Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41-60)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01-20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  3. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41-60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  4. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61-80). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  5. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 81-97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

41. Mijil

1. ênêngêna kang sami prihatin | para garwa katong | wênèh

--- 177 ---

karagan-ragan solahe | dèrèng wikan warnane sang pêkik | wau kang lumaris | ing kaputrèn rawuh ||

2. lunggwèng kambang kalawan sang dèwi | sri narendra dhawoh | animbali Ki Bathikmadrime | mring kaputrèn wus prapta ingapti | lênggah manganjali | ngandika sang prabu ||

3. kakang Madrim marma sun timbali | marang ngarsaningong | ingsun arsa alêlana manèh | sira yogya mulih mring nagari | ing Malawapati | samare kalangkung ||

4. manawana parangmuka prapti | angrurah prajèngong | Wijanarka apan maksih rare | durung putus ing rèh mangun jurit | besuk ingsun prapti | yèn wis wolung taun ||

5. Patih Madrim matur awotsari | nuwun duta katong | atur pêjah gêsang kawulane | lêngganamba mantuk mring nagari | tut wuntat sang aji | suka parêng lêbur ||

6. sri ngandika yèn mangkono Madrim | iya wêkas ingong | aja sira kongsi salah gawe | lamun ngambah ing rêrimba sungil | poma dipun eling | kwèh drubiksa ngridhu ||

7. Bathikmadrim sandika wotsari | tan lêngganèng pakon | laksmining rat anglês wardayane | amiyarsa pamuwusing laki | waspa adrês mijil | ingusapan kampuh ||

8. sri narendra prastawa umaksi | sinambut sang sinom | tansah ingaras-aras kiswane | dhuh mas mirah kalêngkaning manis | kang asawang ratih | ayu bangun turut ||

9. baya sira panuksmaning [panu...]

--- 178 ---

[...ksmaning] sari | pinusthi dadi wong | ngasorakên Supraba citrane | ginunturan ing wacana manis | satata winêling | sang dyah amituhu ||

10. rinarapu kusumaning puri | sigrawèng wirangrong | winiyata ing rèh dumadine | jalu èstri myang kawula gusti | sang dyah anungkêmi | padanirèng kakung ||

11. sru turida nayakaning manis | sinambut pinondhong | kinidungan sang ayu asare | wayahira sampun madya ratri | sinarèkkên nuli | munggwing tilam arum ||

12. siningêban dèn apit ing guling | cahyane mancorong | kadya wulan purnamasidine | katawênging ima èsmu wingit | riyêm-riyêm manis | sri bupati mangu ||

13. sotaning tyas tan bangkit lumaris | kèksi sang lir sinom | dangu madêg anèng dêdagane | mêgat trêsna sang nata umijil | panggih lawan Madrim | tan ana wong wêruh ||

14. aris lampahira sri bupati | kandhahan wirangrong | Bathikmadrim tansah ing wurine | kalihira sapraptaning jawi | andarung ing laris | tumamèng wana gung ||

15. manjing trêbis sumêngka ing wukir | kawarna sang sinom | wungu mulat tan wontên priyane | atanya mring inya tan udani | kadya sahing ratri | kantaka sang ayu ||

16. wangwang katur ing sang sri bupati | yèn kang mantu lolos | waktwèng ratri sang dyah sru tangise | sri narendra ing Bojanagari | lawan pramèswari | têdhak ngimur sunu ||

17. ya ta lêjar tyasira sang dèwi | kèh

--- 179 ---

pitutur katong | tandya sira marang pasêmadèn | anênêdha ing jawata lêwih | prasidaning laki | dènira lêlaku ||

18. gêntha kêkêlèng wurahan muni | inya wus angobong | mênyan kumêlun-kêlun kukuse | wus misuwur sapraja kang warti | lolose Sri Angling- | darma duk ing dalu ||

19. alêlana lawan Bathikmadrim | unang tyas sang katong | sanagara bela ing natane | titi sonya wong sadalêm puri | sagung para manis | tyasira mangungun ||

20. kawarnaa kang agung lumaris | Anglingdarma Katong | lawan patih katiwang lampahe | Bathikmadrim wus samadya sasi | umiring ing gusti | saparan tan kantun ||

21. dupi praptèng madyaning wanadri | sayah samya aso | Bathikmadrim alon ing ature | gusti paran sinêdya ing kapti | kulinèng wanadri | tan marêk ing wiku ||

22. ulun minta winartan dewaji | karsa jêng sang katong | Raja Anglingdarma andikane | nora nana kakang Bathikmadrim | dwisthèng sun kang pasthi | saparan lumaku ||

23. nut karsaning bathara linêwih | kang mayang wandèngong | yakti iku tinut ing sarèhe | payo padha lumaris kang Madrim | ywa kakehan pikir | dyan mangkat andarung ||

24. tanah Bojanagri wus kawingking | lampahira karo | sampun lêpas mambah talatah lèn | ngidul ngetan sami murang margi | praptèng wana nuli | tarataban naub ||

25. sirêm-sirêm hyang arka wor riris | sumyak ing kêkayon | katêmpuh

--- 180 ---

ing pracondha swarane | gêrah môndra gurniterawati | lir milya prihatin | ing cala asêndhu ||

26. widyatmaka barêng lawan thathit | kadya asêsiwon | sangkin trênyuh sang nata driyane | yatna mring kang tinilar aguling | mèh kantu lumaris | pinêsu andarung ||

27. murang marga Patih Bathikmadrim | umiring tan adoh | lir lêlayangan pêdhot lampahe | kagyat ing tyas sang nata umaksi | gapura tulyasri | lamat-lamat munggul ||

28. dyan pinaran dera sang narpati | tantara praptèng don | gapurane taman sri rakite | nata angling payo kakang Madrim | rarywan ing wêdari | sandika turipun ||

29. ri saksana tumanduk sang aji | sapraptanirèng jro | sarya mulat ing raras rum-rume | marga tinut ing sangara wêning | pêpêthetan asri | wèh yungyuning dulu ||

30. bêbanjaran ingkang sarwa sari | ing ngandhap darpayom | kang cindhaga mêkar mrik gandane | jôngga kasturi sinrang ing angin | tanjung bang lan wilis | seta jênar biru ||

31. kongas gandaning kalak kumuning | mimbuhi lêlangon | asênggani lan mayang gandane | ganggêng kaywapu lan irim-irim | tarate bang wilis | anjrah pacarbanyu ||

32. wora-wari bang asri nèng têpi- | ning we lamun tinon | lir raditya rikala wijile | sing acala kanigara asri | lir wulan umijil | tumiyung ing ranu ||

33. argulo bang lan argulo putih | wèh sêngsêming panon |

--- 181 ---

kapawanan ruruh tumibèng we | lir jalada kang hèr wara putih | kalawan kumuning | mambak anèng ranu ||

34. madubrata umung angrêrêngih | mrih sarkarèng sinom | kadi priya mriyêmbadèng dyahe | pudhak mêkar katêmpuh ing angin | lir wêntising èstri | kawingkis kadulu ||

35. kacarita wontên èstri siki | tuwa tuli regoh | tanpa rewang anèng udyanane | mulat ing wong bagus anom prapti | sigra angaruhi | mangkana lingipun ||

36. nyai tuwa mring sang prapta kalih | dhuh sang bagus anom | kawulanggèr minta tambulane | yèn tan asung ywa andika manjing | jroning tamansari | kawula ananggung ||

37. angandika aris sri bupati | Bathikmadrim kinon | asung nulya wus winehan gantèn | ananggapi kininang tumuli | regohira mari | tuline angrungu ||

38. sakamantyan arsanirèng ati | dene mari regoh | yayah mulih parawan sunthine | sakalangkung anarima ing sih- | ira sang apêkik | ingaturan malbu ||

39. mring witana ing jro tamansari | saksana sang katong | mring witana alunggwèng madyane | Patih Bathikmadrim tansèng wuri | duk tumêngèng nginggil | kantaka tan emut ||

40. sru kasmaran non ing gambar adi | warnane kinaot | ayu kadya bangkit molah dhewe | yèn kinêdhèpakên lir angliring | mèsêm ngujiwati | mêmalad kung wuyung ||

41. yèku gambaring dyah Kartanagri |

--- 182 ---

rajaputri kaot | Kèn Trusilawati jêjuluke | marmanira ginambar kinardi | sayêmbara dening | rama sang aprabu ||

42. astanirèng gambar sinung tulis | undhang-undhang katong | Basunônda ing Kartanagrine | sapa bisa anggodha sang putri | Kèn Trusilawati | darbe sakit bisu ||

43. lamun kongsi waluya kang sakit | bisa amiraos | dèn alapa mangkana unine | kagyat mulat Raja Anglingdarma | dene Bathikmadrim | kantaka tan emut ||

44. sri tumênga prastawèng pangaksi | ring gambar kinaot | ing sajagad tan ana siringe | kang wilapa sinuksma ing galih | sang natèsmu brangti | gêgambar sinambut ||

45. pinriyêmbada liniring-liring | kinuswa pinondhong | dhuh-dhuh tuhu ayu gambar kiye | mendah ingkang pinindha ing warni | ya ta sri bupati | lir wong mêndêm pucung ||

42. Pocung

1. dhuh wong ayu hyang-hyangning palupi ruruh | eman têmên mirah | têka datan bisa angling | kinakudang kang gambar kinuswa-kuswa ||

2. satriya nung tilar praja puspa layu | susah ing tyas ingwang | lêlana kandhuhan kingkin | sêkar biru agawe lênglênging driya ||

3. mirah ingsun kunir pita Jayèngranu | yèn tan katêmua | kang pinindha gambar adi | ngêndi baya prênahing Kartanagara ||

4. kusumayu putêr putih wismèng panggung | mung sira bêndara | sasanèng kawulandasih | wêlut wana agawe pangêla-êla ||

5. jalidri gung kumukus kang tanpa buntut | bisa wèh kung rimang |

--- 183 ---

karya panglamonging brangti | mung cacade kusuma kawongan rêca ||

6. kukus gantung widhêng galêng mirah ingsun | yèn sun sawang-sawang | warnanira ayu lêwih | siti rêngka apantês ingêla-êla ||

7. rasa madu rotan buntal rondhon wayu | tingalira mirah | alum lir nandhang wiyadi | ewadene mêmanise tanpa sama ||

8. kolik kakung kalindhihing mangun pupuh | para surènggana | tuhu kasor yèn tumandhing | lawan sira rêtnaning Kartanagara ||

9. siring kalbu andhêging ukara kidung | ing salama-lama | ngèstupada sêdya mami | mring andika kusuma nayakaning dyah ||

10. patrêm sawung dening panduking pamuwus | mung andika mirah | kang manira puji-puji | saruwenên dasihe kang kawlasarsa ||

11. mari kumpul banon kaduk pulang apuy | lêbura luluha | tan nêdya pisah wak mami | lawan sira ingkang amêmalad brôngta ||

12. kongsi dangu ngrêrêpa gambar rinungrum | saryèng ngaras-aras | kaku tyasira narpati | ingkang gambar asru binanting ing kisma ||

13. rêmak rêmpu Ki Bathikmadrim awungu | pêpungun ing driya | èsmu waspa matur aris | dhuh dewaji suwawi sami lumampah ||

14. sang aprabu dyan mijil sing taman santun | Ki Madrim ning wuntat | wus mijil satriya kalih | wontên èstri prapta anungkêmi pada ||

15. kagyat muwus atanya aris sang prabu | bibi paran karsa | anungkêmi pada mami | anèng marga akarya walat sagraha ||

--- 184 ---

16. kang pinanduk ing sabda matur wotsantun | dhuh kawula uga | nguni ingkang nandhang sakit | minta gantèn dhumatêng ing jêng paduka ||

17. mangke mantun mèh mulih parawan kêncur | raos saking manah | dahat kasambutan bêcik | yèn sambada ulun tumut ing paduka ||

18. ing sapurug- purug paduka anglangut | sang nata ngandika | aywa sira milwèng kami | wus balia tulusa tunggu udyana ||

19. muhung ingsun samêne aminta tuduh | marga ingkang marang | praja ing Kartanagari | matur ingkang marga punika angiwa ||

20. ingkang laju mring Kartanagaranipun | ywa anyimpang-nyimpang | dene jêjuluking aji | Kartanagri Maharaja Basunônda ||

21. patihipun Umadika kang jêjuluk | ing mangke sang nata | lagya tamian paraji | agung-agung sami saking tanah sabrang ||

22. lan pra ratu ing tanah Jawi sadarum | wyatning karyanira | ngadêgi sayêmbaraji | Prabu Basunônda sayêmbaranira ||

23. putrinipun anandhang sêsakit bisu | sintên maluyakna | maring Kèn Trusilawati | jinênêngkên prabu anom lèring pasar ||

24. ngandikarum Anglingdarma Mahaprabu | hèh Madrim dèn enggal | payo padha aningali | sayêmbara hèh bibi sira karia ||

25. dyan dumurus Bathikmadrim tansèng pungkur | tan kocap ing marga | praptèng praja para aji | sèwu pêpak jêjêl anèng pagêlaran ||

26. miyos sampun Basunônda

--- 185 ---

Sang Aprabu | lawan putrinira | pinarnah sira umunggwing | singangsana rinukmi ngarsaning rama ||

27. cahyanipun awênês mindha sitèngsu | mêntas kagrahanan | sigra ingkang para aji | gênti mara kèh solahe anggêgodha ||

28. ana ratu aran Raja Agul-agul | murwani anggodha | mara cêcekonan sarwi | mêmêndhapan ingkang sarta cêcebolan ||

29. datan keguh malar ewa kusumayu | ana ratu mara | amapak Arjuna dhasthi | Pulunggana pamrihe kinasihana ||

30. ana ratu kang sawênèh atur dhuwung | mara mêmêndhapan | angêngudang ngasih-asih | dhuh mas mirah wong ayu angandikaa ||

31. pamintèngsun pundhuta kang sarwa luhung | sêsotya busana | ingkang sarwa adi lêwih | dasihira kusuma nêdya ngawula ||

32. sang dyah mungkur mewa angartikèng kalbu | bayèki sudagar | de mucapkên pèni-pèni | kang sawênèh mara sarwi acarita ||

33. ana ngidung sawênèh dongèng tinutur | ana anjêjawat | kawula ngaturi gusti | sêmôngka nom palonco mrih dinukana ||

34. sang dyah ayu datan mosik tulya tugu | wênèh para nata | anyênyedha mring sang dèwi | pamrihira sang rêtna amisuhana ||

35. Mahaprabu Nglingdarma mèsêm ing kalbu | dènira tumingal | pratingkahing para aji | Bathikmadrim angiwa gumuyu latah ||

36. ya ta lamun muwusa wau sang prabu | dene tan kayaa | padha kadi rare cilik |

--- 186 ---

datan nistha solahe kang para nata ||

37. lêwih sêndhu kadi barongan dinulu | layak agilaa | tumingal sang kadi ratih | yèn rumungu swarane pating gariyak ||

38. pra ratwèku kang Madrim tiwas ing laku | paran budinira | ingsun arsa angawaki | kang tinari umatur sumonggèng karsa ||

39. kang pra ratu sadaya wus kinèn mundur | ing sira ki patya | bubar amakuwon sami | wadya ngiring wurahan lir pêksi nila ||

43. Dhandhanggula

1. kukudira kang para narpati | palarasan tan ana pamitan | asmu kaerangan kabèh | Raja Nglingdarma maju | lunggwèng ngarsanirang narpati | Basunônda kapita | ing tyasirandulu | wong anyar yèn ngandikaa | iki si wong lalita anom rêspati | baya trahing awirya ||

2. dadya aris ngandika narpati | Basunônda anumodèng krama | teja sulêksana anggèr | tejane wong abagus | sulêksana anyar kaèksi | wingking pundi pinôngka | myang sinêdyèng kayun | sawètning tigas kawuryan | apajara sintên pinudya ing krami | satriyadi kang prapta ||

3. Prabu Anglingdarma matur aris | ulun tiyang akêkandhang mega | idêran saênggèn-ênggèn | kalangkung kawlas-ayun | wasta Anglingdarma wêwasi | marma kawula prapta | ing ngarsa pukulun | kalamun pêthuk ing driya | kawularsa mêdali sayêmbaraji | kalangkung cumanthaka ||

4. yèn panudyèng karsa sang sudèwi | pinaraka munggwing pêpajangan |

--- 187 ---

sampun rinubung wong akèh | mung pramèswari prabu | lawan inya katri apatih | kewala angadhêpa | ing putri sang prabu | kacatur kanthi kawula | natèng Kartanagara ngling angrojongi | punapa sakarsanta ||

5. sukur sèwu lamun nini putri | bangkit ngucap kongsi kaping tiga | kadarbea ing dhèwèke | miwah nagaraningsun | kasraha ing Kartanagari | sasigar jumênênga | prabu anom lungguh | ing dhampar gêlung kêlingan | wisma salèring pasar nabuh sakatin | siniwi ing satriya ||

6. risaksana rumagang pra bibi | angrêrakit pêpajangan endah | lir swargan upakarane | sami saari rampung | dyan sang putri lan pramèswari | wus munggwing pêpajangan | inya patih tumut | sang nata aris ngandika | lah ta anak manjinga ing srimanganti | tandhanên arinira ||

7. wangwang lèngsèr sang mindha wêwasi | manjing pura Madrim atut wuntat | praptèng don pêpajangane | Anglingdarma alungguh | anèng ngarsanira sang putri | kagyat sang dyah tumingal | citrane kang rawuh | osiking driya mangkana | kusumaning adi ing Kartanagari | wong ngêndi iki baya ||

8. sêmu wingit jatmika apêkik | beda lawan ratu kathah-kathah | lir Kamajaya citrane | yèn bangkita amuwus | anambrama sang raja putri | mangkana osiking tyas | aksamanta tamu | kawula tan bisa napa | mugi-mugi ywa dadi tyasira maring | wandèngsun nandhang roga ||

9. Anglingdarma amicarèng ati |

--- 188 ---

iki si wong aywantêng utama | ruruh manis pamulune | upamane wong kakung | umulata sang putri iki | nora kakênan ing tyas | yakti wiwal iku | cacade nora micara | eman têmên wong ayu lir Dèwi Ratih | têka kawongan rêca ||

10. marmanira bisu sang suputri | pan tinênung ing raksasa dipa | Simbarmanyura prajane | Pancadnyana jêjuluk | Danawendra mabyanta sakti | putri Kartanagara | sumarma tinênung | sang rêtnayu kasupêna | duk linamar sri naranata tinampik | mila karya wisuna ||

11. Raja Anglingdarma wus udani | lamun tênung prawitaning roga | Danawendra duryasane | yitmanira sang ayu | pêcat saking sarira kentir | marang Simbarmanyura | Nglingdarma manêkung | angêningkên ciptanira | dadya sirna tênunging raksasa aji | yitma wangsul mring raga ||

12. aris nabda ibu pramèswari | lah anêdha anak dèn aenggal | linêkasa panggodhane | sang sinung ujar matur | yèn suwawi paduka mugi | amurwaa carita | ingkang ragi sêmu | pramèswari angandika | yèn bangkita môngsa nyênyambata maring | sakèhing para raja ||

13. Anglingdarma angandika malih | bibi inya andika critaa | kang ingujaran ature | nuwun kawula jugul | Anglingdarma ngandika maring | Madrim acaritaa | turira anuwun | paduka kirang punapa | wus krêtarta tan kewran ing agal rêpit | ninditèng kanimpunan ||

14. mèsêm aris angandika malih | ingsun [ingsu...]

--- 189 ---

[...n] dhewe iya nora bisa | nanging ana prayogane | hèh sira jambe suruh | ngruwiyaa ingsun ajani | matur ingkang pawohan | sandika pukulun | kawula acêcarita | kang prayogi dadosa sukaning gusti | punika purwèng kata ||

15. nguni wontên sajuga undhagi | miyat tunggak nôngka anèng marga | amicara ing driyane | eman têmên wraksèku | dene warnanira akuning | risaksana pinaran | ingukir apatut | dhapur pratima wanodya | atyantendah tinilar ing don amanggih | ki undhagi wus mentar ||

16. nulya wontên wong sungging lumaris | aningali pratima pinaran | dene endah golèk kiye | cacade kurang sêmu | ingkang warna nulya sinungging | waktrane pinaesan | lir mèsêm dinulu | ki sungging anulya kesah | tandya wontên lurah kêmasan kang prapti | mulat ing golèk pelag ||

17. mojar tanggung têmên kang akardi | golèk ayune kaliwat-liwat | nora nana busanane | dyan binusanan gupuh | sinung jamang kancana singsim | sêngkang lan bauwarna | kilat bau kalung | kêmasan wangwang wisata | nulya wontên sudagar langkung umaksi | ing golèk pinarpêkan ||

18. aris mojar sapa kang akardi | golèk iki wangune apelag | asri endah rêrênggane | sawiji cacadipun | nora kêmbên lan ora tapih | anulya sininjangan | wastra lurik kêpyur | kêmbên jingga pêparadan |

--- 190 ---

wus tinilar dewa langlang jagad prapti | amanjingi yatmaka ||

19. dadya bisa mosik bangkit angling | mular sarya takèn lakinira | ki undhagi lan sungginge | miwah kêmasan rawuh | atanapi juragan nguni | kapat angaku garwa | arame rinêbut | pundi lakine kang nyata | Anglingdarma mèsêm angandika aris | dewa kang langlang jagad ||

20. iku pantês lakine sayakti | awit ingkang asung gêsangira | Ki Bathikmadrim ature | yèn ing pangraos ulun | pun undhagi kang darbe rabi | dene margane ana | pramèswari muwus | yèn ingsun lurah kêmasan | pantês dadi lakine ingkang sayakti | dene awèh busana ||

21. Patih Umadika anambungi | adhuh anggèr pangraos kawula | pun sungging pantês lakine | dene kang asung ayu | mêmaèsi ya ta sang putri | aris dènnya ngandika | kabèh iku luput | undhagi minôngka bapa | sungging biyung dene iku mêmaèsi | kêmasan kadang tuwa ||

22. dene lakinira kang sayakti | ki juragan tandhane rumêksa | marang ingkang wirangane | dene dewa kang asung | nyawa dadi marganing urip | môngka pangeranira | ing pangrasaningsun | wikana lêrês lêpata | pramèswari êntyarsa kang putri angling | kabèh padha kasmaran ||

44. Asmaradana

1. mojar sang amindha wasi | lêrês muwuse sang rêtna | Bathikmadrim lon ature | hèh Ki Patih Umadika |

--- 191 ---

sang dyah sagêd wacana | lagya sapisan ing wau | ki patih mindêl kewala ||

2. cêngêng gawok aningali | myang inya suka ing driya | mangkana ing pangalême | iki wong bagus utama | asakti môndraguna | sêmune wingit aluhur | pantês sinêmbah ing kathah ||

3. Patih Umadika angling | inggih naksèni kawula | ya ta angandika malèh | Anglingdarma maring Tepak | hèh Tepak caritaa | kang Tepak bisa amuwus | ature inggih sandika ||

4. punika ruwiya mami | wontên abdining narendra | kinarya juru kêbone | abagus maksih taruna | kinasihan ing nata | dene bêksane pinunjul | saking wadya kathah-kathah ||

5. dadya kwèh pawèstri brangti | mring sira ki juru bêksa | duk kasukan ing jawine | pawèstri têtiga prapta | rêmên mring juru bêksa | jalwèstri sami sihipun | rikalanira samana ||

6. dupi pagut ing pangaksi | kang siji asung sasmita | amingkis-mingkis sinjange | nulya kesah palarasan | sijine sung sasmita | amaoni kêmbênipun | sarwi ngoyog payudara ||

7. dene èstri kang sawiji | angowahi gêlungira | ngujiwat parêng kesahe | kewran ing tyas juru bêksa | sabubaring kasukan | manahira rangu-rangu | dèrèng wruh wismèng wanita ||

8. juru bêksa mentar nuli | maring don wong kawarôngka | prapta alinggih sandhinge | alon dènira wacana | paman manira tanya | paran [pa...]

--- 192 ---

[...ran] dosane kalêbu | ing kunjara kawlasarsa ||

9. kang tinanya anauri | anak mungguh dosaningwang | tinarka nyidra rêsmine | marunggul rabining kônca | marmane winarôngka | ki juru bêksa amuwus | paman manira atanya ||

10. duk wau kasukan mami | antuk mitra wong nêningal | têtiga sami ayune | entarira sung sasmita | èmênge ingkang manah | dene kawula dèrèng wruh | wismane mitra kawula ||

11. saking mudha cêkak budi | paman ingong minta têdah | sasmita tinutur kabèh | kang pinintan saurira | kita katungkul ulah | bêksa tan yun anggêguru | maring kang para sujana ||

12. arsa manira jarwani | ingsun lagi winarôngka | apti tan sun tuduhake | awêlas têmên manira | anak maring andika | adoh-adoh ngong rinuruh | marma atuduh manira ||

13. sêmune mitranira tri | wismane kang mingkis sinjang | tan têbih lan lawang gêdhe | dene ta kalulutira | kang ngoyog payudara | ngowahi kêkêmbênipun | palatarane kang wisma ||

14. tinanduran tiris gadhing | anak bagus mitranira | ingkang maoni gêlunge | ing kêbone nanêm pucang | lagya ambabar mayang | sakarsanta kang rinuruh | pasthi yèn mangke kapêdhak ||

15. juru bêksa mentar nuli | ngulari kalulutira | sigra kapanggih wismane | kang èstri angarsa-arsa | dhatêng ki juru bêksa | jalwèstri sarêng atundhuk | suka sami kêkayuhan ||

--- 193 ---

16. wus nirandhatêngkên kapti | nulya kesah juru bêksa | datan siwah saujare | janma ingkang winarôngka | wus kapanggih sadaya | juru bêksa mitranipun | kalangkung suka ing driya ||

17. mitrane angucap sami | bagus manira atanya | margine andika wêroh | prênahe wisma kawula | rèhning kitang kanyaran | wrin unggwaningsun dêdunung | punapa saking uninga ||

18. sêmune sasmita mami | angucap ki juru bêksa | ingsun tan wikan jatine | marmane kongsi uninga | yayi ing wismanira | mau atêtakon ingsun | marang janma pinarsada ||

19. wong ika wasis ing wangsit | saujare nora cidra | wus tinutur sasolahe | mitrane sami rudita | asru dènira ngucap | katiga lumuh kalangkung | lah age sira lungaa ||

20. warnamu anom apêkik | nanging punuk ambêkira | tuhu trahing wong pracore | nora wikan ing sasmita | ingsun karya punapa | wong lanang wêlu ajugul | lêhêng manira nyundêla ||

21. juru bêksa tanpa pamit | mentar dahat kaerangan | wanita tri wisatage | maring don wong kawarôngka | katrinira duk prapta | tandya karuna angrangkul | sêsambatira mlas-arsa ||

22. pawèstri ingkang kêkalih | nambut bau têngên kiwa | siki nungkêmi padane | sarya ingusapan kiswa | punika tur kawula | carita paduka rêmbug | pundi rabine kang nyata ||

23. gawok sagung kang ningali | dene

--- 194 ---

tepak acarita | lir manusa pangucape | matur alon Anglingdarma | mring ri sang pramèswara | pundi rabine kang tuhu | pramèswari angandika ||

24. anak ing pangrasa mami | wong wadon têtêlu ika | kang singhit dadi rabine | ingkang nambut bau kanan | umatur Anglingdarma | mênggah kawula pukulun | kang nambut baune kiwa ||

25. punika kang darbe laki | karantênipun wanita | wontên ing kiwa ênggène | ngandika malih sang rêtna | kalihe iku salah | kang sami anyandhak bau | kang têngên kadange tuwa ||

26. kang anambut bau keri | punika kadang taruna | ingkang nungkêmi padane | punika rabine nyata | tan wani ngungkulana | Anglingdarma ngandikarum | lêrês sabdane sang rêtna ||

27. Bathikmadrim muwus aris | hèh Ki Patih Umadika | kusuma rara ing mangke | rambah ping kalih ngandika | nauri Umadika | kari sapisan sang ayu | dènnya mêdhar pangandika ||

28. dadya angandika malih | Maharaja Anglingdarma | marang panjuta kang kinèn | payo sira caritaa | panjuta aturira | inggih sandika pukulun | angsala pangèstu tuwan ||

29. ki patih gawok ing ati | dene pandam acarita | kadya manusa ature | mangkana amurwa kata | gusti atur kawula | duk ing nguni wontên pandung | nênêm kathahing dursila ||

30. awasta pun maling sakti | kalawan maling aguna | katri nama maling totos | maling saji kapatira | kalima dhustha

--- 195 ---

nistha | kanême pun maling sadu | pirêmbagan nambut karya ||

31. wau ta pun maling saji | kang antuk ngruruh padikan | ratri pinaran prênahe | antuk dènnya nambut karya | binêkta maring wana | tabêla awrat kalangkung | kacatur mèsi kancana ||

32. sapraptanirèng wanadri | maling saji sinikara | sêdyane arsa pinatèn | wong lêlima narinarik. katga | arsa parêng marjaya | maling saji gya lumayu | sarta ngucap takon dosa ||

33. angungsi manjing wanadri | dhustha lêlima asuka | mangkat lampahira age | wus pinanggul kang tabêla | ginênti-gênti mawa | saratri sami lumaku | ing wayah bangun raina ||

34. kasusu dènnya lumaris | sayah ararywan sadaya | mungguh ing pasetran gêdhe | angucap maling aguna | kônca prayoganira | kardha pinêndhêm karuhun | ana ing jro pamasaran ||

35. awit wus asayah sami | esuk bae binalenan | wus arêmbag sakancane | ki maling guna lingira | kang wangke cacahêna | anulya winilang gupuh | wangke cacahe sasanga ||

36. yitnanira maling sakti | manawa na duratmaka | mara sadu mor lan wangke | wus pinêrangan sadaya | bathuke kang kunarpa | sawusira bubar mantuk | mring wismane sowang-sowang ||

37. mara sadu kang winarni | duk tumamèng pamasaran | lan rowang manggul kardhane | sêdhêng sami rêrêmbagan | nalimpêt tanna wikan | amor lan kunarpa sampun | milya pinrang bathukira ||

38. atas dènira miyarsi |

--- 196 ---

gunêmèki maling guna | dupi wus mentar rowange | tangi angruruh pêndhêman | tabêla wus pinanggya | dhinudhuk winawa mantuk | mring wismanira priyôngga ||

39. mangkana ki maling sakti | enjing wangsul mring pasetran | arsa ngusung pêndhêmane | kalawan sarowangira | sapraptaning pasetran | pêndhêman kapanggih suwung | kagyat ki maling aguna ||

40. angucap ki maling sakti | hèh yayi paran rèhira | sapa kirane kang amèk | lingira ki maling guna | pasthi yèn padha kônca | wong liya sapa kang wêruh | awit nèng madyaning wana ||

41. kancane tiniti-titi | sadaya sami supata | ki maling guna dêlinge | yèn mangkono tilikana | kunarpa kang sasanga | apa gênêp cacahipun | utawa kalamun suda ||

42. nulya sami dèn tiliki | kang wangke anèng pasetran | kari wêwolu cacahe | lingira pun maling guna | wus têtela kang malap | tan lèn dhustha mara sadu | anom budine culika ||

45. Sinom

1. ki maling sakti angucap | payo padha ular titik | alêledhang maring pasar | ingsun ingkang tunggu margi | lakunira dèn dhêmit | dèn kaya duk amêmandung | padha amaspadakna | wong adol asêm lan kunir | atanapi wong adol lênga kalapa ||

2. yèn ana wong tuku lenga | kalapa asêm lan kunir | amasthi iku kinarya | usadane ingkang kanin | yèku somahe yakti | kang cidra si maling sadu | saksana parêng [pa...]

--- 197 ---

[...rêng] mentar | maring pasar kang winarni | maling sadu sapraptanira ing wisma ||

3. ingkang tabêla binuka | mèsi kancana nêm kati | Ki Sadu suka umojar | ing rabi mentara yayi | maring pasar dèn aglis | tukua têtômba tatu | asêm kunir lan lênga | kalêntik dipun agêlis | lan tukua apyun miwah pêpanganan ||

4. dhuwite utang-utanga | besuk ingong kang nglironi | somahira sigra mentar | utang sareyal ngrong wangi | tuku lênga kalêntik | asêm kunir sampun antuk | maling sakti uninga | yèn ana wong tuku kunir | asêm lênga anjawil ing rowangira ||

5. ulihira tinututan | wismanira wus kapanggih | rêmbug kancane lêlima | wismane dipun lêbêti | tan adangu kapanggih | ing wisma ki maling Sadu | angacarani lênggah | wus sami tata alinggih | maling Sadu anambrama paran karsa ||

6. angucap pun maling guna | kalawan pun maling sakti | kakang pasajan kewala | marma ngong tumêkèng ngriki | manglawad sira kanin | lan anjaluk darbèkingsun | ngong pêndhêm ing pasetran | èstu sira kang angambil | nora samar lah dèn age wêtokêna ||

7. ki maling Sadu anjola | ngucap sarwi nyikut kêris | munduran sira anarka | katon apa awak mami | angucap maling sakti | sira lumaku ginugu | sapuluh akumbia | bêbathukira katawis | dadi cihna ingsun pêrang nèng pasetran ||

8. Ki Sadu [Sa...]

--- 198 ---

[...du] kêtêr ing driya | puwara angucap aris | aywa age-age krodha | nyata manira kang ngambil | nanging ngong minta jangji | sungana panduman ingsun | ya ta ki maling guna | lan maling sakti nanggupi | dyan binuka tabêla mèsi kancana ||

9. wrat ênêm kati binagya | wong sijinira nyakati | malang kancana sakatya | sintên ingkang andarbèni | sang mindha wasi angling | sintên kang darbe puniku | sakati ingkang malang | pramèswari ngandikaris | yèn manira puniku pun maling guna ||

10. kang darbea mêmalangan | umatur Ki Bathikmadrim | puniku mênggah kawula | kang darbe pun maling sakti | nabda Anglingdarmaji | yèn ingsun si maling Sadu | awit anandhang brana | ngandika malih sang putri | kabèh sisip puniku mungguh manira ||

11. kancana sakati malang | kang duwe si maling saji | wit iku durung kaduman | kang olèh dodok ing nguni | iya si maling saji | Raja Nglingdarma umatur | mangke kadya punapa | karsanta sang raja nari | sang dyah sampun ngandika ambal ping tiga ||

12. pramèswari gya tumêdhak | sang rajaputri kinanthi | umarak ing rama nata | dèn ayap ing para manis | sang dyah gupuh nungkêmi | pada pramèswari matur | putra tuwan waluya | mulih kadi wingi uni | langkung sakti Ki Wêwasi Anglingdarma ||

13. matyanta sukanirendra | aris angandikèng siwi | hèh nini ingsun atanya | apa karanira nguni | sira tan bisa angling | sang ayu nêmbah umatur |

--- 199 ---

dhuh ramaji kawula | wontên ing sabrang nagari | wasta Simbarmanyura kithaning ditya ||

14. antuk kawula mring Karta- | nagara wontên wong prapti | wasta Raja Anglingdarma | kawula binêkta mulih | marang Kartanagari | Prabu Basunônda dangu | wismayèng driyanira | saktine kang mindha wasi | pramèswari umatur ing raka nata ||

15. kawula gawok tumingal | saktine Nglingdarma wasi | srêh wohan pucangan pandam | kinèn carita ngacuwis | kadi dhalang karucil | tan mambua sihing gunung | ngungkuli para raja | saktinipun anglangkungi | Prabu Basunônda êntyarsa ing driya ||

16. ya ta Patih Umadika | anabda mring Bathikmadrim | anak manira atanya | apajara kang sayakti | ing pundi kang kawingking | bêndaranira kang bagus | kaya dudu wong arga | cahya lir warawirasmi | pasêmone kadi palunturing nata ||

17. Ki Madrim mèsêm angucap | sayaktinipun kiyai | gusti kawula punika | nata ing Malawapati | anis ing kênya puri | sumêngkèng agraning gunung | bisikan Maharaja | Anglingdarma tur sinakti | môndraguna ing ajur ajèr tan kewran ||

18. ambêk sadu santa dibya | tur palimarma ing dasih | kinasihan ing jawata | tanpa tandhing ing ajurit | krêtartèng rajaniti | tur abala para ratu | dene awak kawula | punika warôngka aji | Umadika sigra umanjing mring pura ||

19. cundhuk kalawan narendra | Basunônda ngandikaris | sun patih gawok [ga...]

--- 200 ---

[...wok] miyarsa | ing saktine ki wêwasi | tuture yayi sori | Patih Umadika matur | dhuh dewaji punika | ingkang amindha wêwasi | sayaktine ratu ing Malawapatya ||

20. Maharaja Anglingdarma | anis tilar kênya puri | wismaya sri naranata | wasana ngandika aris | hèh wruhanira patih | Mahraja Anglingdarmèku | ratu anung sudibya | pêpakuning nuswa Jawi | kentaring rat sinakti kajanapriya ||

21. ambêksanta paramarta | kinasihan ing dewadi | ratu wijiling atapa | têrahing andanawarih | sinêmbah ing samyaji | tur winong ing jawatagung | bêgjane putraningwang | alaki ratu linêwih | yèn mangkono Umadika putraningwang ||

22. Kèn Trusilawati arsa | sun dhaupkên lan sang aji | sira patih amapaga | lan sagung punggawa mantri | ngiringna maring puri | aturana anak prabu | sun mapag nèng regolan | sandika aturing Patih | Umadika nêmbah mundur saking ngarsa ||

46. Durma

1. kawarnaa narendra sasranagara | sampun miyarsa warti | yèn sang dyah waluya | ingusadan mring wasya | sing aldaka malar mangkin | sampun jinadha | dening wau wêwasi ||

2. dahat krodha para ratu lan satriya | arsa misesèng jurit | wus rêmbug sadaya | sigra nêmbang tangara | kêndhang gong umyang lan bèri | mijil atarap | lir trunaning udadi ||

3. kagegeran wadya ing Kartanagara | samya siyagèng jurit | Patih Umadika | sigra nêmbang tangara | samakta [sa...]

--- 201 ---

[...makta] sikêping jurit | sri naranata | wus ingaturan uning ||

4. Prabu Basunônda sampun asawega | arsa miyosi jurit | mijil saking pura | awahana dipôngga | ing jawi kitha wus prapti | wadya sumahab | samya sudirèng wèsthi ||

5. ratu sèwu nagara pra samya wikan | lamun Basunôndaji | mijil saking kitha | sigra parêng umangsah | wong Kartanagara kêdhik | rinoban lawan | kinarutug ing bêdhil ||

6. kathah pêjah wadya ing Kartanagara | pêpulih tan ngudhili | punggawa kèh brana | kang sura panggah pêjah | Apatih Umadika glis | matur ing nata | dhuh gusti sri bupati ||

7. dawêg mundur sayogi muwêr nèng kitha | wadya nata kèh mati | myang para nayaka | akathah nandhang brana | kadhahar aturing patih | Sri Basunônda | sampun ngingêrkên èsthi ||

8. sigra mundur tumama sajroning pura | tangkêp kwaradwara. miranti | kinêpung saksana | kutha Kartanagara | mring ratu Sasranagari | binaya mangap | surak wadyalit atri ||

9. Raja Basunônda sapraptaning pura | acundhuk lawan siwi | aris angandika | dhatêng natèng Malawa | anggèr yèn pêthuk ing kapti | andika rêbat | prajèng Kartanagari ||

10. matur aris Maharaja Anglingdarma | sampun maras dewaji | yèn pun Anglingdarma | pukulun taksih gêsang | angadêg lir tugu manik | nadyan wimbuha | ratu sahasra malih ||

11. kawula tan rumaos wêgah nanggulang |

--- 202 ---

matur Ki Bathikmadrim | pukulun tur amba | nadyan silih wêwaha | prajurit salêksa malih | môngsa girisa | gya mangkat Bathikmadrim ||

12. sakathahe wadya ing Kartanagara | ngiring ing Bathikmadrim | Raja Anglingdarma | dyan mijil saking pura | Patih Umadika ngiring | prapta ing jaba | kutha aglar pra mantri ||

13. sigra mangsah Maharaja Anglingdarma | lawan Ki Bathikmadrim | maring pabaratan | sarwi asumbar-sumbar | kêmbulana ing ajurit | barênga mara | ratu sèwu nagari ||

14. iya ingsun lakine Trusilawatya | putri Kartanagari | rêbutên ing yuda | yèn ingsun maksih gêsang | tangèh sira mondhong putri | langkung bramatya | sagung para narpati ||

15. kinêmbulan Maharaja Anglingdarma | binendrongan ing bêdhil | sinipat ing panah | sinosog ganjur watang | sinawuran busur lêmbing | Raja Nglingdarma | sigra nambut jêmparing ||

16. risaksana lumêpas kang saradibya | ratu sasranagari | kathah kang pralina | kacundhuk ing warastra | singa mara-mara kanin | kang panggah pêjah | bubar mawur agiris ||

17. Bathikmadrim angamuk lir saradula | amusthi gada wêsi | sakèhing punggawa | swuh rêmpu katarajang | miwah wahanane mati | pinrêp ing gada | rêncêm tan ana kari ||

18. samya giris sakathahing para nata | tan ana môngga pulih | lumayu sasaran | sasesaning kang pejah | wadya ing Kartanagari | surak gumêrah | kadya karêngwèng langit ||

19. sirna larut ratu sahasra nagara |

--- 203 ---

siji tan ana kari | Raja Anglingdarma | mundur tumamèng kitha | Umadika Kyana Patih | manjing jro pura | angaturi upaksi ||

47. Dhandhanggula

1. sampun prapta ing ngabyantaraji | Umadika mabukuh nèng ngarsa | manêmbah alon ature | mêngsah dalêm sirna wus | para ratu sasranagari | akathah ingkang prapta | myang sawadyanipun | kacundhuk ing saradibya | sirna larut sajuga tan wontên kari | pukulun putra tuwan ||

2. Buminatèng Malawa susakti | môndraguna tan pasah ing braja | sambada lawan patihe | prawirotamèng pupuh | yèn ajurit anyêmbadani | rêspati ngundha gada | lir yaksa dinulu | singa katrajang agêmpang | ratu ingkang pinrêp ing gada ngêmasi | swuh lan wahananira ||

3. ênting sukanira sri bupati | angandika maring garwanira | hèh yayi sori dèn age | payo padha amêthuk | marang putranira narpati | Nini Trusilawatya | gawanên amêthuk | pramèswari wus samakta | ingkang putra sampun pinaèsan asri | sang nata dyan tumêdhak ||

4. kawarnaa Anglingdarma aji | ginarêbêg ing para punggawa | kang mêntas jaya yudane | rawuh ing alun-alun | ingaturan maring sitinggil | Dèwi Trusilawatya | amêthuk ing kakung | nêmbah amisuhi pada | pinarak ing amparan dênta rinukmi | jajar lawan narendra ||

5. sru arsèng tyas Basunônda aji | angandika mring Sri Anglingdarma |

--- 204 ---

kalamun suwawi anggèr | manjinga ing purarum | lah ta nini turana nuli | lakinira mring pura | tar wiyang sang ayu | sigra kondur akalihan | mring kaputrèn gumêrah ingkang umiring | parêkan pêpingitan ||

6. arja sinongsongan kartas kuning | kadi Ratih lawan Kamajaya | kang rama ênting sukane | myang pramèswari prabu | saarsèng tyas mulat ing siwi | kêbut wong dalêm pura | datan ana kantun | kaberagan manahira | manggung miwah katanggung tanapi sêlir | samya wulangun mulat ||

7. kaputrèn wus rinumpaka asri | pinapajang asri lir kaendran | mandyendah lêlungsirane | sang pinangantyan rawuh | ing kaputrèn sampun alinggih | anèng made rinêngga | alêlèmèk babud | inya ngaturkên pawohan | lawan sêkar kang ginubah surèngpati | asri munggwing tadhahan ||

8. sang suputri anglirik ing laki | sumyar marpyuh ing tyas anglocita | wong iki bagus rupane | cahyanira sumunu | kadya wulan purnamasidi | mendah duk madêg nata | anèng puranipun | sun watara sugih garwa | balerene wong iki anglêliwati | nanging ora katara ||

9. sri narendra umiyat ing rabi | gumarêgêt tan sarônta ing tyas | nulya sinambut astane | kinuswa ingkang gêlung | wadanane tansah liningling | sang dyah angayang-ayang | sambat rama ibu | dhuh jênat uculna ingwang | biyèn mula ingsun tan arsa alaki | lara apa wêwujang ||

--- 205 ---

10. mèsêm sarwi ngaras sri bupati | sang dyah sigra winawa mring tilam | inya nangkêbkên samire | karwanèng jinêm arum | sang dyah ayu akongah-kangih | tansah pinriyêmbada | asru miwal kayun | sang nata kadya brêmara | amrawasèng puspita kang maksih kincip | mrih lunturing sarkara ||

11. ginunturan ing srênggara manis | dyah kalulun myarsa priyêmbada | lir guladrawa manise | dewatèng tilam arum | kumarane ing dyah sabumi | hyang-hyangning kang puspita | mandonèng kadhatun | gandêse awèh wigêna | mung èsême mêmalatsih mulêt ati | mêmurung wong ngumbara ||

12. suka ing tyas sang kadi apsari | dhasar wanodya sêdhêng diwasa | anuju driya canggèhe | manggih kakung abagus | tur têrahing satriya adi | pawongan para inya | kasmaran rumungu | rarasing pamriyêmbada | dadya para pawèstri kapengin laki | myarsa nata ngrêrêpa ||

13. marma ingsun atilar nagari | alêlana anjajah nagara | atilar kawibawane | sira kèpi ing dalu | kèksi tunggal lan ingsun guling | sira bantali asta | asung gantèn arum | sawunguningsun anendra | datan ketang atilar purantaradi | mung sira anèng nala ||

14. mangkya panggih nèng Kartanagari | sakamantyan suka ing wardaya | kawula punagi anggèr | minta usadèng wuyung | mèsêm angling sang lir apsari | dèrèng salami kula | tau dadi dhukun | punapa ingkang kinarya | usada wong

--- 206 ---

bisa karya ujar lamis | dene ta anglêngkara ||

15. yèn brôngtaa mring kula sang aji | lah bok sampun amêmulas gita | asaru pinirsakake | mèsêm ngaras sang prabu | saha ngrêpa angarih-arih | dhuh-dhuh musthikaning dyah | hyang-hyangning rum-arum | sapa kang duwe bêndara | ayu nulus anrus ing graita lantip | kaduk raga karana ||

16. sêsotyane ing Kartanagari | nayakaning kang para wanodya | kalêngkaning pra arume | ratu-ratuning ayu | ingkang bisa amêmaladsih | karya liwunging driya | mawèh lara gandrung | kang lawên tulya sasôngka | muga-muga luntura sihira gusti | wèh usadaning brôngta ||

17. kunêng langên ing jro tilamsari | Sri Nglingdarma lawan garwanira | wus kapadhan ing kaptine | larut sotaning wuyung | sih-sinihan ingkang sumilih | wangwang lênggah kalihan | munggwing jinêm arum | sang nata mêngkul angrêpa | dhuh masmirah minta aksama kang dasih | de wèh marasing driya ||

18. tôndha lamun sira maskuari | wus ngaksama nglarut bênduning tyas | parênga mring patirtane | rêtna ayu anggarut | mèsêm Anglingdarma Narpati | angaras kiswa nulya | sang ayu sinambut | binakta mring pasiraman | samya siram kalihira anèng bèji | salina urub wastra ||

19. sawusira kondur praptèng puri | byar raina pawongan gumêrah | kang turu wus tangi kabèh | gumêdêr atêturuh | sumirat bang purwa mèngêti | hyang

--- 207 ---

arka mèh tumambang | tulyasri dinulu | sang ayu lawan sang nata | sami lênggah jajar lir sang Kamaratih | kalawan Kamajaya ||

20. ingayap de ingkang para manis | êmban inya parêkan pawongan | atarap anèng ngarsandhèr | samya suka andulu | nulya sêsarean sang dèwi | anèng pangkoning raka | saryaris umatur | punapa kang dados purwa | de paduka anis saking kênyapuri | atilar kawibawan ||

21. Prabu Anglingdarma anjatèni | maring garwa kang dadya patanya | purwa madya wasanane | solahira ing dangu | kawarnaa sampun alami | sri nèng Kartanagara | yun dumurus nglangut | angandika marang garwa | uwis lawas ngong anèng Kartanagari | manggung suka wibawa ||

22. sun watara ana pitung sasi | ing samêne lah anggèr karia | ingsun arsa anis manèh | anutugakên laku | sang dyah asmu waspa turnyaris | yèn sambada ing karsa | dewaji pukulun | sampun malih alêlana | wit kawula sawêg nyidham kalih sasi | sêdhênge pêpasihan ||

23. yèn paduka mentar lumuh kari | suka pêjah anèng Wanawasa | ngrês miyarsa sri pamase | Anglingdarma angrangkul | ingsun mirah ora alami | sawulan nuli prapta | nora bêtah ingsun | yèn pisaha lama-lama | sira milu akarya marasing ati | wong ayu kawlas-arsa ||

24. têmbe sira ngambah wana wêrit | sungil marga jêjurang aparang | rumpil akèh drubiksane |

--- 208 ---

ngrancana karyanipun | nora kêna kambah ing èstri | têka sira karia | ingsun nuli rawuh | olèh wohing parijatha | lah dhaharên dimène bagus kang siwi | sang dyah ayu amêksa ||

25. anungkêmi pada sru anangis | mênggah-mênggah ature mlas-arsa | erak asêrêt swarane | dhuh dewa atur ulun | dipun agung aksamèng dasih | kadi praptèng wêkasan | paduka angingu | dasih pun Trusilawatya | nuwun amit palastra sri narapati | èmêng ing driya narka ||

26. yèn èstua ingsun tilar anis | kaya-kaya têmah tuwêk raga | kang kelangan ingsun dhewe | sinambut sang dyah ayu | waspa ingkang lantaran pipi | ingusap sarya ngaras | sri nata ingêlus | wong ayu aja karuna | ciptaningsun sanadyan tumêkèng lalis | aywa doh lawan sira ||

27. iya sira ingsun gawa yayi | alelana poma wêkas ingwang | dèn bisa anyirnakake | pagêlêng ta sadarum | dene wana liwat awêrit | akèh jin parayangan | padha angrêridhu | drubiksa kwèh ambancana | amrih wigar ing laku aywa dumadi | timbulirèng kancana ||

48. Maskumambang

1. lamun sira datan bisa angulapi | marang nêpsunira | pasthi rinubung ing eblis | tan wurung kalêbwèng sasar ||

2. yakti papa cintraka sira lakoni | tur kasurang-surang | Ni Dèwi Trusilawati | umatur inggih sandika ||

3. angèstokkên sawêwêling padukaji | mugi ta angsala | pangèstu [pa...]

--- 209 ---

[...ngèstu] paduka aji | sang dyah sru saharsèng driya ||

4. sira Dèwi Trusila umatur malih | yèn panudyèng karsa | yogi atura udani | mring ibu lan mring ramendra ||

5. lah ta uwis mayo padha marak yayi | têdhak akalihan | sri nuju lênggah lan sori | parêkan atap ing ngarsa ||

6. angandika sang nata mring pramèswari | sukaning tyasingwang | lir manggih rêtna sawukir | dene si rara wus krama ||

7. olèh ratu pêpunjul ratu sabumi | tur bagus taruna | krêtarta ing rajaniti | dibya sakti môndraguna ||

8. ing samêngko karsaningsun yayi sori | ki prabu prayoga | jumênênga narapati | ana ing Kartanagara ||

9. siniwia ing para raja sa-Jawi | matur pramèswara | lêrês karsa padukaji | ecaa imbal wacana ||

10. dyan kasaru praptaning putra sarimbit | akêkanthèn asta | sigra dènira nêdhaki | Maharaja Basunônda ||

11. ngacarani sang nata sarêng alinggih | Ni Dèwi Trusila- | wati agya anungkêmi | padanira ingkang rama ||

12. myang padaning ibu wus tata alinggih | Raja Anglingdarma | ing rama aminta pamit | kawularsa alêlana ||

13. nutugakên lampah putra padukaji | tan purun tinilar | tumut anis adrapati | ya ta sri Kartanagara ||

14. dêlingira mangrêpa asru ngambêngi | mring karsaning putra | lêhêng umadêga aji | ana ing Kartanagara ||

15. manirarsa magawan tapèng wanadri | têtêgalan gaga | wus sêdhêng ataki-taki |

--- 210 ---

matur Raja Anglingdarma ||

16. sakalangkung kalingga murda ingkang sih | kawula tan kêna | kulina wontên ing nagri | salêbêting wolung warsa ||

17. kenging sarikira ing bathara lêwih | tinutur sadaya | laksitanira ing nguni | ing purwa madya wasana ||

18. sapandurat sang nata tan kêna angling | myarsa sabdanira | ing mantu angrês kang galih | dadya aris angandika ||

19. yèn mangkono nganggoa wahana joli | myang tandhu jêmpana | lan wadyèng Kartanagari | kabèh padha umiringa ||

20. samaktaa sakapraboning ajurit | Raja Anglingdarma | umatur ulun tan kêni | yèn mawi ambêkta wadya ||

21. yèn kênia kawula ambêkta dasih | têtiyang Malawa | sayakti kathah umiring | sang nata sangêt angampah ||

22. Raja Anglingdarma tan kêna gumingsir | ing karsa wisata | sang dyah ambondhèt ing laki | wus datan nolih ing wuntat ||

49. Pangkur

1. kang ibu kantun karuna | kadi gerah tangis sajroning puri | mijil Anglingdarma sampun | saking Kartanagara | padesan wus kawingking tambis wana gung | sang dyah lumampah nèng têngah | Ki Bathikmadrim nèng wuri ||

2. sang nata kang anèng ngarsa | lampahira nasak-nasak wanadri | kwèh buron alas kapranggul | banthèng ngèdhèng angadhang | kabarasat kidang anggêbras ing parung | macan warak kapalajar | wurahan swaraning pêksi ||

3. Ki Bathikmadrim samana | brôngta mulat mring Kèn Trusilawati | sukune tansah sinandhung | tinolèh [tino...]

--- 211 ---

[...lèh] angujiwat | ciptaning dyah wani marang gustinipun | dira tandhing kaprawiran | anglocita Bathikmadrim ||

4. yèn jamake wong bênêran | rabi loro ingsun dèn wèhi siji | kangelane ingsun milu | enake tan dinuman | dhihin mula kathaha kalangkung-langkung | sang dyah sangkin pinarpêkan | dènira Ki Bathikmadrim ||

5. sinandhung-sandhung kewala | Ni Trusilawati micarèng ati | wong iki edan kapaung | baya arsa maringwang | lamun ingsun matura marang sang prabu | nora wurung bôndayuda | agawe susahing ati ||

6. sira Raja Anglingdarma | datan wikan kalamun Bathikmadrim | aningid manah tan arju | ya ta sami ararywan | anèng soring mandira katri alungguh | sang ayu têmbe lumampah | sarira kadya sumampir ||

7. Kusuma Trusilawatya | aningali witing siwalan nuli | darbe paminta ring kakung | dhuh gusti sri narendra | ulun nuwun wohing siwalan puniku | kawula dahat kasatan | siwalan kang dadi ati ||

8. dahat kapengin kawula | yèn tan kasambadan ulun ngêmasi | sang ayu sarya amuwun | dènnya ngudi siwalan | angalosod lênggah tan bisa lumaku | angrês tyasira sang nata | umiyat ing radèn dèwi ||

9. Sri Anglingdarma ngandika | kakang Madrim sira pènèka aglis | Ki Bathikmadrim umatur | datan sagêd kawula | kêkirangan punapa paduka prabu | punika wontên rêraga- | ning manyura angêmasi ||

--- 212 ---

10. paduka silih sakêdhap | rêragane manyura kang ngêmasi | pinanjingana pukulun | kawula kang rumêksa | sariranta sampun sandea ing kalbu | sang ayu matur manêmbah | pukulun sri narapati ||

11. kawula anuwun duka | bok inggiha tumuntên dèn panjingi | dewa kawularsa wêruh | ing wong atilar raga | angandika sang nata lah iya masku | nanging sira dèn waspada | marang solah ingsun gusti ||

12. dèn agung wiwekanira | ingsun sare ing pangkonira gusti | sang ayu aris umatur | inggih sampun sandea | dyan sang nata asare ing pangkon sampun | matak aji tilar raga | yatmanira nata manjing ||

13. maring raganing manyura | urip mabur mring uwit tal manginggil | sang rêtna wismayandulu | kasaktènirang nata | Bathikmadrim niba tilar raganipun | manjing ing raganirendra | jênggèlèk tangi alinggih ||

14. ingkang manuksmèng manyura | maksih anèng wrêksa tal kang ainggil | lagya ngambil uwohipun | kasamaran ing driya | yèn Ki Bathikmadrim angêndhih mamrih dur | kagyat tumingal ing ngandhap | sariranta dèn panjingi ||

15. mring Bathikmadrim wus lênggah | sang anuksmèng manyura dahat runtik | asru dènira amuwus | hèh Bathikmadrim sira | ya pagene umanjingi raganingsun | apa sira wuru dawa | lali marang jênêng mami ||

16. dene sun liwat pracaya | marang sira mêngko sira nyidrani | Kèn Trusilawati ngungun |

--- 213 ---

emut wêlinging raka | wikan lamun Ki Bathikmadrim mamrih dur | anuksmèng raganing raka | kamantyan wingwrin ing galih ||

17. lumayu sarwi karuna | gya binuru sarya ingarih-arih | dhuh gusti aywa lumayu | ya ingsun lakinira | Raja Anglingdarma ing mau aturu | matak aji sun anyipta | sêsawaning mêrak putih ||

18. urip ika ingsun duta | mèt siwalan sing pamintanta gusti | sang dyah sangking sru lumayu | tinubruk-tubruk tuna | kang anuksmèng manyura anambêr asru | mukane Madrim kalênggak | bramatya Ki Bathikmadrim ||

19. umalap sela anawat | sangkin krura dènira anambêri | sing wuri sahasa ngabruk | Bathikmadrim anjola | tiba kongsêb katilapan ing pamburu | pijêr krodha mring manyura | saparan dèn bêbalangi ||

20. wus lêpas kusumaning dyah | murang marga tanna durgama kèsthi | andina ratri lumaku | anasak wanapringga | datan etang êri tanjang lawan rayung | rema kadi winusonan | kang wastra pating saluwir ||

21. arusak sariranira | ting balêsèr kacanthèl ing ri bandhil | datan kawarna ing ênu | prapta sajroning praja | laju manjing jro pura kagyat sang prabu | mulat ingkang putra prapta | priyôngga kawêlas-asih ||

22. kang ibu anjrit karuna | sarya ngrangkul ing putra dèn arasi | agêrêng-gêrêng sang prabu | mulat warnaning putra | angandika apa karane nak ingsun | praptanira dahat rusak | lakinta ana ing ngêndi ||

--- 214 ---

23. sang ayu matur anêmbah | saking purwa madya wasana titi | angungun ing tyas sang prabu | Basunônda mangagnya | timbalana Si Umadika dèn gupuh | ki patih wus ingandikan | tumanduk ing byantaraji ||

24. Sri Basunônda ngandika | Umadika sira dèn ngati-ati | yèn ana ngaku Sang Prabu | Anglingdarma dèn awas | mêngko lagi kasangsaya nèng wana gung | rêragane pinanjingan | dening Patih Bathikmadrim ||

25. anak prabu lagi nuksma | ing manyura kalamun ana prapti | rupa Anglingdarma Prabu | aywa wèh manjing pura | lah andhêgên kewala anèng manguntur | apatih matur sandika | manêmbah saksana mijil ||

26. kawarna kang maksyèng wana | Anglingdarma kang nuksmèng mêrak putih | nèng madyantara anjangkung | Madrim sasolahira | unggwanira aningid kuwandanipun | pinarnah ing jurang parang | jroning guwa dèn tutupi ||

27. wusnya mangkana nglocita | anjujula marang Kartanagari | sang dyah wus wrin tingkah ingsun | lêhêng ngong umentara | maring Bojanagara panggih sang ayu | dènnyanggarbini sun duga | ing samêngko uwis lair ||

28. sigra mring Bojanagara | lampahira sinêru sampun prapti | nahan kawarna sang prabu | ing Bojanagri lagya | mangun suka dene wawrataning sunu | ambabar jalu warnanta | mèmpêr rama mawèh brangti ||

50. Asmaradana

1. kalangkung dènira pekik | amindha Sang Partasuta | sambada

--- 215 ---

salêlewane | sinung ran Anglingkusuma | suka sih ingkang eyang | kinakudang raja sunu | saktia atiru rama ||

2. tan kêna pisah sang aji | kalawan rahadyan wayah | dumalundung sira radèn | ginadhang gumantya nata | anèng Bojanagara | ing dina Soma sang prabu | enjing miyos sinewaka ||

3. pêpak kang punggawa mantri | apatih Purwanagara | lawan Jêksanagarane | kalih munggwing ngarsa nata | pinarêk ing paglaran | ing dhampar alèmèk babud | sarya amangku kang wayah ||

4. kacarita wayah aji | timur mila rêmên katga | datansah winangking bae | angandika sang iswara | kakang Jêksanagara | wus alawas anak prabu | dènnya atilar nagara ||

5. baya ta mentar mring ngêndi | mantuningsun kang lêlana | putuningsun kongsi gêdhe | umure mèh wolung warsa | duk entare kang rama | binobotakên mas putu | mring ibune pitung côndra ||

6. ki patih matur wotsari | kasinggihan andikendra | sampun alami entare | lagyeca awawan sabda | lawan pêpatihira | wadya pocapan gumuruh | yèn mantu sri nata prapta ||

7. ing alun-alun dumugi | piyak sagung kang sewaka | para mantri cingak kabèh | sapraptanira ing ngarsa | gupuh nungkêmi pada | kapitèng tyasirang prabu | Darmawisesa ngandika ||

8. dene ta dingarèn iki | anak prabu ing Malawa | anungkêmi padaningong | alon dènira [dèni...]

--- 216 - --

[...ra] ngandika | natèng Bojanagara | anggèr lênggaha ing luhur | ajajar lawan pun bapa ||

9. sang ingujaran tur bêkti | kalangkung lêngganèng karsa | makidhupuh pasilane | ngling natèng Bojanagara | anggèr dene alama | pun bapa èmêng kalangkung | yun-yunên sadina-dina ||

10. punapa sami basuki | don andika alêlana | pun Bathikmadrim ing mangke | dene tan tumutur prapta | punapa maksih arja | kang mindha warna wotsantun | ature dahat noraga ||

11. inggih dewaji basuki | unggwan kawula lêlana | dene pun Bathikmadrime | amba utus mring Malawa | nimbali para wadya | sadaya saosa pêthuk | wahana myang upacara ||

12. datênga ing Bojanagri | sira Sri Darmawisesa | tansah mangangên jro tyase | de samêne kang atmaja | ewah lawan ing kina | ing sasolah bawanipun | myang cahya surêm kewala ||

13. wasana ngandika aris | punika putra andika | kang tinilar wawratane | awasta Anglingkusuma | kang mindha warna nabda | marenea sira kulup | iya ingsun ramanira ||

14. dene nuli dhêmên kêris | eling putraning prawira | lah ta marenea anggèr | arda wulangun manira | radèn putra tan arsa | ngawêt sarwi ngingêr dhuwung | kèndêl ingkang mindha warna ||

15. angandika sri bupati | Sèbêtan sira matura | mring gustinira dèn age | warahên kakunge prapta | wisata Kèn Sèbêtan | ya ta kawarna [kawar...]

--- 217 ---

[...na] sang ayu | miyos saking pamêlêngan ||

51. Mijil

1. sêsotyadi ing Bojanagari | kang manggung wirangrong | ing salami tinilar kakunge | mêmpên anèng pidikan nênêpi | tilar dhahar guling | mêmintèng dewagung ||

2. prasidaa lampahe kang anis | saparaning katong | winongwonga marang jawatane | lagi lênggah samana sang dèwi | inya anèng ngapti | tansah apitutur ||

3. adhuh gusti kusumaning puri | kang asawang layon- | ning saroja aluwara anggèr | nahên wingit adhahara gusti | tolihên dyan mantri | pêkik maksih timur ||

4. mênggah ngêsah sang dyah anauri | biyang putraningong | ingêmong mring jêng rama eyange | kang lêlana dahat kawlas-asih | gustimu nglakoni | agnyaning dewagung ||

5. ing saantuk-antuk sun belani | sakuwating wadon | aja kari ing lara-lapane | dyan kasaru praptaning dutaji | matur awotsari | kawula ingutus ||

6. dening rama paduka narpati | matêdhani wêroh | yèn rakanta kang anis ing mangke | sampun prapta sumiwèng ngarsaji | sang dyah datan angling | wagugên ing kalbu ||

7. apuwara angandika aris | sêkaring kadhaton | hèh Sèbêtan sun tanya jatine | apa iya satuhu dewaji | Malawa kang prapti | pangajapaningsun ||

8. kang dinangu umatur wotsari | dhuh gusti sayaktos | raka paduka mênggah warnane | nanging solah sanès lan ing nguni | ambranyak mantêsi |

--- 218 ---

sarta cahyanipun ||

9. surêm datan mancur lawan malih | ingkang swara agor | ragi cedhal-cedhal pamuwuse | bêsêm biyas kadi wong madati | kapara nyênyêngit | sêmune nyarungus ||

10. siwayanta wau dèn timbali | ananging sru lumoh | kinakêdya dening sudarmane | yun pinangku rêngu angawêti | sarwi ngingêr kêris | kadyarsa anuduk ||

11. duk miyarsa kusumaning puri | kumêpyur kang panon | sru karantan-rantan ing driyane | yatna marang wêwêlinging laki | duk anèng jinêmrik | pangandikanipun ||

12. besuk ing sapungkur ingsun yayi | lamun ana kang wong | prapta kadi manira warnane | yèn ta durung jangkêp pitung warsi | ywa sira panggihi | yèku ngaku-aku ||

13. nadyan nyataa ingsun pribadi | kang praptèng kadhaton | lamun durung tutug ing taune | nadyan silih kuranga saari | antinên maskwari | dèn prayitnèng kalbu ||

14. dèn kadriya sapitutur mami | poma wêkas ingong | sira sônggaa ing krama bae | samangkana dhihin kang wêwêling | marang ing garini | sang ayu mituhu ||

15. angandika kusumaning puri | biyang karsaningong | lawang udyana kuncinên bae | yèn kang prapta atakèn ing kami | warahên ngong lagi | têtarak myang nêkung ||

16. hèh Sèbêtan matura yèn mangkin | datan arsa ingong | panggih lawan Sri Anglingdarmane | Kèn Sèbêtan matur awotsari | inggih lêrês gusti | wisata lumêbu ||

17. praptèng ngarsa nata

--- 219 ---

awotsari | putra jêng sang katong | panggih lawan priyarda lumuhe | ingkang mindha anauri angling | paran dosa mami | marang sang dewayu ||

18. matur ring sri lah ta kadipundi | putra jêng sang katong | lumuh panggih paran rèh pamase | Maharaja Darmawisesa ngling | kula tan andugi | sumôngga ing kayun ||

19. aluwaran dènira tinangkil | nata angadhaton | sang amindha umanjing ge-age | mring kaputrèn arsa amanggihi | sang kadi apsari | duk prapta ing pintu ||

20. kang wiwara pinanggih kinunci | saksana dhinodhog | rum amanis wijiling wuwuse | dhuh mas mirah wênganana kori | dasihira prapti | onêng mring sang ayu ||

21. kang liningan kagyat anauri | ngandika saking jro | hèh sang nata wangsula dèn age | makuwona anèng siti inggil | benjing sun panggihi | andika pukulun ||

22. lamun wontên gajah prang lan kambing | dipanggane kawon | sang amindha warna sru merange | wangwang mundur para inya tuwin | parêkan umiring | sing agnyèng dyah ayu ||

23. masanggrahan anèng siti inggil | Anglingdarma tiron | tansah mangan nginum pakaryane | para mantri ing Bojanagari | samya dèn agnyani | mèt buron wana gung ||

24. saradula sangsam kidang kancil | sami ginarogol | sênuk warak maesa lan banthèng | ingkang galak -galak angajrihi | karsane sang aji | ingadu lan wêdhus ||

25. ênêngêna kang amindha [ami...]

--- 220 ---

[...ndha] warni | ucapên sang katong | kang anuksma ing mêrak yitmane | sigra kondur mring Bojanagari | sakêdhap wus prapti | sajroning kadhatun ||

26. jumujug ing jro udyana sari | ciptanirang katong | sang dyah bilih lirwa ing wêlinge | mari asih marang awak mami | dene warna pêksi | manyura kêkuncung ||

27. kawarnaa nayakaning puri | satata wirangrong | tansah ngarsa-arsa ing kakunge | sarira lir dalancang winanting | lami tarak bukti | cahyanira wêlu ||

28. lunggwèng sela gilang satêpining | we prênahirayom | kadi layoning puspa wandane | amrik gandane kang sarwa sari | kasilir ing angin | lir nyaskên gôndarum ||

29. sangkin trênyuh tyasira sang dèwi | ciniptèng jro wirong | tanlèn muhung Nglingdarma priyane | lamun datan praptaa tumuli | kadya anêmahi | sang dyah nganyut tuwuh ||

30. ingarsarsa siyang miwah ratri | kang rinênggèng panon | kasaput ing tyasira asare | munggwing sela gêgilang sang dèwi | duk sare angipi | panggih lawan kakung ||

31. lir sumandhing tumutur aguling | wela-wela katon | jroning nendra mangkana tan suwe | ingkang nuksma ing manyura putih | nèng wrêksa anuli | umisor maniyup ||

32. praptèng siti kagyat aningali | mring sang kadi layon | sru kumêsar tanbuh sotèng tyase | darpa runya tumingal ing rabi | ngandika aririh | dhuh mas mirah ingsun ||

33. datan pêgat liningling kang guling | wadanane [wada...]

--- 221 ---

[...nane] mêlok | dyan ginugah wungua nah anggèr | sambramanên dasihira prapti | kagyat kang aguling | wungu pungun-pungun ||

34. mulat kidul lor tan ana janmi | mangu sang lir sinom | pangandikanira ing driyane | sapa ingkang mungu ingsun guling | anolèh ing wuri | manyura kadulu ||

35. anèh warnanira mawur putih | lir kapuk winuson | kang anuksmèng manyura dêlinga | ingsun ingkang amungu mas gusti | dasihira prapti | sapanên sabdarum ||

36. sang dyah krêdyat miyarsa swaraning | pêksi nadyan awor | wong sapraja tan samar driyane | lamun swaranira ingkang laki | tangginas sang dèwi | manyura rinangkul ||

37. sru kinuswa kang manyura putih | panabdaniralon | dhuh pukulun tar nyana abdine | yèn paduka ing samêne prapti | wèh lêjaring galih | kang kataman wuyung ||

38. dene wontên ingkang prapta warni | paduka tan rara | nging sulaya ing tindak-tanduke | marma ulun mèh atuwêk ragi | kang anuksmèng pêksi | ngadhuh ngandikarum ||

39. marma ingsun lawas nora prapti | anjajah prajèngong | nglaya desa kampir sanggèn-ênggèn | jênêng mara yayi cinidra ring | Patih Bathikmadrim | jroning tyas simpên dur ||

40. ri tatkala nèng Kartanagari | mawa krama ingong | wus pinajar purwa wasanane | laksananta dahat mêlas-asih | dene dèn rusuhi | marang kanthinipun ||

52. Kinanthi

1. sang ayu aris umatur | punika sintên kang prapti | awarni Raja [Ra...]

--- 222 ---

[...ja] Nglingdarma | dèrèng kawula panggihi | kawula sampun pratignya | yèn wontên gajah lan kambing ||

2. aprang asor gajahipun | kawula sanggup manggihi | lan malih putra paduka | datan arsa dèn parêki | wasta pun Anglingkusuma | abagus sugih kawanin ||

3. ing mangke nèng siti luhur | kang prapta dènira mrêgil | ing sabên ari kasukan | lan wadyèng Bojanagari | angadu bêburon wana | ngandika kang warna pêksi ||

4. sira karia wong ayu | ingsun arsa aningali | pratingkahe wong kasukan | ngadu bêburon wanadri | sigra sang manyura seta | ngumbara mijil ing jawi ||

5. mencok ing waringin kurung | tan ana ingkang udani | ya ta malih kawarnaa | kang mindha Anglingdarmaji | wus miyos ing pagêlaran | lan natèng Bojanagari ||

6. pêpak mantri punggawa gung | akathah wong nêningali | ing alun-alun agêlar | sangkêp buron ing wanadri | gajah warak sênuk macan | banthèng mesa lan jêjawi ||

7. sang mindha Anglingdarma wus | pinarak ing kursi gadhing | siniwèng pra punggawaglar | ngandika mring abdi nangkil | mantri ing Bojanagara | kabèh padha kaya èstri ||

8. tan ana lanang satuhu | mung ingsun lananging bumi | pêpunjuling nuswa Jawa | sakèh ingkang para mantri | Bojanagara miyarsa | kalangkung runtik ing galih ||

9. lêlendhehan dènnya lungguh | ing kursi dênta rinukmi | risang mindha Anglingdarma | darbe kalangênan kambing | tansah sinandhing

--- 223 ---

nèng ngarsa | kinalungan kancanadi ||

10. binalonyo ing gôndarum | jêjêbadan lan kasturi | sumrêk gandane angambar | ngandika sri mindha warni | hèh sagung para nayaka | tanapi kang para mantri ||

11. ing mêngko payo angadu | kasantikan lawan mami | mara wêdhusku sajuga | mungsuhên robana tandhing | miliha kang galak-galak | buron alas ingkang julig ||

12. môngsa kalaha wêdhusku | mungsuh lawan kêbo sapi | nadyan macan gajah warak | kawawa iki nadhahi | sang natèng Bojanagara | mèsêm angandika aris ||

13. dora wuwuse ki prabu | nora tinêmu ing budi | pira rosane kang menda | sungune cêndhak tur alit | yèn tinandhinga lan singa | pasthi mati dadi tai ||

14. Sang Anglingdarma arêngu | pinaido ing sang aji | asugal ing aturira | nêdha paduka yaktèni | ulun kêndhat tali murda | yèn kasora menda mami ||

15. dèn mêngsaha gajah sênuk | pasthi mênang wêdhus mami | sang natèng Bojanagara | kalangkung mèpu ing galih | asru dènira ngandika | hèh sagung nayaka mantri ||

16. gawea piranti gupuh | anak prabu sun yaktèni | sabdane apêksa lancang | gya tumandang para mantri | tan adangu wus palasta | piranti angadu kambing ||

17. sigra malêbu kang wêdhus | mring piranti dèn tandhingi | andaka galak prakosa | sinurak ing para mantri | akèh banthèng kapalajar | dèn amuk ing wêdhus siji ||

--- 224 ---

18. miwah maesa andanu | sadaya sami ngêmasi | sênuk warak kabarasat | sawiji tan ana kari | sardula katranggul pêjah | merang sagung para mantri ||

19. mangkana sigra ingadu | kang menda kalawan èsthi | kathah dirada kang pêjah | kapracondhang dèn amuki | sang natèng Bojanagara | kalangkung gawok umaksi ||

20. sumarma unggul kang wêdhus | ujêr pinanjingan dening | kang amindha Anglingdarma | yitmanira nuksmèng kambing | pantês rosa aprawira | jêr dayane Bathikmadrim ||

21. sakèhing buron gung-agung | mati dening wêdhus siji | wusira atilar menda | wangsul mring ragane malih | lênggah nèng kursi kancana | menda mêndhak tan anglisik ||

22. mojar Sang Anglingdarma sru | mor guyu angêntrog wêntis | lah mara dèn kêmbarana | wêdhusku wong sanagari | môngsa andadak kalaha | yèn maksih ingsun kasihi ||

23. lamun pasaha wêdhusku | ing braja jêmparing lungid | eman aran Anglingdarma | sakèhing nayaka mantri | tan ana bisa angucap | ya ta sang manyura putih ||

24. kang mencok ing wringin kurung | adangu dènnya ningali | tansah mèsêm ing wardaya | yèn angucapa sang pêksi | kang arsa mondhong wanodya | wus enak têmên ing ati ||

25. Nglingdarma tiron andulu | ing pêksi manyura putih | mencok ing waringin kêmbar | sigra anambut jêmparing | sarya sru dènira mojar | hèh sagung nayaka mantri ||

26. sira kabèh [ka...]

--- 225 ---

[...bèh] nora wêruh | yèn ana manyura putih | mencok ing waringin kêmbar | iku leswaning nagari | lah payo kinarya lesan | yèn iku awèta urip ||

27. datan wun agawe rêtu | ura urwèng Bojanagri | saksana sagung nayaka | sami prastawèng pangaksi | mring pêksi manyura seta | sakamantyan sami ajrih ||

28. mring parentahirang prabu | Anglingdarma wanti-wanti | sadaya ngrênggêp sanjata | para mantri myang prajurit | miwah kang para nayaka | rumagang mring wringin larik ||

29. parêng nanjata gumrudug | yayah guntur ingkang kardi | mimis adrês kadi warsa | kukus pêtêng anglimputi | panyidhêpepangidhêpe. pra punggawa | kang pêksi manyura putih ||

30. uwus ajur kumur-kumur | daginge katut ing mimis | samênir môngsa karia | saking kèh kang nanjatani | taruning waringin têlas | bêrsih kaparag ing mimis ||

31. mèsêm sang anuksmèng manuk | amicara jroning ati | kang arsa mondhong wanodya | kaniayane kapati | dene ta nora kayaa | Si Madrim akarya kingkin ||

53. Asmaradana

1. sigra umanjing ing puri | wau sang manyura seta | wus awarni atat ijo | sapraptanirèng udyana | alon dènira mojar | wong ayu anêdha pintu | kêkasih andika prapta ||

2. sang ayu ngandika aris | yèn nyata pêpujaningwang | kang dwara mêngaa dhewe | nêhêr kang wiwara mênga | umanjing sang anuksma | ing atat sêkar [sê...]

--- 226 ---

[...kar] kadulu | dènira sang kadi rêtna ||

3. datan samar kusumadi | sigra sinôngga ing asta | kinuswa-kuswa cakare | ya ta kang warni kukila | anucuk-nucuk grana | sarwi anucuk cêcênthung | nucuk pipi awacana ||

4. sapa duwe rabi adi | ayu lêpas ing wiweka | sang lir kusuma dêlinge | kang darbe inggih paduka | dudu wong kana-kana | dasihe kiyai manuk | dudu rabine wong mindha ||

5. sapa ingkang duwe gusti | ayu ngasorkên supraba | datan lèn mung atat ijo | ratu adi ing Malawa | kang sakti môndraguna | amung andika wong ayu | ingkang asih wong amoyang ||

6. iki wong ayu alindri | gandês luwêse pasaja | intên adining paturon | dadia taru puspita | aywadoh lan andika | dadia ganggêng lan lumut | awèta dhampyang-dhampyangan ||

7. mojar Kèn Ambarawati | kalingane anyênyoba | pukulun marang dasihe | wingi arupa manyura | mangke awarna atat | baya ta sira ran ingsun | dinaliha maro tingal ||

8. benjing kandêl awak mami | marang Sang Prabu Malawa | yèn uwis prapta ing layon | dèn sidhêp èstri urakan | yèn tinilar ing priya | sapasar nuli abêsus | midhang bari luru bedhang ||

9. mojar sang anuksmèng pêksi | wong ayu sêtya ing priya | apantês dèn ingu ompong | mèsêm sang dyah angandika | dhuh ludhês nganti apa |

--- 227 ---

rêragane tan rinêbut | baya jrih abôndayuda ||

10. amungsuh Si Bathikmadrim | kawarna pêksi ngandika | adhuh jiwaningsun anggèr | nora pisan ngong ajriha | mung wêlas kang kaetang | duwea dosa sagunung | Si Madrim ingsun aksama ||

11. duk anèng Malawapati | akèh kayane mring praja | tanapi bêcik labête | sêtya tuhu angawula | nastiti myang wiweka | durung wani-wani mringsun | ing mêngko lagi kinuncang ||

12. sun têdha ing dewa lêwih | Si Bathikmadrim elinga | ngong eman têmên patine | mêngko yayi tingalana | ingsun ngadu kamayan | lan Si Madrim kang ambêk dur | bôndawala nèng ngarsanta ||

13. yèn Si Bathikmadrim prapti | gusti sira panggihana | dimène enak atine | sang putri wus binisikan | mituhu ing wêwêkas | umèsêm sajroning kalbu | angèsthi wulanging priya ||

14. ya ta kawarnaa malih | kang kasukan nèng paseban | Raja Anglingdarma tiron | arsa tumanduk ing pura | mojar ing babu inya | biyang matura dèn gupuh | mring gustinta garwaningwang ||

15. sun arsa marêk tumuli | maring sang rêtnaning pura | sira turana sêsaos | kang kinèn manêmbah mentar | wus prapta ing udyana | cumundhuk ngarsa sang ayu | babu inya matur nêmbah ||

16. kawula umatur gusti | ing mangke raka paduka | arsa kondur mring kadhaton | onêng dhumatêng paduka | èstu Raja Nglingdarma | sakti môndraguna punjul | wau ingkang pangandika ||

--- 228 ---

17. apa kang dèn walangati | kusumèng Bojanagara | pundhutane wus kalakon | wêdhus ingadu lan gajah | mêngko padha kaplajar | buron alas akèh lampus | dèn amuk ing wêdhus juga ||

18. sang dyah angandika aris | iya biyang aturana | dyan ngaturan age-age | manjing Raja Anglingdarma | kêkasihe ginawa | wêdhus kang sakti kalangkung | kawawa ngundha dirada ||

19. Kusuma Ambarawati | lênggah ing kursi kancana | arja sinjang cindhe ijo | sêngkang bapang sinamiran | kêmbên jingga maruta | mênggêp apêpilis wungu | kadya Supraba tumêdhak ||

20. andhèr parêkan lan cèthi | aglar ingkang upacara | kanang pêksi atat ijo | pinarnah anèng pranaja | sêlaning payudara | sinandyèng pambayun gêmuh | kasaban ing kêmbên jingga ||

21. Anglingdarma nambong prapti | mara sarwi mêmandhapan | ragan-ragan arsa mondhong | sang dyah sigra narik pêdhang | dhuh babo karsa paran | têka garita-garitu | kaya dhudha nêmu rôndha ||

22. pira rosaning pawèstri | yèn winisesa ing priya | dèn lêburakên tatane | sarira sapa duwea | datan lèn Sri Malawa | nging dèn sarônta ing kayun | bok sampun sadaya-daya ||

23. prayoginira sang aji | kalamun arsa anendra | nginuma arak myang gênje | badhèg brêm miwah waragang | yèn wuru-wuru dawa | jênak pratisthèng jinêm rum | sakeca nutug asupta ||

24. yèn sampun wungu aguling |

--- 229 ---

kawula wurukkên têmbang | sun sarean anèng pangkon | anggarjita Anglingdarma | inggih anggèr sandika | wus sinaosan anginum | gênje waragang lan arak ||

25. wus wuru mara tumuli | Anglingdarma angrêrêpa | lah dawêg kawula gendhong | sampun awuru manira | sang dyah aris turira | inggih sumôngga ing kayun | nanging kawula anêdha ||

26. kêkasih andika kambing | lamun bangkit mènèk sêkar | capakarsa kawulangge | cundhuk ing gêlung kawula | sira kang mindha warna | darpa kawimbuhan wuru | limut kaprayitnanira ||

27. sigra lumirig ing kapti | yitmanira tilar raga | anuksma anèng wêdhuse | tandya manjat ing wratsôngka | gawok sakèh umiyat | atat sêkar sampun lampus | kang ningid ing kasêmêkan ||

28. wong agung Malawapati | Anglingdarma kang sanyata | wus umanjing ing ragane | sang lir kusuma waspada | sigra nungkêmi pada | dhuh pangeran gustiningsun | wus lêga rasaning driya ||

29. sinambut sang lir apsari | pinangku ingaras-aras | mirahe pun kakang dhewe | kang sêtya tuhu ing priya | tan larang pinilala | atur bêkti mring sang kakung | ratu-ratuning kusuma ||

30. tan antara punang kambing | mudhun saking pêpenekan | sapraptaning ngandhap kagèt | mulat ing rêraganira | dene wus kaunggwanan | marang Anglingdarma Prabu | Ki Madrim mundur bramatya ||

54. Durma

1. asru mojar wau kang anuksmèng menda |

--- 230 ---

dhustha têmên silanji | tan mambu wanodya | bisa angamandaka | culika angaku bêcik | gawe karenah | kalesaning sabumi ||

2. angandika asru Raja Anglingdarma | hèh marenea Madrim | ingsun arsa mulat | marang rêraganira | baya bagus anjêlanthir | kêkuping dawa | karyamu anggayêmi ||

3. mêngko sida sira rabi putri bêlang | gèmbèl jêjenggot kêndhit | duk anèng Malawa | sira mukti wibawa | angrèh ingkang para aji | sun karya patya | mêngko sira ngalani ||

4. kang awarna menda krodha sru angucap | aywa kakehan angling | jêr sira kang murka | manira kari apa | besuk wani mêngko wani | asru narajang | krura anujah wani ||

5. Bathikmadrim angantêp karosanira | anumbuk dèn indhani | katanggor ing umpak | jêmbangan ting palêsat | sang nata prayitnèng wèsthi | tinujah tuna | binijig angindhani ||

6. kasaliring cinandhak cêcêngêlira | gigire dèn idaki | rosanirèng menda | prawirane sang nata | suku kapat manjing siti | watês andhêman | anjrit asambat mati ||

7. amlasasih sêsambatira kang menda | dhuh gusti sri bupati | nuwun pangaksama | kawula atur tobat | amung paduka dewaji | gusti kawula | kang palimarmèng dasih ||

8. iya sira Bathikmadrim sun aksama | yèn ora maning-maning | lah uwis mentara | mring wana ularana | rêragamu dèn aeling |

--- 231 ---

nèng parang jurang | dunungên dèn kapanggih ||

9. alon matur sang dyah ing Bojanagara | dhuh pukulun pun Madrim | lêhêng pinêjahan | wong dur kinarya paran | mèsêm ngandika sang aji | dhuh yayi eman | akèh potange bêcik ||

10. birating cintrakèng nata wèh prabawa | gêtêr patêr munyatri | umung ing antara | dewa nawurkên puspa | warsa lumrang ing wiyati | cihna Nglingdarma | kêkasihing dewadi ||

11. sru kapita ing tyas Sri Darmawisesa | ngandika masmu wingwrin | iki ana apa | baya wêwêlak prapta | salawas ingsun aurip | durung uninga | puspa warsa kadyèki ||

12. gupuh-gupuh têdhak mring kaputrèn prapta | putra anuju linggih | lawan kakungira | sarawuhe kang rama | sang dyah mêndhak awotsari | Raja Nglingdarma | madêg ragi kapering ||

13. angandika prabu ing Bojanagara | anak prabu puniki | inggih wontên paran | pun bapa langkung maras | puspa warsa akèh dening | swarèng awiyat | gumuruh angajrihi ||

14. baya mangke kang jagad arsa kinêbat | gègèr sajroning puri | wong dalêm srang- srangan | mèsêm Raja Nglingdarma | kang rama wangwang kinanthi | astane kiwa | matur lir madugêndhis ||

55. Dhandhanggula

1. ingaturan umanjing ing puri | ingkang rama wus lênggah atata | Sri Anglingdarma ature | sampun krêdyat pukulun | dene gêtêr patêr kèh muni | lumrang kang puspa warsa | ing tawang gumuruh | cihna yèn ulun waluya |

--- 232 ---

cintrakamba samêne wus brastha ênting | antuk aksamèng dewa ||

2. ingkang sowan dhatêng padukaji | èstu lamun rêraga kawula | nanging yitmanipun dede | pun Madrim kang sumurup | ing linggana kawula nguni | cinidra anèng wana | ulun kawlas-ayun | wus pinajar solahira | duk nèng wana angrês tyasirang narpati | myarsa aturing putra ||

3. pramèswari waspanya drês mijil | sumawana wong sadalêm pura | Sri Bojanagri dêlinge | ing mangke anak prabu | wontên pundi yitmaning Madrim | matur ingkang tinanya | anuksma ing wêdhus | marma kalangkung prakosa | duk ingabên singa warak gajah mati | binijig dening menda ||

4. margi yitmanipun Bathikmadrim | dewaji kang anuksma ing menda | marma kalangkung saktine | punika warninipun | ingkang wontên pungkur narpati | jêjenggotira panjang | kuping sungu dhungkul | umatur kang warni menda | adhuh gusti saking limute kang abdi | dahat minta aksama ||

5. unggwanira matur sarwi nangis | amiyarsa Raja Anglingdarma | karaos yèn santanane | lan kanthinira nglangut | adrapati atilar nagri | wasana angandika | aris sang aprabu | lah dèn age umentara | ularana rêraganta dèn kapanggih | kang kari anèng wana ||

6. yèn kapanggih muliha tumuli | mring nagara ing Malawapatya | aywa anusul marene | wit ingsun arsa mantuk | maring nagri Malawapati | sang sinung ujar mêdal | saking pura [pu...]

--- 233 ---

[...ra] gupuh | arda merang ing wardaya | wus kawingking praja ing Bojanagari | tumamèng wanawasa ||

7. natèng Bojanagri ngling mring sori | putuningsun yayi timbalana | Radèn Anglingkusumane | tinimbalan agupuh | rajaputra prapta ngabêkti | kinayuh de kang rama | adhuh putraningsun | tur sarwi angaras- arasingaras-aras. | mèh diwasa babo sutaningsun gusti | abagus warnanira ||

8. natèng Bojanagara anuli | kondur maring pura nganthi wayah | tan kêna sah lan eyange | kawarnaa sang prabu | Anglingdarma kang lagya amrih | langênirèng paprêman | ingaras sang ayu | ngandika sang kadi rêtna | sarwi mèsêm paduka arsa punapi | polahe lir jêjaka ||

9. baya durung ngraos sêpuh mangkin | tan ningali ing atmajanira | kakung tur sampun agêdhe | gumujêng sang aprabu | saolèhe wong tuwa yayi | matur êmban lan inya | gusti tiyang sêpuh | kantun gêgilutanira | sêpa sêpi sampun nandhês kang mêmanis | gumujêng sri narendra ||

10. dyan winawèng tilam kusumadi | kakung datansah amriyêmbada | jalwèstri dahat onênge | tumrapta ing sakayun | siyang dalu amukti sari | akathah winarnaa | langêning sih lulut | kacarita maharaja | ing Malawapati wus jumênêng aji | anèng Bojanagara ||

11. Raja Darmawisesa gumingsir | amagawan among wayahira | Ki Jaka Gêdhug êmbane | sampun jinunjung lungguh- | ira dening sri narapati | Dêmang Kalawisaya |

--- 234 ---

ran pasunging prabu | sajênêngira sang nata | langkung arja nagri ing Bojanagari | eca manahing wadya ||

12. ênêngêna kang wus madêg aji | lingên putri ing Kartanagara | wus ambabar wawratane | miyos jalu abagus | ingkang eyang kalangkung asih | marang rahadèn wayah | miwah sampun sinung | juluk Radèn Danurwenda | dahat dènnya ingugung de eyang aji | mêne sampun diwasa ||

13. tansah sira atakèn sudarmi | sinamur ing ibu datan kêna | mêksa ngudi patanyane | pêgêl tyase kang ibu | atmajane dipun tangisi | kèh karantaning driya | adhuh putraningsun | kaki radèn wruhanira | sudarmanta ratu agung nyakrawati | asakti môndraguna ||

14. nagarane ing Malawapati | ajêjuluk Raja Anglingdarma | datanpa tandhing baguse | bêbala para ratu | nging samêngko ingsun tan uning | tanbuh seda gêsanga | ramanira mau | nguni kasangsayèng wana | cinidra mring patihe ran Bathikmadrim | arupa yayahira ||

15. wus pinajar sasolahing nguni | rajaputra bramatya ing driya | sumung-sumung wadanane | wajanira ingadu | aturira asêmu tangis | yèn makatên kang purwa | kawula anuwun | pamit ngulari jêng rama | sukur lamun kapanggih pun Bathikmadrim | yakti kawula uja ||

16. bôndawala wontên ing wanadri | ibunira sru anjrit karuna | asambat-sambat kakunge | dhuh dewa sang aprabu | apa baya nora angipi | putrane [putra...]

--- 235 ---

[...ne] takèn rama | diwasa abagus | sapa bisa amomonga | Raja Basunônda sigra anêdhaki | pitutur ing atmaja ||

17. lah ta uwis mênênga ni putri | lakinira wartane waluya | nèng Bojanagri ênggone | lawan wis madêg ratu | kakang Darmawisesa aji | lumèngsèr amagawan | si patih atutur | ingsun arsa aputusan | anyatakkên mungguh yaktining pawarti | matur rahadèn wayah ||

18. ulun eyang arsa anarêngi | lampahipun caraka paduka | kang eyang pangandikane | dhuh anggèr putuningsun | besuk barêng lawan pun kaki | ibunira sun gawa | saha punggawa gung | kang manah onêng kalintang | duk ing nguni durung tuwuk aningali | marang sudarmanira ||

19. nahan gantya winarna ing kawi | wontên panjênênganing narendra | ing tanah sabrang prajane | ratu kasusra punjul | ing ayuda datanpa tandhing | kang para raja-raja | makêtêr sadarum | dêdêge agêng birawa | Pancadnyana bisikanira narpati | radyèng Simbarmanyura ||

20. sri narendra asipat rasaksi | sudibyanung sakti môndraguna | bisa manjing ajur-ajèr | tan kewran ngagal lêmbut | prakosagêng warna ngajrihi | jêjenggot simbar jaja | babrêngos ngrêmbuyung | netra kadi surya kêmbar | wajanira rangah tinon angajrihi | siyung panjang atiksna ||

21. bala bacingah ingkang sapalih | ditya ingkang sapalih manusa | Kalasrênggi pêpatihe | angrèh

--- 236 ---

ing wadya diyu | sakti julig wudhu ing jurit | prakosa ambêk sura | tur atêguh timbul | nate angêlar jajahan | sumawana tau ngrangsang balowarti | Kalasrênggi prawira ||

22. marmanira keringan sang aji | Pancadnyana tur asugih garwa | satus kawan dasa kèhe | samya putri yu-ayu | nanging sami ingangkah sêlir | amung putri sajuga | môngka padminipun | wasta Kèn Mayangkusuma | kêmbar lawan Wilutama ing swargadi | ayu maksih taruna ||

56. Sinom

1. ing sabrang datanpa sama | sira Dèwi Mayangsari | putrinira sri narendra | ing Sokarumêmbe nagri | marma dadya garwaji | dhinustha kalaning dalu | anèng paprêmanira | dening Patih Kalasrênggi | katur ing Sri Pancadnyana dadya garwa ||

2. panunggul nanging sang rêtna | amular andina ratri | tajin dhahar lawan nendra | saking lumuh mring narpati | sarira pinapati | gila non mring raja diyu | tan kêna pinarêkan | kalamun dèn parêpêki | mring sang nata kusumaning dyah murcita ||

3. mênggah unduring narendra | sang ayu tansah anangis | duk ing dalu ana swara | kapyarsa dening sang dèwi | lah wis mênênga nini | aywa sira manggung muwun | adarbea paminta | maru mring lakimu nini | aranana putri ing Kartanagara ||

4. ing kono margane benjang | lakinira olèh tandhing | ing yuda pasthi palastra | sang dyah kèndêl dènnya nangis | sampun eca ing galih | alênggah

--- 237 ---

maoni gêlung | kasaru praptanira | sakathahing para putri | ingacaran sadaya lênggah ing ngarsa ||

5. Sang Rêtna Mayangkusuma | nambrama ing sabda manis | mring para maru sadaya | lah padha mucanga yayi | ya ta kang para putri | sami umatur anuwun | saksana sami mucang | angling Dèwi Mayangsari | hèh yayi mas sadaya manira tanya ||

6. aywana kaduk ing cipta | padha tutura sayakti | apa sira padha trêsna | maring sang raksasa pati | sarwi mèsêm dènnya ngling | matur ingkang para maru | sintên ingkang asiha | maring sang yaksa narpati | saèstune sadaya gila tumingal ||

7. tan pae kadi paduka | nir srêda têrus ing galih | Kèn Brajaswara lingira | sajatine para putri | sadaya dahat gêthing | ing batin dhatêng sang prabu | namung ajrih kewala | dhatêng raka padukaji | yèn kongsia kôntra koguging wardaya ||

8. ana pawongan angucap | sapa tahan aningali | marang sang raksasa dipa | warnane anggêgilani | asimbar jaja wok bris | ngapurancang rawisipun | kumbala panjang miwah | sakojur wulu mradini | untu ngrangap dhrêstha panjang tulya dênta ||

9. kawarna Sri Pancadnyana | dèrèng carêm lan sang putri | arda sungkawa ing driya | dènnya tan kapadhan kapti | manggung dèn samayani | karsanira sang aprabu | amisesa ing garwa | pira rosaning pawèstri | sri narendra tumamèng unggwaning garwa ||

10. parêkan matur anêmbah | dhuh gusti sang nata prapti | sang dyah kumêpyur [ku...]

--- 238 ---

[...mêpyur] ing driya | marase kapati-pati | sigra têdhak sang dèwi | ginarêbêg ing pra maru | mêthuk ing sri narendra | sang nata suka umaksi | praptèng ngarsa sinambut sang kadi rêtna ||

11. kinuswa pinriyêmbada | wong sawang mênur rinujit | sapa kang duwe bêndara | wong tarincing kumarincing | tur sunthi kumalinthi | atimur parawan kêncur | gusti amêmundhuta | rêtna busana kang adi | wus binêkta sang ayu mring palênggahan ||

12. lênggah ing kursi kancana | tansah pinangku sang dèwi | pra maru aglar ing ngarsa | ngandika sri narapati | lah mêmundhuta gusti | aywa sok manggung amuwun | eman erak kang swara | Kusumayu Mayangsari | mèsêm matur sabdane anuju prana ||

13. pukulun lamun sambada | ing karsa paduka aji | kawula nêdha sisihan | putri ing Kartanagari | Dèwi Trusilawati | jêjuluk dewa anglayung | ingkang kalokèng jana | ayune datanpa tandhing | mung punika dadosa maru kawula ||

14. kadya punapa kang warna | mendah bungahe kang ati | samangsanipun wus prapta | putri ing Kartanagari | sumunggèng karsa aji | amundhut langêning lulut | siyang dalu tan wiyang | nanging atur kawulaji | lamun dèrèng prapta Dyah Kartanagara ||

15. kawula dahat lênggana | ajrih ulun angruhuni | putri ing Kartanagara | kakênan tyasira aji | suka angêntrog wêntis | lah iya pun kakang sanggup | ing sapamintanira | sayakti ingsun anganti | nanging sira aywa [a...]

--- 239 ---

[...ywa] cidra ing ubaya ||

16. umatur sang kadi rêtna | dhuh pukulun padukaji | môngka sêsilihing dewa | sintên purun anyidrani | gumujêng sri bupati | adhuh mirah gustiningsun | wruhanira wus lama | putri ing Kartanagari | anèng kene nanging tan ana uninga ||

17. manira cidra priyôngga | sun simpên jro cupu manik | astagina nèng makutha | sarine kang ingsun ambil | kang anèng Kartanagri | mung ragane pasthi bisu | môngsa bisaa mojar | sarine wus anèng ngriki | wangwang matur Sang Rêtna Mayangkusuma ||

18. dhuh pukulun wêdalêna | kawula arsa udani | warnane putri kaloka | sang nata sigra angambil | ingkang cêcupu manik | astagina prênahipun | sadalêm ning makutha | binuka cêcupu manik | sampun suwung sarining dyah nora nana ||

19. anjola Sri Pancadnyana | sapandurat datan angling | wasana ningali surat | sajroning cêcupu manik | aglis dènira ngambil | binuka sinuksmèng kalbu | pèngêt ungêling surat | aywa kelangan sang aji | putri Kartanagara ngong kang amawa ||

20. mulih maring nuswa Jawa | sira susula tumuli | yèn sira ratu prawira | ngluruga mring tanah Jawi | ingsun tandhingmu jurit | gawanên kabèh balamu | yèn sira tanbuhtambuh. ring wang | sun ratwèng Malawapati | kang jêjuluk Maharaja Anglingdarma ||

21. kang kasub kajanapriya | kuncara surayèng jurit | kinajrihan ing pra raja | krêtarta ing

--- 240 ---

rajaniti | sakti môndragunadi | tan kewran ing agal lêmbut | pêpakuning rat Jawa | winong ing para dewadi | jumujuga nagriningsun ing Malawa ||

22. aja mring Kartanagara | dudu lawanira jurit | Maharaja Basunônda | sagêndhingmu rêbut pati | manira kang ngêmbari | yèn wis kasor jênêng ingsun | yakti suyud kewala | pra nata ing nuswa Jawi | iya ingsun pramodèng yuda kanaka ||

57. Pangkur

1. wus titi sêrat panantang | lir sinêbit karnanira sang aji | krodha muka sumung-sumung | jajabang winga-winga | netra abrit lir surya kêmbar malatu- | latu idêp ngada-ada | kumêdut padoning lathi ||

2. asru dènira ngandika | marang garwa payo dandana yayi | kabèh sun gawa anglurug | enggal sun nuli budhal | nuswa Jawa ingkang arsa ingsun gêmpur | kabèh rabi-rabiningwang | kêrigên aywana kari ||

3. sadaya matur sandika | para putri suka micarèng ati | sukur mangkata anglurug | si dhungkrah Pancadnyana | ingsun têdha ing dewa bathara luhung | antuka laga nindhita | padhêma madyaning jurit ||

4. sigra miyos sri narendra | ginarêbêg ing sagung para manis | sapraptanirèng manguntur | mantri ingkang sewaka | nêtêg kêndhang tangara bêndhe angungkung | bubargubar. gong bèri wurahan | kagyat pra pratiwa sami ||

5. myang para nayaka ditya | asawega sabusananing jurit | gumêr ingkang nguwuh batur | undhang amêpak wadya | ting galidrah lumayu ing alun-alun | anarka [a...]

--- 241 ---

[...narka] yèn ana karya | pêpatihira sang aji ||

6. ran Kalasrênggi prawira | lan kaprênah misananirang aji | dêdêge agung aluhur | pilih lawan ing yuda | wus lumampah saha bala gumarudug | samarga asumbar-sumbar | wus praptèng ngarsa narpati ||

7. minggah mring manguntur samya | sakathahing pra punggawa rasaksi | pating janggêlêg dinulu | saha busana ambrang | lir gupala sura danawa gung-agung | kacarita sri narendra | karya kapilih rasaksi ||

8. kawan atus kathahira | pinilihan danawa trah winani | kang samya prawira têguh | dene manggalanira | ditya julig kêmbar dadya agul-agul | ran Kaladrêmba lan Kala- | bancara ditya sinakti ||

9. praptèng pagêlaran samya | ting galibrah gambira busanadi | pating prêngangah dinulu | krura lir saradula | ambalabar jêjêl pipit kwèhning diyu | para nayaka manuswa | sadaya samya anangkil ||

10. sêsêk jêjêl pêl-umpêlan | ambèr dhatêng wringin kurung apipit | kang prapta maksih ambrubul | sarsêk ing pamurakan | kongsi dhoyong kang wancakpancak. suji tumiyung | kadi trunaning udaya | rasaksa sungsun atindhih ||

11. Maharaja Pancadnyana | wus alênggah munggwing palôngka rukmi | pra garwa atap ing ngayun | sagung nayaka ditya | munggwing ngarsa pating janggêlêg dinulu | abukuh pasilanira | mrih mulat ing ujwalaji ||

12. anarka yèn nata duka | munggwing ngarsa Kya Patih Kalasrênggi | angandika sang aprabu | gumalêgêr [gumalê...]

--- 242 ---

[...gêr] kang swara | hèh hèh patih sira saosa parau | sadina mêngko kêmputa | sun arsa nglurug ngajawi ||

13. aran ing Malawapatya | praja ingkang arsa ngong prêp ing jurit | dene bisikaning ratu | Mahraja Anglingdarma | ingsun gawa kabèh para garwaningsun | kabèh para raja-raja | kêrigên aywana kari ||

14. Kalasrênggi matur nêmbah | patik aji dahat anuwun runtik | lamun sambada ing kayun | sampun paduka tindak | darpa nistha ngandhahkên jênêng pukulun | dewaji kasusrèng jagad | lamun prabu nyakrawati ||

15. abala para narendra | tanpa wilis sugih wadya prajurit | lamun suwawi pukulun | sampuna dening amba | kang angrurah nuswa Jawi cipta ulun | sampun kagêm ing astamba | bêdhahipun nuswa Jawi ||

16. tan wun pêjah Anglingdarma | para rabinira katur ing aji | sampun sandea ing kalbu | Mahraja Pancadnyana | angandika ywa kita ngucap sumaguh | apan sira durung wikan | saktine Anglingdarmaji ||

17. Kalasrênggi wruhanira | Anglingdarma pêpunjuling rat Jawi | tan kewran ing agal lêmbut | bisa ngambah gêgana | kaya dewa kamanusan ratu iku | punjul saking pra narendra | lah payo saosa patih ||

18. tandhu joli lan jêmpana | myang warahên wadya-wadya pasisir | saosa palwa dèn gupuh | patih matur sandika | wus parentah saos joli lan capurung | tandhu jêmpana apatya | wus anduta mring

--- 243 ---

pasisir ||

19. amêpak kang palwa kapal | korab lambu giyota kèci konthing | pacalang lêlêmpo sêlup | Mahraja Pancadnyana | angandika marang juru gêdhongipun | mêtokna rajabarana | myang busana adi-adi ||

20. gêdhong ingsun jroning pura | bêdhahana aywana kari siji | myang kang isi busana gung | kang sinung ling wisata | mêdalakên arta busana asêlur | wijilira sing jro pura | tinumpuk anèng ngarsaji ||

21. ngandika Sri Pancadnyana | êdumêna iku dèn maratani | mring bocah ingsun sadarum | aywana kaliwatan | dyan binage marang para ratu-ratu | nayaka punggawa miwah | pratiwa para prajurit ||

22. manusa miwah danawa | agêng alit warata mring pakathik | karoban ing dana prabu | wusira gya tangara | kadya gêrah swaraning wadya pangayun | budhal lir robing samodra | wus samakta wong jro puri ||

23. miyos ingkang para garwa | têtunggule Sudèwi Mayangsari | ginarêbêg munggwing ngayun | asri kang upacara | wus anitih jêmpana rêngga sang ayu | kang para putri sadaya | wahanane warni-warni ||

24. budhal sang sri naranata | Pancadnyana arja anitih èsthi | abusana sarwa murub | kadya Sang Kumbakarna | ginarêbêg ing kapilih kawan atus | buta julig pêpilihan | binusanan tulya asri ||

25. de ta kang para narendra | warna-warna gêgamaning ajurit | dinulu pating palancur | lir wukir kawalagar | dwaja layu kakôndha [kakô...]

--- 244 ---

[...ndha] myang umbul-umbul | kadrêsan ing samirana | gumêr awor raksasa ngrik ||

26. wadya ing Simbarmanyura | ambalabar lir trunaning udadi | wadya kang dadya panganjur | sampun praptèng muara | rêbut palwa kang badhe titihanipun | wus kawot wadya sadaya | punggawa kang pra dipati ||

27. rawuhira sang yaksendra | sigra numpak palwa sawadya ngiring | myang saupacaranipun | kawot sapalwa kapal | lawan ditya pêpilihan kawan atus | kang rumêksa ing sang nata | solahira mawèh kingkin ||

58. Asmaradana

1. Raja Baskara ngruhuni | kang angrèh wadya manusa | Kalasrênggi sisihane | kang angrèh bala raksasa | tan kawarna ing marga | lampahira anèng laut | sakèh baita wus prapta ||

2. ing pasisir Mlawapati | Raja Baskara wus mêntas | sawadya karya pakuwon | saosanira yaksendra | ginarap ing pra nata | amawi têtarub agung | sangkêlat jingga kinarya ||

3. sakèhing pakuwon dadi | anulya atur uninga | mring Kalasrênggi kang angrèh | katur marang yaksa dipa | undhang-undhang warata | aminggirakên parau | apipit anèng muara ||

4. wus têdhak sang ditya pati | sagarwa wadya sadaya | laju manjing pakuwone | gumuruh wadya raksasa | rusuh sami angrayah | padesan paminggir gêmpur | binajag ing bala ditya ||

5. dêmang Pabeyan angili | lumayu marang nagara | tur upiksa ing lampahe | kasusu ya ta

--- 245 ---

kawarna | nagara ing Malawa | saentarira sang prabu | tan lyan Arya Wijanarka ||

6. uyun-uyuning nagari | angrèh para raja-raja | pramônca sumuyud kabèh | para punggawa Malawa | tugur amakajangan | kubêng kadhaton kinêpung | prayitna ngrêksa nagara ||

7. mangkana ari Somenjing | para raja magêlaran | pêpak punggawanirandhèr | rôngga angabèi dêmang | tumênggung natapraja | mônca dipati supênuh | Wijanarka angandika ||

8. sanak-sanak paran kapti | kang Madrim lawas tan prapta | taman ana puwarane | tanbuh mati tanbuh gêsang | wartane nora ana | yèn rêmbug manira nusul | matur punggawa tinuwa ||

9. kawula botên kadugi | sintên ngayomi ing kathah | lir sapu ilang êsuhe | pasthi bubar para nata | eca sami gupita | kasaru ing praptanipun | dêmang Pabeyan ngandikan ||

10. mring ngarsa majêng wotsari | kawula atur upiksa | wontên mêngsah agêng rawoh | parangmuka saking sabrang | sampun minggah mring dharat | sapalih dityambêk rusuh | ingkang sapalih manuswa ||

11. narpatinipun rasaksi | ing sabrang Simbarmanyura | Pancadnyana jêjuluke | arsa mrêp nagri Malawa | wadya tanpa wilangan | paminggir pasisir gêmpur | kagyat Arya Wijanarka ||

12. bramatyanira mawêrdi | jaja bang mawinga-winga | Tumênggung Jayabayane | matur ngaturi prayoga | sampun kasêrêng duka | sayogi sami rinêmbug | nadyan nanggulanga ing prang ||

13. yèn sampun golong ing pikir | angling [a...]

--- 246 ---

[...ngling] Arya Wijanarka | lah kadyaparan rêmbuge | sanak-sanak ngong sadaya | aparêmbug ge mapag | ing yuda manira anut | matur Raja Nglesanpura ||

14. yogya pinapag ing jurit | wontên sajawining kitha | amrih papan ingkang ombèr | lamun muwêra ing kitha | rusak kawula desa | Dipatyèng Tunjung umatur | prayogi rêmbag punika ||

15. Dipati Kumbina angling | lêrês tinanggulang ing prang | linanggar ing pakuwone | dipati ing Candhipura | lawan Tarajutiksna | aris dènira umatur | lamun muwêra kewala ||

16. kalangkung anglêlingsêmi | sang nata ing Batarêtna | rêmbag amagut yudane | Ki Tumênggung Amongpraja | matur ing Wijanarka | dawêg miwiti rumuhun | ngrukti balowarti jagang ||

17. yèn sampun pênêd kang biting | mriyêm minggah mring palatar | sampun ta angandêlake | sanggupe ratu ngamônca | rêrêmponing ngayuda | katêmpuh dhewe kang labuh | dadi bêbantêning praja ||

18. Arya Dayaningrat angling | uwa kawula tan rêmbag | mundhak ngakèhakên gawe | nêdha sami tamèng dhadha | santana ing Malawa | môngsa tinggala lumayu | matur dipati Ngawôngga ||

19. lêrês kêkathahên kardi | punapa kang dados maras | nadhahi wil anjêgègèng | angling Arya Wijanarka | uwa amung wasita | lan Jagalaya yèn rêmbug | karia atêngga praja ||

20. sarwi anambuta kardi | ngrukti larèn lan palatar | mariyêm inggahna kabèh | ingsun mêdal [mêda...]

--- 247 ---

[...l] magut yuda | lawan para satriya | kalamun kasoran ingsun | angungsi sajroning jagang ||

21. wus rêmbug para bupati | punggawa samya bramatya | nulya atangara bêndhe | kêndhang gong bèri wurahan | orêg wadya Malawa | prajurit siyaga sampun | tanapi pramônca wadya ||

22. gambira para prajurit | anata sikêping yuda | wus samakta satriyane | busanasri warna- warna | gêgaman amalatar | tinêtêgan kaping têlu | budhal prajurit pangarsa ||

23. ing Lesanpura narpati | Widarba lan Tunjungpura | Kumbina Mandraka golong | Banjar Malathi Campala | miwah ing Trajutiksna | ing Candhipura sumambung | Mandura lan Batarêtna ||

24. Wiratha Ngawôngga puri | wadya pangarsa sadaya | kasambungan punggawane | para satriya punggawa | asri kawacanira | têtindhihe bagus-bagus | samya prawira taruna ||

59. Sinom

1. têlasing para satriya | gêgaman dalêm nambungi | têtindhih Andayaningrat | manggala tungguling baris | kwèhning kang dèn tindhihi | gaman dalêm wolung atus | sambada busanabra | kadi hyang-hyang munggwing tulis | warna-warna sagung sikêp kang pangarsa ||

2. Rahadèn Andayaningrat | nitih kuda janjan kuning | ajêjamang kampuh jingga | lancingan pathola wilis | sabuk cangap rêspati | abêbadhong kêlat bau | ambranyak kawarisan | lir putra ing Dwarawati | panurunge waos pêthak kawan [ka...]

--- 248 ---

[...wan] dasa ||

3. saupacara narendra | winawa mijil ing jurit | miwah titihan dipôngga | kinarya pusakèng jurit | binusanan sarwasri | pinindha ana sang prabu | ingapit songsong jênar | rinêksèng punggawa kalih | magêrsari akapang ngêpung matênggya ||

4. sira Arya Wijanarka | kang minôngka senapati | tigang èwu sikêping prang | kang pinangku munggwing ngarsi | samya wadya sinêlir | waos pêthak tigang atus | akathah yèn ucapna | prapta sajawining nagri | masang gêlar tiningkah mangkara byuha ||

5. sêsungut môncanagara | ingkang minôngka sêsupit | Mandraka lawan Campala | tanapi Banjarmalathi | ing Batarêtna kanthi | Mandura lawan ing Traju- | tiksna sami angiwa | Kumbina Kadarba nunggil | Lesanpura Tunjung Candhipura nata ||

6. samya nisih anèng kanan | dene ingkang andhadhani | pra pratiwa ing Malawa | satriya punggawa mantri | Andayaningrat tindhih | ingkang minôngka têtunggul | Dyan Arya Wijanarka | mangkana lampahing baris | wusnya kèndêl ingasokakên sadaya ||

7. nahan kang sampun atata | kawarna sang raksasaji | miyos sinewakèng wadya | patih ditya Kalasrênggi | lawan Baskara Aji | kalih pratistha ing ngayun | angling Sang Danawendra | mring Raja Baskara patih | kayaparan wartane Sri Anglingdarma ||

8. apa maguta ing yuda | umatur Sang Baskaraji | pukulun Sri Anglingdarma | suwêng kesah sampun lami |

--- 249 ---

ature punang têlik | wingi sontên dhatêngipun | kang kantun têngga praja | mung santana pra dipati | têtunggule wasta Arya Wijanarka ||

9. angrèh para raja-raja | minôngka wakil sang aji | lan malih wontên satriya | satunggil andêling jurit | Dayaningrat kêkasih | ladak prawira abagus | lan Arya Mangunjaya | samyarsa nanggulang jurit | ing sajawining kitha sampun atata ||

10. ngandika sang ditya raja | payo ta ngaraha patih | samêngko ingsun umangkat | matur patih Kalasrênggi | sampun gusti nindaki | awit ratunipun suwung | nistha ucaping praja | paduka narendra lêwih | langkung nistha aprang kalawan punggawa ||

11. sêdhêng tandhing lan kawula | punggawèng Malawapati | sampun wontên ing ngastamba | bêdhahing Malawapati | padukeca amukti | kasukan lan para arum | sang nata angandika | iya bênêr sira patih | kêrigana sagung kang bala manuswa ||

12. Raja Baskara anêmbah | angsala pangèstu gusti | sigra anêmbang tangara | kêndhang gong bêndhe tinitir | muntab sagung prajurit | manuswa sadaya mêtu | saking pakuwonira | andhêndhêng apacak baris | senapati ing prang Sang Raja Baskara ||

13. para raja tata gêlar | sawadya-wadya sumaji | ing prang sigra tinêtêgan | budhal ngangsêgakên baris | lir trunaning udadi | swaraning bala tumuruh | prapta ing pabaratan | para raja manuswaglis | tata gêlar tiningkah dirada mêta ||

--- 250 ---

14. kang dadya talalenira | raja gul-agul prajurit | ing gadhing Sang Raja Bêsmah | asisih Sang Raja Bindi | Raja Durgôngsa tuwin | Durbali samyanèng suku | awak Raja Baskara | pra sami wahana èsthi | ciptanira ing prang tan arsa mundura ||

60. Durma

1. wus apacak baris pra raja kasukan | Sri Baskara anuding | Pêcattôndha mangkat | mundhi sêrat panantang | ingiring wadya kapilih | praptèng barisan- | ira wong Mlawapati ||

2. sêsunguting baris mantri awas mulat | yèn ana duta prapti | Dêmang Tanpanaha | sigra ngadhang ing marga | hèh sira mandhêga dhihin | sira wong apa | Pêcattônda sru angling ||

3. ingsun duta mantri ing Simbarmanyura | dinuta mring ki patih | ngaturakên sêrat | Tanpanaha lingira | hèh sira mandhêgèng ngriki | manira arsa | atur udani dhihin ||

4. gya angutus mantri jajar sêsandêran | prapta laju umanjing | ngarsèng pasamoan | wau para satriya | matur lamun duta saking | Simbarmanyura | arsa ngaturi tulis ||

5. dipun andhêg nèng jawining pabarisan | dyan arya kèn nimbali | duta gya ingundang | manjing ing pasamoan | Pêcattôndha mundhi tulis | Dêmang Urawan | ingkang pinrih nampèni ||

6. dyan winaos pèngêt bêbukaning surat | Raja Baskara patih | ing Simbarmanyura | Wijanarka nungkula | sun pundhut Malawapati | srahna bongkokan | ngawulaa mring mami ||

7. muntab krodhanira Ki Dêmang Urawan |

--- 251 ---

mojar anêbit tulis | hèh duta muliha | matura gustinira | Si Baskara kapan prapti | sun papag ing prang | duta wus pinisalin ||

8. Pêcattôndha sigra lèngsèr sing ngayunan | sêsandêran nèng margi | praptèng pamondhokan | sira Raja Baskara | lagya siniwèng prajurit | duta mring ngarsa | matur saha wotsari ||

9. surak dalêm tinampik dening prameya | winaca dyan sinêbit | ran Dêmang Ngurawan | lajêng mojar sêsumbar | paduka dipun sumbari | samôngsa prapta | pinagut ing ajurit ||

10. duka Raja Baskara akèn tangara | bêndhe bèri tinitir | muntab sikêping prang | sumahab anèng papan | gêlar gajah mêta dadi | swaraning bala | angkên hyraking jaladri ||

11. gya tangara punggawa mantri Malawa | gêlarira wus dadi | prajurit gambira | mulat mungsuh sudira | parêng ajuning ajurit | têmpuh sanjata | yayah rug ingkang wukir ||

12. ramening prang tanbuh mungsuh lawan rowang | apanggih padha wani | kukusing sandawa | pêtêng lir ampak-ampak | riwut rok asilih ukih | acaruk watang | ganjur wus tanpa kardi ||

13. rêmpu watang prawira narik curiga | rame agênti kêris | apêdhang-pinêdhang | rame pêrang-pinêrang | warastra kadi garimis | busur sarampang | towok lêmbing suligi ||

14. lir ampuhan swaraning bala kabranan | wau ta kang ajurit | wadya ing Malawa | mêngkab karoban laga | rusak gêlaring ajurit | Andayaningrat |

--- 252 ---

ngabani wong sinêlir ||

15. tigang atus samya trahing Kartiyasa | lêlurahira sami | trahing kulangkeya | tanna trah bêndarakan | sarêng mêngsah nunjang wani | samyambêk pêjah | mangamuk golong pipis ||

16. bubrah rusak kang gêlar dirada mêta | ingkang katrajang gusis | agul-agul raja | lawan raja sangara | mulat rusaking prajurit | dahat bramatya | ngangsahakên prajurit ||

17. gya linimput Radèn Arya Dayaningrat | jinawuhan jêmparing | myang busur sarampang | suligi alugora | wadya sanambang tan gingsir | ngamuk manêngah | liwung awuru gêtih ||

18. Wijanarka mulat ing Andayaningrat | linimput ing ajurit | Arya Mangunjaya | ingatag têtulunga | mangsah ngirid wong sinêlir | mamrêp anunjang | mungsuhira nadhahi ||

19. sinosog ing watang sinawat ing srampang | turanggane tan busik | tinon lir parada | mimis kang anèng dhadha | sangkin gambira ing jurit | punggawa sabrang | akèh ingkang ngêmasi ||

20. Maharaja Baskara Darpa Kabangan | sawadya apêpulih | myang sagung pra raja | prawira sami sura | ambyuk sadaya ngêbyuki | mring Dayaningrat | panggah datan gumingsir ||

21. lawan Mangunjaya kadya Partasuta | duk rinêbut ing jurit | mring sata Kurawa | ingudanan warastra | kudanira angêmasi | narik curiga | para aji nadhahi ||

22. akèh ingkang para raja nandhang brana | bupati kèh ngêmasi | Arya Wijanarka | lawan Dêmang

--- 253 ---

Urawan | têtulung samya ngawaki | sawadyanira | miwah kang para mantri ||

23. prajurit ing Malawa kawratan dana | mila samyambêk pati | surak lir ampuhan | awor sêblaking laras | kumêlap-kêlap kang langit | bumi prakêmpa | mangaèrnawa gêtih ||

24. sungsun-sungsun kunarpa awêwukiran | sarah watang lan lêmbing | lêlumut kumbala | daludag lan gêndera | wong Simbarmanyura giris | samya sasaran | tan ana môngga pulih ||

25. senapati Raja Baskara lumajar | mawur para bupati | miwah para raja | samya tilar galanggang | mundur wong Malawapati | amasanggrahan | nahan Baskara aji ||

26. palayune nêdya ngaturi uninga | dhatêng sri narapati | Pancadnyana lagya | sinewa ing punggawa | Kalasrênggi anèng ngapti | nata ngandika | apa wartane patih ||

27. Si Baskara dènnya angrabasèng pura | prajèng Malawapati | Kalasrênggi nêmbah | dèrèng wontên tur piksa | kasaru Baskara prapti | laju ngandikan | angling sang raksasaji ||

28. hèh Baskara apa sira labdèng karya | ngrabasèng Mlawapati | êndi Wijanarka | apa ta wus palastra | Raja Baskara ngabêkti | anuwun duka | dahat tiwas ing dasih ||

29. datan bêdhah Malawa kang têngga praja | prajurit sura sakti | wasta Wijanarka | lawan Andayaningrat | Mangunjaya kang satunggil | langkung digdaya | prajurit ewon gusis ||

30. ing ayuda datan amôngga puliha | duka sang dityapati | kèn nêmbang tangara | kumpul [ku...]

--- 254 - --

[...mpul] bala raksasa | gumêr swaraning dityangrik | sang danawendra | ngrasuk kaprabon jurit ||

31. wus sumahab sagung prajurit danawa | sikêp lêmbing suligi | badhama candrasa | limpung pêdhang sarampang | umijil sang danawaji | kasrêng ing duka | majêng baris rasaksi ||

32. praptèng rana angrakit gêlaring yuda | Kya Patih Kalasrênggi | gêlar prit anêba | mulat mungsuh manuswa | nguwuh-uwuh ngajak jurit | kagyat punggawa | Malawa nata baris ||

33. wus sumahab ing papan ditya narajang | prajurit anadhahi | binendrong sanjata | sinosog ganjur watang | tan ajrih tinumbak wani | ngêrah badhama | ana kang nginum gêtih ||

34. kang sawênèh apikut sinêmpal-sêmpal | kinêmah sinasêbit | kinarya sêsawat | giris wadya Malawa | malêdug sikêping jurit | samya sasaran | tan ana môngga pulih ||

35. kasaput ing ratri kang sami ayuda | mundur sang danawaji | makuwon kasukan | lan sagung pra punggawa | lingên wong Malawapati | sami katrêsan | dhandhanggêndhis sumilih ||