Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 01–12)
| 1. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 2. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 13–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 3. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Selarasa
--- [f. 67r] ---
1. Puh Roning Kamal[1]
1. satriya kabèh ta sira | samya rêmên aningali | tumingal ing saryya sêkar | angidêri pulo asri | gandanya marbuk wangi | satriya ika wau |[2] malah supe ing lapa | gangsal siyang gangsal latri | laminira ing pulo wus têpung gêlang ||
2. cêlak parnahira mêntas | prapta ênggèning bênawi | angrasani sapa lupa | angrempong soring têngguli | lagya kesah duk uni | padha batên bêkta sangu | lagya samya wêcana | yayi kapariyèn iki | awak isun yayi têka lêsu lupa ||
3. Selagănda wuwusira | kawula mangkatên malih | sakêlangkung lêsu lupa | kapengin amanggih bukti | samar mintara maning | saking angganingsun lêsu | Selara miyarsa |[3] sêsambatira sêkali | kapiluyu katiga arêrangkulan ||
4. adhuh kakang sanak ingwang | kawula mangkatên malih | katiga lara karuna | pan salamine lumadi | duk ana ing nagari | tautate mukti tuhu | mangke têmahan papa | angraos ina kêsèsi | Selasyara sêsambate lir gêrantang ||
5. adhuh rama tingalana | putra tuwan kawlasasih | ora wurung yayi kita | pêjah anèng pulo [pu...]
--- [f. 67v] ---
[...lo] iki | Selagănda nauri | wadeanèki tan têmu | ingkang dadi têtămba | pêrih atiningsun iki | Selarasa matur dhatêng ingkang raka ||
6. yèn mangkatên ta lah kakang | andika kantun ing ngriki | pacuwan andika kesah | kawula mangke ngulari | wowohan kang binukti | lamun ta panyananingsun | pulo puniki têngah | pantês ana dhukuh mangkin | lah kantuna wong kêkalih kula kesah ||
7. Selasyara aris mojar | adhuh ariningsun gusti | wus katêdha ing sihira | aja lunga sira yayi | barêng sapati urip | aja na pisah lan ingsun | yayi sapa wikana | singit têmên pulo iki | sira lunga mêna[4] ana durbiksa |[5]|
8. Selarasa wuwusira | kakang dika mêntamali | gêdhongana kuncènana | ing pati tan kêna gingsir | wus panduming Yyang Widi | saning tulis lokil mafpul | têka dika kantuna | kang raka ngandika aris | lah ta iya yayi dèn pênêd ing marga ||
9. pan sampun Ki Selarasa | nêngah i[6] pucuk tumuli | anut wukir lêbak-lêbak | ningali toya awêning | ing sabrangan kaèksi | bêbanjaran wohe agung | apêlêm wohe
--- [f. 68r] ---
sinang | ambawang bêmbêm bêm kawèni |[7] jêruk jingga salak kapundhung rambutan ||
10. sakathahe kang wowohan | pan lagya sêdhênge mohi | sêmăngka jiga[8] lan nanas | cêpêdhak lan jêruk lêgi | duryan langsêb lan manggis | angrêmpayok wohe atub | sagayuhan pan kêna | dhukuhe[9] pan runtuh sami | pan kasêrang dhatênge ngangin prabawa ||
11. Salarasa[10] yèn ngucapa | iki parmaning Yyang Widi | manggih têtêmbaning[11] lapa | lajêng anabrang tumuli | Selahrasa[12] ningali | maring wong kang lagya lungguh | wontên ing sela karang | kagubêd ing oyod nênggih | Selarasa cêngêng dènira tumi[13] |[14]|
12. kêkasihira kang tapa | Molana Se[15] Nursaid |[16] sampun angsal tigang jaman | lamine amêsu ragi | tan konjuk dhahar guling | mung kukusing sarwa santun | ingkang dèn aras-aras | kang minăngka buktinèki | mung Yyang Sukma kang kaèsthi ing jro nala ||
13. kagètira kang atapa | patapan kadya ginonjing | alinggih lir kajungjunga | rêbah kayon kanan kering | kasêrang dening angin | sêkare pan sami runtuh | angucap jroning nala | prabawane apa iki | sang pandhita ing manah ragi muringa ||
14. waspaos wau ka[17] tapa | yèn ana rare [ra...]
--- [f. 68v] ---
[...re] kang prapti | Selarasa wus uninga | yèn ana kang andarbèni | eca dènnya ningali | wowohan kang sami runtuh | kayu sapindhah gêmpal | labêt kasêrêng ing angin | Selarasa alon mêndhêk awotsêkar ||
15. kumêdut sang apandhita | ningali ana kang prapti | yèn ngucapa i wardaya | bocah têka saking ngêndi | dening lucu apêkik | padha gêgombak kêkuncung | têka wruh Pulo Nila | wong akèh pilih udani | yèn sun wawang kaya dudu wong urakan ||
16. Sèk[18] Nursaid angandika | ing rare kang wau prapti | ki putu dèn maring ngarsa | linggiha dipun mariki | ora bayane gusti | ing kene parêng alungguh | yèn ngucapa ing nala | bocah têka parêk ati | sun watara nyata wijiling kusuma ||
17. alon matur Selarasa | nuhun kawula yyang kaki | anêdha ing pangapura | rèh kawula kumawani | minggah dhatêng mariki | sakalangkung kamipurun | inggih nuhun paduka | rèhing dasih kawlasasih | Sèk Nursaid ngandika akèn marêka ||
18. Sèk Nursaid angandika | kaki putu saking ngêndi | anyar têmbene katingal | pun kaki têmbe ningali | marêk dhatêng [dha...]
--- [f. 69r] ---
[...têng] yang kaki | apa ingkang sira jaluk | lah mara pêpoyana | ki putu dipun sayêkti | Selarasa ature măngsa kilapa ||
19. aris wêdaling wacana | iya ki putu wus ngarti | sinangsangya[19] lakunira | jinaga pinrih ing pati | sadulurira aji | langkung dening murkanipun | mring sira iku nyawa | iya dèn priha kang silib | lan ki putu têkane anjaluk sêga ||
20. ing kene ta langkang[20] sêga | pun kaki sampun alami | ora tinêmu lan sêga | mung gandaning sarwa sari | ingkang pinăngka bukti | amung gandaning kang santun | Sèk Nursaid kèngêtan | pituturira kang dhingin | Sèk Nursaid angucap ing Selarasa ||
21. ki putu sok tumungkula | Selarasa anungkêmi | binêdhol kêkuncungira | antuk tigang lêmbar mangkin | ki putu ênya iki | dokêna ing pusêr iku | pan warêg tanpa mangan | rambutira kang kêkalih | êdumêna ki putu salêmbar sewang ||
22. atampa Ki Selarasa | wontên ing ngandhap pinandhi | Sèk Nursaid angandika | uwis lungaa sing ngriki | age layara maning | kulon ana desa agung | iku dèn paranana |
--- [f. 69v] ---
besuk yèn prapta nêgari | iku sira dadi kêkêmbanging yuda ||
23. Selarasa nulya nêmbah | mring ngarsa sira ngujungi | inggih anuhun kawula | saking barkat tuwan singgih | inggih kula kiyai | sakalangkung nêdha nuhun | Sèk Nursaid ngandika | iya putu dèn abêcik | nanging sira dèn ngati-ati ing marga ||
24. besuk sira nêmu baya | nanging tan têka ing pati | iku gusti lakonana | yèn uwis têkèng nêgari | wayahe wong ajurit | têka lakanana[21] iku | iku titahing Allah | pacuwan ta sira gingsir | besuk sira dadi kalipahing duta ||
25. Selarasa ngaras pada | Sèk Nursaid anjampèni | sun têtêdha mring Yyang Sukma | sakèh dewa padha asih | jayaa sira gusti | olèha marga rahayu | malekat rumaksaa | ing salamining dumadi | muga-muga jinungjunga jênêngira ||
26. wus amit Ki Selarasa | alon dènira lumaris | lampahira songkeyangan | sarira lêsu kapati | praptèng pinggir pasisir | kawarnaa ingkang kantun | Rahadèn Kelasyara[22] | Selagănda tansah nangis | Selarasa [Selara...]
--- [f. 70r] ---
[...sa] kang sinambat ing karuna ||
27. Kelasyara karuna |[23] sarya ngling dhatêng rayi |[24] Selagănda duganira | Selarasa bilih mati | lah payu ingulati | barêng mati wong têtêlu | tan dangu nulya prapta | [...] |[25] gupuh eling ra karuna de ngapa |[26]|
28. Selasyara amiyarsa | yèn syaranira kang rayi | pinapag rinangkul sigra | kang rayi aglis nungkêmi | kang raka ngandika ris | adhuh gusti ariningsun | sun nyana wus palastra | Selarasa matur aris | dika kèndêl kangmas sampun karuna |[27]|
29. wontêning panruka[28] lapar |[29] punika jêjampi ngêlih | rema kawula salêmbar | dipun ge ing pusêr nênggih | [...]gèn jimat paripih |[30] tuwuk tanpa bukti iku | ciptanira kang raka | manahira sakalih |[31] pantês rayi sinung rahmat dening Allah ||
30. tur sarwi nampani sira | wau kang raka sakalih | dinuman salêmbar sewang | sampun kinarya paripih | nulya sêgêr ta sami | Selarasa nulya muwus | raka dawêg sami minggat[32] |[33] ing palwa sami ngulari | yèn sambada têmbang pangkur munggyèng ngarsa ||
2. Pangkur
1. wus mancal saking minggiran | Pulo Nila silêp datan kaèksi | mangilèn palayaripun | Selarasa nèng
--- [f. 70v] ---
wuntat | raka kalih dados juru batu ngayun | kathah baita kapapag | kapal pragata lan kèci ||
2. wontên palwa pêlayaran | kêdhap-kêdhap palwa Wêlănda Anggris | wong Mêlaka nunggang sêlup | wontên malih katingal | salayaran pêcalange wong Balitung | sainge wong Gulangbawang | kang ilok bêbajo iki ||
3. Selasyara wuwusira | ika yayi tingalana dèn yêkti | wong Gulangbawang puniku | biluk arêp bêbajag | tan agancang yayi kita bok dèn susul | dibanting yèn kacêkêla | tan wande dèn êdol benjing ||
4. wontên malih katingalan | layar taptah baita saking Prênggi | kang layar sutra wong ing Rum | layare mari wong Surat |[34] êjong Cina layar gadhong[35] pring tinutus | ana layar cindhe kêmbang | anêngreba ing tah Kêling |[36]|
5. ana kang alayar motha | kang sawênèh ana kang tatap kuning | kang palwa asrang asêlur | kapapag piduluran | tiningalan lir măndra kêkupu tarung | ana kang alayar mega | sawênèh ngulon bêbalik ||
6. paman[37] dulur apapagan [apapaga...]
--- [f. 71r] ---
[...n] | palwa katon layare tapta wilis | wong Minangkabo kumêndhung | layare lungsir seta | palwa Siyêm layare parada murub | kadut layare wong Jawa | kang kapapag anakèni ||
7. hèh nakoda dhari mana | mohta[38] pa mau kêmana pêgi |[39] kang tinakenan sumaur | saya urang dhi Cêmpa | tidhak moat sudhah ambil juwal itu | tuwan juga dhari mana | dhi mana tênpat nêgari ||
8. sumaur punang nakoda | saya mau pêgi nêgêri Turki | saya urang nagri Ngêrum | tapi dhi luwar juga | palwanipun wus laju ora kadulu | sampun têbah lêliwatan | sawanèh kari ing wuri ||
9. wontên malih katingalan | kêthap-kêthap layar katon sailir | wu[40] silêp dharatan gunung | amung pangulu lintang | lan srangenge Selarasa layaripun | tigang dalu tigang siyang | duk katêdhakan ing angin ||
10. pêpêtêng angin tugara[41] | lingsir wêngi têdhak kang punang angin | anut paraning parau | tan kêna sinautan | ngucur angin tigang siyang tigang dalu | kabiyas tibèng dharatan | ing ambang Sulu kang pinggir ||
11. tiba ing pamigir[42] desa | pasisire anging amawi kali | têmbir ombakipun agung | bangkat anêmpuh karang | Selarasa anjênêng ing wuri muwus [muwu...]
--- [f. 71v] ---
[...s] | raka paduka pariksa | ing pundi lêbu puniki ||
12. nulya katêmpuh ing ombak | babarpisan palwa pêcah kabanting | mring dharatan lir sinurung | Selarasa malumpat | jangjining Yyang punika yayi katêmu | babang[43] wetan wayahira | sami linggih pa pasisir ||
13. paminggiraning nagara | Atasulu wastane kang nagari | winastanan dhuku[44] Mundhu | kunêng rare têtiga | yèn ing dalu anusup ngalas aturu | sampun antuk tigang dina | yèn siyang anèng gêgisik ||
14. tan kocapa wong têtiga | kawuwusa wontên dhudha tur pêkir | awisma ing desa Mundhu | awasta Ki Lorbaman[45] | nênggih darbe anak wadon siji ayu | gawene tansah sok mular | anangis raina wêngi ||
15. Ni Rumsari wastanira | pan katilar ing rena dèrèng lami | gangsal sasi laminipun | nangis sarya wêcana | rama kula angimpi kalaning dalu | katon rupane gumawang | rare têtiga tur pêkik ||
16. mara rama ulatona | wetan kono pranahe[46] duk angimpi | dudu rare mukti iku | dudu wong awibawa | rama ta rare puniku |[47] nanging angsale ing kuna |
--- [f. 72r] ---
iku bèbète bupati ||
17. pêkir Lobaman angucap | angulalèh rêrasanira iki | salahe saya andarung | angandêl ing supêna | wong angimpi babo tan kêna binastu | mapan akèh impèn dora | iku tan kêna pinasthi ||
18. ajaa kang kaya sira | wong kang arip impène kadhang sisip | saengga bisa wong iku | wus ngangge tingal tunggal | supênane mênawa kêna binêstu | jiring turunèku eram | munajat ênênge iki ||
19. ujarèku akullah |[48] paningale marifatullah ugi | pangambu pamiyarsèku | osike dadi sêmbah | barang polah wis ora ana kadulu | sampun sirna tingal tunggal | tangayun makluke singgih ||
20. iku ta ingkang mangkana | supênane iku tan kêna sisip | uwis ta mênênga babu | sêdhêng aja karuna | ingsun iki susah ati durung mantun | satigale[49] biyangira | durung enak dhahar guling ||
21. Ni Rumsari aris ngucap | adhuh rama mangke kawula purik | yèn tan kapanggih wong iku | lah rama ulatana | kula uga ngipi tan pati aturu | kula tangi [tang...]
--- [f. 72v] ---
[...i] maksih ana | dalah mangke katon maksih ||
22. yèn awèt mangkatên rama | nora wurung kawula angêmasi | kewran kang rama amuwus | saryya ngosya kang putra | iya gusti lah mênênga anak isun | karia si rama lunga | Ki Lobaman sigra mijil ||
23. lêpas lampahe mangetan | Ki Lobaman nurut pinggir pasisir | lampahira mandhêg mangu | tan wontên kang sinêdya | mila wayah lingsir kilèn têkèng wêktu | Ki Lobaman asêmbiyang | lahor sandhaping sulastri ||
24. sabakdanira sêmbayang | nulya ngetan Lobaman aningali | rare têtiga alungguh | awas dènnya tumingal | dening bagus rare katigane wau | bocah êndi iki baya | dening katigane pêkik ||
25. Lobaman mangu kacaryan | nulya wau pinaranan tumuli | Lobaman aris amuwus | ing teja sulêksana | bagus pundi pinangkane kang dinunung | manira têmbe tumingal | Selarasa anauri ||
26. kawula wong mêdhang[50] kentar | sagèn kampir saking Cêmpa alami | winastan wedang lêlaku | tumpêr kang cinawêtan | rare panas [pana...]
--- [f. 73r] ---
[...s] anèng nêgara kèn nundhung | malah sang nata ing Cêmpa | mring kawula anyar pati[51] ||
27. baya lami sira nyawa | anèng kene dèrèng amanggih panti | inggih paman sampun antuk | tigang dalu kawula | Ki Lobaman muwus nyawa anak isun | si paman gawenên bapa | lah mara mring wisma mami ||
28. Selarasa awêcana | wus katêdha saandika kiyai | Selasyara aris muwus | pantêse kai paman | yèn wontêna ing desa ngariki besuk | tan wande dadi pitênah | pan kawula rare singit ||
29. yèn wontên ing ngriki paman | bok kawarta benjang dhatêng nêgari | katon yèn rare kumukus | wande kula palasatra[52] |[53] Ki Lobaman asru dènira amuwus | pun paman karyanên dhadha | benjing[54] yèn wontên bêlai ||
30. anak bagus yèn tan ana | pan si paman bapa akênên siwi | lir mulat i kamal tèngsun | alon rare têtiga | gih katêdha kula paman ngawu-awu | Ki Lobaman ika ngucap | sampun jamaking aurip ||
31. ki bagus pan ora kilap | ing agêsang mapan sampun prayogi | alon Selarasa muwus | kalih dhatêng kang
--- [f. 73v] ---
raka | dawêg kakang sihe paman kula turut | ing lara pati sinăngga | kang raka anut sakapti ||
32. wus binakta mantuk sira | tan kawarna ing marga sampun prapti | wanci asar wayahipun | dhatêngira ing wisma | Ki Lobaman anake ingudi sampun | Ni Rumsari marenea | olèha kalasa aglis ||
33. Selasyara wuwusira | supane paman wontên kang uning |[55] dèn angkên punapa tèngsun | Ki Lobaman angucap | yèn wontêna akèh têtăngga lor kidul | sun warah palunan ingwang | sun kon ngatêrakên benjing ||
34. warnanên Dèwi Rumsêkar | amarani maring rama aririh | uning yèn dhayohan wau | sarwi bêkta kêlasa | arsa gêlar ing bale mangkya andulu | têtamu kang anèng manah | Si Rumsari nulya bali ||
35. malêngak mangu nèng wisma | aningali satriya tur apêkik | lir dinaut manahipun | gumêbyar ingkang manah | Ki Lobam angancaran ingkang rawuh |[56] Selasyara Selagănda | Selarasa wus alinggih ||
36. anèng bale sakatiga | Ni Rumsari anèng [a...]
--- [f. 74r] ---
[...nèng] wisma alinggih | kalih lan pawonganipun | awasta Ni Jumêna | alon matur marmine andika mangu | kemutan ing impènira | tinêmbangan dhandhanggêndhis ||
3. Dhandhanggula
1. mulaningsun babo mênêng iki | pan kèlingan ing supênaniwang | iya mêngkono rupane | têtiga bagus-bagus | dhuh si rama dening abakit | angulati supêna | Ni Jumêna matur | kinèn abyantarakêna | sang palunan ing têtăngga kanan kèri | Rumsari suka ing tyas ||
2. Ki Lobaman anake dèn sèngi | Ni Rumsari babo ge bêthêka | sanakira pan kaluwèn | saksana kang inguwuh | Ni Rumsari sumaur ririh | [...] |[57] [...] |[58] Ni Rumsari olah-olah | Ni Jumêna tan dangu nulya mangkêrib | Ki Lobaman angucap ||
3. padha karia nyawa nèng ngriki | pan si paman arsa asêmbayang | Rumsari lungguha kene | rewangana alungguh | aja sira age sêsaji | ingsun arsa sêmbayang | Rumsari sumaur | dawêg rama sêmbayanga | sanak kula sun rewangane alinggih | Lobaman dhatêng langgar ||
4. têtagane[59] padha angrewangi | ni wulanjar kidul samya prapta [pra...]
--- [f. 74v] ---
[...pta] | lawan ni parawan kilèn | răndha êlèr wus rawuh | ora maning kang dèn rasani | payo nanton[60] wong anyar | wartane abagus | kiyai duwe palunan | rare anom têtiga sami apêkik | gabagan wong kang prapta ||
5. Ni Rumsari wus parêng alinggih | miring-miring manahe kagiwang | parêng linggih anèng bale | gantale mung têtêlu | ri[61] nênampan sêlaka adi | wong bagus lah mucanga | Selasyara muwus | kangêmbok kawula nêdha | sampun lami kawula batên nginangi | miwah sanak kawula ||
6. Ni Rumsari wuwuse amanis | nora tulus andika sêsanak | yèn dèrèng nginang jambene | dumèh ta mung têtêlu | anginanga suruh sacandhik | lawan jambe sêmayang | măngsa kurang suruh | mulane amung têtiga | sanak kula têtiga kang anèng ati | sarwi anglirik ngiwa ||
7. Selasyara arine dèn lirik | sarêng mulat wangsane katiga | sarêng samya juput jambe | katiga mucang sampun | Ni Rumsari osiking ati | kapriye polah ingwang | kang ati takiyur | yèn ingsun [ing...]
--- [f. 75r] ---
[...sun] mêlang ing manah | asêsanak kang mulat malangatèni | angur sun rasuk pisan ||
8. dimèn mangko sun basani adhi | nulya angling Jumêna mrenea | alêladènana kene | ing kene akèh batur | ora kurang kang asêsaji | ni wulanjar angucap | buhêna maring sun | age sira maranaa | anggan[62] kesah Jumêna mêndhak i wuri | Rumsari aris mojar ||
9. Ni Rumsari lingira amanis | ariningsun katiga sirama | karuhun dipun arèrèh | rama dika pan dangu | anèng langgar kalawan santri | wus wêwatêke saban | yèn sêmbayang dangu | rare katiga wêcana | inggih kakang nuhun pasihan sirèki | tan sagêd mangsulana ||
10. apan kewala lah katiga mring | bejing[63] ing karsa pan arsa siram | angecani mring kakange | lampahe mandhêg mangu | wau mulat padhanging sasi | sangsaya mungu lara | ketang duk ing dangu | lagi duk anèng nêgara | nanging ta lah sinamur-samur ing ati | dadya angêne sirna ||
11. samya siram i bèji tumuli | padhang bulan tanggal ping padbêlas | samya suka ing galihe | Selasyara amuwus [amuwu...]
--- [f. 75v] ---
[...s] | Selarasa dipun takèni | yayi wus balèg sira | atawa sing durung | kang rayi ing saurira | dèrèng balèg kawula kakang puniki | tandhane yayi apa ||
12. tandhanipun kakang kula ngimpi | pan binuru kawula wanita | dèn cêkêl sinungan gantèn | sira tanggapi iku | botên ajêng kula nanggapi | kakang kalawan asta | nanging kalawan untu |[64] sun cokot lambene pisan | raka kalih gumujêng atukup lathi | mung samono kewala ||
13. yaktosipun kakang botên uning | kawula kakang yèn mangkatêna | dèrèng uninga kanthane | Selagănda ris muwus | yayi ingsun atakon maning | lah mara tutugêna | Selarasa muwus | kula dèn ajak mring wisma | de wanita dèn gubêl kawula iki | sarta dèn urut pisan ||
14. Selasyara angrakul[65] kang rayi | apa silih arane punika | Selarasa ris wuwuse | wikan ing wastanipun | tutugêna ika ta malih | dangu ing pagulingan | wong wadon agarut | anjiwit nyêthot amular | kakang nuntên sun sarèkakên tumuli [tumu...]
--- [f. 76r] ---
[...li] | tur sun bantali asta ||
15. sampun adangu dènira gosthi | anèng bèji wau apaguyyan | nulya siram katigane | warnanên ingkang kantun | Ni Rumsari lan punang cèthi | umatur Kèn Jumêna | dhatêng Ni Rumsantun | sampun gusti ragi merang | ing wong ika lir darbe raosing galih | punika wong pasa |[66]|
16. sampun gusti ragi angatawis | dipun kadi sarèk[67] priyăngga |[68] Rumsari aris wuwuse | wite babo tyas ingsun | pan kapengin sadulur yakti | yèn warnane sun wawang | lir Ajuna[69] nurun | kumêpyar raosing manah | mulaningsun kadhang lali kadhang eling | nulya sarira lupa ||
17. dan malêbêt ing wisma Rumsari | karsanipun angrêracik burat | dhudha anglamong wastane | kêdhik racikanipun | mung sêkawan racikirèki | pala lan têmulawak | unêm datan kantun | pucuk datan kaliwatan | kawruhana warnaning gănda wêwangi | dèn samya nastitèkna ||
18. wontên malih wastaning wêwangi | bêburatan adi tur utama | balibar manggis wastane | kathah racikanipun | têmugiring lêmpuyang [lêmpu...]
--- [f. 76v] ---
[...yang] wangi | cêndhana das katumbar | pulasari kêncur | jintên cêngkèh kajêng tinja | jêruk purut cêmpaka têki mêsoyi | lan godhong găndapura ||
19. ingukupan lawan-lawan gêndhis abrit |[70] binanyonan lan aèr kungkuma[71] | kuncine binênêm bae | cêpaka datan kantun | pan pinanggang sêkarirèki[72] | binênêm kang pêpidho |[73] pinipis dèn lêmbut | kajêng kasturi rencangnya | kawruhana racike balibar manggis | iku nastitèkêna ||
20. sampun sira Ni Dèwi Rumsari | arêracik burat kang utama | cêcadhang maring kadange | dening wulanjar kidul | sami saking ika tut wuri | malêbêt dhatêng wisma | sami marak lungguh | ni parawan atut wuntat | sami marêk anèng pagêlaran linggih | Rumsari aris ngucap ||
21. wus palastha sêsajène sami | ni wulanjar muwus amlasarsa | sampun sumaos kabèhe | ni parawan amuwus | dhuh kawula takèn sayakti | warga punapa dika | ing rare kang rawuh | dene warnane lir Parta | Ni Rumsari alon dènira nauri | sanaking sanak iwang[74] ||
22. pisah ingsun pan seje nêgari | marene iki tilik si rama | wartane wus mati mangke | ni wulanjar amuwus | ing tuwa punika pundi |[75] warnane kadi kêmbar | padha bagus-bagus [ba...]
--- [f. 77r] ---
[...gus-bagus] | ora nana kang kaciwa | Ni Rumsari wuwuse arum amanis | sampun bèbèt manira ||
23. ni wulanjar mojar ngasih-asih | kawula ngèngèr ing ngriki pisan | juru dange suk lan sore | pun sêsambi anunggu | ni pêrawan alon nauri | nyai wăngsa andika | sun lambari besuk | kang anèm kang tuwa ika | kadhingaha aja liyan andêrbèni | sun tungkula niskara ||
24. Ni Rumsari saure amanis | ora rabi kabèh sanak ingwang | yèn durung laki kakange | watêk sabèbèt ingsun | sapa tuwa alaki dhingin | ni wulanjar angucap | darmane kang antuk | tan pantara wuwusira | Ki Lobaman wau dhatêng saking masjid | dèn iring santri papat ||
4. Puh Durma
1. pangamuke kasasang[76] ing ganjur atap | Lobaman tan ngudhili | ingêbyok ing kathah | Lobaman ingalingan | dening akèh wong musêlim | pan kawarnaa | bala êjim dhatêngi ||
2. pangamuke punang jin tan katingalan | wong kapir êmèh ênting | sisaning kang pêjah | malayu ing gustinya | giris bature kèh mati | datan karuhan | pêdhang ngamuk pribadi ||
3. ênêngêna udure[77] wong tanah sabrang | warnanên sri bupati | Sang Raja Kombala | pinarêk pasanggrahan [pa...]
--- [f. 77v] ---
[...sanggrahan] | pêpak sakathahing aji | amalataran | sigra sang nata bali ||
4. dening apa balamu mundur ayuda | baya tan wêdi mati | angur têtapiha | yèn ajrih mungsuh Jawa | dadi lanang tan agati | angur matia | samande ya urip |[78]|
5. sarya takèn sang nata ing tabidira | kaprimèn ta la[79] tabid | iku kawruhira | mara age tutura | aja anganti tinari | apa mulanya | balaku tan ngudhili ||
6. pan ki tabid mênênge èsmu kewuhan | ing patakèn narpati | tumungkul amilang | pawêwukoning dina | patakonan sri bupati | sampun kawical | ki tabid angawruhi ||
7. inggih gusti mariksa dhatêng kawula | punang bala katindhih | ing tingal kawula | kang rakêt ing petangan | punika mungsuh saking jin | kapranah warga | milane tumut jurit ||
8. wus ngandika sang nata maring padhêkan | pan winudanan sami | giniring payudan | sampun amagêlaran | wong kapir atangkêp malih | sêla mêngkana | campuh atangkêp malih ||
9. duk tumingal bala jim maring payudan | angamuk tan kaèksi | kapir kathah pêjah | kèhira tan kawical | mati ingamuk ing êjim | wangkening kopar | kadi babadan pacing ||
10. sampun têlas baris kang pangawat kanan | pangawat kiwa ênting | dalah laju pisan | ing ngayunan sang nata |
--- [f. 78r] ---
bala êjim aningali | bala wanodya | pangajênge kêkalih ||
11. kawan dasa kathahe bala wanodya | samya wêwuda sami | kinarya nayaka | tur darbene dèn pulas | irêng sisih sisih putih | tur kinanthilan | cêpaka lan mêlathi ||
12. yèn sinawang lir salabog tiningalan | karone dèn paèsi | sampun marang ngarsa | sarya atêtandhakan | wau êjim aningali | apês sêdaya | wau kang bala êjim ||
13. sami lêsu bala êjim angganira | datan kuwat ngulisik | anggan[80] lêsu lupa | lir pendah sasaminya | kang raga lêsu kapati | wus tanpa polah | ăngga tan kêna osik ||
14. kawarnaa sira Sang Raja Kombala | sira ningali êjim | muwah para nata | aningali sêdaya | yèn êjim wus tanpa budi | suka sang nata | angling ing para êjim ||
15. rupa tinja ana arupa bêbathang | bari-bari kawarni | ana madu kilang | kang rupa kakêmbangan | cêndhana garu kasturi | lah artènana | dènira kakang patih ||
16. kyana patih asru ing panuhunira | tugêle jăngga mami | gusti tan lênggana | patik bathara sabar | kalintang botên kadugi | angartènana | ing supêna narpati ||
17. angandika sang nata asêmu duka [du...]
--- [f. 78v] ---
[...ka] | dhatêng para punggawi | manawa na bisa | sira ngarti supêna | sadaya asaur paksi | sarêng anêmbah | inggih botên kadugi ||
18. sakèhing wong sira mênawa na bisa | aja nganti tinari | sakabèh matura | sapaseban anêmbah | sami atur pati urip | rapêt ing kisma | wêdananing wadya lit ||
19. langkung dukanira sri naradipa |[81] dhatêng rêkyana patih | kang patih lungaa | ngulatana dèn egal[82] | angulatana dèn olih | tabid kawasa | pacuwan nora olih ||
20. aja mulih yèn ora olih wong bisa | kang patih sun antèni | age lah mangkata | patih tumulya nêmbah | wus pamit tumulya mijil | lampah enggal |[83] sigra rêkyana patih ||
21. sampun mêdal sajawining galedhegan | kang tumut dèn opahi | kyana patih sira | anulya nitih kuda | angêrap kalih pêkathik | èngêt ki patya | mangilèn lampahnya glis ||
22. wong sanake dèn jujug ing jawi kitha | kang wasta Ujum Sidik | tan kawarnèng marga | gancang lampahing kuda | saprapta karang paminggir | tan dangu sira | wus tumêdhak kya patih ||
23. Ujum Sidik aris wijiling wêcana | bageya ki apatih | sun badhe ta sira | ing kalakuanira [ka...]
--- [f. 79r] ---
[...lakuanira] | kaya ana karya gati | Patih Mangkurat | sumaur awor tangis ||
24. iya kakang Ujum mulane sun prapta | iya jujug mariki | ingsun uripana | kakang dening andika | ki patih nulya bêbisik | [...] |[84] lah iya ki apatih ||
25. iya ingsun kang sanggup lah aturêna | marang ing sri bupati | manira wus wikan | impène sri nalendra | nanging isun arêp jangji | ingkang sun têdha | Sêlame sri bupati ||
26. lawan sira ki apatih Asêlama | kyana patih nauri | iya ta lah kakang | aja ta kêlayatan | tumulya sami anitih | kalih kang kuda | kalayan sira patih ||
27. gêgancangan lampahira sêsandêran | kalih Ki Ujum Sidik | praptane ing kitha | garjita sakèh mulat | sapraptanira kya patih | kampo kang kuda | anèng ngisor waringin ||
28. sri nalendra maksih gènnya sinewaka | sêkathahing bupati | aglis ingandikan | dhatêng ing panangkilan | kalilan Ki Ujum Sidik | amêmêndhapan | tumulya awotsari ||
29. sri nalendra ing Atasulun[85] ngandika | dhatêng rêkyana patih | olih lah ta sira | ingkang bisa [bi...]
--- [f. 79v] ---
[...sa] anyêtha | sakèhing impèn sun iki | patih tur sêmbah | punika kang kapering ||
30. kakang patih Si Ujum kon maring ngarsa | mangke sun têtakoni | ki patih angucap | Ki Ujum pakanira | ingandikan dening gusti | marang ing ngarsa | mangke Ki Ujum Sidik ||
31. sri nalendra aris dènira ngandika | ing kene parêk mami | iki Ujum sira | basa ngarti supêna | Ki Ujum ature aris | inggih sang nata | kawula ananggupi ||
32. nanging wontên kawula têdha mring tuwan | yèn sampeyan dhatêngi | asru angandika | mangke sri naranata | aja sira walangati | sakarêpira | mangko ingsun nêkani ||
33. sakarêpmu măngsa sun uwalana |[86] badhenên iku dhingin | ingsun dêlêng teja | wahananèka apa | Ujum Sidik mèsêm angling | sampun dèn pajar | kawula sampun dugi ||
34. anupêna panduka ningali teja | têtiga kang kaèksi | saking êlèr wetan | sumarot[87] dhatêng pura | kobar saisining puri | malah sang nata | malajêng dèn tututi ||
35. pan sampeyan malajêng karangkang-rangkang | malah lumêbèng warih | murub lir dahana | teja ngadêg i pura |
--- [f. 80r] ---
amadhangi wong sabumi | duk ane[88] gêdhah | isine măncawarni ||
36. angandika sira wau sri narendra | bênêr tuturmu iki | iya artènana | kapriye tayuhira | Ujum Sidik matur aris | teja têtiga | jênênge wong abêcik ||
37. inggih wontên rare têtiga lêlona | linilan ing Yyang Widi | ujaring petangan | mangke wontên ing desa | paminggir tuwan ing ngriki | rare punika | kang badhe dados aji ||
38. pasthi angsal rahmating Yyang Maha Mulya | kang gêcêk ing nêgari | angrusak paduka | ingkang gêntosi nata | ing Atasulun nagari | langkung prawira | tan wontên kang mungsuhi ||
39. wanci balèg pisan ta rare punika | dening sêmuning gucih | têdhake si gănda | amis bacin punika | têgêse sri narapati | nêgari tuwan | awon sae kapusthi ||
40. prandènipun kathah rare ulubalang | inggih batên ngurusi | rare langkung susah | sampun jangjining Sukma | nêgari tuwan ing ngriki | pasthi yèn gêmpang | ing dalam taun iki ||
41. gih punika ing benjing [be...]
--- [f. 80v] ---
[...njing] jumênêng nata | saingga nuntên mati | ing sasi punika | rare kang sakatiga | mênawi tan tulus gusti | rêsak panduka | punika atur mami ||
42. amung sasi punika paduka nata | sayogya angulari | ing lare punika | yèn tan botêna pajah[89] | ing sasi Sapar puniki | benjang paduka | botên wande kajodhi ||
43. kadya duka ature dhatêng sang nata | wau Jum Sidik |[90] ya ta sri nalendra | amiyarsa mangkana | bramatyanira tan sipi | wadana abang | kadya mêtua gêni ||
44. sigra ngunus curiga sri naranata | mêrang lêngên pribadi | nundêr pupu kiwa | sarya asumbar-sumbar | lah dêlêngên Ujum Sidik | tontonên padha | kasêktèningsun iki ||
45. têguh wani karosan wus anèng ingwang | aku bêbalung wêsi | kulitku têmbaga | gêgala sungsum ingwang | sapa wani maring mami | tur sarya mêrang- | mêrang lêngên pribadi ||
46. malah tugêl curiganira sang nata | sampun dados kêkalih | sang nata sru mojar | hèh êndi ta rupanya | lah undangên Ujum Sidik | bocah têtiga | ngêmbulana ing mami ||
47. ingkang sira [si...]
--- [f. 81r] ---
[...ra] gugung[91] rare kawasa |[92] konên marene gêlis | aku gênti pêdhang | asigra ngunus pêdhang | sinabêt lêngên pribadi | mêwêr kang pêdhang | lêmês kadya gulali ||
48. ingurêkan ing netranipun priyăngga | sira sri narapati | pêdhange dèn mamah | rêmuk kadya galêpang | pêdhang tan arupa wêsi | sarwi sêsumbar | bêndunira tan sipi ||
49. Ujum Sidik têkakêna sing mêngkana | kang sira puji sêkti | mara têkakêna | liwat kasiku sira | aturanira tan yukti | sang nata ngucap | dhatêng wong surèngpati ||
50. lah cêkêlên Si Ujum dèn talènana | lan kunjaranên wêsi | ya ta wus cinandhak | wau dening wong kathah | sampun kinanjara wêsi | duka sang nata | dhatêng rêkyana patih ||
51. aja sira yèn kawulaningsun lawas | tugêl janggamu lêngit | liwat sira ala | tan wruh ing subasita | angaturakên wong baring | liyan sing sira | wis mau sira mati ||
52. sakathahe kang seba konjêm ing kisma | anili sang aji |[93] upamine sata | sinambêr saking wiyat | sirêp tan ana cêmuwit | ing jro ing jaba | asmara
--- [f. 81v] ---
kang gumanti ||
5. Asmaradana
1. sang nata angling tan aris | nudingi sarya anêntak | dhatêng ki apatih mangko | lah patih sira ngambila | sakèhing bocah lanang | gêdhe cili aja kantun | bêbêthekan dènira |[94]|
2. sawiji aja na kari | nadyan anake satriya | padha patènana kabèh | aja na kang kaliwatan | têka paminggir desa | yèn na karia besuk |[95] sun têmpuhakên ing sira ||
3. jurang lêmpitaning ardi | dèn agêmêt ngulatana | aja na uripi kabèh | bocah bok dadi durbala | sampunira ngandika | tumulya bubar sang prabu | ngadhaton mangke sang nata ||
4. kawarnaa sira patih | kalangkung susahing manah | kadya tumètès waspane | sagunging mantri punggawa | miwah para satriya | saos ing pasowan kumpul | ngantos timbalan sang nata ||
5. kalêsiking kawula lit | kaya apa iki jaman | têka akèh buncarine | yèn ing panyana manira | pasthi kaya kiyamat | kang aduwe anak jalu | tan wande kelangan tisna ||
6. rêkyana patih sira ngling | dhatêng kang para
--- [f. 82r] ---
punggawa | satriya manglima[96] kabèh | pun rama andhawuhêna | pangandikaning nata | ingkang darbe anak jalu | lah sami ingaturêna ||
7. sakèhing palima[97] mangkin | pakanira lumêksana | midêra matèni rare | lan sakèhing kajinêman | sira sun andum paran | anggawaa wong nêmèwu | sakèh dalan tugurana ||
8. mênawa ana wong nilib | lali sihe mring sang nata | trêsna marang nak rabine | tan wurung dèn gawa lunga | pacuwan kasiliban | besuk bêndune sang prabu | pêcahe ingkang pranesan ||
9. sadaya asaur paksi | sagung ingkang katimbalan | wus mangkat ika lampahe | mangkana mantri punggawa | ing amawi suta |[98] mantuk angusapi luh |[99] kewuhan ajrih ing nata ||
10. wus bubar sadaya sami | muwah patih aluwaran | èsmu sungkawa mantuke | pugawa[100] kang lumaksana | têkan ing jawi kitha | kang tangis rame gumuruh | gègèr kadi ingintêran ||
11. kang lêgana[101] dèn patèni | kang nutut sami binakta | têmbe pitung dina mangke | olihe bêbêthèk bocah | wus antuk tigang nêmbang[102] | ingkang lumayu dèn susul | dening kang alalang dalan ||
12. akèh bawaning wong cili [ci...]
--- [f. 82v] ---
[...li] | angukuhi trasnanira | anake ni răngdha kilèn | lanang wayah saprajakan | wau wus pinaranan | nulya dèn gulung ing kasur | amrih aja kawênangan ||
13. kithing-kithing dèn takèni | ngaku ora duwe anak | dèn panjingi paturone | katon sikile anglega[103] | ya ta tinumbak pisan | ajur têka kasuripun | dèn byok gêgaman kathah |[104]|
14. wontên ta winuwus malih | anake patigi[105] wetan | amung satunggil anake | dèn umpêtakên ing jugang | dèn pêndhêm pindha makam | sulasih rurube luhur | ulon dagan sinung mesan ||
15. parandene lami-lami | kababar dening tatăngga | kang sêsêrikan atine | wruh lagi kinirim sêga | mojar ing kajinêman | pinaranan kinarubut | dening gêgaman akathah ||
16. kathah pratikahe[106] sami | wontên malih kawuwusa | ing desa Mundhu wastane | Ki Lobaman wastanira | katêkanan gêgaman | desane sampun kinêpung | piniwaya[107] kajinêman ||
17. wong sêkawan kang lêbêti | kandhêg ing masjis[108] kewala | akèn mêdala kang duwe [du...]
--- [f. 83r] ---
[...we] | masjid Ki Lobaman sigra | mêdal wus alinggihan | kajinêman sami muwus | kapat sami awêcana ||
18. kawula iki kiyai | andhawuhakên timbalan- | ing gusti desa sêkabèh | sakathahe wong prajaka | pinundhut de sang nata | saiji aja na kantun | jêngandika ngaturêna ||
19. sing sapa kang ayun urip | dèn gupuh angaturêna | mung binabêthekan mawon | yèn nora dèn aturêna | pan kathah kang rinusak | tinataban sinalusur | prajakane kathah pêjah ||
20. manira pan maksih eling | andika guru kawula | eman rusaka jênênge | marmine kawula prapta | purun anagupana[109] | dèn lêgawa ta puniku | dika sra[110] maring nalendra ||
21. kula têdha ing mangkin |[111] mênawi dhatêng wong kathah | dados punapa têmahe | Ki Lobaman awêcana | tur sarwi ngêmu waspa | sakèhing praja kêkaum | padha kumpul marenea ||
22. sadhela mundhuk akêrig | sakathahe bocah lanang | angsal tigang dasa gunge | anaking marbot kalipah | modin katibe pisan | santri-santri [santri-...]
--- [f. 83v] ---
[...santri] kang adarbe sunu |[112] lanang sampun sami kasrah ||
23. punang kajinêman angling | kiyai mila punika | gunge prajaka ing kene | pacuwan ana kantuna | Ki Lobaman wêcana | layak botên wontên kantun | manira tan darbe anak ||
24. ana anak wadon siji | inggah[113] pakanira wikan | amung punika sêkabèh | amit punang kajinêman | wus ngundang kancanira | sakèhe gêgaman mantuk | Ki Lobaman mantuk sigra ||
25. wus prapta wismanirèki | pinapag ing putranira | sêkawan ngujungi kabèh | sakêlangkung marasira | Ni Rumsari karuna | angrangkul sarya amuwus | rama kadipundi warta ||
26. Lobaman aris nauri | adhuh anake si bapa | parentahe ratu mangko | angêrig sakèhing bocah | pasa[114] duwe nak lanang | prajaka rèhe sang prabu | tinrapakên ing parentah ||
27. mêngkono trape sang aji | Ni Rumsari tanpa ngucap | langkung marase atine | alon matur ingkang rama | lah kadipundi rama | sanak kula sakatêlu | dayane lamun [lamu...]
--- [f. 84r] ---
[...n] gêsang |[115]|
28. kawruhan pêsthi yèn mati | kapriye ta polah kula | yayi kapriye dayane | lah yèn nora padha lunga | ngungsi liyan nêgara | eman mati sanak ingsun | durung mukti sing nêgara ||
29. angur lunga saking ngriki | ingsun milu lara pêjah | ingsun sukan[116] kari dhèwèk | saparane yayi lunga | sanake dèn cangkinga | yèn têka ing paran besuk | dadia sanak kawula ||
30. Ki Lobaman muwus aris | iku ewuhe si rama | sing ngêndi margane lolos | saking dalan tinuguran | watêke wong barisan | saking ngêndi marganipun | sun rasa tan kêna mêdal ||
31. Selarasa muwus aris | sampun dados walangdriya | dèn bêkta pisan kajênge | dening utusaning nata | sumăngga yèn pêjaha | sampun wontên tumut-tumut | ing pêjah pan batên bakal ||
32. Ki Lobaman anauri | nadyan dadia kêlalar | si rama barênga mangko | iki silih anak ingwang | bubuhaning kawula | wajib istiyar rumuhun | wong lara wênang têtămba ||
33. ing pati dipun singgahi | iku istiyaring [i...]
--- [f. 84v] ---
[...stiyaring] gêsang | kang layak panêdhaning wong | muga singgahênèng bala | sêlamêting sarira | Ki Selagănda sumaur | pan botên kenging suminggah ||
34. Ni Rumsari anungkêmi | ing warganira katiga | adhuh yayi kaparimèn | marang adhine si kakang | sira têka ing pêjah | praliwat panêdhaning |[117] kang dhingin padha matia ||
35. Selarasa muwus aris | dhatêng Ki Pêkir Lobaman | botên pêjah kakang êmbok | andika tilalahêna | kawula prabi surya | botên pati-pati surup | yèn dèrèng dhatênging măngsa ||
36. Lobaman angling aririh | iya anake si rama | iya silih kaparimèn | Selarasa wuwusira | dening akal kawula | kula lunga wong têtêlu | kiyai dika kantuna ||
37. Ki Lobaman anauri | adhuh nyawa ora kêna | pan wus kapêgatan kabèh | arêp ngungsi ngêndi sira | măngsa wurung kacêgat | angur mati barêng ingsun | gusti sira aja lunga ||
38. Selarasa angling aris | kados batên dhatêng pêjah | yèn mêksih rinêksa ingong | Ki Lobaman [Loba...]
--- [f. 85r] ---
[...man] angandika | kaprihèn kakangira | Ni Rumsari aja kantun | gawanên saparanira ||
39. dening ta lah ingsun gusti | nadyan têka ing pêjah |[118] ingsun lakonane dhèwèk | sok sira uga tulusa | sêlamêta ing paran | dadi sira luwih agung | lan anak ingsun sadaya ||
40. nadyan tumêka ing pati | ingsun lila ing akerat | pan wus ana kaluhane | wis sun wuruk ngaji Kuran | lagi bocah ing kuna | ngaji kitab sampun putus | malah têkèng sampurna |[119]|
41. dèn padha angati-ati | dèn pancêr ing panarima | ing Pangeran kang sêdyane | lawan iku kakangira | gawanên dening sira | barêng mati lan sirèku | sun srahakên ing Pangeran ||
42. Selarasa nulya pamit | kalawan Ki Selagănda | Selasyara dyan wuwuse | kangêmbok punapa karsa | tumut dhatêng kawula | mênawi tan kêlar besuk | anglampahi lara lapa ||
43. Rumsari angrakul mangkin | wau dhatêng arinira | adhuh ariningsun êmèh | upama
--- [f. 85v] ---
yèn dèn tigala | pasthi ingsun lênggana | angur pêjah nèng dêlanggung | sumadi pisah lan sira ||
44. panêdhaningsun ing Widi | ing wêngi lawan raina | barênga mati lan wangke | lan besuk ing akerat |[120] wong papat kêpanggiha | dadia sadulur ingsun | iku sêtyane si kakang ||
45. yèn mangkatêna kiyai | dèn pênêd kawula kesah | dèn agung pangapurane | Ki Lobaman aris mojar | poma aja na mêlang | lah mintara mungpung dalu | malar aja kawênangan ||
46. putra sakawan ngabêkti | parêng anêmbah sadaya | Selasyara dan wuwuse | kiyai amit kawula | anak manira nêdha | mênawi na dedenipun | aja kurang pangapura ||
47. sêkawan wus mêdal sami | lampahira amlasarsa | Rumsari tansah wurine | Ki Lobaman tansah donga | anêdha ing Pangeran | olèha marga rahayu | malekat kang rumaksaa ||
48. têngah dalu wêtaraning | kesahe angidul ngetan | wus lêpas ika lampahe | ing marga [mar...]
--- [f. 86r] ---
[...ga] gêngning[121] apadhang | Selarasa wêcana | apa ta padhang puniku | lah kakang mêgatrokêna ||
6. Mêgatruh
1. kandhêg mangke lampahira nèng dalanggung | ningali yèn wontên baris | ing Caturdhêngdha atugur | udakawis wong nêm biting | katon gêninipun montor ||
2. Selarasa matur ingkang raka wau | kakang dipun ngati-ati | punika marganing lampus | kangêmbok tan wurung mati | sing pundi marganing lolos ||
3. Ni Rumsari adan remane dèn gêlung | tur sarya ningsêti tapih | bêngkung sarya amuwus |[122] bok ingapa barêng mati | wong papat barêng anglonjor ||
4. ora maras nora barang atèningsun | nadyan matia tan gingsir | pan bubuhaning tumuwuh | dudu kawulaning Widi | yèn lênggona ing pakon |[123]|
5. nanging ana yayi olih ingsun guru | parantine wong mêmaling | sêsirêp kêrangdhan iku | arane pan lêwi[124] mandi | sun cacake padha mangko ||
6. pan wus wêruh sarate yèn ingsun ayun | alêkasakên tumuli | araup lêmah rumuhun | dèn sawur nganan lan kèri | ping tiga sun cacak mangko ||
7. Selarasa angambêngi i Rumsantun | kakang êmbok [ê...]
--- [f. 86v] ---
[...mbok] botên mandi | muwuhi galaking mungsuh | uninga lamun wong èstri | saparan kita dèn sêrod ||
8. kawarnaa polahe kang lagya tugur | tansah kasukan ing latri | arêbab ana nyalêmpung | wong mêmaca dèn rongi |[125] kêkêndhil kinarya êgong ||
9. wong kang udud damare tansah dèn rubung | sêsogokan gênti-gênti | Selarasa lon amuwus | kadospundi lampah iki | ling pundi margane lolos ||
10. yèn mêksaa dika sêrang datan wurung | kacêkêl kita puniki | kang raka kalih amuwus | lah yèn nora yayi bali | Rumsari saurira lon ||
11. wus ta yayi padha mênênga karuwun | Rumsari sigra lumaris | sigra ngalap siti sampun | amatêk sirêp aglis |[126] ngadêg sukune sawiyos ||
12. kang sawiji sikil tumumpang ing pupu | nulya ambalang lan siti | sampun ping kalih anggutuk | ana nyapa wong sawiji | sapa angadêg ing kono ||
13. nulya kagèt bature padha sumaur | ana uwong saking ngêndi | ana ing bing kono mau | mundhuk-mundhuke mariki | lah iku si apa katon ||
14. wong sêkawan bature wong iku mau |
--- [f. 87r] ---
padha dèn ngati-ati |[127] iku wong arêp marujul | batur cêgatên dèn aglis | Rumsari anglêlojok |[128]|
15. nulya prapta ing baris nulya anggutuk | [...] |[129] wus jakêp[130] bali ping têlu | wong kang baris angrasani | arip turu ting kalonjor ||
16. saking sangêt prabawa ingkang dhumawuh | sakathahing jalmi |[131] ana turu sami lungguh | wong kang nyapa ing Rumsari | turu nganti sambi ngorok ||
17. Ni Rumsari gupuh sira nulya wangsul | marani dhatêng kang rayi | adhi payo padha laju | dèn gancang aja baribin | mungpung wus padha andhêkok ||
18. ing karsane rayinira sakatêlu | andhèrèk kang raka mangkin | nyata wadon punjul |[132] ayu rupane tur sêkti | baya antuk sih Yyang Manon ||
19. nulya mangkat mangke kawarnaa wau | dèn sêrang têngahi[133] baris | angidêk-idêk wong turu | wênèh turune alinggih | sarwi ngadhêpi cêcêpon ||
20. lagi mangan kasirêp kaburu turu | sêkule mêksih ing pipi | ngami[134] lan kaburu turu | deni[135] wong kang lagi ngising | turune sambi jêjogong ||
21. kadhodhok lan kacêprète sami turu | Selarasa aningali | tihgêgapare [tihgê...]
--- [f. 87v] ---
[...gapare] andharudhut |[136] sampun aliwati baris | kang rayi katiga gawok ||
22. nulya nyêgat Ki Selarasa mri[137] ngayun | matur dhatêng raka kalih | kakang kula amit wangsul | kang kilêm kawula tangi | dimone kula kang magok ||
23. gih pun kakang paduka pan sampun tumut | kawula ingkang ngêmbari | dening panas atiningsun | katuwone ratu kapir | parentahe kaya bêgog ||
24. dalah têkan kawulane padha mêsum | têka nêmbah i wong kapir | Islamipun ara-uru | angur kawula amukti | Selagănda mawus[138] alon ||
25. aja gusti Selarasa ariningsun | apa bêcike yèn uwis | kacêkêla kita iku | tan wurung mati sarèki[139] | angur aja lunga sing gon ||
26. Selarasa amêksa tumulya wangsul | sakèh wong turu dèn tangi | tangia aja balubu | dèn dhupakana dèn bithi | sawênèh dèn ayog-oyog[140] ||
27. lah tangia têka padha don aturu | kaborosan sira iki | dipun colok matanipun | parandene boya [bo...]
--- [f. 88r] ---
[...ya] tangi | eca mêksih dènnya dhêkok ||
28. Selasyara arine dèn uwuh-uwuh | wus sêdhêng sêmene yayi | marenea ariningsun | angur lunga gêlis-gêlis | payo sawadine adoh ||
29. Selarasa kesah pan sarwi amuwus | ratune kakang ing benjing | sun tigase murdanipun | sun ujane padha siji | sun sirêp kaya mêngkono ||
30. sêsirêpe kakang êmbok ing wau |[141] wong kawula wus kaati | Selagănda aris muwus | aja gawe tingkah yayi | lagi apa kita mangko ||
31. durung karuwan sirêpe wus dèn gugung | Selarasa anauri | gih punika nyatanipun | malih sun gugah tan tangi | maksih turu ting kalonjor ||
32. kawarnaa kang kêmit anèng dêlanggung | bang-bang wetan padha tangi | sami angrasa gêgêtun | dening turune kêpati | rame amicara cewo ||
33. punggawaning kajinêman tangi turu | luguhe[142] ambabar lampit | pinarêk ing kancanipun | sami awas aningali | punapa nèng bathuk katon ||
34. sapa sintên kiyai nêrat puniku |
--- [f. 88v] ---
bathuk andika dèn tulis | tumulya asru amuwus | wacanên dèn pêrak mami | yèn noraa Si Kaliwon ||
35. ingkang wani-wani maring ingsun iku | tanbuh lakune si bêlis | Kaliwone ora ngaku | gagondhok mungga[143] kithing |[144] muga busung muga kecot ||
36. wus winaca wau dening rowangipun | kunêng unine kang tulis | dening ta padha balubu | pèngêt iki surat mami | Selarasa araning wong ||
37. wong sêkawan ingsun saking desa Mundhu | lunganingsun kapat èstri | Ki Lobaman kang asunu | susulên yèn sira wani | kêmbulana wong sêmono ||
38. sapunika wiraosing kang tinêmbung | talingan kadi sinêbit | lah susulên rare iku | aja wêdi salin gêndhing | pupu[145] raras driya ngantos ||
7. Mijil
1. tan adangu sinusul tumuli | ingkang wau lolos | tiyang kawan dasa rerehane | padha dèn baèkakên wong kêdhik | dene rare alit | măngsa tan kasusul ||
2. pan sinurat dening para mantri | kang kocapa mangko | Selasyara ing wau lampahe | katiga kang rayi amiyarsi [amiyar...]
--- [f. 89r] ---
[...si] | yèn baris nututi | syarane gumuruh ||
3. Selasyara angling ingkang rayi | adhi ora goroh | kaya ngapa ing mangke akale | wus dèn kêpung wakul dèn idêri | Rumsari nungkêmi | adhuh ariningsun ||
4. yèn ing mêngko ora wurung mati | salah siji lamon | kacêkala[146] bela siji kabèh | Selarasa wuwuse amanis | paduka sumingkir | dèn gancang lumayu ||
5. mangidula kakang dèn agêlis | bêktanên kangêmbok | pan kawula dipun anglêlèdhèk | sampuna dening wong kêkalih |[147] Sêlagănda aling[148] | bênêr dhi sirèku ||
6. ikang raka muwus dèn bêcik |[149] aja pati adoh | Selagănda aris pamuwuse | yayi apa mêngko kang kinardi | gêgamaning jurit | langkung bata watu ||
7. Selara[150] mangkya anauri |[151] gêgitik kemawon | pan sirak[152] dening wong akèh |[153] ana arêp nyêkêl cawis têtali |[154] sing mara dèn gitik | ngamuk lan pêpênthung ||
8. ana ingkang narajang sing wuri | Selagănda dèn byok | tan konangan wau sing wurine | Selarasa narajang nampiling | sing mara dèn [dè...]
--- [f. 89v] ---
[...n] gitik | kondur kang angêpung ||
9. Selagănda emut kang ing wuri | ing sakira doh |[155] pan malajêng dipariksa gone | tan katingal nyanane wus têbih | conglak[156] abali |[157] dhatêng arinipun ||
10. sapraptane dhatêng ingkang rayi | nulwa[158] muwus alon | payo lunga yayi saking kene | mapan lagya kesah rare kalih | ana têka maning | gêgaman kang nusul ||
11. langkung kathah wau ingkang prapti | angêpung lan rampog | Selarasa aris pamuwuse | kakang dipun pênêd pisan iki | nulya dèn tumbaki | wong kathah maribu ||
12. pangamuke wong roro lir trajit | tan kêna rinampog | kang sawênèh karêbut tumbake | Selarasa nulya malês malih | kang katumbak mati | ana kang dèn pênthung ||
13. kang sawênèh tatune kêkicir | ana gêro-gêro | jaluk tulung wus adoh bature | pan wus kondur gêgaman rong biting | dening wong kêkalih | prakosane langkung ||
14. sampun sirna gêgaman rong biting | malayu punang wong | Selagănda aris pamuwuse |
--- [f. 90r] ---
payo yayi mala[159] dèn aglis |[160] mungpung kondur sami | yayi baris wau ||
15. nêdha kakang kita padha nuli | nusul kakang êmbok | pan gêgaman wus mulih kuthane | pasthi matur ing gustinirèki | tan wande angukih | saparan dèn susul ||
16. gêgancangan Selarasa kalih | kawuwusa mangko | baris ingkang mulih ing kuthane | ana bêncar ana ikang kanin | miwah ikang mati | sawênèh dèn tandhu ||
17. dan warnanên lampahe Rumsari | nusup ing gêgombol | ing gêgêr wukir ika lampahe | Selasyara wêlas aningali | lingira amanis | adhuh ariningsun ||
18. kakang êmbok mangke botên sanggi | damêl sampun adoh | yèn lumampah dipun lirih bae | dados gêrah gusti wong amukti | eman wong akuning | tan sagêd lumaku ||
19. Ni Rumsari lingira amanis | yayi payo aso | padha rèrèn ing kusambi kene | pêgêl têm[161] sikil isun iki |[162] rèrèn angêntèni | maring arinisun ||
20. Selasyara mangkya anuruti | sakarsa kangêmbok | mapan lèrèn ing kusambi kene | kakangêmbok [kakangê...]
--- [f. 90v] ---
[...mbok] kantuna ing ngriki | sêmange kang ati | maring ariningsun ||
21. yèn kawula kakang botên bali | pasthi pajah lonjor | dika kesah ing desa gêdhe |[163] ngularana koripan kang abêcik |[164] Rumsari nauri | sun tan bêtah kantun ||
22. dan warnanên wau kang lumaris | samya pêpalayon | Selagănda Syelarasa lampahe |[165] migah[166] tumurun samya ngulari | tan suwe kapanggih | kang raka kadulu ||
23. Selasyara ningali kang rayi | rinangkul sêkaro | ora nyana katêmu siranggèr | nyananingsun sira wus mati |[167] Rumsari anangis | adhuh ariningsun ||
24. sami aso sasoring kusambi | wong sêkawan aso | Selasyara arum pamuwuse | mungsuhira yayi ana ngêndi | kang rayi nauri | mêksih wontên pungkur ||
25. margi agêng mangke kang dèn titik | barise agolong | kula nimpang ing wana age |[168] êmèh pêjah kawula ing nguni | mèh botên kapanggih | lan andika wau ||
26. Ni Rumsari
--- [f. 91r] ---
angrangkul tumuli | ingkang rayi karo | wus nugrahaning Yyang ing make[169] |[170] dangu agosthi kasusu wêngi | anèng sor kusambi | sakeca alungguh ||
27. Selarasa sarwi nyangking rayi | babang wetan miyos | Ni Rumsari alon pamuwuse | lêsu têmên awak ingsun iki | angambila warih | karo ariningsun ||
28. Selasyara akèn ingkang rayi | adhiningsun karo | ngulatana toya dipun age | Selagănda Selarasa amit | sami angulari | kesahe mangidul ||
29. pêpisahan lungane ngulati | toya sangsaya doh | kawarnaa ingkang kari gone | Ni Rumsari lingira amanis | ingsun arsa yayi | sadhela aturu ||
30. Selasyara sabdanya aririh | dawêg kakang êmbok | dika sun kêmit sadhela bae | kadi sadulur yayah sabibi | ing pangidhêpnèki | linta[171] marmanipun ||
31. Ki Selasyara adan angambil | roning jati anom | pan kinarya tilaming asare | pan ingamparakên sira glis |[172] anendra Rumsari | Selasyara turu ||
32. dènnya guling
--- [f. 91v] ---
naga kapulir |[173] sumungkêm ing wangkong | asta kiwa năngga pambayune | asta têngên asring năngga pipi | wajane angisis | lir tètèsing banyu ||
33. sêsinome kasilir ing angin | saya angrêrompyoh | manggis karêngat gêsêng lathine | gêlung lukar kêkêmbêne kengis | pambayun sasisih | tiningalan mancur ||
34. Selasyara awlas aningali | ing manahe awor | pan kagiwang amawang rupane | pambayune anglir pendah gadhing | anayuti kapti | amumus[174] jrah[175] kalbu ||
35. daulate ingkang angrabèni | dhatêng kakang êmbok | dening tuhu ayune warnane | pambayune dening bundêr kuning | ing karsane rèki | tinutupan kampuh ||
36. nanging ta lah kagêpoka iki | kagèt kakang êmbok | puara cuwa mandah manahe | arêp ora ingsun tutupi |[176] mênèk ana jalmi | liwat kadulu |[177]|
37. nadyan sato kewan aningali | asab lamun tinon | endah têmên ingsun tutupane | mêsakakên nak ingsun iki |[178] winawang Rumsari | manahe mèh kenyut ||
38. dadya sira [si...]
--- [f. 92r] ---
[...ra] anjuput tumuli | ujunging kang dodot | inguculan saking bêbêkunge | kampuh gadhung gandane tur wangi | sinasaban ririh | tur sarwi amuwus ||
39. adhuh kakang sanak kula gusti | kusumaning wadon | yèn sun badhe sapa besuk lane | nanging inggala pun têdha gusti | lakia priyayi | kang kêna sinungsung ||
40. pan kawu[179] lah benjing arabi |[180] yèn dika wus jodho | alakia oliha wong gêdhe | kula benjing dadosa pêkathik | sang dyah angulisik | mênggah sambi turu ||
41. pan lingse ulêse Rumsari |[181] wêntisipun katon | Selasyara anyandhak kampuhe | kinêmulakên mangke tumuli | kakêmbên kawingkis | pambayun kadulu ||
42. Selasyara eling jroning ati | kapriyèn ta mangko | yèn sun bênêrna maning kêmbêne | ala ragane jalêr lan èstri | bok kêna ing bêlis | angaru maringsun ||
43. nanging lah sun wêtara ing ati | ingsun yèn mangkono | duwe cuwa angati sèjèn |[182] sapa angandêl ing raga mami | sadulur ing mangkin | kapanggih
--- [f. 92v] ---
ing besuk ||
44. dèn lêrêsakên kêmbên kang kengis | jajane kagêpok | Ni Rumsari alilir[183] gulinge | tumulya glis Rumsari nyêkêli | tênggêke kang rayi | anulya rinangkul ||
45. nyananipun andarbèni kapti | sarwi ngadhuh alon | Selasyara alon pamuwuse | kakang êmbok sampeyan dèn eling | Rumsari bêbisik | basane angêlu ||
46. adhuh kakang andika puniki | wus sun sêmbah mangko | têka dika ajêng dados anèm | dawêg kakang sinalinan gêndhing | pamijil kang wingking | dhandhanggula ngayun ||
8. Dhandhanggula
1. ênêngêna mangke Ni Rumsari | kawuwusa ingkang ngambil toya | kalunta-lunta lampahe | lêpas ing lampahipun | nanging datan amanggih warih | saya doh lampahira | iringaning gunung | Ki Selarasa tumingal | lawang guwa mangulon adhêpe rèki | turmulya[184] pinaranan ||
2. saya pêdhêk tingale rêspati | ya ta mangu wau Selarasa | yèn angucapa ing tyase [tya...]
--- [f. 93r] ---
[...se] | guwa iki abagus | pan têlasan kang andarbèni |[185] mênawa ana toya | anulya malêbu | ing jrone pêtêng kalintang | Selarasa amêksa ngularih |[186] nanging tan manggih toya ||
3. ing jêrone ana lawang maning | saya lunta ing lampahira |[187] ningali sarpa agêdhe | karsane ayun mundur | nanging galak sira tan kêni | mara pan ora kêna | sampun katalêkuk | kang sarpa ika katingal | nulya madhêp sarya sisike mungkirig | lir pendah anandêra ||
4. Selarasa èmêng ing jro ati | mangko ta ingsun tan wurung pêjah | dadya asrah ing manahe | angling sajroning kalbu | angulati marga pamaning | pan wus titahing Sukma | sarpa ingkang magut | Selarasa datan obah | sarpa anggung yèn bisaa basa jalmi | iki manusa pelag ||
5. baya trusing kusuma wong iki | nora mèngèng tingale wong ika | wus dèn srahakên dhirine | sarpa lon dènnya mêtu | Selarasa nulya lumaris | manjing maring jro pisan [pi...]
--- [f. 93v] ---
[...san] | tan suwe andulu | danawa ulêse pêthak | siyungipun mrangangah ngisis agathik | linggih asila tumpang ||
6. ngampingan nèng pipining kori |[188] pan da[189] wau kang tumingal |[190] mri Selarasa praptane | madhêp malang ing pintu | sarya ngucap anjrit kêpati | Selarasa tumingal | ênting marasipun | yèn angucapa ing nala | wurung sarpa sida buta amatèni | maring sariraningwang ||
7. Ki Selarasa wus nyana mati | astanipun sidhakêp priyăngga | dèn adhapakên[191] patine | dhatêng Yyang Sukma Luhur | Selarasa mênêng tan osik | danawa ika mojar | ngêrik sambi nguwuh | andik nêntak anggêgila | wong sing ngêndi kawên têka wani-wani | marang manjing ing guwa ||
8. dening sira têka tega pati | nora wurung sira pan sun pangan | aglis pinaranan age | ginurayangan wau | Selarasa kadi wus mati | dênawa ika ngucap | tur sarya anggunggung | baya sira jangjining Yyang | lah liwata yèn sira arsa pêpanggih | kalawan kang sun rêksa ||
9. danawa ika pan wus samingkir[192] | sarya ngucap lah mara liwata | Selarasa [Se...]
--- [f. 94r] ---
[...larasa] adan mêlèk | tiningalan pan sampun | pan punika wus dadi jalmi | ya ta Ki Selarasa | tumulya lumêbu | saking pintu wijil tiga | nulya manggih wong tapa cahyane wêning | ligih[193] anèng gêgilang ||
10. kang awasta kaki Se Durnapi | laminipun atapa nèng guwa | angsal tigang jaman mangke | wus lali pangan turu | amung Sukma kaciptèng ati | ya ta Ki Selarasa | manahe anglangut | anulya mara mring ngarsa | nulya mêndhêk tumingal Ki Se Durnapi | yèn ana wong kang prapta ||
11. gupuh ngandika Ki Sèn[194] Durnapi | lah bageya wong kang anyar prapta | lah nyawa linggiha kene | Selarasa angujung | Se Durnapi sigra nuruni | arum wijiling sabda | nyawa putuningsun | apa gusti gawenira | sira prapta ing guwa dhatêng pun kaki | Selarasa tur sêmbah ||
12. kunuhun tiyang kang kalysasi[195] |[196] botên darbe kaki yayah rena | tinilar sangkaning lare | marmine ta anglangut | tilar purwa kawula kaki | arsa kinaniaya | dera sang aprabu | marmine anyata wana | inggih saking kalyasasi kirang budi | dadya sanggone ika ||
--- [f. 94v] ---
13. gih Sang Prabu Ngatasulu sigih | ingkang arsa mêjahi kawula | sawangsa kawula kabèh | sang atapa ris muwus | mangko iki ana ing ngêndi | ki putu sanakira | Selarasa matur | iya putu ingsun wikan | karêpira si kaki upama warih | lah timbanên dènira ||
14. Selarasa matur awotsari | inggih tuwan kang wula[197] têdha |[198] sapangat tuwan ing mangke | malah tilar kadangu | syar[199] eyang duk maksih urip |[200] duk arsa pinêjahan | dèn obong ping pitu | kathah ngalokakên pêjah | tur ta maksih alinggih wontên ing kursi | wontên sajroning wisma ||
15. Sèk Durnapi lingira amanis | ora kêna tirua mêngkana | apan awis[201] dudumane | ki bagus putuningsun | eyangira wong sampun luwih | pan wus ngaraga sukma | tan kewuhan laku | barang osike wus nyata | pirangbara yèn sira tirua kaki | barang lampah raharja ||
16. wite kaki aurip puniki | sapa lumuh kang kaya mangkana | supaya dom[202] pandukape[203] | Selarasa tumungkul | kasinggihan wêcana manis | lir tirta
--- [f. 95r] ---
ning sêmbahnya | sakêlangkung nuhun | dawêg sinalinan têmbang | pupuhana yyang kaki dipun suwawi | polah wong kasmaran |[204]|
9. Asmaradana
1. linggiha dipun mariki | pun kaki acêcarita | dawêg tadhahana mangke | saisine dhadhaningwang | putu dipun prayitna | ing wong agêsang puniku | arêp anganggo istiyar ||
2. sampun ta manusa kaki | pan kêkasihing Yang Sukma | arêpa kawasa mangko | pan murah Yyang Maha Mulya | sumilih sato khewan | angirangi pangan turu | parandene tinurutan ||
3. kaya ta ulêr puniki | lungane tan bisa têbah | tanpa suku lan astane | ya ta amatèni raga | anggeyong anèng wraksa | anèng gêgodhongan iku | ora muni ora polah ||
4. sêjane kapingin bakit | arêp bisa lunga têbah | ngambah wang-awang karêpe | ya ta dadi ulêr kawak | mêca[205] sinungan êlar | dadi kêkupu amabur | sawab dening tapanira ||
5. dèn agung pracayèng Widi | marmane sinung
--- [f. 95v] ---
kuwasa | agêsêngi ing tapane | ugêt-ugêt ing jro toya | tan kêna lunga têbah | tapane kaliwat asru | dadi bucêl ing jro toya ||
6. lami cukuling larnèki | ya ta sinungan kuwasa | bisa mabur kadadène | bungkar saking dalêm toya | têmah angulandara | iku êmas putuningsun | ing wong akèh panalarnya ||
7. iku lêmbutana maning | aja tungkul ing mêngkana | kalurung ika têmahe | walik bêlahên dènira | pikirên ing wardaya | najan ugêt-ugêt iku | yèn kapingin dadi paksa ||
8. tur măngsa dadia maning | wus pêpasthèn kudrating Yyang | nanging wong aurip mangko | arêp nêmêni panalar | dèn akathah istiyar | nanging ta sampun katungkul | ki putu dipun prayitna ||
9. ki putu pamanggih iki | wus pasthi sing ajalullah | nanging ta tan kêna linyok | pacuwan kongsi song jro tyas | adan binibisikan | Selarasa nêmbah matur | yang kaki nuhun kawula ||
10. dadosipun ta yang kaki | tan kenging tilar punika | ingkang kêkalih lampahe [la...]
--- [f. 96r] ---
[...mpahe] | punika tan kêna lepyan | Sèk Durnapi ngandika | wuwusipun manis arum | kaki putu iya uga ||
11. layara sêgara gêni | amêgatona bêngawan | mawia ing tapa mangko | yèn tan ana marmaning Yyang | takdir nyawa nugrahan | lawan kanugrahan iku | beda tunggale wêcana ||
12. lir angilo ing jro carmin | pralabine iku nyawa | nugrahan wêwayangane | pan ora salahyèng[206] karsa | angilo kanugrahan | ing patêmone puniku | sirna rupa kalih warna ||
13. pan ewuh ngaranan iki | kadya tan ing toya tawa | lawan asat patêmone | barja patêmoning tirta | tan kêna ngaranana | asin miwah tawa iku | anta aranèkuh ing Yang ||
14. nyataning paningal iki | dèn waspada dhawak neka | ingkang kanugrahan mangko | kawruhana ku dènira | sirnani[207] carmin ika | rupa jro paesan kumpul | mantêp kari rupa tunggal ||
15. pan jatine ru iki |[208] iya rupa dhawak neka | liwung tanpa [ta...]
--- [f. 96v] ---
[...npa] wiwitane | kaliwat tanpa wêkasan | mantuk lagi duk nora | tan wruh kinawruhan iku | sêdya wruh pribadinira ||
16. nanging iku ingkang uwis | bisa angoncèki ika | ingkang atos sakarsane | balikan gêginaua | Selarasa tur sêmbah | kiyai kawula nuhun | anêdha angraup pada ||
17. Se Durnapi muwus aris | uwis nyawa putuningwang | pawèh ingsun mung sêmono | apa winicara liyan | eyangira ing kuna | jêjuluk waliul iku | sinihan dening Pangeran ||
18. adhuh putunisun gusti | yèn sira arêp mêngkana | utawi ta arêp kanggo | pasthi dinuluran ing Yyang | yèn arêp têksis sira | mangke si kaki atuduh | lah nyawa sira lungaa ||
19. ing kene ana jin kaki | iku gusti paranana | satus punjul siji kèhe | iku pan lagi singidan | ing sasukuning arga | êmbing kadul[209] parnahipun | tan adoh sing kene nyawa ||
20. iku marganira olih | kasantikan kadigdaya[210] | lan dadi rewang [re...]
--- [f. 97r] ---
[...wang] i mangko | nanging sira mangko nyawa | sira wis magih[211] marga | yèn wis padha wruh ing tutur | kaki yayi warganira ||
21. nanging putu aja gingsir | dipun kuwat lara lapa | manggih wibawa ing têmbe | nanging sira mangko nyawa | sakêdhap tan tumingal | rupane êjin puniku | dening kalingan ing guwa ||
22. kang ana ing guwa kaki | iku gusti kawruhana | Sela Panitis arane | pilih kang uwong uninga | nanging yèn wis katingal | ki putu dènira iku | lawange dèn linggihana ||
23. rungunên abane dhingin | suwe-suwe katingalan | warnane êjin ing kono | êjin ngili iku nyawa | mara age lungaa | dening ta sanakirèku | kapat wangsul ing panggonan ||
24. aja sira walangati | pan wis bêcik sanakira | mêngko nêmu desa kaot | kang kanggonan langkung marma | gusti ing sanakira | pangan lawan turunipun | katiga pan dèn upama ||
25. Selarasa nêmbah pamit | yang kaki nuhun kawula [kawu...]
--- [f. 97v] ---
[...la] | anêdha donga katèngong | Durnapi alon ngandika | Insa Allah Tongala | amung ana kang kadulu | nagapuspa angrêmpayak ||
26. aglis nulya sira mijil | Selarasa pan kalêsyan | mulat lor kidul lan kulon | wetan sampun katingalan | langkung sêkêling manah | dening ta nora kadulu | tan wruh yèn ngaubi sira ||
27. Selarasa ling jro ati | soring nagapuspa pelag | padhang tan ana sukête | sêkare aglar ing lêmah | pantêse kene uga | kaya pasebaning ratu | simpar tur rêsik ing ngandhap ||
28. lan sagunging sarwa sari | angidêri lir tinata | pating parêlok kêmbange | lagya sêdhêng punang sêkar | gandane angalaya | Selarasa ligih mangu | lêlendhehan nagapuspa ||
29. Selarasa ciptèng ati | ing ngêndi baya parnahnya | baya kados ing kene |[212] yèn tuduhe kaki eyang | pantês ing kene uga | iki sasukuning gunung | baya durung angatal[213] |[214]|
30. ênêngêna ta rumihin | kocapa kang anèng Guwa |
--- [f. 98r] ---
Panitis iku arane | kang lagya mêmuruk jaya | tan têbih syaranira | nanging ta datan kadulu | dening Ki Selarasa |[215]|
31. ujare jin kang ngalingi | sadaya pan kapiyarsa | dening Selarasa kabèh | sakyèhing wurukne ika | ujare jin kang mojar | kabèh wuruk ingsun iku | têguhêna jroning nala ||
32. kabèh wuruk ingsun iki | dènira yèn wus kadhadha | sarta lan tapane kabèh | êjim ta muwah manusa | barang dèn karsakêna | nadyan mungsuha rongèwu | salêksa mapan kawawa ||
33. ana salanjaran maning | iki ênya tanpanana[216] | dèn ênggo ngambah kêkayon | angambah jaro kêrapyak | pagêr kikis pan bisa | têguhêna jro kalbu |[217] punika sarowangira ||
34. kawruh ingsun kabèh iki | dèn ênggoa dening jalma | têguh sêkti digdayane | nadyan angambaha toya | i ta mapan bisa |[218] pagêr kutha ênggonipun | luwih sêkti jin sêdaya ||
35. nanging ta lakune êjin | ajur ajèr laku kita | awora
--- [f. 98v] ---
lan kukus awor | kalingan godhong salêmbar | iku datan katingal | mung cêgahe lakunipun | tan kêna ngambah wanodya ||
36. mungguh manusa wong èstri | yèn ta kaya jin mêngkana | aja agêpok wong wadon | êjin tan kêna gurayang | dhatêng ing pêri ika | ana maning kawruh ingsun | kang latip durung sun warah ||
37. sakèhe wus dèn wuruki | balane sadaya |[219] lawan èlmune sêkabèh | wus dèn wurukakên ika | kaga rib-arib ika | Selarasa wus angrungu | malah kêdhadha sadaya ||
38. saksana mangke sang pêkik | lawanging guwa katingal | tan koningan sadangune | yèn iki lawanging guwa | Selarasa wêcana | gène ta iki ta pintu | dangu têmbene katingal ||
39. baya rahmating Yyang Widi | tibane ing raganingwang | surup yyang arka wayahe | katingale lawang guwa | arsa malêbêt ika | dawêg sinalinan pupuh | sri nata anyar gumantya ||
10. Sinom
1. malêbêt sajroning guwa | Selarasa aningali | dhatêng jin kathah aseba | pan lagya gêguru sami | Selarasa
--- [f. 99r] ---
marani | sadaya sami andulu | Nurjaman ika ngucap | dhatêng sagung para êjin | dèn prayitna ana manusa kang prapta ||
2. prayitna atata gêlar | samya madhêp ingkang prapti | Nurjaman asru wêcana | baya iki wong abêcik | tandhane wruh mariki | sadaya wong tan ana wruh | Nurjaman angandika | lah undangên dèn agêlis | pinaranan dening êjin ulubalang ||
3. manusa sapa ranira | ingsun kinon ngandikani | dening kangjêng gustiningwang | dawêg keringa samangkin | Selarasa wus kering | laju dhatêng ngarsanipun | sapraptane ngayunan | alinggih rada kapering | atmaning jin padha ngapit kering kanan ||
4. Pati[220] Nurjaman ngandika | sira gusti wong sing ngêndi | dening sira wruh mring guwa | wani katêmu lan êjin | pilih wong wani-wani | lan durung ana kang wêruh | panggonan iki simpar | têka sira sugih wani | lah matura saking ngêndi angsalira ||
5. angucap sajroning manah | Selarasa êjin iki | têka ngucap tanpa basa | lan isun dèn parêpêki | mangko ta sun cicipi | karosakning[221]
--- [f. 99v] ---
ên[222] iku |[223] nulya linggih satata | ingsun wani êjin iki | saya suwe sun duga saya kêwawa ||
6. wus linggih tunggal gêgilang | Selarasa nulya angling | sira takon angsal ingwang | utawi kêkasih mami | sira tambuh ing mami | Selarasa jênêng ingsun | tan duwe yayah rena | kidang mênjangan nusoni | Ki Apatih Nurjaman ngêdhèpi rowang ||
7. bramatya Patih Nurjaman | sakèh ngêjin angêbyuki | dhumatêng Ki Selarasa | ingundurakên tumuli | binabayang ing êjin | Selarasa kinarubut | wus prapta pagêlaran | Selarasa asru angling | dèn prayitna pan ingsun arsa malasa[224] ||
8. kinipatakên kang asta | sakèh ngêjin ting gulinting | kang nyêkêli Selarasa | dèn kipatakên barêsih | surak sakathahing jin | ingêbyokan saking pungkur | sami arsa ambanda | Selarasa datan kêni | sakèh mara êjin samya kaprawasa ||
9. êjin ulubalang mara | ngêbyoki rongpuluh sisih | Selarasa cinêkêlan | sakèh ngêjin wus binanting |
--- [f. 100r] ---
kiwa têngên binanting | êjin patang puluh mundur | gêtun Ki Selarasa | deni kuwate pribadi | kang wruh anyar sing êjin upi[225] miyarsa ||
10. Patih Nurjaman bramatya | mangsah ing rana sarya ngling | lah mundura sira samya | sun pagute yuda ganti | Selarasa ningali | yèn ki patih ingkang magut | Selarasa mojar |[226] lah payo padha wong bêcik | pan ki patih miyarsa nulya narajang ||
11. Nurjaman amjuput[227] sela | rong pikul agêng sirèki | karsane tinimbasêna | mring Selarasa tumuli | ingangkat tan asari | binandhêmakên wus rêmuk | nibani Selarasa | mêksih ngadêg tan gumingsir | sela mawur dadi awu anggalêpang ||
12. Selarasa nulya mulat | ing wau rada kapering | gêdhene rong pikul ika | binandhêmakên tumuli | dhatêng rêkyana patih | lir guntur syaranipun |[228] sela têmahan tirta | kyana patih tumulya ngling | hèh mupuha ênya gada dhinginana ||
13. Selarasa wuwusira | dudu watêke sun iki | yèn [yè...]
--- [f. 100v] ---
[...n] sira tuhu prawira | mara amupuha dhingin | nulya Rêkyana Patih | Nurjaman asru amuwus | tur sarya ngikal gada | kyana patih muwus aris | ênya gada Selarasa amupuha ||
14. Selarasa nyandhak gada | sarya sira muwus aris | ya patih wurukên iwang | tandange sikêp gêgitik | pan gada wêsi iki | têmbene ta ingsun wêruh | Nurjaman aris ngucap | bisa sira saking ngêndi | kajungjunga iku sira sasat bisa ||
15. bramatya Ki Selarasa | rumasa dèn cêcabuki[229] | gada sinambut ingudha[230] | sampun kanan kinèri |[231] asru mara tumuli | Patih Nurjaman pinupuh | tinangkis lawan asta | gada wus tugêl sapalih | barêng mara wus sami candhak-cinandhak ||
16. ingangkat Ki Selarasa | lir pendah ajungjung wukir | Nurjaman malih ingangkat | abote lir pendah ardi | samya digdayanèki | kalintang tan ana jungjung | Patih Nurjaman ngucap | nanging ta sinukmèng ati | abot têmên wong iki bèbète ngapa ||
17. Nurjaman asru anyêngkah | ucul astane nyêkêli | Selarasa
--- [f. 101r] ---
wuwusira | polahe anguciwani | lah ta majua maning | payo aja na kang mundur | Patih Nurjaman mojar | mangko padha aso dhingin | Selarasa mèsêm aris wuwusira ||
18. ya patih rêbutên ingwang | ingsun ta manusa luwih | bok sira tambuh maringwang | ingsun anaki[232] bupati | ing Cêmpa angsal mami | Selabêrèd ramanisun | jumênêng natèng Cêmpa | ingsun putrane wuragil | iya isun putune Ki Jatisyara ||
19. iku kang aduwe Cêmpa | Selabêrèd putranèki | ikang gêntèni nalendra | isun putrane sajati | bêgja têmên sirèki | anugêla jangganingsun | kyana patih miyarsa | sêsumbare wanti-wanti | kagèt mangu kemutan Patih Nurjaman ||
20. mangkana Patih Nurjaman | arsa atakèn aririh | bagus kèndêla sadhela | ingsun wis kalah samangkin | ingsun takon sayêkti | mau wusira iku |[233] putune sapa sira | mara tutura sayêkti | lan kang duwe i sira iku sapa |[234]|
21. Selarasa saurira |
--- [f. 101v] ---
tur sarya tutur sayêkti | manawa sira tan wikan | ing si bapa ing si kaki | kang amêngku nêgari | ing Cêmpa jumênêng ratu | Selabêrèd Nalendra | kang aduwe putra uni | Jalêlana wastanya sudaranya |[235]|
22. rinangkul Ki Selarasa | adhuh anak ingsun gusti | lah padha linggih atata | sampune sami alinggih | Nurjaman angling aris | padha kilapa lan ingsun | ya ingsun pamanira | kang patutan lawan êjim | eyangira ora ta putrane gangsal ||
23. sing siji saking manusa | papat patutan lan êjim | kabèh kapranah taruna | putrane kang saking êjim | ramanira pribadi | punika kapranah sêpuh | mila jumênêng nata | ing Cêmpa mêngku nêgari | paman iya uga jumênêng nata |[236]|
24. sadulur ingsun kang tuwa | ajêjuluk Raja Palmin | kang panggulu iya ingwang | ingsun kang dadi pêpatih | aresa Pulo Rukmin |[237] nêgarane êjim iku | têtigale kang kuna | pulo iku goning êjim | ambanipun alêlampahan tri dina ||
25. pêlayune pulo ika | lêlampahan [lêlampaha...]
--- [f. 102r] ---
[...n] wolung wêngi | pêpak pamanira papat | kang tuwa sinuhun aji | Selarasa ngabêkti | mapan tan nyana têtêmu | kawula lan paduka | kados angsal sihing Widi | jin sadaya sudaranira tumingal ||
26. Patih Nurjaman atanya | si kakang ta mêksih urip | kang jumênêng natèng Cêmpa | Selarasa anauri | inggih sampun alami | pêjahe rama pukulun | wêtawis kalih warsa | mung sakawan putranèki | ingkang sêpuh anggêntosi dados nata ||
27. Nurjaman alon atanya | apa mulanira iki | têka atilar nêgara | Selarasa matur aris | cupêt kawula gusti | tan sagêd ngawula bêndu | wăngsa kula têtiga | dèn jaga sarwi desa ing | malah botên pisan sinung wêwarisan ||
28. marmine kaluwa kesah | katiga sanak anilib | têdha kawula ing paran | saênggèn kawula kampir | tibèng siti puniki | ing nêgari Atasulun | ing paminggiring desa | kawula dèn angkên siwi | dening pêkir sêpuh
--- [f. 102v] ---
sêpuh wasta Ki Lobaman |[238]|
29. langkung sihe mring kawula | dhumadakan lami-lami | sang nata adarbe undhang | amatèni sakèh jalmi | bocah lanang ing nguni | sakèhe ika tinumpur | pra jaka balèk pisan | sadaya tan ana kari | miwah anaking mantri pan sami têlas ||
30. milane kawula kesah | inggih angusèkkên[239] urip | sawăngsa kula têtiga | anglolos kalaning wêngi | mila kula mariki | putra paduka têtêlu | sinusul ing wong kathah | ing gêgêr wukir dèn usi | putra tuwan sakalih pan kula tilar ||
31. punika kang dados ama | kawula arah ing ati | sing ngriki tan pati têbah | wontên ngiringaning wukir | sun tilar ngambil warih | kalunta-lunta tanpantuk | mila mariki prapta | baya patuduhing Widi | sanak ingsun sun tilar ing wana sunya ||
32. angrangkul Patih Nurjaman | adhuh anak ingsun gusti | ora kêlar sira nyawa | amungsuh wong sanêgari | sira tilar ing ngêndi | sanakira ge sun luru | sadhela ingsun prapta | Selarasa matur aris |
--- [103r] ---
gih punika wukire kang katingalan ||
33. kapriye ing karsanira | apa sun ajak mariki | Selarasa ris wêcana | kantênan ênggène gusti | upami sampun bêcik | ênggène gusti puniku | paduka glis mantuka | Patih Nurjaman lingnya ris | lah kantuna têmbang pangkur anèng wuntat ||
11. Pangkur
1. Nurjaman miyos sing guwa | nulya mabur tan dangu nulya prapti | kalêrêsan ing gènipun | ing dhukuh Kartalaya | wismanipun kathahe mung kalih surup | naning dados pangumpêtan | kang darbe wisma Ki Sarpin ||
2. Selagănda Selasyara | Ni Rumsêkar kumpul ing dhusun mangkin | mapan sami pinupuju | dening Ki Sarpin ika | satilare rayinira lunga lampus | Patih Nurjaman wus awas | tan dangu anulya bali ||
3. tan adangu nulya prapta | Sang Nurjaman dhatêng Guwa Panitis | malêbêt ing guwa sampun | kang putra Selarasa | mêksih linggih pinarak anèng ing watu | pinarêk ing êjin kathah | kasaru Nurjaman prapti [pra...]
--- [103v] ---
[...pti] ||
4. satingale Selarasa | ingkang rama wau prapti tumuli | gupuh dènira tumurun | sing palinggihanira | paman angsal kardi paduka glis rawuh | Patih Nurjaman ngandika | sanakira uwis bêcik ||
5. olèh ênggon tumon ika | wus dèn pupu anak dening Ki Sarpin | kaliwat asih sun dulu | ing sanak-sanakira | aja sêmang balik ingsun |[240] iya nyawa tulungana | mênawi sira tan uning ||
6. mulanisun anèng guwa | pan umpêtan si paman iki ngili | ing Pulo Rukmi wus gêmpur | mungsuh wong Pulo Dhêngdha | kang ambêdhah jin kapir idhêpipun |[241] wiwitanèku mêngkana | Ratu Pulo Dhêngdha uning[242] ||
7. anglamar padhaning kopar | êjin maning kuthane Pulo Jingjrin | tinampanan padha kayun | nanging dadi waldaka | jalukane sang putri adhine iku | dèn go bêbanciking krama | sira ikang dipun êprih ||
8. nora laki-laki ingwang | lamon nora bancik dhasing Rukmin |[243] sinanggupan de sang prabu | ing Pulo
--- [104r] ---
Dhêngdha ika | nulya nglurug maring Pulo Rukmi iku | kang dèn jujuk kuthaningwang | mulane bêdhah ing nguni ||
9. dunya bêrana pan kathah | tan dèn etang mung Mas Putra kang dèn prih | dèn daya kênane iku | nulya isun tumandang | arêp olih ing rana tan măngga ingsun | anging ta sadhela ika | nyanane si paman ênting ||
10. sun amuke wong Madhêngdha | akèh mati ratune wus atipis | malah ratune mèh kondur | mung kari pamanira | Raja Palmin kang durung karêbut iku | dumadakan bêlis lanat | mring sang nata mêmarahi ||
11. rêrasane bêlis lanat | mring sang nata têka amêmarahi | aja ge sang nata kondur | kawilang ratu cabar | têka kalah dening wong sawiji mundur | mêtu kaya wong wanudya | jêjêrih ajrih ing pati ||
12. wong wadon konên wêwuda | amadhêpa ing wong rongpuluh sisih | yèn sang patih mara ngamuk | dèn brokana wanita | pasthi ilang karosane wong puniku | kagêpoka ing
--- [f. 104v] ---
wanodya | ilang bayune kya patih ||
13. parêng wus prapta ing rana | wong wanodya kang wêwuda ngêbyuki | anggêpok sariraningsun | ing kono tanpa yusya | pan angrasa apês anulya malayu | awor lawan wadya kathah | kêdhaton sun pêlayoni ||
14. adhinira Ki Mas Putra | pan sun pondhong sun gawa lunga aglis | rewang ingsun wong rongatus | mêlayu ngungsi guwa | Ki Mas Putra kang sun palayokkên iku | lah ing kono ramanira | dèn lêlakar ing capuri ||
15. iku gusti mulaniwang | lah rêbutên pamanira tumuli | dening adhinira iku | sun umpêtakên ika | ing jro guwa mungguh ing bang kidul iku | Ki Selarasa tur sêmbah | pintên gênge dhèrèk mami ||
16. Patih Nurjaman ngandika | dhatêng êjin kang kinèn amarani | aturana anak ingsun | Ki Mas Putra dèn egal | sigra mangkat mangke êjin kalih atus | pan adangu nulya prapta | punang jin matur wotsari ||
17. gusti paduka ngaturan | dening rama jêngandika jêng patih | kiyai dhatêngan [dha...]
--- [f. 105r] ---
[...têngan] tamu | Mas Putra angandika | iya payo kangên ing paman wus dangu | tan adangu lampahira | prapta ing Guwa Panitis ||
18. sapraptane Ki Mas Putra | parêng ligih sakalihana kya patih |[244] Nurjaman aris amuwus | ya iku adhinira | pan puniku dadi wigêna adangu | Selarasa uluk salam | Ki Mas Putra jawab aglis ||
19. Ki Mas Putra awotsêkar | ingkang raka andowakakên mangkin | Patih Nurjaman amuwus | wruhanira Ki Putra | iya iku sanakira ingkang sêpuh | sanak kang saking manusa | ingkang anèng ing nêgari ||
20. kang jumênêng anèng Cêmpa | Selabêrèd uwakira sayêkti | iku anake wuruju | Ki Mas Putra angakang | iku nyawa sadulurira satuhu | iya iku sanakira | iku kang anèng nêgari ||
21. marmane kawula rama | duk ing dangu miyarsa wuwus inggih | sampeyan têbêng mêmuruk | jaya lawan digjaya | wêjang dalêm sêdaya sampun katêmu | kadhadhang[245] dening kawula | putri êjin ngawikani ||
22. mulane si rosanira [ro...]
--- [f. 105v] ---
[...sanira] | wis pinasthi sira dadi prajurit | kawruhing êjin wus putus | sadaya anèng sira | anging cuwa kagêpok ing wadon bêsuk | êmèh ana salin têmbang | durma pupuhe gumanti ||
12. Durma
1. kyana patih ririh dènnya angrêrêpa | anak ingsun kiyai | sanggup sira ora | angrabud[246] pamanira | sasat nguripi wong mati | kaliwat wêlas | dening ta wus alami ||
2. kurang-kurang wus mati pamanira |[247] dening sampun alami | Selarasa nêmbah | nêdha tuduh kawula | ênggènipun êjin kafir | arsa uninga | lan mênawi kadugi ||
3. pan Ki Patih Nurjaman gumuyu sênggak | akêplok sarya angling | yèn têrahe rama | wuwuse wus kawêdal | wirang mundur angur mati | dawêg Ki Putra | pun paman mangke ngiring ||
4. Selarasa atakèn dhatêng kang paman | pintên dohe sing ngriki | Pulo Dhêngdha paman | wêtawis pintên dina | lêlampahane sing ngriki | Patih Nurjaman | aglis nulya nauri ||
5. yèn manusa lêlampahan pitung dina | yèn si lakuning êjin | pan ora kewuhan | dêdalaning lumampah | satêngange mapan [mapa...]
--- [f. 106r] ---
[...n] prapti | angawang-awang | ature kadi angin ||
6. lamun ingsun asraya maring manusa | sira luwih ing êjin | mapan ora padha | êjin lawan manusa | manusa kang luwih sêkti | iya manusa | ingangkên rasa jati ||
7. kaya sira upama lan adhinira | pan luwih sira ugi | utama manusa | mêngkana êjin andhap | manusa kang luwih sêkti | parmaning Sukma | mulane êjin kandhih ||
8. Selarasa aturira mring kang paman | dawêg kesah tumuli | kya patih ngandika | êjin padha milua | ingsun arêp andon jurit | kabèh milua | aja na ingkang kari ||
9. lah milua barênga mring Pulo Dhêngdha | wêruha mring nêgari | Sang Ratu Madhêngdha | duwe anak parawan | ing warnane pendah sasi | maksih wêwujang | tan arsa krami êjin ||
10. karsanira kudu akrama manusa | panêdhane sang putri | iku gustinira | yèn jaya lakuneka | sinêlamakên sang putri | sira rabia | lawan putraning êjin ||
11. lah marêka sira sun wèhi busana | ora dêduwe gusti | ênya tampanana | kulambi saking syarga | pangawasane [pangawasa...]
--- [f. 106v] ---
[...ne] kulambi | ngambah samodra | lir pendah siti rêsik ||
12. lan maninge bisa mabur tanpa êlar | dhuhure ora pancing | dhuhur rada bisa | pilih kang madhanana | wus rinasuk kang kulambi | de Selarasa | Nurjaman sira angling ||
13. lawan iki têtopèng kêncana mulya | lamun dèn gawa jurit | pangawasanira | bêngi kadi raina | paningale pan dumêling | lamun ginawa | jurite luwih sêkti ||
14. pan paliyas luput ing sênjata uwa | lan iki ya cumêthi | ênya tampanana | kang winuwuku êmas | yèn dèn sabêtakên iki | tan ana năngga | Selarasa nampani ||
15. wus rinasuk tarênggos munggèng mastaka | caya mancur nêlahi | kadya maru Parta | tumêdhak sing Drakila | rat jagat tan ana tandhing | digjayanira | tan ana amandhingi ||
16. sampun mêdal sadaya saking jro guwa | suka sakèhing êjin | Mas Putra ing têngah | Patih Nurjaman mojar | sun pêpête guwa iki | bok ana waka | yèn ana jêjêmbêri ||
17. sampun pêpêt lawang guwa pinêpêtan | Selarasa mangkya ngling | dawêg bubar paman | sampun ta kêlayatan | Nurjaman mangsuli angling | dawêg Ki Putra | nulya kesah [ke...]
--- [f. 107r] ---
[...sah] tumuli ||
18. lampahira angambah ing jomantara | awor lan mega putih | ature lir kilat | sangêt dènnya lêlampah | awor kagawa ing angin | Ki Selarasa | wus awor lawan êjin ||
19. sampun lêpas lampahe Ki Selarasa | dening awor lan êjin | tan kawarnèng marga | lêpasing lampahira | anjêjêgi Pulo Rukmin | wus prapta sira | ing kutha Pulo Rukmin ||
20. wus katingal êjin kathah cinêngkalak | ing pêri dèn bandani | padha buntayangan | tan kêna amêmangan | binănda dening jin kapir | jin Sêlam ika | kabèh wus dèn bandani ||
21. wus tumurun Selarasa la[248] Nurjaman | lawan Mas Putra iki | sapraptane pura | nulya sira tumingal | sakèh ngêjin dèn bandani | sami tumingal | lamun gustine prapti ||
22. kawuwuhan ningali maring makutha | lawan Mas Putra prapti | jin kang cinêngkalak | lali ing lupa-lupa | bungahe ningali gusti | punang cêngkalak | dèn tikêli pribadi ||
23. cêngkalake dèn kirigakên wus sirna | sadaya ucul sami | nulya
--- [f. 107v] ---
marêk sira | ki patih lan Mas Putra | Nurjaman anulya angling | pan kaya ngapa | mulane dèn bandani ||
24. samya matur punika êjin sêdaya | inggih kawula gusti | satilar sampeyan | Sang Ratu Pulo Dhêngdha | midêr inggih nênakèni | purug sampeyan | sêdaya dèn titèni ||
25. botên pirsa sêdaya atur kawula | nêntak ratu ngajrihi | sun patèni padha | yèn pa ora wêkca |[249] mulanira sun bandani | sun patènana | kabèh ya padha mati ||
26. tênggoh apa dudu wong cili sun arah | mung Mas Putra kang sun prih | mastakane benjang | tatukoning akrama | sagênahe pan sun ungsi | sun pupuh benjang | kalawan dhangdhanggêndhing ||
| 1 | Nama pupuh Roning Kamal ini merupakan sejenis wangsalan untuk pupuh Sinom. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: satriya punika wau. Bandingkan: satriya katiga wau (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.10.6). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa miyarsa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.12.7). (kembali) |
| 4 | mênawi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.16.9). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sira lunga mênawi ana durbiksa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.16.9). (kembali) |
| 6 | ing (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.18.2). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata: ambawang bêmbêm kawèni. (kembali) |
| 8 | jingga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.19.3). (kembali) |
| 9 | dhukune. Bandingkan: dhuku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.19.8). (kembali) |
| 10 | Selarasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.20.1). (kembali) |
| 11 | têtambaning. Bandingkan: têtambane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.20.3). (kembali) |
| 12 | Selarasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.20.5). (kembali) |
| 13 | tumingal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.20.9). (kembali) |
| 14 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: Selarasa cêngêng dènira tumingal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.20.9). (kembali) |
| 15 | Sèh (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.21.2). (kembali) |
| 16 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: awasta Ki Sèh Nursaid (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.21.2). (kembali) |
| 17 | kang (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.23.1). (kembali) |
| 18 | Sèh (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.26.1). (kembali) |
| 19 | sinangsaya. (kembali) |
| 20 | lăngka (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.31.1). (kembali) |
| 21 | lakonana. (kembali) |
| 22 | Selasyara (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.37.7). (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selasyara pan karuna (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.38.1). (kembali) |
| 24 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sarya ling dhatêng kang rayi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.38.2). (kembali) |
| 25 | Kurang satu gatra ke-8 (8i). Bandingkan: Selarasa saking wingking (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.38.8). (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sarya angling raka karuna ngapaa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.38.9). (kembali) |
| 27 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah kèndêla raka sampun akaruna (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.39.9). (kembali) |
| 28 | panduka. Bandingkan: paduka (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.40.1). (kembali) |
| 29 | Bandingkan: yèn dening paduka lapa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.40.1). (kembali) |
| 30 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gawe jimat paripih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.40.5). (kembali) |
| 31 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sajroning manah pribadi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.40.8). (kembali) |
| 32 | minggah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.41.7). (kembali) |
| 33 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: raka anêdha minggah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 2.41.7). (kembali) |
| 34 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: layar mari wong Surat (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.7.4). (kembali) |
| 35 | godhong (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.7.5). (kembali) |
| 36 | Bandingkan: anênggih palwa Si Kêling (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.7.7). (kembali) |
| 37 | mapan. Bandingkan: apan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.9.1). (kembali) |
| 38 | moat. Bandingkan: muwat (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.10.2). (kembali) |
| 39 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: muwat apa budhak dhi mana pêgi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.10.2). (kembali) |
| 40 | wus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.12.3). (kembali) |
| 41 | tunggara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.13.1). (kembali) |
| 42 | paminggir (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 43 | bang-bang (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.15.6). (kembali) |
| 44 | dhukuh. Bandingkan: desa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.16.3). (kembali) |
| 45 | Lobaman. (kembali) |
| 46 | prênahe (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: pêrnahe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.19.2). (kembali) |
| 47 | Kurang empat suku kata. Bandingkan: kawêlasasih [kawlasasih] nama ta rare puniku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.19.5). (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saujarèku akullah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.22.1). (kembali) |
| 49 | satinggale (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: satilare (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.23.6). (kembali) |
| 50 | mêndhang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.29.1). (kembali) |
| 51 | prapti. (kembali) |
| 52 | palastra. (kembali) |
| 53 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan wande kula pêjah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.32.4). (kembali) |
| 54 | Terdapat dobel sandangan: benjing atau benje. (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata: supamane paman wontên kang uning. Bandingkan: sampun paman bilih wontên undani [udani] (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.36.2). (kembali) |
| 56 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Lubama ngancarani ingkang rawuh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 3.38.5). (kembali) |
| 57 | Kurang satu gatra: ke-6 (7a). Bandingkan: wus damêl ambêng kula (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.2.6). (kembali) |
| 58 | Kurang satu gatra: ke-7 (6u). Bandingkan: têka dika lungguh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.2.7). (kembali) |
| 59 | têtanggane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.4.1). (kembali) |
| 60 | nonton (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.4.6). (kembali) |
| 61 | ring. Bandingkan: ing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.5.5). (kembali) |
| 62 | Bandingkan: adan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.8.9). (kembali) |
| 63 | bèji. (kembali) |
| 64 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nanging lawan untu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.12.7). (kembali) |
| 65 | angrangkul (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.14.1). (kembali) |
| 66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: punika wong pêsaja (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.15.10). (kembali) |
| 67 | sadhèrèk (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.16.2). (kembali) |
| 68 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dipun kadi sadhèrèk priyăngga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.16.2). (kembali) |
| 69 | Arjuna. Bandingkan: Parta (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.16.7). (kembali) |
| 70 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: ingukupan lawan gêdhis [gêndhis] abrit (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.19.1). (kembali) |
| 71 | kumkuman. (kembali) |
| 72 | Terdapat dobel sandangan: sêkarirèki atau sêkarerèki. (kembali) |
| 73 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: sapindhah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.19.6). (kembali) |
| 74 | ingwang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 75 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang sêpuh punika pundi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 4.22.5). (kembali) |
| 76 | kasangsang. (kembali) |
| 77 | undure. (kembali) |
| 78 | Kurang satu suku kata: samandene ya urip. (kembali) |
| 79 | lah. (kembali) |
| 80 | angga. (kembali) |
| 81 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: langkung duka wau sri nalendra ika (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.14.1). (kembali) |
| 82 | enggal (dan di tempat lain). (kembali) |
| 83 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lampahe sigra (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.15.6). (kembali) |
| 84 | Kurang satu gatra ke-6 (5a). Bandingkan: Ujum angucap (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.19.6). (kembali) |
| 85 | Atasulu (dan di tempat lain). Bandingkan: Atashulu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.24.1). (kembali) |
| 86 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakarêmu [sakarepmu] măngsa sun suwalanana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.28.1). (kembali) |
| 87 | sumorot (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.29.4). (kembali) |
| 88 | anèng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.30.6). (kembali) |
| 89 | pêjah (dan di tempat dan bentukan lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.38.4). (kembali) |
| 90 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: wau Ki Ujum Sidik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.39.2). (kembali) |
| 91 | gunggung. (kembali) |
| 92 | Kurang satu suku kata: ingkang sira gunggung rare akawasa. Bandingkan: mêngko aku puji êlu akuwasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.43.1). (kembali) |
| 93 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: aningali sang aji (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 5.48.2). (kembali) |
| 94 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: bêbêthèkana dènira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.1.7). (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn ana kang kari bisuk (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.2.6). (kembali) |
| 96 | panglima (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.6.3). (kembali) |
| 97 | panglima. (kembali) |
| 98 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang amawi suta (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.9.5). (kembali) |
| 99 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mantuk samya ngusapi luh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.9.6). (kembali) |
| 100 | punggawa (dan di tempat dan bentukan lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.10.4). (kembali) |
| 101 | lênggana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.11.1). (kembali) |
| 102 | nambang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.11.5). (kembali) |
| 103 | angegla. Bandingkan: angodha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.13.4). (kembali) |
| 104 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn byoki gêgaman kathah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.13.7). (kembali) |
| 105 | patinggi. (kembali) |
| 106 | pratingkahe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.16.1). (kembali) |
| 107 | piniwayah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.16.7). (kembali) |
| 108 | masjid (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.17.2). (kembali) |
| 109 | ananggupana. Bandingkan: anangguhana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.20.5). (kembali) |
| 110 | srah. (kembali) |
| 111 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawula têdha ing mangkin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.21.1). (kembali) |
| 112 | Lebih dua suku kata: santri kang adarbe sunu. Bandingkan: sugih ingkang darbe sunu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.22.6). (kembali) |
| 113 | inggih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.24.2). (kembali) |
| 114 | sapa. (kembali) |
| 115 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dayane lah yèn gêsanga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.27.7). (kembali) |
| 116 | sungkan. (kembali) |
| 117 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u. Bandingkan: praliwat panêdhaningsun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.34.6). (kembali) |
| 118 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nadyan tumêka ing pêjah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.39.2). (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: malah têkèng kasampurnan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.40.7). (kembali) |
| 120 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan bisun [bisuk] anèng akherat (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.44.4). (kembali) |
| 121 | gêni (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 6.48.4). (kembali) |
| 122 | Kurang satu suku kata: bêbêngkung sarya amuwus. (kembali) |
| 123 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn lêngganaa ing pakon (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.4.5). (kembali) |
| 124 | lêwih. Bandingkan: luwih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.5.4). (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata: wong mêmaca dèn gerongi. Bandingkan: kang mêmaca dèn êgongi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.8.4). (kembali) |
| 126 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amatêk sêsirêp aglis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.11.4). (kembali) |
| 127 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha dèn angati-ati (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.14.2). (kembali) |
| 128 | Kurang satu suku kata: Rumsari pan anglêlojok. (kembali) |
| 129 | Kurang satu gatra: ke-2 (8i). Bandingkan: lan lêmah sapisan maning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.15.2). (kembali) |
| 130 | jangkêp (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.15.3). (kembali) |
| 131 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sakathahe ingkang kêmit (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.16.2). (kembali) |
| 132 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ya ta lamun wadon punjul (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.18.3). (kembali) |
| 133 | têngahing. Bandingkan: têngahe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.19.2). (kembali) |
| 134 | ngame (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.20.3). (kembali) |
| 135 | dening (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.20.4). (kembali) |
| 136 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: digapare adharudhut (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.21.3). (kembali) |
| 137 | mring (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.22.1). (kembali) |
| 138 | muwus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.24.5). (kembali) |
| 139 | sirèki. (kembali) |
| 140 | oyog-oyog. (kembali) |
| 141 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêsirêpe kakang êmbok ika mau (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.30.1). (kembali) |
| 142 | lungguhe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.33.2). (kembali) |
| 143 | muga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.35.4). (kembali) |
| 144 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: muga gondhok muga kithing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.35.4). (kembali) |
| 145 | pupuh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 7.38.5). (kembali) |
| 146 | kacêkêla (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.4.3). (kembali) |
| 147 | Kurang satu suku kata: sampuna dening uwong kêkalih. (kembali) |
| 148 | angling (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.5.5). (kembali) |
| 149 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang raka lilah dèn padha bêcik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.6.1). (kembali) |
| 150 | Selarasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.7.1). (kembali) |
| 151 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa mangkya anauri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.7.1). (kembali) |
| 152 | sinurak. Bandingkan: sinurak-surak (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.7.3). (kembali) |
| 153 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: dyan sinurak-surak ing wong akèh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.7.3). (kembali) |
| 154 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ana ingkang aciwis [acawis] têtali (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.7.4). (kembali) |
| 155 | Kurang satu suku kata: ing sanakira doh. Bandingkan: ing sanake karo (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.9.2). (kembali) |
| 156 | cêngkelak (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.9.5). (kembali) |
| 157 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: cêngkelak abalik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.9.5). (kembali) |
| 158 | nulya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.10.2). (kembali) |
| 159 | malayu. (kembali) |
| 160 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: payo yayi mêlayu dèn aglis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.15.4). (kembali) |
| 161 | têmên (YSK1014, Pupuh 8.20.4). (kembali) |
| 162 | Kurang satu suku kata: pêgêl têmên sikil isun iki. (kembali) |
| 163 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dika kesah ing desa kang gêdhe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.22.3). (kembali) |
| 164 | Lebih satu suku kata: ngularana koripan kang bêcik. (kembali) |
| 165 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Selagănda Selarasa mangke (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.23.3). (kembali) |
| 166 | minggah. (kembali) |
| 167 | Kurang satu suku kata: nyananingsun sira uwus mati. (kembali) |
| 168 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawula nimpang ing wona age (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.26.3). (kembali) |
| 169 | mangke (dan di tempat lain). (kembali) |
| 170 | Kurang satu suku kata: uwus nugrahaning Yyang ing mangke. Bandingkan: kanugrahaning Allah dadine (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.27.3). (kembali) |
| 171 | lintang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.31.6). (kembali) |
| 172 | Kurang satu suku kata: pan ingamparakên sira aglis. (kembali) |
| 173 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gènnya aguling naga kapulir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.33.1). (kembali) |
| 174 | amuwus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.35.6). (kembali) |
| 175 | jro (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.35.6). (kembali) |
| 176 | Kurang satu suku kata: arêp ta ora ingsun tutupi. (kembali) |
| 177 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: liwat pan kadulu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.37.6). (kembali) |
| 178 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêsakakên sanak ingsun iki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.38.4). (kembali) |
| 179 | kawula. (kembali) |
| 180 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kula kakang ing benjang arabi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.41.1). (kembali) |
| 181 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kêmul kengis ingkang munggèng sikil (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.42.1). (kembali) |
| 182 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: aduwèni walang ati seje (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.44.3). (kembali) |
| 183 | anglilir. Bandingkan: angêlilir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 8.45.3). (kembali) |
| 184 | tumulya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.1.10). (kembali) |
| 185 | Bandingkan: pantês ana ingkang duwèni (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.2.5). (kembali) |
| 186 | Kurang dua suku kata: Selarasa amêksa ngulari warih. Bandingkan: Selarasa mêksa angulati warih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.2.9). (kembali) |
| 187 | Kurang satu suku kata: saya kalunta ing lampahira. Bandingkan: saya nuli marang jêro pisan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.3.2). (kembali) |
| 188 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan angamping nèng pipine kori (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.6.1). (kembali) |
| 189 | danawa. Bandingkan: dênawa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.6.2). (kembali) |
| 190 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: kang dênawa ika atumingal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.6.2). (kembali) |
| 191 | adhêpakên. (kembali) |
| 192 | sumingkir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.7.1). (kembali) |
| 193 | linggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.7.10). (kembali) |
| 194 | Sèh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.9.1). (kembali) |
| 195 | kawlasasih (dan di tempat lain). Bandingkan: wêlasasih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.10.1). (kembali) |
| 196 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan kawula nuhun wêlasasih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.10.1). (kembali) |
| 197 | kawula. Bandingkan: kula (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.12.2). (kembali) |
| 198 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: inggih tuwan ingkang kula têdha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.12.2). (kembali) |
| 199 | syargi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.12.5). (kembali) |
| 200 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: syargi iyang duk maksih urip (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.12.5). (kembali) |
| 201 | uwis. Bandingkan: uwus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.13.3). (kembali) |
| 202 | doh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.14.3). (kembali) |
| 203 | pandungkape (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.14.3). (kembali) |
| 204 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: polahe wong kasmaran (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 9.14.10). (kembali) |
| 205 | mêcah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.4.5). (kembali) |
| 206 | salayèng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.12.4). (kembali) |
| 207 | sirnaning. Bandingkan: sirnane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.14.5). (kembali) |
| 208 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan jatine rupa iki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.15.1). (kembali) |
| 209 | kidul (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.19.6). (kembali) |
| 210 | kadigdayan. (kembali) |
| 211 | manggih. (kembali) |
| 212 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: baya adoh saking kene (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.28.3). (kembali) |
| 213 | angatingal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.28.7). (kembali) |
| 214 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: baya durung angatingal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.28.7). (kembali) |
| 215 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dènira Ki Selarasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 10.29.7). (kembali) |
| 216 | tampanana. (kembali) |
| 217 | Kurang satu suku kata. têguhêna jroning kalbu. (kembali) |
| 218 | Kurang satu suku kata. ika ta mapan bisa. (kembali) |
| 219 | Kurang dua suku kata: marang balane sadaya. (kembali) |
| 220 | Patih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.4.1). (kembali) |
| 221 | karosaning. Bandingkan: karusaning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.5.6). (kembali) |
| 222 | êjin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.5.6). (kembali) |
| 223 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: karusaning êjin iku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.5.6). (kembali) |
| 224 | malêsa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.7.9). (kembali) |
| 225 | dupi. (kembali) |
| 226 | Kurang satu suku kata: Selarasa amojar. (kembali) |
| 227 | anjumput. (kembali) |
| 228 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lir guntur suwaranipun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.12.6). (kembali) |
| 229 | cêcambuki. (kembali) |
| 230 | ingundha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.15.3). (kembali) |
| 231 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gada kinanan kinèri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.15.4). (kembali) |
| 232 | anaking (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.18.4). (kembali) |
| 233 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mau wuwusira iku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.20.6). (kembali) |
| 234 | Kurang satu suku kata: lan kang duwe anak sira iku sapa. (kembali) |
| 235 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Jalêlana wêstane kang saudara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.21.9). (kembali) |
| 236 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pamanira ya uga jumênêng nata (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.23.9). (kembali) |
| 237 | Bandingkan: angrèh sapulo Rukmi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.24.5). (kembali) |
| 238 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: dèn apêkir tuwa wasta Ki Lubama (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 11.28.9). (kembali) |
| 239 | angungsèkkên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 240 | Kurang empat suku kata. Bandingkan: aja sêmang sanakira balik ingsun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.5.5). (kembali) |
| 241 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang abêdhah êjin kapir dunungipun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.6.5). (kembali) |
| 242 | uni (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.6.7). (kembali) |
| 243 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abêbancik êndhasing Pulo Rukmi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.8.2). (kembali) |
| 244 | Lebih satu suku kata: parêng linggih sakalihan kya patih. Bandingkan: parêng linggih ing gêgilang ta mangkin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.18.2). (kembali) |
| 245 | kadhadha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 12.21.6). (kembali) |
| 246 | angrêbut (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 13.1.4). (kembali) |
| 247 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kurang-kurang uwis mati pamanira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 13.2.1). (kembali) |
| 248 | lan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 249 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn sira nara wêkca (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 13.25.4). (kembali) |