Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61–80)
1. | Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61–80). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 81–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
61. Dhandhanggula
1. ngumpul pakuwoning senapati | Arya Wijanarka pirêmbagan | binobot dudu bobote | ratu ngamănca kumpul | Adipati Ngawănggapuri | Widarba Batarêtna | Kumbina ing Tunjung- | pura lawan Lesanpura | Măndaraka Mandura Banjarmalathi | Campala Candhipura ||
2. pêpak samya ngaturi prayogi | miwah para punggawa Malawa | mring Wijanarka
--- 255 ---
ature | suwawi sami mundur | yogya sami apranga eling | nadyan gêgêmpurana | yèn sampun arêmbug | muwêr salêbêting kitha | kăndhang jagang yèn kasor ampungan biting | lamun anêdya panggah ||
3. yodèng jurit sadaya agusis | prajurite wus kawus sadaya | sintên kang dèn angsahake | sintên ingkang dèn adu | Arya Dayaningrat nambungi | yèn manira tan eca | nadyan silih kawus | muhung wadyalit kewala | para mantri punggawa nêdha ngawaki | mundura amêmirang ||
4. morod ing prang dèrèng babak busik | murud tinggal prangmuka adêgan | jamak satriya patine | nèng rana kinarubut | Arya Mangunjaya lumirig | lawan dêmang Urawan | paran karya naur | sih nata lamun dedea | wutahing rah pêcahing jaja nangguhi | parangmuka kang prapta ||
5. nadyan wuwuha ditya sakêthi | datan nêdya atilar galanggang | Wijanarka èmêng tyase | dening salayèng rêmbug | pra punggawèng Malawapati | guyub samya nanggulang | iyêging pra ratu | ngamănca mundur mring praja | apradondi gosthinira durung gilig | wontên gênti winarna ||
6. dwijawara Sang Malayasidi | adhêdhepok ardyèng Endraloka | pandhita gêntur tapane | trus ing paningal wêruh | lamun prajèng Malawapati | kapraptan ing yaksendra | sru ing marmanipun | ing nguni sampun sumitra | lawan maharaja ing Malawapati | samya asih-sinihan ||
--- 256 ---
7. risang dwija tan samar ing galih | yèn sang nata anis saking praja | kang têngga mung punggawane | saksana mêsat gupuh | mung sakêdhap prapta ngarsaning | Dyan Arya Wijanarka | tangginas andhêku | kagyat sakèhing punggawa | mulat ing Sang Bagawan Malayasidi | wangwang sami pranata ||
8. sang dwija ngling marmane sun prapti | dalwanjujug anèng pabarisan | apitutur mring dhèwèke | wruhanira mungsuhmu | danawendra lêwih sinakti | tan kalah dening sira | winong ing dewagung | age sira undurana | amuwêra anèng jro kitha prayogi | ratunira mèh prapta ||
9. yèku besuk tandhinge ing jurit | andutaa Arya Mangunjaya | lunga anusula age | ngularana gustimu | sri narendra aglis kapanggih | poma ywana manglaga | prange ratu iku | nadyan sira karubuta | wong sa-Jawa yèn dudu sri narapati | Malawa Anglingdarma ||
10. iku tandhingira kang nadhahi | gardakane sang raksasa dipa | kang matèni bubuhane | poma ta wêkas ingsun | Wijanarka wus dèn bisiki | musna sang dwijawara | Wijanarka muwus | kadi punapa kang rêmbag | sanak-sanak pamèngête sang ayogi | wanti-wanti angampah ||
11. sadayanut ing rèh sang ayogi | byar raina atangara budhal | baris ing Malawa kabèh | wong Simbarmanyura wruh | gya tangara anata baris | sinidhêp tinanggulang | ing yuda nora wruh | lamun mundur mring jro kutha | wadya diyu [di...]
--- 257 ---
[...yu] prastawa samya nututi | mring wadya ing Malawa ||
12. pratiwa lèn mantri anèng wuri | wusnya manjing kitha tutup kwara[1] | Mangunjaya wus lumèngsèr | angulari sang prabu | tanpa kanthi lampahirenjing | lêpas kalunta-lunta | nahan kang lumaku | kawarna sang danawendra | lagya lênggah siniwèng punggawa mantri | Kalasrênggi tur sêmbah ||
13. sri narendra ulun tur udani | mêngsah larud gusis manjing pura | muwêr sajro bêbitinge | gumujêng sang aprabu | gumalêgêr ngandikèng patih | undhangana pra raja | kabèh konên ngêpung | dèn kêmput praja Malawa | gêgilanên saking sajabaning biting | prihên giris nungkula ||
14. Patih Kalasrênggi nulya mijil | para raja pinara sakawan | myang bupati sawadyane | pura wangwang kinêpung | kêmput têpung jawining nagri | punggawa ing Malawa | malatar apêngkuh | atêngga mariyêmira | wus miranti sadaya nèng balowarti | nêdya matyèng jro kitha ||
15. Dayaningrat arsa amêdali | ing ayuda lan Dêmang Urawan | dèn amrih bubara kabèh | danawa ingkang ngêpung | kutha Wijanarka ngling aris | manira datan rêmbag | dene sang awiku | asangêt ingkang wêwêkas | yèn tan ayu pinanggih lirwèng wêwêling | nahan ingkang lumampah ||
16. Arya Mangunjaya angulari | ing sang nata lêpas lampahira | angratri saênggèn-ênggèn | siyang lumakwandarung | datan ana ciniptèng galih | mung gusti sri narendra | kadyage apangguh | praja ing Malawapatya | wus kapungkur [ka...]
--- 258 ---
[...pungkur] sinêru dènnya lumaris | jroning tyas manggung brăngta ||
62. Asmaradana
1. Mangunjaya aningali | ing janma arantab-rantab | aulur pêpikulane | pinêdhak wangwang tinanya | paman ngong nilakrama | padesan samya gung wutuh | tumut ing pundi punika ||
2. ki patinggi anauri | tumut ing Bojanagara | Mangunjaya tanya malèh | sapa rane rajanira | apa nom apa tuwa | kyai patinggi sumaur | ratu kawula kang lama ||
3. inggih ing Bojanagari | Mahraja Darmawisesa | sampun magawan ginêntèn | ing mantu jêjulukira | Maharaja Nglingdarma | sinakti anom abagus | andhêdhês ingkang têtanya ||
4. satriya saka ing ngêndi | ingkang aran Anglingdarma | ki patinggi lon ature | satriya andon lêlana | kamantu mring sang nata | datan wikan wijilipun | mojar Arya Mangunjaya ||
5. ingsun arsa wruh nagari | paman tuduhna ing marga | ingkang liningan wuwuse | andika ngalèr ngilèna | saksana Mangunjaya | laju manjing praja sampun | sri enjang miyos sinewa ||
6. pêpak kang punggawa mantri | Apatih Purwanagara | miwah Jaksanagarane | sami sumiwa ing ngarsa | cakêt lan dirgasana | angandika sang aprabu | Apatih Jaksanagara ||
7. kayapa ing Bojanagri | sajênêng ingsun narendra | apa ta wuwuh arjane | atawa kalamun suda | arjane kang nagara | ki patih manêmbah matur | mênggah samangke [samang...]
--- 259 ---
[...ke] kang praja ||
8. kathah kaote lan nguni | tuwin gêmahing padesan | ing mangke kathah wêwahe | wimbuh sênêning nagara | wadya gung alit suka | mangkana nulya kasaru | ing praptane Mangunjaya ||
9. awas dènira ningali | saking mandrawa tan samar | kalamun nyata gustine | dumrojog maring ngayunan | miyak mantri sewaka | tinarka wong soroh amuk | tinubruk ing pra punggawa ||
10. dèn byuki ing para mantri | Mangunjaya binabayang | bramatya kinipatake | pra mantri pating palêsat | ana tiba kalumah | prapta ngarsanirang prabu | nungkêmi pada karuna ||
11. tangise kadi pawèstri | sang nata aris ngandika | ingsun arya tan andimpe | atêtêmu lawan sira | kaya wong anyupêna | dahat kumêpyuring kalbu | lah uwis sira mênênga ||
12. satriya kalamun nangis | apês boboting ayuda | lan sirna kaprawirane | lah wus sira wêwartaa | ing praja kadiparan | iya ing sapungkur ingsun | apa ta padha waluya ||
13. Mangunjaya awotsari | abdi paduka sadaya | wilujêng tan wontên kalong | miwah pra mănca dipatya | têtêp rumêksèng praja | nging pun Madrim nguni nusul | ing paduka sampun lama ||
14. ngandika sri narapati | ya wus panggih lan manira | Si Madrim balila tyase | wani ngayoni maringwang | wus tinutur sadaya | ing sasolah tingkahipun | ngungun Arya Mangunjaya ||
15. matur ulun tur udani |
--- 260 ---
nagri dalêm kadhatêngan | ing parangmuka nagrine | ing sabrang Simbarmanyura | Mahraja Pancadnyana | danawa raja wadya gung | bacingah sapalih ditya ||
16. manuswa ingkang sapalih | prang rame jawining kitha | Raja Baskara tindhihe | angêpang nagri Malawa | sang nata angandika | apa asor apa unggul | ing prang matur Mangunjaya ||
17. pêrang ngantos kaping kalih | wontên sajawining kitha | mêngsah kasor sagêndhinge | para ratu tanah sabrang | prajuritipun risak | para raja kathah tatu | bibar arêbut koripan ||
18. Pancadnyana dyan mêdali | ing yuda sawadya ditya | tiyang Malawa kasore | gila mulat ing raksasa | santana pra punggawa | Malawa sadaya rêmbug | ngawaki rêrênpon[2] ing prang ||
19. nuntên mitra padukaji | sang pandhita dalu prapta | asangêt ing pangampahe | dhatêng Arya Wijanarka | katur sasolahira | angandika sang aprabu | apatih Purwanagara ||
20. padha dandana ing jurit | mantri punggawa ing Boja- | nagara sun gawa kabèh | têtulung marang nagara | patih matur sandika | ngandika malih Sang Prabu | Pangalasan ingsun duta ||
21. aturêna layang mami | mring Raja Kartanagara | Pangalasan nêmbah lèngsèr | mundhi surat tandya mentar | lampahe gêgancangan | sang nata jêngkar ngadhatun | bubar sagung kang sewaka ||
22. sri nata sampun ngaturi | uninga dhatêng mratuwa | yèn badhe mangkat enjinge | têtulung marang Malawa | garwa putra [pu...]
--- 261 ---
[...tra] binêkta | kang rama tan arsa kantun | kêdah anutakên wayah ||
23. busêkan punggawa mantri | samya angrukti gêgaman | samakta lawan sikêpe | byar rina ngrasuk busana | para mantri prawira | sikêping yuda wus uyun | ki patih sigra tangara ||
24. gambira para prajurit | ing alun-alun atata | wahana sampun sumaos | umijil sri naradipa | pinarak ing paglaran | patih kalih marêk ngayun | sang nata aris ngandika ||
25. hèh patih sun budhal dhihin | sikêp tri nambang sun gawa | muwah têlu prawirane | lan si Arya Mangunjaya | sira karo karia | angiringna garwaningsun | atanapi putraningwang ||
26. dèn prayitna anèng margi | ki patih matur sandika | laju umangkat sang katong | anitih kuda pêpêrang | ngirid wadya tri nambang | kang sikêp aglar ing ngayun | rasukan sangkêlat rêkta ||
27. sruwal panji-panji kuning | tinindhihan watang binang | ponthang puput lan bung ampèl | kasambungan wadya nyutra | busanasri sarwa mas | warastra sêsikêpipun | sêsondhèr jingga ngangrangan ||
28. watang pêthak anèng wuri | kang magêrsari akapang | sikêp lêmbing busur towok | agarêbêg ing sang nata | asri busanèng wadya | lêpas lampahirang prabu | ing wuri kang rama budhal ||
29. buminatèng Bojanagri | Mahraja Darmawisesa | punggawanèng ngarsa kabèh | Rahadèn Anglingkusuma | nitih kuda rinêngga | ing wurinira kang ibu | asri anitih jêmpana ||
--- 262 ---
30. jajaran wadya kapilih | ing wurinira kang rama | wêkasan pêpatih karo | gêgaman awarna-warna | amyang tunggul daludag | lêlayu lan umbul-umbul | kawingking Bojanagara ||
63. Pangkur
1. anglarug lampahing bala | kawarnaa natèng Kartanagari | Mahraja Basunănda wus | undhang samakta arsa | marang Bojanagri awit dening anggung | ginubêl ing radèn wayah | wus samya busanèng jurit ||
2. sri umiyos magêlaran | pêpak para punggawa miwah mantri | saos wahana myang sagung | gêgaman warna-warna | wus samakta nèng alun-alun supênuh | tantara jru Pangalasan | prapta katur ing narpati ||
3. yèn wontên caraka prapta | saking Bojanagara mundhi tulis | sigra ngandikan mring ngayun | majêng nulya manêmbah | atur surat tinampan winaos sampun | kadriya suka narendra | sawusira maos tulis ||
4. ngandika dhatêng kang wayah | wruhanira iki kang asung tulis | marang ingsun sudarmamu | Mahraja Anglingdarma | wus waluya yitma manjing raganipun | Madrim anuksma ing menda | wus tinundhung mring wanadri ||
5. lan ramanira wus mangkat | mulih marang Malawa arsa jurit | kang Darmawisesa milu | têtulung mring Malawa | ngêtutakên wayah tanapi ibumu | putri ing Bojanagara | wus mangkat barêng lan siwi ||
6. sira lan ingsun dèn ajak | têtulung prang Malawa dèn dhatêngi | ing raksasa raja ngêpung | kutharsa rinabasa | nagarane ing
--- 263 ---
Simbarmanyura juluk | raja ditya Pancadnyana | akèh narendra angabdi ||
7. marmane ingsun lan sira | dèn timbali têtêmon anèng margi | sarta kalawan ibumu | barênga lawan sira | Radèn Danurwenda sigra dènnya matur | yèn makatên dawêg mangkat | tumuntên manawi kari ||
8. ing karya age kawula | arsa tandhing rok băndawala pati | kalawan sang raja diyu | Basunănda ngandika | tangaraa patih budhalna panganjur | sang rêtna sampun sawega | miyos awahana joli ||
9. jajaran asri akapang | siwayendra awahana turanggi | munggwing ngarsane kang ibu | ginarêbêg ing yoda | pra satriya pilihan trah dirèng lampus | tur sami bojana crêma | binusanan sarwa adi ||
10. Maharaja Basunănda | nitih èsthi lampahira nèng wuri | pinêlak dènnya lumaku | tan mawi masanggrahan | anèng marga andina ratri lumaju | praptèng jajahan Malawa | padesan paminggir sêpi ||
11. desa gêng-agêng rabasa | binajag ing raksasa sabên ari | pirang-pirang desa suwung | wonge wus samya minggat | kang kapikut ing ditya sami linampus | saparan-paran kunarpa | kwèh dhandhang wurahan muni ||
64. Dhandhanggula
1. kunêng nata ing Kartanagari | kawuwusa Raja Anglingdarma | wus angancik jajahane | paminggir dhusun-dhusun | masanggrahan nèng Sarwadadi | wong desa kèh sugata | Pangalasan wau | ngruhuni lampah wus prapta |
--- 264 ---
atur uning yèn sang natèng Kartanagri | sampun bidhal sing praja ||
2. lan atmaja risang raja putri | myang kang wayah putra padukendra | Radèn Danurwenda rane | prawira ambêk purun | ambaranyak sambada pêkik | pramèswari narendra | tansah lan kang sunu | sang nata mèsêm ngandika | Mangunjaya sira umuliha dhihin | warahên Wijanarka ||
3. konên mêtu angantêp ing jurit | sakancane sira tuturana | yèn ingsun têka ing kene | wisata kang ingutus | Mangunjaya amurang margi | nungkulakên danawa | lampahira rawuh | jro kitha lajêng apanggya | lawan Arya Wijanarka nèng sitinggil | kagyat sagung punggawa ||
4. Arya Wijanarka nabda aris | lah bagea yayi dene enggal | prapta baya antuk gawe | Mangunjaya umatur | inggih nata nuntên kapanggih | anèng Bojanagara | ing mangke wus rawuh | mariki sagarwa putra | saha wadya makuwon nèng Sarwadadi | timbalane sang nata ||
5. jêng paduka kinèn amêdali | ngantêp yuda sakănca dèn rêmbag | samya sandika ature | sadaya sukèng kalbu | pra punggawèng Malawapati | myarsa ratune prapta | tuwuh suranipun | pra dipati măncapraja | angundhangi samakta sikêping jurit | nahan ingkang winarna ||
6. kang makuwon anèng Sarwadadi | Sri Nglingdarma ing Malawapatya | miwah sagarwa putrane | samangkana ing dalu | angandika aris mring rabi | yayi sun arsa linggar |
--- 265 ---
ngayêngi ing dalu | mring pakuwone yaksendra | kang kuncara sang dyah umatur ing laki | kawula jrih tinilar ||
7. bokmênawi cinidrèng rasaksi | yèn pisaha kalawan paduka | ing sapanginang dangune | miwah kularsa wêruh | ing warnine sang danawaji | Dêmang Gêdhug ngandikan | sungginên gustimu | ki dêmang nêmbah sandika | wus sinunggi umangkat sri narapati | lampahira niluman ||
8. tan antara dangu sampun prapti | ing pakuwonirang yaksa dipa | ingkang kêmit turu kabèh | kapilih patang atus | mêntas nayub sayah aguling | ngorok kadya prahara | uswasa sing irung | wau kang alampah dhustha | manjing tilamsari umèsêm ningali | danawa raja nendra ||
9. angandika ing garwaniraris | sira mau yayi arsa wikan | marang dityaji warnane | lah ta dulunên iku | sang dayita duk aningali | mangkarag èsmu gila | amatur ing kakung | dewaji dawêg umêdal | ulun datan bêtah mambêt gănda amis | sang nata nut ing garwa ||
10. angubêngi kuwuning rasaksi | kawarnaa kang lagya mêmuja | Kusuma Mayangsarine | nèng pungkuran anuju | ngobar mênyan kêkêlèng muni | kapita Anglingdarma | pinaranan gupuh | wus panggih osiking driya | eman têmên wong iki nandhang wiyadi | ya ta Dèwi Ambara ||
11. bisik-bisik umatur ing laki | dhuh dewaji ingkang amêmuja | kalangkung ayu warnane | sêmunipun aluhur | eman dadi garwèng rasaksi | lêng
--- 266 ---
paduka garwaa | lingira sang prabu | iya yèn arsa maringwang | lamun ora patute ingsun tinampik | mendah wirang manira ||
12. ingkang garwa mèsêm ngandikaris | wong punapa nampik mring paduka | baya kawalik tingale | sang nata ngandikarum | ya sun takonane ta dhihin | manira mindha dewa | măngsa wruha mringsun | dyan pinaran kang mêmuja | anggarjita ing driya mambu găndamrik | kumêpyur manahira ||
13. ingkang mindha dewa marêpêki | madêg mungguhing ngiringanira | sarwi nglingling wadanane | mundur wangwang amuwus | adhuh nyawa putuku nini | apa kang sira sêdya | mêmuja anêkung | para dewa kagegeran | wêlas mulat mring sira manawa dadi | mêrak alit ing benjang ||
65. Pocung
1. sang dyah matur sintên dewa kang tumurun | sih ing kawlas-arsa | kang mindha dewa nauri | eyangira lêlancuring suralaya ||
2. iya ingsun Bathara Darma mas putu | nuruni mring sira | atêtanya kang sayakti | jatènana apa kang dadi sungkawa ||
3. sira lamun anjaluka rupa ayu | wus luwih sajagad | nadyan uga widadari | atandhinga raras kandhah dening sira ||
4. yèn anjaluk sugih wus krama ratwagung | măngsa anjaluka | laki ingkang anjêlanthir | pan lakinta pêpunjuling madyapada ||
5. sang dyah ayu mangkana wijiling wuwus | apa anyênyoba | têkane dewa puniki | pangucape mundur têka atêtanya ||
6. bobab [bo...]
--- 267 ---
[...bab] lamun kasamarana dewa gung | saosiking driya | wus kawruhan kabèh yakti | dewa apa arane lamun samara ||
7. kang anilum mindha dewa malih muwus | ya bênêr wus wikan | nanging atêtanya kêni | wong prasêtya ing dewa manggih raharja ||
8. sang dyah matur kawula takèn dewagung | sang putri ing Karta- | nagara mandon ing pundi | mapa[3] tumut lakine kang alêlana ||
9. sri amuwus lah ta apa karanipun | takon yoganingwang | umatur Kèn Mayangsari | duk ulun nèng Simbarmanyura na swara ||
10. kang karungu kula pinrih minta maru | sang putri ing Karta- | nagara ing ngriku benjing | wontên ingkang nêmbadani lakiningwang ||
11. ing prang pupuh ngasorkên kasaktènipun | dupi ulun pinta | ing Pancadnyana narpati | ananggupi lalu mangkat angajawa ||
12. duk rumungu yèn sampun krama sang ayu | antuk ratu dibya | prajane ing Mlawapati | ajêjuluk Maharaja Anglingdarma ||
13. yaksa prabu sru krodha wangwang lumurug | mring Malawapatya | arsa angrêbut kang rabi | Anglingdarma wêkasan têka angilang ||
14. wadyanipun amêthuk prang kapalayu | muwêr jroning kitha | ratunira sampun anis | nora wirang ratu wêdi mring danawa ||
15. mèsêm muwus kang mindha dewa dhuh putu | jawane ta sira | lumuh ing lakinira wil | sang dyah matur pindho karya kaki dewa ||
16. sira lamun lumuh têmên ing lakimu | sun gawa mring sura- | laya aywa [a...]
--- 268 ---
[...ywa] nambut kardi | ingsun têmah nadyan wuda ngêngêmisa ||
17. marang dhusun ingsun rewangi sirèku | sang dyah micarèng tyas | paran artine puniki | lagi tumon dewa gimir mring wanodya ||
18. sang rêtnayu cipta ngecani ing kalbu | lingira sumăngga | ananging panggihna mami | dhihin lawan putri ing Kartanagara ||
19. kang anilum mojar iya ingsun sanggup | saiki nêkakna | lah ya sun undange mangkin | api lunga garwanira binisikan ||
20. kusumèng rum atanggap karsaning kakung | anyiwêl ing raka | sang dyah malerok saryangling | sugih akal si jênat nora katara ||
21. blerenipun alingan antêng aruruh | sang ayu ngatingal | nulya mara mring unggwaning | kang mêmuja kagyat Kèn Mayangkusuma ||
22. sang dyah ayu sinidhêp ratih tumurun | gupuh anambrama | têdhak sing donira linggih | ngacarani pukulun dawêg katuran ||
23. saurnya rum lah iya tarima ingsun | wus samya alênggah | Mayangsari matur aris | katêmbatan sintên pinudya ing krama ||
24. aris muwus yayi yèn sira atanbuh[4] | ngong kang sira ajap | ki dewa marah ring mami | Mayangsari saksana nungkêmi pada ||
25. sang rêtnayu ngandika paran karsamu | ngarsa-arsa ingwang | umatur Kèn Mayangsari | ngèstupada tumutur sabaya pêjah ||
26. saking lumuh kawula alaki diyu | raka jêng paduka | sang nata punapa prapti | pramèswari ngandika apindho karya ||
27. iya mau
--- 269 ---
ngaku dewa lakiningsun | Raja Anglingdarma | osiking tyas Mayangsari | asêmbada ngaku dewa sumambrana ||
28. sira ingsun gawa katur ing sang prabu | lah aywa sandea | lakiningsun anom pêkik | akèh èstri lali ibu lali rama ||
29. karia sun angaturi sang aprabu | mêngko lamun prapta | banjur sapanên tumuli | yèn katlompèn mênèk mutung dadi susah ||
30. nulya murud pramèswari tan kadulu | sang dyah karyanggana | tan dangu sang nata kèksi | kagyat mulat anjêngêr Mayangkusuma ||
31. warnanipun lir sang hyang ngastara nurun | sang rêtna mangrêpa | srah jiwa raga mintasih | sumungkêm ing pada karuna mlas-arsa ||
32. suka ulun karyanên juru panutu | lila praptèng pêjah | yèn tan sudi ngrêngkuh dasih | sri narendra miyarsa angrês ing driya ||
33. gya sinambut sang dyah sri ngandika arum | hèh Kalawisaya | sungginên gustimu iki | wangwang mundur mring pasanggrahan niluman ||
66. Durma
1. kunêng ingkang lagyamong sukaning driya | winuwus sampun enjing | punggawèng Malawa | saratri asanega | têlik prapta tur upaksi | mring Wijanarka | lamun mungsuh rasaksi ||
2. kang angêpang kitha wuru ting jalêmpah | mêntas nayub ing ratri | nèng pakuwon samya | guling pisah lan gaman | sayogi dipun wêdali | Dyan Wijanarka | rêmbag lan pra prajurit ||
3. nulya mêdal maring sajawining kitha | sagung mănca dipati | tan mawi tangara |
--- 270 ---
praptèng kuwuning ditya | kang sami angêpung kikis | tanpa wêweka | digung watak rasaksi ||
4. wong Malawa parêng nêmpuh pamondhokan | matang nowok ambêdhil | wil kagum anjola | akèh lumayu wuda | tinadhahan saking jawi | wus binarisan | kang mêtu-mêtu mati ||
5. ting galêro raksasa ingkang kabranan | tan ana măngga pulih | kang nèng kulon kutha | miwah sakidulira | sirna tinêmpuh ing jurit | kunarpanira | mumbuk datanpa wilis ||
6. kagegeran tan kongsi nandhak gêgaman | wadyèng Malawapati | kadya saradula | mingut-mingut wus lama | kinêpung kadya punagi | numbaki ditya | kadya numbaki cindhil ||
7. angkên numbak waluh amêdhang sêmăngka | ewon wil kang ngêmasi | kang lumayu brana | sirna kang nèng lor kutha | kang wetan tinêmpuh gusis | samya lumajar | tan ana anangguhi ||
8. ngumpul ngalèr sigra sami tinarajang | mawur sasaran gusis | mulat kang lumajar | kabranan ngêmplah-êmplah | ngungsi ratunira sami | sri lagya lênggah | siniwèng para manis ||
9. angandika danawendra mring parêkan | undangên Mayangsari | de tan ana marak | apa lagi karipan | sêmèdi apa wis olih | sasmitèng dewa | mentar ingkang tinuding ||
10. dyan kasaru patih Kalasrênggi prapta | kagyat angling sang aji | patih ana apa | seba tanpa larapan | dene angagèt-agèti | patih manêmbah | nuwun duka pun patih ||
--- 271 ---
11. atur tiwas wadya ingkang ngêpang kitha | gusis kathah ngêmasi | dèn amuki enjang | dening wadya Malawa | punggawa anglut mariki | nêdya mangun prang | wadyèng Malawapati ||
12. mijil saking wetan buminatèng Karta- | nagara bantwèng jurit | de Sri Anglingdarma | ing mangke sampun prapta | saking kilèn ngirid baris | wadya ing Boja- | nagara lawan malih ||
13. Raja Darmawisesa bantu ing yuda | angling sang danawaji | kêriga sa-Jawa | ingsun măngsa girisa | cawêta lawan kang èstri | ya ta parêkan | prapta lara anangis ||
14. matur pêgat-pêgat ngaturi uninga | Dèwi Amayangsari | musna tanpa krana | kadi winawèng dewa | bramatya sang dityapati | asru ngandika | dudu dewa kang ngambil ||
15. sun watara pandhusthane Anglingdarma | ngaku dewa mêmaling | patih tangaraa | payo mêtu ing yuda | tinitir kêndhang gong bèri | suradanawa | muntab gambira angrik ||
16. Raja Pancadnyana wus ngrasuk busana | abra sarwa rêtnadi | rukmi rinumpaka | tri ujung gandhowara | tinon lir prabata sari | nyothe badhama | ngagêm limpung lan lêmbing ||
17. wus sumahab sagung nayaka danawa | pating janggêlêg nangkil | wus kinèn umêdal | mring papan warna-warna | sasikêpirèng ajurit | Dyan Danurwenda | mangsah ing prang ngruhuni ||
18. saking kidul kilèn wong Kartanagara | campuh bêdhil-binêdhil | Patih Umadika | angangsahakên bala | gumuruh arêbut dhihin |
--- 272 ---
patêmpuhing prang | kadi ruging seladri ||
19. wadya Kartanagara lir saradula | sadaya trah prajurit | wong Simbarmanyura | angisis kang katrajang | wadyaning para narpati | lir sapu wêdhar | mawur tilar ing gusti ||
20. Kalasrênggi mulat yèn wadya manuswa | sadaya wus angisis | ngangsahakên ditya | angrik mutêr badhama | ngangah-angah nêmpuh wani | gumuntur kadya | banjir ing watu wukir ||
21. wadyèng Kartanagara gila myat yaksa | mawur atilar gusti | Patih Umadika | mundur matur ing nata | suwawi lumajêng gusti | dede sasama | mêngsah danawa sakti ||
22. Rajaputra Danurwenda sru ngandika | hèh wis mênênga kaki | mundur lir wanodya | nangis wêdi ing buta | kaya dudu trah prajurit | angur pinjunga | hèh nayaka pra mantri ||
23. yèn padha jrih ing ditya lah sumingkira | ajana mèlu jurit | suraka kewala | ingsun dhewe kang yuda | putra ing Malawapati | tongtonên padha | prang ingsun lan rasaksi ||
24. wus anitih turăngga angêmbat watang | nandêr mring rana panggih | lan sura danawa | samya panggih nanggulang | raksasa ngudani lêmbing | miwah sarampang | limpung badhama sligi ||
25. Radèn Danurwenda tatag aprawira | ginrumung ing rasaksi | sinaut tan pasah | ginandhi myang rinajang | tan kêna kêsit lir thathit | malês amatang | akèh ditya ngêmasi ||
26. kang binuntar danawa samya kantaka | bêsèr kulite mati | danguning ayuda | Rahadèn [Raha...]
--- 273 ---
[...dèn] Danurwenda | tangginas anarik kêris | pating jalêmpah | ditya kasrang ing kêris ||
27. sarirane rahadèn kuthah rudira | nanging tan ana busik | tan angambah lêmah | nyuduk sarwi andhupak | pirang-pirang èwu mati | kang urip giras | lumayu ngungsyèng gusti ||
28. kawarnaa nata ing Kartanagara | mangsah lan wong sinêlir | anutakên wayah | Apatih Umadika | ngimpun wadya kang lumaris | Sri Basunănda | nêmpuh lan wong sinêlir ||
29. wus apanggih kang wayah kuthah rudira | rinangkul sarya angling | adhuh putuningwang | payo mundur dèn enggal | ramanira anèng wuri | nadyan apranga | barênga para mantri ||
30. ing Malawa anèng ngarsane ramanta | radyan kanggêk ing jurit | ajrih mring kang eyang | winawa mundur nulya | wong Kartanagara sami | asalah nyana | radyan lawan sang aji ||
31. undurira saking pabratan cinipta | kasor dènira jurit | dadya sikêping prang | lumayu salang tunjang | sêdyanira andhihini | Sang Dyah Trusila- | wati anitih èsthi ||
32. liman anggro mêta jrih bubaring wadya | samya arêbat dhihin | sangkin dahat giras | saratine lumajar | ajrih pan arsa binanting | sang dyah kantaka | soring ngasêm gumuling ||
67. Sinom
1. panyananira sang rêtna | kang putra tiwas ing jurit | kasambut ing adilaga | sumarma lara anangis | kawarnaa sang aji | ing Malawapati magut | ing rana saha wadya | nitih sakatha gêng asri |
--- 274 ---
sri narendra ingapit de garwanira ||
2. Rêtna Ambara ing kanan | ing keri Kèn Mayangsari | sri nata lir Hyang Asmara | ingapit Supraba Ratih | upacaranira sri | kang putra tansah nèng ngayun | Radèn Anglingkusuma | Rêspati nitih turanggi | asri amyang gêgaman pinangkwèng ngarsa ||
3. sang nata kagyat tumingal | ana pawèstri anangis | gêgulungan anèng kisma | sêsambate amlas-asih | rema lir dèn wusoni | sarira wus awor lêbu | sri nata angandika | wong apa iki anangis | pramèswari Rêtna Ambara turira ||
4. dewaji èstri punika | sêmune ayu kapati | kadi dede rare desa | eman dene kawlas-asih | Anglingdarma marpêki | pangandikanira arum | bok ngantèn wis mênênga | apa kang sira tangisi | sumaura lah ing ngêndi wismanira ||
5. sapa arane putranta | kang pakênira tangisi | sang ayu mengo angiwa | tan arsa miyat ing laki | miwah tan anauri | sangkin sru pamularipun | tan liya putranira | ingkang sinambat ing tangis | tan kayaa lêlakone awak ingwang ||
6. Danurwenda putraningwang | apa sira angêmasi | lah gawanên biyangira | ingsun ora bisa kari | sapa ingsun ngèngèri | lah adene kang adhawuk | apa ora kayatnan | duwe cêcêmplon apêkik | lali anak pijêr anunggoni ika ||
7. garwane wila utama | putri ayu dhèmês kuning | trahing
--- 275 ---
narendra sudibya | nadyan lalia mring mami | aywa lali ing siwi | sêdhêng limuta maring sun | tuwa ala candhala | jugul èstri tanpa kardi | mung ompole kewala dèn rawatana ||
8. iya lêgane kang manah | boya kudu dèn kangêni | mring Ki Dalêm Anglingdarma | tanpa ngrasa awak mami | Danurwenda nak mami | age gawanên ibumu | marang aribuwana | nèng madyapada kaswasih | ingkang anèng jro rata atas miyarsa ||
9. sêsambate kang karuna | pinyarsa anuju ati | sang nata emut ing garwa | putri ing Kartanagari | Dèwi Trusilawati | Danurwenda putranipun | diwasa ambêk sura | tumêdhak sri narapati | saking rata malajêngi kang karuna ||
10. cundhuk èstu garwanira | rinangkul sang dyah anangis | arda wlas sirang narendra | tyasira kadya rinujit | mulat ing pramèswari | kasangsaya tanpa batur | rema kêbak larahan | sarira awêdhak siti | Anglingdarma ngrêrêpa minta aksama ||
11. dene dangu kasamaran | darbe bêndara kaswasih | datanpa rewang sajuga | nulya ingêmban sang dèwi | winawèng rata nitih | wus kèndêl pamularipun | sang nata angandika | mring garwa Ambarawati | iki arinira ing Kartanagara ||
12. putri ing Bojanagara | angrangkul masêmu tangis | manis panambramanira | yayah mangrapwèng rudatin | ingajak jajar linggih | putra Kartanagara wus | tata lênggah ajajar | kawarnaa
--- 276 ---
Bathikmadrim | anèng wana angulari raganira ||
13. supe prênahe kang guwa | anangis sigra ningali | guwa singub parang jurang | tinutupan watu putih | agêng nulya binijig | kang sela rêncêm malêdug | rêragane katingal | ri saksana dèn panjingi | wangwang tangi menda anulya palastra ||
14. wusnya sumurup ing raga | Bathikmadrim sigra mulih | marang nagara Malawa | andina ratri lumaris | nahan kawarna malih | kang sampun campuh ing pupuh | sarêng panêmpuhira | sura danawa nadhahi | asrang sinrang silih rok sami prawira ||
15. campuh lor kidul wurahan | tan ana kang ngucap ajrih | kunarpa sungsun atumpang | lir karang turăngga èsthi | rudira kadi banjir | sarah watang lawan ganjur | alêlumut kumbala | wong Simbarmanyura gusis | amung kari para mantri lan punggawa ||
16. kang maksih nanggulang yuda | sura panggah tan gumingsir | dadya kari las kewala | santana ing Mlawapati | Dayaningrat ngawaki | Arya Mangunjaya ngamuk | danawa ting jalêmpah | kang panggah akèh ngêmasi | sasesaning palastra bubar sasaran ||
17. Patih Kalasrênggi mulat | yèn bala raksasa gusis | bramatya mangsah ing rana | ngawe prajurit sarya ngrik | ditya santana mijil | sanambang mangsah gumrudug | sikêp pêdhang narajang | limpung nanggala suligi | gandhi piling parasu jirêt sarampang ||
18. mantri Malawa kabyatan | mêngkab arsa angunduri | sigra Arya Wijanarka |
--- 277 ---
mangsah ing rana ngawaki | pra mantri samya bali | sadaya parêng angamuk | lawan Dêmang Ngurawan | manêngah angowak-awik | kang katrajang danawa pating gulimpang ||
19. raksasa kang nandhang brana | sangkin riwut ing ajurit | siyung caruk lan curiga | lir galudhug kapiyarsi | panggroning ditya kanin | pêtêng dhêdhêt amun-amun | gora rèh magênturan | rasa tala lir ginonjing | bayubajra manêmpuh rah ngombak-ombak ||
20. kawarnaa kang lumampah | Bathikmadrim kawlas-asih | praptèng jajahan Malawa | kandhêg padesan paminggir | tansah amurang margi | iriban merang andulu | mring wong Malawapatya | kagyat amiyarsa bêdhil | gumuruh wèh giris lir ruging prabata ||
68. Girisa
1. surak maambal-ambalan | kadya ombaking samodra | Bathikmadrim anggarjita | kadya swaraning ayuda | anarka yèn ana aprang | Bathikmadrim kapanujwan | ing tyas nêdya ananggulang | marangmuka[5] ingkang prapta ||
2. ciptèng tyas antuk aksama | yèn bangkit mangrurah mêngsah | sinêru lampahnya prapta | ing rana nanggulang yuda | danawa panggah kaparah | tinampiling myang dinugang | jinêjak pating sulayah | tinapuk ana tinêpak ||
3. manêngah asru kinêrah | ing ditya kinêmah-kêmah | datan pasah panggah latah | akêri sêsambatira | binithi ditya kang ngêrah | rênyuh kumbanira pêjah | ana kang dinugang pokah | lambunge angêmplah-êmplah ||
--- 278 ---
4. Patih Kalasrênggi mulat | krodha mangsah ngundha gada | prayitnarya Wijanarka | tangginas narik curiga | tan agop panggoconira | Patih Kalasrênggi tadhah | sinudukan jajanira | mring Dyan Arya Wijanarka ||
5. Kalasrênggi nora pasah | sinuduk malês angêrah | ginêbêg Dyan Wijanarka | gilèsmu kasoran ing prang | sigra Bathikmadrim mara | têtulung tanpa saraba | Kalasrênggi pinarpêkan | jinênggit saking ing wuntat ||
6. sinêndhal saking ngiringan | rêbah ingidêk kang jaja | wangwang tinigas kang murda | binalangakên mring mêngsah | giris wong Simbarmanyura | mulat Kalasrênggi pêjah | pinocok ing pabaratan | rênyuh kinarya bêbalang ||
7. sru kawês giris agiras | sasaran sami lumajar | dhadhal ingkang kaprawasa | salang tunjang kang sinêrang | kajêngkang karangkang-rangkang | tinalorong kang raksasa | ing duduk kêna kumêprak | ditya Kulawu lumajar ||
8. suka Arya Wijanarka | Bathikmadrim sinungkêman | umatur èsmu karuna | panggih kula lan andika | lir siniram ing we marta | kang manah asrêp kalintang | dhuh kakang sukur raharja | kawula kadya nyupêna ||
9. Bathikmadrim angandika | yayi iki buta apa | angrurah praja Malawa | apa kang dadi prakara | matur Arya Wijanarka | danawa saking ing sabrang | nagri ing Simbarmanyura | jêjuluk Sri Pancadnyana ||
10. marma angrurah Malawa | awit gusti sri
--- 279 ---
narendra | anggarwa putri ing Karta- | nagri Kèn Trusilawatya | punika arsa rinêbat | mring sira Sang Pancadnyana | suwawi lamun sambada | mundur umarêk sang nata ||
69. Durma
1. koningana yèn paduka nanggulang prang | nauri Bathikmadrim | yayi karsaningwang | sanadyan umarêka | yèn wis sirna mungsuh iki | lingên sang ditya | raja krura gora ngrik ||
2. triwikrama amusus astanirendra | sakêdhap mêdal agni | murub mulad-mulad | binalangakên marang | bala Malawa samyajrih | saparan-paran | gègèr binurwèng agni ||
3. larud samya binuru bala ing Karta- | nagara Bojanagri | pinrêp ing dahana | ngungsi baris Malawa | sang nata sampun apanggih | lawan kang putra | Danurwenda ngabêkti ||
4. miwah dhatêng ibu sori kalih pisan | wus jinajar sang pêkik | kalawan kang raka | Radèn Anglingkusuma | kalangkung asih ing ari | tan kêna pisah | munggwing ngarsa narpati ||
5. gora swara yaksendra asumbar-sumbar | hèh wong Malawapati | ajana lumajar | kabèh barênga mara | rêbutên ingsun ajurit | natèng Malawa | mundhut wahana èsthi ||
6. mangsah ing payudan anitih dipăngga | yaksendra asru angling | hèh sapa kang prapta | raja apa satriya | warnamu anom apêkik | baya ta sira | kang nyolong rabi mami ||
7. anauri ingsun Raja Anglingdarma | ratu ing Mlawapati | ingsun kang andhustha |
--- 280 ---
rabimu Mayangsêkar | rêbutên yèn sira wani | sang danawendra | krodha mawinga wêngis ||
8. musthi limpung sira sang raksasa dipa | wus minantran anuli | lumêpas lir kilat | Anglingdarma prayitna | pinandêng limpungiraji | musna sakala | danawendra udani ||
9. yèn limpunge musna tan tumêkèng lawan | dahat bramatya nuli | musus jajanira | tantara mijil sarpa | goraya asawang wukir | nandêr ring nata | pinandêng tan nêkani ||
10. sirnèng marga pêgêl sang raksasa nata | dyan mêdalakên malih | prabawa garudha | gêngira saprabata | sinambêr Anglingdarmaji | pinandêng datan | prapta sirna ing margi ||
11. merang mulat ing wadya danawa raja | musus asta saryangrik | umijil dahana | marani Anglingdarma | pinandêng sirna kang agni | Sri Pancadnyana | asru dènira angling ||
12. sarya mara hèh Anglingdarma malêsa | mêtokna guna sakti | êntèkna kurahan | tamakna marang ingwang | sri bupati anauri | lah dèn prayitna | sun walês ywa gumingsir ||
13. mênthang langkap pasopati minantranan | lumêpas kang jêmparing | tênggaknya kang kêna | rubuh sang danawendra | suka wong Malawapati | surak gumêrah | lir ombaking jaladri ||
14. mawur buyar wadya ing Simbarmanyura | wruh gustine ngêmasi | mung wadya danawa | wil ănja-ănja samya | pêpulih mangsah ing jurit | mêntas kasoran | arsa mbelani gusti ||
15. Radèn Anglingkusuma Dyan Danurwenda | parêng ngêtab turanggi |
--- 281 ---
mangsah ing payudan | lan Arya Wijanarka | Mangunjaya Bathikmadrim | Dêmang Ngurawan | Dayaningrat tan kari ||
16. myang punggawa adipati mănca praja | danawa sura sakti | rame gêgêmpuran | tan ana kang lumajar | danawa wus ambêk pati | atêtumpêsan | lir sinambêr ing pêksi ||
70. Dhandhanggula
1. sirna gêmpang tan kari sawiji | ingkang samya awarni danawa | para raja manusane | sadaya sami nungkul | sumawita ngaturi putri | Maharaja Nglingdarma | wus têdhak alungguh | ing dhampar sigra umarak | Bathikmadrim nungkêmi pada manangis | aminta pangaksama ||
2. adhuh gusti jêng sri narapati | gêgêbale atur pêjah gêsang | pun Madrim sumăngga ing rèh | jinura kadi ranu | tan anggrantês katrap ing adil | sumăngga ingabahan | sakarsa sang prabu | saking gung dosa kawula | naranata kalangkung angrês ing galih | dadyaris angandika ||
3. iya sira sun apura Madrim | nadyan akèh kaluputanira | nanging aja manèh-manèh | anyidrani maringsun | Bathikmadrim matur nganjali | angaturakên tobat | ing saturunipun | andikanira narendra | iya sira isih alinggih pêpatih | Madrim angêmêk murda ||
4. sri narendra angandika malih | Wijanarka lawan Mangunjaya | anjarahana branane | Si Pancadnyana Prabu | myang rabine aywana kari | kalihnya nêmbah mentar | naranata kondur | mring praja sagarwa putra |
--- 282 ---
saha wadyèng rama ing Bojanagari | lawan Kartanagara ||
5. kalihira ngaturan mring nagri | mangun suka ing samarga-marga | pradăngga umyang swarane | enggar wadyabala gung | asêsugun dasih gung alit | karya asrining marga | rawuhe sang prabu | wong dalêm karagan-ragan | kêrig mijil amêthuk anèng sitinggil | tantara nata prapta ||
6. minggah dhatêng manguntur siniwi | para manis kang saking jro pura | andhatêngkên punagine | manguswa pada prabu | myang padane garini katri | Dèwi Mayangkusuma | kang pamêkasipun | êmban inya tustha miyat | panarkane gustinira lami prapti | muhung sanès tênaga ||
7. sri narendra lunggwèng dhampar gadhing | dèn apit ing garini têtiga | pra manis anèng wurine | sang nata kalih rawuh | ingaturan minggah sitinggil | Raja Darmawisesa | Basunănda Prabu | jajar narendra têtiga | pra punggawa karya pakuwon wus rukti | sri kalih ingaturan ||
8. masanggrahan bubar kang tinangkil | Sri Nglingdarma kondur maring pura | ginarbêg ing biyadakèh | kang kinanthi de prabu | sira Dèwi Amayangsari | putri Kartanagara | kinanthi ing maru | kalangkung saekapraya | Kèn Ambara kalawan Trusilawati | kadya tunggal sayayah ||
9. praptèng pura pinarakan sami | sri narendra lawan ingkang garwa | angapit kanan kerine | wong jro pura sêsugun | para manis kadya punagi | miwah kang saking jaba | manjing
--- 283 ---
pura sêlur | para garwaning punggawa | pra santana satriya punggawa mantri | sêlur malêbwèng pura ||
10. de sugata kang mring narpa kalih | ing Bojanagri Kartanagara | mêntah matêng mawarnakèh | sawadya-wadya pênuh | ya ta ingkang suka nèng puri | putri Bojanagara | tulus dadya sêpuh | panêngah Kartanagara | pamêkase Sang Dèwi Amayangsari | pramèswari têtiga ||
11. atut runtut tan ana barênci | among-winong kang tuwa wruh tuwa | kang anom wruh ing anome | mangkana sang aprabu | lagya mangun kalangêning sih | lawan garwa pamêkas | luwaring salulut | enjing alênggah kalihan | pramèswarinira kalih samya prapti | lir Ratih lan Supraba ||
12. Mayangsari lumungsur ngabêkti | marang marunira kalih pisan | sigra cinandhak astane | ingajak jajar lungguh | anoraga Kèn Mayangsari | lênggana sru pinêksa | wus tata alungguh | katiga nèng ngarsa nata | samyendahe sang nata ngandika aris | yayi sun paèsana ||
13. ingsun arsa umiyos tinangkil | putri Bojanagara angatag | mring putri Kartanagrine | Kèn Trusila tumuduh | maring Dèwi Amayangsari | lah yayi sri hyasana | Mayangsari matur | nuwun kawula tan bisa | mandarani aku don sang nata angling | ingsun iki kapiran ||
14. kèh wuwusên langêning akrami | wusnya paès sang sri naradipa | lir Hyang Asmara listyane | lênglêng kang
--- 284 ---
samyandulu | putra kalih tumamèng puri | Radèn Anglingkusuma | kang rayi tan kantun | sira Radèn Danurwenda | matur nêmbah paman Wijanarka prapti | antuk kênya akathah ||
15. angandika risang misudhèng sih | iya age sira lêbokêna | para putri-putri kabèh | radèn manêmbah mundur | ngirid sagung kang para putri | aglar anèng ngarsendra | sagung para arum | kasmaran mulat sang nata | ana ingkang ambalangi ulat liring | mèsêm Mayangkusuma ||
16. angandika Dèwi Mayangsari | yayi padha bagea mucanga | aywana sungkawèng tyase | kagyat kang para arum | tumingal ing Kèn Mayangsari | samya matur mlas-arsa | pranata anuwun | kawula kadya nupêna | panggih lawan paduka sampun amukti | pangengeraning kathah ||
17. wus pinarnah panggenan pra manis | sri narendra miyos sinewaka | ginarbêg ing punggawane | putra kalih nèng ngayun | magêlaran sri narapati | pêpak para pratiwa | răngga lan tumênggung | ngabèhi tăndha pra dêmang | para raja-raja sabrang samya nangkil | nunggil pra mănca radya ||
18. ing sapêjahira danawaji | Anglingdarma kentar wirotama | kaonang-onang dibyane | kasub ing rat pinunjul | dadya tungguling para aji | bawah angin sadaya | ngatas angin suyud | sang mahawirya ngandika | ari Wijanarka sun karya pêpatih | angrèhna para raja ||
19. asisiha lawan Bathikmadrim | aran [a...]
--- 285 ---
[...ran] Adipati Wijanarka | para raja sabrang kabèh | kang wus suyud maringsun | Patih Wijanarka nglurahi | Si Arya Mangunjaya | sun karya tumênggung | ran Tumênggung Mangunjaya | lan dadia kaliwone si apatih | Dipati Wijanarka ||
20. lawan ana wong kêkasih mami | gawan saka ing Bojanagara | Dêmang Kalawisayane | sun jênêngkên Tumênggung | Karungkala misiha dadi | sambitane ki putra | Anglingkusumèku | lan sambitane ki putra | Danurwenda Tumênggung Kalamisani | karo padha sun ganjar ||
21. alêlinggih sèwu wong sawiji | kalihira samyatur pranata | santana kèh minggah gêdhe | myang para mantri sêpuh | akèh minggah dadya bupati | suka sawadyabala | sang nata dyan kondur | mring pura garwa têtiga | mêthuk anèng regol wus praptèng jro puri | ingayap de pra garwa ||
22. ênêngêna ing Malawapati | Anglingdarma mukti awibawa | kocap ing Sokarumêmbe | tanah sabrang praja gung | ngrèh sasamanirèng narpati | Mahraja Saktisura | bisikaning ratu | duk samana sri narendra | lagya nandhang kêkêling amargi dening | murcane putranira ||
23. pramèswari tan pêgat anangis | manggung sambat ing putra kang murca | ya ta ing ratri asare | naritis sang aprabu | myarsa swara sajroning guling | yèn sira arsa panggya | tumuli lan sunu | nabranga mring nuswa Jawa | anjujuga praja ing Malawapati | Mayangsari nèng kana ||
24. pasthi têmu lan [la...]
--- 286 ---
[...n] Ni Mayangsari | awibawa anèng nuswa Jawa | wus akrama ratu gêdhe | kagyat sang nata wungu | enjing undhang wadya pasisir | kinèn saos baita | nèng muaranipun | umyang wadya sanagara | asawega mêmatah punggawa mantri | kang kari têngga praja ||
71. Pangkur
1. samya samêkta sadaya | wadyabala miwah wadya pasisir | kang samya saos parau | jêjêl anèng muara | wangwang budhal saking nagari sang prabu | nitih èsthi rinumpaka | ginarêbêg ing prajurit ||
2. kang kari têngga nagara | pêpatih lan punggawa para mantri | pinatah kang sêpuh-sêpuh | samya amakajangan | lampahira sang nata sawadya rawuh | ing pasisir don muara | wus tumêdhak saking èsthi ||
3. saksana anitih palwa | punggawa kèh samya anitih kèci | lêlawak kalawan sêlup | korab lambu giyota | wus anitih ing wangkang sang maha prabu | gumrah wadya daut jangkar | babar layar antuk angin ||
4. pacalang samyanèng ngarsa | asri ingkang layar pêthak kumitir | ana layar mega mêndhung | lêlayar bangun tulak | ana ingkang palisire kêmbang kangkung | ana kang motha rinêngga | tiningkah mandhala giri ||
5. titihanira sang nata | wangkang asri lêlayar sutra kuning | baita kang winrat sangu | anèng wuri sadaya | layar waring bagopelah ana kadut | nèng laut pating balêsar | asru panêmpuhing angin ||
6. datan kawarna ing marga | ing talatah Malawa sampun [sa...]
--- 287 ---
[...mpun] prapti | anjujug muaranipun | sadaya labuh jangkar | sri bupati mêntas ing dharatan sampun | kang magêrsari akapang | margil pinggiring pasisir ||
7. kagyat Ki Dêmang Pabeyan | mulat lamun gêgaman agêng prapti | anarka yèn mungsuh rawuh | saking Simbarmanyura | abantu prangira ingkang sampun gêmpur | gupuh Ki Dêmang Pabeyan | nitih kuda nandêr maring ||
8. nagara atur uninga | lampahira wus praptèng păncaniti | marêk ing patih umatur | wontên gêgaman prapta | saking Simbarmanyura sami bêbantu | ing yuda wontên salêksa | baris nèng pinggir pasisir ||
9. angling Wijanarka patya | paran karsa kakang lamun suwawi | tur uninga ing sang prabu | Patih Madrim tan rêmbag | ingsun durung panuju sira tur wêruh | cêgah jênênging kawula | akarya kagèting gusti ||
10. ing besuk tura uninga | mring narendra yèn wis ingsun kajodhi | aywana wong milu-milu | ingsun dhewe kang mapag | nanging lamun ana bêdhil gumarudug | lan surak ambal-ambalan | sira bêbantua aglis ||
11. lan iki durung karuan | lamun nyata mungsuh yakti sung tulis | Dyan Wijanarka andhêku | anut karsaning raka | Bathikmadrim parentah mring wadyanipun | samya samakta sadaya | bubar sagung kang anangkil ||
12. Ki Patih Madrim gya budhal | sawadyane sangkêp kaprabon jurit | demang sabandar nèng ngayun | tan kawarna nèng marga | prapta ing pasisir kèndêl lampahipun | Bathikmadrim angandika |
--- 288 ---
yèn iki mungsuh ayakti ||
13. wis angrusak kang padesan | ika ora têka enak amargil | hèh dêmang mara dèn gupuh | mringa pondhok pangarsa | têtakona sayakti wisata sampun | manjing pakuwon pangarsa | pratiwane amanggihi ||
14. Dêmang Pabeyan têtanya | hèh ki sanak niki wong agung pundi | ingkang tinanya sumaur | wong agung tanah sabrang | nagarane ing Sokarumêmbe Prabu | ajêjuluk Saktisura | ngajawa ngulari siwi ||
15. murca saking pagulingan | kêkasihe Dèwi Amayangsari | ujaring swara kang tuduh | sang dyah anèng Malawa | milanjujug mariki narendraningsun | dahat onêng mring atmaja | ki dêmang aris nauri ||
16. sampun kagarwa ing nata | Anglingdarma ratu manira ngriki | purwane panggih sang prabu | lan Dèwi Mayangsêkar | winawa prang mring lakine yaksa prabu | aran Raja Pancadnyana | lumurug mring Mlawapati ||
17. saking ing Simbarmanyura | tanah sabrang wau sang raksasaji | kumasura ambêk rusuh | adigung adiguna | têmpuh ing prang padhêm sawadyane diyu | dene balane manusa | nungkul sadaya anangkil ||
18. mring Gusti Sri Anglingdarma | pra rabine dityaji dèn boyongi | kang dadya têtunggulipun | wasta Kèn Mayangsêkar | lêwih ayu mila kagarwèng sang prabu | matura mring rajanira | èstu kang putra nèng ngriki ||
19. miwah nuli aturana | sri narendra umanjing mring nagari | de ta kang prapta puniku | sakapraboning yuda | nindyamantri [ni...]
--- 289 ---
[...ndyamantri] Bathikmadrim wastanipun | praptanirarsa madaka | yodagêng kang andhatêngi ||
20. saking dening katambêtan | marma kula kinèn tanya rumiyin | rèhning mangke sampun tamtu | yèn marsêpuh narendra | lah ta sampun ki sanak kularsa wangsul | umatur ing ki apatya | Dêmang Pabeyan umulih ||
21. wus prapta ing ngarsanira | Patih Bathikmadrim atur udani | dede mêngsah ingkang rawuh | yaktinipun narendra | ing Sokarumêmbe Saktisura juluk | kang rama Kèn Mayangsêkar | dayitanira sang aji ||
22. duk wau sampun kawula | kèn ngaturi laju tumamèng nagri | Bathikmadrim suka muwus | demang sirambanjura | marang praja sira ngaturana wêruh | marang adhi Wijanarka | angaturana udani ||
23. ing gusti sri naradipa | lamun ingkang rama Kèn Mayangsari | praptarsa panggih lan sunu | sun irid maring praja | manawa sri naranata arsa mêthuk | wisata Dêmang Pabeyan | Sri Saktisura siniwi ||
24. ing wadya nèng pasanggrahan | prameya tumanduk matur wotsari | patikbra ngaturi wêruh | wontên mantri Malawa | amariksa lampah paduka pukulun | sing warti sèstu putranta | kagarwèng sri narapati ||
25. ing nguni putra paduka | winêngku de yaksendra ing nagari | Simbarmanyura jêjuluk | Mahraja Pancadnyana | lumurug mring Malawarsa mangun pupuh | pra garwanira winawa | kasor sang raksasa aji ||
26. tumpês wadyanira ditya | siwayendra katawan ing
--- 290 ---
ajurit | mangke kang dinuta mêthuk | ing paduka narendra | Kyana Patih Bathikmadrim wastanipun | suka sang nata ngandika | pangarêp budhalna aglis ||
27. ingsun age arsa panggya | lan sang nata gumuruh swarèng baris | nitih dipăngga sang prabu | pêpikule tinilar | amung wadya upacara anèng ngayun | samagêrsari tan pisah | wus tundhuk lan Bathikmadrim ||
28. ri saksana ingaturan | manjing praja pinêlak ingkang laris | tan mawi rarywan lumaju | tumamèng jroning kitha | kunêng Wijanarka wus ngaturi wêruh | yèn kang rama Mayangsêkar | praptarsa panggih lan siwi ||
29. miyos Prabu Anglingdarma | magêlaran wadya pênuh sumiwi | Pangalasan wus tinuduh | ngenggalkên ingkang prapta | natèng Bojanagara lawan sang prabu | ing Kartanagri ngaturan | manungsung nata kang prapti ||
30. sri nata kalih dyan budhal | carakendra wau ingkang tinuding | ngenggalkên lampah wus pangguh | lan Madrim wus winartan | wangwang têdhak Saktisura Sang Aprabu | saking wahana lumampah | pinêthuk ing wringin kalih ||
31. mring Sang Raja Anglingdarma | cundhuk Saktisura cêngêng ningali | ing pêkikira Sang Prabu | Anglingdarma lir Parta | dyan kinanthi astanira mring sang prabu | pinarak ing pagêlaran | samya pratistha ing kursi ||
32. ajajar nata sakawan | Patih Wijanarka sampun naosi | pakuwonira Sang Prabu | Saktisura sawadya | ingaturan bojana katri sang prabu | srimanganti binusanan | pra
--- 291 ---
garwa ngandikan mijil ||
33. pramèswari katri prapta | ngarsa nata Mayangsari ningali | mring rama asru amuwun | dangu nungkêmi pada | lir nupêna amba panggih lan pukulun | sang nata amêngkul jăngga | adhuh putraningsun niki ||
34. tan beda kalawan ingwang | kaya ngipi têmu lan sira mangkin | murcanira têngah dalu | tan karuwan kang mawa | ingkang putra mingsêg-mingsêg alon matur | ing purwa madya wasana | angungun sri narapati ||
35. apa ingkang sun walêsna | marang anak prabu ing Mlawapati | tanna lyan mung sêtya tuhu | yèn sudi ngaku bapa | Anglingdarma tumungkul matur anuwun | putri ing Bojanagara | anolih sasmita mijil ||
72. Mijil
1. sêsaosan sêlur saking puri | tinampèng pra sinom | sri kawuryan maneka warnane | abujana anèng srimanganti | suka-suka ngênting | ing jawi gumuruh ||
2. umyang ingkang pradăngga ngrêrangin | ing saênggon-ênggon | wadyabala kang nèng jawi kabèh | binojana ing patih kêkalih | tan pae lan gusti | samya sukanipun ||
3. aluwaran para nata katri | kondur amakuwon | Anglingdarma kondur mring purane | tansah ingkang pramèswari katri | tan kawarna lami- | nira sang aprabu ||
4. Saktisura nèng Malawapati | samana sang katong | katri arsa maluywèng prajane | atur pamit sarêng manjing puri | Sang Anglingdarmaji | kalangkung anuwun ||
5. pramèswari katiga tur bêkti | ing rama
--- 292 ---
sang katong | sami tilar wêling dhewe-dhewe | mring kang putra dèn bisa alaki | nini ingsun mulih | dèn atut mêmaru ||
6. poma ajana salayèng kapti | katri awot sinom | putri katri sandika ature | ri saksana mijil saking puri | wadya wus sumaji | parêng budhalipun ||
7. radèn kalih lawan para mantri | santana nom-anom | umiring ing tindak eyang raje | praptèng jawi kitha sampun sami | dhinawuhan bali | mring eyang sang prabu ||
8. budhal maring praja radèn kalih | eyangira karo | nolih-nolih tontonên wayahe | wus waluya ing Malawapati | gêmah ing nagari | kadi duk rumuhun ||
9. ajêg adilira sri bupati | paramarta among | ing wadyalit kinadar dyan kabèh | kaluhuraning kraton ngungkuli | ingkang dhihin-dhihin | kèh nagara suyud ||
10. nuswa Jawa tan ana nyiringi | panjênêngan katong | dibya sakti ampuh ing yudane | Anglingdarma ing Malawapati | kineringan dening | para ratu-ratu ||
11. ing Bojanagara Kartanagri | katiga sang katong | Saktisura ing Sokarumêmbe | nadyan maratuwa ciptèng galih | kadi samya ngabdi | dhumatêng kang mantu ||
12. Raja Anglingdarma wus alami | jênêngira katong | wus asêpuh rema kwèh kang pinge | gumapula samana sang aji | umiyos tinangkil | munggwing sitiluhur ||
13. pinarak ing dhêdhampar rinukmi | ingayap pra sinom | magêlaran para [pa...]
--- 293 ---
[...ra] punggawandhèr | para raja myang para bupati | radyan putra kalih | sumiwa ing ngayun ||
14. Radyan Anglingkusuma myang ari | Dyan Danurwendanom | kadya kêmbar sinawang warnane | ngandikaris sang sri narapati | akramaa kaki | karo putraningsun ||
15. pilihana sagung para putri | kang samyayu anom | tur putrine para raja gêdhe | lamun sira ênggèr wus akrami | umadêga aji | ki radèn kang sêpuh ||
16. kaki Anglingkusuma prayogi | sumilih kaprabon | wus atuwa sun magawan bae | arinira dadia pêpatih | keringan sayakti | jênêngira kukuh ||
17. nora nana parangmuka wani | eyangira karo | padha parêng asrah karatone | tur sumuyud marang sira kaki | anggêpe anggusti | atmaja umatur ||
18. samya nêmbah konjêm ing pratiwi | nuwun duka katong | akramaa sawiyah-wiyahe | botên sagêd ulun anglampahi | kawula tan apti | kalamun tan antuk ||
19. jatining dyah kang susilèng budi | wruh jatining wadon | kang jatmika pidêksa dêdêge | ingkang kumba reka amêdani | kang carana wingit | ingkang anawang rum ||
20. pami sara sidya tumuwuh ing | sela susila mong | sêtya tuhu marang ing priyane | yèn tan antuk makatên kang èstri | kawula tan apti | lêng wujanga ulun ||
21. èmêng ing tyas sang sri narapati | kondur angadhaton | patih ingandikan mring purane | dhawuh agnya
--- 294 ---
sagunging bupati | miwah para aji | saosa ing dalu ||
22. mring suyasa kaputran agênti | ngrobana wiraos | maring raja putra sakarone | gigriga ing tyas anggalih krami | patih awotsari | lumèngsèr sing ngayun ||
23. gya nguwarkên timbalan narpati | saksana linakon | dening ingkang para pratiwane | gênti-gênti dènnya mituturi | radèn tan kênosik | malar èsmu rêngu ||
24. dadya sami ajrih angaturi | ingkang para katong | anêlaskên budaya rekane | kacarita kongsi tigang sasi | siwuhên narpati | pragnya myat ing sunu ||
25. dene putra wus diwasa ngênting | karo bagus anom | dèrèng mawi krama sakarone | dadya kengis nisthaning narpati | lingsêm tanpa titih | dènira ngrèh sunu ||
26. sangkin putêk kabyatan ing wingit | umiyos sang katong | para raja dipati samyandhèr | pra punggawa myang nayaka mantri | satriya prajurit | ngabèi tumênggung ||
27. dêmang arya răngga tăndha mantri | para santana byor | neka warna asri busanane | magêlaran sang sri narapati | ingayap pra manis | lir asmara nurun ||
28. pinarak ing dirgasana rukmi | adhêdhêp punang wong | kadya konjêm ing kisma mukane | jrih umiyat dukaning narpati | jajabang waktrandik | lir umijil latu ||
29. glarap asru pangandika aji | hèh sagung pra katong | putraningsun radèn sakarone | apa ana sanggupe [sanggu...]
--- 295 ---
[...pe] kawijil | arsa mawi krami | matura satuhu ||
30. matur nêmbah Patih Bathikmadrim | nuwun duka katong | para raja nêlaskên rekane | putra dalêm botên mawi gigrig | sang sri narapati | ngandika ing kalbu ||
31. dene nora kayaa ki mantri | kaliwat awangkot | têmbe tumon ingsun lagi mangke | priya ajrih marang ing pawèstri | karo kaki mantri | apa tanpa kalbu ||
32. tan kabapan sarambut tan mirib | ingsun duk maksih nom | anyatriya sêdhênge bêbêgèr | lamun ingsun mulat pipi kuning | mêntas dèn pupuri | age kudu ngambung ||
33. dangu tanpa angling sri bupati | wimbuh ing tyas kepon | arsa duka ing para rajane | jrih sêsikuning dewa linêwih | dêduka ing siwi | kabyatan sihipun ||
34. dahat èmêng ing driya sang aji | angandika alon | hèh ki radèn timbalana age | putrèngsun karo arsa sun tanting | lèngsèr awotsari | wong gandhèk lumaku ||
35. tan antara ing kaputran prapti | caraka wus panggoh | lawan radèn dyan andhawuhake | agnyanira ri sang misudhèng sih | sandika dyan kalih | mangkat èsmu wuyung ||
73. Asmaradana
1. ing pagêlaran wus prapti | piyak para mantri seba | lir Hyang Asmara citrane | rema mawur kapawanan | acum lathi tan mucang | pratăndha sungkawèng kalbu | wastra lungsêd tan winurywan ||
2. prapta ngarsaning ramaji | radèn kalih awotsêkar |
--- 296 ---
ngaras padanira katong | tigang pandurat tan nabda | wêlas mulat mring putra | puwara ngandika prabu | karo wus padha diwasa ||
3. sêdhênge mawia krami | ingsun iki wus atuwa | yèn ta mungguha srêngenge | wayah sangandhaping ngasar | wus lungse barang karya | acêpak mangsane surup | kaki sira uminjêma ||
4. panjênênganingsun aji | ingsun arsa amagawan | atapa ing aldakane | anênêdha ing jawata | yèn ana luputira | muwah yèn nêmu pakewuh | mumpung maksih jênêng ingwang ||
5. mungguh karsaningsun iki | kaya age kalakona | kang putra tur pranatane | anuwun duka lênggana | sumilih ing paduka | mendah ucaping praja gung | winastan anggege măngsa ||
6. kang rama ngandika malih | ywa lênggana ing sudarma | tan raharja ing jênênge | radèn matur tan lênggana | gumanti madêg nata | yèn paduka sampun surud | ing mangke dèrèng sambada ||
7. nadyan madêga narpati | yèn sampun mirib paduka | amanggiha prakarewoh | tan kewran ing rèh linakyan | yèn amba dèrèng dibya | manggih pakewuh datan wun | karya duhkitaning driya ||
8. lamun tan singhit dadyaji | akarya lingsêming praja | yèn ulun madêga katong | ing tyas maksih dahat mudha | tangèh wrin ing lukita | sayakti asasar-susur | tumpang suh patraping karya ||
9. susah tyase para mantri | sang nata micarèng driya | bênêr ki putra ature | Adipati Wijanarka |
--- 297 ---
matur ing rajaputra | dhuh anggèr yogya tinurut | karsane rama paduka ||
10. punggawa samya punagi | yèn anggèr madêg narendra | lamun wontên mêngsah rawoh | kawula ingkang nanggulang | mamrih ayuning praja | ngandika sang rajasunu | paman nisthaning narendra ||
11. yèn anut aturing dasih | yèku ratu tanpa nalar | datan kèringan jênênge | enggal binobot ing aprang | nata mèsêm ing driya | putra kang anèm tinantun | matur Radyan Danurwenda ||
12. mendah ucaping nagari | sinêbut datanpa ngrasa | kadang sêpuh lamun maksèh | anglampahi kawlasarsa | kang anom suka wirya | sinêbut ing wadya agung | panjênêngan ratu murka ||
13. purun kawula amukti | yèn sarêng lawan kakangmas | nadyan manggiha papane | sampun sah lan kadang tuwa | nadyan pêjah gêsanga | tumutur ing kadang sêpuh | punika dununging sêmbah ||
14. braminta tyasirang aji | puwara aris ngandika | lah padha rabia bae | pilihana kang prayoga | putri ing nuswa Jawa | warnanira ayu-ayu | miwah para putri sabrang ||
15. kabèh padha putri adi | Solo kang Ambon Sambawa | Makasar Bugis Têrnete | Banjarmasin Sokadana | Tatar lawan Palembang | Burni Bima Bali Bandhung | Nglampung lawan Tulangbawang ||
16. Băngkaulu lan Pêtani | Siyam Pahang Siyak Cêmpa | Ngriyo Trêngganu lan Johor | Ngacih muwah ing Sumatra | Malaka lan Sêmboja | putrine [pu...]
--- 298 ---
[...trine] padha yu-ayu | payo padha pilihana ||
17. Sarwa kalawan Sarwati | Endrajini Magajendra | miwah Pudhaksatêgale | Ngawulangit lan Maldewa | ing Sulu Sêcaboma | Paranggumiwang lan Butun | miwah putri ing Malawa ||
18. apa kang winalang ati | satriya digdayèng rana | putraning ratu kinaot | utamaning wong agêsang | apadmiya sakawan | anyêlira patang puluh | angur kapara luwiha ||
19. pacangkraman ingkang adi | iya wong ngungrum wanodya | witing suka iku radèn | amung wong ngêngudang putra | marmane akramaa | rahadèn nêmbah umatur | kawula tan arsa krama ||
20. yèn tan antuk putri adi | kang kalêbêt ing saloka | ingkang susila ambêke | ingkang akumba carana | kang mêdani kang reka | ingkang nastiti nawangrum | ingkang jatmika pidêksa ||
21. ingkang acèthi cuwiri | lir tunjung tuwuh ing sela | kang pramakrama kawine | yèn tan angsal kang mangkana | ulun tan arsa krama | mèsêm ngandika sang prabu | inya manjinga jro pura ||
22. matura mring pramèswari | para putri kang prayoga | dèn paripurnaa kabèh | dimèn padha tiningalan | marang putra manira | kang liningan awotsantun | wisata manjing jro pura ||
23. andhawuhkên mring sang padmi | timbalanira sang nata | katri sandika ature | kang para putri sadaya | ngandikan pinaesan | binusanan asêsampur | pêpak rêrênggan saăngga ||
--- 299 ---
24. putri saking Jănggiraji | ing Boja Pudhaksatêgal | Ngendrajini lan Johorlok | Magajendra lan Sarwăngga | Sarwiti Tulangbawang | Sandhak Siyak Siyêm Lampung | myang pulo ing Sêcaboma ||
25. miwah Ngawu-awulangit | Pêtani Paranggumiwang | Trêngganu Malaka Ngriyo | kumpul samya putri sabrang | pinatah prênahira | lan putri Jawa tan carub | kinarya sisih-sisihan ||
26. putri Jawa Tunjungpuri | Widarba Palasajênar | Candhipura Nusabarong | Batarêkta Nglesanpura | Mandura lan Kumbina | Trajutisna Socawindu | Măndraka Ngawănggapura ||
27. Wiratha Banjarmalathi | Campala lan ing Pamênang | Purwăngga Panatarane | kabèh padha putri Jawa | ngandikan abusana | amandara acêcênthung | atanapi asêsobrah ||
28. kathah warnanên ing tulis | busananing para kênya | sapantêse dhewe-dhewe | acalumpring amanggala | jêjamang gêlang kana | kêbo mênggah akêkalung | acêcarang apadaka ||
29. arja sêsimping hèr thathit | krawistha rinaja putra | kilat bau bêbinggêle | sêkar suhun pinakaja | acundhuk nawarêtna | ting paluncar ting palancur | asêsumping surèng patya ||
30. sadaya amawi singsim | intên nila lan pakaja | jumantên widuri ijo | mirah selan intên mulya | lir lintang kang ujwala | hèr thathit mirah jumêrut | sêngkange awarna-warna ||
31. nata brăngta kang cinawi |
--- 300 ---
ana bapang sinamiran | ana sêngkang ganggong ijo | tutup lan urubing damar | seta lawan sumbulan | ana sêngkang banci luhur | mangunkung bapang rinêngga ||
32. surêm ujwalaning rawi | kasongan ing busanabra | tan wus ucapên rarase | busana miwah sêsotya | tulyendah amradipta | sinawang pating palancur | muncar-muncar ting palêncar ||
33. sumrêg gandaning kasturi | tiningkah busananira | sapantêse dhewe-dhewe | ana asampur perêm mas | kaloran lumbèng wiyat | gonjong ijo lawan pêlung | daragêm lawan pêpodhang ||
34. udaraga lan kumitir | sêmu kirang pinarada | jinggo maruta myang rèjèng | banguntulak pinarada | sindur lan jingga măngsa | akèh ingkang kêmbang kangkung | gadhungmlathi mayang sêkar ||
74. Kinanthi
1. cindhe wungu sinjangipun | wênèh sinjang cindhe wilis | sawênèh cindhe jalamprang | cakar ayam dhasar wilis | kanigara lan kananga | ana sinjang ragi bali ||
2. têgaron kalawan guntur | ana sinjang golang-galing | pantês lawan paèsira | rêspati sami pêpilis | tan pae Hyang Endralaya | jro pura ing Mlawapati ||
3. sri-asrining putri ayu | ingkang upama apsari | pramèswari angandika | mring sakèhing para putri | aja na dadi tyasira | sapa-sapa kang pinilih ||
4. pasthi dadi mantuningsun | lan ginanjar andarbèni | saisining dalem pura | ingsun darma angrawati | putri sadaya manêmbah |
--- 301 ---
wus katur ing sri bupati ||
5. yèn kang paripurna sampun | samêkta kang para putri | kondur sang sri naranata | putra kêkalih umiring | pramèswari tri amapag | Mayangsari nămpa warih ||
6. mahasini kalih ngayun | katiga mêthuk ing laki | putri ing Bojanagara | lan putri Kartanagari | kongsi tumêka ing tuwa | tan suda bêkti ing laki ||
7. sih-sinihan amêmaru | lir tunggal sayayah bibi | tan ana suwalèng karsa | marune sadaya asih | pantês tiniru ing kathah | anggepe suwitèng laki ||
8. sang nata nulya kapêthuk | sang dyah kalih angabêkti | nungkêmi pada narendra | sri nata awlas ing sori | dhuh yayi wis padha tuwa | maksih abêkti ing laki ||
9. ingaras atangkis gêlung | ginanti ingarih-arih | dhuh mirah pepujaningwang | kang asih bêkti ing laki | Kèn Ambarawati arsa | ingêmban umatur aris ||
10. ajrih kawula bok dhawuh | pae duk anèm kuwawi | sang nata mèsêm ngandika | măngsa sun runtuhna yayi | wong tuwa sugih wiweka | prayitna angati-ati ||
11. wus lênggah ing pandhapa gung | para garwa ngapit-apit | rahadèn kalih ngandikan | praptèng ngarsa manganjali | sang nata aris ngandika | timbalana para putri ||
12. wus prapta nèng ngarsanipun | pêpak sagung para putri | tarap ing ngarsa narendra | sri tinon kadya apsari | nata ngling lah pilihana | êndi kang sira sênêngi ||
13. mara
--- 302 ---
aranana gupuh | radèn kalih aningali | mring para putri sadaya | tan ana kang dèn sênêngi | pangrasanira dyan putra | sadaya amawi ciri ||
14. akèh ingkang padha ayu | kang ayu kurang prak ati | prak ati kirang tanaga | kang tanaga tan rêspati | kang rêspati tan pidêksa | kang pidêksa kirang manis ||
15. kang manis-manis tan ruruh | kang ruruh kirang lêlungid | kang lungid datan jatmika | kang jatmika kirang cèthi | kang cèthi kirang pasaja | kang pasaja kirang lindri ||
16. kang lindri-lindri tan sêmu | kang sêmu kirang mêdani | kang mêdani kirang reka | kang reka kirang mantêsi | kang mantêsi tan wiraga | kang wiraga kirang wingit ||
17. kang wingit tan anawang rum | kang nawang rum tan cawiri | kang cawiri kirang kumba | kang kumba carana sêpi | kang carana tan susila | kang susila kirang rungih ||
18. aris ngandika sang prabu | ana ta kang sira pilih | putra kalih matur nêmbah | tan wontên amba sênêngi | lêhêng taksih alêlamban | yèn kramèstri mawi ciri ||
19. mohita ing tyas sang prabu | ngandika mring pramèswari | para putri dhawuhana | anggêgodha gênti-gênti | parakna mring pajungutan | gilirêna para putri ||
20. ngukih alunturing lulut | dèn bisa padha nglakoni | mêmalad sihe ki putra | kacarita pitung ratri | ki putra kalih nèng pura | binancana ing pra putri ||
21. ana asung gantèn arum | ana sandhing nyiwêl wêntis | ana mèsêm angujiwat |
--- 303 ---
akèh solahe ngalap sih | rahadèn sangsaya ewa | tyasira tan kêna gigrig ||
22. malah para putri wuyung | kingkin tan kapadhan ing sih | mring radèn asru kasmaran | mundur merang samya nangis | sadaya marek ing nata | ngaturkên ruditèng galih ||
23. tyas wimbuh duka sang prabu | tinimbalan putra kalih | prapta ing ngarsa sinabdan | pilihên parentah mami | krama lawan tilar praja | tur sêmbah rahadèn kalih ||
24. lêhêng mentara anglangut | tan arsa kawula krami | sayarda rêngat narendra | sakala nir sih mring siwi | dêduka mawi sêngara | lah sira lungaa aglis ||
25. ingsun tan sudi angaku | anak mring sira wit dening | cêkak budi wangkal sugal | inya wêtokna dèn aglis | yèn awèta kasat mata | sun suduk ing wuluh gadhing ||
75. Dudukwuluh
1. dyan rinămpa rahadèn ginawa mêtu | dening sagung para nyai | kandhêg anèng sitiluhur | kori sadaya kinunci | timbalanira sang katong ||
2. maring abdi kang sami nangkil sadarum | aja na marma ngulati | dyan kalih ingkang tinundhung | pinacuhan mawa dasih | lan malih undhanging katong ||
3. sapa ingkang wêlas kinêbat kang lungguh | dinalêmakên kang èstri | punggawa samya kapiluh | ajrih pacêh ing narpati | arda merang radèn karo ||
4. ing wadyakèh sigra lumèngsèr sang bagus | kadya tan bisa lumaris | cahya anglêlêntrih kusut | datan etang
--- 304 ---
lara pati | samarga amirong dodot ||
5. pasar gègèr wadya wus sami angrungu | yèn kadukan radèn kalih | sadaya sami angungun | kaniaya sri bupati | satriya kalih wus rawoh ||
6. ing dalême sami amicarèng kalbu | yèn ingsun lungaa anis | ing siyang akèh kang milu | dadi obahing nagari | wangwang angandika alon ||
7. maring para cèthi ing sapungkur ingsun | padha dèn abêcik kari | sakèh rajabrananingsun | paba[6] dumên dèn waradin | lamun ana sisip ingong ||
8. angapura-ingapura wong tumuwuh | iku wajibing aurip | pawongan ingkang angrungu | sadaya sami anangis | Radyan Anglingkusuma lon ||
9. angandika mring antên dhuh ariningsun | karia anèng nagari | lamun kangjêng rama surud | sira jumênênga aji | aja kawatir maringong ||
10. ingsun arsa dagang nyawa nganyut umur | apaitan lara pati | sun anjajah wana agung | ingong lara mumpung mukti | palastra mumpung tumuwoh ||
11. sira yayi tulusa umadêg prabu | larane ingsun lakoni | kang rayi angrangkul suku | aturira èsmu tangis | tan kêna tinambak kang loh ||
12. dhuh kakang mas paduka kadang ngong sêpuh | dununging sêmbah sayakti | sêsilihe rama prabu | kawula tan purun kari | pejah gêsang arsa wêroh ||
13. ing saparan paduka ulun tumutur | kakangmas raosing galih | dèn iringa wadya sèwu | tan sami kalawan [kala...]
--- 305 ---
[...wan] mami | kalamun manggih pakewoh ||
14. anèng paran kawula atalang lampus | upami kawula kari | nèng praja umadêg prabu | paduka kawêlas asih | tanpa ngrasa wandaningong ||
15. mendah èsêming praja pocapanipun | para nayaka bupati | măngsa puruna sumuyud | pasthi samya satru ati | kawangwang nisthaning katong ||
16. maring wadya malih asiha puniku | kadang sêpuh tan tinolih | nadyan kangjêng rama prabu | măngsa pracadiya yakti | kang raka angrangkul gupoh ||
17. dhuh ari mas asih têmên marang ingsun | payo padha tilar nagri | kulandaragni wus surup | pradăngga munya ngrêrangin | badhaya kinirab abyor ||
18. abadhudan samya suka manahipun | wong kaputran jalu èstri | radyan lolos têngah dalu | wadya tan ana udani | mêtwèng bêbutulan kêbon ||
76. Pangkur
1. kadya pinulung ing dewa | kesahira wau satriya kalih | wadya tan ana kang wêruh | katungkul bêbadhudan | majang sasi kang anis amurang ênu | asongsong adining manah | asuluh lintang lan sasi ||
2. kadya warastra lumêpas | lampahira ing jawi kitha prapti | sinêru dènnya lumaku | kawingking ing Malawa | enjing gègèr ing praja katur ing prabu | lamun rajaputra musna | anjêngêr sri narapati ||
3. datan kêna angandika | tan bisosik pramèswari kêkalih | murcita dangu tan emut | umyung tangis jro pura | pra punggawa satriya [sa...]
--- 306 ---
[...triya] samyarsa nusul | dahat ajrih ing narendra | kawangwang undhang narpati ||
4. nêngna solahing jro praja | kawarnaa lampahe radèn kalih | anarajang wana gunung | datan amanggih desa | lamun arip sare ing saênggènipun | godhong kang lêmês dhinahar | andina ratri lumaris ||
5. supe rêngganing kawiryan | tan lèn muhung wirang ingkang kaèsthi | ngambah wana writ asirung | jurang bae ranira | pasênêtan ing warak kalawan sênuk | ula lanang ting saladhang | tan ana burone alit ||
6. tan ana kawawa ngambah | jurang baèr jêmbar jêro arumpil | kêkayone warna têlu | ingas lan karamean | gurdanira ngrêmbuyung krambatan gandhu | kambah ing sang narpaputra | gègèr isining wanadri ||
7. ana kang arsa sikara | sênuk mèmrèng blêgdaba angêmasi | sato mara-mara lampus | buron julig kaplajar | kabarasat aningid ing guwa samun | samya rêbut kauripan | mawur ingkang buron alit ||
8. dhasar wijiling atapa | radyan kalih kêkasihing dewadi | bapa raja ibu ratu | akaki binagawan | paman sinangarya punggawa gul-agul | mangkya anandhang sungkawa | kajantaka nèng wanadri ||
9. andhatêngkên gara-gara | lindhu bumi orêg rèh gonjang-ganjing | mawor bajra kumarusuk | parang rênggang gumiwang | megung gongsor agraning ardi Sumèru | udan awu alimunan | gêtêr patêr mawor thathit ||
10. asênggani
--- 307 ---
maliwêran | păncawăra kumusuh gra matarik | gumaludhug rèh gumuntur | kupak manambêr sela | sumyur maring wiyati sinrang ing bayu | ladhu mili saking arga | kawah mubal matruh agni ||
11. gègèr saisining arga | ajar-ajar kaplajar sami ngungsi | manguyu sami kaplayu | abêt-abêt puyêngan | para bambang uluguntung ting bilulung | endhang-endhang ting kadhungsang | pêputhut cantrik andhêlik ||
12. ing wukir dhepok kobaran | arga gênjot kumêcak kang jaladri | prabata akathah jugrug | prawitaning prabawa | dhihin natèng Malawa kandhahan wuyung | wit dening anising wêka | ping kalih brangtaning sori ||
13. samyanggung lara karuna | kaping trine dyan kalih nandhang kingkin | pratăndha gara-gara gung | yèn kèkasihing dewa | katuridan mangkana sang rajasunu | wus mungkurkên baèr jurang | kandhêg tan wikan ing margi ||
14. gantya ingkang winursita | pandhitadi barang cinipta dadi | sidik ing paningalipun | sampun angraga suksma | tuhu lamun kinaot sêsamèng wiku | salir tapa linaksanan | Bagawan Santanumurti ||
15. jêjulukira sang dwija | adhêdhepok ing wukir Arcamanik | sampun wênang yèn sinêbut | mahanata pandhita | sinêmbah ing para tapa watêk wiku | nadyan kathaha patirtan | tan kadya ing Ngarcamanik ||
16. arja wus prasasat praja | kacarita sang dwija darbe siwi | èstri kêkalih samyayu | punjul ing pramudita | tangèh kênia [kêni...]
--- 308 ---
[...a] cinăndra ayunipun | èstu yèn tan atumimbang | warnane kusumèng ardi ||
17. ananging kusuma rara | kalihira putra pêpujan sami | winuwus rikalèng dangu | sang dwija anênêdha | pêputra anulya nyupêna ing dalu | yèn darbe putra wanodya | kêkalih ayu linêwih ||
18. sawungunira kasmaran | mêsat saking srama tapèng jaladri | tigang warsa laminipun | anèng jroning udaya | intên bumi ginêgêm nèng ngarsanipun | têngên astanira kiwa | musthi sumarsana wilis ||
19. saking gênturirèng brata | saciptanta tinujon ing dewasih | intên bumi musna sampun | dadya bayi wanodya | ingkang sêkar sumarsana musnanipun | saking astanira kiwa | dadya jabang bayi èstri ||
20. suka tyasira sang dwija | de karsane jinurung ing dewasih | atmaja sinung jêjuluk | tinurut ajalira | ingkang saking intên bumi wastanipun | kusuma Srêngganarêtna | kang anèm Srêngganasari ||
21. kalihira yu utama | citra kadi Supraba lawan Ratih | tan ana sasaminipun | kalokèng măncapraja | yèn ing Ngarcamanik wontên endhang ayu | sor apsari Ngendraloka | akathah satriya brangti ||
22. anglamar mring Ngarcamolah | pira-pira prapta samya tinampik | tan ana panujwèng kalbu | sang dyah tan arsa krama | dadya karya orêming tyas sang pilungguh | de pinrêp ing parangmuka | kinêpung ing Ngarcamanik ||
23. ing wadya Paranggubarja | ratu agung
--- 309 ---
prakosa ing ajurit | jêjulukira sang prabu | Raja Surawisesa | sak ing driya tinampik panglamaripun | mila arsa ngrabasèng prang | mring wiku ing Ngarcamanik ||
24. gègèr têpis iring arga | kaèbêkan ing wadya lir jaladri | uluguntung ting bilulung | ajar-ajar kaplajar | cantrik samyandhêlik manguyu kaplayu | endhang-endhang ting kadhusang | wêwasi sami angungsi ||
25. marêk ing sang maha dwija | lagya lênggah siniwèng para wasi | gocara jêjanggan puthut | abêt -abêt pra bambang | cantrik-cantrik manguyu myang uluguntung | atanapi ajar-ajar | jibêg nèng ngarsa sang yogi ||
26. ana puthut kinasihan | paliwaranira ri sang suyati | măngka larapaning atur | ran Puthut Kartiraga | lawan Kartisoma prasami umatur | pukulun sang maha dwija | kawula atur udani ||
27. wontên parangmuka prapta | angrabasa wadya lir jalanidi | ing Paranggubarja Prabu | andhatêngakên arda | paran karsa mèsêm muwus Sang Santanu- | murti sira sabilana | iku wong sikarèng budi ||
28. pêpêkên sakèh wong arga | saanane nanggulanga ing jurit | dèn padha panggah ing kewuh | sawusira ngandika | kondur marang pamêlêngan sang awiku | Kartiraga Kartisoma | anabuh gêntha tinitir ||
29. umyang wor lan swarèng kêndhang | tanpa rungwan Sênggani lan Sundari | pating brêkik uluguntung | muntab wong Ngarcamolah | ngumpul samya ngrakit pasikêpanipun | tarantang
--- 310 ---
lan arit bapang | garanggang bandhil suligi ||
30. congkop pecok lan bêngkolang | sènggèt sawat panguthik arit kudhi | têlabung kalawan sangut | sawênèh masang borang | anèng sêngkan pêpèrèng anancang watu | watara ana sanambang | gêgaman ing Ngarcamanik ||
31. abaris sarwi asurak | mudhun saking arga pating barêkik | kêkêlèng kêkênthong umyung | kagyat wadya ing Parang- | gubarja dyan sawega mulat wong gunung | magut nèng sêngkaning arga | wadyèng Gubarja ngunggahi ||
32. pinapag ing para bambang | ginarudug ing sela lawan bêdhil | wong Gubarja minguk-minguk | kinarutug ing sela | mêksa ngrangsang tumpês ginunturan watu | kèlês ing sela sagajah | gumalundhung saking nginggil ||
33. kadya gajah sêsandêran | sikêping prang Gubarja kèh ngêmasi | rêmpu katiban ing watu | kang sumimpang mring jurang | nunjang borang karang kang sinra nging busur | dinuk ing sawat bêngkolang | kajêngkang tiba kawanting ||
34. bubar wong Paranggubarja | ingkang dira panggah anêmu pati | rêmuk kagutuk ing watu | prajurit nitih kuda | kang katiban rêmpu lawan kudanipun | ana punggawa panuwa | umatur dhatêng kya patih ||
35. paranta karsa paduka | ing ayuda sangkin kathah ngêmasi | Patih Lenggotbawa muwus | lah padha gêlarana | wong ing arga dimène padha tumurun | tangkêbên ing papan rata | mundura dèn kaya ajrih ||
--- 311 ---
77. Durma
1. wus arêmbag mantri punggawa sadaya | sigra ngangsahkên baris | prawira nèng ngarsa | ngrangsang sukuning arga | amapag wong Ngarcamanik | luguntung janggan | bambang manguyu cantrik ||
2. tinindhihan marang puthut Kartisoma | senapatining jurit | puthut Kartiraga | nyothe kudhi tarantang | palêncungira cinangking | mangsah sêsumbar | datan ajrih ing bêdhil ||
3. gumarêdêg para bambang mangsah ing prang | nyangking garanggang gêsing | bandhil kadya udan | awor sawat bêngkolang | watu agêng dèn cancangi | samya tinatas | gumrudug anibani ||
4. wadyèng Paranggubarja bubar sasaran | gumrêdêg rêbut dhihin | gêgaman tinilar | watang pating salêbar | samya tilar kuda èsthi | kinarya gêlar | wong arga tan udani ||
5. Kartiraga Kartisomarda saarsa | ambandhang waos bêdhil | bandera turăngga | sigra angêlud lawan | duk prapta ing papan radin | mingêr angiwa | ingkang lumayu bali ||
6. pra punggawa anginêbi keri kanan | para mantri prajurit | nanggulang ing ngarsa | wong arga kaurugan | wus sayah pinêrêp wani | lamun jitusa | saksat ijèn ing jurit ||
7. kadar pira wong arga amungsuh wêndran | inurugan pêpati | sinosog ing watang | caruk lawan tarantang | tumpês bambang puthut wasi | kang panggah pêjah | kang mundur nandhang kanin ||
8. mojar Kartiraga marang Kartisoma | ngajak barêng ngêmasi | Kartisoma mojar | ya kakang aywa susah |
--- 312 ---
payo padha barêng nitis | lir singalodra | krodhane puthut kalih ||
9. Kartiraga angamuk lawan tarantang | gulung amancas sikil | ngadêg asêsumbar | rêbutên ing ayuda | wruhanira ingsun iki | lajêring yuda | wong gunung Ngarcamanik ||
10. yèn sun mati anitis ing ratunira | bojomu sun pundhuti | sanak putunira | sun karya jêjamahan | sira sun gawe pangarit | para prawira | akèh dhongkah kinudhi ||
11. ingurugan pêpati Ki Kartiraga | Kartisoma tan gingsir | tan pasah ing braja | pangamuke wus sayah | puthut kalih kasaliring | dèn byuk ing kathah | linimput ngarsa wuri ||
12. wus kabănda Kartiraga Kartisoma | pinala mring ki patih | asambat sang dwija | angur ingsun matia | tan kawawa nandhang sakit | apatih mojar | bêgja yèn sun patèni ||
13. lamun durung lêga rasane kang driya | ingsun piroga dhihin | akathah kang mala | kongsi mutah rudira | mangkana wong Ngarcamanik | ingkang lumajar | sami anandhang kanin ||
14. akèh ngungsi ing guwa lan jurang parang | nahan winarna malih | risang rajaputra | kêkalih kang lêlana | Anglingkusuma lan ari | sami miyarsa | suraking andon jurit ||
15. angandika Rahadèn Anglingkusuma | swaraning apa yayi | iki lir swarèng prang | lah mayo pinaranan | sigra lumampah wong kalih | praptèng tunggangan | mangu mulat wong kanin ||
16. galasahan anèng satêpining
--- 313 ---
marga | radyan têtanya aris | sira kênèng apa | kang tinanya saurnya | banjutên wasisan mami | nora kawawa | nandhang laraning kanin ||
17. radyan angling ingsun dudu mungsuhira | aywa asalah tampi | apa karanira | sira anandhang brana | lan iki gunung ing ngêndi | matur ngrêrêpa | sun Puthut Sangupati ||
18. kawon aprang mêngsah wong Paranggubarja | puniki ingkang wukir | wasta Ngarcamolah | panêngrane kang tapa | Bagawan Santanumurti | darbe atmaja | kêkalih sami èstri ||
19. sakamantyan endah datanpa sasama | ngasorakên apsari | linamar ing raja | nagri Paranggubarja | nging kusumèng arga nampik | marma sang nata | ing Gubarja sru runtik ||
20. ngrabasèng prang wong arga samya nanggulang | tumpês tan măngga pulih | têlas aturira | ki puthut nulya pêjah | rahadyan awlas ningali | sang narpasuta | dènnya miyarsa warti ||
21. dèrèng wruh ing suwarna ana kasara | mring sang dyah Ngarcamanik | dadya angandika | Radyan Anglingkusuma | paran karsanira yayi | Dyan Danurwenda | matur lamun suwawi ||
22. atêtulung marang wong kinaniaya | sinau dagang pati | apawitan nyawa | tinarima ing dewa | utamaning tapa munggwing | pucuking braja | yèku sinau jurit ||
23. anèng wana ngulari marganing taka | kang raka ngandikaris | bênêr yayi sira | nanging ta mungsuhira | abot lir robing jaladri | măngsa kêlara | abêbalunga wêsi ||
--- 314 ---
24. akulita têmbaga otota kawat | kaya nora kawawi | kang rayi turira | upami setubănda | lamun tinrajang ing banjir | lajêre rungkad | êram katut pribadi ||
25. kang raka ngling sukur yayi mantêpsira | wus ngarti ing ajurit | sigra parêng mangkat | tumamèng pabaratan | wong kathah sami ningali | cêngêng kewala | tan ana bisa angling ||
26. kang sawênèh narka yèn dewa andharat | arsa têtakèn ajrih | kang kapapag nyimpang | ana narka siluman | praptèng ngarsanira patih | Lenggotbawarsa | nuwêk bêbandan kalih ||
27. wadyanira akapang radyan manêngah | madêg ngarsaning patih | mojar atêtanya | iku bêbandan apa | lan sapa aranmu mantri | patih sru mojar | sira bocah ing ngêndi ||
28. bagus warnanira kaliwat digsura | radyan aris nauri | sun wong kêmul mega | alasan tanpa wisma | tanpa sanak kandhang langit | andon lêlana | sira priyayi ngêndi ||
29. iya ingsun patih ing Paranggubarja | iku puthut ing ardi | kalah prang sun bănda | radyan kalih têtanya | apa purwaning ajurit | patih manabda | putri ing Ngarcamanik ||
30. linamar ing ratuningsun datan arsa | sumarma ngong unggahi | sun gêmpur wong arga | angling Dyan Danurwenda | rajanira ingkang sisip | mahambêk syarda | misesa wong tan apti ||
31. anandukkên purusambêk goragodha | sun jaluk puthut kalih | ingsun kang nanggulang | ngayoni jayèng laga |
--- 315 ---
yèn sira tanbuh mring mami | manira raja | putra ing Mlawapati ||
32. panêngêran ngong Radèn Anglingkusuma | Danurwenda ri mami | lêlanandon aprang | tumulung ing sinyarda | bramatya rakyana patih | matag ing wadya | mikut satriya kalih ||
33. rajaputra kinalang ing wadyakuswa | kêsit saengga thathit | asru angandika | mring puthut sumingkira | ingsun dhewe kang nadhahi | sarwi andhupak | bêbandan puthut kalih ||
34. Kartiraga lan Kartisoma kasingsal | udhar ingkang têtali | cêngkalak malêsat | rumagang pra prawira | ki patih asikêp bindi | krodha mawinga | gumrudug para mantri ||
35. ana sikêp limpung pêdhang lawan rajang | duduk gandhi suligi | parasu sarampang | rahadèn kinêmbulan | ginarumung ing pra mantri | sudira panggah | sami anarik kêris ||
36. ngamuk nêngah singa katrajang sulayah | akèh mantri ngêmasi | udrêg mawurahan | swaraning braja rêmak | amor sambating wong kanin | pating sulayah | kadya babadan pacing ||
37. sing mandining curiga kang kampad pêjah | ingkang kabêsèr mati | kang kapancas pêjah | Apatih Lenggotbawa | mara mojar anudingi | hèh bocah alas | baya bosêna urip ||
38. nora wurung sira palastra deningwang | dyan sinabet ing bindi | rahadèn malumpat | akêsit lir widyuta | pinupuh-pupuh tan kêni | Anglingkusuma | malumpat anjangkahi ||
39. nrang anuduk jaja anrus [anru...]
--- 316 ---
[...s] ing walikat | patih niba ngêmasi | tinigas murdanya | binuwangkên mring mêngsah | sêsumbar rahadyan kalih | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||
40. ingsun putra ing Malawa amèna prang | widigdya ing ajurit | kinudang prawira | marma andon lêlana | saking dening kurang tandhing | barênga mara | sapa arsa ngêmasi ||
41. wong Gubarja papagêna tandang ingwang | tangkêpa sèwu sisih | salêksa ing ngarsa | ana punggawa sura | ing Gubarjandêling jurit | têguh prawira | tate nguwusi kardi ||
42. aran Dêmang Janala mangsah ing yuda | sikêp limpung suligi | pinapag saksana | mring Radyan Danurwenda | limpung lumarap tinangkis | ing asta kiwa | malêsat mupuh malih ||
43. tinadhahan ing asta sampun karêbat | radyan asru dènnyangling | lah tirunên ingwang | sikêp limpung anulya | sinabêt Janala kêni | baune kiwa | sigra dèn ancap wani ||
44. kaprajaya tinigas kang utamăngga | binuwang kinaryundhi | radyan asru mojar | hèh wong Paranggubarja | tontonên patining patih | karyanên têpa | tuladha ing ajurit ||
45. sapa arsa mati mangsaha ing rana | kalamun arsa urip | padha lumayua | tutura ratunira | para punggawa kang kari | bubar agiras | juru dêmung sumilih ||
78. Jurudêmung
1. mawut wong Paranggubarja | tan ana mangukih kiwul | wadya lèn prawira larut | lir sètu sinrang ing pasang | rungkad pêpathok lajêr swuh | pokah [po...]
--- 317 ---
[...kah] pêpalange rêmpak | mung êram kewala kantun ||
2. tantara kukud sadaya | puthut kalih ngrangkul suku | nungkêmi sarwi amuwun | dhuh gusti kang widigdaya | kang asih ing kawlas-ayun | baya pitulunging dewa | mendah katura sang wiku ||
3. kasambutan karyotama | tulusa kamantwèng wiku | rahadèn aris amuwus | anglêngkara sang pandhita | sudi ing wong kawlas-ayun | cêkak budi nistha dama | ingkang warna apa ayu ||
4. kusuma ing Ngarcamolah | umatur endah kalangkung | kasor para surawadu | kêkalih ayu utama | Srêngganarêtna kang sêpuh | kang anèm Srêngganasêkar | Dyan Danurwenda sumambung ||
5. apa ayu warnanira | kang anom tanayèng wiku | Puthut Kartisoma matur | sabyanta endah kang citra | nir cacad sapala mulus | mêdani kumba carana | areka pidêksa ruruh ||
6. acèthi kaduk jatmika | manis wadana nawangrum | prak ati raras wèh gandrung | dèrèng wrin sang rajaputra | kasmaran ing warta muhung | Ki Kartiraga mangrêpa | gusti yèn panudyèng kayun ||
7. suwawi sumêngkèng arga | tundhuk kalawan sang wiku | de gusti nanggulang kewuh | ngadoni mêmancas yuda | paranta patuwasipun | tan panggiha lan sang tapa | rahadèn aris amuwus ||
8. kaki puthut sun tarima | yèn munggah ing arga ingsun | sinuba-subèng sang wiku | kèh kang kari parangmuka | manawa sun prang kapupu |
--- 318 ---
nora angêntasi karya | mendah ucape ing pungkur ||
79. Pangkur
1. nadyan ngong panggiha lawan | sang wiku yèn wus sirna mungsuh iki | marmèngsun nanggulang pupuh | tumulung ing sinyarda | tanpa dosa lan ngupaya margèng lampus | tan nêdya ngukih pradana | anglêngkara ing sang yogi ||
2. arsa amupu wong papa | asêmbawa wong alas krama putri | puthut kalih nêmbah matur | kula minggah priyăngga | ing acala tur uninga ing sang wiku | yèn paduka magut ing prang | tan pêthuk satriya kalih ||
3. payo ingsun tuduhêna | pakuwone Paranggubarja Aji | punika sakidul gunung | ara-ara mandhala | lah ta payo pinaran dulunên ingsun | nanggulang yudaning raja | surakên saka ing wuri ||
4. yèn rêmak sira bandhêmna | lamun ingsun lumayu ing ajurit | cacahên ing trantang sangut | sigra parêng lumampah | kawarnaa sang nata sêdhêng anayub | lan sagunging para raja | anèng pakuwon swaratri ||
5. kasaru ing praptanira | Kyai Dêmang Pamalik Rai gipih | kadhêpêk nêmbah umatur | kawula tur uninga | wadya ingkang mêdali salèring gunung | larud kathah ingkang pêjah | kya patih sampun ngêmasi ||
6. kanapi[7] Dêmang Janala | murdanipun samya kinarya undhi | kagyat sang nata abêndu | dene patihe pêjah | pira kèhe wong arga ki dêmang matur | watawis wontên sanambang | sampun kasoran ing jurit ||
7. nuntên wontên [wontê...]
--- 319 ---
[...n] rare alas | mung kêkalih samya nanggulang jurit | asakti kalangkung-langkung | kêbat cukat lir kilat | tan mêjahi wadyalit ingkang tinuju | para manggala kewala | wadya mawut dèn sumbari ||
8. Mahraja Surawisesa | sru bramatya Dêmang Pamalik Rai | sinawat ing srampang rampung | aniba kapisanan | nata mojar kapaung anggunggung mungsuh | pantês sun gawe jajalan | angapêsakên ing mami ||
9. sigra kèn nêmbang tangara | bêndhe bèri muntab sikêping jurit | arsa angunggahi gunung | angrurah padhepokan | para raja sumahab sawadyanipun | Raja Durbala ing ngarsa | nitih liman mangku bindi ||
10. Raja Durbali rinira | sisih Raja Supala lan Supali | asikêp pêdhang lan limpung | wus aglar anèng papan | radyan kalih asêsumbar nguwuh-uwuh | angadêg madyaning rana | para prajurit ningali ||
11. akèh anarka jawata | kèksi dening Maharaja Durbali | gawok angucap ing kalbu | pantês lamun saktia | lir jawata srayane pandhitèng gunung | sanadyan silih dadia | wisnu murti wong kêkalih ||
12. măngsa ta găndraa pira | anrêgakên wadya Raja Durbali | nabda kêbyokên ing ganjur | sosogana ing watang | mangsah wadyèng Gubarja sami angrêbut | gumrah ngêlokakên pêjah | mèsêm ngandika dyan kalih ||
13. kaki puthut mêngsah prapta | sumingkira sun pagute ing jurit | tontonên bae prang ingsun | kaki saking mandrawa |
--- 320 ---
lamun kongsi mundura sing rana ingsun | iki tapaning satriya | nèng pucuking braja lungid ||
14. kalamun wong ulah tapa | prathistha ring graning prabata wêsi | ngasorkên brataning wiku | sinêmbah ing manggala | yeku tapa linuhung ki puthut matur | kawula tumut ayuda | kapat umangsah ing jurit ||
15. radyan kalih narik katga | kadya kilat sinosog datan kêni | kang katrajang kabarubuh | ingkang panggah kapradhah | ting sulayah katutuh ing pamukipun | para prawira tumanggah | tan ana nêdya ngunduri ||
80. Durma
1. pangamuke Kartiraga Kartisoma | liwung awuru gêtih | lir singa mamăngsa | akèh prajurit dhongkah | lambunge pinrêp ing kudhi | ana kapancas | bau manguwir-uwir ||
2. sinosog ing ganjur sinabêt ing pêdhang | gulu manguwir-uwir | akèh gundam-gundam | binabad ing tarantang | têguh ki puthut kêkalih | pangamukira | sami awuru gêtih ||
3. giris wadya Paranggubarja yèn mêdhang | antuk rowang pribadi | ki puthut tan kêna | kêbat kaliwat -liwat | akêsit saengga thathit | akèh kang pêjah | dening rowang pribadi ||
4. mawur-mawur sikêping prang asrang-srangan | brasat larut prasami | radèn kalih prapta | ing ngarsanira raja | Durbali tinanya wêngis | sapa ranira | wong gunung paksa wani ||
5. dyan sumaur ya ingsun Anglingkusuma | alasan kandhang langit | ragane ta sira | ratwèng Paranggubarja |
--- 321 ---
sumaur Raja Durbali | ratwèng Bancana | radyan akon sumingkir ||
6. dudu sira tandhing manira ayuda | ratunira sun incih | mêtua ing rana | kang ran Surawisesa | bramatya Raja Durbali | nandukkên gada | lir bêlah kang pratiwi ||
7. Radyan Anglingkusuma cukat malumpat | akêsit kadi thathit | Durbali ingancap | sinuduk jajanira | kawatgata wus ngêmasi | Durbala mangsah | amupuh lawan bindi ||
8. tinangkis ing asta bindine sinêndhal | kêna winalês nuli | rêmuk angganira | karo raja palastra | Dyan Danurwenda marpêki | prapta ing ngarsa- | nira Raja Subali ||
9. sru sinapa hèh gunung sapa ranira | mêksa nanggulang jurit | rajaputra mojar | Danurwenda manira | apa ta sira narpati | Surawisesa | nauri dudu mami ||
10. natèng Sadaksela Subali ran ingwang | sigra dènnya ambindi | Radyan Danurwenda | panggah atangkis asta | cinandhak gadane kêni | nulya sinêndhal | katut tiba kuwalik ||
11. arsa tangi asru pinupuh ing gada | rêmêk awor lan siti | bramatya kang raka | Raja Supala mangsah | anggada aglis tinangkis | kalawan gada | têmpuh mubal kang agni ||
12. putung gadanira sang Raja Supala | murdanira tininggil | rêbah wus palastra | Tumênggung Rudamala | arsa mêdhang saking wuri | mring narpasuta | Kartiraga nadhahi ||
13. pamêdhange tinangkis lawan tarantang | sarêng ambuwang kalih | gêlut drêg-udrêgan |
--- 322 ---
Kartiraga kasoran | tiba kalumah binanting | wus katunggangan | ki puthut api mati ||
14. Rudamala wangwang anarik curiga | arsa nigas anuli | cinandhak kang dakar | sinêndhal sru anjola | daut tiba andagangi | puwara pêjah | dyan cinacah ing kudhi ||
15. sru bramatya Ki Tumênggung Nganglang yuda | ngêmbat watang kumitir | puthut Kartisoma | sigra mingêr mangiwa | Nganglangyuda tan udani | wangwang binapang | githoke tigas pacing ||
16. Kartisoma sêsumbar sarwi ambapang | rêbutên ing ajurit | gêgêdhug ing arga | tate ngrusak katela | anumpês uwi gambili | nepak sêmăngka | anggêmpur talês linjik ||
17. bubar larud wadya ing Paranggubarja | pira-pira kang mati | myang èsthi turăngga | lir sarah ganjur watang | kawarnaa sri bupati | Surawisesa | kesisan ing ajurit ||
18. nitih èsthi anglela mangsah ing rana | wadya santana tapis | tyasira wus ngongkang | angundha-undha gada | sru mojar payo wong ardi | papagna ingwang | atandhing sura sakti ||
19. iya ingsun ratu ing Paranggubarja | ran Surawisesaji | digdaya prakosa | êndi ta rare alas | kang pêksa nanggulang jurit | bosên agêsang | măngsa wurunga mati ||
20. kudu-kudu sira arsa talang pêjah | bayarsa rabi putri | sira tanpa ngrasa | si alas nistha dama | ambêkira pêksa lêwih | sapa ranira | radyan asru nauri ||
21. ingsun Anglingkusuma lan Danurwenda |
--- 323 ---
satriya kandhang langit | midêr tanpa yayah | măngsa ngong gumingsira | têmbe mungsuh lan narpati | dumèh wong alas | mara mupuha dhihin ||
22. ingsun arsa anacak pêpêrêpira | ingong nanggulang jurit | tan amrih pradana | tumulung ing sinyarda | mundura sira sayogi | tolèha praja | ngambila sraya dhihin ||
23. ingkang akèh padha prawira ing yuda | sira wong tanpa budi | jênênging narendra | angêpakkên purusa | bramatya sri narapati | angundha gada | radyan asru ginitik ||
24. narpasuta Anglingkusuma malêsat | sumiyut kadya mimis | mèh tumibèng sela | tangginas Danurwenda | anăngga saka ing wuri | dhuh kadang ingwang | mèh tumibèng selardi ||
25. paduka sor kawula kangmas kang mangsah | ngêmbari sri bupati | kang raka ngandika | rasaning driya kadya | ginablog ing rara sunthi | ari dyan mangsah | ngêmbari sri bupati ||
26. sapa ranmu wong anom mangsah ing yuda | baya bosên aurip | ingsun Danurwenda | lah payo gadanira | tibakna ingsun tadhahi | sigra ginada | radyan malêsat têbih ||
27. Radèn Anglingkusuma sigra anăngga | dhuh kadang ingsun yayi | kumêsar tyas ingwang | sira yayi ngasoa | aywa kongsi mangsah malih | ingsun kewala | kang ngêmbari ing jurit ||
28. karsangingsun raja ing Paranggubarja | aywa kongsi ngêmasi | têluka kewala | matur Dyan Danurwenda | kawula sikêpe wani | sigra
--- 324 ---
umangsah | lumêpas kadi thathit ||
29. datan kongsi ngangkat gada sri narendra | wangwang sinikêp wani | ngêtog krosanira | nanging tan bisa uwal | swanitanira wor gêtih | sirna kang karkat | Sang Surawisesaji ||
30. Radyan Danurwenda matur mring kang raka | kangmas punapa kapti | kang raka ngandika | yayi sira taria | apa ta anjaluk urip | apa palastra | sabrayate tinapis ||
31. karsaningsun eman yèn tumêkèng laya | tulusa madêg aji | ingsun aku bapa | Raja Surawisesa | lêga tyasira turnyaris | inggih uculna | kawula nêdya ngabdi ||
32. dede raja darbea atur madaya | inguculan tumuli | umatur mangrêpa | kawula nyuwun lilah | umantuk dhatêng nagari | putri kawula | kalih katura nyèthi ||
33. yèn kalilan sacăndra kawula prapta | mawa brana lan putri | saos mring aldaka | radyan pêthuk ing karsa | lumèngsèr sri narapati | gumrah sawadya | budhal lir dhandhanggêndhis ||
1 | dwara. (kembali) |
2 | rêrêmpon. (kembali) |
3 | napa. (kembali) |
4 | atambuh. (kembali) |
5 | parangmuka. (kembali) |
6 | padha. (kembali) |
7 | tanapi. (kembali) |