Dongèng Sato Kewan, Wintêr, 1923, #1243

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Layang Dongèng Sato Kewan Sapanunggalane

Tinurun Saka Têmbung Walănda Lan Têmbung Inggris Dening Tuwan Karêle Fradêrik Wintêr Ridêr saka Nedêrlan Sêleyo, Juru Basa ing Nagara Surakarta

Kaêcap ping sanga

Kaêcap Ing Kantor Pangêcapane Kangjêng Guprêmèn Ing nagara Batawi, Taun 1923.

--- [5] ---

1. Juru amèk iwak lan iwak cilik

Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih măngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula. Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kănca cilik, rungokna

--- 6 ---

calathuku. Kowe nêdya ambalilu aku, luput ciptamu. Yèn kowe saiki dak culna, kaya-kaya salawase ora kêna dak pancing manèh. Kowe ing mêngko wus kacêkêl dening aku, iku wus masthi katêkêm ana ing tanganku. Mulane kowe gêntho cilik mêngko bakal malêbu ing wajan, banjur rampung.

Êliding dongèng mangkene: samubarang kang wus masthi, yèn kolirokake karo kang durung masthi, tartamtu kowe bakal kalorop.

2. Kuwuk lan macan tutul

Ana kuwuk lumaku kambi amikir-mikir, kurang wiweka ngingêtake kiwa têngên, sanalika pêngrasane lêmahe anjêmblong, kuwuk kalêbu ing luwêng, jêrone watara wolung kaki. Banjur mêncolot sarosane, ananging ora

--- 7 ---

măntra têkan ing dhuwur, anuli êntèk atine anyêkukruk. Saking gêtêre marang pêpasthèn kang bakal anêkani, kawêtu pasambate akèh-akèh. Anuli ana macan tutul ngrungu pasambate, enggal amarani luwêng arêp wêruh. Kuwuk anjaluk tulung, têmbunge: aku tulungana. Yèn ora mêngkono, amasthi mati. Ing saiki ketokna gawemu marang mitra lawas.

Macan tutul banjur ngerang-erang, têmbunge: E, e, bêcik têmên dhapurmu ana ing kono, ama pitik. Aku pasajanana, kapriye olèhmu kongsi kêcêmplung kaya mêngkono. Ora jamak langkane manuk kang kaya kowe ana ing kurungan. Kuwuk amangsuli: kowe iku ora wêruh ing isin, ujarmu ora prayoga. Angur kowe enggala têtulung, yèn uwis ngerang-eranga, iku ana uga bêcike.

--- 8 ---

Êliding dongèng mangkene: sing sapa angerang-erang marang kasusahaning liyan iku anelakake alaning atine.

3. Asu ajag lan manuk gagak

Ana asu ajag lumaku urut pinggiring kali, sarta angambus-ambus kêpengin mangan kang enak-enak, banjur wêruh manuk gagak mencok ing êpang, anggondol daging, olèhe nyolong, nêdya dipangan ana ing kono. Ciptane asu ajag: lahdalah, daging iku duwèkku. Ora-orane gagak dadi isèn-isèning têlihmu. Yèn luput kêna ing aku, dudu asu ajag aranku. Asu ajag ambêk julig banjur marani uwit, têmbunge: adi têmên manuk iku, wulune bêcik, irênge mêlês, gumunku ngudubillahi. Sajêg aku durung

--- 9 ---

tumon manuk kang bêcike ngungkuli iku. Saupama aku luntasa tuwin pinunjula ing swara, têmên-têmên dak sêbut ratuning manuk. Manuk gagak mongkog angrungu têmbung kaya mêngkono, sumêdya mamèrake swarane. Barêng muni daginge runtuh, banjur diplayokake ing asu ajag.

Êliding dongèng mangkene: aja pracaya marang wong kang nandukake pangonggrong, ora wurung andadèkake kasusahanamu.

4. Asu ajag, cêmpe, lan wêdhus lanang

Ana asu ajag siji, mèh sabên-sabên golèk mêmangsan amrangguli cêmpe bêcik rupane. Ananging cuwaning ati, dene sabên kêpranggul abêbarêngan wêdhus lanang berok siji tur rosa. Ciptane: sapa kang nêdya mênang, kudu nekad. Ing nalikane [nali...]

--- 10 ---

[...kane] asu ajag mau katêmu manèh karo cêmpe lan kanthine, mêtu kawanène, atakon marang cêmpe mungguh ing kaslamêtane, sarta ambagèkake marang wêdhus lanang, têmbunge marang cêmpe: hèh, cêmpe kang manis ing rupa, aku jatènana, ya gene gêntho kang ulate ala, kewan kiwa dhapure iku têka tansah kêkinthil ing kowe. Angur kowe lêlungana kanthi biyungmu, ambok aja pracaya diêmong kewan tanpa tatakrama kaya iku. Ngandêla ing aku, kanthimu iku ora prayoga, ayo tut buria aku mênyang ênggone biyungmu. Cêmpe amangsuli: wruhanamu asu ajag, kalane aku nêmbe ngambah ara-ara, si biyung nganthèni wêdhus lanang kuwe, saking tisnane marang aku, supaya dadia pamomong sarta rumêksaa ing awakku. Wêdhus lanang kuwe tansah têmên-têmên êgone[1] ngamping-ampingi aku, ora

--- 11 ---

pêgat amratikêli bêcik. Kowe kang nandukake têmbung manis marang aku, lan angala-ala marang wêdhus lanang, masthi anduweni cipta ala, tangèh yèn nêdyaa bêcik.

Êliding dongèng mangkene: aja kèlu marang têmbung manis, cêmpe iku têtuladhane. Aja sah amituhu ing ujare wong tuwa-tuwamu, pamituhu iku wajib kang ginawe dhuwur dhewe.

5. Lalêr lan kareta cilik

Ana kareta cilik apangirid jaran loro, cêcongklangan ngambah dalan rata karikilan. Tumuli ana lalêr siji, kalêbu wêwilanganing gêdhe, kapapag lan kareta mau, banjur mencok ing burine. Ciptaning lalêr: lahdalah, saiki abot momotane. Sanyatane, barêng lalêr mau mencok, lakune jaran [jara...]

--- 12 ---

[...n] loro sangsaya kêndho. Sanajan panggèrède ngatogake karosan, tuwin dipêcuti sarosane dening kang nglakokake, iya ora migunani. Rindhiking laku ora ngeram-eramake, awit kareta mau ing samêngko ngambah dalan wêdhèn akandhêl tur panase wus saengga mawa bathok. Galindhingane têrkadhang amblês mèh têkan ing indhêne. Ananging lalêr mau saka kumlungkunge anyipta yèn aboting awakte[2] kang angêndhokake lakuning kareta, bangêt bungahe. Calathune: lah iki arane abot, aku wani totohan ora ana kang madhani abotku.

Êliding dongèng mangkene: ciptane kang maca layang iki, lalêr mau angguyokake. Ananing yèn diwaspadakake têmênan amasthi ana kawanuhane [kawanuha...]

--- 13 ---

[...ne] sawiji kang kumlungkunge angguyokake luwih dening lalêr mau.

6. Manuk mêrak lan sandhanglawe

Ana manuk sandhanglawe dolan-dolan ing ara-ara, akanthi manuk mêrak mitrane. Wiwitane padha rêsêp malaku-malaku[3] kambi rêrasan, ora antara suwe sênênge dadi sêrêng. Mungguh sababing sêrêng ora liya mung saka sumangkeyane si mêrak olèhe ngunggul-unggulake êlar lan buntute, ora nganggo irib-irib. Wuwuh-wuwuh kathik banjur ngigêl kang sarta calathu marang sandhanglawe, têmbunge: dêlêngên, iki arane bêcik, ora ana kang nimbangi êlar kang angrêngga awakku. Mara, ngêndi ana kêpêt kang madhani êlarku. Ing batin sandhanglawe misuh-misuh marang mêrak ing sanalika iku uga, kêbêt-kêbêt banjur muluk ing awang-awang, akalangan [akalanga...]

--- 14 ---

[...n] rikat angeram-eramake. Wasana nguwuh marang mêrak kang lagi mamèr-mamèrake: ayo manuk adi, muluka, akalangan karo aku. Kowe ngunggul-unggulake êlarmu, aku ora maido, nyata bêcik, ananging tuduhna paedahe panganggomu kang gumêbyar iku. Elarku ala rupane, iku aku wus sumurup, ananging kuwat, bisa anggawa awakku têkan ing mega, rikat lan ambungahake. Mulane mêrak, sabanjure marènana ngunggul-unggulake êlarmu, kang ora kêna koanggo mabur.

Êliding dongèng mangkene: kabagusan kang ora kanthi labêt bêcik, iku ora pati ana ajine ing atase wong pintêr.

7. Wong desa lan anak-anake lanang

Ana sawijining wong desa, bangêt susahe [su...]

--- 15 ---

[...sahe] ing ati, dene anak-anake lanang padha congkrah, amarga saka gêgêthingan sarta padu. Ora ana dina kaliwat tanpa padu, sakèhe wêwulanging bapa ora migunani. Anuju sawijning dina, anake lanang têtêlu diundang. Barêng wus padha têka, bapakne calathu: ênggèr, iki aku duwe ginawe năndha karosanmu, lagi pamataraku kowe padha rosa-rosa. Ênya iki sada sabêngkêk, mara, sapa sing kêlar nugêl dak ganjar jaran siji. Anak-anake nuli gênti-gênti ngarah nugêl bêngkêkan sada, kalandêsake ing dhêngkul, angêtog karosane, ananging têlu pisan ora nguwisi, sadane siji ora ana kang coklèk. Bapakne calathu manèh: aku wis ngira yèn ora bisa tugêl, mara, saiki bêngkêkane dak uculane amasthi gampang kopurih coklèke. Anak-anake nuli diulungi

--- 16 ---

sada ing sawatara, barêng dicoklèki gampang bae. Bapakne calathu: satêmêne ênggèr, sada iku upamane awakmu. Yèn kowe kukuh rukun karo sadulurmu, amasthi ora gampang tumiba ing tiwas, dene yèn kowe congkrah ora wurung nêmu bilai.

Êliding dongèng mangkene: rukun agawe santosa, congkrah andadèkake rusak.

8. Wong desa lan manuk cangak

Ana manuk cangak siji, saka kurang wiwekane alêlungan bêbarêngan manuk akèh, kang amung nglakoni panggawe ala. Ora antara suwe padha kêna ing jaring pasangane wong desa. Ing nalika iku padha gêtun sarta kêduwung. Wong desa bungah andêlêng manuk kang dadi ama kêna ing jaring, banjur dicêkêli saka ing siji-siji. Awit dening [de...]

--- 17 ---

[...ning] nêpsune padha diuntiri gulune, padha muni pating caruwèt ora diwêlasi. Barêng cangak arêp dipuntir gulune, banjur calathu: dhuh, kula mugi sampeyan sanèsakên, pantês kaapuntêna. Kula botên nate tumut-tumut anglampahi pandamêl awon akalihan pêksi-pêksi ama punika, malah kula angicalakên amaning sabin, sarta kathah kautamèn kula. Wong desa amangsuli: tanpa gawe panalăngsa lan pasambatmu. Sarèhne kowe kêtêmu nunggal manuk iku, dadi têtêp kêna ing panggrayangan ala. Ora kêna ora kowe dak ilokake ing dosane. Cangak anuli dipuntir gulune.

Êliding dongèng mangkene: kajène wong urip iku sayêktine mawa-mawa pakumpulane.

--- 18 ---

9. Wong wadon lan anake isih cilik tuwin macan tutul

Ana wong wadon, duwe anak isih cilik, tansah nangis bae, sumêdya kapurih mênênge, calathune: hèh, bocah ambêlêr, yèn ora mênêng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul, apa arêp ing kowe. Aku ora bêtah ngrungokake tangismu. Ing nalika calathu mangkono, ana macan tutul golèk mêmangsan, liwat cêdhaking omahe, sarta angrungu calathune mau. Banjur nginjên saka ing lawang, ciptane: i, lah bêgja kêmayangan, bocah iku dadi ganyanganaku. Sajêg ayake aku durung mangan enak kaya mêngko. Sanajan biyunge muring-muring, măngsa maria tangise. Dene yèn nêtêpi ujare, bocah gêmblêp kuwe amasthi dadi duwèkku. Prayogane aku ngêntèni [ngêntè...]

--- 19 ---

[...ni] ing kene bae. Antara suwe bocah ora karungu swarane, ananging nuli sêru anangis manèh kaya kang wis. Biyunge calathu manèh: eman anakku, bok wis mênênga, aku anjaluk ambung sasengokan. Ora-orane kowe dak wènèhake marang macan tutul. Ciptane macan tutul: o, lah, salin salaga. Dak êntènana dikongsi suwe, măngsa anaa jêbule. Saiki aku olèh wêwulang, calathu kang kaya ujare wong wadon iku ora kêna kapasthèkake. Ing ngarêp anakke diincim-incim, saiki diambung.

Êliding dongèng mangkene: saguh lan anuhoni kasaguhan iku bangêt sulayane.

10. Kuldi dimomoti lan jaran

Ana kuldi dimomoti akèh, lumaku [lu...]

--- 20 ---

[...maku] bêbarêngan jaran gêdhe atine sarta lêgèh. Pangucaping kuldi: dhuh, sangsara bangêt pêpasthèning awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya pènyèt-pènyèta. Jaran mitraku, sarèhne kowe iku rosa bangêt, aku duwe panjaluk, mayarna sajroning kasusahanaku, rewangana anggawa gêgawanku anaa rong bontot bae. Dhuh, wêlasa ing pasambatku. Yèn ora mangkono, amasthi aku ambruk mati ana ing dalan. Jaran amangsuli: satêmêne aku ora nyana, yèn kowe wani duwe panjaluk kaya mangkono marang aku. Kuping dawa, ambok sakati bae aku ora gêlêm ngrewangi anggawa. Kowe iku tukon, pêpasthènmu jaga momotan. Bangsaku luwih bêcik, mulane aku colat-colot mubêng, ora ana kang munasika. Ora antara suwe, barêng padha lumaku olèh sèkêt [sè...]

--- 21 ---

[...kêt] tindak, kuldi kabotan momotan ambruk banjur mati. Jaran kang ora maèlu marang panjaluking kuldi tumuli kêduwung, amarga ora nglakoni wajibe, awik[4] kang anggirèkake angêlih momotaning kuldi marang jaran, kang maune bigar sarta lêgèh. Malah-malah kuldi kang mati banjur dikêlèti, walulange diwuwuhake ing momotane.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa dijaluki tulung anampik, iku asring kabubuhan pêpikulan luwih abot.

11. Asu ajag lan wêdhus lanang berok

Ana wêdhus lanang berok siji bangêt kasatan, nyêmplung ing luwangan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji, iya kasatan arêp ngombe, enggal nututi milu nyêmplung. Sawuse padha warêg ngombe, bangêt ing bungahe, ananging

--- 22 ---

barêng arêp mêtu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolat[5] mêtu saka ing luwangan. Saking gêtêre, wêdhus lanang muni sêru, sêbute: dhuh, kapriye saiki mungguhing pratingkah. Asu ajag ing sawatara mênêng bae, wasana calathune: aku wus nêmu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku lan kowe. Dienggal ngadêga, sikilmu ngarêp pancadna iringing luwangan dikukuh. Kapriye kisanak, apa kowe wis ngêrti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang banjur mancolot mêtu. Sawuse mangkono, mung kari gawean sapele, sarana kuwating untuku aku bisa têtulung ngêntas kowe. Wêdhus lanang ngrujuki. Barêng wus ngadêg, asu ajag calathu: wêdhus dikukuh. Anuli munggah ing githok banjur mancolot mêtu. Sawuse mêntas, ora pisan nêdya nulungi kancane, malah angerang-erang, [angerang-...]

--- 23 ---

[...erang,] calathune: hèh gêmblung, kang jenggot dawa, besuk manèh aja ngandêl ujare sakèhing asu ajag, saiki tampanana wêwulangku, bokmanawa ing têmbe kanggo: sadurunge nyêmplung ing luwangan pikirên dhisik kapriye olèhmu bakal mêntas.

Êliding dongèng mangkene: ewaha marang alane asu ajag, ananging wêwulange eling-elingên. Samubarang pratingkah, sadurunge kolêkasi, pikirên dhisik.

12. Manuk garudha lan gagak

Ana manuk garudha, kang cakare mêmêdèni, niyup anyambêr cêmpe kang lagi mangan, dicangkêrêm banjur digawa mumbul ing awang-awang, nêdya dimăngsa. Ora adoh saka ing panggonane kono, ana manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning

--- 24 ---

garudha. Ciptane: digdaya têmên, ewadene aku wani totohan, ing sanalika iki uga aku bisa anggondhol wêdhus kaya dhèwèke, sanajan aku cilika, cakarku ora kuciwa. Kaya mangkono ciptaning gagak, ora ana manèh-manèh, jujul dening angên-angên banjur niyup anyambar cêmpe, kaya pratingkahe garudha mau, anyangkêrêm ing wulune kang gèmbèl. Ananging bangêt kuranging karosan, cakare kukuh kagubêd ing wulu, banjur analăngsa ing pratingkah, awit kang angon wêdhus amarani. Gagak dicêkêl karo muring-muring, êlaring suwiwine dikêthoki karo pisan banjur diwènèhake anak-anake, digawe dolanan. Awit dening disiya-siya ora suwe mati.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa tanpa pikir ngandêlake karosane dhewe, iku kêrêp tumiba ing tiwas.

--- 25 ---

13. Manuk gagak nganggo êlaring mêrak

Ana manuk gagak, bodho nanging ambêk sumangkean. Ing sawijining dina amanganggo samuwa, dene kang dianggo, bodholane êlaring mêrak, olèhe nêmu. Mungguh ambêk sumangkean iku têrkadhang bisa ambawurake pandêlêng. Gagak mau banjur malêndhungake gulune, isin kêkumpulan karo panunggalane kang padha irêng, anggolèki mêrak kang bagus ing rupa, karo iku gêlêm amomoran. Ananging luput pangarêp-arêpe, awit sakèhing mêrak anampik. Bêbodholan êlar kang dianggo mau banjur padha didhèdhèli, sarta kang nganggo ditundhung tumuli. Barêng wus didhèdhèli tuwin dierang-erang, anuli ngungsi ing panunggalane, kang maune cinêla-cêla. Ananging padha nyingkang-nyingkang, calathune: lungaa kowe, kang ambêk sumangkean, [su...]

--- 26 ---

[...mangkean,] lungaa, ora patut mêrak nunggal gagak, sakèhing gagak iku băngsa kang luwih asor. Sarèhning disingkang-singkang akanthi pangundhat-undhat sarta panunggalane ora ana kang mêlasi, banjur misah karo kang akèh-akèh, wasana mati ngênês.

Êliding dongèng mangkene: wong kang gêlêm kêkumpulan karo para gêdhe, amarga kêlimput ing rajabrana lan kamulyan, iku awêkasan asring disawiyah-wiyah dening para gêdhe mau, sarta ora diajèni ing pêpadhane.

14. Kancil kang padha miris

Anuju ing măngsa katiga ana angin gêdhe. Saking bangête, pangrasa pucaking uwit-uwitan tumêlunge mèh anggêpok lêmah. Ana kancil lêlima utawa nênêm wêdi ngrungu gumrubuging angin, enggal [engga...]

--- 27 ---

[...l] padha lumayu, aninggal kancane kang akèh-akèh, tur anane ing kono nunggal kancane mau ora nguwatiri. Palayune nêrak ara-ara, kaya diburu ing asu pirang-pirang. Saking rikating palayune, prasasat ora ngambah lêmah, ora ana kang nolih, nganti kêpêngkok ing rawa, ora bisa ambanjurake palayune. Awit dening enggaling têkane ing kono, sakèhing kodhok kang ana ing rawa padha kagèt, banjur padha silêm. Kancil padha gumun wêruh wêdining kodhok kang tanpa sabab, awit kancil ora tau sikara ing kodhok. Anuli ana kancil kang wus tuwa, acalathu marang kănca-kancane lumayu, têmbunge: hèh, wong mitra-mitraku, saiki wus têtela ing sumurupku, aku lan kowe mau kêplayu dening gumrubuging angin, iku pratingkah gêmblung, kaya pratingkahing kodhok-kodhok iku, padha [pa...]

--- 28 ---

[...dha] silêm amarga dening wêdi ing aku lan ing kowe.

Êliding dongèng mangkene: samubarang kang ora bisa gawe piala ing awakmu, aja kowêdèni, dene wong kang watêk jirih, wêdi ing wayangane dhewe.

15. Asu ajag lan singabarong

Ana asu ajag matur marang ratuning bêburon, têmbunge: Gusti singabarong, panjênêngan dalêm kados botên kêkilapan dhumatêng katêmênan kawula, katăndha saking solahbawanipun abdi dalêm. Ing sapunika mugi kalilana anyaosi pratăndha ing pamundhi kawula ing panjênêngan dalêm. Wontên satunggiling kuldi angerang-erang ing panjênêngan dalêm gusti, angantos gêtêr anggèn kawula badhe ngunjukakên, kuldi wau purun-purun anacad ing kautamènipun kaprabon dalêm, [dalêm...]

--- 29 ---

[...,] sarta anggêgujêng, makatên wicantênipun: mungguh ing kabijaksanane singabarong iku kari karo gajah, karosane kaungkulan dening macan. Sumăngga panjênêngan dalêm galih, iba anggènipun amêmirangakên wicantênipun kuldi gêntho. Barong dalêm ingkang sangêt kawula erami, tuwin buntut dalêm ingkang rosa, kasor dening suri saha buntuting kapal. Punapadene barêng calathu asu ajag têkan samono, singabarong anyêlani: mênênga, aku kêju ngrungokake atur pratăndha katêmênanamu kang kaya mangkono iku, wêwadul ala angur aja kounjukake, sapangomonging asu ajag utawa kuldi aku ora praduli.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa nêpsu dening pangomonging gêntho, iku bodho. Anglakonana panggawe bêcik, [bê...]

--- 30 ---

[...cik,] aja nganggo mèngèng, iku ugêring kabijaksanan.

16. Wong lara

Wong kang tinitah sugih, luhur lan mulya, tuwin akèh mitrane, apadene sugih batur, kang cancingan tadhah saparentahe, iku panyananing bocah-bocah kêna diarani bêgja. Ananging panyana iku luput. Ana sawijining uwong, tinitah sugih kaya kang wus kasêbut mau, ananging tangèh bisa ngarani awake bêgja, awit dening kambah ing lara. Ora doyan mangan pêpanganan kang enak-enak, tuwin ngombe anggur pêpêthingan, tansah angêsah, ora sumurup kang andadèkake larane. Awake lungkrah, rina wêngi ngalèlèh ing kasur sarta kulakêpan, tuwin angitungi êjam, sanajan akèh dhukun kang têtulung, tambane ora [o...]

--- 31 ---

[...ra] pasah, wong sugih mau kongsi sok kêwêtu sambate kang supaya dipundhuta. Wus nêm taun olèhe nandhang lara kaya mangkono iku. Anuli ana dhukun anyar têka, mituturi mangkene: tămba-tambamu iku ênêngna bae, dhukun-dhukunmu konên padha lunga. Laramu iku mung bisa mari dening rijêki, kang pakolèhe mêtu saka ing karingêtmu dhewe.

Êliding dongèng mangkene: sanajan pituturing dhukun mau nganèh-anèhi, iya uga dièstokake dening wong kang lara, andadèkake warase.

17. Mênjangan, jaran lan uwong

Ana jaran tarung lan mênjangan, sawuse antara suwe, jaran kalah, kaburak saka ing pangonan, calathune: aku ora kêlar nandhang wirang mangkene, muga-muga [muga-...]

--- 32 ---

[...muga] bisa amalês mirangake satruku. I la dalah, aku nêmu akal, manusa kang bakal awèh sarana marang aku, iku kang masthi bisa têtulung. Sawuse calathu mangkono, banjur anggolèki manusa, jinalukan tulung. Wangsulaning manusa: aku saguh malêsake, yèn kowe gêlêm tak kêndhalèni, sarta dak tunggangi. Awit saka pangigit-igite nêdya malês, jaran amiturut. Sanalika satrune mati dening gêgamaning manusa. Sawuse mangkono, jaran ora nêmu kabungahan, awit manusa wus sumurup, yèn bêcik gawene, kêna ditunggangi, sarta digawa pêrang. Iya bênêr jaran wus kêlakon bisa malês, ananging kadadeyane ora prayoga, amarga jaran mau lastari diêtrapi kêndhali cangkême, sarta dipèk gawene marang manusa kongsi turun-tumurun.

--- 33 ---

Êliding dongèng mangkene: wong arêp urip dhewe, yèn kambah ing pangerang-erang, akèh kang thukul sêdyane, ngigit-igit ing pamalês, ananging samăngsa anjurungi ing sêdyane, asring anyandhang aboting dhêndhane.

18. Kuwuk buntung buntute

Ana kuwuk ambêk julig, saking kurang wiweka buntute kêna ing piranti. Kapriye saiki akale si ama pitik, amurih uwale saka ing saya. Ora suwe ing pamikire, buntute banjur cinakot enggal, anuli lumayu manjing ing alas marang ênggone panunggalane. Iku diundangi padha dikalumpukake, têmbunge: hèh sadulur-sadulurku kabèh, kowe wus padha kêrêp sumurup, yèn kawruh sarta tabêriku mung tansah amurih kaslamêtanamu. Aku bakal anglairake [a...]

--- 34 ---

[...nglairake] prakara bêcik siji manèh marang kowe, angungkuli panêmuku kang uwis, wadine mangkene: buntutmu padha cakotana sing nganti tugêl, amasthi bakal andadèkake pakolèhmu. Ngandêla ing aku, buntut iku angalan-alani awakmu. Yèn ginawe lumayu angrubêdi sarta nyayahake, ginawe lumumpat ngêbot-êboti tuwin ngrikuhake, apadene anjêjodhèri. Mara, aku tirunên, buntutmu padha cakotana sing nganti tugêl. Panunggalane ora ana kang miturut, buntut pêparinging pêpasthèn diisihake, sarta padha nyênyampahi ing pamuruke akèh-akèh, kang mêmanisi mau, apadene angerang-erang ing buntunge.

Êliding dongèng mangkene: ing alam donya ora kurang pitutur, kang mêtu saka ing pamrih.

--- 35 ---

19. Sapi lanang lan singabarong

Ana sapi lanang papat, antara lawas padha ayêm mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun anulak upayaning satrune kang luwih rosa, iya iku singabarong, kang ngênggoni alas cêdhak pangonan mau. Luwene bangêt, sarta wus lawas anggone andingkik mêmangsane kang padha lêmu-lêmu, ananging sabên-sabên ngaton nêdya nubruk, kanggêk dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah kalintêran, angarêp-arêp pisahe, awit ora kêlar nyêmbadani sapi papat. Ananging pangarahe tanpa wêkas, mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit-igiting singabarong. Sarèhning kêrêp kacuwan, mèh nêdya murungake karêpe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, [ru...]

--- 36 ---

[...kun,] andadèkake ing kaslamêtane, wasana padha êcrah, amarga dening sulaya rèmèh, kang ora antara lawas anukulake ewa lan gêthing, dadi ora gêlêm kêkumpulan manèh, padha ambêlayang dhewe-dewe adoh parane. singabarong tumuli wêruh, yèn prakara salin salaga, bungah sarta andilat brêngose, sapi papat mau gênti-gênti dimăngsa.

Êliding dongèng mangkene: dongèng iki kêna dadi wêwulang, anuduhake pakolèhe wong rukun, sarta gêmpaling kaslamêtan kang marga dening êcrah.

20. Wong desa lan manuk alap-alap

Ana manuk alap-alap sarosa angoyak-ngoyak manuk cilik kang angoncati, miris dening mingid-mingiding cakare, [cakar...]

--- 37 ---

[...e,] sarta rumasa ora kêlar nyêmbadani, mèh ilang pangarêp-arêpe luput ing bilai. Barêng andungkap têkan ing lêmah, alap-alap galak kêna kacêkêl ing wong desa. Saking gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, manis cêlathune marang wong desa: kula dèrèng nate adamêl piawon ing sampeyan, mila panyuwun kula, mugi sampeyan uculakên, sampun miawoni dhatêng ingkang dèrèng nate adamêl piawon ing sampeyan. Wong desa amangsuli: calathumu iku satêmêne luwih bêcik, nanging juru mêmulang, aku tuturana, apa manuk cilik iku wus tau gawe piala marang kowe, kowe anibakake karampunganamu dhewe, mulane aja ngrêsula, sarèhning kowe sumêdya ngalani manuk cilik mau, wêwalêse tanpa wêlas kabênêr tumiba ing awakmu.

Êliding dongèng mangkene: sabarang panganggêp [pa...]

--- 38 ---

[...nganggêp] kang koewani tumibane ing awakmu, iku aja koêmpakake ing liyane.

21. Ula badhudhak lan landhak

Ing nalika măngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kăngsi kaya godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara. Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal nêlosor lumêbu ing êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kăngsi kacakan saparone, kang

--- 39 ---

duwe êrong ora kaduman panggonan. Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu calathune awèh panrima tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae. Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manèh, kowe iyo wêruh dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan ora sumêdya lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.

Êliding dongèng mangkene: sanajan [sanaja...]

--- 40 ---

[...n] wong gawe kabêcikan kêrêp anêmu wêwalês ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal kobêciki.

22. Kancil lan bulus

Ana bulus acalathu marang kancil, têmbunge: aku ora maido, yèn kowe pinunjul ing playu, ananging ayo padha nyoba balapan, sapa kang andhisiki têkan wêkasaning ara-ara iki. Têmbung mangkono iku ing atase si kancil pêpadhane angêcêmong, ewadene pangajake mau dirasa anèh, mulane dituruti. Anuli bulus enggal miwiti lumayu, kancil ngenak-enak dhewe, ciptane: si gumrêmêt karêbèn mêmpis-mêmpis, aku wus masthi ora rêkasa bisa anjujul, aku mancolot ping têlu utawa ping pat bae, wus [wu...]

--- 41 ---

[...s] tamtu bisa nglancangi kewan anglêmêr kuwe. Saya adoh olèhku angacèkti[6] saya andadèkake kocapku. Ing nalika samana bulus mèh têkan ing watês, kancil isih sarèh ing sawatara, barêng tumandang arêp anjujul, wêruh yèn mèh kasèp awit dening talompène, ewadene isih anduwèni pangarêp-arêp mênang sarana cukating lumpate. Enggal lumayu, rikate prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus andhisiki têkan wêkasaning ara-ara, dadi kancil kalah.

Êliding dongèng mangkene: wong iku sanajan têrang budine, elingan, tuwin patitis ing cipta, yèn ora têngginas ing samubarang gawe, amasthi kadhisikan ing liyan, iku kang amèk kauntungane.

--- 42 ---

23. Mênjangan kang ngilo ing banyu

Ana mênjangan tanpa pikir, angilo ing kali kang bêning banyune, anamatake awake sakojur. Calathune: aku iki sato linuwih ing rupa. Apa ing alas kabèh ana kang nimbangi aku. Iba ta bêcike sunguku kang kiyat abranggah, dadi rêrêngganing êndhasku. Satêmêne aku prasasat anyunggi alas. Ora kaduk ing pangucap, yèn aku kawêtua têmbungku wani anantang pêrang tandhing bêburon kang rosa dhewe, nganggo ditohi. Ananging apa kang katon ing mata iki, sikil papat ringkih tanpa sêmu, ngisin-isini têmên dene kaya dhandhan. Dhuh, ya gene pêpasthèn têka maringi sikil kang agawe ewaning ati marang bêburon kang prayoga dhapure lan sungune. Kaya mangkono calathuning mênjangan, anuli ngrungu asu akèh, padha lumayu

--- 43 ---

karo anjugug, marani panggonane. Mênjangan kagèt banjur anggiwar, lumayu anglumpati dhadhah tuwin grumbul lumêbu ing alas kang cêdhak ing kono. Saking rikating playune, prasasat ora ngambah lêmah. Ananging ora antara suwe sungune kagubêd ing oyod-oyodan, dadi kandhêg ing playune. Asu padha têka angroyok, mênjangan rubuh angêsah, dhuh, saiki têtela ing sumurupku, sikilku kang amitulungi aku bisa anyingkiri bêbaya, ananging sungu kang dadi marganing patiku.

Êliding dongèng mangkene: kalumrahane kang bêcik rupane diaji-aji, kang ana faidahe cinêla-cêla, măngka kang bêcik ing rupa mau têrkadhang angrubêdi, utawa aniwasi.

24. Wong lêlaku lan begal

Ana wong lêlaku nunggang jaran, angambah

--- 44 ---

dalan arang disaba ing wong. Dalan mau kang pinggir têngên ana kaline, kang pinggir kiwa gunung lan dhadhah. Anuli ana begal loro mêtu saka grumbul karo angliga pêdhang, sarta angundang-undang: mandhêga, ulungna dhuwitmu, utawa patimu. Sawuse mangkono, enggal anyandhak apuse. Kang nunggang andharodhog amarga saking kagèt sarta wêdine bakal kailangan dhuwit tuwin barange, kasompok ing playune. Sanalika anggiwarake jarane, anggêbyur ing kali, sêdyane angoncati sawijining pakewuh, wasana kalêbu ing bêbaya kang luwih gêdhe, awit saking santêring banyu, kang nunggang lan jarane kèli. Karosan wus tanpa gawe, jêlih-jêlih anjaluk tulung, ora ana kang nulungi. Santêring banyu angilangake dayane, wasana wong lan jarane padha mati.

Êliding dongèng mangkene: yèn kowe [ko...]

--- 45 ---

[...we] katêkan ing pakewuh rong prakara, amurih aja kongsi kelangan duwèkmu kabèh, pakewuh mau salah sawiji êndi kang ènthèng têmpuhên.

25. Kêthèk lan woh sarangan

Ana kêthèk siji, cukat acolot-colot ing pasukêtan, anêmu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, amurih ilanging klokopan, kênaa dipangan isine kang enak. Ananging sarèhning untune cilik-cilik, rêkasa anggone ngoncèki, barêng nandhês ing cangkok, panyakote rada mrêngut. Panunggalane sasuwene angawasake, nuli anguwuh sêmu ngerang-erang: hèh gêntho cilik, măngsa bisaa kalakon gawemu, rêmbugku, uwisana. Ananging ciptane kang diuwuh,

--- 46 ---

yèn dak têmêni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba lêgine isine. Pangerang-erange panunggalane mau ora dipaèlu, mêksa nêmên anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, anêtêpi pangarêp-arêpe, sarta andadèkake bungahe. Isine putih lan isih bêcik, banjur dipangan, amasthi lêgi rasane, awit wus anglakoni kangelane.

Êliding dongèng mangkene: mungguh wong ambudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angèl ananging yèn ditabêrèni ing pamarsudi, pakolèhe agawe kabêgjan.

26. Asu lan macan tutul

Anuju sawijining dina ana asu kaprêgok ing macan tutul, kang bangêt ngêlihe, [ngêlih...]

--- 47 ---

[...e,] apadene mungguh sêsawangane luwih rosa. Barêng nyêdhak kambi gathik untune sarta anggêrêng, asu bangêt gêtêre, ananging sarèh ing pratingkah, calathune: kisanak, kula punika kêra, manawi sampeyan dhahar măngsa anggawêra. Aluwung kula sampeyan tut wingking, kula têdahakên dhêdhaharan ingkang lêma. Sampeyan badhe kula bêkta dhatêng kandhang mendanipun bêndara, ing ngriku sampeyan badhe manggih dhêdhaharan ingkang andadosakên suka pirênaning galih. Macan tutul ditari kang mangkono iku, bangêt kadugane. Amarga saking pracayane banjur tut buri lakuning asu, ananging kadadeyane ora prayoga, awit asu cidra ing jangji. Macan tutul ora digawa mênyang kandhang wêdhus, digawa mênyang panggonan pasangan kala, banjur kêna ing kala, bangêt andadèkake ing kagète. Asu bangêt bungah, lumayu tutur ing bêndarane. Bêndarane têka, [tê...]

--- 48 ---

[...ka,] macan tutul enggal dijirêt, digantung ana ing êpang.

Êliding dongèng mangkene: samubarang kang katone ora kêna dilakoni sarana karosan kêrêp bisa rampung dening akal.

27. Singabarong lan tikus

Anuju sawijining dina ana singabarong lagi turu. Anuli ana tikus siji, wani-wani colat-colot ing sakiwa têngêne. singabarong tangi, tikus didêmak, sumêdya dipatèni amarga saking kumawanine, ananging banjur kèlingan sarèhning dadi ratuning bêburon, yèn anibakna pamalês marang buron kang sapele mangkono, amasthi bakal ora misuwur bêcik, tikus anuli diuculake. Êlêt sapasar ing nalika singabarong golèk mangsan, kêna ing pasangan jaringing [ja...]

--- 49 ---

[...ringing] grêma. Sanajan linuwih ing karosan sarta budi sarosa, ora bisa mêtu saka ing jaring. Banjur anggêro mêmêdèni, swarane ngèbêki alas lan ara-ara. Ing saiki sapa kang bakal têtulung marang ratuning alas, tikus enggal lumayu sumêdya atêtulung, banjur anacah jaring, ora antara suwe singabarong bisa mêtu.

Êliding dongèng mangkene: wong urip iku têrkadhangan butuh marang pitulunging wong kang luwih asor, mulane iku prayoga ditêpungi bêcik.

28. Mênjangan lan uwit anggur

Ana mênjangan mêntas bangêt diuyak-uyak ing grêma, nganti mèh pêdhot ambêkane, ora anduwèni pangarêp-arêp bisa angoncati pakewuh. Anuli ana pitulung, iya iku uwit anggur angrêgung, [angrê...]

--- 50 ---

[...gung,] brukut angaling-alingi mênjangan kang ngandhut watir. Grêma kasasar-sasar ing lakune, mênjangan ing saiki bisa ambêkan. Yèn ta bênêr-bênêre, amasthi mêtu panarimane marang uwit anggur, kang amitulungi, ananging ora mêngkono. Barêng wus ilang kang dadi pakewuh, ora antara suwe mênjangan kang tanpa pangrasa amangani godhonging anggur, kongsi barindhil. Iku kang dadi panarimane, ananging ora suwe rumasa kaduwung. Grêma kang kasasar mau wus nêdya mulih, anuli wêruh ing mênjangan amarga saking brindhile ing godhong anggur, kang awit dipangani mau. Banjur dibutuh-butuhake, mênjangan ora bisa nyingkiri pati. Olèhe mangani godhonging anggur anêmu dhêndha luwih gêdhe.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa amalês ala marang panggawe bêcik, amasthi [ama...]

--- 51 ---

[...sthi] nêmu piala marga dening kurang panarimane.

29. Supataning Macan tutul

Ana macan tutul siji, kang satêmêne dadi amaning cêmpe, ngluwihi alane sajroning alas, ambêk adigang adiguna sarta ngandêlake ing rikat luwêse. Iku kêna ing kala, pasangane bocah angon kang wus kêrêp dimăngsa wêdhuse. Kang duwe pasangan kala, barêng wêruh yèn macan tutul kêna, enggal amarani sarta anggawa gêgaman, sumêdya amatèni. Macan tutul kang prasasat satêngah mati bangêt gêtêre, banjur calathu: sapisan punika kula mugi sampeyan apuntên, sampun masthi kula badhe botên mêndhêt menda malih-malih. Kula supaos ingkang kalayan têmên-têmên, yèn kula badhe botên nêdha daging malih-malih, saèstu

--- 52 ---

botên. Kula namung badhe nêdha gêgodhongan kemawon utawi ulam toya, manawi panuju wontên. Bocah angon ngandêl ing supatane, macan tutul banjur diuculake, bangêt ing bungahe tumuli anggêndring. Ananging durung antara sajam, andêlêng ana gênjik gêgupak, calathune macan tutul: i la dalah, gênjik iku wênang dak măngsa, awit yèn dak pikir ing satêmêne, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarèhning gênjik iku ana ing banyu, dadi ora kalêbu ing supataku. Sawuse calathu mangkono, gênjik banjur dimăngsa.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa ngandêl ing supatane wong ala, iku prasasat ngadêgake omah ana ing pawêdhèn.

30. Asu lan kucing lanang

Ana kucing lanang siji, saking bisane dhepe-dhepe, [dhe...]

--- 53 ---

[...pe-dhepe,] sarta muni ngasih-asih, bangêt disihi ing bêndarane. Barêng asu, dhasar kang rumêksa ing omah, sêru panjuguge, yèn kêrah rosane ngluwihi, têka pora[7] katiban sihing bêndara. Yèn kang duwe omah mangan, kucing diwènèhi kang enak-enak sarta êmpuk-êmpuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lêlakone. Anuju sawijining dina, kucing wus mangan, piring-piringe durung disinggahake, diparani asu. Barêng lagi wiwit didilati, kucing enggal têka ambêkis kambi makungkung, agawe kagèting asu. Pratingkahing kucing mangkono iku ngewak-ewakake bangêt, sarta agawe nêpsuning bêndara, dadi sarana wêwulang, sarta angelingke ing bênêr. Wiwit nalika samono lorodaning bêndara dadi bubuhaning asu, [a...]

--- 54 ---

[...su,] bubuhane kucing mung andilati piring bae.

Êliding dongèng mangkene: wong drêngki lan kêthaha iku wus bênêre ora olèh mubarang kang bêcik.

31. Kuwuk lan manuk cangak

Ana manuk cangak diundang mangan ing kuwuk kang ambêk julig. Barêng têka, banjur padha tata lungguh, rampadane anuli diwêtokake, arupa jangan diwadhahi piring cèpèr. Ama pitik ambêk julig acalathu: kisanak, têka dika mriki bangêt andadèkake bungah kula. Pasuguh kula sapele, muga dika trima bêcik. Dawêg dika mangan didhokoh, kayaa yèn ontên ing omah dika dhewe, dawêg ta kula wiwiti, awit luwe kula bangêt. Kuwuk anuli sêngkut ing pamangane, dhayohe sarèhning [sa...]

--- 55 ---

[...rèhning] cucuke lincip mung bisa nêcêp-nêcêp bae, ananging tansah ngatokake sumèhing ulat sarta awèh panarima marang kuwuk saking panyuba-nyubane. Barêng arêp mulih, kalair karêpe gênti angundang mangan marang kuwuk ing omahe, kuwuk saguh anêkani. Barêng tutug ing dina patêmbayane, kuwuk têka, ditêmoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika padha lêkas arêp mangan, kuwuk muring-muring. Sabab dening apa muring-muring, apa ta rampadane ora kapanujon ing karêpe. Satêmêne daginge enak, sarta dirajang, ananging emane di wadhahi guci, gulune dawa aciyut. Cangak calathu: daweg ta kisanak kula wiwiti, didhokoh olèh dika mangan. Kuwuk anggêrêng sarta angêsah, bangêt isin lan muring-muringe, ora antara suwe ambolos.

Êliding dongèng mangkene: Sing sapa dhêmên [dhê...]

--- 56 ---

[...mên] angerang-erang uwong. iku kêrêp anêmu wêwalês ing pangerang-erang.

32. Manuk cangak

Ana manuk cangak lumaku urut pinggiring kali gêdhe, sumêdya golèk mêmangsan. Ora antara suwe sumurup iwak wagal akèh sarta lêmu-lêmu. sanajan doyanane mangan iwak wagal, ewadene ing nalika iku duwe karêp mangan kang ngluwihi saka ing enak. Sing dadi èsthining ati iwak tămbra, dadi anampik wagal. Barêng lumaku manèh, sumurup iwak jambal tuwin wadêr gilig pirang-pirang. Sarèhning kang mau nampik iwak wagal, măngsa arêpa mangan iwak sokro. Mulane lumaku manèh antara suwe, nuli sumurup iwak sênggaringan siji cêdhak lan gèthèk, rada kaling-kalingan lumut. Ciptane manuk cangak: ngisin-isini [ngi...]

--- 57 ---

[...sin-isini] têmên mangan iwak sênggaringan. Iku dudu pangananku, awit aku tau mangan wagal, apa aku andadak ngilang-ilangake kangelan têka mangan sênggaringan, wadêr pari utawa sili. Cangak nuli gêgancangan bali marang panggonan kang akèh wagale mau, ananging wus ora ana siji-sijia manèh ngèngèhane. Cangak andêlêng ngiwa nêngên ora ana iwak kumliwêr. Saking sêngkuding lumaku, kongsi bangêt ngintir-intire. Saupama ing nalika iku ana iwak sênggaringan, amasthi iya enak. Wasana kang apik ing pamilihe mau, marêm olèh kodhok kang alot daginge.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa anampik samubarang kang bêcik, angarêp-arêp kang luwih prayoga, iku kêrêp olèh kang ala dhewe.

--- 58 ---

33. Jago lan bêndarane

Ana jago gêdhe atine, acalathu mangkene: ngêndi ana manuk kang nimbangi aku. Ngêndi ana kang sarwa bêcik ngumpul dadi siji. Lair mula aku dipuji dadi ratuning manuk, têngènku wus misuwur ing jaman kuna. Sanajan aku disawanga saka ing ngarêp utawa saka ing buri, apa ana kabagusan kang ora ana ing awakku. Apa buntutku ora malêngkung apatut, apa aku ora kapanduman wulu linuwih. Yèn aku lumaku agawe tênaga utawa sarèh, prasasat sakèhing mata parane mung marang aku. Yèn aku lagi rinubung ing babon, măngka ana kang kumowani amunasika, e, lah sida katiban jaluku têmênan, măngsa andadak anjaluka banyu. Têkan samono kandhêg calathune, amarga dening ngrungu wong gumuyu latah-latah sêmu nyêyampahi. Jago [Ja...]

--- 59 ---

[...go] bangêt nêpsune, banjur anolih, wêruh bêndarane ngadêg. Bêndarane takon: sabab dening apa kowe ngerang-erang aku. Jago amangsuli: punapa botên lêrês wicantên kula. Wangsulaning bêndara: sumêngguhmu tuwin calathumu kang akèh-akèh mau mung agawe guyuku, awit sing sapa anggunggung awakke dhewe, iya kêna bungah dening têmbung panggunggung iku, ananging mêksa dadi campahan.

34. Wong desa lan sapine lanang

Ana sawijining wong desa, sabên maluku nganggo sapine lanang gêdhe, bagus sarta rosa, ananging ora dhêmên dimagawèkake, utawa diêtrapi pasangan. Sabên dimagawèkake, pugal amasang sungune, apadene tandange anggèrèd waluku ora sêmpulur, andadèkake nêpsuning wong desa.

--- 60 ---

Banjur sungune karo digraji, minăngka ukume, ciptane wong desa: saiki lakuning waluku dak tanggung bêcike. Barêng dipasangi waluku, sarèhning ora bisa anggudag banjur nyepak-nyepak, sing nglakokake waluku gupak êndhut. Wong desa nêpsu bangêt, calathune: lah iya gêntho dêlêngên, amasthi kowe ora bakal gawe nêpsune bêndaramu manèh-manèh. Wus katog olèhku murih bêcikmu, kapasang yoga dene kowe lêmu, ing sadina iki uga kowe bakal dak parakake marang jagal, supaya sirnaa pugalmu. Sapi kang lumuh dimagawèkake sèjèn dina disêmbêlèh.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa dibubuhi pagawean, măngka pugal utawa lumuh anggarap apadene kurang panarimane marang kabêcikaning bêndara, iku amasthi nêmu kang ora prayoga.

--- 61 ---

35. Manuk cilik lan kucing

Ana manuk cilik siji, wus pirang-pirang dina anitèni pratingkahing kucing duwe anak, anake kêrêp diêlah-êlih. Ciptaning manuk: akal têmên kucing iku, anake diêlah-êlih, amurih aja kongsi ana kang wêruh ênggone, ambokmanawa dimunasika. Manuk anuli takon marang kucing: hèh kisanak, ngêndi olèhmu ngaji kaprayitnan lan akal, kang dak alêm ana faidahe iku. Kucing sumaur: olèhku wêwulang iku saka ing lêlakoning awakmu, awit aku wêruh anakmu kang manggung ana ing susuh tansah katiwasan cinolong. Mulane aku rumêksa, aja kongsi anakku dicolong.

Êliding dongèng mangkene: wong anitèni pratingkahing liyan, apadene anêngêri kaluputane, sarta anyingkiri [anyingkir...]

--- 62 ---

[...i] kaluputan iku, wus tartamtu liwih prayoga.

36. Ratuning kodhok

Ana têlaga akèh kodhoke, padha têntrêm sarta ora ana kang ngarubiru, ananging durung marêm. Banjur anênêdha ing dewa, muga-muga diparingana ratu, supaya anaa kang mapas alaning budine, sarta angukum ing kaluputane. Dewa kang disuwuni ing nalika samana panuju lêjar, anggêguyu ing panjaluk iku. Banjur anguncali tugêlan galondhong, calathune: ênya iki ratumu. Mancurating banyu ing nalika tibaning tugêlan galondhong mau, wiwitane bangêt andadèkake wêdine sakèhing kodhok, sarta ora ana kang wani nyêdaki. Ananging ora antara suwe barêng didêlêng ora obah-obah, sairib kaya

--- 63 ---

mati, banjur wiwit padha nyêdaki alon-alon. Wasana barêng didêlêng ora nguwatiri, anuli nyoloti nganciki, agawe pratingkah sawênang-wênang, sarta padha angewani. Sarèhning durung marêm olèh ratu kaya mangkono, tumuli anglakokake kongkonan kodhok priyayi têtêlu marang dewa, anjaluk ratu kang anduwèni pangawasa, awit ora dhêmên pisan-pisan marang ratu kang wus diwènèhake mau. Dewa banjur anurunake manuk bango siji, minăngka ukume. Bango ora sarănta enggal mangani kodhok, nutug ing sakarêpe. Kodhok tumuli padha anênêdha marang dewa, muga linunturana ing sih, winêtokna saka ing panganiayaning bango, utawa ambalèkna ratu kang ora duwe polah mau. Wangsulaning dewa: aku ora marêngi, sarèhning kowe padha gêmblung, ora

--- 64 ---

dhêngêr yèn wus anêmu kapenak, mulane saiki padha rasakna.

Êliding dongèng mangkene: manusa iku yèn wus kapenak, anduwènana cipta bêgja, sarta dimarêm.

37. Singabarong lan tikus

Ana singabarong sayah anggone golèk mangsan nganti lêsu awit dening panas, ngalèlèh sangisoring uwit gêdhe tur ayom, sumêdya turu. Sasuwene turu, ana tikus lima padha playon munggah ing gigire, agawe tangining singabarong, banjur anglumba andêmak tikus sawiji, sumêdya dipatèni. Tikus anjaluk pangapura sarta amêmiringi, aja kongsi ratuning bêburon kalepetan gêtihing bêburon kang sapele mangkono. singabarong amikir patut yèn anuruti panjaluke tikus, ora talompe [ta...]

--- 65 ---

[...lompe] tikus kang tansah gumêtêr diêculake. Ora antara lawas singabarong anjajah alas golèk mangsan, kêna ing pasangan jaringing grêma. Sarèhning ora bisa mêtu saka ing jaring, banjur sarosa anggêro swarane amêmêdèni. Tikus ngrungu panggêrone, ora pangling ing swarane singobarong, enggal amarani panggonane. Satêkane ing kono, singabarong dipurih aja wêdi, awit kabêcikane biyèn andadèkake prasanakan. Tikus anuli tumandang anacah jaring, nganti ămba bêdhahe, singabarong banjur bisa mêtu.

Êliding dongèng mangkene: agawea kabêcikan marang sarupaning wong, amasthi kowe olèh wêwalês bêcik.

38. Asu ngalèlèh ing makanan

Ana asu ngalèlèh ing makanan, kang

--- 66 ---

kêbak isi sukêt aking. Anuli ana sapi lanang têka, bangêt ngêlihe, sumêdya mangan sukêt aking mau ing sawatara. Ananging asu kang nistha ing budi, barêng andêlêng sapi têka, banjur anggêrêng sarta mringis, ora awèh yèn sapi mangana sukêt aking sathithik-thithika. Sapi bangêt susahe, cangkelak bali, calathune: ala têmên kowe asu candhala ing budi, kowe pancèn ora mangan sukêt, ana kang arêp mangan kowe ora awèh.

Êliding dongèng mangkene: yèn wong dêduwe kang ora ana faidahe ing atase awake dhewe măngka ora awèh jinaluk ing liyan, kang prêlu ing gawene, iku tăndha yèn atine alaning ala.

39. Asu lan wêwayangane

Ana asu ala ambêk julig, nyolong [nyo...]

--- 67 ---

[...long] daging satugêl, lumayu anggêndring, tumêka ing kali bêning banyune, ana krêtêge. Barêng lakune têkan satêngahing karêtêg, andêlêng mangisor, wêruh wayangane sajroning banyu, kinira asu seje anggondhol daging, sumêdya rinêbut, nuli enggal mancolot anyêguri. Saking kêthahane ora olèh apa-apa, malah daging kang digondhol marucut, sanalika kêlêm banjur ilang.

Êliding dongèng mangkene: wong kêthaha ing budi, yèn ngăngsa-ăngsa murih wuwuhing duwèke, malah kêrêp kelangan kabèh.

40. Uwong lan kuldine

Ana wong tuwa duwe kuldi siji, diêtrapake ing gawe luwih dening abot. Iya bênêr ora kurang pangane, [panga...]

--- 68 ---

[...ne,] diêngon ing ara-ara kang akèh sukête bêcik-bêcik, amurih kuwate, ananging kabotan ing gawe. Anuju ing sawiji dina, wong tuwa mau ngrungu pawarta, yèn ana mungsuh têka, kêbat amarani kuldine, sumêdya ditunggangi, sabisa-bisane kapurih lumakua rêrikatan. Kuldi calathu: kula mugi sampeyan sêrêpakên rumiyin, mêngsah-mêngsah ingkang dhatêng punika pandugi sampeyan punapa badhe ambêbahi padamêlan dhatêng kula, awratipun tikêl kalih padamêlan kula wontên ing sampeyan. Wong tuwa amangsuli: kiraku ora. Kuldi calathu manèh: manawi makatên, saèstu kula badhe botên lumampah satindak, awit mênggahing kula, sintên-sintêna ingkang anggadhahi, sampun narimah, anggêr panyanggi kula ing padamêlan salami kula gêsang, awratipun sami kalihan wontên kula ing sampeyan.

--- 69 ---

Êliding dongèng mangkene: sing sapa korêngkuh kaya tukon, amasthi ora asih ing kowe.

41. Manuk manyar lan anak-anake

Ana manuk manyar nusuh ing patêbon, êndhoge wus padha nêtês. Ing nalika samana têbune ngarêpake tuwa, sumêlange, ambokmanawa dirêmbang sadurunge anak-anake bisa mabur atinggal susuhe. Barêng arêp lunga golèk loloh, atinggal wêkas marang anak-anake, kapurih ngrungok-ngrungokake calathune kang duwe têbu, yèn mulih dituturna. Salungane manuk manyar, anak-anake ngrungu calathune kang duwe tanduran têbu mara anake lanang, têmbunge: pangrasaku têbu iki wus sêdhêng tuwane, karêpku, sesuk-esuk kang esuk kowe lumakua mênyang omahe

--- 70 ---

para mitra lan tăngga-tanggaku, padha purihên mrene, amitulungi ngrêmbang têbu. Barêng manuk manyar têka, anak-anake padha gumêtêr sarta muni angrubung êmbokne, nuli awêwarta bab kang rinungu mau, sarta padha duwe panjaluk diêliha tumuli. Wangsulane êmbokne: aja sumêlang, awit yèn kang duwe tanduran têbu ngandêlake ing pitulunge para mitra lan tăngga-tanggane, aku masthèkake, têbune sesuk ora dirêmbang. Esuke manuk manyar lunga golèk loloh manèh, nganggo tinggal wêkas marang anak-anake, kaya kang wus kasêbut ing ngarêp mau. Kang duwe tanduran têbu têka, angarêp-arêp têkane sambatane, kongsi wus panas durung lêkas angrêmbang, awit para mitra lan tăngga-tanggane ora ana kang têka mitulungi. Anuli calathu marang anake lanang: dak dêlêng para mitra lan tăngga-tanggaku ora kena diandêlake,

--- 71 ---

mulane kowe saiki lumakua, ngundangana paman-paman tuwin sadulur-sadulurmu nak-sanak. Purihên mrene ing dina sesuk kang esuk, amitulungana ngrêmbang. Satêkane manuk manyar, anak-anake bangêt mirise, tutur ing êmbokne bab kang rinungu mau. Saure êmbokne: yèn mung mangkono bae, kowe aja wêdi ênggèr, awit sanak sadulur iku kalumrahane ora pati rikat tulung-tinulung. Mung wêkasku, sesuk rungok-rungokna manèh kang dicatur, nuli tuturna ing aku. Esuke manuk manyar lunga manèh kaya adat, kang duwe tanduran têbu barêng wêruh yèn sanak sadulure talendho, padha uga lan para mitra lan tăngga-tanggane, acalathu marang anake lanang: kowe sesuk cawisa arit loro kang prayoga, têbune bakal dakrêmbang dhewe. Barêng manuk manyar diwartani ing anak-anake bab calathune [calathu...]

--- 72 ---

[...ne] kang duwe tanduran têbu kaya mangkono mau, pangucape: yèn mangkono aku lan kowe amasthi nêmu karusakan, awit yèn wong sumêdya tumandang angawaki dhewe, pagaweane kalumrahane sida kalakon. Sawuse calathu mangkono: anak-anake tumuli diungsèkake sanalika. Esuke têbu dirêmbang dening kang duwe karo anake lanang.

Êliding dongèng mangkene: Aja angandêlake pitulunge ing para mitra tuwin sanak sadulur ing samubarang pagawean, kang kowe kaduga anggarap dhewe, awit pitulung mau ora kêna kopasthèkake.

42. Macan Tutul lan Cêmpe

Ana macan tutul lan cêmpe kapanujon barêng ngombe ing kali, macan tutul ana

--- 73 ---

ing dhuwur, cêmpe ana ing ngisore kapara adoh. Macan tutul anuli sumêdya gawe pêpucuking padu, atakon marang cêmpe: sabab dening apa kowe wani-wani ngubak-ubak ambuthêkake banyu kang dak ombê. Cêmpe wangsulane karo andharodhog: kadospundi anggèn kula sagêd ambuthêkakên toya, amargi ilinipun saking panggenan sampeyan dhumatêng panggenan kula. Macan tutul rumasa kawêlèh. Anuli salin panarka, calathune: saprene wus ana nêm sasi lawase kowe angala-ala ing aku. Cêmpe sumaur: punika nglêngkara, awit kala samantên kula dèrèng wontên. Macan tutul calathu manèh: iku ora ngapaa, yèn dudu kowe, iya bapakmu, utawa sanak sadulurmu, kang ngala-ala ing aku. Sawuse calathu mangkono, cêmpe ditubruk, banjur dimăngsa.

--- 74 ---

Êliding dongèng mangkene: yèn wong ambêksiya lan ora adil akanthi pangawasa, sumêdya anandukake piala, sanajan têtêlaa saka ing ature kang nêdya dialani yèn ora dosa, iya uga tanpa gawe ature.

43. Bocah-bocah lan kodhok

Ana bocah akèh padha dolan sapinggiring têlaga kang akèh kodhoke. Dene kang dadi kabungahane salepatan, pira-pira kèhing watu kang dislepatake ing banyu, bangêt andadèkake kuwatiring kodhok. Wasana ana kodhok siji kang kêndêl dhewe mancungul, calathune: hèh bocah-bocah, ya gene kowe têka enggal têmên anggêgulang adate bangsamu, kang anandukake pratingkah niaya. Wruhanamu, olèhmu dêdolanan iku

--- 75 ---

agawe bungahmu, nanging andadèkake prihatinku sapanunggalanaku kabèh.

Êliding dongèng mangkene: kabungahan kang andadèkake prihatining liyan, iku ora bênêr.

44. Kodhok lan sapi lanang

Ana kodhok kapengin angêmbari gêdhening sapi lanang, kang lagi mangan ana ing panggonan rancah, banjur nyoba malêmbung, pangarahe arêp madhani gêdhening sapi mau. Barêng wus malêmbung antara suwe, atakon marang sadulure wadon: Kapriye adhi pangiramu, apa bisa kalakon dadi gêdhe kaya sapi iku. Saure kang ditakoni: ora ana èmpêre. Kodhok malêmbung manèh,sarta takon: nah kapriye adhi pangiramu. Saure: ora mèmpêr pisan-pisan.

--- 76 ---

Kodhok malêmbung manèh, sarta calathu: sapisan iku mastha[8] padha. Saure: ora măntra mèmpêr. Rêringkêsane kodhok mau mêksa malêmbung ambal-ambalan, wasana wêtênge bêdhah, banjur mati ing ênggon.

Êliding dongèng mangkene: yèn wong cilik kudu-kudu animbangi dhêdhuwurane, kêrêp tumiba ing karusakan.

45. Singabarong, macan lan asu ajag

Ana singabarong lan macan barêng anubruk komprèng, anuli padha kêrah, minăngka watoning karampungan, sapa kang mênang, iya iku kang anduwèni komprèng mau. Amarga saking rame sarta suwening kêrah, tuwin akèhing wêtuning gêtih, kapêksa padha lèrèn. Saking bangêting sayah, banjur padha ngalemprak kalawan parukunane sakarone. Ing nalika iku [i...]

--- 77 ---

[...ku] ana asu ajag têka, andêlêng kahananing singabarong lan macan, enggal amarani, komprèng tumuli digawa lumayu. Barêng singabarong wus rada aring, wêruh ilanging burukan ginawa ing asu ajag, banjur calathu: gêmblung têmên aku lan si macan, kang bênêr padha narima ing sapandumaning burukan. Saking riwuting nêpsu, kongsi ora bisa malangi burukan ginawa ing asu ajag.

Êliding dongèng mangkene: riwute wong parapadu iku awèh dalan marang kang ngêmbat prakarane, bisane ngêpèk samubarang kang pinadu.

46. Wong desa, manuk cangak lan bango

Anuju ing sawiji dina ana manuk bango siji nunggal lan manuk cangak ing sawatara kèhe, kang panuju padha arêp lêlungan bungah-bungah. Dene kang dadi kabungahane, [kabungaha...]

--- 78 ---

[...ne,] bakal mangan iwak ing balumbanging wong desa, kang omah cêdhak ing kono, bango saguh milu. Satêkane ing panggonan balumbang, konangan sanalika, banjur padha kacêkêl kabèh. Sarèhning manuk cangak wus kacirèn lawas mungguhing alane, ora bisa calathu akèh-akèh, banjur padha dipatèni. Ananging bango akèh paolane, ênggone murih urip. Calathune lagi sapisan iku anglakoni panggawe ala, sarta wus kocap ing katrêsnane marang wong tuwa-tuwane, tuwin akèh kautamane. Wangsulane wong desa: aku ora maido mungguh bangêting katrêsnanmu marang wong tuwa-tuwamu, tuwin mungguh kautamanmu, ananging sarèhning kowe katêmu awor ing laku ala, iku andadèkake panggrayangan, mulane ora kêna ora kowe amasthi dak belakake marang pêpasthèning rowang-rowangmu.

--- 79 ---

Êliding dongèng mangkene: sing sapa kumpulan karo wong ala, amasthi kalepetan ing alane.

47. Kucing kang dhêmên gawe prakara

Ana kucing loro nyolong kèju satugêl, ora bisa rujuk mungguhing pangêdume. Amurih sirnaning sulaya, sakarone padha rukun akon ambênêri marang kêthèk. Kathèk[9] dhangan ambênêri, tumuli anjupuk traju, kèju diparo, didokokake ing traju, calathune: mêngko dak purih padhaa bobote. Lah, sing satugêl iki anjomplangake sasisihe. Sawuse calathu mangkono, kèju kang abot mau dikrokoti akèh, kapurih padhaa bobote. Barêng didokokake ing traju, anjomplang, kang abot anuli dikrokroti. Kucing loro [lo...]

--- 80 ---

[...ro] andêlêng pratingkahing kêthèk mangkono, ora enak atine, calathune: uwis, uwis, wèhna pandumanaku, aku sakarone wus padha narima. Kêthèk amangsuli: iya kowe wus padha narima, ananging pangadilan durung narima. Prakara bruwêt kang kaya iki ora bisa rampung tumuli. Kêthèk ambanjurake ênggone ngrokoti kèju gênti-gênti, barêng kucing loro sumurup yèn kèjune saya suwe saya akèh kalonge, aduwe panjaluk marang kêthèk, dipurih nguwisana ing panrajune, sakarining kèju dijaluk. Kêthèk sumaur: ambok aja kasusu mangkono kisanak, êtraping adil iku kudu bênêr, kang sapisan ing atase kang ngadili, kapindho tumrape marang kang diadili. Sakarining kèju kabênêr dadi bubuhanaku, sumurupa tuwase kangelan aku. Sawuse calathu mangkono, [mangko...]

--- 81 ---

[...no,] sakarining kèju diêmplok, banjur lunga saka ing ênggon bêbênêran.

Êliding dongèng mangkene: aja dhêmên prakaran, awit rampunging prakara, adat kang pinadu lupute kari sathithik, iya êntèk kabèh.

48. Lêmud lan tawon

Ana lêmud ngathêthêr dening adhêm sarta kalirên, wayah esuk umun-umun têka ing omahing tawon, anjaluk sih pitulunge, saguha mulang gêndhing marang anak-anaking tawon, mung diwèhana ingon lan pondhokan bae. Tawon ora pati rêgêp anggone nêmoni lêmud, sarta nampik ing panarine. Lêmud calathu: anak-anak kula sami kula wulang ing padamêlan kula ingkang kathah faidahipun, supados manawi sampun sami agêng pikantuk pangupajiwa ingkang [ing...]

--- 82 ---

[...kang] prayogi, sarana saking tabêrinipun. Tawon sumaur: pripun têka dika anduwèni kira-kira, yèn kula bakal akon mulang anak-anak kula sawijining kawruh, kang andadèkake malarating gurune, kongsi nglakoni papriman.

Êliding dongèng mangkene: tanpa gawe amituturi uwong, yèn lêpiyan kang katon ing awake nyulayani yêktining pituture.

49. Tabêri lan kêsèd

Ana jêjaka ngêpluk, ditakoni kang dadi sabab yèn tangi turu wayah esuk sabên-sabên kongsi kawanên. Wangsulane: salawasku urip sabên esuk anampani prakara, ana prawan loro, aran Si Tabêri lan Si Kêsèd, sabên esuk samăngsa aku tangi nyêdhaki paturonku, padha ngladèkake

--- 83 ---

prakara. Si Tabêri ngatag tangiku, Si Kêsèd murih isihku ana ing paturon, sarta padha anuturake sabab, mulane aku dipurih tangi, tuwin dipurih isiha turu, iku kang ngandhêg-andhêgi, pamikirku, wajibe wong nyêkêl bêbênêran kang ora bau kapine, kudu-kudu ngrungokake ature kang anggugat lan kang ginugat, ananging sadurunge aku anibakake karampunganing prakara, kasêlak wus mangsane mangan.

Êliding dongèng mangkene: wong urip iku ing samubarang prakara utawa gawe, aja katlompèn dening pamikir.

50. Wong Lêlaku lan kanthong wadhah dhuwit

Ana wong loro bêbarêngan padha lêlaku, kang siji wêruh kanthong isi dhuwit, sumèlèh ing lêmah, banjur dijupuk, calathune: esuk iki aku bêgja [bê...]

--- 84 ---

[...gja] têmên, dene nêmu kanthong isi dhuwit. Kancane anyambungi: iya dhasar bêgja, ananging pangrasaku, luput calathumu iku, bênêre ngucapa aku wong loro lan kowe kang nêmu, ora mung aku bae. Awit yèn mitra loro padha lêlaku, salah sawiji nêmu bêgja, patut kancane kapandumana. Kang nêmu kanthong amangsuli: iku ora mangkono, sing nêmu aku, ya aku kang anduwèni. Sawuse calathu mangkono, ora antara suwe padha kagèt angrungu wong alok-alok maling nyêbrot kanthong isi dhuwit ana ing dalan. Kang nêmu kanthong mau calathu: o lah bilahi, aku lan kowe amasthi dicêkêl. Kancane sumaur: yèn lêga atimu aja calathu aku lan kowe, mung ngucapa aku bae kang amasthi bakal di cêkêl, mulane mangkono, awit kowe ora gêlêm awèh pandumane kang kotêmu, dadi

--- 85 ---

ora bênêr yèn aku milua nandhang paukumane.

Êliding dongèng mangkene: yèn wong sajroning kabêgjan ora pisan gêlêm mandumi marang sapadha-padhane tumitah, măngka tumiba ing bilai, ora bênêr yèn anduwènana karêp dibelanana.

51. Pangrêsulaning jaran jawa

Mêgatruh

1. adhuh-adhuh êmbok uwis ing pamêcut | têka dêrêse kêpati | ingkang tumiba awakku | nadyan karosan mèh ngênting | kinapakna dadi lakon ||

2. dak gèndènge karo mlayu sakêlarku | adus kringêt dak têmahi | elinga mring sangsaraku | ngêmot barang kèh linuwih | nora lali ngêmot uwong ||

3. kusung-kusung karo mlayu ngalor ngidul | ngulon ngetan bola-bali | sadina-dina [sadina-...]

--- 86 ---

[...dina] amuput | panas udan tan tinolih | tan praduli lêbu jêblog ||

4. nadyan ana dalan ingkang munggah mêdhun | malah sinêrang ing laris | ginêntêr kinrutug pêcut | nguyuh bae angêntèni | manawa wus tutug ngêpos ||

5. dene pangan sasat mung sarat kang sinung | tètès sukêt anyathithik | ing pamangan durung tutug | cangkêm dithuki kêndhali | budhal manèh angaloyong ||

6. tega têmên pikirmu mring sangsaraku | pêcutmu kadi garimis | lah muga-muga Hyang Agung | mêlasi dasih kaswasih | raga aprasasat losoh ||

7. leloh angglah kasulayah dahat angluh | susah rumanti tan lilih | lah iya ta puluh-puluh | sêpi tan ana anggalih | dadi raga lir kêloloh ||

8. aku urip pasthi tan lawas kapetung | ananging iku dak tanting | yèn aku rumasa [ruma...]

--- 87 ---

[...sa] untung | timbang urip montang-manting | aluwung umur pinotong ||

9. gawe gawok si kusir têka ambêsur | ajêg siya nora gingsir | nadyan aku ngangsur-angsur | pêcute nora nalisir | tumiba awak kang asor ||

10. tiba gigir sikil bokong sirah gulu | kumrutug tansah anggili | karo ngantuk tan andulu | nora lèrèn wali-wali | sirahe agela-gelo ||

11. kaya-kaya si kusir lamun anyambuk | dadi kasênêngan ati | awit sambukira manut | tan andaga ing sakarsi | rak iya agawe gawok ||

12. aku apa mung dadi pakaning pêcut | mulane aku dumadi | apa karsaning Hyang Agung | nadyan aku anglakoni | sarêgêp kongsi angatog ||

13. iya mêsthi kudu diasihi pêcut | nanging pangan anyingkiri | sajêg urip lir kacinthung [ka...]

--- 88 ---

[...cinthung] kongsi ing saturun kunthing | wêtêng ketung ajêg kothong ||

14. aku eram aku gawok aku gumun | apa wus lumrahe janmi | watêke siya kalangkung | sarta nora amraduli | tanpa têpa apa tumon ||

15. nora nana ingkang murinani aku | apa wong nora ningali | karingêtku lir kaêpuh | tansah andarodos mili | gumêtêr satêngah lempoh ||

16. anyar iki ana swara kang kêrungu | panguwuhira dumêling | mangkene wêtuning têmbung | sambukmu sirnakna aglis | nanging iku tanpa dados ||

17. kusir-kusir isih mêksa tanpa kusur | rusiyane tanpa gingsir | tan praduli ing pangangsur | nêsêr trap kasar kaungsir | siyane lumuh yèn kasor ||

18. nadyan uwong lanang ingkang sugih kawruh | wadon kang watêke ririh | bisa

--- 89 ---

têpa-têpèng kalbu | lan bocah kang duwe ati | wêlasan mau kabèh wong ||

19. tita nora nana kang atine mêtu | trêsna mring jaran kêpati | kaya kêkasih kang èstu | lah iku lamun tiniti | masthi gawoke katongton ||

20. kusir têka nora kêndhat ing panguwuh | panggirine luwih-luwih | angatag rikate wuwuh | tanganira kaya papin | yèn sambuke tan jumêdhor ||

21. anibani ing sakênane awakku | nadyan aku sipat kuping | angêtog ing karosanku | iya nora dilèrèni | pinilara datan anggop ||

22. yèn rinasa sapi katimbang lan aku | isih mêksa mulya sapi | sanajana sapi iku | sok disambêlèh ing janmi | rak nuli putus kang lakon ||

23. mung sapisan larane anuli rampung | balik ta awakku iki | tansah dipun êmbut-êmbut [ê...]

--- 90 ---

[...mbut-êmbut] | sangsara linami-lami | ing wasana prapta ing don ||

24. iya nandhang pati lara rasanipun | tan beda patining sapi | tariking nyawa tartamtu | mawa lara anggirisi | ingkang sajêg durung tumon ||

25. adhuh lae apa ta kalantur-lantur | nora nana kang mêlasi | mring kahananing awakku | apa nora nana janmi | kang ngreka tulung maring ngong ||

26. matur nyuwun adil mring parentah agung | karo wong isining nagri | kang duwe wajib bab iku | apa nora darbe osik | nyuda rusiyaning uwong ||

27. kêbangêtên bênêr apa manèh luput | datan kêndhat dipêcuti | sapa kang ngwasani aku | lah ambok iya mêlasi | kêndhata pêcuting uwong ||

28. kang tumiba awakku kang luwih kuru | amung balung karo kulit | kurang pangan tanpa

--- 91 ---

turu | tanpa lèrèn nyambut kardi | tan êsah pinala uwong ||

29. iya akèh uwong kang wani angaku | rumasa sih mring kaswasih | wêlas mring kewan kang kawus | kinaniaya lir kang wis | yêktine iku ngalowos ||

30. amung mandhêg gunêm bae tanpa jêbul | si kewan amaksa tobil | pasambate nora kabul | tansah dadi ombal-ambil | lulus cilakane ombol ||

31. adhuh sapa baya wong kêduga nulung | golèk akal kang tumiling | nyuda tiwas kang kumalung | ing kewan kang tansah oling | kêbyakan susah gumolong ||

32. sapa ingkang ngrungu sambat panangisku | kang mubal lir sundhul langit | prapta ngarsaning Hyang Agung | muga kasdu anulungi | enggal ngrêbut awak ingong ||

33. saka kusir ingkang watêk tanpa kusur | asire tan nêdya gingsir | panêmune sasar-susur [sasar-...]

--- 92 ---

[...susur] | nêsêr tingkah kang nalisir | nora wruh iku trap asor ||

34. lamun kusir angrungu ana wong nguwuh | kusir dhokar andhong nuli | kusir iku gupuh-gupuh | sêlèt- sêlèt anyambuki | pucuk pêcut tiba ingong ||

35. sakêbangkat sakêlar aku lumayu | anarik dhokar tumuli | ananging saka sayahku | luwe lungkrah ambarêngi | bayu otot lir linolos ||

36. kasuh kasoh kasulayah angalumpruk | sagah karosan ngoncati | rumasa tutug ajalku | prandene rasaning ati | bangêt sokur ing Hyang Manon ||

37. ingkang awit pati kang kalangkung-langkung | larane ngedab-edabi | nanging saka timbanganku | iku isih luwih bêcik | tinimbang urip milu wong ||

38. adhuh lae malaekat kang arawuh | tega têmên dhatêng mami | punapa arawuhipun [arawuhi...]

--- 93 ---

[...pun] | têka kasèp ulun anti | amulunga nyawaningong ||

39. lah punapa paduka botên angrungu | sambat kula sundhul langit | anênuwun ing Hyang Agung | nyuwun cinupêt tumuli | tan kwawi ngladèni uwong ||

40. pêjah kula punika nugraha agung | satata kawula anti | birata sangsara ulun | sajêg kang tansah rumanti | tan othak-othak datan gop ||

41. hèh baskara kang tulung madhangi aku | gêdhogan ngiyomi mami | karia padha rahayu | ing mêngko aku sumingkir | sumingkir saka ing ênggon ||

42. paukuman dak anggêp naraka nglangut | ya muga-muga Hyang Widi | karsa anyèlèh nyawaku | ana ing papan kang bêcik | aja kongsi ginodha wong ||

43. dene kowe kusir kang mêrês kringêtku | iya bungaha ing ati | dene kang

--- 94 ---

koaru-biru | samêngko tutug ing jangji | mung aku tutur marang wong ||

44. kawruhana lara tariking nyawaku | iku durung amadhani | lan lara ingkang ngêlangut | linalama dening janmi | rinusiya sakarsèng wong ||

45. adhuh gusti ingkang asipat Mahagung | O Allah kang Maha Suci | mugi ... | O tobat o botên Gusti | ulun narimah ing lakon ||

46. ingkang wau kawula kalangkung limut | samukawis kang dumadi | rak sampun karsèng Hyang Agung | kasangsaran ulun inggih | sampun karsaning Hyang Manon ||

47. namung mangke kawula darbe panuwun | sasampuning ulun lalis | mugi tiyang manahipun | tinarbuka ing Hyang Widi | kraosa kadi manah ngong ||

48. dados darbe wêlas dhatêng para makhluk | maring băngsa ulun ugi | sampun angantos [a...]

--- 95 ---

[...ngantos] kêlantur | anggantêr rusiya mintir | cangkiling mantun anggêntor ||

49. mugi-mugi băngsa ulun ingkang kantun | sanadyan anyambut kardi | nging sampun kêlangkung-langkung | anggèning midana sami | kapal manut sapangrèh wong ||

50. tan lênggana anggèndèng kalih lumayu | ananging ta mugi-mugi | ing wingking pra janma kudu | têpa sarira pribadi | yèn anggèndèng ingkang abot ||

51. kalih mlajêng rak inggih langkung pakewuh | yèn mawi dipun pêcuti | kadipundi raosipun | punapa ta nyakecani | cobi cinoba dening wong ||

52. kula inggih botên nyuwun mring Hyang Agung | kang supados para janmi | kabêndon antuk sêsiku | malah nuwun mugi-mugi | karaharjana praptèng don ||

 


ênggone. (kembali)
awake. (kembali)
mlaku-mlaku. (kembali)
awit. (kembali)
mancolot. (kembali)
angacèki. (kembali)
ora. (kembali)
masthi. (kembali)
Kêthèk. (kembali)