Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabarata No. 11

7 November 1956.

__________

Pantisawa ingkang badhe kangge ambêkta layon, rinêngga ing sutra miwah sêkar sakalangkung asri. Sarampunging pangrêngganipun, layon kalih pisan kadèkèk ing pantisawa, ingkang sampun dipun pirantosi gampilipun kapikul, lajêng kabangkatakên. Layon sinongsongan pêthak, kinêbutan ing lar badhak saha buntuting Yak saking kanan kering, ingiring têtabuhan warni-warni, sakalangkung mungguh, tuwin asri dinulu. Maatus-atus kathahipun tiyang ingkang sami pinatah ambage dêdana dhatêng têtiyang ingkang sami ningali, ingkang dipun danakakên wau maspicis rajabrana, wigatos kangge mulyakakên ingkang murut ing kaanan jati.

Pintên-pintên ingkang ngampil rimong kaprabon saha pangagêmanipun Prabu Pandhu, sarta songsong kaprabon. Para brahmana lumampah sangajênging layon, kalayan botên kêndhat-kêndhat angêsokakên martega sukci ing latu sêsaji, ingkang dipun dèkèk ing wadhah ingkang sakalangkung sae. Maèwu-èwu para brahmana, ksatriya, waisya, tuwin sudra, ingkang ngiring sawingkinging layon, kalihan sambat-sambat, nglairakên prihatosipun dene dipun tilar, ucapipun makatên: "Dhuh sang prabu, paduka karsa tindak dhatêng pundi, dene tega nilar kula, paduka damêl pêtênging manah kula, têmahan kula dhumawah ing sangsara ingkang tanpa wêkasan."

Sang Bisma, sang Widura tuwin para Pandhawa dharat sawingkinging layon sarwi karuna kalara-lara. Botên dangu arak-arakaning layon dumugi ing wana tarataban ingkang anêngsêmakên, dumunung satêpining lèpèn Gangga. Layonipun Prabu Pandhu tuwin pramèswarinipun, kaandhapakên saking pantisawa. Kunarpa kawêdalakên lajêng siniraman toyaning Gangga ingkang

--- 610 ---

kawinadhahan ing bokor kancana tanpa wicalan kathahipun. Sarêng sampun rêsik, lajêng binusanan sarwa pêthak, tênunan ing Kurujanggala. Prabu Pandhu ingkang sampun dados layon wau, sasampunipun dipun busanani, katingal kadi sare kemawon, sarta pasareyanipun sakalangkung adi.

Dupi sampun paripurna pangrakitipun, para Kurawa lajêng wiwit angurubakên latu, wontên ingkang masang sêkar tunjung ing sanginggiling pancaka, sarta nyiratakên gandawida.

Kacariyos nalika Dèwi Kusalya (Ambalika) priksa ubaling latu ingkang ambrastha kunarpanipun ingkang putra sapramèswarinipun, botên kuwawi nahan raosing panggalih, lajêng anangis sarwi manguwuh sora: "Dhuh, putraningsun, putraningsun, gawanên ingsun" – Wasana dhawah kantaka ing siti. Sadaya tiyang ingkang wontên ing riku sami runtuh waspanipun, labêt wêlas ningali sang dèwi, langkung malih Dèwi Kunthi, panggalihipun kados rinujit-rujit, ngantos sakathahing pêksi tuwin sato wana, ingkang wontên sakiwa têngênipun riku sami katut prihatos. Sang Bisma, Sang Widura, tuwin para ksatriya sanès-sanèsipun, sami karuna sadaya.

Sakèndêling karuna, Sang Bisma, Sang Prabu Drêtarasta, Sang Widura, sarta para Pandhawa, tuwin para putra bangsa Kuru, lajêng sami asêsaji toya. Sasampunipun sêsaji para pinisêpuh lajêng sami angrêrapu para Pandhuputra. Wiwit dintên punika ugi, para Pandhawa manawi sare amung nglèsèt wontên ing siti, botên mawi lèmèk. Para brahmana tuwin para têtiyang ing Hastinapura sami nilar patilêmanipun wigatos bela sungkawa, laminipun ngantos kalih wêlas dintên.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitulkurpitulikur saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

--- 611 ---

BAB CXXVIII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ingkang minangka wêkasaning pamiwahan, Sang Bisma, Dèwi Kunthi, tuwin para kadang kadeyanipun, sami asêsaji SRADDHA, sarta sêsaji PINDA, kangge mulyakakên ingkang murut ing kaanan jati. Maèwu-èwu kathahipun para brahmana tuwin para Kurawa ingkang binuja krama mênuhi, sarta lajêng sami andrawina. Para brahmana botên amung binuja krama kemawon, ugi dipun pisungsung rajabrana tuwin pasitèn. Sabibaring andrawina lajêng sami wangsul dhatêng salêbêting kitha. Para Pandhawa sampun sami luwar saking prihatos, ugi lajêng kondur dhatêng Hastinapura. Ngantos dangu têtiyang ing Hastinapura dèrèng sagêd pulih gêmpaling manahipun, dene katilar muksa gustinipun, rumaos kados katilar tiyang sêpuhipun piyambak.

Nuju satunggaling dintên, marêngi sabibaring sêsaji Sraddha, ingkang wicaksana Maharsi Dwipayana, rawuh ing Hastinapura, awit sang maharsi botên kasamaran dhatêng gêmpaling manahipun tiyang ing Hastinapura wau. Sadumugining kadhaton sang maharsi lajêng marak ingkang ibu Dèwi Satyawati, sarta lajêng matur makatên:

"Dhuh, kangjêng ibu, tiyang sêpuh kula, sowan kula ing ngarsanipun kangjêng ibu punika, wigatos ngaturi pariksa manawi ing mangke sampun dumugi sêraping dintên kamulyanipun bangsa Kuru, wiwit ngancik dintên kasangsaranipun. Pandamêl dosa saya dangu saya angrêbda, awit jamanipun sampun sêpuh. Karajaning Kurawa botên sagêd lêstantun, awit pranataning

--- 612 ---

praja botên dhêdhasar kautaman sarta sawênang-wênang tumindakipun, mila mugi kangjêng ibu kaparênga mangun brata wontên ing wana, ngèsthi kamuksan sarana Yoga. Têtiyangipun ing Hastinapura sami sayuk saeka praya dhatêng pandamêl cidra, suminggah saking kautamèn, panjênênganipun ibu sampun kaladuk ing yuswa, prayogi tumuntên nilar marcapada, supados sugêngipun ibu, botên nguningani risaking bangsa Kuru."

"Rikala Dèwi Satyawati midhangêt aturipun putra makatên wau, lajêng tindak dhatêng padalêmanipun Dèwi Ambika, pinanggih kalayan putri mantunipun, sarta lajêng ngandika makatên: "Wruhanamu êmbok ratu, ingsun diwangsit dening Maharsi Wiyasa, yèn para dharah Bharata sakawulane kabèh bakal têtumpêsan, saka panggawene para wayahira, mula ingsun darbe karsa nêdya martapa marang alas, kanthi kadangira Si Kusalya (Ambalika) kang samêngko lagi nandhang prihatin, marga tininggal putrane, kang iku apa sira uga mèlu marang alas?"

Dhuh, sinuwun, sasampunipun golong karsanipun, Dèwi Satyawati, Dèwi Ambika, tuwin Dèwi Ambalika, lajêng pamit dhatêng Sang Bisma, sarta lajêng bêbodholan dhatêng wana. Sadumugining wana lajêng sami gêntur kasutapan, botên towong-towong asamadhi. Ing satunggaling dintên, nuju wataking dintên sae, putri têtiga wau sami anilar sêtula sariranipun (badan wadhag) manjing ing kamulyaning kaswargan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Gêntos kacariyos para putranipun Prabu Pandhu gangsal pisan botên kêndhat-kêndhat nênuci sarira, anut sapitêdahing Wedha, sarta wontên ing kadhaton Hastinapura, ginulawênthah kados satataning para putra narendra. Sanadyan panggulawênthahipun [pang...]

--- 613 ---

[...gulawênthahipun] wau botên dipun bèntên, ewadene sabên Pandhawa wau dêdolanan nunggil kalihan para Kurawa, mêksa katingal sangêt bèntênipun, langkung malih Sang Bhima, manawi tandhing karosan rikat-rikatan lumajêng, rêrêbatan samubarang tuwin sawur-sinawuran siti, punapa drêmbanipun manawi nêdha botên nate kasoran kalihan kadang nakdhèrèkipun, inggih punika para putranipun Prabu Drêtarastra. Sabên-sabên Sang Bhima njambak rikmanipun Kurawa salah satunggal, lajêng kapurih kêkêrêngan kalihan kadangipun piyambak. Manawi sampun gêgêlutan, lajêng dipun gêgujêng, sêmunipun botên rêkaos upami Sang Bimasena nêdya ngêndhih para Drêtarastra putra satus satunggal punika, mangka Drêtarastra putra wau sadaya racak-racak sami rosa-rosa. Sabên-sabên Sang Bhima nglarak-nglarak Kurawa, wontên ingkang sinêndhal rikmanipun ngantos kêlumah, tuwin binanting, satêmah wontên ingkang buncur sirahipun, kungsul sampeyanipun, babak bundhas pamidanganipun, balur-balur pungkuranipun. Kalamangsa Sang Bhima nyêpêng Kurawa sadasa katangsulan dados satunggal, lajêng dipun lêlêp-lêlêpakên ing toya. Manawi sampun satêngah pêjah sawêg dipun êculakên. Manawi para Kurawa penekan, kajêngipun lajêng dipun êrok kalihan sampeyanipun Sang Bhima, saking sêru kontraking kajêng, mila wohipun saha para Kurawa ingkang sami mènèk wau lajêng sami rontok dhumawah ing siti. Dados ingatasipun karosan kaprigêlan tuwin rikatipun manawi lumajêng. Kurawa botên wontên ingkang sagêd ngêmbari Sang Bhimasena. Anggènipun Sang Bhima ngatingalakên karosanipun, kados limrahipun lare alit, inggih punika tansah misakit dhatêng para Kurawa, nanging punika botên tuwuh saking pangangkah nêdya nangsaya.

--- 614 ---

Kocapa Sang Duryudana, putranipun Prabu Drêtarastra ingkang pambajêng, dupi wuninga anggènipun Sang Bhima tansah ngatingalakên karosanipun, ingkang têtela anggêgirisi, lajêng tuwuh osikipun nêdya mêngsah Sang Bhima. Dhasar bêbudènipun Sang Duryudana pancèn candhala tuwin botên adil, mila gampil sangêt tuwuhing sêdyanipun dhatêng lampah cidra, jalaran linimputan ing Avidya (kabodhoan) sarta karêmipun dhatêng pangaji-aji. Pangudaraosing batosipun Sang Duryudana makatên "Yèn ingatase karosan ayak, ora ana manusa kang satimbang karo Bhima, putrane paman Prabu Pandhu kang panênggak iku, mula kudu dak sirnakake sarana wisaya, awit upama dak lamba bae nadyan dak kroyok lan para ari satus pisan, mêsthi Bhima ora bisa kasoran: bêcike manawa Bhima pinuju turu bae, mbanjur dakcêgurake, ing kali Gangga. Dene yèn Bhima wus sirna, Yudhisthira lan Arjuna banjur dak tukup, dadi ora ana kang ngrubeda jumênêngku narendra ing têmbe."

Sarêng karsanipun makatên wau kagalih sampun prayogi, Sang Duryudana ingkang candhala ing buddhi, tansah ngupaya wênganing mangsakala anggènipun badhe nangsaya dhatêng Sang Bhima. Dhuh narendra têdhak Bharata, Sang Duryudana lajêng iyasa pasanggrahan wontên ing papan ingkang sakalangkung nêngsêmakên, dumunung satêpining lèpèn Gangga nama PRAMANAKOTI. Sasampunipun dados, lajêng rinêngga sakalangkung asri, pinalisir ing sutra miwah kèsting maneka warni. Saking kêparêngipun Sang Duryudana pasanggrahan wau kagêm anggulang kaprigêlaning sarira ing salêbêting toya. Ingriku wontên papan ingkang kangge mangun suka, sarta bujana andrawina, sanginggiling suyasa pasanggrahan rinêngga ing bandera miwah umbul-umbul. Sabên kataman ing angin katingal kados ngawe-awe ingkang sami têdhnagdhatêng ing riku. Pasanggrahan wau dipun wastani suyasa

--- 615 ---

kangge marsudi kaprigêlaning sarira ing nglêbêt toya. Ingriku ugi kadhawuhan mirantosi dêdhaharan ingkang sarwa miraos. Sasampuning samêkta, nayaka ingkang pinatah mirantosi sadaya wau lajêng atur uninga ing Sang Duryudana.

Rikala Sang Duryudana ingkang candhala ing buddhi wau tampi aturipun nayaka, enggal pinanggih kalihan para kadang Pandhawa, sarta ngandika makatên: "Dhuh kadang Pandhawa, mara yayi padha lêlumban ing kali Gangga, kang pagisikane anêngsêmake ati, karana kêkayone lagi padha kêmbang."

Sang Yudhisthira matur manawi pancèn kapengin ndhèrèk lêlangên, mila sami sanalika wau para Kurawa tuwin Pandhawa lajêng sami bêbodholan, gumuruh swaraning wadyabala ingkang sami andhèrèkakên, têmah damêl gègèring tiyang sanagari. Para rajaputra wau wontên ingkang wahana rata, turangga, tuwin dirada agêng-agêng wêdalênwêdalan ing Kurujanggala.

Dupi sampun ngancik lêladan pakuwon ing Pramanakoti para wadyabala ingkang sami andhèrèk, kadhawahan sami kèndêl sajawining karang pasanggrahan, dene para rajaputra lajêng sami mandhap saking titihanipun. Lumêbêtipun ing pasanggrahan dharat kemawon, supados sagêda nguningani asrining taman salêbêting capuri pasanggrahan. Lampahipun para ksatriya lumêbêtipun ing pasanggrahan wau, kados arak-arakaning singa, lumêbêt ing guwa. Sadumugining nglêbêt suyasa pasanggrahan, lajêng sami mriksani alusing panggarapipun tembok miwah piyan ingkang sinungging-sungging sakalangkung adi, sadaya kawistara manawi ingkang anggarap para tukang pêpilihan. Saking candhela-candhelaning pasanggrahan, sagêd aningali papan utawi sêsêkaran tuwin sanès-sanèsipun ingkang nêngsêmakên. Kathah umbul saha pancuran ingkang

--- 616 ---

toyanipun pating kalêpyur tuwin pating salemprot, damêl ayêmipun ingkang sami tumingal. Kathah sêndhang saha bèji ingkang toyanipun bêning akinclong-kinclong kadosdene kaca, sarta kathah sêkaripun tunjung ingkang gandanipun ngambar ngêbêki awang-awang. Dupi para rajaputra wau sampun dumugi anggènipun mariksani patamanan sauparêngganipun, lajêng sami lênggah ing pasanggrahan, sarta sinunggata ing dhêdhaharan miwah pangunjukan ingkang sarwa miraos, sinambi mangun sukaning panggalih.

Salêbêtipun para rajaputra sami andrawina, Sang Duryudana ingkang asor ing buddhi, nyarub darubêksi kalayan dhêdhaharan, karsanipun badhe kangge ndarubêksi Sang Bhimasena. Rajaputra nem-neman ingkang asor ing buddhi wau, wicaranipun sakalangkung manis, nanging watakipun candhala, pantês dipun sêbut: sang halati madu, nanging panggalihipun ampuh kados wisa. Sarampunging pangrukti, Sang Duryudana enggal marêpêki Sang Bhima, kalihan tanduk ingkang ngrêsêpakên, sarta ngladosakên dhêdhaharan ingkang sampun cinarupan ing darubêksi wau, kalayan mèsêm, ing batos sakalangkung bingah, dene rumaos sampun kadumugèn pangajêng-ajêngipun. Para Kurawa tuwin Pandhawa sanèsipun sami lêlumban ing lèpèn Gangga. Sasampunipun dumugi lajêng sami mangagêm malih, sarta dalunipun ugi sami nyare ing pasanggrahan, sadaya rumaos sakeca anggènipun sare, lêbêt saking sami sayah anggènipun lêlumban ing toya.

Kawuwusa Sang Bhima, sasampunipun dumugi anggènipun dhahar segah ingkang kaladosakên piyambak dening Sang Duryudana wau, ugi lajêng nusul para kadangipun lêlumban ing lèpèn Gangga. Katingalipun sangêt kasayahan, mila sasampunipun mêntas lajêng anggloso wontên ing siti. Ananging kawuningana tiyang ingkang kenging dayaning darubêksi, mangka lajêng kapandukan

--- 617 ---

hawa asrêp, punika lajêng angrancakakên lampahing darubêksi ing salêbêting badan: dados anggènipun panênggak Pandhawa lajêng dhawah ing siti wau, botên saking sayah nanging kantaka sabab saking ampuhing wisa. Sarêng Sang Duryudana priksa manawi Sang Bhima sampun dhawah kantaka, enggal pinarpêkan, sarta sariranipun Sang Bhima lajêng dipun godhi ing oyoting kêkajêngan. Sasampunipun rampung lajêng kacêmplungakên lèpèn Gangga, bêblês ngantos dumugi dhasaring toya, karatoning para naga. Sawêg sumèlèh kemawon wontên ing dhasaring toya, Sang Bhima enggal kinroyok ing sarpa maèwu-èwu, sami nandukakên siyungipun ingkang ngêdalakên wisa sakalangkung mandi.

Kawuningana sinuwun, racuning têtuwuhan ingkang kacampurakên dhêdhaharan, carup kalihan êrah ing nglêbêt sariranipun Sang Bhima, sarêng kataman wisaning sarpa lajêng dados tawar, langkung malih sarpa samantên kathahipun wau, botên wontên ingkang nyakot ing pulung manahipun Sang Bhima, mila botên sagêd dados jalaranipun sedanipun Sang Bhima. Têtelanipun Sang Bayu suta pancèn ulêt kulitipun, mila panduking siyungipun sakathahing sarpa wau botên sapintêna lêbêtipun. Saya dangu saya kathah wisaning sarpa ingkang rumêsêp ing sariranipun Sang Bhima, carup kalayan êrah ingkang sampun isi darubêksi, wasana malah adamêl tawaring darubêksi, mila Sang Bhima ngalilir saking anggènipun kantaka, lajêng angêtok karosan, mathênthêngakên bahunipun, oyot ingkang ambalêbêt sariranipun sami rantas sadaya. Ing nalika wau Sang Bhima lajêng nêdya mrajaya sakathahing sarpa, sarta naga ingkang sami angroyok, sawênèh kasabêtakên ing pupu, wontên ingkang kapidak sirahipun, tuwin pinêdhot, dene ingkang sagêd lumajêng, lajêng wêwadul ing ratunipun, ingkang pêparab Sang Naga Raja Basuki, aturipun makatên:

--- 618 ---

"Kawuningana sinuwun, wontên manusa ingkang silêm ing lèpèn Gangga, badanipun wiwit pundhak mangandhap dumugi ing dlamakan suku kabalêbêt ing oyot-oyotan, malah sêmunipun kataman ing racun, awit dhawahipun wontên ing dhasaring toya taksih kalêngêr, nanging sarêng kacakot ing sarpa kathah, malah lajêng èngêt malih, sarta ngamuk, sakathahing sarpa tuwin naga sami bosah-basih. Dhuh ratuning para naga, mugi kaparênga sajarwa, sintên kawontênanipun tiyang wau, dene samantên kasêktènipun."

Nalika Sang Naga Basuki midhangêt aturipun para sarpa makatên wau, osiking panggalih nêdya nguningani piyambak, mila lajêng mêdal saking kadhatonipun, anyêlaki Sang Bhima, ingkang wêkdal punika taksih bandayuda kalihan para sarpa tuwin naga.

Kacariyos, ing gêlênganing para naga raja wau, wontên satunggal ingkang jêjuluk Sang Naga Raja Aryaka, panjênênganipun wau eyangipun buyut Dèwi Kunthi, mila dupi Sang Aryaka priksa manawi ingkang bandayuda kalayan wadya sarpa tuwin naga wau dharahipun piyambak, inggih punika Sang Bhimasena, enggal dipun parêpêki, lajêng dipun rangkul lungayanipun. Sang Aryaka pratela dhatêng Sang Basuki, bilih punika turunipun. Sang Basuki sangêt rêna panggalihipun, wasana ngandika makatên: "He Aryaka, apa kang pantês ingsun ganjarake marang Si Bhimasena, apa bêcik ingsun ganjar arta, lan êmas picis kang akèh."

Atur wangsulanipun Sang Aryaka: "Dhuh, kakang prabu, ingatasipun Bhima, botên piguna kaganjar rajabrana. Manawi kakang prabu marêngakên, Bhima dipun parêngna ngunjuk, unjuk-unjukaning para naga ingkang winadhahan ing rasakundha,§ Ingkang dipun wastani rasakundha punika wujud bokor. murih saya wimbuh karosanipun dados botên wontên

--- 619 ---

janma manusa ingkang karosanipun satimbang kalihan Bhima. Mangka sintêna sagêd nêlasakên sarasakundha, karosanipun sami kalihan dirada sèwu. Dhuh kadang kula sêpuh, mugi Bhima dipun parêngna ngunjuk sapintên têlasipun."

Pênyuwunipun Sang Aryaka dipun parêngakên, Sang Naga Raja Basuki tuwin sanès-sanèsipun sami mêmuji ing dewa, supados Sang Bhimasena pinaringan nugraha. Sang Bhimasena kadhawahan sêsukci, mangagêm sarwa rêsik, lajêng lênggah majêng mangetan kalihan ngunjuk isining rasakundha. Sabên saclêgukan, Sang Bhima sagêd nêlasakên sabokor, mangka ngantos wolung clêgukan, dados wolung bokor. Sabibaring ngunjuk tirta ing rasakundha Sang Bhima lajêng mapan sare ing pasareyan ingkang sampun kasêdhiyakakên, botên dangu lajêng ngorok sêsênggoran."

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping satus wolulikur, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXIX.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi para Pandhawa kalihan para Kurawa sampun dumugi anggènipun lêlangên ing patamanan, tuwin lêlumban ing toyaning Gangga, lajêng sami kondur dhatêng Hastinapura. Nalika samantên Sang Bhima taksih wontên ing karatoning naga, dados botên sêsarêngan kalihan para kadangipun. Konduripun para rajaputra wau, mancawarni titihanipun, wontên ingkang wahana rata, dirada, turangga, tuwin sanès-sanèsipun. Samargi-margi sami nglairakên sukaning panggalih salêbêtipun wontên

--- 620 ---

ing pasanggrahan, dene Pandhawa ngintên manawi Sang Bhimasena sampun angrumiyini kondur dhatêng Hastinapura. Ananging Sang Duryudana, ingkang asor ing buddhi, sakalangkung lêga panggalihipun, mila lêbêtipun dhatêng Hastinapura Sang Duryudana dalah para Kurawa sanèsipun, sami suka amrawata suta.

Sang Yudhisthira, ingkang ambêg utami, sarta kalis saking pandamêl cidra, ngintên manawi sabên tiyang punika inggih sami burus watakipun, awit katêpakakên sariranipun piyambak. Sang Yudhisthira sangêt sih dhatêng para ari, mila sadumugining Hastinapura, sasampunipun manêmbah dhatêng ingkang ibu, lajêng matur makatên: "Dhuh ibu punapa yayi Bhimasena sampun dhatêng, awit sadhatêng kula ing kadhaton ngantos dumugi samangke dèrèng pinanggih. Adhimas dhatêng pundi, têka botên katingalan. Yayi Bhima sampun kula upaya ing patamanan tuwin ing wana sakiwa têngênipun Pramanakoti, botên pinanggih, mila kula dalah para ari andugi manawi Bhimasena sampun mantuk rumiyin dhatêng Hastinapura. Mugi kangjêng ibu tumuntên ngandika kadospundi kawontênanipun yayi Bhima, awit manah kula sangêt sumêlang. Kala wingi sontên kula priksa yayi Bhima tilêm wontên ing taman sacêlakipun pasanggrahan, wiwit punika kula lajêng botên sumêrap malih, dados manawi dèrèng mantuk, yayi Bhima têtela ical."

Ing nalika Dèwi Kunthi midhangêt aturipun Sang Yudhisthira makatên wau, panggalihipun sangêt kagêt, mila sora wêdaling pangandikanipun, makatên: "Kulup, ingsun durung katêmu lan arinira, awit Bhima durung marak ingsun, mulane kulup, enggal sira balia marang Pramanakoti, upayanên kadangira dikongsi katêmu, para arinira êjakên kabèh aja ana kang kèri."

--- 621 ---

"Makatên wau dhawuhipun Dèwi Kunthi dhatêng putranipun pambajêng, sarta lajêng dhawuh nimbali ingkang rayi Sang Widura. Botên dangu Sang Widura dhatêng, lajêng dipun pangandikani makatên: "Yayi, Ksaktri (sêsêbutanipun Sang Widura), kang misuwur ing jagad, wruhanira, sutanira Si Bhimasena ilang, gèk mênyang ngêndi parane bocah iki. Kadang-kadange kabèh wus padha bali saka Pramanakoti, nanging Bhima durung ana mulih. Ingsun sumurup, manawa Duryudana sêngit marang Bhimasena. Têtela Duryudana ambêge murka, candhala, asor, ora wêdi wirang, diêdèng bae kêpengine jumênêng nata. Yayi Widura, sumêlange panggalih ingsun, yèn Duryudana muring-muring, wêkasan nangsaya marang Bhima, kanthi laku silib. Panyana mangkono, kang dadi jalaran mêlang-mêlange panggalih ingsun."

Atur wangsulanipun Sang Widura: "Dhuh, dhuh, kakang êmbok, kadang kula wrêdha, ingkang antuk nugrahaning dewa, mugi sampun ngantos ngandika ingkang kirang prayogi, sampun kirang ing pangatos-atos mênggah pangrêksanipun kakang êmbok dhatêng para putra, awit manawi pandakwa makatên wau mirêng pun Duryudana, ingkang candhala ing buddhi, mindhak kadosdene anênangi piawonipun, wêkasan lajêng amrih sirnaning para Pandhawa. Ing nguni Maharsi Wiyasa ngandika, bilih para putra paduka, badhe dangu dumadosipun wontên ing marcapada, mila kakang sampun sumêlang, Bhima têmtu badhe mantuk kalihan raharja, tuwin damêl bingahing panggalihipun kakang êmbok."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun matur makatên, Sang Widura, ingkang wicaksana, lajêng madal pasilan. Sanadyan sampun dipun walèhi [wa...]

--- 622 ---

[...lèhi] makatên: ewadene Dèwi Kunthi dalah para putranipun mêksa tansah ngajêng-ajêng dhatêngipun Sang Bhima.

Kawuningana sinuwun, Sang Bhimasena wontên ing kadhatoning naga ngantos wolung dintên sawêg ngalilir saking anggènipun sare. Sawungunipun Sang Bhima kraos manawi sariranipun saya wimbuh santosa, awit dayaning tirta ing rasakundha, ingkang rikala punika sampun sumarambah ing sariranipun, sarta lajêng kabagèkakên dhatêng sakathahing para naga, saha Naga Raja Basuki, lajêng paring pangandika dhatêng Sang Bhima makatên: "He, Bhimasena, kang gagah prakosa, wruhanamu, isining rasakundha kang sira ombe, iku gawe karosanira, kongsi padha lan gajah salêksa. Yèn titah kang wujud manusa ing marcapada ora ana kang kuat nadhahi pamukira ana ing pabaratan. He, bêbanthènging para ksatriya têdhak Kuru, sadurunge sira mangkat mulih, sira adusa dhisik marang talaga sukci kang dumunung ana ing jagade para naga, supaya sira antuk kamulyan. Sajatine para kadangira dina iki padha prihatin, amarga kapisah lan sira."

Sang Bhimasena lajêng siram ing talaga sukci, ngèstokakên dhawuhipun Sang Naga Raja Basuki. Sasampunipun lajêng mangagêm sarwa pêthak. Ing nalika wau Sang Bhima dipun sunggata PARAMANNA (bubur mawi gêndhis). Sabibaring dhahar Sang Bhima tansah kinudang-kudang, tinimbul, tuwin dipun nugrahani dening para naga. Wasana lajêng pamit wangsul dhatêng Hastinapura. Wêdalipun saking kadhatoning naga, Sang Bhimasena ginendhong ing naga, mila amung sakêdhèping netra, Sang Bhimasena sampun dumugi ing sanginggiling narmada, wêdalipun saking toya kadi mêkroking sêkar tunjung. Sang Bhimasena kaandhapakên saking gendhonganing naga, sarêng sampun dumugi

--- 623 ---

ing patamanan sacêlaking pasanggrahan. Sasampunipun Sang Bhima mandhap, naga ingkang anggendhong punapadene ingkang sami ngiringakên, lajêng musna sami sanalika.

Sapêngkêripun para naga, Sang Bhimasena anyêru lampahipun kondur dhatêng Hastinapura. Sadumugining kadhaton lajêng marêk ingkang ibu, ingkang rikala punika Dèwi Kunthi nuju kaadhêp para putranipun. Sasampunipun anguncupakên astanipun ing pranaja tumuju dhatêng ingkang ibu tuwin ingkang raka, Sang Bhimasena angaras sirahipun para ari gêntos-gêntos. Dèwi Kunthi tuwin Sang Yudhisthira, sakadang sadaya, gêntos-gêntos angrangkul sang panênggak, awit saking kasoking panggalihipun para Pandhawa tansah angambal-ambali pangandika: "Bungahing atiku dina iki wus tanpa upama."

Sang Bhimasena ingkang linangkung karosan sarta kakèndêlanipun, nyariyosakên tindakipun Sang Duryudana ingkang asor ing buddhi, tuwin lêlampahanipun nalika wontên ing kadhatoning para naga. Dupi Sang Bhima sampun kèndêl anggènipun nyariyosakên lêlampahanipun, Sang Yudhisthira lajêng ngandika dhatêng sang panênggak makatên: "Yayi, prayogane prakara iki kasidhêm bae, aja pisan-pisan kawêtu marang wong liya, mung bae wiwit dina iki, padha diprayitna, aja kongsi lena anggone rêksa-rinêksa."

Wiwit nalika samantên para Pandhawa sangêt ing pangatos-atosipun Sang Widura sabên-sabên ngèngêtakên, supados para Pandhawa sampun ngantos tilar kaprayitnan.

Botên antawis dangu saking lêlampahan ingkang kula aturakên wau sinuwun, karsanipun badhe kangge andarubêksi Sang Bhima, mangka racun wau sakalangkung mandi, mila manawi sagêd kalêbêt saèstu sagêd dados jalaraning tiwas. Ananging kawuningana, [kawuning...]

--- 624 ---

[...ana,] Sang Yuyutsuh, putranipun Prabu Drêtarastra ingkang mijil saking bangsa Waisya, punika asih dhatêng para Pandhawa, mila lajêng nyariyosakên sadaya lêkasipun Sang Duryudana wau, ewadene Sang Bhima botên darbe kuwatos, anggènipun dhahar dhêdhaharan ingkang kacarub darubêksi wau, malah dipun têlasakên, sanadyan darubêksi wau sakalangkung mandi, nanging tumrapipun Sang Bhima cabar tanpa daya.

Têtelanipun Sang Bhima botên têmama dening darubêksi, ewadene Sang Duryudana, Sang Karna, tuwin Sang Sakunia, botên sampun-sampun anggènipun nêdya damêl sirnaning para Pandhawa. Sadaya pambudidayanipun Sang Duryudana, tansah kasumêrapan dhatêng para Pandhawa, ananging para Pandhawa botên pisan-pisan kawiyos pangandikanipun, punapa malih anandukakên wêwalês, awit anggènipun nêdya ngèstokakên dhawuhipun ingkang paman Sang Widura.

Kawuningana sinuwun, nalika Prabu Drêtarastra anggalih manawi para putra sampun wancinipun winulang sawarnining pangawikan, saha priksa bilih amung tansah calunthangan kemawon, Sang Prabu lajêng dhawuh dhatêng Rêsi Krêpa, putranipun Rêsi Gotama, supados amarah dhatêng para rajaputra. Kalampahan para rajaputra sadaya sami nyiswa wontên dalêmipun sang rêsi, winulang sikêp saliring dêdamêl, awit Rêsi Krêpa wasis sikêp tuwin nandukakên dêdamêl, punapadene putus dhatêng Wedha. Kacariyos miyosipun Rêsi Krêpa wau wontên ing rumputan ingkang kêtêl.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sanga likur, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXX.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjana ngandika: "Dhuh sang brahmana, mugi kêparênga nyariyosakên lêlampahan miyosipun Rêsi

--- 625 ---

Krêpa, kadospundi dene miyosipun wontên ing garumbul rumput saha antuk dêdamêl linangkung punika?"

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih "Dhuh sang prabu, ing nguni wontên pandhita linangkung, pêparabipun: Rêsi Gautama. Sang rêsi kagungan putra pêparab Sang Saraswata. Kacariyos Sang Saraswata wau miyos sampun ngasta jêmparing. Dhuh pangrurahing satru, Sang Gautama putra punika linangkung kasagêdanipun nyumêrapi sarta sikêp saliring dêdamêl. Kasagêdanipun dhatêng sanès-sanèsipun kapetang pituna, ananging sagêd angsal damêl saking anggènipun tapa, botên beda kadosdene para brahmana anggènipun ngudi sasêrapan, angsalipun kawruh punika, saking anggènipun sinau Wedha. Saking gênturing kasutapan, tuwin parigêlipun sikêp saliring dêdamêl, têmah damêl sumêlanging panggalihipun Hyang Indra. Ratuning para dewa, lajêng nimbali widadari ing Indrabawana ingkang sêsilih Dèwi Janapadi, wigatos dipun utus ngrancana Sang Saraswata anggènipun anggêntur tapa, pangandikanipun Hyang Indra makatên: "He Janapadi, rêncananên Bhagawan Saraswata dikongsi wigar kasutapane."

Sami sanalika wau Dèwi Janapadi ugi lajêng pangkat, lampahipun gêgancangan, sadumuginipun ing pratapan Sang Saraswata, ingkang asri dinulu, Sang Dèwi enggal anggodha sang pandhita linangkung, ingkang tansah ngasta langkap tuwin jêmparingipun. Sang pandhita ngantos anjêngêr anggènipun ningali dhatêng Apsara Sang Janapadi, awit sulistyaning warninipun sang dèwi tanpa timbang ing jagad. Ing nalika samantên nyampingipun sang dèwi salêmbar, tur kacingkrangakên ngantos sanginggiling jêngku, wontên têngahing wana piyambakan, mila sang bhagawan lajêng kagiwang panggalihipun. Saking sruning kasmaran, sang bhagawan ngantos darodok sariranipun sakojur, jêmparing saha langkapipun angrègèli saking rêgêmanipun, ewadene saking dêrênging kasutapanipun, sarta santosaning panggalihipun, sang bhagawan [bha...]

--- 626 ---

[...gawan] sagêd nayuti ardaning pangrêncananipun sang dèwi, ananging panduking raos asmara, ingkang dhatêngipun botên kanyana-nyana wau, sampun kawawa angorutakên kama. Dupi sang bhagawan kraos manawi korut kamanipun, enggal lumajêng anilar langkap jêmparing, tuwin wacucal sangsam palênggahanipun. Koruting kamanipun sang bhagawan dhumawah ing grumbulan rumput, sarta nalika dhawah ing ron rumput, kama pêcah dados kalih, lajêng dados jabang bayi dhampit.

Ing nalika babaripun dados bayi, amarêngi Prabu Santanu bêbêdhak wontên ing wana sacêlakipun panggenan wau, bayi dipun panggih dening satunggaling prajurit, ingkang wêkdal punika ndhèrèk sang prabu. Tiyang wau sampun andugi, manawi bayi kalih punika putraning brahmana ingkang lêbda sikêp dêdamêl, awit sacêlakipun wontên langkap, jêmparing tuwin wacucaling sangsam lèmèk palênggahan. Bayi kalih pisan lajêng dipun bopong, dene langkap jêmparing tuwin wacucaling sangsam kacangking, kaaturakên gustinipun. Dupi Prabu Santanu priksa bayi kalih wau, ing batos sakalangkung wêlas, mila lajêng ngandika makatên: "Bayi dhampit iki, loro pisan ingsun pundhut putra."

Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng kondur dhatêng Hastinapura kalayan ambakêtaambêkta bayi kalih wau. Sadumugining kadhaton sang prabu dhawuh ngawontênakên wiwahan, anut satataning agami, wigatos anêtêpakên bilih bayi kalih punika têmên kaakên putranipun sang prabu, inggih Sang Pratipa putra (Santanu). Dados bayi kalih wau wiwit alit kagulawênthah wontên ing salêbêting kadhatonipun Prabu Santanu, sarta sinung nama Sang Krêpa kalayan Dèwi Krêpi. Mila dipun parabi

--- 627 ---

makatên, awit pamundhutipun putra wau sinurung dening raos wêlas.

Gêntos kacariyos Rêsi Saraswata, lajêng pindhah pratapan, dados lêstantun botên wongsulwangsul dhatêng padununganipun damilami sarta saya wimbuh dêrêng anggènipun marsudi kaprigêlanipun sikêp sarta nandukakên dêdamêl. Sarana kawaspadan, sang rêsi priksa manawi putranipun kapupu dhatêng Prabu Santanu, kagulawênthah wontên ing kadhaton. Ing satunggaling dintên sang rêsi rawuh ing Hastinapura pinanggih Prabu Santanu, walèh manawi sariranipun punika sudarmanipun pun: Krêpa tuwin Krêpi, ugi nyariyosakên lêlampahanipun nalika kadhatêngan widadari, ngantos dumadosipun lare kalih punika. Dupi Sang Krêpa sampun diwasa, lajêng kawarah ingkang rama piyambak, prakawis kasagêdan, sarta kawruh asikêp dêdamêl sakawan warni, dalah samantranipun pisan. Sang Krêpa Krêpi lajêng sagêd kemawon, mila pawingkingipun dados puruhitan prakawis nyumêrapi watak tuwin pananduking dêdamêl. Para rajaputra satus sarta Pandhawa gangsal, tuwin para raja bangsa Wrêshni, tuwin bangsa Yadawa, saha sanès-sanèsipun malih, sami puruhita dhatêng Sang Krêpa.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping satus tigang dasa, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXI.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Saking kepenginipun nguningani para wayah sami parigêl sikêp, tuwin kawruhipun nandukakên dêdamêl, ngantos misuwur ing jagad, mila Sang Bhisma tansah angisêp-isêp ing pundi wontên brahmana sêkti mandraguna, botên kewran sakridhaning sikêp dêdamêl, ingkang sayogi dados gurunipun para rajaputra Hastinapura. Dhuh narendra têdhak Bharata, wasana Sang Bhisma kèngêtan, [kè...]

--- 628 ---

[...ngêtan,] bilih putranipun Rêsi Bharatwaja, ingkang pêparab Rêsi Drona, punika lêbda dhatêng Wedha, limpat ing buddhi, wasis nandukakên saliring dêdamêl, ing marcapada kados botên wontên ingkang nimbangi. Dhuh gêgêmbonging para narendra, Sang Bisma, putranipun Dèwi Gangga, sampun têtêp karsanipun, Rêsi Drona kasuwun kaparênga dados têtungguling para gurunipun Pandhawa miwah Kurawa, sarta nyarirani mulang piyambak para rajaputra wau. Nalika Rêsi Drona ingkang misuwur ing jagad, pinunjul kasagêdanipun nandukakên dêdamêl punika tampi panêmbungipun Sang Bisma, sangêt suka bingah anampèni panyiswanipun para rajaputra wau, sarta lajêng kawulang wêwadosing sikêp, tuwin nandukakên dêdamêl, kawêjang ajinipun pisan. Dhuh sinuwun, para Kurawa tuwin Pandhawa punika dhasaripun sami sudira, sarta graitanipun lantip, mila lajêng sagêd kemawon nyakup sadaya piwulangipun Rêsi Drona."

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, kula kêpengin mirêng cariyos lêlampahan miyosipun Rêsi Drona, tuwin lêlampahan nalika antuk dêdamêl linangkung, sarta kadospundi wiwitipun, dene sang rêsi ngantos kêparêng rawuh wontên ing prajanipun bangsa Kuru. Kadospundi lêlampahanipun wontên ing margi, nalika badhe pinanggihipun kalihan para ksatrya bangsa Kuru punika. Sintên ibunipun Rêsi Drona, dene sagêd apêputra ingkang kasaktènipun tanpa timbang ing jagad, sarta kadospundi kawontênanipun lêlampahan nalika miyosipun Sang Drona putra, ingkang pêparab Sang Aswatama, têtungguling para wira sikêp jêmparing. Dhuh, sang rêsi, mugi lajêng kêparênga nyariyosakên ingkang ngantos salêsih."

Rêsi Waisampayana lajêng cariyos: "Duk ing kina, sacêlaking sirahipun lèpèn Gangga, wontên pratapan, dene ingkang martapa ing riku wau, satunggaling pandhita agung, jêjulukipun [jê...]

--- 629 ---

[...julukipun] Rêsi BHARATWAJA. Sang maharsi wau tansah muja samadhi. Ing satunggaling dintên nuju badhe sêsaji agnihotra, sang maharsi karsa sêsuci dhatêng lèpèn Gangga, sêsarêngan kalihan para maharsi pintên-pintên, namung sarêng dumugi ing swamipaning lèpèn Gangga, Rêsi Bharatwaja misah têbih saking golonganing para rêsi wau. Ingriku panjênênganipun priksa Dèwi GRITACI, satunggaling apsara, taksih nêdhêng taruna, sarta warninipun sakalangkung endah, sampun siram ing toyaning lèpèn Gangga. Sang dèwi punika pasêmonipun lêngguk, solahbawanipun sarwa alon, nanging malah dados wiraga, langkung malih sang dèwi kalamangsa sêdhêng lampahipun, mila sampun saèstu sagêd anênarik manahipun ingkang sami tumingal. Rikala sang dèwi priksa sang maharsi rawuh ingriku, enggal mêntas saking lèpèn, astanipun kalih pisan ngasta têpining nyamping sanginggiling payudara, ananging nyamping têlêsanipun ingkang sapalih ngalèwèr, kasèrèt ing siti, sêmu sakalangkung gugup, nanging malah wimbuh angrêsêpakên manah.

Kacariyos dupi sang maharsi priksa sang dèwi, ingkang mèh anglugas raga wau, sang maharsi kumênyut raosing panggaling,panggalih kêpengin nunggil sang dèwi, ananging sangêt pinambêngan, ewadene mêksa korut kamanipun, ingkang lajêng katadhahan ing drona (klênting alit), ingkang kaasta. Dhuh sinuwun, kama ingkang wontên ing drona wau, sarêng dumugi lèkipun, lajêng babar dados bayi jalêr, sinung nama: DRONA. Wiwit alit Rêsi Drona tansah winulang Wedha sakanthinipun. Kawuningana, Rêsi Bharadwaja punika sêkti mandraguna, pêpêthinganing para guru ingkang marah pananduking dêdamêl, malah sang rêsi wau sampun mêjangakên aji kangge nglêpasakên dêdamêl ingkang dipun wastani: Agneya, dhatêng Rêsi Agniwesa, ingkang [ing...]

--- 630 ---

[...kang] misuwur ing jagad. Dhuh, têtungguling dharah Bharata, Rêsi Agniwesa wau dumados saking latu ingkang pinuja ing pandhita, sarta pawingkingipun Rêsi Agniwesa karsa mêjangakên aji wau dhatêng atmajaning gurunipun, ingkang pêparab Rêsi Drona.

Kacariyos Prabu Prisatha, punika mitra sinarawèdi kalihan Rêsi Bharadwaja. Sang prabu wau kagungan putra pêparab: DRUPADA, yuswanipun barakan kalihan Rêsi Drona, mila wiwit timur Sang Drupada, sampun katitipakên wontên ing dhepokipun Rêsi Bharadwaja, dados manawi sinau utawi dêdolanan ugi kalihan Rêsi Drona. Dhuh, sinuwun, sasurutipun Prabu Prisatha, Sang Drupada ingkang santosa balung ototipun punika lajêng jumênêng narendra ing praja Pancala iring lèr, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama. Botên watawis dangu saking surutipun Prabu Prisatha, Maharsi Bharadwaja, ingkang kalok sêkti mandraguna, punika ugi lajêng surut. Dene Rêsi Drona lêstantun dêdunung wontên dhepokipun ingkang rama. Botên kêndhat-kêndhat tapa brata, awit sang rêsi panci sêngsêm dhatêng kasutapan. Dupi Rêsi Drona ingkang misuwur ing jagad wau, sampun lêbda pangudinipun dhatêng Wedha, sarta sampun sagêd ambrastha sakathahing dosanipun, sarana kasutapan, lajêng nambut silaning ngakrama, dhaup antuk putrinipun Sang Saradwat, ingkang sêsilih Dèwi Krêpi. Mila makatên namung saking anggènipun nêdya ngèstokakên piwêlingigunpiwêlingipun ingkang rama, sagêda nurunakên wiji. Dèwi Krêpi wau wanita ingkang ambêgipun utami, sêngsêm tapa brata, tansah damêl sêsaji agnihotra. Pikramanipun sang dèwi kalihan Rêsi Drona, patutan priya satunggal, pêparab: Sang Aswatama.

--- 631 ---

Kawuningana sinuwun, nalika Sang Aswatama wau mijil saking garbaning ibu, lajêng anjêrit-jêrit, saking katêbihan kamirêngan kadi bêngingèhipun Sang Ucesrawas, kapal kaswargan. Ing nalika samantên lajêng wontên swara tanpa rupa manguwuh makatên: "Jêriting bayi kang nêmbe lair iki kaya bangigèhing jaran, sarta karungu saka kadohan, mula banjur diparabana: Aswatama, kang nyuwara kaya jaran. Kados punapa bingahipun Rêsi Drona, nalika garwanipun ambabar, awit rumaos sagêd nêtêpi pitungkasing rama, inggih punika nurunakên wiji priya Rêsi Drona lêstantun botên pindhah padhêpokan, sarta sabên dintên tansah mangun kaprigêlan sikêp tuwin nandukakên dêdamêl, punapadene nyumêrapi wataking dêdamêl.

Dhuh Sang Prabu Janamêjaya, rikala Rêsi Drona mirêng pawartos, bilih Rêsi Rama, putranipun Rêsi Jamadagni, karsa andanakakên sadaya rajadarbèkipun dhatêng para brahmana, mangka Rêsi Rama, pangruwating satru sêkti, misuwur, têtungguling para mangudi sikêp dêdamêl punika botên kewran dhatêng saliring kawruh, sarta kagungan dêdamêl paringing jawata, Rêsi Drona lajêng osik panggalihipun, sagêda andarbèni dêdamêl saha kawicaksananipun Rêsi Rama, mila lajêng pangkat dhatêng ardi Mahendra, kadhèrèkakên para siswanipun ingkang bêkti, karsanipun badhe marêk Rêsi Rama. Dhuh sinuwun, Rêsi Drona kalampahan sagêd pinanggih sang maharsi têdhak Bhrigu wau, sarta lajêng pratela, manawi sariranipun punika dharahipun Rêsi Anggira, tuwin lajêng sumungkêm ing pada. Ing nalika dhatêngipun Rêsi Drona, Rêsi Rama sampun badhe pangkat lumêbêt ing wana, mila anggènipun andanakakên rajadarbèkipun sampun têlas. Sasampunipun ngabêkti, Rêsi Drona lajêng matur makatên: "Kawuningana pukulun, kula punika sutanipun Rêsi Bharadwaja, ananging botên linairakên saking garbaning pawèstri, dados inggih dharahing brahmana linangkung, dene nama kula: Drona. Pisowan kula ing ngarsa paduka wigatos nyênyadhong sih."

--- 632 ---

Rikala sang pangrurahing bangsa Ksatrya wau midhangêt aturipun Sang Drona, lajêng mangsuli pangandika makatên: "He pêpêthinganing Dwija, padha raharja praptanira ana ing kene. Enggal sajarwaa, sira darbe panjaluk apa marang jênêng ingsun."

Atur wangsulanipun Sang Drona makatên: "Dhuh maharsi ingkang anêtêpi prasêtya, mugi kula dipun paringana rajadarbe, ingkang botên sagêd ical."

Pangandikanipun Rêsi Rama: "Wruhanira kulup, mas picis rajabrana sarta rajadarbe liya-liyane, wus êntèk ingsun danakake marang para brahmana, malah bumi kang watêse têkan pinggiring samodra, sakutha lan padesane, kang asri dinulu, kongsi kaya jamang uncèn-uncèn kêmbang mancawarna, iku kabèh wus ingsun aturake marang panjênêngane Maharsi Kaswapa, dadi samêngko kang isih mung kari raganingsun, lan gêgaman linuwih bae, ewadene kabèh iki uga wus nêdya ingsun lilahake marang sing sapa kang darbe panêmbung, mula nuli tutura, êndi kang sira pilih, têmtu banjur ingsun ulungake."

Aturipun Rêsi Drona makatên: "Dhuh maharsi têdhak Bhrigu, mugi dêdamêl sakantunipun, dalah ajinipun bilih nandukakên tuwin pangundangipun wangsul dêdamêl wau, sadaya dipun paringna kula."

Dhawuhipun Maharsi Jamadagni putra: "Panyuwunira ingsun parêngake." Sasampunipun ngandika makatên, sang maharsi lajêng maringakên sadaya dêdamêlipun dhatêng Rêsi Drona, sarta lajêng mêjang aji tuwin wados-wadosipun, bilih namakakên dêdamêl sadaya wau. Rêsi Drona lajêng sagêd kemawon nampèni sadaya piwulangipun, tuwin rumaos sampun kathah pêparingipun sang maharsi dhatêng sariranipun, mila lajêng pamit wangsul dhatêng padhepokanipun, kalayan suka pirênaning panggalih. Botên

--- 633 ---

dangu kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên punika, sinuwun, Rêsi Drona gadhah osik kapengin pinanggih kalihan Prabu Drupada, Narendra Pancala, awit sang prabu punika mitranipun ingkang sangêt dipun trêsnani.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa satunggal saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh sinuwun, Rêsi Drona ingkang kinawasa, putranipun Rêsi Bharadwaja, sadumugining praja Pancala, lajêng lumêbêt ing dhatulaya, pinanggih kalihan sang prabu, sarta lajêng ngandika makatên: "Dhuh, sinuwun, suwawi dipun èngêt-èngêta, kula punika mitra paduka." Sêmunipun Rêsi Drona sangêt karênan, dene pinanggih mitranipun ingkang sampun kapisah dangu, mila ngantos tilar kawêwekan, karsa manguwuh sumitra dhatêng sang prabu, kosokwangsulipun Prabu Drupada, sangêt botên rêna, dene Rêsi Drona manguwuh sumitra ing panjênênganipun, mangka wêkdal punika sang prabu sawêg kalimput dening dayaning kamulyan miwah kaluhuran. Mila sami sanalika wau imbanipun têpung, paningal mêrbabak labêt saking sêruning bêndu, wasana lajêng ngandika sêmu wêngis dhatêng Rêsi Drona makatên: "Dêksura punika sanès ambêgipun para luhur, kadospundi têka jêngandika lajêng agahan nguwuh sumitra dhatêng kula. O, dadi lumrah mangkono kaanane wong kang tuna ing buddhi. He, brahmana, punapa nata binathara kalampahan mêmitran kalihan tiyang tapa, sangsara, kados kawontênan andika punika? Panci nyata ing nguni kula nate mêmitran kalihan andika, [an...]

--- 634 ---

[...dika,] awit saking sami nunggil sapuruhitan tuwin kanca dêdolanan, ananging sampun kasupèn, bilih lampahing mangsa punika sagêd damêl ewahing kawontênan, dados sagêd angrisakakên pamitran. Mêmitran ing marcapada botên têmtu tumus ing batos. Sumêrapa brahmana, santuning mangsa punika sagêd ngewahakên kawontênan, dene ingkang dados jalaran risak wau ardaning manusa. Sampun karêm mamitran, awit punika sagêd risak, mila pamitran kula kalihan andika ing nguni punika sampun dipun èngitièngêti malih, awit kalampahanipun ing nguni kula mêmitran kalihan andika punika pinêksa ing lêlampahan. O, brahmana, tiyang mlarat botên sagêd mêmitran kalihan tiyang sugih, tiyang lêbda dhatêng kasusastran botên sagêd mêmitran kalihan tiyang dhusun ingkang botên sagêd dhatêng kasusastran: prajurit ingkang kêndêl botên sagêd mêmitran kalihan tiyang jirèh, kadospundi têka jêngandika kêpengin nglêstantunakên pawong mitra kalayan kula. Sagêdipun tiyang mêmêngsahan punapa mêmitran punika, manawi satimbang darajadipun. Makatên ugi kawontênaning tiyang sugih utawi ingkang darbe pangwasa. Tiyang sangsara, awit saking malarat, têmtu botên sagêd mêmitran tuwin mêmêngsahan kalihan tiyang bandha bandhu, makatên ugi tiyang ingkang murni dharahipun, kalihan ingkang botên murni dharahipun. Prajurit rata, kalihan tiyang ingkang botên nate dados prajurit rata, kados ta: tiyang ingkang sanès dharahing narendra, utawi botên nate jumênêng nata, tamtu botên sagêd dados mitraning ratu. Pamitran kula kalihan andika sampun kapêngkêr dangu, kadospundi têka andika kêpengin nyambêt pamitran, ingkang sampun pêdhot samantên laminipun?"

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rêsi Drona mirêng pangandikanipun Prabu Drupada

--- 635 ---

makatên wau, ing batos sangêt bêndu, mila ngantos dangu botên ngandika malih, pangunandikaning panggalih, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi. Ing batos sangêt mangigit-igit, èsthining panggalih kêpengin badhe malês tindakipun Prabu Drupada ingkang murang kasusilaning tiyang katamuan wau, mila sang maharsi lajêng enggal-enggal nilar praja Pancala, nêdya tindak dhatêng nagarinipun bangsa Kuru, ing Hastinapura.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa kalih saking Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXIII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Drona pêpêthinganing Brahmana, putranipun Rêsi Baradwaja, sadumugining Hastinapura, anjujug ing padalêmanipun Rêsi Krêpa. Sadangunipun Rêsi Drona nunggil kalihan Rêsi Krêpa, Sang Aswatama ingkang kinawasa, putranipun Sang Drona, kalamangsa mulang sikêp dêdamêl dhatêng para putranipun Dèwi Kunthi, makili pakaryanipun Rêsi Krêpa, ananging nalika samantên kalangkunganipun Sang Aswatama dèrèng kasumêrapan ing ngakathah.

Pamanggènipun Rêsi Drona wontên ing padalêmanipun Rêsi Krêpa wau, panci nêmaha sêsingidan, mila ngantos dangu botên kasumêrêpan tiyang ing Hastinapura.

Kacariyos nuju ing satunggaling dintên, para rajaputra Hastinapura sadaya sami lêlangên dhatêng sajawining kitha. Sarêng sampun dumugi ing ara-ara sajawining kitha, lajêng sami dêdolanan, rêraton (êjor), wujudipun sami bujêng-binujêng sarta sawat-sinawat gêmbung (bal), kalihan surak-surak. Kacariyos sarêng gêmbungipun para rajaputra wau kacêmplung ing luwêng, para rajaputra lajêng angêpung luwêng, sami pandêng-pinandêng,

--- 636 ---

kèwêtan anggènipun badhe mêndhêt gêmbung ingkang wontên ing nglêbêt luwêng, ing batos sami rumaos lingsêm. Saya dangu saya pêtêng panggalihipun, dene judhêg botên manggih sarana. Dumadakan ing nalika punika, para rajaputra wau priksa satunggaling brahmana, ngadêg wontên sacêlakipun ngriku. Brahmana wau kulitipun cêmêng, kêra, katingal sampun sêpuh, pasêmonipun wingit, pratandha asring sêsaji agnihotra. Sang brahmana wau sêmunipun mêntas manêmbah ing dewa, sarana sêsaji.

Sarêng para rajaputra priksa dhatêng sang brahmana sami lumajêng marêpêgi, sarta lajêng sami angêpang sang brahmana. Dhuh sinuwun, brahmana wau inggih punika Rêsi Drona. Sampun dangu sang rêsi anggènipun maspadakakên solahipun para rajaputra ingkang sami badhe ngêntas gêmbungipun saking salêbêting luwêng, mila sang brahmana priksa sapintên kêtoging pambudidayanipun, satêmah lajêng mèsêm sarwi ngandika: "Dhuh rajaputra, jêngandika punika ksatriya têdhak Bharata, punapa botên lingsêm, dene kuciwa kasagêdan jêngandika dhatêng panduking dêdamêl, wajibing ksatriya kêdah darbe pangwasa, kadospundi dene mêndhêt gêmbung ingkang wontên ing luwêng kemawon botên sagêd. Manawi jêngandika karsa paring têdha sacêkapipun kula têdha sadintên, kula sagah ngêntas gêmbung ingkang wontên ing luwêng punika, malah botên gêmbung punika kemawon, dalah sêsupe punika pisan, sami badhe kula êntas sarana elok. Sarwi ngandika makatên, Rêsi Drona ngunus supe saking darijining astanipun, lajêng kacêmplungakên ing luwêng. Sami sanalika wau, Sang Yudhisthira, putranipun Dèwi Kunthi pambajêng lajêng matur makatên:

"Dhuh sang brahmana, têka rèmèh têmên panêdha jêngandika, ugêr guru kula Sang Rêsi Krêpa marêngakên, kula ingkang nyanggi dhaharipun sang brahmana salami-laminipun."

--- 637 ---

Rêsi Drona ngandika malih kalayan sêmu mèsêm makatên: "Suwawi dipun priksanana, rumput satêkêm punika sasampunipun kula dayani mantranipun tiyang nandukakên dêdamêl, pangwasanipun saèstu angungkuli pangwasaning dêdamêl limrah. Gagang rumput ingkang kula sawatakên rumiyin piyambak punika, nêdya kula lèsakên ing gêmbung. Sasampunipun tumancêp, bongkotipun lajêng kula tuju gêntos kalayan rumput sanès, makatên salajêngipun. Têmah sambêt-sumambêt ngantos dumugi ing nginggil, dados gêmbung wau lajêng kenging kula êntas sarana rumput punika."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Brahmana Drona lajêng wiwit angêntas gêmbung saking salêbêting luwêng, têtêp kados pangandikanipun. Rikala para rajaputra sami nguningani lêkasipun sang brahmana, sangêt kagawokan, mila botên kêdhèp anggènipun ningali, wasana sami karênan, sarta lajêng matur makatên: "Dhuh Brahmana linangkung, mugi sampun dangu-dangu, lajêng dipun êntasakên pisan supenipun."

Ing nalika wau Rêsi Drona enggal mênthang langkapipun, kapasangan jêmparing lajêng kalêpasakên dhatêng salêbêting luwêng, botên dangu jêmparing wangsul tumumpang ing langkap, sarwi ambêkta sêsupe. Kalihan pasêmon ingkang mratandhani sênênging panggalih sang rêsi mêcat supe ingkang kumalung ing bedhoring jêmparing, lajêng kaaturakên dhatêng para rajaputra Hastina, ingkang nalika samantên taksih sami anjêngêr labêt saking sangêt kagawokan. Wasana Sang Yudhisthira lajêng matur dhatêng sang brahmana makatên: "Dhuh sang brahmana, kula dalah para kadang sadaya, mugi dipun parêngna sumungkêm ing padanipun Sang Bagawan. Sasumêrap kula dèrèng wontên janma manusa ingkang darbe pangwasa makatên elokipun. Mila kula kumêdah badhe wuninga, sintên sinambating wangi, sarta

--- 638 ---

sintên rama jêngandika, tuwin jêngandika mundhut punapa dhatêng kula, suwawi lajêng dipun pangandikakna."

Nalika Rêsi Drona midhangêt aturipun Sang Yudhisthira makatên wau, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Jêngandika enggal sami sowana ingkang eyang Sang Nararya Bisma, mratelakna kasagêdan tuwin kawujudan kula, saèstu ingkang eyang lajêng ngandikakên sintên kawontênan kula."

Para rajaputra lajêng saur pêksi: "Kula badhe ngèstokakên dhawuhipun Sang Bagawan." - Sasampunipun matur makatên, lajêng sami gêgancangan marak ing ngarsanipun ingkang eyang, ngaturakên punapa ingkang mêntas sami dipun wuningani, wiwitan dumugi wêkasan botên wontên kalangkungan. Nalika samantên Sang Bhisma sampun andugi, bilih brahmana ingkang dipun aturakên para wayah punika Rêsi Drona, osiking panggalihipun Brahmana Drona badhe dipun aturi mangagêngi para gurunipun rajaputra Hastinapura. Awit saking punika Sang Bhisma lajêng enggal pangkat dhatêng sajawining kitha kadhèrèkakên para wayah, karsanipun badhe pinanggih Rêsi Drona. Sasampunipun pinanggih, lajêng sami rêrangkulan, saha bage-binagèkakên. Wusana Sang Rêsi Drona lajêng kaboyong dhatêng salêbêting kadhaton. Sadumugining kadhaton sarta sasampunipun katingal sakeca anggènipun lênggah, Sang Bhisma nungsung pawartos, punapa wigatosing karsa, dene Sang Rêsi rawuh ing praja Hastinapura.

Rêsi Drona lajêng nyariyosakên lêlampahanipun, wiwitan dumugi wêkasan, aturipun makatên: "Kawuningana sang nararya, ing nguni kula marêk Sang Maharsi Agniwesa, wigatos nyuwun dêdamêl agêmipun, saha puruhita bab nyumêrapi watak, saha nandukakên dêdamêl. Saking sêtyaning manah, anggèn kula manggèn ing padhepokanipun sang maharsi, ngantos mataun-taun dados

--- 639 ---

siswanipun kalayan rikma kagêlung wontên ing bun-bunan. Rikala samantên Sang Yatnasena ingkang kinawasa, inggih Sang Nararya Drupada, rajaputra Pancala, ugi puruhita dhatêng sang maharsi, manggèn ing pratapan, nunggil kalayan kula. Botên antawis dangu Sang Yatnasena lajêng dados mitra kula, sarta tansah adamêl kasaenan, mila kula sangêt sih trêsna dhatêng Sang Yatnasena, punapadene anggèn kula tatunggilan kalihan Sang Yatnasena, ugi ngantos mataun-taun, malah kenging dipun têmbungakên wiwit lare ngantos dumugi diwasa. Dados anggèn kula mêmitran kalihan panjênênganipun punika wiwit sami alit, sarta Sang Yatnasena punika sagêd sangêt anuju manah. Dhuh sang nararya, saking anggènipun badhe damêl bingahipun manah kula, Sang Drupada nate ngantos kaladuk kasagahanipun, makatên: "Sumêrapa kakang rêsi, sajatosipun rama prabu punika sih sangêt dhatêng kula mila manawi têmbe kula kajumênêngakên nata, mangrèh sakathahing para narendra bangsa Pancala, praja kula badhe kula lilahakên dhatêng kakang rêsi sapalih. Kasagahan kula dhatêng kakang rêsi punika botên lêlamisan, ananging mantêp dumugi ing manah. Kajawi punika wau, sadaya jajahan, rajabrana, sarta sakathahing pamêdal, kuwasanipun kula aturakên dhatêng kakang rêsi, liripun, kula badhe tansah manut sakarsanipun kakang." Kawuningana, sarêng Sang Drupada sampun tamat puruhitanipun, lajêng kundur dhatêng prajanipun, dene kula botên pisan-pisan manah dhatêng kasagahanipun Sang Drupada sadaya wau, namung sarêng kapêngkêr dangu, kula kèngêtan trêsna kula dhatêng Sang Drupada.

Botên antawis dangu kalihan anggènipun Sang Drupada nilar pratapanipun sang maharsi, kula lajêng semah angsal Dèwi Krêpi, kalampahanipun makatên wau, saking anggèn kula niyat

--- 640 ---

ngèstokakên pitungkasipun bapa, saha saking kêpengin asêsuta. Semah kula wau rambutipun ngandhan-andhan, limpat ing buddhi, rêmên tapabrata, tuwin sêsaji agnihotra, sarta sêsaji sanès-sanèsipun malih, punapadene kadugi nglampahi sêsanggêman ingkang awrat-awrat. Sêsemahan kula kalayan pun Krêpi botên dangu lajêng patutan jalêr, kula namèkakên Aswatama. Suta kula wau linangkung kaprawiranipun, mawa praba sumorot kadi srêngenge, mila damêl rênaning manah kula, botên beda kalihan bapa anggènipun sêsuta kula.

Nuju satunggaling dintên wontên lêlampahan ingkang ngantos damêl rudahing manah, inggih punika, nalika Aswatama priksa lare-lare sutaning tiyang sugih, sami ngombe pohan lêmbu, lajêng nangis nêdha pohan. Tangisipun Aswatama wau, anjalari pêtênging manah, ngantos ambawurakên sawarnining pangawikan ingkang sampun kula dabe.darbe Nalika samantên kula lajêng anjajah padhusunan, wigatos darbe pangajêng-ajêng bokbilih wontên tiyang ingkang nglilahakên lêmbunipun babon ingkang sagêd ngêdalakên pohan, ananging lampah kula wau tanpa damêl, awit sampun saèstu botên wontên tiyang purun nyukakakên lêmbunipun, manawi botên pinêksa dening sabab ingkang wigati, jalaran badhe nyothokakên anggènipun damêl sêsaji. Sawatawis dintên kalihan anggèn kula anjajah padhusunan, pun Aswatama dipun sukani toya kacampuran glêpung uwos, dening kancanipun dolan. Adhuh, suta kula ingkang sangêt mêmêlas, awit saking botên sumêrapipun, ngintên bilih ingkang dipun sukakakên wau pohan, mila sasampunipun ngombe, lajêng jingklak-jingklak sarwi wicantên sora, ucapipun makatên: "Aku ngombe pohan, aku ngombe pohan." Têmah sami dipun gêgujêng dening rencang-rencangipun dolan.

__________

--- 641 ---