Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 13–24)
| 1. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 2. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 13–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
| 3. | Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 107v lanjutan] ---
13. Dhandhanggula
1. Kyana Patih Nurjama[1] mangkya ngling | sarya wau kumêmbêng kang waspa | gustinira kaya priye | warta sapungkur ingsun | apa urip atawa mati | kakang isun kang ja |[2] Palmin kala iku | ratu ing Pulo Madhêngdha | satêkane sira mênangi duk prapti | apa dèn gawa ora ||
2. sakèhing jin matur sarya nangis | milanipun kawula punika | kenging cinêngkalak mangkin |[3] mila tan bisa dulu | raka tuwan dipun sakiti [sa...]
--- [f. 108r] ---
[...kiti] | dèn sere[4] dèn lêlakar | ingidêg lir gadhung | dèn lêlarak mring pakuwan | kinèn miyosakên punika gusti |[5] dhatêng Kangjêng Mas Putra ||
3. kang sinambat dening kangjêng gusti | mung paduka kalayan Mas Putra | kang dados pangrudatine | Patih Nurjaman wau | dènnya nangis kadya pawèstri | miwah Kangjêng Mas Putra | asru tangisipun | sumrêg tangise wong kathah | kadya gêrah tangising jin lan pêri |[6] gugon ing gustinira ||
4. amung Selarasa kang tan nangis | apan emut yèn wus titahing Yyang | tandhane yèn nora duwe | kawula iki suwung | kudu ngrasa duwe sakalir | paksa kuwasa murba | ing ala lan ayu | raga yèn sampun dungduman | ora kêna suwala maring sang kapti | karsane kawisesa ||
5. sampun tutug apikir ing ati | Selarasa bisa malik bêlah | dèn gugu ing panalare | pan kemutan adangu | Ki Lobaman duk mituturi | kawula wajib nalar | emut ing jro kalbu | mêngkana ciptaning nala | yèn mungêna kawula ing takdir mongkina |[7] saka rêbug[8] si paman ||
6. awêkasan sira muwus aris [a...]
--- [f. 108v] ---
[...ris] | ya ta sampun yayi akaruna | lan si paman kaya rare | sapa ingkang ora wruh | lamun tisna ing wong wêwarti | sumilih sato kewan | wontên tisnanipun | luwih ing jin lan manusa | pan punika kang kocap ing kadis dalil | pundi dèn linggihana ||
7. nulya ngrangkul Nurjaman sarya ngling | adhuh gusti nyawa anak ingwang | lêgane luwih budine | tuwa sumadi ingsun | sira gusti mapan wus uning | ing ngèlmu makripat |[9] pamanira dhawuk | dhawuk sote kaya jaran | durung ngidhêp ing ngèlmu amung pawèstri | tansah gunggung sarira ||
8. lah ta payo mantuk dhatêng puri | sêsarean iya dalêm pura | lawan arini kene |[10] wêkasing atêtêmu | măngka ingsun kongkonan gusti | ngulati dhêdhaharan | kene larang sêkul | ulam tan ilok kadhahar | dening êjin mung kukusing sarwa sari | kang dèn pangan sadina ||
9. mangko isun lunga angulati | dhêdhaharan sêkul lawan ulam | badhe dhaharira anggèr | Selarasa umatur | sadèrènge katêdha gusti [gu...]
--- [f. 109r] ---
[...sti] | ing sih paduka paman | kula laminipun | duk saking nêgari Cêmpa | dèrèng kongsi kasurupan sêkul gusti | lagya rahmating Allah ||
10. Patih Nurjaman saure manis | apa talah yèn tan arsa dhahar | amêng-amêngana bae | karêmanira ujung | apa talah lêga nêgari | kasukan bêbaita | apa rêp ngaji ku | atawa rêmên ing kuda | iki ana aran kuda sêmbêrani | ijo lir sambêrilyan ||
11. saking Ngajêrak angsale dhingin | têtilare eyang-eyangira | anak putune Si Rênès | kandhane Sêkardiyu | nanging dèrèng dèn parotholi | maksih jalu aêlar | mapan bisa mabur | parantine eyangira | kakang prabu ing Cêmpa arsa têtilik | sawarga ramanira ||
12. Ki Selarasa ature aris | mangkenipun wontên pundi paman | kuda punika pranahe | Patih Nurjaman muwus | duk kacandhak pamanirèki | dening Ratu Madhêngdha | jaran iku ucul | si kakang prabu sun candhak | kêndhaline sun culakên ana wukir | Selarasa [Sela...]
--- [f. 109v] ---
[...rasa] tur sêmbah ||
13. kenging punika cinêkêl malih | kula paman kapengin uninga | Nurjaman aris wuwuse | dhuh gusti anak ingsun | lamun sira arsa udani | sun aturakên pisan | ing sira puniku | lawan samêktaning kuda | lan camêthi rewange tarênggos rukmi | lan kulambine pisan ||
14. kyana patih angling dhatêng êjin | kang ginangsing gancang lampahira | sira anjuputa age | marang ing jaran iku | anèng kana ing Bukit Barji | aja ta kêlayatan | mintar kang ingutus | tan adangu lampahira | sigra prapta putusan ambêkta tèji | wus katur punang kuda ||
15. Selarasa gêgêtun ing ati | dening bêlis têkaning kongkonan | dening tan katon wukire | lan malih gawokipun | dening kuda ulêse wilis | muncar lir manikara | tur êlar ajalu | amuwus Ki Selarasa | paman patih kawula amit nitihi | dhatêng kuda punika ||
16. sira patih muwus saryya nglirik | Ki Mas Putra kèn angapanana | samakta sabah-abahe | kinakapanan sampun [sa...]
--- [f. 110r] ---
[...mpun] | ingebegan kêkapa rukmi | pinatik ing sêsotya | langkung ting palancur | mèh surêm kang giwangkara | dèn asorot ing kumala luwih adi | awor ulêsing kuda ||
17. adan mingntar[11] sira sang apêkik | arsa nitih dhumatêng ing kuda | tumulya nyandhak apuse | prayoga sikêpipun | dènnya mancad ing sănggawêdhi | Patih Nurjaman nimbang | nitih san abagus | Mas Putra mêndhêk ing wuntat | sarya mundhi camêthi ingawe aglis | wau dening kang raka ||
18. sampun katur wau kang camêthi | Selarasa sikêpe têtêgar | yayang tinulis warnane | nyongklang anyirig wau | Selarasa ngandika aris | paman amit kawula | kapengin sinau | binakta mabur ing kuda | pan ki patih saure lah iya gusti | nanging sira ngadêga ||
19. iki dowa watêkkên gusti |[12] pamrihane palikêting jaran | sikil kalawan kulite | yèn ujare kang muruk | ing panglire dèn gêgalani | maring gigiring jaran | marmane puniku | ngadêg ngadohana êlar |
--- [f. 110v] ---
apusipun dèn kêndho pacuwan lali | ing lambening jaran |[13]|
20. sasampuning ngadêg sira nuli | ngantia gêbyaring kang kilat |[14] sakêdhap tan katon mangko | awor lan mega sampun | angêlayang midêr tumuli | wus lêpas punang kuda | katuwukan kayun | anut karsaning kang nunggang | tan kawarna midêre binêktèng bèji | dening Ki Selarasa ||
21. nulya bali dhatêng Pulo Rukmin | nulya ngampah ibure sêmana | pan dèn kêncêngi apuse | tiba ing alun-alun | sigra mapag sakèhe mantri | gawok sakèh tumingal | dhatêng sang abagus | dening wus wasis ing kuda | sira Patih Nurjaman sarèh ing ati | dhatêng wau kang putra ||
22. samya ligih mangke srimênganti | Selarasa pinapag i bala | sakèh ngêjin pêpak kabèh | Patih Nurjaman dulu | ingkang putra anom apêkik | rama-rama kèn lunga | manahe kadaud | kyana patih ya ta ngucap | aja lunga sira nyawa saking ngriki | sira jênênga nata ||
23. sumbalingah sira lunga gusti | iya lamun jaya lakunira [lakuni...]
--- [f. 111r] ---
[...ra] | yèn tiwas apa dadine | mapan ratu puniku | kapir padha arewang bêlis | matia kari lola | si paman ing basuk[15] | anêmbah Ki Selarasa | mapan sampun sih paduka dhatêng kami | kapundhi ing mastaka ||
24. datan kandhêg anèng Pulo Rukmin | karsanipun ngulari kang paman | dèrèng lilih ing manahe | Selarasa amuwus | adhuh paman sampeyan ugi | ingkang jumênêng nata | nganthi Mas Putra ku | Patih Nurjaman ngandika | ora kêna ratu iku luwih sêkti | mênawa kawênangan ||
25. Selarasa ature amanis | insa Allah paman kadi kêna | ratu punika pêjahe | Patih Nurjaman amuwus |[16] ora kêna matèni êjin | luwihane manusa | ingsun ora ngrungu | manusa padha manusa | amatèni êjin mati padha êjin | iku sun amiyarsa ||
26. Selarasa nêmbah matur aris | nadyan paman tan tumêkèng pêjah | ratu punika tan wande | kula prih patinipun | sira patih nauri aris | yèn si mêngkono nyawa | si paman jumurung | naning mas dipun prayitnya | aja lena Selarasa [Sela...]
--- [f. 111v] ---
[...rasa] nêmbah aris | paman barkat sampeyan ||
27. saking pundi parnahe sing ngriki | Pulo Dhêngdha punika ta paman | Patih Nurjaman saure | kaparnah lor puniku | Pulo Dhêngdha jêmbar aradin | Selarasa tur sêmbah | amit kawulèku | tarênggos kawula tilar | ing ngariki rasukan kalih camêthi | paman kawula bêta ||
28. kyana patih mangke awêwêling | Ki Mas Putra sira ngadhatona | si paman milu kakange | kang tinilar tanpayun | lahêng kula barênga mati | paman layan pun kakang | nanging datan asung | Ki Mas Putra aris nêmbah | inggih paman dipun prayitna ing margi | mugi rinaksa ing Yyang ||
29. Selarasa mangkya muwus aris | inggih paman yèn arsa tumuta | dawêg talah dipun age | patih wêwêling sampun | gustinira rêksanên sami | sawuri dèn karêksa | pacuwan katungkul | sampun tutug awêwêkas | sampun mabur wus ngukuli[17] jaladri |[18] patèl[19] la Selarasa ||
30. datan dangu sampun angungkuli | Pulo Dhêngdha ika sampun prapta | wus sirêp
--- [f. 112r] ---
i wong wayahe | Selarasa ris matur | kadhatone kang lugu pundi | arah-arahe paman | Nurjaman amuwus | kurang dhidhik rada ngilyan | payo ta lah rada mangilèn sadhidhik | gumingsira ing ampar ||
31. kawarnanên ta sang êjin kapir | ingkang langlang jaga nêgara |[20] raina sèjèn gilire | kang kabubuhan dalu | langlang kutha êjin sakêthi | pasthi tan ana nendra | kasukan ing dalu | lawan kang kêmit ing pura | sami gilir têpung gêlang dèn idêri | ing purane sang nata ||
32. samya suka sakèhing kang kêmit | ingkang langlang êjin sêsêliran | kang ora nana turune | Selarasa amuwus | kathah têmên ing jin puniki | ana langlang ing liyat | anèng lêmah nusup | parnahe jêngira paman | ing pênêde kyana patih muwus aris | mênawa anèng pura ||
33. mujar sang bagus yèn botên mangkin | kula sirêpe kang jin punika | sadaya sun cacak mangke | Patih Nurjaman muwus | iya maya age ta gusti | mangke ingsun mêcalang | bok ana jin wêruh | nanging aja
--- [f.112v] ---
kalayatan | pan ing kene uga lalangane[21] prapti | mênawa kawênangan ||
34. Selarasa tumêdhak ing siti | sampun ngèsthi ing prayitnanira | adan winatêk mantrane | saryya siti sinawur | pan ping tiga wangêne rèki | nawuri dalêm pura | tan asuwe sampun | ing jawi jroning kadhatyan | para êjin kang langlang lawan kang kêmit | arip wus padha nendra ||
35. samya sirêp sakathahing êjin | miwah kayon tan kêna kanginan | rêp-sirêp sakutha kabèh | Selarasa amuwus | dawêg paman tumêdhak sami | Patih Nurjaman mojar | karsane ing kalbu | si bagus iki prawira | luwih wani pan luwih saking ing êjin | tinêmbang raras driya ||
14. Mijil
1. wus tumêdhak ing siti sêkalih | ing latar kêdhaton | Selarasa nêmbah ing ramane | dawêk malêbêt ing dalêm puri | gubah wus dèn wingkis | kalih wus malêbu ||
2. pan kêpanggih sang nata aguling | malumah anglojor | Selarasa waspada tingale | gêdhe têmên ratu sun tingali |
--- [f. 113r] ---
sarirane iki | lir têmbaga sêpuh ||
3. ngangge godhèg simbar dhadha jrihi | jêjenggot babrêngos | Patih Nurjaman aris wuwuse | luwih agêng sêktine tur wani | têguh rosa iki | pilih nglawan mungsuh ||
4. bala ratu samia jin kapir | asring ambêboyong | uwis gusti mundura dèn age | aja suwe angadêg ing ngriki | paman gustirèki | nuruta karuhun ||
5. mangke paman dèn gêmêt ngulati | pan dèrèng waspaos | ayun wikan ing mata-matane | Kya Nurjaman asru angambêngi | bok kaburu tangi | apa têmahipun ||
6. pan sampeyan sampun pindho kardi | yèn paman karsa non | mangke rama kawula dhupake | lah tangia sira lanat kapir | kapanjingan maling | aturu balubud ||
7. dèn dhupaki malah kagingsir miring |[22] maksih eca ngorok | Kya Nurjaman angrangkul putrane | uwis sêdhêng samono ta gusti | bak pamanrèki |[23] rinuruh karuhun ||
8. damar kurung dinulu marapit | pagulingan kulon | pan [pa...]
--- [f. 113v] ---
[...n] katingal mênga lêlangsene | mapan kadi gêbyaring srigadhing | kêkêmbêne kengis | pambayune mancur ||
9. Selarasa ningali ing kèri | pan têtela katon | Selarasa aris pamuwuse | pan ing kilèn na sarean malih | ana èstri guling | pelag warnènipun ||
10. Ki Nurjaman api-api silib | atambuh kemawon | wong wanodya pa ana ing kene | sira iki têka salah aksi | Selarasa angling | dede ta puniku ||
11. Selarasa asring nênakèni | Nurjaman lingnya lon | kêna ngapa sok takon gustine | ya gusti yèn sira tan uning |[24] putri ingkang luwih | saduluring ratu ||
12. ingkang sêpuh punika kang pundi | patih ngandika lon | ingkang èstri karo ingkang anèm | Selarasa angling dhatêng patih | kawula tindaki | yun waspada dulu ||
13. kyana patih muwus ngasih-asih | aja ge mêngkono | têka sira gusti salah gawe | angur kita padha angulati | Selarasa nuli | anut nulya mêtu ||
14. Selarasa wangsul ing
--- [f. 114r] ---
jro puri | kyana patih miyos | angulati dhatêng sadhèrèke | Selarasa mri dagan sang putri | waspada ningali | manahira kenyut ||
15. Selarasa wuwusira manis | wungua lir sinom | endah têmên warnanira anggèr | lawas ingsun aurip puniki | dèrèng kadi iki | warnanira mancur ||
16. atiningsun kadingarèn iki | kumêpyar gumolong | pan kumênyut tanbuh rasane |[25] lah wungua jiwaningsun gusti | pun kakang andasih | ing dika wong ayu ||
17. lah wungua juwitaning puri | kawula yun takon | wong kasasar mira[26] kawulane | nanging ta gusti kawula iki | dahat tan wruh wadi | ing yoga sang ayu ||
18. miring ngulisik dèwi tan lilir | mung alise gênjot | waja kengis lir mèsêm warnane | jaiting netra gra[27] arungih |[28] sarirane kuning | ijo ing pamulu ||
19. ulêsipun limar kawingkis |[29] pambayune katon | bundêr kadi nyudênta warnane | mênthik-mênthik mêmanike kaksi | Selarasa aris | manahe wus liwung ||
20. nulya
--- [f. 114v] ---
linggih ngiringan sumandhing | sarya ngilo-ilo | ing pambayun gumêtêr wuwuse | lah wungua sapanên pun dasih | kawulane gusti | suwe pinitambuh ||
21. tan darana ana tan kapti |[30] Selarasa mangko | pan inganti sang dyah ing wungune | parandene sang dyah tan anglilir | Selarasa amrih | karsane saya sru ||
22. nulya nyandhak wêkasaning kapti | pamuwuse alon | pait kilang ika syarane |[31] awungua gusti wong akuning | têka kèndêl gusti | tan dosa wak isun ||
23. lah dhêngdhanên kawula lan kêndhit | bandanên ing kajong | lah tuwêkên kawula anggèr |[32] awungua mirah ingsun gusti | tan kuwasa gusti | dahat pinitambuh ||
24. Selarasa lir pendah wong sakit | pan kandhuhan ing ron | manalimut pan ilang malinge | angarih-arih èstri aguling | warnanên sang putri | sajroning aturu ||
25. jroni guli[33] nupêna pêpanggih | sang putri lawan wong | bagus anom manusa warnane | pan tumêdhak sarya ngaras pipi | sarta anungkêmi | sang dyah nyêngkah mundur ||
26. nulya kagèt sang putri anglilir | tan kongsi miraos | abêbalik [abêba...]
--- [f. 115r] ---
[...lik] samiring angawe | alil[34] gênjot kadya angèsêmi | suh rêmpu ningali | Selarasa gupuh ||
27. wus anyandhak astane tumuli | sarya ngaras alon | asta kiwa nguli jajane |[35] bêbalika madhêpa mariki | kawula angabdi | dawêg dika wungu ||
28. pan sang putri kat[36] nulya nglilir |[37] durung pati anon | ana tangan kêrasa baune | yèn kocapa sang dyah jroning ati | tanganing wong iki | lir tangan wong kakung ||
29. baya ta lah kakang prabu iki | langlang ing paturon | watêkipun ing pandam padhange | têka ilok angagèt-agèti | mêndhêk anèng siti | tur sarya angrangkul ||
30. sang dyah ayu anulya anglinggih[38] | parêng samya anon | watêking pandam mubyar padhange | pan sang putri waspaos ningali | astane tinarik | ngipatakên mungkur ||
31. sang rêtna yu angling ing tyasnèki | apa iki uwong | lamun êjin ta udu mangkene | yèn manusa dening sugih wani | kongsi wruh mariki | sarta dening bagus ||
32. Selarasa mêndhêk anèng wingking | panyandhake alon | pan tinarik wau ing sinjange | pamuwuse kadya madu gêndhis |
--- [f. 115v] ---
dawêg salin gêndhing | pupuhe mêgatruh ||
15. Mêgatruh
1. Selarasa pamuwuse manis arum | mas sampun adika[39] runtik | manusa kula mas ayu | marmine dhatêng mariki | kawula arsa atakon ||
2. rêtna dèwi anging awore kagugu | ing wirange duk angimpi | atêtêmu lan wong kakung | têkane tan duradasih | ana linggih ing paturon ||
3. wus sinăngga remanira sang lir santun | remane panjang awilis | Selarasa aris muwus | mas ayu sampun anangis | rema eman tiba ngisor ||
4. kawusane gusti amitna ing gêlung | eman bok kasrah[40] ing siti | remaning wong luwih yu |[41] mas mirah andika nolih | kawula arsa têtakon ||
5. sampun gusti wong ayu amaos bêndu | kawlasana kula gusti | manawa sang nata bêndu | dados punapa pun adbdi | ingsun tan wande pinatong[42] ||
6. sang dyah ayu mèsêm sarêng andulu |[43] sang dyah mèsêm mungkur malih | uculêna dhingin ingsun | arsa atêtakèn dhingin | dhatêng andika katèngong ||
7. Selarasa nauri wêcana arum | adhuh jiwaningsun iki | aris dènira umatur | patakèn kawula gampil |
--- [f. 116r] ---
kewala arsa têtakon ||
8. nuhun gusti abdine tambêt ing laku | sumarah ing dhêngdha pati | sakarsa dika wong ayu | tuwêkên kênaka lungid | kunjaranên ing paturon ||
9. kaprabawan manahira sang dyah pyuh |[44] angling sang dyah jroning ati | salawas ingsun tumuwuh | durung tumon kaya iki | têka kang ati gumalong ||
10. angandika mangke Sang Rêtna Parênyuh | sêmunya sampun lumiring | atakon apa maring sun | lah wêkcaa dipun aglis | Selarasa muwus alon ||
11. lah madhêpa mangke gusti ingsun matur | tur sarwi angaras gigir | sang putri sangsaya lêsu | cinandhak ing kakung ririh | sangsaya wuwuh karaos ||
12. abêbalik mangke Sang Rêtna Arênyuh[45] | sinambut ing kakung ririh | manahe sang dyah wus limut | Selarasa anêmêni | wus pinangku sang lir sinom ||
13. saya ayu mênggah dènira amuwus | wong bagus sintên wêwangi | kawula wirang kêlangkung | dèn gawe mangkene iki | dèn tulus sihira mangko ||
14. lamun arsa angrèha ing rare jugul | kawula arsa gêgusti | tambanana [tamba...]
--- [f. 116v] ---
[...nana] wirang ingsun | dika kang amimati[46] |[47] kang dadi kêpyaring raos ||
15. Selarasa ginubêl dening sang ayu | kepyan manahipun mangkin | angucap sajroning kalbu | lêgane sang putri iki | sun tangguh ora mangkono ||
16. Selarasa anyêngkah asta amuwus | arsa paran sang putri |[48] botên arsa alah tèngsun | marmi ta angasih-asih | kewala asra atakon ||
17. sang dyah ayu anyêkêl dhatêng sang kakung | jariji kang dèn kapithing | sang dyah muwus kawlasayun | wong bagus dika iki |[49] bisa gawe laraning wong ||
18. pundhês mara dasihêna raganingsun | mung dika kang anambani | aja dumèh wong binagus | bulah ta ingsun mimiti | bisa ngrundah atining wong ||
19. Selarasa mingsêr anulya muwus |[50] hèh sang putri dika iki | têka tampanira agung | aja geme-geme dhingin | ingsun arsa mêngkono |[51]|
20. pan sang putri runtik gumêtêr tyasipun | tur sarwi anangis lirih | wong bagus apa dèn jaluk | mangko ingsun anêkani | tambanana laraningong ||
21. Selarasa angling iya ingsun ayun | ana jêjalukan mami | [...] |[52] [...] |[53] yèn tan anut [a...]
--- [f. 117r] ---
[...nut] ingsun êmoh ||
22. kurang-kurang yèn sira tan gêlêm anut | mêngko sira sun patèni | wus patut kalawan ukum | sang dyah saurira aris | punapa pinundhut mangko ||
23. Selarasa aling ora na sun jaluk | amung Sêlama sang putri | ngucapa kalimah rasul | sadat imanêna ngati | mas mirah nuli sun pondhong ||
24. ora nana Pangeran kang luwih agung | anging Allah kang sêjati | sabênêre kang awangun | kang akarya bumi langit | Nabi Muhkamad kang yaktos ||
25. utusane atuwuh lêlana ayu | iku èstokêna ngati | sang putri mindêl tan muwus | kawigêna jroning ati | adangu tanpa miraos ||
26. apa mulaning mênêng tanpa muwus |[54] sang dyah angling tungtung tangis | mila kèndêl kawulèku | kadospundi polah mami | kakang prabu lamun takon ||
27. nanging iki wong bagus kawula turut | ing agama Islam mangkèn |[55] kawula nêdha pukulun | wontên êmban kula siji | dawêg sinêlamkên mangko ||
28. mung puniku pêjah gêsang datan kantun | lan kul sakapti |[56] Selarasa aris muwus | êndi [ê...]
--- [f. 117v] ---
[...ndi] rewangira gusti | ing ngêndi parnahe mangko ||
29. ênggènipun ing ngandhap kawula turu | wis ginugah nulya tangi | gêgêtun ing impènipun | ngimpi angurungi pêksi | sing maesa langit anjog ||
16. Kinanthi
1. salilire êmban wau | mênêng suwe aningali | wong priya anyar katingal | punika êjin sing pundi | têka linggih pagulingan | dening rupane apêkik ||
2. Rêtna Parênyuh amuwus | bagus iku dudu êjin | yèn sira durung uninga | yèn iku manusa luwih | têkane tanpa kêrana | tan ana marganing manjing ||
3. têka kapanggih alungguh | baya iki jodho mami | saban kaloka supêna | iya bagus iki prapti | ingsun kinèn manjing Sêlam | karo êmban aja kari ||
4. babu ing ta karêp ingsun | yèn sira wêlas ing mami | payo ta lah padha Sêlam | wong roro bae lan mami | kita besuk milu pisan | saparane wong puniki ||
5. ki êmban aris umatur | adhuh gusti êmas mami | kawula botên lênggona | Sang Rêtna Parênyuh [Parê...]
--- [f. 118r] ---
[...nyuh] angling | dawêg ta Ki Selarasa | nêdha Sêlamêna gêlis ||
6. sang kakung aris angrangkul | dhuh mas mirah isun gusti | payo parêng sah agama | anuta sarengat nabi | sang putri aris anêbda | kalimah sahadat kalih ||
7. Sang Rêtna Parênyuh sampun | masuk ing agama suci | suka tyase Selarasa | sinambut mangke sang putri | sarêng anabda kalimah | sang rêtna sampun ngabêkti ||
8. mung ni êmban ingkang durung | anêbut agama suci | ewuh manahe ni êmban | arêp ora dèn turuti | wêdi maring Selarasa | bok ora dèn kadhêmêni ||
9. nanging ta kula mas ayu | kang dados èwêding ati | pranatane wong Islam |[57] tan kaop kawula gusti | ing manah ragi lengotan | lali yèn nguyuh angising ||
10. datan angangge wêwasuh | kêkepetan anglampahi | tur pangangge pêpasajan | kaop kula wêdi ngatis | tuwi[58] si yèn bêbaratan | sangêt angin angatisi ||
11. Rêtna Parênyuh gumuyu | miyarsa ature rèki | dènira karyya paguyan | sang rêtna amuwus aris |
--- [f. 118v] ---
pinansthi ingsun lan sira | barêng mati barêng urip ||
12. ni êmban anulya matur | alinggih dheprok nèng siti | angraksa lingkabi gubah | manawa ana jin prapti | sêmana Ki Selarasa | langkung sihe jalu èstri ||
13. sang putri aris umatur | kakang mangke kadospundi | lah mara andika yèn mêdal |[59] manawa na ngudanèni | dados punapa kawula | deni raka prabu benjing ||
14. kakunge aris amuwus | andika sun gawa benjing | barêng mati lan pun kakang | poma aja pisah gusti | sampun walangati marga | Allah ingkang tuduh margi ||
15. ingsun takon kang satuhu | warahên dipun sayêkti | ngêndi parnahe sang nata | paman prabu Pulo Rukmin | [...] |[60] mung iku kang sun ulati ||
16. kèndêl dangu tan amuwus | sang dyah kèmêngan ing ati | yèn angucapa ing nala | kaparipèn saur mami | arêp ora ingsun warah | mênawa wong iki runtik ||
17. dadya sang putri ananggung | matur yèn botên udani | kawula têmbe miyarsa | uninga têmbene mangkin | Selarasa wuwusira | gusti aja dèn alingi [a...]
--- [f. 119r] ---
[...lingi] ||
18. bok ing apa ta wong ayu | wêkcaa sun têtakoni | ingsun êmoh maring sira | satêmêne iku yayi | bok ing apa tuping lêmah | pêpoyana dèn sayêkti ||
19. lah ta mara jiwaningsun | aja sok mindêl ta gusti | sang putri aris wêcana | inggih kakang mangke ugi | nanging ana jangji kula | sami pasêk sarêng lalis ||
20. lan kawula nêdha tuduh | ing tingal jatining pati | kaping kalihe kawula | kapengin katiban ing sih | sarate nganti ing karsa | kakunge ngandika arisa |[61]|
21. sarwi angaras pambayun | adhuh jiwaningsun gusti | dèn sabar uga dunungan | pan măngsa wurunga panggih | apulang arsa lan sira | anggêb[62] langse tapta wilis ||
17. Sinom
1. dhuh gustiningsun kusuma | tan wande dika pulang sih | warahên dhingin dunungan | gène Ratu Pulo Rukmin | sang dyah megos bêbalik | mingsêr sarya amuwus |[63] jêjalukan andika | sok malaku dèn turuti | tandhane ta sih andika dèrèng tiba ||
2. Selarasa amiyasa | dhatêng wuwuse sang putri | cinandhak kêkêmbênira | ngaras sarya muwus aris | mas ayu [a...]
--- [f. 119v] ---
[...yu] aja runtik | kawulane nulya lêsu | dèn bêndoni sadhela | lah madhêpa gusti dhingin | pan sang putri mingsêr adoh sarya nyêngkah ||
3. sumungkêm Ki Selarasa | ing pangkonira sang putri | tur sarya angaras madya | sêtyanana ingsun gusti | yèn ingsun cidra benjing | tuwêkên isun lan dhuwung | katur curiganiwang | sarya ngaras wanti-wanti | dyan jiniwit nyêthot tur sarya amular ||
4. ingkang ngintip kawarnaa | ni êmban kang anèng jawi | ing lêlase[64] manggung dagan | wruh sapolahe sarêsmi | ni êmban dènnya ngintip | cêngêng dènira andulu | salaminingsun gêsang | durung tumon wong sarêsmi | têgane ta luwih têmên sang manusa ||
5. adhuh kaparimèn baya | kang awak mangkene iki | kang ati perat-peratan | gumêtêr kêpyar kang ati | kang awak têka gigis[65] | sarwa-sarwi ting karêdhut | angucap tan kawêdal | apa mulaningsun iki | kêkêmbêne malah lumungsur priyăngga ||
6. tapihe akuthetheran | kêkêtêg rêngntag[66] ing ati | karingête suraweyan | tambuh-tambuh polahnèki | sok kulathah-kulithih | tan adangu nulya mundur | rumakang[67] mêtu jaba | jroning atiningsun iki |
--- [f. 120r] ---
kapan baya ingsun olèha manusa ||
7. daulate gustiningwang | olih manusa asêkti | pakolihing tarak brăngta | panêdhane siyang latri | mêngko tinêkan aglis | alaki manusa luhung | sun uga milu tarak | durung kaduluran laki | tan antara ana kucing anarajang ||
8. kuci[68] narajang sing wuntat | ni êmban kagèt kapati | kucing dèn sênggih manusa | saparane dèn tututi | ni êmban sira angling | ing pundi kakang dinungnung | andika ngajak lunga | ingsun dèn gawa mring ngêndi | kucing ipang[69] ni êmba[70] nulya lêlewa ||
9. kaya wong kasêsurupan | cênthok-cênthok wangsul malih | dhuh têka dhêmên tumingal | ingsun ing polahing jalmi | lir pendah madu gêndhis | atiningsun têka kenyut | nulya mêndhak ing dagan | waspada dènnya ningali | Selarasa ngandika ing sang lir sêkar ||
10. angrangkul nulya angucap | pinondhong binêktèng singgih[71] | kang rema ingêlus tinrap | sêsinome inglus malih | tur sarya dèn arasi | ingusap karingêtipun | ing pangkon sang dyah nendra | pan sampun kapranan ing sih | kakung angling tur sarya angaras madya ||
11. jawining lêlangse tapta | ni
--- [f. 120v] ---
êmban dènnya angintip | karagên mêtu ing jaba | tambuh-tambuh polahnèki | kang wulu ting pangkirig | anèng jonggan[72] alimpuruk | tangane gurayangan | nêmu gamparan sumandhing | cukekekan sêsiwo lawan gamparan ||
12. tan adangu Selarasa | aris anagih prajangji | Rêtna Parênyuh wus wakca | gèning Ratu Pulo Rukmin | nanging sang dyah bêbisik | Selarasa aris muwus | yèn mangkono dunungan | tuduhêna ingsun gusti | tan kapanggih yèn nora barêng lan sira ||
13. yèn nora anuduhêna | nora wêlas dhatêng mami | Rêtna Parênyuh tur sêmbah | dawêg kakang dipun aglis | nanging dèn ngati-ati | wong roro sami tumurun | sing pagulinganira | kakunge tansah ing wuri | sira êmban akerog mêtu i latar ||
14. Rêtna Parênyuh angucap | kakang ênggènipun dhêmit | pinêndhêm sajroning lêmah | sambi dèn kunjora wêsi | ing adhêpe sang aji | mungguh ing jogan kawêngku | yèn kakang prabu dhahar | sinungan kêkucah amis | kinêmonan tinuruhan lawan wedang ||
15. yèn karuna
--- [f. 121r] ---
asêsambat | tansah angrêsakên ati | kakunge aris wacana | nêdha malêbêt ing puri | sang nata maksih guling | sang dyah sakalih malêbu | sampun prapta ing pura | sang dyah angrangkul bêbisik | sêsarêngan tinuduhakên kang raka ||
16. pranah punang kunjara |[73] Selarasa wus udani | sang dyah lingira wêcana | kakang kawula mit mulih | lêsu awak kapati | dèn kapakakên katèngsun | kakungira angaras | gusti muliha rumiyin | agulinga tan suwe pun kakang prapta ||
17. adan Selarasa bungkar | watu kinarya têtindhih | ing luwang kenging satunggal | nulya ingalapan malih | têtiga sampun kenging | tutuping luwang puniku | kasênênan ing pandam | ing luwang padhang kaaksi | katingalan lagi pitêkur sang nata ||
18. astane tinali raga | têtaline rante wêsi | sang nata tan kêna obah | amung yèn sidhakêp kenging | jroning kunjara wêsi | sikile rantene agung | awlas yèn tiningalan | sang nata ing Pulo Rukmin | sok tumungkul pujine tanpa pêgatan ||
19. angrês tyase Selarasa | kadya ginasong kang galih | mèh tumètès ingkang waspa | Selarasa linging ati | ala têmên sang aji | angur patènana dangu | sumadi dèn lêlara | wong atuwaningsun [atuwaningsu...]
--- [f. 121v] ---
[...n] iki | dawêg paman paduka kawula bêkta ||
20. malêbêt sajroning luwang | Ki Selarasa tumuli | kunjara wêsi binêkta | jinungjung sampun tininggil | sampun binêktèng jawi | Raja Palmin kagèt jumbul | angucap jroning nala | sun dèn kapakakên iki | kunjarane dalu-dalu dèn agawa ||
21. dèn sèlèhakên ing latar | kunjara kasunon sasi | awor lan padhanging pandam | Selarasa aningali | yèn mangke Raja Palmin | saya tan kêna andulu | kalingan dening waspa | socane abuh abintit | Selarasa muwus saha èsmu waspa ||
22. sampun maras manah tuwan | paman Prabu Pulo Rukmin | pan kawula putra tuwan | rèhing paman tulung pati | lah paduka tingali | Raja Palmin kagèt jumbul | sapa sira manusa | atawa ta sira êjin | angur isun baya patènana pisan ||
23. dangu imbalan wacana | kasusu Nurjaman prapti | pan midêr apailaran | kang raka dèrèng kapanggih | malah wangsul ing puri | Ki Selarasa kadulu | dawêg wontên ing latar | ngadhêp ing kunjara wêsi | gupuh sira rinangkul Ki Selarasa ||
24. gusti anake si bapa | si[74] ngêndi gène kêpanggih | ramanira iku nyawa | ingsun wis midêr ngulati [ngu...]
--- [f. 122r] ---
[...lati] | Nurjaman nêmbah aris | dhatêng kang raka puniku | sajawining kunjora | raka kawula ngulari | kapiyarsa dening Raja Palmin ika ||
25. wontên syaraning kang wăngsa | Patih Nurjaman kang prapti | lêsu tyasira sang nata | Nurjaman amuwus aris | Ki Selarasa gusti | payo dèn gancang lumayu | ingsun mikul kunjara | Selarasa nêmbah aris | dawêg paman raka paduka binêkta ||
26. dèn usap punang kunjara | dening Selarasa dadi | lêbur atêmahan tirta | rantene tan ana kari | wus binopong sang aji | dening Kya Nurjaman wau | lah bagus padha lunga | bok tangi si êjin kapir | Selarasa matur paduka dèn egal ||
27. kawula pan wontên karya | kang kantos amung sathithik | Patih Nurjaman ngandika | lah iya ta aja lami | poma dèn ngati-ati | Patih Nurjaman wus matur | kan[75] Ki Selarasa |[76] gugoning manah arsa mrih | ing sang nata pinupuhan têmbang durma ||
18. Durma
1. adan kesah Selarasa pranahira | sang nata maksih guling | eca dènnya nedra[77] | ngorok agêluran |[78] sang nata cinandhak aglis | rinangkul sira | dening prawirèng jurit ||
2. sukunipun binalêgu[79] karo pisan | cinukur rambutnèki | sang nata dhinupak [dhinupa...]
--- [f. 122v] ---
[...k] | malah kagingsir nungsang | prandene maksih aguling | Ki Selarasa | asru dènira angling ||
3. lanat kapir kulèhe balubu sira | sinèrèd sira aglis | tinibakkên wisma | sinèrèd winêlakar | tinangi sêsirêpnèki | de Selarasa | sang nata nulya lilir ||
4. asru nyêntak Selarasa wuwusira | samanusane iki | têka wani sira | ya isun Sarirasa[80] | putra saking Pulo Rukmin | ya ramaningwang | sira lêlara iki ||
5. ingsun iki manusa têka ing Cêmpa | putrane Raja Palmin | sun marene iya | arsa malês ukuman | saukume rama mami | sang nata mirsa | bêndunira tan sipi ||
6. raja manusa apa sira go bănda | mring ingsun tan ngegati[81] | wêsi tan tumama | sakèhe tan krasa |[82] sumaur prawirèng jurit | têka rosaa | coba mêgota aglis ||
7. srêngên wau sang nata mring Selarasa | nora pêgot kang tali | nora mosik sira | ginora wuwuha |[83] ningsêti lan sabuknèki | sun ringkus sira | sang nata tiba siti ||
8. pan sang nata mojar tung[84] sarwi asya |[85] angur ta
--- [f. 123r] ---
ingsun iki | patènana pisan | dudu wong bêcik sira | têka amrih ing asilib | ing laraningwang | Selarasa mangkya ling ||
9. sira iki sang nata bisa micara | kaya idhêping kirik | yèn sira matènana |[86] rama sun walês uga | dening ta sira iki |[87] saking sun marma | mila sun tan patèni ||
10. wus cinandhak sinepak ingundha-undha | wus sirèrèd sang aji | nulya Selarasa | ningali sumur ămba | jêrone tri dasa nênggih | mêngkana sira | iki parmaning Widi ||
11. hèh sang nata sun walês ukum ring sira | iki na sumur maning | mangko ta rasakna | sang nata ajrit[88] sira | angur patènana mami | ja wèhi lara | Selarasa muwus aris |[89]|
12. ya mangkene sang nata ing ukumira | wus lêbokakên nuli | sang nata balungbang[90] | ngurugan lawan kisma | tinindhihan lawan sela brit |[91] Ki Selarasa | malêbêt dalêm puri ||
13. sang suputri sampun ta sami siyaga | arsa tumut ing laki | mangkana Selarasa |[92] sapraptane ing pura | sang putri kapanggih linggih | sang ratu mengos |[93] kang raka dèn sungkêmi ||
14. rêtna dèwi matur sarwi karuna |[94] sambate amlasasih [amlasa...]
--- [f. 123v] ---
[...sih] | dhatêng ingkang raka | adhuh laki kawula | dawêg kesah saking ngriki | kawula kakang | bêktanên sungkan kari ||
15. dipun egal kakangbok kaburu siyang | wus sumirat kang radi[95] | Selarasa nêbda | dhuh gusti ariningwang | lah dandana nimas gusti | lan sira êmban | uwarana dèn gêlis ||
16. sakèh ngêjin padha mawia sanjata | nyênyinggahêna mangkin | warahên yèn ingwang | arsa lunga cangkraman | sang putri ajrit kapati | dumèh punapa | nguwari sakèh ngêjin ||
17. yan tan wruha paduka kang wontên jaba | kawula dèn karsani | sami alêlamar | para ratu jin kopar | nênggih salawe nêgari | wontên ing jaba | nangi[96] kula tan apti ||
18. pirang-pirang taun padha asawita | mring raka sri bupati | ana kang rêruba | ngalahakên nêgara | sakabèh prakosa jurit | lamun tangia | kakang ta kadospundi ||
19. Selarasa mèsêm tur sarya angucap | sampun maras mas yayi | pan sêdya kawula | pangantèn uningaa | ing gêlare jin kapir |[97] amatah êmban | anêmbanga têngari ||
20. sira êmban sigra-sigra lamampahira |[98] munggèng mangutur[99] nuli | anêmbang [anê...]
--- [f. 124r] ---
[...mbang] têngara | kêndhang gong asauran | myang sakathahing bupati | atakèn warta | wiyose kang têngari ||
21. sira êmban asru dènira wêcana | wruhanira ta mangkin | mangko anggèr sira | arsa kesah cangkrama | ing samodra karsanèki | nyênyinggahêna | kumrab sakathahing jin ||
22. pan gumuruh syarane kang sêsigahan[100] | sakèhe kang jin kapir | wus prapta samodra | kang dadi cucuk ngarsa | cucuk buri maksih linggih | pangawat kanan | ana ngapit ing kèri ||
23. tan wruh adating êjin yèn alêlampah | kala ngiring sang putri | wangêne dohira | sapandêlêng ing kanan | sapandêlêng saking kèri | Ki Selarasa | kêkanthèn lan sang putri ||
24. sampun prapta sami angambah samodra | sakathahe kang êjin | salawe nêgara | êjin ingkang sawita | sêdaya sami angiring | padha rak-rakan | lir paksi krêndha langit ||
25. watêking jin bisa ngambah ing sêgara | tan mawi palwa malih | lir ngambah nèng lêmah | Selarasa mêngkana | pan antuk têrahing êjin | sinung rasukan | ăntakusuma nênggih ||
26. marmanipun bisa ngambah ing
--- [f. 124v] ---
sêgara | warnanên kang angiring | ratuning jin kopar | wasta Raja Tokerah | lawan Sang Raja Kowari | kêkalih sanak | kang nyawitani putri ||
27. ingkang dadi cucuking pangawat kanan | Raja Kowari angling | hèh yayi Kowara | mandhêga ta sadhela | aku arêp takon dhingin | apa mulanya | raka Madhêngdha iki ||
28. alêlungan nora kaya saban-saban | ing sira lan i mami | pan uwus parentah | kinon marigêlêna | iku sakathahing êjin | iki ta ora | aku dèn pitambuhi ||
29. Raja Kowara anauri wêcana | kula mangkatên malih | sasuwene raka | kula mulat muringah | gènipun raka aji |[101] ing Pulo Dhêngdha | botên wontên kaaksi ||
30. mapan agung aluhur sing ratu kathah | ana ing baris sisih | sing ngriki katingal | gumujêng angandika | saban kamirêng sing ngriki | puniki boya | punapa karanèki ||
31. angling Raja Kowari yayi mênawa | mung sang putri pribadi | tan sarêng kang raka | têka sun salah tămpa | lan mring ngêndi paranèki | lamun dhèwèka | mangke sang raja putri ||
32. lah lungaa mangke sira maring ngarsa | midêra saking kèri | tolèhên ing wuntat [wu...]
--- [f. 125r] ---
[...ntat] | wilmana tunggangana | ulatona kakang aji | inggih sandika | Kewara[102] sampun lari ||
33. Raja Kowari adan sira ngandika | ing êjin kang kapilih | hèh Balunge sira | manjinga ing jro toya | lah awasêna sang putri | sira dèn awas | lan parane mring ngêndi ||
34. nulya kesah pun Balunge ing jro toya | tan suwe nulya prapti | wau parnahira | sang dyah lumampah sira | asêsêpahan samargi | katiga êmban | Si Balunge wus balik ||
35. sampun prapta matur ing Raja Kowera | gusti wawangan pati | sang punika |[103] akundhangan manusa | warnane anom apêkik | kêkanthèn asta | samargi apulang sih ||
36. kasusulan praptane Raja Kowara | matur yèn akêpanggih | Sang Ratu Madhêngdha | Raja Kowari ngucap | netrane lir mêtu gêni | bêndu kalintang | akèn nêmbang têngari ||
37. lah kêpungên kandhangên si sato ewan | manusa ku ngêmbari | tontonên kewala | sarwi apêtak-pêtak | asumbar-sumbar nudingi | iya manusa | sapa aranmu anjing ||
38. anungkula sira lamun arêp gêsang [gê...]
--- [f. 125v] ---
[...sang] | asraha pati urip | ku Raja Kowara | panguluning jin kofar | pêpacangane sang putri | yèn tan nungkula | sira tan wurung mati ||
39. hèh manusa sapa aranmu ewan |[104] mangapa lu mancuri | jangan lari dhiya | nanti lu tau rasa | sama kurang laki-laki | Ki Selarasa | ragab dènnya nauri ||
40. acawisa sagênahe kapir lanat | pan nora sun singgahi | sakèhe jin kopar | kabèh barêng tumandang | prandene mungsuh wong siji | warêg ta sira | amrih ing pati mami ||
41. sang dyah ayu agubêl dhatêng kang raka | punapa dika iki | tan yogwa[105] sinawang | ratu punika wignya | tan wontên tandhinge nèki | lahêng ta kakang | sami lumajêng aglis ||
42. saking wingi punapa atur kawula | lahêng malajêng sami | dados damêl mala | kakungira anabda | dhuh mas mirah jiwa mami | têka mindêla | sampun maras ing ati ||
43. ora mati ingsun dening kapir lanat | yèn dèn rêksa Sang Widi | balik sira mirah | dèn têbah singidana | lawan êmban aja kari | Raja Kowara | prapta sarya nudingi ||
44. dening sundêl têmên wong sira manusa | tan ilok duwe isin | têka
--- [f. 126r] ---
bung-ambungan | ana ing ngarsaningwang | anulya giwar sang putri | kantun priyangga | sang nata marêpêki ||
45. nulya nitir Selarasa pinêdhangan | nanging datan wigati | pêdhang têmah tirta | kantun gagang kewala | binirat dening sang aji | angangkat gada | sigra mupuh tumuli ||
46. Selarasa pinupuh dening sang nata | tinangkis lan camêthi | kaprawangsèng[106] têngah | gada sampun malêsat | sing asta tibèng jaladri | kêlêm kang gada | Raja Kowari wingwrin ||
47. Raja Kowari alon murcitèng nala | manusa iki sêkti | iya mangko sira | sok mangko kacêkêla | dening sun tan wurung mati | Ki Selarasa | pamuwusira aris ||
48. kêna ngapa lanat kapir sira gana | lah têka kêna maning | gêlarira yuda | ingsun maksih ananggap | saupahe sun têkani | bêndu kalintang | sang nata amarani ||
49. iya mêngko tahanana rosaningwang | payo banting-binanting | Ni Parênyuh mulat | maring Raja Kowara | yèn srêngênira tan sipi | ngagêm gandhewa | sira sang raja putri ||
50. karsanira amanah Raja Kowara | Rêtna [Rê...]
--- [f. 126v] ---
[...tna] Parênyuh mangkin | sikêp dènnya manah | kadya putri Campala | kang wasta putri Srikandhi | sigra lumêpas | sintik kang pasopati ||
51. wus cumundhuk ing gulune Sang Kowara | tugêl wus gumalinting | kambang ing samodra | Selarasa tumingal | ing mungsuhe wus ngêmasi | bêndu kalintang | sapa mau matèni ||
52. katingalan sang putri ngagêm gandhewa | bêndunira tan sipi | gupuh pinaranan | camêthi wus ingangkat | sang putri arsa ginitik | sang dyah wus mulat | lamun kang raka runtik ||
53. dan amapag sang putri nungkêmi pada | Selarasa mangkya ngling | iya sira baya | ingkang matèni lawan | ingsun ayuda atandhing | kaliwat ala | andhingini ing mami ||
54. aris matur Ni Rêtna Rênyuh tur sêmbah | kakang kawula inggih | kawula kang nyipat | gulune pun Kowara | tan marasa ingkang ati | mulat paduka | kakang botên kuwawi ||
55. inggih silih kakang abdi jêngandika | purun andhêdhingini | dawêg pêjahana | gusti wong dalêm dika | wong angapêsakên gusti | nanging yèn pêjah | sintên benjing mijêti ||
56. ing paduka benjing yèn wontên [wontê...]
--- [f. 127r] ---
[...n] ing wana | ngrowangi kawlasasih | Selarasa nulya | kadaut ing wacana | sang putri angalap ing sih | sigra ingêmban | adhuh kumala mami ||
57. sapa duwe rabi ayu tur atrisna | sêtya alêbur pati | tur sêkti karana | ya mirah sun apura | dosane sapisan iki | ping kalih aja | wus sumingkira maning ||
58. sampun mumbul sang putri dhatêng gêgana | Selarasa pribadi | sigra nguwuh lawan | hèh sato êjin kopar | dêlêngên gustimu mati | pan kapiyarsa | dening Raja Kowari ||
59. sigra prapta sarya ngikal-ngikal gada | tandangipun ngajrihi | ngêrik kadi yaksa | pan ujaring carita | angsale ratu ing nguni | turuning Raja | Samadunduk ing nguni ||
60. kang ambêdhah ing Ngajêrak lagya kuna | Ambyah kang amatèni | sabalanya têlas | pêjah wanèh malayya | milane awon ing bumi | sakwèh jin kopar | iku purwane dhingin ||
61. Raja Kowari sigra mupuh anggada | nanging datan wigati | gadanya dèn birat | nulya kuwêl kewala | ramene banting-binanting | dèn byok ing kathah | deneng[107] jin tumpang tindhih ||
62. tan katingal Selarasa wontên ngandhap | katindhihan dening jin | sang putri tumingal | tumètès ingkang waspa | arsa tulung [tu...]
--- [f. 127v] ---
[...lung] langkung ajrih | dhatêng kang raka | mapan sampun dèn wêling ||
63. Selarasa dhatêng dhasaring samodra | angsal padalan siti | tumulya ingangkat | lawan camêthi rêtna | dinêdêlakên tumuli | pating palêsat | kawur sakathahing jin ||
64. sampun sirna kawur sakwèh ngêjin kopar | tan wruh tibane iki | wau Selarasa | timbul sampun kumambang | sang putri nambut tumuli | binêkta wiyat | Selarasa ningali ||
65. yèn sang putri kabêktèng dhatêng gêgana | sigra ingaras aris | adhuh mirah ingwang | marmanira kalintang | ing dasih dèn sênggih mati | botên palastra | mêksih rinaksèng Widi ||
66. angandika sang putri lah dawêg kesah | sampun rêmbên ing margi | mêngsah sampun sirna | nanging ta maksih gêsang | Selarasa ngaras malih | dawêg kusuma | têmbangên dhandhanggêndhis ||
19. Dhandhanggula
1. adan sami ngambara sakalih | lampahira katiga kèn êmban | samargi-margi lampahe | akarêsmèn ing ênu | tan antara surup yyang rawi | punang mega katingal | kilèn angêndhanu | lir mapag suruping surya | sampun dalu tan kawarna kang lumaris | wuwusên sri nalendra ||
2. sampun prapta dhatêng Pulo Rukmin | sagunging bala sami kasukan | angluwari punagine |
--- [f. 128r] ---
dening gustine rawuh | sakyèh wăngsa pêpak anangkil | jalu èstri gabagan | samya atur-atur | wanèh lunga ing kêramat | atilawat sawanèh ana ngaturi | nopèng banjur lan wayang ||
3. wontên malih kawula lit-alit | angaturi nanggap wong mêmaca | arêmbug lawan panjake | kang nyuling manggut-manggut | kang angrêbab tumiling-tiling | suka asênggak-sêngg |[108] êgonge cumêngkung | gong pêpêndhil kinarya |[109] arantaban sawênèh ika nêmpahi | kaul gustine prapta ||
4. sapraptane enjing malah latri | sampun wayah mangke ringkêl jalma | maksih rame kasukane | Sang Raja Palmin sampun | aluwaran mantuk ing puri | para santana bubar | mung patih kang kantun | mring kadhaton lan Mas Putra | sapraptane ing pura rêkyana patih | tansah tinatakenan ||
5. ingsun yayi pan kadya angipi | ucul ingsun saking ing pusara | ika wong sapa arane | ingkang nguculi ingsun | ika pêsthi kari bilai | Patih Nurjaman nêmbah | inggih kakang prabu | kawula langkung sumêlang | dening maksih kantun têmahe tan kèsthi | punika putra tuwan ||
6. nuntên raka prabu an[110] uning |[111] gih punika putra saki[112] Cêmpa | raka paduka putrane | raka paduka [padu...]
--- [f. 128v] ---
[...ka] lampus | angêmasi atilar siwi | nênggih jalu sakawan | siji dadi ratu | kang têtiga alêlana | yèn punika putra paduka wuragil | wasta Ki Selarasa ||
7. sang nata kèndêl èngêt ing jro ati |[113] yèn kang raka adarbe putra |[114] kalangkung rêngka manahe | sadalu samya ngungun | rainane sinowan malih | enjing nêmbang têngara | karsane sang prabu | sumungsul mring Pulo Dhêngdha | angur ingsun matia aja bisuki | sumandi anak ingwang ||
8. payo lunga nusul yayi patih | yèn wêruha iyan[115] yèn mêngkana | ing wingi patuturane | ingsun tan awèh kantun | angur isun dèn rante maning | sumadi anak ingwang | yayi payo nusul | sun alampah lêbur centhang | patih nêmbah dawêg de mentar tumuli | prapta saking ngambara ||
9. wayah têngange dènira prapti | Selarasa sang nata tumingal | yèn kang putra prapta age | sing wiyati pan mudhun | kalih patih amêlajêngi | mapag ing putranira | wus sarêng rinangkul | dangu dènnya rêrangkulan | sang nata ngling payo gusti padha linggih | satata lan si paman ||
10. nulya sarêng mangke sami linggih | samya ngucap patih lan sang nata | sira aja [a...]
--- [f. 129r] ---
[...ja] têka age | si paman mèh sun susul | maring sira sêmang kang ati | mangko satêkanira | lêga atinisun | Selarasa atur sêmbah | inggih nuhun sang nata ningali èstri | sang nata aris tanya ||
11. ing wurinira ana pawèstri | kêkalih nyawa iku ta sapa | Selarasa ris ature | sadhèrèke sang prabu | ing Madhêngdha inggih puniki | marmi kawula bêkta | kêdah mêksa tumut | amasuk agama Islam | sêsinau kawula nyêlamkên jalmi | ajêng tumut kasihan ||
12. Raja Palmin angandika aris | wus pinasthi dadi kramanira | ni apêri wis jodhone | sira manusa luhung | sira Patih Nurjaman angling | nênggih putri punika | krama jin tanpayun | kêdah alaki manusa | malah brăngta raina kalawan wêngi | kawula amiyarsa ||
13. Sang Raja Palmin angacarani | nimas ayu linggiha satata | jajara lawan lakine | nuhun Rêtna Parênyuh | atur sêmbah dhatêng sang aji | pan ing ngandhap kewala | sih tuwan kasuwun | sang nata aling ing putra | jare wêdi ana ujar kang dèn apti | sira ngêcaranana ||
14. Selarasa anglirik kang rayi | dawêg rayi linggiha sing tata | sang dyah nêmbah
--- [f. 129v] ---
ing ramane | muwah ing kakungipun | nêmbah nulya satata linggih | rada kapèri[116] kiwa | sang nata amuwus | jroning nala tan kawêdal | bocah iki tiru eyang sun tingali | kinalulutan ing dyah ||
15. payo ta gusti manjinga puri | Selarasa rèrèna anendra | pan wis dalu ing wayahe | pan sirêping wong sampun | pan sinigêg datan kawarni | linggihe Selarasa | angsal pitung dalu | akasukan dalu siyang | sampun angsal pitung dina sira nuli | amarak ingkang rama ||
16. kalih lawan garwanirèki |[117] Raja Palmin ningali kang putra | mêndhêk kalih lan garwane | wus ingancaran lungguh | Selarasa mêndhak sung bêkti | paman amit kawula | mangke arsa mantuk | kula kangên dhatêng praja | Atasulu sang nata mênêng tan angling | langkung gêgêling manah ||
17. aris wêdali[118] wacana manis | anak ingsun tunggunên si paman | aja lunga saking kene | si paman durung tutug | atêtêmu lan sira gusti | durung jangkêp sawulan | sinanggraman ingsun | sira lunga ambil apa | sira gusti i kene sakarêp mukti | mapan nêgaranira ||
18. dhêdhak mêrange wong Pulo Rukmin | sun srahakên gusti maring
--- [f. 130r] ---
sira | pun rama mangke lumèngsèr | ingsun gusti dhêdhukuh | arinira lanang sawiji | sira andasihêna | iku wêkcanisun | kathah sabdane sang nata | ngarih-arih mring kang putra miwah patih | samya srah jiwa raga ||
19. Ki Mas Putra matur yèn ing benjing | botên wontên Ratu Pulo Dhêngdha | ngalurug mariki radèn | punapa polah ngulun | botên sande kawula mati | Selarasa ngandika | dening ta lah iku | yayi sira aja sêmang | pan ratune wus sun pêndhêm ing jro bumi | sabalane wus sirna ||
20. sun amuki yayi karo rabi | kakangira asikêp gandhewa | angamuki kapir kabèh | sira Rêtna Parênyuh | mèsêm sarya ajiwit ririh | paduka bisa dora | goroh raganipun | ki rayi sampun andêlan | tutur iku raka dika bisa gampil | tur dèn ipuk priyăngga ||
21. dhatênga ing samodra ajurit | sakèh kopar têlas ingamukan | dèn dêdêl lan camêthine | suka sakèh angrungu | Ki Mas Putra lan rama kalih | sami eca ing manah | baya anak ingsun | têgane sira prawira | tiru eyang mangkono [mangko...]
--- [f. 130v] ---
[...no] rama sawargi | duk ngalahakên kopar ||
22. iya gusti mula ya ing benjing | yèn wus tutug gusti sukanira | ingsun durung malês sihe | Selarasa umatur | pan kapundhi sihe rama ji | agung sêmang kawula | putra tuwan kantun | kawula tilar ing wana | Raja Palmin muwus si anduluri |[119] ing mangke karsanira ||
23. Selarasa matur ing kya patih | jêngandika paman ngatêrêna | kala ing dêdalane |[120] mangke paduka wangsul | yèn wus prapta Guwa Panitis | lah ta kawula paman | nêdha dika tulung | êjin ingkang sêsêliran | ge angraksa putra tuwan guwa benjing | sang nata angandika ||
24. iya gusti anggawaa êjin | ingkang bêcik badhe rewangira | mênawa na gawe gêdhe | gupuh awèha wêruh | ing si paman jin iku gêlis | lakune bisa ncang[121] |[122] yayi patih iku | age mara gangsingana | jin kang kaot patang puluh jaga kanthi | rewange anak ingwang ||
25. gêpah wau ki patih milihi | ing jin ingkang kapilih sadaya | Selarasa dan wuwuse | rama amit pukulun | garwanira pan nêmbah malih | gêpah tumulya mêdal | Selarasa ngrasuk | busana bajo makutha | sira patih wus [wu...]
--- [f. 131r] ---
[...s] angapahi[123] tèji |[124] katur dhatêng kang putra ||
26. sampun mangkat saki Pulo Rukmin | ingiring dening jin kawan dasa | langkung siji lan patihe | tan kawarna ing ênu | sampun prapta Guwa Panitis | tumurun sing ngambara | sira patih sampun | Si Karun ambuka lawang | tutupipun watu ingalapan aglis | wiwarasaning guwa ||
27. dan malêbêt Sa[125] Jayèngrêsmi |[126] kalih kang garwa katiga êmban | Patih Nurjaman lampahe | anèng jawi winangun | pakêmitan sela tumawing | li[127] gêdhong tiyang songa | êjin kang sapuluh | wangun gêdhoganing kuda | sambarani munggyèng jro guwa mijil |[128] pisan parnahing kuda ||
28. sampun palastha dangdaning jawi | Selarasa amit dhatêng garwa | arsa tinjo i wangsane | miyos ing jawi sampun | sira Patih Nurjaman angling | kadipundi Ki Putra | dika egal mêtu | tan lami ing jroning guwa | dawêgipun sami sinalinan gêndhing | pucung lah tandukêna ||
20. Pocung[129]
1. mapan agung sêmang kawula yèn emut | dhatêng putra tuwan | dawêg tuduhêna gèning | yèn kapanggih paman paduka wangsula ||
2. patih muwus mara gusti sun anjurung | maring karsanira | lan êjin iku
--- [f. 131v] ---
sêkabèh | lah karia dèn karaksa gustinira ||
3. sampun tutug wêwêling anulya mabur | sêsaat kewala | wus prapta dhatêng pranahe | wancinipun têngah dalu prapta wisma ||
4. nulya tumut kyana patih gih puniku | rupane kang desa | kang putra karo pranahe | ingkang montor bênêmane katingalan ||
5. Selarasa alon dènira amuwus | dawêg kyai paman | dika tilar ing kene |[130] dika mantu[131] ing Pulo Rukma dèn egal ||
6. sigra ngrangkul ki patih dhatêng kang sunu | iya ta lah nyawa | pun paman mantuk ing kene | dipun emut sadaya ing wêkasira ||
7. sampun mabur Patih Nurjaman ing wau | kantun Selarasa | angulati ing lawange | Selarasa saksana sira miyarsa ||
8. wong anangis sadalu nutug sadalu | mangke kawuwusa | Rumsari panangise |[132] saya dalu saya klara tangisira ||
9. sadhatênge pawonganira[133] kang tutur | kang aran Jumêna | kapalayu sing desane | tutur lamun Ki Lobaman kabêndana ||
10. ika mau dadi
--- [f. 132r] ---
tangise Rumsantun | asêsambat bapa | kaniayane anake | ingkang dadi wiwitane manggih bapa ||
11. kaparimèn iya yayi ramaningsun | wus nêmahi lara | saking sira kawitane | atêrêna ingsun yayi ing si rama ||
12. Selasyara wuwusira manis arum | adhuh sanak ingwang | kakang êmbok kula wite | botên bisa kula mirêng ing si paman ||
13. pan kalangkung karaos durakaningsun | ing paman Lobaman | dening larane dhirine | inggih dening kapondhokan ing kawula ||
14. malah dhatêng bêbênduning Yyang maring sun | sanak ingsun ilang | tan kantênan ing ilange | margi saking kula kèn ngulari toya ||
15. nulya ngrangkul Rumsari ing arinipun | asru akaruna | katiga lawan arine | Selagănda kalara dènnya karuna ||
16. biyang Sarpin paman Sarpin padha ngrungu | kagèt dènnya nendra | miyarsa ing tangis rame | gidro-gidro Ni Sarpin têngahing latar ||
17. apa ikang dèn tangisi dalu-dalu | ramane wong tuwa | matia sêdhêng kukupe | balik sira katêmua dadi apa ||
18. ayu anom [a...]
--- [f. 132v] ---
[...nom] lanange jatmika bagus | sadhêng[134] tumaruna | tangèh têka pamuktine | wus mênênga dèn angeman ing sarira ||
19. êmbok ana wong alasan kapaung |[135] lamun angrungua | wong anangis rame-rame | nora wurung dèn takoni tangisira ||
20. pasthi anaa wong siji wêruh |[136] pan timbal-tinimbal | warta siji dadi roro |[137] yèn katura linggihira dadi apa ||
21. ya ta uwis padha mênêng anak ingsun | idhêpên si biyang | ajaluk padha ngonggèr-onggèr |[138] iku kêtan i cêcêpon lan pususan ||
22. apa iku têka nangis dalu-dalu | wêwatêke lêpas | bêngi adoh parungune | baya lali anak ingsun yèn umpêtan ||
23. Ni Rumsari amiyarsa ing pitutur | pangekaning driya | bênêr si bibi ujare | tinutupan lathine ta arinira ||
24. uwis adhi aja nangis dalu-dalu | sirêp kang karuna | Selarasa têka dhèhèm | arum wuwus tur sarwi malampah lawang ||
25. bibi Sarpin angrungu wong jaluk pintu | kudhine dèn pasang | gupuh dannya[139] cawêt mengke[140] | bibi Sarpin anulya gawa garanggang ||
--- [f. 133r] ---
26. Selasyara gupuh tyasira angrungu | ana jaluk lawang | langkung marase atine | têka ngringkêl anèng longan wêwuntêlan ||
27. gêbyag pintu Selarasa aris muwus | hèh kang duwe swisma[141] | paman jênênge |[142] jaluk lawang manira asra têtanya ||
28. saya kukuh lawang dèn tindhihi lêsung | lan galêbêg bubar | dèn tindhihakên tampinge[143] | Bibi Sarpin gupuh amasangi borang ||
29. pênyanane iki kongkonaning ratu | wong sraya nêgara | ing buri gêgaman gêdhe | saya kukuh dèn tindhihi punang lawang ||
30. Selarasa anjaluk lawang tan antuk | ingidêri dhadhah | dhuwur kaliwat kandêle | wus binêdhol jêjênênge punang wang |[144]|
31. sinabêtkên ing kèri kananing pintu | wus pating palêsat | têtindhihe lawang kabèh | Selarasa wus manjing ana ing latar ||
32. sarwa muwus êndi ta ênggone mau | ingkang akaruna | ing umah iki abane | saya sirêp tan ana kang kapiyarsa ||
33. apan sarwi anusup ing longan lumbung | wau Ni Jumêna | têka nusup ing paranje | sêjanira umpêtan awor lan ayam ||
34. rame barung pêpêtoke punang sawung | ingampoh binalang |
--- [f. 133v] ---
ora suda saya rame | bubar pisan punang sawung rak-arakan ||
35. Selarasa wuwusira akaku |[145] atiningsun kakang | Selasyara ngêndi gone | kakang êmbok kalawan kang Selaganda ||
36. sakatiga amiyarsa wuwusipun | kang rayi mangkana | gugup katiga lampahe | samya mêdal ing jawi mêngani lawang ||
37. Ni Rumsari masang damar gupuh-gupuh | mêdal bêkta diyan | malajêng ing arine |[146] aningali murub muncar ing mastaka ||
38. gupuh wangsul kang raka katiga wau | Kai Sèlsyara[147] |[148] jumênêng i latar bae | Selarasa anungkêmi padanira ||
39. sarêng mêngkul Selasyara ngarinipun | rame akaruna | Bibi Sar[149] pamuwuse |[150] Bapa Sarpin marenea gawa damar ||
40. sauripun Ki Sarpin lah bêbathangmu | kang gawe gita |[151] latar dèn borangi kabèh | ingsun kêna borang ora kêna obah ||
41. saking dalu dalah sontên ka ing esuk | samya rêrangkulan | Selarasa lan wangsane | sampun awan Selarasa wus katingal ||
42. yèn kang rayi ngangge makutha bra murub | sêmu kagawokan | kang ningali ing warnane |
--- [f. 134r] ---
wus raina Selarasa pituturan ||
43. polahipun ing lêlana wus dèn tutur | mêngkana kang raka | tutur Lobaman polahe | malah-malah desa Mundhu wus dèn rusak ||
44. karsanipun Selarasa nganti waktu | ecaning petangan | Ki Lobaman dèn rêbute | nganti saat ing dina brăngta logawa ||
21. Asmaradana
1. kawarnaa ta ing mangkin | sigêgên kang anèng desa | Ki Selarasa lampahe | wuwusên sri nalendra |[152] ing Atasulu ika | sinowan wanci rong dhawuh | pêpak mantri lan punggawa ||
2. jaksa kalawan ki patih | amarêk wontên ing ngarsa | ingapit ulubalange | kalih atus kèri kanan | ingkang mungguh ing ngarsa | tumbak bêdhil lawan tulup | sinikêpan kolêm pêdhang ||
3. sira patih matur aris | pukulun kados punapa | gêgêbal tuwan sakabèh | prajaka kang kinunjara | sadaya tur prasêtya | yèn wontêna awonipun | awona dhatêng sang nata ||
4. mugia amanggih wèsthi | kenging tulahing brahala | miwah mantri tuwan kabèh | sugri kang darbe tanaya | pan tumigah[153] sadaya | ing awone pracalipun | nuhun pukulun sang nata ||
--- [f. 134v] ---
5. sri nalendra nulya ngling |[154] ing sira si kaya ngapa | wawanganira dugane | ujare Si Ujum ika | ingkang dadi waldaka | kêrgana wong akèh iku | ki apatih matur nêmbah ||
6. yèn ing wingi patik aji | angaruhuni ing karsa | dhatêng pun Ujum mêtakèn | kados karsa sri nalendra | pun Ujum Sidik ngucap | kang dados teja ing dangu | yaktosipun maksih gêsang ||
7. nanging tan wontên ing ngriki | ing bêbêthèk datan ana | purun-purun tinêtêg janggane |[155] yèn wontêna anèng pura | sang prabu angandika | mênawi kalorod iku | Si Lobaman kaya ngapa ||
8. umatur pun Bandu Patih | pukulun yèn pun Lobaman | mangke dados pamopone | tan purun angularana | kandhêg wontên ing pasar | dèn cêngkalak manggut-manggut | cangkêmipun dhikir jahar ||
9. dening têdhanipun mukti | pun Lobaman wontên pasar | dados pakaulaning wong | juwadah kang warna-warna | singa laris dodolan | dhatêng pun Lobaman asung | dagangane muwah arta ||
10. sang nata bêndu tan sipi | iya patih undhangêna | pacuwan aja na awèh | mangan lawan pêpanganan | lan kajiman iwang |[156]
--- [f. 135r] ---
yèn wus kon lalang puniku | Si Lobaman konên mintar ||
11. bari sabêtana sami | kêmadhuh latêng brama |[157] kyana patih nêmbah alon | tinimbalakên wêktunya | kajinêman wus mintar | sang nata sigra amuwus | kang patih sira dangdana ||
12. wowotana jong pêdhati | kapal kèci lan pragota | êmas intên lan reyale | anakira ratu rara | mangko uwus diwasa | ingsun arsa lamar kakung | putrane sang natèng Ngêsam ||
13. iku kasuhur yèn pêkik | kakang patih anakira | têka mancira karêpe | anjaluk laki wong Sêlam | ingsun arêp kongkonan | kang nglamar mring Ngêsam iku | kang prayoga kang sun kona ||
14. pacuwan tan mintar benjing | kang patih kongkonanira | dèn samakta lan sarate | kyana patih atur sêmbah | sampunira ngandika | sang nata anulya kondur | luwaran mantuk i pura ||
15. sigêgên datan kawarni | kang lagya mamot barana | wuwusên ika lampahe | Ki Lobaman anèng pasar | mêntas salat aloka | dèn cêngkalak astanipun | prandene tan pêgat salat ||
16. pasar tumawon [tumawo...]
--- [f. 135v] ---
[...n] sêdhênging | akèh lunga akèh têka | iki Lobaman ampire | anjaluk donga barêkah | saure insa Allah | picis wus sagajah turu | lawan sakèhing juwadah ||
17. sing pawangdaling[158] wong sami | sakèh wong tiyang upaya | padha ing kono ampire | awèh banyu lan andulang | sêkul lawan juwadah | sakèhe ing picis sinung | wau dening Ki Lobaman ||
18. marêgi sakèh wong ngêlih | anyumbang sakèh pawadal | sakèhing kang padha mongsèl | padha sinungan sandhangan | sêmona Ki Lobaman | jinungjung kêramatipun | ibadat sami tilawat ||
19. marmane kêramat mijil | Ki Lobaman lakung[159] pasrah | ing lara lan sêlayane | mangkana ing pamrih ingwang | ingkang alara matia |[160] ingsun ingkang lumaku |[161] sok aja rare têtiga ||
20. ana dening sri bupati | bênêr ingkang nêrapêna | ing besuk pan wus ukume | pala gitik sun têmaha | iki sihing Yyang Sukma | kang tumêkèng awak ingsun | lah badan sira tuwuha ||
21. kasaru tumulya prapti | kajinêmane sang nata |
--- [f. 136r] ---
kadi taksaka tandange | prapta dhatêng Ki Lobaman | jinêjêg saking wuntat | lagi talas kajurumus | malah buncur kang wêdana ||
22. kajinêman asru angling | iku rasanên dènira | ku saèn kandhêg ing kene | pan sira kinèn ararah | marang ing anakira | têka katungkul amaju | alindhungan anèng pasar ||
23. aling rada èsmu tangis | kiyai lêrês andika | wong anglakoni pakon |[162] mapan ingsun wong duraka | murang niti ing praja | saking asru trisnaningsun | ing anak dadi tamara ||
24. kiyai jêjêkên maning | pan iki titahing Allah | tan kengang dadi sêmene | iya titahing Pangeran | ganjaraning wong salah | kajinêman srêngên asru | malih arsa anjêjêka ||
25. tumulya tiba kawalik | anglungsar wêdananira | malocot ilang kulite | sumingub ing paningalnya | ya ta wus rinarămpa | pan sampun binêkta mundur | sapalih wong kajinêman ||
26. angling anggawa gêgitik | karsane agitik ika | maring Ki Lobaman mangko | kajinêm asru mojar |[163] sira wong panêluhan | rewang setan rewang antu | bature ya kabêbayan [ka...]
--- [f. 136v] ---
[...bêbayan] ||
27. sarwi anggawa gêgitik | panggitike kuwat-kuwat | wus malêsat gêgitike | anibani rowangira | êndhasipun kang pêcah | kang sawiji malih mukul | gêgitikipun malêsat ||
28. nibani rowange malih | wong têtiga sami pêcah | pan wus padha kondur kabèh | wanèh tiba ing dêdalan | jêjêngkune nyulewah | pêpincangan kapalayu | nêmbah maring Ki Lobaman ||
29. marmane kadi puniki | Ki Lobaman langkung asrah | maring Yyang rêna pakone | pan kocapa dalêm Kuran | sakèh wong kang mêngkana | Allah Tangala angutus | maring malekat dènira ||
30. kêkalih angraksa wêngi | kêkalih angraksa rina | ing wong kang tutug pasrahe | ingkang malekat satunggal | tan kêna yèn pisaha | ngraksa siyang lan dalu |[164] ikang wong kaya Lobaman ||
31. marmane luput ginitik | tan kêna kinaniaya | malaikat kang tan awèh | angalangi păncabaya | iku yèn kapantangan | sakèhe kang sêngit ingsun | malekat kang batên suka ||
32. kunêng kang sêngitirèki | ing wong linyok [linyo...]
--- [f. 137r] ---
[...k] saprakara | lan kapindho wong dêdêngkèn | ujubriya lan somangah | mangkana Ki Lobaman | sêpi ing prakara iku | marmane rewang malekat ||
33. têka ing wêktu magêrib | parandene dèn cêngkalak | tan arsa buwang wêktune | saya sru pamujinira | Ki Lobaman asalat | ngadêg rukuk sujud lungguh | tangan maksih cinêngkalak ||
34. sampuning salat alinggih | dikir jahare pinudya | tan kawarnaa lampahe | Ki Lobaman kawarnaa | Jumêna kang angrarah | saking siyang malah dalu | angulati Ki Lobaman ||
35. karungu syarane tahlil | pinaranan wus waspada | Jumêna wus balik age | karsane ayun pajara | marang ing gustinira | tan wruh yèn anèng ing pungkur | Rumsari awas tumingal ||
36. ing ramane nandhang sakit | angrangkul nulya kantaka | anglungsar ana ing pangkon | Ki Lobaman tan uninga | dhatêng putrane ika | nibèng pangkon pinitambuh | Selasyara Selagănda ||
37. gupuh sami dèn uculi | cêngkalak wus ingulapan | Lobaman kagèt dêlênge | sapa iki
--- [f. 137v] ---
sira baya | pêtêng agurayangan | nguculi cêngkalak ingsun | kawruhan balai sira ||
38. Selasyara matur aris | kawula puniki paman | putra dika katigane | dene kang nèng pangkon dika | kangêmbok Ni Rumsêkar | Lobaman asru gêgêtun | tinêmbang maesa wiyat ||
22. Kinanthi
1. adhuh gusti anak ingsun | si bapa kaya wong ngipi | atêtêmu lawan sira | kang putra wus dèn raupi | ana banyu saking pinggan | punika kêkarèn bukti ||
2. Selasyara nèng gêgêlung | sarwi angandika aris | kakang êmbok alilira | banggi wontên kang udani | sang dyah alilir ta sira | tur sarwi anangis ririh ||
3. Lobaman amuwus arum | adhuh gusti anak mami | aja ana tangara |[165] dadi apa sira gusti | yèn kawruhana ta sira | lagi dèn ruruh sirèki ||
4. sang ratu akon angruruh | sagone katêmu gusti | adhinira sakatiga | ora wurung dèn patèni | ing benjang sumadi sira | angur si bapa labuhi ||
5. lara wis katêmu ingsun | mara cêngkalakên maning | mara gusti talènana | si bapa mangke tumuli | age lungaa [lunga...]
--- [f. 138r] ---
[...a] ta sira | kaburu ana wong prapti ||
6. Ki Selarasa amuwus | paran siningkiran malih | yèn wus titahing Yang Sukma | măngsa kêna dèn singkiri | sumingkir mring ngêndi paman | kawula dêdimèn mati ||
7. agêntèni mapan ingsun | mapan dêdimune[166] mami | sanak kawula sadaya | agêntèni paman sakit | angur mantuka ing wisma | sadaya aja na kari ||
8. kula paman arsa kantun | nêmoni sri narapati | kawula ayun uninga | ing karsane sri bupati | Lobaman asru tihgêpar | sêbute maring Yyang Widi ||
9. Lobaman asru amuwus | lagi apa sira gusti | arêp lêbu gêni sira | sakèh lara iku gusti | nadyan bêbalunga tosan | kulita têmbaga gusti ||
10. otota kawata masku | susuma[167] gêgala gusti | kuwat pira wong satunggal | mungsuh i wong sanêgari | bala sri naranata |[168] ora kêna dèn wilangi ||
11. iku dudu cinalathu | alik[169] lungaa dèn aglis | gusti bok kaburu ngawan | Selarasa anauri | kawula tan arsa kesah | sêdya kawula arsa ajurit |[170]|
12. pan wontên caritanipun | duk [du...]
--- [f. 138v] ---
[...k] kala Saleman Nabi | Ibrahim buk[171] kapawaka | gêni datan anggêsêngi | Ibrahim lagya rinêksa | dening Kang Amurbèng Jati ||
13. Selasyara wuwusipun | ingsun tuduhêna gusti | sakabèhe wuwusira | si kakang kapenging uning | ingsun arêp cacak-cacak | durung wruh rasaning jurit ||
14. sêsinau lampah kewuh | jajalên si kakang gusti | amrih si paman muliha | kangêmbok mantuk rumiyin | mangke ta dèn gêlis kakang | kawula pêjah ing riki ||
15. dipune pêjah ingsun |[172] mapan mulane ing nguni | andika amanggih baya | kawitan sing kula iki | dadi andika kakang |[173] dèn lêga rasaning ati ||
16. kawula lakoni iku | bêlokane sri bupati | Selagănda sira ngucap | yèn mangko andika iki | sampun luput juru basa | obal-abile ing titi ||
17. warêg dèn ukih ta ingsun | mindêl sang dyah miyarsèki | sawuwuse arinira | katiga murcitèng ati | kang manah kadi mangkana | lêgane ra tyasnèki |[174]|
18. Rumsari aris amuwus | ing rayi katiga sami | yayi sira dadi manah | ing rêrasaningsun uni | duk lagi anèng ing arga [ar...]
--- [f. 139r] ---
[...ga] | nuli padha dadi ati ||
19. nadyan mangke ingsun lumuh | sakti priyoga mami |[175] yayi ing pangrasaningwang | barêng mati barêng urip | tan sun têdha i Pangeran | mugi rinêksa ing Widi ||
20. lami pagunêman wau | Ki Lobaman lawan siwi | tan wruh yèn katur sang nata | Selarasa lamun prapti | anakipun Ki Lobaman | ing dalu ana ngawruhi ||
21. kyana patih ingkang ngutus | ambêkta dêdamêl aglis | wus kinêpung anèng pasar | têpung gêlang angidêri | samya anitihi kuda | satus jaraning dipati ||
22. sarêng raina kadulu | yèn gêgaman angidêri | Selarasa nulya ngucap | ing mangko ta uwis takdir | lah iya ki badan uga | sukur ta baya sirèki ||
23. ingkang raka sami gupuh | anicing[176] wastranirèki | maring ngayun Selasyara | pamuwusira aririh | lah yayi sira mundura | sira aja milu jurit ||
24. ingsun pan arsa ginau | ampingana bae sami | yayi aja milu yuda | sungkan yèn sira rewangi | yayi ingsun nora suka | wirang têmên ingsun iki ||
25. yayi sira uwus wêruh | atalang baya sirèki | anêmbah Ki Selarasa | raka dipun ngati-ati [ngati-...]
--- [f. 139v] ---
[...ati] | mênawi bok kabêndana | Lobaman angucap aris ||
26. Ki Lobaman ngucap asru | tur sarwi anèng ngarsèki | rasukan cinicing enggal | jubah wus dèn bêngkêt aglis | pun pan nila masalah |[177] mangko milu barêng mati ||
27. syaraning surak gumuruh | wus sami nyubani bêdhil | samya ngantosi parentah | patih angadêg ningali | sarya nudingi ing rowang | sarya ngling bêdhilên gêlis ||
28. anulya pinasang gupuh | bêdhile wus dèn sulêdi | tulupana lawan upas | sarêng tibaning jêmparing | surake kadi ampuhan | kêndhang gong munya lan bèri ||
29. kukus sundawa kumêlun | tanpa rêrungon kang baris | Ki Lobama nulya donga | nênêdha maring Yyang Widi | lan maca atining Surat | Naam sakèh êjin pêri ||
30. datan angênèni iku | sawangsane datan kêni | kalawan Nikèn Jumêna | luputing sênjata iki | kang masang bêdhil wêcana | kiyai kados punapi ||
31. bêdhil lan panah puniku | datan wontên miyatani | malah têlas punang obat | kya patih srêngên [srêngê...]
--- [f. 140r] ---
[...n] tan sipi | karane ta age mara | sakèhing tumbakirèki ||
32. mara ing ngarsa alaju | parnahing bêdhil dèn aglis | anulya sami tumandang | kyana patih wuwusnèki | saking kuda awêcana | mara tumbakana gêlis ||
33. Ki Lobaman ika wau | katingalan ing kyan patih | gitikana lawan tigar | baris sadaya nungkêbi | gumolong Ki Selasyara | mulat ing baris ngêbyuki ||
34. arsa lumaju sirèku | pan kemutan muruknèki[178] | kang rama Ki Selasyara | duk gêsang muruk jayèki | bumi ring winatêka |[179] dening Selasyara iki ||
35. Selasyara prayatnèku | pan arsa amatêk aji | adan sira samya ngrasa | wadyabala sadayèki | bumi miring agênjotan | pangkur têmbange gumanti ||
23. Pangkur
1. midêr panone wong kathah | pangrasane bumi kadya ginonjing | akèh padha gayuh-gayuh | ngulati gêgeyongan | lir ngidêran sadaya wong samya rubuh | tan ana wong kang ngadêga | tumbuk burak-barik sami ||
2. kyana patih sampun tiba | saking kuda gumalinting ing
--- [f. 140v] ---
siti | pangrasane langit rubuh | katindhihan ing jaran | kuthaweyan tangane anggayuh-gayuh | tan ana kang atulunga | pan sadaya angrasani ||
3. anulya surup yyang arka | sri bupati ing Atasulu prapti | sira patih apan sampun | tinangi ing wong kathah | wong kang prapta anyar pan salah pandulu | angêpung malih ing pasar | sang nata akèn ngambêngi ||
4. ki patih ngambêngi sira | anging sampun anggèr pinrih ing latri | rare punika kalangkung | sêkti kadya jawata | mênantêne sampeyan tiwas pukulun | mangke angantos raina | anurut sri narapati ||
5. tan kawarna latri sira | wus raina sang nata aningali | sing luhur liman kadulu | yèn rare sakatiga | sakalangkung warnanira bagus-bagus | saksana sang nata mulat | yèn ana pawèstri luwih ||
6. angling sira sri nalendra | kakang patih ika wong wadon êndi | warnane pan anom ayu | ki patih atur sêmbah | pun Lobaman punika kang darbe sunu | wontên kang jalu têtiga | punika ingkang nunggoni ||
7. sri naranata wêcana | yèn mêngkono patih dipun aririh | lanange bae dèn utus | padha
--- [f. 141r] ---
dèn tumbakana | aja wani parêk kalawan wong iku | bakale dunungan reyang | tunggul payung ingsun benjing ||
8. wêruha yèn duwe anak | Si Lobaman kaduwung sun larani | bakal mara tuwanisun | lah mara akalana | ing pisahe kalawan lanange ku |[180] age mara reyang êmban | adhuh gusti mirah mami ||
9. age kagêma dening wang | wêdanane ingkang asawang sasi | dêlorong sêmune kenyut | lah patih akalana | dipun egal wong ayu age sun pangku | sun êntroge pupuningwang | sun arase wanti-wanti ||
10. sira patih sigra mara | baris kilèn kang kinèn mara dhingin | kinèn mêlêk saking pungkur | èstrènipun pinisah | barêng mara Selagănda marang ngayun | sigra kang mara pinêdhang | tan kêna mara kang baris ||
11. wus tinari Ni Rumsêkar | dening Selagănda si êmbok iki | andika kumpul ing ngayun | dika arsa pinisah | Ni Rumsêkar Ki Lobaman sampun kumpul | wong Atasulun kèmêngan | dalah kasaput ing wêngi ||
12. rainane sri nalendra | mêntêk liman karsane angadhangi | amiyak barise ngayun | asru dènira ngucap | hèh wong Atasulun lah mundura [mundur...]
--- [f. 141v] ---
[...a] iku | mêngko kandhangên kewala | tontonên aku ngêmbari ||
13. diapti lurah kêbayan | angambêngi sami tapiniragi | pacuwan aja amilu | tongtonên bae reyang | sarya muwus hèh anu sapa aranmu | kêmbulana tandang iwang | yèn sira bosên aurip ||
14. sigra mangsah Selarasa | Selasyara mara arsa mêgati | kang rayi dinuk ing sêmu | mundur Ki Selarasa | Selasyara mangsah tur sarya amuwus | hèh sang ratu têkakêna | gêrdakanira ing mami ||
15. gumuyu suka sang nata | iya dhêmên aku wong tega pati | hèh gajah tujahên iku | idêk-idêkên pisan | punang liman narajang anujah sampun | Selasyara wus pinêlag | ing gadhing tan kêna osik ||
16. sigra Ni Rumsari mulat | dhatêng Selasyara sampun katitih | adan ningsêti sêsampur | mring ngarsa sarêng pêjah | wus pinandêng ing liman arsa sinambut | dening tutalening liman | ingundha tininggil-tinggil ||
17. sang nata ngucap ing liman | prènèkêna dokna ing pangkon mami | dupi si arsa sinambut | Rumsêkar de sang nata | saking liman Selarasa nulya mupuh | tiba ngarsane sang nata | wau sang camêthi rukmin [ru...]
--- [f. 142r] ---
[...kmin] ||
18. kagèt sang nata malêmpat | saking li[181] pangadhuhe kapati |[182] gigiring liman kapupuh | ing camêthi wus bêlah | tugêl palih kang liman wus anggaluntung | Ki Selarasa wus mara | amburu ing sri bupati ||
19. sang nata asambat lara | tanganira kasabêt ing camêthi | pêpêtê[183] sambi malayu | Selagănda narajang | mring sang nata anampiling saking pungkur | sabaline gêgancangan | ajrih mring kang raka iki ||
20. Selasyara bêndu sira | ikang rayi yèn liman sampun mati | Selarasa aris muwus | ing bêndune kang raka | ing pêjahe liman kawula datan wruh | Ki Lobaman sira ngucap | wis mênênga ayya runtik ||
21. mulane liman palastra | iya ingsun wau ingkang nulungi | kaburu maras ing kalbu | ningali maring para | nulya ingsun anêdha maring Yyang Agung | dumadakan katarima | mulane liman ngêmasi ||
22. mulane ingsun mangkana | aningali sira sun sênggih mati | dèn sêlagi liman wau | Selarasa wacana | ingkang raka bêjane ana pitulung- | ing Allah Hutangala |[184] nambani runtiking gusti ||
23. Selasyara amiyarsa | sampun mantun bêndu dhatêng kang rayi | mèsêm Selasyara muwus | yayi kapriyèn baya [ba...]
--- [f. 142v] ---
[...ya] | ing kanthine mungsuhira kathah rawuh | Selarasa aris nêmbah | raka sampun pindho kardi ||
24. kambêngan surup yyang arka | kawuwusa Selarasa gènnya jurit |[185] tigang dintên tigang dalu | wênginira saksana | sri nalendra mantuk ing kadhatonipun | nulya sare ngujur wastra | kêsmaran dhatêng Rumsari ||
25. sampun lepyan jiwa raga | bêndu wadyanira tan ana kèsthi | siyang dalu brăngta wuyung | tri dintên laminira | nênggih mangke gêgaman ikang angêpung | Patih Mangkurat nèng pasar | lan sakathahing bupati ||
26. kathah mantri kang kacurnan | kang kasêrêng pêjah atawa kanin | jroning pitung dina iku | Selarasa angucap | yèn mangkono akèh wonge ingkang lampus | wong cili pan milu apa | lan balane Islam sami ||
27. Selasyara angandika | kaparèyèn yayi dayane iki | pan saya akèh sun dulu | untabe wadyabala | Selarasa anêmbah angraup suku | paduka kantun sakêdhap | kula kesah wong kêkalih ||
28. kalayan kang Selagănda | mumpung sênggang mungsuh wau nungkêbi | Ki Selasyara amuwus [amu...]
--- [f. 143r] ---
[...wus] | yayi sakarêpira | sigra mangkat kang rayi sakalihipun | dening ta Ki Selagănda | agêgeyongan ing wuri ||
29. lakune kaliwat gancang | tan angambah siti dhatêng ing puri | wancine mèh têngah dalu | sampun prapta dalêman | Selarasa amatêk sêsirêp sampun | adan tinawuran lêmah | ya ta sirêp wong sapuri ||
30. Selarasa ris ngandika | raka Selagănda nêdha têtali | dawêg kinêpung sang prabu | ya ta wus tinalenan | cinangkal tangane sinèrèd sampun |[186] Selagănda wuwusira | yayi dialon bok tangi ||
31. sumaur Ki Selarasa | kang kêlakon puniki botên tangi | wontêna sawulan iku | yèn botên inguculan | sêsirêpe yèn sabêne ingkang sampun | ajêng kula bêktèng wona | paduka kantun ing riki ||
32. dika rêksa dalêm pura | botên dangu kawula nuntên bali | sang nata sampun jinungjung | tangan kiwa kewala | tan asuwe lêpas lampahe mring luhur | gêgêtun Ki Selagănda | dening kuwate kang rayi ||
33. mêngkana Ki Selarasa | mampir pasar dhatêng rêkyana patih | kapanggih lagya [la...]
--- [f. 143v] ---
[...gya] aturu | kinêpung sinaroja | pan kang kêmit sêdaya samya aturu | pan kêna sêsirêpira | lêleberan saking puri ||
34. Selarasa duk tumingal | iki patih sigra dipun talèni | dèn cêngkalak tanganipun | ginandhèng lan sang nata | pan cinangking asta kiwa nulya mabur | karsane binêktèng wana | sigêgên datan kawarni ||
35. wuwusên Ki Selagănda | karsanira midêr-midêr ing puri | sakèh pramèsyari turu | sêdaya winicalan | sinêratan sadaya padhêkanipun | sampun narêng sinêratan | Ki Selagănda alinggih ||
36. singgih anèng pagêlaran | pandamipun jaba jêro madhangi | samya murub ting palancur | padhang kade raina | Selagănda warnanira wuwuh bagus | lingsir dalu wayahira | sri nata anyar gumanti ||
24. Sinom
1. wontên sih malih kocapa | putrine sri narapati | ing Atasulu nêgara | dêdêge pan andhap alit | sêmunipun alungid | tan ana sasaminipun | dawêg sêdhênge krama | yusyane sawêlas warsi | jêjuluke Sang Putri Ragapuspita ||
2. sampun lami ambêbona | dhatêng ing ramanirèki | kêsmaran [kêsmara...]
--- [f. 144r] ---
[...n] dhatêng supêna | milane sri narapati | pan sêdya angulati | ing jodhone putranipun | abagus wijagsana[187] | tabari[188] kang têtêp ngèlmi | pan sang putri tansah sok brăngta angarang ||
3. sasampune prapta ika | kang kèmpi akèn agami | sang putri ataki lampah | sampun masup gama suci | pisah lan ramanèki | ing wisma mungguh bang kidul | lan padhêkan têtiga | sakatiga saking wukir | kang adarbe anak iku ing wong Eslam ||
4. milane tan kenging têbah | amêjangagên[189] ing ngèlmi | sang putri aris ngandika | isun wurukên ing ngèlmi | adus kèl puniki |[190] dus jinabad durung wêruh | padhêkan ngrangkul samya | adhuh gustiningsun nyai | têmên-têmên lêgane arsa agama ||
5. pun inya matur anêmbah | ing adus gangsal prakawis | ingkang yogya kinawruhan | kang rumuhun adus wajib | supaminipun ngimpi | utawi si lamun korud | mapan yogya dinusan | yèn wong èstri mawi laki | ing pawore sampune adus jinabad ||
6. lafale rumuhun akbar | nifas wiladah wastèki | tan kenging lamun botêna | pi[191] sakawan adus mayid | êmban anom nauri | pêksa limpad sira iku | wuruke ramaningwang | aja tukul[192] wong aurip |
--- [f. 144v] ---
angèl têmên pranatane wong agêsang ||
7. adus mungêna ing toya | mapan durung Islam singgih | tuwas atis dharodhogan | wus suci dinusan malih | pan ana kang tan suci | iya iku dening banyu | puniku takokêna | maring wong kang alul santri | apa maning takokêna wong utama ||
8. Ni Parunda aris ngucap | ingsun duk anom sadhihik | guru wong alul micara | ing Pakundhèn wismanèki | iku kang sun guroni | wuruke kang maring ingsun | aja kathik jinabad | ênggo apa ngrêrèbêdi | kêkepetan saprandene sugih anak ||
9. saumure yèn sahuwat | ora kathik adus malih | parandene olih anak | anake budhêg sawiji | kamalêkêrên dadi | ana cêngkal marak iku | angêdohi jinabad | tandhane anyêrang jangji | wong sêsuci dadi tiyang kang agama ||
10. Rêtna Puspita ngandika | ingsun wurukên ngabêkti | wurukên mêsalahe ta | gumuyu ni êmban sami | kongsi damare mati | kapiasêm dènnya ngrungu | adan Êmban Parunda | bêsêmane dèn damoni | netranira malah adrês mijil toya ||
11. Parunda kapoyuh pisan | saking guyune kapati | bêsêmane [bê...]
--- [f. 145r] ---
[...sêmane] kaundhuhan | gênine sakabèh mati | ni êmban asru angling | kaniaya sira iku | dening têka sikara | têka amatèni gêni | ciniwêlan duwene ni êmban ika ||
12. êmban tuwa suka-suka | tênigas cuwa kapesing | age lunga sing ngarêpan | sulêdên damar dèn gêlis | pijêr gumuyu iki | Ni Pangrundah nulya mêtu | sigra prapta ngajêngan | wontên pagêlaran aglis | tan adangu tumulya amasang diyan ||
13. sampuning amasang diyan | Ni Parunda nulya mijil | kagèt wau Ni Parunda | ningali kakung alinggih | baguse tanpa tandhing | Maruda malênglêng mangu | anjomblong dènnya mulat | Selagănda dèn tingali | tan kumêdhèp êmbannya nom nulya prapta ||
14. angegalakên Parunda | anguwuh agêlis-gêlis | êmbane nom wus tumingal | ing kakung bagus kapati | lumungsur sinjangnèki | dèn singsêti pan lumungsur | nulya binuwang pisan | tan ngangge sêsampur malih | êmban tuwa aris dènira atanya ||
15. ana apa ta ing sira | gawene ngagèt-agèti | ana ngêndi Si Parunda | êmban anom anauri | kakang de ngapa iki | wingi sore datan rawuh | kawula pan cêcadhang | botên darbe [dar...]
--- [f. 145v] ---
[...be] dosa mami | dèn dhèdhèli sinjang kula de punapa ||
16. kula kakang botên suka | tapih kula dèn dhèdhèli | yèn kula nêrak larangan | sampun tapih dèn wudani | dados botên têtapih | ulihêna sèwèt ingsun | tambuh polahanira | êmban tuwa miyarsa ngling | yèn si anom wau nyakar-nyakar lêmah ||
17. êmban sira lagi apa | tingkahe kaya wong baring | ratu dawêg sami kesah | ing riki kathah mêmêdi | dawêg gendhong mas gusti | ni êmban kaya wong wurung | pantês kandhuhan setan | kêna bêncananing êjin | êmban tua ambêkta Rêtna Puspita ||
18. sang putri binakta kesah | prapta ngarsane sang aji | ni êmban gupuh anêmbah | matur dhatêng sri bupati | pinajar polahnèki | êmban anom sampun katur | yèn sanès kang pangucap | wau kawula tingali | tingkahipun ni êmban kaya wong êdan ||
19. ni êmban andharodhogan | lungane alaku gigir | ni êmban jêdi[193] ing setan | tambuh polahe sirèki | sang putri sira angling | dèn gawa mring ngêndi tèngsun | mong măngsa borong kawula |[194] lumêbêt sajroning puri |
--- [f. 146r] ---
dèn sinèlèh ing pangkone Selagănda ||
20. arsa obah Selagănda | kalangkung manahe ajrih | ing pangudasmaranira | wong apa baya ta iki | apa iki wong gêring | wis gêdhe dèn gendhong iku | praptane kur-ungkuran | kaya na dèn kawêdèni | Selagănda astane angoling sang dyah ||
21. ni êmban ika tumingal | dèn sênggih sri narapati | amangku dhatêng kang putra | tan katingal warnanèki | kasaban wastra adi | kamanyangan maksih wungu | titip putra paduka | sang putri wêdos ing bêlis | pan ni êmban agancang kaya wong edan ||
22. èmêng-èmênging wardaya | sang putri amuwus aris | sampun dika pangku rama | kawula kalangkung isin | wus gêdhe kula iki | adat wiyang[195] Sêlam iku | putra kalayan rama | yèn sampun balèg tan kêni | pêpêdhêkan inggih rama botên kêna ||
23. Selagănda amiyarsa | sangsaya wuwuh ngapithing | karsane pinondhong pisan | binakta papraman[196] adi | kampuhe pan kawingkis | sang putri awas andulu | merang sajroning nala | sang putri murcitèng ati | saban kèmpi [kè...]
--- [f. 146v] ---
[...mpi] sang putri tan kêna glawat ||
24. kèmêngan ing manahira | sang putri wau dèn lingling | wau dening Selagănda | tumulya amuwus aris | sampun kagungan tampi | kawula ningkah wong agung | dhuh gusti mirah ingwang | angalaya angulati | ing supêna lêgane kapanggih uga ||
25. wong ayu kusuma dewa | egal ta sira kapanggih | gusti pinanggih kawula | benjing kawula angabdi | ing andika mas yayi | sun pusthi sun karya tunggul | lah mara ngandikaa | aja wèt mindêl ta gusti | dhuh kusuma sapanên kawula dika ||
26. dhuh gusti kusuma dewa | dunungan gon ingsun ngabdi | kawulanira mas mirah | sumarah ing dhêngdha pati | yèn tan sudi amipil | ing mangke ta atur ingsun | anêdha pangapura | rèhing dasih kumawani | pan samangke punapa karsa sang rêtna ||
27. jaba sajroning papraman | rêngih-rêngih lah yèn angling | dhuh mas mirah ngandikaa | tarimanên ingsun gusti | kawula sêdya dasih | lumiringa jiwanisun | sang dyah mèsêm ngujiwat | kang alis kincang sasisih | sarya nawang gêbyare wadya lir kilat ||
28. Rêtna Puspita wêcana | yèn andika tulus asih | ligiha [ligi...]
--- [f. 147r] ---
[...ha] kakang sadhela | kula ubaya samangkin | aja cidra ing jangji | Selagănda aris muwus | dhatêng rêtna juwita | dhuh mas mirah kusuma di | pan sumăngga yèn cidra dèn sêtyanana ||
29. sigêgên datan kawarna | Selarasa nèng jro puri | kalih kalayan kang raka | Selasyara lan Rumsari | Lobaman tansah wuri | lungguh mêndhapa kidul |[197] dènnya ligih Lobaman | pan anganti wêktu mangkin | wus raina wanci subuh asêmbahyang ||
30. sasampune asêmbayang | tumulya sami amuji | asukuran donganira | rêna titahing Yyang Widi | lan safangating nabi | enjing Selasyara lungguh | kalayan Ki Lobaman | kang rayi ngandhap alinggih | lan Rumsêkar samya nêmbang dhadhanggula[198] ||
| 1 | Nurjaman (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.1.1). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: kakang isun kang Raja. Bandingkan: kakang ingsun Sang Nata (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.1.6). (kembali) |
| 3 | Biasanya guru lagu e/o: mangke. Bandingkan: kabèh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.2.3). (kembali) |
| 4 | sèrèd (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.2.6). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn miyosakên ing Mas Putra gusti (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.2.9). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kadya gêrah tangising êjin lir prêri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.3.9). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: yèn mungêna anuruti basa takdir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.5.9). (kembali) |
| 8 | rêmbug. (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing ngèlmu mangaripat (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.7.6). (kembali) |
| 10 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan arinira kene (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.8.3). (kembali) |
| 11 | mintar (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.17.1). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata: iki dowa lah watêkkên gusti. Bandingkan: ênyak iki wacanên tumuli (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.19.1). (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: maring lambene jaran (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.19.10). (kembali) |
| 14 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angantia gêbyare kang kilat (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.20.2). (kembali) |
| 15 | besuk (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.23.7). (kembali) |
| 16 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Patih Nurjaman muwus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.25.4). (kembali) |
| 17 | ngungkuli. (kembali) |
| 18 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sigra mabur wus angukuli jêladri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.29.9). (kembali) |
| 19 | patih. Bandingkan: pêpatih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.29.10). (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang jaga alanglang nêgara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.31.2). (kembali) |
| 21 | langlangane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 14.33.9). (kembali) |
| 22 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dipun dhupak malah gingsir miring (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.6.1). (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pamanira iki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.6.5). (kembali) |
| 24 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya gusti yèn sira tan uning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.10.4). (kembali) |
| 25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: teka kerut tanbuh ing rasane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.20.3). (kembali) |
| 26 | mirah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.21.3). (kembali) |
| 27 | grana. (kembali) |
| 28 | Kurang satu suku kata: jaiting netra grana arungih. Bandingkan: manggis karêngat gêsêng kang lathi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.22.4). (kembali) |
| 29 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ulês gadhung ijo pan kawingkis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.23.1). (kembali) |
| 30 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan dêrana ingkang wau kapti (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.25.1). (kembali) |
| 31 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglir kilang wau ing wuwusing [wuwuse] (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.26.3). (kembali) |
| 32 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah tuwêkên nimas kula anggèr (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.27.3). (kembali) |
| 33 | jroning guling (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.29.1). (kembali) |
| 34 | alis. (kembali) |
| 35 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: asta kiwa anguling janggane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.31.3). (kembali) |
| 36 | kagèt. (kembali) |
| 37 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan sang putri kagya [kagyat] nulya nglilir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.32.1). (kembali) |
| 38 | alinggih. Bandingkan: linggih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 15.34.1). (kembali) |
| 39 | andika. (kembali) |
| 40 | kangsrah. (kembali) |
| 41 | Kurang satu suku kata: remane wong luwih ayu. (kembali) |
| 42 | pinotong. (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata: sang dyah ayu amèsêm sarêng andulu. (kembali) |
| 44 | Kurang satu suku kata: kaprabawan manahira sang dyah epyuh. (kembali) |
| 45 | Parênyuh. (kembali) |
| 46 | amimiti. (kembali) |
| 47 | Kurang satu suku kata: andika kang amimiti. (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata: arsa paran sang aputri. (kembali) |
| 49 | Kurang satu suku kata: wong bagus andika iki. (kembali) |
| 50 | Kurang satu suku kata: Selarasa mingsêr anulya amuwus. (kembali) |
| 51 | Kurang satu suku kata: ingsun tan arsa mêngkono. (kembali) |
| 52 | Kurang satu gatra ke-3 (8u). (kembali) |
| 53 | Kurang satu gatra ke-4 (8i). (kembali) |
| 54 | Kurang satu suku kata: apa mulanira mênêng tanpa muwus. (kembali) |
| 55 | Biasanya guru lagu i: mangkin. (kembali) |
| 56 | Kurang tiga suku kata: lawan kula nut sakapti. (kembali) |
| 57 | Kurang satu suku kata: pranatane uwong Islam. (kembali) |
| 58 | tuwin. (kembali) |
| 59 | Lebih satu suku kata: lah mara andika mêdal. (kembali) |
| 60 | Kurang satu gatra ke-5 (8a). (kembali) |
| 61 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: kakunge ngandika aris. (kembali) |
| 62 | tangkêb. (kembali) |
| 63 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mingsêr tur sarya amuwus (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.1.6). (kembali) |
| 64 | lêlangse (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.4.3). (kembali) |
| 65 | gigil (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.5.5). (kembali) |
| 66 | rêntag. Bandingkan: rêntak (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.6.4). (kembali) |
| 67 | rumangkang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.6.7). (kembali) |
| 68 | kucing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.8.1). (kembali) |
| 69 | irêng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.8.9). (kembali) |
| 70 | êmban (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.8.9). (kembali) |
| 71 | linggih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.10.2). (kembali) |
| 72 | jogan. Bandingkan: jogane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.11.6). (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pêrnahing punang kênjara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.16.1). (kembali) |
| 74 | sing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.24.2). (kembali) |
| 75 | kantun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.27.7). (kembali) |
| 76 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kantun Ki Selarasa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 17.27.7). (kembali) |
| 77 | nendra. (kembali) |
| 78 | Kurang satu suku kata: angorok agêluran. (kembali) |
| 79 | binalênggu. (kembali) |
| 80 | Selarasa. (kembali) |
| 81 | nginggati. (kembali) |
| 82 | Kurang satu suku kata: sakèhe tan karasa. (kembali) |
| 83 | Kurang satu suku kata: ginora awuwuha. (kembali) |
| 84 | tur. (kembali) |
| 85 | Kurang satu suku kata: pan sang nata mojar tur sarwi asyara. (kembali) |
| 86 | Lebih satu suku kata: yèn amatènana. (kembali) |
| 87 | Kurang satu suku kata: dening ta sira ta iki. (kembali) |
| 88 | anjrit (dan di tempat lain). (kembali) |
| 89 | Lebih satu suku kata: Slarasa muwus aris. (kembali) |
| 90 | balumbang. (kembali) |
| 91 | Lebih satu suku kata: tinindhihan lan sela brit. (kembali) |
| 92 | Lebih satu suku kata: mangkana Slarasa. (kembali) |
| 93 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
| 94 | Kurang satu suku kata: rêtna dèwi umatur sarwi karuna. (kembali) |
| 95 | rawi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.2.2). (kembali) |
| 96 | nanging (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.4.7). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing gêlare êjin kapir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.6.5). (kembali) |
| 98 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sira êmban sigra-sigra lampahira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.7.1). (kembali) |
| 99 | manguntur. (kembali) |
| 100 | sêsinggahan. Bandingkan: sêsinggah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.9.1). (kembali) |
| 101 | Kurang satu suku kata: ênggènipun raka aji. (kembali) |
| 102 | Kowara. Bandingkan: Kuwara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.19.7). (kembali) |
| 103 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sang putri punika (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.22.3). (kembali) |
| 104 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: hèh manusa sapa ta aranmu kewan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.26.1). (kembali) |
| 105 | yogya. Bandingkan: yugya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.28.3). (kembali) |
| 106 | kaprawasèng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.33.3). (kembali) |
| 107 | dening (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 19.48.7). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: suka asênggak-sênggak (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.3.6). (kembali) |
| 109 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: êgong papêndhil kinarya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.3.8). (kembali) |
| 110 | tan. (kembali) |
| 111 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gih mênawi paduka tan uning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.6.1). (kembali) |
| 112 | saking (dan di tempat lain). (kembali) |
| 113 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sang aprabu èngêt ing tyasnèki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.7.1). (kembali) |
| 114 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amiyarsa lah yèn ingkang putra (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.7.2). (kembali) |
| 115 | iya. Bandingkan: ingsun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.8.2). (kembali) |
| 116 | kapering. Bandingkan: kapiring (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.14.6). (kembali) |
| 117 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan sarimbit lawan garwanèki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.16.1). (kembali) |
| 118 | wêdaling. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Raja Palmin wuwusira anduluri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.22.9). (kembali) |
| 120 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing kawula dêdalane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.23.3). (kembali) |
| 121 | gancang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.24.60). (kembali) |
| 122 | Kurang satu suku kata: lakune bisa gancang. (kembali) |
| 123 | angapani. Bandingkan: angabahi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.25.9). (kembali) |
| 124 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kyana patih sampun angabahi tèji (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.25.9). (kembali) |
| 125 | Sang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 126 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus malêbêt wau Jayèngrêsmi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.27.1). (kembali) |
| 127 | lir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.27.6). (kembali) |
| 128 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sambarane munggyèng jroning guwa mijil (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 20.27.9). (kembali) |
| 129 | Pada pupuh Pocung ini hampir semua gatra ke-3 guru lagunya e, hanya bait pertama yang guru lagunya i sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali) |
| 130 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: paduka tilare kene (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.5.3). (kembali) |
| 131 | mantuk (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.5.4). (kembali) |
| 132 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Rumsari ing panangise (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.8.3). (kembali) |
| 133 | Terdapat dobel sandangan: pawonganira atau pawonganera. (kembali) |
| 134 | sêdhêng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.19.2). (kembali) |
| 135 | Kurang satu suku kata: êmbok ana uwong alasan kapaung. (kembali) |
| 136 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: pasthi tutur anaa wong siji wêruh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.21.1). (kembali) |
| 137 | Biasanya guru lagu e: kalèh. (kembali) |
| 138 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angur padha ngagèr-agèr (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.22.3). (kembali) |
| 139 | dènnya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.25.3). (kembali) |
| 140 | mangke (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.25.3). (kembali) |
| 141 | wisma (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.27.2). (kembali) |
| 142 | Kurang tiga suku kata. Bandingkan: si paman sapa jênênge (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.27.3). (kembali) |
| 143 | Terdapat dobel sandangan: tampinge atau tampènge. (kembali) |
| 144 | Kurang satu suku kata: wus binêdhol jêjênênge punang lawang. (kembali) |
| 145 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: aris muwus Selarasa adhuh kaku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.34.1). (kembali) |
| 146 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêlajêngi ing wangsane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.36.3). (kembali) |
| 147 | Selasyara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.37.2). (kembali) |
| 148 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kyai Selasyara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.37.2). (kembali) |
| 149 | Sarpin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.38.3). (kembali) |
| 150 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Bibi Sarpin pamuwuse (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.38.3). (kembali) |
| 151 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang agawe gita (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 21.39.2). (kembali) |
| 152 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wuwusên sri naradipa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.1.4). (kembali) |
| 153 | tumanggah. Bandingkan: tumanggêh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.4.5). (kembali) |
| 154 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sri naranata mangkya ling (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.5.1). (kembali) |
| 155 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: purun tinêtêg janggane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.7.3). (kembali) |
| 156 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan kajinêmanira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.10.5). (kembali) |
| 157 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kêmadhoh lêlatêng brama (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.11.2). (kembali) |
| 158 | pawadaling. Bandingkan: pawêdaling (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.18.1). (kembali) |
| 159 | langkung (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.20.2). (kembali) |
| 160 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingka [ingkang] lara matia (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.20.5). (kembali) |
| 161 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun kang nglakoni iku (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.20.6). (kembali) |
| 162 | Kurang satu suku kata: uwong anglakoni pakon. (kembali) |
| 163 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kajinêman asru ngucap (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.27.4). (kembali) |
| 164 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angraksa siyang lan dalu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 22.31.6). (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ara ilok nangis sira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.3.3). (kembali) |
| 166 | dêdimène. Bandingkan: dêdimèning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.7.2) (kembali) |
| 167 | sungsuma. (kembali) |
| 168 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: balane sri naranata (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.10.5). (kembali) |
| 169 | balik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.11.2). (kembali) |
| 170 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: sadya kawula ajurit (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.11.6). (kembali) |
| 171 | duk (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.12.3). (kembali) |
| 172 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 173 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 174 | Kurang satu suku kata: lêgane rasa tyasnèki. (kembali) |
| 175 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sayakti priyangga mami (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 23.17.2). (kembali) |
| 176 | anincing (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 177 | Kurang satu suku kata: pun paman nila masalah. (kembali) |
| 178 | wuruknèki. (kembali) |
| 179 | Kurang satu suku kata: bumi miring winatêka. (kembali) |
| 180 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing pisahe kêlawan lanange ingsun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.8.5). (kembali) |
| 181 | liman (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.18.2). (kembali) |
| 182 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking liman pangadhuhe kêpati (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.18.2). (kembali) |
| 183 | pêpêtak (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.19.3). (kembali) |
| 184 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
| 185 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawuwusa Selarasa ajurit (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.23.2). (kembali) |
| 186 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: cinêngkalak tangane sinèrèt sampun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 24.29.5). (kembali) |
| 187 | wicaksana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.2.7). (kembali) |
| 188 | tabêri. (kembali) |
| 189 | amêjangakên. (kembali) |
| 190 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan adus êkèl iki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.4.5). (kembali) |
| 191 | ping (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.6.4). (kembali) |
| 192 | tungkul. (kembali) |
| 193 | wêdi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.19.3). (kembali) |
| 194 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: măngsa borong kawula (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.19.7). (kembali) |
| 195 | tiyang. Bandingkan: wong (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.22.6). (kembali) |
| 196 | paprêman ( dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.23.4). (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kandhêg ing mêndhapa kidul (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.29.6). (kembali) |
| 198 | dhandhanggula (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 25.31.9). (kembali) |