Dêdongengan, Bale Pustaka, 1932, #1241

JudulCitra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1021a.

--- [0] ---

Dêdongengan

Jilid 2.

[Grafik]

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 1 ---

Serie No. 1021a.

Dêdongengan.

Jilid 2.

[Grafik]

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3 ---

Nagara Grêsik lan wêwêngkone.

Kira-kira rolas pal dohe saka kutha Surabaya, ana sawijining kutha kuna aran: Grêsik, kutha mau cilik lan rêgêd, ananging mungguh dhèk samana, kahanane tinêmu bêcik, iya iku bab panggawene omah-omah, tataning kuthane, lan manèh ananing dalan-dalan cilik ing pakampungan Arab. Ananging kahanan mau ora pati disumurupi utawa diajèni dening wong-wong saka Surakarta, kang padha among sênêng mrono sabên ing dina Nga'at.

Uwong kang mlaku ana ing kutha Grêsik tansah ngambah ing dalan kang panas. Wiwit saka ing panggonan sawetan tambak iwak kang ămba bangêt nganti tumêka [tu...]

--- 4 ---

[...mêka] krêtêg ing kali gêdhe, wiwit ngambah papan kang munggah.

Ing wêwêngkon Grêsik akèh thêthukulan lontar, kang paedahe kêna dinèrès diêpèk lêgène. Lêgèn mau bangêt dikarêmi ing wong-wong Madura, inganggêp kaya dene inuman lan akèh kang ditandho banjur dikirimake marang Surabaya. Saka Surabaya uwong uga bisa maring kutha Grêsik kalawan nunggang kapal api cilik. Laku layaran kang mung sadhela bangêt mau, pakolèhe ngungkuli kang padha mêtu ing dharatan amarga wong-wong kang lêlungan liwat ing sagara, bisa andulu marang èdi-pènine kalimas palabuhan ing Surabaya, lan dalane marang Madura, kang padha katon luwih asri sarta bisa nênarik sêngsêming pandulu.

--- 5 ---

Manawa wus têkan ing palabuhan Grêsik katon bangêt arja, kuli-kuli lan wong-wong kang padha dodolan katon pating sriwêt tanpa pêdhot. Turut dalan sacêdhaking mênara akèh wong dodolan lan wong têtuku. Dalan mau banjur anjog ing kutha kuna. Manawa wong malaku têkan ing kono, anyatitèkna marang wujuding omah kang dhuwur-dhuwur, lan nyawanga marang ananing pasarean kuna kang katembok kandêl. Ing kono akèh barang patilasan kanggo pangeling-eling, saka gêgaweane băngsa kumpêni ing India wetan dhèk biyèn. Lan manèh ana ing kono bisa nyumurupi sawênèhing panggonan kang bangêt bêcik lan misuwure, aran: Mahpura, utawa: Gapura wetan dumunung ana satêngahing ara-ara

--- 6 ---

kutha kuna. Ing antarane taun Walănda 1400 lan 1500 ing kono kagawe pasarean, bab pasarean mau ana caritane sathithik kaya ing ngisor iki.

Nalika tanggal kaping 12 Rabingulawal 822 ambarêngi tiba ing tanggal kaping 8 April 1419 taun Walănda Maulana Malik Ibrahim seda, iya iku kang rawuh ing Kaligradwipa, lan banjur mulang agama Islam marang wong bumi.

Sawuse panjênêngane kang miwiti mulang agama Islam nuli Radèn Rahmad rawuh, kang ingaran wayahe nata ing Ciyampa, (ing layang babad tanah Jawa muni: Cêmpa), iya iku sawijining nagara tanah Kamboja, kang dhèk samana gêgayutan among dagang karo tanah Jawa lan Majapait.

--- 7 ---

Radèn Rahmad nalika lagi yuswa 25 taun sowan marang ingkang rama alit asma: Ăngkawijaya utawa Brawijaya, nata ing Majapait lampahe mampir ing Palembang, banjur mandhap ing dharatan Grêsik kêpanggih lan sawênèhing băngsa ngarab kang alim. Uwong Arab mau nêrangake manawa sêdya arêp anggêlar mungguhing piyandêle agama Mukhamad sarta sêdya anyirnakake agama Indu ing tanah Jawa sisih wetan. Awit saka iku Radèn Rahmad banjur nyakabat lan banjur sowan Ăngkawijaya (Prabu Brawijaya) uga prêlu arêp nandukake kêkarêpane. Nanging sang prabu ora karsa manjing agama Islam. Ewadene sang Prabu malah angganjar marang Radèn Rahmad (putra kapenakane) diwênangake ngêrèh wong 3000 ing Ngampèl

--- 8 ---

(Surabaya). Wiwit mau Radèn Rahmad banjur anggêlar agama Islam uga tindak marang padesan kang cêdhak lan pulo Madura, kang dirawuhi dhisik ing desa Arosbaya.

Dhèk samana ing praja Majapait bangêt misuwur ing panguwasane, nanging sawise tumindak sawatara taun banjur suda, putra wayahe padha têtumpêsan seda. Tinêmune ing saiki ananing patilasan-patilasan ing kono, kari arupa patilasan kadhaton kang saprene isih pinundhi-pundhi utawa inganggêp elok dening para têdhak turune.

Sapa kang wus tau marang ing Ondêr Dhistrik: Trowulan Abdeling Jombang, ing kono bisa nyumurupi patilasan-patilasan kuna, dumunung ing desa Watês [Watê...]

--- 9 ---

[...s] umpak arupa saka watu tilas kadhaton lan banjur bisa angira ing atase panguwasa dhèk jaman Majapait.

Ana manèh patilasan kang bangêt misuwure, aran: Bajangratu. Patilasan mau arupa lawang gêdhe bangêt (Gapura) kang dadi lawang anjog marang omah gêdhe. Saka piyandêle wong, manawa ana wong ngadêg ana sacêdhaking patilasan kono, bakal nêmahi sangsara. Ing kono mau dunung pasareane ingkang ibu Radèn Rahmad aran Putri Ciyampa. Radèn Rahmad piyambak sinêbut ing ngakèh jêjuluk Kangjêng Sinuhun Waliyolah, seda sumare ing Ngampèl kang saprene pasareane pinundhi-pundhi lan kanggo jiyarahing wong akèh.

--- 10 ---

Sasedane Radèn Rahmad kang gumanti: Radèn Paku iya Prabu Sèdmata Giri Kadhaton putrane wong băngsa Ngarab mijil saka putrining nata ing Blambangan. Nalika timure panjênêngane dilêbêtake ing pêthi banjur kacêmplungake ing sêgara, ing pangira wus mêsthi minăngsa ing baya. Nanging mungguhing Pangeran kang sipat esa, tansah mayungi marang titahe kang lagi ginawe lêlakon iya iku prêlu bakal dadi wong pinunjul kang piniji ing Pangeran amratakake agama Islam ana ing Praja Blambangan. Mungguh ing lampahane kacarita mangkene:

Sawênèhing sudagar wadon aran Nyai Patih ing Grêsik misuwur ing kasugihane. Nuju sawiji dina ing wayah esuk nyai sudagar kongkonan [kongkona...]

--- 11 ---

[...n] bature wong Kamboja kalawan anggawa prau. Lakune wong Kamboja mau ana ing dalan nêmu pêthi kampul-kampul ana ing banyu, ing jêro isi bocah, banjur diwèhake nyai patih. Bocah mau banjur dipèk anak angkat dijênêngake: Sêmbadra. Barêng wis diwasa, puruita marang Radèn Rahmad iya Sunan Ngampèl, ing taun 1387 panjênêngane wangsul marang Giri, lan banjur jumênêng dadi wong brata kang nindakake piandêle.

Sajrone taun 1409 panjênêngane jumênêng Waliyolah, lan banjur nindakake damêlan ing sawênèhing panggonan. Barêng taun 1428 seda ana ing Girigajah, iya iku sawênèhing gunung dhuwur ing sacêdhake Grêsik.

Kang gumanti putrane, aran: Sunan Dalêm.

--- 12 ---

Sasedane kang gumanti Sunan Margalaya, mangkono sabanjure, turun-tumurun marang putra wayah iya iku: Sunan Pathikal Panêmbahan Karanggawa, Panêmbahan Agung, Panêmbahan Mas Witana, lan akèh manèh liya-liyane. Kabèh mau padha sumare cêcêdhakan bae. Kajaba Sunan Pathikal lan ingkang putra, Panêmbahan Karanggawa, padha sumare ana ing gunung Prapèn.

Gênti anyaritakake Radèn Patah, iya iku putrane Arya Damar, kang dadi wêwakil nata Majapait ana ing Palembang, lumaku marang tanah Jawa kanthi sadulure lanang aran Radèn Kusèn. Satêkane ing tanah Jawa anjujug ing nagara Grêsik lan Ngampèl wusana ambalela prang mungsuh Prabu Brawijaya, nata ing Majapait, amula mangkono, [mangko...]

--- 13 ---

[...no,] dening nêpsu bangêt jalaran Nata Majapait ambucal marang kang ibu Radèn Patah nalika isih ambobotake sarirane, awit saka panyuwune putri ing Ciyampa. Ibune banjur diparingake marang Arya Damar ing Palembang. Wêkasane Radèn Kusèn malah ngiloni sang prabu. Dadi anggone pêpêrangan Radèn Patah campuh padha kadang. Prabu Brawijaya kasoran ing jurit nêmahi seda ana ing paprangan. Radèn Kusèn oncat saka palagan uga bisa kapikut nanging banjur pinaringan pangapura, linuwaran saka ing dosane.

Sarusake karaton ing Majapait karaton ngalih ing Dêmak ing Surabaya mung diwêngku ing adipati bae. Sawuse kabawah marang praja Dêmak para wong băngsa indhu padha lumayu marang tanah

--- 14 ---

Jawa sisih wetan sarêmbug lan wong ing Blambangan sêdya anglawan mungsuh, nanging tansah diêlud ing mungsuhe bae, kongsi têkan ing Bali.

Dhèk samana kira-kira têkane wong băngsa Portêgis ana ing tanah Jawa, kalawan anggawa kapal kang dipanggêdhèni dening nangkodha Bre (d'Abreu) lakune urut pasisir lor, mampir ing palabuhan Grêsik kang dhèk samana arja lan misuwure ngungkuli Surabaya. Saka kono nuli budhal marang Molukên (Molukken).

Sajrone tahun 1521 wadyabala lautan wadyane Antonio de Brit têkan ana ing Grêsik anyumurupi manawa akèh barang dagangan utawa pangan kang diêdol ana ing kono. Jiwane wong ing Grêsik kira-kira

--- 15 ---

ana 30000, samono mau akèh kang padha dêdagangan: piring, sutra, lan barang liya-liyane, kang padha asli saka nagara Cina, Borneo, lan sapanunggalane.

Kahananing kutha Surabaya dhèk samana manggon ana sapinggiring kali kang ambaladhêr, isih aran Ngampèl iya iku kutha cilik dununging băngsa muslimin kang padha ulah ngibadah. Beda lan ing Grêsik lumahing kutha amangku sagara, dadi anggampangake têkane wong laku dagang, kang anggawa dêdagangane.

Tuwan Palêntin (Valentijn) angandhakake bab kahanane ing kutha Grêsik mangkene: uwong-uwong ing Grêsik akèh kang padha duwe omah bêcik-bêcik kaya omahing tumênggung, utawa kaya

--- 16 ---

omah Cina, sudagar-sudagar băngsa timur sabên taun padha mampir mrono prêlu ngêmot bêras uyah, lan pangan warna-warna. Awit sakabèhe wong kang padha laku dagang, andadèkake arjane kutha kono. Lan manèh akèh prau-prau kang padha labuh ana ing palabuhan kang ora jêro, barang dêdagangane bisa payu akèh, mung diêdol ana ing pasisir bae. Uwong ngamănca kang ngenggar-enggar ati ana ing kutha bisa nêmu kabungahan dening nyumurupi dalan-dalan omah-omah kang dadi pêpaèsing kutha. Dene kahanane kang saiki kaya wujude dhèk satus taun kang kapungkur.

Tumrap wong ing Surabaya, marang kaelokaning pasarean-pasarean ing gapura wetan kurang sêsurupane, [sê...]

--- 17 ---

[...surupane,] awit saka iku akèh kang padha marang Grêsik ora ana kang marang Gapura wetan. Kaya dene kahanane wong ing Ngayogyakarta, akèh kang durung sumurup candhi Barabudhur.

Manawa wong lumaku wus angliwati dalan rupak banjur anjog ing lawang tembok kang wus rusak adêge santosa, manggon ana sangisore wit gêdhe, kang bangêt ayom, sarèhning lawang mau tanpa payon dadi rusak dening kêtiban pang panging kayu kang padha tiba, tuwin gogrog saka pangrêkahing oyod-oyode. Ing kono wong bisa wêruh lan bisa nyatakake mungguh kaluwihaning yayasane wong dhèk jaman samana. Bata kang ginawe tembok iku, bata gaweane wong dhèk jaman Majapait ing tanah Jawa durung [du...]

--- 18 ---

[...rung] tinêmu anane bata kang santosane kaya bata kang ginawe têmbok mau.

Tembok sajabaning pasarean gapura wetan mèh ilang babar pisan. Ana ing pucak lawang kang arupa ijo lan abang isih katon ngadêg dene kayune kang ingukir-ukir ginawe rêrêngganing lawang iya isih padha dirumati, ananging saiki salong wis pinangan ing bubuk pamangane saya katon mundhak akèh. Dene cagak kang kêtumpangan pucak lawang isih katon kuwat bangêt amarga tembok santosa. Cagak kang kaya mangkono mau ing patilasan Trowulan iya ana, ananging mung gumlethak ditogake bae. Lan manggone ana panggonan kang sêpi, ora pisan-pisan dirêksa kaya dene kahanane patilasan ing Grêsik.

--- 19 ---

Sangarêping gapura, sacêdhaking tembok kang wis ambruk ana wit-witan kang ngrêmpoyok katon saka dalan gêdhe, ing kono dununging pasareane Maulana Malik Ibrahim pasarean mau isih bêcik sêkarane marmêr tinulis sastra lan basa Ngarab.

Pasarean iku, pasareane wong kang minulyakake ing Allah, kang dosane ingapura, kang ngandêl marang rahmating Allah kang kuwasa, kang alus ing budi, kang mêmitran para ratu lan para sultan kang asih marang pêkir miskin, iku arane wong kang olèh kabêgjan kang santosa marang agama Allah, iya iku Maulama Malik Ibrahim kang kadunungan Iman, mara ayo padha andêdonga, [andê...]

--- 20 ---

[...donga,] muga-muga Gusti Allah aparinga rahmat lan swarga. Dene sedane Maulana Malik Ibrahim iku nalika dina Sênèn tanggal kaping 12 Rabingulawal taun 822.

Ing lawang ciyut kang rinêngga kayu ingukir, ing kono prênah dunung têngahing pasarean tinêmu akèh pasarean kang kuna-kuna, kalawan rinêngga-rêngga ing rêrênggan kang anandhakake mungguhing kawignyane juru ngukir dhèk jaman samana.

Ing kono ana tăndha pangeling-eling, arupa watu gêdhe tinulisan ing pinggir rinêngga ing ukir-ukiran minăngka tăndha angluhurake marang kyai Tumênggung Puspanagara, kang agarwa 4, apêputra lanang 12, apêputra wadon 3, awêwayah 42, abêbuyut 2. Dhèk sajrone taun

--- 21 ---

1633 Bupati mau pêrang lan Surapati, iya iku wong kang mungsuh lan Kumpêni.

Barêng Surapati wus tumêka ing pati ana ing paprangan tumênggung Puspanagara banjur kondur saka pasanggrahan ing desa Dhêmpul (Malang) marang Grêsik anglangkungi tilas jajahan Majapait, ana ing kono manggih barang-barang kuna, ana watu kang wangune kaya kodhok utawa barang liya-liyane. Sakèhing barang-barang mau ing saiki rinumat ana ing pasarean gapura wetan. Lan ing kono uga ana pêthi kuna, ing jêro isi panganggo lan uga ana watu yoni kang ingukir rinêngga ing mas, kabèh mau padha dumunung ana ing pasareane sawênèhing bupati, kang pamanggone bangêt pêtêng lan singup.

--- 22 ---

Juru kunci kang rumêksa pasarean kono ora tau angunci panggonan mau. Tumrap wong liya kang nêdya sowan mrono, sadurunge malêbu supaya sêmbahyang dhisik ana sangarêping pasarean, ing kono juru kunci nuli dêdupa.

Lan uga akèh pasarean kang manggon ana ing papan jêmbar jroning gapura, ananging kang bêcik mung sawatara. Sawênèh ana kang wus rusak, jalaran saka kabotan sêkarane. Wus mangkono lumrahe kahananing pakuburan utawa patilasan, ana kang kayoman ing kêkayon gêdhe, sawênèh mung kêpanasan ngênthak-ênthak bae. Sanadyan kahanane kaya mangkono, nanging isih nuduhake mungguh awiging pakirtyane wong dhèk jaman biyèn.

--- 23 ---

Tumrap pasarean liyane, kang katon gedhe utawa bêcik, kang ngiribi mung pasareane Nyai Gêdhe Pinatih, kang sinarèkake ana ing liya panggonan, uga wêwêngkon ing Grêsik. Manawa arêp mrono nganggo ngambah dalan kang rupêk.

Sajroning omah los kang tanpa aling-aling, ana jarambah marmêr, ing kono dununging pasareane ingkang ibu Radèn Paku, lan pakuburane para inya tuwin para êmban. Lan ing kono tinêmu ana tulisan ana ing jrambah kang didhuwurake, trape mawa tata prayoga.

Ana sawênèhing dalan kang anjog ing gunung Giri, ing Giri kono dununging pasareane Radèn Paku kang misuwur ing asmane. Lan ing kono ana

--- 24 ---

tilas lawang kang wangune kaya lawang puri ing pulo Bali, ananging bata-batane wus akèh kang rusak utawa ilang. Uga ana manèh dalan liyane kang anjog mrono.

Anadene bab caritane nagara Giri, miturut caritane nyai Gêdhe Kabumèn, iku nalika taun 1475. Dene Kabumèn mau ing saiki aran Sêdayu, kaya ing ngisor iki:

Ing Ngampèl, iya iku ing wêwêngkon Surabaya, sacêdhaking pasareane para nata, didêgi masjid kang sebêtan lan bêcik warnane, ing sisih kulon ajarambah marmêr, sajroning pangimaman ana tilas palungguhane Sètmata.

Pasarean ing kono kagawe rong panggonan, lawang kang malêbu marang pasarean ciyut lan êndhèk. [ê...]

--- 25 ---

[...ndhèk.] Sajroning wêwêngkon kono dumunung ing têngah, tinêmu ana pasarean sinêkar watu, salawas-lawase tansah pinundhi ing ngakèh, ora kêndhat tansah sinêbaran kêmbang, nanging pamanggone ana papan kang pêtêng, wujuding maejan kang arupa kuning nganti ora katon, amarga ing papan kono bangêt ing ciyute, lan tanpa jandhela, dadi ora tau kasorotan padhanging srêngenge.

Lan ing kono tinêmu ana pêthi kayu kang isi gêgamaning ratu, iya iku kêris. Ukirane kayu kêmuning rupane nyawo matêng, pucuking kêris lincip amingis-mingis, adhapur luk. Mungguh dhèk jaman biyèn, panganggêpe kêris mau bisa narik marang kasêktèn. Kêris mau dijênêngake Sura Angun-angun, asli wasiyat saka Sunan Giri, dhèk biyèn [biyè...]

--- 26 ---

[...n] didokok ana ing Giri sacêdhaking Grêsik. Ananging kêris mau tinêmu ora ana ing kono, katrangane: dhèk taun 1772 kêris mau ana ing astaning Gupêrnur utawa dirèktur ing Pasisir, iya iku Yohanês Robrèt Pandhêrburêh (Johannes Robbert van der Burg) nanging uga manjir pakaringake bali marang Giri, kanthi kawrat ing bêslit tanggal kaping 27 Oktober 1772, surasane: Kêris mau ora kêna diuwèhake marang sapa-sapa, kajaba manawa wis olèh palilahe gupêrnur kang nguwasani. Dhèk jaman paprangan Sinuhun Amangkurat II lan raja pandhita ing Giri, kêris mau aran Kalamunyêng.[1] Dadi ora anèh mungguh kahanane pangulu ing kono anggone ngajèni bangêt marang kêris mau, sabên anggrayang mêsthi kanthi andonga.

--- 27 ---

Gêdhong kang isi pasareane Sunan Giri kang misuwur sakti, kang perangan ing jaba akèh rêrênggan kayu ingukir. Gunung Giri iku dhuwur, saka kono manawa nyawang ngiwa-nêngên, bisa sumurup panggonan kang adoh-adoh, saka sasêlaning wit-witan katon tambak iwak kang banyune kimplah-kimplah, banyuning sêgara katon pindha talaga mênêb, pulo Madura lan pulo Sêmbilangan padha katon diyane ing mênara, sorote katon cêtha.

Tumraping wong muslim ing Giri iku luwih pinundhi-pundhi tinimbang ing Gapura wetan. Ing kono, iya iku ing Gununge, manawa nuju ana pakumpulan kang ngrêmbug agama, akèh wong sacêdhake kono utawa uga saka Surabaya kang padha têka.

--- 28 ---

Ana manèh pasarean liyane kang uga misuwur iya iku ing desa Lêran, dohe saka Grêsik kira-kira ana nêm pal. Manawa lakune wis munggah undhak-undhakan, banjur tumêka ing candhi watu, nanging akèh kang wus rusak. Ing kono pasareane Dèwi Suwari, karo êmban inyane. Pasareane putri mau lumrah ing akèh diarani: kuburan dawa.

Kasêbut ing sawênèhing layang carita, dewi Suwari lan êmban inyane mau seda lan patine nalika taun 1303 jalaran saka kataman ing lêlara nular. Nanging ana sawênèhing carita manèh, jalarane saka gêrah galihe, amarga didhawuhi ingkang rama Prabu Gêdhèh, kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 29 ---

[...n] krama dhaup lan Prabu Brawijaya ing Majapait sang putri lumuh.

Pasarean iku ana ing panggonan kang sêpi bangêt, lan ing saubênge akèh wit-witane. Ing kono ana watu marmêr tinulis nganggo sastra lan basa ngarab, kang surasane nêrangake anane wong ngarab kang têka dhisik dhewe.

Patilasan jaman Indhu ing sacêlakipun Bogor.

Mênggah patilasan-patilasan ing jaman Indhu, ingkang kathah pinanggih wontên ing Jawi têngah utawi Jawi wetan. Nanging satunggal kalih ugi wontên ingkang pinanggih ing bawah paresidhènan Batawi, kados ta: ing bawah Dhistrik Lêwiliyang, inggih punika

--- 30 ---

ing dhusun Sadhèngjambu. Ing ngriku wontên sela ingkang wontên sêsêratanipun, lan ing Ciampeya ugi wontên tilas tapak gajah ing sela. Aliya punika wontên malih ing Ciarutên, ugi ing Ciampeya, wontên sela mawi sêsêratan.

Dene sêsêratan wau, sadaya suraosipun: Pangalêmbana dhatêng Purnawarman, bokmanawi namung tumuju dhatêng tiyang satunggal kemawon, ing Taruma. Ingkang linuhurakên dening băngsa Sundha, awit saking kaprawiranipun.

Sela ingkang pinanggih ing Sadhèngjambu, manggèn wontên sawênèhing parêdèn saêlèr-kilènipun kampung Pênyawungan, sela wau wontên sêsêratanipun kalih larik, lan tapak suku kêkalih nanging botên cêtha. Dene jarwanipun sêsêratan wau makatên:

--- 31 ---

Sang Prabu Purnawarman, nata ambêg adil lan alus ing budi, angluwihi pêpadhaning ratu, kang wus ngambah marang kautaman, kang misuwur angagêm rasukan waja, ora têdhas kataman panahing mungsuh. Iki tapak sampeane nata kang rêmên nyirnakake mungsuh kang mrêngkang, kang ambêk wêlas lan asih marang para ratu têtêlukan apadene kang miturut marang dhêdhawuhane, amung panjênêngane kang sagêd numpês ing mêngsahe.

Sela ingkang wontên tapakipun gajah wau gumlethak ing ara-ara. Saêlèr-wetanipun kampung Thangkil, cêlak margi saking Ciampeya dhatêng Muara Antên.

Antawising tapak gajah kêkalih wau wontên sêsêratanipun salarik, amratelakakên bilih [bi...]

--- 32 ---

[...lih] tapak wau tapak sawênèhing nata, kintên-kintên nata ing Taruma, ingkang kasêbut ing nginggil.

Ing sakawit sêsêratan wau dèrèng wontên ingkang sagêd anjarwani, nanging lami-lami pinanggih dening tuwan Dhoktêr Kern, kajêngipun makatên:

Kagungan nata kang jumênêng ing Taruma, nata kang ambêg prawira, iya iku nata ... tapak iki, tapak sampeyane piyambak.

Sela ing Ciarutên, manggèn sacêlaking têmpuraning lèpèn Ciarutên lan Cisêdhane. Ing sisih ngajêng wontên sêsêratanipun, lan ing nginggil wontên tapak suku kêkalih ragi ngalêbêt. Tapak wau ugi tapakipun Prabu Purnawarman, sêsêratan ingkang kacêtha ing sela wau basa Sanskrêta, dene suraosipun:

--- 33 ---

Kang sairip tapak sampeane Sang Hyang Wisnu iki, tapake prabu Purnawarman, kang jumênêng ing ... managara.

Sarèhning araning panggènan samar, mila ingkang kenging kawaos namung pungkasanipun kemawon, nanging wangun-wangunipun: Tarumanagara.

Kajawi sela-sela wau, wontên patilasan-patilasan sanèsipun, inggih punika ing rêdi Cibodhas. Saêlè-kilènipun rêdi wau wontên rêcanipun satunggal, nama: Arcagêdhe, linggih salonjor ngêdhêpi sirah tiyang kêkalih.

Miturut cariyosanipun tiyang ing ngriku, makatên:

Ing jaman Praja Pajajaran, wontên sawênèhing

--- 34 ---

Pangeran ingkang bagus ing warni, kagungan pacangan putri ugi pinunjul ing warni. Cêkaking cariyos kêlampahan dhaup. Ing nalika rame-ramening pasamuan, sang putri miyos. Dipun êntosi ngantos dangu sang putri botên wangsul.

Wusana wontên abdi saos atur, bilih wontên sawênèhing putri binêkta ing durjana, sampun têbih oncat saking ngriku. Sang Pangeran gita-gita nusul, tindakipun analasak wana-wasa, tumurun ing jurang sirung, nanging ugi botên kêsusul. Sarêng tindakipun dumugi pucaking rêdi Sinala (pucak rêdi Cibodhas ingkang inggil piyambak) kêpanggih lan tiyang nênêm.

Botên kenging botên têtiyang wau tamtu sumêrêp dhatêng lampahing durjana, awit langkung ing ngriku.

--- 35 ---

Sarèhing têtiyang wau sami kumbi, mila lajêng dipun tigas gulunipun, sami dipun cacah-cacah, lan dipun sabdakakên dados sela. Sasampunipun makatên, sang Pangeran anglajêngakên lampah nututi durjana ngantos kêcêpêng. Awit saking dukanipun, sakalih-kalihipun sami dipun tigas lan ugi dipun sabdakakên dados sela.

Sang Pangeran rumaos dèrèng marêm ing galih, sirah kêkalih tansah dipun galethakakên ing ngarsanipun, sarta tansah dipun dhawahi asta. Ing wêkasanipun Sang Pangeran piyambak inggih dados sela.

Ingkang sumêrêp cariyosan bab wau namung tiyang satunggal-kalih, lan malih wangunipun wontêning cariyos wau sawêg kakarang kemawon sasampunipun sirah

--- 36 ---

rêca wau ical, awit saking dangunipun.

Mênggahing sayêktosipun, ingkang langkung misuwur, inggih punika patilasan jaman buda ing Batutulis, sacêlakipun Bogor, ing ngriku wontên sêsêratan tumraping sela, mila ing panggenan wau karan: Batutulis. Inggiling sela wau wontên sadêdêging tiyang, wiyaripun sèmetêr langkung, kandêlipun tigang têbah. Ing sela ngriku kasêrat titimăngsa adêgipun karaton ing Pakuan, kadhatonipun Nata ing Pajajaran. Ing sisihipun ugi wontên sela malih, awujud kados pathok, lan ing ngajêng sisih kiwa wontên tapak kêkalih.

Panggenan wau dipun tembok sae, sarta dipun kêlamboni, awit kathah tiyang ingkang nênêpi mriku.

Dene sêsêratan ingkang pinanggih ing sela wau

--- 37 ---

wontên wolu satêngah garis, sinêrat ing basa Sundha kina. Sakawit botên wontên ingkang sagêd anjarwani. Nanging lami-lami ing têngah-têngahing jaman ingkang kaping 19, sawêg sagêd katêrangakên sakêdhik dening Tuwan Friederich, lajêng Tuwan Holle, nanging ingkang sampurna piyambak pamanggihipun Tuwan C. M. Pleyte, sairib kados pamanggihipun Tuwan Prof. Kern, dene jarwanipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin jêjuluk Prabu Ratu, ingkang sumilih Prabu Guru Dewata Bahna. Sasampunipun punika ingkang sumundhul: Sri Maharaja, Nata Pakuan Pajajaran. Prabu Dewata ingkang yasa Pakuan. Dene putra Rahiyang Dewaniskala suwarga, ingkang sumare ing Gunatiga, wayahipun Rahiyang Niskalawastu [Niskala...]

--- 38 ---

[...wastu] kancana suwarga ingkang sumare ing Nusalarang. Panjênênganipun ingkang yasa kadhaton ing parêdèn dipun grogol, ingkang yasa ... dha, ingkang yasa talaga Rêna Mahawijaya,[2] sangkalanipun: Lima Pandhawa Pangasuh Bumi, têgêsipun: lima = 5, pandhawa = 5, pangasuh = 4, bumi = 1 = 1455, Cocog lan taun walandi 1532.

Wana ing Siluman.[3]

Ing Distrik Ranca, apdeling Ciamis, (Cirêbon) wontên sawetanipun wana, ingkang dipun wastani: Lêwêngonom. Têmbung lêwêngonom [lêwêngono...]

--- 39 ---

[...m] punika basa Sundha, mênggah jawinipun: Wana siluman, dene wana wau lêrêsipun salèr-kilèning dhusun Siluman, têbihipun saking ing kitha Ciamis 18 pal.

Kacariyos bilih wontên tiyang lumêbêt dhatêng ing wana wau, ing măngka dipun sênêngi dhatêng ingkang ambaurêksa, wana punika lajêng katingalan awujud nagari agêng langkung rêja, loh jinawi tur anêngsêmakên ing pandulu: kawontênanipun, dene kathah woh-wohan ingkang adi-adi, sarta tiyang wau kenging nênêdha ing sasênêngipun, punapa malih ugi kenging katêdha ngantos satuwukipun. Namung sirikanipun: botên kenging ambêkta mantuk punapa-punapa, jalaran saupami kalampahan ngantos ambêkta barang-baranging wana wau, punika sawêg angsal pitung

--- 40 ---

jangkah anggènipun lumampah, barang-barang wau tamtu lajêng amalih warni, dados siti utawi sela tuwin sanèsipun ingkang botên kenging katêdha ing tiyang utawi ingkang botên wontên gunanipun.

Ing sacêlakipun wana ngriku, kaprênah sakidulipun cakêt, wontên rawanipun agêng ingkang kathah cucukulanipun awarni-warni, sukêtipun angrêmbuyung sarta kathah ulamipun, rawa wau ing basa Sundha, kawastanan: Răncaonom, jawinipun: Rawa siluman, punika tumrap tiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, bilih dipun sênêngi kaliyan ingkang ambaurêksa ugi botên katingal rawa, lajêng katingal talaga wêning toyanipun, ulamipun kathah awarni-warni.

Wondene para siluman ing onom wau,

--- 41 ---

asring ngatingal awujud manungsa, rêmên anêningali tontonan ing dhusun-dhusun sacêlakipun ngriku, pundi ingkang wontên tanggapan sarta bilih tontonan sampun badhe bibar, lajêng ical, botên kantênan purugipun. Makatên malih inggih purun balănja têtumbas dhatêng pêkên-pêkên, manawi têtumbas barang punapa kemawon botên mawi takèn rêginipun utawi ngawis, lajêng nyèlèhakên arta sarta mêndhêt barang ingkang dipun kajêngakên.

Tandhanipun para siluman ing Onom punika, bilih wontên tiyang, jalêra èstria: tamtu ngangge kalung sêkar panjantos, ugêl-ugêling suku tuwin tangan dipun tangsuli ing tutus utawi oyod-oyodan sanèsipun. Bilih wontên tiyang ingkang mangangge makatên, punika botên [bo...]

--- 42 ---

[...tên] kenging kaarubiru, saparipolahipun kêdah namung kinèndêlakên kemawon, jalaran manawi wontên ingkang purun ngaruh-aruhi, kirang sakeca kadadosanipun, lajêng sakit bêntèr, kasrêpên utawi sakit sanèsipun.

Kasaenanipun para siluman wau: purun têtulung dhatêng kasusahaning tiyang, kadosta: bilih wontên pakaryan anggarap radinan, punika manawi kintên-kintên rampung 6 - 7 dintên kagarap ing tiyang kathah, sagêd rampung sadintên, namung anggèning tumut nyambut damêl wau botên ngatingalakên wujudipun, namung wontên suwara kumrêsêg. Kenging kasambat madosi durjana. Punapadene bilih ingkang Bupati Ciamis kagungan damêl ingkang mawi pasamuan agêng, para siluman wau lajêng sami dhatêng sowan ingkang Bupati kados [ka...]

--- 43 ---

[...dos] tiyang limrah, kalayan ambêkta sumbangan warni-warni, kados ta: maesa, lêmbu tuwin banthèng, sarta sumbangan punika kêdah lajêng kapragat sanalika, botên kenging ngantos dipun sumênèkakên, awit manawi kasumênèkakên, sumbangan wau lajêng sami musna tanpa lari. Lêlampahan punika taksih lastantun dumugi samangke.

Wontên malih wana-wana gêgandhènganipun wana Onom, inggih punika ing wana Siluman, tuwin ing Jatilêga. Mênggah isinipun wana-wana wau taksih kathah bubujênganipun: banthèng, kidang, manjangan, andhapan tuwin tiyang ingkang sami lumêbêt utawi ngambah wana-wana punika wau, manawi kalêrêsan pinanggih tiyang mangangge anèh-anèhan, utawi [u...]

--- 44 ---

[...tawi] nyambut damêl ingkang botên samurwatipun, punika botên kenging ngaruh-aruhi utawi anggêgujêng, jalaran saupami kêlampahan makatên, tiyang ingkang nyaruwe tamtu lajêng bilai, (sakit), nanging para siluman wau, bilih nuju ngatingal, ugi kenging kaajak rêmbagan bab sanèsipun, ingkang botên magêpokan dhatêng kawontênaning piyambakipun.

Kanugrahan ingkang ngêmar-êmari manah.

Kangjêng Pangeran Pugêr ing Kartasura, kagungan kêkasih tiyang Tionghwa totok anama: Jan gêgriya ing Pakalongan. Jan wau misuwur sae manahipun, bèrbudi lila donya, rêmên têtulung

--- 45 ---

dhatêng tiyang ingkang kasusahan. Ingkang suwau Jan sugih, nanging saking bèring manahipun dados malarat. Sarêng mirêng Kangjêng Pangeran Pugêr sampun jumênêng nata Mataram, akadhaton ing Kartasura, ajêjuluk: Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I, Jan enggal sowan ambêkta angsal-angsal sakêdhik. Sadumugining ngarsa dalêm angsal-angsal katampèn, Jan kadangu mênggah kawilujênganipun lan kawontênanipun ing Pakalongan. Sasampuning ngunjuki wangsulan pandangu dalêm, Jan lajêng kadhawuhan ngaso ing satunggiling griya kajagi ing prajurit, kaparingan têdha ing sacêkapipun, ananging botên kaparêng kesah, manawi kêpêksa mêdal saking griya wau, kados ta badhe têtoya, kêdah dipun tutakên ing prajurit asikêp dêdamêl. Makatên punika ngantos pintên-pintên [pi...]

--- 46 ---

[...ntên-pintên] wulan. Jan canthèl unjuk badhe ngadhêp ing ngarsa dalêm, botên kaparêng, nyuwun pamit badhe mantuk botên kalilan, amila sangêt susahipun, ngintên kasiku jalaran sowanipun nalika mêntas dhatêng wau tanpa larapan. Ngèngêti panguwasanipun ratu Jawi ing jaman samantên, kintên-kintên Jan badhe kapatrapan ukuman awrat, lêpat-lêpat kaukum pêjah.

Sarêng sampun lami anggènipun wontên ing Kartasura, Djan kaparêng mantuk, nanging botên kalilan ngadhêp rumiyin ing ngarsa dalêm. Lampahipun kaêtêrakên prajurit asikêp dêdamêl, kados lampahing dêdosan, namung kaot botên kabêsta, tur kinanthènan sêrat dhatêng pangagênging paprentahan ing Pakalongan.

--- 47 ---

Botên kacariyos lampahipun ing margi, Jan sampun dumugi ing Pakalongan. Sarêng dumugi ngajênging griyanipun, sapintên kagètipun, ningali griyanipun sampun botên wontên, jêbul papan pakawisanipun sampun kaadêgan ing griya agêng asae, pantêsipun Kabupatèn. Jan saya nalăngsa, ngintên griyanipun kajarah ing nagari. Jan sawêg mingak-minguk, ingkang èstri manglong-manglong ing kori, nguwuh-uwuh bojonipun. Jan lumêbêt ing griya, dipun cariyosi yèn griyanipun sampun dipun brukakên, papanipun lajêng dipun adêgi griya agêng punika. Nanging ingkang èstri wau botên sumêrêp sintên ingkang ngakèn ngêbrukakên griyanipun, namung sasampuning dados griya agêng wau, piyambakipun lan ingkang jalêr kenging manggèn ing ngriku.

--- 48 ---

Jan anglajêngakên lampahipun, pinanggih priyantun ingkang nyêpêng paprentahan ing kitha ngriku. Sarêng nawala dalêm kabikak, jêbul isi piyagêm, anêtêpakên Jan dados bupati ing Pakalongan, kapatêdhan nama: Tumênggung Janingrat.

Cariyos ing nginggil punika saking salah satunggiling turunipun Tumênggung Janingrat.

 


Kalam Munyêng. (kembali)
§ Saking pangandikanipun Tuwan Pleyte inggih punika siraman ing Kotabatu, ingkang sapunika toyanipun kailèkakên dhatêng ilèn-ilèning Bogor. (kembali)
§ Cariyos punika, Bale Pustaka botên sagêd anêtêpakên awit Bale Pustaka dèrèng anyatakakên piyambak. (kembali)