Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37)

Judul
Sambungan
1. Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 13–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 21-10-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 147r lanjutan] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 1 dari 74

25. Dhandhanggula

1. kagèt wau wong ing dalêm puri | aningali wong alêlinggihan | ing made kidul parnahe | sira êm[1] malayu |[2] tur uninga datêng[3] sang putri | marani pagulingan | sang putri rinangkul | adhuh gusti awungua | gègèr agung kathah kakung i jro puri | rama paduka ical ||

2. pan sang putri nulya muwus aris | uwis babo

--- [f. 147v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 2 dari 74

aja dèn wicara | têkdiring Yyang wus pasthine | mênawa sira tan wruh | gustinira wau kang prapti | kang saban kang supêna | lan sawangsanipun | ramaningsun wus palastra | têka jangji biyang iku kang matèni | lah ta kinapakêna ||

3. sadayanipun uningèng warti | yèn sang nata sampun pinalastra | luwih bagus gêgantine | pan samya marêk sampun | dan wontên gêgêling ati |[4] pan ambêke sang nata | panas dhatêng bêndu | ngangge anggana wisesa | anggusari wadyane supantên ajrih | sang putri pan mêngkana ||

4. tumêdhak wau sang raja putri | têka linggih sundhing ta sira |[5] dhatêng Rumsari ngandhape | tumungkul dènnya lungguh | sarya lirik dhatêng sang pêkik | Selagănda pi ora | Selasyara dulu | sang putri lawan kang wăngsa | uni lamun sêmuning wong kapranan sih | suka tyasira mulat ||

5. ngandika ris dhatêng ingkang rayi | Selarasa yayi ariningwang | sihing Yyang kapanggih[6] mangko | sira jênênga ratu | parentahên si kakang gusti | apa parentahira | si kakang anurut | Selarasa matur nêmbah | inggih raka kawula anuwun alim | saking

--- [f. 148r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 3 dari 74

sih jêngandika ||

6. gih kawula ingkang rèh samangkin | inggih raka kang jumênêng nata | nyakrawatia ing kene | lan kakang êmbok iku | inggih paman lamun suwawi | panggihêna lan raka | Ki Lobaman manggut | langkung sukur ing Yyang Sukma | kasinggihan ki putra wuwusirèki | ing mêngko kawinêna ||

7. Selasyara wuwuse amanis | ora jamak yayi wuwusira | kangêmbok mandah bêndune | pan wus sun sêmbah iku | angur lakèkêna wong singgih | malêrêk Kèn Rumsêkar | Lobaman amuwus | balik iku wuwus para | ora maklum kakangira yèn alaki | liyana saking para ||

8. ukum kitab mapan datan manggih | wong arabi wurung dening sêmbah | têka mara pungpung mangke | padha pêksanên iku | Selagănda jawil kang rayi | mangkana wuwusira | yayi sêmu iku | lir ujar amanggilingan | tur ta idêring kiyong sêmune iki | karêpe wus kacupan ||

9. Selarasa mèsêm sarya nolih | amrih aja ngatawang kang raka | Ki Lobaman dan wuwuse | Selarasa nak ingsun | apa maning mênêng puniki | yèn iya age mara | pun bapa jumurung | pakarasake wus ana | ingsun ngandhut uwang talèn sakêkandhi | sapa kang ningkahêna ||

--- [f. 148v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 4 dari 74

10. Selarasa nêmbah sarya ngling |[7] kakang Selagănda kèngkènana | punggawa mantri sakabèh | andikanana kumpul | ngalun-alun sadina iki | anêmbanga têngara | mêngko kakang prabu | miyos sinowan ing jaba | yèn wus ningkah paman Lobaman ing pundi | tiyang kang dika bêkta ||

11. Ki Lobaman tuduh Ujum Sidik | Selarasa ris dènnya tanya |[8] wontên ing pundi ing mangke | Ki Lobaman amuwus | ing paseban gènira linggih | pan iku wus uninga | angsal para iku | bèbèt ratu waliullah | mapan iku dèn larani de sang aji | lantarannya mring para ||

12. Selarasa akèn animbali | mring Lobaman adan nulya mangkat | Selarasa dan wuwuse | dhatêng kang raka wau | dika kakang kinèn umijil | ingsun yayi tan wikan | ing wong kene durung | awawuh lan winawuhan | Selarasa angling andika puniki | api-api tan wikan ||

13. punika êmban salah sawiji | yèn dèn kèna nguwari ing jaba | ja kongsi lih mring nyi ipe | sakèhing kang angrungu | sami suka jalu lan èstri | pun êmban nulya sêmbah | amit nulya mêtu | animbalakên wêcana | sampun opyak [o...]

--- [f. 149r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 5 dari 74

[...pyak] gamêlan munya ngrêrangin | kang seba dhêdhinginan ||

14. sampun prapta mangke Ujum Sidik | ing ngajêngan kalih Ki Lobaman | Selarasa pan age |[9] wus ingancaran lungguh | sinatata Ki Ujum Sidik | parêng Ki Selarasa | linggih ing bêbatur | Selasyara angandika | pan Ki Ujum dawêg satata alinggih | ing luhur sarêng ingwang ||

15. amardapa Ki Ujum sarya ngling | kawula nuwun sih jêngandika | kawula dede layake | Selasyara amuwus | de punapa silib ing ati | tan ana kang mangkana | titahing Yyang Agung | sagara gunung punika | watu kayu mung anane sifat tumpi | hakekatipun tunggal ||

16. rêrampatên paman Ujum Sidik | sampun sami satata alênggah | Ki Lobaman nèng kèrine | Ni Rumsari tumurun | kanthèn lawan sang rêtna dèwi | Ki Ujum angrêrêpa | linggihe tumungkul | wuwusên sang putri ika | antukipun wau dhatêng ing puri |[10] kalawan Ni Jumêna ||

17. wus parentah olah-olah sami | wanèh ana amususi kêtan | busêkan wong dalêm kabèh | ana nyambêlèh sawung | kang sawanèh kêbo lan sapi | rame wong dalêm pura | wus palastha wau | sawanèh sami asowan [aso...]

--- [f. 149v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 6 dari 74

[...wan] | wus palastha mungguhing lampadan asri | wus miyos kang pundhutan ||

18. ramening wong ing jro lan ing jawi | samya suka kang para pugawa | dèn sênggih maksih gustine | kawuwusa ing dangu | kang angêpung a[11] pasar uni | malah wus lingsir kilyan | bilulungan wau | kang kinêpung sampun ilang | ajêng bubar tan ana rèhe sang aji | kya patih tan katingal ||

19. pangajênge wong kang bêkta bêdhil | lawan pêdhang lan wong baris panah | samya gunêm sabature | kang rayi kaparipun | ing ecane lampah puniki | Ki Lobaman wus ilang | sarowange iku | lahêng matur sri nalendra | nora wurung kita padha dèn patèni | kabèh tan ana gêsang ||

20. gêgêtune kang ati iki |[12] tan kaduga ing manah manira | Ki Lobaman padha rane | dening tan ana wêruh | lir dinoh ing Sukma Sajati | kang sawanèh angucap | ing panyananingsun | gamêlan munya punika | Ki Lobaman nungkul maring sri bupati | ngaturakên kêthokan ||

21. angaturakên anake èstri | dados sukane sri naranata | mulane gamêlan rame | pamundure sang prabu | pan sakèhe tan karan ajrih | sêmune kasungkawan | ing anake iku | samadyane awacana | amiyarsa syaraning bêndhe anitir | mêpak sakèhing wadya ||

22. padha kumpula ing Darmaragi | sri nalendra pan lagya [la...]

--- [f. 150r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 7 dari 74

[...gya] sinowan | balabur ika karsane | sakèhing wadya kumpul | ing paseban agêng lan alit | salamine ngawula | dèrèng nyandhang catu | balabur miwah kagungan | balik nunggal wau kapundhutan picis | balanipun dèn nulak ||

23. Selagănda sampun nitih tèji | Napasmadu dèn iring ing bala | wong kapatihan sakabèh | anggarêbêg ing pungkur | piniwayah ingkang kulambi | ngampingi kèri kanan | sèkêt sisih langkung | punika kang nitih kuda | pan ingiring sing pasar wong Darparagi | katur ing Selagănda ||

24. sampun pêpak nayaka dipati | Selagănda mantuk cêcongklangan | prapta ngalun-alun age | gupuh dènnya tumurun | saking kudanipun aririh | ningali ingkang raka | anèng sitiluhur | pajêng kêmbar katingalan | Selagănda mêmandhapan lampahnèki | adan mêndhak ing ngarsa ||

25. mênggah ing ngayun dènnya alinggih | Ki Lobaman Ujum Sidik ika | alinggih munggèng kèrine | mapan sampun winangun | arèh ban ra Ki Ujum Sidik |[13] kalih pakir Lobaman | Selagănda sampun | jumênêng Patih Mangkurat | sri nalendra alinggih ing parang paksi | ingayap ing pawongan ||

26. amung Selarasa kang tan apti | angrèh wadya kaduman wibawa | tansah ngajêngan linggihe | tan têbah

--- [f. 150v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 8 dari 74

lan sang prabu | kunêng mangke sri narapati | arsa bêncah kagungan | reyal lawan kampuh | sinjang rencange kang arta | sinungakên wau dhatêng kyana patih | kinèn balaburêna ||

27. pan waradin punggawa lan mantri | benjang wi sadaya kaduman |[14] sampun dinadaran kabèh | pêpundhutan lumintu | dhêdhaharan saking jro puri | asêlur wong bêbêkta | rampadan lan sêkul | pêpundhutane sang nata | tan ucapên sami nandhang lungsir kuning | wus katur i sang nata ||

28. sasampuning dhahar sri bupati | ambêng sami gêpah ingambilan | sadaya wus dhahar kabèh | punggawa mantri sampun | ponakawan samya abukti | tan wontên kaliwatan | watawise sampun | palastha ingkang dhêdharan | sri bupati samita[15] dhatêng kang rayi | akèn nyênyinggahêna ||

29. Selarasa nimbali ing mantri | pêngawinan anyênyigahêna[16] | gumuruh ika syarane | nyênyinggahakên sampun | Selarasa sigra rumiyin | dhatêng ing kapatihan | Selarasa mungkur | sang putri mêdal sing pura | pinaesan pinangagèn[17] sarya adi | lir widadari kendran ||

30. sri bupati arine dèn sangi[18] | yayi patih aja barêng ingwang | kaninên ing karabane | kang kinèn sampun laju | akêkanthèn lawan kang rayi | mantuk ing kapatihan |

--- [f. 151r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 9 dari 74

cingak kang andulu | rabining mantri punggawa | rêmên mulat lir Kamajaya lan Ratih | ing warnane kalihan ||

31. dunyanipun binakta ing wuri | ginotongan dhatêng kapatihan | sang nata ngiring wurine | ramya malih ing pungkur | wong nênonton jalu lan èstri | lir anêcêpa kamal | kumêcêr andulu | wus prapta ing kapatihan | dhêdhaharan malih punggawa mantri |[19] ramya samya kasukan ||

32. adan bubar sang nata tinangkil | sêsinggahan pan malih kalintang | sang nata ing pamantuke | kalayan garwanipun | Ni Rumsari tansah dèn kanthi | deni sri naradipa | praptèng dalêm agung | padhêkan kalawan patah | kawan dasa layar gawane sang aji | ing Atasulun ika ||

33. sinu[20] dhatêng Lobaman sapalih | kang sapalih dhatêng Ki Sabandar | Ki Ujum Sa[21] jênênge |[22] kalangkung sukanipun | langkung malih sakèh ningali | wadya ika sadaya | sami atur-atur | nêngêna caritanira | pinisalin pupuhe lamun suwawi | nêmbang yuda kênaka ||

26. Pangkur

1. warnane mangke sang nata | Atasulung[23] wau Raja Kesyari | kalih patihe dhinapur | dinakon anèng wana | dening Selarasa tatkalaning dalu | mapan sarêng cinêngkalak | ginandhèng lan patihnèki ||

2. enjinge wungu anendra | duk ing dangu

--- [f. 151v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 10 dari 74

binirat maksih guling | tinangisan sirêpipun | dening Ki Selarasa | sawungune sang nata sru kurdanipun | sapa ta iki baya |[24] anyêngkalak kita iki ||

3. dene si arewang setan | rewangipun wau paduka ji |[25] katiga bisa anêluh | ing panduga kawula | pu[26] Lobaman malês dhatêng sang aulun | sang nata kaliwat duka | ambanti-banting[27] pribadi ||

4. ora pêgat ingkang tambang | saya wuwuh lawe dènnya ningsêti | sakit karasèng bêbalung | sang nata asru mojar | ora pira têtali lawe tan kukuh | lawe wênang pitung lêmbar | sapa sanggup mêgot iki ||

5. dinêdêl lawe tan pêgat | rosanira lawe saya ningsêti | dèn pêlagakên i kayu | karsa amrih ucula | rosanira sang nata dêlasan rubuh | andhepok kapesing pisan | ki patih mangkatên malih ||

6. tambuh-tambuh polahira | ora ucul tambang saya ningsêti | saya karasèng bêbalung | sampun ambêk matia | kyana patih kalah sang nata malayu | anyêrang wana gêrotan | kayu katarajang mati ||

7. wraksa gêng akathah rungkad | anêrajang dhatêng sela sang aji | sela katarajang gêmpur | prandene tan dèn etang | gunung gêmpur sasigar dening sang prabu | kasangsara anèng wana | prapta ing pinggir pasisir [pasi...]

--- [f. 152r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 11 dari 74

[...sir] ||

8. sang nata wus tanpa warna | kalih patih anèng pinggir pasisir | kocapa ingkang lêlaku | anèng têngah samodra | waliyullah tansah ngambang ing ranu |[28] ajêjuluk Sèh Malaya | karyane anênulung |[29]|

9. yèn ana palwa kasalad | palwa agêng miwah palwa lit-alit | yèn katingalan dèn bantu | tan ana karyaneka | tansah tulung ing sakèhe manggih kewuh | yèn wontên parau dagang | yèn kapanggih olih bathi ||

10. utawi sihing wong liyan | yèn kapanggih lawan waliulèki | pasthi kathah antukipun | ya ta nulya katingal | de sang nata asru dènnya nguwuh-uwuh | dhuh bêndara guru amba | tulungana ingsun iki ||

11. benjang yèn kula ucula | kula turi benjing bêkakak babi | punapa tinêdha besuk | kawula tan lênggana | ya bathara dewa aku nêdha tulung | kang tan kêlêm dening ombak | iyèku bathara mami ||

12. kang bisa ngambah sagara | ingkang ora kêna owah lan gingsir | kang karya sabuwanèku | tan gêsêng ing pawaka | lah minggira tuwan amba nêdha tulung | kang tan kêlêm dening toya | yyang kaki migira dhingin ||

13. Ki Sèh Mêlaya miyarsa | wontên nguwuh-uwuh pinggir pasisir | Ki Sèh Malaya andulu | dèn parani lolonan [lo...]

--- [f. 152v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 12 dari 74

[...lonan] | saya parêk sang nata anjungkêl sujud | umatur sri naranata | andika tulungi mami ||

14. Ki Sèh Mêlaya atanya | dening apa sira dèn cêngkalaki | sang nata lan patih matur | măngsa borong bathara | uning sajro ing manah sang aulun |[30] nêdha ucul ingkang tambang | benjing kawula wangsuli ||

15. sawarnane kang bêkakak | kêbo pèdhèk lan bêkakak bêbayi | kêbo sapi miwah wêdhus | kawula botên kirang | sok ucula andika sanjani besuk | dhatêng ing wisma kawula | bèbèk ayam kula sugih ||

16. pan kathah sanggup kawula | lamun ucul kula cogah[31] rumiyin | pandhita mèsêm angrungu | ing ature sang nata | aris mojar Ki Êsèh Mêlaya wau | dudu êjin dudu dewa | ingsun tunggal lan sirèki ||

17. apa mulanira kuna | kasandhangan sira apus têtali | Raja Kowera umatur | datan dosa kawula | pan kawula dèn kaniaya ing dalu | dèn lindhih nagaraningwang | dunya brana dèn alapi ||

18. kawula iki nalendra | kang satunggal gusti punika patih | katungkul kawula turu | dening bala priyăngga | têgane tah balanisun bisa nêluh | ki sèh awlas amiyarsa | tuture Raja Kowari ||

19. Ki Sèh Mêlaya anyandhak | astanira sang nata [na...]

--- [f. 153r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 13 dari 74

[...ta] lawan patih | karsane ki êsèh wau | anguculana tambang | tiningalan lawe pitung lêmbar wau | angucap sajroning nala | apa mulanira iki ||

20. dening lawe pitung lêmbar | têka kukuh bari têka nglarani | waspaos dènnya andulu | anuli katingalan | ana tulis muni namaning Yyang Agung | istigapar Sèh Malaya | pantês iki wong linuwih ||

21. sang nata asru wacana | tuwane lan egalêna kaburu sakit |[32] suka wadenên wak isun | wong roro tan lênggana | rèhing tuwan anguripakên pukulun | Ki Sèh Malaya ngandika | bapa ora sanggup mami ||

22. kêrana ta iku nyawa | tapak tanganing wong sêkti linuwih | kêkasihing Yyang wong iku | pantês ukuming Allah | ana tăndha muni namaning Yyang Agung | yèn sira arêp ucula | anuta agama suci ||

23. ngucapa ashaduanla | illahakilallah Muhamadin |[33] Rasullulah kang linuhung | mundêlik sri nalendra | kalih patih aswa dènira amuwus | luput bindhe wong ika |[34] padha panêluhannèki ||

24. coba ingsun yèn ucula | ora wêdi ingsun banting-binanting | malayu sarya amuwus | angur ingsun matia | Sèh Malaya sampun nêngah tan kadulu | ngambah

--- [f. 153v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 14 dari 74

têngahing modra |[35] kocapa Raja Kowari ||

25. langkung dening kasangsara | lamun mangan godhong lêmês binukti | lawan babakaning kayu | singa wong kang kapapag | ngasih-asih tansah sok anjaluk tulung | sawanèh angrasa wêlas | sawanèh angrasa wêdi ||

26. wontên sapalih kang wêlas | dèn uculi bêbandane tan kêni | wontên kang angiris wau | wanèh wontên kabakar | kang ambacok parandene datan ucul | sangsaya wuwuh kêrasa | sang nata kalawan patih ||

27. wontên palwa lêlayaran | kirang toya karsa ngambila warih | satunggal wong saking Ngêrum | baita kang satunggal | saking Selan wastane nakodanipun | awasta Nakoda Dinar | saking nagara Rum singgih ||

28. Nakoda Udrus sing Selan | mapan angsal toya sadaya sami | mila mêksih samya labuh | bandhega anèng dharat | ngambil kayu kapêthuk dhatêng sang prabu | kalih Kya Patih Mangkurat | samya nêdha tulung nênggih ||

29. wong kathah ajrih tumingal | pan mêlayu sami ngungsi bênawi | Raja Kowari tut pungkur | dhatêng pasisir pisan | têka dhepok wuwuse amêlas arum | kiyai anêdha sêga | sakêpêl [sakê...]

--- [f. 154r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 15 dari 74

[...pêl] têtămba ngêlih ||

30. tan kuwawi ngêlih tuwan | samya mudhun sadaya wong bênawi | sang nata samya dèn rubung | ana kang awèh sêga | ki nakoda ngucap ing bandheganipun | bocah padha uculana | kapriyèn yèn mangan iki ||

31. sadaya samya tumandang | anguculi têtaline tan kêni | bandhega samya tumurun | sadaya gênti mara | ana dulang sawanèh kang awèh nginum | Nakoda Udrus wêcana | aja dèn gawa wong iki ||

32. Nakoda Dinar wêcana | mangko ingsun gawane wong puniki | pangane besuk ingitung | yèn wus têka ing bandar | kita êdol besuk măngsa ora payu | lan[36] bandhega unggahêna | aja maras sri bupati ||

33. angling Ki Patih Mangkurat | wus dinakon ing petak sira patih | pêdhak lawan juru batu | wus padha dinulangan | sêkul ulam kalayan têtêdhan wau | sampun sinalinan têmbang | srinata anyar gumanti ||

27. Sinom

1. sarêng samya ngêbat layar | palwane Nako[37] Kêling |[38] angin timur binabaran | layar samya tadhah kèri | wus nêngah silêp wukir | palwane Nakoda Udrus | kadya jinurung ika | layare laju lastari | Ki Nakoda Dinar wau lampahira ||

2. galebak têka nyalimpang | awor kagawa wêwulik [wê...]

--- [f. 154v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 16 dari 74

[...wulik] | kasusu surup yyang arka | lintang wulan tan kaèksi | pêtêng mega liputi | tan katon lor kalih kidul | kaburu păncawura | tambuh paraning bênawi | pan sawêngi anut paraning pawana ||

3. saksana palwa kasanglad | ing pulo datan kaaksi | juru mudhi gundham-gundham | dening kandhas kang kamudhi | he batur apa iki | taguhana[39] juru batu | kamudhiningsun kandhas | dèn tangguhi tan kaaksi | katingalan baitane sampun nyanglad ||

4. nakoda srêngên kalintang | dening apa kita iki | alayar ora karuwan | liput dening pêtêng iki | awane saking wêngi | padha kêmbar angin timur | kakuning atiningwang | sabên kita angêdhèri | têka kita kari dening prau gêla ||

5. ing sira anak bandhega | apa masalahe iki | ingsun dèn ninga Nakoda | Udrus apan dèn kêkêthip | bandhega matur malih | tan kadugi milanipun | măngsa boronga dika | nakoda èngêt ing ati | dening isun sajêge amot wong ika ||

6. wong kang nunut iku padha | turunêna dèn agêlis | juru batune angucap | wontên ing bêbêngkok riki | turu botên anglilir [ang...]

--- [f. 155r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 17 dari 74

[...lilir] | enjing wus awan amaju | ki nakoda wêcana | bocah turunêna gêlis | dèlèhêna ing kêkisik bae kana ||

7. anulya jinunjung samya | dèn buwang anèng kêkisik | kya patih lawan sang nata | prandene datan alilir | palwa nêngah tumuli | sami dhêdhayungan sampun | ya ta anulya padhang | lintang lan wulan kaèksi | lan sadaya sampun samya ngêbat layar ||

8. wus sumirat bang-bang wetan | nakoda layar lastari | sampun mijil sang yyang arka | kocapa sri narapati | kapanasên alilir | sapatingale gêgêtun | dening tan anèng palwa | kang patih tangia aglis | sira patih nulya tangi gundandapan ||

9. dhuh bêndara gustiningwang | dèn buwang kita puniki | nêdha angulari desa | kang kenging dipun ngèngèri | Kusyari anauri | lah iya kang patih payu | aja ta kalayatan | sigêgên datan kawarni | tan kocapa sang nata ngulati sraya ||

10. wontên malih kawarnaa | sang nata ing Pulo Jingjrin | langkung orêg sanêgara | sakathahe ngêjin kapir | sarusake nêgari | Pulo Dhêngdha mulanipun | dados sêkêl sang nata | sanêgara sami sêdhih | Pulo Dhêngdha

--- [f. 155v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 18 dari 74

badhe mantu sri nalendra ||

11. kapindho sami jin kupar | milane tumut prihatin | miwah sakwèhing sêntana | samya kinèn angulati | dhatêng ing sri bupati | Ratu Pulo Dhêngdha iku | sing sapa manggihêna | badhe mantu sri bupati | pan ginanjar kêncana wrat pitung lêksa ||

12. sakathahe ing jin kupar | kang kapêsat dening jurit | amêngsahi Selarasa | kang tibèng sagara wukir | sadaya kumpul mulih | ratune sabalanipun | ing Pulo Jingjrin ika | marminipun kumpul mulih | pan sang nata uninga warta mêngkana ||

13. yèn gadhang mantu tan ana | marmine èrêm kapati | wau wanci pukul tiga | sang nata miyos tinangkil | pêparabe sang aji | Maharaja Sindu Mahful | atadhah sri nalendra | pan darbe putra kêkalih | duk sinowan putrane mêndhak ing ngarsa ||

14. putra jalêripun gangsal | ing pêri iku satunggil | iya iku kang linamar | Ratu Dhêngdha Pulo uni | wêwangêne kang siwi | pambarêbe Raja Samun | panggulune wanita | akêkasih Dewang[40] Lasmin | kang panêngah jalu Sang Raja Sidura[41] ||

15. kang panyêthi Raja Sirman | Raja Sirdan arinèki | putra kang wuragil pisan | kêkasih Raja Sirpati |

--- [f. 156r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 19 dari 74

kalima jajar linggih | sawingkinge para ratu | sami konjêm ing kisma | wêdanane para mantri | langkung ajrih tan ana ingkang ngucapa ||

16. sang nata gora wêcana | dèn egal Raja Kowari | tutura kalane ilang | mulane sang raja putri | paranèku mring ngêndi | apa jin kang gawa iku | tutura dèn pratela | Raja Kowari sung bêkti | inggih nuhun milane kadya punika ||

17. botên ta ijêngandika | mundhut mastêkaning êjin | Aslam[42] dhatêng putra tuwan | nuntên anglurug sang aji | kitha ing Pulo Rukmin | wus kabêkta ratunipun | awasta Ki Mas Putra | punika botên kapanggih | Raja Palmin nênggih sampun kinunjara ||

18. wêtawise kalih căndra | lamine Sang Raja Palmin | kinunjara ing Madhêngdha | benjing soneta[43] tinangkil | putra paduka aji | tunggang wukir nuntên murud | ngadhaton putra tuwan | kawula kang kinèn kêmit | kalih sanak kawula lan pun Kowara ||

19. enjinge wontên têngara | sinênggih sang raja putri | Madhêngdha arsa cangkrama | kawula kalih angiring | angapit mungguh kèri | ing samodra purugipun | kakang prabu tan ana | ing ngriku kula ulari | têgane ta sang putri kundhang manusa ||

20. ingkang wasta Selarasa | asumbar-sumbar duk jurit | badhe kawula punika | srayane [sraya...]

--- [f. 156v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 20 dari 74

[...ne] wong Pucu[44] Rukmin | marmi kawula gusti | sadaya jin sami kawur | kalangkung ing prakosa | dêdêgipun andhap alit | pangamuke kalih camêthi kewala ||

21. sri naranata bramatya | miyarsa tuturirèki | jaja bang awinga-winga | kumêdud padoning lathi | sêmunipun ngajrihi | lir mêtu gêni a tutuk | asru dènnya wêcana | hèh kang Patih Căndrabumi | têngaraa dina mêngko ingsun lunga ||

22. mring Pulo Rukmin sun arah | kuthane ingsun abongi | sun gêmpur kuthane pisan | sun kêlême ing jêladri | puwas rasaning ati | sakèhing alam sun lêbur | samadyaning wêcana | punang jin opyak ing jawi | jin satunggal punika asung uninga ||

23. Sindu Mahpul awêcana | patih sapa bisik-bisik | ing burimu awêwarta | sra[45] nata pun Natabumi | kawula nuhun gusti | anênggih dasih pukulun | nênggih manggih manusa | kêkalih dèn cêngkalaki | ing samangke wontên jawi pangrantunan ||

24. sri nalendra awêcana | hèh patih gawa-gawanên nuli |[46] si manusa ngarsaningwang | arêp aku têtakoni | Islam atawa kapir | yèn Islama ta wong iku | age sun sêmpal-sêmpal | lawas sun tan mangan daging- | ing manusa

--- [f. 157r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 21 dari 74

lah patih dèn maring ngarsa ||

25. Kya Patih Cakrabuwana | miyos i jawi dèn iring | dening jin kang sêsêliran | praptèng pangrantunan aglis | sang nata kalih Patih | Mangkubumi sampun katur | cinaking[47] kèri kanan | lir kapuk salêmbar iki | sampun katur ing ngarsane sri nalendra ||

26. ki patih mêndhak wotsêkar | punika katur dewaji | warnane punang manusa | ingkang tuwan andikani | sri nata mangkya angling | dèn marene ngarêp ingsun | dan binakta ngajêngan | sang nata kalih kya patih | pan sang nata sakalangkung ajrihira ||

27. mirsa syarane sang nata | marêm[48] netrane kêpati | mangkana sajroning nala | kaparèhèn isun iki | tan wurung ingsun mati | syarane lir pendah guntur | mandah gênge sang nata | [...] |[49] pêpatihe kuwat nyaking marang ingwang ||

28. sri naranata atanya | hèh wong apa sira iki | lan sing ngêndi angsalira | têka anandhang têtali | sapa ingkang nalèni | enggal matura mring ingsun | Patih Cakrabuwana | angayog dhatêng Kusyari | lah matura manusa maring sang nata ||

29. mêrêm wêdi ana apa | manusa wruhanirèki | iya iki Maharaja | Sindu Mahful kang linuwih | sakathahe kang êjin | iya gustiku kang mêngku | kinawêdèn sajagat [sa...]

--- [f. 157v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 22 dari 74

[...jagat] | lah matura dèn agêlis | ya ta ngucap Kusyari sajroning nala ||

30. yèn ingsun têka mênênga | mangko ingsun dèn patèni | kumêmbêng saure mêgap | sakêlangkung dening ajrih | kawula nuhun gusti | dewa pangèstuning ulun | garu pangarca manah | bêtharanisun kang asih | muga-muga luluta srike sang nata ||

31. kawula wong saking Atas- | ulu wastaning nagari | pan kawula iki nata | kang wasta Raja Kosyari | sang nata mangkya angling | tan linyok badhean ingsun | iki raja utama | katêngêr umpaking aling | tansah nêbut guru yang lawan bathara ||

32. tandhane tate amodya | tunggal kawruhmu la[50] mami | apa mulanira nata | atêmah mangkene iki | matur Raja Syari |[51] kawula nuhun pukulun | tiwas patik bathara | ing bala kirang pamardi | botên kula bêkta amudya brahala ||

33. dadosipun ta bathara | angage idhêp pribadi | anut a Nabi Muhamad | kang cilaka ina mêskin | inggih ta lami-lami | dados panêluhan agung | awasta Ki Lobaman | sraya anak putu nabi | kinèn gêcêk ing nêgara amba tuwan ||

34. rencange tiyang têtiga | katigane rencang bêlis | sêkti panêluhan [panêlu...]

--- [f. 158r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 23 dari 74

[...han] bisa | tuhu yèn tiyang sok nyilib | patikbra pan sakalih | pun patih duk binalênggu | kawula tan uninga | kilêm kawula kapati | dipun sirêp gapura de panêluhan ||

35. nênggih wasta Selarasa | sêsumbare duk ajurit | pangangkêne wus ayuda | lan êjin ajêjarahi | ing Pulo Dhêngdha uni | ratunipun sampun lêbur | dening pun Selarasa | kanggêk sang nata myarsèki | prayogane têmbang durma gêntèkêna ||

28. Durma

1. hèh Kowari sapa arane manusa | kang sira tutur uni | kang anyidra ika | dulure mantuningwang | Raja Kowari sung bêkti | pun Selarasa | wastanipun ta gusti ||

2. kyana patih matur maring sri nalendra | patut punika gusti | ature pun Raja | Kusyari ta punika | Raja Sindu Mahful angling | kalintang duka | gêrgut sri narapati ||

3. kadya yaksa tandange kagila-gila | agêrgut naut rawis | asru angandika | agor syarane gêtas | hèh patih uculna aglis | cêngkalakira | sakalih dèn aglis |[52]|

4. inguculan cêngkalak dening jin kathah | ana ingkang angiris | wanèh ingkang diya[53] | pinutung kang cêngkalak | wanèh ana kang bacoki | jin pilihan |[54] sêdaya anandangi ||

--- [f. 158v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 24 dari 74

5. kang sawanèh dèn obong nanging tan pasah | sakathahe kang êjin | sami atêtandang | prandene datan pêgat | kêrasèng bêbalungnèki | liwat rasanya | angro sri bupati |[55]|

6. Raja Kowari asru dènira ngucap | dhuh tan kasandhang mami | sakite kalintang | tulang kadya rêmuka | yèn tan kêna kang têtali | aja ngulapan | gumuk sing kang têtali ||

7. Maharaja Sindu Mahpul anarajang | sigra dipun tingali | wau kang cêngkalak | gawokira kalintang | ningali ingkang têtali | nora kêjamak | lawe pitung lêr iki ||

8. Sindu Mahpul asru dènira wêcana | nora basaja iki | lah ta nurunêna | patih sakèh brahala | têtilarira kang dhingin | buyat[56] bêthara | ingkang agawe uni ||

9. lah gawea bêkakak wêdhus dèn egal | wus sami mintar aglis | gumuruh syaranya | ingkang karya bêkakak | syaraning kêkêlèng muni | lawan badhidhang | tambur gêntha lan bèri ||

10. sampun dhatêng brahala ngêsi[57] sadaya | lawan sêsajènnèki | sêkar sarampadan | dupane sinulêdan | pan mêmalame marapit | kèri lan kanan | angobong mênyan [mênya...]

--- [f. 159r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 25 dari 74

[...n] putih ||

11. kukusipun wus munjuk dhatêng awiyat | nulya mêmuja sami | lan sakèhi[58] wadya | pugawane sang nata | tan opên rajèng Kowari | sami mêmuja | kalih sira kya patih ||

12. nulya prapta bêlis lanat i brahala | ingobahakê[59] nuli | êndhasing brahala | ingobahakên nuli | êndhasing brahala | dèn obahakên ika | manggut punang arca wêsi | gawok kang mulat | ningali arca wêsi ||[60]

13. ing lambene brahala nulya wêcana | hèh Sindu Mahful iki | cabar têmên sira | anguculi kang tambang | mandah yèn talia wêsi | lawe salêmbar | prandene datan kêni ||

14. ingsun jaluk bêkakak wong kang utama | sang nata asru aling | patih kongkonana | êjin kang sêsêliran | konên lunga angulati | jalma ta sigra | sakêdhap nulya prapti ||

15. ing pagagan amanggih wong kêkurênan | adus wêwuda sami | wau ingkang lanang | dèn jirêt wus palastra | rabine ajêrit-jêrit | sarwi dèn sundhang | lara dènira nangis ||

16. kantun raga kang atma sampun binakta | katur ing sri bupati | Sindu Mahful sira | kocap kang anèng gana | sakadange [saka...]

--- [159v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 26 dari 74

[...dange] sami prapti | samya têtandang | sawênèh angraupi ||

17. dèn arani kêna ngantu sêsambangan | wanèh ngarani balis[61] | wus ora kocapa | polahe kang manusa | wuwusên sang êjin kapir | pan sampun prapta | ing ngarsane sang aji ||

18. sampun katur bêkakak wong mri sang nata | sri nalendra lingya ris | matur mring brahala | bêlis gumuyu suka | ya iku kadoyan mami | lamun ingana | kang ilok adus magrib ||

19. iya iku patih ing kadeyan ingwang | wong êkèl adus magrib | iku saosêna | yèn sira madya iwang | lan wong adus anèng kali | têngange ika | iku kabelan mami ||

20. lawan maning sang nata angulatana | sakathahe ing pêri | kalawan kèl ika | olih rowêlas dina | iku masih mêtu gêtih | miwah manusa | iku sarating mangkin ||

21. usapêna gêtihe marang wong ika | ing tangane Kusyari | uwis ta lêkasna | patih anut brahala | kang têtali sirna ênting | ya ta sang nata | Kusyari lan ki patih ||

22. sira Raja Kusyari asih kalintang | miwah dhatêng ing pêri | lawan i brahala | panglêmbana [panglê...]

--- [f. 160r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 27 dari 74

[...mbana] kalintang | panêmbahira kêpati | ngalosod sira | ing padane sang aji ||

23. dhuh bathara dewa kawula Pangeran | tulusêna dewaji | wêlas ing kawula | tuwan asrah nêgara | rêbutên pêrang dewaji | katur sadaya | isine kang nêgari ||

24. pan sadhèrèk kawula inggih wanita | katur dhatêng sang aji | lumayan kewala | ing warnanipun pelag | badhe kêmit yèn aguling | kawula suka | wadenên inggih gusti ||

25. nêdha gusti kawula mapan kawawa | kawula lan pun patih | yèn ta pasajaa | sampun dèn panêluhan | yèn karosanipun wani | samangke nêdha | rinêbut ari mami ||

26. Sindu Mahful asru dènira ngandika | ja kowe walangati | nadyan opahana | reyang măngsa wurunga | ingkang sun arah ing pati | mapan wus lawas | aku ngulati warti ||

27. pan têmbene aku olih warta nyata | lawas aku ngulati | iku satru reyang | aku arêp tumindak | Selarasa sun tandangi | lah tuduhêna | aku Raja Kusyari ||

28. sira patih mêngko nêmbanga têngara | besuk isun tindaki | pêpêkên sêdaya | êjin kang pêpilihan | pêpêkêna dina mangkin | sami luwaran | gambuh mara ing wuri ||

29. Metrum (tidak diketahui)[62]

1. pêpêk samaktaning jurit | jin kapir

--- [f. 160v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 28 dari 74

awor gandarwo | dadi cucuk ing ngar |[63] Raja Tambul balane winarni |[64] sakutu-kuning setan |[65] lan mêmêdining jalma |[66]|

2. bugang awor banaspati | thethekan lan ilo-ilo | antu pating gunyatang | êndhas abang setan kang tanpa kulit | kyèkyèk balung atandhak |[67] kêmamang pating paluncar ||

3. êndhêp-êndhêp kabèh prapti | dhêngên jajar lan gambilo | gêgêndhon lêlaweyan | uwil aul kalih ting gariwis |[68] wewe bêlong gurayahan | èk-èpèk[69] ting kulayab |[70]|

4. surup yyang arka tumiling | wêngi luruge sang katong | dan dangu anèng marga | lampahipun tan angambah ing siti | jing[71] raga alus padha |[72] tan kêna dèn wicaraa ||

5. nêngêna ingkang lumaris | paosing carita goroh | kawuwusa sêkala | prabu anom pan lagya tinangkil |[73] dene ingkang para garwa | ing made carangmanyura ||

6. pêpak kang punggawa mantri | sajênêngira sang katong | ênting suka sang nata | sakyèh wadya agêng miwah alit |[74] wêdi asih mring sang nata | kathah arsa mati ngrana ||

7. miwah sakathahing pêkir | kêtib modin lawan marbot | angiring Ki Lobaman | Ki Lobaman linggih rada kapering | Ujum Sidik mungguh kiwa | ingiring santri [sa...]

--- [f. 161r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 29 dari 74

[...ntri] kathah |[75]|

8. tabid lan dhêdhukun sami | angiring ing Ujum mangko | Kyana Patih Selagănda |[76] munggèng ngarsa jajar kalayan kang rayi |[77] Selarasa aturira | kang prabu dados punapa ||

9. jêngandika tanggap malih | pun paman Ujum pasêmon | kalih prakara kakang | kadi wontên damêl ingkang gati |[78] prabu anom angandika | sun duga mangkono uga ||

10. dawêg paman Ujum Sidik | tutura dipun sayêktos | Ka[79] Ujum aturira | inggih gusti atur jêng patik aji | jêngandika kadhatêngan | mêngsah sampun wontên marga ||

11. atur kawula kariyin | punika samangke yaktos | pun Kusyari kang prapta | ajêng wangsul arêbat nagari |[80] angsal kanthi êjin kupar | samya abala durbriksa[81] ||

12. sung uninga patik aji | punapa daya sang katong | prabu anom ngandika | anging iku kaparihèn patih |[82] yayi Selaganda iya | kaya ngapa karêpira ||

13. Patih Selagănda angling | punapa malih wiraos | dawêg sinambadan |[83] sagêlare sakyèhing prajurit |[84] pan angsal angasta-asta | samya angajap ing karsa ||

14. dugi kawula kakang ji | punika kenging tinanton | Ki Selarasa mojar | sarta nêmbah igih ta kakang patih | yèn ing yudanipun wikan | yèn mêngsah sami manusa ||

15. pangawasani[85] [pangawasa...]

--- [f. 161v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 30 dari 74

[...ni] jin kapir | punika sintên kang mogot | Kyan Patih Selagănda | ngujiwati yayi sapa maning |[86] lamu[87] dudua Pêndhawa | yayi uga kurang paran ||

16. tumungkul dangtan[88] angling |[89] Selarasa èsmu wêdos | dhatêng wau kang raka | anggarjita kang manah naning tan mijil |[90] kakang patih iki ala | têka mêdhar ing akathah ||

17. mèsêm sira sri bupati | ningali wangsane karo | samya ujungan cipta | aris mojar kaparèhèn kita iki |[91] sakèh kang wong kang tumingal | sami kasmaran miyarsa ||

30. Asmaradana

1. kakang kaprèhipun mangkin | pangaruhe bêlis lanat | bok dados sêsalad gêdhe | angrusak dhatêng nêgara | pakir Lobaman mojar | barang kasaktène iku | buhêna dhatêng pun paman ||

2. bubuhaning pêkir modin | dêdipun sami andonga | mênawi dinulur mangko | anênêdha ing Pangeran | ngaji sakèh panulak | raina kalawan dalu | mangke wanèh kasêrang |[92]|

3. punika têtulak wukir | sêdhah woh lan sêsêmburan | diringo kalawan bêngle | marica lan bawang pêthak | sadaya sinêmburan | sajawining kitha iku | pacuwanana ka liwat ||

--- [f. 162r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 31 dari 74

4. gusti mênawi-mênawi | kenginga dening mêngkana | kita lakoni samangke | mumpung ika maksih têbah | istiyang[93] rowang gêsang | sakèhing pêkir ta mayu | mênyang sajawining kitha ||

5. agilir raina wêngi | sigra sami linêkasan | pêkir Lobaman wuwuse | sakèhing marêbot sira | padha angidêrana | saajahan[94] Atasulun | kabèh padha gawa tumbal ||

6. kawêdining setan bêlis | sadaya sampun siyaga | sakèhe wadyabalane | wuwusên kang lagi prapta | sakèhing kapir ika | mondhok ing têtêgal wau | sang nata èsmu kèmêngan ||

7. kèmêngan manah sang aji | angasohakên kang bala | dening sakèh tumbal katon | pusêngan sakèhing bala | tan arsa yèn măngsa wong |[95] balulungan sakèh ngantu | ajrih aningali tumbal ||

8. sakèhing durbeksa nisih | tan ana wani măngsa wong |[96] sakèh ngantu bubar bae | kêmangmang pating burangkang | pèk-èpèk kulesedan | thethekane mangu-mangu | laweyan ajola-jola ||

9. pangrasane kaya gêni | liwat pangrasane panas | idhêp-idhêp êmbuh gone | wewe gambilo malaya | saking barkahing donga | tilawat rahina [rah...]

--- [f. 162v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 32 dari 74

[...ina] dalu | iku kang mawa suminggah ||

10. Raja Sindu Mahpul angling | dhumatêng wau ki dêmang | gusti pêjahana mangko | kalintang dhatêng sumăngga | dening datan katingal | nagari ing Atasulu | ing pundi arahe baya ||

11. dening sih botên kaaksi | punika kang dados samar | pun Kosyari ing wartane | bok punika andêdonga | dhatêng paduka nata | pan tan wontên nagrinipun | ing Atasulun punika ||

12. kawula kalangkung ajrih | sakit sarira kawula | ing kulit kadya binêsèt | dèn iris maksih agêsang | sawuse kamangkana | Kusyari nêmbung ing atur | kawula botên anduga ||

13. eran kawula puniki | èmêng kawula matura | Kowari atus sêmbahe | aturmu dhatêng sang nata | lagi anèng nêgara | nyata pêsthi ing aturmu | ing mangko datan karuwan ||

14. Kowari nambungi angling | umatur dhatêng sang nata | kawula idêri kabèh | nagarane tan katingal | sang nata sru mojar |[97] kaya ngapa ing karêpmu | Kusyari sira ngucapa ||

15. Kusyari aturira ris | pukulun badhe kawula | inggih punika kêmate | pun Lobaman sanêluhan[98] [sanêluha...]

--- [f. 163r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 33 dari 74

[...n] | dêngkinipun kalintang | dening kawula kadulu | tan sanès saking Lobaman ||

16. samadyanira agosthi | gègèr sakèh jin sadaya | tumingal dhatêng lawane | mêdal saking dalêm kitha | wong sami atêngara | gong bèri sami tinabuh | awor lawan takabiran ||

17. sakèh ngêjin padha nisih | sakêlangkung ajrihira | sang nata sru pangucape | hèh Raja Tambul majua | lawan sira Kowara | ratu sakaro wus maju | asêsumbar pêtak-pêtak ||

18. mangsah ing rana sakalih | sarwi nglèmbèhakên pêdhang | asumbar-sumbar sang katong | manusa sira majua | aja angadu bala | padha ratu bala sèwu | sapa wani lah majua ||

19. papagêna tandang mami | sing sapa arsa matia | ya ta kapiyarsa mangko | dening Ki Pêkir Lobaman | arsa sira maguta | amingkis kulambinipun | mangsah amit ingkang putra ||

20. sang nata pun paman amit | mêdali dhatêng payudan | kapengin prang sabil mangko | aprang kalawan jin kopar | sang nata dèn lêgawa | srahêna marang Yyang Agung | prabu anom angandika ||

21. inggih paman dèn abêcik | andika dipun prayitna | Lobaman wus mara age | anyangking camêthi kawat | ing jro sinungan jimat | camêthi kawat puniku [puni...]

--- [f. 163v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 34 dari 74

[...ku] | dowa sèpi sampun tatrap ||

22. ing sajêro camêthi |[99] Lobaman mara ing ngarsa | sarya dikir sasuwene | jahare sadalan-dalan | Tambul sira narajang | Lobaman nulya jinungjung | wêdanane tiningalan ||

23. tinompo dera sang aji | sarwi ingiling-ilingan | maca apa sira mangko | sira wong apêksa lancang | arsa anglawan reyang | lamun uga jênêng ingsun | norana dowa tumama ||

24. lamun êjin ingkang tipis | wêdi wong amaca donga | yèn lagi jênêngku mangko | tan ajrih wong maca dowa | lah age amêdhanga | icipana kulit ingsun | ingkang tipis pilihana ||

25. Ki Lobaman angling aris | lanat kapir lah mêdhanga | Raja Tambul mêdhang age | Ki Lobaman datan obah | Raja Tambul sru mojar | lah malêsa maring sun |[100] Lobaman arsa malêsa ||

26. wus ingangkat kang camêthi | sinabêtakên sang nata | andhepok pun Tambul mangko | pun Tambul sira tan polah | raja mangkul narajang | Raja Kowari sing pungkur | kinarubut Ki Lobaman ||

27. Kowari saking wiyati | ikêt pagange[101] cinandhak | wus tininggil sira age | Lobaman anèng ing tawang | ya ta sakèh wong gawa | nyêgati sing ngandhapipun | Lobaman sampun kasăngga ||

28. gumuruh suraking kapir | Raja Tambul wus [wu...]

--- [f. 164r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 35 dari 74

[...s] ingêmban | Lobaman agêro-gêro | nangis tan tumêbèng[102] lêmah | pan sampun winadhahan | anglilir ki pêkir sampun | tinêmbang maesa wiyat ||

31. Kinanthi

1. ênêngêna kang winuwus | kang lagya amangun jurit | paose kang acarita | wontên kang winuwus malih | nênggih wontên palwa ngambang | nêmatus gunging kang palwi ||

2. sang ratu sabalanipun | nênggih saking Indhu Kusthi | bisikanira sang nata | nênggih Sa Raja Kalithih | bagus anom tur sambada | nanging ratu iku kapir ||

3. ratuning Lasmana iku | malah panganggene mêksih | gêlunge sinupit urang | ngangge cawêt sondhèr sami | ngangge rawit biluraksa | kêncana tinatah rukmi ||

4. kilatbau lur-ulur |[103] kancana bang nata wêning | asawang Arjunasasra | warnane anom apêkik | sang dyah sing nagara Atas- | ulu wastane nêgari ||

5. punika sadhèrèkipun | kang tuwa Raja Kosyari | Prabu Kalithi panêngah | pan wuragilipun èstri | tinilar duk maksih jabang | têmbenipun ta puniki ||

6. sampun labuh palwanipun | gumuruh amasang bêdhil | sampun mêntas saha bala | wontên kang lêlayu dhingin | sêdyane atur uninga | dhatêng Sang Raja Kusyari ||

7. opyak sakèh kang andulu | yèn ana manusa prapti | ya ta sami cinêkêlan |

--- [f. 164v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 36 dari 74

tinalenan tangan sikil | wus katur dhatêng sang nata | Raja Sindu Mahpul angling ||

8. dèn takonana wong iku | sing ngêndi angsale dhingin | lawan nitik bêdhil apa | gumuruh amêmêlingi | Patih Cakrabumi nêmbah | Patih Atasulu ngiring ||

9. nulya tinakenan sampun | kadi karsane narpati | ature ingkang bêbandan | kawula wong Indhu Kusthi | kinèngkèn atur uninga | dènira sri narapati ||

10. sang prabu ing Atasulu | yèn matu[104] Raja Kusyari | ing sapamiyarsanira | Patih Atasulu nuli | malajêng dhatêng sang nata | matur yèn wong Indhu Kusthi ||

11. Raja Kusyari umatur | amit dhatêng sri bupati | punika dhèrèk kawula | prapta saking Indhu Kusthi | kula amit sang bêthara | amêthuk dhatêng pasisir ||

12. sinukan Kusyari sampun | sakathahe wadya ngiring | saking êjin gêgancangan | bêbandan wus dèn uculi | pêpalayon raja kupar | kapêthuk kang rayi margi ||

13. piyak baris kang ing ngayun | Prabu Kalithih ningali | kang raka sira angucap | tilar egal malajêngi | nulya arangkulan samya | sakalih sarêng anangis ||

14. adhuh gusti arinisun | tan nyana sira pêpanggih | kaparihèn gusti sira | sun gawa linggih mri ngêndi | si kakang wus tanpa wisma | wus dadi ina kasèsi ||

15. kang rayi kagèt angrungu |

--- [f. 165r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 37 dari 74

kang rayi ature aris | kang prabu dumèh punapa | tuture malangatèni | têka andika tutura | kawula arsa udani ||

16. bocah jupuka têtarub | saking kapal dipun aglis | kang tinuding sampun kesah | tundha kang rayi wus prapti | santana baita kathah | wus katur ing sri bupati ||

17. atarub sangkêlat dadu | cêcagak sarta ingukir | pinonthang sarya kancana | palinggihane rinukmi | Raja Kalinthih angucap | prabu tuturên dèn aglis ||

18. punapa milane kewuh | sapa wonge anakèni | Kusyari nambungi sabda | mèh mati si kakang yayi | cinidra de panêluhan | dening ta bala pribadi ||

19. Lobaman araning kewuh | umahe ing desa cili | kang anakèni si kakang | srayane têrahing Nabi | Muhammad kang kinasihan | Selarasa arannèki ||

20. Prabu Kalithih umatur | ing mangke wontên ing pundi | satru andika punika | sapintên gêngirèki |[105] Raja Kusyari angucap | tan gêdhe wonge dhap alit ||

21. mêngko uwis dadi ratu | anggêntèni jênêng mami | duk kondur ingsun dèn cidra | lagi turu dèn talèni | ingsun dèn buwang ing alas | karo kalawan kang patih ||

22. ing kono malarat ingsun | patang wulan tan abukti | nulya ana sihing dewa | sinuhun ing

--- [f. 165v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 38 dari 74

Pulo Jingjrin | panguluning jin sêdaya | kang tulung si kakang gusti ||

23. iya iku syaranipun | mati yuda salin titih | Prabu Kalithi bramatya | miyarsa tuture iki | tumulya aglis malumpat | tandhane bêndu kapati ||

24. lamun ora kakang prabu | jin kabèh konên sumingkir | sun pagute têtunggalan | Selarasa padha siji | nadyan ingsun kêmbulana | sakèh panaluhan wani ||

25. sakèh punggawa lan ratu | ningali gustine runtik | malumpat sing pranahira | talingan kadya sinêbit | punggawa gung kawan dasa | gêlung supit urang sami ||

26. kang ngangge garudha ngungkur | andhap lir Arya Satyaki | jênêngane Tambaksela | wontên punggawa satunggil | agêng aluhur sambada | gêlung supit urang sami ||

27. asampêt garudha mungkur | ulur-ulur abuk[106] asri | karangwistha[107] puspakêrna | sêmune asri angrawit | asawang Sang Gathotkaca | jênênge Sang Pringgawèsthi ||

28. sanunggal punggawanipun | pathelang sêmune lungid | jênêngane Purwagănda | sukur manah patitis |[108] sami gêlung supit urang | sadaya wong Indhu Kusthi ||

29. satunggal kêmbaranipun | sami sampêt abuk asri | jênêngane Trajutrisna | awake lir minangsi |[109] netrane asurat abang | acawêt sondhèr [so...]

--- [f.166r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 39 dari 74

[...ndhèr] rinukma |[110]|

30. angsale gi karuhun |[111] sadaya wong Indhu Kusthi | têrahing Bathara Rama | sêmona kalane dhingin | yuda tambak sindu banda | punika duk lagi dhingin ||

31. têrahing Rama puniku | mangko nyatane wong Kêling | iya kutha ing Maldewa | sayakti wong Indhu Kusthi | samya rêbut nama dewa | malah sakathah wong Kêling ||

32. saking ngriku têdhakipun | kang tuwa Raja Kowari | padha nêbut nama dewa | mila Sang Prabu Kalithi | sami sampun tata gêlar | mungsuh kapir kawuri |[112]|

33. têngara umyang gumuruh | bêndhe gong kalawan bèri | ana kang angundha gada | bêksa gandhewa jêmparing | surake karêngyèng wiyat | kagèt wong Islam miyarsi ||

34. prabu anom sira muwus | Selarasa ari mami | apa kang pating lêbyar |[113] akèh payung sun tingali | umatur Ki Selarasa | inggih kaka prabu yakti ||

35. paman Ujum apa iku | kêndhang gong kalawan bèri | syane[114] amlingi karna |[115] punika ratu sing pundi | Islam atawa si kopar | umatur Ki Ujum Sidik ||

36. yèn panguninganing usul | punika tanggal ping kalih | wêlas dintêne Salasa | satru tuwan angsal kanthi | sami ratu tur kawarta | saha bala anak rabi ||

37. Patih Selagănda muwus | Sêlam si atawa kapir | balane alod ing ngarsa | Ki

--- [f. 166v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 40 dari 74

Ujum matur yèn kapir | Patih Selagănda mara | sigra kalayan kang rayi ||

38. sakwèh punggawa andulu | yèn gustine sampun jurit | adan sami ngamuk rampak | sagunging para dipati | sawênèh anitih kuda | satus jaraning dipati ||

39. ana ngamuk saking pungkur | bubar sakathahing kapir | kawarnaa raja kopar | tinumbak deni kya patih | Selagănda nitih kuda | Raja Kusyari ngêmasi ||

40. warnanên sang nata prabu | ngamuk sing luhuring èsthi | angagêm pêdhang malela | tinatah tinaturanggi | kalawan pêkir Lomaban | lan sagunging para aji ||

41. sadaya sami angamuk | larut sathahing[116] kapir |[117] miwah Prabu Kalithi ka | ngêmasi saking sang aji | kocapa kang saking wiyat | Selarasa lan jin kapir ||

42. Selarasa kinarubut | dening sakathahing êjin | Selarasa tan katingal | dèn êbyok ing êjin kapir | sang pêkik wuwuh bratya |[118] dinêdêl lawan camêthi ||

43. sakèh ngêjin padha kawur | dinêl[119] lawan camêthi |[120] Sindu Mahpul sigra mara | bêndunira tan sinipi | karsanira amupuha | tinêmbangan dhangdhanggêndhis ||

32. Dhandhanggula

1. Sindu Mahpul sigra nulya nitir | Selarasa ika datan obah | gada wêsi lêbar bae | Sindu Mahpul sira sru | mulat dhatêng gadanirèki [gada...]

--- [f. 167r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 41 dari 74

[...nirèki] | sigra sang wirèng yuda | camêthi sinambut | Sindu Mahpul sigra indha | wus malayya tan katingal purugnèki | kantun Ki Selarasa ||

2. Sindu Mahpul sigra aningali | prabu anom anggana ing tawang | dene ta ilang mungsuhe | sinambêr saking pungkur | wus binakta pan sira aglis | kagèt sira sang nata | prabu anom muwus | sapa kang gawa maring wang | arêp sira kapakakên isun iki | kaniaya sira |[121]|

3. Raja Sindu Mahpul anauri | sira uga kang gawe wisuna | dadi ingsun walês mangko | rasanên de sirèku | nora wurung sun juwing-juwing | bêbalungmu sun mamah | sampun tanpa bayu | prabu anom tyase lupa | pangèsthine sampun takdiring Yyang Widi | tèkèng sariraniwang ||

4. apan wuwusên mangke kang kari | wau gustine pan sampun ilang | tangis lir gêrah syarane | Selagănda wus kantun | tan kawasa osika malih | saicale kang raka | Ki Lobaman gêtun | saicale ingkang putra | sakyèh aningali |[122] dening ta tan kapêdhak ||

5. sadhatênge ramya tiyang nangis | Selarasa mudhun sing gêgana | Ujum Sidik mapag age | Ki Lobaman angrangkul | adhuh gusti kawula nênggih | pun paman belakêna [bela...]

--- [f. 167v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 42 dari 74

[...kêna] | tiwase wong dhawuk | angraksa ing kakangira | kakangira dèn gawa ing êjin kapir | si bapa belakêna ||

6. Selarasa mênggah saryya angling | kawigêna ing manah tan ketang | anayuti ing trisnane | tumungkul dènnya lungguh | rame malih |[123] Lobaman tanbuh polah | têka gagar-gugur | karsane anêmburana | jambe suruh dèn aponi lan têrasi | bênglene ika bawang ||

7. sinêngguh dringo ku sabrang aking | kapisêlak ilêr darewesan | wong anom dadi guyune | Selagănda wus emut | Ujum Sidik kang ngusadani | lawan Ki Selarasa | kalih sampun emut | Selarasa angandika | paman Ujum ana ngêndi lanat kapir | kang ngiwat sanak ingwang ||

8. aris matur sira Ujum Sidik | ing panguning kawula rahadyan | ing dintên Rêbo ta anggèr | èstri ambêking pandung | saegale pan botên têbih | kasusul kasusulan | dening parnahipun | ing mega pênggêl lèr ika | mega kandêl Selarasa nulya lêngis | sakêdhèp tan tumingal ||

9. aturipun mung kalih kulambi | kuda dipun camêthi dèn tilar | sigra wus kontap megane | katingalan [katinga...]

--- [f. 168r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 43 dari 74

[...lan] sang prabu | anglampahi surup yyang rawi | i wayahira |[124] prandene andulu | pangawasaning makutha | katingalan kang raka lagya dèn cangking | nulya Ki Selarasa ||

10. wus rinêbat kang raka saking jin | tur dhinupak Sindu Mahpul niba | amblês ing siti tibane | satangine wus mabur | Selarasa dèn susul malih | prabu anom rinêbat | mapan wus karêbut | ramene dhupak-dhinupak | prabu anom kaparan tiba ing siti | tiba ing alas amba ||

11. ramening yuda titih-tinitih | wus raina nulya katingalan | yèn kang rinêbut wus rigèl | Maraja Sindu Mahpul | nulya tilar lumayu aglis | ya ta wus ingalingan | de brahalanipun | angidang wangsul sang nata | katingalan prabu anom anèng siti | sinambêr wus binêkta ||

12. binêkta awor lan mega putih | Selarasa kèmêngan ing nala | wangsul dhatêng nêgarane | praptèng ing Atasulu | sapunika Ki Ujum Sidik | nêmbah saking têbihan | nudingi mring luhur | wontên ing mega punika | raka tuwan duka susul tumuli |[125] kang pêthak mungguh wetan ||

13. Selarasa gupuh dènnya balik | dhatêng mega wetan pinaranan | prapta i mega pranahe | ri saksana

--- [f. 168v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 44 dari 74

andulu | sang jin kapir lagya anangis | sang prabu anom sigra | Selarasa ngrêbut | Sindu Mahpul wus dhinupak | Raja Sindu Mahpul mèh tibèng jaladri | si bêlis aglis nyandhak ||

14. satangine wus angrab mulih |[126] pan agudêr sami rêrêbatan | wuwusên ika lampahe | Dèwi Rêtna Parênyuh | pan wus cawis anèng jaladri | darbe amêng-amêngan | mina sampun rawuh | gigire nusa tambanan | sarta bêkta kang mina patani rukmi | mungguh ing gigirira ||

15. prabu anom wus kapiran malih | tan anyandhak tibèng ing samodra | têka tiba ing kasure | prabu anom gêgêtun | amurcita i nalanèki | baya ta marmaning Yyang | iki ana kasur | iki ta duwene sapa | wêwangunan patani sarya ingukir | tur sarya pêpajangan ||

16. dupi nolih nulya aningali | wontên èstri endah warnanira | gêgêtun lênglêng driyane | iki wong luwih ayu | pan satuwuh isun aurip | durung ingsun tumingal | dhingin rabiningsun | sun sênggih tan ana memba | têka iki ana ayu luwih maning | wong apa iki baya ||

17. prabu anom lingira amanis | nyai

--- [f. 169r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 45 dari 74

dewa sintên kang sinambat | kusuma ngêndi wismane | apajarah[127] wong ayu | sampun ragi kadukan tampi | punapa karsa dika | angambang ing ing laut |[128] Rêtna Parênyuh tur sêmbah | inggih nuhu[129] sang nata kawula inggih | saos năngga mring tuwan ||

18. amrih sampun dhawuh ing jaladri | tiwas kawula angastupada | rayi tuwan langkung sihe | mandah i bêndunipun | ing kawula rayi sang aji | yèn paduka dhawuha | kêlêma ing ranu | kawula dados punapa | dening rayi paduka kawula gusti | pasthi kinarya bela ||

19. kèndêl dangu angling jroning ati | dadi apa ingsun kagahana | tênagane yayi ipe | aris wêdaling wuwus | katambuhan si kakang yayi | têgane si manyawa | garwane dhiningsun | si kakang kalangkung nêdha | Sukma Agung besuk ingkang mangsuli |[130] wong nguripi ing pêjah ||

20. kawarnaa Selarasa maksih | pan sadalu angadu kajayan | lawan Sindu Mahpul rame | gada-ginada sampun | tugêl mangke kang gada wêsi | malah bangun raina | sang nata andulu | kang rinêbut datan ana | Raja Sindu Mahpul pan malayu malih | sampun sira ngalingan [ngaling...]

--- [f. 169v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 46 dari 74

[...an] ||

21. brahala bêlis setan angalingi |[131] êjin kupar sampun tan katingal | angidang wangsul lampahe | Maraja Sindu Mahpul | sigra mulat dhatêng jaladri | ing wau wis katingal | prabu anom lungguh | anèng patani kancana | Sindu Mahpul sigra anambêr tumuli | Parênyuh wus prayitna ||

22. sang dyah ayu wus mênthang jamparing | gandhewane sigra dipun kanan | dèn ayat-ayat tindake | panah lumêpas sampun | pan cumundhuk ing gulunèki | sarêng tumiba ika | tugêl lan gêgêmbung | gumêbyur tibèng sagara | kambang-kambang anggane lan sirahnèki | lir jong asêsampanan ||

23. Selarasa mulat ing jaladri | yèn mungsuhe wus kambang-kambangan | Selarasa sru bêndune | tumingal ngalor ngidul | sapa baya kang amatèni | maring sang kapir lanat | ya ta nulya dulu | kang garwa anèng samodra | ingkang garwa arsa dipun jamalani | sang aprabu anyêngkah ||

24. pan winêngkang astane kang rayi | adhiningsun babo gusti aja | apa iki lêlewane | yayi wus aja bêndu | rabinira ingkang matèni | ingsun kang akon ika | lamun [lamu...]

--- [f. 170r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 47 dari 74

[...n] sira bêndu | angur tuwêkên si kakang | ingkang akon aja rabinira gusti | kang nguripi si kakang ||

25. Selarasa gumêtêr tan sipi | amiyarsa bêndune kang raka | sumungkêm langkung ajrihe | amuwus jroning kalbu | adhuh raka warong[132] kapati | sun sidhêp wus palastra | jênêng sang aprabu | margane ana sih Ngallah | prabu anom wuwuse arum amanis | nyi pe kene linggihan ||

26. balik yayi age padha mulih | manawa dadi akèh mêmêlang | ing mantri punggawa kabèh | eca agunêm catur | nulya prapta êjin pêkathik | gungipun kawan dasa | lawan kudanipun | pinandêng sing katêbihan | botên purun parêk sakathahing êjin | angantos pangandika ||

27. wus ingawe dening sang apêkik | nulya mara punang jin sadaya | Selarasa ris wuwuse | sira padha sun utus | marang Pulo Rukmi dèn aglis | matura kangjêng paman | Raja Palmin iku | wong Pulo Jingjrin wus pêjah | kangjêng paman sun aturi jêjarahi | ngumpulakên bêrana ||

28. lawan anake wong Pulo Jingrin | yayi êmas sun kon ngrabèkêna | ingsun suka palakine | wus muli[133]

--- [f. 170v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 48 dari 74

dèn gupuh |[134] jaran iku tigalên mangkin | nêmbah punang putusan | sakèh jin wus mabur | Selarasa matur nêmbah | inggih raka kuda panduka titih |[135] ing pukur dados sêmang ||

33. Pangkur

1. prabu anom nitih kuda | wuwuh bagus sapolahe mantêsi | kang rayi lumakyèngh[136] ngayun | kêkanthèn lan kang garwa | lir jawata lampahe katiga wau | sang nata lan Selarasa | Parênyuh lumakyèng wuri ||

2. katiga ngambah gêgana | tan adangu lampahe sri bupati | sêsaat anulya rawuh | tumêdhak sing gêgana | wus katingal dening sakathahe bandu | Ujum Sidik kang apajar | yèn sang nata lagi prapti ||

3. mantri punggawa kang tuwa | kinèn bubar dènira sri bupati | kang sajawi kitha iku | sadaya ingandikan | sampun ngumpul sadaya ing alun-alun | wus sêsak tanpa panggenan | malah anglèbi pasisir ||

4. kya patih anitih kuda | cêcongklangan sarya anata baris | pinasang ing alun-alun | tata sadaya bubar | sêsinggahan syarane umyang gumuruh | Rumsari pêpalajêngan | angure-ure [angure-u...]

--- [f. 171r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 49 dari 74

[...re] dèn joli ||

5. palayune Ni Rumsêkar | sampun supe ing jênênge pawèstri | Ragapuspita malayu | kampuhe kaleweran | tan dèn etang malayu anyèrèd kampuh | tan ana kang katingalan | amung kang raka kaaksi ||

6. sang nata sampun katingal | dening sang dyah anglungsar anèng siti | sang nata tumêdhak sampun | saking luhuring kuda | dyan sinambut sang putri deni sang prabu | kang garwa sampun ingêmban | binakta mantuk i puri ||

7. Selarasa Selagănda | akêkanthèn kalih garwane rèki | prapta ing jro pura sampun | wayahe tunggang arka | prabu ano[137] pamuwuse amlasayun | yayi Patih Selagănda | padha arèrèn ing mangkin ||

8. sakathahe wadyabala | kon kasukan ing jro lawan ing jawi | sakalangkung sukanipun | sapraptane sang nata | sayandalu tansah akasukan wau | warnanên ingkang jarahan | garwaning wong Indhu Kusthi ||

9. prabu ka Kalithi kang garwanya |[138] patang puluh endah ing warnanèki | anom-anom ayu-ayu | sadhèrèk pun [pu...]

--- [f. 171v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 50 dari 74

[...n] satunggal | maksih kênya samya amarêk ing ngayun | atap alinggih ing ngarsa | lir sêkar sataman asri ||

10. lamine ika sang nata | akasukan siyang kalawan latri | tigang sasi laminipun | sang nata ris ngandika | yayi patih samangko ing karêp ingsun | kabèh saisini[139] palwa | sagamêlan yayi patih ||

11. lawan kabèh dangdanana | ingkang rusak bênêrêna dèn aglis | Patih Selagănda matur | aris wêdaling sêbda | inggih sampun pabêlah sadayanipun | sami mangsup gama Islam | Selarasa ingkang mardi ||

12. pun paman Lobaman tuwan | kang amardi muru amuruk gama suci |[140] prabu anom lingirèku | kapale wowotana | samaktane iku yayi karsaningsun | Selagănda atur sêmbah | inggih paduka nêrpati ||

13. sigra prapta Selagănda | dhatêng kalih layan wau kang rayi | amaro sapalwanipun | wis padha winowotan | samaktane uwos toya mapan sampun | bêdhil lan obat wus kawrat | murong lawan watu gêni ||

14. lan sagunging kang barana |

--- [f. 172r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 51 dari 74

kêkêndhangan êmas kalawan picis | sadaya kawrat ing sêlup | Selagănda tumêdhak | saking palwa Selarasa aris muwus | ki patih punapa karsa | karsa dika dhatêng pundi ||

15. tan kawarna lampahira | Selagănda matur ing sri bupati | aris dènnya nêmbah matur | inggih sampun palastha | palwa dalêm wus kawrat sadayanipun | kawula atakèn warta | kang prabu kesah mring pundi ||

16. enji[141] sangnata sineba | pan pêpêkan sagunging tăndhamantri | pêkir Lobaman nèng ngayun | Ujum Sidik ing kanan | angandika sang nata lingira arum | yayi patih dèn palastha | upacara lawan baris ||

17. baris dalêm sampun tata | bêdhil tigar angapit kanan kèri | tunggul langkung munggèng ngayun | kêrbin mungguh ing wuntat | sêngkêlat bang sadaya rasukanipun | sang nata ngrasuk busana | kasmaran sakèh ningali ||

34. Asmaradana

1. enjing sang nata tinangkil | pêpak sagunging pugawa | kang rayi kalih ngandhape | sadaya rêmên tumingal | i warnane sang nata | dening amuwuhi bagus | sang nata aris ngandika ||

2. paman pêkir Ujum Sidik |

--- [f. 172v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 52 dari 74

andika kalih kantuna | angrêksa nêgara mangko | ingsun ta arsa mring Cêmpa | rayi kalih sun gawa | putra dika maksa tumut | kesah ing dintên punika ||

3. sadaya samya wotsari | ature pêkir Lobaman | mangke paduka lumèngsèr | sang nata aris wêcana | mangke kawula kesah | yèn patut lan paman Ujum | ngulati marga raharja ||

4. Ki Ujum Sidik sung bêkti | kawula nuhun sang nata | raharja margine anggèr | watêking dintên punika | nanging yèn dhatêng paran | paduka amanggih kewuh | nanging botên dados baya ||

5. sang nata ngandika aris | yayi Patih Selagănda | uwis munggaha samangko | ing palwa pariyatêna | sawadene samakta | mêngko rèrèn bari ingsun | barêng lawan kakangira ||

6. Selarasa sira gusti | miliha sira baita | idhêpên si kakang mêngko | sakèhe jarahanira | iku parigêlêna | wontên dadi saparau | iku lawan garwanira ||

7. Selarasa nêmbah aris | amit lumampah kewala | pan inggih eca manahe | lumampaha ing samodra | salajune kang palwa | rayi paduka pan sanggup | nusul dhatêng mring sampeyan ||

8. sang nata ngandika aris [a...]

--- [f. 173r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 53 dari 74

[...ris] | yèn mêngkono yayi sira | nyênyinggahêna samangko | ucapên kang anèng pura | Rumsari ingbaturan[142] | putusan sampun kapêthuk | ing margi lawan sang nata ||

9. tan kawarna sirèng margi | sêsinggahan sampun prapta | ing pasisir sabalane | sampun minggah dhatêng palwa | rame abêbêdhilan | wanci-wanci tugang[143] gunung | angin dhaya babar layar ||

10. lir jinurung deni Widi | palayare palwa kathah | pating pancorong damare | kurung gêdhah munggèng tiyang | amung kapal sang nata | pandam ing ngarsa ing pungkur | kurung agung munggyèng wuntat ||

11. nêngah sampun silêm wukir | palayare sampun lêpas | tan kawarnaa lampahe | wuwusên nata ing Cêmpa | Sang Prabu Selangkara | nagarane wus kinêpung | wau wus binayong[144] mangap ||

12. dening ratu kawan nagri | nênggih angsale nalendra | saking Cubinang wastane | akanthi sidhêm manggora | lan ratu ing Tursina | pamigiring Cêmpa iku | wus tinêlukakên padha ||

13. i dalêm kitha wus wiwrin | malah wus kadi tumangan | alabuh gêni karsane | samangsane kunggahana | kuthane nètèng[145] Cêmpa | mung ngantos putusanipun | sira Prabu Selangkara ||

--- [f. 173v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 54 dari 74

14. nênggih sampun pitung wêngi | kesahe punang utusan | angulati sraya mangko | malah undhangi[146] nagara | sing sapa ngundurêna | ing mungsuh jumênêng ratu | angrèha nagara Campa ||

15. nagari kang dèn purugi | awasta Tănjabuwa[147] |[148] nanging ta tan olèh gawe | datan arsa atulunga | Ratu Tunjung Buwana | punang duta nuntên wangsul | nanging maksih wontên marga ||

16. Wan Sujana Wan Sujati | agunêm sarowangira | adhi kadipundi mangko | laku kita kinèn lunga | ngambil sraya tan angsal | muliha nagara besuk | kutha pantê[149] sampun bêdhah ||

17. lan musuh kita puniki | kasuhur têguh kuwasa | wani tan ana lawane | mulane iku sang nata | Ratu Tunjung Buwona | tan sagup[150] amungsuh iku | maring Sang Prabu Cubinang ||

18. Wan Sujati anauri | inggih si kinapakêna | yèn wus sêmono jangjine | rêmuke nêgara Cêmpa | rowange sami ngucap | yèn mangkatên angur sampun | mantuk ing nêgara Cêmpa ||

19. samadene [sama...]

--- [f. 174r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 55 dari 74

[...dene] manggih wèsthi | punang duta turut marga | dupi tumingal ngarsane | yèn wontên wong nitih kuda | dèn putêr sêsirigan | Ki Wan Sujati amuwus | ika na wong nitih kuda ||

20. baya pantês mungsuh iki | punika angadhang kita | nêdha malayu dèn age | kawruhan balai kita | rewange tiyang gangsal | sami gancang lumayu |[151] sambi ambirat gêgaman ||

21. Selarasa aningali | saki luhuri[152] turăngga | wong padha malayu age | saksana Ki Selarasa | angrapakên torăngga | sakêp[153] tumulya rawuh |[154] Wan Sujana nulya niba ||

22. kumurêb têngahing margi | tur sarwi tobat-tobatan | Selarasa ris wuwuse | hèh babo iku sira |[155] mêlayu wêdi ngapa | lawan sapa kang amburu | sing ngêndi pinangkanira ||

23. bapa tangia aglis |[156] mêsakakên tiba sira | angur tutura dèn age | miyarsa Ki Wan Sujana | angucap jroni[157] nala | dudu rêrasaning mungsuh | rêrasane wong wus wikan ||

24. alon dènira atangi | Ki Wan Sujana tumingal | yèn Ki Selarasa mangko | èngêtipun kaya-kaya | Selarasa uninga | karuhun panyapanipun |

--- [f. 174v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 56 dari 74

lêgane Sujati sira ||

25. sira padha saking ngêndi | Wan Sujana ngrangkul pada | sarwi dèn uwuh bature | batur padha marenea | iki ta gustinira | sadaya sami angrangkul | padha lara tangisira ||

26. Selarasa muwus aris | uwus ta padha mênênga | balikan tutura age | Ki Wan Sujana tur sêmbah | inggih gusti kawula | kinèngkèn dhatêng sang prabu | ngulari sraya kawula ||

27. malah undhanging nagari | deni ta lah datan angsal | raka paduka ta[158] wande | katêkanan ratu papat | kang angêpung nêgara | Cêmpa datan wande lêbur | punika ratu prakosa ||

28. jêngandika saking pundi | Selarasa angandika | mulane dadi mêngkene | măngsa tan kuwat de ngarta | ge angambil sraya |[159] wong liyan nadyan sadulur | dèn timbang abot dunya |[160]|

29. wis padha muliha aglis | Wan Sujati Wan Sujana | matura kaya mêngkono | Wan Sujana matur nêmbah | gusti botên sumăngga | sing pundi margane mantuk | mêngsah tuwan sampun aglar ||

30. Selarasa ngandika ris | nyêkêla buntuting jaran | sakabèh dèn kukuh mangko | ya ta sami gêgeyongan | wong lêlima sadaya | sakêdhap binakta mabur | sampun prapta ing jro kitha ||

31. Selarasa [Sela...]

--- [f. 175r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 57 dari 74

[...rasa] wangsul malih | sêsandêran ing samodra | saking gancange lampahe | sêsaat anulya prapta | kapal pan maksih layar | kêpanggih ingkang parau | wus pinênging minggir padha ||

32. sadaya wus labuh sami | angambang anèng i têngah | amung satunggal palwane | kang winêratan sanjata | kang kinèn anglajua | ing muara Cêmpa iku | kinèn samya labuh jangkar ||

33. kagèt sami kang miragi | bêdhil muni ing muara | sami matur ing gustine | Prabu Cungbinang putusan | pacalang atêtanya | sing kadohan sami nguwuh | tan purun yèn angrampida ||

34. hèh wong kapal saking ngêndi | pinangkanira lan apa | sêdyanira labuh kene | anauri wong sakapal | wong Atasulu ingwang | padagangira sa prabu | iki kapale nalendra ||

35. wruhanira kang darbèni | kapale sri naranata | mulanira atêtakon | sira iki arêp apa | lan wong ngêndi sira |[161] têka tambuh marang ingsun | dudu wang[162] kene ta sira ||

36. sakèh pacalang anglirig | mêpêti punang muara | mangkana malih wuwuse | sira aja age mêntas | nakodane kewala | mêntas aja ngaga[163] dhuhung | sanjatamu udhunana ||

37. wruhanira ta samangkin | ratunira pan wus asrah [a...]

--- [f. 175v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 58 dari 74

[...srah] | pan wus bêdhah nêgarane | dening kangjêng gustiningwang | sinuhun ing Cungbinang | karane ta nakodamu | yèn arêp urip mêntasa ||

38. parêka ing gusti mami | dagangamu aturêna | upamane ora awèh | ora wurung sun bêranang | ing mangke kapalira | wong kapal padha sumaur | kapir apa ujarira ||

39. awèh ora awèh mangkin | ingsun nora wurung mêntas | sumingkira aja kono | bêdhil kapal sinulêdan | tur padha minimisan | kang kêna sikile putung | ana paraune sigar ||

40. gumuruh sakèhing jalmi | wong pacalang sampun bubar | samya agêbyur sawanèh | kang kapal anyalad pisan | wus manjing têng muara | Selarasa kang anyurung | ènthèng lir narik gamparan ||

41. sêdaya minggah tumuli | sakèh pambêlahing kapal | angglasah gêgêr barise | sira Patih Selagănda | kine[164] nitih kuda |[165] sambêrani[166] munggèng pungkur | dening wau Selarasa ||

42. amung angrasuk kulambi | ăntakusuma punika | anèng ngarsa lan garwane | Parênyuh datan katingal | dening sakèhing jalma | asikêp panah lan busur | kocapa natèng Cungbinang ||

43. bêndunira tan sinipi | dening pacalange [pa...]

--- [f. 176r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 59 dari 74

[...calange] bubar | angrasêg[167] kabèh balane | nêgara Cêmpa dèn tilar | angrasêg Selarasa | balane kêdhik kadulu | saya galak ing akathah ||

44. sagêmi[168] wong kathah sami | angamuk sakèh wong kapal | Selarasa pangamuke | kalih camêthi kewala | Selagănda mangkana | sikêp watang wuwuh bagus | amuking bala kathah |[169]|

45. sing kacurnan tan mindhoni | kuda bisa ngamuk dhawak | akèh wong pêcah êndhase | dèn kalêthak dening jaran | Parênyuh ngamuk sira | nanging ta datan kadulu | pêdhang kadya ngamuk dhawak ||

46. sang prabu mulat mungkirig | pêdhang bisa ngamuk dhawak | dèn belakakên kudane | malajêng apêlarasan | angungsi wanapriga[170] | sabalanira lumayu | sami pisah rêbut paran ||

47. wus sirna kang mungsuh sami | prabu anom pun mêntas |[171] sing kapal kalih garwane | bêdhil awor lan gamêlan | lir karêngèng awiyat | wuwusên sang nata prabu | Selangkara anèng pura ||

48. sakêlangkung ing prihatin | amiyarsa wuwusira | Wan Sujana sapraptane | matur lamun [lamu...]

--- [f. 176v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 60 dari 74

[...n] Selarasa | muwus kadi punika | panyananira sang prabu | ya uga Si Selarasa ||

49. kang angraya ratu iki | arêp angukih nêgara | mangkana wau ciptane | tan antara saking jaba | Kya Patih Makupraja[172] | mêndhak angaturi atur | gusti lamun rayi tuwan ||

50. sakatiga sami prapti | wau saking pangumbaran | nênggih nêmatus kapale | mangke sami angsal garwa | gêpah ing galedhegan | tan arsa ing alun-alun | ngantos timbalan sang nata ||

51. wingi duk rame kang bêdhil | lêgane rayi paduka | tumandang angamuk rame | Selangkara ton ngandika | gêgêtun manahira | gumêtêr wijiling wuwus | uwa patih kaya ngapa ||

52. raganingsun dening yayi | dèn patèni tawa ora | dening larane atine | dumèh ora sun satata | kya patih atur sêmbah | wonde[173] padugi[174] ngulun |[175] gusti măngsa mangkatêna ||

53. rayi paduka dewaji | têmbe têksih rama tuwan | pinatutur katigane | dhatêng sajatining gêsang | anom mangke yèn ingwangwang |[176] Prabu Selangkara muwus | botên kadi dhangdhanggula ||

--- [f. 177r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 61 dari 74

35. Dhandhanggula

1. payo uwa ingsun anêmoni | sun papage make ariniwang | nadyan maksiha manahe | pan akèh ariningsun | pajahana pan sun lakoni | pan iya ariniwang | sang prabu wus mêtu | tan ambêkta upacara | lawan patih bêbasahanipun ugi | kampuh kêmul kewala ||

2. dhatêng alun-alune prabadi[177] | datan wontên wong angiringa |[178] sang nata wau lampahe | prayi[179] anom andulu | gupuh nulya amêlajêngi | atilar upacara | anungkêmi suku | wangsane katiga pisan | lan kang garwa Prabu Selangkara angling | lah yayi jumênênga ||

3. binaktèng pura sami kinanthi | sakatiga tansah ingarasan | samarga-marga arine | wus prapta pura lungguh | magêlaran ing made gadhing | Sang Nata Selangkara | anolih ing pungkur | akèn sira mêmundhuta | sang nata ngling ing rayi linggiha ngriki | kabèh barêng satata ||

4. wangsanipun samya atur bêkti | kula nuhun gusti ing sang nata | katiga ngan[180] kimawon |[181] paduka anèng luhur | Selagănda jawil kang rayi | alon dènira ngucap | mangke kakang prabu | wayahe eling ing sanak [sa...]

--- [f. 177v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 62 dari 74

[...nak] | baya ilang dhêmêne reyal rêjêki | nêgarane mèh rusak ||

5. prabu anom matur asung bêkti | raka prabu tur-atur kawula | èstri kawan dasa gunge | labêt garwane ratu | saking ibu gusti ing uni | mêsah rayi paduka | Selarasa dangu | kathah amêjahi kopar | malah panggih lawan paman Aji Palmin | dhatêng Pulo Kancana ||

6. pan kawula tinilar nagari | Atasulu wastaning nêgara | sang nata asru tangise | Selangkara gêgêtun | amiyarsa ture kang rayi | sadalu pinuturan | mangkana kang kantun | saking kapal tan asêla | dhêdhaharan sêkul ulamipun mintir | malah datan kadhahar ||

7. waradin wong Cêmpa kagêng[182] lan alit |[183] sami dhahar kiriman sing kapal | Patih Selagănda kinèn | dhatêng jawi balabur | dhêdhaharan kang warni-warni | injing ing wayahira | prabu anom matur | raka ji amit kawula | ajêng mêdhêk ing astana ibu kalih | nêdha idi sampeyan ||

8. ngumpulakên sakathahing pikir[184] | badhe kabêkta dhatêng astana | angsala satus ing kèhe | angsal milih puniku | kang pasihat pangajinèki | Kya Patih Selagănda | nulya [nu...]

--- [f. 178r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 63 dari 74

[...lya] aglis matur | raka Prabu Selangkara | dawêg kesah pun pêkir sampun nyaosi | ing karsane sang nata ||

9. Prabu Selangkara angling aris | adhuh gusti arine pun kakang | wuwusira pindho gawe | aja ta lunga ngujung | yèn si kakang tan nyukani |[185] sumilih ing raganya | ala bêcikipun | pati ika pêpindhannya | yèn samangke ora ngrasa anduwèni | yayi sakarsanira ||

10. payo yayi si kaka[186] angiring | ing astana sampun sami kesah | angujung ing astanane | ing eyang rama ibu | atur donga agênti-gênti | miwah kang anèng jaba | pêkir donga sampun | tan antara bata rêbah | amining wong sakenjing malah salingsir | lan dhêdhaharane pisan |[187]|

11. sampun dhahar anulya angaji | prabu anom ing dagan kang rama | Patih Selagănda mangke | ing jawi bêbalabur | salawate mungguh wong jawi | kancana wrat satêngah | kati mungguh kaum | kêna wawrat kalih reyal | lan sêsotya pangandhape pan waradin | tan ana kalintangan ||

12. pêkir agêng alit pan sinami | miwah lare alit pan dinuman | miwah ingkang panganggone | calana lawan baju | nyampingipun dhêsthar bêbênting | pan waradin sadaya [sa...]

--- [f. 178v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 64 dari 74

[...daya] | sukane kalangkung | ing pêkah saking sang nata | kawarnaa sawêlas dina ing mangkin | sang nata ing astana ||

13. kunêng sang nata ing Cêmpa singgih | sukan-sukan murud sing astana | anyukakakên arine | kawan sangsang[188] kanutug[189] | sampun dhatêng musiming angin | sêlatan lan tunggara | karti sampun luhur | prabu anom atur sêmbah | mri kang raka kakang ji kawula amit | mantuk dhatêng nêgara ||

14. Ngatasulu gusti pan mênawi | yuyunên mangke kang wadyabala | langkung saking samadose | kèndêl tan kêna muwus | Prabu Selangkara miragi | kumêmbêng wêspanira | adhuh ariningsun | lêgane ta dèn apura | dosaningsun supaya si yayi uni | maksih dèn tilar uga ||

15. panêdhanisun mring sira yayi | yèn besuk lunga saking ing Cêmpa | yèn isun wus mati radèn | upamane kaburu | sira têka tilar ing kami | pun kakang pêjahana | tan kawasa tèngsun | ing kene jênênga nata | dêdimène pun kakang ambêgawani | sang nata ngus[190] waspa |[191]|

16. prabu anom sigra anungkêmi | sampun kakang onênging wardaya | tan ilok ratu linggihe | amêdalakên êluh | dados sangar dhatêng nêgari | sampun dumdumaning Yyang | dika kakang [ka...]

--- [f. 179r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 65 dari 74

[...kang] prabu | ajênêng nata ing Cêmpa | pan kawula cinato dening Yyang Widi | Ngatasulu nêgara ||

17. wontên dene rayi tuwan gusti | Selarasa bakalipun pisah | lan kawula ing benjinge | dudumaning Yang Agung | dados nata nagri ing êjin | nêgarinipun wasta | Pulo Jinjrin dangu | luhung karikil komala | wêdhinipun mirah intên patik aji | bêbature kancana ||

18. Selangkara muwuse amanis | lah ta yayi yèn kaya mêngkana | têkêdiring Yyang dadine | sapa sanggup anantun | lah ta yayi miyanga gusti | prabu anom anêmbah | kakang prabu nuhun | sih paduka mring kawula | pan punika babêktan katur kakang ji | sabêbêtan kawula ||

19. sampun wau samya angujungi | kadangira wus minggah ing palwa | sampun sami layar kabèh | ngungun wau kang kantun | agêng alit lara kang ati | samantuke sang nata | prabu anom wau | pinunggêl caritanira | purwanipun ingkang samya alul tulis | dèn sami ngapuraa ||

20. tan kawarna lampahe wus prapti | ing nagara Ngatasulu ika | bêdhil lir brondong [bro...]

--- [f. 179v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 66 dari 74

[...ndong] syarane | pugawa Atasulu | samya mêthuk anèng pasisir | miwah pêkir Lobaman | Ujum datan kantun | sampun tumêdhak sang nata | saking palwa Lobama nulya anganthi | kadya èsmu kasmaran ||

36. Asmaradana

1. wus tumêdhak sing bênawi | prabu anom magêlaran | gumrêdêg wadyabalane | Ujum Sidik Ki Lobaman | alungguh kèri kanan | kang rayi jajar nèng ngayun | saksana surup yyang arka ||

2. sampun gumanti ing wêngi | mantri kinèn akasukan | kinèn ngaturana mangko | ayun anêmbang gamêlan | têngaraning wong suka | saking sontên malah dalu | sri naranata tumêdhak ||

3. saki gènira alinggih | luwaran mantuk i pura | padhêkan jawi ngandhape | amandhi dhuwung ing ngarsa | wanèh bêkta caratan | ing ngajêng samya alungguh | para rabining satriya ||

4. kang rayi kalih kinanthi | Selagănda Selarasa | binakta ing jro kadhaton | kalih sami adhahar |[192] ikang tan arsa dhahar | Selarasa lakung nuhun | pambêngane [pambêng...]

--- [f. 180r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 67 dari 74

[...ane] Sênèn nyêgah ||

5. sampun adhahar sang aji | ambêng sampun ingalapan | kawula dalêm arane | ikang nêdha têtumbasan | sadaya sampun wisan | Selagănda amit kondur | wus mêdal i kapatihan ||

6. Selarasa nulya pamit | nêmbah kalayan kang garwa | kondur sing ngajêngan rame | miyos saking pêpungkuran | anganthi garwanira | kampuhe banjaran arum | sampun angrasuk busana ||

7. tarênggos ngage tumuli | murub muncar ing mastaka | linut ing rêtna sri tinon | rasukan atrakusama[193] | têdhak saking kasyargan | tuhu adining abagus | asêsêkar roning kamal ||

37. Sinom

1. sampun mêsat ing gêgana | saksana Sang Jayèngrêsmi | abure lawan kang garwa | ingiring ing bala êjim | wus prapta ing nagari | Pulo Dhêndha kang jinujug | wus manji[194] purăntara | nêngêna ingkang rumiyin | kawuwusa sang prabu ing Aburera ||

2. pêpitu kang saudara | pan sami jumênêng aji | sami anitih nêgara | ing Buryam kang dèn titihi | panggulu Raja Janggi | punika sinêpuh-sêpuh | panêngahing Talkăndha | nêgara dèn tindhihi |[195] ajêjuluk [ajêju...]

--- [f. 180v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 68 dari 74

[...luk] Sang Ratu Dhadhang[196] Migora ||

3. satul[197] i Jamintoran |[198] nêgarane Krasna Bali | kalangkung gagah ayuda | pilih tandhing yèn ajurit | satunggale wuragil | nêgarane Jubin Pinjung | aran Raja Sarnusan | soso yèn sampun ajurit | Sang Tananus namane waruju pisan ||

4. kêkalih pêpatihira | Raja Burera Sang Aji | ingaran Patih Tanusan | satunggal Husèn Sabiri | sami jajar alinggih | amarêk dhatêng sang prabu | Raja Kombala gagah | garap tutuke yèn angling | palinggihan punika dhamparan êmas ||

5. sang nata ing Aburera | Raja Kombala kêkasih | kinukudang duk sawarga | alam eyange Barindi | putuningsun ing benjing | têguh ora nana mungsuh | sasedane kang eyang | tan antara dados aji | amêngkoni sugri nagara ing sabrang ||

6. mêmulane sami ngawula |[199] punika mulane dhingin | Sang Barindi mila jaya | amêjahi Bagendha Mir | malah sami ingungsi | Sang Barindi lagi kukuh | mila sami ngawula | i Raja Kombala ala jrih |[200] duk sinowan sang nata kagok [ka...]

--- [f. 181r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 69 dari 74

[...gok] matêngga ||

7. andhèr sami sinajajar | radèn kalih samya nangkil | Radèn Sambawa aseba | pêparab Radèn Juwari | wontên malih anangkil | pêparab Sang Menak Kudrus | Raja Makasar seba | kêkasih Menak Binalik | Raja Siyêm kêkasih Menak Galuga ||

8. Sang Raja Kombala garap | garap tutuke yèn angling | ngandika ing tabidira | syarane garap ngajrihi | ingsun iki wus lami | durung wêruh gêtih ingsun | apa rupane baya | yèn anaa ingkang kongsi | mêtokêna gêtih ingwang pan sun ganjar ||

9. tabid sun takon mring sira | cêthanên mara dèn aglis | ana mungsuh ingsun nora | yèn ana mungsuh sing ngêndi | nanging ta sun kibiri | yèn anaa ingkang purun | siratên ka sagaha | wani ingsun angibiri | mara tabid aja mênêng-mênêng sira ||

10. mara tabid wêkcakêna | ana ora kang mungsuhi | kang padha kalawan ingwang | rosane ta apa maning | atawa ora manggih | sok walèha maring ingsun | lamun anaa raja | ngêndi nêgarane mangkin | andharadhak sang nata gumuyu suka ||

11. punang tabid datan ngucap | dangu datan amiyosi | ki tabid matur anêmbah | mangke gusti ragi ririh | têmbêng kula ngulari | ing dintên lan tanggalipun | ing dintên Isnèn [I...]

--- [f. 181v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 70 dari 74

[...snèn] ika | tanggal gangsal wanci lingsir | pan kapanggih lakune gêni lan kêmbang ||

12. ki tabid matur anêmbah | inggih gusti patik aji | nanging têbah turun nata | tur satêdhak-têdhak wali | yèn ujare ing tulis | sakti nora nana purun | jasad ngambah tan nyangga | sumilih ta gusti ngajim[201] | nadyan malih manusa pilih kang năngga ||

13. Raja Burera ngandika | Sêlam apa iku kapir | gêdhe di ingsun lan ika | Ujum matur dede kopir | dêdêge andhap alit | nanging sêktine kalangkung | gusti akanthi Sukma | layan punika pinasthi | lêlanange sajagat tan ana memba ||

14. sang nata asru ngandika | rumasa ngapêskên dhiri | agêtak nudingi sira | ngisèni tan wruh ing krami | ature tan dêdugi | angangêm kang êmbuh-êmbuh | ki tabid atur sêmbah | inggih wêwatêking tulis | pan ki tabid andhikul anèng ngajêngan ||

15. bramatyanira kalintang | Tantanus sampun tinuding | Tantanus mêtua jaba | sakèh ngaji konên manjing | sigra undhang sang aji | para nata munggèng ngayun | sira asiyagaa | aku arêp alurugi[202] | maring Jawa sun cobane andon yuda ||

16. anggêm saure sadaya | tinari dening sang aji | sapintên baya jayanya |

--- [f. 182r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 71 dari 74

Si Jawa kula mungsuhi | sanadyan awan bêngi | aja na kang milu-milu | kajayane Si Jawa | sun tudingi bae mati | sun gêtake wong Jawa pating palêsat ||

17. bungah manahe sang tana | ing sanggupe para aji | ki tabid nulya ngaturan | kawula nuhun sang aji | kula ngaturi uning | igih sang raja sinuhun | manggih ing wêwicalan | pun kaki asung pakeling | ing kawula kinèn amaspaosêna ||

--- [f. 182v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 72 dari 74

[...]

--- [f. 183r] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 73 dari 74

Punika Sêrat Găndakusuma, kalihan Selarasa.

Kagungan dalêm Kangjêng Tu

Megya nahên milya nikang ri

--- [f. 183v] ---

Selarasa, British Library (Add MS 12294 b), 1801, #1013 (Pupuh 25–37): Citra 74 dari 74

[...]

 


êmban (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.1.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sigra êmban lumayu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.1.4). (kembali)
dhatêng. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: datan ana gêgêling ati (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.3.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: têka linggih sumandhing ta sira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.4.2). (kembali)
Terdapat dobel sandangan: kapanggih atau kapanggèh. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa nêmbah matur aris (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.10.1). (kembali)
Kurang satu suku kata: Selarasa aris dènnya tanya. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa apan age (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.14.3). (kembali)
10 Kurang satu suku kata: antukipun wau dhatêng ing jro puri. (kembali)
11 ing (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.18.5). (kembali)
12 Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêgêtuning ing ati puniki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.20.1). (kembali)
13 Bandingkan: angrèh wadya Ki Ujum Sidik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.25.5). (kembali)
14 Kurang satu suku kata. Bandingkan: myang lêlurah bêkêl lan kêbayan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.27.2). (kembali)
15 sasmita. (kembali)
16 anyênginggahêna. Bandingkan: anêninggahêna (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.29.2). (kembali)
17 pinanganggèn (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.29.9). (kembali)
18 sèngi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.30.1). (kembali)
19 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhêdhaharan malih punggawa lan mantri (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.31.9). (kembali)
20 sinung (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.33.1). (kembali)
21 Sidik (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.33.3). (kembali)
22 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Ujum Sidik wastane (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 26.33.3). (kembali)
23 Atasulu. Bandingkan: Atashulu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.1.2). (kembali)
24 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang patih sapa ta baya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.2.6). (kembali)
25 Kurang satu suku kata. Bandingkan: rewangira paduka patik aji (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.3.2). (kembali)
26 pun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.3.5). (kembali)
27 ambanting-banting (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.3.7). (kembali)
28 Kurang satu suku kata. Bandingkan: waliulah tansah angambang ing ranu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.8.5). (kembali)
29 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: karsane anênulungi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.8.7). (kembali)
30 Kurang satu suku kata. Bandingkan: uning sajroning manah gusti sang ulun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.14.5). (kembali)
31 conggah. (kembali)
32 Lebih dua suku kata: tuwan enggalêna kaburu sakit. Bandingkan: tuwan enggal dèn uculana mami (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.21.2). (kembali)
33 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kapindhone Mukamat rasul nabi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.23.2). (kembali)
34 Kurang satu suku kata. Bandingkan: luput binadhe wong ika (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.23.6). (kembali)
35 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ngambah têngahing samudra (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.24.6). (kembali)
36 lah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 27.32.6). (kembali)
37 Nakoda. Bandingkan: Nakuda (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.1.2). (kembali)
38 Kurang satu suku kata. Bandingkan: palyaning Nakuda Kêling (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.1.2). (kembali)
39 tangguhana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.3.6). (kembali)
40 Dèwi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.14.8). (kembali)
41 Sindura (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.14.9). (kembali)
42 Islam (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.17.3). (kembali)
43 sontêning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.18.4.). (kembali)
44 Pulo (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.20.4). (kembali)
45 sri. (kembali)
46 Lebih dua suku kata. Bandingkan: hèh patih gawanên mulih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.24.2). (kembali)
47 cinangking (dan di tempat dan bentukan lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.25.7). (kembali)
48 mêrêm (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.27.2). (kembali)
49 Kurang satu gatra ke-8 (8i). Bandingkan: lan rusane apa maning (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.27.8). (kembali)
50 lan. (kembali)
51 Kurang satu suku kata. Bandingkan: matur Raja Kusyari (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 28.32.5). (kembali)
52 Kurang satu suku kata: sakalihe dèn aglis. (kembali)
53 diyan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.4.3). (kembali)
54 Kurang satu suku kata. Bandingkan: jin pêpilihan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.4.6). (kembali)
55 Kurang satu suku kata. Bandingkan: anggêro sri bupati (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.5.7). (kembali)
56 buyut (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.8.6). (kembali)
57 wêsi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.10.1). (kembali)
58 sakèhing. (kembali)
59 ingobahakên. (kembali)
60 Lebih dua gatra: gatra ke-2 dan ke-3 dobel. (kembali)
61 bêlis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 29.16.2). (kembali)
62 Metrum ini tidak jelas. Berdasarkan sasmita pada gatra terakhir bait sebelumnya, metrum ini seharusnya Gambuh. Namun, polanya (8i, 8o, 7a, 11i, 8a, 8a) berbeda dari pola standar Gambuh (7u, 10u, 12i, 8u, 8o). Ada kemungkinan bahwa ini adalah variasi Gambuh yang belum dikenal. (kembali)
63 Kurang satu suku kata: dadi cucuk ing ngarsa. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: Raja Tambul balanira winarni. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: sakutu-kutuning setan. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: lawan mêmêdining jalma. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: kyèk-kiyèk balung atandhak. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: uwil aul kalih pating gariwis (kembali)
69 pèk-èpèk. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: èpèk-èpèk ting kulayab. (kembali)
71 jin. (kembali)
72 Kurang satu suku kata: êjin raga alus padha. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: prabu anom apan lagya tinangkil. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: sakyèhe wadya agêng miwah alit. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: ingiring ing santri kathah. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: Kya Patih Selagănda. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: munggèng ngarsa jajar klayan kang rayi. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: kadi wontên damêle ingkang gati. (kembali)
79 Ki. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: ajêng wangsul arêbat kang nagari. (kembali)
81 durbiksa. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: anging iku kaparihèn kya patih. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: dawêg sinambadanan. (kembali)
84 Kurang satu suku kata: sagêlare sakyèhing kang prajurit. (kembali)
85 pangawasaning. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: angujiwati yayi sapa maning. (kembali)
87 lamun. (kembali)
88 datan. (kembali)
89 Kurang satu suku kata: tumungkul datanpa angling. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: anggarjita manah naning tan mijil. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: aris mojar kaprèhèn kita iki. (kembali)
92 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêngko wênèh kasêranga (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.19.7). (kembali)
93 istiyar. Bandingkan: istiyare (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.21.5). (kembali)
94 sajajahan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.22.6). (kembali)
95 Biasanya guru lagu a. Bandingkan: tan arsa yèn mangsoha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.24.5). (kembali)
96 Biasanya guru lagu a. Bandingkan: tan ana maning mangsoha (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.25.2). (kembali)
97 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang nata asru majar (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.31.5). (kembali)
98 panêluhan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.32.4). (kembali)
99 Kurang satu suku kata: ing sajêroning camêthi. (kembali)
100 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah malêsa maring ingsun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.37.6). (kembali)
101 pinggange (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.39.2). (kembali)
102 tumibèng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 30.40.4). (kembali)
103 Kurang satu suku kata: kilatbau ulur-ulur. (kembali)
104 matur. (kembali)
105 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sapitên agêngirèki (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.19.4). (kembali)
106 marbuk (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.26.2). (kembali)
107 karawistha. (kembali)
108 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun mêmanah patitis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.27.4). (kembali)
109 Kurang satu suku kata. Bandingkan: awake yayah minangsi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.28.4). (kembali)
110 Biasanya guru lagu i. Bandingkan: rinukmi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.28.6). (kembali)
111 Kurang satu suku kata. Bandingkan: angsale lagya karuhun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.29.1). (kembali)
112 Kurang satu suku kata: amungsuh kapir kawuri. Bandingkan: bala jin kapir kawingin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.31.6). (kembali)
113 Kurang satu suku kata. Bandingkan: apa kang pating galêgyar (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.33.3). (kembali)
114 syarane. Bandingkan: syara (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.34.3). (kembali)
115 Kurang satu suku kata: syarane amlingi karna. (kembali)
116 sêkathahing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.40.2). (kembali)
117 Kurang satu suku kata. Bandingkan: larut sêkathahing kapir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.40.2). (kembali)
118 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Selarasa sru bramatya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.41.5). (kembali)
119 dinêdêl (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.42.2). (kembali)
120 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dinêdêl lawan camêthi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 31.42.2). (kembali)
121 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kaningayane sira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.2.10). (kembali)
122 Kurang enam suku kata. Bandingkan: prabu anom sakyèh wadya nêningali (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.4.9). (kembali)
123 Kurang lima suku kata. Bandingkan: rame malih wong kang anangis (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.6.5). (kembali)
124 Kurang dua suku kata. Bandingkan: dalu ing wayahira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.9.6). (kembali)
125 Kurang satu suku kata. Bandingkan: raka tuwan paduka susul tumuli (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.12.9). (kembali)
126 Kurang satu suku kata. Bandingkan: satangine wus angrêbat malih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.14.1). (kembali)
127 apajara. (kembali)
128 Lebih satu suku kata. Bandingkan: angambang ing ranu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.17.7). (kembali)
129 nuhun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.17.9). (kembali)
130 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Sukma Agung besuk kang malês mangsuli (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.19.9). (kembali)
131 Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan brahala bêlis angalingi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.21.1). (kembali)
132 wirang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.25.5). (kembali)
133 mulih. (kembali)
134 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus muliha dèn gupuh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.28.4). (kembali)
135 Kurang satu suku kata. Bandingkan: inggih raka kuda paduka titihi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 32.28.9). (kembali)
136 lumakyèng. (kembali)
137 anom (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 33.7.5). (kembali)
138 Lebih dua suku kata. Bandingkan: Prabu Kalithi garwanya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 33.9.1). (kembali)
139 saisining. Bandingkan: saisine (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 33.10.6). (kembali)
140 Lebih dua suku kata. Bandingkan: ingkang mardi amurug [amuruk] gama suci (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 33.12.2). (kembali)
141 enjing. Bandingkan: injing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 33.16.1). (kembali)
142 ingaturan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.9.5). (kembali)
143 tunggang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.10.6). (kembali)
144 binaya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.12.7). (kembali)
145 natèng (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.14.5). (kembali)
146 undhanging (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.15.4). (kembali)
147 Tanjung Buwana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.16.2). (kembali)
148 Kurang satu suku kata. Bandingkan: awasta Tanjung Buwana (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.16.2). (kembali)
149 pantês (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.17.7). (kembali)
150 sanggup (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.18.6). (kembali)
151 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sami gancange mêlayu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.21.6). (kembali)
152 luhuring (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.22.2). (kembali)
153 sakêdhap (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.22.6). (kembali)
154 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakêdhap anulya rawuh (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.22.6). (kembali)
155 Kurang satu suku kata: hèh ta babo iku sira. (kembali)
156 Kurang satu suku kata: bapa atangia aglis. (kembali)
157 jroning. (kembali)
158 tan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.26.3). (kembali)
159 Kurang satu suku kata. Bandingkan: go apa ngambil sraya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.27.5). (kembali)
160 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn tibanga [timbanga] abot donya (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.27.7). (kembali)
161 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan wong ngêndi sira (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.34.5). (kembali)
162 wong (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.34.7). (kembali)
163 gawa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.35.6). (kembali)
164 kinèn (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.40.5). (kembali)
165 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn anitih kuda (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.40.5). (kembali)
166 Terdapat dobel sandangan: sambêrani atau sambêrane. (kembali)
167 angrangsêg (dan di tempat lain) (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.42.3). (kembali)
168 sanggêming (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.43.1). (kembali)
169 Kurang satu suku kata. Bandingkan: amuking ta bala kathah (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.43.7). (kembali)
170 wanapringga. (kembali)
171 Kurang satu suku kata. Bandingkan: prabu anom sampun mêntat [mêntas] (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.46.2). (kembali)
172 Mangkupraja (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.48.5). (kembali)
173 wondene (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.51.6). (kembali)
174 pandugi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.51.6). (kembali)
175 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wondene pandugi ulun (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.51.6). (kembali)
176 Lebih satu suku kata. Bandingkan: anèm mangke winangwang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 34.52.5). (kembali)
177 pribadi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.2.1). (kembali)
178 Kurang satu suku kata. Bandingkan: datan wontên kang wong angiringa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.2.2). (kembali)
179 prabu (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.2.4). (kembali)
180 ngandhap (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.4.3). (kembali)
181 Kurang satu suku kata. Bandingkan: katiga ngandhap linggihe (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.4.3). (kembali)
182 agêng. (kembali)
183 Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan wêradin wong Cêmpa wêradin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.7.1). (kembali)
184 pêkir (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.8.1). (kembali)
185 Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn kakang sitana nukani (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.9.5). (kembali)
186 kakang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.10.1). (kembali)
187 Lebib satu suku kata. Bandingkan: lan dhêdhaharan pisan (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.10.10). (kembali)
188 sasi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.13.4). (kembali)
189 anutug (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.13.4). (kembali)
190 ngusap (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.15.10). (kembali)
191 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang nata ngusap waspa (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 35.15.10). (kembali)
192 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakalih sami adhahar (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 36.4.4). (kembali)
193 antrakusama. (kembali)
194 manjing (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.1.7). (kembali)
195 Kurang satu suku kata. Bandingkan: nêgarane dèn titihi (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.2.8). (kembali)
196 Dhangdhang (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.2.9). (kembali)
197 satunggal (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.3.1). (kembali)
198 Kurang satu suku kata. Bandingkan: satunggal ing Jamintaran (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.3.1). (kembali)
199 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mulane sami ngawula (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.6.1). (kembali)
200 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Raja Kumbala ajrih (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.6.8). (kembali)
201 ngêjim. Bandingkan: êjin (Selarasa, British Library (MSS Jav 28), Pupuh 37.12.8). (kembali)
202 anglurugi. (kembali)