Jaka | suh sirna tan ana kari | têlas sadaya | lumayu ingkang urip ||
18. Prabu Jaka ningali kang para nata | saega[76] wrêksa aking | pange tinutuhan | kari lajêr kewala | lir banthèng atawan kanin | Prabu Taruna | wus mangsah ing ajurit ||
19. Prabu Anom aris dènira ngandika | lah payo lawan mami | aja ngadu bala | iku durung kapenak | ingsun iki kang wus mukti | nadyan matia | ingsun wibawa sari ||
20. wus bramatya Prabu Jaka ngikal pêdhang | Prabu Anom pakeling | anulya pinêdhang | Prabu Anom tan obah | pinêdhang tinitir-titir | Prabu Taruna | pêdhang kangkam tinarik ||
21. Prabu Anom mara sarwi angandika | Têkiyur mara gênti | sira tadhahana | Prabu Jaka angucap | lah iya malêsa aglis | nulya dèn ikal | pêdhang kangkam kumitir ||
22. nulya muni kêndhang Si Takêrludira | Si Panggugur kang kèri | syarane gumêrah | lir lindhu ing payudan | kadi rubuha kang langit | Ki Prabu Jaka | arsa lumayu isin ||
23. warnanira kadi pradapa sinêmpal | jamang tibèng ing siti | paningsête lukar | sariranira lupa | Prabu Anom marêpêki | sigra pinêdhang | janggane tigas pancing ||
24. tatas jăngga pêjahira kapisanan | Prabu Anom nungkêmi | adhuh ariningwang | ingsun duka ing sira | ngong sidhêp sira gumingsir | ingkang kelangan | iya ingsun pribadi ||
25. arèningsun Takiyur sira tangia | kamuktèn ingsun iki | sapa rowang ingwang | Prabu Jaka tangia | adhuh arèningsun yayi | sira banguna | sun rabèkakên putri ||
26. pilihana putrine ratu sêdaya | sira nglilira gusti | mara pilihana | inganti kadangira | tolèhên pun kakang yayi | sira
--- [f. 54r] ---
antia | dadia kanthi mami ||
27. kang kocapa Rêtna Dèwi Sarirasa | prapta ngarsa narpati | sigra atur sêmbah | matur dhatêng kang raka | punapa marma sang aji | sêkêl kang manah | dene pêjah kang rayi ||
28. Prabu Anom aris dènira ngandika | arinira mas yayi | sira uripêna | angling Ni Sarirasa | nora duwe urap-urip | pira bêtahan | wus mati dèn uripi ||
29. angandika Prabu Anom dhatêng garwa | saujarira yayi | ingsun anênêdha | ya ta Ni Sarirasa | wus mundhut toya pangurip | wus tinetesan | Prabu Jaka anglilir ||
30. Prabu Anom angrakul ing jangganira | Prabu Jaka nungkêmi | pan sarwi karuna | anêdha pangapura | Prabu Anom ngandika ris | iya wus têka | apuraningsun yayi ||
31. nora ketang alanira kuna-kuna | mung trêsnananingsun[77] yayi |[78] marang jênêngira | ri sampunnya mêngkana | nulya bubar punang baris | durma kawuntat | ing ngarsa dhadhang[79] muni ||
31. Dhandhanggula
1. sampun bubar wau sri bupati | nulya pinarêk ing para nata | pêpak kula sêntanane | Carukrama umatur | ămba nêkêl ing ratu kapir | katura ing paduka | lêlima gungipun | mèsêm kang raka tumêdhak | Carukrama rinangkul dhatêng sang aji | ri sampune mêngkana ||
2. Prabu Anom angandika aris | ing para ratu ingkang binasta | tinakonan ing purwane | marmanira kasambut | kaya ngapa tingkahe nguni | Dèn Arya Carukrama | pan nyêkêl sirèku | umatur kang para nata | polahipun kadya tiyang nyêkêl pitik | dhatêng jasad kawula ||
3. mèsêm ngandika sri narapati | sapa ranira kang para nata | kang para ratu ature | pun Abubasir tèngsun | Paranggubarja nêgari mami |[80] kawula Sri Supala | nagari ing Tungkus | kawula Raja Subala | anakipun kang wasta Raja Gêndari | nagari ing Jabalba ||
4. pan kawula Raja Basundari | ikang kitha nêgari Budalsah | ingkang satunggal ature | Raja Udara ingsun | Nusyontara nêgari mami | Prabu Anom ngandika | sakèh para ratu | padha amawaa iman | anêbuta Pangeran Kang Mahasuci [Mahasu...]
--- [f. 54v] ---
[...ci] | Muhamad dutaning Yyang ||
5. samya mituhu para narpati | padha amawia gami Islam | wis tinata agamane | saksana sang aprabu | atênga wus bubar mulih |[81] maring Betal Mukadas | pan bubar sadarum | gumrah syarane kang bala | kadya guntur sakèhe wadya lumaris | obah bumi prakêmpa ||
6. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta ing Betal Mukadas | prapta kutha sabalane | Prabu Anom lumêbu | akalihan Ki Senapati | ibu kalawan garwa | putri patang puluh | samya manjing ing jro pura | sri bupati pinarak lawan kang siwi | Senapati ngandika ||
7. kaki prabu tampanana gusti | nêgaranira Betal Mukadas | sêdaya dhêdhak mêrange | dhêndha pêpati kukum | ingkang ajêg ngadil-adili | saukuming agama | nyawa dèn akukuh | dosa pati patènana | nadyan sanak yèn uga katrap ing adil | trapêna ukumollah ||
8. rèhning ratu amawia surti | pindha-pindha wraksa cêndhana |[82] dinina dinadar dumèh | pamangsulnya mrik arum | iku tingkah jênêng narpati | têgêse pindha raja | pandhita awiku | wrêsa kayu upamanya | yèn cêndhana apan uwis angarani | dinina yèn dinadar ||
9. măngka pracekane ingkang surti | ratu pandhita wus têtimbangan | kayu cêndhana timbange | kayu cêndhana iku | gandanipun amrik awangi | ing jro kalawan jaba | tan beda ingambu | lamun kinêrik upama | ambêtipun sangsaya gandane wangi | nora sangsaya suda ||
10. Prabu Anom mituhu pamisik | ing wulangira rama nalendra | surti kapisan wus ngêntèk | surti kapindho putus | kaping tiga wus amatitis | winêjang dene ngrama | pratingkahing usul | Jugulmudha Nitipraja | Jalêngkara lawan Tanjungsalatin[83] |[84] pratikêle pinajang ||
11. wus atamsa[85] wiraosing ngèlmi | amituhu andikaning rama | kang rama aris wuwuse | karia kaki prabu | ingsun lunga ta ing ardi |[86] kalawan ibunira | kang putra anuhun | kang rama aris ngandika | jumênênga sira kaki Senapati | mukmin panata gama ||
12. ingkang rama anulya
--- [f. 55r] ---
lumaris | apratapa anèng ing aldaka | Betal Mukadas wastane | kocapa sang aprabu | wus jumênêng Ki Senapati | Mukmin Panatagama | sakèh punggawa gung | pan lagya antuk sawarsa | Prabu Anom anggêntosi Senapati | Radèn Găndakusuma ||
13. kala jumênêng Ki Senapati | parentahira ing guladrawa | langkung têtêp agamane | kaidèn jênêngipun | dening kaji dhatuk lan sarif | ambiya maolana | pandhita gung-agung | tanapi kang para nata | ingkang tapa mucak mirangrong ngidèni | miwah ratu pandhita ||
14. langkung gêmah nagri Bandaralim | sajênênge Sang Wiradilaga | pasir awukir desane | sakèhing para ratu | ngalêmbana mri sang narpati | sami ajrih tur trisna | sagung para ratu | miwah kang kadang kadeyan | tan kawarna gènira jumênêng aji | sampun sêdasa warsa ||
15. ri sêksana wau sri narapati |[87] tatkala dalu sira supêna | ingkang katon ing pangimpèn | katingal naga agung | jro makutha ya isi putri | kêkalih samya endah | atêngga cêcupu | nanging rinêksa ing buta | nêgarane nênggih punika ing Jarjis | dhăngka sura dênawa ||
16. kagyat awungu sri narapati | èsmu gêgêtun gènnya supêna | kaya ana sawantèhe | langkung dènnya gêgêtun | sapandurat tan kêna angling | kagagas ing supêna | sang nata wus mêtu | sigra angrasuk busona | upacara sampun tata angidêri | sang prabu wus lumiyat ||
17. aris lumampah sri narapati | tan antara rawuh pagêlaran | lênggah ing panangkilane | pêpak kang para ratu | myang sêntana kang rayi-rayi | miwah kang para paman | ngandika sang prabu | hèh sagung kang para nata | ana wêruh kang aran nêgara Jarjis | utawa amiyarsa ||
18. matur sêdaya para narpati | kawula nuhun dèrèng uninga | amiyarsa sawêg mangke | nênggih nêgari Jarjus | mirsa-mirsa paduka aji | kathah tiyang adagang | tan wontên angrungu | sang nata aris ngandika | Kakang Mustal mulane tan ana nangkil | Sadalwa timbalana ||
19. sigra nêmbah wau kang tinuding | wus lumampah dhatêng kapatihan | warnanên sira rahadèn | Mustal pêpatih agung | anggêntèni marang [ma...]
--- [f. 55v] ---
[...rang] ing kaki | kang wasta Gaibollah | ginêntèn sang bagus | Mustal amangku buwana | sampun prapta Sadalwa ing ngarsanèki | radèn sigra anyapa ||
20. ana karyanira sri bupati | marang ingsun dene gita mana | Raja Sadalwa ature | ingutus sang aprabu | animbali paduka aglis | garjita Radèn Mustal | nulya mangkat sampun | prapta ngarsane sang nata | sri nalendra ngandika wêcana manis | kakang sira lungguha ||
21. atur sêmbah Ki Sênting Kamuning | sri bupati alon angandika | si kakang maras atine | sun timbali mring ngayun | sira arsa ingsun takoni | mênawa sira wikan | nêgara ing Jarjus | utawa yèn amiyarsa | alon matur Radèn Sêntika Kamuning | kawula tan uninga ||
22. sri bupati angandika aris | ingsun kakang wau asupêna | ana katon ing pangimpèn | nanging naga puniku | jro makutha pan isi putri | warnane endah-endah | atunggu cêcupu | nanging tinunggu ing buta | arêraton nêgaranira ing Jarjis | lah iku ulatana ||
23. ingsun kakang aduwe prajangji | sing sapa sanggup anêmokêna | Ni Kasihan ganjarane | singa ingkang sumanggup | angulati cêcupu manik | lawan putrine pisan | iku ujar ingsun | mêski mantri panakawan | atanapi kêkere kang angsal kardi | sok uga manggihêna ||
24. iku kakang undhangêna jawi | lan sira kakang lumakua |[88] Kanekasandi bature | Senapati wus kondur | angêdhaton sri narapati | ki patih undhang-undhang | sakathahing ratu | garjita kang para nata | ana ngung[...]nga kang sun nèh taki-taki |[89] ana jajah nêgara ||
25. Radèn Mustal kesah angulati | sampun mêsat muluk ing ambara | kêbat lir thathit lampahe | midêr sakèhing ratu | guwa gunung dèn dêlajahi | nanging tan ana wikan | parnahe ing Jarjus | yitnane Radèn Kaneka | baya-baya aluwung ingsun ngèngèri | ala yèn tinundhunga ||
26. wus jamake wong aturu ngipi | mundur dèn gêrus angêning [a...]
--- [f. 56r] ---
[...ngêning] manah | lagi tumon kang mêngkene | kyana patih lumaju | pan amidêr anglaya bumi | pirang sasi ing marga | lampahe angluru | nanging si nora kapêndhak | ingulatan kang aran nêgara Jarjis | goning putri sri nata ||
32. Sinom
1. sigêgên Kanekaputra | wontên carita gumanti | anênggih wontên kayangan | wona siluman puniki | wastane kang darbèni | Gênawati wêstanipun | iku ratu prawira | warnane lir widadari | kayangane iya ing Cêmarasasra ||
2. iya ing wana siluman | kêdhatone Gênawati | adarbe anak-anakan | angsale mupu kariyin | putrane sri bupati | ing Ngêrum kamulanipun | binuwang ing sêgara | kala umur tigang sasi | marmanipun binuwang anèng samodra ||
3. kala Raja Rum sêmana | binêndon dhatêng Yyang Widi | kinêlêm nagaranira | sêdaya dadi jêladri | Raja Ngêrum anuli | asru tobat ing Yyang Agung | nênêdha ing Yyang Sukma | mulyane ingkang nêgari | apan wontên pitulungira Yyang Suksma ||
4. pangandikane Yyang Sukma | yèn sira arsa apulih | mulyane nêgaranira | buwangên putrane rèki | yèn tan kêlakon ugi | pasthi kuthanira lêbur | andikaning Yyang Sukma | Sang Nata Ngêrum kapati | dening putra mêksih alit mung satunggal ||
5. amung sira sri nalendra | angèstokên[90] ing Yyang Widi | tan etang kelangan trisna | sigra binuwang tumuli | sang nata sarya nangis | miwah pramèsyarènipun | sarêng bunuwang[91] ika | musna ingkang jabang bayi | dipun bêkta ing Rêtna Gênapuspita ||
6. alami pinupu anak | kala umur tigang sasi | ing mangke sampun diwasa | sampun sinungan kêkasih | marang Ni Gênawati | Jaka Radeya ranipun | abagus warnanira | langkung sihira sang putri | dhatêng putra kang wasta Raja Radeya ||
7. pan kadya gènira yoga | Ni Rêtna Yu Gênawati | apitutur ingkang putra | nyawa anak ingsun gusti | ing kana ana aji | akramaa tining banyu | ara[92] Ni Sarirasa | warnane tan ana tandhing | widadari lan êjim [êji...]
--- [f. 56v] ---
[...m] măngsa padhaa ||
8. tur asêkti mahambara | ajur-ajèr dèn panjingi | ing kuna dèn asung cipta | mring kakung amarimpèni | supênane sang aji | ona naga kang kadulu | sarwi ngangge makutha | jro makutha isi putri | roro tunggu cupu manik astagina ||
9. nanging tinugu[93] ing buta | rêraton punang rasêksi | ing Jarjis araning dhăngka | iku sasmitane rabi | katon jroning aguling | dadya mangke sang aprabu | akarya sayêmbara | sapa sanggup angulati | rabi putri lan nêgara sapartigan ||
10. kang aran Rêtna Kasihan | kang kinarya pasanggiri | paran karsa pakanira | Jaka Radeya nauri | ibu kawula malih | yèn wikana parnahipun | kang ibu angandika | sira ulatana ugi | ingsun tuduh parnahe ingkang nêgara ||
11. umatur Jaka Radeya | inggih kula anglampahi | nanging kula tan uninga | inggih parnahipun di |[94] ibu saking ing riki | Rêtna Gênawati muwus | parnahe kang nêgara | iya kulon bênêr iki | anglangkungi gunung satus lan sêgara ||
12. sêgara satus kalintang | yèn têka sêgara siji | satus taun anèng kana | sêgara sawiji-wiji | taun sawiji-wiji | lêlakone satus taun | yèn jalma kang lumampah | miyang kala lagi bayi | kongsi ciklu pilih kang têka ing paran ||
13. lingira Jaka Radeya | botêna si kadipundi | ênggèn kawula lumampah | dene kalangkung atêbih | nadyan angsala kardi | praptèng wisma sampun ciklu | punapa dèn rabèkna | yèn kasèp birai mami | ngati-ati dèn sêbut pêngantèn anyar ||
14. kari-kari sampun tuwa | ungsume gawe bêbiting | bari angadhêp padhiyang | ora pijêr akaron sih | pijêr mijêti sikil | bubule pating panculu | uci-uci akathah | ibu botên kudu rabi | inggih-inggih yèn batên mati ing paran ||
15. kang ibu aris ngandika [ngandi...]
--- [f. 57r] ---
[...ka] | adhuh anak ingsun gusti | kang ora-ora cinêtha | lah wus bêjanira kaki | kadêr pira puniki | sajangkah agea tutug | angling Jaka Radeya | dalananeya yèn prapti | yèn amangan têlas sêga sabêbodhag ||
16. mèsêm kang ibu ngandika | adhuh putraningsun gusti | kala kapan sira dhahar | kongsi olèh rong kê[...]ri |[95] dene lamun abukti | nora liwat sakêlungsu | angling Jaka Radeya | inggih kula anglampahi | nanging ibu angsala pangèstu dika ||
17. angling Ni Rêtna Puspita | iya lumakua gusti | mugi sira rinêksaa | nanging marganira prapti | iki rasukan mami | kasêktène bisa mabur | ing besuk sira uga | ngliwati sêgara gêni | aja wêdi têka sira anyabranga ||
18. yèn sira benjang wus ngambah | anabrang sêgara gêni | anuli sêgara rupak | nulya nabrang toya malih | wus mêntas saking pasir | nuli ara-ara agung | yaiku pêngalapan | wong liwat ing kono ugi | pilih ingkang kongsi tutug kang sinêdya ||
19. umatur Jaka Radeya | punika punapa marmi | kang ibu aris ngandika | marmane mangkono gusti | wong lumaku tan prapti | kang ara-ara puniku | alêlakon sawarsa | tan ana ingkang dèn ungsi | amung têngah ana waringin satunggal ||
20. iya iku pêngalapan | ingaran waringin putih | arane ingkang rumêksa | Kumandhang Angragawati | iku dèn ngati-ati | aja gumingsir sarambut | yèn wus liwat ing kana | nulya ing Barjukmarapi | iya iku ênggone Rotajênggala ||
21. iku balane sang nata | ingkang akutha ing Jarjis | aran Raja Gunturbrama | dhomas dêdêge nêrpati | sawidak sangang siki | iku dêdêge sang prabu | dene ambaning netra | pan sacakraning pêdhati | ingkang grana lir pendah lawanging guwa ||
22. lingira Jaka Radeya | i dubilah mêmêdèni | mandahane awak ingwang | gêdhe dadi salilit |[96] dhuh ibu mêmêdèni | têka mêngkirig githokku | mandah rupane baya | dhuh ibu kawula ajrih | mundur têka ngiris-irisi tèningwang ||
23. mèsêm [mè...]
--- [f. 57v] ---
[...sêm] Ni Gênapuspita | kang putra rinangkul aglis | adhuh anak ingsun nyawa | paran polah ingsun kari | marma sun wêwêdosi | sokur sida sokur wurung | angling Jaka Radeya | kawula siyos lumaris | benjang enjang ibu kawula lumampah ||
24. ing latri datan kawarna | Jaka Radeya ing enjing | pinisalin ibunira | dèn pêpantês putranèki | dhasar warnanya pêkik | binusanan dhatêng ibu | nyampingipun samboja | paningsêt cindhe pinrasmi | dhêsthar wungu rasukan ăntrakusuma ||
25. adhuwung tinatah singa | alandheyan tunggaksêmi | angangge kêmalon abang | alancingan panji-panji | kang ibu aningali | kang putra langkung abagus | ya ta Jaka Radeya | mring ibu ngaturi pamit | sampun lèngsèr wau Ki Jaka Radeya ||
26. mêngkana ta ibunira | kaya wong tinilar mati | anggung awayang-wuyungan | tansah putrane kaèksi | yetnane Gênawati | aja lawas-lawas masku | ibumu kari lola | tan ana ingsun tingali | muga-muga Radeya olèha karya ||
27. kocapa ingkang lumampah | Jaka Radeya lumaris | samarga katiwang-tiwang | wusana sang raja pêkik | ngajêngakên jaladri | rahadèn anyabrang sampun | laminira sawulan | gènira wontên jaladri | sampun mêntas rahadèn dhatêng dharatan ||
28. rahadèn nulya lumampah | kalih sasi laminèki | ri saksana wau prapta | têpine sêgara gêni | Jaka Radeya aglis | malêbêt ing bahning sampun | tan ana kang karasa | Radeya anèng jro gêni | tigang căndra lamine anèng pawaka ||
29. sampun mêntas ing dharatan | Jaka Radeya lumaris | catur căndra laminira | anèng dharatan sang pêkik | saksana nulya prapti | sêgara nila kadulu | anulya kasabrangan | lamènipun tigang sasi | sampun prapta ing dharat Radèn Radeya ||
30. cinatur wontên nêgara | ing Judah wêstane rèki | ya ta Ki Jaka Radeya | arsa mampira nêgari | tan kawarna ing margi | lampahipun rajasunu | kocapa sri nalendra | ing Judah sri narapati | ingkang putra pan kinarya siyêmbara ||
--- [f. 58r] ---
31. siyêmbarane sang nata | sing sapa ingkang nagupi[97] | ajujung ing awak ingwang | kalawan prakosa mami | rabia putri adi | lawan jumênênga ratu | sagunging para nata | sêsuruhan samya prapti | ingkang arsa angadêgi siyêmbara ||
32. nalendra sapta nêgara | kang prapta ing Judah sami | mangkana Sang Raja Judah | angrasuk kaprabon asri | samêkta ing ajurit | nulya miyos sang aprabu | ing alun-alun aglar | para satriya prajurit | wus akarya kêkênthêng Sang Raja Judah ||
33. kunêng dêdêge sang nata | satus lawan pitung dèsi | sigra sang nata ing Judah | malêbu kêkênthêng aglis | aglar para nêrpati | miwah kang sami andulu | agumrah syaranira | lanang wadon samya prapti | kang tumingal tan ana arsa mundura ||
33. Durma
1. lir ampuhan syarane ing jro kalangan | wontên ratu kang prapti | marêk ing sang nata | amba ayun maguta | ing a[...] andika aji |[98] sang prabu mojar | malêbua dèn aglis ||
2. Raja Êlut wastane ratu kang mangsah | anulya marêpêki | sang nata cinandhak | ingangkat tan kangkat |[99] Sang Nata Êlut sira glis | angikal gada | wawrate sèkêt kati ||
3. wus ginada sang natèng Judah tan obah | Prabu Judah mara glis | Raja Lut cinandhak | ingundha mari tawang | anulya binuwang aglis | pan kapidara | Raja Êlut pan wiwrin ||
4. wontên ratu malêbêt dhatêng kalangan | Raja Mangkrub rannèki | marêk ing sang nata | amba ayun-ayunan | ing tandang paduka aji | sang nata mojar | malêbua tumuli ||
5. sigra nyandhak Sang Raja Mangkrub trangginas | nanging datan kuwawi | amêksa angangkat | Mangkrub ika anulya | angundha gada tumuli | Sang Raja Judah | ginada tan aosik ||
6. Raja Makrub[100] cinandhak sigra binuwang | Sang Raja Mangkrub wiwrin | ri sampun mêngkana | kocapa rajaputra | Radeya mulat prang tandhing | arsa tumuta | Jaka Radeya jurit ||
7. wus malêbu jro kênthêng Jaka Radeya | cingak sakèh ningali | kang sawênèh ngucap | iku maning kêlara | bocah sarwa sakêlêting [sakêlê...]
--- [f. 58v] ---
[...ting] | dene akêdah | têmên arabi putri ||
8. radèn putra angling maring Raja Judah | manira yun ajurit | mojar Raja Judah | lah payo lêkasana | rajaputra marêpêki | nulya cinandhak | ikêt pigang sang aji ||
9. dipun oyag Sang Nata Judah ngandika | angapa sira iki | ingsun sira oyag | angling Jaka Radeya | marma sun oyag sirèki | mênawa ingwang | kalajuk krosan mami ||
10. rajaputra asru dènira angucap | sang nata dèn pakeling | sira ingsun angkat | angling sang natèng Judah | iya angkatên dèn aglis | Jaka Radeya | sigra angangkat gipih ||
11. wus cinandhak ingundha-undha ing tawang | tan antara binanting | sang prabu wus pêjêh |[101] ri sampuning mangkana | anulya rêkyana patih | raja pinutra | wau kang dèn sungkêmi ||
12. Radèn Jaka Radeya aris ngandika | mulane sira iki | anungkêmi ingwang | lingira ki apatya | andika jumênêng aji | anèng ing Judah | lawan rabia putri ||
13. sapunika wêlinge rama panduka | sira ingkang matèni | jumênênga nata | rabia putriningwang | Jaka Radeya nauri | sira saosna | ingsun malêbèng puri ||
14. rajaputra wus kondur saking kalangan | lênggah ing păncaniti | sineba ing bala | miwah Patih Pratala | anulya rêkyana patih | sampun putusan | matur mring rajaputri ||
15. dèn warnanên Sang Rêtna Sasmitarasa | asru dènira nangis | sedane kang rama | nulya utusan prapta | matur ing kusuma adi | ya ta ni têban[102] | aturipun kawijil ||
34. Mijil
1. kawula ngutus ing bapa patih | matur sang lir sinom | angaturi uninga wiyose | ingkang angsal siyêmbara gusti | karsa dhatêng puri | anganti sang ayu ||
2. iya mindêl kusumaning adi | angandika alon | aturana malêbu dèn age | lah matura ingsun wus acawis | sigra punang cèthi | nêmbah samya mêtu ||
3. prapta ngarsane sang raja pêkik | matur awotsinom | jêngandika ingaturan anggèr | ing rayi dhatêng sajroning puri | ki patih ngaturi | malêbèng kadhatun ||
4. sigra
--- [f. 59r] ---
[...]r rahadyan ingiring |[103] malêbèng kêdhaton | para mantri ya ta ngiring kabèh | rajaputri amêthuk ing kori | pan sarêng kapanggih | mêndhak sang rêtna yu ||
5. angabêkti sarya angisuhi | ing sukune karo | nulya ingusapan ing kesyane | sami wangsul kabèh kang angiring | amung ki apatih | kang tumut malêbu ||
6. kang kocapa kusumaning adi | ingkang akararon[104] | sigra lumaris sang dyah lampahe | ing[...]ra tan pêgat liniring |[105] angalêm ing ati | warnane abagus ||
7. sampun prapta ing jinêm alinggih | angling sang lir sinom | kawula kakang pasrah isine | ing kadhaton batên angawruhi | sang kakung nauri | lah tarima ingsun ||
8. sang dyah umatur dhatêng ing laki | kawula têtakon | jêngandika pundi kamulane | rèhning kawula dèrèng udani | miwah kang kêkasih | sang kakung sumaur ||
9. nêgaraningsun ing Bandaralim | iku tugul[106] ingong | anadene wismaningsun dhewe | wona siluman wastane yayi | saking Bandaralim | lêlakon sataun ||
10. dhapur kinakon[107] pun kakang yayi | dhatêng sang akatong | maring Jajis[108] nêgara wastane | saking kêdah pun kakang dêdasih | marang sang rêtna di | kusumaning ayu ||
11. ênêngêna ingkang andon rêsmi | gênti winiraos | para ratu kang kalah jurite | langkung duka sakèh para aji | kajinêman aglis | tinimbalan pungkur ||
35. Pangkur
1. prapta ngarsane sang nata | angandika wau sri narapati | sun kongkon mring Judah gupuh | lah sira patènana | Si Sasmitawati dadi manah ingsun | dene ta alaning ala | poma cidranên dèn aglis ||
2. langkung cuwa atiningwang | ingsun êprih padha cuwaa kalih | Radeya aja amupu | ingsun aja angêmban | wus lungaa dèn egal mumpung adalu | amit Ki Wirasêntika | sigra andêdêl pratiwi ||
3. asru lampahe kang durat | sampun prapta ing Judah tan asari | tan antara glis tumurun | manjing ing kênyapura | wus malêbu pasarean tan asantun | sirêp kang kêmit sêdaya | duratmaka anglêbêti ||
4. warnanên ingkang anendra | akalihan wau gènira [gè...]
--- [f. 59v] ---
[...nira] guling | rêspati lamun dinulu | lir wulan sakêmbaran | duratmaka ampingan ing nagasantun | mêspadakakên kang warna | mênawa sanès kang kêni ||
5. sarwi angliga curiga | punang duratmaka awas ningali | lênglangse[109] piniyak sampun | sêdhêng arsa tumandang | duratmaka gumêtêr têmahan lumpuh | nora bisa anggulawat | sang dhustha kewran ing ati ||
6. ingêndhanan bisa lunga | maju malih arsa tumandang aglis | tiba karungkêb sang pandung | ngêndhani bisa lunga | winêdalan saking dagan tan asantun | ya ta lagya ingayatan | atêmah alumpuh malih ||
7. kewran manahe sang durat | iya rane ingsun ngaturi bêkti | luputa ing tulahipun | sigra mêdal ing dagan | atur sêmbah sarwi muwus punang pandung | kawula nêdha wêwênang | pangapura tuwan gusti ||
8. luputa ing ila dina | dina-êna sakèhing tulah sarik | kawula gusti ingutus | dadosa [...]la marga |[110] bêkti kula katura ing sang aturu | sigra punang kajinêman | amiyak gubah tumuli ||
9. kêsmaran kang kajinêman | aningali sang dyah dènira guling | dadya mangu kapirangu | arsa tinandangana | dene langkung manahe kadudut-dudut | arsa nora tinandangan | ajrih gustine narpati ||
10. nulya sira tinarajang | saking gugub dènira mêranani | jajane kêni sinuduk | sang dyah jêrit kapatya | punang duta kamisêngêran andulu | tan kesah saking gonira | rahadyan kagyat atangi ||
11. mulat ing garwa kabranan | rajaputra wikan mring punang maling | rahadèn anarik dhuwung | duratmaka tinrajang | punang dhustha sinuduk aniba sampun | duratmaka kapisanan | radèn nungkêmi ing rabi ||
12. sang ayu agulasahan | labêtipun sangêt kabranan kanin | ludira anêmbur-nêmbur | ing paprêman kuthah rah | kumêrwah[111] ludira anêmbur-nêmbur |[112] ing paprêman kuthah rah |[113] lir êmas timbul ing warih ||
36. Maskumambang
1. rajaputra kang garwa dipun sungkêmi | sang ayu karuna | sêsambate amlasasih | pangeran kawula pêjah ||
2. ingkang raka karuna sarya
--- [f. 60r] ---
nungkêmi | mirah awungua | aja age angêmasi | sira tolihên pun kakang ||
3. rajaputra tan bisa sira ningali | sang ayu kabyatan | brana mênggah sambat mati | Jaka Radeya kantaka ||
4. pan gumuruh tangise wong dalêm puri | rahadèn kantaka | adangu nulya anglilir | ingkang garwa sinungkêman ||
5. pan liningling kunarpa dhatêng sang kik[114] |[115] katingal gumêbyar | sangêting rah tungtung ragi | liyêping[116] netra araras ||
6. roning imba alise anawang langit | kadya duk agêsang | lathi ngatirah dumêling | kadi mèsêm katingalan ||
7. rajaputra atêbah jaja nungkêmi | liningling dèn aras | pinangkul-nêngkul[117] kang rayi | gusti sira anglilira ||
8. sira tilar sapa kang borèhi mami | bari amêmaca | iki layang anyar dadi | dene esak tiningalan ||
9. lah wungua sun wacane layang iki | sêkar maskumambang | dene bêcik layang iki | lagi mangke sun miyarsa ||
10. mara ta lah anglilira wong akuning | payo siram ing taman |[118] sira ngundhuhana sari | rahadèn niba kantaka ||
11. pawongane gumuruh samya anangis | radèn rinarămpa | sinundhang nulya anglilir | aningali mring kang garwa ||
12. byar raina ki patih malêbèng puri | angadhuh rahadyan | priye ingsun bapa patih | nora wurung ingsun pêjêh |[119]|
13. kayaparan polah ingsun bapa patih | tinilar ing garwa | nora bêtah ingsun kari | ki apatih aturira ||
14. sampun takdir yèn dede jodho sang pêkik | pan măngsa bakala | pan kathah pawèstri luwih | bapa patih trêsnaningwang ||
15. rajaputra ingaturan datan kêni | kang rayi ingaras | rinangkul liningling-lingling | dhuh mas mirah awungua ||
16. radèn putra dangu aniba tan èling | tinulung ing êmban | miwah sira ki apatih | gumuruh sajroning pura ||
17. wus adangu sang rajaputra anglilir | patih aturira | adhuh gusti dipun eling | rèhning kapêgatan trisna ||
18. pintên banggi ing têmbe ngakir ya ili[120] | garwa jêngandika | sok uga madêga aji | pintên banggi yèn akrama ||
19. radèn putra aningali kaki-kaki | tan ana kang wikan | amung rahadèn pribadi [pri...]
--- [f. 60v] ---
[...badi] | wuwuse lir gula drawa ||
37. Dhandhanggula
1. kayaparan putuningsun kaki | Ki Radeya lir pendah wong edan | nora sabil ing nêpsune | kaya dudu wong agung | ayya sira manggung prihatin | yèn sira tuhu sêtya | tan wande têtêmu | lan rabinira kang pêjêh |[121] iku uga yèn sira bêkti Yyang Widi | lan bêkti wong atuwa ||
2. lan maninge sira iku kaki | ujar sira kaduk kibir riya | ujubriyanira akèh | lali maring Yyang Agung | mung sarira kang sira puji | lali kang amiseksa[122] | marmane kasiku | kêna bêbênduning Suksma | lamun sira tan asru tobat Yyang Widi | supaya katêmua ||
3. lan malihe sira iku kaki | kurang bêkti maring ibunira | lêleda ing parentahe | lakonana karuhun | yêkti sira amanggih bêcik | tinêkan sêdyanira | yèn sira mituhu | yèn sira arsa têmua | lawan garwanira kang wus angêmasi | yèn sira lakonana ||
4. usadanên kang cêcupu manik | ingkang ana makutha ing naga | ambilên têkan putrine | yèn wis kêna ing besuk | iku sira ja wani-wani | putri iku rêncana | pabegalan agung | lawan malih sira nyawa | kurang pisan bekanira anêkani | yèn besuk wus tumiba ||
5. rêncananira kang kari-kari | iku margane sira kapêndhak | lan garwanira ing têmbe | nanging iku atuduh | ing margane sira kapanggih | iku pitutur ingwang | wis ta amit ingsun | kaki-kaki nulya musna | rajaputra aya ta aniba tan eling |[123] sinundhang êmban inya ||
6. wus adangu anulya anglilir | sampun angrasuk busananira | panganggo saking ibune | sampun samêktanipun | angandika marang ki patih | bapa patih karia | dèn abêcik kantun | anadene jênêng ingwang | pirang bara yèn ingsun balia malih | radèn arsa lumampah ||
7. sarêng mulat ing jinêm pêtani | karasa kang darbe pasarean | nulya kumênyut manahe | niba wau tan [ta...]
--- [f. 61r] ---
[...n] emut | pawongane samya anangis | gumrah sami wurahan | kathah tingkahipun | ana ingkang gulasahan | kang suwanèh[124] anangis ajêrit-jêrit | ana aniba-niba ||
8. tan kawarna kang sami anangis | kawarnaa Ki Jaka Radeya | sampun emut kantakane | mêdal sang rajasunu | datan nolih jinêm pêtani | wus mêsat ing awiyat | ki patih gêgêtun | kadi milua ngêmbara | ki apatih langkung trisnane kêpati | jroning ati karuna ||
9. miwah sakèhing wong dalêm puri | kadi gêrah tangising pawongan | tanapi wadyabalane | sêdaya angsrang umyung | asasaran wruh ing gusti |[125] samya asalang tunjang | gara-gara agung | liwawar angakis[126] ing rat | sakathahe wong Judah samya prihatin | kadi sêsapu wudhar ||
10. datatita wong Judah prihatin | kang kocapa Ki Jaka Radeya | lêsu lupa sarirane | tan ana kang kadulu | amung garwa kang sampun lalis | kadya anèng êmbanan | ciptane sang bagus | tan pêgat sinambat-sambat | miyang ngêndi mirah ingsu wong akuning | kusuma abalia ||
11. lêpas lampahe sang raja pêkik | wus andukap[127] ing sêgara toya | kaungkulan jahnawine | ara-ara kadulu | ingkang aran waringin putih | gènira Ni Kumandhang | rahadyan tumurun | wus anjog ing ara-ara | jêngêr mulat kunarpa susun atindhih | ara-ara kèbêkan ||
12. ana wus ajur atêmah siti | ana kari abalung kewala | ana ngêmarang kang wangke | ana lagi malêmbung | ana lungkrah sawênèh aking | ana lagi dêmluwang | wanèh durung mambu | ana lagi narik napas | kang sawanèh ana kang lagi rêrintih | ana kang mêksih bagas ||
13. anadene kang maksiha urip | kang suwanèh ana kang ngurahan | Rêtna Kumandhang dèn ame | iku manusa langkung | pan ginebang dipun adhangi | dadya têmah kasmaran | karêm anèng riku | tan arsa lunga-lungaa | saya lami angênês rasaning ati | dadi têmah palastra ||
14. mila atumpuk wangkening jalmi | dukut rambut agunung kapala | iya kang gingsir imane [ima...]
--- [f. 61v] ---
[...ne] | rajaputra andulu | sampun emut lamun winêling | mring kang ibu ing kuna | sampun pinintuhu[128] | yèn angucapa ing nala | alah dalah nora wurung buron kali | abêbayani lampah ||
15. anggung gawe agodha ing jalmi | yèn sêsima agawe pralaya | Ni Kumandhang buh arane | Kumandhang êbol ngasu | anggung gawe agodha jalmi | dene daya gêlêma | anggodha maringsun | upami kaya akua | dupi mara anuli sun cêkêl wani | sun jêmalani pisan ||
16. ingsun angên-angên jêng sun iki | durung karuan kudu nênantang | patute nuli dhêpèpèl | isun nuli angrangkul | nuli ora gêlêm sun gitik | ingsun nuli edana | saya-saya kuru | adhuh biyang priye ingwang | nora wurung dèn arani bathang mati | lah dalah katiwasan ||
17. babo bismilah sak Allah ugi | mati kontung luhung yèn uripa | yèn marga dene si mèthèl[129] | ya ta sapuluh-puluh | arêp urip yèn kudu mati | puluh-puluh arsaa | jumênêng pangulu | yèn kudu dadi Wêlănda | sapa malang mênawa ingkang nênulis | kuwasa malang-malang ||
18. măngka sumaur ingkang nênulis | boya kudu babo malang-malang | luwih karsa para dhewe | nadyan kang dhingkal-dhingkul | tan kuwawa malangi pati | punapa ingkang karsa | pan têka jumurung | iku saure kang nêrat | rajaputra liwat saking dhangdhanggêndhis | ing ngarsa maskumambang ||
38. Maskumambang
1. duk lumampah rahadèn anolih-nolih | lêpas lampahira | wus katon waringin putih | luhure tan ana sama ||
2. saya parêk lampahe rahadèn mantri | wau kawarnaa | Ni Kumandhang Rănggawati | munggèng saluhuring gurda ||
3. manglong-manglong anèng pucuking waringin | angadhang wong liwat | Rêtna Kumandhang ningali | wong lumampah kadi Parta ||
4. dyan tumurun Kumandhang Angragawati | wus napa pawohan | jambe suruh burat wangi | sarya asalin busana ||
5. Ni Kumandhang asinjang lurik [lu...]
--- [f. 62r] ---
[...rik] pêtani | akêkêmbên jiga[130] | tinêpi dhasare ngrawit | apêpilis katuridan ||
6. akalpika jumantên pan tiga sisih | pupur lêlamatan | rema bêg gambir mêlathi | arja sêngkang nata brăngta ||
7. tuhu ayu srinatane tiga sisih | alis roning imba | jajane awlar awiwing | wêdana amindha wulan ||
8. netra liyêp ajait grana arungih | waja laring kombang | tuhu warnane linuwih | kadi gambar wêwangunan ||
9. wus lumampah lakune manêg[131] anolih | angawe angucap | kakang mandhêga kariyin | dasih dika karurungan ||
10. mara-mara wong bagus kula kopyahi | kakang tambanana | lara kula wong asigit | tan ana kang katingalan ||
11. amung dika kang dadi paraning ati | mara kakang mara | papagên pondhongên mami | bari kêkudangên kakang ||
12. rajaputra sarêng wau aningali | yèn ana amapag | wanodya warnane adi | yèn angucapa ing nala ||
13. alah dalah si kuning sun dipanggihi | maring tuwan jendral | konthol bêlang Ngragawati | nata sinjang si mêngkanak ||
14. lah kapriye ujare si lodèr landir | kathik tambanana | kêjêng-kêjêng angrêrintih | dene têka jaluk êmban ||
15. adhuh biyang atiku têka kumitir | ati-ati aja | emuta lamun winêling | iya ora kenthol badan ||
16. nulya prapta Kumandhang Angragawati | rahadyan cinandhak | astane kering kinanthi | yèn ngucapa Ki Radeya ||
17. alah dalah wong iki mêngko ta êmir | têluh si bêraja | parungon tan darbe kuping | kang awas tan darbe tingal ||
18. dene angêt sarirane Ragawati | mendah yèn ingêmban | dene kumitir si kibir | kang asing dhingini karsa ||
19. angandika Kumandhang Angragawati | kakang bêborèha | ayo mampir ing waringin | kawula gusti mawongan ||
20. lamun sira kang bagus nora jampèni | nora wurung pêjah | kakang mas pondhongên mami | bari kêkudangên mana ||
21. rajaputra [ra...]
--- [f. 62v] ---
[...japutra] tansah sabil ing ati |[132] ati-ati aja | aja anuruti iblis | iya ora kenthol badan ||
22. sampun prapta lampahe waringin putih | ginojèng[133] mampira | rahadèn tan arsa mampir | akêdah banjur kewala ||
23. Ragawati anggonjèng kapati-pati | rahadèn tan kêna | Rêtna Kumandhang anangis | kaniaya Ki Radeya ||
24. pan angiyêng Kumandhang Angragawati | kakang kaniaya | wong asih tan dèn langgati | baya pituture sapa ||
25. rajaputra wus lêpas dènnya lumaris | tan nolih ing wuntat | Kumandhang Angragawati | kari buri karungrungan ||
26. sajênênge Kumandhang Angragawati | mulat ing wong lanang | manahe durung kumitir | mung mangke têka babragan ||
27. kari nangis Ni Kumandhang Ngragawati | sambat kaniaya | gustinira wong asigit | asung edan karungrungan ||
28. panêdhaku yèn sira ora abali | aja manggih wirya | dèn sauta ula mandi | katona kidang mênjangan ||
29. lamun sira kakang abalia malih | manggiha raharja | sinung mulya sugih rabi | iku panêdha kawula ||
30. tan winarna Kumandhang Angragawati | kocapa rahadyan | lêpas lampahe sang pêkik | sampun dukap roning kamal ||
39. Sinom
1. lampahe katiwang-tiwang | wus liwat waringin putih | ing Barjuk sira katingal | balane Sang Gunturgêni | dhongke[134] Barjukmêrapi | Rotajênggala pan agung | sami anèng jro guwa | ungsume lagya abukti | anèng guwa syarane pating karêcap ||
2. raja pinutra lumampah | dênawa datan udani | lêstari ing lampahira | wus liwat Barjukmêrapi | kongas nêgara Jarjis | baluwartine kadulu | Têksaka Măndhalika | anèng têga Jrêsmani |[135] pan kêkalih kuthahe Jarjis nagara ||
3. kang wetan dhèngkèning[136] buta | kang kilèn bèji Jrêrani | kuthane sang naga sarpa | samar tan ana udani | pêrnahe naga adi | angum satêngahi[137] banyu [ba...]
--- [f. 63r] ---
[...nyu] | mukane anèng lêmah | gigire angum ing warih | pêthitipun anèng lêsta sapartigan ||
4. sarwi amulêt laleyan | têpung ing kutha Jêrani | sami katuwuhan warsa | kang bulu lawan waringin | sami tuwuh ing pêthit | makutha nêlahi mancur | putri roro katingal | anèng ing makutha rukmi | yèn dinulu lir wa[...] anèng siluman |[138]|
5. mêngkana Jaka Radeya | asru lampahe lumaris | sampun prapta ing têlaga | wus manjing têlaga aglis | kagèt sang raja pêkik | pêthiting naga kadulu | dene agêng kalintang | sami katuwuhan wringin | rajaputra angling sajroning wardaya ||
6. dubilah nora kêjamak | êndi mustakane iki | nyata yèn dudu kinăntha | dene angidêri bèji | êndi êndhase iki | anggêgilani dinulu | ya ta Radèn Radeya | sigra malêbu tumuli | wis angancik angnèng[139] gigiring kang naga ||
7. dèn idan[140] dèn êmbat-êmbat | nulya tinurut tumuli | saking pêthit têkèng sirah | tan kêrasa dèn idêki | lir sêmut minggah ardi | tan karasa wawratipun | saking agênging naga | rahadèn sigra lumaris | pan mèh têpung gènnya ngidêri têlaga ||
8. saprandene durung prapta | awake sang naga gênting | anulya kèndêl rahadyan | gènira nurut sang pêkik | awake naga gênting | kasaru kalingan banyu | mangu Jaka Radeya | sêksana sira ningali | ing pinggire wontên mancur tiningalan ||
9. nulya wau pinaranan | Jaka Radeya tumuli | mêngkana kusuma rara | kang anèng makutha rukmi | warnanya adi-adi | jêjuluke ingkang sêpuh | Ni Rêtna Madubrota[141] | kang anom wastane singgih | ajêjuluk Nikèn Rêtna Maduraga ||
10. warnane kadi kumala | kusuma yu arsa mijil | arsa siram ing têlaga | sang dyah kalih arsa mijil | sampun prapta ing jawi | kagèt sang rêtna andulu | lamun ana wong priya | sajroning bèji Jêrani | yèn ngucapa Rêtna Ayu Madubrăngta ||
11. wong ing ngêndi iki baya | dene têka wani-wani | ya ta angambah têlaga | sabêne têlaga iki | sing mara
--- [f. 63v] ---
mara mati | singa mundur kapalayu | iki têka wêntala | yayi payo dèn parani | elingêna mêsakake lamun pêjah ||
12. putri kêkalih wus mara | prapta ngarsane sang apêkik |[142] babo wong ing ngêndi sira | dene têka wani-wani | ngambah têlaga iki | lumayua mungpung durung | eman manawa pêjah | warnamu anom apêkik | anauri wau Rahadèn Radeya ||
13. tan purun kawula kesah | wontên sinêdya ing apti | angling Rêtna Madubrăngta | dhuh babo dening kumaki | mundura uga yayi | aja têka andêlurung | lan apa sêdyanira | dene têka nyênyampahi | lah mundura wong bagus têka mundura ||
14. sumaur Jaka Radeya | tan purun kula gumingsir | kawula kinarya duta | dhumatêng sri narapati | ratu ing Bandaralim | punika ingkang angutus | angling Ni Madubrăngta | dèn kongkon apa sirèki | marang Jarjis kinon ta amundhut paran ||
15. lingira Jaka Radeya | pinundhut kula kang ngambil | cupu kang anèng makutha | karya usada nêgari | angling kusuma adi | măngsa baya nuli katur | cêcupu astagina | ingambil sapa darbèni | jangji gèpèng kênane cêcupu rêtna ||
16. Jaka Radeya ngandika | alah dalah bêbayani | upami botên sukaa | tuwas kêsêl tanpa kardi | jinujug têbih-têbih | prapta ing don datanpa sung | ya êlom manah ingwang | sang ayu mèsêm nauri | êlom pindho manira măngsa awèha ||
17. dene têka monyah-monyah | tinunggu kalane ngalit | seje ingkang muktèkêna | singa wonga ingkang ngambil | pan sira sun arani | sêkar pundhak enak-enuk | wong kinamangi rênga | saparti wong dèn kasihi | kêmalo nom aja jaluk mamêrusa ||
18. lingira Jaka Radeya | punapa karsa sang putri | upami yèn kawadea | kawula kang tumbas gusti | angling kusuma adi | dene awade cêcupu | pan nora kurang mangan | rajabrana ingsun sugih | anauri wau Ki Jaka Radeya ||
19. yèn mêngkatên jêngandika | yèn botên winade gusti | kawula nyambut kewala | Madubrăngta [Madu...]
--- [f. 64r] ---
[...brăngta] nauri |[143] sanakku têka ngêndi | kudu pêksa anyênyambut | dudu kadang waraga | têka kudu anyênyilih | baru dhapêt mau pijêr têmpat menyak ||
20. bêlum lama liyat-liyat | lu dhapêt sêkarang ini | bêlum tau ponya nama | saparti sudara baik | tidhak parti rang lain | pêgimana lu bêgitu | tidhak lu liyat urang | têmpat menyak mau bêli | mari liyat saya ponya cicin[144] banyak ||
21. sumaur Jaka Radeya | uninga yèn dika sugih | mênawi kêna sêsanak | kalawan wong kawlasasih | nanging kalamun kêni | kawula adarbe atur | kawula wong dinuta | kadipundi atur mami | bilih kula dinangu marang sang nata ||
22. kusuma rara ngandika | ingya maning mara wêning | matura ing sri nalendra | prakara cêcupu manik | tan kuwasa darbèni | siyang dalu dhatêng katur | ingkang kawula têdha | yèn lunga cêcupu manik | dèn gawaa têka ingkang duwe pisan ||
23. puniku wêwêkas ingwang | matura ing sri bupati | nauri Jaka Radeya | batêna si kadipundi | punapa dadak mulih | Rêtna Madubrăngta muwus | iya yayi muliha | matura marang sang aji | anauri wau Ki Jaka Radeya ||
24. alah dalah katiwasan | andadak mindho gawèni | wicara si apêrêka | alêlakon satus warsi | uga bali ping kalih | adhuh biyang priye ingsun | lamun kêni-kênia | paduka kula aturi | lumampaha sarênga lampah kawula ||
25. sanadyan kula mantuka | măngsa wandeya abali | wicara si yèn pêdhêka | sumaur kusuma adi | lah karsanira yayi | manira têka anurut | lah yayi Maduraga | paran karsanira yayi | anauri Rêtna Ayu Maduraga ||
26. kawula tan arsa pisah | kakang milua tut wuri | angling Rêtna Madubrăngta | sapa aranira yayi | raden putra nauri | Jaka Radeya ran ingsun | angling kusuma rara | paran karsanira yayi | sira gawa marang ingsun Ki Radeya ||
27. umatur Jaka Radeya | măngsa barong[145] sang dyah dèwi | angling sang kusuma rara | iya karsaningsun yayi | iki ana camêthi | sira anggoa karuhun | amatèni sang naga | gitikên pipine kering | dene ingsun wadhahana cupu rêtna ||
--- [f. 64v] ---
28. kêrana ngapa yayi mas | luwih sêkti naga iki | nora ala wong prayitna | nadyan lumayu lêstari | yèn sira dèn tututi | sira tan wurung kapupu | lah ênya yayi êmas | simpênana dipun bêcik | wêkas ingsun yèn mati sang sarpa naga ||
29. kang mancur nèng lak-êlakan | sira alapa tumuli | iku sira aturêna | maring Nata Bandaralim | sampunira mêmêling | putri kêkalih lumêbu | sajroning cupu rêtna | rahadyan angati-ati | kang cêcupu akukuh tan kêna obah ||
30. anulya Jaka Radeya | maring papan ikang radin | sarwi acangcut busona | langkung gènnya ngati-ati | saryya sêsumbar aglis | hèh payo rêbutên ingsun | Radeya mahambara | wong kunthara rajaniti | undhagi tyas ingsun têguh tanpa jaya ||
31. mara ingsun kêmbulana | kombang têpus ali-ali | aku Si Jayaparusa | kêmbulana ing ajurit | payo tandhing kuwanin | sang nata kalawan ingsun | angadu kasantikan | payo tangi dèn aglis |[146] iya ingsun kang aran Jayaparusa ||
32. dèn egal mara mêtua | rêbutên ingsun prajurit | prawira jaya mêrata | rêbutên dèn kaya undhi | dèn kaya tunggulmanik | sira angrêbut maringsun | lamun ingsun rinêksa | dening Yyang Kang Mahasuci | awuwuha sagunung măngsa mundura ||
40. Durma
1. lir pinêtik talinganira sang nata | buntutira kumitir | upas kadya udan | mukanya kadya parang | ilate kumitir-kitir | ambêk kumrangsang | sisik malik lir curi ||
2. nulya ngadêg sang naga muni angakak | obah bèji Jêrani | panggêrênging naga | akèh kayu kang rêbah | asat toya jroning bèji | laleyan rugak | ngadêg sang naga aji ||
3. ting garopak syarane kayu kang sêmpal | sami tugêl kapulir | kadya binabadan | gurda pating sulayah | laleyan mingsêr gumingsir | sampun apadhang | kadi babadan pacing ||
4. tigang dhêpa panjanging guluning naga | kang nora ngambah siti | untune angrangap | sarya gêrêng angakak | buntute kumitir-kitir | Jaka Radeya | camêthine [camêthi...]
--- [f. 65r] ---
[...ne] kumitir ||
5. pan sinandêr rahadyan dhatêng sang nata | rahadèn anginggati | malumpat angiwa | naga katut angiwa | Jaka Radeya nginggati | naga anjêpat | pêthitira kapusthi ||
6. wus prayitna rahadèn tan kêna cêrak | upas mawur lir thathit | rahadyan prayitna | kepyan pangarahira | pêthite naga kumitir | arsa nabêta | katampan ing camêthi ||
7. pan sapalih buntute naga kang kêna | naga nyaut angêrik | rahadèn prayitna | muka tuna mring lêmah | nulya sirah dèn camêthi | pilingan kiwa | naga rubuh ngêmasi ||
8. sampun pêjah kang Têksaka Măndhalika | radèn sigra angambil | kang anèng lak-êlakan |[147] nênggih kasêktènira | ingaran wirasa gaib | ing benjang kocap | kang wênang andarbèni ||
9. lamun ana jumênêng Ki Suryalaga | pinasthi andarbèni | wênang yèn nganggoa | liyane Suryalaga | nora wênang yèn amundhi | nadyan sang nata | datan wênang amundhi ||
10. wus ingalap dènira Jaka Radeya | aran wirasa gaib | nulya sinimpênan | radèn sigra lumampah | sah saking Jarjis nêgari | sampun andungkap | dhăngka Barjukmarapi ||
11. ênêngêna lampahe Jaka Radeya | kocapa Gunturgêni | sineba ing bala | Patih Kăndhabuwona | Ki Apatih Kăndhabumi | Ditya Manyura | lan Ditya Kili-kili ||
12. Bramasura kalawan Sang Wènibrama | supnuh samya anangkil | lir gunung anakan | sakèh Rotajênggala | dèni[148] Raja Gunturgêni | tan ana sama | kadi ratuning wukir ||
13. pan kasaru têkane têksaka lanang | matur mring sri bupati | gusti katiwasan | anggèr rêrêksan tuwan | kagêngane Kanjêng Nabi | Raja Suleman | kapupu dening jalmi ||
14. kang anama Radèn Mas Jaka Radeya | ratu ing Bandaralim | ingkang darbe duta | sang nata amiyarsa | kagèt Raja Gunturgêni | gêrêng apêtak | anggro sarya angêrik ||
15. sigra kondur sang nata sampun ngadhatyan | sigêgên sri bupati | kocapa rahadyan [rah...]
--- [f. 65v] ---
[...adyan] | lumaris lampahira | marga ing Barjukmarapi | dhangkaning buta | sami ngulati bukti ||
16. wontên ditya satunggal tan olih măngsa | kadya dèn supatani | sêksana tumingal | lamun ana manusa | wau lumampah pribadi | ditya angucap | dene kêndêl wong iki ||
17. mandahane dene agêtas arênyah | ditya angêrik-ngêrik | iya babo iya | mandah dene asopla | dênawa anandêr aglis | Radèn Radeya | dênawa dèn andhêgi ||
18. sampun prapta dênawa ing ngarsanira | mêndhak angêrug siti | tinêngên kiniwa | gêro sarya anggêtak | amawa ngiling-ilingi | ditya angucap | nyata kêndêl wong iki ||
19. ngêndi mahmu sapa aranmu manusa | warnanira apêkik | mendah dene enak | ingolah padhamara | sunthi kêncur lan kêmiri | bêrangbang bawang | lombok uyah têrasi ||
20. adhuh babo padha mangan ingkang sopla | mendah dene aênyir | rahadèn angucap | i babo iki apa | dene têka mêmêdèni | iya lah iya | mayo cacakên iki ||
21. mara-mara lah ênya sira cacaka | kapengin anggulinting | êndhasmu sêkranjang | wudêlmu kaya kêndhang | êndhasmu lir kêpèk anggris | mung irungira | kaya ruponing tai ||
22. punang ditya bramatya sigra angucap | bocah iki kumaki | rahadèn angucap | aja kakehan krawat | dênawa asru nauri | lah apa sira | wani marang ing kami ||
23. anauri wau Ki Jaka Radeya | apamu sun wêdèni | sang ditya angucap | aluhur dêdêg ingwang | agêdhe pêngawak mami | radèn ngandika | luhur tan sun andhani ||
24. nadyan gêdhe sira măngsa sun pêluka | mênawa kurang inggil | ngancika ing arga | măngsa ingsun ajriha | wuwuha Gunung Marapi | Gunung Sundara | ingsun nora gumingsir ||
25. sakêlangkung bramatya Rotajênggala | radèn tinubruk wani | Radeya lumumpat | ditya anulya nyandhak | radèn [ra...]
--- [f. 66r] ---
[...dèn] anapuk tan sipi | sarya andhupak | nampiling angidoni ||
26. tiba kongsêb dênawa tangi dèn dhupak | sarya dipun idoni | tangi malih jinambak |[149] kalumah ingidêkan | sarta dèn tabok dèn bithi | buta angrangsang | rahadyan anêmpiling ||
27. mengo ngiwa dênawa nulya dèn dhupak | marêp dipun idoni | amengo cinakar | mengo-mengo jinambak | dênawa mênêng sarya ngling | nyata mêjana | tandange bocah iki ||
--- [f. 66v] ---
[...]
| 1 | gênti. (kembali) |
| 2 | agêring. (kembali) |
| 3 | morod. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: tur mèh êlèkipun. (kembali) |
| 5 | Kurang tiga gatra ke-5 (8i), ke-6 (7a), dan ke-7 (6u). (kembali) |
| 6 | rêngkik-rêngkik. (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata: ingkang ajrih ing priya. (kembali) |
| 8 | sêngkang. (kembali) |
| 9 | nora. (kembali) |
| 10 | Kurang satu suku kata: cêp mênênga uga-uga. (kembali) |
| 11 | kêdhi. (kembali) |
| 12 | Lebih satu suku kata: kakang ajaluk apa. (kembali) |
| 13 | Kasihan. (kembali) |
| 14 | panganggo. (kembali) |
| 15 | arêmbugan. (kembali) |
| 16 | suthing-suthing. (kembali) |
| 17 | maling. (kembali) |
| 18 | nalendra (dan di tempat lain). (kembali) |
| 19 | anêmbah. (kembali) |
| 20 | wontên. (kembali) |
| 21 | Kurang satu suku kata: angandika sang aprabu. (kembali) |
| 22 | seda. (kembali) |
| 23 | uwis. (kembali) |
| 24 | Kurang satu suku kata: Prabu Jaka angêdhatyan. (kembali) |
| 25 | minggat. (kembali) |
| 26 | ingunjukan. (kembali) |
| 27 | undhangana. (kembali) |
| 28 | Kurang satu suku kata: yèn ana wong alêlampah. (kembali) |
| 29 | anendra. (kembali) |
| 30 | untapakên. (kembali) |
| 31 | lintang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 32 | Kurang satu suku kata: kang priya lintang abagus. (kembali) |
| 33 | angrarêbut. (kembali) |
| 34 | turăngga. (kembali) |
| 35 | kinusya-kusya. (kembali) |
| 36 | kancikan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 37 | anungkul. (kembali) |
| 38 | kunjara. (kembali) |
| 39 | Lebih satu suku kata: lawan kang rama jajar lampahe. (kembali) |
| 40 | pêngganggo. (kembali) |
| 41 | kancana. (kembali) |
| 42 | adi. (kembali) |
| 43 | liring. (kembali) |
| 44 | Ambararum. (kembali) |
| 45 | windune. (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata: sri nalendra kalawan rabinèki. (kembali) |
| 47 | tinimbalan. (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata: pan kawula kakang darma alumaku. (kembali) |
| 49 | Soma. (kembali) |
| 50 | Kurang satu suku kata: dina Soma budhalira narpati. (kembali) |
| 51 | lindhu. (kembali) |
| 52 | tinon. (kembali) |
| 53 | wingkinge. (kembali) |
| 54 | Kurang satu suku kata: kadya warsa kantaki lamun rinungu. (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata: prênahe ayun-ayunan. (kembali) |
| 56 | uluk-uluk. (kembali) |
| 57 | yun-ayunan. (kembali) |
| 58 | ginada. (kembali) |
| 59 | Bêndara. (kembali) |
| 60 | Kurang satu suku kata: samya umangsah ayuda. (kembali) |
| 61 | Lebih satu suku kata: apamit dhatêng nalendra. (kembali) |
| 62 | mênthik. (kembali) |
| 63 | Basundari. (kembali) |
| 64 | dhadhanipun. (kembali) |
| 65 | Kurang satu suku kata: linumpatan dhadhanipun. (kembali) |
| 66 | alon. (kembali) |
| 67 | cundhuk. (kembali) |
| 68 | anêrombol. (kembali) |
| 69 | asêrang-sinêrang. (kembali) |
| 70 | ramening. (kembali) |
| 71 | Lebih satu suku kata: Prabu Anom lawan. (kembali) |
| 72 | pinggange. (kembali) |
| 73 | ginodhi. (kembali) |
| 74 | ramening. (kembali) |
| 75 | limpung. (kembali) |
| 76 | saengga. (kembali) |
| 77 | trêsnaningsun. (kembali) |
| 78 | Lebih satu suku kata: mung trêsnaningsun yayi. (kembali) |
| 79 | dhandhang. (kembali) |
| 80 | Lebih satu suku kata: Pranggubarja nêgari mami. (kembali) |
| 81 | Kurang satu suku kata: atêngara wus bubar mulih. (kembali) |
| 82 | Kurang satu suku kata: pindha-pindhanên wraksa cêndhana. (kembali) |
| 83 | Tajusalatin. (kembali) |
| 84 | Kurang satu suku kata: Jayalêngkara lawan Tajusalatin. (kembali) |
| 85 | atampa. (kembali) |
| 86 | Kurang satu suku kata: ingsun lunga tapa ing ardi. (kembali) |
| 87 | Lebih satu suku kata: ri sêksana wau sri narpati. (kembali) |
| 88 | Kurang satu suku kata: lawan sira kakang lumakua. (kembali) |
| 89 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 90 | angèstokkên. (kembali) |
| 91 | binuwang. (kembali) |
| 92 | aran. (kembali) |
| 93 | tinunggu. (kembali) |
| 94 | Kurang satu suku kata: inggih parnahipun pundi. (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 96 | Kurang satu suku kata: agêdhe dadi salilit. (kembali) |
| 97 | nanggupi. (kembali) |
| 98 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 99 | Kurang satu suku kata: ingangkat datan kangkat. (kembali) |
| 100 | Mangkrub. (kembali) |
| 101 | Biasanya guru lagu a: pêjah. (kembali) |
| 102 | êmban. (kembali) |
| 103 | Kurang dua suku kata: sigra bubar rahadyan ingiring. (kembali) |
| 104 | akaroron. (kembali) |
| 105 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
| 106 | tunggul. (kembali) |
| 107 | kinongkon. (kembali) |
| 108 | Jarjis. (kembali) |
| 109 | lêlangse. (kembali) |
| 110 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 111 | kumêrah. (kembali) |
| 112 | Kurang satu suku kata: akumêrah ludira anêmbur-nêmbur. (kembali) |
| 113 | Kurang satu suku kata: ing paprêman akuthah rah. (kembali) |
| 114 | pêkik. (kembali) |
| 115 | Kurang satu suku kata: pan liningling kunarpa dhatêng sang pêkik. (kembali) |
| 116 | Catatan: terdapat dobel sandangan: liyêping atau liyêpe. (kembali) |
| 117 | pinêngkul-nêngkul. (kembali) |
| 118 | Lebih satu suku kata: payo siram taman. (kembali) |
| 119 | Biasanya guru lagu a: pêjah. (kembali) |
| 120 | eling. (kembali) |
| 121 | Biasanya guru lagu a: pêjah. (kembali) |
| 122 | amisesa. (kembali) |
| 123 | Lebih satu suku kata: rajaputra ya ta aniba tan eling. (kembali) |
| 124 | sawanèh. (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata: asasaran wêruh ing gusti. (kembali) |
| 126 | angikis. (kembali) |
| 127 | andungkap (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 128 | pinituhu. (kembali) |
| 129 | mènthèl. (kembali) |
| 130 | jingga. (kembali) |
| 131 | mandhêg. (kembali) |
| 132 | Kurang satu suku kata: rajaputra tansah asabil ing ati. (kembali) |
| 133 | ginonjèng. (kembali) |
| 134 | dhăngka. (kembali) |
| 135 | Kurang satu suku kata: anèng têlaga Jrêsmani. (kembali) |
| 136 | dhangkaning. (kembali) |
| 137 | satêngahing. (kembali) |
| 138 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 139 | anèng. (kembali) |
| 140 | idak. (kembali) |
| 141 | Madubrăngta. (kembali) |
| 142 | Lebih satu suku kata: prapta ngarsane sang pêkik. (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata: Madubrăngta anauri. (kembali) |
| 144 | cincin. (kembali) |
| 145 | borong. (kembali) |
| 146 | Kurang satu suku kata: payo tangia dèn aglis. (kembali) |
| 147 | Lebih satu suku kata: kang anèng lak-lakan. (kembali) |
| 148 | dening. (kembali) |
| 149 | Lebih satu suku kata: tangi dyan jinambak. (kembali) |