Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, akhir abad ke-19, #221

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Dongèng Cêkruk Truna

1. Asmaradana

1. wontên sujanma sawiji | lola tanpa babu bapa | Cêkruk Truna panêngrane | ngumurnya salawe warsa | dêdêg sêdhêng pidêksa | sarwa santosa liripun | nanging bodho nora sastra ||

2. dènnya tinilar ing bibi | lagya ngumur wolung warsa | datan antara lamine | saking bapa biyung ajal | uripnya Cêkruk Truna | sasirnaning bapa biyung | pinupu dening tatăngga ||

3. sinung boga wastra tuwin | pinardi ing tatakrama | ing padesan pratikêle | cara-carane cinakra | patitis têtela trang | têtela lêlantèh dhusun | dhasar pasanging graita ||

4. lantip trusing

--- 2 ---

budi mingis | kira-kira karacutan | tan timbang lawan wujude | tapsilaning kasusilan | labêt nèng pangengeran | mangarah sambunging umur | urip ngarêp-arêp pangan ||

5. salaminira prihatin | Cêkruk Truna nora êsah | mingis ngisis graitane | anitèni lêlampahan- | ning wong tumitah gêsang | tinutuh kang nora patut | tan tinut mamrih budyarja ||

6. jêjarwa jarwaning urip | lêlakon dadi piwulang | Cêkruk Truna watêkane | yèn ngèngèr sêsasi lunga | nêm dina pitung dina | kongsi umur slawe taun | mubêng têpung tanah Jawa ||

7. angèngèr sudagar santri | priyayi tani ing desa | wus mangkono salamine | nora wêkêl ing pakaryan | bocah tumêkèng tuwa | lah iku rupaning punggung | ginunggung janma utama ||

8. ngalor ngidul wus tinampik | judhêg tan antuk bandara | iku labête wong cak-cèk | kinacèk samèng tumitah | jêmbarkên [jêmbarkê...]

--- 3 ---

[...n] laku ala | kasup sinuksma nèng tutur | tinutur sasat sêtatblat ||

9. dadya Cêkruk Truna ngênting | putusing nalar nalirah | ngarah-arah sadurunge | nganggit-anggit ngrekadaya | mubêng jangkaning nala | tanpa jinangkah ing laku | kukuh karoban ing ala ||

10. nalare putus tur titis | tatas pasanging pandaya | dhasare wong rada kêsèt | kusut yèn mulat ing kasap | iku Ki Cêkruk Truna | nanging padha-padha busuk | sabên dina pasang cipta ||

11. nuju ing sawiji ari | sêsèndhèn soring mandera | pinggir wana èrèng-èrèng | pribadi tan mawa kănca | maningit namur samar | ngunandika jroning kalbu | patrap pratikêling gêsang ||

12. sun timbang sun rasèng budi | budi adining nyuwita | luwih enak ngèngèr tlèdhèk | nyandhang bagus mangan enak | pinatah ngandhut kinang | yèn dhêdhèrèk ngampil payung | kadhang antuk nyenggol pundhak ||

--- 4 ---

13. gendhong pangilon nyênyangcangking |[1] buntêlan saptangan abang | isi kêmbang wêdhak borèh | kêmbang lan lênga jêbadan | gănda mrik ngambar-ambar | katuping maruta mardu | saiba sukaning grana ||

14. nèng marga antuk ngaliling | lumaku tan lêt rong jangkah | dhasar ayu maksih anom | busana endah borehan | sarta ngiring pradăngga | kêndhang nèng ngarsa tinabuh | guguk karêngèng mah mănca ||

15. datan dangu anèng margi | ana sujanma kang ngundang | tinanggap kinèn anjogèt | sababak opah rong uwang | yèn antuk tigang dasa | pikantuknya arta gunggung | kumpul nêm rupiyah abang ||

16. ingsun pasthi dèn paringi | apêse arta patang wang | isih olèh mangan jêro | sun karya bumbung celengan | pring pêtung gêdhe dawa | sabên dina dhuwit nyêmplung | patang uwang patang uwang ||

17. nadyan tan bêbarang tampi |

--- 5 ---

wus lupiyaning bêgondhal | seje blêdug sadinane | yèn ana bujang kongkonan | tuku tike panganan | prêsèn rong gobang wus tamtu | trakadhang sok nganti suwang ||

18. iku ingkang dadi asil | kang pasthi sun karya jajan | sêtèng suwang sadinane | rèhning sun wus antuk pangan | sajabane patang wang | dina-dina dhuwit mlêbu | pring pêtung bumbung celengan ||

19. blanjaku etung sêsasi | sapuluh rupiyah slaka | tumêka sataun kèhe | satus kalih dasa [...]thak[2] | lamun sadasa warsa | sèwu kalih atus gunggung | rupiyah slaka Nèdêrlan ||

20. ho o dene ingsun sugih | dhuwitku luwih sapodhang | satibane ingsun kajèn | aji-ajining agêsang | wit-witaning gunarja | jangji jujur dènnya ngêjur | gunasti wirutamèng tyas ||

21. tama-tamaning dumadi | dadi sampurnaning gêsang | băndha [bă...]

--- 6 ---

[...ndha] gêdhe prabawane | jumênêng ratuning titah | sasat ngingu malekat | sakèhing sakti ngalumpuk | kadigdayan kanuragan ||

22. dadi ratuning pangasih | pangasihan ngalam donya | sabên băngsa trêsna kabèh | asih wlas mring drajad băndha | wong ngarah putri tama | lamun dhuwit nora luput | barang kang cinipta kêna ||

23. pra pandhita pra[...] sanip | oliya sayid pukaha | jamhur-jamhur lan para sèh | guru sampurnaning pêjah | pujangga swarjanengrat | jaman mangke kang dèn luru | tan liya wêtuning arta ||

24. trahing wirya kusumadi | para prentah Wlănda Jawa | probrur adpokad guprêmèn | rad pan Indi presidhèn bang | tan liya melik arta | cekoh regoh kaki jambul | kere ngêmis luru arta ||

25. dhuwit narendraning bumi | malah pangeraning jagad | wus ana tăndha

--- 7 ---

cirine | unine têmbung Walănda | lètêr pinggiring sêmat | gud simèt onês liripun | Alah nunggal ing kawula ||

26. yèn mangkono Mahasuci | nora adoh saka sêmat | dhasar iku kuwasane | sipatnya takduga padha | ingaran kalih dasa | sok mangkonoa wong iku | lamun sugih-sugih Alah ||

27. dhasar dhuwit ingsun benjing | sun irit sun ulur dawa | sêmpulur saking têmêne | sabên sasi tambah-tambah | wêtuning putra wayah | wit dhuwitku luwih sèwu | cukup sun mangan anakan ||

28. kaya-kaya nora ênting | sun pangan sajêgku gêsang | tur tan ngowahke babone | nak kêmanak salawasnya | malah wuwuh tan suda | wus mangkono lakunipun | yèn wong băndha dadi lêpda[3] ||

29. lamun gunung dèn urugi | wong mlarat saya kinuras | lêgok jurang

--- 8 ---

dadi kalèn | sugih sabên taun tambah | wong mlarat kêmalingan | apêse kêna ingapus | mulane wong sugih arta ||

30. sinunggi pinundhi-pundhi | cocog lan daliling Kuran | kang wus jinarwa para sèh | ngamlu sapinatun apsa | pardikane mangkana | ngamal kang minăngka prau- | ning badan para manungsa ||

31. nadyan panariking swargi | dêdalaning kasampurnan | sêtya tuhu pangidhêpe | bangkit nyirnakkên naraka | jajal jin setan sirna | lunga khaji kaping sèwu | wus pasthi yèn katutugan ||

32. ananging prakara dhuwit | watêke bangsaku Jawa | ana bae panacade | yèn mêtu saka wong sudra | ingaran arta karam | nanging bisa jawab ingsun | jêr bundêr putihnya padha ||

33. kuwasane uga sami | ing măncapraja warata | nadyan rêga padha bae | malêbu toko Walănda | Batawi Surabaya | milih barang apa [a...]

--- 9 ---

[...pa] antuk | utawa laku lautan ||

34. alas gunung atas sami | ing dunya ngakerat padha | nunggang prau myang sêpur wèh | ringgit rupiyah tan beda | kere lan pra bandara | padha bae ajinipun | ringgit têlung puluh uwang ||

35. mungguh ta kwasaning dhuwit | ratu-ratuning digdaya | kanggo bubak alas gêdhe | sakala dadya nagara | ewon lêksan wong têka | apa ta padha tan wêruh | tanah Dhèli ing Sumatra ||

36. alas gêdhe dadya nagri | awit sinêbaran arta | sakèh băngsa lanang wadon | bocah-bocah manjing kontrak | angalap prajangjiyan | tămpa dhuwit kinèn nambut | karya satêngahing wana ||

37. kêmbang jayakusumadi | mawantah bundêring slaka | kukum pati urip manèh | kawruh aji păncasona | myang bandung băndawasa | èsmu-èsmu jaya dumuk | tan liya bundêring slaka ||

--- 10 ---

38. wong magang ngawulèng gusti | kumacèlu bêngkok sawah | ingkang junge gêdhe-gêdhe | dadya jongos Cina Lănda | milih akèhing blănja | lah ta iku saksinipun | yèn melik bundêring slaka ||

2. Dhandhanggula

1. nanging ingsun rasa-rasa malih | ingsun timbang para lit jro badan | kaya-kaya tan pakolèh | kala sun maksih timur | blêjag-blêjag kèlingan mami | sajroning taledhekan | ana rusuh-rusuh | janma patine cinidra | srana tinggar pok karna netranya mijil | tledhekan kagegeran ||

2. lurah tlèdhèk sabature tintrin[4] | pinusara umanjing kunjara | sing pangadilan karsane | pinriksa mlêbu mêtu | saka cêpir tinali goci | pinindi ing pamriksa | tan wruh kinèn ngaku | adhuh-adhuh nora eca | ngèngèr lèdhèk yèn kaya iku mlarati | bêcik luru [lu...]

--- 11 ---

[...ru] bêndara ||

3. ingkang pantês kêna sun aubi | ingsun timbang-timbang wus tan ana | kang kadya wong ngèngèr lonthe | luwih enak têrtamtu | tur yèn siyang nora kaèksi | mung yèn dalu kewala | mero-mero pupur | nèng madyèng ratan lêledhang | sarwa pantês busana kang adi-adi | lir apsari kaswargan ||

4. iku ingkang bisa amumpuni | budidi darma mantêp sănta budya |[5] wong kasap sandhang pangane | tinuwa tuwi ingsun | mring lonthe dèn akèn sudarmi | binapa-bapa mulya | mukti run-tumurun | iku jatining kawiryan | dene lamun ana kang sumêdya arsi | salulut lan bandara ||

5. amung ingsun kang tinari-tari | pasewannya gyanira sumêdya | awor rêsmi lawan lonthe | sun pancêt bayaripun | [...]n sawêngi | patang rupyah tan kurang | pasthi kèh kang purun |

--- 12 ---

artane sun pinaringan | wolung uwang panganku pinanci-panci | pininta sêga iwak ||

6. dene arta wolung uwang nguni | ing sadina sun gunggung sawulan | rong puluh rupiyah kèhe | gunggung kumpul sataun | kalih atus pat puluh rispis | lamun sadasa warsa | kèhe kalih èwu | kawan atus rupyah slaka | e e dene okèh timên ingsun wilis | sasat ratuning bagja ||

7. lèrèn saka ing palonthèn dadi | toko bae utawa juragan | nadyan nglakokake gadhe | dhuwit rong èwu cukup | thênguk-thênguk nèng pinggir margi | barang apa kang endah | pèni-pèni rawuh | sun gadhe saparo rêga | pasthi untung sugih bathi tanpa rugi | lumintu sabên dina ||

8. nulya ingsun ngingu juru tulis | [...] tukang nglêmpit barang | lakune ing jaman mangke | wong gadhe tuku buku |

--- 13 ---

miwah blangko ginawe kitir | prajangji têtela trang | kasêbut nèng ngriku | sarta tariping anakan | nora kêna nêrak sathithik bilai | tamtu tumibèng dhêndha ||

9. nanging lamun ingsun ngati-ati | kaya-kaya slamêt tanpa kara | yèn wus kinawruhan wète | dene sariraningsun | băngsa Jawa kang maksih kenging | jro nawala pradata | wong Jawa kêlaku | anggadhe-ginadhe barang | padha Jawa guprêmèn misih marêngi | lah iku bagyaningwang ||

10. sun watara saya tambah sugih | takrangkêp adol bumbu grabadan | barang kang larang sun wade | ingkang murah sun tuku | apa bae ananing grami | Samarang Surabaya | Batawi sun wêruh | rêganing jinis dagangan | toko Lănda toko Cina sun angkuti | saya lawas pracaya ||

11. sun tirune Cina dènnya grami | sabab taktimbang-timbang ing dunya | Cina iku pintêr dhewe | pangupajiwanipun |

--- 14 ---

praptèng Jawa purwaning nguni | mung kathokan kewala | tan antara dangu | manggon anèng tanah Jawa | dadi sugih omah gêdhong pinggir margi | ngungkuli băngsa Jawa ||

12. klakuane Cina luwih wasis | pambudidayaning rajabrana | kêna tiniru patrape | sudarsananing idhup | linakonan têmên nastiti | tur kanthi puja măntra | têmên ing panyuwun | sanadyan nêmbah brahala | nora beda Gusti Alah sipat rakhim | sapa têmên pinanggya ||

13. durung ana wong Jawa madhani | marang Cina tikêl pra sadasa | sabarang rèh kagungane | ewadene sun saguh | amadhani miwah ngungkuli | kapintêraning Cina | krana pawitaku | rong èwu rupiyah pêthak | sêdya apa bae sakarêpku dadi | nadyan praptèng akerat ||

14. sual ngadap pitakon ing ngakir | lamun ingsun sugih arta mênang | malaekat pira kèhe | kêndhak [kê...]

--- 15 ---

[...ndhak] kandhêg andulu | kèhing dhuwit pasthine melik | rêhning dunya paesan | ing akerat besuk | nadyan dhuwit uga padha | pêpaesan dunya ngakir dadi kanthi | malekat sih sutrêsna ||

15. lamun ora mangkono sun pikir | dadi dêmang bae luwih gampang | bêkti sèwu rupyah olèh | dèn iring wong gumrudug | ngampil epok panurung lampit | payung bang sèrèt prada | saiba bungahku | kajèn kèringan nèng desa | garwaningsun sakingkang anunggang joli | saênyèk nunggang jaran ||

16. măngsa panèn garwaku mring sabin | ani-ani sarwi payung abang | sandhingane tenong cèrèt | gêbayan kamisêpuh | angladèni nèng têngah sabin | sun prapta laju dhahar | akèh yèn sun rêmbug | prakara muktining dêmang | nanging ingsun wêruh lêpiya ing nguni | dêmang kêsandhung nalar ||

17. pocot [poco...]

--- 16 ---

[...t] saka lungguhe alamis | malah dina iki misih ana | dêmang dadi thetheore | bêcike bae ingsun | nandhing milih laku utami | kasênêngan manira | kang doh ing pakewuh | kang tan nganggo ulah nalar | wataraku luwih enak dadi tani | tuku sawah kewala ||

18. sabau rêga sapuluh ringgit | sabab sawah bêcik rêga larang | yèn antuk êloh bumine | tuku sapuluh bau | satus ringgit ingsun wragadi | satus ringgit wus mêntas | gunggung limang atus | rupiyah jroning nêm wulan | ingsun etung kabèh rêsik ru[pa] [pa]ri | tri dasa mêt tan kurang ||

19. rêndhêng dèn dol adat ingkang uwis | samêt payune sèkêt rupiyah | yèn gedhengan ngrondul kene | dene ta liyanipun | samêt payu salawe rispis | trakadhang nganti langkah | e la dalah untung | dhuwit rong èwu rupiyah |

--- 17 ---

bisa dadi têlung èwu ing sawarsi | tur mung tani kewala ||

20. nanging ingsun rasa-rasa malih | ing jaman kuna ana wong desa | Sêtrasêtika arane | sugih turun-tumurun | pakaryane tan liya tani | prandene nora kurang | sarwa-sarwi cukup | dupi ing alama-lama | salah măngsa gaga sawah nora dadi | gabug dèn pangan ngama ||

21. mênthèk ulêr lodhoh walang sangit | têlung warsa nora pêpanenan | têmah miskin wusanane | kêbo sapine larut | măngsa potho akèh kang mati | luwihnya dèn dol pasar | nyăngga pajêg suwung | yèn mangkono nora eca | kang sun pikir pangèngèrku bae dhisik | pancataning nugraha ||

22. lonthe iku bèrbudyambêg mukmin | lila eklas prasasat sidêkah | rina wêngi sak-sok wèwèh | marang sanak sadulur | miwah batur pamitran [pami...]

--- 18 ---

[...tran] tuwin | mring bapa kadya ingwang | kang ngrêksèng pakewuh | tanggung saliring bêbaya | kang tumêmpuh ingsun kang ngalang-alangi | marmane wolung uwang ||

23. saya akèh momongaku èstri | tambah-tambah rèhningsun kasusra | kawêntar ing jagad kabèh | nastiti pamomongku | alus lurus atiku murni | santosa gagah panggah | kas kuwat tur kukuh | nalar ruwêd bundhêl wudhar | amancasi pra lonthe pêtênging budi | sida dadya widada ||

24. dadi dêdalaning tyas utami | amancasi sukêrtining cipta | kasusahaning pra lonthe | ingsun kajibah mutus | nadyan batur lonthe mumpuni | ing nalar lêlukitan | ingkang lêmbut-lêmbut | dene ingsun nora sastra | nanging jênêng pintêr iku dudu tulis | yakti wong olah nalar ||

25. nadyan sastra yèn nalar sacuwil | parandene tangan bisa molah | angubêngake êpène |

--- 19 ---

wus pasthi thingak-thinguk | awit saka pêtênging budi | wus prasasat palwaga | lah iku wong kumprung | sastra tan ahli lukita | seje kaya ingsun wong caksanèng budi | budyayu tyas nirmala ||

26. marma wolung uwang datan rugi | ing sadina paring blănja mring wang | jêr luwih gêdhe gunane | lamun ana pakewuh | băngsa padu padudon dhiri | ngadu rosaning angga | sun saguh katêmpuh | luwih manèh băngsa nalar | kang balasar ingsun bangkit angrampungi | mèt waton kuna-kuna ||

27. ewadene ingsun pikir malih | wêwekane wong ulah mring nalar | kudu pratitis patrape | sanadyan enak-enuk | pakewuhe ingsun kawruhi | wong nganggo păncadriya | wajib wênang luru | ayu enaking sarira | nadyan untung gêdhe sak-sok jrang-jrèng dhuwit | kudu wruh pahalanya ||

28. sabab [sa...]

--- 20 ---

[...bab] ingsun iki jênêng urip | jari santri mêngku kayun kayat | uga rong puluh cacahe | kawawa guwang ngêjum | ala bêcik kinèn amilih | wajibing wong ihtiar | rèh pêpasthèn iku | gaip tan kêna kinira | tiningalan sadurunge nora kèksi | iku purwèng ihtiar ||

29. ing sajroning urip ingsun iki | ana nata pangulu pêpatya | jaksa ingkang kaping pate | cacah papat iku |[6] rêrêmbugan rina lan wêngi | barang durung kalakyan | puniku kang ngrêmbug | yèn wus rujug[7] papat karsa | dadi siji kusus yogya dèn lakoni | badan amung sadarma ||

30. anglakoni parentah gusti |[8] kang wus sarujug rêmbag sajuga | pangulu patih jaksane | iku yogya tinurut | anglakoni prentahing gusti | ing mangke gustiningwang | jro angên-angênku | anggalih pangèngèr kita | milu

--- 21 ---

lonthe nadyan wêtune nyukupi | bisa nyèlèngi arta ||

31. tur blêdugku sabên dina mintir | nanging maksih sun timbang tan eca | sun wus wêruh lêpiyane | lurah lonthe karuhun | Wirakosa araning janmi | tinêdah dadya lurah | lonthe Kampungbaru | sawetan bètèng Ngayugya | lurah têrang sing parentah mawa buslid | akèh kuntunganira ||

32. samana nuju sajuga ari | Lănda saradhadhu bètèng têka | watara sapuluh kèhe | pating galuyur mabuk | ayon manjing plonthèn ngupadi | lonthe yun kinarêpan | kurang lonthe têlu | mung ana pitu wanodya | gya rêbutan têmah păncakara sami | Wirakosa sru panggah ||

33. anggagahi sarta angabani | ngurusake nalar dènnya drêdah | suldhadhu salah tampane | lurah lonthe dèn krubut | Wirakosa

--- 22 ---

satêngah mati | thinuthukan ing pêdhang | sirah rêmpak rêmpu | kêlah mangadhêp komandhan | Wirakosa kalah rèh tan darbe saksi | tur kang wruh pira-pira ||

34. mila ingsun timbang-timbang malih | nora enak wong ngèngèr kriwilan | băngsa wadon dhasar lonthe | yèn katanggor lir iku | Wirakosa kaya wak mami | wong putus olah nalar | bijaksèng pakewuh | yèn prakaran nganti kalah | ingsun wirang uripku nèng dunya iki | parandene kasoran ||

35. nandhing milih ihtiar kang wajib | rèh wong mur[...][9] diyanjana tama | wong kang kaya ingsun kiye | pupur sadurung bênjut | durung mlaku sampun lumaris | lire duga watara | kang durung karêmbug | atasing urip punika | sadulure tan liya dugi prayogi | yogyane linakonan ||

36. awit lakunira wong aurip | carita bêcik arang kang jêmbar |

--- 23 ---

yèn ala nglangut parane | kapriye raganingsun | ngupaboga sampe kang sukci | ngupaya kasampurnan | dunya ngakiripun | pêpadhang dadi sawarga | yèn pêpêtêng naraka agêng dhatêngi | bêcik ngalih lantaran ||

3. Sinom

1. sun rêmbug-rêmbug tyas ingwang | bêcik ingsun dadi santri | mubêng anurut padesan | esuk sore ngêmis-êmis | bêbêt sarung lininting | kathok kombor ikêt wulung | têkên pênjalin dawa | turut marga nyangklong kuji[10] | nyangking kacu putih kluwus lawon mêntah ||

2. tinon lir jamhur lêlampah | tirak lir akul mukmin |[11] wadana wênês sumilak | ngasorkên padhanging sasi | lumaku mari dikir | napi isbat tindakipun | tinon lir akmaliyah | yaiku kamil mukamil | sawang-sawung kawuwung maca istipar ||

3. nglakokkên sabar darana | ambêg santa budya

--- 24 ---

mamrik | mrik minging ngambar sumêbar | kababar sagung ningali | ngupakati wong bêcik | katara ing tindak-tanduk | patraping sêsandhangan | liringing pasuryan wingit | singa mulat lumuntur ing kasutrêsnan ||

4. sung wêlas mring raganingwang | wit katonton cahya wêning | masangkêp kadya pandhita | ingkang ahli puji dikir | nulya sun dèn aturi | lunggyèng bale jajar lungguh | lan ingkang darbe wisma | nuli ingsun sorah-sorah ngèlmi |[12] watak tani gumun crita kaelokan ||

5. pasthi sun sinungan bêras | apêse sabêruk cilik | kadhang dhuwit nganti suwang | aku etung omah siji | ganêp sadina pasthi | antuk omah patang puluh | dhuwit patang rupiyah | bêras patang puluh bêrik | sabên dina kayaku patang rupiyah ||

6. sun kumpulakên nèng wadhah | lawas-lawas uga sugih | yèn [yè...]

--- 25 ---

[...n] mangkono luwih gampang | ngupaya muktining jisim | êndi kang dèn antêpi | dadi sandhang panganipun | cukup kongsi tumêrah | anak putu kang nampani | bisa ingsun wiwiti janma utama ||

7. adate wong ing padesan | santri kèh kang dèn ji-aji | jinunjung ing pakurmatan | tur yèn sun ngêmis mênangi | wong tani lagi bukti | dèn ajak barêng salungguh | boga sêga golongan | jangan bobor lombok rawit | kang sinambêl tempe bosok anèng layah ||

8. rèh sayah iba kang nikmat | dadi sungsum gêtih daging | wong padesan watak lilan | yèn dèn pangan para santri | sawusing nadhah nuli | ingsun nêmbung anênuwun | mlas-asih manuhara | musapir luntur ingkang sih | iya iku wêtuning kang kanugrahan ||

9. lawan malih lamun măngsa | panèn [pa...]

--- 26 ---

[...nèn] pari adat tani | santri ngêmis jinakatan | wong siji trakadhang nganti | sagèdhèng awèh pari | gutuk dangan pasthi payu | kalih rupyah tan kurang | liya iku pitrah kêcil | akèh bae kauntungan kang tumiba ||

10. o o kapriye wak ingwang | dene nora bisa ngaji | yèn kajibah andêdonga | tan bisa donga sacuwil | nora na sun apali | kêjaba mung bisa kulhu | sayêkti nora lumrah | apal kulhu dèn go amin | măngka watak tani donga kudu dawa ||

11. yèn mêngkono kang prayoga | bêcik ingsun ngaji dhisik | mring Sêpanjang Surabaya | Sidacêrma goning kyai | kang para putus ngaji | sabarang kitab winuruk | jur kawin lan jur ngiyah | ngakait naola tasrip | myang bajuri tapsir awal akir wignya ||

12. lamun tan mangkono wirang | gon ingsun angêmis-êmis |

--- 27 ---

dèn gêguyu ing akathah | tinêmpuh ing wirang isin | pucêt cahyaku ngênthir | lunga têka netya payus | nora na kang tumimbang | wong wirang wurung dumadi | kaya priye polahku angupaboga ||

13. kale pangan luwih kuwat | ujare wong santri ngaji | pil rijêki mubalagah | iku lapal dèn wardèni | napun dalêm rijêki | dadi pikuwating idhup | dhasar nyata têtela | urip lantaran rijêki | na-kumuna wong urip amangan sêga ||

14. nadyan dwijawara tapa | manungku puja nèng ardi | tatkala ing jaman kuna | pasthi kêlêbon rijêki | dora yèn ora bukti | nilik dalil Kur'anipun | yêkti tan kêna pisah | urip lantaran rijêki | yên mangkono mung saka pangalêmbana ||

15. lawan malih sun kèlingan | anggêr anyar mêngko iki | kanggo Nèdêrlan Hindia | yaiku ing tanah Jawi | dèn arani [a...]

--- 28 ---

[...rani] sitruksi | têmbung prasman têgêsipun | pacuhaning parentah | paukuman dèn gantungi | tur pinacak linumrahkên ing sêtatblat ||

16. critaning anggêr mangkana | yèn wong nguladara santri | ngêmis-êmis turut desa | kêlêbu wêwalêr nagri | cinêkêl ing pulisi | lumêbèng sêpir tinutut | rol pulisi pinriksa | wusnya trang gya dèn dhawuhi | munggah landrat dadya panimbanging prarat ||

17. kang wus muni paukuman | yèn wong nguladara tampi | buwangan panggawe paksa | nganggo dèn kalungi wêsi | limang taun wus pasthi | rèhning undhang iku kukuh | kas kuwat tanpantara | presidhèn amung sadarmi | andhawuhkên apa unine sêtatblat ||

18. ah lamun mangkono ingwang | nora sida dadi santri | ngoja-ngaji gawe apa | pira mote wêtêng siji | pira suwening urip | sandhang pangan bae bingung | tan kurang panggawean |

--- 29 ---

kaananing donya iki | nora ewuh lunga mancing bae mangan ||

19. sun sambi ngiras tirakat | esuk sore wira-wiri | nurut imbanging narmada | taksranani cangkêm muji | prasasat Sunan Kali | gawa walêsan mêthêngkrus | iku bae yèn bagya | dadya lantaraning sugih | ingsun mancing kadhang bisa olèh tămbra ||

20. gene kok sun nguni wikan | tămbra siji payu sringgit | tinuku Cina gadhean | taktakoni gone mancing | yèn mangkono wong iki | gampang bae arêp untung | amancing bae bisa | dadi dêdalaning sugih | olèh siji payu têlung puluh uwang ||

21. saupama olèh lima | pasthi payu limang ringgit | saiba kamuktèn ingwang | kropyak-kropyok crang-cring dhuwit | sataun bae dadi | Nyai Blorong kundhang kidung | kêkasur bantan[13] reyal | tur amung [a...]

--- 30 ---

[...mung] sarana mancing | nanging uga ingsun rasa durung eca ||

22. iya yèn kêbênêr bagya | sabên dina bisa olih | mancing tămbra kali Praga | rêjêkiku bisa mintir | wangsul yèn ora olih | ngolah-ngalih munggah mêdhun | sarwi gawa walêsan | pakan nèng bumbung pring cilik | nyabukake kêpis gêdhe têmah sunya ||

23. anganthêng sajam têlung jam | saya pêgêl nurut gigir | tan ana iwak kumlêndhang | ucêng pilêg bae sêpi | tur udan riwis-riwis | suprandene wastra klocut | gya mulih praptèng wisma | sêdhakêp nèng pinggir gêni | ngonggo-onggo sadina tan antuk bagya ||

24. nèk mangkono nora eca | wong angupajiwa mancing | yogya sun milih pakaryan | liyane kang wus sun wilis | dodolan bae uwis | adol sate turut lurung | lêbon limalas uwang | yèn bagya payu rong respis | ingsun etung

--- 31 ---

duwe bathi sangang uwang ||

25. lo kok jêbul bathi kathah | takgunggung sêsasi bathi | rolikur punjul nêm uwang | iku bae taklakoni | nanging sun pikir-pikir | kudu pawitan kang cukup | nganti limalas uwang | olèhku dhuwit ka ngêndi | awit iku tan cukup pawitan rong wang ||

26. sanadyan cukup rong uwang | olèhku iya ka ngêndi | dêstun ngêmis turut pasar | kêmringêt olèh sakêthip | lah priye awak mami | mêngkene mêngkene wurung | kadyaparan dadinya | urip mung sapisan iki | kok kewuhan ênggonku ngupaya pangan ||

4. Pocung

1. o o gumun kabèh lantaraning untung | kêpenaking awak | tan ana sranane maning | mung pawitan bau lan pawitan băndha ||

2. nora antuk pawitan sarana catur | yèn mangkono ingwang | apa nora bisa sugih | nganggo dhuwit saka ngêndi gonku [go...]

--- 32 ---

[...nku] angsal ||

3. angkat junjung ingsun bêcik bae wurung | salawasku gêsang | kêsangsang madyaning bumi | durung tau nyambut gawe kang rêkasa ||

4. dhuh awakku kêpriye bae tinêmu | kênthêle ciptèngwang | mung yugya dèn tohi pati | mati pisan yèn waras sajêge gêsang ||

5. luwih bagus sun lumêbu saradhadhu | prajurit Nèdêrlan | sêdhêng sun misih taruni | yèn kumisi dhoktêr wus pasthi kêtampan ||

6. nganggo sinung angkil dhuwit pitung puluh | lima prajangjinya | anèng Kumpêni nêm warsi | ingsun tămpa panganggo cara Walănda ||

7. topi jas bruk dhasi kêmeja pênatu | putih mawa praba | sêpatu gulang prakêntin | mlaku-mlaku sun bisa wicara tidhak ||

8. cara Mlayu sabarang kang ingsun wuwus | sasat Lănda Prasman | kajèn kèringan sêsami | jalan-jalan akèh wong kang padha nyimpang ||

9. olèh rangsum ping pindho sadinanipun |

--- 33 ---

esuk tămpa kêtan | wahna nganggo wedang kopi | kari ngêmplok kewala nora kangelan ||

10. srupat-sruput plak-plok kêta[14] muca-mucu | lawuhe dhok kamal | kadhang êndhok crubuk asin | solan-salin sinarah enaking mangan ||

11. sore esuk ajar prang pupuh lan mungsuh | nèk bêkjaku[15] ana | dadi prajurit Kumpêni | limang sasi sangang sasi munggah kurpral ||

12. blanjaningsun rong rupyah sapasaripun | nganggo sêtrip jênar | suldhadhu kêpêthuk taklim | salwir tangan sun nimbangi pakurmatan ||

13. yèn sêmpulur kabagyanku gya dèn junjung | munggah dadi sarsan | sêtrip renda kanan kiri | nora suwe nuli munggah dadi litnan ||

14. saya kumbul darajadku mumbul-mumbul | gya munggah kapitan | sun bisa nyèlèngi dhuwit | sabên wulan cukup sun sandhang sun pangan ||

15. nanging ingsun rada capêt-capêt ngrungu | kabar nular karna |

--- 34 ---

ing mangke suldhadhu Jawi | kongsi mati nora bisa dadi litnan ||

16. dêstun untung kurpral sarsan wong wis mujur | takrasa tan enak | sun wruh lêpasan Kumpêni | tilas sarsan pènsiun jaga patrolan ||

17. luwih saru nistha patrape kadulu | omah bae tanpa | tur tan darbe anak rabi | wahdhar klèlèt cêkakik isi bêdudan ||

18. adhuh biyung kabèh panjangkaku wurung | mêngkono tan enak | mêngkene nora prayogi | barang nalar nora bisa kêdadean ||

19. amung gêtun yèn mêngkono bêcik ingsun | nekat bae sisan | kaku atiku nèng bumi | prayogane sun bêcik dadi wong edan ||

20. turut lurung bêbêt bagor klambi kadut | ikêt jarik gombal | kang wis suwèk rontang-ranting | tamtu kajèn kèringan samining gêsang ||

21. wong kêpêthuk sumingkir tan wani numbuk |

--- 35 ---

jêr wêdi wong edan | dene panganku mung ngêmis | sabên bakul sêga iwak padha wêlas ||

22. ana munjung ana kang awèh pisungsung | sun nguni uninga | lêpiya wong edan mukti | jênêng Kyai Krapyak wong bawah Magêlang ||

23. kondhang catur kasub kasumbagèng tutur | têmah luwih mulya | pantês têtêp taklakoni | para santri juragan akèh kang wêlas ||

24. yèn sun gêmblung pandugaku luwih untung | ngungkuli Ki Krapyak | sabab iku edan pingging | luwih bodho beda karo awak ingwang ||

25. edan baut guna kasêntikan putus | mêmêt rèhning nalar | jêr nyatane nora garing | sun pasthèkkên akèh wong padha kagiwang ||

26. padha jaluk jimat plarisan maringsun | jaluk kaslamêtan | ana jaluk sarat sugih | wênèh jaluk sarat supayantuk pangkat ||

27. nèk wus mundhut padha suka bungah

--- 36 ---

gugup | awèh sakarsèngwang | malah wong kang takwèwèhi | padha susah mangkono oliyèng Alah ||

28. wong majênun edan ring Hyang Maha Agung | dhasar ingsun reka- | reka muji maca dalil | dhikir saman nêbut kalimah tayibah ||

29. padha gumun pra sudagar miwah bakul | wong dodol ing pasar | lan wong dhasar pinggir margi | takjaluki sabên dina padha bungah ||

30. jêr sun gêmblung dinuga saka majênun | edan ring datolah | dèn arani mêndêm sèpi | wus mangkono watêke bangsaku Jawa ||

31. raganingsun sandhang pangan wus tan ngrêmbug | omah nora susah | bango-bango sun ênggoni | malah nora kêna pajêg panggaotan ||

32. sirna gêrdhu rundha nora dèn paèlu | sarèhning wong buyan | dèn timbang lamun niwasi | tur sinarah sabarang sakarsaningwang ||

33. dhasar yèn wus patitis kang ingsun muwus | akèh pra juragan |

--- 37 ---

para bakul jalu èstri | angupadi jaluk sarat panglarisan ||

34. padha jaluk pandongaku sugih untung | sun manthuk kewala | clêmak-clêmik lir Ki Langkir | lah ing kono ênggonku nêmu kamulyan ||

35. măngka tyasku brêgas waras nora gêmblung | amung reka-reka | pasthi bisa simpên dhuwit | sun nyèlèngi sadina luwih srupiyah ||

36. kabêgjanku ngungkuli saka panèwu | pratandhane nyata | sun bisa nyèlèngi dhuwit | yèn priyayi arang bisa simpên arta ||

37. tăndha untung bagya tan kêna ginayuh | pêpasthèning kodrat | ingkang tan kêna tinampik | ala ayu saka sêsanggan kawula ||

38. wus pinemut ning tulisan lokil makpul | sadurung tumitah | kodrat wus tinulis dhisik | marma kabèh kahanan sumarah ring Hyang ||

39. nora amung sathithik sun rada emut | ing jaman samangkya | wong edan kang gawe [ga...]

--- 38 ---

[...we] watir | turut dalan unine anggêr Nèdêrlan ||

40. kinèn mikut kinunjara supayemut | lamun maksih edan | dèn kirimkên mring Batawi | kana ana wisma aran rumah gila ||

41. nèk tan rawuh gya ingusadanan gupuh | sinung klambi motha | aklawat wêsi nèng buri | tangan ora bisa polah anjêpapang ||

42. ing sadalu sadina tan antuk turu | klambi dadi tămba | datan bisa molak-malik | padha nangis pating jlêrit swaranira ||

43. yèn kang kojur malah tambah saya kuwur | têmah dadi buyan | yèn mêngkono ora apik | kayaparan gonku ngupa panguripan ||

5. Dudukwuluh

1. dhuh awakku kapriye gon ingsun luru | kamulyan dadi wong sugih | ingkang sarwa-sarwi cukup | jaran wêdhus kêbo sapi | omah gêdhe magrong-magrong ||

2. gêdhogaku nèng wetan jarane Kêdhu | wetan manèh lumbung pari |

--- 39 ---

klabang nyandêr pêcak satus | panèn pira-pira pari | saloring gêdhogan pawon ||

3. kulon dhapa langgar sirap ambèn dhuwur | de pandhapa omah buri | pawon gêdhogan myang lumbung | kabèh gêndhèng usuk jati | garwèngsun yu-ayu loro ||

4. nanging tangèh yèn antuk mangkono iku | nora luwih kaya mami | mung ngèngèr lawan bêburuh | bagya olèh patang kêthip | satali nèk jaman mêngko ||

5. măngka aku ora bisa angkat junjung | nora wurung dèn srêngêni | sun yun ngangkat karya alus | durung tau anglakoni | tukang kayu tukang cethok ||

6. sarèhning wus tita diwasa ing rêmbug | salah siji nora dadi | mung takpikir-pikir wurung | têmahane wêtêng ngêlih | lah kapriye polah ingong ||

7. rèhning sun wus nora melik poyang-payung | êmoh dadi sotra-santri[16] | jaman saiki [sa...]

--- 40 ---

[...iki] tan cukup | wong sugih ngarah priyayi | nadyan dadi enggal poprok ||

8. têmah mlarat pamêtune nora sumbut | dhuwit pira-pira ênting | kinarya wragading dlanggung | nadyan nora nganggo dhuwit | nanging dalan ting sêmporot ||

9. yèn sun santri kudu bisa ngaji putus | sudagar pawita dhuwit | tani kêbo sapi ngingu | tuku sawah duwe pari | tona-tani bakul sun moh ||

10. wus sun puntu judhêg lakone awakku | apa-apa nora dadi | mêngkene-mêngkene wurung | ngupaya sênênging ati | apa pantês sun nyênyolong ||

11. nora wurung maling malaning praja gung | kinuya-kuya pulisi | tăngga karuh padha nyatru | pra sudagar tani sêngit | wah dadya bêburon laron ||

12. ngalor ngidul ngetan ngulon tanpa dunung | wong kandhêg kampiran nampik | lah kapriye bae ingsun | kêjaba mung kari [ka...]

--- 41 ---

[...ri] siji | kang ngungkuli samining wong ||

13. yèn tan bagya mati lamun urip untung | sayogya sun taki-taki | ngasrama guwa kang samun | ing êndi ênggon prayogi | gunung-gunung jurang kang jro ||

14. kudu ngupa panggonan janma kang tan wruh | têtajin dhahar lan guling | nêgês karsaning Hyang Agung | mangêningkên cipta wêning | mêminta sihing Hyang Manon ||

15. jaring santri wong têmên-têmên tinêmu | walahu ngalimun gaip | pangran ngawruhing[17] ing lêmbut | waskitha krêntêging ati | munajad lairing pandom ||

16. wusnya putus bundêr pratignyaning Cêkruk | wisma tinilar lumaris | manjing wana kang asingup | singid-singidan ngupadi | kang datan kawruhan ing wong ||

17. wataradoh alas gunung kang katuju | manggya wrêksa gung sawiji | tri wulan araning kayu | manggon ing pêpèrèng sungil | mandera bêrdapa ayom ||

18. samana Sang Cêkruk pratistha sor kayu | madhêp ring pracima maksi | tikswèng grana tyas manungku |

--- 42 ---

muji-muji lair batin | drasa swanida narocos ||

19. nutup păncadriya bêg wiku linuhung | wahywèng swasana ingudi | adi-adining tumuwuh | wahanane dèn upadi | wahyu wiryawan kang katon ||

20. mung manyipta ngungkuli samèng tumuwuh | luluh lukitaning budi | sumungkêm ring datolahu | luhung brastha wor lan budi | yèn tan antuk sêdyèng batos ||

21. kawarnaa kang kahyangan jroning kayu | tri wulan narendraning jin | têdhak jin kalaning dangu | jêjuluk Prabu Rawangin | ing Sunyaruri kadhaton ||

22. sayêktine sajêrèning[18] kayu iku | aran nagri Sunyaruri | marma jin maèwu-èwu | malêksa makêthi-kêthi | dènira mèstu rêraton ||

23. jênêngakên patih jaksa myang pangulu | bupati panèwu mantri | sapanêkare supênuh | tata seba Sênèn Kêmis | nora beda caraning wong ||

24. duk samana Cêkruk Truna dènnya nungku |

--- 43 ---

watara antuk sawarsi | tanpa boga tanpa nginum | malah-malah nora guling | sadarpa adrênging batos ||

25. waktu iku Cêkruk mahya awa[19] dudu | midrawa sakratoning jin | lêbdaning alat tumêmpuh | mring para jin gêdhe cilik | tuwa anèm lanang wadon ||

26. samya nandhang roga panastis lan ngêlu | kèhing jin samya anangis | dènnya kataman pangridhu | wêwalat janma linuwih | tarak subrata kang moncol ||

27. angungkuli janma samaning tumuwuh | rèhning jaman iku maksih | wong tapa pinaring wahyu | marma pra jin nandhang gêring | ujwalaning praja aclom ||

28. têtuwuhan kewan-kewan pra jin payus | mêsum nayananing warni | lamun manusa bêgêblug | rèh jin datan kêna mati | dadya mung gêring kemawon ||

29. tambuh-tambuh solahe para wadyagung | kang sawênèh ana ngungsi | mring lyan praja ting bilulung | tuwa anom [ano...]

--- 44 ---

[...m] jalu èstri | mung sang prabu kang tan kenggoh ||

30. saking putêking tyas prabu jin tumurun | saking kadhaton umèksi | sajuga manusa nungku | sêmadi maladi êning | sang prabu kagyat ing batos ||

31. angandika jro wardaya baya iku | kang karya roganing puri | wadya jin katêmpuh dudu | [...] | sun duga kênèng walat wong ||[20]

6. Sinom[21]

1. Prabu Warangin mangagnya | dèn iring pawongan cèthi | ciptèng tyas nêdya têtanya | wusnya clak pasrangkara ris | hèh sujanma kang lagi | manungku puja nênuwun | pratisthèng sor mandira | teja sulaksana pamrih | nila krama sintên rum-ruming sarjana ||

2. ing pundi pinangkanira | mati raga yun punapi | lah anggèr age luwara | sampun karya rudahing jin | wadyamba gung prihatin | wit kataman lara dudu | dêdukaning Pangeran | sun tan wrin darunèng sakit | lah wêlasa sintên tigas ing kawuryan ||

--- 45 ---

3. kagyat ing wardaya nulya | Cêkruk Truna tata linggih | ngaksi swara kang sung sabda | hèh sang sakti kula yêkti | tan pinangkèng wuri |[22] anèng ngriki tanpa kayun | dene panêngran amba | Cêkruk Truna hyang mastani | mung sumarah minta kawlasaning Suksma ||

4. punapa kang pinaringna | abdi darma darmèng budi | punggung mudha tan sasêdya | sintên kang badhe pêparing | ring kalêwihan mami | ing salamyamba tumuwuh | munggèng ing marcapada | dèrèng pisan-pisan manggih | kasênêngan tansah dama salaminya ||

5. urip sakêthi sangsara | papa nistha kang pinanggih | tyas loba angkara murka | awit gêng kataman miskin | tanpa baba[23] myang bibi | bale wisma panggya suwung | dhinêndha nora dhăngka | marma lalu mamrih pati | mula muga cinupêta marga ina ||

6. kainan tumuwuh gêsang | kasangsang gêng sungkawa srik | panas prih saking malarat | rinacut ngamal rijêki | tan pisan manggih

--- 46 ---

bukti | labête amba wong punggung | kagunggung janma papa | marma nekat mamrih pati | yèn tan antuk kabagyan gêsang kawula ||

7. ngong pasrahkên Hyang kang murba | masesa ing bumi langit | sakit apa tan suminggah | dadya glêpung sun lakoni | dunya ngakerat tampi | sêsiku amba sumaguh | nilik daliling Kur'an | wa mantala basa ein | wajidahu wawajida pardikannya ||

8. yèn wong têmên tinêmênan | sapa goroh dèn cidrani | milamba manungku puja | puji dikir siyang ratri | mêminta ing sakapti- | nira Hyang ingkang dhumawuh | kalamun dèrèng angsal | lalu luluh jiwèng kapti | mangke pêjah ing benjang tan wande laya ||

9. sami-sami wajib pêjah | margi ya saking prihatin | tapa nèng madyaning wana | nêgês karsaning Hyang Luwih | kudu-kudu tan manggih | puluh-puluh wus sapuluh | bêgjaning raga amba | rèh pêpasthèn tan kaèksi | mila wajib manungsa sami

--- 47 ---

ihtiar ||

10. sang prabu sumambung sabda | hèh sang sarjana prayogi | luwara saking cintaka | ywa dêdawa ing prihatin | sumingkira sing ngriki | hèh Cêkruk wêruhanamu | kayu pratapanira | kadhaton ingsun linuwih | pèni-pèni guru-bakal guru-dadya ||

11. jumantên rêtna pêkaja | akik jabarjat widuri | manik manilêm lan mirah | jumêrut nila widuri | tur masih anyar dadi | mangke wadyèngsun katêmpuh | lara gring pating glasar | wit saking sira martapi | lah racutên apa ingkang sira pinta ||

12. kalamun kita anyarah | sakarsèngong sun paringi | isarat margane bagya | saktine kêluwih-luwih | sajroning bumi langit | para siswa tan pikantuk | liyane jin prayangan | ratune ingkang darbèni | iya iki rupane lah tampanana ||

13. sarat rong warna punika | slomprèt siji kanthong saji |

--- 48 ---

kuwasane sowang-sowang | de slomprèt kalamun muni | wadya jin catur prapti | miturut barang pituduh | apa sapakonira | sakêdhap kewala prapti | nadyan jabaning sunya sakêdhap prapta ||

14. kinèn jupuk barang apa | pèni-pèni sêsotyadi | mas salaka neka-neka | sapira bobote gêlis | dene kanthong puniki | saktine kalangkung-langkung | bangkit mundhakkên arta | yèn sira darbe sakêthip | lamun dèn dol ping slawe bali kewala ||

15. kalamun duwe sasêmat | slawe sêmat bola-bali | ing salaminira gêsang | wus mangkono iku pasthi | karsanira Hyang Widhi | dayaning sarat puniku | yèn kadarbe manungsa | saiba mulyaning jisim | wus têrtamtu sajagad tan ana padha ||

16. tumulya Sang Cêkruk Truna | andhêku nguswa suku jin | rumasantuk kanugrahan | dènnya tapantuk sawarsi | narima marmèng [mar...]

--- 49 ---

[...mèng] budi | dinulur krêdyating Cêkruk | dupi wrin warna sarat | kêdhap kumilat mathathit | murub muncar kadya basănta katiga ||

17. ri wusira tinampanan | Sang Rawangin tan kaèksi | manjing dhatulayanira | Sang Cêkruk trangginas tangi | rumasantuk gêng margi | marga lantaraning untung | de darbe kasantikan | saking Hyang Kang Murbèng Bumi | lêlantaran ratuning jin ing Triwulan ||

18. gya rinucat sutapanya | lumungsur sing mandera glis | nêdya mantuk mring wismanya | mugut-mugut lir wong ngimpi | nging yun kasêsa uning | kayêktèning sarat wau | adrênging tyas amêksa | derarsa nyoba kasêktin- | nira sarat salomprèt lan kanthongira ||

19. samana pinggiring têgal | wontên wisma gubug alit | tilase wong tani gaga | pinagêran kanan kering | mubêng rinambatan wi | gêmbili pare kêtimun | ananging wus lêbaran | nora tau dèn tiliki |

--- 50 ---

Cêkruk Truna umanjing mring gubug sigra ||

20. munggèng bale malang kadhak | tyasira mikir kasêktin | nêksèni kasantikannya | dupyarsa cinoba nuli | munajat ing Hyang Widhi | jinurunga ing sakasdu | kang nêdyarsa cinoba | tamaning slomprèt tumuli | sru mathênthêng Cêkruk niyup slomprètira ||

21. prèt prèt prèt prèt slomprèt munya | lir pratăndhaning kaplêri | tantara tumulya prapta | jin catur manguswèng siti | noraga minta wangsit | manuhara wuwusipun | dhuh gustyamba punapa | nimbali patik samangkin | abdi sampun sumaos sumanggèng karsa ||

22. Cêkruk Truna kagyat jola | dupyana êjinku prapti | anjog saking dirgantara | gêtun mangungun ing galih | catur jin sami inggil | busana lus lir dèn atur | tata trapsilanira | mangatas nuwun tinuding | ing rèh barang mangarah-arah punapa ||

23. i i dene nora cidra |

--- 51 ---

apa sawangsite nguni | cèplês tan slisir sarema | Cêkruk pasrangkara aris | hèh sira catur êjin | sumarma padha sun uwuh | lah age lumakua | sun kongkon sadina iki | têkakêna putri-putraning narendra ||

24. ing Sêtambul maharaja | kang kasusra măncanagri | darbe putri yu utama | tur durung pinalakrami | êjin trangginas nuli | kumêplas wus tan kadulu | samana wancinira | siyang jam satêngah kalih | sang kusuma nèng madyèng tilam anendra ||

25. catur jin tumamèng pura | tan ana janma udani | gya umanjing dhatulaya | wangwang ing tyas mangagnya ring | sareannya sang putri | nèng kanthil manguntur murub | kancana mawa rêtna | dyah nendra lagya kêpati | patrapira guling prayogi tinelat ||

7. Maskumambang[24]

1. dènnya sare sang rêtna naga kapuntir | asta kering ngrêksa |

--- 52 ---

bludaging prêmbayun kalih | kanan sumèlèh plarapan ||

2. gya tumanduk jin catur waskithèng wèsthi | niring sulap samar | iku putri kang kinapti | binakta mring tanah Jawa ||

3. wus dèn angkat sakanthil amparan rukmi | ginawa sadaya | bêdhol songsong nora kèri | saisining jinêm sêkar ||

4. sang dyah datan karasa maksih kêpati | jin mangayuh wiyat | dirgantara wus tan kèksi | sakêdhap sampun tumrapta ||

5. nahên gantya ing Ngêrum sri narapati | wus ngaturan wikan | nararyèstri kênèng dhusthi | gègèr sapraja ruara ||

6. wayang-wuyung solahing wadya sanagri | ngupadi sang rêtna | kang murca binaktèng sandi | sandiguna wirotama ||

7. tama tamèng dursilèng rèh bêdhol kanthil | cinêndhak gègèrnya | ucapên Sang Cêkruk lagi | pitêkur jlêg jin tumrapta ||

8. bêkta kanthil kancana kang isi putri | tur maksih anendra | gya manjing gubug wisma lit |

--- 53 ---

jin catur nguswèng bantala ||

9. turnya lon dhuh gusti sumanggèng karsadi | patik lumaksana | mring Rum munah putrèng aji | punika anggèr katura ||

10. jin lumèngsèr sakêdhap wus tan kaèksi | Cêkruk Truna nulya | marpêki kanthil myak samir | dupi wruh kang lagya nendra ||

11. sru gêgêtun tri pandurat tan bisa ngling | sumlêngêrên mulat | kang pindha pêputran gadhing | cahya mawênês sumirat ||

12. rêbut praba gêbyur ring malige rukmi | kusuma kang nendra | tumeja kuwung nêlahi | wangkawa sumundhul wiyat ||

13. gandanya mrik ngambar-ambar amimbuhi | cinêndhak kewala | kurang pujangga kang nganggit | luwih warnaning juwita ||

14. sira Cêkruk Truna merang maras ing sir | sajêgnya tumitah | durung wruh kang kadya iki | katongton lir wong supêna ||

15. darbe cipta ngrasa anggane pribadi | tan lumrah sasama | busana gombal ting srêndhil | mambu parah lênga kacang ||

16. rai mangkak kulit [ku...]

--- 54 ---

[...lit] dhangkal gănda lêdhis | nyamlêng asu kobar | saking data[25] mambu warih | dhasar ala mêntas tapa ||

17. kuku dawa rambut gèmbèl idêp plinthis | utu[26] kuning pêthak | lambe kandêl biru ngintip | marma sangêt analăngsa ||

18. adoh êlor kidul wetan tăngga dèsi | mila tan sumêlang | gya lunggyèng kanthil jajari | sampeyanira sang rêtna ||

19. Cêkruk pasrangkara ngarah-arah lirih | ruruh rêringannya | dhuh gusti sang kusumadi | adi-adining wanodya ||

20. rum bintarum kêmbang angsokarjanadi | sêsambunging nyawa | mawantah absarèng swargi | guprênuring tilam sêkar ||

21. baya mirah intên barleyaning bumi | ratih ngejawantah | musthikaning kasur guling | kang karya obahing jagad ||

22. yèn sêkara sêkar dewadaru swargi | wit taru rikmaya | woh jumêrut maskuari | Cêkruk anggagap sampeyan ||

23. sang kusuma sru kagyat anulya [a...]

--- 55 ---

[...nulya] nglilir | wrin priya jumajar | jlog tumêdhak saking kanthil | wruh nèng samadyaning wana ||

24. tênggêng-kamitênggêngên wikan griyalit | gubug nora pakra | osiking galih sang putri | kaya priye purwaningwang ||

25. dene anèng ngriki tan rumasa ngalih | jaman ngêndi baya | apa supêna sun iki | nir mayèng kisma drês waspa ||

26. nulya Cêkruk Truna ge-age mrêpêki | ring sang pindha wulan | têmbungnya dhuh sang garini | nadyan kawula wong pidak ||

27. dama papa paduka putrèng narpati | wus ciniri mula- | bukane ing nguni-uni | lohkil makpulira dadya ||

28. jodho praptèng alam akadiyat maksih | wangwung tanpa kăntha | kusumadi wus pinasthi | daliling Ku'ran wêwarta ||

29. ida jaa ajaluhum dèn jarwani | tatkala tumrapta | pêpasthèn tan owah gingsir | la yak takiru saatan ||

30. nora kêna adarbe karsa samênit | wit sampun cinithak |

--- 56 ---

loh makpul kodratolahi | kadipundi dènnya selak ||

31. botên sagêd kawula mungkiri pasthi | wit datan katingal | pratelane yèn wus kèksi | ilange saka panrima ||

32. sadasanggèr padukèstu jodho mami | ing dunya akerat | wontên pratandhane yêkti | têbih ing Ngrum praptèng Jawa ||

33. lamun datan pinarêng dening Hyang Widhi | nadyan numpak palwa | baita latu lan mail | tamtu rong wulan tumrapta ||

34. rèh wus jangji sakêdhèp kewala prapti | punika cihnanya | jêjodhon ing dunya ngakir | sumangganggèr langê[27] cipta ||

35. tan prayoga badal karsanirèng laki | yèn wong jojoan |[28] pangraning wanodya naming | kang lanang wajib lan wênang ||

36. marmanira wong lanang ingaran rabi | rabi têmbung Arab | pangerane wong pawèstri | puniki suwarnanira ||

37. têmbung daya wacaka pangran jarwani | nênggih pangengeran- | ning pawèstri [pa...]

--- 57 ---

[...wèstri] sahir kabir | lah anggèr dipun galiha ||

38. kula tuntun anèng sirotal mustakim | puniku têmbung Sam | sirotal wod têgêsnèki | mustakim jêmbar tur padhang ||

39. mila priya ran wod sirotal mustakim | bênêr luput ingkang | munah dêdalaning èstri | swarga nrana[29] atut wuntat ||

40. langkung awrat priya mêngku ring pawèstri | tan kenging gumampang | priya têgêse priyogi | yogi nurunakên yoga ||

8. Mijil

1. kapitèng tyas waspanya drês mijil | kusumaning sinom | lir tinuras tiniris tètèse | sênggruk-sênggruk udrasa luh mili | gut-gutên ing galih | tan lilih manglalu ||

2. butêng pêtêng bingung ngungun sêdhih | mangkana sang sinom | lir pinêcat yitmaka kalbune | lêhêng pêjaha kewala mami | dupi trang pangaksi | wana wisma gubug ||

3. angandika arum sang sudèwi | mring kang ambèg bodho | dhuh kakang wong bagus kula

--- 58 ---

mangke | lamun dika arsa mardyèng rêsmi | kula datan arsi | sun palaur lampus ||

4. rèhning dèrèng pisan laku juti | wirang tyas tumonton | jagad bumi langit saisine | nadyan tan ana janma udani | Alah luwih gaib | kang samar-samar ruh ||

5. Maha Suci ngudanèni batin | wong kang laku awon | jroning badan manungsa yêktine | ana kalam nênulis pribadi | barang tingkah bêcik | lan ala tinutul ||

6. dadi saksi kalamolah benjing | praptèng dintên layon | botên sagêd selak ing sapangrèh | mila sakêthi jrih kula juti | dintên mukswèng pati | titi tanpa petung ||

7. pintên lamine tumitah urip | culika mring Manon | lah èngêta kakang wirayate | pra pandhita Ngrum Jawa tan slisir | saliring agami | wong jina tan patut ||

8. Jawa Arab Cina Lănda Bali | tan beda ing pakon | sakurêbing langit bumi [bu...]

--- 59 ---

[...mi] kabèh | yèn prakawis satunggal puniki | pinasthi tan bêcik | ginantungan kukum ||

9. kukum dunya tumêkaning akir | Alah mring para wong | ingkang ngiwa juti laku bandrèk | tamtu gêtun sawuse nglakoni | yèn janma utami | gêtun lamun durung ||

10. kuthuh naruthuh têmahan cêdhil | pinastyantun awon | lêlêthêking bumi gung rêjasèng | gêlah-gêlah ing jagad sayêkti | èngêta kang bêcik | ywa tindak kang dudu ||

11. saya grêgut Cêkruk Truna myarsi | sorahnya sang sinom | pasrangkara Cêkruk sêmu sarèh | dhuh sang rêtna peling ta mring mami | srèbu trima kasih | saya sudah tahu ||

12. busuk jahat saya ini cêrdhik | bukan orang bodho | jikalu angkao tradhak sampe | mau nanti dhapêt nyang trak baik | bole ati-ati | jugak sakit lalu ||

13. kula punika antero bumi | datan wontên loro | bisa manjing ajur miwah ajèr | wignya mabur tanpa [ta...]

--- 60 ---

[...npa] lar malêtik | tanpa suthang bangkit | wicaksanèng kewuh ||

14. boya ewuh mlaya jajah bumi | tur datan rêkaos | putusing pambudi sakalire | nadyan sumêdya kăndur sang dèwi | ping pitu saari | mring nagari Ngêrum ||

15. kula pundhut sakêdhap tumrapti | gubug ngriki anjog | mila manuta kewala anggèr | bêcik mundhuta kula sanggupi | rêtna adi-adi | barang elok rawuh ||

16. pèni-pèni guru bakal dadi | mas sêsotya abyor | kula sagêd anggèr dhatêngake | rêrupan ing sabrang luwih-luwih | milamba nyanggupi | darbe sarat punjul ||

17. amunjuli sêsamèng dumadi | nadyan para katong | ngong pasthèkkên gusti datan darbe | mila Cêkruk kang wicaksanadi | baut munah èstri | mila sang rêtnayu ||

18. mundhut punapa sayêkti dugi | ywa sumêlang batos | dupèh wisma gubug ting kêthakrèk |

--- 61 ---

ananging lamun si Cêkruk uwis | amingkis kulambi | musthi saratipun ||

19. sang dyah ayu osiking tyas mamrih | ngarah-arah alon | munah Cêkruk sinongga kramane | adhuh kakang kula yun wruh warni | sarating linuwih | punapa ranipun ||

20. dene arda angungkul-ungkuli | marang para katong | kangjêng rama ratu luwih gêdhe | botên darbe lir kang wus jinarwi | dhuh kakang kulapti | wruh ing warnanipun ||

21. sigra Cêkruk mangèstu ingambil | sarat warna loro | sinung paga ing gubug parnahe | sarwi ngucap lah punika gusti | sarat ingkang warni | saktine kêlangkung ||

22. slomprèt punika kalamun muni | jin catur sumaos | ing saprentah kawula barang rèh | mundhut punapa kang têbih-têbih | sakêdhap tumrapti | sadintên ping pitu ||

23. dene sarat kula kang satunggil | ingkang warni kanthong | kasaktène bangkit ngundhakake | arta winadhahan dèn dol bali |

--- 62 ---

sadintên slawe ping | sadarpa kèhipun ||

24. sang kusuma kagyat duk mangèksi | warnèng sarat loro | sru gêgêtun prabawaning slomprèt | kêdhap ngumilat amawa thathit | salami sang dèwi | nèng jro kadhaton Rum ||

25. dèrèng nate wikan lir puniki | saya dyah lumongsor | nganoraga mèt Cêkruk trêsnane | bawaning trah kusuma linuwih | lamun darbe karsi | sinamar asamun ||

9. Asmaradana

1. dupyarsa pinardyèng rêsmi | sang rêtna sangêt lênggana | mangkana pangandikane | dhuh kakang datan prayoga | sarêsmi lan wanita | nurut ijajil kasusu | yèn nrahkên dadi wong ala ||

2. sae alon dèn aririh | ngarah-arah lir brêmara | adate priyayi gêdhe | tur punika wanci siyang | bok inggih dipun sabar | kula mapan wus kawêngku | benjang punapa sumarah ||

3. wus jamake wong pawèstri | pinardi ing langên cipta |

--- 63 ---

patraping wong ajêjodhon | manyarah tumrah ing wuntat | wit wiwitan asmara | priyèstri samya sih lulut | yakti kula datan singlar ||

4. samana sang dyah amipit | gulèt gulung pangkonira | Ki Cêkruk Truna ciptane | laringing sang dyah wus trêsna | gya jumantên ing tilam | angandika marang Cêkruk | dhuh kakang maklum andika ||

5. kawula yun minum warih | sangêt ngêlih ngêlak kula | Cêkruk Truna age-age | mèt bumbung nulya wisata | tyasnya datan sujana | salomprèt nèng madyèng kasur | tinilar angupa toya ||

6. mung kanthongira tan kari | awit kinandhut anèng sak | sêtagèn kang jêro dhewe | dupi Ki Cêkruk wus kirdha | nguntara ngupa tirta | sang dyah ngasta slomprèt gupuh | tiniyup munya mangraras ||

7. tantara jin catur prapti | manguswèng bantala ngêrpa | turnya jin punapa anggèr | nimbali abdinta paran | karsanta kalampahan |

--- 64 ---

sang rêtna ngandika arum | mulane sun undang sira ||

8. sun arsa kondur mring nagri | Ngêrum aja kêlayatan | têkakna sadina kiye | nulya jin catur tumandang | pojok malige papat | dèn angkat lumarab mamprung | ing ăntariksa[30] glis prapta ||

9. jumujug sajroning puri | dhatulayaning narendra | kanthil pinarnah ênggone | tatkalanira binakta | slomprèt katut nèng tilam | tan ana janma kang wêruh | jlêg wus nèng prabasuyasa ||

10. jin catur plas wus tan kèksi | kocapa dalêming pura | pra laksma pawongan gègèr | lamun sêkaring kadhatyan | wus kondur satêpasnya | kanthil mas bale manguntur | wus konjuk sri naranata ||

11. sri pamasa têdhak aglis | nararyètsri gya tinanya | dyah pêgat-pêgat ature | gêmêt galur têrus têrang | purwa madya wusana | lan ngaturakên sang ayu | sarat salomprèt kang tama ||

12. prabanya ngumilat [ngumi...]

--- 65 ---

[...lat] thathit | tuwin ing kasaktènira | nata mangungun têmahe | sadarpa sukuring driya | sang dyah panujunira | manggih raharja satuhu | gantya ingkang kawuwusa ||

13. Cêkruk kang angambil warih | anèng bumbung sinumpêlan | ing ron sêmbung age-age | sêdya dèn aturkên marang | sang rêtna kang tinilar | dupi manjing gubug suwung | dyah lan kanthil wus tan ana ||

14. slomprèt katut madyèng guling | Cêkruk sru niba kantaka | yayah sinipi grundêle | dene ta nora kayaa | gawe susahing nala | kapriye goningsun nusul | ing ngêndi parnahing praja ||

15. lêt sagara tanpa têpi | dadi apa raganingwang | de darbe sarat pitados | têmah kasripahan ilang | jêr sundêle kang gawa | darbèking wong tanpa têmbung | trang gladhagêr asu ala ||

16. wong ora dhêmên bok uwis | aja anggêgawa barang | kang tan karuwan rêgane | tinuku rong atus yuta |

--- 66 ---

ingsun nora supêna | Cêkruk tyasnya pêtêng putung | wagugên sêmang ing driya ||

17. yaiku rupaning janmi | kang tan tinimbang ing nalar | gumampang gamplêng têmahe | ujub riya tan pinetang | wong pidak pêdarakan | putri ayu putrèng ratu | nêdyarsa ingambil garwa ||

18. cebol manggayuh ing langit | lumpuh paksa midêr jagad | cêcak cilik anguntal lo | nuruti budi surakah | kinakahan drukbiksa[31] | nora pinikir duk durung | gampilkên budi kêsasar ||

19. wus kêsêbut anèng dalil | al imanu layun kasam | lah iku lapal murade | imaning manusa datan | namira[32] ing panduman | arta darbe satus èwu | rina wêngi maksih kurang ||

20. Ki Cêkruk Truna puniki | anggitên dadya lêpiya | karaya-raya pikire | tan tinimbang jisimira | darbe slomprèt utama | nanging tan bangkit angrasuk | wit tan [ta...]

--- 67 ---

[...n] pinikir dadinya ||

21. marma janma kang utami | barang polah tingkahira | wus pinikir sadurunge | aja ngawag ruwag-ruwag | daya-daya klakona | pupur sadurunge bênjut | yaiku aran sarjana ||

22. panjang yèn ginitèng kawi | tumulya Sang Cêkruk Truna | darbèngêt yun nyatakake | saktine kanthong utama | bangkit ngundhakkên arta | mangkana graitèng kalbu | ngêndi sun golèk pawitan ||

23. supaya miwiti dadi | liyane ngêmis tan ana | nadyan isin ngalang gawe | mubêng nurut pasar-pasar | ge-age linaksanan | marang pasar anjêjaluk | sumakta busananira ||

24. nyangking têkên dawa cilik | nyampirakên cangklong gombal | tangan kiwa gawa bathok | andhodhok mamêlas arsa | sing amulat sih wêlas | sadina bathêthêt antuk | arta pêcah tigang uwang ||

--- 68 ---

25. nulya linirokkên kêthip | antuk loro luwih arta | nêm dhuwit kinarya lèrèn | jajan sarapan kewala | wusnya nadhah Sang Truna | kêthip ro cinêmplungkên wus | ing jro kanthong sarat tama ||

26. sawusnya kêthip umanjing | marang kanthong gya sinuntak | dèn dol kêthip bali manèh | mring jro kanthong Cêkruk mulat | langkung gêgêtunira | dene cocog lan kang angsung | tan slisir sawirayatnya ||

27. dèn dol kaping slawe bali | kêthip dwi dadi rong sêmat | rong sêmat kaping salawe | cacah arta sèkêt reyal | sèkêt reyal tinukar | ping salawe dadi sèwu | kalih atus sèkêt reyal ||

28. sabên dina tukar dhuwit | ing lami-lamining dina | Ki Cêkruk amale sèmèl | dadi pirang-pirang yuta | malah mawêndra-wêndra | riningkês ring nyêmêk sagung | saking kabuling isarat ||

10. Kinanthi

1. sabarang

--- 69 ---

karsane tutug | tinukokkên pèni-pèni | mas sêsotya neka-neka | Cêkruk sru girang ing ati | sarwa-sarwi katurutan | tan kurang satu punapi ||

2. wong sugih băndha arta gung | tanpa gunggung kèhing dhuwit | suci sampurna tyas padhang | rêsik rêsêping panggalih | lungit pasanging graita | wus mangkono yèn wong sugih ||

3. cahya bêngangang ngênguwung | balung otot gêtih daging | rêncang kalis ing lêlara | kèhing wong samya wêdyasih | nganoraga kumawula | kajèn kèringan sêsami ||

4. mila kèh wong kênèng dudu | awit gêng karoban melik | melik melok arta kathah | dadi lantaraning eblis | Lănda Jawa nora beda | yèn dhuwit sring narik silib ||

5. pira lêpiya kanang wus | gêdhe cilik nandhang blai | saking kabedhung ing băndha | cingkrang marga kurang

--- 70 ---

dhuwit | tur asale kuna-kuna | saking Eropah nagari ||

6. dene ta wit kawitipun | saka wong Cina Ngêjawi | tanah Jawa Majalêngka | tatkala têkaning dhuwit | warni gobog asal Cina | klaku ing salami-lami ||

7. nulya kraton ing Matarum | gobog ilang salin dhuwit | pisungsung saking Walănda | kênane nagri Batawi | saiki binage wrata | sabên wong urip darbèni ||

8. de jaman Buda rumuhun | wong desa tuwin nagari | dol tinuku nora ana | mung liniron seje warni | durèn kêpengin sêmongka | urup-urupan wus dadi ||

9. mangke Sang Cêkruk darbyagung | ngamal pirang-pirang kêthi | wus yasa wisma sarwendah | bale gêdhong rinênggasri | binotrawi pagêr bata | neka-neka amêpêki ||

10. tan ana kuciwèng wangun | ngungun sagung kang umèksi | kondhang kidung măncapraja | wismane Ki

--- 71 ---

Cêkruk luwih | iku kaskayaning băndha | sabarang apa dumugi ||

11. sinigêg kamuktènipun | Cêkruk Truna maksih eling | dènira darbe pusaka | ingkang binakta sang putri | arda gung pangancam-ancam | pangugut-uguting galih ||

12. tan lilih ngalela ketung | ciptaning tyas Cêkruk dupi | wus sugih saliring barang | arta tuwin raja-pèni | guru-bakal guru-dadya | mung cuwèng tyas awit saking ||

13. salomprèt datan kagadhuh | nyukulkên sandeyèng galih | malah kongsi katuwawa | kèksi sajêroning guling | samana Ki Cêkruk Truna | darbyèngêt sumêdya mamrih ||

14. mangkana osiking kalbu | sun iki wus luwih sugih | nging tan duwe kadigdayan | nora kajèn anèng bumi | de yèn slomprèt wus sun asta | pasthi kèringan sêsami ||

15. dene wong tumitah idhup | mung kèringan dèn upadi | yèn mangkono kang prayoga |

--- 72 ---

bêcik sun tuku palwapi | layar mring Ngrum tamtu rikat | sarèhning aku wis sugih ||

16. tan mamrih putri ing Ngêrum | nêdya nyuwun darbèk mami | pusaka slomprèt tamarja | iku wajib sun pribadi | yèn tan parêng tamtu ingwang | munjuk ing jêng sri bupati ||

17. sowan klah matur nênuwun | pusakaning sun ing nguni | watak ratu binathara | nganggo tata lawan adil | yèn wong nyilih ngulihêna | wong utang anyaur pasthi ||

18. lamun jukuk tanpa têmbung | kagantungan kukum ngadil | rèh iku putraning nata | ingkang jupuk darbèk mami | tamtu rinukun kewala | bali marang kang darbèni ||

19. wusnya mantêp tekadipun | Sang Cêkruk ciptaning galih | samubarang darbèkira | pèni-pèni raja-pèni | mas sêsotya nawa rêtna | sadaya dipun lelanging ||

20. wisma sapirantènipun | sadaya wus dèn dol sami | arta mas wus winadhahan | kopêr kawan dasa iji |

--- 73 ---

tramêl tigang dasa gangsal | isi wang kartas mênuhi ||

21. nulya mring Batawi tuku | kapal api kang prayogi | kang yun kinarya lêlayar | mring Ngrum sêdyanirèng kapti | rèhning wong kaya gya angsal | kapal api langkung adi ||

22. mawa wadya kèhnya satus | asangkêp kaprabon jurit | wusnya minggah ing baita | Sang Cêkruk gya andhawuhi | marang kapitaning kapal | layar mring Ngêrum nagari ||

23. kaptin aparentah gupuh | bukak sêtum nomêr siji | bêdhol jangkar nulya mancal | saking plabuhan Batawi | wus lêpas lampahing palwa | datan kandhêg rina wêngi ||

24. antuk tri dasari rawuh | muwara plabuhan nagri | ing Ngêrum gya labuh jangkar | Cêkruk Truna wus miranti | palwa sêkoci satunggal | ingkang arsa dèn tumpaki ||

25. mring dharatan sêdyanipun | sowan maring sang suputri | pribadi tan mawa rowang | dene sakèhing prajurit | Matrus kalawan Sêtirman | samyang[33] têngga anèng tasik ||

--- 74 ---

11. Dhandhanggula

1. lampahira Cêkruk Truna saking | palabuhan mung badan sêpata | yayah wong sudra sêdyane | ywa kawistara lamun | badanira sujanma sugih | nèng marga tansah ngupa | wartane sang ayu | kang ing nguni icalira | tanpa krana saking sajêroning puri | lajêng kăndur priyăngga ||

2. uga tanpa karana sang putri | malah antuk pusaka utama | sajuga awarni slomprèt | kadibyanira punjul | gyantuk kabar bilih sang putri | ing mangke sampun krama | kala nêmbe kondur | dhaup antuk naking sanak | tur pinangkat dadya Pangeran Dipati | Anom Mêngkunagara ||

3. dalêm salèring pasar ananging | dèrèng pêputra praptaning mangkya | Ki Cêkruk Truna sawuse | antuk pawarta wau | laju lampahira gya prapti | gapurèng kadipatyan | samana sang ayu | sakalihan ingkang garwa | pangran adipati [adipa...]

--- 75 ---

[...ti] anom lênggah sami | wontèn ing dirgasana ||

4. sang kusuma duk mirsa tan pangling | maring warnane Ki Cêkruk Truna | mangkana ngunadikane[34] | salêbêtirèng kalbu | Cêkruk Truna ing tanah Jawi | dene bisa tumêka | ing kene praja Rum | baya ta saka dayanya | pusakane kanthong ingkang gêgirisi | bangkit ngundhakkên arta ||

5. nulya matur mring raka sang pêkik | dhuh pangeran mugi koningana | pun Cêkruk tanah Jawane | punika warninipun | praptèng ngriki ambok manawi | nyuwun pusakanira | slomprèt kang linuhung | kula muhung nyuwun dhawah | prayoginya punapa dipun panggihi | punapa winangsulna ||

6. srana dayaning slomprèt supadi | ingantukkên dhatêng tanah Jawa | kang raka alon dêlinge | dhuh gusti mirah ingsun | prayogine dipun panggihi | sampun adamêl cuwa | mring tyase si Cêkruk | nanging yèn nyuwun pusaka- |

--- 76 ---

nira poma sampun dèn paringkên mangkin | saribit[35] lajêng têdhak ||

7. saking panggung nulya lênggah mungging | ing pandhapa alon dhawuh marang | dasih kang sumiwi anèng | paningrat kinèn nuduh | mantri kalih mêdal ing jawi | nimbalana sujanma | nèng gapura lungguh | arane Ki Cêkruk Truna | tanah Jawa kadibyane tanpa tandhing | ananging mindha sudra ||

8. kang ingagnya nêmbah nulya nuding | mantri kalih sampun lumaksana | panggya lan Cêkruk Truna ge | caraka atanyarum | hèh kisanak dika puniki | punapa ingkang nama | Cêkruk Truna luhung | sujanma ing tanah Jawa | kang tinanya noraga mangsuli inggih | Cêkruk ing tanah Jawa ||

9. duta nulya awacana malih | jêngandika kyai ingandikan | gusti pangran dipatyanèm | sakalihan sang ayu | sami lênggah wontên pandhapi | samana Cêkruk Truna | kerit lampahipun | sumewa ing ngabyantara | minggah marang paningrat [paningra...]

--- 77 ---

[...t] dènira linggih | muka konjêm pratala ||

10. ngandikarum jêng pangran dipati | bageya Cêkruk satêkanira | ana ngarsaningsun kene | Cêkruk nêmbah umatur | sakalangkung nuhun kapundhi | dhawuh pangandikannya | gusti sang wira nung | saking pangèstu paduka | sakalihan inggih ginanjar basuki | nir sambikalèng marga ||

11. dene sowan kawula puniki | rayi dalêm mugi anglunturna | sih wilapa maringake | slomprèt pusaka ulun | ingkang măngka karya panjagi | kasangsaran kawula | wit saking pangèstu | paduka kawula mangkya | sampun sugih arta dêrbala nglangkungi | tiyang satanah Jawa ||

12. nanging raosing manah pun patik | tan sakeca siyang dalunira | ngèngêti paribasane | tiyang Jawi sawêgung | kang makatên ungêlirèki | băndha sring gawa nyawa | dene têgêsipun | kasugihaning manungsa | băngsa sudra sisip [sisi...]

--- 78 ---

[...p] sêmbiripun yêkti | angicalakên nyawa ||

13. kados ta yèn kenging ing piranti | pandamêlipun tiyang durhaka | kècu begal sêsamine | bae[36] lan băngsa luhur | siyang dalu tansah jinagi | prajurit punggawanya | nir sangsayanipun | sang rêtna sumambung sabda | hèh ta kakang Cêkruk Truna paran ta di | pusaka slomprèt tama ||

14. kadayane yêkti angiribi | kanthong kang bisa ngundhakkên arta | sakêthip bae tan suwe | dadi sapuluh èwu | suwene tan kongsi samênit | lah apa ing samangkya | kakang kanthong iku | misih ana dayanira | dene slomprèt kang ingsun gawa mariki | wus ilang kuwasanya ||

15. kang dinangu nêmbah matur aris | inggih taksih pangèstu paduka | punang kanthong kadibyane | praptamba nagari Rum | saking daya kanthong utami | mila tan kenging pisah | tansah amba kandhut | mila kawula

--- 79 ---

ing mangkya | sampun gadhah kapal api saha mantri | prajurit samriyêmnya ||

16. saking dayaning kanthong puniki | amangsuli panuwun kawula | gusti ingkang warni slomprèt | inggih sanadyan sampun | tanpa daya kados ing nguni | ewadene tyas amba | adrêng kêdah nyuwun | manawi tan kalêksanan | anuwuhkên ngongkang manah amba gusti | mugi kaparingêna ||

17. sèwu lêpat kawula nyuwun sih | pangaksama paduka bandara | dhuh gusti paringna age | ambarsa nuntên mantuk | dhatèng tanah Jawi sayêkti | dahat ingarsa-arsa | Sêtirman lan Mantrus | kang amba tilar nglautan | sang rêtnayu jumênêng kăndur mring puri | mundhut salomprètira ||

18. wusnya wangsul mring madya pandhapi | slomprèt sinêbul munya sakala | jlêg catur êjin praptane | sila nêmbah umatur | ngatas karsanira sang putri | gusti wontên punapa | nimbali pukulun | sang kusuma [ku...]

--- 80 ---

[...suma] angandika | marma sira catur padha sun timbali | samêne ingsun duta ||

19. ulihêna Cêkruk Truna iki | marang omahe ing tanah Jawa | sarta wudanana age | kèriya kathokipun | apa manèh omahe nuli | bubrahên ywa na ingkang | kèri dèn ta nglêbur | jin mapapat matur sandika |[37] tandya Cêkruk cinandhak winudan aglis | binakta angumbara ||

20. sakêdhap wus praptèng tanah Jawi | sinèlèhkên nèng nataring wisma | catur jin tumandang age | ngrusak wismaning Cêkruk | mung sadhela kewala gusis | rusak tanpa dadia | jin papat musna wus | Ki Truna kari anggana | lêngêr-lêngêr săngga wang amêrbês mili | ngrasa dahat sangsara ||

21. malah ngungkuli ingkang wis-uwis | kêdhap-kêdhap wau Cêkruk Truna | kantaka dangu èngête | wusana nuli tuwuh | pamikirnya narimèng takdir | pangunandikanira | puluh-puluh ingsun | pribadi kang katumrapan | kara murka [mur...]

--- 81 ---

[...ka] tan eling dugi prayogi | sêpi panimbanging tyas ||

22. nêtêpi paribasaning janmi | canthing jali ragèngsun punika | kacidhukna sagarane | êlor utawa kidul | olèhira amung sathithik | ya Alah Rasulolah | nyuwun ngapurèngsun | ing wingking tan pisan-pisan | kamipurun anilar dugi prayogi | lir kang wus kalampahan ||

23. mila mangke kawula minta sih | pangapuraning Kang Maha Mulya | myang nugraha sapantêse | tan nêdya kumalungkung | langkah saking samining janmi | trimah mung sawatara | kanugrahan wau | sampun dhumawah ing papa | alit mila kongsi tumêkaning pati | tanpa tuwas gêsangnya ||

24. ina papa tăndha tanpa budi | muhung urip sapisan nèng dunya | awwa[38] angêndhon bodhone | lir kuli pitu likur | tanpa jangkah laku utami | tan darbe isin wirang | mring sêsaminipun | pathokane jangji gêsang |

--- 82 ---

ingaranan bodho cikbèn anggêr urip | yèku tekating nistha ||

25. tanpa gayuh prawiraning budi | amung blubut lothung jangji mangan | ngulandara ngêmpèk-êmpèk | nrima sêga sapincuk | mubêng pasar myang nurut margi | puniku pamanira | dhuh Pangran Kang Agung | badan kawula punika | sampun ngantos dhumawah makatèn Gusti | luwung nuntên pêjaha ||

 


Lebih satu suku kata: gendhong pangilon nyênyangking. (kembali)
pêthak. (kembali)
lêbda. (kembali)
tintrim. (kembali)
Lebih satu suku kata: budi darma mantêp sănta budya. (kembali)
Kurang satu suku kata: cacah papat pan iku. (kembali)
rujuk (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: anglakoni parentahing gusti. (kembali)
murtya. (kembali)
10 kudhi. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: tirak lir akul mukminin. (kembali)
12 Lebih dua suku kata: nuli ingsun sorah ngèlmi. (kembali)
13 bantal. (kembali)
14 kêtan. (kembali)
15 bêgjaku. (kembali)
16 sontra-santri. (kembali)
17 ngawruhi. (kembali)
18 sajêroning. (kembali)
19 awat. (kembali)
20 Kurang satu gatra: ke-4 (8i): jalaran anandhang gêring. (kembali)
21 Teks asli: Sinèm. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: datan pinangkèng wuri. (kembali)
23 bapa. (kembali)
24 Teks asli: Maskêmambang. (kembali)
25 datan. (kembali)
26 untu. (kembali)
27 langên. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: yèn wong jêjodhoan. (kembali)
29 nraka. (kembali)
30 antariksa. (kembali)
31 drubiksa. (kembali)
32 narima. (kembali)
33 samya. (kembali)
34 ngunandikane. (kembali)
35 sarimbit. (kembali)
36 pae. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: jin papat matur sandika. (kembali)
38 aywa. (kembali)